Sastra Jawa

Program Digitalisasi Sastra Daerah

  • Increase font size
  • Default font size
  • Decrease font size

Kajawèn, Balai Pustaka, 1931-07, #1646

Katalog:Kajawèn, Balai Pustaka, 1931, #1646
Sambung:
1.Kajawèn, Balai Pustaka, 1931-01, #1646. Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #438.
2.Kajawèn, Balai Pustaka, 1931-02, #1646. Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #439.
3.Kajawèn, Balai Pustaka, 1931-03, #1646. Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #440.
4.Kajawèn, Balai Pustaka, 1931-04, #1646. Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #441.
5.Kajawèn, Balai Pustaka, 1931-05, #1646. Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #442.
6.Kajawèn, Balai Pustaka, 1931-06, #1646. Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #443.
7.Kajawèn, Balai Pustaka, 1931-07, #1646. Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #444.
8.Kajawèn, Balai Pustaka, 1931-08, #1646. Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #445.
9.Kajawèn, Balai Pustaka, 1931-09, #1646. Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #446.
10.Kajawèn, Balai Pustaka, 1931-10, #1646 . Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #447.
11.Kajawèn, Balai Pustaka, 1931-11, #1646. Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #448.
12.Kajawèn, Balai Pustaka, 1931-12, #1646 . Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #449.

Ôngka 53, 17 Sapar Taun Je 1862, 4 Juli 1931, Taun VI

Kajawèn

[Iklan]

--- [817] ---

Ôngka 53, 17 Sapar Je 1862, 4 Juli 1931, Taun VI

Kajawèn

Kawêdalakên sabên dintên Rêbo lan Sabtu

Rêgining sêrat kabar punika ing dalêm tigang wulan ... f 1.50, bayaranipun kasuwun rumiyin, botên kenging langganan kirang saking 3 wulan.

Juru ngarang - administrasi Bale Pustaka, ing sawingkinging kantor palis, tilpun nomêr 2791 - Bêtawi Sèntrêm.

Tatwawara

Pêthikan Sêrat Piwulang Mangkunagaran IV

Wêruh ing Wajib

[Mijil]

Kang minôngka isarat saari / tan mèngèng sapakon / mring kang wajib marentah awake / masrutira têmên lan tabêri / sêsambèn norragi / nyangking têmbung arum //

adhêdhasar rahayuning budi / tan melik kang asor / tansah asih marang sêsamane / luwangira yèn bisa nglakoni / barang kang kinapti / ing samajadipun //

ora luput kang sarta basuki / iku wahyu yêktos / pirabara tumurun bakale / ra-orane awake pribadi / lakone lêstari / tan sangsarèng laku //

lir angganing duryan kang matêng wit / jumbuhing lêlakon / barang sêja ana jalarane / ora têka yèn amung dèn siri / wit kang Maha Suci / tan adarbe suku //

--- 818 ---

Rêmbagipun Garèng lan Petruk

Bab Kasagêdan tuwin Alusing Bêbudèn

(Sambêtipun Kajawèn nomêr 52)

Petruk: Ambalèni rêmbuge lagi dina Rêbo kang kapungkur, Kang Garèng, mungguhing panêmuku, padha-padha piwulang Jawa, sing aku ora cocog nganti tumêkaning thinthilku pisan, kuwi anggone wong dikon tansah ngêpenaki liyan. Lumrahe, wong sing kulina mêngkono kuwi, jalaran saka anggone tungkul arêp ngêpenaki sapadha-padha, omongane iya banjur ora kêna digugu, bêcik ora kadadeane, kuwi ... tak phêrdhuli, anggêre kana kêpenak atine bae. Kaya ta aku ngomong karo wong sing duwe watak dhêmên angêpenaki mau mangkene upamane: Wah, Kang Naya, tôngga kula nika gêmine pancèn ênggih ngudubilahi tênan, hla, napa mèmpêr, ingatase jênêng wong kêcukupan, nèk mangan niku kok mung nrima kalih jangan sayub mawon, ungêle anggêr wêtênge isi mawon êmpun cukup. Kanggo ngenaki sarak, wong sing duwe watak sing kaya kok kandhakake mau, iya banjur mangsuli: O, nèk tôngga sampeyan nika, pancèn ênggih kêbangêtên, wong nèk nêdha dhêle mawon, esuke ênggih dicuthiki lan diklumpukake malih.

[Grafik]

Garèng: Lo, hla salah wèsêl, Truk, nèk kaya mêngkono kuwi panampamu. Kuwi arane dudu wong sing dhêmên ngêpenaki liyan. nanging wong sing dhêmên ambumbon-bumboni kojahing liyan. Lumrahe wong sing duwe saradan mêngkono kuwi, malah ora sênêng mênyang rêmbug sing apik-apik, kosokbaline: sing dikarêmi iya angrêrasani, ngala-ala sapadhaning ngurip, cêkake ngomong barang sing têngik-têngik kae. Wong sing kaya ngono kuwi, kêna diarani, yèn dhimas ijajil tansah têmèmpèl ing lambene bae.

Petruk: Ewasamono, Kang Garèng, aku kok iya mêksa ora cocog bae, dhing, karo tindak sing mung angêpenaki kuwi, awit sing kaya ngono kuwi pancèn sok kurang prayoga, jalaran talèncènge sok banjur jênêng lêmbèk. Upamane bae mangkene: sawijining dina bêndara wêdana andhawuhake nyang lurah: He, lurah, besuk dina anu tanggal anu,

--- 819 ---

wong-wongmu kabèh, lanang wadon, nom tuwa, gêdhe cilik, kudu ngumpul ana ing desa anu, prêlu arêp dicacar. Lo, kuwi ing batin mas lurah rak garundêlan mangkene: hla, kuwi nèk priyayi, le sok mung manggalih salirane dhewe bae. Nèk wong-wong desa dikon ngumpul nang desa anu kuwi, rak mung gawe rugining wong akèh bae. Sing pancène kudu nyambut gawe, têka dikon thênguk-thênguk ngêntèni dara mantri cacar. Hla ambok iya darane mantri cacar kon nêkani omahe wong desa siji-siji, wah, priyayi ki pancèn iya ... Lo, bokmanawa mêngkono batine mas lurah, nanging ing sarèhne arêp ngêpenaki bêndara wêdana, iya banjur matur: Nun inggih, sandika. Hara, apa kiyi ora jênêng lêmbèk.

Garèng: Hla kiyi seje manèh, Truk, nèk aku, lurah sing kaya mangkono kuwi ora kêna saupama diaranana lêmbèk, nanging malah lurah sing ngrêti nyang wajib, iya lurah sing migatèkake nyang kaslamêtane wong-wong sing dadi wêwêngkone, awit rawuhe bêndara mantri cacar utawa tuwan dhoktêr, kuwi rak bakal makolèhi bangêt tumrap wong-wong ing desane kono, jalaran dicacar mau rak sawijining pambudidaya supaya wong-wonge bisaa didohi ing warna-warna lêlara kang nular.

Petruk: Iya wis, aku tak mupakat nyang katêranganamu kiyi, nanging kowe rak iya ngandêl, ta, nèk tindak sing mung angêpenaki kuwi talèncènge sok banjur jênêng lêmbèk. Kaya ta upamane mangkene: dêduwène mung ikêt loro, tur sing siji wis lumêbu ing gadhèn kabèh. Nanging barêng dikon ngapati, ing sarèhning arêp ngêpenaki kônca-kancane, tanpa taha-taha manèh, iya banjur mênyat bae.

Garèng: Wiyah, nèk wong kaya ngono kuwi gênahe pancèn iya karêm nyang adu kucing karo kasut. Sabênêre mono iya pancèn nyata, tindak sing mung angêpenaki, kuwi sok diarani kurang prayoga, awit talèncènge sok banjur jênêng: lêmbèk. Nanging mungguhing panêmuku, talèncèng sing kaya mangkono kuwi ora kêna kanggo ngarani alaning lajêring tindak angêpenaki. Nèk tindak angêpenaki, kuwi têtêp apik, sing luput kuwi rak anggone ngêcakake. Dadi manawa ana uwong disuwurake bisa angêpenaki atining liyan, ing môngka sing dikêpenaki mau malah dadi ala, wong mau nèk saka panêmuku iya durung kêna diarani: baut angêpenaki atining liyan. Sarta nalika sinau alip-alipane sing luput. Awit manawa pancèn bênêr alip-alipane, ora bisa malèncèng sing nganti samono. Miturut kaprêcayanku, wong sing bakal kuwagang anjunjung darajading bôngsa, kuwi ora liya iya mung wong sing bisa angêpenaki atine wong akèh.

Petruk: Wah, sapisan kiyi Kang Garèng têka anggumunake bangêt, anggone mrêceka, tur rêmbuge le cêsplêng, èmpêre Kang Garèng kiyi mêntas ngaji andhe-andhe lumut.

Garèng: We, hla sêmbrana, ngunèkake uwong kathik sêkênyus-kênyuse bae. Apa dikira aku dudu wêton sêkolahan, cêkake nèk kowe wêruh buku-bukuku sing tak simpên ana ing lêmari, tan kêna ora kowe mêsthi saya gumun [gu...]

--- 820 ---

[...mun] nyang luhuring kawruhku. Aja manèh sing awujud manusa lumrah oraa kêpengin nyang buku-bukuku mau, sanadyan sing wujud kewan, kucing, tikus lan sapêpadhane, nèk wêruh iya mêsthi kêmêcêr, wong rêgane bae sakatine bisa nganti têlung rupiyah, tur sangkane iya adoh, iya iku ing Sidaarja.

Petruk: We, hla kranjingan, anggonku ngrungokke tiwas tak jèrèng-jèrèng bangêt kupingku, tak arani iya pancèn duwe buku-buku sing wigati têmênan. Sing dikandhakake buku mau, jêbul krupuk urang wêton Sidaarja. Ora, Kang Garèng, nèk mêngkono angèl bangêt, bisane wong diarani bêsêkhaph kuwi. Tak arani iya anggêr wêton sêkolahan bae, jêbulane sing nomêr siji: kudu bisa gawe sênênging sapadha-padha.

Garèng: Iya mula mangkono. Ing layang Wedhatama bae rak ana unèn-unène sing gêgayutan karo bab kuwi, têmbange Sinom, dene nèk arêp kok lagokake Langêndriyan iya kêna. Unèn-unèn mau mangkene:
Nulada laku utama / tumrap ing wong tanah Jawi / wong agung ing Ngèksigônda / Panêmbahan Senapati / kapati amarsudi / sudane hawa lan nêpsu / pinêsu tapabrata / tanapi ing siyang ratri / amêmangun karyenak tyasing sasama //

samangsane pasamuwan / mêmangun marta martani ...

wis, wis, kok banjur anggalènggèng kaya wong sing jam rolas kêndhile isih mêngkurêb. Truk, Truk, rêmbugane bab kiyi padha dicuthêl samene bae, liya dina padha rêmbugan bab sejene manèh.

[Grafik]

Gêdhong Ridderzaal, inggih punika gêdhong kalanipun kangjêng ratu putri ambikak parêpatan Staten-Generaal.

--- 821 ---

Cariyos Kina

Pasarean (Patilasan) ing Jênggala.

Sambêtipun Kajawèn nomêr 53

I. Upaminipun kados ta: nama dhusun Kêpanjèn, punika kacariyos ing kinanipun, ing ngriku padununganing para radèn panji, rajaputra ing Jênggalamanik.

II. Nama dhukuh Sumêdhang, botên têbih saking pasarean Jênggala wau, punika sawênèhing tiyang wontên ingkang anggadhahi panganggêp bilih rumiyinipun nama: Sumêdhang Kamulyan, ugi tilas karaton, awit nitik saking wontênipun patilasan, inggih punika ing dhukuh Sumêdhang wau wontên sela ingukir-ukir sae, ingkang wêwangunanipun mèmpêr umpaking saka, dhapur sêkar cêpaka mêkrok, agêngipun nyaprangkul kapara langkung, kathahipun 4 iji, nanging ingkang taksih katingal cêtha, gumlethak wontên ing têngah sabin namung kantun 2 iji, sanèsipun sami kêpêndhêm, awit rumiyin ing papan wau nate dipun dhudhuk, nanging sela wau botên lajêng kapêndhêt, satêmah kurugan siti. Kajawi saking punika, botên têbih saking panggenaning sela-sela ukiran ngriku, kathah banon-banon kina pating glasah, dumunung ing tanah pasabinan, patêgilan punapadene pakawisan, mujur mangetan, kintên-kintên têbihipun (panjangipun) wontên sakilomètêr, inggih punika ngalangi supit uranging têmpukanipun lèpèn Brantas kalihan Metra, kacariyos banon-banon wau tilas pagêr tembok rikala jaman Panji. Ing têngah-têngah wontên gapuranipun, kintên-kintên pantêsipun gapura ingkang anjog dhatêng kêputrèn. Nanging sawênèh malih mastani bilih punika tilasing bètèng, katôndha saking pamanggènipun prênahing supit uranging lèpèn, mila prakawis wau mênggah lêrês lêpatipun nyumanggakakên. Awit sanajan dipun wastanana tilas pagêr, tiyang sapriki sampun sirna mênggah sipat-sipatipun, kajawi namung banon ingkang pating glasah wau kêtitik damêlan kina.

Amargi saking punika, rèhning padunungan-padunungan ingkang kacariyos nginggil wau, sapriki sampun botên patos cêtha mênggahing kawontênanipun, tuwin malih botên wontên salah satunggaling tiyang ingkang kenging kaanggêp maton cacriyosanipun, mila ing karangan ngriki inggih botên sagêd nêtêpakên, punapa inggih lêrês ing ngriku tilas karaton Jênggala tuwin Sumêdhang (Mêdhangkamulyan) kados ingkang kacariyos ing sêrat-sêrat Panji tuwin ing sêrat-sêrat sanèsipun, punika sadaya namung kula sumanggakakên dhatêng para ahli. Ananging yèn nitik saking wontênipun pasarean wau, kados lôngka sangêt ingatasipun tiyang Jawi purun amêmundhi lan amêmêtri pasarean, yèn botên cêtha punika pasareaning bôngsa luhur ingkang kuncara asmanipun.

Nirrasa. Kêpanjèn-Malang.

--- 822 ---

Pawartos WigatonWigatos.

Jiyarah Minggah Khaji.

Sambêtipun Kajawèn nomêr 52.

Wêkdal kula santun sandhangan montên patêlêsan, rumaos rikuh sangêt, awit gudhang wau kabikak tanpa ngangge aling-aling pagêr, langkung-langkung para jamangah èstri, saya pakèwêt malih, awit santunipun ugi wontên ing griya gudhang bikakan punika.§ Salah satunggiling up redhaktur Bale Pustaka, sampun usul bab punika dhatêng ingkang wajib, supados ing papan ngriku dipun dèkèki aling-aling. Dene kalampahan utawi botênipun, wallahu alam. Saking gudhang punika para jamangah lumampah urut-urutan dhatêng padusan anglangkungi sênthong-sênthongan. Wontên ing sênthongan ngriku, kasarasaning badan kapriksa dening dhoktêr jalêr, jamangah èstri misah, kapriksa dening dhoktêr èstri. Kula têrus lumêbêt ing sênthongan padusan, adus mawi toya pancuran tosan tarikan. Mêdal saking padusan kula dipun sambuti andhuk satunggal, sarung saha rasukan, sadaya pênaton, nanging warninipun sami kadosdene sandhangan pranteyan wontên salêbêting pakunjaran,§ Bab punika bokmanawi ragi kêlintu sêrêp, pangangge wau limrahipun kados pangangge ingkang dipun angge wontên ing griya sakit, sarung lorèk, rasukan pêthak, sanès panganggenipun tiyang pranteyan. botên dangu sadaya jamangah kapurih ngaso manggèn ing gudhang panjang wontên ing pulo sacêlakipun padusan, nanging misah kaêlêtan ing sagantên. Nyabrangipun mawi gèthèk kajêng ingkang katarik ing sêtum barkas, sabên gudhang satunggal kapêsthi dipun ênggèni dening tiyang kintên-kintên 100 awor jalêr èstri§ Bab tatanan ingkang kados makatên punika, prêlunipun anjagi, samôngsa ing golongan ngriku wontên tiyang ingkang kataman sêsakit nular, botên prêlu ngêndhêg têtiyang ingkang sanès golongan. Beda manawi kadadosakên satunggal, saupami wontên ingkang sakit salah satunggal, sadaya kêpêksa dipun êndhêg. Lan malih ingkang katunggilakên wau taksih kulawarga utawi kuwanuhan. Red. tilêmipun ing mêstèr lèmèk gêlaran pandhan kasar, bantalipun alit, damèn kabuntêl ing kipêr, namung lumayan kangge ganjêl sirah. Gudhangipun mawi plataran wiyar edhum sangêt, kathah kêkajênganipun, nanging kuciwa hawanipun anggônda awon sangêt, amargi saking kakusipun dumunung ing plataran punika. Jam 4 sontên pangangge sami kawangsulakên, kula sakônca enggal sami santun panganggenipun, wontên ing karantina Onrust kula sadaya jamangah nyipêng sadalu, mawi dipun sêgah nêdha lan wedang, cêkap kaangge angganjêl wêtêng kothong.

Ing dintên Sênèn, tanggal kaping 25/5-'31 sadaya jamangah wangsul minggah dhatêng baita agêng, cacahipun ugi kacocogakên. Sasampunipun minggah sadaya, wanci jam 9 enjing kapal Sembilan ambêdhol jangkar wiwit lumampah akanthi ngungêlakên pluwit têngara adamêl bingaring para jamangah ingkang badhe minggah ing dharatan, lampahipun angênêr dhatêng Tanjungpriuk. Wiwit saminggahipun para jamangah ing baita têrus sami ibut, repot sangêt sêsarêngan nginggahakên barang-barang saking sênthongan ngandhap dhatêng dhèg nginggil, katata ing pinggiraning dhèg, prêlu anggampilakên wêkdal ngandhapakên saking baita dhatêng palabuhan.

--- 823 ---

Wanci jam 10 enjing, ing dintên Sênèn tanggal kaping 25/5-'31, baita kèndêl mèpèt ing palabuhan Tanjungpriuk, ing ngriku sampun kêbak para sèh khaji, lan para ahlinipun jamangah-jamangah ingkang mêthuk. Jamangah-jamangah khaji wiwit mandhap urut-urutan sareng lan andhapipun barang-barang bêbêktan sarana ngangge tambang kadosdene kerekan. Jam 12 siyang nêmbe sagêd rampung. Sadaya barang-barang bêbêktan, mêdalipun saking palabuhan gudhang mawi kapriksa isinipun dening priyantun palabuhan kados sabênipun, barang-barang têrus kaêmotakên ing prah oto, para jamangah lan têtiyang ingkang sami mêthuk sadaya sami numpak bis, anjujug dhatêng griya pamondhokanipun Sèh Salèh Ngabdul Ngalim, ing kampung Jêmbatan Lima (Batawi).

[Grafik]

Kawontênaning para kaji tuwin juru mriksa wontên ing pulo Kuyper.

Wontên ing Batawi kula nyipêng sadalu. Enjingipun dintên Slasa tanggal 26/5-'31 kula sakônca sadaya sêsarêngan bidhal saking Wèltêprèdhên numpak sêpur sênèl jam 7 enjing, jam 2 siyang kèndêl ing Purwakêrta, kula sakônca mandhap ing sêtatsiun Purwakêrta, manah kula kagèt sangêt, dene ing sêtatsiun dalah plataranipun kêbak tiyang ewon, sami mêthuk jamangah-jamangah mawi tumpakan motor, bis tuwin dhokar kathah sangêt, ngantos adamêl gumyuripun para jamangah khaji, lajêng sami bingung pinanggihipun dhatêng para ahlinipun ingkang mêthuk. Nanging kuciwa sangêt barang-barang cangkingan ingkang katimbang kangge bagage botên sagêd kabêkta sarêng ing sênèltrèn punika, kapurih têngga enjingipun nêmbe kapurih mêndhêt. Wanji jam 3 siyang lampah kula jiyarah khaji sampun dumugi ing griya akanthi wilujêng, amin.§ Redhaksi Kajawèn ugi andhèrèk ngucap sukur ing Pangeran, dene panjênêngan pinarêngakên wiwit tindak ngantos wangsul, dumugining dalêm botên kirang satunggal punapa. Lan ugi ngaturakên gênging panuwun dhatêng panjênêngan, dene kaparêng manjurung karangan wontên ing Kajawèn, wiwit tindak ngantos dumugi wangsul, jangkêp botên cicir. Red.

R.H.M. Muhtar, Sukaraja (Banyumas)

--- 824 ---

Kêbêsmèn ing Paris

Griya Sêtèlingan Nèdêrlan Kêbêsmi Mèh Têlas-Kapitunan Kataksir Wontên 4 Yuta dumugi 10 Yuta Rupiyah-ingkang Kapitunan Kathah Piyambak Bat. Gen ing Bêtawi - Badhe dipun Dandosi.

Kala dintên Rêbo kawartosakên kanthi cêkakan bilih griya sêtèlingan Nèdêrlan ing Paris kêbêsmi mèh têlas. Wondene katranganipun kados ing ngandhap punika.

[Grafik]

Gambar griya sêtèlingan Nèdêrlan ing Paris.

Ing dintên Ngahad tanggal kaping 28 Juni ingkang kapêngkêr wanci enjing jam gangsal kirang saprapat ing griya sêtèlingan Nèdêrlan kasumêrêpan wontên latu. Latu mubal ngalad-alad. Sanadyan lajêng dipun sêmproti mawi toya, ewadene mêksa botên ngukup. Griya sêtèlingan wau dalah barang-barang isinipun têlas dados awu, namung kantun griya-griya Bali miwah gapura tuwin pandhapinipun. Wanci jam sadasa latu sirêp. Tiyang kasangsaran botên wontên.

Para warganing komite, Tuwan Mr .D .Fock, Tuwan Dr. Van der Waals tuwin sanès-sanèsipun sami pangkat saking Dhènhah dhatêng Paris.

Ministêr de Graaf ngandika, kêbêsminipun griya sêtèlingan Nèdêrlan wau tumrap tanah Indhonesiah atêgês kasangsaran agêng.

Dipun dugi sababipun kaplêtikan latu listrik (kortsluiting). Kapitunan kataksir wontên 4 yuta dumugi 10 yuta rupiyah. Kawartos, griya

--- 825 ---

sêtèlingan Nèdêrlan wau dipun tanggêlakên 700.000 rupiyah, dene barang-barang isinipun 100.000 rupiyah.

[Grafik]

Het Nederlandsch paviljoen met onmiddellijke omgeving op de Koloniale Tentoonstelling te Parijs. Griya sêtelingan Nèdêrlan ing Paris dalah kiwa têngênipun.

Barang-barang ingkang dipun pitongtonakên wontên ing sêtèlingan wau kintunan saking Koloniaal Instituut (Amsêtêrdham), Ethnographisch Museum (Lèdhên), Bat. Genootschap v. Kunsten en Wetenschappen (Bêtawi) tuwin sanès-sanèsipun. Nanging kintên-kintên ingkang kapitunan kathah piyambak Bat. Gen., jalaran barang-barang Bat. Gen., upaminipun rêca sela, rêca prunggu, rêca mas, asli saking jaman Indhu, barang salaka saking tanah Mêlayu, barang têmbaga saking Borneo, barang tatahan saking tanah Jawi saha Bali sapanunggilanipun, sadaya origineel (sanès tiron), sarêng barang-barang sanèsipun ingkang kathah namung tironanipun kemawon.

Bat. Gen. punika bêbadan partikêlir, angsal subsidhi saking kangjêng parentah, nanging barang-barang ingkang dipun simpên wontên ing museum mèh sadaya kagunganipun kangjêng parentah. Dados kêbêsminipun barang-barang Bat. Gen. wau tumrap tanah Indhonesiah inggih atêgês kapitunan agêng.

Bat. Gen. tampi tilgram saking wêwakilipun, inggih punika Tuwan Moens, suraosipun, barang-barang Bat. Gen. kêbêsmi.

Kawartos, komite gadhah sêdya badhe andandosi griya sêtèlingan wau (bikakipun sêtèling jajahan ing Paris dumugi wulan Sèptèmbêr, dados taksih kawan wulan).

Ministêr Reynaud anêrangakên dhatêng Tuwan Loudon, utusan praja Nèdêrlan ing Paris, bilih parentah Prancis sagah badhe urun 3 yuta prang (1 prang samangke aosipun kirang langkung 10 sèn) kangge andandosi griya sêtèlingan Nèdêrlan wau. Pakêmpalan Oost en West ing Nèdêrlan inggih sagah badhe ambantu kêklêmpak arta.

Tuwan Mr. D. Fock anêrangakên, manawi saèstu dipun dandosi bokmanawi ing wulan Agustus ngajêng punika sagêd rampung.

--- 826 ---

Jagading Wanita

Lambe

Lambe punika sanadyan botên dipun cariyosna, sabên tiyang inggih sampun mangrêtos, bakunipun lambening cangkêm, nanging ugi asring dipun sambut kangge pêpindhan, ingkang têgêsipun sanès, kados ta: lambe pangaron, têgêsipun pinggiraning pangaron, lambe gajah ing peranganing dhuwung, tuwin sanès-sanèsipun, bakunipun mêndhêt saking lambe.

[Grafik]

Sami-sami peranganing badan, lambe punika kasrambah ing côndra, nanging limrahipun ingkang dipun côndra wau namung lambenipun para wanita, tumrapipun kakung botên kocap. Sampun dados panggalih.

Mênggahing lambe tumraping èstri, punika sayêktosipun pancèn dados sêkar, mila inggih botên ngêmungakên bôngsa èstri Jawi kemawon ingkang kêdunungan pangraos lambenipun adamêl manis, sanadyan bôngsa kilenan ugi makatên, limrah sami ambèngès lambe, nanging abritipun sumamar ngantos botên katawis, wosipun pados manis.

Saya elok malih tumrap wanita bôngsa Aprikah, punika anggènipun nêtêpi panganggêp dhatêng lambe ingkang dipun wastani sae, ngantos mangun angewahi kodrating lambenipun piyambak, lajêng sagêd mujudakên wêwangunan ingkang dipun wastani sae tumraping bangsanipun, wujuding lambe kados ingkang kacêtha ing gambar. Tumrapipun tiyang sanès ingkang gadhah panganggêp sae tamtu sagêd ngucap: Adhuh ana lambe athik anggone kobèt, yèn mèncêp arak gawe pati.

Sarèhning bab lambe ingkang kados makatên punika kintên-kintên tumraping wanita bôngsa Jawi botên mathuk, ing ngriki prayogi mratelakakên kawontênaning lambe ingkang kêlimrah pinanggih ing bôngsa Jawi.

Wanguning lambe punika warni-warni, kados ta: dhamis, nyigar jambe, andombêle, anggandhul, dongos, nyongor, anggula sathêmplik, gugut tuwin taksih wontên sanès-sanèsipun malih. Lambe sadaya wau wontên ingkang awon wontên ingkang sae, têrangipun makatên:

Dhamis, tangkêping lambe ngandhap nginggil rapêt, botên wontên ingkang nyongot. Sae.

--- 827 ---

Nyigar jambe, punika lambe ingkang ngandhap kandêl. Sae.

Anggandhul, lambe ngandhap agêng, manawi nuju kèndêl, gusinipun ngandhap katingal. Awon.

Nyongor, lambe lincip kandêl, awon.

Dongos, lambe ngandhap nginggil cupêt.

Anggula sathêmplik, lambe tipis turut.

Gugut, lambe nginggil cupêt, dipun upamèkakên kados lambening tiyang anggugut tuma, cêkapan, wontênipun dipun wastani cêkapan, awit wujudipun awon, nanging adhakan kêdunungan manis.

Sanadyan lambe punika gadhah wangun awon lan sae, nanging pinanggihipun dèrèng tamtu têtêp kados makatên, sadaya taksih sagêd ewah dening kêdaling ucap, sagêd ugi ingkang lambe sae, wêdaling ucap nyênyêngit, kosokwangsulipun lambe awon gadhah ucap sêdhêp. Dados pinanggihipun daya-dinayan.

Tumandanging lambe punika limrahipun inggih dipun tindakakên dening tiyang èstri, kados ta: mèsêm, mèncêp, ngêprêti, nyawêti, mlêcu tuwin sanès-sanèsipun malih. Sanadyan lambe wau namung tumindak ing damêl sakêdhik, tumandukipun dhatêng ingkang kataman araos lêbêt, kados ta: mèsêm, punika dados tôndha rêsêping manah, dhumawahipun ing sanès sagêd adamêl sênêng. Ngêprêti, punika atêgês maibên tuwin ngewani, tumandukipun dhatêng tiyang sanès adamêl botên rêna. Nyawêti, atêgês purun, wohipun sok adamêl sônja baya. Mlêcu, punika dados gambaranipun tiyang botên kadugi ing manah. Dados solahing lambe punika atêgês dados sasmita agêng.

Ing nginggil sampun mratelakakên, lambe punika ugi kangge têmbung sambutan, lan malih ugi taksih kangge entar, kados ta:

Kurang lambe, têgêsipun kirang rêmbag, upaminipun rêrêmbagan babagan prêlu, kirang anggèning gadhah ginêm.

Kêmbang lambe, têgêsipun dados ucap, kajêngipun wontên warni kalih, tansah ngucapakên saenipun, upaminipun kala jamanipun Radèn Jaka Tingkir, punika kawontênanipun tansah dados ucap, dening panjênênganipun bagus tuwin sakti. Punika kêmbang lambe sae. Dene kêmbang lambe awon, inggih punika tiyang ingkang tansah dipun raosi ing liyan bab awonipun.

Abang-abang lambe, punika patrapipun tiyang purun momori rêmbag, ingkang salugunipun botên têrus tumanêm manah.

Kêlambèn, punika tiyang sugih ungêl ingkang têgêsipun botên sae, utawi atêgês tiyang ingkang tansah kataman ungêl botên sae, jalaran saking botên purun ngraosakên.

Makatên mênggah gaduging andharan ing bab lambe.

Ha.

--- 828 ---

NGOBROL DINTÊN SABTU

Janggrungan Walandi.

Tumrapipun bangsa Jawi, sajakipun sampun dados saradan, punapa kemawon ingkang mêdal saking bangsa Walandi, lajêng kathah ingkang sami niru. Ingkang makatên punika pancènipun inggih botên kenging dipun paibên, kadar ing wêkdal samangke bangsa Walandi sawêg kasinungan ing kaluhuran. Manawi saupaminipun ingkang dipun tiru punika ingkang sae-sae, kula inggih pancèn asese alias cocog tur mawi sangêt. Awit mênggahing bangsa Walandi mila inggih kathah punapa-punapanipun ingkang pantês dipun tiru lan dipun telad ing bangsa kula punika, kados ta: kawruhipun kadonyan ingkang muluk-muluk, kakêncênganing sêdya, kawêkêlaning panyambut-damêlipun, nekadipun manawi ngupados arta, - e, nas, ngantos kêladuk atur kula -, agênging katrêsnanipun tumrap tanah wutah rahipun, lan taksih kathah malih sanès-sanèsipun.

Lo, manawi ingkang dipun tiru utawi dipun telad bangsa ingkang makatên-makatên punika, wèh, cêkakipun kula inggih tumut jumurung sangêt. Nanging sampun nama limrah wontên ing donya punika saluhur-luhuripun satunggiling bangsa, têmtunipun inggih wontên cara-caranipun ingkang ngênêk-ênêki saha adamêl anjondhiling manah. Ewasamantên sanadyana makatên, ing sarèhning ingkang nindakakên punika satunggiling bangsa Walandi, dados satunggiling tiyang ingkang kagolong ing bangsa ingkang sawêg luhur drajadipun, sawênèhing bangsa kula punika inggih mêksa wontên kemawon ingkang nganggêp, bilih tindakipun ingkang ngênêk-ênêki wau, satunggiling tindak ingkang: brêgas, angganthêng, garang lan sasaminipun. Kados ta: mabuk wontên ing salêbêtipun pasamuwan, punika têka wontên ingkang anggadhahi rumaos: "Wadhuh, aku kathik garang kaya Landa." Mangga, punapa mèmpêr punika, tiyang mabuk têka dipun anggêp satunggiling (ka)garangan, satunggiling kabrêgasan. Ing mangka ingkang dipun wastani mabuk, inggih punika nglêlêma kêbuk, ingkang atêgês nguja isining padharan sarta ingkang sok sagêd anjalari kasupèn purwaduksinanipun, punika nama pandamêl saru-diningrat, sanadyan para Walandi pisan ugi sami mastani manawi mabuk punika awon. Dados tumraping bangsa kula botên pantês saupami lajêng tiru-tiru, dumèh ingkang nindakakên bangsa Walandi, nanging ingkang kathah-kathah sanadyana bangsa Walandi, ingkang sok mabuk punika, rak inggih bangsaning Walandi ... gombal.

Nanging jalaran saking ungguling drajadipun bangsa Walandi wau, dalasan para putri kemawon têka inggih wontên ingkang sami nelad para nyonyah-nyonyah Walandi ing samudayanipun, ngantos tukungan rambut kemawon, ingkang sok sagêd ngicalakên sipatipun wanita, têka inggih wontên ingkang tiru-tiru, kanthi botên pisan-pisan anggadhahi manah was-uwas, bilih ing têmbe sagêd kalampahan dipun supèkakên dening ... ingkang momong.

Samangke gantos sanès rêmbag. Sintêna ingkang krêsa migatosakên mênggah kawontênanipun ing tanah Indonesia samangke, têmtu agêng panggalihanipun jalaran saking lêpasing lampahipun kamajêngan samangke punika. Agêng alit, ênèm sêpuh, jalu wanita, sadaya sami nêmpuh dhatêng kamajêngan, lan sadaya-sadaya wau ingkang dados idham-idhamanipun, murih sagêd sampurna mênggah ing kawruhipun kilenan. Bokmanawi jalaran saking mbludaging sawarninipun kawruh kilenan ingkang sami dipun udi wau, ing wusananipun panggêsangan, tatacara, malah kasênênganipun pisan, lajêng kathah ingkang sami santun. Kathahing kasênêngan ingkang ing jaman rumiyin dipun anggêp tanpa wontên ingkang nyamèni, samangke dipun cap kadosdene satunggiling kasênêngan ingkang ngrisakakên bêbudènipun tiyang. Kados ta: dhogèr ing Batawi. Sadasa taunan sapriki sintên ingkang purun ngawon-awon utawi anacad dhatêng wontênipun têtingalan dhogèr wau. Nanging kadospundi mênggahing samangke? Sabên tiyang ingkang angsal pangajaran sawatawis, têmtu botên amrayogèkakên dhatêng têtingalan ingkang makatên punika, ngantos dèrèng watawis dangu punika pakêmpalan "Pasundan" ngaturakên sêrat panuwunan dhatêng pamarentah, supados krêsaa angawisi sawatawis dhatêng wontênipun têtingalan dhogèr wau.

Para maos têmtunipun kathah ingkang sami dèrèng anguningani mênggah ingkang dipun wastani dhogèr punika. Dhogèr punika wontênipun ing tanah Batawi, inggih punika satunggiling kalangênan, ingkang mawi waranggana sarta ingkang dipun jogèdi dening priya. Upami kasamèkakên ing sanès panggenan, kalangênan dhogèr wau ing Banyumas tuwin ing Bagêlèn dipun wastani: "Marung", manawi tumrapipun sanès panggenan ing Jawi Têngah, sawênèh wontên ingkang mastani "Janggrungan". Amung wontên bedanipun sakêdhik, inggih punika:

Manawi dhogèr, papan panjogèdipun waranggana wau wontên ing saênggèn-ênggènipun kemawon, inggih wontên ing alun-alun, wontên ing pêkên-pêkên lan sasaminipun. Dene tabuhanipun ngêmungakên: kêndhang slomprèt tuwin kêthuk-têlu. Amila manawi kapirêngakên saking katêbihan suwaranipun namung: thing, thung, thing, blung, kemawon. Namung manawi kalêrês ngungêlakên gêndhing: "Bajing loncat", hla, punika suwaraning kêndhangipun ngaplak saha santêr, upaminipun kemawon makatên: plak-pêtuntang,

--- 829 ---

plak-pêtuntung, plak-kêthuplak, plak-kêthuplak. Cara-caranipun tiyang ingkang sami ambêksa, punika sadhengah tiyang ingkang sami ningali wontên ingriku, kenging sami lumêbêt tumut anjogèdi dhogèr wau, kalayan anyukani tombok sapurunipun. Dene jogèdipun tiyang-tiyang wau kadosdene caranipun lare dolanan: lot-lotan lowe, amung ngriki mawi colat-colot, sarta tanganipun andhaplang kados R. Wrêkodara.

Dene ingkang dipun wastani "Marung", papan panjogèdipun waranggana wontên ing êlos, inggih punika papan padununganipun waranggana. Mênggah gamêlanipun pêpak. Ingriku mawi dipun sadhiyani blèk kothong. Sintên ingkang badhe anjogèdi waranggana, kêdah ambanting arta rumiyin wontên ing blèk kothong wau, ngantos anyuwara: dhèr, saha lajêng wiwit anjogèd. Panjogèdipun: badan dipun bêngkukakên, tanganipun kiwa têngên gêntosan dipun bêngkêlukakên kangge nutupi rainipun. Anèhipun sanadyan ingkang anjogèd wau dèrèng dumugi, ing mangka lajêng wontên suwaraning arta dipun banting wontên ing blèk kothong ingkang kasadhiyakakên wau, punika ingkang sawêg anjogèd sanalika kêdah lajêng kèndêl, sarta ingkang ambanting arta ingkang kantun têrus lajêng anjogèd. Makatên salajêngipun. Sanadyan lampahan ingkang kados makatên punika anggadhahi raos: jor-joran, ewasamantên awis sangêt wontên pasulayan.

Samangke bab janggrungan. Janggrungan punika pamanggènipun wontên ing papan ingkang sampun katêmtokakên, dados inggih wontên ing griyaning tiyang ingkang purun dipun ênggèni, wontên ing papan pasar malêm lan sasaminipun. Dene caranipun anjogèdi, botên beda kalihan caranipun tiyang tayuban. Kaotipun ing tayuban mawi ulêman, sarêng ing janggrungan sintên kemawon ingkang purun, kenging tumut ngibing, makatên ugi mênggah tombokipun dhatêng waranggana, punika botên agêng-agêngan kados caranipun wontên ing tayuban, nanging amung sasêkecanipun kemawon.

Kados sampun cêkap anggèn kula anggambar kawontênanipun dhogèr, marung punapadene janggrungan. Saking lêpasing kamajêngan ing jaman samangke, punapa malih saking mindhaking wawasanipun para kaum pangajaran, kalangênan tigang warni wau dipun anggêp sampun botên mathuk kalihan jamanipun, kalampahan kathah ingkang lajêng sami ambudidaya murih icalipun kalangênan-kalangênan punika. Makatên ugi bab kalangênan tayub, ugi kathah ingkang sampun botên angrujuki. Ing mangka bilih bab tayuban punika ngangge tatanan ingkang sae, pancènipun kenging tiningalan, jalaran jogèd-jogèding waranggana kalihan priya ingkang ambêksani, punika mawi antawis ragi têbih, dados sagêd ngatingalakên jogèdipun piyambak-piyambak. Nanging bokmanawi wontênipun botên sami rujuk dhatêng kalangênan makatên wau, kajawi sok kêladuk saruning patrapipun, ugi ing samangke sampun sanès jamanipun. Jalaran ing jaman samangke punika, saking kamajênganipun para wanita, gêsangipun jalu lan wanita kêdah sarwa sêsarêngan, têgêsipun: susah dipun sangga tiyang kalih, bingah dipun lampahi tiyang kalih. Ing mangka tumrapipun tayuban punika ingkang sênêng namung tiyang satunggal, inggih punika golonganing priya kemawon. Para putri kêdah namung amriksani kanthi pêt-pêtan panggalihipun. Jalaran saking punika samangke lajêng tuwuh jaman enggal. Sawênèhing para mudha sami ngupados kasênêngan sanèsipun, ingkang kalih-kalih sami sagêd sênêng panggalihipun. Amila lajêng kathah ingkang sami aniru kasênênganipun para Walandi, inggih punika: dhangsah. Mênggah nyatanipun wontên ing panggalihan inggih srêg, tur botên ambosêni, jalaran ... sagêd gontas-gantos. Nanging mênggahing dhangsah, tumrapipun kaum Indonesia mathuk utawi botênipun, punika kasumanggakakên.

Inginggil sampun kula cariyosakên, bilih wontênipun kalangênan dhogèr, marung tuwin janggrungan, botên dipun mathuki, punika jalaran dipun anggêp angrisakakên dhatêng bêbudèn. Anèhipun dene samangke têka wontên ada-ada enggal, ingkang tuwuhipun saking bangsa Walandi, inggih punika andamêl kalangênan ingkang saupami dipun pandhing kalihan janggrungan, prasasat mèh botên wontên bedanipun. Amila ingriki inggih lajêng kapêksa kula wastni:wastani. janggrungan Walandi. Kadosdene ingkang kasêbut wontên ing sêrat kabar, wontênipun janggrungan Walandi punika makatên:

Upaminipun salah satunggiling pasar malêm, ingriku wontên ingkang angêdêgakên kangge papan dhangsah. Ing papan dhangsah wau anyadhiyani nyonyah pintên-pintên, ingkang wontênipun ingriku sarana dipun sukani pituwas, kangge para priya ingkang sami ningali saha krêsa lêlangên dhangsah. Dene priya ingkang badhe dhangsah wau, kêdah tumbas karcis rumiyin. Sasampunipun lajêng kenging milih nyonyah sadhiyan pundi ingkang dipun sênêngi kaajak dhangsah. Karcis mangkenipun lajêng katampèkakên dhatêng nyonyah ingkang kaajak dhangsah. Sabibaring dhangsah, nyonyah wau lajêng nampèkakên karcis pintên klêmpakipun dhatêng ingkang adamêl papan padhangsahan. Rêrêgèning karcis angsal-angsalanipun wau lajêng kabage kalih, ingkang sapalih dhatêng nyonyah, sapalihipun malih dhatêng ingkang gadhah papan padhangsahan. Tumraping nyonyah-nyonyah sadhiyan wau, dipun wontêni pranatan ingkang malêri: botên kenging nulak satunggiling priya ingkang ngajak dhangsah, kajawi ta manawi priya badhe sêmbranan, makatên ugi nalika dhangsah panganggènipun botên kenging sakajêng-kajêng, nanging dipun têmtokakên dening ingkang gadhah papan padhangsahan, lan taksih kathah malih wêwalêripun.

--- 830 ---

Mangga, punapa punika botên sami kemawon kalihan janggrungan. Ing kalih-kalihipun para priya ingkang sami anjogèd rak inggih ugi sami ambayar dhatêng ingkang dipun jogèdi. Bedanipun jogèd janggrungan punika mawi antawis kalihan waranggananipun, manawi janggrungan Walandi punika ... panjênêngan sadaya sampun sami anguningani piyambak. Ing sarèhning bab wontênipun janggrungan lan panunggilanipun wau, sampun dipun anggêp kirang prayogi, jalaran kamanah angrisakakên bêbudèn, punapa janggrungan Walandi ingkang makatên punika, dumèh Walandi ingkang nindakakên, badhe dipun ajêngi? Bab punika para maos kula aturi amanggalih ingkang panjang, sampun lajêng main tiru-tiru kemawon.

PÊNTHUL.

Pêthikan saking Sêrat-sêrat Kabar Sanès

Indhonesiah

P.B.I. Lumajang.

Kala tanggal 28 Juni ingkang kapêngkêr ing Lumajang dipun wontênakên pang Persatoean Bangsa Indonesia. Dhapukanipun pangrèh, pangarsa Tuwan Sastradikara, mudha pangarsa Tuwan Darmawasita, panitra ôngka I Tuwan Jayèng Mustapha, panitra ôngka II Tuwan Sastra Asmara, artaka Nonah Muryani, panitya wolu.

Kalawarti Assiasah.

Wiwit wulan Juli punika sêrat kabar wulanan Assiasah ing Surakarta kadadosakên sêrat kabar satêngah wulanan, rêginipun 1.75 rupiyah ing dalêm tigang wulan. Isinipun bab: panggulawênthah, pangajaran, ekonomi, politik, agami, kamajêngan bôngsa, sapanunggilanipun.

Sudan balônja.

Kawrat ing kêkancingan dalêm Kangjêng Sri Maharaja Putri kaping 27 Juni, blanjanipun para warganing rad Indhia, pangarsa rad kawula saha para warganing Algemeene Rekenkamer inggih badhe kasuda kados blanjanipun punggawa nagari sanèsipun.

Blanjanipun punggawa propinsi Jawi Têngah.

Rad propinsi Jawi Têngah mêntas angrêmbag bab usul supados wiwit tanggal 1 Juli punika blanjanipun para punggawa propinsi Jawi Têngah dipun suda 2½ pêrsèn, lajêng wiwit tanggal 1 Oktobêr 5 pêrsèn. Usul wau katampi.

Blanjanipun Ingkang Wicaksana Kangjêng Tuwan Gupêrnur Jendral.

Kawartos, Ingkang Wicaksana Kangjêng Tuwan Gupêrnur Jendral kagungan karsa supados balanjanipun kasuda 5 pêrsèn, saha tulahipun, (ambstoelage) kasuda 10 pêrsèn.

Sentral komite Al Islam.

Dèrèng dangu ing Surabaya dipun wontênakên sentral komite Al Islam. Sentral komite wau wontên ing sêtatutênipun anêtêpakên:

1. Anjèrèng têbanipun Al Islam.

2. Ngêdalakên sêrat kabar, manawi botên minggon inggih satêngah wulanan, dipun namakakên: Al Jihad. Miwah ngêdalakên buku ingkang kaanggêp prêlu kangge ngajêngakên ebah-ebahan, Al Islam

3. Angintunakên wêwakil dhatêng nagari mônca, langkung-langkung dhatêng Genève.

4. Ngawontênakên konggrès sabên taun.

5. Ngawontênakên bôndha (fonds) Islam, mawi lampah kêklêmpak arta darma, jakat sapanunggilanipun.

Wondene dhapukaning pangrèhipun, pangarsa Tuwan A.M. Sangaji, mudha pangarsa Tuwan Nuwan Alkaph, saha Tuwan A. Bahasowan, panitra ôngka I Tuwan Wônda Amisena, panitra ôngka II Tuwan A. Rahman, panitra ôngka III Tuwan Hasan Khutban, artaka Tuwan H. Usmin bin Amin, juru pamrayogi Tuwan H.A. Salim, panitya rêdhaksi Tuwan H.O.S. Cakraaminata, panitya Tuwan A. Anan, A. Bahmid, Abu Bakar bin Syahab, H. Salèh Samin, Amin Ramêlan, Muhamac Toyib, H.A. Wahab, A. Bahalman, Abdumatar Kamalani, Muhamad Wartak, saha Umar Ubis. Warga panitya bôndha Islam Tuwan Surawiyana, Idrus, Almashur, Muhamad Balwal saha Muhamad bin Salèh.

Kabucal dhatêng Dhigul nginggil.

Tiyang nama Marah Jantan, tilas sudagar saha propagandhis P.K.I. suwau gêgriya ing Kuranji, kabucal dhatêng Dhigul nginggil.

Kursus calon guru têtanèn.

Wiwit tanggal 1 Juli punika ing Surakarta dipun wontêni kursus calon guru têtanèn. Ajaranipun kados ing kursus têtanèn ing Pancasan, sacêlakipun Bogor. Papan sarta griya ingkang nyadhiyani kraton (zelfbestuur).

Môngsa malèsèt.

Dhirèksi Madoera Stoomtram Mij. anêtêpakên, wiwit tanggal 1 punika blanjaning punggawa kasuda 10 pêrsèn, saha dumugi tanggal 1 Januari 1934 botên suka indhakan balônja.

--- 831 ---

Panggenan tiyang nyêrat sinjang ing Jawi Têngah.

Miturut palapuranipun Tuwan P. de Kat Angelino, insêpèktur Kantoor van Arbeid ing Jawi Têngah panggenan tiyang nyêrat sinjang gunggung 2347, inggih punika ing: Banyumas 101, gadhahanipun bôngsa pribumi 21, gadhahanipun bôngsa Tionghwa 77, gadhahanipun bôngsa Eropah 3.

Ambarawa 8, gadhahanipun bôngsa Tionghwa.

Kudus 24, gadhahnipun bôngsa Tionghwa.

Jawi Têngah sisih kidul 25, gadhahanipun bôngsa pribumi 21, gadhahanipun bôngsa Tionghwa 4.

Surakarta 387, gadhahanipun bôngsa pribumi 236, gadhahanipun bôngsa Tionghwa 60, gadhahanipun bôngsa Arab 88, gadhahanipun bôngsa Eropa 3.

Ngayogyakarta 209, gadhahanipun bôngsa pribumi 178, gadhahanipun bôngsa Tionghwa 28, gadhahanipun bôngsa Eropah 3.

Têgal 226, gadhahanipun bôngsa pribumi 217, gadhahanipun bôngsa Tionghwa 9.

Pêkalongan 1195, gadhahanipun bôngsa pribumi 1107, gadhahanipun bôngsa Tionghwa 60, gadhahanipun bôngsa Arab 25, gadhahanipun bôngsa Eropah 3.

Sêmarang 6, gadhahanipun bôngsa Tionghwa.

Kaliwungu 24, gadhahanipun bôngsa pribumi.

Juwana 22, gadhahanipun bôngsa Tionghwa.

Lasêm 120, gadhahanipun bôngsa Tionghwa.

Bôndha lumaksa.

Rèhning kathah sangêt abdi dalêm ing kraton Surakarta ingkang dados têdhanipun lintah dharat, bôndha lumaksa (bang kraton) gadhah sêdya badhe damêl pranatan enggal, inggih punika abdi dalêm manawi nyambut arta dhatêng bang wau botên prêlu mawi anyêpêngakên griya sapanunggilanipun. Sabên wulan badhe kacowok balanjanipun minôngka cicilan.

Pos sêparbang.

Salêbêtipun wulan Januari taun punika arta ingkang kalêbêtakên dhatêng agèn sêkap pos sêparbang ing Makasar wontên 61.518,90 rupiyah, inggih punika saking bôngsa Eropah 36.334,03 rupiyah, saking bôngsa pribumi 21.963,30 rupiyah, saking bôngsa mônca wetanan 3.221,57 rupiyah. Arta celengan ingkang katêdha wangsul wontên 47.186,05 rupiyah, inggih punika dhatêng bôngsa Eropah 26.199,71 rupiyah, dhatêng bôngsa pribumi 18.813,93 rupiyah, dhatêng bôngsa mônca wetanan 2.172,41 rupiyah.

Campuh kalihan tiyang wanan.

Parentah tampi tilgram saking gupêrnur ing Maluku, suraosipun, kala tanggal 19 Mèi ingkang kapêngkêr wontên ing sacêlakipun Puriri, sacêlakipun Muara Lèpèn Mimikah (tanah Papuah sisih kidul) wontên pulisi sikêp sênjata sagolongan campuh kalihan tiyang wanan. Tiyang wanan wau wontên ingkang nêmahi tiwas.

Asiah.

Kraman ing Burmah.

Wontên kaum kraman kalih atus sami asrah bongkokan. Para maos kados botên kêkilapan, parentahing Burmah dèrèng dangu punika nyêbar wara-wara, suraosipun, manawi wontên kaum kraman asrah bongkokan. Môngka sanès panuntun utawi botên tumut nindakakên paripêksa, saha ngakêni kalêpatanipun tuwin aprajanji botên badhe tumut kraman malih utawi botên badhe ngrencangi kaum kraman, badhe dipun apuntên.

Samangke parentah animbang badhe mitulungi gêsangipun têtiyang ingkang sami asrah bongkokan wau.

Wêwakil Jêpan wontên ing pakêmpalanipun para bôngsa.

Wiwit tanggal 7 Sèptèmbêr ngajêng punika pakêmpalanipun para bôngsa (volkenbond) badhe ngawontênakên parêpatan ingkang kaping kalih wêlas. Jêpan wontên ing parêpatan wau badhe dipun wakili Tuwan Yoshizawa Kenchiki, utusan Jêpan ing Prancis, Tuwan Sato Naotake, utusan Jêpan ing Jêrman, saha Tuwan Musha Koji, utusan Jêpan ing Swèdhên.

Ngubur layonipun Tsjang Tso Lin.

Tsjang Tso Lin rumiyin pangagêng praja Mansuri (lèr nagari Tiongkok), ing têngah-têngahanipun taun 1928 seda kaprêjaya ing tiyang. Dumuginipun sapunika layonipun dèrèng dipun kubur. Wondene panguburipun dhawah benjing tanggal 24 Juli ngajêng punika, wontên ing rêdi Pehesan, Mansuri.

Eropah.

Usulipun Amerikah.

Grikênlan anêrangakên dhatêng Amerikah Sarekat, sagah ambantu kalêksananing sêdyanipun Amerikah, nanging kêdah dipun wontênakên rêrigên sampun ngantos Grikênlan nandhang tuna.

Bèlgi, Ceghoslowaki saha Polên sami amratelakakên mupakatipun.

Prancis dèrèng sagêd namtokakên mupakat utawi botênipun.

Bab Buku

Redhaksi Kajawèn tampi buku: Panuntun Ngêtik Mêsin Tulis Ngangge Driji 10, karanganipun Mas Suwarja, saking toko buku S.M. Diwarna, ing Kuthagêdhe, Ngayogya 1 iji. Buku wau kaêcap ing Sastra Latin, wêwarahipun cêtha, prayogi dados tuntunan tumrap sintên kemawon ingkang badhe sagêd ngêtik, 1 buku rêgi f 1.-

Redhaksi Kajawèn ngaturakên gênging panuwun.

--- 832 ---

Wêwaosan

Dhêndhaning Angkara.

24

Kawula nuwun, kaluhuran dhawuh pangandika dalêm, nanging ing bab punika kawula kêpêksa ngêntosi kaparêng dalêm, awit gêgayutan kalihan prakawis nata.

Wis, ayo nuli ajokna.

Senapati dhawuh dhatêng karerehan: Nêdha kônca, kaajêngna.

Sang prabu lênggah kalihan nyawang lampahing abdi ingkang badhe ngêdalakên tiyang tahanan, saha lajêng ngasta usap asta kagêm ngêsat riwe ingkang kumyus wontên ing wadana. Botên dangu wontên tiyang bêbandan kaajêngakên. Kados punapa kagèting panggalih nata sarêng uninga dhatêng tiyang ingkang dipun ajêngakên wau, sang prabu ngantos jumênêng anamatakên, wusana ngandika kados kagèt: Êlo, gene iki Si Abdullah. Apa sababe dene dadi bêbandan mangkono.

Senapati: Kawula nuwun, jalaran kalêpatan ngambah ing kaputrèn. Sasampunipun munjuk makatên, senapati lajêng tumungkul.

Sang prabu andangu dhatêng Abdullah: Apa iya Abdullah, sira ngambah ing kaputrèn.

Abdullah: Kawula nuwun inggih, sayêktos.

Sira iku kêna ingsun arani wong kang ora darbe duga-duga lan kira-kira, kaya lêbunira marang kadhaton, iku aran nêmpuh bêbaya gêdhe, mokal sira bisa nêmu raharja, lan manèh kiranira kapriye, apa kang sira karêpake bakal katêkan. Mula wis bênêre sira dadi bêbandan mangkono iku.

Pangandika dalêm ingkang raos numpangi dhatêng tiyang ingkang sampun apês kados kawula, inggih sakeca kemawon. Dene ing bab dugi-dugi, punika pancèn sagêd kasilêp dening ubaling manah kabranang, nanging tiyang ingkang sampun purun anglampahi nêmpuh ing pakèwêd, botên badhe ngunduri dhatêng bêbaya, malah sapintên gênging bêbaya ingkang sampun ngêbyuk ing kawula, inggih punika para nata, sampun sami larut dening tumandanging tangan kawula.

E, e, dadi sira mêntas pêpêrangan karo para ratu, sira unggul. Ingsun nganti kêkilapan bab iku Abdullah. Genea sira banjur dadi bêbandan.

Kawula nuwun, anggèn kawula dados bêbandan punika, jalaran nandhang kalêpatan ngambah kadhaton wau, ananging botên andadosakên rikuh kawula, awit saking tinêmpuh ing tindak cidra, nyidra tiyang ingkang nuju kalimpe. Ewadene sarêng kawula sumêrêp, bilih ingkang ngringkês kawula punika senapati nata, manah kawula malah kumênyut, kabêkta saking wêlas, dene senapati têgêl gadhah tindak cidra. Gusti, nanging tujunipun kawula lajêng kenging kamakatênakên, saupami sami abên ajêng, sagêd ugi nata ing Bagêdad kecalan senapati.

Ing sakala ngriku lajêng tidhêm tanpa sabawa, salêbêting pasinewakan namung kèbêkan raos karêntêging manah. Tumrap senapati, ing sakawit gadhah gagasan badhe ngêlèhakên sang prabu, ing bab cidranipun Abdullah, jêbul malah manggih ucap ingkang raosipun kados gêlap angampar, wusana senapati nata namung gêrêng-gêrêng kemawon. Tumrapipun sang prabu, ing galih ugi lajêng pakèwêd, pundi ingkang dipun anggêp lêrês ing sang prabu. Nanging sang prabu dangu-dangu lajêng nglêrêsakên senapati, awit sampun katitik ing damêl sagêd mikut tiyang nandhang dosa. Sang prabu lajêng ngandika: Senapati, apa nyata sira darbe tindak andingkik, nyêkêl wong kang tanpa daya.

Senapati: Kawula nuwun, mênggahing prajurit, nyêpêng durjana punika botên nama pêpêrangan kalihan mêngsah, têtêp namung nama nyêpêng tiyang awon. Sanadyan pun durjana sêsumbar ngakên pinunjul, inggih namung dados sêkar sêsongaran. Tuwin malih pundi wontên durjana purun pêrang ngêblak, wontênipun inggih namung manggèn ing pêtêngan, lôngka durjana purun ngambah kautamèn.

Sang Prabu: Iku bênêr senapati, mula ing saiki ingsun prêlu arêp andangu marang Abdullah, ngudi katêmuning lupute. He, Abdullah, anggonira ngambah ing kadhaton iku prêlu apa.

Abdullah: Kawula nuwun, gusti, pandangu dalêm ingkang makatên punika, nuwuhakên anglêsing manah kawula, amargi raosing pandakwa tamtu namung mastani: kawula punika tiyang nistha, dados wêri colong pêndhêt. Dhuh gusti, manawi kawula gadhah cipta kados makatên, kawula wirang aningali padhanging srêngenge, nanging saupami kawula prasaja dhatêng sajatosing lêlampahan kawula, tamtu dipun gêgujêng ing tiyang kathah.

Mara sira nuli munjuka ing sabênêre.

Kawula nuwun, sajatosipun kawula punika botên beda kalihan panjênêngan dalêm utawi para nata sanès-sanèsipun, inggih ngajêngakên sang putri. (Badhe kasambêtan)

--- 153 ---

Nomêr 39 taun I.

Taman Bocah

Lampiran Kajawèn kawêdalakên sabên Sabtu.

Padha Gathekane

Ana kaum desa, jênênge Kasan Kêkêl, mulane jênêng mangkono, saka duwe lageyan kêpatuh dhêmên angguyu. Wêtuning guyune mau sok ora nganggo pilih papan, kala-kala sok kêwêtu ana panggonane wong kapatèn. Mêsthi bae lageyane sing kaya ngono mau anjalari disaru ing wong liya. Yèn mêntas disaru, iya banjur eling, nanging sadhela bae iya wis lali manèh. Cêkake dhèwèke mau salawase têtêp jênêng Kasan Kêkêl bae, kagawa saka ora tau bisa ngowahi pakulinane mau.

Kasan Kêkêl mau duwe anak bae iya anèh, jênênge Yusup. Anèhe mau dene gêmbèng bangêt, mula jênênge iya banjur karan Yusup Gêmbèng. Yèn lumrahe bocah gêmbèng kuwi ana umur-umuran sataun têkan limang taun. Nanging yèn Yusup ora, wis umur sapuluh taun isih dhêmên nangis.

Tumrap tôngga têparone Kasan Kêkêl, kabèh padha anjêlu atine, saka rina wêngi mung krungu suwaraning guyu lan tangis. Yèn nuju ngrungokake guyu nganti ambrêbêgi, awit saka bangêt nyêkakak sarta banjur kêkêl. Dene yèn nuju ngrungokake tangis, nyang kuping nganti risi, saka anggiyêng bêtah bangêt. Yusup samôngsa nangis, yèn dielikake, malah jêlèh-jêlèh, bapakne banjur nyêkakak. Rak mêgahake têmênan.

[Grafik]

Nuju sasi bêcik, Kasan Kêkêl sugih dhuwit. Lagi klumpuking dhuwit wajib bae wis pirang-pirang rupiyah. Saka bungah-bungahe wong duwe dhuwit, Kasan Kêkêl ngajak anake mênyang pasar, unine: Le, ayo nyang pasar, hêh, hêh, hêh, ha hak.

Yusup: Ana kae mêngko aku tukokna kathok anyar, ta. Hi hi hi hi.

Kasan: Tukokke, ya tukokake, ana kae aja nangis. Ha hak.

--- 154 ---

Wong loro banjur mangkat mênyang pasar. Bapakne pijêr angguyu, anake pijêr nangis, kaya wong ngrêbab turut dalan.

Saka anèhe mau nganti ana wong ngêruh-êruhi: Niku pripun ta, lare agênge êmpun sêmontên, kok têksih rêmên nangis, botên isin.

Yusup diruruhi uwong ngono mau banjur nangis sêru, bapakne nganti nyêntak: Bocah, pancèn dhêmên nangis, ora idhêp isin. Ha hak.

La wong ya Yusup kok dimangkonokake bapakne, mêsthi bae banjur jêlèh-jêlèh. Mênênge barêng dijajakake.

Jalukane Yusup ana pasar rêna-rêna, ora trima mung kathok bae, isih anjaluk liya-liyane, anane dituruti, iya kuwi mau, sabên duwe panjaluk disulayani banjur nangis. Bapakne tansah gedhag-gèdhèg karo kêkêl.

Satêmêne anggone Yusup duwe watak kaya ngono kuwi, wose saka kogung bangêt, duwe panjaluk apa bae ora tau bali, dene mungguh pangrêtine, satêmêne ya lumrah kaya bocah, dadi anggone gêmbèng kuwi mung saka ugungan, anggêmbèngi wong tuwane.

Sarèhning wêtuning dhuwit ora lèrèn-lèrèn, ora suwe dhuwite Kasan wis bablas, banjur ngajak mulih: Wis, ayo mulih, mêngko mundhak ora uwis-uwis, ha hak.

Suyup:Yusup (dan di tempat lain). Ta, tukokna kuwi. Hi, hi hi.

Kasan mangsuli bisik-bisik: Dhuwite wis êntèk, ha hak.

Yusup: Ya wis, aku êmoh mulih, apa, hi, hi, hi.

Kasan: Êmoh mulih, apa kowe arêp omah ana kene, ha hak.

Suwe-suwe uni sing disêlani guyu lan tangis mau, mung kari ha hak, karo hi hi bae, lan banjur dirubung wong akèh, padha nonton wong angguyu lan wong nangis. Nanging banjur ana wong sing takon mangkene: Botên, sampeyan niku ontên pêkên kok mung angguyu kêkêl niku ontên napa.

Kasan lagi eling kêpatuhe, banjur mangsuli: Anggêgujêng anak kula ingkang anggiyêng nangis punika, punapa.

Wong sing takon, clathu mênyang Suyup: Kowe kuwi nangis bae kuwi ana apa ta.

Sakala Yusup cêp, mênêng anggone nangis, ngrêti yèn digawe isin bapakne, banjur sidhakêp karo mangsuli: Anggèn kula nangis punika nangisi bapak, dene gumujêng botên kèndêl-kèndêl.

Sawise ngono lagi padha mulih. Pancèn padha gathekan.

Bab Lare Lêlados

Candhake Kajawèn nomêr 51.

Lajêng sapunika kêpèpèt, wontên satunggiling pangunjukan ingkang manggènipun sangêt sungil, sagêdipun ananduki jog gêlasipun kêdah kapêndhêt, nanging kadospundi pratikêlipun dening tangan kiwa têngên sampun maragang sadaya, punika kêdah makatên: pangunjukan ingkang botên dipun pilih kangge nanduki, [nandu...]

--- 155 ---

[...ki,] lajêng dipun kêmpit kêncêng ing kèlèk kiwa, wadhah pangunjukan ingkang dipun pilih badhe kangge nanduki dipun cêpêngi tangan kiwa, nuntên tangan têngên mêndhêt gêlasipun ingkang badhe dipun jogi, alon-alon kanthi ngatos-atos, nanging panyêpêngipun gêlas kêdah kalêrês suku perangan ngandhap piyambak kacêpêng ing dariji, nuntên dipun isèni pangunjukan saking gêndul utawi kênthi ingkang dipun cêpêngi ing tangan kiwa, wangsuling gêlas pangunjukan wau sampun ngantos kalèntu panggenan pandèkèkipun.

Lêlados matur dhatêng tamu nawèkakên pangunjukan, punika kêdah mratelakakên namaning pangunjukan ingkang kasudhiyakakên kangge pasugatan ngriku, upaminipun: Kaparêng ngunjuk limun punapa toya Landi, utawi jênèwêr punapa konyak, makatên sapiturutipun bilih sawêg majêng 1-2 rambahan, bilih sampun majêng wongsal-wangsul botên susah nawèkakên malih, cêkap nitik pangunjukanipun ingkang sampun kemawon dipun tanduki jog, kajawi bilih mundhut santun inggih kêdah dipun santuni sanèsipun. Nanging sampun pisan-pisan palados matur: Panjênêngan kaparêng ngunjuk punapa, bilih ngantosa matur makatên, asring sagêd andadosakên kêcelik, awit sawênèhing tamu ingkang dèrèng wiyar panggalihipun, namung lajêng dhacuh kemawon, upaminipun mundhut anggur, utawi wiski ... môngka sudhiyan botên mawi, makatên punika nama lêpatipun palados, mila sampun kasupèn mratelakna namaning pangunjukan ingkang ing ngriku wontên.

Lare lados ingkang sawêg sami ngadhêpi tamu dhahar, sampun ngantos gêgojegan, idu, udut, sapanunggilanipun ingkang damêl gigu, nanging kêdah namung mawas ênêring parampadan ingkang kangge dhaharan, supados angladosakên tandukan parampadan ngriku sagêd cikat, nanging bilih dhaharipun ladosan larihan, palados anggènipun ngêntosi kêdah nêbih ngulatakên saking katêbihan kemawon, majêngipun badhe ngundurakên ambêng, nyarantosna bilih sampun kathah sêsarênganipun ingkang kèndêl, nanging bilih ingkang kèndêl dhahar sawêg satunggal kalih, sampun ngantos kalorod rumiyin, mindhak adamêl kasêsanipun tamu sanès ingkang taksih nêngah-nêngahi dhahar.

Lajêng sapunika bilih lênggahipun tamu sanès ingkang banjêngan utawi larikan, patraping lêlados inggih kadosdene manawi lênggah lesehan kasêbut nginggil, bedanipun namung sapisan botên lampah dhodhok, kaping kalih wêkdal wingking-wingking urut kacang taksih ngêntosi badhe nyambêti nyaosakên ladosan, patrapipun ambêkta tadhahan kapanggul ing pundhak têngên rumiyin, botên katumpangakên dhêngkul, kaping tiganipun, anggèning nyaosakên dhaharan dhatêng satunggal-tunggaling tamu, botên susah kapêndhêtakên, nanging cêkap kacaosakên taksih tumumpang tadhahan kemawon, ingkang mundhut saking tadhahan tamunipun piyambak. Nanging bilih lênggahanipun tamu sapôntha-sapôntha ngupêng meja, pamêndhêtipun saking tadhahan kêdah ingkang ngladosi, lajêng kadèkèk ing kênap utawi meja saprayoginipun, awit anggèning ngladosakên têmtu saking pêngkêran utawi ngiringan.

Patrapipun angladosi tamu padintênan namung priyantun [pri...]

--- 156 ---

[...yantun] 1-2 inggih prayogi ngangge pêpiridan ing pasamuwan wau, bedanipun namung sandhang panganggèn cêkap sakêcêpêngipun sok ugi sarwa rêsik, wasana borong dhatêng ingkang kaparêng badhe paring wêwarah putra-putranipun tumrap bab angladosi tamu, langkung-langkung Mas Suripta ing Kajawèn ôngka 37.

P.K. 585

Batangan Cangkriman.

Kula nuwun, sêrat kalawarti Kajawèn wêdalan ing dintên Sêtu kaping 20 Juni punika ing Taman Bocah ngêwrat cangkrimanipun sadhèrèk, D.H. Supraba, ingkang suraosipun kados ing ngandhap punika: wontên tiyang kalih, nama Pak Suta tuwin Naya, dene Pak Suta wau tanganipun ingkang satunggal sawêg pinuju sakit, dados manawi nyambut damêl inggih namung mawi tangan satunggal.

Anuju satunggiling dintên Pak Suta bêtah banon 5 iji, badhe kangge damêl kêrên, mila lajêng dhatêng panggenanipun Pak Naya prêlu nêdha banon. Sasampunipun nêmbung, wangsulanipun Pak Naya makatên: Kowe kêna anjaluk bata 5 kogawa mulih, nanging anggonmu anggawa kudu mung sarambahan, sarta anggonmu anggawa ora kêna kosôngga, prangkul, utawa koindhit, nanging kudu kocangking, panyangkingmu bata mau ora kêna kowadhahi utawa kotalèni, dadi ya mung bata 5 kocangking tangan siji.

Dene pratikêl kula sagêdipun Pak Suta ambêkta banon 5 iji mawi tangan satunggal makatên:

Amêndhêta banon satunggal, lajêng kairingna (kados kacêtha gambar ôngka I).

[Grafik]

I

lajêng amêndhêta malih banon kalih katumpangna ing banon wau, nanging lêtipun banon satunggal kalihan satunggalipun kaangkaha supados kenging dipun lêbêti tangan, patrapipun anggènipun nyèlèhakên kados gambar ôngka II.

[Grafik]

II

Lajêng amêndhêta banon kalih malih, dados sapunika gunggungipun sampun jangkêp 5, katumpangna malang wontên ing banon kalih kasêbut nginggil, dene patrapipun kados gambar ôngka III.

[Grafik]

III

Dados sapunika tumpukan banon wau manawi dipun tingali saking nginggil, kadosdene wontên bolonganipun pasagi, dene pambêktanipun Pak Suta banon gangsal wau, tanganipun supados kalêbêtakên ing bolongan lajêng anyêpêngi banon ingkang ôngka I, dados Pak Suta sapunika têtela sampun sagêd ambêkta banon 5 ngangge tangan satunggal ingkang sarana botên anêrak wêwalêr kasêbut nginggil. Namung punika pratikêl kula, dene lêrês lêpatipun kula sumôngga.

Mitra trêsna: P.A. Mulyana

Pambatang iki wis bênêr, kaya karêpe sing duwe cangkriman. Ayake wis cukup samene bae. Pakmu Sêbul.

--- [0] ---

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]

--- [0] ---

Ôngka 55, 24 Sapar Taun Je 1862, 11 Juli 1931, Taun VI

Kajawèn

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]

--- 849 ---

Ôngka 55, 24 Sapar Je 1862, 11 Juli 1931, Taun VI

Kajawèn

Kawêdalakên sabên dintên Rêbo lan Sabtu

Rêgining sêrat kabar punika ing dalêm tigang wulan ... f 1.50, bayaranipun kasuwun rumiyin, botên kenging langganan kirang saking 3 wulan.

Juru ngarang - administrasi Bale Pustaka, ing sawingkinging kantor palis, tilpun nomêr 2791 - Bêtawi Sèntrêm.

Tatwawara

Pêthikan sêrat Wulangrèh, yasan dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan IV ing Surakarta.

Wêwatêkan Nêm Prakawis.

[Pangkur]

1. aja loyo lèmèr genjah / angrong pasanakan nyumur gumuling / ambuntut arit puniku / watêkan tan raharja / pan wong lonyo nora kêna dipun êtut / monyar-manyir tan antêpan / dene lèmèrên puniki //

2. para penginan têgêsnya / genjah iku cecegan barang kardi / angrong pasanak liripun / rêmên ulah miruda / mring rabine sadulur miwah ing batur / mring sanak myang pasanakan / sok sênênga dèn ramuhi //

3. nyumur gumuling têgêsnya / ambêlawah datan duwe wêwadi / nora kêna rubung-rubung / wêwadine kang wutah / buntut arit puniku pracekanipun / abênêr ing pangarêpan /nanging garèthèl ing wuri //

4. sabarang kang dipun ucap / nora wurung amrih olèh pribadi / iku labuhan tan patut / aja anêdya telad / mring watêkan nênêm prakara puniku / sayogyane ngupayaa / lêlabuhan kang utami //

--- 850 ---

Palapuran Bathik

Kabudidayan Bathik ing Banyumas

II.

Anglajêngakên cariyosan babadipun kabudidayan bathik. Ing taun 1914 tuwuh pêrang agêng ing Eropah. Kala samantên bôngsa Tionghwa, ingkang sami nyumêrêpi mênggah agênging bêbathènipun dêdagangan bathik, lajêng sami miwiti ada-ada angêdêgakên kabudidayan bathik. Bawanipun bôngsa Tionghwa punika umumipun sami sugih arta, ngupadosipun pêngobèng ingkang pintêr-pintêr inggih sarana margi gampil. Malah saking wêgigipun bôngsa Tionghwa, ingkang sami anggadhahi kabudidayan bathik wau, ngantos sagêd andarbèni pola-pola damêlanipun kabudidayan-kabudidayan bôngsa Eropah.

Ing kala punika kathahing kabudidayan bathik ingkang sami dipun êdêgakên, prasasat tanpa wicalan, makatên ugi têtiyang pribumi, inggih sami botên purun kantun. Jalaran saking punika, pangobèng ingkang pintêr-pintêr lajêng tansah dados rêbatan, ingkang anjalari epahaning pêngobèng punika saya mindhak, ngantos kenging dipun wastani, bilih pamêdalipun tiyang èstri punika sok asring langkung kathah katimbang tiyang jalêr. Ingkang makatên punika, sok lajêng kalampahan, kanthi migunakakên têtêmbungan ing palapuran bathik wau, bilih: èstri kangge jalêr, jalêr kangge èstri. Mênggah pikajêngipun: tiyang èstri ingkang ngupados pangupaboga, tiyang jalêr ingkang wontên ing griya, kapasrahan: momong lare, rêrêsik, bokmanawi malah ngliwêt, anjangan barang.

Nanging kawontênan ingkang makatên punika botên sagêd lêstantun dangu, jalaran saking tuwuhipun jaman malèsèd ing kala punika, kawêwahan sumêbaripun abên-abênan bathik enggal, makatên ugi jalaran saking kawêgiganipun bôngsa Tionghwa ing bab punika. Ingkang makatên wau, kawontênanipun kabudidayan bathik têtiyang pribumi saya dangu saya kaêsur ing kabudidayan bôngsa Tionghwa ingkang wusananipun lajêng kathah kabudidayan pribumi ingkang kapêksa katutup.

Wiwit punika kenging dipun wastani, bilih padagangan bathik ing saindênging paresidhenan Banyumas, kacêpêng ing bôngsa Tionghwa. Samangke ngrêmbag sawatawis mênggah ingkang kalêbêt ing:

Laladanipun kabudidayan bathik.

Mèh saindênging paresidhenan Banyumas ingkang sisih lèr, têtiyangipun sami nindakakên kabudidayan bathik. Dene ingkang dados têlênging kabudidayan-kabudidayan wau, ing kitha-kitha: Banyumas, Purwarêja (Tlampok) Sukaraja, Purbalingga tuwin Purwakêrta. Manawi kapandhing kalihan tanah-tanah sanèsipun ing Jawi Têngah, paresidhenan Banyumas punika pancèn inggih beda piyambak, jalaranipun botên sanès inggih sabab saking kiranging sambêtanipun kalihan sanès-sanès panggenan. Ing kala rumiyin, jalaran saking botên wontênipun margi-margi ingkang sae, têtiyang Pasundhan punapadene têtiyang karajan Jawi angèl sangêt sagêdipun dhatêng Banyumas.

[Grafik]

Pamondhokanipun para pangobèng.

Ing sarèhning margi-marginipun ing ngriku botên kenging kaambah ing grobag, mèh sadaya pamêdalipun siti, ingkang saperangan agêng lajêng botên sagêd mêdal saking wêwêngkon ngriku.

Nalikanipun ing paresidhenan Banyumas dèrèng wontên sêpur utawi trèm, pangusunging sadaya pawêdalipun siti punika mêdal toya, inggih punika anglangkungi lèpèn Sêrayu, utawi sarana dipun êmot ing kapal, maesa utawi lêmbu, dene kalêmpakipun barang-barang wau sadaya wontên ing kitha Banyumas.

Ananging sarêng dipun yasani margi sêpur utawi margi sanès-sanèsipun, kados ta: margi sêpur ingkang lumampah saking Bandhung dhatêng Ngayoja, utawi saking Cirêbon dhatêng Kroya, kitha Banyumas botên kaambah babarpisan, ingkang anjalari kitha wau saya dados sêpên sangêt. Jalaran saking punika ing salêbêtipun kitha inggih lajêng saya kirang wontênipun padamêlan galidhigan. Wêwah-wêwah sarêng wontên ewah-ewahan tataning pangrèh praja, ingkang anjalari wontên sawatawis amtênar bôngsa Walandi pindhah saking ngriku, punika ugi andadosakên [andado...]

--- 851 ---

[...sakên] sabab kathahing jongos, babu tuwin tukang kêbon sami botên gadhah padamêlan.

Jalaran saking awoning tanêm tuwuh ing antawisipun taun 1929 lan 1930, nuwuhakên aliting manahipun têtiyang ing padhusunan. Sawênèh sami rêraosan, bilih karaharjaning nagari sabên taun tansah saya mundur kemawon. Dening têtiyang Banyumas, kamunduraning karaharjanipun nagari wau ngantos dipun timbangakên: sabên taun saya buncit.

Ing Banyumas tiyang glidhig ingkang sagêd ajêg angsal epahan f.3,- ing sawulanipun, kenging kawastanan bêgja sayêktos. Ing dhusun-dhusun malah kathah têtiyang ingkang babarpisan botên gadhah padamêlan. Dene manawi têtiyang wau dipun takèni, kadospundi mênggah gêsangipun ingkang kathah, wangsulanipun têmtu lajêng: sabab semahipun bêrahan bathik.

Wangsulan ingkang makatên wau sayêktos nganèh-anèhi, punapa malih manawi angèngêti, bilih epahanipun ambathik punika sayêktos sakêdhik sangêt, ewasamantên kathah têtiyang dhusun ingkang amastani, bilih bêrah ambathik punika sagêd nyambêt gêsangipun. Dene manawi tiyang sabatih sagêd angsal bêrahan bathik sadaya, punika botên badhe kuwatos bilih ing têmbe wingkingipun badhe kapintên.

Beda kalihan ing Purbalingga. Têtiyangipun ing kitha sami sagêd angsal bêrahan ingkang nyêkapi, kados ta: bêrah nglinting sês, nguli wontên ing gudhang sata, wontên ing toko-toko lan sasaminipun. Cêkakipun ing kitha Purbalingga kenging dipun wastani botên badhe kêkirangan padamêlan. Amila sanadyan ing Purbalingga piyambak ugi sami yakin, bilih ing kitha Banyumas upami kabudidayan bathik ngantos ical, têtiyangipun têmtu badhe kathah ingkang sami nandhang sangsara. Inggih lêrês, bilih ing ngriku ugi wontên kabudidayan alit-alit, kados ta: damêl banon tuwin gêndhèng, ngobong kapur, kêmasan, lan sasaminipun, nanging sadaya wau botên sagêd mitulungi panggêsanganipun têtiyang dhusun.

Ing sarèhning kawontênanipun kabudidayan bathik punika agêng sangêt dayanipun tumrap panggêsanganing têtiyang ing Banyumas, kados ing ngriki prêlu anyariyosakên sawatawis mênggah:

Jêmbaring kabudidayan

Ing ngandhap punika dipun wontênakên dhaptar kawontênanipun kabudidayan-kabudidayan bathik ing salêbêtipun paresidhenan Banyumas sisih lèr.

[Grafik]

Nitik wontênipun sêtat ing nginggil, têtela sangêt bilih kabudidayan bathik ing Banyumas punika, mèh sadaya gadhahanipun bôngsa Tionghwa, ngêmungakên satunggal kalih ingkang taksih kacêpêng ing tiyang siti.

Kabudidayan-kabudidayan bôngsa Tionghwa, punika ingkang kathah langkung-langkung ing kitha Banyumas, panggarapipun bathik wau botên wontên ing griyanipun piyambak, nanging lajêng kapasrahakên dhatêng têtiyang Jawi ing dhusun-dhusun kanthi prajangjian mawarni-warni, kados ta: sadaya pirantosing ambathik kabudidayan ingkang nyukani, lan sasaminipun. Kadospundi panggarapipun, juraganing kabudidayan wau botên nyumêrêpi punapa-punapa, sumêrêpipun namung manawi sampun rampung kemawon. Dados padamêlanipun têtiyang dhusun wau kenging dipun anggêp amborong padamêlan bathik, amila têtiyang wau lajêng dipun wastani:

Anèmêr (tukang amborong)

Tumrapipun ingkang gadhah kabudidayan bathik, nyambut damêl lumantar anèmêr, punika langkung sakeca katimbang sadaya-sadaya dipun adani piyambak. Jalaran pun juragan lajêng botên kangelan punapa-punapa, têgêsipun: botên kangelan ngawontênakên tiyang, ingkang kêdah ngulat-ulatakên panyambutdamêlipun pangobèng, botên tansah kangelan ngrêmbag pêrsêkot, cêkakipun dhatêng ruwêt-rêntênging nyambut damêl bathik, pun juragan wau botên prêlu angrêmbag. Kajawi punika pambayaripun pajêg inggih botên badhe kêkathahên. Badhe kasambêtan.

--- 852 ---

Usulipun Amerikah

Prancis Inggih Angrujuki-Kenging Kaajêng-ajêng Kalêksananipun.

Usulipun Amerikah ing bab nginahi panicilanipun sambutan pêrang wêkdal samangke sawêg dados rêmbag rame.

Para maos kados botên kêkilapan kala pêrang donya, Jêrman kawon lajêng kapurih nglintoni kapitunanipun nagari-nagari ingkang mênang, kados ta: Prancis, Inggris, Itali, Amerikah tuwin sanès-sanèsipun. Ewadene arta wau mèh sadaya purugipun dhatêng Amerikah, jalaran nagari-nagari wau ingkang kathah sami gadhah sambutan dhatêng Amerikah.

Murih gamblangipun mênggahing sambutanipun Jêrman tuwin sambutanipun nagari satunggal lan nagari satunggalipun mriksanana gambar ing sisih punika.

Miturut rancangan Young salêbêtipun taun 1931-1932 punika Jêrman kêdah ambayar 838 yuta marêk (1 marêk aosipun samangke 60 sèn) dhatêng Prancis, 362 yuta marêk dhatêng Inggris, 191 yuta marêk dhatêng Itali, 124 yuta marêk dhatêng Bèlgi, 66 yuta marêk dhatêng Amerikah, tuwin dhatêng nagari sanès-sanèsipun gunggung 1706 yuta marêk.

Prancis kêdah ambayar 255 yuta marêk dhatêng Inggris saha 168 yuta marêk dhatêng Amerikah. Inggris kêdah ambayar 671 yuta marêk dhatêng Amerikah.

Itali kêdah ambayar 82 yuta marêk dhatêng Inggris saha 61 yuta marêk dhatêng Amerikah.

Kawontênanipun arta ing nagari Jêrman wêkdal samangke kenging kawastanan awon sangêt. Arta ingkang malêbêt suda kathah, môngka sambutanipun sathekruk.

Mila usulipun Amerikah wau inggih lajêng katampi kalayan bingahing manah, awit manawi kalampahan angsal inah sataun ing bab paniciling sambutanipun pêrang, bokmanawi lajêg sagêd pulih karaharjanipun.

Dumuginipun sapunika nagari-nagari ingkang magêpokan kenging kawastanan sami angrujuki sadaya. Jêrman, Inggris, Jêpan, Amerikah kidul, Indhiya Inggris, Itali, Kanadhah, Niyuselan, Grikênlan, Bèlgi, Ceghoslowaki saha Polên sampun sami nelakakên mupakatipun.

Miturut tilgram saking Paris kala tanggal 6 Juli punika anggènipun rêmbagan wêwakil, Amerikah kalihan wêwakil Prancis sampun dados. Prancis angrujuki usulipun Amerikah wau.

Anggènipun Prancis suwau mandhêg mangu punika botên anggumunakên, jêr salêbêtipun taun 1931 punika Prancis gadhah sêsanggèn sambutan 423 yuta marêk, inggih punika 255 yuta marêk dhatêng Inggris, 168 yuta marêk dhatêng Amerikah, môngka miturut rancangan Young kêdah tampi 838 yuta marêk saking Jêrman. Kajawi punika bokmanawi kuwatos manawi kaungkulan Jêrman.

Dados usulipun Amerikah wau kenging kaajêng-ajêng kalêksananipun.

--- 853 ---

[Grafik]

--- 854 ---

Raos Jawi

Andhêdhêr Sae, Awoh Sae

Mirid dêdongenganipun para sêpuh, ambêging para luhur ing jaman kina punika sangêt prasaja, lêlambaran ambêg asih ing sasami, manawi kagungan karerehan, dipun anggêp kados kulawarga piyambak, lumuh adamêl risaking manahipun liyan.

Kala rumiyin wontên satunggiling prayagung luhur, misuwur anggènipun kagungan ambêg wêlasan. Jalaran saking anggènipun kagungan ambêg kados makatên wau, anuwuhakên ajrih asihing para karerehanipun.

Nanging sampun dados wataking tiyang, sok wontên ingkang lajêng gadhah manah nganèh-anèhi, dupèh pangagêngipun kagungan ambêg linangkung, malah lajêng sêmbrana.

Kacariyos pangagêng wau kagungan karerehan ingkang kêsèd ing damêl, sampun rambah-rambah dipun dukani, murih mantunana tindakipun ingkang kados makatên punika, awit mênggahing tiyang suwita, tindak kêsèd punika dados cacad agêng.

Karerehan ingkang dipun dukani wau inggih nyandikani, badhe ngèstokakên punapa dhawuhing pangagêng. Nanging wusananipun inggih taksih ajêg kados ingkang sampun.

Inggih sanadyan sabara kados punapa, pangagêng wau dangu-dangu inggih lajêng grêgêtên. Satunggiling dintên karerehan wau dipun timbali, sadumuginipun ngarsaning pangagêng, sumêrêp pasêmonipun anjêkutrut, sulaking duka sampun katingal, ngantos adamêl samaring manah.

Sarêng sampun tata lênggah, pangagêng andangu: wis kaping pira anggonku nuturi mênyang kowe, tak kon marèni anggonmu kêsèd, nanging pituturku kolêbokake kuping têngên, kowêtokake kuping kiwa.

Aturing karerehan: sapunika kula sampun tobat sayêktos, badhe tumêmên ing damêl.

Aturmu wis kasèp, kowe wis tak lapurake mênyang dhêdhuwuranku, tak suwunake pocot saka pagaweanmu, rasakna.

Kula nyuwun pangapuntên.

Wis, aja kakehan uni, kowe nuli mundura, ngêntènana têkaning kêkancingan pocotmu.

Karerehan wau lajêng mundur kanthi susahing manah, sadumugining griya botên doyan nêdha, saha lajêng cariyos dhatêng ingkang èstri, bilih piyambakipun dipun suwunakên pocot dening pangagêngipun.

Wataking èstri, mirêng pawartos makatên wau lajêng nangis anggalolo, saha nêtah dhatêng ingkang jalêr, botên ngèstokakên dhawuhing pangagêng, na, sapunika nêmahi kados makatên. Dangu-dangu mrèmèn ngundhat-undhat pangagêngipun ingkang jalêr wau, dipun anggêp pangagêng botên gadhah têpa, têgêlan, tega damêl pêjahing karerehan, ingkang panggêsanganipun botên sapintêna.

Nanging inggih badhe dipun punapakna, nama lêlampahan sampun kalajêng, botên kenging dipun wangsuli malih.

Wataking tiyang ngajêng-ajêng dhawahing lêlampahan ingkang [ing...]

--- 855 ---

[...kang] botên sakeca, jaming dintên kados sakalangkung rikat, enjing lajêng sontên, sontên lajêng enjing, wusana yêktos, wontên sêrat dhawuh timbalan saking nginggil. Clop, ulatipun tiyang ingkang tampi ngantos pucêt kados tiyang kaduk sakit wêtêng, kêdhèpipun andharindhil kados tiyang pados setan.

Tiyang wau lajêng rêmbagan kalihan ingkang èstri, prayogi dipun sowani punapa botên. Wangsulanipun ingkang èstri prayogèkakênmrayogèkakên. botên dipun sowani kemawon, prêlunipun punapa, botên sande inggih namung tampi dhawuh pocot. Nanging tumrapipun ingkang jalêr, ajrih manawi botên sowan, awit sagêd ugi manggih kalêpatan sanès. Wusana lajêng sowan.

Inggih tiyang badhe dipun pocot, ulatipun katingal biyas sangêt, lampahipun alon, manah tansah tab-taban. Sarêng dumugi kantoraning pangagêng ingkang nimbali, lajêng dipun timbali malêbêt, pangagêng wau katingal gumujêng, adamêl kumêlaping manahipun ingkang sowan, rumaos manawi gujêng wau atêgês mêmirang.

Sasampunipun ngadhêp, pangagêng andhawuhakên: aku tômpa palapurane panggêdhemu…

Nalika pangandikaning pangagêng dumugi samantên, manahipun ingkang dipun dhawuhi araos sênut-sênut. Lajênging dhawuh: kowe disuwunake munggah pangkat, katrima saka anggonmu wêkêl ing gawe, nanging disuwunake ngalih seje bawah. Panyuwun mau tak parêngake, saiki kowe munggah pangkat.

Kados punapa kagèting manahipun ingkang tampi dhawuh wau, kagèting bingah, ulatipun lajêng padhang. Sasampunipun tampi sêrat pikêkah lajêng mantuk, sadumugining griya lajêng cariyos dhatêng ingkang èstri. Ingkang èstri lajêng gumujêng rèkèk.

Sanès dintên priyantun enggal wau sowan dhatêng pangagêngipun lami, dèrèng ngantos matur sampun dipun dangu: kapriye.

Aturipun: kula botên ngintên manawi kadadosanipun kados makatên.

Saiki aku mung awèh pitutur, kowe aja sêmbrana, yèn kowe ora tumêmên ing gawe, mêsthi dipocot têmênan.

Sanès dintên priyantun enggal wau pindhah dhatêng panggenanipun enggal, salajêngipun tumêmên ing wajib.

Kados makatên wataking prayantun kina manawi misesa dhatêng karerehanipun, dados sanadyan ing têmbe anêmahana tiwas, sampun uwal saking têtanggêlanipun, tur mawi dipun lambari sae. Nyatanipun: andhêdhêr sae, awoh sae.

Pawartos saking Administrasi

Lêngganan nomêr 310 ing Cawas. Kalintu manawi wontên tiyang ingkang gadhah pangintên makatên. Saugi botên nunggak bayaran, Kêjawèn mêsthi dipun kintun. Panêdhanipun lêngganan nomêr 3188 sampun kula kintuni, nanging K. no. 43 sampun têlas.

Lêngganan nomêr 5066 ing Padhang. Inggih lêrês.

Lêngganan nomêr 2217 ing Rêjasari. Sapunika kenging, benjing 1 Ogustus inggih kenging. Lêngganan wiwit 1/5.

Lêngganan nomêr 3065 ing Sêmarang. Arjuna Sasrabau Jilid II dèrèng dados.

Lêngganan nomêr 698 ing Cilongok. Sampun katampi.

--- 856 ---

Bab Têtanêman

Mrica

Sok tiyanga inggih sampun sumêrêp dhatêng wujuding mrica, nanging limrahipun namung pinanggih wontên salêbêting bothekan, inggih punika mrica ingkang sampun kaupakara badhe kadamêl bumbu olah-olahan utawi jampi. Botên kirang tiyang ingkang dèrèng sumêrêp gêsanging wit mrica lan witipun kados punapa.

Pitakèn ingkang kados makatên wau botên anèh, amargi tumrapipun ing jaman sapunika, sanajan ing padhusunan kapetang lôngka sangêt wontênipun tanêman mrica, trêkadhang inggih wontên thukulan satunggal kalih, nanging sampun botên awoh, sabab botên dipun opèni, môngka nitik saking rêrêgèn ing toko, mrica wau taksih kalêbêt awis pangaosipun, inggih punika f 0.80 ing dalêm sakatosipun tumrap mrica pêthak, suda lumungsuripun inggih botên têbih saking rêrêgèn samantên wau, dados sadhacin rêgi f 80,-

Bab paedahipun mrica, botên prêlu kaaturakên malih, jêr para maos sampun botên kêkilapan. Namung tumraping nagari-nagari ingkang hawanipun asrêp, kados ing Eropah tuwin sanèsipun, mênggahing pamanggih langkung kathah tiyang ingkang migunakakên, awit mrica punika yèn katêdha, angsaripun dhatêng badan karaos angêt, dados botên lôngka manawi dipun têngênakên.

Mirid saking cacriyosan, mrica punika pancèn asli thêthukulan tanah Jawi, panunggilanipun: cabe, kêmukus tuwin sêdhah. Miturut Sêrat Babad Tanah Jawi rumiyin dados luruganipun bôngsa mônca, prêlu ngupados padagangan, inggih punika sami kilak mrica tuwin sapanunggilanipun wau. Dados têtela sangêt bilih ing wêkdal samantên, têtiyang Jawi taksih marsudi sangêt dhatêng tanêman mrica. Nanging kosokwangsulipun ing wêkdal samangke, wit mrica wontênipun ing padhusunan kapetang mèh curês babarpisan. Môngka sampun gênah bilih bab wau dados satunggaling padagangan ingkang agêng, saprika-sapriki taksih panggah kemawon, awit têtiyang taksih têtêp anggènipun [ang...]

--- 857 ---

[...gènipun] sami karêm migunakakên mrica. Amila andharanipun bab nanêm mrica ugi badhe kaaturakên ing ngriki, supados andadosakên ing kauningan.

Ing salêbêtipun taun 1908-1909 kula nate ngambah sukuning rêdi Sêmèru ingkang sisih kidul wetan, bawah Lumajang, ing ngriku pinanggih wontên salah satunggaling kabudidayan gadhahanipun bôngsa ngamônca, ingkang baku tanêmanipun: kahwa, karèt tuwin wit kênini, ewadene botên kêsupèn ing saantawising tanêman tigang warni wau mawi kaslundhingan tanêman mrica, inggih punika rinambatakên ing wit-witan sanès, ingkang salugunipun minôngka yom-yoming têtanêman tigang warni kasêbut nginggil wau, kados ta wit dhadhap, randhu, kelor tuwin sanès-sanèsipun.

Kados makatên punika, mênggahing pamanggih: prayogi sangêt dipun telad, tumrap sabên pakawisan utawi patêgilan, ingkang wontên wit-witanipun, sayogi dipun cèblêkana bibit mrica, dados sagêd ngalap asil kalih tigang warni, kajawi têtanêmanipun ingkang baku. Wondene andharaning pananêm kados ing ngandhap punika:

Mênggah wit mrica punika gêsangipun marambat, nemplok ing wit-witan sanès, botên beda kados wit cabe, sêdhah lan sapanunggilanipun. Mila yèn badhe nanêm, angêthoka êlungipun ingkang rumambat, miliha ingkang sumêdhêng ênèm sêpuhipun, panjangipun kintên-kintên kalih kilan, nanging sampun kirang saking 5 ros, pananêmipun anglêrêsi ing môngsa tracap. Bibit katancêbna wontên ing sandhing sapu lêbuning wit-witan ingkang pancèn kasadhiyakakên minôngka rambatan, inggih punika kajêng dhadhap, randhu tuwin sapanunggilanipun wau, awit klikanipun êmpuk sarta anggadhahi daya asrêp, dados anggampilakên tumemploking oyod mrica dhatêng klika. Nanging sasagêd-sagêd amiliha rambatan ingkang agêng, prêlunipun ing têmbe kiyat dipun pènèki, samôngsa sampun mangsaning ngundhuh mrica, minôngka pasendhenaning ôndha. (Badhe kasambêtan)

Nirrasa, Kêpanjèn-Malang.

Rêmbagipun Garèng lan Petruk

Bab Wanita Nyambutdamêl.

Garèng: Ayo Truk, timbangane cara Sundhane padha ngalamun, ya iku anggagas sing ora-ora, kaya ta: saupamane aku kiyi ginanjar dadi tuwan tanah, dhasar lêmahe jêmbar kathik gêdhe panguwasaku, ing jaman malèsèd iki, aku wis mêsthi bakal nindakake panguwasaku têmênan. Ora ngêmungake wong-wongku bakal tak loroti blanjane, nanging aku iya bakal ngudi kang bisa agawe [aga...]

--- 858 ---

[...we] kamayarane wong-wongku, kaya ta: omah-omahku sewan, kabèh tak êdhunake sewane, lan wong-wongku sing padha duwe omah sewan, iya tak prentahi dhêngan kêras, supaya padha ngêdhunake sewane. Lo, Truk, katimbang anggagas-gagas sing kaya mêngkono, wong lugune pancèn iya ora kècrèt apa-apa kajaba kadhas kudhis, rak iya luwih bêcik omong-omongan prakara sing dakik-dakik, nèk-nèke ana pigunane tumrap awakmu lan awakku.

[Grafik]

Petruk: Sabênêre ngono, kang Garèng, sapisan kiyi aku kok rada sugih aras-arasên, nèk diajak rêmbug-rêmbugan kuwi, jalaran pikiranaku saiki kiyi wis mêgêlangên bae. Awit sumurupa, kang Garèng, yèn ora ana alangan sawiji apa, besuk tanggal 15 utawa 16 ing wulan kiyi, aku lan rayimu; dèn ayu mas ngantèn makne Kamprèt arêp nêdya têtirah nyang Magêlang.

Garèng: Wiyah, kok agawe nrataping lambe, ngèwèling ati, nganggo arêp tirah barang kuwi sing lara bae sapa, apa kowe, apa bojomu. Wong têtirah ki rak akèh wragade, ing môngka lagi jaman malèsèd mêngkene, ibarate: ing jaman saiki kiyi arêp nanjakake dhuwit saêndhil rong êndhil kudu diwolak-walik nganti ganêp kaping salosin.

Petruk: Iya sabab saka jaman malèsèd kiyi, anggone aku kloron banjur kapêksa kudu têtirah, kudu ganti hawa, awit nèk kêbanjur-banjur mêngkene, mêngko panggêdheku rak ora prêcaya, yèn potongan balônja limang prêsèn kuwi rada ngithik-ithik kêbukku. Hla, apa mèmpêr, rayimu kuwi awake saya suwe jêbul saya saputrane gunung Tidhar, lan aku dhewe, larane wis ana kapat sasur sasi saprene, nanging kêmaruke têka durung ngaso-ngaso, nganti apa-apa iya blang-blêng mlêbu. Anggêre aja gorengan ril utawa pindhang watu bae, mulane banjur tak niyati arêp têtirah nyang hawa adhêm, nèk-nèke panyakite rayimu lan aku mau bisa banjur suda.

Garèng: We, hla, nèk kaya ngono kuwi rak panêmune wong kênclung. Nèk kowe kloron têtirah nyang hawa adhêm kuwi, bojomu masa bakala suda lêmune, bokmanawa malah bisa sabibèkne gunung Tidhar, lan kowe dhewe, saka gandrunge nyang pangan, kiraku bisa kalakon nyang ngêndi-êndi kalung cêthing têmênan. Wis, wis, kok banjur guyon sing ora ana paedahe mêngkono. Ora, Truk, aku tak takon, apa iya nyata, jarene ana kabar, yèn polêksrad [po...]

--- 859 ---

[...lêksrad] ngaturi pamrayoga nyang pamarentah supaya nganakake pranatan: manawa sawijining batih wargane wis ana sing nyambut gawe nyang guprêmèn, warga liya ora diparêngake. Wah, Truk, nèk dipikir têmênan, iki pranatan sajake duwe sêdya nglarangi nyambut gawe para wanita sing wis padha omah-omah. Anggonku ngarani mêngkono mau, jalaran umume sing dadi lajêre golèk pangan kuwi: wong lanang, dene sing wadon sok uga banjur nyambut gawe, kuwi lumrahe rak mung kanggo muwuh-muwuhi sing kanggo tuku janganan utawa sing kanggo plêsir-plêsir, utawa manèh timbang nyang ngomah nganggur. Mulane mungguhing aku kok iya mupakat bangêt nyang pranatan sing kaya mêngkono kuwi, dhing. Jalarane pirang-pirang, 1e bisa nyuda cacahe wong-wong sing saiki lagi tanpa pakaryan, 2e wong iya wis kagungan raka, iya ora pantês yèn andina-dina ngantor, wajibe iya kudu ngurus bale omah. Lagi bakyumu bae, sing bojone wong kere mêngkene, pamit karo aku arêp buruh mijêti Mas Naya, mèh bae tak kontan tak talak pitu.

Petruk: Yah, nèk nyambut gawe mijêti kuwi iya ora kêna nèk dipadhak-padhakake karo nyambut gawe nyang kantor. Nèk aku ora kaliru, gajêg-gajêge larangan sing kaya ngono kuwi dudu larangan anyar, dhèk biyèn kaya-kaya iya wis ana, mung bae ora dipacak ana ing pranatan, nanging mung kapacak ing layange sêbaran pamarentah. Malah nèk ora luput, sing dilarangi nyambut gawe kuwi ora ngêmungake wong-wong wadon sing wis omah-omah bae, nanging uga wong-wong pènsiyunan.

Garèng: Aku iya kèlingan, Truk, nanging sajake kala samono, aku malah luwih ngopèni têgêsan ana ing dalan, apa manèh yèn têgêsan srutu mênilah, katimbang sing akèh-akèh ngopèni nyang anane layang sêbaran mau. Mulane kala samono kêrêp bae aku mrangguli: bêndara kakung ngasta: upkumis, bêndara putri: komise, utawa: êmase ngasta: gripir, dhiajênge: ajunge. Kajaba iku kala samono akèh bae bangsaning pènsiyunan-pènsiyunan sing pènsiyune ing dalêm sasasine ora kurang saka f 300.- utawa f 400.-, sabab duwe sobat sing dadi panggêdhe, banjur rêkètèk, ditulung pagawean sing blanjane saupama dibayarake nyang wong-wong kaya kowe aku kiyi, kiraku iya bisa olèh wong apês ambalêbês 10 tumêkane 15. Hla, kuwi sing akèh nyang anane layang sêbaran mau, iya padha ... pring dhèmpèt. Dadi sing akèh-akèh isih padha ngukuhi, yèn sêtatsêblat sok kalah karo sobat.

Petruk: Kang Garèng, kowe aja maido nyang unèn-unèn kiyi, awit wis lumrah, wong kuwi sabisa-bisa iya pancèn arêp mitulungi nyang sobatane utawa nyang wong sing disênêngi, sanadyan saiki uga, wong golèk pagawean kuwi olèhe mêsthi luwih gampang yèn sugih sobatan katimbang yèn ora duwe sobat babarpisan. (Badhe kasambêtan)

--- 860 ---

Ngobrol ing Dintên Sabtu

Bab Palapuran Bathik

Sintên tiyangipun ingkang botên anggadhahi watak kados Dasamuka anggènipun têgêlan, ing atasipun kalihan sadhèrèk piyambak, inggih punika Radèn Kumbakarna, mêksa têgêl angundhat-undhat kalanipun mêntas dipun bojana dhahar, utawi botên anggadhahi watak kados kirun wana kirun, ingkang tega sangêt anggadani manusa kadosdene kula ambêbêk kacang kangge bumbu pêcêl kemawon, sampun têmtu badhe anggrantês manahipun, manawi maos palapuran bathik, ingkang kawêdalakên dening kantor pakaryan (Kantoor van Arbeid). Ingatasipun paprentahan ngriki punika ing sajawining praja kacêluk adil palamarta, sagêd nata tata têntrêmipumtêntrêmipun. nagari, punapadene ingkang katêngênakên pancèn anggènipun tansah anjagi kawilujênganing para kawulanipun têtiyang pribumi, têka wontên lêlampahan-lêlampahan tindak siya, sawênang-wênang kadosdene ing kabudidayan-kabudidayan bathik ing tanah wawêngkon ngriki, langkung malih ing kabudidayan bathik ing Lasêm.

Ewasamantên pamarentah ing bab punika mêksa botên kenging dipun paibên sangêt-sangêt, jalaran ingkang nindakakên paprentahan punika dede tiyang satunggal, nanging sarana kabantu dening punggawa pintên-pintên èwu. Lan ing donya punika sampun limrah, bilih têtiyangipun wontên ingkang sae, nanging ugi wontên ingkang awon, wontên ingkang suci manahipun, nanging ugi wontên ingkang jail-mêthakil. Makatên ugi para punggawa nagari, saking kathahing cacahipun ingkang têmtu inggih wontên ingkang sae, nanging ugi wontên ingkang botên sae, wontên ingkang luhur panggalihipun, nanging ugi wontên ingkang… botên makatên. Kadosdene banjiring lèpèn, punika murih sampun ngantos ambêbayani, kenging dipun tambak mawi bêndungan, makatên ugi pandamêl awon, murih botên ambêbayani tumrap ingkang anglampahi, kadhangkala ugi sok kenging dipun tambak mawi… kêrtas awarni-warni. Sanadyan makatên ewasamantên inggih mêksa eman sangêt, dene ing ngriki sagêd kalampahan tindak ingkang makatên punika, tur tumindakipun wau sagêd kalampahan ngantos pintên-pintên dasa taun laminipun, tanpa kauningan ing pamarentah.

[Grafik]

Gambar ing têngah, punika pangobèng angsal pêparab "Bathang" sanadyan badanipun nandhang karisakan kados makatên, mêksa taksih sok dipun pisakit.

Ing ngandhap punika nyariyosakên sawatawis tindak ambêg siya ing kabudidayan ing Lasêm. Dene ingkang kula cariyosakên punika lugu namung mêthik saking kawontênan ingkang kaêwrat ing palapuran bathik kasbut nginggil.

Mênggah wontênipun pranatan dhêndhan utawi potongan ingkang katindakakên ing sawênèhipun kabudidayan bathik, punika botên angêmungakên kenging kawastanan culika, nanging ugi kenging kawastanan tindak dosa dene kalêbêt ewoning siya tur amêrês dhatêng kringêtipun tiyang sanès.

Sampun nate kalampahan, saupami wontên ayam kêcêgur ing sumur utawi ing kakus, ingkang lajêng ngantos dados pêjahipun, punika sadaya pêngobèng kajibah nglintoni. Jalaran para pangobèng wau pancènipun rak sagêd ngalang-alangi murih ayamipun sampun ngantos manggih kacilakan. Malah ingkang gadhah kabudidayan bathik sok lajêng andakwa dhatêng pêngobèng-pêngobèngipun anyêmplungakên ayam wau wontên ing sumur. Makatên ugi sampun kalampahan: pêngobèng-pêngobèng sami dipun suda epahanipun, jalaran ing patarangan botên wontên ayamipun ingkang nigan.

Ing ngriku sang majikan botên angèngêti dhatêng kalamangsanipun ayam nigan, ing pamanahipun langkung gampil andakwa pêngobèng-pêngobèngipun sami nyolong tigan.

Manawi tembok wontên ingkang gêmpal jalaran katanggor ing gawangan, ingkang nggêmpalakên punika lajêng dipun dhêndha, lan dhêndhanipun wau botên murwat kalihan pangaosing risak.

Manawi wontên bathikan kacipratan mawa anglo ingkang kangge ngêntêpakên wajan, pêngobèngipun inggih lajêng dipun dêndha, dene manawi bathikan wau lajêng bolong, punapa malih manawi bolongipun ragi wiyar, pun pêngobèng lajêng kapurih ambayar bathikanipun.

Manawi wontên pangobèng anggênènipun wajan mawi kajêng jatos, ingkang pancènipun kangge nglorod sinjang, pêngobèng wau inggih lajêng dipun dhêndha, makatên ugi pêngobèng ingkang purun mêndhêt kajêng bucalan wontên ing prakawisan ngriku kangge ngliwêt upaminipun, punika inggih lajêng dipun suda epahanipun.

--- 861 ---

Ing satunggiling dintên wontên majikan kadhawahan ukuman dhêndha dening pangadilan, jalaran botên sadhiya wadhah uwuh wontên ing ngajêng pakawisan, ingkang anjalari uwuhipun dening pêngobèng-pêngobèngipun kapêksa lajêng dipun undhung-undhung wontên ing pakawisan. Para pêngobèng wau ingih sami dipun dhêndhani sadaya, awit anggènipun sang majikan kadhêndha ing pangadilan punika, rak jalaran saking taledhoripun pun pêngobèng-pêngobèng wau. Ing ngriku botên kacariyosakên pintên kathahing arta dhêndhan, nanging sabên pêngobèng kêdah ambayar dhêndhan. Satunggaling dintên majikan wau kadhawahan ukuman dhêndha f 5,- dening Landrechter, jalaran kalêpatan misakit tiyang. Wontên ing ngriku ugi sang majikan nêdha buku cathêtaning sambutanipun pêngobèng kalih ingkang ngrepotakên wau, prêlu ngisi buku ngriku, bilih satunggal-tunggaling tiyang sami wêwah sambutanipun nyaringgit, kanthi dipun sukani irah-irahan: minôngka bayar dhêndha Landgerecht.

Manawi wontên tukang ngêthèl ngicalakên barang, sanadyan para pêngobèng punika botên gêgayutan kalihan padamêlan ngêthèl, ewasamantên inggih sami dipun dhêndha sadaya.

Manawi wontên lilin ical sakatos, sanadyan rêginipun namung f 0,50,- pandhêndhanipun ngantos f1,-.

Manawi wontên bathikan kêcanthol ing gawangan, sanadyan bathikanipun botên risak babarpisan, nanging pun pêngobèng inggih katrapan dhêndha f1,-.

Satunggiling dintên wontên sinjang pangaos f 7,- ical, sadaya pêngobèng cacahipun wontên 20, sami kadhêndha ambayar nyarupiyah. Manawi ingkang ical wau bathikan kasar, pandhêndhanipun nyatêngah rupiyah.

Tindak ingkang makatên punika ugi kaêtrapakên dhatêng satunggiling koki, ingkang suwaunipun ugi dados pêngobèng, nanging jalaran saking kathahing sambutanipun lajêng kadadosakên kuli taunan, sarta dipun pasrahi padamêlan wontên ing dhapur. Koki wau manawi anggorèng kopi ngantos gosong, dipun dhêndha 50 cent; manawi kirang pangatos-atos panyêpêngipun lisah klêntik, dipun dhêndha 30 cent; manawi wontên kêndhurèn, panganggenipun gêndhis ragi kêladuk, pandhêndhanipun 30 cent, wontên daging katêdha ing kucing, 25 cent, wajan kêpancal ing ayam, 25 cent, amêcahakên lodhong f 1,-, gêlas pangombèn 50 cent, piring utawi cangkir f1,- makatên sapiturutipun. Manawi padamêlanipun wontên ing dhapur sampun rampung, koki wau lajêng kêdah ambantu ambathik tanpa mawi bayaran. Nalika bathikanipun piyambak, cacahipun sakawan, ical wontên ing papan pambathikan ngriku, sambutanipun lajêng dipun indhaki f 14,-. Mênggah rêmbagipun ngajêng, koki wau ing dalêm sataunipun nampi epahan f 30,- mawi angsal têdha. Kanthi sapurun-purunipun piyambak pun majikan nyuda blanjane koki wau ngantos dados f 12,-. Nanging arta ingkang f 12,- punika pun koki ugi botên nampi babarpisan, jalaran tansah kapotong ing sambutanipun. Ewasamantên sambutanipun botên suda nanging malah saya wêwah kathah. Kados sampun cêkap samantên kemawon pêthikan kula saking sêrat palapuran wau. Sajatosipun taksih kathah malih lampahan-lampahan ingkang langkung mêmêlas, ingkang tuwuhipun saking tindak siya tuwin sawênang-wênang, nanging samantên kados sampun cêkap. Tujunipun botên sadaya kawontênanipun makatên wau, wontên ugi ingkang pantês ingalêmbana. Ing ngandhap punika nyariyosakên sawatawis kabudidayan bathik ing tanah krajan Jawi. Ing ngriki kula inggih namung mêthik punapa ingkang kawrat wontên ing sêrat palapuran wau, inggih punika makatên:

Tangkêpipun kaum majikan kalihan kaum bêrah. Mênggah tangkêpipun kaum majikan kalihan kaum bêrah, punika kenging dipun wastani sae. Sayêktos andadosakên bingahing manah, dene kawontênanipun tiyang nyambut damêl wontên ing kabudidayan bathik bôngsa pribumi, langkung-langkung ing tanah karajan Jawi, sae, langkung sae katimbang pangintênipun tiyang dumuginipun sapriki. Ing bab punapa kemawon ing tanah karajan Jawi punika tumraping gambar tanah Jawi sajak kadosdene papan ingkang pêtêng, lan kaum bêrah Jawi ingkang nyambut damêl tumut bangsanipun piyambak punika dipun anggêp kirang sênêngipun. Ananging karampunganing panitipriksa punika têka sanès sangêt kawontênanipun.

[Grafik]

Para babu bathik ing tanah Karajan Jawi, pating pêtèngtèng, katingal sami sênêng.

Sanadyan epahanipun namung sakêdhik, makatên ugi sanadyan anggènipun nyambut damêl kirang têtêpipun, ewasamantên sajakipun para kaum bêrah wau sami katingal sênêng. Buktinipun: têtiyang ingkang sami nyambut damêl wontên ing kabudidayan pribumi ing Ngayoja utawi ing Sala, punika saking katêbihan sampun kapirêng têmbanganipun ingkang galik-galik. Wontên ing ngriku têtiyang wau sami sênêng, botên anggadhahi manah èwêd-pakèwêd, tangkêpipun kalihan majikan sami kemawon kalihan kanca-kancanipun piyambak, cêkakipun wontên ing ngriku têtiyang wau sami ngrumaosi kadosdene wontên ing griyanipun piyambak.

Ing kabudidayan-kabudidayan wau asring sok wontên majikanipun ingkang ngawisi têtiyangipun sami nyêrèt utawi main. Majikan sanès malih, ingkang pancèn nêtêpi agaminipun, kados ta siyam ing salêbêtipun wulan Ramêlan, punika sok purun nyukani wêwahan epahan sakêthip ing sadintênipun dhatêng punggawanipun ingkang ugi tumut siyam. Manawi wontên punggawanipun gadhah kaprêluan: upaminipun gadhah damêl, kasripahan lan sapiturutipun, majikan wau purun nyumbang f 2,50,- ngantos f 5,-.

Tiyang ingkang sakit sok dipun sukani jampi kanthi lêlahanan. Dene manawi badhe bakda Sawal, têtiyangipun sok dipun plèlèr sinjang lan sasaminipun. Manawi kadhangkala kathah padamêlan ingkang kêdah rampung, ingkang anjalari têtiyangipun kapêksa

--- 862 ---

kêdah sami nglêmbur, sadaya wau lajêng sami angsal bêbingah (angsal pêrsèn).

Kados kêkathahên saupami kula andharakên sadaya mênggah saening tangkêpipun kaum majikan kalihan kaum bêrah ing tanah karajan Jawi kados ingkang kawrat wontên ing sêrat palapuran wau. Amila cêkap samantên kemawon.

Jalaran saking punika trajangipun para kaum majikan ing tanah karajan Jawi dhatêng bêrah-bêrahipun wau pantês ingalêmbana saha prayogi sangêt dados tuladan; sabab angèngêti ebah-ebahaning jaman, sadaya-sadaya sami kapengin dhatêng,, Selfhelp", inggih punika rumagang ing damêl piyambak tanpa ngêjibakên pitulunganing liyan, punika sakawitipun kêdah botên anêngênakên balônja utawi pamêdal agêng, watonipun sampun anyêkapi kabêtahanipun kêdah dipun lampahi kalayan sênêng lan santosaning manah, prêlunipun sagêda tumuntên kasêmbadan sêdyanipun. Bilih bôngsa kula sampun kathah ingkang sami migatosakên bab lampahing pitulungan makatên wau, têmtu badhe enggal ngundhuh wohipun, miraos katêdha tur anyêgêri badan.

Pun Pênthul.

Pêthikan saking Sêrat-sêrat Kabar Sanès

Indhonesiah.

Candu.

Pêpajênganipun candu suda kathah sangêt. Taun punika rantamaning pêpajênganipun 37 yuta rupiyah, taun ngajêng 24 yuta rupiyah.

Dene pêpajênganipun taun punika ing tanah Jawi saha Madura katimbang kalihan taun ingkang kapêngkêr sawulan-wulanipun suda 200.000 rupiyah, ing tanah sabrang 500.000 rupiyah.

Dhirèktur Pinansiên.

Kawartos, Tuwan C. Van den Bussche, dhirèktur pinansiên, taun ngajêng punika badhe nyuwun pènsiun.

Tuwan Mr. Singgih.

Wiwit tanggal 1 Juli ingkang kapêngkêr Tuwan Mr. Singgih dipun têtêpakên dados Propagandhis, Persatoean Bangsa Indonesia, tumrap Jawi Têngah.

Dhatêng Eropah.

Radèn Adipati Arya Suwônda, bupati ing Pathi, kalihan garwa tuwin putra pambajêng dèrèng dangu punika pangkat dhatêng Eropah, badhe nuwèni putranipun kêkalih ingkang sinau wontên ing ngrika.

Pamulangan luhur pangadilan.

Tuwan G. Boswinkel, adpisur anlèdhêng pangajaran, katêtêpakên dados guru basa Jawi wontên ing pamulangan luhur pangadilan ing Bêtawi.

Kumêndhan lesiun Mangkunagaran.

Radèn Mas Arya Bratatanaya, kumêndhan lesiun Mangkunagaran dèrèng dangu punika lèrèh saking kalênggahanipun. Ingkang anggêntosi kangge sawatawis môngsa Tuwan Mayor Jagaprêwita. Tuntunan bataliyun ôngka satunggal kapasrahakên dhatêng Kangjêng Pangeran Arya Suryasumarna.

Wadhuk Sugihan.

Wadhuk ing Sugihan, Wanagiri, sampun rampung anggènipun anggarap. Dèrèng dangu wadhuk wau kabikak. Ingkang ambikak Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Arya Mangkunagara - dipun èstrèni paduka tuwan gupêrnur, utusan dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan ing Surakarta - tuwin priyantun saha tuwan-tuwan sanès-sanèsipun. Waragad têlas 60.000 rupiyah. Ingkang anggarap Ir. Sarsita. Wadhuk wau kenging kangge ngoncori sabin 600 bau.

Kursus nyêpêng balegriya.

Wiwit tanggal 1 Juli ingkang kapêngkêr ing Surabaya dipun wontêni kursus nyêpêng balegriya tumrap lare èstri wêdalan Mulo utawi H.B.S. Ingkang nglêbêti kathah. Laminipun sinau 1 taun. Ing ngriku dipun wulang ocal-ocal, ngrêksa lare, dondom-dondom, nyulam sapanunggilanipun. Bikakipun sabên dintên Salasa, Kêmis saha Sêtu, wiwit jam 8.15 enjing dumugi jam 12 siyang.

Mulo H.I.K. Mohamadiyah.

Kala tanggal 5 Juli ingkang kapêngkêr Mulo H.I.K. Mohamadiyah ing Surakarta dipun bikak mawi rame-rame sawatawis. Ingkang nglêbêti kathah, wontên ingkang saking Sêlèbês, Borneo, Acèh, Minangkabo, Jawi Têngah, Jawi Kilèn, saha Madura.

Standplaats-toelage badhe dipun suda.

Kawartos Standplaats-toelage-nipun para punggawa nagari badhe dipun suda. Ing Bandhung saha Malang, samangke 5% badhe dipun dadosakên 3%, kathah-kathahipun 15 rupiyah. Ing Bêtawi saha Mèstêr Kornèlis, samangke 8% badhe dipun dadosakên 5%, kathah-kathahipun 25 rupiyah. Ing SurayaSurabaya. têtêp 10%, kathah-kathahipun 50 rupiyah. Dene ing panggenan sanèsipun ing tanah Jawi saha Madura bokmanawi botên dipun suda. Ing Medhan dipun dadosakên 8%, kathah-kathahipun 40 rupiyah. Ing Padhang dipun dadosakên 5%, ing Pordhêkok, Bêngkulên saha Tanjungkarang dipun dadosakên 3%, ing Mênadho dipun dadosakên 8%, ing Ambon, Makasar, Balikpapan, Banjarmasin, Pontianak, Pangkalpinang, Jambi, Palembang saha Lahat têtêp 10%.

--- 863 ---

S.S. ngandhapakên prabeya ngintunakên barang.

Wiwit tanggal 15 Juli ngajêng punika S.S. badhe ngandhapakên prabeya ngintunakên barang, inggih punika saking Cirêbon dhatêng Gombong-Kêbumèn-Kuthaarja-Purwarêja, saha saking Cilacap tuwin palabuhan Cilacap dhatêng Prêmbun-Kuthaarja, Purwarêja.

Dene ingkang angsal sudan prabeya wau: tèh nagari mônca (saking Cirêbon dhatêng Purwakarta, samangke sabên 1000 kilo gram f 24.20, badhe kadadosakên f 11.50), glêpung nagari mônca, ombèn-ombèn sapanunggilanipun (saking Cirêbon dhatêng Purwarêja, samangke sabên 1000 kilo gram f 23.40, badhe kadadosakên f 11.50), barang-barang dagangan sapiturutipun.

Prabeya ngintunakên sêmèn, goni, sèng sapanunggilanipun inggih badhe dipun suda.

Prabeya ngintunakên gêndhis saking Cirêbon dhatêng Krawang (samangke sabên 100 kilogram f 0.95) saha saking Cirêbon dhatêng Cianjur (samangke sabên 100 kilo gram f 1.25) ugi badhe kasuda kathah.

Lotre agêng.

Kawartos, lot-lot lotre agêng (500.000 rupiyah) tandhonipun kantor Escompto ing kitha ingkang agêng-agêng sampun pajêng sadaya. Samangke kantun ngêntosi pawartos saking tanah sabrang saha kitha ingkang alit-alit. Anggènipun anggêbag bokmanawi salêbêtipun wulan punika.

Palabuhan Tanjungpriuk.

Taun punika wiwit wulan Januari dumugi pungkasanipun wulan Juni cacahipun baita ingkang malêbêt ing palabuhan Tanjungpriuk wontên 1270, taun ingkang kapêngkêr wiwit wulan Januari dumugi pungkasanipun wulan Juni 1490, dados sudanipun 220 utawi 14-17 pêrsèn.

Cacahipun punggawa nagari.

Punggawa sipil bôngsa Eropah ... 18.000
Punggawa sipil bôngsa pribumi ... 100.000
Opsir ... 1400
Undêrlitnan ... 200
Militèr bôngsa Eropah ... 7000
Militèr bôngsa pribumi ... 31.000
Dene ingkang pènsiunan:
Punggawa sipil bôngsa Eropah ... 5000
Punggawa sipil bôngsa pribumi ... 4700
Opsir ... 1450
Ondêrlitnan ... 400
Militèr bôngsa Eropah ... 18.000
Militèr bôngsa pribumi ... 21.000

Kadhigulakên.

Tiyang nama Mohamad Hasaniyah, tilas guru saha mandhor pêkên, jalaran kagalih mutawatosi tumrap tata têntrêmipun ngakathah, kabucal dhatêng Dhigul nginggil.

Dhirèktur Mosvia Magêlang.

Tuwan Mr. J. Visser dhirèktur Mosvia Magêlang, wiwit benjing tanggal 2 Januari 1932 badhe lèrèh saking kalênggahanipun.

Badhe dhatêng nagari Walandi.

Radèn Sugêng, putranipun ingkang bupati ing Jêmbêr, benjing wulan Agustus ngajêng punika badhe dhatêng nagari Walandi, prêlu nglajêngakên sinaunipun. Radèn Sugêng wau wêdalan A.M.S. ing Surakarta.

Sultan Sambas.

Mohamad Ibrahim Saphiudin katêtêpakên dados pangagênging Sambas, ondêr apdhèling Sambas, Singkawang, saha Bêngkayan, apdhèling Singkawang, paresidhenan Borneo sisih kilèn.

H.I.S. enggal ing Sêmarang.

Perserikatan Goeroe-goeroe Hindia Belanda ngadêgakên H.I.S. wontên ing Sêmarang, kala tanggal 5 Juli ingkang kapêngkêr pamulangan wau dipun bikak, mawi rame-rame sawatawis. Tamu kathah.

Asiah.

Sambutanipun praja Jêpan.

Miturut katranganipun dhepartêmèn pinansiên, sambutanipun praja Jêpan ing pungkasanipun wulan Mèi punika wontên 5.971.057.000 Yèn (1 Yèn samangke aosipun kirang langkung f 1.20). Sarêmanipun taunan 291.745.000 Yèn).

Pêrang kadang ing Tiongkok.

Jendral Cang Kai Sèk dèrèng dangu punika sampun kalampahan nêmpuh kaum kuminis ing propinsi Kwangsi, ambêkta prajurit kalih dasa èwu. Para kaum kuminis wau ingkang kathah sami sêsingidan wontên ing parêdèn, panjangipun 100 mil. Mila tumrap prajurit parentah inggih botên gampil anggènipun badhe anggêpuk (dipun dugi kaum kuminis wau cacahipun wontên 250,000,) sami asikêp dêdamêl pêpak.

Bêna agêng ing Tiongkok.

Awit saking kathah jawah, ing sawatawis panggenan ing Tiongkok lèpèn-lèpèn sami ambludak. Mansuri sisih kidul kilèn, kitha Suwipènho (ing kikisipun Tiongkok saha Ruslan), Kiyangsu lèr saha Syantung kidul sami kêbênan. Kathah tiyang ingkang pêjah kablabak utawi kecalan bale griya.

--- 864 ---

Wêwaosan

Dhêndhaning Angkara

26.

Unjukira iku bênêr Abdullah, awit saupama ingsun duka marang sira, iku mung atêgês anglairake angkaraning panggalih ingsun. Gêdhene saupama ingsun nganti agawe tiwasira, ingsun iya bakal ora ngukup apa-apa. Awit sihe sang putri kang wis tumiba ing sira, ora bisa owah saka pakartine sapa bae. Dadi saupama ingsun nindakake kawasaning angkaraningsun, bakal saya dinohan ing katêntrêman. Tumraping liyan bokmanawa isih ana pangira maido marang unjukira, nanging tumrape ingsun, ngandêl lan pitaya marang unjukira. Nanging Abdullah, ingsun darbe pamundhut marang sira, ing sarèhne sira wus nêmu kabêgjan sadhuwuring ratu, saiki sira lungaa saka kene. Anggon ingsun darbe pamundhut mangkono mau, murih bisa nyirnakake ucap kang ora bêcik tumraping panjênêngan ingsun. Ingsun mêmuji muga sira kasambadanana kang dadi sêdyanira.

Kawula nuwun inggih sandika, mugi wontên kamirahaning panggalih dalêm, kawula kaparêngakên ngusap pada dalêm, punika ingkang badhe damêl wiyana kawula.

Abdullah lajêng kaparêngakên majêng ngabêkti sampeyan nata, ajêngipun alampah dhodhok alon. Nalika Abdullah ngabêkti, sang prabu tansah mandêng kanthi rênaning panggalih, saha ngandika alon: slamêt.

Abdullah lajêng mundur saking ngarsa nata, mripatipun kaca-kaca, dening bêbêg rumaos karoban sihipun nata ing Bagêdad.

Saunduripun, Abdullah senapati nata kêpêksa mitêrang kaparêng nata, unjukipun: kawula nuwun, kaparêng nata kadospundi, dene Abdullah lajêng kaparêngakên luwar makatên.

Sang prabu: Mara sira munjuka ing sabênêre, apa kang andadèkake kurang panarimanira.

Senapati: Kawula nuwun, kawula botên pisan-pisan amaoni kaparêng dalêm nata angluwari pun Abdullah, punika sampun nama wajibing nata ngapuntên dhatêng tiyang dosa, nanging tumraping kawula kathah, ingkang nyumêrêpi dosanipun, Abdullah ngambah kaputrèn, punapadene lajêng sagêd nyêpêng, punika sami ngrumaosi isin saha nalôngsa sangêt.

Yèn prakara lêganing ati, iku yèn diênut mêsthi ora ana uwis-uwise, awit anggone arêp golèk pamarêm, ora bakal katêkan, salawase mung tansah ngômbra-ômbra ora ana uwis-uwise, dening tumindake tansah kêmoran angkaraning ati. Kayadene lêlakon ingsun dhewe, manawa ingsun turuti, kaya-kaya marêm samôngsa ingsun wis gawe tiwase Si Abdullah. Nanging apa iya têmênan mangkono, pangiraningsun ora, awit saupama Si Abdullah wis ora ana, mêsthi ana sabab-sabab kang nusuli, kang saya agawe urube panggalih ingsun. Beda yèn wus ingsun punggêl samene, ilanging kamelikan, atêgês katêntrêmaning panggalih ingsun. Iku padha pikirên kang dawa, lan sira ngèlingana, Abdullah iku ora ana alane mungguhing panjênêngan ingsun, wah kêdunungan ati tatag, kêndêl, tanggon ing paprangan. Ajaa anglakoni panggawe kang kaya mangkono, mêsthi ingsun ngapura. Dadi anggone ingsun tundhung, atêgês tômpa paukuman kang luwih abot. Malah saka kaparêng ingsun, ingsun arsa budhalan kondur tumuli. Sira dhawuha tata-tata.

Dhawuh pangandika nata sadaya wau, sagêd angèndêlakên sawarnining rêraosan, wusana lajêng bibaran.

XII Kabranang ing manah

Senapati Bagêdad misuwur dados senapati linangkung, kenging dipun wastani kaluhuraning praja Bagêdad jalaran saking sang senapati. Sang senapati sampun rambah-rambah anggêbag praja, sagêd nêlukakên para nata ingkang nêdya ambalela ing ratunipun, sadaya sami rampung dening sang senapati piyambak. Saking misuwuripun sang senapati, ngantos karan senapati alap-alap. Wontênipun ngantos dipun jêjuluki senapati alap-alap, dening tandangipun sang senapati wontên ing paprangan cikat tarampil, manawi ngulahakên dêdamêl kados thathit, sakêdhepan sampun adamêl pêpêjah.

Wêwatêkanipun sang senapati punika brangasan sangêt, botên kenging mambêt tantang, manawi sampun gadhah kêkêncêngan, botên kenging dipun êlukakên. Dhasar sêmbada, botên ajrih dhabêngdhatêng. baya pakèwêd, awrating mêngsah dipun bobot ènthèng.

Jalaran saking ambêgipun ingkang kados makatên wau, andadosakên ajrihing para punggawa. Samôngsa sang senapati duka, malah sawêg dhèhèm kemawon, sampun adamêl andharêdhêgipun ingkang mirêngakên. Nanging sagêdhagan punika, sang senapati ngrumaosi apês, manah tansah kacuwan dening pamênggaking ratunipun. Ingkang makatên wau tumrapipun sang senapati ngrumaosi manggih cobi awrat, mila tansah gêrêng-gêrêng kemawon.

Saunduripun saking ngarsa nata, sang senapati katingal pêtêng polatanipun, adamêl mirisipun para punggawa, saha sami mangrêtos, bilih sang senapati Wina nawung panggalihan wigatos. (Badhe kasambêtan)

--- 175 ---

Nomêr 30 taun I

Taman Bocah

Lampiran Kajawèn kawêdalakên sabên Sabtu.

Bingung Momong Anak

[Mijil]

Wayah esuk ana swara muni / sapi kang ambêngoh / nganti bablas adoh suwarane / kaya dadi tôndha angundangi / yèn ing wayah kuwi / sapi dingon mêtu //

ora suwe wong angon anggilir / mlaku alon-alon / ngumbar kewan ana pangonane / rajakaya awor dadi siji / ayêm anggayêmi / sukêt lêdhung-lêdhung //

sapi-sapi kang isih nusoni / manggone ngarompol / ora pisah lan pêdhèt-pêdhète / yèn caraa uwong ngatarani / bangêt gone asih / nyang anake mau //

ana sapi anak-anak cilik / anake kêmroyok / mêtu papat palôngka ulêse / yèn disawang padha mêrak ati / sok ajondhil-jondhil / malayu barubut //

sauwise ketog anggayêmi / nyêdhak bokne nyrondhol / lèrèn nusu ing sakapenake / banjur ana sing nyarondhol gênti / pêdhèt solan-salin / kaya gênti ngrêbut //

dhèk samana sênêng biyung sapi / ngrasa gone momong / anak papat padha aring kabèh / tansah nyawang karo anggayêmi / yèn adoh sathithik / dicêluki sêru //

wis watake duwe anak cilik / galake sok ketok / yèn kêsliring sabab apa bae / banjur pasang sungu mrayitnani / yèn nyêdhaka mêsthi / kalakon disrudug //

saupama uwong yakne muni / mulang ora pêdhot / he anakku kowe kuwi kabèh / aja nakal pijêr jondhil-jondhil/ [jo...]

--- 176 ---

[...ndhil-jondhil/] mundhak dipanasi / tôngga-tôngga iku //

narimaa cêcêdhakan bêcik / aku tansah momong / padha bae sukêt kana-kene / aja nyahak têba adoh kuwi / awit sok marahi / dadi kliru surup //

karo manèh kowe isih cilik / yèn nganti kalakon / disawiyah ing liyan mêsthine / aku iki kêpêksa mrinani / pakolèhe dadi / padu adu sungu //

wis ta ayo angadoh sathithik / aja grombol-grombol / galo akèh bocah nakal kae / anak sapi wis umur rong sasi / yèn kowe nyêdhaki / mundhak digêguyu //

ora suwe sapi nuli nisih / nyingkir rada adoh / anglumuhi nyang tangga-tanggane / rumêksa nyang slamête cah cilik / kabèh padha aring / padha playon nutug //

kala-kala biyung ora lali / andilati alon / nyang pêdhète nganti rata kabèh / yèn uwonga padhane ngrêsiki / murih bisa kalis / rêgêd blêthok blêdug //

samangsane wis wayah anggiring / ana swara thor-thor / dadi tôndha ngundangi kabèhe / iya iku wong kang angon sapi / nuli anggiringi / barêngan gumrudug //

sapi-sapi kang padha digiring / padha ngrêti pakon / yèn wis wayah kaya mulih dhewe / nuli mlêbu kandhang dipacêli / nutug ing sawêngi / manggon kandhang brukut //

tumrap sapi kang nak-anak cilik / ora beda kêlon / sêdhèt-pêdhètpêdhèt-pêdhèt. disandhing cêdhake / ora kêndhat pijêr didilati / kaya ngisik-isik / nglela-lela ledhung //

kaya ngono tinêmuning sapi / anggone angêmong / bangêt ngeman mênyang ing anake / saya manèh tumrape wong mêsthi / saya angluwihi / gone ngênul-ênul //

kang mangkono padhaa ngèlingi / bocah-bocah anom / wong tuwamu bangêt pangemane / salawase mung agawe bêcik / yèn kosumurupi / bêcik kang tinêmu //

Ambêg Wêlas Asih

Bocah ambêk wêlasan kuwi, kajaba saka dhasar, bisa uga jalaran saka kulina nindakake. Kosokbaline bocah ambêk siya, jalarane uga mangkono.

Ana bocah ambêk wêlasan, jênênge Diman. Kagawa saka wêwatêkane sing kaya ngono mau, yèn ana apa bae sing sipat nyawa, sabên ketok kasangsaran, iya banjur ditulungi, kaya ta wêruh kinjêng kêcêmplung banyu, banjur diêntasake.

Sawiji dina, Diman nuju dolan, wêruh ana bocah rubung karo padha rame alok-alok, sing diêlokake mau manuk gêlathik gumandhul ana ngêpanging uwit, isih katutan bolah ing gulune. Diman ngrêti yèn manuk mau ucul saka pangundhan sabolahe, banjur têmangsang ana ngêpang.

Diman pitakon: manuk kuwi padha arêp kokapakake: ta. Aja kosawati, yèn kêna rak mati.

Ana bocah sing mangsuli, kowe prêduli apa: ta, wong sing duwe wis olèh.

--- 177 ---

Diman: Apa kowe ora wêlas, manuk gulune wis kêjirêt ngono, isih kosawati. Apa kiramu manuk kuwi ora ngrasakake lara, saya yèn kêna kosawat, bisa dadi patine.

Bocah: Wong manuk bae kowêlasi, mati bok ya bèn.

Diman: Ora, sing duwe sapa: ta, aku arêp takon.

Ana bocah nyauri: aku, ana apa ta. Wong niyat wis tak wèhke sapa sing bisa anjupuk. Manuk mau wiwite tak undha, banjur mrucut katut sabolahe, têmangsang ana kono. Sukur gumandhul sisan.

Diman: Yèn pancèn dimelikake, bok dipènèk, aja disawati ngono. Wis, tak pèke bae: ya.

Sing duwe: iya sakarêpmu, yèn kowe bisa anjupuk, aku gêlêm nêbus sakêthip.

Diman: Yèn wis padha lila, mêngko tak pènèke.

Diman banjur mènèk wit gêdhe, pamènèke rêkasa, nanging suwe-suwe iya bisa têkan ing dhuwur. Panggonane pancèn rêkasa, bolahe anggubêt pang cilik. Wis dadi watake Diman, yèn gêlêm têtulung, lali mênyang kasamaran, pamènèke nganti têkan ing pang yèn diênciki nganti mêntiyung, akèh sing padha ngêlokake. Suwe-suwe bisa ngranggèh bolah kanthi niyungake pang cilik, glathik banjur kêna diuculi saka jirêtan, digawa mudhun.

Satêkaning ngisor dirubung bocah akèh, ana sing gêlêm arêp anggêntèni, malah sing duwe dhewe banjur ngulungi dhuwit sakêthip, karo anjaluk manuke.

Diman mênêng bae, suwe-suwe calathu: tinimbang aku nampani dhuwit sing bakal anjalari dadi sangsara. Wis ênya padha sawangên.

Sawise muni mangkono, Diman banjur ngêculake glathik: bur. Glathik mabur anggêblas, barêng wis adoh muni thik, thik, thik, kaya awèh panarima mênyang sing nulungi.

Bocah liyane padha andomblong. Nanging padha ngrêti mênyang ambêge wêlasan Si Diman.

Gêmi Dadi

Pak Suta duwe anak lanang, umur pitung taun, jênênge Sutiya, wis disêkolahake, kêgolong bocah pintêr, isih cilik wis bisa ngetung têkan atusan.

Sanadyan wong desa, Pak Suta kuwi bisa mulang bocah, dene pamulange, anake diajari gêmi. Sabên esuk, Sutiya sadurunge mangkat, dikon sarapan dhisik. Sawiji dina bapakne kôndha mangkene: yèn esuk sarapana dhisik: ta, wêtênge dadi ora pêrih, lan ora anggrangsang, mundhak kapengin apa-apa. Karo manèh jajanan kuwi sok anglarani wêtêng. Kowe [Ko...]

--- 178 ---

[...we] aja sok jajan: lo.

Sutiya: kula botên jajan kok, Pak.

Bapakne: Na iya, yèn duwe dhuwit dicèlèngi. Ênya, sabên esuk kowe tak balônja rong sèn, nanging cèlèngana.

Sutiya: Inggih Pak.

Sutiya sawise nampani dhuwit rong sèn saka bapakne, banjur mangkat, nanging mampir ngomah dhisik, kêtêmu êmbokne, sawise katêmu êmbokne, sutiya ngacungake dhuwit rong sèn karo muni: bok, kula titip arta kalih sèn, sampeyan simpêni.

Êmbokne: Iya, iya, kene tak simpênane.

Sutiya sawise mangkat, bok Suta kêtêmu sing lanang takon mangkene: pakne, kathik anakmu kosangoni dhuwit barang.

Sing lanang: Bèn, ta, tak kon nyèlèngi kok.

Êmbokne: Ênya ta, dhuwite cèlèngana, mau diwèhake aku. Pak suta banjur nampani dhuwit rong sèn, dikanthongi.

Esuke nalika Sutiya arêp mangkat sêkolah kêtêmu bapakne, anjaluk balônja, diulungi dhuwit rong sèn, iya dhuwit dhèk wingi kae. Sutiya sawise nampani dhuwit, iya banjur dititipake êmbokne, êmbokne masrahake mênyang sing lanang, esuke disangokake Sutiya manèh. Salawase mung ubêngan mangkono bae.

Sawiji dina, Sutiya kêtêmu êmbokne, kôndha mangkene: êmbok, arta kula yèn êmpun ngalêmpak, ajêng kula tumbasake jas, kangge benjing inggah-inggahan, saniki petang kula êmpun angsal kalih rupiyah, yèn kalih dintên niki, dados ontên kalih rupiyah kalih sèn. Êngga niki sing kalih sèn.

Saungkure Sutiya, bok Suta kêtêmu sing lanang ngulungake dhuwit rong sèn karo takon: dhuwite anakmu wis ana pira pakne.

Sing lanang: Dhuwit apa.

Sing wedok: Ya dhuwit sing tak titipake sabên dina kae.

Sing lanang: Wa, aku ora eling, salawase ya mung tak liyêrake bae, sing tak sangokake lan sing tak tampani saka kowe, dhuwite iya dhuwit iki bae.

Sing wedok: Aja sêmbrana kowe, anakmu kôndha, dhuwite jare wis rong rupiyah, arêp ditukokake jas. Wujudna: lo. Aja gawe gêlaning bocah.

Pak Suta bangêt bungahe, anake bisa dadi gêmi têmênan. Barêng wis cêdhak unggah-unggahan, Pak Suta mujudake dhuwit sèn, miturut cacah pangetunge Sutiya, barêng dietung ana saringgit luwih. Sutiya dituduhi bungah bangêt, kalakon bisa tuku jas kaya sing dikapengini. Barêng unggah-unggahan diênggo, akèh kancane sing padha ngruruhi. Sutiya kôndha yèn dhuwit sing dianggo tuku asli saka anggone nyèlèngi.

--- [0] ---

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]

--- [0] ---

Ôngka 56, 28 Sapar Taun Je 1862, 15 Juli 1931, Taun VI

Kajawèn

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]

--- [865] ---

Ôngka 56, 28 Sapar Je 1862, 15 Juli 1931, Taun VI

Kajawèn

Kawêdalakên sabên dintên Rêbo lan Sabtu

Rêgining sêrat kabar punika ing dalêm tigang wulan ... f 1.50, bayaranipun kasuwun rumiyin, botên kenging langganan kirang saking 3 wulan.

Juru ngarang - administrasi Bale Pustaka, ing sawingkinging kantor palis, tilpun nomêr 2791 - Bêtawi Sèntrêm.

Sumatrah Kidul

[Grafik]

Ing nginggil punika gambaripun rêdi Siminung. Ing sacêlakipun ngriku ing pinggir wontên têlaganipun ingkang toyanipun bêning.

--- 866 ---

Rêmbagipun Garèng lan Petruk

Bab Wanita Nyambutdamêl

(Sambêtipun Kajawèn nomêr 55)

Garèng: Truk, Truk, omonganamu, yèn wong golèk pagawean luwih gampang olèhe nèk sugih sobatan katimbang yèn ora duwe sobat babarpisan, lo, kiyi rak cocog, ta, karo katêranganaku dhèk biyèn, yaiku wong urip kudu bisa ngêpenaki liyan, amrih akèh sêsobatane. Saiki ambanjurake rêmbuge ing bab panggone polêksrad atur pamrayoga mênyang pamarentah, supaya nglarangi lanang wadon karo-karone padha nyambut gawe ana ing guprêmèn, cêkake: nglarangi nyambut gawa para wanita sing wis omah-omah. Dhèk anu aku wis ngomong yèn ana pranatan kaya mêngkono kuwi aku cocog bangêt. Malah yèn pranatane mau luwih dijêmbarake manèh, aku iya saya luwih mupakat, upamane bae: kabèh wong wadon dilarangi nyambut gawe nyang guprêmèn.

[Grafik]

Petruk: Hut, hut, kathik lancang pangucapira. Apa karêpmu, supaya wong-wong bangsamu dhewe kiyi bali kaya nalikane jaman Majapait kae, yaiku: wong wadon mung dikon wêdhak pupur, lan ngenggar-enggar panggalihe si kakung bae. Nèk saiki jamane istri sêdhar, iya jamane para wanita wis padha maju-maju mêngkene, iya wis padha ora sondèl, nèk arêp disawiyah-sawiyah mêngkono. Tumrape jaman saiki, Kang Garèng, ati-atinên wêtuning têmbungmu, yèn kowe ngrêmbug kaanane para wanita, mêngko kowe rak kalakon sinawat ing susur-e, nas, nganti lali aku, ing jaman kamajuan kiyi para wanita mêsthine rak wis ora padha anggantèn, mulane iya kudu tak salini omonganaku. Ati-ati, Kang Garèng, nèk kowe agawe dukaning para wanita, mêngko rak bisa kalakon têmênan sinawat ing ... têgêsan.

Garèng: Tur apês balêbês, iya têgêsan rokok, klismah. Ora, Truk, anggonku mrayogakake saupama para wanita kabèh dilarangi nyambut gawe, kuwi nèk rumasaku ora ngêmungake bisa nyuda cacahing wong sing ora duwe pagawèn, nanging uga nyuda rêgêjêgan ing omah. Lire mangkene: mungguhing panêmuku wong wadon dilairake ana ing donya, kuwi

--- 867 ---

ora prêlu kudu golèk pangan dhewe, nanging kudu dadi timbangane wong lanang. Saikine barêng wong wadon padha maju-maju, banjur akèh sing ora miturut kodrate, yaiku dadi timbangane wong lanang, nanging malah banjur dadi kongkurène alias ngêjori nyang wong lanang, têgêse: nèk ana lowongan pagawean, upamane bae pagawean: klèrêk, juru tulis, lan sapêpadhane, lo, kuwi sing nglamar ora mung bangsane priya thok, nanging para wanita iya akèh. Nèk sing dadi panggêdhe bangsane priyayi sing dhêmên nyang wicara luwês, utawa têmbung manis, kuwi kêna tak têmtokake, yèn para panglamar priya mêsthi bakal ... ciyaklat, jalaran mêsthi mulih nglênthung têmênan. Hara, saupama wong wadon dilarangi nyambut gawe, lowongan pagawean mau rak mêsthi kêcandhak ing priya. Saiki bab rêgêjêgan ing ngomah, aku ora prêlu nyaritakake kana-kana, tak nyaritakake awakku dhewe kiyi. Kowe rak wêruh dhewe, ta, nèk bakyumu anyar kuwi wêton H.I.S. tur biyèn wis tau dadi astèn, klèrêk kantor pos. Lo, kuwi ora kêna kacênthok sathithik, iya banjur andadak bêgita-bêgitu bae. Kaya ta saupama tak unèni mangkene: jêng, jêng, yak, gudhêge kurang santên, jangane rada sayub, sambêl gorènge anyêb bae, sambêle kurang trasi ... lo, kuwi durung nganti tutug omongku, iya banjur andadak cênthe-cênthe rame kae: ora susah maido, nèk ora kanggo aku, bokya dipêgat bae, tak bali dadi klèrêk manèh, hik, hik, hik iya kaya ngene kiyi rasane ngèngèr wong lanang. Jarene isih jaka, jêbulane anake wis karo têngah losin, hik, hik, hik, hêk, hêk, hêk. Hara, Truk, saupama wong wadon dilarangi nyambut gawe, mêsthine iya ora mêngkono wangsulane, kiraku malah banjur mangsuli ngasih-asih mangkene: Inggih kakang mas, kula sampun lêpat nyuwun pangapuntên, benjing mawon kula ocal-ocalakên ingkang ècu punika.

Petruk: Kang Garèng, aku kok ora mupakat nyang omonganamu kiyi. Nèk wong wadon sing wis omah-omah banjur dilarangi nyambut gawe, kuwi aku iya pancèn cocog, jalaran ing ngomah pagaweane rak wis cukup. Nanging nèk wong wadon umume dilarangi nyambut gawe, kuwi aku kok ora bisa akur. Awit saiki kiyi pagawean kuwi warna-warna bangêt, ana sing mathuke mung kanggo wong lanang bae, kaya ta: suradhadhu, matrus, lan sapadhane, ana sing kanggo wong lanang iya mathuk, kanggo wong wadon iya apik, kaya ta: klèrêk, jaga tilpun, lan sapiturute, nanging uga ana pagawean-pagawean sing mung mathuk kanggo bôngsa wanita bae, kaya ta: dhukun bayi (vroedvrouw) guru sêkolah probêl, lan liya-liyane. Dene saikine para wanita banjur padha nêrak pagawean-pagawean sing dudu mêsthine, kuwi kagawa jalaran saka jamane. Mungguh katêranganamu ing bab wuwuhing rêgêjêgan ing sajêroning ngomah, nèk mungguh panêmuku kaliru bangêt. Awit ing kono kowe sajak nacad mênyang para wanita sing padha olèh pangajaran, kok dakwa, yèn padha

--- 868 ---

ngêdir-êdirake kapintêrane, lan ngêdir-êdirake anggone bisa golèk pangan dhewe. Wanita sing duwe lageyan sing kaya kok kandhakake mau, sing sathithik-sathithik mutung utawa nêpsu, kuwi dudu aran wanita sing utama lan wanita sing olèh pangajaran, nanging wanita sing ambrêkunung. Yèn pancèn wanita kênthingan, dhasar olèh pangajaran, mêsthi ora duwe watak sing mokal-mokal utawa ganas, sing akèh mêsthi tansah angèlingi marang kasusilan lan kaluhuraning kawanitane, yaiku sajrone ajêjodhoan, anggone angladèni priya mêsthi wis diarah murih slamêting sakaro-karone. Dadi iya mêsthi bisa ngrêksa marang priya, bisa nuju prana, bisa anggêdhèkake pikiring priya, bisa amêmulih rêngating driya, cêkake bisa ngrangkani utawa ngladèni priya. Iya wanita sing kaya mangkono kuwi, sing sinêbut sajatining wanita, iya wanita utama. Wêwatêkaning wanita sing luhur mangkono iku, satêmêne wanita sing bisa ngluhurake marang jênênging priya, rewange lara lapa, rewange suka rêna ana ing ngalam donya. Wis, wis, Kang Garèng, rêmbugane padha dilèrèni samene bae, aku sêlak arêp tata-tata anggonku arêp lêlungan nyang Magêlang. Wis, ya Kang Garèng, andum basuki, kowe mujèkna aku murih slamête, lan aku tak mujèkake, supaya slamêta aku.

Kawruh Sawatawis

Bab Pasanggrahan Tawangmangu = Srikaton = Asripurna

Ing Kajawèn ôngka 43 ngêwrat kabar cêkakan, bab pasanggrahan Tawangmangu bawah Mangkunagaran, samangke sampun kapundhut kagêm pasanggrahan saandhap sampeyan dalêm ingkang sinuhun, saha sampun kamulyakakên kados wingi-wingi lajêng kaparingan nama: Asripurna. Ing ngriki kula mêwahi katêrangan cariyos babadipun pasanggrahan wau ugi namung kapêndhêt cêkakanipun ingkang sakintên prêlu kemawon dede dongèng, taksih pèngêtan têrang, lowung kangge wêwahing waosan. Gancaripun sakawit kados ing ngandhap punika:

Pasanggrahan Tawangmangu, punika iyasanipun suwargi Kangjêng Gusti Mangkunagara IV, kirang langkung sapriki sampun jajahan pitungdasanan laminipun, kaparingan nama pasanggrahan Srikaton. Kawuningana, pasanggrahan-pasanggrahan iyasan M.N. IV punika kathah, kirang langkung wontên 25 panggenan, inggih punika manggèn kagungan dalêm siti-siti ing Sêmbuyan, Ônggabayan, Gêduwang, Matesih, Tasikmadu, Calamadu tuwin sanès-sanèsipun, nanging ingkang kawical agêng piyambak sarta pêpak jangkêp pirantosipun, namung kalih panggenan, ôngka 1 ing Karangpandhan, ôngka 2 ing Tawangmangu kasêbut nginggil, dene sanès-sanèsipun namung kapetang limrah sarta botên mirantos pêpak kados ing Karangpandhan tuwin Tawangmangu. Makatên malih, inggih namung kalih panggenan punika ingkang kêrêp kagêm pêpara, rêrêp ngantos dasanan dintên laminipun, asring-asring kagêm [kagê...]

--- 869 ---

[...m] pasamuwan mawi anyêdhahi tamu-tamu para luhur bôngsa Walandi tuwin Jawi. Dene pasanggrahan sanèsipun ingkang alit-alit, namung kagêm ampiran kèndêl sadintên kalih dintên. Pasanggrahan Karangpandhan tuwin Tawangmangu, punika papanipun ing parêdèn langkung inggil, bawera radin, miwah hawanipun sakeca sangêt tumanduk dhatêng angganing manungsa (langkung asrêp), pikantuk sangêt kangge patirahan ngupados hawa sae, inggih dening agêngipun sarta sarwa mirantos wau punika, mila kacariyos wragading iyasa pasanggrahan kalih panggenan wau gunggungipun ngantos têlas atusan èwu. Têtanêman minôngka kangge pêpasrèn, botên ngêmungakên bôngsa sêsêkaran ing patamanan kemawon, nanging tanêman bôngsa wowohan ugi sapêpakipun.

Pasanggrahan Tawangmangu punika botên têbih sangêt kalihan pasanggrahan Karangpandhan, namung lêt watawis 4-5 pal kemawon, sami dumunung sukuning rêdi Lawu têmbing kilèn. Jaman samantên dèrèng wontên têtumpakan warni-warni kados samangke punika, mila bilih têdhak pêpara samôngsa sampun ngancik laladan Karangpandhan, Tawangmangu sapiturutipun, kareta titihan dalêm lajêng botên katarik kapal, santun katarik tiyang (narakarya) bagiyan ngajêng tiyang 40 bagiyan wingking ugi tiyang 40 dipun panganggeni sandhangan sami, pirantos narik, nyurung utawi anggondhèli titihan dening marginipun turut parêdèn minggah mandhap. Wondene para pandhèrèkipun putra santana dalêm punapadene abdi dalêm jalêr èstri, prajurit drahgundêr sapanunggilanipun sami numpak kapal sadaya.

[Grafik]

Grojogan ing Tawangmangu.

Mangsuli cariyos pasanggahan Tawangmangu. Dumugi jumênêng dalêm suwargi Kangjêng Gusti Mangkunagara V mèh akir, kadadak manggih karisakan agêng sarêng sami nunggil sadintên ingkang sangêt botên kanyanan babarpisan, mawi kurban jiwaning manungsa jalêr èstri tiyang sêpuh tuwin lare, rajapêjah rajatatu sawatawis kathah kanthi wutahing rah anggêgirisi, sadaya wau kadadosan sami sakala manggèn wontên salêbêting pasanggrahan agêng ing perangan têngah adamêl ngêrêsing manah.

Dhawahing karisakan wau ing dintên Jumuwah tanggal sapisan wulan Sura, ing taun Jimakir ôngka 1818 ing wanci janm 11 siyang. Ajalaran saking pakartining têtiyang sami kalap punapa kaanjingan setan punika, [puni...]

--- 870 ---

[...ka,] sakawit satunggiling tiyang sampun satêngah oliya, dados paguronipun tiyang kathah sakiwatêngênipun dhusun ngriku, sinêbut Kyai Iman Sampurna. Dintênipun Kêmis enjing Kyai andhawuhi dhatêng sadaya muridipun, supados sami sudhia pirantos kangge sidhêkahan dhatêng pangidhangan ing Tlagapasir, sawetanipun Tawangmangu têbih, kados adat ing sabên taun dhawah dintên Jumuwah wulan Sura. Murid-murid sampun mirantos pêpak, mangke wanci sontên badhe bidhalipun. Ananging wêkdal wau beda sangêt kalihan padatan ingkang sampun. Cacahipun tiyang sêpuh jalêr èstri kalêbêt lare-lare alit, kirang langkung wontên 250 wontên bayinipun satunggal kalih, sadaya nêdya tumut dhatêng Tlagapasir. Barang rajadarbe, rajakaya, pitik iwèn, punapadene sawarnining dêdamêl bôngsa landhêp tuwin antêp, botên wontên ingkang kantun, prasasat namung griya thok ingkang katilar. Dhusun padununganipun Kyai Iman Sampurna suwung, tiyangipun sadaya tumut. Ing wanci ngajêngakên sêraping surya bidhal sêsarêngan dalah babêktanipun kêbut.

Kocapa, wontên ing margi Kyai Iman Sampurna kadadak salah kadadèn, lampahipun botên siyos jiyarah dhatêng Tlagapasir, jêbul anuju dhatêng Tawangmangu lajêng ngêbroki pasanggrahan, murid-muridipun sadaya dalah têtiyang èstri tuwin lare-lare, namung sami anut lampah jantranipun kyai. Têtiyang jagi pasanggrahan bibar lumajêng salangtunjang, tanpa mawi antan-antan lajêng dipun ancup purun dening kyai kalap samurudipun mawi dêdamêl ligan. Enggaling cariyos sanalika ngriku dipun sêbutakên kraman angêbroki pasanggahan. Jam 11 dalu palapuran parentah pulisi saking dhusun sampun dumugi nagari (Mangkunagaran). Jam 3 dalu wau, prajurit drahgundêr Jawi 60 numpak kapal tuwin suldhadhu bèntèng 100 dharatan, kakintunakên dhatêng Tawangmangu. Tuwan residhèn, Kangjêng Gusti Mangkunagara V kanthi para pangagêng sawatawis, sami têdhak anjênêngi, nanging namung kèndêl ing pasanggrahan Karangpandhan. Dumugining ngêndon sarèhning sampun têtela têrang, Kyai Iman Sampurna sabalanipun sumêdya nglawan Kumpêni sikêp dêdamêl warni-warni bôngsa landhêp, dipun ipuk rêmbag sangkaning aris sampun botên marduli. Mila wêkdal Kyai Iman sakancanipun angancap barisan drahgundêr lajêng dipun dhawahi sanjata karbin saking nginggil kapal, nalika kataman punglu sawêg sapisan kaping kalih dèrèng rêbah, jangkêp kaping tiga, Kyai Iman Sampurna rêbah pêjah ngênggèn, kancanipun kalih ugi pêjah kasênjata. Kancanipun pintên-pintên dasa tiyang ngêbyuk sumêdya narajang purun ugi kanthi sikêp dêdamêl, nanging lajêng dipun papagakên suldhadhu Walandi saperangan, kalihan nyanjatani, barisan Kumpêni ngangsêg nyêlak pasanggrahan, nuntên salêbêting pasanggrahan dipun drèl rambah kaping tiga brêng… brêng… brêng, panyanjatanipun mêdal saking kaca-kaca raming jandhela tuwin kori. Gumêrah suwaraning tangis tiyang èstri tuwin lare-lare, kirang langkung wontên sèkêtan tiyang pêjah utawi nandhang tatu, dening ingkang taksih gêsang kapikut kapasrahakên pulisi. Barang rajadarbe, rajakaya sapanunggilanipun angèbêki pasanggrahan. Pasanggrahan kalajêng botên nate kagêm malih.

P.K. 585.

--- 871 ---

Panglipur Manah

Gilir Gumantosing Kaanan

[Dhandhangula]

Kang pinêtha mêmanising tulis / ananira bawana ngamônca / kang bineda tinêmune / janma myang isinipun / kang asipat sato myang pêksi / tanapi têtanêman / miwah liyanipun / lamun tinandhing tan timbang / lan rarasing pra janma liya nagari / sinamia tan padha //

kaananing têtuwuhan bumi / wus andadarbe daya kêkuwatan /Lebih satu suku kata: wus adarbe daya kêkuwatan. kang bineda kaanane / kadi ta kayu-kayu / kang atakat sunaring rawi / kalamun tinanêma / anèng hawa salju / gêsangira kawisesa / têmah layu saking nyata tan kuwawi / kataman dayanira //

pan mangkana ingkang kosokwali / wit kang lêdhung nèng hawa kasrêpan / yèn ta linuru ênggène / curês tan dadi tuwuh / pindhanira kataman agni / tan kawagang nanggulang / kawasaning urup / dadya kalamun tinimbang / ananira têtela akosokwali / datan kêni pinadha //

kadi tarulata hawa atis / kang pinangguh nèng tanah Eropah / nyata lakuning uripe / nut môngsa kang tinêmu / lamun nuju môngsa padhidhing / samôngsa mèh tumiba / gogrog punang taru / arasa suka sasmita / mring sanggyaning titah kang samya dumadi / umèngêta ing môngsa //

wusing katog dènnya anggègrègi / wrêksa-wrêksa araras palastra / datanpa ron sadayane / sanadyan rumput lumut / lir amurwèng kasidan jati / tan ana kang kawawa / nanggulangi salju / wusing prapta mangsanira / samya kèlês kurugan salju kang putih / maratani bawana //

têbanira lêpasing pangèksi / kang kawuryan mung awarna seta / tan ana sêla-sêlane / kongsi naput pandulu / mring paningal lir tan kuwawi / pêksi-pêksi kang saba / wus sirna umabur / ngambara salin pasaban / duk mangkana kang praja araras mati / nyênyêt tanpa sabawa //

jatinira kang mangkana yêkti / ananira tan mawèh sangsaya / wus anut laku lumrahe / tidhêming sarwa kayu / lir nênungtum rasaning urip / sawusing mangsanira / adhêm luluh larut / prabawaning diwangkara / rasa kadi nênangi maring pêpati / kang dangu tanpa daya //

taru-taru tumruna sumêmi / riyu-riyu sagon-gon warata / ngayêmi raras rêsmine / datan dangu sinusul / jumêdhuling sêkar andadi / myang kêmbang pakêbonan / kang sirna kaurug / dupi wus praptaning môngsa / tuwuhira sarêngan ngêgèt-êgèti / warata tanpa kira //

ananira satêbaning bumi / kawaratan sawangan kang endah / kang lagya tuwuh anêmbe / dadya kaananipun / têtuwuhan kalaning mati / datan nyata pralaya / manggya dupi timbul / malah kalangkung têtela / ambabar kang puspita anggônda wangi / sinêbarkên warata //

datan pae punang pêksi-pêksi / ingkang dangu oncat salin saban / sêsarêngan prapta mangke / wangsul marang ing dunung / datan ana kang kliru uwit / kadi wus bêbagean / têtêp tan kaliru / anggolong lan bangsanira / ing wasana têntrêm wangsul angênggoni / lulus tanpa sangsaya //

sanadyan ta kaananing bumi / kang tinêmu nèng nagara panas / anggung lumintu lakune / amung beda ing tanduk / tumibaning môngsa nyakiti / pinangguh nèng katiga / duk mangkana tuhu / sanggyaning kang tarulata / rarasira kadi-kadi [kadi...]

--- 872 ---

[...-kadi]

kataman pagêring /Lebih dua suku kata: rarasira kadi kataman pagêring. pinangguh samya ngarang //

kang tan kuwat samya anggègrègi / jati-jati koncatan ronira / ngarang kari pange bae / katon kadi tinunu / myang papringan barongan ori / aluming rondhonira / araras ngêlayung / kang bêlik sêndhang kasatan / kali-kali tan ana kawawa mili / bantala samya nêla //

[Grafik]

pêksi-pêksi koncatan pambudi / mawurahan ngupaya pasaban / kasêpèn ing kana-kene / aking sanggyaning rumput / pangonaning kang kêbo sapi / têmah tinêmu kêra / wulu arang blawus / kadayan môngsa katiga / kang atêgêl kadi mangarah ing pati / nêdya ngrusak bawana //

dyan sumusul môngsa ngrahayoni / yèku môngsa tumapaking kapat / kang wus rasa angêmu we / tibaning môngsa labuh / sanadyan ta tan mirah warih / nanging wus mawèh daya / nungtum tanêm tuwuh / sanggyaning warna rumambat / wus ngayati tarubusing tôndha urip / titikira katara //

têmu-têmu kang tumanêm siti / duk kataman tumungtuming toya / tangi turubus pupuse / roning kamal kadulu / angalela rasa ngadhêmi / amayangi padesan / yayah anguk-anguk / kawuryan pating parênca / dahat rêsmi dènira rumênggèng bumi / lir pilising padesan //

dumuluring môngsa wuri-wuri / sanggyaning kang sarwa kawisesa / wus umadêg kawasane / rumput kang lêdhung-lêdhung / mung atadhah sarwa kadugi / dèn ambah rajakaya / nadyan dèn rit pugut / tan pisan mawèh rêkasa / talebaning ratri wus apulih malih / tan ngrasa winisesa //

taru-taru ambabar kang sari / sinusuling pêntil tan antara / amyang ngênggoni mangsane / mangkana kang tinêmu / kaanan kang gilir gumanti / jatinira kang beda / mung aliru laku / myang adilirèng wisesa / datan nêdya ngrêrusak ananing bumi / mung pinrih tata arja //

--- 873 ---

Jagading Sato Kewan

Bab Menda Bênggala Sapanunggilanipun

Ing Kajawèn 44 lan 51, nyariyosakên bab menda bênggala. Bab punika kula badhe urun sakêdhik.

Menda bênggala punika, wontên warni-warni bangsanipun, sarta badhe kula têrangakên tanah sarta wangunipun satunggal-tunggalipun, kados ta menda Etawa, Montgomery, Kashmir.

Ing Indhia punika kathah bangsanipun menda, sarta satunggil-tunggilipun beda-beda tanah sarta wangunipun. Samantên ugi lêmbu, maesa, kuldi, menda gèmbèl, tuwin kapalipun.

Ing Mysore (Negapatman) lêmbu tuwin mendanipun sampun beda tanahipun kalihan ing Ongole (Nelvre). Môngka saparesidhenan Bênggala sisih kidul, sangsaya mangalèr ngetan mangalèr ngilèn, sangsaya beda tanahipun. Punapa malih ing parêdèn, Kalka, tuwin Kashmir. Ing Ismail Khan tuwin Daradikhan ugi makatên. Ing Rothak sarta ing Hissar sampun beda sangêt tanahipun, môngka saapdhèling.

Sampun cêtha ing Kajawèn 44 lan 51 gambar-gambaripun turun-turunan menda wau, namung kula badhe nyariyosakên aslinipun.

Menda tuwin lêmbu utawi kewan sanèsipun, tiyang kêdah anyumêrêpi saking pundi aslinipun kewan. Saupami kewan saking panggenan hawa ingkang bêntèr, dipun ingah ing panggenan ingkang asrêp, punika ingkang kathah botên dados. Menda Kashmir lan Montgomery dipun ingah ing panggenan bêntèr, samantên ugi menda Etawa dipun ingah panggenan asrêp inggih botên sagêd sae. Ing Jawi ngriki menda turunan Etawa, ingkang kathah ing pasisir lèr, inggih punika ing Pakalongan, Têgal, tuwin sanèsipun.

Dene menda ingkang wontên Jawi ngriki, ingkang kathah sampun campuran, awis sangêt ingkang tulèn. Namung rumiyin kagunganipun Nyonyah Vodegel ing Nglingi, ingkang kapundhut ing gupêrmèn f 10000, casahipuncacahipun. menda jalêr 4, menda èstri 96, sarta cêmpe kirang langkung 10 iji, punika 90% taksih Etawa tulèn. Ing Pakalongan Têgal, menda-mendanipun sampun turunan marambah-rambah.

Mangsuli tanah sarta wangunipun satunggil-tunggilipun bôngsa, tanahipun menda Bênggala ing sisih kidul punika, kados ing ngandhap punika:

Ulêsipun ingkang kathah abrit, utawi cêmêng, sirahipun kados menda Jawi limrah, kuping alit, sarta wontên ingkang pêrung, inggilipun samenda Jawi ingkang inggil piyambak, singat kados menda Jawi. Badan panjang sarta wêwêg. Ingkang jalêr dipun kêbirèni, kangge sêmbêlehan, kangge ing kapal sarta kangge kabêtahanipun tiyang pribumi, ingkang agama Islam.

Sadhèrèk kula H. Dimulya ing Mêdana, anyariyosakên turun-turun menda Bênggala, kirang pajêng kangge sêmbêlehan, sabab badanipun gèpèng, daging ngyiyit, kirang kiyal, punika kula

--- 874 ---

mathuk. Kewan sêmbêlehan punika, kêdah ngupados ingkang andhap sarta panjang badanipun, kados kasêbut ing nginggil. Daging ngyiyit punika botên sanès saking têdhanipun kadospundi.

Menda Etawa, punika aslinipun saking IniydhaIndhia. ngajêng ing dhistrik Etawa. Ing ngriku menda punika kangge pêrêsan, tiyang ingkang botên gadhah lêmbu utawi maesa Delhi (maesa pêrêsan) punika narimah puhan menda. Tiyang ing Indhia ngajêng punika agêng alit sêpuh anèm sami ngombe puhan, puhan punika ombèn-ombèn padintênan. Utawi malih kangge nulak ngêlak, yèn môngsa bêntèr wulan Juli, Ogustus, lan Sèptèmbêr, bêntèripun Indhia ngajêng ngantos 128° (Farhenheit) utawi langkung, punika tiyangipun angombe puhan, kacampur toya sarta sarêm sakêdhik, punika yêktos, ngêlakipun sagêd suda sangêt. Kula piyambak anglampahi.

Menda Etawa ing Jawi ngriki namung kangge nyaèkakên, sarta namung kangge kasênêngan kemawon, turun-turunipun kirang sae kangge sêmbêlehan.

Tanah sarta wangunipun, menda Etawa kados ing ngandhap punika:

Badhe kasambêtan.

Kula pun H.k.d.

Bab Têtanêman

Mrica

Sambêtipun Kajawèn nomêr 55.

Nyeblakakên bibit wau saangsal-angsal kêdah kaprênahna ing sakilèning wit rambatan, prêlunipun makatên: rèhning nama tanêman enggal, môngka bêntèring srêngenge punika botên ajêg, yèn siyang langkung bêntèr tinimbang ing wanci sontên, lan wêwayanganing wit-witan salaminipun manggèn ing prênah sakilèn tuwin sawetaning wit. Dados tanêman enggal wau yèn wanci enjing dumuginipun siyang manggèn ing prênah wêwayangan, dene yèn sontên kêsorotan srêngenge, nanging sampun suda bêntèripun, lan botên dangu lajêng sêrap, nuntên katututan daya kêkêsing dalu. Mila dipun reka kados makatên wau, pamrihipun supados widada gêsanging tanêman, dados botên nuwuhakên gêlaning manah.

Ing môngsa tracap punika kadhangkala mawi wontên pêthatan, mila yèn tanêmanipun dèrèng nglilir, kêdah dipun sirami. Yèn bêntèripun sangêt, upami ing tanah ngare, pasitèn saprênahing tumancêbipun bibit, punika prêlu kêdah ajêg têlês, rekanipun kêdah sarana dipun dèkèki sigaran gadêbog têlês, ing prênah sakiwa têngêning tanêman, samantên ugi yèn prêlu, bibit kêdah mawi dipun kudhungi. Yèn pratikêl kados makatên wau dipun tindakakên akanthi lêrês-lêrês, sampun tamtu tanêmanipun enggal thukul andandos. Êlung ingkang dèrèng [dè...]

--- 875 ---

[...rèng] sagêd tumemplok, prêlu kêdah dipun pitulungi, inggih punika tinangsulan onggrong-onggrong angsal uwit, supados ros-rosanipun sagêd krakêt dhatêng klika. Mênggah pandhangiripun namung cêkap dipun kêsrik, ngangge pirantos ingkang nama tangkil utawi kêring.

[Grafik]

Cara-caranipun tiyang ngundhuh mrica.

Mênggahing wit-witan ingkang rinambatan mrica, punika sajatosipun botên andadosakên karisakan punapa-punapa, agêngipun sagêd adamêl sudaning woh, punika botên, awit gêsanging mrica beda kalihan gêsanging kêmladhehan.

Sapunika tanêmanipun sampun rumambat, kantun angêntosi benjing punapa sêkar lan awohipun. Mênggah sêkaripun inggih punika manawi wit mrica sampun mêdal caranganipun, dene sêkar wau mèmpêr sêkaring sêdhah, namung kaot mawi palêtuk pêthak, lan printisipun sawatawis groboh, punika botên dangu lajêng dados woh, wujudipun rêrentengan kados woh wuni, yèn taksih nèm ijêm, sêpuhipun abrit. Punika sampun mangsanipun kaundhuh, pangundhuhipun mawi ôndha kapènèk, nanging kajagia sampun ngantos adamêl dhèdhèling wit ingkang tumapêl ing klikaning kajêng rambatan.

Pangundhuhing woh wau kapêthik dalah gagangipun, winadhahan ing sênik kabêkta mantuk, sadumugining griya dipun pêthili, ingkang sêpuh kapilah-pilahakên kalihan ingkang taksih ênèm. Ingkang sêpuh lajêng kagodhog ngantos nyunyut kulitipun jawi, lajêng kailês ing lèpèn, sasampuning rêsik, garingipun lajêng dados pêthak, kados ingkang pinanggih wontên ing nglêbêt bothekan kasêbut nginggil. Wondene mrica ingkang taksih ênèm wau botên susah kagodhog, namung cêkap dipun êlèr wontên ing papan bêntèr ngantos dados garing, garingipun awarni cêmêng akisut, inggih kados ingkang pinanggih wontên ing crakèn punika, gampilanipun têtiyang mastani mrica cêmêng, nanging sajatosipun punika mrica limrah ingkang nomêr kalih.

Wasana karangan punika, mugi-mugi dados sarana panggugahing manahipun para sadhèrèk dhusun, lan malih yèn pancèn kathah pananêmipun, sampun têmtu badhe pikantuk kauntungan kathah, rimatanipun botên ngrêkaos.

Nirrasa, Tumpang - Malang.

--- 876 ---

Palapuran Bathik

Kabudidayan Bathik ing Banyumas

III.

Jalaran para amtênar, ingkang kajibah anamtokakên pambayaripun pajêg, punika panaksiripun miturut cacahing pêngobèng, ingkang nyambut damêl wontên ing ngriku. Saya sakêdhik cacahing pêngobèng, saya suda pajêgipun. Dados ngadani padamêlan bathik ingkang lumantar anèmêr, punika tumrap juraganing kabudidayan bathik, langkung kathah bathinipun katimbang tunanipun. Kosokwangsulipun ingkang dados anèmêr, punika manawi kirang pangatos-atosipun, inggih sagêd angsal kapitunan agêng sayêktos. Awit sadaya-sadayanipun kêdah dipun tandangi piyambak, ingkang pancènipun dados bêbahanipun juraganing kabudidayan, samangke dados kuwajibanipun anèmêr wau. Tingalipun anèmêr bathik punika sajakipun inggih kados tiyang ingkang nyambut damêl mardika, nanging sajatosipun malah dados rencanging kabudidayan ingkang ngrêkaos.

Ing nginggil sampun kacariyosakên, bilih padamêlanipun anèmêr, sanadyan ing sêmu katingal sajak mêrdika, nanging sajatosipun malah satunggiling rencang ingkang ngrêkaos, langkung malih mênggahing têtiyang ingkang sami nyambut damêl wontên ing kabudidayan bathik ngriku, punika saya ngrêkaos malih. Murih têrangipun, ing ngriki kados prêlu nyariyosakên sakêdhik mênggah:

Kawontênanipun tiyang-tiyang nyambut damêl.

Têtiyang ingkang sami nyambut damêl wontên ing kabudidayan bathik, punika kenging kabagi dados tigang golongan, inggih punika: pêngobèng, tukang cap, tuwin kuli limrah. Mênggah pêngobèng punika ingkang kathah tiyang èstri, sanadyan kadhangkala inggih sok kêsêsêlan tiyang jalêr. Dene pêngobèng-pêngobèng wau, ingkang kathah sami manggèn wontên ing pakawisanipun kabudidayan ngriku. Punapa malih pêngobèng ingkang pintêr, punika dipun jagi sangêt sasagêd-sagêd sampun ngantos mêdal.

Ing jaman rumiyin tiyang èstri ingkang purun tumut nyambut damêl wontên ing kabudidayan bathik bôngsa Tionghwa, punika dipun anggêp tiyang èstri asor. Nanging ing samangke sampun kawastanan limrah.

Para maos têmtunipun lajêng wontên ingkang pitakèn, têka èstri ngantos botên ajrih dhatêng wirang, punapa tumrapipun têtiyang wau ing kabudidayan-kabudidayan ngriku sagêd anyêkapi mênggahing:

Epahanipun.

Têtiyang ingkang sami nyambut damêl wontên ing kabudidayan bathik, punika pambayaranipun miturut lamining panyambutdamêlipun, utawi miturut cacahing barang ingkang karampungakên, dados wontên ingkang dipun bayar dintênan, wulanan, utawi taunan, nanging ugi wontên ingkang kabayar sarampungipun sasawit utawi saslendhang.

Ingkang kabayar dintênan punika namung kuli limrah, dene ingkang kabayar wulanan utawi taunan, punika kuli lan pêngobèng ingkang sami manggèn wontên ing ngriku pisan, kajawi angsal bayaran, têtiyang wau ugi angsal têdha tuwin papan patilêman. Nanging miturut panitipriksa, pambayaranipun kuli dintênan punika langkung kathah katimbang tiyang-tiyang ingkang kabayar wulanan utawi taunan wau.

Mênggah kathahing epahanipun têtiyang ingkang sami nyambut damêl wontên ing kabudidayan bathik, punika cêkak aos kenging dipun cariyosakên, bilih botên cêkap manawi kajagèkakên kangge nêmpur, ngêmungakên kangge tumbas lawuhipun kemawon, dene ingkang kajibah ngawontênakên uwos inggih ingkang jalêr, samantên punika manawi ingkang jalêr gadhah sabin.

Ing nginggil sampun kacariyosakên, bilih epahanipun para pêngobèng punika ngêmungakên kenging kangge tumbas lawuhanipun kemawon, môngga samangke sami niti kathahing

Epahan ingkang salêrês-lêrêsipun.

Anggènipun ngupados katêrangan murih sagêdipun nyumêrêpi mênggah kathahing epahanipun para pêngobèng lan punggawa sanès-sanèsipun, punika pancèn inggih angèl sayêktos, jalaran ing kabudidayan bathik punika sami botên wontên buku-bukunipun ingkang kangge nyênyathêti wêdal lêbêting arta, amila paniti priksanipun wau ngêmungakên saking katêranganing tiyang kemawon. Dene cara-caranipun ngupados katêrangan punika makatên:

Kados ta pêngobèng, punika pasrahan padamêlan, ingkang bayaranipun sampun katêmtokakên kathahipun, sarta pambayaripun manawi padamêlanipun wau sampun rampung. Angsal-angsalaning panitipriksa, pêngobèng punika radin-radinipun angsal opahan ing dalêm sadintênipun 15 sèn. Miturut katrangan sanès, epahaning pêngobèng punika radin-radin sadintênipun namung 15 sèn, punika inggih lêrês, manawi angèngêti, bilih angsal-angsalanipun ingkang sabagian punika minôngka kangge nyauri sambutanipun dhatêng majikan utawi juraganipun.

Têtiyang èstri ingkang sagêd angsal opahan langkung saking 15 sèn sadintênipun, punika para pêngobèng ingkang pancèn pintêr-pintêr, tuwin ingkang kêrêp kemawon anglêmbur ing wanci dalu.

Dene bayaranipun kuli, punika ing sadintênipun antawisipun 25 kalihan 35 sèn, inggih wontên kuli ingkang bayaranipun namung 15 dumuginipun 20 sèn, nanging punika taksih nama anthèk. Dene bayaranipun tukang cap, punika sok sagêd 50 ngantos 75 sèn. Untungipun, dene sadaya wau sagêd sami angsal têdha tuwin wedang kopi kanthi lêlahanan. (Badhe kasambêtan)

--- 877 ---

Bab Kasusastran Jawi

Bab Ewahipun Têmbung utawi Basa Awit Badhe Anuruti Jaman.

Kala Rêbo kapêngkêr kula ngaturakên mupakat kula dhatêng panganggenipun têmbung: tuwan, kangge anyantuni têmbung sadhèrèk, awit kula aturakên têmbung tuwan, wau botên wontên raosipun dêksura, tumrap ingkang ngangge raos èwêt inggih botên wontên, makatên ugi tumrap ingkang kataman, sanajan kulinanipun dipun sêbut dèn, dèn bèi, sapiturutipun, inggih botên wontên punapa-punapanipun. Môngka manawi dipun manah icaling èwêt-pakèwêt punika namung nyakecakakên saha anggampilakên anggènipun sami sêsrawungan. Mila ing batos kula namung tansah angalêm dhatêng ingkang kagungan pamanggih sakawit. Awit wontênipun ingkang sampun-sampun, prakawis undang-undang utawi anyênyêbuti tiyang punika pancèn prakawis ingkang èwêd, asring andadosakên sêling sêrêping panampi, utawi anjalari tuwuhipun raos botên sakeca, punapa malih tumrapipun priyantun putri. Para priyantun putri Jawi ing tanah Jawi Têngah ingkang sampun nate angadani pakêmpalan, têmtu sampun sami angalami, èwêtipun badhe amratelakakên sasêbutan, ing dalêm batos têmtu tansah rêgêjêgan piyambakan, punapa dèn ngantèn, punapa dèn ayu. Rampungipun rêgêjêgan piyambakan, lajêng gêntos rêgêjêgan kalihan tiyang sanès, awit dipun cacad kalintu anggènipun anênêngêri. Wong pancèn dudu anu, kok disêbut anu, padha-padha ngundang anu, rak athuk si anu kae, wong anune isih anu, balik si anu kuwi rak mung anu bae, sapiturutipun. Raosan ingkang kados makatên, punika manawi dipun opèni, saking kathahipun, utawi saking anggènipun tansah wontên, sagêd anjalari tuwuhipun raos botên sakeca, apês-apêsipun botên angangsalakên tiyang nyambut damêl, mila inggih lêrês asring wontên ingkang nekad ngangge sêsêbutan nyonyah. Sêsêbutan wau minôngka têtimbanganipun sêsêbutan tuwan, praos kula sampun mungguh sangêt. Raosipun tumrap priyantun Jawi masthinipun taksih kirang, kawon kalihan sêsêbutan ingkang dêlês, ananging manawi angèngêti sêmbulihipun, inggih punika sagêd angicalakên èwêt-pakèwêt sapintên-pintên, tumrapipun bôngsa Jawi kados botên kenging kawastanan rugi.

Basa Jawi punika sampun misuwur angsal sasêbutan angèl, criyosipun ingkang sumêrêp, langkung angèl manawi dipun tandhing kalihan basa Indhia sanèsipun, angèlipun punika kajawi dumunung wontên ing tatakrama, inggih dumunung wontên ing basanipun piyambak, kathah têmbung-têmbung Jawi ingkang dèrèng kasumêrêpan gumathok, mênggahing panganggenipun, trapipun utawi mapanipun katrangan wontên ing ukara inggih dèrèng wontên pathokanipun. MalaMalah. inggih botên anggumunakên, sok wontên ingkang lajêng amutungi, lajêng ngangge basa Mlayu utawi basa Walandi, inggih saking angèlipun punika wau. Sarèhning dipun putungi punika tumrapipun basa botên prayogi sangêt, awit lajêng suda kanggenipun, suda ajêngipun, sarta cêpak unduripun, mila para ingkang sami kawogan, masthinipun inggih sami rumaos wajib ambudidaya murih sampun utawi sampun kalajêng-lajêng dipun putungi, sarana dipun angkah sudanipun utawi icalipun samukawis ingkang tumrap ing jaman sapunika sami kawastanan angèl, liripun angèl utawi rèwèl katindakakên.

Anggèn kula matur bilih basa Jawi wontên ingkang mutungi punika bokmanawi manawi priyantun Jawi Têngah, kirang pitajêngipun, ananging tumrapipun priyantun Jawi ingkang sami wontên ing tanah Batawi upaminipun, prakawis wau sampun botên prêlu kula turakên, sampun sami anyipati piyambak.

Wondene pambudi murih icaling angèl wau, saking pamanggih kula kajawi ambudi cêthanipun pun paramasastra, paramasastranipun basa Jawi jaman sapunika, inggih kasambi amanggalih têmbung-têmbung utawi prakawis sanèsipun ingkang gêgandhengan kalihan têmbung, upaminipun têmbung tuwan, ingkang kula aturakên ing ngajêng.

Wontên malih prakawis ingkang gêgayutan kalihan basa, ingkang ugi kêdah kaudi murih gampilipun, inggih punika tatêngêr ingkang kaangge nyêrati basa. Wontênipun ing jaman samangke, sadyansanadyan. tumrap tiyang Jawi piyambak pisan, tatêngêring basa punika inggih wontên kêmarunipun, sarta kêmaru wau inggih badhe dados paran plajênganipun tiyang kathah manawi ingkang dipun kêmaru tansah angangkrik-angkrik, botên niyat anuruti dêrêngipun ingkang ngêmaru, alias botên anuruti jaman.

Dados ing bab tatêngêr, sanajan lêbêt cêthèking suraos, utawi agêng aliting pêrlu wontên bedanipun, kawontênanipun sami kemawon kalihan ingkang dipun têngêri. Mila saking pamanggih kula, samukawis tindak ingkang niyatipun badhe anggêgêgi kawontênan kina, ingkang tumrap jaman samangke sampun botên tumindak, punika ingatasipun basa, sanajan kawontênan wau tuwuhipun saking raos ingkang lêbêt utawi inggil pisan, talèncèngipun malah sok sagêd amêjahi dhatêng basa, awit lajêng dipun puriki utawi dipun putungi dhatêng ingkang pancènipun kêdah sami ngangge.

--- 878 ---

Pêthikan saking Sêrat-sêrat Kabar Sanès

Indhonesiah.

Kasusahanipun para tiyang minggah kaji.

Wontên sêrat sêbaran saking sèkrêtaris gupêrmèn dhatêng para pangagêng nagari, ingkang suraosipun aparing sumêrêp, ing bab panuwunan ingkang katur parentah supados parentah paring pitulungan arta dhatêng têtiyang Indhonesiah ingkang wontên ing Mêkah. Bab punika atas saking dhawuh dalêm Kangjêng Tuwan Ingkang Wicaksana, supados para pangagêng nagari andhawuhakên dhatêng para rakyat lumantar pangagêng tiyang siti, tuwin mangrêtosakên, bilih rêrêgèning barang-barang tuwin beya wontên ing Hejas, botên suda, dados para tiyang ingkang badhe dhatêng Mêkah sami mangrêtos, makatên malih para kulawarga ing Indhonesiah botên sagêd nyêmbadani kintun arta dhatêng Mêkah malih, jalaran ing wêkdal punika nagari ngriki sawêg kêkirangan arta, tôndha yêktinipun, ing taun punika wontên tiyang 1500 ingkang mukim wontên ing Mêkah badhe wangsul. Ing bab arta pitulungan parentah tumrap dhatêng para têtiyang minggah kaji ingkang kasangsara wontên ing tanah Arab, kawrat sêrat sêbaran kaping 16 Mèi 911 No. 1172 (Bebladipun Sêtatsêblad No 7469), dumugi sapunika taksih tumindak.

Pamulangan calon guru ing Malang.

Ing Malang mêntas wontên bikakan pamulangan H.I.K. tuwin H.C.K. ingkiingkang. ngrawuhi kathah, tuwan residhèn sakalihan asistèn residhèn, ingkang bupati, insêpèktur-insêpèktur pangajaran, tuwin para pandhita. Tuwan J.M.S. Baljon ingkang minôngka pangarsaning komisi amêdhar sabda, dipun tampi ing tuwan residhèn kanthi magyakakên pambagya. Bikaking pamulangan wau wontên murid 130.

Prangko amal.

Pakaryan pos ngêdalakên prangko ngamal kangge prêluning Witte Kruis Kolonie ing Salatiga, kintên-kintên badhe tumindak wontên ing wulan Dhesèmbêr ngajêng punika. Prangko wau wontên warni sakawan, rêgi 2 sèn, 5 sèn, 12½ sèn tuwin 15 sèn. Nanging sarèhning badhe kangge amal, badhe kaindhakakên. Prangkonipun sapunika sawêg dipun êcapakên.

Gajah ngrêrisak.

Ing bawah Langsah, Sumatra, wontên gajah kathah sami ngrêrisak, ambêdholi cikal-cikal kalapa ngantos 2000 uwit. Ingkang wajib lajêng nindakakên rekadaya nanggulangi.

Arta krêtas nyaringgit palsu.

Kantor pos ing Medhan mêntas nampèni arta krêtas ringgitan palsu saking bôngsa Tionghwa, gunggungipun wontên f 500.- Arta wau badhe kakintunakên dhatêng tiyang sanès, saking pakèning lurahipun. Kajawi punika wontên malih tiyang siti nampèkakên arta krêtas ringgitan palsu, asli angsal saking kantor panggenanipun nyambut damêl. Pulisi sampun ambêskup arta wau saha nindakakên papriksan.

Indhonesiah badhe kêlêban bir.

Kawartosakên, pirmah Geo Wehry tumbas pasitèn ing pulo Brayan, jêmbaripun 21.000 mètêr pasagi, badhe ngêngêgakênngêdêgakên. pabrik bir, kintên-kintên badhe dipun adani wontên ing wêkasanipun taun punika. Punggawanipun badhe mêndhêti saking Medhan kemawon, kajawi tukang-tukangipun damêl bir, badhe mêndhêt saking pabrik bir Beck ing Bremen.

Mêngsahipun bir.

Pakêmpalan panyêgah maminum lan madat, ingkang nama Internationale Orde van de Goede Tempelieren, angêdalanangêdalakên. sêrat sêbaran ing bab awoning dayanipun bir. Bab punika nyata dados pananggulanging bir ingkang badhe wutah wontên ing Indhonesiah. Namung kantun angyêktosi, dayanipun mênang pundi.

Nyêgah arta palsu.

Tuwan K.H. Broekhoff up insêpèktur pulisi ngrangkêp komisaris pulisi ing Amsêtêrdham, kapiji dening parentah bidhal dhatêng Indhonesiah salêbêtipun tigang wulan, prêlu suka panimbang ing bab nyirnakakên pandamêling arta palsu, tuwin ing bab sanès-sanèsipun ingkang gêgayutan.

Abdurrahman sêtihting ing Mèstêr Kornèlês.

Tuwan Khouw Keng Tjiong warga rad kabupatèn Mèstêr Kornèlês, nêdha kèndêl anggènipun dados warga. Ing bab kèndêlipun wau, amangsulakên arta waragad lampah, waragad pamondhokan punapadene arta pituwas parêpatan, wiwit dados warga dumugi kèndêl. Anggèning mangsulakên arta wau supados katanjakakên kangge darma tumrap têtiyang ing Mèstêr Kornèlês, inggih punika kangge nyadhiyani waragad lare-lare ingkang tamat saking pamulangan ôngka II, anaking tiyang kêkirangan ingkang badhe nglajêngakên sinau, tumrap lare jalêr dhatêng pamulangan kriya tuwin tani, tumrap èstri sinau juru ngupakara tiyang sakit, dhukun bayi tuwin guru. Arta wau kawêwahan, gunggungipun wontên f 1000.-, kapasrahakên dhatêng ingkang bupati ing Mèstêr Kornèlês. Bêbadaning kadarman wau kanamakakên Abdoerachman Stichting.

Lotre Don Bosco badhe kabikak.

Lotre agêng Don Bosco sampun têlas kasade. Kawartosakên badhe kabikak tumuntên.

--- 879 ---

Rêmbag bab badhe pindhahipun dhepartêmèn-dhepartêmèn dhatêng Bandhung.

Ing pêrslah rad kawula apdhèling VII ing rantaman taun 1931, pitakèn dhatêng dhepartêmèn yêyasan praja, kadospundi pikantuking papriksan ing bab badhe pindhahipun dhepartêmèn-dhepartêmèn dhatêng Bandhung. Saperanganing para warganipun amratelakakên, anyondhongi badhe pindhahan wau, nanging sagêdipun kalampahan ing benjing samôngsa kawontênaning praja sampun pulih kados wingi uni, lan malih manawi botên adamêl kapitunanipun nagari. Wontên saperanganing warga malih botên anyondhongi.

Badhe kawontênanipun têtingalan ing Pasar Gambir.

Benjing Pasar Gambir ing taun punika, badhe mitongtonakên sawangan ing sadhasaring sagantên, tuwin jalaran saking migunakakên pirantos kaca, tiyang ingkang ngambah ing ngriku rumaos kados ngambah sadhasaring sagantên yêktos.

Ngayomi sato kewan.

Ing salêbêtipun wulan Juni kapêngkêr, pakêmpalan angayomi sato kewan, nyêrêg prakawis cacah 62 bab, ingkang 34 bab sêrêgan prakawis nindakakên ing damêl kewan nandhang tatu, ingkang 28 bab, prakawis sanès, kados ta ngêmoti bêbêktan langkung saking mêsthi, dados ing dalêm sadintên racak-racakipun nyêrêg 2 prakawis. Kala ing taun 1930, racak-racakipun ing sabên dintên nyêrêg 4 prakawis. Dados bab wontêning sato kewan ingkang kasiksa suda sapalih.

Ngêlar wêkdal.

Rancangan ing bab rampunging palapuran pangetang cacah jiwa ingkang kakintên rampung wontên ing taun 1934, kintên-kintên botên nocogi. Dados waragadipun inggih badhe langkung f 2.300.000.-, kados rancangan sakawit.

Paramparaning para sêtudhèn.

Parentah anggalih prêlu ngawontênakên paramparaning para neneman ingkang nglajêngakên pasinaonipun. Parentah nagari Walandi andangu kadospundi rekadayanipun murih para neneman ingkang sinau wontên ing nagari Walandi sagêd kobèt tuwin langkung sakeca.

Indhaking rêrêgèn salêbêtipun môngsa mirah

Ing Margasari, Têgal, rêgining pantun mindhak dados f 2.50 ing dalêm sapikuy.Sapikul. Rêrêgèn wau sampun kapetang mindhak, awit kala ing wulan Marêt, sapikul f 1.25, manawi ngijo (bayar rumiyin), sapikul f 0.80, ing wulan Mèi tuwin Juni mindhak dados f 2.-

Kamirahan ngandhapakên sewan griya.

Kawartosakên, Kangjêng Pangeran Arya Danurêja, pêpatih dalêm ing Ngayogyakarta, kaparêng angandhapakên pasewaning griya-griya kagunganipun, ingkang wontên wêwêngkon pakampungan enggal, wiwit tumapaking wulan Juli dipun andhapakên 5% saha salajêngipun badhe kaandhapakên dumugi 10%, tumindak samôngsa parentah nindakakên cêngklongan balônja malih.

Dhoktêr enggal.

Wontên pawartos saking Leidhên, Radèn Buntaran Martaatmaja lulus angsal sêsêbutan Dr. ing bab sêsakit.

Arta krêtas ingkang dipun sirnakakên.

Ing salêbêtipun wulan Juli, gunggunging arta krêtas ingkang dipun sirnakakên, damêlan nagari Walandi 580.000 lêmbar, rêgi nyaringgit, tuwin 260.000 lêmbar, rêgi nyarupiyah.

Eropah.

Prakawis kêbêsmèn ing Paris.

Tuwan Fock saha Tuwan Van der Waals (warga komite) badhe ngaturakên palapuran dhatêng parentah Nèdêrlan ing bab sabab-sababipun griya sêtèlingan Nèdêrlan kêbêsmi. Samangke dipun wontênakên panitya, kapatah nitipriksa bab wau.

Ostrali-Inggris.

Kala tanggal 3 Juli ingkang kapêngkêr wontên tiyang, nama Chichester pangkat saking Ostrali dhatêng Inggris. Dene rancanganipun mêdal tanah Papuah, Pilipinah, Pormosah, Jêpan, Kamsyatkah, pulo-pulo Asèti, Yukon, Kanadhah, Grunlan, Eslan, pulo-pulo Pharur.

Manggih êmas utawi salaka.

Keulen 9 Juli, (Aneta-Nipa). Ing pamêlikan ingkang sampun kasuwungakên, sacêlakipun kitha Westphalia, Siegen, pinanggih wontên êmas tuwin salaka lapisan. Sarêng kapriksa ing tiyang ahli, sela-selanipun ing ngriku kajawi kamoran êmas, salaka, ugi kêmoran têmbaga lan nikêl.

Ura-uru ing pakunjaran.

Sofia 9 Juli (Aneta-Nipa). Ing pakunjaran sacêlakpun Sliven, sakidul Bulgari, wontên tiyang paukuman sagrombol, nalika badhe malêbêt dhatêng kamar, nêmpuh sipir ingkang rumêksa, ngrêbat dêdamêl saha lajêng ambikaki kamar-kamaripun tiyang tahanan, têtiyangipun sami kapurih mêdal. Ing ngriku lajêng wontên tôndha têngaraning bêbaya, wontên sipir dhatêng lajêng nglêpasi sanjata dhatêng para pasakitan ingkang sampun wontên sajawining tembok pakunjaran, lajêng dados gulêt, pasakitanipun tiwas 5. Wusana lajêng sagêd sirêp dening pitulunganipun prajurit, nanging katranganipun sampun kathah pasakitan ingkang sami kesah, para prajurit lajêng sami madosi.

Pawartos saking Administrasi

Lêngganan nomêr 4147 ing Laweyan. Arta f 6.- punika kangge 1 Juli 1931 dumugi 30 Juni 1932.

Lêngganan nomêr 4931 ing Kêrtawana. Kangge Ogustus dumugi Oktobêr.

Lêngganan nomêr 575 ing Jagalan, Surabaya. Ingkang sade Boekhandel Tan Khoen Swie, Kediri.

--- 880 ---

Wêwaosan

Dhêndhaning Angkara

27.

Sampun dados padatan, sang senapati manawi nuju makatên punika, botên wontên tiyang ingkang purun nyêlak, sadaya sami ajrih kêkês ing manah, mila ing kala punika, nyênyêt botên wontên sabawa. Sanadyan kathah para punggawa ingkang mirêng dhawuh nata, bab kaparêngipun badhe linggar saking praja Ngêsam, ewadene sadaya sami ajrih ngosikakên dhatêng sang senapati.

Sang senapati sasampunipun dumugi ing pakuwon, lajêng nimbali abdi pakathik. Sasampunipun sowan, lajêng dipun dhawuhi: Pakathik, abah-abahana jaranku, lan kowe andhèrèka.

Pakathik punika abdi kêkasihipun sang senapati, anggènipun ngawula wiwit sang senapati taksih pangkat alit, ngantos dumugi pangkat agêng, lêstantun botên nate pisah, mila sanadyan namung kawula alit, sangêt kineringan ing kawula kathah, malah sami gadhah panganggêp, bilih abdi pakathik wau dados palawangan agêng, sagêd andumugèkakên rêmbag punapa-punapa dhatêng sang senapati. Saking sampun kulinanipun angladosi, abdi pakathik tampi dhawuh makatên punika lajêng nyawang guwayanipun sang senapati, saha lajêng mangrêtos, bilih sang senapati kadunungan panggalihan ingkang sakalangkung botên sarônta. Abdi pakathik lajêng matur: Bandara, dhawuh panjênêngan punika wantêr sangêt, kawula ngantos kuwatos ing manah, manawi panjênêngan kapêtêngan panggalih, tuwin pêtênging panggalih wau, manawi botên dipun timbang wêning, adhakan manggih pituna. Kawula taksih kèngêtan, kala panjênêngaspanjênêngan. manggih pakèwêd wontên tanah Ngarab, jalaranipun botên sanès, inggih namung saking kabranang ing panggalih. O, bandara, anggèn kawula ngêmong panjênêngan sampun wiwit sangkaning timur, kawula sampun apil dhatêng panggalihan panjênêngan. Bandara, panjênêngan kaparênga dhawuh, badhe tindak pundi.

Sang senapati ingkang santosa ing panggalih, nalika mirêng aturing abdi pakathik, karaos kumênyut, saha lajêng kêpêksa prasaja, bilih prêlu badhe nututi lampahipun Abdullah, tuwin mratelakakên kawontênanipun.

Abdi pakathik rumaos tan pakèwêd, panganggêpipun dhatêng bandara sampun kados anak, lajêng mangsuli: Dhuh bandara, kaparêng panjênêngan punika kasandèkna, sampun kagungan panggalih kados makatên, pun Abdullah punika tiyang punapa, kawula malah sukur dene piyambakipun lajêng kesah saking ngriki. Cobi kagaliha bandara, saupami panjênêngan sagêd unggul kalihan Abdullah, punika botên andadosakên misuwuring asma panjênêngan.

Atur kados makatên punika botên pisan-pisan dados panglimur, nanging sang senapati namung ngêmong rêmbag, awit mangrêtos, ingatasing prakawis wigatos, botên prêlu karêmbag kalihan kawula alit. Wangsulanipun: Pakathik, aku ora bakal pasulayan karo wong kang arênarêp. tak tututi, mung arêp rêrêmbugan.

Mirid dêrênging karsa panjênêngan, mokal saupami panjênêngan kagungan panggalih sarèh, botên sawêg sapunika anggèn kawula ngyêktosi panggalihan panjênêngan. Inggih kadospundi malih manawi dêrêng panjênêngan kados makatên, kawula inggih namung badhe andhèrèk kemawon. Nanging bandara, kawula matur ing salêrêsipun, sagêdhagan punika raosing manah kawula têka botên sakeca, tansah mêlang-mêlang kados nyumêrêpi lare dolan wontên lambening sumur.

Ah, salawase uwong kuwi mung nyakêtake kasamaran, lan manèh sawise duwe pikir samar, banjur diothak-athik diencokake kang ora-ora. Wis, aja nganakake pikiran apa-apa, ayo nuli tata-tata.

Abdi pakathik lajêng ngabah-abahi titihan, sasampunipun rampung lajêng lapur sang senapati, wusana bidhalan, abdi pakathik kêkinthil numpak kapal piyambak.

Tindakipun sang senapati nglimpèkakên para kawula kathah, sanadyan wontêna ingkang sumêrêp, inggih botên wontên ingkang mangrêtos dhatêng kaparêngipun sang senapati.

Sasampunipun mêdal saking pakuwon, kapal lajêng dipun bandhangakên, nututi lampahipun Abdullah, ingkang kakintên dèrèng têbih. Yêktos, botên dangu Abdullah katingal, lampahipun alon, katingal kados lampahipun tiyang susah. Wusana kapal dipun lancangakên saha lajêng ngalang wontên sangajêngipun Abdullah, dipun sarêngi ungêl anggrêtak: He, mandhêg.

Abdullah sanalika lajêng sumêrêp, bilih ingkang ngêndhêg wau sang senapati, saha lajêng mangrêtos kemawon dhatêng sêsulaking duka, wusana Abdullah lajêng mandhêg kanthi taklim.

Senapati ngandika kalihan nudingi: Kowe wong kang kumawani, ngrumasani lanang dhewe, mêmirang wong akèh ana ngarsaning ratu.

Sanadyan sêruning pangandikanipun sang senapati kados balêdhèg, nanging Abdullah têtêg kemawon, sajak botên dipun raosakên, malah nyawang ngiwa nêngên, kados ngulat-ulatakên punapa-punapa. (Badhe kasambêtan)

--- [0] ---

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]

--- [0] ---

Ôngka 59-60, 9 Mulud Taun Je 1862, 25 Juli 1931, Taun VI

Kajawèn

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]

--- [913] ---

Ôngka 59-60, 9 Mulud Je 1862, 25 Juli 1931, Taun VI

Kajawèn

Kawêdalakên sabên dintên Rêbo lan Sabtu

Rêgining sêrat kabar punika ing dalêm tigang wulan ... f 1.50, bayaranipun kasuwun rumiyin, botên kenging langganan kirang saking 3 wulan.

Juru ngarang - administrasi Bale Pustaka, ing sawingkinging kantor palis, tilpun nomêr 2791 - Bêtawi Sèntrêm.

Sawangan ing wanci enjing ing Rato (Sèlèbês)

[Grafik]

Wijilira hyang pratônggapati / dahad mawèh gawok / satêbaning langit sri rarase / mega-mega rinêngga kang têpi / lir sinungging rukmi / kang cahya umancur //

kêkaywan kang maksih rasa atis / araras kalêson / dupi antuk panasing srêngenge / lir kataman daya mikuwati / tumandang ngrênggani / asrining pandulu //

--- 914 ---

Palapuran Bathik

Pambayaranipun Epahan

VI.

Kajawi nyambutdamêl siyang para bêbau wau ugi asring kapêksa kêdah.

Nyambut damêl ing wanci dalu.

Ing sawênèhing kabudidayan bathik para pêngobèngipun ugi sok asring sami nyambut damêl ing wanci dalu. Ing dhusun-dhusun para pêngobèng salêbaripun jam 10 kathah ingkang taksih sami ambathik. Ing panggenan nyambut damêl gadhahanipun anèmêr-anèmêr bathik salêbaripun jam 10 dalu ugi sok wontên ingkang taksih sami nyambut damêl, nanging manawi sampun rampung lajêng sami mantuk.

[Grafik]

Para bêbau ingkang sawêg nyambut damêl anglorod, ing Pakalongan

Mênggahing pamanggihipun tiyang Jawi, tiyang èstri nyipêng wontên ing kabudidayan bathik gadhahanipun tiyang Jawi, punika botên dados alangan. Kosokwangsulipun manawi nyipêng wontên ing kabudidayan bathik gadhahanipun bôngsa Tionghwa. Tiyang sêpuh ingkang taksih ngrêgèni badanipun, botên rila sangêt manawi anakipun èstri ngantos nyipêng wontên ing kabudidayan bathik gadhahanipun bôngsa Tionghwa. Amila manawi wontên tiyang èstri dados pêngobèngipun bôngsa Tionghwa, ing môngka lajêng manggèn wontên ing ngriku pisan, punika dipun anggêp tiyang èstri ingkang sampun ucul.

Nyambut damêl ing wanci dalu punika dipun wastani: nglêmbur utawi srêmpêngan. Anggènipun para bêbau sami nyambut damêl ing wanci dalu punika jalaran saking kiranging pamêdalipun.

Tumraping juragan punapa ugi bêbau, nyambut damêl dalu punika pancènipun botên sae. Jalaran bêbau wau, ing sarèhning dalunipun kirang tilêm, siyangipun inggih lajêng botên sagêd nyambut damêl kadosdene punapa mêsthinipun. Kajawi punika, jalaran saking kirang padhanging dilah, mripatipun bêbau wau gampil sangêt dados risak. Ewasamantên ingkang makatên punika mêksa dipun lampahi, awit, miturut katranganipun salah satunggiling juragan, saking panêdhanipun para bêbau piyambak jalaran saking kiranging pamêdalipun manawi ngêmungakên nyambut damêl siyang, lan pun juragan wau botên ngrumaosi, bilih bakunipun piyambakipun piyambak ingkang mêksa bêbaunipun kêdah sami nyambut damêl ing wanci dalu, sabab saupami anggènipun nyukani epahan mèmpêr, têmtunipun botên badhe kalampahan makatên.

Samantên rêkaosipun têtiyang nyambut damêl wontên ing kabudidayan bathik murih sagêd angsal têdha ingkang nyêkapi. Ewasamantên taksih tangèh sangêt sagêdipun nyêkapi. Ingkang punika lajêng kapêksa anak-anakipun ingkang dèrèng ngumur kapurih ngrêrencangi. Amila ing ngriku lajêng kathah sangêt:

Lare-lare sami nyambut damêl.

Ing kabudidayan bathik gadhahanipun bôngsa Tionghwa, ingkang ngêmungakên anggarap bathikan ingkang alus-alus, botên wontên lare-larenipun ingkang sami nyambut damêl. Kosokwangsulipun ing dhusun-dhusun kathah sangêt lare èstri ingkang dèrèng umur 12 taun sampun sami tumut nyambut damêl kalihan biyungipun. Limrahipun lare èstri Jawi punika wiwitipun sinau ambathik umur 6 taun. Manawi sampun umur 8 taun sampun sagêd ngrencangi biyungipun kanthi ajêg. Dene manawi sampun ngajêngakên umur 12 taun sampun sagêd angsal pamêdal piyambak. Lare-lare èstri ingkang umuripun samantên wau, kathah kemawon ingkang wasisipun ambathik botên kawon kalihan tiyang èstri ingkang sampun diwasa.

Samangke kados prêlu nyariyosakên sakêdhik mênggah kawontênanipun:

Papan nyambut damêl tuwin pondhokan.

Ing sarèhning mèh sadaya ingkang dipun garap ngêmungakên sêratan carik, lan para bêbaunipun ingkang kathah sami anggarap padamêlanipun wontên ing dhusun botên wontên ing papan nyambut damêl ngriku sarta sakêdhik [sakêdhi...]

--- 915 ---

[...k] sangêt ingkang nyipêng wontên ing ngriku, umumipun kabudidayan-kabudidayan bathik wau inggih sami katingal sae lan rêsik. Manawi kapandhing kalihan kabudidayan bathik ing sanès-sanèsipun panggenan ing tanah Jawi ngriki, ing Banyumas kenging dipun wastani sae piyambak.

Kamar-kamaripun para bêbau ingkang sami dêdunung wontên ing ngriku, mèh sadaya kenging karan sae. Papan patilêmanipun jêmbar anyêkapi, ambèn, gêlaran tuwin bantal, limrahipun dipun sukani dening juraganipun. Sasagêd-sagêd sabên batih satunggal angsal kamar piyambak. Malah ing sawênèhing kabudidayan bathik para bêbaunipun sami dipun sadhiyani pakiwan piyambak-piyambak.

[Grafik]

êrong-êrongan papan patilêmanipun para pêngobèng tiyang èstri ing Lasêm.

Tangkêpipun juragan kalihan bêbau.

Ing paresidhenan Banyumas tangkêpipun juragan kalihan bêbaunipun punika kenging dipun wastani sae. Dalasan ing panggenan-panggenan ingkang wangsulipun pêngobèng ingkang ambangkang kanthi kapêksa mawi kairit ing pulisi dhusun, tiyangipun botên wontên ingkang ngraosi awon dhatêng juraganipun. Nabok punapadene nyakiti bêbaunipun ing ngriku prasasat botên nate tumindak. Sawatawis taun ingkang kapêngkêr wontên juragan ingkang kacêluk cêngkiling. Ing wusana kasumêrêpan, bilih juragan punika lugunipun tiyang ingkang sakit naratab, lan wiwit punika inggih lajêng kesah saking ngriku.

Bôngsa Tionghwa ing Banyumas punika dipun cariyosakên alus pitêpanganipun. Tumrap bêbaunipun botên purun mêmisuh utawi migunakakên têmbung ingkang kasar.

Pondhokan kangge bêbaunipun kados ingkang sampun kacariyosakên ing ngajêng, kadamêl sae-sae lan rêsik.

Para pêngobèng ingkang sami mondhok wontên ing ngriku, botên pisan dipun alang-alangi manawi badhe kesah dhatêng pundi-pundi.

Para pêngobèng ingkang asli saking Têgal, sabên bakda riyadi angsal liburan 14 dintên, kangge tuwi sanak sadhèrèkipun. Wragading lampah, sadaya utawi sapalih, ingkang ambayar juraganipun. Para pêngobèng ingkang griyanipun cakêt-cakêtan, sabên 40 dintên sapisan kenging tuwi mantuk, nanging inggih botên kenging langkung saking 2 dintên dangunipun. Mênggahing bab cadhongipun sêkul, punika sae tur anyêkapi. Miturut katranganipun para juragan, ingkang pancèn lêrês sangêt bêbau ingkang botên tuwuk panêdhanipun, punika panyambutdamêlipun inggih botên sae. Amila ing sawênèhing kabudidayan bathik botên ngêmungakên pêngobèng kemawon, sanadyan tukang cap, ingkang blanjanipun anyêkapi, ugi asring sami dipun sukani têdha. (Badhe kasambêtan)

--- 916 ---

Tanah dalah Têtiyangipun

Palembang

(sambêtipun Kajawèn nomêr 58)

Mirid ungêling côndra sangkala, piagêm wau sampun ngumur 143 taun, tumraping basanipun Jawi, ramyang-ramyang taksih cêtha dipun suraos. Lan malih para maos inggih lajêng sagêd ngintên piyambak, bilih basa Jawi wau basa Bantên, dados saupami wontên basa-basa ingkang botên dipun mangrêtosi, inggih mèmpêr. Nanging mênggahing pangintên, wontênipun basa Jawi ing Bantên punika, inggih jalaran kala jaman samantên gêgayutan kalihan karajan Jawi, dene ewah gingsiring basa, tamtu kemawon jalaran saking kêmomoran basa ingkang gêsang wontên ing ngriku.

Salajêngipun tumrap nagari Palembang, tamtunipun kala ing jaman samantên cakipun basa Jawi inggih mirib basa Jawi ing karajan Jawi, nanging dangu-dangu saya ewah, dening kêdhêsuk gêsanging basa ingkang gêsang wontên ing ngriku saha prasasat botên sêsrawungan malih kalihan ingkang asli sakawit, wusana lajêng dados basa piyambak, nanging titikipun basa Jawi taksih. Mila tumraping bôngsa Jawi, manawi momoran kalihan bôngsa Palembang sawatawis dintên kemawon, inggih lajêng sagêd mangrêtos basanipun.

Mirid saking irib-iribaning basa wau tuwin mirid saking andharan sawatawis ing kina-kinanipun, bôngsa Palembang punika tumrap ingkang asli, têgêsipun tiyangipun siti yêktos, wontên nalurinipun bôngsa Jawi. Kajawi mêndhêt pêpiridan kados ingkang sampun kapratelakên, ugi wontên titik ingkang taksih katingal tumraping bôngsa Palembang ing bab aluranipun kalihan bôngsa Jawi, inggih punika mirid saking rumakêtipun apawongmitra. Tumrapipun bôngsa Palembang kalihan bôngsa Jawi, katingal rumakêt sangêt, kados kadunungan raos atunggil aluran.

Titiking raos ingkang kados makatên punika, kados para maos sagêd angraosakên manawi nuju kêplêsit wontên ing saba paran, upami wontên ing nagari padununganing sanès bôngsa, punika sampun malih ingkang nama manggih pitêpungan tunggil bôngsa, inggih sawêg kapranggul tiyang ingkang ngakên turunaning tiyang ingkang nunggil bôngsa kemawon, inggih sampun gadhah daya panarik, ingkang araos nunggil.

Raosing manah Jawi kados ingkang pinanggih wontên ing Palembang, ugi wontên ingkang pinanggih wontên ing tanah Selon. Ing ngriku wontên bôngsa ingkang rumaos Jawi, nanging raosipun ingkang makatên punika namung kandhêg wontên ing manah, awit botên manggih pasrawungan. Nanging sarêng bôngsa wau kêpranggul kalihan bôngsa Jawi, lajêng sagêd anglairakên saraosing manahipun, cariyos manawi turuning bôngsa Jawi, dados inggih ngakêni bôngsa Jawi, punika sagêd nitik anggèning taksih kêcipratan raos bab caraning nyandhang ngangge, sanadyan sampun botên awujud pangangge Jawi, nanging taksih wontên tabêtipun, kados ta pangangge bangsaning bathikan. Dene mênggahing bab aluraning turun

--- 917 ---

sampun ical, nanging manawi mirid cêcariyosan, Selon punika ing kinanipun dados papan pangendhanganing bôngsa luhur Jawi, malah katêlahipun sapriki, prayagung luhur ingkang kakendhangakên saking praja punika, tiyang mastani dipun Selong (Selon), kajêngipun sakawit, dipun prênahakên wontên ing Selon, nanging lajêng dados têgês dipun singkirakên, mila lajêng wontên pitakenan: dipun selong dhatêng pundi.

[Grafik]

Pabrik lisah pèt ing Plaju, Palembang.

Limrahing panggêsanganipun bôngsa Palembang punika among dagang, purugipun inggih ngantos têbih, misuwuring padaganganipun bangsaning barang gadhing, dening bôngsa Palembang kêdunungan kawruh bab punika, awit kacariyos ing Palembang punika panggenan gajah. Bab Palembang panggenan gajah punika tumrapipun bôngsa Jawi amastani umum, malah ngantos wontên uran-uran dados cangkriman, ungêlipun:

bapak pucung / dudu watu dudu gunung / satriya Palembang / dêdêgira agêng inggil / yèn lumampah si pucung lembehan grana //

Cariyos ing bab ing Palembang panggenan gajah punika inggih yêktos, nanging nama namung wontên kemawon, botên ngantos gadhingipun kenging kangge padagangan, dene gadhing ingkang kangge padagangan wau ingkang kathah tumbasan saking nagari Tiongkok.

Tataning panyadenipun padagangan, kajawi sade piyambak, ugi ngintunakên dhatêng lêngganan ingkang sami kilak. Sarêng ing jaman sapunika, kêrêp wontên papan prayogi kangge ngajêngakên padagangan, inggih punika ing pasar malêm, pasar taunan tuwin sanès-sanèsipun, padagangan gadhing wau saya sumêbar sangêt. Punika para maos sagêd nyatakakên [nyataka...]

--- 918 ---

[...kên] piyambak kalanipun wontên pasar malêm sapanunggilanipun. Nanging padagangan wau sayêktosipun inggih nama dèrèng sapintêna. Taksih kawon kalihan wulu pawêdaling siti. Saya malih manawi nitik kawontênaning kabudidayan-kabudidayan agêng, katingal raharjanipun laladan Palembang.

Nagari Palembang punika kithanipun ngongkang lèpèn agêng, nama lèpèn Musi, mila kenging dipun wastani kitha toya. Wontênipun dipun wastani makatên, awit ing saênggèn-ênggèn katrajang ing lèpèn alit-alit saking pundi-pundi amradini kitha, ingkang anjog dhatêng lèpèn Musi. Dados ingatasing among dagang tuwin nindakakên prêlu sanès-sanèsipun, marginipun sami mêdal ing lèpèn. Saya sarêng sapunika katrajang margi sêpur, lampahing among dagang saya mindhak agêng.

Makatên mênggah kawontênanipun nagari Palembang.

Raos Jawi

Ambandhani Anak Putu

Wontên tiyang sêpuh nama kaki Drêpa, manawi mirid umur-umuran, pantêsipun sampun dados tiyang jompo, pêthaking rambutipun, dados pasêmon, bilih piyambakipun sampun wanci nucèkakên batos, ngalunthunging kulit, dados pratôndha wanci ngundur-unduri pandamêl donya, awit mênggahing nalar, kaki Drêpa sampun nyêlaki manggèn ing papan suci, inggih punika ngajal. Nanging mênggahing kaki Drêpa, katingalipun ing lair, taksih sêngkut anggèning pados kadonyan, kasantosaning manah taksih sinêmbadan ing kêkiyataning bau, mila wêkêling panyambut damêl taksih ngawonakên tumandanging damêlipun tiyang anèm kêsèd.

Kaki Drêpa punika bakunipun tiyang tani, mila tumindakipun ing damêl inggih namung ulah siti, nanging wantunipun sampun sêpuh wau, sanadyan taksih kuwawi macul, ugi kêpêksa kêrêp kèndêl, dening landhunging napasipun kirang.

Satunggiling dintên, kaki Drêpa nuju damêl luwangan ing pakaranganipun, badhe kangge nanêm wit wowohan, kados ta dhuku, manggis tuwin sanès-sanèsipun, bangsaning wit-witan ingkang lêbêt awohipun. Ing ngriku wontên tangganipun lare neneman langkung, nyandhang ngangge brêgas, lampahipun gêmbèlèng-gêmbèlèng, pantês manawi tiyang wau sugih kapintêran. Tiyang anèm wau sarêng anggènipun lumampah cêlak kaki Drêpa lajêng kèndêl, saha pitakèn: sawêg punapa kyai.

Wangsulanipun: sawêg damêl jugangan badhe kangge nênanêm.

Punika prayogi sangêt, papanipun wiyar, pananêmipun dipun sipat. Badhe pun tanêmi punapa ta, kyai.

Ingkang pinggir piyambak badhe kula tanêmi manggis, sisih ngrika dhuku, benjing badhe asri wontên ing sawangan.

--- 919 ---

Tiyang anèm wau pancènipun anggèning pitakèn namung awon nganggur, nanging sarêng mirêng wangsulan kados makatên wau, lajêng wicantên: wa, kyai, tanêman kados makatên punika rak tanêman ingkang ngicalakên pangajêng-ajêng. Cobi kula aturi anggalih, wit manggis utawi dhuku punika dipun paribasakakên, godhongipun ing dalêm sataun namung mindhak salêmbar, dados dumugining awoh, inggih badhe dasanan taun, môngka sampeyan sampun yuswa, la punapa sampeyan badhe sagêd ngundhuh wohipun, kyai.

Kaki Drêpa mirêng pitêmbungan makatên punika lajêng mèsêm, nyèlèhakên paculipun kalihan mungêl: o, gèr, pangandika sampeyan punika lêrês, manawi pananêm kula wau kula kanthèni manah kamurkan, lajêng nama tindak pangôngsa-ôngsa, lajêng nama lêpat anggèn kula tinitah dados tiyang kaki-kaki. Nanging gèr, kauningana, pananêm kula punika botên kula tanjakakên tumrap badan kula piyambak, kula tanjakakên nanêmkên anak putu, anak putu kula kajêngipun tumut ngraosakên wohing wit-witan tanêman kula. Manawi sampeyan purun anggalih panjang, bedanipun punapa kalihan tiyang sêpuh mardi kasagêdan dhatêng anakipun, punika tamtu inggih botên badhe tumônja dhatêng tiyang sêpuh, tiyang sêpuh namung sadarmi andhêdhêri wiji, benjing awohipun môngsaboronga, sampun wontên ingkang majibi piyambak. Inggih botên anggèr.

Tiyang anèm wau ing sakala inggih nganggêp lêrês dhatêng ungêlipun kaki Drêpa, nanging wantunipun tiyang anèm, raosing pitutur wau botên dipun tampi lêbêt, malah kenging dipun wastani botên dipun raosakên babarpisan.

Kawontênanipun kaki Drêpa kalihan tiyang anèm wau tansah sami sumêrêp-sinumêrêpan, awit tôngga cêlak. Cêkakipun ngantos dumugining ngajalipun kaki Drêpa, tiyang anèm wau inggih sumêrêp, malah inggih tumut anglayat punapa. Lare anèm wau sabên mrangguli lêlampahan ingkang magêpokan kalihan kaki Drêpa, lajêng kèngêtan kaki Drêpa. Nalika ngajalipun kaki Drêpa, tanêmanipun ingkang nate dipun rêmbag, inggilipun sampun sadhadha, punika inggih ngèngêtakên rêmbag kala samantên.

Dangu-dangu bab punika sampun botên kocap malih, saha tiyang anèm ingkang kacariyos punika cêkakipun sampun dados tiyang sêpuh, anakipun kathah, malah sampun wiwit gadhah putu.

Satunggiling dintên, tiyang wau dipun undang kêndurèn dhatêng griyaning tôngga, ingkang ngundang wau putunipun kaki Drêpa, dados mênggahing umur-umuran, saanakipun ingkang dipun undang. Sasampunipun rampung kêndurèn lajêng sami nêdha, sambèn ginêman ala nganggur. Ingkang gadhah griya wicantên: manggis tuwin dhukunipun punika undhuhan piyambak, tanêmanipun suwargi êmbah.

Tiyang ingkang dipun undang kêndurèn wau lajêng nyandhak manggis dipun plothot, saha lajêng dipun têdha kalihan amrêbês mili, wusana wicantên: o, nak, kula sagêd ngraosakên manggis tanêmanipun kyai suwargi, lêginipun sagêd rumasuk dumugi manah. Kula lajêng èngêt wêwèntèhan dhatêng lêlampahan ingkang sampun kapêngkêr. Kala kyai badhe nanêmipun wit manggis ingkang wohipun mêntas kula têdha punika, kula pitakèni badhe kangge punapa, awit kyai sampun [sa...]

--- 920 ---

[...mpun] sêpuh. Wangsulanipun nanêmakên anak putu. Nyatanipun pinanggih sapunika. Kadospundi raosing panggalih sampeyan, nalika ngundhuh manggis wau.

Sênêng sangêt bapak, raosing manah kados tansah dipun brêkahi dening suwargi êmbah.

Sabibaring kêndurèn, tiyang wau tansah anggagas, saha sanès dintên lajêng nelad nanêm wit-witan, ingkang tumônja nanêmakên anak putu.

Mênggah liding dongèng sampun katingal.

Uran-uranipun Tiyang Tani

(Sambêtipun Kajawèn nomêr 58)

Angrukti pakarangan ingkang garês, sarta kirang toya tuwin rêrêsik.

[Kinanthi]

Ginôntha-gôntha mrih pêthuk / wus lawas kaothak-athik / pinêtha pinôntha-pôntha / pinathêk kidung kinanthi / ing wasana bisa cêtha / kang mathuk-mathuk pinêthik //

saiki ingkang rinêmbug / pomahan sawiji-wiji / êloh garêse tan padha / sakabèhe mitra tani / kang padha dumunung ana / lêmah êloh sugih warih //

karangane pasthi mêtu / ya sokur kang kaya iki / nanging mung ngati-atia / anjagaa aja kongsi / lêmah luntur lêmènira / bakal bilai ing wuri //

kang manggon ing lêmah mau / yèn opèn sarta tabêri / pamêtune saya ngrêbda / bisa jênjêm ingkang ati / balik kang manggon pomahan / tèdhès garês kurang warih //

pasthi tandurane kuru / wowohane cilik-cilik / pathèthètên nora cêtha / bungkik-bungkik tur sathithik / dene uwite kalapa / galugune cilik kêping //

blarakira pating kracung / cêndhêk-cêndhêk cilik-cilik / mancungira arang-arang / wit ing dhuwur cilik munting / papah kuning sêmu abang / manggar garing tanpa pêntil //

yèn ana kang dadi bluluk / wus katara cilik kêping / mung sathithik cacahira / ing lêmah akêbak têki / iku yèn nora rineka / pasthi alane lêstari //

yèn kang duwe rada ngêpluk / utawa kurang mangrêti / pomahane nora tata / kang bênthak akêbak têki / kayoman kêbak rungkudan / kandhang wêdhus tan rinukti //

talethonge ngundhung-undhung / apadhêt dipun turoni / ing wêdhus kang ana kandhang / sandhing kandhang kêbo sapi / karo ing ngisor gêdhogan / kèh talethong gawe jiji //

iya yèn katiga iku / kabèh-kabèh rada garing / rupane durung sapira / ananging yèn rêndhêng dadi / têlês ambaladêr padha / rupane anggêgilani //

saka ngomah kongsi mambu / apa manèh kombong pitik / nora tau rinêsikan / salawasira dumadi / mulane jrambahe kêbak / têlèk kandêl gawe jiji //

rajakayane akuru / gampang kêna ing gêgêring / uwongira sugih lara / pomahan kang kaya iki / iku bêcik karuktia / kaya kang cinêtha wuri //

nanging sadurunge tutur / iki prêlu anyêlani / akôndha prakara liya / supaya mêngko mangrêti / ingkang arêp tinuturan / dadi bisa anampani //

anggêr uwong rak wus wêruh / utawa padha mangrêti / kalamun asêsandhingan / kalawan gônda tan bêcik / sêsukêr sapadhanira / pasthi nora ngapenaki //

kawruhana nyatanipun / kewan iya kaya iki/ [i...]

--- 921 ---

[...ki/] saiki upamanira / ana paturoning janmi / sinandhingkên pasukêran / amasthi ingkang ngênggoni //

asusah kalangkung-langkung / kajaba karasa jiji / manawa anyêrot napas / katutan ambu tan bêcik / pasthi bae nora bêtah / pancèn iya nyilakani //

yèn wus dumunung bab iku / bali ngrêmbug kandhang isi / talethong lan kombong ingkang / akèh têlethong kapati / kalawan manèh pomahan / akèh sêsukêr tan bêcik //

kang ênggone nora patut / iku pasthi nora bêcik / tumrape marang kang padha / ana ing kono ngênggoni / uwong dalah kewanira / lah iku sok anjalari //

lêlara lan manèh saru / tumrap ing pandêlêng jiji / têtêp lamun nora tata / amrih bungah kang ngênggoni / sarta antuk wêtunira / ruktinên la pungcur iki // Badhe kasambêtan.

K.3022.

Komisi Bab Tumindakipun Arta ing Tanah Paprentahan Mandhiri

Komisi ing bab tumindakipun arta ing tanah paprentahan mandhiri sampun kalampahan madêg wontên ing Batawi, saking kaparêngipun parentah. Kajênging komisi wau badhe mariksa utawi manawi prêlu badhe ngewahi tumindaking arta, gêgayutanipun gupêrmèn kalihan tanah paprentahan mandhiri.

[Grafik]

Paduka Sultan Langkat, sakalihan tuwin ibu.

Pambikaking komisi wau dipun jênêngi dening dhirèktur pangrèh praja tuwan A. Mühlenfeld jumênêng pangarsa. Warganipun Sultan ing Langkat, Raja Bolang Mongondho (Sèlèbês), Kangjêng Pangeran Arya Adiwijaya, utusan nata Surakarta, Bandara Pangeran Arya Suryadiningrat, utusan nata Ngayogyakarta, gupêrnur Sèlèbês, Surakarta, Ngayogyakarta, Sumatra wetan, tuwin sanès-sanèsipun.

Parentah pitados bilih komisi punika badhe sae kadadosanipun.

[Grafik]

Bandara Pangeran Arya Suryadiningrat, utusan nata Ngayogyakarta.

--- 922 ---

Jagading Wanita

Pandamêlipun Têngkuwèh Bligo

Mundhut bligo ingkang cêkapan ênèm sêpuhipun, kaoncekan kulitipun, isi kabucal dalah dagingipun ingkang nglêbêt, dados daging wau kantun peranganipun ingkang atos, punika lajêng dipun iris-iris ingkang agêng alitipun cêkapan, inggih punika wiyar lan kandêlipun nigang nyari, panjang watawis nêm nyari. Irisan punika lajêng kaêkum ing toya bêninging ênjêt, dangunipun sadalu. Enjingipun kaêntas lajêng kakumbah rêsik, nuntên kaêdang ngantos matêng, sasampuning matêng kaêntas, yèn sampun asrêp nuntên dipun pênyèti (kapipit mawi gêgêr parud) supados mêdal toyanipun sawatawis, yèn kakintên sampun apuh dipun kèndêli, sampun mêsthi kemawon sipating irisan lajêng dados mimpês, satêmah katingal alit-alit, punika lajêng kacêmplungna ing wajan, kaêsokan toya jejeran gêndhis pasir ingkang satêngah kênthêl. Watonipun: sabên baligo satunggal, gêndhisipun watawis sakatos. Wontên ing wajan wau dipun latoni ingkang ajêg urubipun, nanging sampun ngantos kagêngên latu, kadhangkala kêdah dipun wolak-walik, supados botên dados gosong, ngantos toyanipun asat, gêndhisipun wangsul dados kêkêt lan rumêsêp ing pênyetan baligo.

Sasampunipun makatên kaêntas, lajêng dipun jèrèng ing tampah linambaran mêrang, nuntên kaêpe, dipun wolak-walik ngantos garing, nanging garingipun inggih namung katingal kêsat kemawon, inggih punika sampun dados nama têngkuwèh, kiyat kasimpên ngantos lami, winadhahan ing lodhong katutup rapêt. Sawênèhipun mastani têtêdhan gula cècèk.

Dene yèn karsa ngangge gêgandan, kenging migunakakên lisah wangèn, inggih punika nalikanipun kagodhog ing wajan wau mawi dipun tètèsi lisah mawar, mlathi punapa sitrun utawi prambosê, supados wontên sêdhêp-sêdhêpipun sawatawis. Kagêm nyamikan ngunjuk wedang ing wanci sontên utawi lêgi-lêgi bibar dhahar ing wanci siyang, punika mathuk sangêt. Nanging wontênipun ing padunungan kula, têtêdhan kasêbut nginggil wau limrahipun kadamêl momoran roti, dipun irisi alit-alit minôngka gêgêntosing kismis. Wangsul yèn irisanipun ragi agêng inggih taksih nama mungguh kadamêl sêlap-sêlaping têtêdhan ing parampadan, samantên wau bobotipun têtêdhan bôngsa rèmèh, mila kula inggih namung nyumanggakakên para maos.

Biyang Gumbrêg.

--- 923 ---

Bab Ringgit

Radèn Seta

Radèn Seta punika putranipun Prabu Matsyapati, nata ing Wiratha, miyos saking Dèwi Rêkathawati, inggih Dèwi Sutiksna, putranipun Prabu Palasara. Wontênipun ing ginêm, Radèn Seta punika kêrêp kasrambah, nanging wontênipun ing pawayangan, wêdalipun namung manawi nuju lampahan ingkang gêgayutan kalihan Wiratha.

Ing ngajêng ing Kajawèn sampun nyariyosakên ing bab Radèn Seta, nanging Radèn Seta putranipun Prabu Parasara, dene wontênipun Radèn Seta putra Wiratha namanipun nunggil, pancèn nama nunggaksêmi, sapisan mêndhêt saking warninipun sairib kalihan Radèn Seta putra Prabu Parasara, kaping kalihipun, jalaran nalika miyosipun anyarêngi sedanipun Radèn Seta putranipun Prabu Parasara wau. Mênggah cêcariyosanipun Radèn Seta punika makatên:

Nalika miyosipun Radèn Seta, ingkang rama taksih sinatriya, nama Radèn Matswa inggih Durgandana. Sarêng ingkang rama sampun jumênêng nata, jêjuluk Prabu Matswapati, Radèn Seta sampun diwasa. Nanging sarêng sang prabu puruita dhatêng Rêsi Druwasa, sang prabu kapengin pêputra malih, saha lajêng matur dhatêng sang rêsi ing bab kaparêngipun. Sang rêsi inggih nayogyani, nanging sarana panidhikara. Kalampahan Radèn Seta sinidhikara wangsul awujud bêbayi malih, nanging bayi wau dados tiga. Ingkang sêpuh piyambak pêthak, lêstantun pinaringan nama Radèn Seta. Satunggalipun jêne, pinaringan nama Radèn Sôngka. Satunggalipun malih abrit, pinaringan nama Radèn Untara. Sinatriya katiga pisan punika sami sinakti, nanging winêca, katiga pisan benjing badhe tiwas dening tiyang wadat.

[Grafik]

Radèn Seta

Satriya têtiga sanyata dados andêl-andêling praja Wiratha, manawi umangsah pêrang tanpa tandhing. Kenging binasakakên, luhuring praja Wiratha, saha anggènipun kinèringan ing para nata môncapraja, dening nata ing Wiratha kagungan andêl-andêl prajurit putra têtiga wau.

Gathukipun Wiratha kalayan lêluhur Pandhawa wontên Prabu Matsyapati, salajêngipun gathuk malih wontên [wontê...]

--- 924 ---

[...n] ing Radèn Ôngkawijaya, putra Radèn Janaka kalihan Dèwi Untari, putra Prabu Matsyapati. Mila nata Wiratha tansah supêkêt kalihan Pandhawa, ngantos dumugining pêrang Bratayuda, Wiratha nunggil Pandhawa, mêngsahan kalihan Korawa.

[Grafik]

Gêlaring prang senapati Radèn Seta

[Grafik]

Gêlaring prang mêngsah wukir jaladri

Nalika pêrang Bratayuda, Radèn Seta dipun angkat dados senapatining prang ingkang kapisan, tandhing kalihan Rêsi Bisma. Gêlaring prang senapati Radèn Seta Bajratiksna, pêthanipun kados ing gambar, senapati Radèn Seta, manggèn wontên ing têngah (bundêran pêthak), gêlaring mêngsah wukir jaladri, sarêng rayi kêkalih Radèn Sôngka tuwin Radèn Untara tiwas wontên ing paprangan, Radèn Seta kalangkung duka, lajêng mêngsah waringutên, Prabu Salya dipun jêmparing lêpat, namung kenging ratanipun rêmuk, Radèn Kartamarma dipun jêmparing inggih namung kenging ratanipun, wusana lajêng anjêmparing Radèn Rukmarata, nêmahi tiwas.

Pangamukipun Radèn Seta adamêl giris, Rêsi Bisma badhe dipun gada angoncati, wusana malês anglêpasi sanjata latu, Radèn Seta tiwas.

Ing padhalangan wontên lampahan Radèn Seta krama. Jêjêring lampahan Radèn Seta dipun taros krama mopo, lajêng kesah saking praja. Sarêng wontên ing wana dipun rawuhi Rêsi Abyasa, dipun wêca kadhawuhan ngêdêgi sayêmbara prang dhatêng nagari Pancalarêtna. Lajêng bidhal dipun jampangi Rêsi Abyasa.

Radèn Seta lajêng pêrang, tiyang ing praja Pancalarêtna kasoran sadaya, wusana Radèn Seta dipun dhaupakên kalihan Dèwi Kanekawati, putranipun Prabu Kanekaputra. Bibar sapêkên Radèn Seta wangsul dhatêng Wiratha. Sadumugining praja adamêl sukaning rama.

Lêlampahan punika limrahipun dipun wastani carangan, awit cariyos ingkang baku ing sêrat botên wontên. Dene garwanipun wau sajatosipun putranipun Rêsi Narada, inggih punika Prabu Kanekaputra ing Pancalarêtna. Badharipun Prabu Kanekaputra dados Rêsi Narada.

--- 925 ---

Rêmbagipun Sêmar lan Garèng

Raosing Wulang Kina

Sambêtipun Kajawèn nomêr 58.

Garèng: Wis ma, tumuli banjurna anggonmu paring pangandika marang putramu sing mêthinthing kiyi. Sanadyan saikine wis rada kasèp kanggo anglakoni apa sing wis lan sing bakal kok dhawuhake, nanging mêksa iya tak pundhi ana ing pucuke sinthinganaku. Lan sabisa-bisa ing besuk mêsthi bakal tak lakoni kanthi têmên-têmên, sêmono kuwi yèn aku pinaringan ... mrungsungi manèh.

[Grafik]

Sêmar: Wiyah, apa anak turune ulêt, kathik anduwèni pangarêp-arêp bakal mrungsungi. Ora, Nala Garèng, sanadyan umurmu wis mèh pol dhinêse, ewadene tumrape piwulang apadene panggawe bêcik, kuwi ora ana wangênane. Yèn kowe wis ora kêconggah anglakoni dhewe, jalaran wis rada modo-modo nyawamu, iya wulangna nyang anak putumu. Mara, rungokna, tak wêjangi bab kang kaping pindhone, kang kowe kudu tansah ngèlingi, lo, kuwi iya ana têlung prakara manèh, ya iku: latri, bukti lan èstri. Mungguh karêpe latri, iku turu. Tumrape wong urip, kuwi ora anggêdhèk-gêdhèkake turune, jalaran iki bisa nuwuhake tênaga kêsèd, kang wusanane banjur diêdohi nyang rêjêki.

Garèng: Wah, iki pancèn iya bênêr bangêt, ma, wong aku dhewe wis tau ngalami, nalikane aku nginêp nyang omahe putramu Si Petruk, wiwit sore aku wis mapan turu, barêng esuk-esuk aku tangi, ana ing meja jêbul dhacah: kulit kacang, kulit kênthang, malah ana balunge wêdhus pènsiyunan gule barang. KarêngBarêng. tak takokake, jarene dhèk bêngine ana wong awèh brêkat. Ing sarèhning kala samono aku wis turu, brêkate mau banjur mung ditêloni Si Petruk, bojone lan Kamprèt nganti labas babarpisan. Hara, upama aku isih amêlèk, têmtune krupuk-krupuk aku rak iya mèlu kêduman, nanging barêng aku turu, si rêjêki iya ... (srang, liwat bae).

Sêmar: Hla, iya mêngkono kuwi wong ki yèn dhêmên turu. Ora mung sêmono bae, wong kuwi anggêr nêngên-nêngênake bangêt nyang turu, suwe-suwe mêsthi banjur sugih aras-arasên, nèk wis sugih [su...]

--- 926 ---

[...gih] aras-arasên, dèn bagus kêsèd banjur tungkul nemplok nyang awak bae. Wusanane iya bakal dadi kapiran kapirun, sabab sapa sing arêp gêlêm awèh pagawean nyang wong sing kêsèd, hla, tibaning ngêndon, wong sing kaya ngono kuwi, yèn ora dibênum dadi mantri dhudhuk, iya mantri dalan sing nyangking têkên karo bathok kae. Mulane poma dèn poma, aja pisan-pisan anggêdhèkake nyang turu, awit wis mêsthi bakal sangsara kadadeyane. Saiki tak nêrangake mungguh karêpe: bukti. Bukti kuwi têgêse: mangan. Wong urip kuwi aja mung anggêdhèkake pangane bae, nyang karya ngêbluk, kêsèd tur kanthi sungkanan. Entuk-entukane mung gêdhe gêdublonge bae.

Garèng: Wah, ma, iki aku rada ora mupakat, jalaran mungguhing panêmuku, wong urip dilakoni nyambut gawe kêtêkuk ringkêl, kuwi karêpe supaya bisa mangan ropyan-ropyan: bêstik kênthang, sladhah, thimlo lan sapiturute.

Sêmar: Lo, aku ora arêp anglarangi wong mangan enak-enak, anggêre sarana pranatan iya kêna-kêna bae. Karêpe anggêdhèkake pangane, kuwi tumrape wong sing ora bisa ngampah kêkarêpane, pathokane anggêre kêpengin, sanadyan mêntas mangan pisan, karêpe iya arêp letap-lètêp mangan manèh. Lo, nèk kaya mêngkono kuwi, mêngko rak olèh jêjuluk: dara bèi gas-gasan. Wong mangan mono iya nganggo ditata lan nganggo dikira-kira. Upamane mangane ditata sabên sadina kaping têlu, aja kok nganggo disêlani mangan nang restoran, nang bakmèn, utawa ngiras tahu kupate salusin, lo, kuwi kajaba mung ambuwang-buwang dhuwit aliyas boros malopos, tumrap kawarasaning awakmu iya ora bêcik bangêt. Malah ana sawênèhing wong, sanadyan mangane sadina ditata ora luwih saka kaping têlu, mangane mau iya nganggo dikira-kira ora dipadha akèhe. Saking anggone ora dipadha tadhahe mau, nganti jênênge bae iya dibeda-beda, lire mangkene: nèk wayah sore, mangane ora gêlêm marêgi, sabab kuwatir yèn nganti lali anggone turu. Mangan ing wayah sore mau banjur diarani: mancal kêmul. Nèk esuk, mangane iya ora gêlêm akèh-akèh, mung kanggo nyarapi wêtêng, amrih aja nganti masuk angin, mulane banjur diarani: sarapan. Dene nèk mangan awan diarani: antêm krama, têgêse, nèk wayah awan kuwi kêna rada dikayang mangane.

Garèng: Ora, ma, aku tak nyêlani atur. Ing sarèhning rama saiki lagi ngandikakake ing bab mangan, aku arêp nyuwun katrangan, mungguhing bôngsa Jawa, mêntas mangan banjur antop, kuwi apa ora disarokake, awit nèk tumraping bôngsa Walônda, antop kuwi saru bangêt.

Sêmar: Lo, pancèn iya carane dhewe-dhewe. Tumraping bôngsa Walônda, pancèn iya jênêng saru têmênan, nanging nèk antop ngisor jarene ora barang-barang. Kosokbaline, tumrape bangsane dhewe, yèn ing sajêroning mangan ana wong ngêtokake angin ngisor, lo, kuwi aran dêksura. Ambalèni ing bab antop, mungguhing wong Jawa, yèn [yè...]

--- 927 ---

[...n] pancèn isih jênêng satriya, kuwi ora bakal mêntas mangan kok nganti antop. Jalaran tuwuhing antop kuwi rak sabab saka kuwarêgên, ing môngka nèk jênêng satriya, ditobatake mangan nganti kuwarêgên kuwi, mulane iya ora tau antop. Wis, wis, kok banjur seje sing dirêmbug. Saiki tak ngandhakake dhisik ing bab èstri. Èstri kuwi karêpe: wadon. Mêngkono uga wong urip ora kêna anggêdhèkake nyang madon, awit bakal angadohake marang sihing Gusti, lan disirik ing tôngga têparone. Wusanane ora ana kang pracaya marang kowe. Mungguh entuk-entukane wong madon iku, bisa dibênum dadi: ratuning macan. La iku kabèh wusanane wong angênggoni basa têlung prakara kaya sing wis tak caritakake ing ngarêp mau. Mulane, le, adohana basa têlung prakara mau, insak Allah, mêsthi bakal slamêt ing pêmburine.

Garèng: Iya matur sêmbah nuwun sing ora karu-karuwan kae, ma, dene wis paring pituduh kang cèkli-cèkli mêngkono.

Sêmar: Wiyah, kathik kaya kursi diarani cèkli. Sukur, le, sukur, dene kowe wis mangrêti apa kang dadi pituturku mau. Nanging ing sarèhning iki wis rada awan, rêmbugane padha dilèrèni samene bae dhisik, liya dina padha dibanjurake manèh.

Griya pamondhokan ing nagari Walandi

[Grafik]

Ing nginggil punika gambar griya pamondhokanipun para wanita ing Des Haag, nagari Walandi.

--- 928 ---

NGOBROL ING DINTÊN SABTU

BAB PASULAYANING PAMANGGIH

Mênggahing tiyang punika pamanggih tuwin pangraosipun beda-beda. Ingkang satunggalipun mastani eca upaminipun, dèrèng kantênan bilih sanèsipun ugi mastani eca. Makatên ugi manawi satunggalipun amrayogèkakên dhatêng salah satunggiling prakawis, bokmanawi sanèsipun malah mênthèng kèlèk aliyas botên anocogi. Kados ta: Radèn Mas Hirman utawi nyo Wellem upaminipun, punika nêdha punapa kemawon, manawi botên mawi mêrtega, inggih botên ngraosakên nikmat, dados ing ngriku cêtha, bilih Radèn Mas tuwin nyo Wellem wau anggadhahi raos yèn mêrtega punika eca. Nanging kosokwangsulipun Sarimin, punapa malih nêdha ngantos kalêbêtan mêrtega, botêna munêg-munêg padharanipun, sawêg mambêt kemawon bokmanawi sampun blokeran. Dados ing bab mêrtega punika sang Radèn Mas utawi sang nyo Wellem sampun beda pamanggih tuwin pangraosipun kalihan pun Sarimin.

Samangke tuladan sanèsipun. Jipro Sarinah, mopro Jayawikalpa utawi mênir Krama Dhêmpul upaminipun, amastani bilih ing ngalam donya punika botên wontên kasênêngan ingkang anyêgêri utawi ngrêmênakên kadosdene dhangsah aliyas jogèd rangkul, nanging kosokwangsulipun Mas Rara Sulastri, Radèn Ngantèn Kramantika utawi Mas Ngabèi Bêksasampurna, punapa malih ngantos tumut dhangsah, sawêg sumêrêp kemawon bokmanwi inggih sampun kraos nêg.

Mênggah upaminipun, pamanggih ingkang dipun wastani lêrês punika ingkang dipun cocogi ing akathah. Kados ta: puhan lêmbu upaminipun, punika kathah-kathahing tiyang amastani sae sarta mumpangati tumrap kasarasaning badan. Ing sarèhning kathah ingkang mastani makatên, langkung malih miturut panitipriksanipun para ahli pancèn inggih cocog, amila inggih lajêng katêtêpakên, bilih puhan punika sae lan mumpangati. Dene lajêng wontên tiyang ingkang botên anocogi sarta amastani, bilih puhan punika awon, jalaran sintên ingkang ngulinakakên ngombe puhan ambêtipun têmtu lajêng prêngus, lo, tiyang ingkang makatên punika, jalaran anggènipun nyimpang saking pamanggihipun tiyang kathah wau, inggih sok lajêng dipun wastani tiyang nylênèh.

Tiyang ingkang beda utawi nyêlèh pamanggihipun sok sagêd dipun wastani: tiyang kênclung, gêndhêng kalihan tiyang kathah, punika manawi botên kalêrêsan utawi tiyang edan. Tumrap ingkang nglampahi piyambak, sadaya pamanggihipun, punapadene ingkang dipun tindakakên, kintên-kintên rumaosipun inggih sampun lêrês lan punapa samêsthinipun. Nanging ing sarèhning sadaya-sadayanipun wau beda lan nylênèh kalihan tandang-tandukipun tiyang kathah, amila sok lajêng dipun têtêpakên kemawon, bilih tiyang wau plêsir èngêtanipun utawi tiyang edan.

Ewasamantên tiyang mêksa botên kenging giri-giri mastani ing sanès: edan, gêndhêng lan sasaminipun, dumèh tindak-tandukipun nylênèh utawi beda kalihan tiyang umumipun. Awit sok wontên kalamangsanipun tiyang ingkang nylênèh pamanggih tuwin tindak-tandukipun, dados tiyang ingkang sok dipun wastani: gêndhêng utawi edan wau, sajatosipun tiyang ingkang pinunjul ing kawruh utawi sêsêrêpanipun. Murih cêthanipun, ing ngriki kados prêlu mêndhêt tuladan sawatawis, kados ta ingkang badhe kacariyosakên ing ngandhap punika:

Ing jaman kina wontên satunggiling tiyang, ingkang jalaran saking nylênèhing tindak-tandukipun, dening sabên tiyang dipun wastani: tiyang edan, gêndhêng lan sasaminipun. Manawi nitik lêlampahanipun sabên dintên, kados inggih botên kenging dipun paibên, bilih tiyang wau dipun wastani tiyang ingkang kirang èngêtanipun. Kados ta ing satunggiling dintên ing wanci siyang tiyang wau mlampah-mlampah sarana mabêkta obor, lan sabên pinanggih ing tiyang têmtu lajêng dipun obori. Manawi wontên ingkang pitakèn mênggah pikajênganipun têka ing wanci siyang ambêkta obor, wangsulanipun: "aku arêp anggolèki sing jênêng manusa sêjati." Sintên ingkang mirêng wangsulanipun wau, têmtu lajêng gumujêng sarta amastani tiyang edan. Nanging mênggah salêrêsipun, pikajênganipun tiyang wau amung badhe ngèngêtakên dhatêng têtiyang ing ngriku sampun tansah angagêngakên dhatêng kasênêngan utawi nuruti hawa nêpsunipun, nanging sami ambudiya dhatêng lampah kautamèn. Jalaran saking tindakipun tiyang-tiyang anggènipun tansah ambujêng dhatêng suka-suka wau, salajêngipun nuntên anglirwakakên dhatêng tata têntrêm tuwin kasantosaning praja. Ing wusana sarêng nagari wau sagêd karêbat ing mêngsah, ingkang anjalari lajêng dados rerehanipun praja sanès, têtiyang ing ngriku sawêg mangrêtos mênggah pikajênganipun tiyang ingkang dipun anggêp ewah èngêtanipun wau. Kajawi punika taksih kathah malih lêlampahanipun tiyang wau ingkang dipun anggêp ing akathah kadosdene tindakipun tiyang edan.

Makatên ugi ing kala rumiyin, sintên antawisipun têtiyang bangsa Inggris ingkang botên amastani suwargi Stevenson botên edan, kalanipun tuwan wau sawêg rekadaya adamêl sêpur ingkang kapisanan. Sintêna tiyang ingkang sumêrêp utawi mirêng punapa ingkang sawêg dipun adani dening tuwan wau, têmtu inggih lajêng gumujêng latah sarta anyanthulani makatên: E, la, pancèn wong gêmblung. Apa rumangsane arêp madhani

--- 929 ---

karo ingkang Kuwasa, kathik arêp reka-reka gêgawean sing mokal-mokal mêngkono. Nanging kadospundi mênggah ing wusananipun? Têtiyang jaman samangke ingkang sami sagêd mêthik wohing padamêlanipun suwargi Tuwan Stevenson wau, dumuginipun sapunika inggih tansah angaji-aji dhatêng asmanipun.

Sanadyan ing tanah Jawi kemawon kadhangkala ugi sok sagêd kalampahan, wontên tiyang dipun anggêp ing akathah kadosdene tiyang edan, gêmblung, bêgja-bêgjanipun dipun wastani: bangsa majênun, nanging ing wusananipun jêbul bangsanipun tiyang alim, ingkang sampun ngêmohi dhatêng kadonyan. Amila tindak-tandukipun lajêng sok nyulayani kalihan kaprahipun tiyang. Ing salajêngipun kadospundi pangaji-ajinipun tiyang kathah dhatêng tiyang ingkang nylênèh tindakipun makatên wau, ing ngriki botên prêlu kula aturakên, para maos têmtunipun sampun anguningani piyambak.

Samangke kula badhe ngandharakên pamanggih kula piyambak, ingkang kintên kula ragi beda kalihan pamanggihipun tiyang kathah. Sanadyan kula punika sanès bangsanipun suwargi Tuwan Stevenson, utawi sanès bangsanipun ngulami, ingkang sampun ngêmohi kadonyan awit: mi, cap cae, saoto, gudhêg tugu, dalasan bakaran bêton pisan, kula pancèn inggih taksih ngèmêl - panuwun kula dhatêng para maos mugi sampun guru-guru amastani dhatêng kula ingkang botên-botên. Kadar punika namung pamanggihipun pun Pênthul, dados manawi lêpat utawi kalintu, mugi kula aturi ngêpringakên kemawon, dene manawi kagalih lêrês, inggih sukur alhamdulillah.

Mênggahing tiyang kathah, manawi wontên priyantun agêng ingkang angêgungakên kaluhuranipun punapadene pangkatipun, langkung malih manawi priyantun wau kagungan panganggêp dhatêng rerehanipun utawi dhatêng para ingkang apangkat alit kadosdene dhatêng sêmut, mrutu utawi baccil pisan, lo, punika sok lajêng botên rêna manahipun. Rumaosipun tindaking priyantun luhur ingkêng makatên punika sampun botên mathuk kalihan jamanipun. Nanging mênggahing pamanggih kula botên makatên. Priyantun luhur ingkang kagungan tindak kados ingkang kacariyosakên ing nginggil, punika manawi pamanggih kula sampun mêsthinipun, sarta nama anglênggahi kaluhuranipun. Inggih priyantun ingkang makatên punika ingkang sagêd anyakecakakên tiyang kados sakula punika. Ing sarèhning kula sadaya samangke ingkang dados idham-idhamanipun botên sanès kajawi sagêdipun mardika ing samudayanipun, amila mênggahing pangraos kula, inggih namung para priyantun luhur, ingkang ngêgungakên kaluhuran tuwin pangkatipun wau, ingkang sagêd mulang dhatêng kula sadaya caranipun lampah kamardikan. Kosokwangsulipun priyantun luhur ingkang sae tangkêpipun lan andhap asor, inggih punika krêsa ngasorakên saliranipun, punapadene sêmanak sarta krêsa rêmakêt dhatêng rerehanipun utawi têtiyang ingkang apangkat alit, punika botên ngêmungakên botên anglênggahi kaluhuranipun, nanging malah nyilakani dhatêng tiyang sakula barang punika. Mênggah têrangipun makatên:

Anggèn kula amastani, bilih priyantun agêng ingkang angêgungakên kaluhuranipun tuwin pangkatipun, cêkakipun ingkang kagungan wêwatêkan dhiri, sagêd nyêkecakakên utawi mêrdikakakên tiyang sakula punika, jalaran limrahipun bangsanipun tiyang andhapan kados kula punika, kados ingkang sampun kula aturakên ing nginggil, namung dipun anggêp kadosdene: sêmut, mêrutu, baccil, malah kadhangkala sok sagêd dipun anggêp kadosdene hawa kemawon, têgêsipun tumrapipun priyantun luhur wau, kula punika botên wontên babarpisan. Ing sarèhning kula dipun anggêp kadosdene hawa, dados botên katingal jênggêrênipun, amila kula lajêng sagêd ngrumaosi mêrdika. Wontên ing ngarsanipun priyantun luhur punika, kula badhea linggih jegang, singsat-singsot, pêthènthèngan, lan sasaminipun, kados inggih botên wontên sarusikunipun, jalaran tiyang inggih namung hawa kemawon botên katinggal wujudipun. Mangga, punapa ngrikinipun botên nama enak eca, nggêbêg rangka, mangku yu Krama.

Beda sangêt kalihan priyantun luhur ingkang andhap asor tur sêmanak. La, punika nyilakani kula sadaya sayêktos. Jalaran ingatasipun priyantun luhur têka andhap asor, têgêsipun krêsa angasorakên saliranipun dhatêng tiyang sakula ingkang bakunipun pancèn tiyang asor. Ingkang makatên punika kenging kula upamèkakên kadosdene pangajinipun priyantun agêng wau upaminipun f 100,- lan pangajinipun tiyang alit sakula namung f 1,-. Samangke manawi priyantun luhur wau lajêng krêsa angasorakên saliranipun ngantos namung pangaji f 1,- miturut kawruh logica (kamêsthianipun) pangaji kula inggih lajêng larut ngantos namung pangaji 1 cent. Pikajêngipun manawi wontên priyantun luhur krêsa ngasorakên saliranipun, ingkang dados tiyang ngadhapngandhap. wajibipun inggih kêdah botên kenging kawon asor, dados ngrikinipun inggih lajêng kapêksa kêdah saya angaosi dhatêng priyantun luhur wau. Langkung malih manawi kagungan panggalih sêmanak, limrahipun wontên ing pundi-pundi inggih krêsa andangu utawi aruh-aruh. La, punika saya ukuman malih. Awit manahipun lajêng botên ngraos mêrdika babarpisan. Sanadyana sawêg botên kobêr sangêt, sawêg èwêd nyambut damêl ... ngiyat pinci upaminipun, ing mangka lajêng dipun cakêti priyantun luhur ingkang andhap asor tuwin sêmanak wau, ngrikinipun inggih lajêng kapêksa ngglethakakên iyatanipun prêlu badhe atur urmat. Mangga, punapa punika botên ngajak rêkaos kemawon.

--- 930 ---

Amila mênggahing kula aluwung mrangguli priyantun luhur ingkang ngêgungakên kaluhuranipun katimbang ingkang andhap asor.

Makatên ugi ing padamêlan limrah, punika manawi pangagêngipun sae, rêmakêt saha andêmênakakên tumrap para rerehanipun, ingkang dados rerehanipun inggih kojur sayêktos. Awit saking saening tangkêpipun pangagêng wau, rerehanipun inggih lajêng kapêksa langkung ngatos-atos panyambut-damêlipun. Rikuh badhe nindakakên punapa-punapa ingkang botên dados sarjuning pangagêngipun lan sasagêd-sagêd ugi lajêng ambudidaya murih pangagêngipun sagêda lêstantun sae dhatêng saliranipun. Punapa ingkang sagêd andadosakên rênguning pangagêngipun, inggih tansah kajagi sampun ngantos nglampahi. Makatên sapiturutipun. Sagêd kalampahan ingkang makatên punika, jalaran dhatêng pangagêng ingkang samantên budinipun wau, ingkang dados rerehanipun têmtu lajêng anggadhahi ajrih lan asih.

Beda kalihan pangagêng ingkang crèwèt, rèwèl, botên adil thik kawêwahan mawi ngêdir-êdirakên anggènipun dados pangagêng. La, punika ingkang dados rerehanipun, sanadyan katingalipun saprepetan kados botên sakeca, nanging salêrêsipun malah ayêm wontên ing manah. Awit saking anggènipun crèwèt lan rèwèlipun wau, rerehanipun inggih lêrês anggadhahi ajrih nanging botên anggadhahi asih. Saking anggènipun botên adil, langkung malih kawêwahan mawi ngêdir-êdirakên anggènipun dados pangagêng, wusananipun para punggawa inggih tuwuh sêngitipun. Amila ingkang kathah-kathah: têtiyang ingkang anggadhahi pangagêng ingkang makatên padatanipun wau, caranipun nyambut damêl para rerehanipun inggih botên kanthi sênêng lan rilaning manah, nanging ngêmungakên nyambut damêl, sabab rumaos ... dipun bayar.

Tujunipun botên makatên mênggah ingkang dados pangagêngipun.

Pun PÊNTHUL

Pêthikan saking Sêrat-sêrat Kabar Sanès

Indhonesiah.

Sêsakit Pès ing Cimahi.

Ing Cimahi taksih wontên sêsakit pès, mêntas wontên tiyang nama Sacak, katrajang ing sêsakit pès dumugi tiwas. Panitipriksa ing ngriku dipun tindakakên dening Dr. P. Cool, saking Sêmarang.

Ingkang ngukup arta lotre f 100.000,-

Aneta Nipa martosakên saking Padhang. Ingkang angsal lotre Don Bosco f 100.000.- bôngsa Tionghwa ingkang brandon kalihan tiyang siti. Bôngsa Tionghwa angsal ingkang tigang prapat f 75.000.-, tiyang siti ingkang saprapat f 25.000.-

Pakêmpalan Oud Bantên.

Pakêmpalan Oud Bantên kalampahan sampun ngêdalakên kalawartinipun, mêdal sawulan sapisan. Ancasing pakêmpalan wau badhe anggiyarakên ing bab babading Bantên tuwin andandosi patilasan-patilasan kina.

Para jurnalis Indhonesiah.

Sampun wontên karampunganing komite konggrès jurnalis Indhonesiah, bab anggènipun badhe ngawontênakên konggrès, inggih punika benjing tanggal 9 Agustus manggèn ing Luna Theater utawi ing gêdhong Dharma Stichting ing kampung Gêndhong, Sêmarang. Rancanganing rêmbag, sadaya mèh ngrêmbag ing bab kajurnalisan, rêrêmbaganipun kaperang siyang lan dalu. Ing tanggal 10 darmawisata dhatêng candhi Barabudhur.

Lulus saking Stovia.

Radèn Slamêt Iman Santosa, asli saking Wanasaba, lulus iksamên Ind Arts perangan kapisan. Radèn Sukirjan, asli saking Kudus, lulus angsal sêsêbutan Ind Arts.

Papriksan ampas tètès.

Kawartosakên Dr. Susila, Dr. Overbeek tuwin Ir. Van den Hout sami saking golongan pakaryan kasarasan, sampun sami mriksa kawontênanipun ampas tètès ing pabrik Maron, ingkang dipun bucal dhatêng lèpèn-lèpèn, pinanggihing papriksan, tètès wau botên andadosakên tuwuhing sêsakit malariah, kosokwangsulipun, malah sagêd dados pananggulang. Nanging bab tètès wau miturut pamanggihipun tiyang ahli bab misaya ulam, sagêd adamêl sirnaning ulam lèpèn tuwin nundhung ulam sagantên ingkang manggèn ing pinggir. Malah para juru misaya ulam ing bawah Brêbês tuwin Pakalongan, sampun nate gadhah panêmbung dhatêng administratir pabrik-pabrik gêndhis sacêlaking lèpèn Pamali, sampun ambucal ampas tètès dhatêng lèpèn. Ingkang gêgayutan kalihan pamisayan ulam punika kausulakên dening Tuwan L.V. Wijnhamer Jr. ing Mistêr Kornèlês dhatêng rad kawula.

Griya sakit ing Lumajang.

Kawartosakên griya sakit gupêrmèn ing Lumajang badhe dipun dadosakên griya sakit rêgènsêkap Lumajang, kanthi angsal pitulungan waragad.

--- 931 ---

Nyêpêng tiyang damêl arta palsu.

Rêsèrsê ing Medhan mêntas nyêpêng têtiyang siti bôngsa Batak ingkang nuju damêl arta bolong palsu. Ingkang dipun angge timah, cithakanipun sêmèn. Nalika panyêpêngipun mawi pasulayan saha anamakakên dêdamêl. Nanging têtiyang ingkang damêl sami kacêpêng.

Pamulangan sêkakêl Trijsa.

Saking ada-adanipun pakêmpalan têtiga, inggih punika Katolik Jawi, Katolikê Wandawa tuwin Wanita Katolik, sadaya manggèn ing Surakarta, sampun ambikak pamulangan sêkakêl dipun namakakên Nationale Onderwijs-inrichting Trijsa, danguning pasinaon 4 taun. Muridipun sampun wontên 46.

H.B.S. Taman Adi botên saèstu ngadêg.

Badhe adêging H.B.S. Taman Adi, kados ingkang sampun kawartosakên ing sêrat kabar, botên saèstu ngadêg, jalaran wontên pambênganipun. Wontên muridipun sakawan lajêng dipun pasrahakên dhatêng pamulangan Adidarma tuwin Taman Siswa.

Pakaryan lampah anggêgana Batawi, Medhan, mampir Singgapura.

Wiwit benjing tanggal 4 Agustus K.N.I.L.M. badhe nindakakên lampah anggêgana saking Batawi dhatêng Medhan, mampir Singgapura. Tanggal 5 bidhal saking Singgapura dhatêng Medhan, tanggal 6 bidhal saking Medhan dhatêng Singgapura, wusana tanggal 7 dhatêng Batawi. Kajawi punika lampah anggêgana Batawi dhatêng Medhan taksih lêstantun kados adat.

Dipun cakot kêthèk.

Wontên tiyang siti ing Kapawèh, Bandhung, sumêrêp kêthèk wontên ing cancangan, lajêng dipun beda, kêthèk sangêt nêpsunipun, wusana sagêd uwal saking cancangan, têrus nyakot tiyang ingkang ambeda, badanipun sami nandhang tatu, wusananipun tiyang wau lajêng nandhang sakit kados ewah, kabêkta dhatêng insêtitut pastur. Kêthèk punika têtela satunggiling kewan ingkang ambêbayani, botên kenging kangge sêmbranan. Kacariyos sri nata Constantijn nata ing Griekenland, sedanipun jalaran kacakot ing kêthèk.

Sabakarti Sêmarang.

Griya pakumidhèn gadhahanipun pakêmpalan Sabakarti, ingkang dipun dêgakên wontên ing Karêwèh, Sêmarang badhe rampung wontên ing wêkasanipun wulan Agustus. Sanadyan pandamêlipun wau dèrèng rampung sadaya, ing papan padhasaran barang kagunan, Indhonesiah sampun kangge sêsadean, prêlu kangge ngajêngakên kagunan.

Lulus iksamên ing pamulangan luhur pangadilan.

Tuwan S.A. Akim, lulus dhoktoral, iksamên kapisan ing pamulangan luhur pangadilan ing Batawi. Tuwan R.I. Supama, tuwin Tuwan Samyana, lulus kandhidhat iksamên perangan kapisan.

Misaya ulam.

Benjing tanggal 27 Sèptèmbêr, 25 Oktobêr tuwin tanggal 8 Nopèmbêr ngajêng punika, ing talaga Ciburui Padhalarang, badhe dipun wisaya ulamipun. Ing talaga wau dipun ingahi ulam tambakan 500.000, ulam mas 100.000, tawèhtawès. 100.000 tuwin bandêng 80.000. Miturut pratelanipun Tuwan W. Groeneveld Jr. inggih punika ingkang maosi talaga, gêsanging ulam sae, amargi pangingahipun sarana pitêdahipun tiyang ahli, dipun pakani pakan ingkang kamaligèkakên, samôngsa toya alit, ing pinggir dipun tanêmi sukêt. Cara makatên wau badhe katindakakên wontên ing talaga ing Surakarta tuwin Ngayogyakarta.

Asiah.

Nyirnakakên golongan komunis

Syang Hai 18 Juli (K.P). wontên pawartos saking Nansiang, golongan komunis ing Kiangsi dipun têmpuh wantêr, ngantos kèngsêr dhatêng Phukin, wontên ingkang dhatêng Unan utawi Upèh, dados golongan komunis nilar Kiangsi, ingkang sampun dipun broki. Golongan wau ingkang manggèn sawetan Kiyungho ugi malêbêt dhatêng Phukin.

Pawartos saking Administrasi

Lêngganan nomêr 4032 ing Krêtêg. "Pertenoenan Wastra Tanahabang, Gang Pangoeloe No. 42, Batavia-Centrum, Bikin roepa-roepa barang tenoenan.

Lêngganan nomêr 3405 ing Panumping. Dèrèng sagêd ngaturi katêrangan.

Lêngganan nomêr 4822 ing Cêpu. Botên lêrês.

Lêngganan nomêr 5236 ing Rêmbang. Inggih lêrês.

Wara-wara

Ngaturi uninga, Kajawèn ingkang kalêrês mêdal ing dintên Rêbo ngajêng punika botên kawêdalakên, amargi ing dintênipun Salasa kalêrês dintên agêng Grêbêg Mulud, dados kêsupêkên panggarapipun. Nanging wêdalipun Kajawèn ing dintên punika, isinipun dipun indhaki, murih botên adamêl cuwaning panggalihipun para maos.

Adm. lan Rd. Kajawèn.

--- 932 ---

Wêwaosan

Dhêndhaning Angkara

30.

O, kônca, raosing susah botên namung wontên ing sampeyan kemawon. Sanadyan kula punika katingalipun wontên ing ngriki, dados mêngsahing bandara sampeyan, nanging raosing manah kula, botên beda kados raosing manahipun tiyang ingkang ugi kadunungan trêsna dhatêng ingkang sampun seda. Kajêng kula, layonipun sang senapati badhe kula aturakên sang prabu.

Abdi pakathik botên mangsuli, lajêng nguculi kapal kêkalih ingkang wontên ing cancangan. Ingkang titihanipun sang senapati dipun sukakakên Abdullah. Abdullah lajêng ngangkat layonipun sang senapati dipun bêkta numpak kapal, pakathik anglawani kalihan nyuwara lirih: o, kumênyuting atiku kang rasakarasa. ora kapenak, tinêmune kaya mangkene iki.

Abdullah nyawang dhatêng pakathik kanthi karaos ing manah, wusana wicantên: môngga kônca bidhal. Sasampunipun makatên, kapal lajêng dipun gêbrag ambandhang, lampahipun sumêbut sinarêngan tumungkêbing pêpêtêng dalu.

XIII Sang putri wontên ing pakunjaran

Dhawahing kasusahan ingkang pinanggih wontên ing praja Ngêsam, tansah tumpa-tumpa. Praja Ngêsam ing wêkdal punika, kenging dipun wastani, sawêg manggih bêbêndu. Sang prabu tansah mêmpên wontên ing kadhaton, nyênyuwun dhatêng Pangeran, murih prajanipun luwar saking pêpêtêng.

Nanging mênggahing sang prabu, pêlênging panggalih namung dhumawah dhatêng sang putri, ketang wêlas sangêt, dene têgêl masesa putra kados makatên. Nanging manawi ngèngêti praja, kados-kados inggih namung tindak makatên punika ingkang sagêd damêl têntrêm, sang prabu ngantos asring kawiyos pangandikanipun: anak wadon iku têtêp diparibasakake satru mungging cangklakan.

Wiyosing pangandika nata ingkang kados makatên punika anocogi sangêt kalihan lêlampahanipun sang putri ing wêkdal punika, kawontênanipun namung tansah adamêl risaking panggalihanipun sang prabu. Èwêd pakèwêdipun tansah pinanggih. Yèn mirid dhumawahing pamisesa, sang prabu wênang nindakakên, tanpa èwêd pakèwêd, nanging manawi ngèngêti raosing tiyang sêpuh dhatêng anak, tindak pamisesa punika adhakan nuwuhakên raos ingkang gêgayutan katrêsnan, saya tumrap sang prabu, dhasar putra namung satunggal, raosing misesa putra, karaos kados masesa sarira piyambak. Kados makatên raos rêkaosipun tiyang sêpuh.

Kacariyos sang putri sarêng sinêngkêr wontên ing gêdhong, rintên dalu namung muwun ing batos, tangèh sagêda manggih katêntrêman ing panggalih. Tur mênggah kawontênanipun, gêdhong pasêngkêran wau sarwa anêngsêmakên, botên pisan-pisan awujud papan pasiksan, malah sadaya kadamêl sarwa nêngsêmakên. Nanging inggih sanadyan awujud adi pèni ingkang kados punapa, tumrapipun sang putri botên wontên ingkang sagêd dados panglipur.

Namung wontên ingkang dados panglipur sakêdhik, inggih punika manawi sang putri ngandikan kalihan parêkan ingkang dipun patah ngladosi. Manawi nuju makatên, pangandikanipun sang putri gumrècèk kados botên katabêtan sungkawa.

Ing kala punika sang putri nuju sarean kalihan ngandika: bocah wadon, coba kowe ngandhakna kaanane ing kadhaton, kapriye kaanane kangjêng rama.

Parêkan: gusti, kangjêng rama dalêm katingalipun sangêt sungkawa, tansah angraosi panjênêngan dalêm.

Mêsthi bae bocah wadon, sanadyan aku samono uga, ing batin tansah anggagas mênyang kasugêngane kangjêng rama, muga aja manggih kasêkêlan kang ora-ora, awit kaparênge kangjêng rama iku satêmêne bênêr.

Punapaa gusti, manawi kaparêngipun ingkang sinuhun lêrês, têka mawi anggalih ingkang sagêd damêl kasêkêlan. Ingkang sinuhun kêkirangan punapa, inggih badhea kagungan tindak punapa kemawon tamtu kalampahan.

Satêmêne iya mangkono bocah wadon, kowe sumurupa: ya, tak kandhani. Sing ngrusak galihe kangjêng rama kuwi satêmêne rak aku dhewe.

Punapa panjênêngan dalêm têka nêmaha ngrisak panggalihipun kangjêng rama dalêm, bok dipun dhèrèk kemawon.

Pancèn iya jalaran saka anggonku ora andhèrèk kaparênge kangjêng rama mau, anggonku nêmahi kaya mangkene. Mêsthine kowe wis mangrêti kabèh ing bab lêlakon iki. Wis, wis, cuthêl. Saiki salin, apa kowe krungu wartane maling kang mêntas ngambah kadhaton.

O, gusti, bab punika kula ajrih matur, amargi manawi ngantos kamirêngan ing abdi jagi, sisip-sêmbiripun kula badhe manggih kalêpatan. Panjênêngan dalêm uningaa gusti, sasolah panjênêngan dalêm punika tansah dipun ulat-ulatakên ing tiyang. (Badhe kasambêtan)

--- 165 ---

Nomêr 42 taun I

Taman Bocah

Lampiran Kajawèn, Kawêdalakên sabên Sabtu.

Cangkriman

Thing thèng, thing thèng, thing thèng ... gliyêr-gliyêr ... grêg ... hah, saiki lagi rumasa lêga atiku, dene sêpure wis têkan ing ênggon kang dak tuju, tur akanthi slamêt. Bêcik tak sêngkakne lakuku, supaya enggal nuli têkan ing sangarêping para mitraku bocah kang padha maca taman Kajawèn bagian wacan bocah. Sabab aku kèlingan, dhèk sêmana duwe kasaguhan arêp ngudhoni cangkriman manèh, ana ing taman bocah kene.

Kiraku para mitra uga akèh kang padha ngarêp-arêp têkaku, lan bisa uga salah sijine ana sing anggarundêl, dene apa kok nganti kasèp ora ana katon mêncungul, apa baya anyidrani jangjine dhewe. O, ora mangkono para mitra, mulane nganti watara lawas aku ora ngêtoni ing taman bocah, sabab aku rak wis kôndha ta, ya iku: bokmanawa entuk wêwêngan liyane manèh, kaya kandhaku ing Kajawèn ôngka 31 dhèk biyèn. Dadi ora kêna ditamtokake.

Nanging aku duwe panjaluk dhisik, cangkriman kang bakal dak batangake iki, bêcike aja dianggêp cangkriman lumrah kae lo ca. Anggêpên minôngka pambukaning nalar bae.

Dene cangkriman pambukaning nalar mau, kaya ing ngisor iki.

I.

Jajal golèka ukara, kang cacahe ana 22 wanda, gunggung 9 têmbung, nanging wanda-wanda mau padha nglêgêna kabèh, ewasamono yèn diwaca cêtha, uga anduwèni têgês, ya iku atêgês salah sawijining pawarta utawa pituduh, kang larase bisa nuwuhake sêdhihing atine wong kang ambêk wêlasan.

II. Iki manèh panunggalane

Ana ukara cacahe ana 8 wanda, sing 4 nglêgêna, liyane nganggo sandhangan wulu suku, nanging yèn ukara mau diwaca molak-malik, ya iku saka kiwa manêngên utawa mangiwa, unine padha bae, lan iya padha karêpe (têgêse). Lah ukara sing kapriye iku, mara nulisa. Olèh-olèhane enggal aturna marang rama Sêbul, supaya ana sing ngêlidi, kapriye mungguh salah bênêre panulismu mau. Sabab rama Sêbul uga wajib ambijèni.

III. Iki panunggalane manèh

Ana ukara kang wilangane ana 8 wanda, iya nganggo [ngang...]

--- 166 ---

[...go] sandhangan salumrahe. Nanging yèn ing saburine wanda kang kaping 3 ing sajroning ukara mau sinêsêlan pada lingsa, ukarane banjur atêgês pituduh, kang wose (karêpe) nuduhake kaanan rong rupa (wêwujudan rong warna). Kaping pindhone yèn pada lingsa mau diêtrapake ana ing burine wanda kang kaping 4, ukarane uga isih atêgês pituduh, nanging wose (karêpe) mung nuduhake kaanan sawarna. Ukara kang kapriye iku, mara tulisên.

Panjurung saka mitra bocah Malang: Nirrasa. Barèng.

Kabungahaning para Murid Sêkolah

[Grafik]

He, bocah murid-murid sêkolah, mêsthine kowe tansah kèlingan kalane padha bungah-bungah, ya iku yèn nuju unggah-unggahan. Ing kono padha bisa ngrasakake sênêng-sênêng tunggalan karo kônca tunggal sêkolahan.

Ing kalane mangkono mau, bocah sing nuju pasulayan, padha ilang kanêpsone, banjur bali rukun kaya adat. Awit kabungahan mau, rasane ora mung jalaran saka anggone padha dibungahake ing dina iku, iya ngèlingi prakara anggone bungah munggah pangkate, dadi bungahe tansah lumintu bae. Wiwit dina mau sabanjure nganti tapak sêkolah manèh, mung sênêng thok.

Nanging kosokbaline, yèn ora munggah, kabungahan sing kaya ngono mau mung gawe ora sênêng, sing dirasakake mung prakara anggone ora munggah.

Mara coba pikirên, yèn bocah ora munggah iku saka lupute sapa. Ora liya iya saka lupute dhewe, mêsthi saka kurang mêmpêng sinau.

He bocah-bocah, èlinga mênyang wajibmu dadi murid, kasênênganmu bèn kêtêmu tanpa sandhungan.

Ing dhuwur iki gambare para murid pamulangan ing nagara Bukarès, tanah Romaniyah, kalane bungah-bungah, dening Sang Pangeran Pati Michael. Iba sênênge.

--- 167 ---

Mijil

Bocah Nakal

Kacarita ana bocah cilik / jênênge Si Kêmpros / êndhèk cilik dêdêg pangadêge / mata mlilik pratôndha mathakil / yèn lumaku iplik / umuke kêladuk //

dadi murid kabèh padha nyirik / ora gêlêm awor / ewadene ngêtog badhigale / yèn sêkolah masthi sangu krikil / plinthêng ora kèri / nèng kanthong mandhukul //

yèn sumurup manuk ana nguwit / diplinthêng mak klothok / manuk tiba diparani gage / yèn kancane ana sing ngruruhi / wangsulane nyêngit / ya bèn saêsirku //

apa kowe jaluk plinthêng gênti / ênya gilo klothok / sing diplinthêng lunga karo mèwèk / wadul marang kancane cah gêdhi / wangsulane manis: / mênênga cah bagus //

saya lawas dhugale andadi / guru kêrêp alok / iya Kêmpros bocah nakal kowe / ngati-ati yèn ora marèni / sida wurung murid / besuk dadi bajul //

ora kêndhat malah sundhul langit / nakale Si Kêmpros / lawas-lawas klakon diwêtokke / ana jaba ora gêlêm mari / malah angluwihi / jênêng wis kêpatuh //

kocap mungsuh padha ngincim-incim / suwe-suwe klakon / ditangani nganti sakatoge / rêmpak-rêmpu awak mili gêtih / iya ngono kuwi / tambane cah bêsur //

Si Su, Ing Sala.

Mantêp ing Ati, Bisa Dadi

I.

Ana bocah jênênge Suhardi, anak warôndha, omahe ing kampung Kusumadiningratan. Êmbokne Suhardi iku jênêng bok Wirasukarta, anggone ditinggal mati sing lanang wiwit nalika Suhardi lagi umur limang taun.

Anake êmbok Wirasukarta kang bisa lêstari urip mung loro, iya iku: Suhardi lan bocah wedok cilik adhine Suhardi, jênênge Suhardiyêm.

Suhardi wis sêkolah, manggon ana ing klas loro. Uripe êmbok Wirasukarta iku tansah kacingkrangan, amarga pagaweane mung ngobèng ambathik, pamêtune ora sapiraa, ora cukup kanggo ngingoni lan nyandhangi anake. Ing sadina-dina êmbok Wirasukarta tansah nandhang prihatin, luwih-luwih barêng ing môngsa pagawean lagi kêndho, rasaning atine ing sadina-dina kaya diwênyêt-wênyêt.

Anuju sawijining dina, êmbok Wirasukarta kôndha marang Suhardi mangkene: ênggèr, kowe dhewe [dhe...]

--- 168 ---

[...we] wis wêruh mungguh kaananku ing wêktu iki. Saiki pagawean lagi kêndho bangêt, anggonku nyambut gawe ora bisa ajêg olèh dhuwit, yèn dhèk wingi-wingi mono ngrêkasaku ora bangêt-bangêt, pamêtuku dicokot-cokot alot isih kêna, mung ing môngsa iki kang lagi kêbangêtên, dêlênge nyambut gawe, dhuwite kok ora nêtês. Amarga saka iku, ênggèr, sarèhne aku rumasa ora kuwat ngragadi anggonmu sêkolah, bêcike kowe nyopota bae, dak ngèngèrake marang babah Liyong, sing marung ana pasar kae, amarga dhèwèke butuh batur cilik, prêlu dikongkon-kongkon. Ana ing kana kowe bakal bisa mangan warêg lan nyandhang rada bêcik. Kajaba iku ing sasasine isih nganggo diblônja rong rupiyah, kapriye, kowe gêlêm apa ora.

Suhardi barêng ngrungu kandhane êmbokne yèn dhèwèke arêp diêkon nyopot anggone sêkolah, atine kodhêng bangêt, nganti suwe anggone ora mangsuli, osiking atine: hah, gèk kapriye, ta, lêlakonku iki, tamatku saka sêkolahan mung kurang rong sasi, nanging ing wêktu iki wong tuwaku lêlakone kok kaya ngene, apa aku klakon arêp nyopot saka sêkolahan mung prêlu arêp ngèngèr ana warung bae. Hah, gèk kaya ngapa kaduwungku ing besuk lah yèn aku arêp banjurake sêkolah, gèk kapriye, apa sing dak pangan ing sabên dinane, wong tuwaku karêpe wis ora mrayogakake yèn aku nêrusna sêkolah. O, iya, gajêge Si Sutarsa kae anggone sêkolah bisa nyambi nyambut gawe ngidêrake koran gambar idhup, blanjane sadina sêtali, kêna dijaluk dinan, pagaweane bisa dilakoni wiwit jam têlu awan têkan jam nêm sore, coba mêngko sore dak nêmoni dhèwèke. ... iya, êmbok, aku iya wis ngêrti marang kaananmu ing wêktu iki, nanging bab anggonku arêp koêkon nyopot saka sêkolahan, iku arêp dak sarèhake dhisik, mêngko sore aku arêp katêmu kancaku sêkolah, jênênge Sutarsa, samulihe saka sêkolahan dhèwèke bisa nyambi nyambut gawe ngidêrake koran gambar idhup, blanjane sêtali sadina, yèn dhèwèke isih butuh rewang, aku arêp milu nyambi ngidêrake koran, blanjane kêna kanggo urun-urun kabutuhan ngomah, dadi aku ora susah nyopot anggonku sêkolah.

Êmbokne Suhardi: iya ta, le, coba mêngko sore katêmua karo kancamu kang mêntas kokandhakake mau, yèn kana isih butuh rewang, kowe rak ora susah nyopot anggonmu sêkolah.

Kacarita, ing wayah sorene Suhardi wis mangkat mênyang ing omahe Sutarsa. Satêkane ing kono, Sutarta durung katon mulih, kang katon mung êmbokne wae, lagi asah-asah cangkir ana ing sumur. Suhardi banjur takon marang êmbokne Sutarsa mangkene: êmbok, Sutarsa punapa sampun mantuk. (Arêp disambung)

Sumadi, Sala.

--- [0] ---

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]