Sastra Jawa

Program Digitalisasi Sastra Daerah

  • Increase font size
  • Default font size
  • Decrease font size

Kajawèn, Balai Pustaka, 1931-04, #1646

Katalog:Kajawèn, Balai Pustaka, 1931, #1646
Sambung:
1.Kajawèn, Balai Pustaka, 1931-01, #1646. Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #438.
2.Kajawèn, Balai Pustaka, 1931-02, #1646. Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #439.
3.Kajawèn, Balai Pustaka, 1931-03, #1646. Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #440.
4.Kajawèn, Balai Pustaka, 1931-04, #1646. Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #441.
5.Kajawèn, Balai Pustaka, 1931-05, #1646. Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #442.
6.Kajawèn, Balai Pustaka, 1931-06, #1646. Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #443.
7.Kajawèn, Balai Pustaka, 1931-07, #1646. Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #444.
8.Kajawèn, Balai Pustaka, 1931-08, #1646. Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #445.
9.Kajawèn, Balai Pustaka, 1931-09, #1646. Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #446.
10.Kajawèn, Balai Pustaka, 1931-10, #1646 . Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #447.
11.Kajawèn, Balai Pustaka, 1931-11, #1646. Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #448.
12.Kajawèn, Balai Pustaka, 1931-12, #1646 . Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #449.

Ôngka 26, 12 Dulkangidah Taun Jimawal 1861, 1 April Taun 1931, VI

Kajawèn

[Iklan]

--- [409] ---

Ôngka 26, 12 Dulkangidah Jimawal 1861, 1 April 1931, Taun VI

Kajawèn

Kawêdalakên sabên dintên Rêbo lan Sabtu

Rêgining sêrat kabar punika ing dalêm tigang wulan ... f 1.50, bayaranipun kasuwun rumiyin, botên kenging langganan kirang saking 3 wulan.

Juru ngarang - administrasi Bale Pustaka, ing sawingkinging kantor palis, tilpun nomêr 2791 - Bêtawi Sèntrêm.

Rawuhipun Paduka Gupêrnur Philippijnen ing Batawi

[Grafik]

Sri Paduka Tuwan Dwight Davis, Gupêrnur Jendral Philippijnen nalika jawaban asta kalihan para warga rad Indhia wontên ing pura koningsêplèin.

--- 410 ---

Wawasan Tumrap Nagari Mônca

Praja Mêsir

Sambêtipun Kajawèn nomêr 25.

Tugu Agêng.

Ing Kajawèn ingkang sampun mêdal mêntas punika, sampun nyariyosakên sawatawis bab kawontênanipun piramidhê. Kajawi piramidhê-piramidhê wau, ing Mêsir ugi wontên yêyasan sanès-sanèsipun ingkang angeram-eramakên, inggih punika ingkang kawastanan: sphinx lan tugu agêng (obelisk).

[Grafik]

Sphinx ingkang agêng.

Mênggah sphinx ingkang agêng saha misuwur piyambak, punika dunungipun wontên ing sacêlakipun Memphis kasêbut ngajêng. Dene wujudipun sphinx punika, ingkang samangke prasasat sampun kurugan ing pasir sadaya, punika pêthanipun abadan singa, asirah manusa. Badhening sirahipun namung asela satunggal, ingkang ingukir ngrawit, kados-kados ing sawaunipun pancèn inggih satunggiling kagunan, ingkang ngedab-edabi awiging pakirtyanipun. Ing abad 12 kacariyosakên, bilih kawontênanipun rêca wau taksih wêtah, lan katingalipun ing sêmu: sumèh, manis amêrak ati. Nanging tumraping bôngsa Mamêlêg, inggih punika satunggaling bôngsa ingkang rêmên ngrêrisak, sirah pêpêthan wau lajêng malah kadamêl lesan anyênjata. Jalaran saking punika, sampun têmtu kemawon, bilih èdi lan pènining warninipun pêpêthan lajêng sirna.

Ing sakubêngipun kitha Memphis kasêbut nginggil, punika kathah patilasan-patilasan warni-warni, ingkang ambuktèkakên, bilih nagari wau abôndha abandhu. Saha patilasan-patilasan wau, ingkang awujud sphinx, tugu, griya lan yêyasan sanès-sanèsipun, punika sadaya sami wontên sêratanipun, ingkang saking pangudinipun para [pa...]

--- 411 ---

[...ra] ahli kina, utawi para pujôngga, sagêd dipun ungêlakên, ingkang adamêl têranging sawatawis kawontênanipun ing ngriku.

Sampun wiwit kina mila têtiyang ing Mêsir sampun anggadhahi sêratan piyambak, nanging wujuding sêratan wau botên kados sastra jaman samangke, namung awujud gêgambaran pasêmon, kados ta upaminipun: griya: punika namung gambar kothakan, toya: garis enggak-enggok, wèwèh: gambar tangan ngathung anyêpêng roti, lan sanès-sanèsipun.

Saya dangu sêratan ingkang namung awujud pêpêthan makatên punika, inggih lajêng kirang anyêkapi dhatêng kabêtahan, amila lajêng dipun udi murih sampurnanipun. Dangu-dangu sagêd kalêksanan, sêratan wau mèmpêr kalihan sastranipun tiyang ing jaman samangke. Ewasamantên para pujôngga ing Eropah, ingkang sami ngudi dhatêng kawontênaning babadipun nagari Mêsir, inggih mêksa dangu sangêt anggènipun sagêd nyandhak. Mênggah angsal-angsalaning panyinaonipun para pujôngga bôngsa Eropah wau, cêkakanipun makatên:

Ing jaman samantên têtiyangipun nagari Mêsir, punika mawi tatanan dados tigang golongan. Lêrês tatananipun wau botên patos kêncêng kados sacaranipun bôngsa Indhu, nanging ing ngriku mêksa wontên pranatan, bilih anak punika kêdah anyulihi tiyang sêpuhipun, têgêsipun: kêdah nindakakên kadosdene salaku jantraning tiyang sêpuhipun.

[Grafik]

Wit kurma ing nagari Mêsir.

Dene ingkang dipun anggêp inggil piyambak ing antawisipun golongan tiga wau, golonganing prajurit tuwin ngulama. Sabên-sabên wontên jumênêngan nata enggal, ingkang jumênêng nata wau kadadosakên golonganing ngulama rumiyin. Mênggah panguwasaning nata punika tanpa watêsan agêngipun. Sakathahing yêyasan ingkang èdi pèni, tuwin ingkang agêng-agêng, ingkang tujunipun namung dados pisungsung kangge ngalêmbana sang nata kemawon, punika dados satunggiling bukti, bilih ingkang sami jumênêng nata ing Mêsir jamanipun samantên, botên kenging kinintên-kintên, sapintên gênging panguwaosipun. Mila botên anggumunakên, kadhatoning nata kenging kaparibasakakên kadosdene swargaloka.

Ewasamantên sanadyan sampun kacariyosakên wêwênang lan panguwaosing nata tanpa watêsan, nanging tumrap saliranipun sang nata, sajatosipun kirang sênêng. Awit sang nata dipun wêngku sangêt ing pranatan, pranatan wau anêtêpakên tatakramaning nata sabên dintên lan tatakramaning sugêngipun kêdah miturut pranatan.

--- 412 ---

Samôngsa-môngsa wontên nata seda, anggèning sami abela sungkawa para kawulanipun ngantos 72 dintên laminipun. Jisiming nata kasèlèh wontên ing sangajênging kuburan, supados sagêda dipun tingali dhatêng para kawulanipun. Lan para ngulama dalah para kawula sanèsipun sami angubêngi prêlu anyêmbayangakên jisimipun sang nata. Samantên punika manawi kala sugêngipun sang nata dipun trêsnani para kawulanipun, nanging saupami kala sugêngipun wau botên dipun rêmêni dening kawulanipun, jisimipun wau malah dipun pujak-pujèkakên awon, saha dipun undhamana.

[Grafik]

Wande pakopèn ing nagari Mêsir.

Golonganing prajurit punika kuwajibanipun ngêmungakên anjagi praja. Dene ingkang dados têdhanipun, namung dipun paringi gadhuhan siti.

Golonganing para ngulama, punika drajadipun kasamèkakên kadosdene golongan prajurit. Mênggah ingkang tumut dados golonganing ngulama, kados ta: para pujôngga, dhoktêr, priyantun pangadilan, makatên ugi punggawa ingkang kapatah ngampil rêca pêpundhèn, sratining kewan-kewan ingkang kaanggêp kramat, tuwin juru pambalsêm.

Asiling sabin punika ingkang sapratigan dados têdhanipun para ngulama. Amila gêsangipun para ngulama tansah muwah-muwah tanpa kêkirangan. Nanging botên beda kadosdene ingkang jumênêng nata, para ngulama inggih kawêngku sangêt dening pranatan, ingkang sajatosipun inggih botên adamêl sênêng. Kados ta: nêdha kemawon wontên walêranipun, sadintên sadalu kêdah adus kaping sakawan, mangangge kemawon, botên kenging anggêga kajêngipun piyambak, kengingipun ngêmungakên mangangge saking badhe mori.

Dene golongan ingkang kaping tiga, golonganipun para kawula umum, inggih punika para tani, tukang, lan sasaminipun.

Sanadyan sampun kacariyosakên, bilih bôngsa Mêsir punika nyirik kêmpal kalihan bôngsa sanès, ewadene bab lampahing padaganganipun kalihan bôngsa sanès, rame lan majêng sangêt. (Badhe kasambêtan)

--- 413 ---

Panglipur Manah

Brahmana Gêmblung

VIII. Brahmana kaping kalih, pabên lan tukang cukur.

[Durma]

Tanganipun tukang cukur kula candhak / angipatakên wani / kanthi asêsumbar / kula môngsa mundura / nadyan praptaa ing pati / wus sêdhêngira / gangsal sèn sun labuhi //

kula saya waringutên abramantya / cancut ngêncêngkên jarit / nuntên ngangsêg nyêlak / kula sikêp sarosa / kula jarag sikêp pati / tan sagêd uwal / malah saya amithing //

nanging nyata wantuning maksih taruna / kêpêksa sagêd budi / nanging tan sagêd wal / satêmah lajêng dhawah / nanging kula dhawah nginggil / gulêt aramnya / wontên têngahing margi //

tan antara kathah janma ingkang prapta / ngrubung kula kêkalih / nanging datan misah / malah alok sarosa / ayo coba mênang êndi / siji brahmana / wis rada kaki-kaki //

kang sawiji tukang cukur sarwa gagah / patute wani mati / awit wus katara / wani mungsuh brahmana / mênyang alat ora wêdi / dèn upayaa / sapraja êmung siji //

sanadyan ta aran tandhingane nyêngka / nanging wani notohi / sanalika kula / mirêng ujar mangkana / manah kula saya wani / kasupèn wirang / saya dêdrêg andadi //

nuntên wontên tiyang kang dhatêng amisah / tanya babing prakawis / kula asajarwa / punapa mulanira / pra janma gumujêng sami / sawênèh kôndha / kang sêmu mêmoyoki //

wênèh wontên ingkang malah ngasah basa / bênêr mangkono kuwi / aran prakara wang / tan kêni ginagampang / limang sèn iku rak dhuwit / dadia sabab / wis bênêr bangêt kuwi //

saya kathah janma kang samya angêpang / wusana pisah nuli / samya mêgap-mêgap / ngantos tan sagêd ngucap / tukang cukur wiwit eling / nulya angucap / taksih akêmpis-kêmpis //

lah sampun ta samangkya mugi èngêta / kula ngawon sakêdhik / nanging ing bab arta / têtêpa wontên kula / ing mangkya kula lintoni / inggih pakaryan / mugi andika tampi //

kang minôngka lintuning arta punika / kula cukure mangkin / gih garwa andika / sanadyan ngantos plenthas / kula namung nyandikani / lah kagaliha / punapa botên adil //

ing sakala kula suka anarima / nulya rukun kêkalih / wêwangsulan kula / kang iku sun mupakat / dadi tanjaning kang dhuwit / kêni pinetang / opah cukur wong kalih //

ing têgêse ingsun aran wêruh tônja / wis payo padha bali / riwusing mangkana / kula wangsul sarêngan / sawusing prapta ing panti / kula nyuwara / nuli mêtua nyai //

duk miyarsa nyai kula nuli mêdal / riwusing praptèng jawi / kula nulya ngucap / nyai iki kang têka / uwong kang ingsun tututi / ing mêngko arsa / nyukur marang sirèki //

kang minôngka liruning dhuwit kang ilang / iku tampanên nuli / kocap rabi kula / dupi miyarsa warta / arsa pun cukur anjêrit / lan nguman-uman / iku trape wong miring //

ngêndi ana wong wadon arsa tinrapan / cukucukur. kadi wong baring / ingsun datan [da...]

--- 414 ---

[...tan] arsa / ginawe gulang-gulang / dhuwit ilang bok ya uwis / kadar mung pira / limang sèn tan nyugihi //

kula ngucap: luput bangêt nyai sira / ngatasing sira èstri / tan darbe pangeman / maring wêtuning arta / beda kalawan wong laki / ya limang sèna / kudu tumônja titi //

tinimbang ta dhuwit êmung ilang muspra / iki jêngênge bali / mung liniru tônja / anyukur marang sira / uwis ta nuruta nyai / aja sêmbrana / mrenea tak tunggoni //

ing sakala nyai kula arsa kesah / nuli kula gocèki / akanthi sarosa / kula tumuntên ngatag / uwis ta cukurên iki / minôngka tônja / ora ilanging dhuwit //

rabi kula budi sarosarsa uwal / kula kang angêkahi / juru cukur nulya / nyandhak sirah tinaman / lading panyukuran mingis / sakêdhap bablas / sirah dadya palinthis //

langkung sêru jêrit-jêrit asêsambat / kula botên praduli / wusing paripurna / ngantos katingal gilap / nyai kula dahat isin / manjing ing wisma / lan nangis jêrit-jêrit //

wusing rampung juru cukur nulya kesah / kula lêga ing ati / tan dangu katungka / tôngga têpalih prapta / sarêngan samya nakèni / ing purwanira / ing ngriku wontên tangis //

asêsambat sakalangkung ngaruara / nulya kula jarwani / yèn prêlu minôngka / uruping arta ical / sadaya kang samya myarsi / nganggêp mring kula / tiyang gêmblung kapati //

duk samana juru cukur lampahira / wusing prapta ing margi / kêpapag pun biyang / tumuli awêwarta / kalamun mêntanmêntas. marasi / ing rabi kula / ngantos rêsik kalimis //

sapraptaning wisma nênggih biyung kula / sangêt ngujar-ujari / sira nora gênah / aran gêmblung kaliwat / tega têmên marang rabi / mung labêt saka / ngowêl dhuwit sathithik //

lamun dudu patrape wong lara owah / môngsa mangkono kuwi / pantês têmên sira / jênêng aran brahmana / nging brahmana luwih baring / pantês pinênthang / siniksa samèng janmi //

iya sapa bae janma kang miyarsa / masthi mrina ing ati / nganggêp marang sira / janma têgêl anyiksa / wis wis dudu padon iki / dudu manungsa / ngasorkên watak anjing //

ing sakala kula mung kèndêl kewala / nanging nulya mangsuli / badhe nyinglarana / mring rasèng kasisipan / malah saya dèn tudingi / ing biyang kula / dipun wasuh kapati //

kumarumpyung dhawahing ujar andadra / êmung waton kadugi / dènira ngarampyang / tan wontên kèndêlira / sinambêtan sanès malih / kang samya prapta / sarêng ngudani uni //

sampun limrah wataking para wanita / samya titis yèn muni / kula ngantos wêgah / dene datanpa kêndhat / nadyan kang tan wêruh dhongdhing / kêduga ngucap / tur bêtah angêcuwis //

sabên kula badhe nyêla gêntos ngucap / tumuntên dipun byuki / ungêling ngakathah / kumrusuk saksat jawah / asta sarêngan nudingi / mèh nutul tingal / kula plaur tan muni //

wusing katog sirêp sing karsa priyôngga / nanging kang prapta maksih / malah saya kathah / awit wradining warta / wus prapta ing pundi-pundi / kadi dèn undang / prêlu nyatakkên sami //

para tôngga kang samya prapta anglayat / wontên kang bela tangis / ing wasana kula / kongsi tan sagêd ngucap / amung kèndêl kêthip-kêthip / ing batos ngrasa / anggung angasmarani //

--- 415 ---

Kawruh Sawatawis

Tuwuhing Pangaji-aji Warni-warni

Tuwuhing pangaji-ajinipun tiyang dhatêng tiyang sanès, punika warni-warni, wontên ingkang jalaran saking tiyang ingkang dipun aji-aji kadunungan kasugihan, wontên ingkang saking kaprawiran, kaluhuran, kapintêran, umur panjang, tuwin sanès-sanèsipun malih.

[Grafik]

Tuwan Tasripin ing Sêmarang, ingkang sampun tilar donya.

Nanging tumrap tiyang ingkang kadunungan kadonyan, limrahipun ing sakawit tansah dados cacadan, dening patraping anggènipun kêklêmpak, botên wontên sampun-sampunipun, trêkadhang gadhah tindak ingkang botên dipun cocogi kalihan tiyang ingkang watak brah-brèh. Nanging tiyang ingkang nacad wau, salugunipun inggih kapengin badhe sugih, tandhanipun pangudining dhatêng kabêtahan tansah lumintu kemawon, dados mênggahing pangintên, saupami tinêngga ing donya inggih bingah, lan saupami dipun sêngkakakên kapurih sugih, kintên-kintên inggih purun. Punika sairib kados ungêl-ungêlan: tiyang mlarat punika gêthing dhatêng tiyang sugih, nanging rêmên ningali sêlutipun.

Mênggah tumrapipun bôngsa Jawi, ingkang sampun kajuwara sugih punika Tuwan Tasripin ing Sêmarang, ingkang sampun murut dhatêng kalanggêngan, bôngsa ngamônca mastani miliyonèr. Mirid cêcariyosanipun tiyang ingkang sumêrêp, kala gêsangipun Tuwan Tasripin punika prasaja sangêt, punapa ingkang katindakakên ingkang numrapi sariranipun piyambak, botên dados kapenginanipun tiyang sanès, upaminipun bab nyandhang ngangge, bab têtumpakan tuwin sanès-sanèsipun, namung sarwa prasaja. Môngka saupami purun, inggih badhea anjôngka ingkang langkung-langkung inggih kadumugèn. Nanging tumrapipun Tuwan Tasripin mangrêtos, bilih kabêtahaning sariranipun cêkap namung kados makatên. Dene bab tumindaking damêl, wiwit ingkang padamêlan rèmèh ngantos dumugi ingkang agêng pisan, sami dipun ajêngi, nanging wosipun sadaya wau sami ngêdalakên asil.

Tindak ingkang kados makatên punika limrahipun lajêng dados gêgujênganing ngakathah, wontên-wontên kemawon anggènipun nuwuhakên pamada. Nanging sarêng kagathuk-gathukakên, têtelanipun inggih tindak kados makatên punika marginipun ingkang lêrês ingkang sagêd andumugèkakên ing kasugihan. Wusana sintên kemawon ingkang kêbuka ing manah, lajêng ngluhurakên inggih angaji-aji dhatêng ingkang gadhah tindak kados makatên wau.

Tumraping kaprawiran, manawi ing jaman sapunika

--- 416 ---

botên kalampah, namung ucap-ucapanipun taksih wontên, tiyang ingkang nama prawira punika cêkakipun tiyang ingkang manawi pêrang utawi kêrêngan mênangan. Punika limrahipun inggih angsal pangaji-aji.

Tumraping kaluhuran, punika sampun cêtha, sintêna kemawon inggih sumêrêp dhatêng tiyang ingkang gadhah kaluhuran. Kapintêran tuwin umur panjang samantên ugi, kados sintêna kemawon inggih sampun botên kêkilapan.

[Grafik]

Sadaya ingkang kacariyosakên nginggil punika namung mêndhêt pêpiridan ingkang pinanggih ing ngriki.

Sapunika gêntos nyariyosakên kawontênan ing nagari sanès, ingkang kawontênanipun inggih sairib kados makatên, kajêngipun irib-iribaning cariyos, inggih punika bab pangaji-aji ingkang pinanggih ing Tuwan Edison ing Amerikah.

Misuwuring asmanipun Tuwan Edison punika botên namung wontên ing tanah Amerikah kemawon, malah amradini jagad. Mênggah tuwuhing pangaji-aji ingkang numrapi dhatêng sariranipun, cêthanipun kemawon wontên tigang prakawis, inggih punika, pintêr, sugih (miliyonèr) tuwin panjang ing yuswa. Pathokan tigang bab wau saupami dipun gêlar, tamtu dados cariyos panjang sangêt, kados ta cariyos dhawahing wahyu kapintêran sapanunggilanipun.

Ing sapunika tuwan wau sampun yuswa 84 taun, sampun suda pamirêngan, nanging sariranipun taksih kiyat, lan taksih tinêngga ing nyonyahipun. Nalika dhawahing dintên têtêp yuswa 84, nyonyahipun asuka wilujêng kanthi ucap ingkang ngrêsêpakên. Kajawi punika, taksih kathah golongan sanès-sanèsipun ingkang sami mahargya kasugênganipun. Ing gambar punika mujudakên nalika Tuwan Edison dipun pahargya numpak oto ginarubyug ing para kênya. Samantên mênggah tuwuhing pangaji-aji ingkang pinanggih ing tanah Amerikah.

--- 417 ---

Bab Ringgit

Bambang Parasara

Sambêtipun Kajawèn nomêr 25.

Sawênèhipun dintên, Bambang Parasara kasupèn anggènipun supêna, lajêng sowan Dèwi Rukmawati, widadari angejawantah ing wukir Mahendra, Bambang Parasara nyuwun dipun jatosi ingkang dados supênanipun. Dhawuhipun Dèwi Rukmawati namung kantun sapisan punika anggènipun mêmêca, pangandikanipun: sira darbe wisma kèbêkan rêrêgêd, barêng wus sira rêsiki, ana wong lanang kang ngaku omah mau, sira ngukuhi nganti dadi pasulayan, wusana sira mung narima nômpa nganggo sapangadêg saka wong mau, ing kono sira banjur kagèt tangi. Dene warnining impèn, ing têmbe sira bakal antuk garwa, nanging banjur oncat, olèh liru nagara. Ing ngriku Dèwi Rukmawati lajêng dhawuh dhatêng Bambang Parasara têtapaa wontên ing parewana, sampun ngantos gugur dening pangrêncana.

Sarêng sampun makatên, Dèwi Rukmawati nimbali Bambang Parasara kadhawahan andhèrèkakên, ing ngriku Bambang Parasara ningali wanodya sakalangkung endah, nanging sarêng dipun cêlaki lajêng muksa, Bambang Parasara sakalangkung kasmaran. Dèwi Rukmawati dhawuh, bilih ingkang katingal wau calon garwanipun, lan Dèwi Rukmawati dhawuh badhe nunggil kaanan kalihan wanodya wau, saha tilar wêling badhe nilari pustaka warni musthika jamus. Dèwi Rukmawati lajêng muksa dados muskithamusthika. jamus, dipun pêpundhi dening Bambang Parasara.

Bambang Parasara ngèstokakên dhawuhipun Dèwi Rukmawati lajêng têtapa wontên parewana, dipun dhèrèkakên ing kulawarganipun sadaya. Ing ngriku Bambang Parasara pinêndhêt sêraya dening Wiku Salya ing rêdi Mèru, dipun aturi nyirnakakên amaning têtanêman, kalampahan sagêd ngêntasi damêl. Sarampunging damêl, Bambang Parasara dipun aturi mriksani sayêmbara tumingal dhatêng praja Kicakapura, mituruti. Ing ngriku Bambang Parasara kêpilih. Wusana Bambang Parasara dipun dhaupakên kalihan putranipun Prabu Kekaya, nata ing Kicakapura, nama Dèwi Kekayi. Nanging Bambang Parasara sarêng uninga warninipun Dèwi Kekayi, gêla ing galih, awit sanès wanodya kados ingkang dipun tingali, wusana lajêng lolos wangsul dhatêng pratapan.

Wiwit punika Bambang Parasara lajêng dipun puruitani ing tiyang kathah, tuwin kathah pasrawunganipun kalihan para pandhita, lajêng nama rêsi.

Rêsi Parasara saya anggêntur tapanipun, mêdal tejanipun ngantos sundhunsundhul. ing awiyat, wusana lajêng andadosakên gara-gara, Sang Hyang Guru utusan anggodha, nanging botên tumama, wusana Hyang Jagadnata piyambak kalihan Rêsi Naradha rawuh anggodha, mindha-mindha pêksi êmprit sajodho, lajêng nusuh wontên rikmanipun sang tapa, ing ngriku botên dipun raosakên, nanging sarêng tiganing pêksi nêtês, sami pating cruwèt dipun tilar, Rêsi Parasara sakalangkung wêlas ing galih, pêksi sêpuh kapurih wangsul [wangsu...]

--- 418 ---

[...l] botên purun, wusana dipun jêmparing dening Rêsi Parasara babar dados Hyang Guru tuwin Naradha, lajêng muksa. Tindakipun Radèn Parasara kandhêg wontên pinggiring lèpèn.

Ing ngriku Rêsi Parasara mirêng tiyang ciblon wontên ing lèpèn, inggih punika Dèwi Durgandini, padamêlanipun anambangi baita, sang rêsi mundhut dipun sabrangakên. Sarêng baita lumampah, sang rêsi tansah nyawang wanita ingkang mêlahi, sakalangkung endah ing warni, plêk kados ingkang katingal wontên ing Mahendra, ngantos korup raosing galih, dipun bucal ing toya, dipun sarap ing yuyu, saha wontên ingkang dhawah ing katir kiwa têngên, dipun sarap ing wagal tuwin badhèr, ingkang wontên ing canthik, dipun têdha ing bulus.

Sasampunipun makatên, Rêsi Parasara lajêng matak môntra wikrama, sarira dados awrat, wanita ingkang nambangi ngantos botên kuwawi nglampahakên, wusana lajêng kringêtên anggônda awon.

Rêsi Parasara rumaos botên kuwawi mambêt gêgandan wau, lajêng andangu, ingkang anggônda punika punapa. Ing ngriku wanita sajarwa ingkang mambêt wau karingêtipun. Bambang Parasara langkung wêlas ing galih, lajêng anamakakên usada, wêkasan sirna gandanipun awon, malah langkung santun angambar tuwin saya gumêbyar suwarnanipun. Sanalika ngriku Hyang Naradha tumêdhak, anjarwani dhatêng sadayanipun, saking dhawuhipun Hyang Girinata, Dèwi Durgandini dipun lih namanipun, nama Dèwi Gôndawati inggih Ambarsari, saha lajêng kadhaupakên kalihan Rêsi Parasara. Wusana lajêng kondur dhatêng praja Ngangga saha lajêng binawahan wontên Wiratha, Dèwi Gôndawati apêputra miyos kêmbar kakung, ingkang sêpuh cêmêng mulus, ingkang eyang maringi nama Radèn Krêsna, ingkang anèm bule, pinaringan nama Radèn Seta. Ing ngriku Rêsi Parasara sakalangkung lingsêm ing galih, dene kagungan putra kados makatên, mila lajêng lolos ing wanci dalu, wangsul dhatêng Saptarga.

Sasampunipun dangu wontên ing Saptarga, Rêsi Parasara mirêng wartos manawi Dèwi Gôndawati kakramakakên angsal Prabu Santanumurti, nata ing Ngastina. Rêsi Parasara lajêng sowan dhatêng Wiratha, mitêrangakên bab anggènipun ngramakakên Dèwi Gôndawati. Ing ngriku katungka rawuhipun Hyang Naradha, lajêng andhawuhakên, bilih Dèwi Gôndawati pinasthi jodho kalihan Prabu Santanumurti, nanging nagari Ngastina kaparingna dhatêng Rêsi Parasara saha jinunjung jumênêng raja pandhita. Rêsi Parasara taksih gadhah panuwun malih, minôngka pidananipun Prabu Basupati, lajêng dipun dhawuhi praja Ngastina botên kabawah Wiratha, wusana sami narimah.

Sarêng sampun sawatawis dangunipun, Raja Pandhita Parasara katêdhakan Sang Hyang Naradha, andhawuhakên timbalanipun Sang Hyang Jagadnata, manawi Raja Pandhita Parasara sampun kalilan jumênêng nata binathara nimbangi ing Wiratha, pinaringan nama Prabu Dipakeswara. Sajumênêngipun nata Prabu Dipakeswara, kathah wêwangunaning praja, ngulawisudha dhatêng para kawula santana, amangun lampahing môngsa, cêkakanipun kathah indhak-indhakaning praja.

Putranipun Prabu Dipakeswara kathah, saking Dèwi Gôndawati pêputra Radèn Krêsna kalihan Radèn Seta, nanging nalika tilar praja Wiratha, katilar wontên [wo...]

--- 419 ---

[...ntên] Wiratha. Sarêng jumênêng nata ing Ngastina krama malih angsal Dèwi Kekayi kalihan Dèwi Watari, Dèwi Kekayi pêputra 1. Dèwi Sutiksna inggih Rêkathawati, 2. Radèn Kicaka, 3. Radèn Rupakica, 4. Bimakica. Dèwi Watari pêputra Radèn Rajamala. Sajatosipun garwa kêkalih wau pambobotipun nyarêngi kala Prabu Dipakeswara nitih baita dipun sabrangakên Dèwi Durgandini, sami dados bêbujêngan toya. Dene tumrapipun Dèwi Kekayi, rumiyin sampun pancèn garwa, sarana saking sayêmbara kapilih.

Radèn Krêsna kalihan Radèn Seta, sarêng sampun diwasa, sami sowan dhatêng Ngastina lajêng manggèn wontên ing Ngastina. Sawênèhipun dintên sabibaring pasewakan, Prabu Dipakeswara ing dalu nimbali rajaputra Radèn Krêsna dipun wisik salwiring raos sadaya saha pinaringan sawarnining pusaka. Sadaya wau sarêng sampun tinampèn dhatêng Radèn Krêsna, ing sanalika Prabu Dipakeswara kataman ing cahya sajati, wêkasan muksa. Sasedanipun Prabu Dipakeswara, saking kaparêngipun Prabu Pasupati,Basupati. praja Ngastina kaparingakên dhatêng Bagawan Santanu malih.

Sêratipun Petruk dhatêng Garèng

Ingkang taklim.

Wiyose Kang Garèng, wis ana rong dina kiyi aku ana ing Surabaya. Apa sing wis tak tongton lan tak dêlêng ana ing Surabaya kene, wah, Kang Garèng, upama dietungana mono akèhe kiraku iya ora kalah nèk karo kadhas kudhismu kuwi. Ewadene amrih urute, caritaku kiyi tak balènane wiwit angkatku saka Karanganyar. Mung bae sing bakal tak andharake ana ing layangku kiyi iya mung cêkakane bae, jlèntrèhe padha dirêmbug ing besuk yèn aku wis têkan ing Batawi manèh, sinambi ngombe wedang tèh gulane batu, pacitane roti kèju, diadhêpi bojo têlu, wa ... dhuh ... yayane.

Sajêroning têlung dina ana ing Karanggayam, yaiku wiwit tanggal 16 tumêkane tanggal 19 Marêt kiyi, aku prasasat ora tau ana ing omah, nanging tansah kliyêgan bae, andêlêng kaanane patilasan-patilasan ing kono, kaya ta: pasareane Ki Agêng Selamanik, Nyai Agêng Kopèk, Kyai Pocèl Balung, Êmbah Jinggring, Ki Agêng Danasari, Sirnabaya, lan liya-liyane. Kabèh mau padha ana babade dhewe-dhewe, liya dina bae dak caritani babade siji-sijine sing nganti tlêsih. Anggonku kloyongan nyang ngêndi-êndi mau, tansah dikancani dening kaipe, astèndana ing Karanggayam, nganti aku ngrumasani kayadene bêndara dana lagi tindak turne, utawa kaya ... pasakitan lagi digiring nyang hotèl prodheo.

Dina Kêmis tanggal 19 Marêt, jam 6 esuk, aku lan adhimu Makne Kamprèt wis padha rampung anggone tata-tata sumêdya ambanjurake mênyang [mê...]

--- 420 ---

[...nyang] Surabaya. Sanadyan pangkate sêpur sing nyang Surabaya kuwi jam 10, ewadene pangkatku lan Makne Kamprèt saka Karanggayam, kanthi dijujugake kaipe sajodho, kira-kira jam 7, awit ana ing Karanganyar sadhela-sadhela aku sumêdya ngadhêp ingkang bupati, lan Makne Kamprèt arêp marak Bêndara Radèn Ayu Adipati. Ing sarèhning aku kiyi arêp ngadhêp priyayi gêdhêm, sadurunge iya mêsthi tak tata bangêt, tak jaga kanthi kêras aja nganti aku dipanggalih dening ingkang bupati, yèn aku kiyi sawijining wong sing ora ngrêti adat lan ora sumurup pangajaran, mulane kalane arêp munggah rolak kabupatèn, aku iya ora lali anggonku maca: patekah, utawa: kulhu, dalasan anggonku anggêgêm jêmpol sarta maca: sukmum bukmum omyum phahum layarjion bae, iya mêksa ora kalalèn. Satêkaku ana ing ngarsane ingkang bupati, aku banjur andhodhok: prok, nyêmbah: trèthèk, kala samono mèh bae aku pacak gulu: glothak, awit nalika iku andadak aku anduwèni rumasa kayadene: Bambang Sêmantri nalikane sowan nyang Prabu Arjuna Sasrabau. Kacèke mung sathithik, kala samono aku ujug-ujug banjur didhawuhi mêthongkrong ana ing kursi. Wah, Kang Garèng, saka wêdiku wêktu iku anggonku nyêmbah iya sedhokan tanpa lèrèn kae. Kang Garèng, batinmu têmtune kowe anggêguyu nyang aku, dene ingatase aku kiyi wong kau têku, têka sajake dhêmên nyang sêmbah dhodhok. Lo, kowe aja kaliru, Kang Nala, sanyatane mono lair batin aku iya mupakat êmbahning mupakat, saupama tatacara sing wis mambu têngik mau tumuli dibuwang nyang kalèn. Nanging ing sarèhning tumêkane saiki tatacara sing mêngkono mau ing kêjawèn isih diênggoni, yèn kowe arêp ngatonake anak turuning priyayi, apamanèh bangsaning wong pangajaran, nèk prêlu sabisa-bisa iya migunakna tatacara, sing dening sawênèhing wong wis dianggêp têngik, nanging tumêkaning saiki isih kaprah dianggo mau. Aja dumèhane wis, cas, cus, bisa cara Lônda, banjur arêp ngêpringake babarpisan nyang tatacarane dhewe, nanging malah banjur bêdigang-bêdigung kaya wong buda mêngkono.

Ambanjurake anggonku ngadhêp nyang ingkang bupati ing Karanganyar. Ing kono aku diparingi gambar warna-warna, kaya ta: piranti lan cara-carane wong apèk sarang burung, mêngkono uga aku kaparingan cathêtan-cathêtan kaanane wong Kalang. Liya dina bae karo-karone tak andharne ana ing kalawarti Kajawèn kene. Cêkaking cêkak, ing kene aku wajib carita nyang kowe, yèn ana ing kabupatèn aku ditômpa dening ingkang bupati kanthi suka pirênaning panggalih têmênan. Kiraku saupama aku aja kêsusu arêp pangkat nyang Surabaya, utawa ingkang bupati arêp tindak turne, bisa uga aku kaparingan suguhan: wedang kopi susu, pacitane: gorengan jadah tela, e, nas, kok kèlingan cêmilane dhewe sabên dina bae, wong aku arêp muni: sêpèkuk, kuwih cus, podhêng, jêbul kaliru jadah tela alias gêthuk. Jalaran saka bêciking pangrêngkuhe ingkang bupati nyang awake aku mau, kalane nyuwun [nyuwu...]

--- 421 ---

[...n] pamit, anggonku matur nêmbah nuwun iya rete-rete bangêt kae.

Mêngkono uga Makne Kamprèt, anggone ngalêmbana bêciking tangkêpe bêndara radèn ayu adipati nyang awake, iya nganti kêpêntut-pêntut sing nganggo sêwiwi: èplèk-èplèk ngono kae.

Kira-kira jam 10 aku lan lan Makne Kamprèt munggah sêpur sumêdya budhal nyang Surabaya. Kapriye kaanane ing sadalan-dalan, ora prêlu tak caritakake, awit kajaba sadalan-dalan aku tungkul turu lan anggayêmi sabab saka panase, ora ana apa-apa sing pantês diandharake ana ing kene. Tumêkane ing Surabaya kira-kira jam 7, ana ing kono aku dipêthuk dening Kang Saraita, yaiku nak dhèrèkku kang nyambutgawe dadi komissêpur. Salawase ana ing Surabaya pondhokanaku iya ana ing omahe Kakang Saraita mau.

Esuke dina Jumuwah tanggal 20 Marêt, aku lan Makne Kamprèt, dikanthèni dening Kang Saraita lan Radèn Ayu Sudirman, pangarsane pakumpulan wanita: Putri Budi Sêjati ing Surabaya, mubêng-mubêng ing kutha andêlêng garapane pakumpulan P.B.I. sing dipangarsani dening Radèn Dr. Sutama, kaya ta: pondhokaning murid-murid pamulangan têngahan, iya sing kanggo murid lanang apadene sing kanggo murid wadon, sêkolahan kagunan tumrap bocah wadon, gêdhong kabangsan, sawênèhing kopêrasi duwèking pakumpulan P.B.I. mau. Kabèh mau kanthi ditêrang-têrangake nganti talêsih dening Radèn Ayu Sudirman. Ing sarèhning kabèh mau bêcik lan akèh gunane tumraping akèh, liya dina bae tak caritakake saka siji. Kajaba iku aku uga nonton kêbon binatang. Wah, Kang Garèng, kewan-kewan kang diingu ana ing kêbon binatang kono pancèn iya pêpak bangêt: macan, gajah, sawarnaning cèlèng, manuk, kêthèk, ana kabèh, malah sadulurmu dhewe papat sing ana ing kono, yaiku: mas bèi mas bèi utawa mas ngantèn mas ngantèn orang utan.

Wis iya Kang Garèng, samene bae dhisik, liya dina tak layangi manèh. Sesuk aku arêp nêrusake laku nyang Bôndawasa.

Surabaya, 21 Marêt 1931.

Adhimu Petruk.

Wara-wara

Ngaturi uninga, sarèhning dintên Jumungah ngajêng punika lêrês dintên agêng Goede Vrijdag (sedanipun Gusti Kangjêng Nabi Ngisa), lan dintênipun Sênèn, Paschen (Gusti Kangjêng Nabi Ngisa wungu saking seda) libur malih, Kajawèn ingkang lêrêsipun mêdal ing dintên Sabtu botên kawêdalakên. Nanging wêdalipun Kajawèn dintên Rêbo tanggal 8 April, isinipun kaindhakan, supados adamêl rênaning para maos.

Adm. lan Red. Kajawèn.

--- 422 ---

Pêthikan saking Sêrat-sêrat Kabar Sanès

Indhonesiah.

Wisudhan ing karaton Surakarta.

Sêdyatama martosakên, awit saking kaparêng dalêm Sampeyan Dalêm Ingkang Wicaksana, salowongipun komêndhaning wadyabala dalêm, ingkang winisudha anggêntosi, Kangjêng Pangeran Arya Jatikusuma, dipun paringi sêsêbutan mayor komandhan, saha kaparingan santun asma Kangjêng Pangeran Arya Purbanagara.

Badhe kraman.

Benjing tanggal 16 Mèi Bandara Radèn Mas Arya Wuryaningrat, badhe kagungan damêl ngramakakên kapenakan asma Radèn Ajêng Kuskabirin Purwanagara, ingkang sapunika wontên salêbêting kadhaton, angsal Radèn Mas Amir Katamsi Cakraamijaya, mantri rêsèrsê Salatiga, putra Bupati Dêmak suwargi.

Pabrik-pabrik dhacinan badhe dipun tutup.

Wontên pawartos, pabrik-pabrik dhacinan ing Sêmarang tampi dhawuh saking insêpèktur pakaryan èik, bilih dumugi ing wêkasan wulan April 1931 sadaya pabrik timbangan kêdah katutup, botên kaparêngakên damêl malih. Ing sadèrèngipun tanggal 30 April 1931, sadaya timbangan ingkang sampun botên dipun kanggèkakên, taksih kenging katêdhakakên èik malih, nangign sasampunipun tanggal 30 April wau, sawarnining timbangan ingkang botên cocog, badhe dipun bêskup tuwin dipun risak, botên kenging dipun dandosi malih.

Sampeyan Dalêm Ingkang Wicaksana kintên-kintên badhe minangkani.

Wontên pawartos, sasampunipun pangarsa tuwin panitraning komite tèntunsêtèlêng ing Paris sampun sami wawan sabda kalihan Sampeyan Dalêm Ingkang Wicaksana, saha ngaturakên nalangsaning manah ingkang jalaran saking sêling-sêrêp, ing pangintên bab kintunan juru bêksa dhatêng Paris badhe kalampahan.

Pamulangan calon guru ing Gêntèng, Surabaya.

Bêstiring pakêmpalan Meisjesschool ing Gêntèng Surabaya, tampi dhawuh saking dhepartêmèn pangajaran, ing sarèhning ing Surabaya sampun wontên pamulangan calon guru, mila arta pitulungan tumrap pamulangan guru èstri partikêlir ing Gêntèng, badhe kasuwak. Ing bab punika andadosakên kawrataning manahipun para tiyang sêpuhing murid, awit saupami pindhah pamulangan, badhe têtunggilan kalihan lare jalêr. Sagêd ugi suwaking arta pitulungan wau andadosakên jalaraning mêdalipun para murid saking pamulangan.

Kêdah migatosakên dhatêng swaraning kênthongan.

Jalaran saking nyamarakên dhatêng badhe bêbaya samôngsa sumpêling rêdi Marapi jugrug, saha bilih kalampahan makatên, lampahing hawa bêntèr badhe tumindak pintên-pintên kilomètêr. Pangrêksaning kawilujêngan, botên wontên malih kajawi têtiyangipun sami sumingkir. Lan pangrèh praja sampun nindakakên rêrigêd,rêrigên. nyingkirakên têtiyang ing sadèrèngipun, mêndhêt pêpiridan, sumingkiripun anglangkungi papan ingkang kala rumiyin dipun dhatêngi hawa bêntèr. Kajawi punika têtiyang sami dipun dhawuhi migatosakên dhatêng swaraning kênthongan, samôngsa wontên suwaraning kênthongan, supados sami lumajêng, miturut pitêdah ingkang sampun dipun tamtokakên.

Konggrès Al Islam ing Surabaya.

Têmpuking dintên pahargyan konggrès manggèn ing masjid Ngampèl, ingkang dhatêng botên kirang tiyang kawan wêlas èwu. Mawi dipun wontênakên arak-arakanipun para padpindêr hisbul waton, hisbullah tuwin natipi. Sasampuning ngalêmpak lajêng mênyanyi lagu kabangsan. Tuwan A.M. Sangaji amahyakakên gênging panarimah lajêng sêsorah sawatawis dhatêng para padpindêr, lajêng wiwit ambikak konggrès, wêwakiling para pakêmpalan warni-warni sami dhatêng anjênêngi. Tuwan Anwarudin lajêng maos Kuran dipun tapsiri saprêlunipun, wusana lajêng ngrêmbag bab sanès-sanèsipun ingkang sakalangkung wigatos ing bab gêgayutan Islam.

Ing Malang wêwah pamulangan malih.

Wontên pawartos, wiwit benjang tanggal 1 Juli ngajêng punika, ing Malang badhe wontên bikakan pamulangan normal Katolik, lamining pasinaon kawan taun. Pamulangan wau angsal arta pambiyantu saking gupêrmèn.

Dados sugih.

Wontên kuli kontrakan nama Sa'an wangsul saking Nieuw-Caliedonie dhatêng ing dhusunipun ing Kapatihan, Wanagiri, ambêkta arta 13.060 prang Saigon. Arta wau wontên Sêmarang sampun kalintokakên kalihan arta ngriki, lumantar saking kontrolir, arta prang wau dadosipun arta ing ngriki pinanggih wontên f 1.238.54.

Gupêrnur Jawi Wetan.

Botên dangu badhe wontên jumênêngan gupêrnur ing Jawi Wetan, anggêntosi paduka tuwan W.Ch. Hardeman ingkang jumênêng warga rad Indhia, miturut pawartos, ingkang kacalonakên wontên tiga, inggih punika 1. Tuwan G.H. de Man Residhèn Tèrbêskikking ingkang nunggil damêl gupêrnur Jawi Wetan, 2. Tuwan J.C. Brinks, Residhèn Sêmarang tuwin 3. Tuwan C.A. Schnitzler, Residhèn Majakêrta. Nanging mênggahing pangintêning ngakathah, badhe dhumawah Tuwan G.H. de Man, awit panjênênganipun dipun alêmbana sangêt dening Paduka Tuwan Hardeman.

--- 423 ---

Trèm èlèktris ing Sêmarang.

GêminkêGêmintê. ing Sêmarang ngrêmbag bab badhe ngewahi tram sapunika dados tram èlèktris, nanging dèrèng sagêd damêl rantaman, lajêng ngaturakên usul dhatêng dhirèktur pakaryan praja, badhe nyuwun ngampil insinyur sawatawis kangge nindakakên bab punika, ugi sampun kaparêngakên. Kintên-kintên waragadipun andamêl rantaman wau wontên f 10.000.

Candu pêtêng.

Bôngsa Tionghwa nama Tjo Tjiang Sioe ingkang sawêg dhatêng saking Tiongkok, nalika mandhap wontên ing Tanjungpriuk dipun tahan ing pulisi, awit ambêkta tigan cacah 500 iji, sarêng kapriksa wontên ingkang isi candu, wawrat kawan katos langkung, rêgi f 2280.-

Sèwu dintênipun suwargi Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Arya Mangkunagara VI.

Kala dintên Jumungah tanggal 29 Sawal kapêngkêr, kalêrês dhawahing sèwu dintênipun suwargi Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Arya Mangkunagara VI. Dhawahing wilujêngan ingkang ngêpang wontên tiyang 200, mawi brêkat ingkang limrahipun dipun wastani godhongan, tumrap sendhok porok ingkang kaparingakên para sêntana sami salaka, sanès-sanèsipun, alpakah, warninipun ingkang kagodhongakên, piring 3 sendhok porok, cangkir 1 salèpèkipun, sendhok tèh tuwin gêlas toya 1.

Sêrat kabar Aksi.

Sêrat kabar Aksi ingkang rancanganipun kawêdalakên wiwit tanggal 1 April, wêdalipun kaajêngakên wontên ing tanggal 26 wulan punika wiwit ngangge nomêr 1, prêlu nyingkiri ujar lêluconipun bôngsa kilenan ingkang dipun tindakakên wontên ing tanggal 1 April. Ing pamuji, mugi Aksi sagêda kasêmbadan lulus subur ing salajêngipun.

Pradondi ing bab lampah minggah kaji.

Sampun kêrêp kawartosakên, golongan Muhamadiyah, tansah ambudidaya murih mayar tuwin wilujênging para têtiyang minggah kaji. Ing sapunika pakêmpalan wau nindakakên rekadaya badhe nyewa kapal piyambak, kanthi tatanan ingkang sarwa mikantuki. Sêdya makatên punika lajêng nuwuhakên kasamaranipun kongsi tiga, inggih punika satunggiling kongsi kapal ingkang nindakakên pakaryan miyambaki ing bab punika, lajêng gadhah atur dhatêng ingkang wajib supados mariksa ada-ada wau, awit pakêmpalan wau sampun adamêl kantor layaran minggah kaji tanpa palilahipun ingkang gadhah panguwaos. Kawartosakên, bab punika kala tanggal 25 wulan punika ingkang wajib sampun mariksa. Ing bab punika dèrèng wontên pawartos malih kawusananipun.

Bupati ing Pathi badhe dhatêng nagari Walandi.

Radèn Mas Adipati Arya Suwônda, bupati ing Pathi, badhe pêrlop dhatêng nagari Walandi, laminipun 5 wulan.

Badhe ngawontênakên Huurcommissie.

Bêrgêrmistêr ing Mèstêr Kornèlês gadhah panêdha dhatêng para nyewa griya ing wêwêngkonipun, sukaa katrangan ing bab indhaking pasewan griya sasampunipun botên wontên huurcommissie rumiyin (1 Januari 1929). Katrangan wau badhe kangge nimbang, prêlu kawontênakên huurcommissie malih utawi botên.

Anjajah saindêngipun Indhonesiah.

Para pangagênging nagari sami kaparingan sumêrêp bab Tuwan Paul de Vuyst dhirèktur jendral ministêri têtanèn ing praja Bèlgi, badhe anjajah saindêngipun Indhonesiah.

Pamulangan dhoktêr inggil ing Batawi

Tuwan W.M. Bonne, Gouvernements Arts ing C.B.Z. lulus angsal sêsêbutan dhoktêr saking pamulangan dhoktêr luhur ing Batawi.

Asiah.

Lisah pèt ing Sikiyang.

Syanghai 25 Marêt (K.P.). Ing sapunika ing Sikiyang pinanggih wontên tuk lisah pèt ingkang agêng. Bilih sadaya sagêd tumindak, badhe nyêkapi kangge sadhiyan 300 taun.

Konprènsi rakyat.

Praja Nanking nampèni palapuran kathah ing bab sumadhiyaning para wakil konprènsi rakyat. Ing Phoco sampun maradinakên pawartos lumantar telgram, gadhah panêdha kamardikaning pamilih sampun ngantos kamomoran panguwaosing parentah.

Eropah.

Ngirangi wadya.

Lissabon 26 Marêt (Aneta-Nipa). Ministêr paprangan anêtêpakên kiranging wadya praja Portêgal sapratigan.

Nagari Walandi.

Wêwakil karajan Jêpan ing nagari Walandi.

Tuwan Matsuraga wêwakil karajan Jêpan enggal ing nagari Walandi, sampun dumugi ing nagari Walandi.

Pawartos saking Redhaksi

Lêngganan nomêr 386 ing Panggang. Tanggal 13 Rabingulakir Jimakir 1826 dhawah tanggal 11 Sèptèmbêr 1897.

Lêngganan nomêr 3302 ing Batawi Sèntrêm. Tanggal 9 Rabingulakir Je, dintên Sênèn Wage, miturut pèngêtan panjênêngan, dhawah taun 1814, Walandi dhawah tanggal 25 Januari 1885.

--- 424 ---

Wêwaosan

Sêrat Badhakacayana

37.

[Mêgatruh]

Dahat gita sri nata dupi angrungu / goyanging gêntha katitik / titis tan lir sabênipun / wusana umiyos nuli / gita-gita tindak katong //

praptanira ing Jawi cêtha kadulu / nyi sêpuh anggoyang maksih / nulya sinapa sang prabu / uwis marenea nini / paran ingkang dadya gatos //

nini-nini nulya mapag sênggruk-sênggruk / sarya ngaturakên pari / linut atur mamlasayun / dhuh dhuh lah punika gusti / pantun ulun samya bosok //

nulya matur atètès urut myang galur / datan wontên kang kacicir / lajuning atur sinuhun / mênggah dhawahing kang warsi / malèsèd saking wêwaton //

awit kang wus môngsa makatên pukulun / maksih têrangan sayêkti / môngka ing mangkya pinangguh / jawah dêrês anglangkungi / nama salah môngsa yêktos //

marma ulun milênggahkên ngarsa prabu / kaparênga angadili / sakala nata tan sêgu / wusana dhawuh tumuli / maring abdi juru gêdhong //

maringana lêliru arupa pantun / kang sae myang garing-garing / minôngka liruning pantun / darbèkira nini-nini / kang samya pinangguh bosok //

lan adhawuh: iya nini ing aturmu / ingsun kang arsa ngadili / sira ywa samar ing kalbu / ingsun kang kêjibah ngudi / kang warsa mrih dhawah maton //

sang aprabu nulya nêru pudyanipun / datan dhahar datan guling / kang pinêlêng jroning kalbu / mrih wisesa nêmbadani / ngêtrapapkên adil kang maton //Lebih satu suku kata: ngêtrapkên adil kang maton.

sruning pêsu tinampi dewaning mêndhung / nulya tumindak ngowahi / wiwit ing kala puniku / dhawahing warsa mung wêngi / sabên pitung ari maton //

ing satêmah mawèh arjaning praja gung / lakuning pra among tani / lumintu tan kênèng ridhu / tan lyan mung kadayan saking / asmara ambêging katong //

XIX. Prabu Elala manggih kalêpatan.

[Asmaradana]

duk samana sri bupati / ing galih pinuju rêna / kaparêng nata ing mangke / arsa amêng-amêng marang / sajawining nagara / wukir Maintil tinuju / kang dahat asri kawuryan //

mangsanira amarêngi / ing môngsa têrang têmbeyan / wit-witan ngrêmbaka rone / mawèh adhêming sawangan / sinêmbuh mangsanira / sarwa sami mêkar kuncup / rêbatan samya rumêngka //

sagon-gon kawuryan asri / sawarnaning kang padesan / têntrêm ayêm kaanane / sabawane kene kana / mung sarwa wèh pirêna / panutuning pari dhang dhung / ngasorkên rarasing gôngsa //

dening sanyata nêrusi / sanggyèng swara kang mangkana / dadya tôndha sanyatane / têntrêming kawula praja / tan kêkurangan pangan / satêmah tungtum tinêmu / angraharjani nagara //

sumingkir kang maling juti / sawarnèng laku piala / samya sirna sadayane / mung tinêmu rukunira / janma kang tôngga desa / samya sayuk rukun-rukun / tan pae têtanggan pêrak //

sri nata duk nguningani / maring kaananing praja / kalangkung rêna galihe / tan kêndhat ing sukurira / maring sipat wisesa / mila ing tindak sapurug / anggung mangguh suka rêna //

tindakira sri bupati / nitih kang rata karajan / ginarubyug ing wadyane / kang sadaya suka rêna / tan ana kang kacuwan / samarga-marga gumuyu / dadya tandhanirèng suka //

riwusing sri narapati / kadugèn satindakira / nulya arsa kondur mangke / duk samana kaparêngan / rata titihan nata / lampahira salah laku / rodha numbuk candhi Budha //

kongsi ngorêgakên candhi / sela jugrug sawatara / kawuryan titik rusake / ing sakala kawistara / nuwuhkên osikira / pra wadya kang samya ngrasuk / tataning agama Budha //

tan antara wontên mantri / sêmuning netya kabangan / nyaru mring sri nata mangke / ucapira datan wangwang / hèh paduka sri nata / têtela anêrak luput / saha ngasorkên agama //

kang mangkana datan kêni / sanadyan paduka nata / datan wênang ngrisakake / candhi papan kasucian / kang dadya pundhènira / para janma kang asuyud / ngrungkêbi agama Budha //

para janma kang miyarsi / marang atur kang mangkana / samya tidhêm sadayane / nyêngguh yèn dadya bêbaya / dening kawula nata / kumawani nyaru ratu / kanthi sêrêng tanpa duka //

nanging dupi sri bupati / myarsa aturing kawula / tan pisan dadya dukane / malah ing sêmu katara / kalangkung analôngsa / nulya jog tumêdhak gupuh / kanthi alon angandika //

aturira iku yêkti / tuwuh saking sucinira / tan mawang mring sapa bae / awit mungguh kasisipan / datan pilih tumiba / nadyan panjênêngan ratu / uga antuk kaluputan //

ingsun ngrumasani yêkti / yèn rodhaning rataningwang / numbuk wèh karusakane / candhi kang pinuju puja / dadya ingsun sanyata / ngrusak papan kang linuhung / aran wong kang tanpa duga //

payo trapna kene nuli / kang môngka pidananira / lah rodhaning rata kuwe / palindhêsna jangganingwang / iku ukum sanyata / kira dadi panrimamu / lah wus payo ayatana //

sakala cêp katon sêpi / sanggyanira kang lumampah / kandhêg tan laju lampahe / sanadyan ingkang kêkaywan / datan wontên kang ebah / mung gandaning puspita rum / ngambar ngratani sadaya //

duk samana abdi mantri / kang darbe atur ing ngarsa / nulya tuwuh pangrasane / nadyan yèn umalês bisa / sri nata praptèng tiwas / nanging kang mangkana iku / lôngka yèn linakonana //

nulya umatur atitis / rinungu sanggyaning wadya / apan mangkana ature / dhuh gusti kauningana / tatanira Sang Budha / kang tinrapkên wontên tutur / ngêdohna panggawe ala // (Badhe kasambêtan)

--- [0] ---

[Iklan]