Sastra Jawa

Program Digitalisasi Sastra Daerah

  • Increase font size
  • Default font size
  • Decrease font size

Kajawèn, Balai Pustaka, 1931-05, #1646

Katalog:Kajawèn, Balai Pustaka, 1931, #1646
Sambung:
1.Kajawèn, Balai Pustaka, 1931-01, #1646. Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #438.
2.Kajawèn, Balai Pustaka, 1931-02, #1646. Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #439.
3.Kajawèn, Balai Pustaka, 1931-03, #1646. Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #440.
4.Kajawèn, Balai Pustaka, 1931-04, #1646. Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #441.
5.Kajawèn, Balai Pustaka, 1931-05, #1646. Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #442.
6.Kajawèn, Balai Pustaka, 1931-06, #1646. Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #443.
7.Kajawèn, Balai Pustaka, 1931-07, #1646. Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #444.
8.Kajawèn, Balai Pustaka, 1931-08, #1646. Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #445.
9.Kajawèn, Balai Pustaka, 1931-09, #1646. Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #446.
10.Kajawèn, Balai Pustaka, 1931-10, #1646 . Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #447.
11.Kajawèn, Balai Pustaka, 1931-11, #1646. Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #448.
12.Kajawèn, Balai Pustaka, 1931-12, #1646 . Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #449.

Ôngka 38, 24 Bêsar Taun Jimawal 1861, 13 Mèi 1931, Taun VI

Kajawèn

[Iklan]

--- [577] ---

Ôngka 38, 24 Bêsar Jimawal 1861, 13 Mèi 1931, Taun VI

Kajawèn

Kawêdalakên sabên dintên Rêbo lan Sabtu

Rêgining sêrat kabar punika ing dalêm tigang wulan ... f 1.50, bayaranipun kasuwun rumiyin, botên kenging langganan kirang saking 3 wulan.

Juru ngarang - administrasi Bale Pustaka, ing sawingkinging kantor palis, tilpun nomêr 2791 - Bêtawi Sèntrêm.

Kangjêng Tuwan Ingkang Wicaksana wontên ing Surabaya

[Grafik]

Gambar ing nginggil punika nalika Kangjêng Tuwan Ingkang Wicaksana Gupêrnur Jendral saha putra-putrinipun dumugi ing darma Surabaya, samandhapipun nitih mêsin mabur F XIII gadhahanipun K.N.I.L.M.

--- 578 ---

Gupêrnur Jendral Enggal

Kados ingkang kawartosakên ing Kajawèn kala dintên Sêtu, ingkang dipun gadhang anggêntosi Kangjêng Tuwan Ingkang Wicaksana Gupêrnur Jendral inggih punika paduka Tuwan Jhr. Mr. B.C. de Jonge.

[Grafik]

Samangke wontên pawartos, opisil panjênênganipun wau kajumênêngakên gupêrnur jendral ing tanah Indhia Nèdêrlan ngriki, inggih punika wiwit benjing wulan Sèptèmbêr, salèrèhipun paduka Tuwan Jhr. Mr. A.C.D. de Graeff.

Paduka tuwan Jhr. Mr. B.C. de Jonge wau miyosipun kala tanggal 22 Januari taun 1875 wontên ing Dhènhah, dados samangke yuswanipun 56 taun. Panjênênganipun rumiyin sinau wontên ing Rijksuniversiteit ing Utrecht. Tanggal 12 Juni taun 1900 angsal anggènipun iksamên bab ngèlmi ukum, lajêng dados adpokat wontên ing Dhènhah (den Haag).

Sasampunipun punika lajêng ngasta damêl wontên ing dhepartêmèn jajahan, dados ajung komis, minggah-minggah ngantos apangkat repêrèndharis. Lajêng pindhah dhatêng apdhèling pakaryan gupêrmèn (Gouv. bedrijven).

Ing taun 1910 pindhah dhatêng dhepartêmèn paprangan, taun 1913 kawisudha dados pangagênging kabinètipun ministêr, apangkat adminisêtratir. Lajêng dados sèkrêtarisipun Commissie voor de Indische Defensie.

Salèrèhipun Paduka Tuwan N. Bosboom ministêr paprangan, ing tanggal 15 Juni 1917 panjênênganipun wau kawisudha dados gêgêntosipun, dumugi tanggal 9 Sèptèmbêr taun 1918.

Lajêng dados dhirèktur Koninklijke Petroleum Maatschappij, wasana lajêng dados komisarisipun maskape wau.

Panjênênganipun wau botên anggolong dhatêng parte pulitik. Salèrèhipun saking anggènipun jumênêng ministêr paprangan, panjênênganipun lêlana ngidêri buwana, saha ugi mampir ing tanah ngriki. Kabêkta saking anggènipun ngasta wontên ing Kon. Petr. Mij. panjênênganipun tansah anggatosakên dhatêng kawontênanipun tanah Indhia Nèdêrlan.

Salêbêtipun dados ministêr paprangan, inggih punika salêbêtipun wontên pêrang donya, Paduka Tuwan Jhr. Mr. B.C. de Jonge. wau kêncêng anggènipun ngasta panguwaos. Wasana ing pamuji, anggènipun ngasta dados bapa babuning tanah Indhia Nèdêrlan ngriki sagêda murakabi tumrap sadayanipun.

--- 579 ---

Raos Jawi

Bab Ambanyol

Mênggahing tiyang ingkang dipun wastani lucu, punika sawênèhing tiyang ingkang sagêd ambanyol, lan pambanyolipun cêtha sanès damêlan utawi karangan, têgêsipun prasaja, dados pancèn wantah kabêkta saking dhêdhasaraning watak wantunipun piyambak ingkang asli, inggih manggèn ing pamicara punapadene wiraga (solahbawa)

Katêrangakên malih: yêktosipun inggih kathah tiyang ingkang sagêd ambanyol, nanging dèrèng mêsthi kenging dipun wastani lucu, amargi anggènipun ambanyol katawis bilih namung damêlan kemawon, (karangan) dados pancèn sanès watakipun ingkang asli, satêmah botên sagêd nênarik manahing asanès.

Sawênèhing tiyang mastani bilih ambanyol punika botên gampil. Makatên wau kapara nyata, upaminipun tumraping dhagêlan ringgit tiyang utawi bôngsa têtingalan sanèsipun punika kajawi kêdah anggadhahi watak lucu, bakuning pambanyol kêdah sagêd anuju prana, inggih mênggahing wiraga punapadene pamicara, ngangkah sagêdipun adamêl rêsêping paningal punapadene pamirêng, tumrap para ingkang sami amriksani.

Pramila yèn katitik saking punika, tiyang ingkang karan lucu wau awis sangêt wontênipun. Awit samôngsa botên makatên, sanajan pambanyolipun dipun kêtog (dipun pêng), nanging adhakan malah kêtingal saru, lan lajêng dipun wastani awon, botên luwês, botên kèwês lêluconipun, dening katawis bilih dipun damêl-damêl, tur botên sagêd anuju prana, mila inggih botên sagêd nênarik manah.

Tumrapipun bôngsa Jawi, wontênipun ing paringgitan, limrahipun sadaya sami mastani, lan manjing wontên ing panganggêp bilih watak lucu punika dumunung wontên ing dhagêlan têtiga punika wau, kados ta: Sêmar, Garèng tuwin Petruk. Tandhanipun makatên: sanajan sampun cêtha bilih lêluconing dhagêlan ringgit wacucal punika bakunipun manggèn ing kyai dhalang, ewadene trêkadhang inggih kathah saking antawisipun têtiyang ningali, botên patos-patos mastuk,ngantuk, amargi ngêntosi mêdalipun dhagêlan, kapengin badhe sumêrêp kadospundi banyolanipun. Malah sawênèhipun malih ngalilir saking ngantuk, dening mirêng lêluconing kyai dhalang ingkang kaembakakên wontên ing pawicantênaning dhagêlan têtiga wau, satêmah lajêng sami gumujêng. Samantên yèn sami kapranan. Langkung-langkung tumrap ing paringgitan tiyang, sanadyan botên dipun têrangakên ing ngriki, sagêd ugi para maos, kadhangkala wontên ingkang kasêngsêm amriksaningamriksani. ringgit tiyang, amargi kêtarik saking dhagêlanipun sami lucu sangêt.

Kados makatên punika botên nama anèh, awit tumrap kula piyambak inggih sagêd mastani bilih lêlucon punika sok sagêd adamêl gujêng, lan gujêng punika sagêd ambirat manah ingkang pinuju susah, dados inggih wontên paedahipun.

--- 580 ---

Mangsuli rêmbag ing nginggil, saking awisipun tiyang ingkang anggadhahi wônda lucu, kathah tiyang mastani bilih lucu punika bêktaning kodrat, têgêsipun pancèn pinasthi dados tiyang ingkang lucu makatên, tandhanipun botên gampil dipun tiru. Nanging sawênèhipun malih wontên ingkang mastani pulasan, inggih punika anggèning sagêd lucu wau jalaran kabêkta saking daya kaelokaning salah satunggalipun aji-aji, kados ta ingkang winastan aji: Sêmarmêndêm, aji Pangasihan, Pangirupan, tuwin sanès-sanèsipun,§ Yak, punika rak cêpênganipun tiyang ingkang badhe ngrèntèngi. Petruk. dados kabêkta saking brêkating ngèlmi-ngèlmi wau, sanajana tumrap tiyang ingkang pancènipun botên kêdunungan dhêdhasar lucu, waton kuwawi anglampahi inggih mêksa lajêng sagêd dados lucu. Bab ingkang kados makatên punika lêrês lêpatipun nyumanggakakên.

Ananging sawênèhipun tiyang malih wontên ingkang anggadhahi pamanggih makatên:

Yèn dipun petani ingkang saèstu, mênggah wontênipun sêsêbutan lucu ingkang asli wau kathah-kathahipun pinanggih wontên ing tiyang ingkang anggadhahi pambêkan adi makatên:

I. Botên dhiri, têgêsipun botên kumingsun.

II. Botên gadhah sakitan manah sabar, narimah.

III. Botên kumalungkung = botên ngungasakên.

IV. Botên ugungan = botên melik pangalêmbana.

V. Botên gumagus = botên anggunggung dhiri, upaminipun: sapa trêgasbrêgas. kaya aku, sapa andhèthèng, anjlonèt kaya aku tuwin sapanunggilanipun, ananging inggih botên isinan lan botên nguthuh.

VI. Botên gumaib, gumun, kumintêr, sumugih, sumakehan lan sapanunggilanipun.

Pramila tiyang ingkang kados makatên adhakan kinalulutan ing akathah, singa mulat sami kapranan ing manah sarta kapiluyu, ingkang lèrègipun mahanani pamanahan wêlas sarta asih dhatêng piyambakipun, sanajan sasrawungan wontên ing pundi kemawon, tangèh yèn ta anggadhahana manah kêmba, inggih punika wujudipun tiyang lucu ingkang sajati. Nadyan namung wontên ing pajagongan kemawon inggih mêksa sagêd adamêl rêna, lan sasolahbawanipun tansah dipun wigatosakên ing akathah.

Lajêng kêpasuking rêmbag, dinalih yèn anggadhahi rangkêpan bangsaning aji-aji kados kasêbut ing nginggil wau.

Dene kosokwangsulipun: tumrap tiyang ingkang pancèn botên anggadhahi dhêdhasar lucu, utawi marojol saking ungêl-ungêlan nêm prakawis wau sanajan pambanyolipun dipun kêtog supados ginujêng lan rinêsêpan ing akathah, nanging adhakan malah dipun gêthing, tangèh yèn pikantuka gujêng, nadyan dumunung ing pajagongan. Langkung-langkung upami kadadosna dhagêlan wontên ing paringgitan, bêgja-bêgjanipun pikantuk panggarunêng: ah, lêluconing dhagêlane ora mranani, kajaba kurang kulina, iya dhasar pancèn dudu trahing wong lucu, dadi katara saru pambanyole. Sabab dening kurang luwês, kèwês, gandês, dadi iya ora anduwèni êngês, … tuwin sapanunggilanipun. Makatên tumrapipun wontên ing kalangan ringgit tiyang

--- 581 ---

ingkang sampun asring-asring dipun yêktosi. Pramila bab kados andharan ing nginggil punika, sagêd ugi paedah tumrap tiyang ingkang kajibah dados tukang dhapuk ringgit, dados sagêd ragi pratitis mênggahing pamilih. Kajawi saking punika inggih wontên mungguhipun malih, dening wontên têtuladaning pambêkan sawatawis ingkang kalêbêt adi, minôngka gêgaraning pangudi murih kinarêsêpan ing akathah.

Sanès rêmbag manawi kados dhagêlan ing taman Kajawèn. Sanajan punika namung wujud karangan kemawon, mênggahing pamanggih kados prayogi dipun tiru, awit pambanyolipun botên nate saru, tur botên nyêrikakên manah, nanging ngangsali. Tandhanipun kula piyambak asring mirêng tiyang rêraosan makatên: salawase banyolane Garèng Petruk iki tansah mranani,§ Upami kula sagêd pinanggih kalihan priyantun ingkang ngandika makatên wau, botên badhe sêmang malih, kula mêsthi inggih lajêng mak jrèng ngaturi arta sêtangsul kemawon, namung… kula inggih kêdah dipun potongakên ayam. Petruk. lo botên ngumpak punika, lugu matur barès, mila tumrap kula piyambak inggih lajêng rumaos eman sangêt saupami ngantos dipun putungi kêkasih kula Kajawèn, sabab kèthèr pambayaranipun.

Wasana mênggah lêrês lêpating pamanggih ing bab kawontênaning tiyang ambanyol, kados ingkang kawahya nginggil wau nyumanggakakên para maos.

K. 1815.

Kawruh Sawatawis

Tulung Mênthung

Katêgêlanipun juru potang arta.

Têmbung tulung mênthung punika kalêbêt ing bêbasan Jawi, ingkang sampun limrah dipun sumêrêpi ing sabên tiyang. Mênggah têranging têgêsipun: tiyang têtulung, ing ngajêng andadosakên bingahipun ingkang dipun tulungi, wêkasan andadosakên ing kasusahanipun. Wujudipun tiyang nyambuti arta dhatêng ing sanès, sarana mawi sarêman ingkang awrat.

Manawi dipun pirid saking lampahing gêgramèn sarta tumindaking panggaotan, ingkang dados bakunipun punika bôndha. Para maos mugi sampun kasupèn, têmbung bôndha ing ngriki botên namung atêgês arta, nanging ingkang atêgês pawitan. Mênggah ingkang kenging kawastanan bôndha, sadaya kemawon ingkang gumêlêngipun sagêd angwontênakên panggaotan, kados ta: arta, bau sarta bêbakal (matêrial), pêperangan tigang warni punika sampun nyakup dhatêng kabêtahaning panggaotan, kajawi prakawis ingkang alit-alit, gumantung wujuding panggaotan.

Tiga-tiganipun sami dayan-dinayan, têgêsipun botên kenging gothang salah satunggal, kados ta: manggaota punika botên cêkap dumèh wontên artanipun kemawon. Amargi sanajan sampun wontên artanipun, manawi botên mawi bau [ba...]

--- 582 ---

[...u] suku utawi bêbakal, inggih botên sagêd tumindak. Makatên ugi kosokwangsulipun, sanajan bau sukunipun nyêkapi, manawi botên wontên arta sarta bêbakalipun, inggih botên sagêd mujudakên panggaotan.

Arta ingkang dados pawitaning panggaotan punika dipun wastani kalampahakên, ing pangangkah sagêda mindhak kathah dening angsal kauntungan. Indhakanipun punika ingkang dipun wastani bêbathèn. Saking ngèngêti kawontênan ingkang kados makatên punika, juru potang arta lajêng gadhah pamanggih, manawi arta ingkang dipun sambutakên punika dipun piridakên kalihan tumindaking arta ingkang kangge manggaota. Anggènipun purun nyambutakên ngangkah sagêdipun angsal bêbathèn, saya kathah sarêmanipun saya kathah bêbathènipun.

Pamanggihing juru potang ingkang kados makatên punika kalèntu, namung saking anggènipun ambalithuk kukum, nyirik têmbung sarêman sarta tukang potang. Amargi botên ngèngêti dhatêng sipating panggaotan kalihan lampahing motangakên. Sanajan arta ingkang kangge manggaota punika trêkadhang pikantukipun bêbathèn langkung kathah tinimbang kalihan ingkang dipun potangakên, ewadene ing pranatan mêksa ambedakakên, saking pancèn beda kawontênanipun.

Botên sadaya juru potang arta kenging dipun wastani tulung mênthung, saugêr botên sarana sarêman ingkang pancèn awrat, langkung saking pranatanipun. Kantor bang ingkang agêng-agêng, punika inggih dados papan pasambutan, ewadene saking sarêmanipun botên kathah, manut ing pranatanipun nagari, botên kenging dipun wastani tulung mênthung.

Juru potang ingkang mêndhêt sarêman kathah, punika dipun wastani woekeraar, têgêsipun tukang nyêrot, inggih punika nyêrot artanipun tiyang ingkang dipun sambuti. Lintah, punika padamêlanipun nyêroti êrahipun kewan sanès, mila inggih dipun wastani wukêr. Makatên ugi kêmladhehan, punika gêsangipun sarana nyêrot sarining tanêm tuwuh ingkang dipun dunungi, mila têtuwuhan punika ugi dipun wastani wukêr.

Têmbungipun entar, juru potang punika dipun wastani lintah dharat, têgêsipun lintah ingkang nyêroti manggèn wontên ing dharatan.

Satunggal-tunggaling nagari watêsing sarêman punika botên sami, bab punika gumantung saking kawontênaning panggaotanipun nagari ngriku lan wontênipun pawitan. Namung tumrapipun ing tanah ngriki, agêng-agêngipun sarêman punika namung 18 prêsèn ing sataun. Mirid punika, juru potang ingkang ngrèntênakên arta langkung saking samantên, inggih lajêng kenging dipun wastani tulung mênthung utawi wukêr. Ing Indhonesiah, tiyang ingkang ngrèntênakên arta punika kathah, inggih punika: Jawi, Singkèk, Arab lan sanèsipun. Punika sadaya anggènipun mêndhêt sarêman langkung saking mêsthi, ngantos langkah saking pranatanipun nagari. Agêng aliting sarêman punika botên masthi, ing satunggal-tunggaling panggenan beda-beda, manut ing kawontênanipun, inggih punika: kathahipun ingkang motangakên sarta kathahipun tiyang ingkang nyambut. Badhe kasambêtan.

Sa-ta.

--- 583 ---

Jagading Sato Kewan

Sêgawon

Sêgawon punika, tumrapipun dhatêng bôngsa Eropah, kenging kula criyosakên manjing dhatêng kalangênanipun, dados tumrap ing tanah Jawi ngriki saminipun pêksi prêkutut, pramila manawi sampun cocog, dhasar arta wontên, prakawis rêgi botên patos kamanah. Kayêktosanipun kula piyambak sampun asring nyumêrêpi wontên sêgawon ingkang rêginipun f 100,- f 200,- utawi langkung, malah ngantos rêgi f 1000,- pisan inggih wontên. Dados yèn makatên prakawis kalangênan, langkung têgês dipun wastani: kasênêngan, punika ngrika-ngriki sampun kemawon, wosipun namung ngêcèh-êcèh arta, pramila ingkang kirang mulat asring dhawah kasangsaya.

Sapunika tumrapipun dhatêng bôngsa kula Jawi, ingkang ngingah sêgawon ugi kathah, ananging lugunipun botên tumancêp ing manah, katôndha dhatêng awoning pamiyaran. Malah sêgawon punika limrahipun kangge pocapan awon, upaminipun tiyang mungêl: asu dhatêng liyan, punika makna ngawon-awon utawi kasêbut misuh. Ngulinakakên mungêl awon, agêngipun rêmên mêmisuh, saking pamanggih kula botên prayogi babarpisan, margi nadyan ingkang dipun pisuhi trimah, ewadene awonipun nampêk dhatêng badanipun piyambak, pramila lajêng mracihnani bilih badanipun piyambak asor ing bêbudènipun. Kula yêktosi, tiyang ingkang alus bêbudènipun ajrih mungêl-mungêl awon, agêngipun mêmisuh, margi mangrêtos manawi badhe ngasorakên badanipun piyambak lan langkung sumêrêp manawi manungsa punika kêdah anggêlar kasaenan.

Sapunika ambuktèkakên panganggêpipun dhatêng sêgawon awon wau. Punika pinanggih ing cêcriyosan tuwin dêdongengan kina, kados ta: Prabu Menakjingga ing Blambangan, punika mirid cêcriyosan rai sêgawon, wontên ing topèng dipun wujudi rai sêgawon. Malih, ing musium Majakêrta wontên rêca, ningali wônda lan pêpacakanipun satunggiling raja sinatriya, ananging rai pinêtha sêgawon, pramila katingal mrongos, punika saking kojahipun juru kunci rêcanipun Prabu Minakjingga kasbut. Rêca wau dados pamidhangan, pramila onah-onèh dening borèh, lan ing prênah suku ambaladêr sêkar campur bawur lan mênyan ingkang sampun kobong mêthuthuk kados gumuking rayap.

Mangsuli rêmbag prakawis Prabu Menakjingga rinêca rai sêgawon. Kintên kula saking karsanipun ratu ayu (Prabu Kênya) ing Majapait. Amargi Prabu Minakjingga satru kabuyutanipun sang ratu ayu, dados dhatênging dinamêl pêpêthan makatên wau: saking pangintên kula sang prabu baku awon ing panggalihanipun, ingkang suraosipun purun-purun nêrak dhatêng wêwalêring kasusilan, utawi saking namung kabêkta sêngkêling panggalihipun ratu ayu, ingkang makna ngasorakên. Punika namung kasumanggakakên.

Lajêng malih, kintên kula para maos têmtu ugi nate [na...]

--- 584 ---

[...te] dipun dongèngi para sêpuh. Ing kina tiyang ingkang dosa nindakakên lampah ingkang binasakakên: ngrusak pagêr ayu, inggih punika cluthak, liripun purun-purun ngrêsahi bojoning liyan. Punika manawi kadêngangan, pangadilanipun ingukum awrat, kinunjara lan namung dipun adhêpi dhêdhak kanthi dipun sandhingi toya, punika saking têgêsipun sampun dipun rêngkuh sêgawon.

[Grafik]

Prabu Menakjingga

Panjang-panjanging rêmbag lajêng kèngêtan tiyang Kalang. Kasbut ing dongèng têdhak turuning sêgawon, punika saking gagasan kula têka inggih botên pinanggih nalar. Saking pangintên kula têmbung Kalang wau inggih lugu saking têmbung kalangan (ngulandara) punika manawi dipun gagapi ing cêcriyosan jaman kina ing kabudan ragi gathuk, larasipun makatên: tiyang Kalang punika turunipun tiyang ingkang gêsangipun midêr kêkalangan, têgêsipun botên têtêp padununganipun jalaran baku kaplêsit nalika wontên paprangan utawi pancèn dipun tampik kêmpal dhatêng kathah-kathahipun, ananging rèhning wontên cêcriyosan anggêpok turuning sêgawon, dados kintên kula baku tiyang ingkang botên purun tundhuk dhatêng agami. Punika mirid Sêrat Pustakaraja Purwa, ing sangajênging jumênêngipun Sri Maharaja Kano têtiyang Jawi kacariyos tatananipun sarupi kewan, dados cêkak anggènipun jêjodhoan isbatipun kados sêgawon. Sinarêng jumênêngipun Sri Maharaja Kano lajêng wiwit kapranata mawi agami Buda, lan sakala punika cinariyos wiwitipun tiyang Jawi mangrêtos udanagari, tatakrama lan sasaminipun. Rèhning têmtu wontên golongan ingkang botên manut, dados inggih golongan punika ingkang kintên kula lêluhuring têtiyang Kalang dumugi sapriki punika, margi golongan wau têmtu misah salami-laminipun, jalaran botên purun nunggil laras, punika sampun têmtu gêsangipun ngulandara midêr kêkalangan, makatên pangathik-athik kula piyambak, margi kèngêtan sawênèhing sarjana ingkang nglari asalipun bôngsa Kalang marsitakakên manawi lêluhuripun tiyang Kalang punika bôngsa sudra, môngka punika kula tampi bôngsa ingkang nglêmpara margi botên tunggil laras adat tatacaranipun wau. Badhe kasambêtan.

Sumadi. Pangarasan.

--- 585 ---

Bab Kasusastran Jawi

Kônca-kancane.

Sambêtipun Kajawèn nomêr 36.

Nglajêngakên atur kula bab têmbung kônca-kancane. Ing ngriku dayanipun panambang e namung dipun kengingakên ing têmbung ingkang wêkasan, dados têmbung ingkang wiwitan nama kalis. Umumipun ingkang têmbungipun kawitan têrang kalis ing panambang e, punika têmbung camboran, upaminipun:

Sôngga uwang - sôngga uwange

Sunduk kili - sunduk kiline

Gôndarukêm - gôndarukême

Sarèhning rêmbag punika angrêmbag swara, lagu, utawi dhongdhing sapiturutipun, dados anggèn kula pados pasaksèn inggih namung angèngêti watak-watakipun swara. Sasumêrêp kula têmbung utawi ungêl-ungêlan ingkang ingatasipun swara sami watakipun kalihan têmbung camboran, punika têmbung dwilingga salin swara, inggih punika swara a (a) ingkang kathah-kathah dumunung wontên ing ngajêng, upaminipun: ingkang dwilingga salin swara.

Kliru - klira-kliru.
Bali - bola-bali
Manthuk- monthak-mantuk
Ingkang camboran:
Kana kene
Sapa aruh
Anak bojo
Garwa putra

Dados saking panggrayangan kula lagu ingkang sami kula angge ngungêlakên têmbung: kônca-kancane, punika lagu sambutan, nanging clandestien, pêtêng, botên absah, nyambut dhatêng lagunipun têmbung dwilingga salin swara utawi têmbung camboran. Wontênipun ngantos nyambut, utawi sarèhning pêtêng, kenging dipun wastani nyêlêr lagunipun têmbung camboran utawi têmbung dwilingga salin swara wau, sakawit ingkang marahi têmtu têmbung-têmbung ingkang musabiyat: purun dipun golongakên dhatêng têmbung dwilingga salin swara, sarta inggih botên suthik kakêmpalakên kalihan têmbung dwilingga limrah. Upaminipun têmbung beda-bedane, golongan ing ngandhap punika:

Klera-klèrune panômpa,

Wolak-waliking jaman,

Beda-bedaning panêmu.

Awit saking punika atur kula, manawi pancèn wontên raosipun dwilingga salin swara, inggih ngangge lagu ingkang dumunung wontên ing têmbung: kônca-kancane. Kosokwangsulipun manawi namung dwilingga limrah: inggih ngangge lagu: kanca-kancane.

Ewadene kula sumôngga.

Cah Klathèn.

--- 586 ---

Bab Ringgit

Radèn Dewabrata inggih Rêsi Bisma

Radèn Dewabrata inggih Rêsi Bisma ugi Radèn Biwara, punika putranipun Prabu Santanu nata ing Ngastina, ingkang lajêng jêjuluk Bagawan Santanu. Radèn Dewabrata dipun tilar seda ingkang ibu nalika taksih bêbayi. Sasedaning ibu lajêng dipun bêkta dhatêng Wiratha, kasêsêpan Dèwi Gôndawati, garwanipun Rêsi Parasara, saha salajêngipun sarêng Dèwi Gôndawati kagarwa Prabu Santanu, Radèn Dewabrata lêstantun wontên ing Wiratha. Anggènipun Radèn Dewabrata jêjuluk Bisma, saking pêparingipun Sang Hyang Bisma, saha sasampunipun jêjuluk Bisma, Sang Hyang Bisma lajêng anitisi.

[Grafik]

Radèn Dewabrata

Sasedanipun Prabu Dipakeswara, nagari Ngastina kaparingakên dhatêng Bagawan Santanu malih, ingkang kala punika sampun jumênêng raja pandhita ing Talkôndha. Dene Radèn Dewabrata ingkang sumilih dados raja pandhita ing Talkôndha, jêjuluk Rêsi Bisma.

Radèn Dewabrata kagungan sadhèrèk tunggil rama sanès ibu, miyos saking Dèwi Gôndawati, 1. Radèn Citranggana, sarêng jumênêng nata ing Ngastina jêjuluk Prabu Citranggada, 2. Radèn Citrasena tuwin 3. Dèwi Bandadari. Sarêng sampun diwasa, Rêsi Dewabrata katantun krama, nanging aturipun mopo, wusana ingkang rama namung dhawuh supados madosakên jodho ingkang rayi kêkalih.

Rêsi Dewabrata lajêng pinanggih Rêsi Abiyasa dhatêng Saptarga, matur manawi dipun utus ingkang rama madosakên jodho ingkang rayi kêkalih, ingkang sami putraning ratu. Rêsi Abiyasa paring pitêdah supados angêdêgana sayêmbara dhatêng praja Giyantipura, ing ngriku wontên putri têtiga ingkang sami putranipun nata ing Giyantipura, tunggil ibu mêdal sarêng sadintên, nama Dèwi Amba, AmbakaAmbika. tuwin Ambalika. Ananging putra têtiga wau gadhah sadhèrèk awarni danawa, nama Arimuka, kadadosan saking ari-ari, tuwin ditya wau kadadosan saking kawah, tuwin taksih wontên sanès-sanèsipun. Sintên ingkang sagêd ngawonakên ditya wau sakadangipun, pinasthi dados jodhonipun putri têtiga wau.

Kalampahan Rêsi Dewabrata lajêng dhatêng nagari Giyantipura, sagêd ngawonakên para ditya sadaya. Sarampunging damêl saking kaparêngipun Prabu Darmamuka, inggih punika nata ing Giyantipura, putri têtiga kaparingakên, Dèwi Amba kadhaupakên kalihan Rêsi Dewabrata, Dèwi Ambika

--- 587 ---

badhe kaparingakên Prabu Citranggada tuwin Dèwi Ambalika kaparingakên Radèn Citrasena. Rêsi Dewabrata rumaos pakèwêd badhe nampik kaparêngipun Prabu Darmamuka, kalampahan dhaup kalihan Dèwi Amba, nanging namung kangge nyakecani galih kemawon, awit Rêsi Dewabrata nêdya wadat. Enjingipun Rêsi Dewabrata nyuwun pamitan kanthi ambêkta Dèwi Ambika kalihan Dèwi Ambalika. Sapêngkêripun Rêsi Dewabrata, garwanipun inggih punika Dèwi Amba, anututi, nêdya andhèrèk. Rêsi Dewabrata adhawuh supados wangsul benjing kemawon manawi sampun dumugi Ngastina badhe dipun pêthuk, nanging Dèwi Amba adrêng nêdya andhèrèk. Sarêng sang dèwi adrêng badhe andhèrèk, Rêsi Dewabrata ngajrih-ajrihi sarana ngêmbat-êmbat jêmparing. Nanging jêmparing wau lumêpas sayêktos, angengingi Dèwi Amba, seda, layon muksa kalihan tilar swara: hèh, Dewabrata, kowe mêgad trêsnaku, besuk prang Bratayuda, aku bakal malês ing kowe, aku nitis marang putri Cêmpala aran Dèwi Srikandhi, ing kono kang prayitna. Ing ngriku Rêsi Dewabrata rumaos piduwung ing galih.

Sedanipun Bagawan Santanu, Rêsi Dewabrata kajumênêngakên parampara, saha lajêng anjumênêngakên nata Rêsi Abiyasa wontên ing Ngastina, jêjuluk Prabu Krêsna Dwipayana. Salajêngipun Rêsi Dewabrata dumugining jaman Pandhawa lan Korawa, saha jumênêng guruning Pandhawa lan Korawa. Nanging danguning dangu sanadyan Rêsi Bisma punika ing galih awrat dhatêng Pandhawa, nanging sarèhning winêngku ing nanaNata. Ngastina, katingalipun kados sêsêpuhing Ngastina.

Nalika prang Bratayuda, Rêsi Bisma têtêp dados sêsêpuhing Ngastina, saha kajumênêngakên senapati pisan wontên ing paprangan. Sang rêsi pancèn pinunjul ing prang, sanyata dados guruning Pandhawa Korawa, mila nalika ngêdali ing paprangan, adamêl kêkêsipun golongan Pandhawa. Gêlaripun pêrang Bisma wukir jaladri, ingkang kangge pindha karang gajah. Alun para nata, bala minôngka toya, mêngsah prajurit Pandhawa, ingkang dipun senapatèni Radèn Seta. Sang rêsi tansah unggul ing pêrang, sagêd nyirnakakên para putra Wiratha. Sarêng senapati prajurit Pandhawa santun Radèn Drêsthadyumna, gêlaripun Rêsi Bisma santun kagapati. Nalika Rêsi Bisma badhe dipun cakra nata Dwarawati sakalangkung bingah, awit badhe manggih kasampurnan, nanging lajêng dipun pèkpênggak.

dening Arjuna. Sarêng Rêsi Bisma prang tandhing kalihan Dèwi Srikandhi, karaos uwas ing galih, awit sampun mangrêtos bilih punika ingkang dados jalaraning tiwas, wusana kataman jêmparingipun Dèwi Wara Srikandhi. Pandhawa lan Korawa sami nungkêmi, Rêsi Bisma taksih ngantak-antak minta toya, dipun aturi dening Korawa botên karsa, mundhut toya saking Arjuna, lajêng dipun aturi toya kumbahaning jêmparing, sarêng dipun unjuk lajêng seda. Layon dipun mulyakakên dening Prabu Yudhisthira tuwin Arjuna.

--- 588 ---

Padamêlan Kriya

Tumrapipun bôngsa Jawi, sarêng ngambah ing jaman ingkang dipun wastani jaman kamajêngan, tumindaking padamêlan kriya kenging dipun wastani lajêng kêsingkur. Wontênipun makatên, awit lajêng ngrumaosi, bilih kamajêngan punika namung dumunung wontên ing tiyang ingkang ulah sastra. Môngka manawi ngèngêti ajining kagunan, sanadyan kapiridna ing jaman kina pisan, padamêlan kriya punika inggih sampun dipun aosi, kados ta pandhe, sayang, tukang batu, undhagi (tukang kajêng). Malah tumraping undhagi, wontênipun ing karajan Jawi, ngantos dipun wontênakên bupatinipun, punika nandhakakên bilih kagunan wau nama kagunan yêktos.

[Grafik]

Wontênipun padamêlan kriya punika sajak botên dipun wigatosakên, kajawi ing sakawit gadhah pangraos asor, ugi gadhah pangraos, bilih padamêlan wau sanès wajibing sabên tiyang, awit tiyang ingkang sagêd nindakakên padamêlan kriya punika namung turuning bôngsa kriya, punika nyatanipun pancèn inggih makatên.

Nanging sarêng wontên pamulangan kriya, pangintên makatên wau lajêng wiwit suda, awit nyatanipun, pamulangan wau botên mawi pilih lare, inggih anakipun sintên kemawon, manawi pancèn sagêd katampèn inggih dipun tampèni.

Pamulangan wau nalika sawêg tumindak sawatawis taun, kenging dipun wastani, para murid-muridipun namung saking golongan andhap, tumraping putranipun para priyantun, lôngka sangêt dipun sêkolahakên mriku.

Pamulangan kriya tiyang siti punika limrahipun namung nyinau pandhe utawi kriya (tukang bêsi kalihan tukang kajêng), pasinaonipun dipun tuntun dening guru ahli. Samêdalipun saking pamulangan wau, mênggah caraning pados têdha, lajêng sagêd tumindak kanthi sakeca, awit lajêng sagêd pados têdha botên sarana wontên ing pangengeran.

Nalika jaman kawan wêlas taun sapriki, ing Madiun wontên pandhe ingkang mawi masang namanipun wontên sangajênging pandhean, ingkang suraosipun,

--- 589 ---

pandhe mawa partisara (dhiplomah), nanging tumraping ngakathah dèrèng sumêrêp kajêngipun. Wusana têtiyang inggih lajêng mangrêtos nitik saking saening yasanipun.

Dangu-dangu padamêlan kriya punika saya dipun ajêngi ing ngakathah, lan têtiyang lajêng mangrêtos dhatêng ajining kagunan wau. Dene dumuginipun ing jaman sapunika, sintêna kemawon sagêd nyatakakên dhatêng barang yêyasanipun para murid pamulangan kriya, inggih punika kalanipun wontên têtingalan pasar malêm sapanunggilanipun. Ingkang barang kajêng, dêdamêlanipun botên beda kados dêdamêlanipun tukang kajêng bôngsa Tionghwa, kados ta meja kursi sapanunggilanipun. Tumraping tukang bêsi inggih sampun ônja dêdamêlanipun, kados ta sagêd damêl kareta dhokar.

[Grafik]

Sintên ingkang nyumêrêpi dêdamêlanipun tiyang siti ingkang kados makatên punika ngalêmbana, tuwin sagêd mastani agênging pigunanipun, awit sagêd ngintên, gêsanging tanganipun tiyang sagêd dhatêng padamêlan kriya, punika gampil kangge sarana pados têdha.

Wulangan ingkang dipun tindakakên wontên ing pamulangan wau, tansah mindhak-mindhak, sadaya dipun udi saya sampurnanipun. Dalah padamêlan anam-anam ugi dipun wulangakên, malah tumraping padamêlan anam-anam kursi panjalin, ingkang limrahipun dipun tindakakên dening bôngsa Tionghwa, limrahipun dipun wastani tukang kursi rotan, ugi dipun wulangakên. Ingkang sapunika sampun katingal, dêdamêlanipun murid pamulangan patukangan ing Tasikmalayah, kados ingkang kawujudakên ing gambar. Nama sampun sae.

Barang-barang wêdalan pamulangan patukangan, punika ugi wontên ingkang kasade. Ingkang tumindak ing pamulangan patukangan tiyang siti ing Batawi, kathah tiyang mêling barang dêdamêlanipun para murid, rêginipun miring, pandamêlipun rikat, awit tumindaking damêl kanthi katiti ing guru. Cara ingkang makatên punika ugi mêwahi kawruhipun ing bab caraning panyade.

Ing sapunika kados para têtiyang siti sampun kêbuka ing manah dhatêng ajining kagunan wau, awit mangrêtos dhatêng aji ingkang sagêd nocogi kalihan jamanipun.

--- 590 ---

Pêthikan saking Sêrat-sêrat Kabar Sanès

Indhonesiah

Persaudaraan wiwit awoh.

Persaudaraan, inggih punika pakêmpalanipun para guru wêdalan normal sêkul, ingkang katuntun dening sadhèrèk Mas Supardi ing Purwakrêta (Banyumas) wiwit wulan Mèi punika sampun sagêd mitulungi dhatêng para warganipun, sarana nyambuti arta ingkang anakan sarta cicilanipun mayar sangêt. Sampun wontên warga 11 ingkang angsal pitulungan (P).

Dêrma Mêrapi.

Saking ada-adanipun para warga pakêmpalan: Budi Marga Rêtna ing Padhang, inggih punika pakêmpalanipun para militèr Jawi sampun mainakên ringgit tiyang. Lampahanipun Pêrgiwa Pêrgiwati, wontên kamar bolah Pordhêkok. Angsal-angsalan rêsik f 302 langkung sakêdhik. Mainipun dipun padhegani dening Litnan Denninghof-stelling. Mainipun botên nguciwani punapa malih jogèdipun Prahastha kalih Anila, pêrang Bugis, Petruk lan Garèng. Bab punika ugi kêgolong sumêbaring kagunan Jawi wontên ing tanah sabrang. (S)

Pamulangan luhur tèhnik.

Radèn Agus Prawiranata, Ibrahim, Pangeran Mohamad Jahir saha Radèn Sumarjana angsal iksamênipun insinyur.

Konggrès P.S.S.I.

Benjing tanggal 21 dumugi 24 Mèi ngajêng punipunika. Persatuan Sepakraga Seluruh Indonesia ngawontênakên konggrès wontên ing Surakarta.

Kêmis tanggal 21 Mèi: pêpanggihanipun para ingkang sami tumut konggrès saha pangrèh agêng P.S.S.I. tuwin tamu-tamu, wontên ing dalêmipun Radèn Ngabèi Rêksahartana ing kampung Kapatihan. Mawi wirèng, sumbangan saking kraton.

Jumuwah tanggal 22 Mèi parêpatan tutupan, wiwit jam 8 enjing, wontên ing abipraya. Jam 4-6 sontên, têtandhingan bal-balan wontên ing alun-alun kidul (Surakarta-Ngayogya). Jam 8 dalu, parêpatan tutupan ingkang kaping kalih, wontên ing abipraya.

Sêtu tanggal 23 Mèi jam satêngah wolu enjing mlêbêt kraton, ningali pamulangan Pamardi Putri, pamulangan Kasatriyan, Mambangul Ngulum, mêsjid Agêng, klinik Kadipala, griya miskin Wangkung, intêrnat absara, pabrik sigarèt priyayi, museum, lajêng dhatêng Sriwêdari. Jam 4-6 sontên, têtandhingan bal-balan wontên ing alun-alun kidul (Ngayogya - Bêtawi). Jam 8 dalu, parêpatan umum wontên ing abipraya.

Ngahad tanggal 24 Mèi enjing, manawi prêlu, parêpatan tutupan wontên ing abipraya. Jam 4-6 sontên, têtandhingan bal-balan (Bêtawi - Surakarta). Dalunipun nampèkakên bèkêr dhatêng ingkang mênang.

Têdhak dalêm Kangjêng Tuwan Ingkang Wicaksana.

Kala tanggal 7 Mèi ingkang kapêngkêr Kangjêng Tuwan Ingkang Wicaksana Gupêrnur Jendral saking Kudus têdhak dhatêng Sêmarang, dipun dhèrèkakên Residhèn Kudus saha Bupati Dêmak. Enjingipun têdhak mriksani papan pangupakara tiyang sakit leprah ing Palantungan.

Partai Indonesia.

Benjing pungkasanipun wulan punika Partai Indonesia badhe ngawontênakên parêpatan pangrèh propagandhah wontên ing Bêtawi. Ingkang badhe mêdhar sabda Tuwan Mr.Sartana tuwin sanès-sanèsipun.

Persatoean Indonesia.

Persatoean Indonesia, organipun P.N.I. samangke ingkang gadhah Nyonyah Sukarna. Sêrat kabar wau badhe dipun dadosakên sêrat kabar minggon. Kajawi punika ugi badhe dipun wêdalakên mawi basa Sundha, ing Bandhung, saha mawi basa Malayu, ing Bêtawi. Salajêngipun badhe dipun dadosakên sêrat kabar dintênan.

Polêk kredhit bang enggal.

Kala tanggal 29 April ingkang kapêngkêr ing pandhapi Kabupatèn Trênggalèk dipun wontênakên parêpatan, ngrêmbag bab usul badhe ngadêgakên polêk kredhit bang. Ingkang sami rawuh: ingkang bupati, asistèn residhèn, insêpèktur saha kontrolir sentralê kas tuwin sanès-sanèsipun.

Sampun dangu têtiyang ing kitha wau sami ambêtahakên bang piyambak, mila inggih kathah ingkang sami kapêksa nyambut arta dhatêng Bank Nasional Indonesia ing Surabaya. Ing bab punika ingkang bupati botên kêkilapan, kalampahan wawan rêmbag kalihan sentralê kas. Sentralê kas anocogi sêdyanipun ingkang bupati, inggih punika supados ing rêgènsêkap Trênggalèk dipun wontênakên polêk bang piyambak.

Usul ngadêgakên polêk kredhit bang kasêbut ing nginggil katampi. Kangge sawatawis môngsa pangrèhipun inggih punika: pangarsa, bupati, panitra, tuwan asistèn residhèn, warga, lan bokonsulèn, jaksa tuwin satunggiling pènsiunan mantri guru ing ngriku.

--- 591 ---

Poliklinik enggal ing Madura.

Dèrèng dangu insêpèktur pakaryan kasarasan ing Surabaya wangsul saking anggènipun tindak insêpèksi dhatêng Madura. kados ing rêgènsêkap sanès-sanèsipun, ing ngrika ugi badhe dipun wontênakên poliklinik, inggih punika ing rêgènsêkap Sumênêp 3. Ing rêgènsêkap Bangkalan 1 (ing Sêpulu) saha ing rêgènsêkap Sampang 1 (ing Kêtêgan).

Propesor Mr. B. ter Haar.

Wiwit benjing tanggal kaping 20 wulan punika propesor Mr. B. ter Haar, guru agêng ing pamulangan luhur pangadilan ing Bêtawi, kaparêngakên pêrlop dhatêng Eropah, laminipun wolung wulan.

Kursus dagang.

P.G.H.B. pang Jêmbêr dèrèng dangu ngadêgakên kursus dagang (dagang barang alit-alitan), manggonmanggèn. wontên ing gêdhongipun H.I.S. Mardisiswa. Saminggu dipun wontênakên kaping kalih, laminipun sataun.

Adpokat jendral enggal.

Tuwan Mr. J.R.L. Jansen, opsir pan justisi ing Bêtawi, kawisudha dados adpokat jendral ing Hooggerechtshof.

Rad kawula enggal.

Kala malêm Ngahad ingkang kapêngkêr kantor panyêteman rad kawula ngawontênakên sêteman malih tumrap kiskring XI Maluku. Ingkang katêtêpakên kapilih inggih punika Tuwan De Queljoe.

P.S.I.I.

Dèrèng dangu Tuwan A.M. Sangaji tindak dhatêng Sumatra Kidul, prêlu damêl propagandhah. Kalampahan ing Mênggala, Kotabumi, Kruwe, Muaradhua saha Palembang dipun adêgakên pang P.S.I.I. Kajawi punika ing Rano saha ing Palembang dipun adêgakên pang Madjelis Oelama Indonesia. Kala tanggal 5 Mèi Tuwan Sangaji wau anglajêngakên tindakipun dhatêng Palembang nginggil, lajêng dhatêng Gêdhong Tatakan.

Residhèn Bangka.

Tuwan M. Hamerster, ing samangke asistèn residhèn ing Mênadho, kawisudha dados residhèn ing Bangka tuwin wêwêngkonipun.

Residhèn Timor.

Tuwan E.H. de Nijs Bik, samangke asistèn residhèn ing Groot Atjeh, kawisudha dados residhèn ing Timor tuwin wêwêngkonipun.

Asistèn residhèn Biliton.

Tuwan J.M.H.L. de Wilde Deligny, kawisudha dados asistèn residhèn ing Bibliton, suwau asistèn residhèn ing Padhang.

Eropah.

Sopyèt ngukum kisas dhatêng tiyang gadhah labêt.

Helsingfors 8 Mèi (Aneta-Nipa). Wontên kaptin kapal pamêcah ès nama Yoggi badhe kaukum kisas dening parentah Sopyèt ing Archangelsk. Yoggi wau dados pangagênging kapal Krassin saha mêntas nindakakên têtulung dhatêng angkatan lampah Nobile. Wontênipun badhe kaukum kisas, amargi kalêpatan sêsrawungan kalihan mêngsahipun Sopyèt. Sarèhning Yoggi golongan bôngsa sanès, Sopyèt sampun suka sumêrêp dhatêng ingkang wajib ing bab badhe pangisasipun Yoggi.

Pawartos saking Rêdhaksi

Lêngganan nomêr 4003 ing Sidaharja, Masaran, Akad Paing tanggal 14 Sura Ehe 1820 lêrêsipun tanggal 15, dhawah tanggal 31 Agustus 1890.

Lêngganan nomêr 3658 ing Magêlang. Kêmis Pon ing wulan Dhesèmbêr 1903 dhawah tanggal 3, Jawi 13 Siyam Be 1832.

Lêngganan nomêr 5232 ing Bandhung. Kêmis Paing ing wulan Sura Alip 1843 dhawah 19 Dhesèmbêr 1912. Tanggal 2 Januari 1909 dhawah dintên Salasa Kliwon.

Lêngganan nomêr 3959 ing Sêmarang. Tanggal 16 Nopèmbêr 1891 dhawah Sênèn Wage, botên Ngahad Pon, Arab tanggal 13 Rabingulakir 1309 Jawi 13 Rabingulakir Jimawal 1821 wuku Julungwangi, môngsa kanêm tumindak wolung dintên. Ngahad Wage tanggal 25 Marêt 1917 inggih 1 Jumadilakir 1847 dhawah wuku Kuningan, môngsa kasanga tumindak 25 dintên.

Lêngganan nomêr 2099 ing Surakarta. Salasa Wage tanggal 13 Jumadilakir Alip 1835 dhawah wuku Gumbrêg, môngsa kalih tumindak 14 dintên tanggal 15 Agustus 1905.

Pawartos saking Administrasi

Lêngganan nomêr 1705 ing Banjarnagara. Sampun dados panggalih, administrasi ingkang lêpat. Pambayaran panjênêngan kalêbêt dhatêng lêngganan sanès ingkang nunggil asma kalihan panjênêngan, nanging sapunika sampun kalêrêsakên, sarta Kajawèn inggih sampun kakintun.

Lêngganan nomêr 2322 ing Tabanan. f 3.- punika tumrantumrap. wulan Marêt, dumugi Ogustus 1931, dados manawi panjênêngan nampi blangko, punika lêpatipun ingkang ngintunakên (kenging kagêm sanès kuwartal).

Lêngganan nomêr 924 ing Sidarêja. f 1.50 ingkang nêmbe kula tampi, tumrap kuwartal 3.

--- 592 ---

Wêwaosan

Dhêndhaning Angkara

9.

Sang prabu rumaos kajudhêgan panggalih, wusana pêpuntonipun namung badhe ngantêp sang putri, kaparênga milih dhatêng nata môncapraja wau salah satunggal. Kalampahan sang prabu kapanggih sang putri wontên ing kradèn ayon, saha lajêng dhawuh makatên: Nini, yèn sira wêlas marang prajanira, sira nuli kramaa, êndi nata môncapraja kang kokarêpake, ingsun kang bakal minangkani.

Sang putri ingkang salaminipun ambêg prasaja, ing kalanipun midhangêt dhawuh pangandikanipun sang prabu, botên pisan-pisan kagèt ing panggalih, lajêng matur makatên: sajatosing palakrama punika botên kenging lajêng katindakakên saking pamiyagahing liyan. Sakalangkung anggèn kula manah sirêping rêrêsah ingkang ngêpang praja, awit kula ngrumaosi manawi kula sagêd adamêl sirêpipun. Nanging mênggahing pamanahan kula, sirêpipun wau botên badhe sagêd adamêl katêntrêman, awit kabatosaning para nata sanès, ingkang botên kalêgan ing galih, tamtu saya kobar andados. Bab punika kemawon sampun ngawontênakên pamanahan kados makatên. Saya malih tumrapipun badan kula, dèrèng wontên wawasan ingkang dados panujuning manah, dados saupami kula anglampahanglampah. jêjodhoan ingkang botên tuwuh saking manah kula piyambak, punika kula sasat maha niksa dhatêng badan kula, kêpêksa manggèn salêbêting pasiksan, ingkang kêdah kula lampahi ing salami-laminipun.

Hêh, ngracike gunêmira iku nganti kaya wong nini-nini. Nanging kapriye manèh, kabèh-kabèh wis winêngku ing jamane, rumagange pikiranira iku wus kanthi dhêdhasar kasantosan, kanyataane bakal anjog marang kautaman, wênang ingsun amênggak mung manawa sira nêmaha marang tindak luput. Nanging sarèhning ingsun iki wong atuwanira, ing salawase ora bakal lèrèn-lèrèn, mung tansah ngudani pitutur, kang kanthi wawasan bêcik. Kaya-kaya mokal saupama nata môncapraja iku ora ana kang dadi panujuning atinira, dadi anggonira darbe pamikir durung ana kang dadi panuju, iku mung saka anggonira darbe ambêg gumêdhe, ngasorake sapadha-padha. Dene kasamaranira lêlakon kang bakal tinêmu ing têmbe buri, iku mung tuwuh saka pangira. Pangiranira kang mangkono iku, manawa sira bacut-bacutake, mung bakal nuwuhake pakewuh ing salawas-lawase, lôngka bisane nêmu kasênêngan.

Nalika sang prabu pangandikanipun dumugi samantên, lajêng kandhêg ing galih, dening nguningani sang putri muwun, wusana lajêng jêngkar kanthi tilar pangandika: Salawase sira sabên ingsun pituturi mung nyundhul tangis kang agawe kandhêging galih ingsun, hêm.

Sapêngkêripun sang prabu, sang putri namung lênggah tumungkul kalihan ucêk-ucêk tingal ingkang pindha sêsotya kinum ing toya, gêbyaripun namung surêm sawatawis, saicaling waspa, soroting tingal malah gumêbyar anêlahi, calorotipun sagêd damêl tatasing manah santosa. Wusana lajêng dipun kudang ing êmbanipun: Dhuh gustiku, dhuh gustiku. Eman sulistyaning warni panjênêngan manawi ngantos kamoran tangis, sanadyan tangis wau botên badhe ngucêmakên dhatêng sulistyaning warni, nanging pun biyung gadhah manah sumêlang, dening tangis punika dados sasmitaning panggalih sêdhih. Dhuh gusti, putri ayu, sampun sok muwun, jagad mindhak katingal surêm. Gusti sampun sok mèncêp-mèncêp, mêmanis panjênêngan mindhak saya ulêng-ulêngan.

Sang putri sarêng mirêng pangudangipun bok êmban, lajêng ngandika kamoran gujêng: Kowe yèn ngudang nganti kaya ngudang mênyang bocah cilik. Yèn dirungokake wong liya, aku rak isin.

O, gusti, pun biyung sampun kêpatuh, saking botên kêmba ngêngudang dhatêng putri ayu, sanadyan andrêmimila wêwulanan, manawi ngudang panjênêngan, badhe botên mênirên, dhuh putri ...

Uwis, biyung.

Sasampunipun ngandika makatên, sang putri lajêng jumênêng badhe tindak dhatêng patamanan. Kala samantên nuju wanci sontên, padhanging siyang sampun koncatan bêntèr, nanging soroting srêngenge taksih atilar cahya wontên ing têmbing kilèn, manukma dados candhikala, sang putri botên saèstu miyos dhatêng patamanan, namung ngungak wontên ing jandhela anadhahi sunaring candhikala ingkang raras gêbyaring cahya jêne, tumêmpuhipun dhatêng sariranipun sang putri, kados tarunging cahya arêbat unggul, nanging satêmah malah nunggil kados rêmbulan koncatan mega, katingal ngalela adamêl judhêging manah.

Ing batos sang putri anggunggung sarira, malah lajêng kawiyos pangandikanipun: Sapa kang kuwat nyawang gumêbyaring awakku kang kaya rêmbulan iki.

Kibiripun sang putri ingkang samantên wau sanalika manggih piwêlèh, ing ngriku sumêrêp, Abdullah ingkang nuju katingal lêledhang wontên ing patamanan, bagusipun ngalela awijang, kados tiyang lêlumban adus satêngahing cahya candhikala, ngantos kados ical dipun kêdhèpakên. (Badhe kasambêtan)

--- [0] ---

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]

--- [0] ---

Ôngka 39, 27 Bêsar Taun Jimawal 1861, 16 Mèi 1931, Taun VI

Kajawèn

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]

--- [593] ---

Ôngka 39, 27 Bêsar Jimawal 1861, 16 Mèi 1931, Taun VI

Kajawèn

Kawêdalakên sabên dintên Rêbo lan Sabtu

Rêgining sêrat kabar punika ing dalêm tigang wulan ... f 1.50, bayaranipun kasuwun rumiyin, botên kenging langganan kirang saking 3 wulan.

Juru ngarang - administrasi Bale Pustaka, ing sawingkinging kantor palis, tilpun nomêr 2791 - Bêtawi Sèntrêm.

Ngobrol ing Dintên Sabtu

Bibaripun P.N.I. Tuwuhipun P.I.

Wah, dèrèng-dèrèng kula têka sampun: dhêg-dhêgan, badhe angrêmbag prakawis ing nginggil punika, sababipun botên punapaa, jalaran mênggahing kula, manawi ciluk bah, lajêng papagan punapa-punapa ingkang slênthang-slênthing ragi mambêt dhatêng politik, punika dèrèng-dèrèng, cara bantinganipun makatên, ujug-ujug kêdah sampun mungêl: ê ... mbèk, amila panuwun kula dhatêng para maos sadaya, mugi-mugi sampun amanggalih, bilih kula badhe campur, punapadene anggêbyur dhatêng politik, wèh, punika rak nama sumêngka pangawak braja. Punapa malih ngrêmbag pulitik ingkang inggil-inggil, botêna badhe kocar-kacir, sawêg angrêmbag pulitiking griyanipun piyambak kemawon, mêksa sampun koprot-koprot. Dene ingkang badhe kula andharakên wontên ing udyana Kajawèn ngriki, namung pamanggihipun sawênèhing tiyang mênggahing bibaripun pakêmpalan P.N.I. ingkang lajêng kagantos dening pakêmpalan enggal P.I., lo, punika anggènipun adamêl pêpandhingan têka sok lucu, nanging punapa pandhinganipun punika mathuk utawi botên, kula nyumanggakakên dhatêng para maos. Amrih cêthanipun tumrap para maos, mênggah mulabukanipun, dene pakêmpalan P.N.I. kabibarakên, ing ngriki kados prêlu kacariyosakên sawatawis.

Pakêmpalan P(artai) N(ational) I(ndonesia) punika namaning pakêmpalanipun para kawula Indhonesiah, ingkang warganipun sampun ewon kathahipun. Dèrèng dangu punika panuntunipun pakêmpalan, cacahipun sakawan, sami kadhawahan paukuman ing pangadilan. Mênggah kalêpatanipun panuntun sakawan wau, dene têka kadhawahan paukuman, botên prêlu kacariyosakên ing ngriki, sabab mindhak anggugah ... krêmi kemawon. Sarêng para gembong-gembong sakawan kasbut nginggil kadhawahan paukuman, para panuntun tuwin warga sanès-sanèsipun, ing sêmu lajêng wontên ingkang sami kêmba saha lajêng amrayogèkakên supados pakêmpalanipun lami, ingkang tansah amanggih alangan wau, kabibarakên kemawon. Nanging anggènipun ambibarakên punika, botên kadosdene caraning pulisi ambibarakên tiyang main cêki utawi dhadhu, ngantos sadaya pirantosipun main dipun rampas sadaya, murih sampun ngantos sagêd tapuk malih, lo, punika botên, nanging anggèning ambibarakên kanthi sanalika yasa pakêmpalan enggal, ingkang kaajab-ajab murih sagêda: langkung kiyat, langkung bakuh, langkung ngrêbda, cêkakipun inggih ingkang langkung jêmpol katimbang pakêmpalanipun ingkang sampun kabibarakên.

Jalaran saking kawontênan ingkang makatên wau, lajêng kathah para jêndhuling pakêmpalan-pakêmpalan, ingkang sami adamêl pêpandhingan mawarni-warni. Kadar rêmbaging tiyang kathah, anggènipun adamêl pêpandhingan wau, inggih wontên ingkang pancèn mathuk, wontên ingkang ragi

--- 594 ---

mèmpêr, nanging ugi wontên ingkang sajak ngrujak sêntul. Kajawi punika, anggènipun adamêl pêpandhingan wau, ingkang kathah-kathah sêmunipun miturut dhatêng kasênênganipun piyambak-piyambak. Kados ta:

Lare neneman, sanès bôngsa Jawi, sajakipun ragi rêmên dhatêng cariyos-cariyos ringgit, lo punika anggènipun adamêl pêpandhingan têka makatên: Radèn Arjuna kasoran juritipun, salajêngipun ingkang putra Radèn Abimanyu kanthi ngasta jêmparing majêng ing ngayuda.

Hla, punapa pêpandhingan ingkang makatên punika mathuk, lo, kula têka ragi sêmang-sêmang. Saupami ingkang adamêl pêpandhingan wau bôngsa Jawi, têmtunipun rak inggih mangrêtos, bilih kasêktènipun Abimanyu botên pisan-pisan badhe sagêd nyandhak dhatêng ingkang rama Sang Arjuna, dalasan ing pêrang Bratayuda kemawon, lunasipun Abimanyu dening mêngsah rak langkung rumiyin tinimbang ingkang rama. Dados manawi Arjuna kawon pêrangipun, saya malih putranipun, têmtunipun inggih saya sipat kuping. Lo, rak inggih botên makatên, ta, kajênging pakêmpalan enggal punika, botên kok ingkang lami dipun bibarakên, ingkang enggal saya dipun punthês, nanging kosok-wangsulipun, ingkang enggal sagêda langkung kêkah, langkung kiyat, punapadene langkung kathah saha sêtya warganipun.

Salêrêsipun adamêl pêpandhingan punika botên gampil, sampun anggêr mêdal kemawon, mangke rak namung dados gêgujênganing liyan. Awit manawi namung sawêdal-wêdalipun, sanadyana satunggiling panjak inggih sagêd adamêl pêpandhingan, kados ta upaminipun makatên: manawi Mas Ajêng Mawar kèndêl anggènipun anjogèd, badhe kagêntosan dening Mas Ajêng Rusminah, kados-kados mênapa-mênapanipun botên kawon.

Hara, pêpandhingan ingkang makatên punika rak saya nglêmpara. Kula botên maibên, bilih Mas Ajêng Rusminah langkung pintêr, langkung wasis, langkung galik-galik suwaranipun katimbang Mas Ajêng Mawar upaminipun. Nanging bokmanawi pun Mas Ajêng Mawar sampun angsal nami wangi, jalaran saking luwêsing jogèdipun, kèwêsing solah tênaganipun, mêrak atining sêmunipun, punapadene nglênyêming suwaranipun, ngantos sagêd nênarik manahipun têtiyang jalêr èstri. Jalaran saking punika panjak kasbut nginggil, anggènipun andamêl pêpandhingan rak botên sagêd kawastanan mathuk, jalaran sanadyan Mas Ajêng Rusminah wau langkung pintêr utawi langkung wasis, nanging rak inggih dèrèng kinantên, bilih sagêd nênarik dhatêng manahing ngakathah.

Beda kalihan pêpandhinganipun satunggiling priyantun pakaryan têtanèn, ingkang suraosipun makatên: sukêt têki sanadyan dipun idak-idak, ugi sagêd gêsang kemawon, sanadyan sitinipun dipun kêdhuk pisan, botên wande witipun têmtu sagêd tuwuh malih.

Hla, sêtun-sêtun rak inggih makatên, tiyang damêl pêpandhingan punika, wontên raos mantêp, thik cêsplêng. Upamia aji makatên, inggih aji pôncasona, sanadyana dipun sêmbêlèh, dipun êblêgi sela ngantos mêcèdhèl, dipun gandhèn ngantos gèpèng, botên sagêd pêjah, nanging tansah sagêd gêsang malih.

Pêpandhingan ingkang makatên wau mèh sairib kalihan pangandikanipun satunggiling dhoktêr, inggih punika: cacing pita, sanadyan dikêthok buntute, awake, êndhase pisan, ora bakal mati babarpisan, nanging suwe-suwe mêsthi bakal bisa pulih kaya mau-maune.

Samangke ingkang adamêl pêpandhingan satunggiling priyantun ingkang kintên-kintên ragi karêm dhatêng rabi, lo, punika têka makatên: aku ora eman bab bubare P.N.I. ing wusana banjur diganti P.I. awit miturut kayakinanku, saupama wong wadon sing dipêgat diganti dening wong wadon liya, wong wadon sing anyar mau, têmtune bakal nganggo tapih lan kulambi saèmpêr karo wong wadon sing lawas.

Hla, pêpandhingan ingkang makatên punika inggih lêrês ragi ngèngingi nanging botên nama mathuk. Anggèn kula mastani ragi ngèngingi, jalaran anggènipun pakêmpalan P.N.I. kabibarakên wau margi panuntunipun sakawan kadhawahan paukuman, dados ingkang kalêpatakên sajakipun nagari, ing ngriku dipun samèkakên kalihan mêgat tiyang èstri. Anggènipun tiyang èstri wau dipun pêgat, botên sabab sampun botên rêmên dhatêng tiyang èstri wau, nanging inggih jalaran saking pandamêlipun pun marasêpuh. Dene anggèn kula matur botên mathuk, têka nêmtokakên bilih tiyang èstri enggal wau badhe ngangge tapih tuwin rasukan ingkang sami kalihan tiyang ingkang lami. Mênggah mèmpêring tapih tuwin rasukan wau, kenging dipun jarwakakên samining tondak-tandukipun utawi adat kalakuanipun. Dados pikajênganipun: Tiyang èstri enggal wau, anggènipun: cas, cis, cêprat-cêprit, punapadene lantap upaminipun, botên beda kalihan tiyang èstri ingkang lami. Yak, manawi makatên, pun marasêpuh mangke rak botên rêmên malih, ing wusana lajêng angganggu damêl malih.

Minôngka panutuping andharan kula kasbut ing nginggil wau, lair batos kula namung salugu angaturakên katêrangan sadaya gêgambaran utawi pêpandhingan bab anggènipun pakêmpalan P.N.I. dipun bibarakên, miturut swaraning ngakathah, dados kula botên badhe ilon-ilonên. Pramila atur kula wau namung mêndhêt saprêlunipun kemawon, ingkang wosipun angadêg ing têngah-têngahipun rêmbag tumraping gêgambaran utawi pêpandhingan wau.

Sarèhning upami wujuda wiji makatên sampun sumêbar maradini siti ipukan mrika-mrika, thukulipun sampun mêsthi, nanging sagêda uwoh ingkang miraos, salajêngipun amurakabana dhatêng gêsanging para kawula sadaya tanpa sambekala.

Bêbasan: sing kêna iwake aja buthêg banyune, punika mugi sami dipun tindakna dhatêng para pangudi tuwuh. Samantên aturinaturipun. pun Pênthul.

--- 595 ---

Wawasan Tumrap Nagari Mônca

Praja Mêsir

(Sambêtipun Kajawèn nomêr 37)

Ing Kajawèn ôngka 37, sampun kacariyosakên, bilih praja Ègiptê kenging kaêndhih dening nata ing Pèrsi, ingkang anjalari praja Ègiptê wau kabawah ing praja Pèrsi. Nata Pèrsi ingkang sakawit angratoni ing Ègiptê, punika saklangkung siya tuwin tindak sawênang-wênang, ngantos sinêngit ing para kawulanipun Mêsir sadaya. Dene ingkang dados gêntosipun, tansah ambudidaya anyaèkakên margi-margi ingkang kangge kaprêluaning among dagang, malah susukan sêsambêtanipun bênawi Nil kalihan sagantên abrit, ingkang pandamêlipun sampun dipun wiwiti dening para nata Ègiptê, nanging botên sagêd rampung, ing wusana inggih sang nata enggal punika ingkang sagêd angrampungakên pandamêlipun susukan wau. Kajawi punika ugi sang prabu wau ingkang ngawontênakên arta êmas wontên ing praja Ègiptê. Sarêng sang nata wau seda, para nata Pèrsi ingkang sami anggêntosi kaprabon angratoni praja Ègiptê, sami kêtaman coba agêng, jalaran ing salêbêting praja Ègiptê tansah wontên ura-uru kemawon. Lêrês ura-uru inggih sagêd kasirêp ngantos sawatawis môngsa, nanging botên watawis dangu inggih tuwuh malih, malah ngantos sagêd kalampahan uwal saking pamarentah Pèrsi, nanging mardikanipun wau botên sagêd dangu saha lajêng pinarentah malih dening praja Pèrsi.

[Grafik]

Rêca pêpêthan dewa ingkang pêrang kalihan raja garudha.

Ing kala punika Prabu Alexander (Iskandar Dulkarnèn) ingkang misuwur ing jagad, nata ing Masêdhoni, sawêg mêmpêng-mêmpêngipun angêlar jajahan. Sarêng sang prabu wau anglurugi praja Mêsir, rawuhipun ing ngriku sang prabu kinurmatan dening para kawula ing Mêsir sadaya, jalaran sang prabu wau dipun [di...]

--- 596 ---

[...pun] anggêp angêntasakên praja Mêsir saking pamarentah Pèrsi. Samangke ingkang jumênêng nata ing Mêsir inggih Sang Prabu Iskandar Dulkarnèn wau. Sajumênêngipun nata, sang prabu lajêng ayasa kitha, ingkang dipun wastani miturut jêjulukipun wau, inggih punika kitha: Alèksandri, ingkang botên watawis lami dados têmpuraning padagangan agêng, saking kilenan saking wetanan têmpuk dados satunggal, saha wusananipun ing ngriku dados pangungsèning kawruh, jalaran sasedanipun Prabu Iskandar, salah satunggal nata gêgêntosipun lajêng angwontênakên museum saha taman pustaka, ingkang ngantos lajêng kasuwur ing jagad raya. Kajawi punika praja Mêsir salajêngipun saya mumbul drajadipun saha gêmah ripah loh jinawi tata raharja. Para nata-nata wau botên ngêmungakên angratoni praja Mêsir kemawon, sanadyan nagari-nagari ing sakiwa têngênipun ugi kathah ingkang sami têluk dhatêng praja Ègiptê. Babagan kagunan lan kawruh sangêt dipun ajêngakên, ngantos ing jaman samantên, wontên pujôngga ingkang anjarwakakên pranataning praja bôngsa Yahudi ing basa Yunani. Bab makatên punika nama anèh, dene pranataning praja wau têka botên dipun jarwakakên ing basa Ègiptê. Mênggah têrangipun, wontênipun ngangge basa Yunani (Grik) awit kala ing jaman samantên, tumraping para linangkung, mèh sadaya ing jagad, sami migunakakên basa wau. Namung sabakdanipun punika, praja Ègiptê lajêng katingal saya suda-suda drajadipun, lan wontênipun ura-uru tansah angrêridhu tata têntrêming praja.

Ing kala samantên anyarêngi sawêg andêdêl-dêdêlipun praja ing Ngêrum. Sarêng ing Ngêrum ingkang jumênêng nata Prabu Sesar (Caesar) praja Ègiptê dening Prabu Sesar dipun tanêmi raja putri, ajêjuluk Sang Dèwi Cleopatra, nanging jumênêngipun sang raja putri wau botên dangu, lajêng anganyut tuwuh. Sasedanipun sang raja putri, praja Ègiptê lajêng têtêp kêbawah dhatêng Ngêrum.

Salêbêtipun praja Mêsir kabawah dhatêng nagari Ngêrum, sadaya tatacara, pranataning praja tuwin sanès-sanèsipun, lajêng ngemba kadosdene cara lan tata pranataning praja Ngêrum. Mênggah ewah-ewahaning praja ingkang prêlu kasumêrêpan, inggih punika bab lumêbêting agami Kristên, ing pungkasaning abad kaping kalih sasampunipun Kangjêng Nabi Isa a.s. seda, dene ingkang dados têlênging agami Kristên wau, inggih ing kitha Alèksandri kasbut nginggil. Ing wusana lampahing agami tumindakipun botên sagêd rukun. Ing antawising golongan-golongan sami arêbat lêrês piyambak-piyambak, wêkasan lajêng anuwuhakên crah sarta apêpisahan. Sanadyan ingkang sami jumênêng nata tansah sami ambudidaya murih rukuning golongan-golongan wau, ewasamantên tanpa damêl. Ing wusana bôngsa Arab lajêng sagêd lumêbêt ing ngriku anggêlarakên agaminipun Islam.

Sanès dintên ing ngriki badhe anêrangakên kadospundi kawontênanipun ing praja Mêsir, sarêng salêbêtipun praja kêbyukan bôngsa Arab tuwin bôngsa Turki. Badhe kasambêtan.

--- 597 ---

Kagunan

Yuyutsu - Selat

Gêgayutan kalihan wawasanipun sadhèrèk Ônggapradata bab prakawis selat ing Surakarta, kapêksa kula nêrangakên malih bab prakawis yuyutsu sarta selat-selat ingkang kula sumêrêpi.

Sarêng kula ningali gambar selat Surakarta ingkang kapacak ing Kajawèn, têtela selat ing Surakarta punika adêg lan pasanganipun mèh sami kemawon kalihan selat-selat sanèsipun, inggih punika mèmpêr selat Tionghwa. Ugi nitik têtêmbungan ingkang kangge wontên ing selat, kula gadhah pangintên yèn selat punika sanès kagunan Jawi lugu, kados ta: main longgar, main rapêt, kepang, slewah, pikkun, sakun, pètkwa, sambut, lukbe, samkiok, lan sanès-sanèsipun malih ingkang kula sumêrêpi.

[Grafik]

Gambar .I

Prakawis selat Minangkabao ingkang kangge jogèd dening sadhèrèk ing Surakarta, kados katêranganipun sadhèrèk Ônggapradata, punika bokmanawi kalèntu, amargi kula dèrèng nate sumêrêp selat punika dipun angge jogèd dening sadhèrèk-sadhèrèk saking Surakarta. Kula kintên sadhèrèk Ônggapradata dèrèng nate sumêrêp kadospundi selat Minangkabao punika. Sasumêrêp kula selat ing tanah Jawi ingkang mèmpêr selat Minangkabao punika namung selat saking Madiun ingkang limrah dipun namakakên selat Sêtya Hati (S.H.), bedanipun namung panêndhangipun, bokmanawi selat punika asli saking Minangkabao ugi, mriksanana gambar I).

Sanès-sanès selat ingkang cara-caranipun nyêbal saking selat Tionghwa inggih punika selat Bêtawi ingkang gambaripun kapacak ing Kajawèn rumiyin, lan selat Cikalong ingkang misuwur ing tanah Pasundhan (mriksanana gambar II).

Pratikêl-pratikêl kados ingkang dipun cariyosakên dening sadhèrèk Ônggapradata bab prakawis angantêm, anyikut, nêndhang lan cêpêng-cêpêngan punika mèh sadaya selat wontên, nanging beda-beda panganggenipun. Sampun dipun kintên yèn selat Bêtawi sarta selat Minangkabao botên anêndhang, ngantêm, nyikut utawi nyêpêng kadosdene selat ing Surakarta punika.

Selat Cikalong punika kajawi ngantêm, nyikut sarta nêndhang malah wontên akalipun ingkang manawi tiyang dèrèng sumêrêp maibên sangêt, inggih punika ambanting mêngsah namung sarana dipun tèmpèl kemawon (mriksanana gambar II). Mêngsah ingkang dipun tèmpèl (botên dipun cêpêng) punika manawi badhe [ba...]

--- 598 ---

[...dhe] ebah utawi badhe angantêm botên sagêd, ananging malah sagêd dhawah. Tangan ingkang nèmpèl botên sagêd dipun bucal, kajawi manawi mêngsahipun sampun dhawah. Tiyang ingkang sampun sagêd selat punika, sanajan mripatipun dipun tutupi, manawi sampun nèmpèl, sanajan ingkang dipun tèmpèl punika ebah kados punapa kemawon, botên badhe sagêd uwal utawi angantêm, uwalipun manawi sampun dhawah kemawon.

[Grafik]

Gambar II.

Nalika panjênênganipun Mr. R.T. Wôngsanagara bupati nayaka ing Surakarta taksih sinau wontên ing Bêtawi, wontên sadhèrèk têtiga saking Surakarta sowan ing dalêmipun, prêlu badhe ningali salah satunggiling selat ingkang sampun misuwur ing Bêtawi, lêstantun lajêng cobèn-cobèn kalihan sadhèrèk Bêtawi ingkang gadhah selat punika, nami Sabêni. Selat punika lugunipun kêdah ngantêm, ananging ing wêkdal punika dipun awisi angantêm, dados prasasat ical akalipun sapalih, ewadene sadhèrèk saking Surakarta punika botên wontên ingkang sagêd andhawahakên utawi angawonakên sadhèrèk Sabêni, malah sami dhawah piyambak. Sapintên kasagêdanipun sadhèrèk-sadhèrèk saking Surakarta kasêbut ing bab prakawis selat, kula botên sumêrêp, nanging tiyang ingkang purun dipun bên kalihan tiyang ingkang sampun kacêluk sagêd kados sadhèrèk Sabêni, tamtu sampun rumaos manawi kasagêdanipun sampun cêkap.

Nalika panjênênganipun Mr. R.T. Wôngsanagara badhe kondur dhatêng Surakarta, sadhèrèk Sabêni dipun taros supados andhèrèk prêlu mulang wontên ing Surakarta, nanging sadhèrèk Sabêni botên purun.

Prakawis nyêpêng tiyang ngamuk punika ing Bêtawi kêrêp sangêt kadadosan, ingkang kula èngêt kemawon inggih punika nalika tiyang nami Osman ngamuk ngantos adamêl tiwasing tiyang satunggal lan anatoni tiyang 9, punika ingkang nyêpêng tiyang nami Kidang. Sadhèrèk Kidang punika botên angsal ganjaran bintang, nanging namung awarni barang-barang kados ta: sadho, gramopon, lan sanès-sanèsipun malih, sarta didipundipun. arak-arak dening komite ingkang dipun wontênakên, prêlu kangge angurmati sadhèrèk Kidang wau. Nalika wontên tiyang Turki ngamuk wontên ing kantor pulisi ngantos wontên punggawa pulisi Walandi satunggal lan Jawi satunggal ingkang tiwas, punika manawi botên wontên satunggiling agèn pulisi ingkang sagêd selat, tamtu kathah ingkang katiwasan malih. Têtela yèn selat-selat ing tanah Jawi Kilèn punika botên kenging dipun wastani awon. (Badhe kasambêtan)

Samsi.

--- 599 ---

Sêgawon

Sambêtipun Kajawèn nomêr 38.

Kados ingkang sampun kacariyosakên ing Kajawèn kapêngkêr, ing bab tiyang Kalang, punika botên ngangge waton. Dene misuwuring pawartos: wong Kalang ana buntute: punika namung kabêkta dongèng margi cinariyos têdhak turuning sêgawon wau.

Lajêng wontên malih, saking dongèngipun tiyang sêpuh-sêpuh, sêgawon punika kêdadosan saking sêga awon, nanging namung cuthêl samantên, punika nandhakakên manawi amung keratan, dados mêsthi botên kenging pinitados.

Dumugi ngriki têlasing cariyos kula ingkang gêgayutan kalihan sêgawon. Sapunika gêntos naliti kawontênaning sêgawon larasipun dhatêng kawruh. Sêgawon punika kêgolong kewan môngsa daging, pramila inggih bangsanipun sato galak, kangge titikan untunipun rangah mawa siyung mingis-mingis, ananging sampun kina sangêt dipun lêlithing ing tiyang prasasat ing sapunika sampun mèh botên wontên sêgawon wanan. Dene ing tanah Jawi ngriki taksih limrah wontên cêcriyosan sêgawon wanan inggih punika ingkang kasêbut sêgawon ajag tuwin sêgawon kikik, punika kula botên patos pitados. Yèn mirid cêcriyosanipun têtiyang ingkang manggèn ing sacêlaking wana, sêgawon ajag punika ulêsipun abrit, ajêgipun runtung-runtung sajodho (jalêr èstri). Tumrap tiyang tani manawi têgil pasabinanipun dipun ambah bingahipun botên kadosa, margi têtanêmanipun badhe jumurung, jalaran pundi tanêman ingkang dipun ambah dening sêgawon ajag pitados kalis ing ama. Manah kula kok tidha-tidha, atêgês ngêmu botên pitados, mangke gèk saminipun ungêl-ungêlan: gêdhogane cancangana munyuk, mêngko jaranmu ora selakarangên. Wasita makatên wau kula tindakakên, nanging kapal kula kok taksih selakarangên, pramila kula lajêng mêntal. Dangu-dangu anggraita kapal sakit, selakarangên punika namung kirang kêrok. Wasana wontên ingkang mêjang, dicancangi munyuk kuwi têgêse sing kêrêp munyuk-munyuk. Mêngko gamêle ora dleya, jarane dirumat bêcik, ora kurang kêrok, gêbêg lan liya-liyane, mêsthi bae jarane banjur kalis ing lêlara selakarang, marga lêlara ngono kuwi saka rêrêgêd dhewe-dhewe. Makatên pangandikanipun. Kula manah-manah kok lêrês, ewadene inggih namung sumôngga. Awit saking punika, wangsul dhatêng sêgawon ajag, kintên kula larasipun kados atur kula ing ngajêng, pramila saking panyuraos kula, manawi ingkang gadhah kêrêp nyaba tanêmanipun, pantês kalis ing ama, awit amaning tanêman pancèn kathah, andhapan, kêthèk, pêksi lan sapanunggilanipun. Dados cêkak ungêl-ungêlan wau kangge erang-erangipun para tani, margi tiyang tani punika sok wontên ingkang kêsèd, liripun kêsèd wau manawi tanêman sampun mungkur sok ngeca-eca, kêrêp lèyèh-lèyèh. [lè...]

--- 600 ---

[...yèh-lèyèh.] Ananging sarêng tanêmanipun kaparag ing ama, lajêng nêmpah-nêmpahakên, inggih punika kêdumêlan: kurang sajèn, kêlalèn ora nyêkar lan sasaminipun. Kajawi punika ing crakèn sok nyade balung sêgawon ajag, wartosipun kangge lampah dhustha cêsplêng, ananging kathah-kathahipun kok anggrunêng: kuwi dudu balung asu ajag, sing sabênêre ana wulune. Saking kawontênan punika kula lajêng wantun matur manawi goroh, jalaran pundi wontên balung mêdal wulu. Yèn prêsêmon kilap.

[Grafik]

Sêgawon ajag.

Nglajêngakên sêgawon malih, sanadyan bôngsa galak, ananging manawi sampun kulina dhatêng ingkang ngingah lajêng anjilma, katingal sêtya, jumagi dhatêng kawilujênganing bêndara lan darbèking bêndara, punika sagêd kayêktosan manawi wontên tiyang ingkang botên dipun kulinani purun ngêrêg, bêgja manawi namung dipun alup, pramila tiyang lampah dursila ering sangêt dhatêng sêgawon. Awit saking punika nyatanipun ngingah sêgawon pêdahipun agêng. Kajawi punika sêgawon makatên dipun gladhi samubarang kasagêdan gathèkan, kenging kangge pangeram-eram, mila kalêbêt dhatêng kumidhi, lan makatên punika sêgawon wau amakna sagêd ngupados arta, pramila nadyan awis panumbasipun, dangu-dangu sagêd ngulih-ulihi. Emanipun sakêdhik sêgawon punika sok gadhah sêsakit ingkang adamêl mutawatos dhatêng tiyang, inggih punika manawi katèmpèl sakit ewah, punika singa ingkang kacathèk manawi botên kapulasara wontên ing Instituut Pasteur sagêd tiwas, pramila pamrayogi kula bilih kacathèk ing sêgawon sampun kadamêl ayêm, kêdah tumuntên lapur, mangke priyantun ingkang kajibah têmtu mriksa lan badhe paring pitulungan ing saprêlu. Sampun awang-awangên badhe sangunipun dhatêng griya sakit kasbat ingkang samangke wontên Bandhung, rumiyin wontên Batawi, margi nagari ingkang badhe mragadi kesah mantukipun.

Sampun cuthêl andharan kula bab sêgawon.

Sumadi. Pangarasan.

--- 601 ---

Raos Jawi

Beda-bedaning raos

[Mijil]

raras ingkang mikênani ati / pinangguh sagon-gon / nanging datan pasthi sarwa sae / mung pinangguh nèng rasa nocogi / pakantuke dadi / mung nèng rasa jumbuh //

marma janma tan wênang nyênyami / mring rasèng liyan wong / dening datan pasthi pinangguhe / wênèh janma dahat anyondhongi / pêthuking pangèksi / anon janma lêmu //

ciptanira yèn ingsun umèksi / janma kang mangkono / srêging ati tan ana oncate / dening nyata badan mitayani / kalamun nangani / kang katiban rêmuk //

lan katitik tandhaning wong mukti / mangan tanpa towong / ing salami rinêksa warase / otot kuwat gêtih ajêg mili / èngêtane bêning / guwaya umancur //

kang mangkana tan pinangguh pasthi / janma liya condhong / malah ngucap lah apa gunane / awak bae nganggo dèn gêgajih / mung ngêbot-êboti / yèn marang ing kubur //

lamun ingsun tan kadi kang cilik / satandange ketok / sarwa cikat andêmênakake / ing sasolah lir prênjak tinaji / kabèh makolèhi / ing satindak saguh //

sanadyan ta busana kang pèni / kang ingaran manggon / sarwa mubyar antuk sawangane / saupama busananing èstri / tapih latar putih / klambi potong Bandhung //

kang acorak ron sumêlapsari / nèng sarira abyor / ing bêbasan kongsi mêgahake / parandene lyan kang tan kadugi / ewaning tyas mawi / nganthèni idu cuh //

dènnya mada dadakan kadugi / dene nganggo-anggo / datan mawa tinrapan pantêse / mung mangarah wèh kagèting ati / nging tan pisan dadi / antuk rasa madu //

jatinira rarasing pangèksi / mungguhing wong wadon / makolèhi kang abarès bae / sarwa kêlêm kang trape numusi / aran ngayang batin / mring pandulu mathuk //

nora kudu jarit latar putih / irêng bae maton / kaduk sêpuh kêlêm babarane / kêmbên rintik dèn gadhung malathi / wêwironing tapih / kang sinampar mawut //

datan kudu cinêpit adhamis / malah kaku katon / dening wiron tan ana obahe / mung gumandhul lir blêbês cinangking / dene kang kulambi / putih kêmbang biru //

rèhning mêngko wus tan anjamani / kêmbênan wong wadon / bêcik datan dèn ucapke bae / mung sanyata prasaja kang maksih / kêni dèn gondhèli / sinawang apatut //

mangkya gantya tumrap ingkang bukti / wênèh ngêlêm notog / lah-olahan kaduk mêrtegane / gandanira anggadag nêrusi / lir ngêngiris ati / anèng gulu lunyu //

kang mangkana tan pasthi nêrusi / kadi rasaning wong / kang tan cocog marang ing rasane / dening datan ngrasa andarbèni / martega kang gurih / myang anyiring kèju //

maksa kudu ngalêm iwak têrik / lawan pindhang êndhog / yèn pinangan ngalela rasane / katon prigêl dènira ngancani / sêga angêt dèn ngi / waras warêg rampung //

yèn sawangan raras kang ngrêsmèni / kadi kang katonton / tinrap gambar dahat wèh sêngsême / taman asri kêbak sarwa sari / mawarna kang warni / nèng pandulu tuntum //

sari-sari kang samya ngrênggani / tinata amaton [amato...]

--- 602 ---

[...n] '/ datan jumbuh sinêla papane / kang malêtuk sata ngapit kori / cakêt pancaksuji / araras dinulu //

sinambungan ing sari sarwa sri / rêbut warna ayon / wungu jênar amyang sarwa sae / mawa gônda arum maratani / tumanduk ngênani / mring rasa kumênyut //

[Grafik]

sari-sari kang tuwuh ing têpi / balumbangan kaot / lir mangungak adining warnane / kaanan kang sadaya ngrênggani / mawèh sêngsêm luwih / mring sanggyèng kang wêruh //

parandene rasèng tyas tan pasthi / kapadhan ing raos / kang kêlumrah ingaranan sae / kadhang malah nuwuhkên prihatin / mung umèngêt saking / mring tyas tan pinuju //

awit tuhu ciptanirèng janmi / datan pasthi cocog / beda-beda pêthuking rasane / dadya datan kêni mungguh janmi / dupèh sarwa-sarwi / rumasa pinunjul //

yèn ing jagad ngrasa dèn èbêki / punjul samining wong / lumuh kasor lawan sapadhane / malah ngrasa bineda sasami / awit wus munjuli / bineda ing pandum //

nanging lamun risana sayêkti / tatananing batos / kalamôngsa tuwuh sulayane / dening maksih antuk suka sêdhih / myang kêna ing pati / kang têtêp tinêmu //

lamun nyata rumasa ngèngêti / mring sanggyèng lêlakon / mawa watês tinêmu ing têmbe / yêkti tuwuh têpa myang palupi / dahat makantuki / myang dahat pitulung //

wosing kata kang rinipta aming / araras wêwangson / jatinira rasa sadayane / datan kêni yèn sinami-sami / nanging wajib ngudi / mardi rasa jumbuh //

Ha.

--- 603 ---

Rêmbagipun Garèng lan Petruk

Bab pasulayanipun bôngsa Tionghwa.

Garèng: Lagi dina Sabtu lan Rêbo kang kapungkur kowe têka ora katon, Truk, gênahe bae apa lagi ana sabab-sabab sing pênting bangêt, sing wong liya ora kêna mêruhi babarpisan. Nalika jamane rama isih jumênêng astèn, anggêr arêp nindakake sing pênting-pênting mau, pamite nyang si mak iya: bune, sing ngati-ati nyang ngomah, aku arêp rundha. Dene nèk jaman saiki, iya jaman sing wis modhèrên kiye, pamite iya banjur ganti: bune, aku arêp bêgandring.

[Grafik]

Petruk: Wiyah, kuwi rak pamitaning wong nyang bojone, yèn arêp niliki simpênane. Ora, Kang Garèng, anggonku ora ngaton-ngaton kuwi sabênêre rada masuk lesus bangêt.

Garèng: Hara, mung masuk angin bae, têka banjur ora mêncungul-mêncungul, tujune daokene sajak andêrma kusuma. Saupama aku sing dadi majikanmu, blanjamu rak sida kalakon tak potong têlung gajihan têmênan. Ora Truk, sanyatane aku kiyi duwe rêmbug nyang kowe, ing sarèhning ing wêktu kiyi pirang-pirang bab sing pantês dadi pikiran, ambok caritamu anggonmu lêlungan nyang Surabaya kuwi padha dilèrèni dhisik, saiki padha ngrêmbug liya-liyane. Dene besuk yèn ana wêktune nganggur, rêmbuge ngarêp padha dibalèni manèh.

Petruk: Iya bêcik, Kang Garèng, tumrape ing wêktu kiyi pancèn iya nyata akèh prakara-prakara sing kêna kanggo rêrêmbugan, kaya ta: jumênênge Kangjêng Tuwan Ingkang Wicaksana sing anyar, utawa bubare pakumpulan P.N.I., malah ana manèh prakara, sing kanggone aku, sajêrone jaman modhèrên kiyi, luwih pênting bangêt, yaiku: Makne Kamprèt saiki jarene isin nganggo suwêng blong, sing dikêpengini saiki jêbul nganggo: ... anting-anting.

Garèng: Wayah, wong wis nini-nini bae kathik sing-sing mêngkono, arêp nganggo anting-anting kuwi apa cikbèn rupane kaya lampor. Ora, Truk, sanyatane mono aku kêpengin anjaluk katrangan nyang kowe, sabên-sabên aku maca layang kabar, nyêbutake bôngsa Tionghwa pijêr-pijêr pasulayan karo bangsaku dhewe. Pasulayan ing

--- 604 ---

Pakalongan durung nganti rampung anggone diurus, durung suwe kiyi wis ana pasulayan manèh ana ing Sêmarang. Lo, sabab-sababe bae apa, Truk. Ing môngka nèk rumasaku, wiwit jaman ja makjuja pisan, antarane bôngsa-bôngsa sing padha ngumbara ing tanah Jawa kene, ora ana sing aluse lan lêmbah manahe kaya bôngsa Tionghwa, nganti kêkumpulane karo bangsaku kiyi ora môntra-môntraa karo bôngsa liya, malah kêna diarani kaya karo sêdulure dhewe tunggal sakringkêl.

Petruk: Kang Garèng, mungguhing panêmuku tuwuhing pasulayan kuwi ora ana manèh sababe, kajaba saka iya wis pancèn jamane. Jamane saiki kiyi, wong-wonge sok gampang anduwèni rasa-rumasa. Ananging ngrumasani ing jaman saiki bangsane wis mundhak drajate, nganti rumasa wis bisa jajar karo bôngsa-bôngsa sing pancèn wis unggul drajate, nanging iya ana manèh sing ngrumasani asoring drajate bangsane, nganti ora kêna ngrungu têmbung kasar sêthithik- dikowe ing bôngsa liya bae saupamane- sanalika iya banjur ngajak bantingan. Apamanèh yèn isih akèh wong-wong kang sok dhêmên mutusi apa-apa dhewe, sajak ngorakake nyang pangadilan, lo, kuwi ananing pasulayan mêsthi ora bakal bisa mêndha-mêndha.

Garèng: Wèh, Truk, omongmu kiyi têka sajak cangkriman mêngkono, nganti angèl anggonku arêp ngeja. Kaya ta omongmu: wong sing sok dhêmên mutusi apa-apa dhewe, sajak ngorakake nyang pangadilan, lo, kuwi kapriye upamane, coba aku wèhana tuladane, cikbèn rada mak byar.

Petruk: Kaya ta mangkene, Kang Garèng, upamane ana wong mlaku ujug-ujug diambus ing grobag, nganti awake babak-bundhas mêtu juruhe, lo, kuwi wajibe wong lumrah, yèn ora narima sabab disenggol ing grobag mau, rak iya banjur rêpot nyang pulisi, cikbèn dipriksa nyang pangadilan. Nanging wong sing duwe padatan kaya sing kok takokake mau, kuwi ora yèn banjur rêpot nyang pulisi, nanging banjur diputusi dhewe bae, tukange grobag ujug-ujutujug-ujug. banjur ditêmpilingi lan ditaboki. Lo, kang mangkono kuwi rak prasasat ngorakake nyang pangadilan.

Garèng: Dadi karêpmu, upamane sawijining dina aku ditabok dening nyo Hèndrik utawa sapa bae, iya ora kêna yèn aku malês anjotos,- apa manèh nganggo rèntên nêndhang lan nyampluk, têmtune iya larangan kêras,- nanging aku kudu rêpot nyang pulisi, cikbèn diurus ing pangadilan. Wah, Truk, prakara kêlaran dipriksa nyang pangadilan kuwi, sing nglarani cilaka-cilakane mung entuk paukuman dhêndha, malah yèn sing dilarani kurang wasise omong, prakarane bisa uga jugar. Hara, wis lara, wis dhapêt malu bêsar, wis sayah anggone bolak-balik ngadhêp pangadilan, pungkasane sing nglarani awake kathik ora olèh paukuman barang-barang. Rak iya malah wuwuh anjêntung nyang ati. Mulane nèk mungguhing panêmuku, nèk ditabok, iya kudu malês nabok, sokur bisa muwuhi andhupak barang. Dadi sing dhêmên plak-plêk banjur kapok.

--- 605 ---

Petruk: Wiyah, nèk kaya ngono kuwi apa arêp ambalèni jaman cara alasan kae, saiki kiyi wis jaman pranatan, wong ora kêna nindakake grusah-grusuh sagêlême, karo manèh wong têtukaran kuwi apa pakolèhe. Upama mênang, sapa sing arêp ngalêm, yèn kalah, wis kisinan thik nganggo lara awake, mulane sabêcik-bêcike kêrêngan sing tanpa kukuban, yèn nganti dilarani ing liyan, rak luwih bêcik tumindak sing kanthi mêsthine, yaiku: lapur nyang pangadilan. Lan kowe prêcayaa nyang putusaning pangadilan, jalaran putusan mau wis mêsthi anglungguhi marang bêbênêran. Dene saupama ana kurang adile putusane, lo, sing ngadili mau rak iya mung jênêng manusa, dadi kalamôngsa iya bisa kliru panindake.

Garèng: Wadhuh, saupama aku kuwasa mono, kowe saiki kiyi wis mêsthi tak ganjar bintang upih têmênan, saka anggonmu mrêceka omongmu mau. Saiki aku wèhana katrangan bae dhisik, mungguh sing kok arani jaman saiki kiyi, wong-wonge sok padha anduwèni rasa-rumasa. Lo, kuwi kêpriye karêpe.

Petruk: Wah, kiyi katrangane rada dowi, Kang Garèng, luwih bêcik liya dina bae, mêngko tak andharake sing nganti gamblang bangêt. Saiki rêmbugane padha dilèrèni samene bae dhisik.

Warak

[Grafik]

Gambar ing nginggil punika satunggiling warak ingkang pêjah kasanjata wontên satêngahing wana tanah sabrang.

--- 606 ---

Pêthikan saking Sêrat-sêrat Kabar Sanès

Indhonesiah.

Nurmal sêkul Mohamadiyah ing Surakarta.

Kawontênanipun Nurmal Sêkul Mohamadiyah ing Surakarta dumuginipun samangke sae, botên kirang satunggal punapa. Nurmal Sêkul wau anggènipun ngadêgakên kala wulan Juni 1929.

Benjing wulan Juli ngajêng punika pamulangan wau badhe dipun damêlakên gêdhong mawi intêrnat tuwin griya-griya kangge guru-guru. Parentah paring subsidhi 160.000 rupiyah. Papanipun inggih punika cêlak pamulangan A.M.S. saha intêrnat absara.

Gupêrnur Maluku.

Wiwit tanggal 2 Juni ngajêng punika Paduka Tuwan J.G. Larive, Gupêrnur Maluku, badhe pangkat dhatêng Eropah, laminipun sataun.

Môngsa malèsèt.

Bêbaunipun Hollandsch-Amerikaansche Plantage Mij. saking sakêdhik-sakêdhik badhe dipun suda 1300. Maskape wau upkantoripun wontên ing Kisaran (Sumatra pasisir wetan).

Pamulangan luhur tèhnik.

Tuwan Dipanagara saha Tuwan Warna angsal anggènipun iksamên ingkang pungkasan babagan werktuigkunde.

Tuwan Bana, Arundana saha Tarmidi angsal panggènipun, iksamên ingkang pungkasan babagan electrotechniek.

Soeloeh Kita.

Punika namanipun kalawarti wulanan enggal ing Sêmarang. Ingkang ngêdalakên pakêmpalanipun para punggawa pribumi gêmintê Sêmarang saha Surabaya.

Esto dados v/h Esto

Kala tanggal 9 Mèi ingkang kapêngkêr Tuwan Kwa Tjwan Ing, ingkang gadhah pakaryan otobês Esto ing Sêmarang, dipun pratelakakên palyit dening rad pan justisi. Ingkang andamêl prakawis inggih punika pirmah Geo Wehry, jalaran Tuwan Kwa wau gadhah sambutan arta panumbasing ban kangge otobês-otobêsipun. Samangke pakaryan, otobês wau dipun lajêngakên bapakipun, inggih punika Tuwan Kwa Sam Kang ing Salatiga, wondene nama Esto dipun santuni dados v/h (voorheen) Esto.

Kasingkirakên.

Sarêmbag kalihan Indhia Nèdêrlan, miturut bab 35 Indische Staatsregeling, tiyang nami Tjhie Piang Djoeng, umur 21 taun, guru ing pamulangan Lok Khioen ing Anjongan, ondêr apdhèling Mêmpawah, apdhèling Singkawang, gêwès Borneo apdhèling kilèn, kalairan ing Tjew Liang (Tiongkok), jalaran nguwatosi tumrap tata têntrêmipun ngakathah, dipun singkirakên, botên kaparêngakên manggèn wontên ing tanah ngriki.

H.I.S. partikêlir ing Cêpu.

Benjing wulan Juli ngajêng punika H.I.S. partikêlir ing Cêpu, gadhahanipun Perkoempoelan Frobel dan Part. H.I.S., badhe dipun bèbèr. Gurunipun badhe dipun wêwahi satunggal. Ingkang kapilih inggih punika Tuwan Wardi, guru ing H.I.S. gupêrmèn ing Jombang. Benjing pungkasanipun wulan punika badhe dipun wontênakên parêpatan warga, prêlu milih pangrèh enggal saha manawi prêlu ngewahi pranataning pakêmpalan. Pangrèh gadhah sêdya badhe usul dhatêng parêpatan supados namaning pakêmpalan dipun santuni.

Pêgatan jalaran saking kêkirangan.

Ing laladan Natal dumugi ing Singkawang, Sumatra, kathah tiyang pêgatan ingkang jalaran saking dayaning jaman mêndêking. Salêbêtipun sawatawis wulan, wontên tiyang pêgatan 300. Malah wontên ingkang lajêng tilar balegriya, lajêng pados têdha dhatêng sanès nagari.

Sarekat tani ing Majakêrta.

Kala tanggal 6 Mèi ing Majasari, Majakêrta, wontên parêpatan umum tumrap golongan tani. Ingkang murwani mêdhar sabda Tuwan Surasa, warga rad kawula, ngangge basa ngoko. Pamêdhar sabda ngandharakên ing bab kawontênanipun sarekat tani ing Kêrtarêja, ancasipun ngudi saening panggêsangan tani, sagêda anjalari gampiling têdha. Nuntên gêntos Tuwan Jayadiarja mêdhar sabda ing bab kopêrasi. Ing ngriku wontên golongan tani 2009, ingkang nyondhongi adêging sarekat tani wontên 20.

P.S.I.I. Banjarnagara.

P.S.I.I. ing Banjarnagara kalampahan sampun sagêd ngêdêgakên wulangan dados panuntuning pakêmpalan, kawiwitan kala malêm Ngahad kapêngkêr. Ingkang katampèn malêbêt dados murid namung warganing pakêmpalan, tuwin kapilih ingkang nyêkapi. Kajawi punika, sabên malêm Salasa, P.S.I.I. ngawontênakên wulangan nêrangakên ayat Kuran ingkang gêgayutan ebah-ebahan. Malêm Sênèn kangge wulangan P.M.I., malêm Jumuwah wulangan ngaos.

Tindak salingkuh.

Radèn Sukendar, dhirèkturipun Regentschapswerken ing Prabalingga, dipun tahan ing pulisi, kadakwa nyalingkuhakên arta 8000 rupiyah.

Têngku Bêsar ing Sêrdhang.

Kala tanggal 11 Mèi ingkang kapêngkêr Gupêrnur Sumatra pasisir wetan anêtêpakên Têngku Anwar, kadadosakên Têngku Bêsar ing Sêrdhang. Anggènipun nêtêpakên wau wontên ing pura Sêrdhang.

--- 607 ---

P.B.I. saha rad kawula.

Dèrèng dangu Tuwan Mr. Subrata, gêdheputir dhê rad propinsi Jawi Wetan, dipun taros Tuwan Mr. Ir. H.J. Kiewiet de Jonge, wêwakil parentah prakawis umum, punapa purun dipun wisudha dados warga rad kawula. Wangsulanipun Tuwan Mr. Subrata, botên purun, jalaran panjênênganipun dados warga pangrèh agêng Persatoen Bangsa Indonesia.

Konprènsi Bupati Jawi Têngah.

Kala dintên Sêtu ingkang kapêngkêr ing Sêmarang dipun wontênakên konprènsinipun para bupati Jawi Têngah, dipun bukani dening Kangjêng Tuwan Ingkang Wicaksana Gupêrnur Jendral. Racak pamanggihipun para bupati, kawontênanipun pulitik ing Jawi Têngah kenging kawastanan sae. Bab ekonomi, pamanggihipun parêpatan, kawontênanipun ingatasipun tiyang siti kenging kawastanan botên nguwatosakên, jalaran têdha cêkap.

Konggrès Mohamadiyah.

Kala malêm Sêtu tanggal 9 Mèi ingkang kapêngkêr konggrès Mohamadiyah ingkang kaping kalih dasa kabikak, mawi dipun wontênakên pêpanggihan wontên ing griya konggrès ing alun-alun lèr Ngayogya. Ingkang dados panuntunipun Kyai Ibrahim. Ingkang anjênêngi kirang langkung wontên tiyang sèwu. Para wêwakiling pang-pang sami ngaturakên kawilujêngang. Lajêng Kyai Adikusuma mêdhar sabda. Lajêng dipun sambêti Radèn Tumênggung Nitinagara (Budi Utama), Pangeran Suryadiningrat (pakêmpalan kawula Ngayogyakarta), Ki Hajar Dewantara (Taman Siswa), Dr. Sujarwadi saha wêwakiling mudha Kristên Jawi.

Insêpèktur pangajaran pribumi.

Tuwan A. van Dyck kapatah amakili dados insêpèktur pangajaran pribumi ing Ngayogya. Panjênênganipun samangke maksih wontên salêbêtipun pêrlop, suwau dados sêsulih insêpèktur pangajaran pribumi ing Sêmarang.

Kangjêng Tuwan Ingkang Wicaksana.

Kangjêng Tuwan Ingkang Wicaksana Gupêrnur Jendral sampun ngasta paprentahan padintênan malih.

Parêpatan I.S.D.P.

Benjing tanggal 17 Mèi punika I.S.D.P. badhe ngawontênakên parêpatan wontên ing gêdhong pêrmupakatan ing Batawi. Tuwan J.E. Stokvis badhe mêdhar sabda bab gêgayutanipun I.S.D.P. kalihan parte-parte kabangsan. Tuwan Stokvis wau botên dangu malih lajêng badhe pangkat dhatêng nagari Walandi.

Asiah.

Pogokan ing pamêlikan arêng sela.

Ing pamêlikan arêng sela ing Takano (Kiusiu, Jêpan) dèrèng dangu wontên tiyang kalih atus sami mogok. Têtiyang wau ing sêdya, manawi panêdhanipun botên dipun pituruti, botên badhe mêdal saking pamêlikan. Têdha dipun kintun para kulawarganipun. Wiwitipun wontên pasulayan inggih punika ing pamêlikan ing Urano (Phukuoka). Ing ngriku wontên tiyang sawatawis dipun pocot. Kawartos, têtiyang ingkang sami mogok wau gadhah sêdya badhe angrisak pamêlikan-pamêlikan. Kala tanggal 10 Mèi ingkang kapêngkêr pulisi nindakakên panggledhahan, kalampahan anyêpêng tiyang 50 ingkang dados panuntuning pogokan.

Kwomintang.

Dèrèng dangu, Tuwan Miles Lampson, Gêsan Inggris rawuh ing Singgapur, lajêng wawan rêmbag kalihan Dr. C.F. Wang, ministêr Tiongkok prakawis sajawining praja, prakawis Kwomintang. Wohing rêmbag, Kwomintang kaanggêp pakêmpalan ingkang absah, sok ugi gotên ngambah jajahan Inggris.

Prakawis kraman ing Burmah.

Pangadilan ing Piyapo andhawahakên paukuman kisas dhatêng tiyang 15, inggih punika ingkang sami tumut ngraman kala wulan Januari taun ingkang kapêngkêr. Kajawi punika wontên tiyang 56 dipun singkirakên salaminipun gêsang. Dakwa 24 sanèsipun dipun luwari.

Eropah

Sêtèling ing Paris kabikak.

Kala tanggal 6 Mèi sêtèling ing Paris kabikak, dipun jênêngi para pangagêng. Ingkang ambikak presidhèn Doumergue.

Sêtèling wau bikakipun dumugi wulan Sèptèmbêr. (Para maos kados botên kêkilapan, tanah ngriki kabêkta saking pasulayanipun kraton kalihan upkomite. Botên saèstu ngintunakên juru bêksa. Dados ingkang kakintunakên dhatêng sêtèling wau namung juru bêksa saking Bali, cacah tiyang 58, jalêr kalihan èstri. Ingkang dados panuntun Tuwan Sukawati, lid gêdhelêgir dhê rad kawula).

Pawartos saking Administrasi

Lêngganan nomêr 3910 ing Pakalongan. Ingkang f 2.50 tumrap wulan Ogustus dumugi Dhesèmbêr 31, langkungipun f 0.50 tumrap wulan Januari 1932.

--- 608 ---

Wêwaosan

Dhêndhaning Angkara

10.

Sang putri sakalangkung ngungun ing panggalih, ing batos ngantos anglocita: Iki wong ngêndi, dene ana wong bagus kaya mangkono. Ing salawase aku durung krungu warta, yèn ing kene ana wong kang pinunjul warnane. Apa iku sawijining nata môncapraja kang nuju ana ing kene. Nanging saupama nata, mokal duwea tindak murang tata wani ngambah patamanan ing kaputrèn.

Nalika sang putri ngunandika makatên, kasarêngan, Abdullah sumêrêp sang putri saha lajêng nyawang. Saking kagètipun sang putri dening pêpandêngan kalihan tiyang jalêr ingkang nêmbe sumêrêp, paningalipun ngantos sumrêpêt, wusana anjungkêl kumurêp ing jandhela.

Sarêng sang putri èngêt, lajêng wungu malih mriksani dhatêng tiyang neneman ingkang wontên ing taman, katingal anglêgèyèh ambruk ing siti. Botên dangu Abdullah lajêng ngadêg angajêngakên jandhela kalihan wicantên: Aku ora kasamaran manèh, kowe iku mêsthi putrine nata ing kene, prabawamu bisa gawe sumingêping panonku.

Ing sakala sang putri kagèt ing galih, dene wontên tiyang lajêng ngungkak krama dhatêng panjênênganipun, nanging sang putri ugi lajêng mangsuli kanthi sarèh ing panggalih: Pangiramu ora kliru, ya aku putrine nata ing Ngêsam. Balik kowe iku sapa, wong lanang wani lumêbu mênyang taman kang sêmu nyalawadi, lan patrapmu dêksura mênyang aku, banjur wani ngungkak krama. Apa kowe ora krungu, yèn kadhaton Ngêsam iku gawat bangêt, kawanènmu bakal ora mitulungi mênyang awakmu, ora wurung kowe bakal kawasesa dening abdi singanagara.

Dhuh putri kang pinunjul, warnamu kang pindha pancoronging rêmbulan, anuwuhake tekadku wani lumêbu ing kadhaton gawat. Nanging putri, kasamaran iku satêmêne ora ana, saya barêng aku sumurup warnamu, cilike lara, gêdhe tumêka ing pati, iku bakal ora gawe piduwunging atiku.

Hèh wong lanang, wong lanang. Ing jagad wis kêbak ucap kang kaya mangkono, mêmanising têmbung pangonggrong, salawase miwir tinêmu ana lambening wong lanang, iku ora bakal makolèhi tumrap wong kang kêdunungan ati padhang.

Dhuh putri musthikaning kadhaton Ngêsam, titising unimu, bisa anggugah rasaning atiku, ora larang manawa tak tuku kalawan pati.

Hèh wong anom, kowe aja anggêdhèkake panggunggung mênyang awakku, awit aku ngrêti yèn unimu iku mung dadi têmbung pangarah. Jênêngmu sapa he: wong anom, lan pinangkamu ing ngêndi.

Dhuh putri, jênêngku Abdullah, wong kabur kanginan tanpa dunung, kang salawase ngênut kêkêncênganing ati, wani tumêmpuh ing pakewuh, mula ora wangwang ngambah ing kadhaton wêrit, kang jalaran ngantêpi tekade, nêdya marak ana ngarsane putri linuwih.

Abdullah, unimu kang mangkono iku têtela mung dadi kêkêmbanging gunêm manis, kêkêndêlanmu kamoran pêpêtêng. Kowe elinga, ing kene dudu papane wong ulah gunêm mardika. Dulunên, pêpêtênging bêngi wis katon, kowe nuli lungaa, aja nganti nêmu pati siya-siya.

Ing sakala Abdullah èngêt bilih sampun wanci sêrap, lintang-lintang ing langit sampun katingal pating glêbyar, kados angêdhèpi dhatêng Abdullah tumuntên oncata saking kadhaton. Botên dangu kêtungka mirêng swaraning kori minêb pating glêrot, pating grobyag, Abdullah kêpêksa badhe angoncati, lajêng badhe ngucap pamit dhatêng sang putri, nanging sarêng tumênga, sang putri sampun atutup jandhela. Sarêng Abdullah sumêrêp makatên, namung têbah jaja kalihan mungêl: Adhuh, aku ora wêruh manèh.

Abdullah ing manah ragi kuwur, dening mangu-mangu mangro pikiran, badhe mêdal, eman manawi sang putri katingal malih, nanging manawi botên mêdal, nama maha manggèn ing bêbaya.

Punika yêktos, botên dangu ing kadhaton katingal nyênyêt, saupami Abdullah puguh botên kesah saking ngriku, tamtu katungka dhatêngipun têtiyang nganglang.

Abdullah lajêng nêdya oncat saking kadhaton, lampahipun malipir urut papan sêpên. Ing ngriku Abdullah ngrumaosi, bilih tindak cidra punika tansah tinut ing kasamaran, tandhanipun, nalika Abdullah sumêrêp galibêding tiyang, dipun pilaur mèpèt umpêtan wontên ing papan lindhuk. Nanging sapunika badhe kadospundi malih, Abdullah nama wontên salêbêting pakèwêd, kinurung wontên salêbêting kadhaton, dados sagêdipun oncat badhe rêkaos, awit ing pundi-pundi wontên tiyang jagi.

Kados sampun nama lêrêsipun, tiyang nêmaha dhatêng kalêpatan punika badhe manggih dhêndhanipun. Botên dangu Abdullah mirêng dipun sapa ing tiyang, sanalika Abdullah anjanggirat, nanging lajêng muntu tekad, nêdya nglawan dhatêng sintêna kemawon, malah lajêng ngaglah kalihan mungêl: Aja nyapa, nyêdhaka bae mrene yèn arêp ngrasakake tumibaning pêdhangku. (Badhe kasambêtan)

--- 125 ---

Nomêr 32 Taun I.

Taman Bocah

Lampiran Kajawèn kawêdalakên sabên Sabtu.

Badhean kanggo Ngasah Budi

Sadulur W.S. Surata ing Sala.

Sadurunge aku reka-reka milu ambatang badheanmu kang kapacak ing taman bocah nomêr 30 lampiran, ôngka 35, ayo padha têpungan dhisik. Jênêngku Masnur, isih murid, omahku ing Kalongan Kidul, sajroning kutha Surabaya.

Tumrape aku rêkasa bangêt mungguh pambatangku badheanmu. Nanging sarèhne aku ngèlingi têtêmbungan: badhean kanggo ngasah budi, nadyan suwe pamikirku, uga tansah sarana tlatèn, idhêp-idhêp aku ngrewangi mêlahi prau sing bok angge lumban nèng balumbang iki, bèn bisa enggal manêngah, sarta sêmpulur lakune kang mêsthi bakal bisa gawe bungah lan sênênging ati. Lèpèk saisine yaiku dhuwit sèn, lan banyu kang panyèlèhe manut pratikêlmu, nganti mèh sak sore dak sawang-sèwèng, kawusanane barêng ngarêpake surub srêngenge, dumadakan aku nêmu akal, kang awèh dalan pambatang badheanmu.

Amurih dhuwit sèn mau kêna kajupuk, nanging drijine sing anjupuk aja nganti têlês, mangkono uga panjapukepanjupuke. ora kêna nganggo bangsaning cuthik, utawa lèpèk lan banyune ora kêna owah saka ngênggon, pratikêlku mangkene: aku anjupuk papah godhong katès kang rada cilik, dawane watara 25 cm, banyu kang ana ing lèpèk banjur dak sêrot, sarana papah godhong katès mau. Banyu kang ana ing lèpèk durung nganti sat, dhuwit sèn kang sumèlèh ing kono wus ora kambah banyu, nuli dak jupuk nganggo driji. Barêng wis kêna, banyu kang ana sajroning papah godhong katès dak sêbul alon-alon bali mênyang lèpèk manèh.

Bênêr utawa orane pambatangku kuwi, aku sumarah marang sliramu.

Salamku: Masnur

Cangkrimane baguse Surata wiwit ana sing ambadhe, kaya sing wis dipacak ing dhuwur iki, lan isih ana liya-liyane manèh, uga arêp dipacak. Sajak-sajake anggone ambadhe anakku iki wis rada mèmpêr, nanging mungguh nyatane, ngêntèni besuk yèn wis dibabar bae.

Pakmu Sêbul.

--- 126 ---

Salah Sèlèh

Unèn-unèn ing dhuwur iki kêlumrah bangêt diucapake ing bocah, karêpe: wong duwe tindak luput iku bakal kawêlèh, mungguh dongèngane mangkene:

[Grafik]

Ana manuk grija duwe anak cilik, bangêt gêmatine mênyang anak, sabên esuk saba mênyang pomahane uwong, lan wis dadi kêlumrahane, manuk grija kuwi yèn saba dhêmên cêdhakan uwong, awit melik gampang bisane olèh keceran pangan, lan manèh dheweke wis ngrêti, wataking uwong kuwi dhêmên brah-brèh, ora anggêmèni barang keceran sathithik, môngka keceran mau tumraping manuk grija dianggêp rijêki gêdhe. Mula pamujine manuk grija mênyang uwong iku bêcik, kalane ngocèh pating cruwit, yèn dijarwakna têgêse mangkene: dara-dara manungsa kuwi padha tak pujèkake sugih, dang kuwata manggon ana ing omah gêdhong, aku arêp mondhok manggon sangisore gêndhènge, dhasar sabên dina sugih keceran apa-apa, aku sasat manggon ing kadhaton rijêki.

Nuju wayah esuk grija wis mencok ana sacêdhaking omahe wong sugih, ing kono kêbênêr nuju padha sarapan, sarapane roti martega, nganggo didokoki kèju, ana sing daging, si grija nganti kêmêcêr, batine: wah sarapan bae kaya ngono, rotine le putih, martegane li gilap, kèjune nglêngi. Tobat, tobat, anggone nyakot athik andêmênakake têmên. Ing kono ana anake sing duwe omah ambuwang cuwilan roti, grija banjur mudhun nothol roti karo muni: Nuwun dèn bagus.

Grija banjur mulih ngloloh anake, sing wis suwe ngarêp-arêp êmbokne, tansah crak crèk, saka kêluwèn. Barêng anake wis warêg, banjur mênêng. Grija bali manèh mênyang pomahan arêp adus, awit awake krasa lungkrah. Satêkaning pomahan kêbênêran wêruh ana tong wis kêbak isi banyu, batine: wong yèn lagi kabênêran, arêp adus bae wis nêmu banyu kimplah-kimplah, iba sêgêre.

[Grafik]

Grija banjur adus cilum-cilum, ing kono dhèwèke wêruh glibêt sing agawe tratabing ati, nganti lair unine: Apa iki, dene atiku trataban. E ladalah, jêbul bok cilik meong. Ayah anggone sajak ora nyana, nanging satêmêne [satê...]

--- 127 ---

[...mêne] arêp andêkêp aku. Ya, titènana, waton aku wêruh bae môngsa kênaa ditubruk. Nanging ambak-ambing atiku ya trataban.

Pangirane grija sing mangkono mau ora luput, ing kono pancèn ana kucing sing anggrumut arêp nubruk si grija, lakune mindhik-mindhik, anggone napakake sikile urut kacang cêtha wêwilangane. Anggone ngindhik-indhik mau wis saka kadohan, lakune ngati-ati bangêt, saupama grija ora wêruh ing sadurunge, mêsthi kêna ditubruk. Nanging sarèhning grija wêruh, lakuning kucing dadi mondhag-mandhêg, lan grija tansah jonthat-jonthit prayitna, patrape kaya ngiwi-iwi mênyang kucing.

Kucing atine gêtêm-gêtêm bangêt, arêp disêngkakake lakune, ngira mêsthi ora olèh gawe, dadi iya banjur lèrèn. Nanging suwe-suwe atine ora tahan, banjur nekad anubruk si grija. Panubruke tuna dungkan,dungkap, ora kêcêkêl, malah mabur, kêcêmplung ngêtong.

Grija mabur kêkêjêr karo muni: Kuwi jalukanmu bok cilik. Wis kono tutugna anggonmu adus.

Kucing banjur anjranthal malayu mlêbu ngomah, arêp golèk angêt-angêt, sêdyane arêp kipu ana paturon, mêsthi bae malah saya cilaka, awit barêng ketok thili-thili arêp malêbu ngomah, malah dipênthungi. Kucing banjur bali karo andharêdhêg, dhedhe ana panasan. Ing kono grija muni saka ing dhuwur: bok cilik, elingana: salah sèlèh.

Narima Nêmu Bêgja

Ngrêmbug butuh.

Iki ana dongèng, sing dadi jêjêr dongèng wong tuwa, sajake kaya dudu dongèng bocah, nanging satêmêne ya dongèng bocah, awit ing carita iki mujudake rukune wong omah-omah, dene anane dianggo wacan bocah, prêlune kanggo tuladan, yèn rukuning wong tuwa iku uga andayani bêcik mênyang bocah sing tunggal saomah, dening ora tau kêdhêdhêran wiji pasulayan, wêwatêkaning bocah bisa dadi lumrah, rukun lan sapanunggalane. Dongèngane mangkene:

Ana wong jêjodhoan, jênênge Pak Klênthêng, anane jênêng mangkono, saka duwe anak wadon jênêng Klênthêng, mêsthi bae êmbokne iya jênêng Bok Klênthêng.

Anggone jêjodhoan Pak Klênthêng kuwi rukun bangêt, ora tau pasulayan, apa tindake salah siji, mung dadi condhonging sijine. Upama sing wedok olah-olah, iya diolahna apa bae, sanadyan ora enak pisan, ora tau ana suwara apa-apa. Wis tau Pak Klênthêng diolahake jangan asêm, rasane kêcut bangêt, anggone nguyup nganti anjingkat, saka kêcute. Sing wedok nganti nyapa: Genea pakne, anggonmu mangan sajak kagèt. Wangsulane: Saka sêgêre bokne,

--- 128 ---

tau manèh, mangan lawuhe dhêle gosong. Barêng mamah krasa pait, irunge Pak Klênthêng nganti nyungir, ewadene barêng ditakoni sing wedok, sababing nyungir, wangsulane: Gurihe rada ora kaya adat. Sing wedok banjur mangsuli karo angguyu: Kuwi rak kêgosongên, pakne. Dene anggone mangan dhêle Pak Klênthêng, malah dibablasake, ora wêdi mênyang paite. Wose padha êmong-ingêmong.

Kacarita Pak Klênthêng kuwi duwe jaran, bangêt diêmi-êmi, anggone anggêmatèni sasat anake nomêr loro. Samono uga anak bojone, ora beda anggone anggêmatèni, dadi jaran mau ajêg diupakara ing wong têlu, mula awake nganti klimis, sasat dadi jaran pènsiunan, ora tau ditrapake ing gawe, ajêg kopèn pangane.

Nanging sarèhning uripe Pak Klênthêng kuwi mlarat, mêsthi bae tansah kêpêthuk butuh, barêng butuhe saya mrêtêk, ora ana sêtiyare manèh kajaba arêp ngêdol jarane. Nanging wong loro mau tansah gojag-gajêg, padha pakewuh nglairake.

Suwe-suwe barêng butuhe saya bangêt, Bok Klênthêng kêpêksa kôndha mênyang sing lanang, têmbunge: Pakne, iki wis mèh grêbêg Pasa, wayahe wong tuwa nyandhangi bocah, apa kowe ora arêp nyandhangi anakmu Si Klênthêng.

Pak Klênthêng: Mêsthi bae bokne, anakmu arêp tak tukokake jarit lan kêlambi sing anyar.

Bokne: Sing arêp koanggo nukokake bae apa, pakne.

Bapakne: Ya sêtiyar.

Bokne: Tinimbang sêtiyar sing durung mêsthi entuke, yèn kowe condhong, bok jaranmu bae koêdol, tur butuhmu mêsthi kêcukup kabèh. Orane iya diijolake, golèk tombokan. Apa iya ta kowe wong wis tuwa, lan manèh wong desa, arêp têgar.

Pak Klênthêng sing salawase ora tau nyulayani karêpe sing wedok, banjur mangsuli karo mèsêm: Wah, bênêr bangêt kuwi bokne, kok samono panêmumu. Thowêng.

Klênthêng mara karo sumaur: Apa, pak.

Bapakne: Jarane didol, ya, bèng. Go tuku sandhangan.

Bocah sing salawase nyumurupi rukuning wong tuwa, krungu rêmbug mangkono mau iya mung bungah, wangsulane: Iya pak, ning jarane dipakani dhisik, bèn warêg.

Satêmêne lêlakon mangkono kuwi iya gawe karasa-rasaning ati, awit kewan sing diingu mau ditrêsnani ing wong têlu. Mula sadurunge diangkatake, bangêt digêmatèni. Pak Klênthêng ajêg anggone ngarit, milih sukêt sing ênom-ênom. Bok Klênthêng rêrêsik gêdhogan, nyadhiyani pangombèn banyu rêsik. Dene Klênthêng sing ngulat-ulatake yèn jarane nuju diumbar ing wayah sore. Mula sadurunge didol, awake jarane saya ketok mundhag gêdhe, wulune gilap.

--- [0] ---

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]

--- [0] ---

Ôngka 42, 9 Sura Taun Je 1862, 27 Mèi 1931, Taun VI

Kajawèn

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]

--- [641] ---

Ôngka 42, 9 Sura Je 1862, 27 Mèi 1931, Taun VI

Kajawèn

Kawêdalakên sabên dintên Rêbo lan Sabtu

Rêgining sêrat kabar punika ing dalêm tigang wulan ... f 1.50, bayaranipun kasuwun rumiyin, botên kenging langganan kirang saking 3 wulan.

Juru ngarang - administrasi Bale Pustaka, ing sawingkinging kantor palis, tilpun nomêr 2791 - Bêtawi Sèntrêm.

Guwa ing Piktoriah

[Grafik]

Guwa Gampil "Gods Buchan" ing Piktoriah (Ostrali). Ing parêdèn gamping kathah guwa makatên punika.

--- 642 ---

Bab Kasusastran Jawi

Tunggal Kôndha Seje Critane

(Bab têmbung: kônca-kancane)

Têmbung Jawi punika pakêcapanipun ing kina: miring, kados ta: ana sira Maharaja Duswanta ngaranira = hana sira maharaja Duswanta ngaran ira. Dados kados pakêcapan têmbung Jawi ing Banyumas ing waktu punika, cocog kalihan têmbung Bali sarta têmbung sanès-sanèsipun ing tanah Indhonesiah. Makatên wau lami-lami sawênèh wontên ingkang ewah, kados ta: pakêcapan Minangkabo hanå, sirå, maharajå (wanda wêkasan lêgêna swaranipun dados å). pakêcapan Jawi kalimrah ing tanah Jawi Têngah) ingkang ewah botên namung samantên, dalah wanda sangajêngipun wanda wêkasan, ugi ewah dados a. upaminipun: ana, maha, raja. Namung manawi karakêtan panambang, lajêng wangsul miring malih (anane, rajane). Dene molah-malihing swara, jêjêg - miring, punika mênggahing tiyang Jawi ing waktu punika, sampun wradin atulipun, botên wontên ingkang rumaos rêkaos, milanipun sampun botên nate dados rêmbag padudon.

Ingkang sajakipun dèrèng saiyêg, taksih beda-beda pamanggihipun, punika tumrap têmbung-têmbung: gara-garane, apa-apane, sapadha-padhamu, saana-anane, sarupa-rupane, sasaminipun.

(a) Wontên ingkang maos: gara-garane, apa-apane, sapada-padamu, saana-anane, sarupa-rupane.

(b) sawênèh ngungêlakên: gårå-garane, åpå-apane, sapådå-padane, saånå-anane, sarupå-rupane.

Pakêcapan (a) punika taksih lugu cara Jawi kina, gampilanipun kenging kawastanan cara Banyumas.

Pakêcapan (b) punika gagrag enggal. Lami-lami tamtu tiyang Jawi inggih badhe matuh (atul) kadosdene bab ana raja wau. Têmbung-têmbung ingkang kados makatên punika, sanajan pakêcapanipun warni kalih, ewadene botên patos dados rêmbag, awit sêratanipun sami kemawon. Beda kalihan têmbung kanca-kancamu, semangka-semangkane, sakanda-kandamu, pantha-panthanen sasaminipun, punika sêratanipun aksara Jawi mawi sandhangan taling tarung, botên sagêd ewah swaranipun dados a:

Kônca-kancane = kåncå-kancane

Kanca-kancane = kanca-kancane.

Dados ingkang sulaya botên namung swaranipun, inggih ugi sêratanipun.

Mênggah sandhangan taling tarung ingkang tumrap ing têmbung: kônca, môngga, tômba sasaminipun, punika gagrag enggal, tuwuhipun saking wontênipun wulang nulis ing jaman sapunika, kala rumiyin taling-tarung kados makatên punika botên wontên, mila kenging kawastanan sanès taling tarung lugu, namung tôndha swara jêjêg kemawon. Upami dèrènga kêlajêng, kados prayogi kasantunan tôndha sanès warni kemawon, upami: kanca, manawi kapisah wandanipun: ka + nca (dados wontên sêratan: nca = ntja). Sarèhning sapunika wulang nulis botên ngwontênakên sêratan kados makatên, pramila lajêng tuwuh sandhangan taling tarung palsu, kasêbut nginggil wau. Ewadene taksih têtêp, manawi têmbung: kônca, utawi: kanca, punika 2 wanda sami nglêgêna, sasaminipun: ana, padha, jara. Namung kaot wandanipun wingking mawi brêngênging swara irung. Dados jêjêg utawi miringipun swara têmbung: kanca-kancane sami kemawon kalihan: pada-padane.

Wosipun atur kula:

Pakêcapan

(a) sapadha-padhane utawi (b) sapådå-padane.

(a) Kanca-kancane utawi (b) kåncå-kancane.

Kalih pisan sami lêrêsipun, namung kintên-kintên cara (a) punika badhe saya ical, awit sakathahipun pamulangan Jawi sami mulangakên cara (b). wasana nyumanggakakên.

Dwijawiyata.

Karangan ing nginggil punika bakunipun tunggil rêmbag kalihan karanganipun sadhèrèk cah Klathèn. Ing sarèhning rêmbag wau prêlu dados panggalihanipun sadhèrèk cah Klathèn, bab punika kula sumanggakakên, saha sagêda benjing ing dintên Rêbo ngajêng macak rêmbag tunggilipun bab punika.

Red.

--- 643 ---

Usada Êntup-êntupan

Nuwun, tuwan rêdhaktur, bilih sêpên pakèwêd sarta kaparêng punapadene wontên papanipun, kaparênga kula ngaturakên urunan pamanggih, namung môngka kangge jangkêp-jangkêp, awit sarêng kula ningali Kajawèn, ôngka 32 kaca 500, nêrangakên bab jampining kenging êntup-êntupan, kula lajêng kèngêtan, dene ingkang badhe kula aturakên wau ugi namung rèmèh sangêt, inggih jampining êntup-êntupan, kados ing ngandhap punika:

Sakawit nalika taun 1914 kula gêgriya wontên ing Sukawati nate dipun cariyosi para sêpuh, bilih jampining tiyang kenging êntup-êntupan wau tuwin dipun cakot sawêr punika gampil sangêt, inggih punika panggenan tatu tabêt êntup sarta tabêt cakotan wau lajêng katèmplèkana sela (intên punapa barleyan) tamtu lajêng sagêd saras, sami sanalika. Wêkdal wau sarèhning wicantênipun tiyang sêpuh inggih cêkap kula inggihi kemawon, ananging ing dalêm batos maibên, awit botên pinanggih ing nalar.

Sarêng salêbêtipun taun 1929 kula sampun pindhah gêgriya wontên talatah Ônggabayan, lajêng wontên tiyang dipun cakot kalabang ingkang sanalika wau andharodhog kados bêntèr tis, wêkdal wau kula kèngêtan tur ngiras nyobi dayaning sela wau (intên lami), kula tèmpèlakên antawis 15 mênit, ingkang sakit sampun sagêd saras, lajêng satunggiling dintên tiyang kacakot sawêr wêlang, môngka kacriyos mandi sangêt, amung 15 mênit ugi sagêd saras, punika salajêngipun ngantos kaping rambah-rambah, ugi sanalika sagêd saras. Kalampahan ngantos kula pindhah malih dhatêng talatah Gunungsèwu, kula ugi nyobi malih inggih sagêd sanalika saras, dados kula lajêng botên maibên cariyosipun tiyang sêpuh wau pancèn nyata, namung punika ingkang sampun kula cobi, ambokmanawi taksih wontên dayanipun malih ingkang kula dèrèng nate mrangguli kula nyumanggakakên.

Sasana. Lêngganan ôngka 4103.

[Grafik]

Ing sisih punika gambaripun tiyang nama Karung (ingkang têngah), ingkang sampun dangu dipun padosi dening pulisi, amargi mêjahi ondêr komisaris pulisi van Rees wontên ing Kramatpulo, Batawi. Kacêpêngipun wontên ing bawah Bandhung.

--- 644 ---

Jagading Sato Kewan

Bab Sima

Anyambêti katêrangan cariyos bab sima, ing Kajawèn ôngka 29 katandhan sadhèrèk Sumadi. Kawuningana, sima punika wontên sadhengah panggenan inggih botên kirang ingkang purun nubruk amarjaya tiyang utawi kewan kanthi mêlèk-mêlèkan (botên nuju ngantuk utawi tilêm), kados ta: maenda wontên pangènan, tiyang nuju lumampah ing wana tuwin sapanunggilanipun asring kemawon dipun tubruk sima salajêngipun dipun môngsa, namung anggènipun môngsa kemawon mila lêrês kêdah ngêntosi sasampunipun pêjah, bilih taksih gêsang dèrèng purun môngsa. Wontên cariyos malih, sima môngsa tiyang punika sagêd anguculi sandhang panganggenipun bangke ingkang dipun môngsa, sandhangan taksih wêtah jangkêp botên wontên ingkang risak lan cicir. Mênggah nyatanipun dede sima ingkang nguculi sandhangan wau, nanging bangkenipun piyambak. Pasaksèn katêranganipun mangke badhe kacariyos ngandhap.

Jaman wolung dasanan taun sapriki, margi agêng saking bênawi Wanagiri (Surakarta) mangetan anglangkungi siti Gêduwang dumugi Panaraga (Madiun), punika taksih wana agêng, kathah bêbujêngan wana sato galak ingkang sami dêdunung ing wana ngriku, langkung malih sima, sangsaya kathah, ewadene kathah sangêt tiyang langkung ngriku. Têtiyang jalêr saking Surakarta, Ngayogyakarta, Kêdhu, Bagêlèn tuwin sakiwatêngênipun, inggih punika santri-santri kêkesahan dhatêng Panaraga prêlu ngaos ing pondhok pasantrèn ing Panaraga, kalihan lumampah dharat wongsal-wangsul têmtu sami mêdal margi Wanagiri mangetan anglangkungi wana agêng wau, awit kajawi wêkdal samantên dèrèng wontên sêpur utawi têtumpakan sanèsipun kados sapunika, sasambêtanipun margi ing ngriku sagêd cêlak piyambak tumrapipun saking bang kilèn.

Margi antawising Wanagiri kalihan pasitèn Gêduwang kasêbut nginggil, kêrêp sangêt tiyang amrangguli utawi nyumêrêpi, ing lêbêt wana utawi gêgrumbulan sacêlaking margi agêng, katingal wontên tumpukan sandhang panganggenipun tiyang jalêr, dipun tata lêmpitan taksih wêtah, wontên ugi ingkang dipun tumpangi barang sanèsipun, kados ta: golok, cundrik, dhuwung, kitab Kuran utawi sanès-sanèsipun, trêkadhang namung pating klumbruk botên dipun tata. Tiyang-tiyang santri kathah ingkang sami cariyos, bilih sandhangan-sandhangan wau nêmtokakên panganggenipun tiyang dipun môngsa sima, awit sima makatên botên purun môngsa bangke manusa ingkang taksih katutan sandhang panganggenipun. Mila kêdah dipun bikaki rumiyin dening sima ngantos rêsik kantun badan balaka. Mirêng cariyos makatên punika, santri-santri nèm-nèm sami gumun, sawênèh maibên, dene sima têka sagêd ambalèjèdi sandhangan taksih dipun angge tiyang, taksih wêtah botên risak, môngka sima punika dêdamêlipun botên liya kajawi kuku sarta untu ingkang sangêt landhêpipun … wana ngriku mila kêrêp sangêt wontên santri ingkang dipun môngsa sima wêkdal sawêg malampah [mala...]

--- 645 ---

[...mpah] badhe ngaos utawi wangsulipun mêntas ngaos saking Panaraga.

Sapunika andumugèkakên cariyos sakawit, minôngka pasaksèn bilih sima punika inggih purun nubruk marjaya tiyang kanthi mêlèk-mêlèkan botên tilêm. Ing bawah kabupatèn Ngawi (Madiun) kala rumiyin wontên tiyang jalêr kalih sadhèrèk kakang adhi, sumêdya sami kesahan dhatêng Surakarta, prêlu badhe ningali karamean sêkatèn ing wulan Mulud, sami lumampah dharat, amargi sêpur Sala-Surabaya dèrèng wontên. Kintên jam 5 sontên lampahipun angambah wana wêwêngkon kawadanan dhistrik Gêndhingan (Ngawi). Ingkang sêpuh lumampah ngajêng ingkang nèm wontên wingking. Botên nyana-nyana, saking ngiringan kakangipun dipun tubruk sima gembong, sasampuning gulunipun dipun bêkuk tanpa sambat, bangke lajêng dipun gendhong, patrapipun malang malumah sanginggiling gigir sima, nuntên kabêkta malêbêt dhatêng gêgrumbulan, nanging palajêngipun sima botên sagêd rikat. Kocapa adhinipun, kajawi sangêt kagèt, sarêng nyumêrêpi kakangipun dipun tubruk sima, sanalika sumrêpêt anututi lampahing sima, dhatêng pundi purugipun tansah dipun bujêng kemawon, ciptanipun aluwung pêjaha sarêng lan kakangipun, sok ugi sampun sagêd marjaya sima. Wusana sarêng dumugi sacêlaking balumbangan alit isi toya rêgêd kados gupakan maesa, manggèn sangandhaping wit-witan, katingal saking katêbihan sima kèndêl palajêngipun, lajêng nyèlèhakên bangke ing siti kumurêp, bangke dipun langkahi sima, sima nuntên malajêng umpêtan botên katingal. Adhinipun [Adhinipu...]

--- 646 ---

[...n] sangsaya ngangsêg palajêngipun, ngintên yèn kakangipun sampun badhe dipun môngsa. Nanging bangke wau jêbul garegah tangi, lungguh sêlonjor kalihan angudhari udhêngipun ingkang dipun angge kasèlèhakên sandhingipun lungguh, nuntên jungkatipun dipun tumpangakên udhêng. Adhinipun saya sagêd cêlak, tansah anoncong dhuwung ligan kanthi kaprayitnan mulat ngiwa nêngên. Bangke sawêg ukrag-ukrêg badhe nguculi bêniking rasukanipun, botên sarônta nuntên tinubruk adhinipun, kalihan wicantên sarosanipun marambah-rambah: he, kakang, kakang, ayo kakang bali, gèk êndang gêlis sumingkir saka kene, kakang: eling kakang, kalihan tanganipun kiwa angrangkul badaning kakangipun dipun junjung-junjung supados nuntên ngadêg malampah, tangan têngên angobat-abitakên dhuwung bokbilih sima ingkang umpêtan wangsul anubruk, sakêdhap kakangipun sagêd ngadêg kalihan sêngkoyongan miwah botên sagêd wicantên babarpisan.

Enggaling cariyos, wanci dalu tiyang kathahkalih. wau sagêd dumugi griya kalurahan, ugi ing dalu wau dumugi ing kawadanan dhistrik Gêndhingan, adhinipun angaturakên punapa wontênipun lêlampahan ingkang mêntas kadadosan, namung kakangipun ngantos ngajêngakên byar enjing sawêg sagêd cantênan, nanging anggêndhêlêng kados tiyang bingung, sarta sagêd cariyos bilih rikala wau botên kèngêtan punapa-punapa, kajawi awakipun sakojur tansah karaos sumuk kados dipuna…mila kêdah adus kemawon, wusana sawêg badhe cucul pangangge, dèrèng ngantos adus, lajêng dipun tubruk adhinipun, nanging badan sampun sêpên kakiyatan prasasat tanpa bayu babarpisan, malah udhêng dalah jungkatipun taksih kantun wontên wana.

Enjingipun paprentahan kawadanan lajêng andhawuhakên dhatêng têtiyang kathah, kanthi pirantos-pirantos nyêkapi kangge anggropyok sima ing wana. Dumugining wana udhêng kalihan jungkat ingkang kantun wau pinanggih taksih wêtah, nanging sima kêlajêng ngical botên kantênan dhatêng pundi purugipun. Mirid kawontênan kados ingkang kacariyos wau, dados têtela, ingkang anguculi sandhang panganggenipun tiyang dipun môngsa sima, punika dede simanipun, nanging inggih tiyangipun wau piyambak wêkdal sadèrèngipun dipun môngsa, têrangipun inggih kadosdene cariyos bab wana Gêndhingan kasêbut nginggil.

Cucal sima, tumrapipun ing tanah Jawi ingkang sagêd pikantuk rêrêgèn kathah, namung yèn kadamêl dandosan prabot kapal titihanipun para luhur, kados ta slebrak sapanunggilanipun, ngantos dasanan rupiyah, ngantos sapunika sampun botên kalampah, amargi para luhur sampun awis sangêt ingkang kaparêng nyêlakakên titihan kapal. Namung dumugi samantên katêrangan bab sima, kirang langkunging cariyos kula nyuwun pangaksama para maos.

P.K. 585.

--- 647 ---

Bab Têtanêman

Klèngkèng

Wontên ing Kajawèn ôngka 82 taun 1928 bab kasêbut nginggil punika sampun nate kula andharakên sawatawis. Ewasamantên ing mangke kula kêpêksa kêdah ngrêmbag malih, amargi sagêd ugi ingkang rumiyin kirang cêtha. Kajawi saking punika, kula tampi sêratipun sadhèrèk kêkalih ingkang padununganipun sami têbih-têbih, jêr têpangipun kalihan kula wau kintên-kintên inggih namung kabêkta saking sumêbaring kalawarti Kajawèn, inggih punika sêrat wau ingkang satunggal saking Jêmbêr, satunggalipun saking bawah Kudus. Dene kajênging sêrat larasipun nunggil bab, angrêmbag prakawis klèngkèng, sawênèh ijêmanipun makatên:

Salam taklim.

Nuwun wiyosipun, kula ngaturi prangko kosong, mugi dipun paringi katrangan ingkang cêtha, tuwin punapa sabab-sababipun, dene klèngkèng ingkang sampun agêng têka botên mêdal wohipun. Awit kula gadhah wit klèngkèng ingkang umuripun sampun 30 taun, mênggah katingalipun lêma sangêt, ronipun angrêmbaka (kêtêl) mênggah tanahipun ½ parêdèn. Mênggah klèngkèng kula punika, sapindhah kemawon dèrèng nate awoh, môngka dhawuh-dhawuhipun para bêndara wadana (a. wadana) kapurih ngingah kemawon. Kula sarêng maos Kajawèn, wontên karangan pa (panjênêngan) bab klèngkèng. Wasana sangêt pangajêng-ajêng kula mênggah paring katrangan pa (panjênêngan).

Samirêja 7 Mèi '31

Ingkang rayi ...

Wondene sêrat sanèsipun kirang prêlu kapêthik ing ngriki, mindhak kêpanjangên ...

Mirid saking wontênipun sêrat-sêrat ingkang sampun kula tampi wau, punika dados satunggaling cihna ugi bilih isining kalawarti Kajawèn punika tansah dipun wigatosakên dening para maos, kaping kalihipun: nelakakên bilih sadhèrèk kêkalih wau, kalêbêt wêwicalaning rêmên ananêm. Pramila wajibipun kula ing ngriki tumut amêmuji: sukur. Samantên ugi tumrap para maos sanèsipun, mugi sampun kêmba ing panggalih. Awit mênggahing wosipun karangan punika, kajawi dumunung minôngka wangsulan tumrap sadhèrèk kêkalih wau, ing pamanggih kados ugi migunani tumrap sintêna kemawon ingkang ambêtahakên. Mênggah andharanipun kados ing ngandhap punika:

Kacariyos, klèngkèng makatên aslinipun saking nagari Tiongkok, dados sanès aslining têtuwuhan tanah Jawi, mila ingkang sok migunakakên woh klèngkèng wau kathah-kathahipun inggih ngêmungakên bôngsa Tionghwa, kabêkta sampun kulina kalaning wontên ing ngrika, kêpatuh dados pakarêmanipun.

--- 648 ---

Tanah Tiongkok punika hawanipun kacariyos langkung asrêp tinimbang ing tanah Jawi, lan malih parêdènipun langkung kathah, dados inggih botên anèh, manawi tanêman klèngkèng wontênipun ing ngriki awis ingkang purun dados (awoh), sabab kabêkta saking kirang cocoging hawa lan pasitènipun. Nadyan puruna awoh pisan, sampun têmtu gèsèh kawontênanipun. Miturut katranganipun sawênèhing bôngsa Tionghwa, agêng-agêngipun woh klèngkèng wêdalan tanah Jawi, punika kalêbêt alit-alitipun woh klèngkèng wêdalan nagari Tiongkok, bab wau lêrês lêpatipun nyumanggakakên.

[Grafik]

Klèngkèng.

Ing padunungan kula lami (Tumpang) pancèn kathah tiyang ingkang sami nanêm wit klèngkèng, makatên ugi ing kitha-kitha, nanging ugi awis ingkang purun awoh, malah racakipun tumrap ing papan ngare, klèngkèng wau ngêmungakên manjing dados yom-yomaning palataran kemawon, pancèn katingalipun asri. Nanging mênggah salugunipun, pundi wontên tiyang anênamêm botên ngajêng-ajêng wohipun, ewasamantên inggih mêksa asring gagal. Dangu-dangu inggih namung kaêtogakên kemawon, badhe katêgor eman-eman, ngèngêti anggèning nanêm sampun watawis lami. Mila dumugi sapriki rêrêgènipun woh klèngkèng wau taksih têtêp awis kemawon, ing dalêm sakatos f 1.- dumugi f 1.25, kalêbêt dalah gagangipun ingkang taksih têlês.

Têtiyang sakiwatêngên kula nunggil dhusun, ugi kathah ingkang gumun, dening sami-sami nanêm klèngkèng têka botên sami kawontênanipun. Ugi wontên kalamangsanipun uwoh, nanging botên misra sangêt. Wangsul tumrap gadhahan kula piyambak sabên pêndhak taun mêsthi awoh. Badhe kasambêtan.

Nirrasa. Kêpanjèn, Malang.

--- 649 ---

Pawartos Wigatos

Jiyarah Minggah Khaji

(Sambêtipun Kajawèn nomêr 18)

Kabêkta saking griya pondhokan kula angongkang andhèmpèl ing masjid, kula sakônca sabên waktu solat sami mrêlokakên solat barjamangah tumurun dhatêng masjidil Kharom, sêsarêngan kalihan sadhèrèk muslimin pintên-pintên dasa èwu, sugih miskin, sêpuh anèm, jalêr èstri, sawarnining bôngsa amor. Sarêng wontên ing Mêkah kula sawêg mangrêtos yakin, yèn agama Islam jêmbar sangêt têbanipun, dados agama Islam botên dumunung ing bôngsa Arab kemawon. Ingkang kula sumêrêpi piyambak pintên-pintên bôngsa ingkang sami andhatêngi khaji ing nagari Mêkah.

Trêping masjidil Karom punika jêmbaring pasitènipun 6 bau. Wangunipun pasagi panjang wujudipun ambathok malumah, kabikak botên mawi payon, namung ing pinggir kintên-kintên wiyaripun 3 cêngkal mubêng têmu gêlang dipun payoni, awujud pasungan pêthak atharik-tharik, mawi plêngkung buh-buhan, saka pilar agêng santosa, kasêling saka marmêr pèni gilig agêng tigang larik mubêng, rinêngga lan ingukir mawi sastra Arab, mêthik saking ayat-ayat Kuran. Satêngahing masjid, betullah katingal cêtha angengla, kinrubung ing klambu sutra cêmêng tênunan, gilap agilar-gilar, kêbak rinêngga laphal jalallah sastra Arab, kinêndhitan ing ayat Kuran, mubêng têmu gêlang binêludir ing bênang mas amubyar sorotipun. Ing sisih lèr nginggil talang mas murni mawa cahya mancur ingukir sastra Arab. Sumur jamjam, makam Ibrohim, tuwin mimbar marmêr adi pèni, dumunung sangajênging kori betullah. Kori-korinipun masjidil Karom kathah sangêt. Saking kori ingkang kapetang agêng anjogipun dumugi betullah mawi radinan angganthêng plêstèr kasrasah ing sela itêm, katata undha-usuk agêng alitipun, waradin atharik-tharik saèmpêr sêkar trate kumambang ing toya, adamêl asrining pandulu.

Wiwit tanggal 1 Sawal 1349 sangandhaping payon mubêng têmu gêlang dipun pasangi tarub mawi motha pêthak, wiyaripun kirang langkung 6 m, kaestha wangun griya srotong alit malang arèntèng-rèntèng, amêwahi asrining paningal salêbêting masjid. Ing salêbêting masjid mawi dilah èlèktris abyor pintên-pintên atus kula botên sagêd ngetang, pamasangipun katata anut gagragipun, ingkang kagantung kasêling kalihan dilah kristal gagrag lami pating grandhul, yèn ing wanci dalu padhang anjingglang, mêwahi bingahipun têtiyang ngibadah ing salêbêting masjidil Karom.

Sadaya tiyang ingkang sami sêsarêngan solat ing salêbêting masjidil Karom, sanadyan taksih sami golong-golongan bangsanipun piyambak-piyambak, utawi kathah ingkang botên mangrêtos ing pawicantênanipun, ewadene katingal sami atut rukun, êmong-kinêmong, saking sagolongan akalihan sanèsipun golongan, botên wontên ingkang pasulayan, bokmanawi kabêkta saking sami dados satunggal kajênging manahipun. [ma...]

--- 650 ---

[...nahipun.] Wêwahing sanak sadhèrèk pitêpangan kula, salami kula sakônca sami nglampahi kuwajiban jiyarah minggah khaji, punika kathah sangêt, sagêd amêwahi jêmbaring sadherekan.

Ngibadah khaji kula sakônca salêbêtipun wulan Ramlan, kathah sangêt wêwahipun, lan pangraos rakhat sangêt, inggih punika sabên dintênipun manawi sampun ngancik jam 5 sontên, sadaya jamangah pintên-pintên èwu sami ngêmpal, intikhap ing masjidil Karom, lênggahipun mawi lèmèk babut kandêl apanjang urut larikanipun, anggolong manut sèhipun piyambak-piyambak, dipun tingali saking pinggir katingal nêngsêmakên lan rakhat sangêt. Mèh sadaya jamangah lumêbêtipun dhatêng masjid sami sangu roti utawi tamar (kurma) nyakêdhik, prêlu badhe kangge sêdhiyan nêdha buka siyam akanthi toya jamjam, ingkang sampun dipun sêdhiyakakên dening sèhipun, mawi gogok pating janggênêk waradin katata sangajênging lênggahipun para jamangah khaji, nyarêngi wanci sêraping srêngenge, bandera abrit ebah, jumêgur ungêling mriyêm, adamêl ebahing palênggahan, sadaya jamangah trampil sangêt anyarêngi dhahar buka tamar utawi roti sarwa sakêdhik sêsarêngan, ngunjuk toya jamjam, raosipun sakalangkung nikmat. Para muadin, ing sadaya mênara sakubênging masjid wontên 7 sami adan sêsarêngan, suwaranipun sora lêmpêng luwês lagunipun, adamêl angrêsing manah, mêwahi sêgêr dhumatêng ingkang sawêg sami dhahar sêsarêngan.

[Grafik]

Sawangan ing masjidil Kharom.

Sabibaring solat trawèh lajêng bibaran, enjingipun, kula sakônca sami nglampahi ngibadah ngumrah dhatêng Tanaim utawi dhatêng Jakronah, sêsarênganipun tiyang ewon, rintên dalu tanpa kêndhat, mawi numpak kimar, dhokar, motor uuwiutawi. bis. Ingkang lumapah ugi kathah sangêt, pating grombol andilir angêbaki margi. Sabên dintên ngantos sawulan kêcêput, sami makatên wêwahing ngibadahipun ing wulan Ramlan.

Ing nalika bakda riyaya tanggal 1 Sawal 1349 wiwit angajêngakên wanci subuh, ing masjid sampun kêbak isi tiyang, sarêng ngancik jam 7 enjing, masjid ingkang samantên wiyaripun ngantos sêsak sangêt, sap-sapipun kadamêl ciyut sangêt, larikanipun [larikanipu...]

--- 651 ---

[...n] lênggah sakalangkung mèpèt, ngantos sami tumpang dhêngkul, sadaya tiyang sami santun pangangge enggal, manawi dipun tingali saking panggenan ingkang ragi inggil, sawiyaring masjid namung katingal sirah tiyang waradin, nginggil pating blêbêr ibêripun pêksi dara megan ewon cacahipun saking bingung papanipun kêbak dipun ênggèni dening tiyang waradin tanpa sêla. Sarêng para muadin sami wiwit maos takbir sêsarêngan, suwaranipun têtiyang ing masjid sêpên anyênyêt tanpa sêbawa, kajawi namung nyauri takbir, wêkasan bibar solat riyaya wilujêng botên wontên karewelan satunggal punapa.

Wontênipun ngantos sawatawis dangu, andharan bab punika kajugag botên kawêdalakên, amargi sawêg wontên pambênganipun. Badhe kasambêtan.

R.H. Mohamad Muhtar, ing Sukaraja (Banyumas).

Rêmbagipun Garèng lan Petruk

Bab Indianiseering

Sambêtipun Kajawèn nomêr 41.

Garèng: Truk, Truk, lagi anu kae ganggonmuanggonmu. omong tujune ujug-ujug kok sêtop, ajaa rak sida kalakon tak labrak ... sêgamu wadhang têmênan, awit anggonmu awèh katrangan kuwi sabênêre ngina lan angasorake nyang bangsaku, kok anggêp yèn bangsaku isih sêtêngah wong alasan, ora klambèn sarta sikile wuda. Hit hla dalah, pancèn iya kêbangêtên bangêt. Kowe apa ora kok jèrèng matamu, yèn saiki wis akèh bae bangsaning mênir Sawirja utawa Jipro Painêt, sing kulina kaosan sutra lan sêpaton kiyèt-kiyèt, apamanèh sing wêton pamulangan luhur, sing apangkat rada muluk, sing saupama diaturi: bêndara, mlengos, nanging pamundhute kudu disêbut: kangjêng tuwan, lo, kuwi tatacara lan pakulinane kêna tak têmtokake yèn ora bakal kalah karo para anak turune bôngsa mônca. Dhêdhaharan: roti, mêrtega, kèju, puhan, iya ora tau kèri, nèk arêp ngunjuk, iya ora narima nèk mung banyu, kudune apês-apêse iya: sêplit. Mara, apa kiyi kêna diunèkake kabutuhane sathithik.

Petruk: Lo, kiyi rak dudu salahe sing wajib, nanging salahe sing nglakoni dhewe, karêpe padha arêp urip gêdhe. Kaya ta ing tanah Indhustan, lo, kuwi sing wis padha pangkat luhur, sing wis anduwèni sêsêbutan: mistêr, dhoktêr, insinyur lan propesor pisan, panganggone iya ora beda karo bangsane juru tulis lan êlêpsêkripêr. Mêngkono uga pangane, Kang Garèng, jarene iya narima kayadene carane para lêluhure, dadi ora banjur her-heran dumèh wis olèh pangajaran cara Eropah. Sabênêre mono, yèn bangsane dhewe

--- 652 ---

banjur duwe tatacara sarta pakulinan kaya sing kok kandhakake mau, têmtune kabutuhane iya ora mung bakal sêjajar karo para turune bôngsa mônca lan bôngsa mancane pisan, nanging kiraku malah ngungkuli, sabab uripe banjur mangro. Iya nèk le urip mangro mau milih golongan karone sing asor, nanging pamilihe têmtune iya golongan loro mau sing gagah-gagah, kaya ta: mangane sing ditiru para luhur Jawa, sing lawuhane marik-marik kae, pangolahe nyara mônca, têgêse: ora kêna lali mêrtegane. Nèk bangsane gêgorengan, êmoh nèk digorèng nganggo lênga klêntik, iya kudu nganggo mêrtega. Apamanèh nèk kasênêngan uga mangro, saya le ngubal-ubal dhuwit bangêt, jalaran tayuban iya mèlu, tur macake iya dikayang têmênan, pêndhoke bae ora narima suwasa, kudu êmas rinonyok ing barliyan. Nèk ana dhangsah, iya moh kèri, tur panganggone iya moh kalah karo wong-wong sing anduwèni dhangsah mau. Nèk mêngkono carane rak iya mêsthi bae ta, yèn kabutuhane banjur dadi sasayahe.

[Grafik]

Garèng: Hla, nèk bangsaku nganti samono parane, kuwi mungguhing panêmuku sing pantês disalahake ora ana manèh, kajaba ing bab pamarsudining bocah. Akèh-akèhe wong tuwa kuwi anake wiwit cilik mula sok diprêsudi nyara kulonan, nyang carane dhewe wis ora mrêduli babarpisan. Dadi ora mung sêkolahe bae sing cara Lônda upamane, dalasan tatacara sarta pakulinane iya diprêsudi cara Lônda, kaya ta: nyang bapa biyunge ora dikon nyêbut: bapak lan ibu, nanging: papah lan mamah. Nèk diundang wong tuwane, ora amangsuli: nun, kula utawa dalêm, nanging: ya pah, ya mah. Ing sarèhning wiwit cilik disêkolahake Lônda, apa-apa sing cumithak ing pikirane, iya ngêmungake apa-apa sing gêgayutan karo Lônda, kaya ta: adad tatacara, kabêcikan, alusing budine bôngsa kana. Nyang bêciking bangsane dhewe ora ngrêti barang-barang. Dadi wiwit cilik mula bocahe mau tansah disinau dikon dhêmên nyang duwèke bôngsa kana, mulane barêng gêdhe kêrêp bae sok banjur dadi: têlung prapat Lônda utawa têlung prapat nyonyah. Lan mêsthi bae kabutuhane iya banjur sawalônda utawa siji sêprapat nyonyah, mungguhing wusana pikirane sok ambalik banjur dadi sêngit, kuwi jalaran sok kêtanggor karo bôngsa Walônda - bôngsa Walônda, sing anduwèni watak: kumandara, cêmêri-cêri nyang bôngsa inyong lan sapêpadhane. Ing kono banjur lagi

--- 653 ---

krasa atine, yèn awake mau kayadene: gagak sing nganggo wulu mêrak kae. Karêpe: sanadyan wong Jawa kuwi kapintêrane, tatacara utawa pakulinane wis ngungkuli Walônda pisan, nanging balunge, gêtihe, sungsume, cêkake awake sakojur, iya isih wong Jawa bae. Nanging iya wong Jawa sing wis ilang kae, têgêse: wong Jawa sing wis ora ngrêti nyang apa-apane dhewe. Mulane mungguhing panêmuku iya salah bangêt, yèn ana wong tuwa mrêsudi anake nyara kulonan grès, kanthi nglirwakake duwèke dhewe babarpisan.

Petruk: Kliru, Kang Garèng, yèn kowe banjur nyalahake babarpisan nyang wong tuwane. Sabênêre ngono mungguhing panêmuku sing dadi wong tuwa ora kêna dipaido, awit ing jaman saiki kiyi, sing lagi luhur rak bôngsa Walônda. Tumrap bangsane dhewe bisane anggayuh pangkat sing kêna dirasakake, iya mung manawa bisa anjajari karo bôngsa Walônda, bisane anjajari, kuwi dalane ora ana manèh kajaba kudu ngudi nyang kapintêrane bôngsa Walônda mau. Mara, pikirên bae, Kang Garèng, sanadyan pangkat-pangkat ing pakaryan guprêmèn kuwi wis dipilah-pilah ing sêkal A, B, lan C, nanging saka adiling nagara, sanadyan wong bangsane dhewe pisan, yèn pancèn bisa nyandhak kapintêrane, têgêse bisa madhani karo anak turune bôngsa Walônda, iya bisa olèh pangkat sing kagolong ing sêkal B mau. Malah nèk sing pintêr têmênan, iya bisa klêbu ing golongane para kangjêng tuwan - kangjêng tuwan, yaiku ing sêkal C, mulane rak iya mèmpêr bae, yèn wong tuwa sok banjur padha mêrêm, ora ngèlingi nyang duwèke dhewe, nanging anjuju anake nyang kawruh kulonan, kuwi karêpe, supaya anake ing têmbe burine bisa mukti uripe. Lo, samono katrêsnane wong tuwa nyang anak, nganti sok lali nyang kautamane dhewe. Nanging saiki rêmbugane padha disêtop samene bae dhisik, liya dina abe padha dibanjurake manèh.

[Grafik]

Barisanipun suradhadhu Sumênêp, nalika angurmati Kangjêng Tuwan Ingkang Wicaksana Gupêrnur Jendral rawuh ing Sumênêp, wontên sangajênging mêsjid.

--- 654 ---

Pêthikan saking Sêrat-sêrat Kabar Sanès

Indhonesiah.

Iridan ing Osvia.

Kawartos, wiwit benjing tanggal 1 Juli ngajêng punika klas satunggal Osvia namung badhe dipun isèni sapalih. Ingkang makatên punika gêgayutan kalihan kathahipun amtênar pangrèh praja bôngsa pribumi. Kajawi punika inggih sagêd ngirid waragad. Parentah sampun anyondhongi, wiwit benjing tanggal 1 Juli ngajêng punika klas satunggal Osvia pordhêkok dipun gamblokakên kalihan klas satunggal Osvia Bandhung.

Tindak salingkuh.

Wontên pawartos, sèkrêtaris kabupatèn Ciamis nyalingkuhakên arta sawatawis atus rupiyah, bokmanawi kemawon kabantu ing salah satunggilipun reh-rehanipun. Bab punika samangke dipun urus parkètipun, opsir pan justisi ing Bêtawi.

Kuli-kuli ingkang sami kaantukakên dhatêng tanah Jawi.

Kajawi saking Sumatra pasisir wetan, saking kabudidayan-kabudidayan ing tanah sabrang saha nagari mônca inggih kathah kuli ingkang sami kaantukakên dhatêng tanah Jawi.

Dèrèng dangu wontên kuli 80 dipun antukakên saking Malakah. Inggih lêrês panganggenipun katingal botên nguciwani saha badanipun saras, nanging botên gadhah arta. Beda kalihan kuli ingkang kontrak dhatêng Nieuw Caledonie. Ing ngrika dipun wontênakên pranatan nyèlèngi tumrap para kuli. Dados manawi kontrakipun sampun têlas saha wangsul tanah Jawi, gadhah simpênan arta cêkap.

Rad kawula enggal.

Tuwan Engelenberg (P.E.B.) botên purun tampi anggènipun kapilih dados warga rad kawula. Awit saking punika lajêng dipun wontênakên sêteman malih. Ingkang katêtêpakên dados gêgêntosipun inggih punika Tuwan B. Roep, ugi kandhidhatipun P.E.B.

Ama gajah.

Ing kiwa têngênipun Pangkalan Brandhan wêkdal samangke kaparag ama gajah, gajah-gajah wau sami adamêl risak. Pangrèh praja angintunakên tiyang militèr dhatêng wêwêngkon wau.

Cacahipun tiyang ingkang pêjah ing Bêtawi.

Miturut katranganipun gêmintê Bêtawi, salêbêtipun wulan April ingkang kapêngkêr, ing Bêtawi cacahipun tiyang ingkang pêjah: bôngsa pribumi wontên 639 bôngsa Eropah 35, bôngsa Tionghwa 138, bôngsa Arab saha bôngsa Indhu 11.

Pamulangan kadhastêr.

Dumuginipun samangke saking tanah ngriki dèrèng wontên kandhidhat ingkang nglêbêti pamulangan calon ajung lanmètêr ing Wageningen (nagari Walandi). Bokmanawi kemawon jalaran saking parentah gadhah sêdya botên badhe paring tulah pasinaon malih. Pamulangan wau namung sagêd nampi murid sakawan, inggih punika kalih saking tanah ngriki, kalih saking nagari Walandi.

Dene pamulangan kadhastêr calon middelbaar vakkundige ing Bandhung kathah sangêt ingkang nglêbêti, môngka namung sagêd nampi murid 6.

Taun punika pamulangan calon mantri kadhastêr ing Bandhung sagêd nampi murid 60. Dumuginipun samangke ingkang nglêbêti sampun wontên gangsal atusan.

Agèn sêkap pos sêparbang ing Surabaya.

Pos sêparbang punika gadhah agèn sêkap kalih, inggih punika ing Makasar saha ing Surabaya. Samangke wontên sêdya, ing Sumatra inggih badhe dipun wontêni agèn sêkap. Bokmanawi wontên ing Padhang.

Wêwêngkonipun agèn sêkap Surabaya inggih punika: propinsi Jawi Wetan, Paresidhenan Borneo apdhèling kidul saha wetan, Bali, Lombok, Sumbawa saha Plorès Kilèn.

Ing wêwêngkonipun agèn sêkap Surabaya wau wontên kantor pos 38 kantor pos tulungan 3, saha griya pagantosan 60. Griya pagantosan wau nampi saha mangsulakên arta celengan, nanging botên langkung saking 100 rupiyah.

H.B.S. Surabaya.

Wiwit tanggal 2 Juli ngajêng punika Tuwan Ir. Ch. B. Barto, kaparêngakên lèrèh saking anggènipun makili dados dhirèktur H.B.S. Surabaya. Wiwit tanggal wau Tuwan Dr. A. Zijp, samangke dhirèktur Mosvia ing Madiun, kawisudha dados gêgêntosipun.

Lotre enggal.

Lotre agêng sampun kagêbag. Samangke wontên lotre malih, agêngipun 500.000 rupiyah, angsal-angsalanipun badhe kadarmakakên dhatêng pakêmpalan Don Bosco tuwin sanès-sanèsipun, panbageningpambagening. prisipun: ingkang f 100.000 satunggal, ingkang f 50.000 satunggal, ingkang f 25.000 satunggal, ingkang f 10.000 satunggal, ingkang f 5.000 satunggal, ingkang f 1.000 gangsal, ingkang f 500 sadasa, ingkang f 100 gangsal atus. Panggêbagipun benjing tanggal 26 Nopèmbêr.

--- 655 ---

Bêrgêmèstêr Sêmarang.

Wiwit tanggal 18 wulan punika Tuwan Bagchus, bêrgêmèstêr Sêmarang, kaparêngakên pêrlop sawulan. Ingkang amakili kalênggahanipun inggih punika Tuwan H.J. Drost.

Pabrik candu.

Salêbêtipun taun 1929 pabrik candu ing Bêtawi ngêdalakên candu 1.495.393.75 tail, pangaos 4.905.998.84 rupiyah.

Ostrali - Inggris.

Kala tanggal 21 Mèi ingkang kapêngkêr mêsin mabur pos Ostrali - Inggris dumugi ing Surabaya, ambêkta pos 100 kilogram. Mêsin mabur wau mêsin mabur ingkang kaping kalih ingkang mlampah antawisipun Ostrali kalihan Inggris.

Pamulangan kirmistêr kewan bêlehan saha daging.

Ing Bogor dipun wontêni pamulangan kirmistêr kewan bêlehan saha daging tumrap tiyang pribumi.

Utusan N.V.V.

Kala tanggal 22 Mèi ingkang kapêngkêr utusanipun Ned. Verbond van Vakvereenigingen, inggih punika Tuwan E. Kupers pangarsanipun N.V.V. saha warga Tweede Kamer, Tuwan P. Danz, pangarsa Alg. Ned. Ver. Metaalbewerkersbond saha warga Eerste Kamer, tuwin KuwanTuwan. P. Moltmaker, pangarsa Ned. Van Spoor-en Tramwegpersoneel sampun dhatêng ing tanah ngriki. Tuwan têtiga wau angsal dhawuh saking N.V.V. supados anyatitèkakên kawontênanipun pakêmpalan-pakêmpalan nunggil damêl ing tanah ngriki saha ambudidaya anyupêkêtakên gêgayutanipun pakêmpalan-pakêmpalan nunggil damêl ing tanah ngriki kalihan pakêmpalan-pakêmpalan nunggil damêl ing nagari Walandi.

Dhirèktur A.M.S. Surakarta.

Wiwit benjing tanggal 2 Juli ngajêng punika Tuwan Dr. J.C. de Haan guru ing H.B.S. Bandhung, kapasrahan amakili dados dhirèktur A.M.S. ing Surakarta.

Ama mênthèk.

Miturut palapuranipun asistèn wadana Gondhang (Majakêrta), ing dhusun Sukamangu, Sawahan, Kauman, Pulo saha Urung-urung wontên sabin 6855 bau kaparag ama mênthèk.

Pakêmpalan nunggil damêl enggal.

Dèrèng dangu para punggawa pribumi sentralê kas ing Madiun sami ngadêgakên pakêmpalan nunggil damêl, dipun namakakên Persatuan Pegawai Centrale Kas. Ingkang malêbêt dados warga sampun kathah, pakêmpalan enggal wau ingkang dados panuntunipun Tuwan Surasa ing Majakêrta (warga rad kawula). Kajawi punika inggih malêbêt dhatêng pak sentralê P.V.P.N.

Asiah

Pêrang sami bôngsa ing Tiongkok.

Presidhèn Cang Kai Sèk gadhah sêdya badhe anglurugi Tiongkok Kidul (dèrèng dangu Tiongkok Kidul madêg republik, kithanipun ing Kanton) ambêkta prajurit saprapat yuta. Dene prajuritipun Kanton kalihan Kwansi, kathahipun tiyang satus èwu sami tata-tata badhe baris dhatêng Kiangsi saha Hunan.

Sun Pho, ministêr prakawis sêpur, kala tanggal 21 Mèi pangkat saking Syanghai dhatêng Hongkong. Saking ngriku lajêng badhe dhatêng Kanton. Tumut kaum kraman.

Kulawarganipun Alfonso.

Kulawarganipun Alfonso, tilas raja ing Sêpanyol, ingkang dados militèr pangkat inggil, awit saking dhawuhipun ministêr paprangan sami dipun wêdalakên.

Miturut katranganipun ministêr pinansiên Alfonso kagungan bôndha 3 ½ yuta ponsêtèrling ingkang kathah dipun tumbasakên obligasi saha andhil ing nagari mônca.

Punggawa pulisi èstri.

Kumisi Polkênbon prakawis pananggulangipun padagangan tiyang èstri mêntas angrêmbag bab sae botênipun dipun wontênakên punggawa pulisi èstri. Samangke sampun kathah punggawa pulisi èstri, ing Amerikah Sarekat wontên 593. Ing Jêrman 159, ing Inggris 150, ing Polên 57, ing nagari Walandi 33 têtela kathah paedahipun kangge nanggulangi padagangan tiyang èstri.

Eropah.

Konprènsi Meja Bundêr

Konprènsi meja bundêr badhe kalajêngakên benjing wulan Sèptèmbêr wontên ing Londhon.

Pawartos saking Administrasi

Lêngganan nomêr 4784 ing Bahrawa. 1. Redhaksi botên sagêd ngaturi katrangan bab pandangu panjênêngan punika. 2. Nyuwun wangsuling arta cêngklongan pènsiun pon botên kenging. 3. T.R.D. têgêsipun cêkakaning Tophografischen Dienst. Aneta cêkakaning Algemeen Nieuws En Telegraaf Agentschap, Nipa cêkakaning Nederlandsch Indische Pers Agentschap. 4. Kêdah gadhah atur dhatêng pangagêng nagari ingkang ambawahakên lare ingkang gadhah petang langkungan arta bayaran, dipun kanthèni pêthuk bayaran sêkolah tuwin pêthuking pajêgipun tiyang sêpuh kalih taun, ingkang tumindak kalihan ingkang kapêngkêr.

--- 656 ---

Wêwaosan

Dhêndhaning Angkara

13.

Satunggiling dintên, ki sudagar sumêrêp Abdullah mantuk, nanging ing sêmu katingal prihatos, saya cêtha malih, sarêng Abdullah katingal botên mêdal-mêdal. Ing ngriku ki sudagar lajêng murugi saha sagêd kapanggih kalihan Abdullah. Abdullah lajêng dipun rangkul saha dipun pitakèni: O, Abdullah, wis suwe aku ora wêruh kowe, lagi saiki bisa katêmu. Anggonku katêmu sapisan iki kanthi duwe rasa mêlang-mêlang, kowe nêmoni lêlakon apa, gèr.

Abdullah andêngèngèk kalihan mangsuli: Bapak, awrat pundhutanipun putri ing Ngêsam, botên kenging dipun gêgampil.

Ki sudagar mangsuli sêmu kagèt: Apa kowe bisa katêmu karo sang putri.

Sagêd bapak, malah sampun kaping kalih.

O, Abdullah, tujune kowe rinêksa ing karahayon. Nanging Abdullah, aku saya nyamarake bangêt mênyang kowe, yèn ora kounduri, kowe mêsthi nêmoni bêbaya, awit tindakmu iku ora ana kang bisa gawe panuju, yèn ta nganti kauningan sang prabu, kowe mung kari ngarêp-arêp tumibaning patimu.

Bapak, malah anggèn kula malêbêt ing kadhaton sampun kapranggul ing abdi nganglang, ugi sampun nate pasulayan, nanging kula kapara unggul.

Adhuh, Abdullah, kuwi kêkêmbange wis ana. Dadi têgêse ing saiki kowe wis dadi wong kang diulat-ulatake. Wis, wis, gèr, samono bae. Aja kobacut-bacutake. Pangemanku iki, tuwuh saka pangemaning wong tuwa mênyang anak, ora bakal nuwuhake piduwung ing buri. Nanging kowe tansah puguh ora nêdya eling, tumibaning papa sangsara ora mung mênyang kowe bae gèr, aku uga bakal kèmbèt. Kowe ngèlingana yèn aku iki manggon ana bumining ratu, kawibawanku kang samene gêdhene, isih kawêngku ing panguwasa, dadi upama ana tindak luput kang tuwuh saka aku, o, kawibawanku iki ora ana dayane, gampang dicuthat saka nagara.

Sawarnining lêlampahan ingkang kula lampahi, botên badhe kula èmbètakên dhatêng sintên-sintên. Dhêndhanipun badhe kula sanggi piyambak.

O, kuwi harak mokal, Abdullah, yèn kowe nêmu luput, mêsthi ora rampung ana awakmu dhewe, lan manèh, ing salawase mungguhing wong tuwa, tansah ngeman mênyang anake, dadi wêtuning uniku kang tanpa kêndhat iki, wose mung dadi pangeman.

Sayêktosipun, Abdullah inggih sampun mangrêtos, bilih ungêling tiyang sêpuhipun wau lêrês sadaya, dados inggih ngrêtos dhatêng lêpating tindakipun, nanging sawarnining tindak lêpat, punika rosaning dêrêngipun botên nate kêndhih dening pêpèngêt rahayu, èngêtipun tansah dipun pabêni ing supe. Ngantos dangu Abdullah namung kèndêl kemawon, nanging dangu-dangu lajêng mungêl kados wêwangson: Hêm, nanging kadospundi malih, kula sampun kalajêng nyagahi pamundhutipun sang putri, kula isin yèn ta ngantos nyidranana.

Satêmêne aku iya rada gumun, dene kowe nganti bisa kêtêmu sang putri, nanging anggonmu bisa katêmu mau saya agawe gêdhening kasamaranku. Aja-aja kowe kalêbu ing loroban.

Pangintên ingkang kanthi kasamaran, salaminipun namung dados pangajap-ajap botên sae, kula ngandêl dhatêng antêping pangandikanipun sang putri.

Kapriye pangandikane sang putri.

Mênggah wosing pangandika, kula dipun pêpuji sagêda ngawonakên dhatêng para nata.

Ladalah, môngsa lidoka kandhaku, o, Abdullah, upama kowe ngrêtia, têgêse kowe iku dilêbokake ing bêbaya gêdhe. La mungguh wangsulanmu kapriye.

Tamtu kemawon kula sagahi, sanadyan kula mêmêngsahan kalihan para nata, badhe botên miris, lan manawi dumugi ing tiwas, nama sampun urup.

Lêlakon kang kaya mangkono iku, ajêg tinêmu ana ing lêlakone wong kang antêp-antêpan prasêtya, ora kanthi ngèlingi bobot. Lagi nalare bae apa mèmpêr, kowe kaduga nandhingi para ratu, sing arêp kok êndêlake apamu.

Bapak, sawarnining lêlampahan, manawi tansah dipun kanthèni èwêd-pakèwêd, botên badhe sagêd tumindak. Dene santosaning manah kula, botên wontên malih namung apawitan sih antêpipun sang putri, ingkang sampun kula pitados wontên salêbêting batos. Kula namung nyuwun pangèstu.

Ki sudagar kèndêl anjêgrêg, rumaos botên sagêd nindakakên pêpalang dhatêng anakipun, wusana mangsuli: Abdullah, sarèhne kêkêncêngane atimu kaya mangkono. Aku kêpêksa mung arêp nindakake têtêping katrêsnanku mênyang anak, yèn kowe nêmu kamulyan, aku bungah, yèn nêmu sangsara, aku susah, lan yèn kowe tumêka ing tiwas, mêsthi tak tangisi. (Badhe kasambêtan)

--- [0] ---

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]

--- [0] ---

Ôngka 43, 12 Sura Taun Je 1862, 30 Mèi 1931, Taun VI

Kajawèn

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]

--- [657] ---

Ôngka 43, 12 Sura Je 1862, 30 Mèi 1931, Taun VI.

Kajawèn

Kawêdalakên sabên dintên Rêbo lan Sabtu

Rêgining sêrat kabar punika ing dalêm tigang wulan ... f 1.50, bayaranipun kasuwun rumiyin, botên kenging langganan kirang saking 3 wulan.

Juru ngarang - administrasi Bale Pustaka, ing sawingkinging kantor palis, tilpun nomêr 2791 - Bêtawi Sèntrêm.

Ngobrol ing Dintên Sabtu

Bab Paprentahaning Tanah Indhonesiah

Para maos, kaparênga sapisan punika kula badhe ngobrolakên pêpèngêtanipun sawênèhing para pujôngga bôngsa Tionghwa mênggahing kawontênanipun tanah Jawi kala kina-kinanipun.

Miturut pratelanipun bôngsa Tionghwa, ingkang kala rumiyin angêjawi saha sami ahli anyênyêrati, ing wiwitanipun abad ingkang kaping pitu, ngantos tigang atus taun laminipun, ing Jawi Têngah wontên satunggiling karajan ingkang dening bôngsa Tionghwa dipun wastani: karajan Kêling. Kintên-kintên dening bôngsa Jawi piyambak, botên dipun namèni makatên, tôndha yêktinipun: ing babad tanah Jawi karajan Kêling wau botên nate dipun cariyosakên. Nanging ing ngiki kula botên badhe nyariyosakên namanipun karajan wau ingkang salêrês-lêrêsipun, ngêmungakên badhe ngandharakên sawatawis mênggah pêpèngêtanipun bôngsa Tionghwa ing kalasa mantên, ingkang cocog kalihan sêratan sela ingkang pinanggih ing kala taun pitung atusan langkung sakêdhik, ing pêpèngêtan tuwin sêratan sela wau wontên ingkang nyariyosakên makatên:

... Anggènipun jumênêng nata angasrêpi sangêt, kadosdene asih ing bapa anggènipun anuntuni dhatêng anak wiwit lare, makatên ugi Sri Sanjaya, ingkang putus ing saliring kautaman, ugi niru lampahipun ingkang rama. Sang prabu angêlar jajahanipun, saha andamêl têntrêm sarta krêtaning nagarinipun ingkang sakalangkung loh, kawulanipun sami sagêd tilêm ing samargi-margi, botên mawi sumêlang dhatêng begal saha bêbaya sanès-sanèsipun, sabên tiyang gêsangipun sakeca, ayêm kalihan punapa darbèkipun.

Sampun samantên kemawon ingkang prêlu kula aturakên. Lo, manawi nitik sêratan ing nginggil punika, kala sèwu tigang atusan taun sapriki, sajakipun bôngsa Jawi têka sampun pintêr dhatêng cara-caranipun mrentah praja, buktinipun: ing salêbêtipun praja tata têntrêm, para kawula sagêd tilêm saênggèn-ênggèn, tanpa sumêlang dhatêng begal tuwin bêbaya sanès-sanèsipun. Sampun têmtu, wontênipun kados makatên punika, ingkang pantês pinuji sangêt, inggih sang nata, nanging manawi para punggawanipun botên ambantu kanthi sayêktos, têmtunipun rak inggih botên sagêd samantên saenipun. Dados ing ngriku têtela, bilih sanadyan ing abad ingkang kaping pitu pisan, têtiyang Jawi sampun sagêd nyêpêng paprentahaning praja.

Samangke cariyos Tionghwa, ingkang anggancarakên kawontênanipun tanah Jawi wiwit taun 960 dumugi 1279, tanpa nyêbut namaning raja-raja ingkang jumênêng. Punika wontên ungêl-ungêlanipun makatên:

... Sang ratu dipun biyantu punggawa kathah sangêt kangge anindakakên prakawis warni-warni. Panyêpênging paprentahan ing tanah Jawi sae, amila nagarinipun inggih sakalangkung gêmah ripah ...

--- 658 ---

Lo, sajakipun punika têka kenging kangge bukti malih, bilih têtiyang Jawi punika kala rumiyin sagêd nyêpêng paprentahan praja. Saupami ingkang suka katrangan ingkang makatên wau têtiyang Jawi piyambak, têmtunipun lajêng dipun wastani: adol cao, aliyas ngunthuk, aliyas umuk, sarêng ingkang suka katrangan punika bôngsa sanès, inggih punika bôngsa Tionghwa, kintên-kintên rak inggih kathah yêktosipun.

Môngga, samangke sami ningali kawontênanipun ing tanah Jawi, nalikanipun jaman Majapait. Ing ngriki kula botên badhe nyariyosakên kaluhuranipun Prabu Hayamwuruk, utawi kawêgiganipun Kyai Patih Gajahmada, kula namung badhe ngandharakên sakêdhik cacriyosanipun satunggiling juru pawartos bôngsa Tionghwa, ingkang ing kala punika (ing abad 14) dhatêng angêjawi, inggih punika makatên.

... ing kala punika ing tanah Jawi botên wontên pandung, malah barang ingkang dipun rêntahakên wontên ing margi, botên wontên ingkang mêndhêt, amila bôngsa Jawi inggih karan bôngsa: kalêrêm atine.

Lo, têka makatên cariyosipun tiyang bôngsa Tionghwa wau. Samangke para maos kula aturi sami amanggalih, manawi ing salêbêting praja sagêd tata têntrêm ingkang makatên punika, ngantos botên wontên durjana babarpisan - kintên-kintên Walandi mabuk ngantos botên bayar anggènipun minum, kala samantên inggih botên wontên - punika punapa botên anandhakakên, bilih para ingkang sami kajibah nyêpêng paprentahaning praja pêng-pêngan sayêktos. Dados ing ngriki ugi sampun cêtha sangêt, bilih ing abad 14 têtiyang Jawi sampun sami sagêd nata paprentahaning praja.

Salajêngipun kados ing ngriki botên prêlu kula ngudhal-udhal kawontênanipun ing tanah Jawi nalikanipun jaman Dêmak, jaman Mataram, Kartasura lan sapiturutipun, samangke kula namung badhe nyariyosakên sawatawis kawontênanipun ing tanah Jawi sarêng kabawah ing praja Nèdêrlan.

Mênggah sajatosipun mila inggih lêrês, bilih tanah Indhonesiah, dados inggih tanah Jawi, sampun kirang langkung tigang atus taun kabawah ing praja Nèdêrlan. Nanging saking waskitha saha waspadanipun para linangkung ing praja Nèdêrlan, wiwit purwanipun pisan, ingkang nindakakên paprentahaning praja sambêtipun kalihan para kawula, inggih prasasat têtiyang pribumi piyambak, ngêmungakên ingkang sami lênggah wontên ing paprentahan luhur, punika sami bôngsa Walandi. Ewasamantên samangke sanadyan têtiyang pribumi pisan, inggih wontên ingkang sami lênggah ing paprentahan luhur, kados ta: Kangjêng Pangeran Kusumayuda, tuwin Kangjêng Radèn Adipati Ahmad Jayadiningrat.

Ing nginggil kula amastani bilih para linangkung ing praja Nèdêrlan sami waskitha tuwin waspada, punika jalaran sêmunipun para linangkung wau sami anguningani, bilih satunggiling nagari punika sagêdipun tata têntrêm inggih namung manawi kabawah tuwin kaprentah dening bangsanipun piyambak, awit inggih namung bangsanipun piyambak, ingkang sagêd nyumêrêpi adat, tatacara tuwin lageanipun têtiyang ingkang kabawahakên wau. Amila dumuginipun samangke, kingkangingkang. baku lêlawanan kalihan para kawula punika inggih para amtênaring nagari ingkang bôngsa pribumi, dene para amtênar Walandi wajibipun anitipriksa sarta angawat-awati. Kados ta: ing golongan pangrèh praja, punika ingkang tansah lêlawanan kalihan para kawula, inggih: lurah saprabotipun, asistèn wadana, wêdana minggahipun dhatêng bupati. Dene para tuwan-tuwan ingkang apangkat kontrolir, asistèn residhèn, residhèn, lan sapiturutipun, punika kuwajibanipun anitipriksa tuwin angawat-awati sae tuwin awoning panindakipun ingkang dados kuwajibanipun para amtênar têtiyang pribumi wau.

Kados sampun cêkap samantên kemawon anggèn kula ngandharakên kawontênanipun paprentahan ing tanah Indhonesiah ngriki. Nitik kawontênanipun sêratan ing nginggil, dados cêtha wela-wela, bilih wontênipun paprentahan ing tanah Indhonesiah punika perangan ingkang agêng ingkang nindakakên inggih têtiyang pribumi. Ing sarèhning dumugining samangke ing tanah Indhonesiah, katingal tata têntrêm botên kirang satunggal punapa, wontênipun paprentahan inggih nama sae, dados inggih kenging kacariyosakên, panindakipun têtiyang pribumi anggèning tumut ngêrèh praja ugi sae. Pêpuntoning rêmbag, ing ngriki kenging kacariyosakên, bilih têtiyang pribumi punika botên ngêmungakên kenging dipun wastani manawi sampun sagêd nindakakên saperanganing padamêlan pangrèh praja, nanging salami-laminipun pancèn inggih sampun nindakakên saperangan agêng mênggahing padamêlan wau.

Jalaran saking punika, amila kula saklangkung ngungun manah kula, dene nalika ing Batawi dipun wontênakên parêpatanipun pakêmpalan V.C. wontên salah satunggiling warga pangrèh saking Bandhung adamêl sêsorah, ingkang ugi wontên ungêl-ungêlanipun makatên:

Manawi wontên tiyang amastani, bilih têtiyang pribumi samangke sampun sagêd nindakakên saperanganing padamêlan paprentahan, punika botên lêrês, ingkang makatên punika antawisipun taksih têbih ...

Sanadyan pamanggihipun bêndara tuwan ingkang makatên wau, sayêktosipun anyêrik-nyêrikakên tumrap têtiyang pribumi umumipun, ewasamantên ing ngriki kula botên badhe mancahi, utawi nyênthulani mindhak nuwuhakên sêling-sêrêp kemawon. Ing ngriki kula namung badhe andongèng kawontênan kula, nalikanipun kula taksih alit. Mênggah cêkakipun makatên:

Nalika alit kula, ing griyanipun tiyang sêpuh kula punika wontên larenipun kalih ingkang mondhok, bokmanawi saupami jaman samangke makatên, lare kalih wau dipun wastani indhêkos (in de kost). Dene panganggêpipun tiyang sêpuh kula dhatêng kula sasêdhèrèk [sasêdhèrè...]

--- 659 ---

[...k] tuwin dhatêng lare kalih ingkang sami mondhok wau, botên pisan-pisan ambedakakên, inggih ing bab têdha, pangrêngkuh tuwin pamulangipun. Ingkang makatên wau asring sok adamêl botên sênênging manah kula. Ingatasipun kula punika anakipun piyambak, têka dipun samèkakên kemawon kalihan lare mondhok. Ewasamantên kula mêksa botên wani ngawon-awon utawi nyênyênggring dhatêng lare kalih wau, jalaran kuwatos, bilih kula lajêng ngawon-awon dhatêng tiyang sêpuh kula piyambak. Ingatasipun tiyang sêpuh kula ingkang mulang, ingkang mulasara, manawi lare wau ngantos awon, rak sagêd ugi kadakwa ing sanès, bilih tiyang sêpuh kula namung purun nampèni arta pituwasipun anggèning dipun pondhoki, botên purun mulasara ingkang sae-sae tuwin suka piwulang ingkang utami.

Ing môngka sintên ingkang purun ngawon-awon tiyang sêpuhipun, punika ambuktèkakên kabodhoanipun piyambak, jalaran sintên ingkang purun ngawon-awon tiyang sêpuhipun, inggih prasasat ngawon-awon badanipun piyambak. Ingkang makatên punika, para maos, mugi kajagia. Makatên mênggah aturipun pun Pênthul.

Bab Têtanêman

Klèngkèng

Sambêtipun Kajawèn nomêr 42.

Ing ngriku inggih lajêng kula sukani katrangan miturut pangrimatan kula piyambak makatên:

Rèhning klèngkèng punika mangsanipun sêkar wontên ing têngah-têngahaning môngsa katiga, nuju ambadhidhing, mila wiwit ing wêkdal makatên ngantos dumugi abyoring sêkar, malah dumugi dados pêntil pisan, pêndhak enjing sontên, wit wau kêdah kasêmprot mawi toya tawa ingkang asrêp, cêkap ngangge pirantos sêmprot dêling, pamrihipun supados tanêman wau tansah kapandukan ing hawa asrêp, dados cundhuk kalihan watak-wataking wit-witan, aslinipun manggèn ing hawa asrêp. Mênggahing patrap makatên punika sampun ngantos bosên, dupèh wit-witanipun agêng inggil mila inggih kêdah talatos, kaangkaha godhong, sêkar dalah pang-pangipun katingal kêlêpoh kadosdene mêntas kajawahan. Dene tumrap kêmbang wali (sêkar kaping kalih) botên prêlu dipun sêmproti kados ing nginggil, awit ing wêkdal punika sampun wontên jawah.

Sasampuning dados pêntil, enggal kaupadosna krênêng alit-alit, kangge ambrongsong, awis kêrêping nam-naman krênêng sami kalihan irig. Sabên krênêng satunggal, agêngipun kakintêna cêkap kangge ambrongsong woh klèngkèng 100-150 iji, dados watawis wontên 2 utawi 4 dhompol sagêd kalêbêt ing krênêng satunggal. Mila inggih kêdah migunakakên krênêng sawatawis kathah, samantên yèn pancèn wohipun gêmbêl. Mênggah rekanipun pambrongsong makatên:

Ing sacêlaking pêntil, klèngkèng ngriku tamtu wontên godhongipun sawatawis. Godhong-godhong wau kaprithilana, supados rêsik lan mujudakên gaganging dhompolan, punika lajêng kalêbêtna ing krênêng, wontêna kalih utawi sakawan dhompol, karangkus dados satêkêm, kalêbêtna ing krênêng satunggal. Nuntên ing prênah êpoking krênêng dipun tangsuli kêkah mawi tutus, kaangkaha singsêt, botên gampil udhar, makatên salajêngipun, [sala...]

--- 660 ---

[...jêngipun,] ngantos botên wontên pêntil ingkang kècèr sabab botên katut kabrongsong. Dene yèn woh wau gêmbêl, sasampuning dipun brongsongi sadaya makatên, punika yèn dipun tingali saking katêbihan, candranipun kadosdene tiyang manjêr wuwu têlik kathah sangêt wontên ing sapucuking wit, amargi woh klèngkèng punika limrahipun sami dumunung ing êpang ingkang alit-alit (ing pucuking êlung). Pramila yèn witipun agêng inggil, prêlu kêdah migunakakên ôndha pêngantèn, inggih punika ôndha ingkang asuku sakawan, supados botên nyamarakên yèn dhawah. Botênipun makatên, inggih kenging ngangge ôndha limrah ingkang panjang, nanging sadèrèngipun dipun pènèk, ôndha wau kêdah katangsulan rumiyin pucukipun, kaangsalakên êpang, dados samôngsa dipun inggahi, sanajan kadamêla ngranggèh sarta niyung-niyungakên êpang ingkang têbih-têbih botên mutawatosi, lan botên gampil rêbah sabab malèsèd. Klèngkèng makatên witipun manawi sampun agêng angrêmbuyung sangêt, pang-pangipun alit kathah, dados kêtêl sangêt, prasasat tanpa sêla, mila samôngsa katumpangan ôndha, ôndha wau namung tansah kumambang, botên gampil pikantuk palendhehan ing pang ingkang kêkah. Môngka yèn dipun pènèk nurut uwit kemawon, sampun têmtu botên sagêd ngêcakakên ing prêlu, amargi wohipun sami dumunung ing pucuking pang ingkang alit-alit. Pramila inggih namung prakawis ambrongsong wau ingkang sok mêgah-mêgahakên, kathah tiyang ingkang kirang talatos, satêmah woh wau namung dados bêgjaning para pêksi lan codhot.

Bilih woh wau sampun sêpuh kaundhuh, pangundhuhipun: gaganging dhompolan, prênah sangandhaping tangsul krênêng wau kaguntinga, mila prêlu migunakakên gunting (gunting sêkar), pamrihipun supados botên angrisakakên pang, awit labêting gunting makatên papak, botên anabêti wujud tigas pancing punapadene pating srungut labêt dipun coklèk, dados pang-pang wau botên gampil kenging sêsakit. Lan malih ing têmbe trubusipun sagêd sae.

Krênêng ingkang sampun kaandhapakên, lan sasampuning kapêndhêtan isinipun, punika ingkang taksih kiyat kasimpêna, benjing kenging dipun pigunakakên malih, inggih punika kangge ambrongsongsi woh ingkang kantun.

Sapunika sawêg wiwit angrêmbag bab ingkang magêpokan kalihan pandangon saking Kudus, kados pêthikaning sêrat kasêbut nginggil, inggih punika: punapa sababipun dene klèngkèng ingkang sampun agêng têka botên mêdal uwohipun.

Punika mênggahing pamanggih kados botên prabeda kados kawontênaning bôngsa wowohan sanès-sanèsipun, jêr mirid saking ungêling sêrat, ing ngriku sampun cêtha bilih wit wau gêsangipun katingal lêma sangêt, godhong ngrêmbaka (kêtêl), dados gênahipun têtela yèn kêlêman, inggih punika kêkathahên jhad ingkang dados têdhaning wit lan godhong, satêmah botên sagêd mujudakên uwoh. Nanging limrahipun inggih sagêd sêkar, namung tansah gègrèg. Badhe kasambêtan.

Nirrasa, Tumpang-Malang.

--- 661 ---

Wawasan Tumrap Nagari Mônca

Praja Mêsir

Sambêtipun Kajawèn nomêr 41.

Jalaran saking panglurugipun Prabu Napoleon dhatêng Ègiptê, kados ingkang sampun kapratelakakên ing Kajawèn nomêr 41, praja Ègiptê lajêng sagêd gêgayutan malih kalihan Eropah, lan para pujôngga bôngsa Prasman, ingkang sami andhèrèk panglurugipun Prabu Napoleon, sami sagêd nyinau dhatêng kawontênanipun nagari tuwin bôngsa Ègiptê. Amila ing taun 1798 punika tumraping praja Ègiptê dipun wastani môngsa enggal, awit wiwit ing kala punika, praja Ègiptê saya kenging dayaning Eropah.

[Grafik]

Salah satunggiling mêsjid ing Kairo ingkang sampun ngumur 523 taun. Mêsjid wau kawastanan Muhamad Ali, kabêkta ing salêbêting mêsjid wau wontên pasareanipun Sang Muhamad Ali.

Dene ingkang miwiti dados pangagêng enggal kala punika Muhamad Ali, miyosipun wontên ing nagari Turki ing taun 1769. Dhatêngipun Sang Muhamad Ali ing Ègiptê wau nyenapatèni prajurit Albani. Tumindaking damêlipun Sang Muhamad Ali botên nguciwani, inggih jalaran saking anggènipun mumpuni wau, Sang Muhamad Ali dipun têtêpakên dening praja Turki dados pangagêng wontên ing Ègiptê. Inggih punika kala ing taun 1805. Tuwin jalaran saking pambiyantunipun praja Parangakik, Sang Muhamad Ali sagêd anjagi nagarinipun, saha nanggulangi mêngsah Inggris, salajêngipun sagêd numpês bôngsa Mamluk, tuwin sagêd ngêmpalakên bôngsa Ègiptê agêng sangêt.

Kajawi punika Sang Muhamad Ali sagêd ngajêngakên raharja ing nagari, sarana angajêngakên ulah têtanèn tuwin kabudayan, ing wusana Sang Muhamad Ali panguwaosipun agêng sangêt, ngantos [nga...]

--- 662 ---

[...ntos] purun amêmêngsahan kalihan sri sultan ing Turki. Salajêngipun malah botên namung samantên kemawon, ugi sagêd nêlukakên tanah Seriah tuwin sagêd anglurug dhatêng tanah Asiah. Lampahipun saya ngangsêg. Dene ingkang sagêd mênggak krodhanipun Sang Muhamad Ali wau, ngêmungakên karajan-karajan ing tanah Eropah. Ing salajêngipun ingkang dados pangagêngipun praja Ègiptê tumurun sami têdhakipun Sang Muhamad Ali, kanthi angsal sêsêbutan Khediwe, têgêsipun raja mudha. Jumênêngipun Sang Muhamad Ali wau wontên ing taun 1841, sedanipun ing taun 1849.

Sasedanipun Sang Muhamad Ali, ingkang sumilih Sang Abas, jumênêngipun ing taun 1849 dumugi 1854, lajêng dipun gêntosi Said, wontên ing taun 1854 dumugi 1863. Said dipun gêntosi Ismail. Salêbêtipun Sang Ismail ngasta kaprabon, amurwani ambikak susukan Suès, inggih punika satunggiling susukan ingkang anggampilakên lampahing kapal saking Eropah dhatêng Indhonesiah, nanging kalanipun Sang Ismail wau jumênêng nata, arta nagari têlas kocar-kacir, jumênêngipun nata dumugi ing taun 1879, dipun gêntosi dening Sang Tebjik dumugi taun 1892. Sang Tebjik dipun gêntosi Sang Abas II, dumugi taun 1914, lajêng dipun gêntosi Sang Husèn Kamil, dumugi taun 1918. Wêkasanipun dipun gêntosi Prabu Achmad Foead ingkang jumênêng ngantos sapunika.

Ing ngajêng sampun kacariyosakên, bilih kawontênanipun arta nagari kocar-kacir, ingkang anjalari praja Inggris kalihan Parangakik tumut-tumut ngarubiru dhatêng kawontênanipun praja Ègiptê, nanging botên lami, jalaran kala Ègiptê dipun ratoni Sang Tebjik wontên ura-uru, Parangakik lajêng mundur, namung Inggris piyambak ingkang nyirêp ura-uru wau.

[Grafik]

Tiyang pêpriman ingkang adhakan katingal ing Kairo.

Jalaran saking pinanggihing lêlampahan ingkang kados makatên punika, Ègiptê lajêng dados praja ingkang taksih dipun awat-awati Inggris. Praja Ègiptê kêdah nglilani prajurit Inggris manggèn wontên ing Ègiptê, tuwin praja Inggris lajêng nêtêpakên pangagêng saha prajurit bôngsa Inggris wontên ing Ègiptê ngriku.

Ingkang punika, praja Ègiptê inggih prasasat kabawah Inggris, tumraping praja pancèn sae sangêt, awit punapa-punapanipun lajêng majêng, inggih punika

--- 663 ---

rakyatipun mindhak kathah, padaganganipun majêng sadaya. Wasananipun ing Ègiptê lajêng tuwuh pakêmpalan kabangsan, ingkang sêmunipun botên rila sangêt dhatêng anggèning bôngsa Inggris nguwaosi praja wau.

Dumuginipun sapunika, tindak pangudi murih praja Ègiptê sagêd têtêp mardika, taksih dipun tindakakên, sêdyanipun badhe botên kêndho manawi dèrèng kalampahan. Tamat.

Pawartos Wigatos

Jiyarah Minggah Khaji

(Sambêtipun Kajawèn nomêr 42)

Kitha Mêkah punika kacêpêng lan katindakakên dening baladiyah, mênggaha ing tanah Indhonesiah nama gêmintê. Dunungipun kitha wontên lêlowah sêla-sêlaning rêdi, inggih punika rêdi sela itêm pating jlugur kados minôngka capurining kitha, yèn kula pramanakakên, kadosdene mega cêmêng ing awang-awang.

[Grafik]

Sakèthèng "Bab Safa" ing Mêkah.

Margi-margi salêbêting kitha awon lan rupêk sangêt, kangge lampahing motor nguwatosakên. Pêkênipun dèrèng dipun yasani kados ing Indhonesiah, kawontênanipun ing sapunika taksih wujud wande-wande wontên sapinggiring margi kiwa têngên, nanging rame sangêt. Ingkang sêsadean tuwin ingkang têtumbas ing pêkên, namung tiyang jalêr sadaya, satunggal kalih ugi wontên tiyang èstri ingkang têtumbas dhatêng pêkên, inggih punika èstri tamu khaji saking Indhonesiah. Para èstri ing nagari Mêkah sapunika taksih panggah kasimpên mugên ing salêbêting griya, yèn wontên prêlu ingkang wigatos nêmbe mêdal saking salêbêting griyanipun, badanipun sakojur

--- 664 ---

mawi dipun krudhungi sêmbagi cêmêng kadamêl kados rukuh, namung kalêrês ing mripat ingkang dipun bolongi minôngka ancêr-ancêring paningal.

Kitha Mêkah punika kajawi pikantuk toya jamjam, ugi pikantuk toya ilèn saking kitha Taip, kasusuk kaestha lèdhêng mawi urung-urung kasrasrahkasasrah. ing pêcahan sela itêm, ingkang sakalangkung panjang, kala yasa urung-urung punika waragadipun tamtu ngantos atusan ewon rupiyah. Mênggah cêcariyosanipun mêkatên.

Jaman rumiyin ingkang kagungan wakap arta wragadipun andamêl urung-urung toya punika, ingkang minulya Siti Jubaidah, garwanipun Prabu Harun Arrasid, ingkang misuwur nata ing nagari Bahdad. Kacariyos, sumur-sumur ing nagari Mêkah punika sadaya toyanipun asin, mila sang putri kapranan ing galih mêmpêng ngarsakakên wakap. Ing sadèrèngipun yêyasan kagarap, sang putri sampun mangrêtos, bilih sagêdipun kasêmbadan ngrêkaos sangêt, awit kêdah andhudhuk rêdi-rêdi, lan èrèng-èrèng rêdi ingkang pakèwêd sangêt. Sang putri lajêng paring dhawuh dhumatêng juru gêdhongipun, andikakakên anjèjèr-jèjèr arta mas tumpang-tumpangan sauruting rêdi-rêdi sela ingkang badhe kangge dhudhukan, wiwit saking tukipun ngantos dumugi ing kitha Mêkah. Arta punika minôngka epahipun têtiyang ingkang andhudhuk ngantos sarampungipun, saha nocogi ukuranipun. Sapintên panjangipun dhudhukan, kaparingan epahan arta mas ingkang panjanging ukuranipun sami lan arta ingkang kajèjèr têtumpangan. Wêkasan karsanipun sang putri enggal sagêd kasêmbadan, toya saking Jabalkara (Taip) sagêd mili dumugi kitha Mêkah ngantos sapunika, manpangat dhatêng tiyang pintên-pintên atus èwu. Ngantos sapriki susukan urung-urung dalah toyanipun ngantos karan: Jubaedah.

[Grafik]

Salah satunggiling margi ing kitha Mêkah.

Saking kadarmanipun sang putri ingkang samantên mulyanipun, nagari Mêkah botên sagêd kêkirangan toya, pantês sangêt kula sadaya kaum muslimin umum, langkung-langkung sadaya para khaji samia amulyakakên asmanipun sang putri, lan samia andongakna nênuwun ing Pangeran Ingkang Maha Kuwasa, mugi-mugi paringa wêwahing karohmatan lan kamulyan tumrap suwargi sang putri dalah raka dalêm Sang Prabu Harun Arrasid. Lêrês lêpatipun sumôngga para maos. Badhe kasambêtan.

R.H.M. Muhtar. Sukaraja, Banyumas.

--- 665 ---

Bab Kasarasan

Sêsadean Gandhèngipun kalihan Kasarasan

Sêsadean ingkang kacariyosakên ing ngriki, ing bab sêsadean bangsaning têtêdhan, awit punika sampun kêlimrah ing pundi-pundi wontên.

Sayêktosipun mênggahing sêsadean têtêdhan, manawi dipun gathukakên kalihan bab kasarasan, tumrapipun ingkang mangrêtos, lajêng nuwuhakên raos botên sakeca dhatêng manah, kados ta têtêdhan gumêlar karubung ing lalêr, kenging balêdug utawi sanès-sanèsipun. Kawontênan ingkang kados makatên punika limrahipun pinanggih wontên ing pêkên-pêkên, inggih punika têtêdhan ingkang dipun dhasarakên, lan malih têtêdhan ingkang dipun idêrakên.

Ing bab gathukipun dhatêng kasarasan, sayêktosipun têtiyang taksih kathah ingkang dèrèng sumêrêp, mila ing bab wau, pakaryan kasarasan tansah tumindak sêsorah wontên ing ngajênganing tiyang kathah, wontên ingkang katindakakên sarana mitongtonakên gambar idhup, wontên malih ingkang katindakakên dadakan kanthi kasêsa, inggih punika kalanipun nuju wontên sêsakit ingkang sagêd nular. Dene sawarnining rêrigên sadaya wau, ingkang wajib kasumêrêpan utawi katindakakên ing salaminipun, ing bab têtêdhan, awit mênggahing têtêdhan, punika ingkang sabên dintên nyarambahi dhatêng tiyang, lan sumarambahipun kathah ingkang lumantar saking têtêdhan ingkang asli saking tiyang sêsadean.

[Grafik]

Tukang sate tiyang Madura.

Kados para maos kêrêp nguningani têtêdhan ingkang kadhasarakên dipun rubung lalêr, saya manawi ingkang dipun dhasarakên wau bangsanipun lêgi-lêgi, dhatênging lalêr inggih ngantos byung-byungan. Tumrapipun ingkang sampun mangrêtos, tamtu lajêng gigu utawi samar, awit mangrêtos, bilih lalêr wau badanipun katutan wiji sêsakit, jalaran saking lunta-lumuntaning pamencokipun. Makatên ugi ing bab balêdug, kathah kemawon têtêdhan araos ngêrês, punika jalaranipun botên sanès, kalanipun wontên ing padhasaran, kêrêp kablêdugan.

Kala pasar Gambir ing taun 1930, pakaryan kasarasan amitongtonakên ing bab tumangkaring sêsakit [sêsa...]

--- 666 ---

[...kit] ingkang tuwuh saking lalêr, sarana dipun wujudakên pêpêthan golèk warni-warni, wontên tiyang sade ès, pêcêl (gadho-gadho), ingkang sêsadeanipun dipun rubung ing lalêr wilis. Ing sadèrènging cêtha pamawasipun, têtiyang ingkang ningali dèrèng patos mangrêtos dhatêng kajêngipun, nanging sarêng sumêrêp, ing sacêlakipun ngriku wontên pêpêthan tiyang kowak linggih mêthongkrong, tatunipun dipun rubung ing lalêr, lajêng mangrêtos, bilih para lalêr ingkang katingal punika sami tunggil pasaban, têgêsipun inggih mêntas ngrubung kowak, lajêng nêdha gadho-gadho utawi ngombe ès. Ih.

[Grafik]

Caraning sêsadean bôngsa Eropah.

Mênggahing bab sêsadean gêgayutanipun kalihan kasarasan kados sampun cêtha kapratelakakên kados makatên. Sapunika gêntos mratelakakên ing bab tiyangipun ingkang sadean têtêdhan, punika yêktosipun taksih kathah ingkang dèrèng mangrêtos gathukipun kalihan bab kasarasan, wontênipun makatên, awit mênggah caranipun tiyang sêsadean punika bakunipun namung ngudi murih têtêdhan ingkang dipun sade sagêda katingal, kados ta tiyang sade roti, wontênipun dipun dhasarakên wontên ing jawi, supados rotinipun katingal pating plênuk amenginakên, botên mangrêtos bilih anggènipun miluta waguwau. sagêd nuwuhakên sabab kirang prayogi.

Dados mênggah bakunipun tiyang sêsadean, ngêtingalakên saening padagangan, punika dipun gatosakên sangêt, awit saupami padaganganipun botên katingal, kirang anggèning nênarik manahipun tiyang sanès, punika pancèn wontên èmpêripun. Tôndha yêktinipun kalaning nagari wontên sêsakit ingkang sagêd nular, punika wontên pamardi murih sawarnining sêsadean ingkang dipun dhasarakên, sami dipun tutupi, mênggah pikantukipun inggih ngrêsêpakên, nanging tumraping sawangan, botên adamêl panarik, wusananipun inggih wangsul kados suwaunipun malih.

Mênggah tatacaranipun tiyang sêsadean, punika satunggal-satunggalipun nagari beda-beda, nanging mênggahing wosipun, sadaya sami gêgayutan damêl panarik manah nanging ugi wontên ingkang gêgayutan bab kasarasan, kados ta bôngsa Madura, punika ingkang pinanggih sêsadean sate ayam utawi saoto, prabotipun rêsik nêngsêmakên, [nêngsêma...]

--- 667 ---

[...kên,] sadeanipun primpên, botên tilar srêbèt rêsik, kajawi kangge nyrêbèti, inggih kangge nutupi sadeanipun. Manawi cara saening panatanipun sadean, pinanggih ing tiyang Batawi.

Ing tanah pasisir lèr Têgal Pakalongan, sampun dangu caranipun tiyang sêsadean ingkang limrahipun dipun pikul, kados ta ès, tahu, mi, sami dipun dèkèk ing grobag surungan. Tindak makatên wau pinanggihipun mêngku paedah warni kalih, inggih nênarik manah, inggih parimpên sadeanipun. Cara ingkang kados makatên punika ing sapunika sampun kêlimrah ing pundi-pundi.

Sayêktosipun cara ingkang kados makatên punika mêndhêt gagrag cara Eropah, sawarninipun tiyang sêsadean limrahipun sami dipun dèkèk ing grobag alit, malah grobagipun mawi sêsêratan ingkang suraos mratelakakên sêsadeanipun, lan grobagipun dipun wangun warni ingkang damêl sêngsêming manah.

Sapunika mangsuli bab kasarasan, manawi tiyang purun angèngêti, kados lajêng sagêd mangrêtos, bilih tuwuhing sêsakit, punika kathah ingkang jalaran saking lumantar têtêdhan, kados ta: tiyang sakit wêtêng, jalaranipun saking nêdha rujak, murus, jalaran nêdha têtêdhan ingkang kaladuk gurih tuwin sanès-sanèsipun, punika ingkang taksih nama kasar-kasaran. Sapunika sarêng nyandhak bab wijining sêsakit ingkang botên kasat mata, kados ta tipês, kolerah. Môngka tumularipun sagêd lumantar saking têtêdhan, punika saèstu amutawatosi sangêt. Dene ingkang minôngka pananggulangipun sadaya wau, ingkang gampil dipun tindakakên, namung sarana kikrik tuwin apiking têtêdhan, tur punika sawêg nama saperanganing rekadaya, taksih wontên patrap sanès-sanèsipun malih. Ewadene inggih sampun nama lumayan.

Rêmbagipun Garèng lan Petruk

Bab Indianiseering

Sambêtipun Kajawèn nomêr 42.

Garèng: Ambanjurake rêmbuge ing bab Indhianisèrêng kala ing dina Rêbo kang kapungkur. Truk, Truk, nèk nitik omonganamu, bôngsa Indhonesiah, yèn pancèn anyukupi kapintêrane, bisa olèh pangkat ing sêkal B, dadi ing golongane para anak turune bôngsa mônca, malah nèk pancèn pintêr têmênan, bisa kalêbu ing sêkal C, ing golongane para bôngsa mônca babarpisan, hla, nèk mêngkono tumrape tanah Indhonesiah kene, nagara saikine wis nindakake: Lônda èrêng.

Petruk: Anggone wong kenene bisa ditêtêpake ing pangkat-pangkat sing pancène

--- 668 ---

kanggo golongane para anak turune bôngsa mônca lan para bôngsa mônca pisan, kuwi jalaran nagara mung arêp anglênggahi adile. Nanging iya aja dumèh ana têmbung: Indhianisèrêng, kowe banjur nganakake têmbung anyar mêngkono. Mungguh karêpmu: Lônda èrêng, kuwi kêpriye.

[Grafik]

Garèng: Yaiku wong-wong Indhonesiah sing wis dipadhakake babarpisan karo bôngsa Walônda mau. Têgêse: jalaran saka kapintêrane, tatacarane apadene pakulinane, wis olèh pangkat Walônda, nganti sajak dianggêp kayadene Lôndra grès, nanging ing sarèhning bôngsa Indhonesiah, dadi iya isih irêng bae. Mulane aku banjur migunakake têmbung: Lônda èrêng, karêpe: saiki wis akèh wong kenene sing dipadhakake babarpisan karo bôngsa Walônda blêgêjêt. Ing môngka miturut omonganamu ing ngarêp, anggone bôngsa mônca blanjane dibeda karo wong-wong kenene, jalaran, wong-wong mônca mau padha wong-wong nênêka saka nagara, sing beda bangêt kaanane, hawane, pakulinane karo nagara kene. Dadi kabutuhan lan kaprêluane, iya mêsthi beda karo wong kene. Mulane aku iya rujuk, yèn bôngsa mônca mau rada diluwihi blanjane katimbang wong-wong kenene. Nanging saikine barêng kapintêrane padha, banjur dipukul rata bae, bôngsaa Lônda, Tionghwa, Indhonesiah pisan, blanjane iya kudu padha.

Petruk: Tak balèni manèh, Kang Garèng, jawabanaku ing ngarêp, anggone dipadha bae blanjane, anggêre kapintêrane padha, kuwi sababe jalaran nagara arêp anglênggahi adile. Nèk kapintêrane, pagaweane, mêngkono uga olèh-olèhane panyambutgawene, gênah padha, kok banjur blanjane dibeda, dumèh bôngsa Walônda, mêngko nagara rak kalakon didakwa: pilih sih. Tumraping nagara sing adil paramarta, kuwi kudu tansah anjaga aja nganti kêna pandakwa sing mêngkono mau. Dumadakan saiki nagara lagi kakurangan dhuwit, kang anjalari kapêksa kudu ngurang-urangi wêtuning dhuwit. Nèk balanjaning para punggawane têrus-têrusan dipotong 5 tumêkaning 10% bae, mêsthine suwe-suwe iya rada mêsakake. Mulane saiki banjur golèk pambudidaya liyane, murih bisa nyuda wêtune dhuwit nagara mau. Dene pambudidaya sing saiki lagi rame dadi rêmbug, yaiku: Ngindhianisèrêng tanah Indhonesiah kene, têgêse: para punggawa bôngsa mônca disalini dening punggawa wêton kene.

--- 669 ---

Garèng: Ing sarèhning ing tanah Indhonesiah saiki kiyi wis pêpak, têgêse: sêkolahan kanggo apa bae wis ana, sêkolahan kanggo: insinyur, dhoktêr, adpokat, dalasan sêkolahan kanggo ngibing cara Lônda bae iya wis ana, kabutuhaning nagara iya wis kêcakup kabèh, dadi nagara iya wis ora prêlu nêkakake wong saka mônca, cukup migunakake wong-wong saka kene bae. Iki iya wis jênêng nagara bisa ngurangi wêtuning dhuwit. Jalaran, nêkakake wong saka mônca kuwi wragade gênah ora sathithik, lakune mêtu ing kapal, panganggone ana ing tanah panas kiyi, kuwi kabèh nagara kudu ambayari. Durung anggone nêm taun sapisan, yèn arêp tilik akrabe, utawa sobatane lawas Si Mincê utawa Si Mikê, kuwi nagara iya kudu mragadi manèh. Seje karo yèn nagara migunakake wong-wong kenene, tumrap kabèh mau nagara rak ora prêlu kudu ambuwang dhuwit. Mulane mungguhing panêmuku, saupama Indhianisèrêng sida ditindakake, kang anjalari nagara bisa nyuda wêtuning dhuwit, kuwi pancèn iya apik, nanging durung jênêng sampurna, awit panyudane wêtuning dhuwit mau durung sapiraa.

Petruk: Lo, durung sampurna kêpriye. Ati-ati, Kang Garèng, wêtuning pakêcapanamu, mêngko rak sida kalakon disêmbêlèh ing uwong têmênan.

Garèng: Lo, aku mung arêp nêrusake rêmbugmu ing ngarêp. Dhèk anu kowe rak ngomong, tuwuhing sêkal C kuwi kanggo ambedakake anane wong mônca, sing dibutuhake dening nagara sarta gêdhe kabutuhane mau, karo wong kene, sing awit cilik mula ana ing kene sarta kabutuhane ora pati akèh. Dadi balônja sing kalêbu ing sêkal C kuwi balanjane bôngsa Walônda, sing kudu nyambutgawe ana ing kene, mulane iya kudu dikacèki. Saiki anèhe, Truk, sing sakawit kanggo blanjane bôngsa mônca, kang ditêkakake mrene, sabab nagara butuh mau, ing wusana têka kanggo pathokan balanjane sabên uwong, sing kapintêrane kira-kira madhani karo bôngsa mônca mau. Cêkake: blanjane para sing kalêbu ing sêkal C, kuwi anjupuk pathokane blanjaning bôngsa mônca kang kudu urip ana ing kene, dudu anjupuk pathokane blanjaning wong ing kene. Hla, iya mêsthi bae, yèn mêtune dhuwit nagara sur-suran.

Petruk: Kang Garèng, calathumu kang mangkono kuwi rak prasasat arêp gawe cilaka nyang bangsamu dhewe. Apa karêpmu, supaya bangsane dhewe sing apangkat jêmpul-jêmpul kudu disuda blanjane kabèh miturut pathokan ing kene.

Garèng: Hla, iya mêngkono, mung bae anggone nyuda blanjane mau iya kudu nganggo pranatan, têgêse: sing saikine wis mêthèngkrèng, iya dilêstarèkake mêthongkrong. Sing blanjane kudu diowahi nganggo sudan, kuwi sing bakal ditêtêpake anyar. Padhane kae, lo, pangkat guru Walônda, dhèk biyèn lagi pênthêlus mêtu saka sêkolahan, iya banjur: glêthêk, dibalônja f 180.- nanging sing wêton anyar-anyaran [anyar-anyara...]

--- 670 ---

[...n] kiyi, anggêr glênês mêtu saka pamulangan, iya tlètèk mung diblônja f 170.-

Petruk: Wah, Kang Garèng, saupama usulmu kiyi bisa tinurutan dening ingkang kuwasa, têmtune bisa agawe gunjinging para mudha sing saiki lagi padha sinau ana ing pamulangan luhur. Mêngko rak kalakon, kowe ditakbrani têmênan.

Garèng: Kanggone sabrebetan, sajake pancèn iya gawe rugi para mudha bangsane dhewe, nanging manawa nagara kanthi kêncêng anggone nindakake Indhianisèrêng, kiraku malah agawe kauntungane para mudha-mudha mau. Jalaran yèn nagara pancèn nêtêpi kakêncêngane nindakake Indhianisèrêng, têmtune sanadyan bôngsa mônca pisan, anggêre dudu krêsaning nagara, dadi mung sakarêpe dhewe nyuwun pagawean ing kene, iya kudu diblônja miturut pathokane kene. Yèn nganti mangkono, têmtune bôngsa mônca iya akèh aras-arasêne nglamar pagawean ing kene, amarga blanjane têmtune banjur ora pati nyukupi kaya mau-maune. Ing wusana para mudha - para mudha ing kene sing padha wêton pamulangan luhur, suda sing dadi kongkurène, yaiku suda sing arêp mèlu nglamar pagaweane. Hara, apa iki ora sawijining kauntungan bêsar tumrap para mudha-mudha mau. Dene yèn nagara pancèn butuh nyang wong mônca, upamane bae bangsaning dhoktor basa wetanan- ing kene durung ana pamulangane, Truk- hla, kiyi blanjane iya rada dikacèki, yaiku: diblônja miturut pathokan kene, banjur diwuwuhi sawatara sabab anggone dêdunung ana ing tanah kang hawane panas kiyi, cara Landane wuwuhan balônja iki jarene diarani: tropentoelage. Hla, nèk ditindakake mêngkono, Truk, cêkake: jagung bakarane, mêtune dhuwit nagara mêsthi bisa suda têmênan. Wis, wis, rêmbugane bab kiyi padha ditutup samene bae.

Pêthikan saking Sêrat-sêrat Kabar Sanès

Indhonesiah.

Prakawis kêrêngan wontên ing pêkên Johar.

Kumisi militèr ingkang kapasrahan nitipriksa prakawis kêrêngan wontên ing pêkên Johar sampun rampung anggènipun amriksa. Palapuranipun lajêng dipun ladosakên dhatêng krijgsraad ing Magêlang.

Iksamên kangge Bestuursschool.

Suwau ingkang kenging nglêbêti Bestuursschool ing Bêtawi inggih puika amtênar pangrèh praja ingkang wêdalan Osvia saha sampun pangkat asistèn wadana, punapadene mawi dipun pilih dening residhèn utawi gupêrnur. Bab punika sampun têmtu kemawon sagêd nuwuhakên raos kirang sênêng. Awit saking punika P.P.B.B. lajêng gadhah panyuwun supados ingkang badhe mlêbêt dhatêng Bestuursschool sami dipun iksamên. Kalampahan, wiwit taun punika tumrap Jawi Kilèn, Jawi Têngah saha Jawi Wetan dipun wontênakên iksamên.

Konggrès P.V.P.N. ing Surakarta.

Benjing dintên Ngahad saha malêm Sênèn ngajêng punika Persatoean Vakbonden Pegawai Negeri badhe ngawontênakên konggrès, manggèn ing abipraya, Surakarta. Rancanganipun, ing dintên Ngahad parêpatan tutupan: 1. maos palapuran taunan, 2. anêtêpakên rantaman taun 1931/1932 saha anêtêpakên kontribisi tumrap warga pakbon, 3. angabsahakên pilihan rêdhaksi Persatoean Sekerdja kala tanggal 1 Marêt 1931, 4. pilihan pangrèh enggal, 5. anêtêpakên tandukipun P.V.P.N. ing bab sudan balônja saha ewah-ewahan B.B.L.,

--- 671 ---

6. angrêmbag bab punggawa-punggawa S.S. sapanunggilanipun ingkang sami dipun kèndêli, jalaran dipun bêsènêh, 7. anêtêpakên dintên saha panggenan benjing konggrès taun 1932, 8. pitakenan-pitakenan. Malêmipun Sênèn dipun wontênakên parêpatan umum. Para utusanipun N.V.V. inggih badhe anjênêngi. Rancanganipun: 1. pambikakan parêpatan, 2. anêrangakên karampungan-karampunganipun parêpatan ing dintên Ngahad, 3. Tuwan Surasa anêrangakên tandukipun P.V.P.N. ing bab sudan balônja saha ewah-ewahan B.B.L., 4. Tuwan Suryapranata anêrangakên tandukipun P.V.P.N. ing bab ebah-ebahan pak intêrnasional, punapa malih tandukipun dhatêng N.V.V. (pakêmpalan pak ing nêgari Walandi), 5. sêsorah bab ebah-ebahan pak tuwin bab rechtspositie, 6. panutup.

Pamulangan tani têngahan ing Bogor.

Murid pribumi ingkang angsal dhiplomah babagan lanbo: Muhamad Ambyah Adiwinata, Radèn Atèng, Murteja Natawardaya, Radèn Partalaharja Darsana, Mas Sariyadi, Muhamad Syapèidha Emam Bani, Sudira Wiryasuma, Radèn Sunarja Atmadipurwa, Mas Supandi Prawiradirja, Suparta Mangunprawira, Radèn Surata Sasrasudirja saha Radèn Agus Sutarya Sasraatmaja.

Murid pribumi ingkang angsal dhiplomah babagan bosbo: Radèn Sujana, Radèn Sunyata Wiraatmaja saha Mas Sastrasuwigya.

Odhiènsi.

Benjing tanggal 3 Juni ngajêng punika wanci jam 9 enjing Kangjêng Tuwan Ingkang Wicaksana Gupêrnur Jendral kaparêng badhe lênggah odhiènsi wontên ing pura ing Bêtawi. Sintên ingkang badhe gadhah unjuk sadèrèngipun tanggal 30 Mèi sasampuna ngaturakên sêrat panuwun dhatêng ajudan, mawi katrangan nama sapiturutipun miwah wigatosing bab ingkang badhe kaunjukakên.

Pambêsmèn mayit ing Bali.

Benjing tanggal 18 Juli ing Kêsiman 3 kilomètêr saking Dhènpasar, wontên pambêsmèn mayit, inggih punika mayitipun warandhanipun raja ing Kêsiman ingkang kantun piyambak.

Pamulangan dhoktêr kewan ing Bogor.

Murid pribumi ingkang angsal dhiplomah Indisch veearts: Abu Asar, Asun Kahar, Nasarudin Fr. Sihombing, M.T. Sihombing, Sudibya, Sujai saha Sukarna.

Partai Indonesia.

Kala tanggal 18 Mèi ingkang kapêngkêr ing Bêtawi dipun adêgakên pang Partai Indonesia. Ingkang dados pangrèhipun inggih punika: pangarsa, Tuwan Suwirya, panitra Tuwan Ahmad Sumadi, artaka Tuwan Suraji, pambantu Tuwan Yusup Yahya, Tuwan Suparna, Tuwan Sabran saha Tuwan Sutan Bêsar.

Wondene parte enggal wau samangke dhêdhapukanipun pangrèh agêng: pangarsa, Tuwan Sartana, sêsulih pangarsa, Tuwan Manadi, panitra, Tuwan Nyanaprawata, artaka Tuwan Suwirya, pambantu Tuwan Sudarma Atmaja, Tuwan Sukèmi saha Tuwan Yusup Yahya.

Pasanggrahan ing Tawangmangu.

Kawartos, sampeyan dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan mêntas mundhut pasanggrahan ing Tawangmangu, pasanggrahan wau kaparingan nama: pasanggrahan Asripurna. Samangke dipun mulyakakên, dipun wangun gagrag enggal.

Radèn Jumhana Wiraatmaja.

Radèn Jumhana Wiraatmaja, putra mantunipun patih ing Bandhung, asal anggènipun iksamên dhoktoral babagan ngèlmi ukum ing Lèdhên, nagari Walandi.

Intêrnat sumur Bandhung.

Kawartos, Radèn Ayu Wiranata Kusuma badhe ngadêgakên intêrnat sumur Bandhung wontên ing Sukabumi, kangge murid-murid Cultuurschool ing ngrika. Para maos kados botên kêkilapan, Radèn Ayu Wiranata Kusuma wau ingkang ada-ada ngadêgakên intêrnat sumur Bandhung.

Pantês dipun tulad.

Wontên pawartos, ing kalurahan Ngagêl (Gunungkidul) wontên ada-ada badhe ngawontênakên kopêrasi. Lurah saprabotipun ambantu sadaya. Mila tiyang sakalurahan inggih langkung saking sapalih ingkang badhe tumut. Tiyang satunggal katarik urunan sapisan f 0.50, dene para prabot wontên ingkang katarik f 2.-, wontên ingkang katarik f 5.- utawi f 10.-. Arta wau sadaya badhe kangge tumbas cangkir piring sarta ngadêgakên toko piyambak.

Utusan N.V.V.

Kala malêm Ngahad ingkang kapêngkêr para utusanipun N.V.V. ngawontênakên pêpanggihan wontên ing rêsèpsi papilyun hotèl Des Indes ing Bêtawi. Kathah tamu ingkang sami rawuh. Tuwan Kupers anêrangakên bilih anggènipun dhatêng ing tanah Indhonesiah ngriki punika botên magêpokan kalihan pulitik, nanging namung mligi badhe nyinau kawontênanipun kaum bêrah saha sasagêd-sagêd badhe pados sêsangkutan kalihan pakêmpalan-pakêmpalan pak pribumi saha Eropah.

Papan pangupakara tiyang sakit leprah ing Laosimama.

Benjing tanggal 6 Agustus ngajêng punika papan pangupakara tiyang sakit leprah ing Laosimama (Sumatra pasisir wetan) umuripun jangkêp salawe taun. Gêgayutan kalihan bab punika samangke dipun wontênakên komite, ingayoman Kangjêng Tuwan Ingkang Wicaksana Gupêrnur Jendral. Komite wau badhe kêklêmpak arta 25.000 rupiyah, dhawahipun tanggal 6 Agustus badhe kadarmakakên dhatêng papan pangupakara tiyang sakit leprah wau, kangge damêl gêdhong enggal.

--- 672 ---

Wêwaosan

Dhêndhaning Angkara

14.

Pangandika sampeyan ingkang samantên punika, nêrusi dhatêng raosing manah kula, salaminipun anak namung badhe gadhah pangadi-adi dhatêng tiyang sêpuh. Mênggah kajêng kula, kula badhe botên kasupèn dhatêng sampeyan.

Pangadi-adining anak mênyang bapa, iku salawase mung gawe sênêng, bungah bangêt yèn wong tuwa bisa nêmbadani. Nanging samono mau tumrap pangadi-adining anak kang ngambah bênêr bêcik. Nanging sanadyan luputa pisan, ingatasing wong tuwa mung kudu ngarêpi, awit wong tuwa mung wajib ngrasakake, luput yèn wong tuwa mung ngarêpi mênyang bêcike.

Sasampunipun makatên, ki sudagar lajêng wangsul, dene Abdullah sarêng ing wanci dalu lajêng tumindak nyalamur, anjajah dhatêng papan pabarisaning para nata. Sadumugining jawi kitha, sumêrêp tataning palêrêbaning para punggawa atharik-tharik ngêpung palêrêbaning ratunipun, para wadya manggèn ing pinggir dados watêsing wêwêngkon, rintên dalu dipun jagi santosa. Abdullah nglajêngakên lampah dhatêng wêwêngkon sanèsipun, tatanipun botên beda. Kawontênan sadaya wau dados tôndha botên têntrêmipun nagari Ngêsam. Dene mênggah nyatanipun, para nata wau tansah pasulayan, sami rêbatan panguwasa, tuwin nêdya ngatingalakên kaluhuranipun, wosipun namung pados jalaran murih tinampènana panglamaripun.

Nalika Abdullah nyumêrêpi kawontênan ingkang kados makatên wau, ing batos ngrumaosi gumun, têka kawontênaning praja Ngêsam ngantos kados makatên, dados mênggahing nalar, nama lôngka sangêt, yèn ta Abdullah sagêda ngêmori bab punika.

Nanging mênggah nyatanipun, Abdullah malah sampun kapanggih ing sang putri piyambak, sagêd ginêman anglairakên saraosing manah. Manawi Abdullah ngèngêti dhatêng lêlampahan kados ingkang sampun dipun lampahi, ing manah lajêng kêncêng, tuwin gadhah kapitadosan, antêping tekadipun ingkang badhe andumugèkakên sêdya. Nanging kadospundi anggènipun pados jalaran, punika taksih kasimpên wontên ing batosipun Abdullah piyambak.

VII. Manggih pancadan

Saya dangu saya katingal botên têntrêmipun nagari Ngêsam, saênggèn-ênggèn tuwuh rêrêsah, ingkang wijinipun tuwuh saking kawontênanipun sang putri, upaminipun tiyang pasulayan kalihan tiyang sanès nagari, punika bakunipun saking murinaning dhatêng ratu gustinipun, môngka ing sapunika praja Ngêsam nama dipun kêpang ing para nata môncapraja, adhakan nuwuhakên pasulayaning kawula alit. Dene tumraping ratunipun, inggih tansah sujana-sinujanan, wêkasan lajêng nuwuhakên pêpêrangan.

Bab kados makatên punika angèl sagêdipun dados têntrêm, dangu-dangu malah saya andadra. Pêpêrangan botên wontên kèndêlipun, gêntos unggul gêntos asor.

Ing wanci srêngenge gumiwang ngilèn, kamirêngan kêtêging paprangan dipun tabuh andharêndhêng, dados pratandhaning ambibarakên pêpêrangan. Sakala lajêng botên wontên sabawaning tiyang, ingkang kamirêngan namung sabawaning dêdamêl ligan dipun warangkakakên.

Para prajurit ingkang kabibarakên anggènipun pêrang, rumaos sami gêla ing manah, awit rumaos bilih ing dintên wau badhe ngrampungi damêl. Nanging sayêktosipun sadaya wau namung pinanggih wontên ing pangintên, namung nêtêpi watêking tiyang punika ing salaminipun namung ngrumaosi unggul.

Kacariyos nata ing Bahgêdad, Prabu Harun, kala punika ugi rawuh wontên ing praja Ngêsam, sami-sami nata môncapraja, kalêbêt ingkang agêng piyambak, nanging ingatasipun ing bab punika, sang prabu inggih botên katingal mêmunjuli, têgêsipun anggèning pêrang inggih botên sagêd unggul, dene ingatasipun sang putri, botên anganggêp punapa-punapa dhatêng sang prabu, inganggêp nata limrah kemawon.

Sabibaring pêrang, sang prabu lênggah wontên ing palêrêban dipun adhêp ing abdi kêkasih, sang prabu katingal sêkêl ing panggalih, dene botên sagêd angrampungi ing bab pêpêrangan punika, môngka tumrap ingkang sampun, sampun malih mêngsah ingkang namung kados makatên, sanadyan tikêla sadasa pisan, botên dangu tamtu sirna.

Sang prabu salêbêtipun lêlênggahan angandika: He senapati, ingsun nganti rumasa wêgah angadoni pêrang, rumasaningsun kaya ora ana uwis-uwise.

Senapati: Sampun tamtu kemawon kangjêng sinuhun, awit mêngsah punika botên namung satunggal kalih kemawon, dhatêngipun bêbasan andalidir tanpa kêndhat, sami ratu ambêkta wadyabala.

Iya sanadyan mangkonoa, rasaning bobote angluwihi, ingsun uga tau tandhing lan mungsuh kang luwih saka iki, nanging bobote ora samene. (Badhe kasambêtan)

--- 133 ---

Nomêr 34 taun I.

Taman Bocah

Lampiran Kajawèn kawêdalakên sabên Sabtu.

Cobi-cobi, bokmanawi katampi

Bug, bug, bug ... slênthêm. Nuwun-nuwun, Rama Sêbul, saha mitra kula sadaya. Umun-umun sarêng kula mirêng swaraning bêndhe angungkung. Ingkang ambribèni sarènipun Kangmas Surata, kula inggih katut kabribenan. Mila tangi gregah lajêng lumajêng dhatêng jawi. Sarêng sumêrêp para mitra gumrudug, tanpa pamitan kula tumut ambandhang nututi para mitra ingkang lêlumban dhatêng blumbang (Taman Bocah). Salêbêtipun lêlumban kula dipun purugi bapak saha dipun srêngêni. Jalaran sinaosa ing wêkdal punika dintên Minggu, nanging lajêng nyuda pasinaon kula. Dados kuwatos manawi inggah-inggahan pangkat ing wulan Juli punika bijinipun rêpot kula kirang. Nanging dangu-dangu inggih marêngakên.

Mênggahing palumbanan ngriku (ing Taman Bocah, ingkang kaêmot ing Kajawèn, nomêr 35), Kangmas Surata kagungan cangkriman suraosipun makatên: anjupuka lèpèk siji, banjur sèlèhana dhuwit sèn, patrape mlumah sumisih ana ing pinggire lèpèk kang mlumah, lèpèk mau banjur isènana banyu kira-kira bisane ngêlêbi dhuwit mau, hla, sak iki dhuwite sèn mau jupukên nanging drijine sing anjupuk aja nganti têlês (kambah banyu mau) kapriye mungguh pratikêlmu, nanging panjaluke ora kêna nganggo bangsane cuthik, sapit, sapadhane, utawa lèpèk lan banyu mau ora kêna owah saka ngênggon.

Sasampuning rampung pamaos kula, kula inggih gumun. Gampilipun punika lajêng kula anggêp sulapan. Ananging mokal sulapan têka kangge cangkriman. Sajatosipun nalar kula punika satunggiling nalar ingkang taksih pêtêng abunêl. Bêbasan kodhok brontok katutupan bathok, botên sumêrêp lèr utawi kidul. Kula lajêng mêndhêt lèpèk, kula pasang kados ingkang kapratelakakên ing nginggil. Lèpèk ingkang isi toya ngêlêbi arta sèn ing sapinggiring lèpèk wau lajêng kula damu ing pênêring arta. Wusana toya lajêng sumilak anisih, yatra kula tarik ing driji kanthi pangatos-atos, ngantos kenging. Driji kula inggih taksih garing.

Wusana lêpat lan lêrêsipun ing pambatang kula, sampun kirang ing pangaksami.

K.H. Timbul.

Suk Sêtu ngarêp, bêcik ambabarake batangane cangkriman, miturut panêmune Nak Surata.

Pak Sêbul.

--- 134 ---

Narima Nêmu Bêgja

Candhake Kajawèn nomêr 41.

Sapi diijolake wêdhus.

Atine Pak Klênthêng dhèk samana gêdhe bangêt, saka bêbêge, sajrone nuntun sapi mau nganti jogedan karo gamêlan cangkêm, nanging banjur lèrèn karo caturan dhewe: Nganti kaya wong gêndhêng aku iki, turut dalan jare jogedan. Nanging ya sapa wonge nêmu kabêgjan ora bungah. Coba tak andharne cilakane wong ngingu jaran dhisik.

Jaran kuwi pancèn ya bêcik bangêt, yèn digawe têgar, sabên uwong bae ngêlokake, saya yèn aku sing têgar, lagi jêdhul bae wis ana wong muni: wah, kaya Radèn Sukra. Nanging kuwi rak tumrape wong kasêmbadan, apêse bae wong sing duwe sandhangan bêcik, balik lagi jarit bae ora ana sing mèmpêr, hêh, kalane aku têgar, adhakan dikira wong ambradhat jaran. Dadi bab têgar, tumrape aku lôngka.

Yèn digawe jaran momotan, olèh-olèhane lumintu, nanging wong duwe jaran digawe momotan, kuwi têtêp wong ora duwe wêlas mênyang sato kewan, sabên dina mêrês kringêting kewan, asih manèh duwea, wêlas bae ora. Mulane aku ora nindakake pagawean mangkono, jaranku ajêg tak muktèkake.

Kaya jênate jaranku sing wis tak ijolake, sabên dina mung tak muktèkake, tak êritake sukêt sing lêdhung-lêdhung, gêdhogan lan kiwa têngêne ajêg dirêsiki anak bojoku, aku tarima nampani talethonge bae, kêna kanggo rabuk tanduran kang anjalari akèhing pamêtu. Ya lagia didol talethong bae, dhuwite wis akèh. Nanging jênêng wong apa, sasat urip ana sangisoring tlethong. Mula aku ora gêtun jaranku tak ijolake sapi.

Pak Klênthêng banjur mandhêg nyawang sapine karo muni: Adhuh, ana sapi kok kaya Banowati, sajak gandhang. Ya sapa wonge ora dhêmên nyang sapi, digawe anggaru mluku: tumindak. Digawe anggrobag: mungguh, ya lagia nadhahi tlethonge bae, akèh tlethong sapi. Tur pakane gampang, rambanan doyan. Apamanèh sapine thik wedok, sawise manak, aku wis bathi pêdhèt. Aku, êmbokne lan gêndhuk, bakal kêbrebelan milu ngombe puhane. Aku wani totohan, pipine wong saomah mêsthi padha pating plênthu, saka lêmu-lêmu. Mêngko yèn wis bosên ngombe puhan, didol bae rak uwis. We la, sida sugih têmênan saiki.

Gênti anggagas apêse, sapiku kêjêngklok, banjur ora bisa ngadêg. Wa, cilaka. Nanging ya ora. Dijagalake bae rak uwis, dhuwite banjur krupyuk putih-putih. Mêsthine yèn aku gêlêm anjaluk iwake, iya diwèhi, lagi digawea mangan sajrone sapasar bae, ya sêdhêng. Adhuh, iba êmbokne Klênthêng anggone ngothot-othot iwak. Cêkake wong ngingu sapi kuwi ora ana tunane.

Nalika panggagase Pak Klênthêng lagi têkan kono, [ko...]

--- 135 ---

[...no,] krungu suwaraning wêdhus muni: êmbèk. Pak Klênthêng nganti kagèt sarta banjur ngingêtake. Ing kono wêruh ana wong nuntun wêdhus gèmbèl. Sawise nyawang sawatara suwe, Pak Klênthêng banjur nututi karo cêluk-cêluk: E, kang nuntun wêdhus, mandhêg riyin.

Wong nuntun wêdhus angêndhêgi karo sumaur: Ontên napa, dhi.

Mandhêg riyin, ta. Wêdhus dika kula ijolane sapi kula, gih.

Dika niku wong sêmbrana, napa kula niki wong gêblêg bangêt, botên ngrêti yèn dika gawe gêguyon.

Si kakang niku kula aranana bodho, nyatane pintêr, nanging yèn kula aranana pintêr, jêbule bodho.

Pripun ta, dhi.

La ênggih, dika êmpun ngrêti, yèn kôndha kula blondrongan, niku tandhane pintêr, awit saka dika mokalake. Nanging nyatane dika niku bodho, tandhane kula niki niyat ajêng ngajak ijolan têmênan, kok mang tômpa guyon. Êngga sapi kula dika tuntun, pundi wêdhus dika kula tuntune. Sawise mangkono, Pak Klênthêng banjur nuntun wêdhus anggênjrit.

Wong sing duwe wêdhus: E, apa iki têbusane anggonku ngimpi kêcêmplung kalèn sing banyune mung nyêmêk-nyêmêk mau bêngi kae, ya.

Uran-uran

[Kinanthi]

kanthi ngucap bangêt sukur / dene ing wêktu saiki / ing Kajawèn linampiran / Taman Bocah luwih adi / mula ayo para mitra / kangmas-kangmas adhi-adhi //

padha sowan Rama Sêbul / ning ra susah nyang Bêtawi / cukup amung kala-kala / aku padha angaturi / dhêdhaharan kang mirasa / nanging dudu bêstik komplit //

wêton Jiran kang misuwur / apa manèh tarcis-tarcis / iku rama ora karsa / mula aja klèru tampi / dene wujuding dhaharan / karangan maneka warni //

aja isin digêguyu / gêdhene dipapoyoki / niyat jarag coba-coba / ngulir lan angasah budi / sapa kang kêpengin bisa / kudu wani wirang isin //

bisa pintêr saka cubluk / bisa akèh saka sithik / bisa wasis ngarang ngarang / kudu ora ambil posing / ginuyu lan pinoyokan / ugêr ora disrêngêni //

minôngka tutuping atur / Bayalali tanggal kaping / têlu nuju sasi Sura / taunnya sawidak kalih / ora liwat para mitra / mung padha andum basuki //

Kula pun Suparman, Murid H.I.S. Bayalali.

yèn dhasaring Jawa iku / nadyan isih bocak cilik / ing batin wis kêdunungan / carane wong nganggit-anggit / tur nganggo digawe têmbang / sanadyan prasaja bêcik //

yèn pancèn gêlêm nyinau / aja banjur dakik-dakik / prasaja bae kang cêtha / aja nganggo kowa-kawi / besuk bae yèn kulina / bakal wêruh lan mangrêti //

Pak Sêbul.

--- 136 ---

Tabêri ing Gawe

[Dhandhanggula]

ana klinci isih ênom manis / nanging klêbu klinci jaman kuna / parigêl lan doyan gawe / carane golèk butuh / ora kêndhat dipikir-pikir / ya pagawean apa / dilakoni mungkul / labête mantêp têmênan / bisa ajêg sabên dina olèh dhuwit / ditômpa kanthi lêga //

karo manèh klinci pancèn ngrêti / bisa wêruh nyang lakuning jaman / tansah ngudi salawase / êndi sing bisa mathuk / iya kuwi sing dilakoni / nèk jamane samana / si kêlinci wêruh / ombyaking para nonoman / padha dhêmên sapatonan thiyit-thiyit / prêlu go adol brêgas //

[Grafik]

sanalika klinci banjur ngrêti / lan rumasa olèh dalan gampang / kêna kanggo saranane / wong arêp golèk butuh / klinci nuli nata piranti / dhingklik sêmir lan sikat / banjur thênguk-thênguk / ana sapinggiring dalan / kanthi tlatèn sêdyane êmung ngêntèni / wong sêpaton sing liwat //

dene mungguh karêpe si klinci / niyat arêp adol bau nyikat / yèn ana sing marêngake / ora suwe kêrungu / ana jago kêluruk bêning / ngadêg ana kadohan / rupane abagus / sajake jago bandara / yèn malaku ketok anggone tarincing / glelang-glèlèng barêgas //

isih adoh klinci andhèhèmi / karo muni diwori pangumpak / kados upsir sajakane / êcakipun sêpatu / sampun cêtha angatawisi / manawi bôngsa litnan / dhasaripun bêsus / mila sangêt eman-eman / yèn ngantosa ambalêrêt botên kincling / sêpatu agêm tuwan //

jago mau barêng krungu uni / lan pangalêm banjur nyêdhak mara / karo pitakon mangkene / apa ya kowe iku / dadi tukang ngrêsiki sikil / yèn ngono kabênêran / iki sêpatuku / loro pisan rêsikana / lan sêmirên kang nganti agilap bêcik / wis ênya tandangana //

[Grafik]

klinci nuli cêg anyandhak sikil / cikat trampil lakuning panyikat / wis gilap sadhela bae / ing batine angguyu / dene sikil cilik amêrit / ora gawe rêkasa / sadhela wis rampung / jago atine ya lêga / ing sawise awèh panrima tumuli / ngulungake pituwas //

--- [0] ---

[Iklan]