Sastra Jawa

Program Digitalisasi Sastra Daerah

  • Increase font size
  • Default font size
  • Decrease font size

Kajawèn, Balai Pustaka, 1931-08, #1646

Katalog:Kajawèn, Balai Pustaka, 1931, #1646
Sambung:
1.Kajawèn, Balai Pustaka, 1931-01, #1646. Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #438.
2.Kajawèn, Balai Pustaka, 1931-02, #1646. Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #439.
3.Kajawèn, Balai Pustaka, 1931-03, #1646. Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #440.
4.Kajawèn, Balai Pustaka, 1931-04, #1646. Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #441.
5.Kajawèn, Balai Pustaka, 1931-05, #1646. Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #442.
6.Kajawèn, Balai Pustaka, 1931-06, #1646. Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #443.
7.Kajawèn, Balai Pustaka, 1931-07, #1646. Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #444.
8.Kajawèn, Balai Pustaka, 1931-08, #1646. Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #445.
9.Kajawèn, Balai Pustaka, 1931-09, #1646. Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #446.
10.Kajawèn, Balai Pustaka, 1931-10, #1646 . Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #447.
11.Kajawèn, Balai Pustaka, 1931-11, #1646. Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #448.
12.Kajawèn, Balai Pustaka, 1931-12, #1646 . Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #449.

Ôngka 62, 20 Mulud Taun Je 1862, 5 Agustus 1931, Taun VI

Kajawèn

[Iklan]

--- [949] ---

Ôngka 62, 20 Mulud Je 1862, 5 Agustus 1931, Taun VI

Kajawèn

Kawêdalakên sabên dintên Rêbo lan Sabtu

Rêgining kalawarti punika ing dalêm tigang wulan ... f 1.50, bayaranipun kasuwun rumiyin, botên kenging langganan kirang saking 3 wulan.

Juru ngarang - administrasi Bale Pustaka, ing sawingkinging kantor palis, tilpun nomêr 2791 - Bêtawi Sèntrêm.

Sri Paduka Ibu Sori Emah

[Grafik]

Dumugining 2 wulan Agustus 1931 punika, dhawah dintên wiyosan dalêm Sri Paduka Ibu Sori Emah, inggih punika ibu dalam Sri Maharaja Putri Wilhèlminah, têtêp yuswa 73 taun, ing pamuji sri paduka wau dinirgakna ing yuswa, manggiha suka bagya, sampun kirang satunggal punapa. Amin.

--- 950 ---

Raos Jawi

Minggah Rêdi.

Tumraping bôngsa Jawi, minggah ing rêdi, punika limrahipun botên manjing dhatêng kasênêngan, punapa malih manjing dhatêng ulah raga, nanging lajêng manjing dhatêng lampah. Wontênipun makatên, awit tumindakipun minggah rêdi mawi gêgayutan kalihan piandêl, bilih lampahipun wau badhe manggih kanugrahan. Dados mênggah têrangipun tiyang minggah rêdi wau, ing sakawit sampun kadunungan raos ingkang gêgayutan kalihan kabatosan. Dene ancasipun tumuju ngalap brêkah ingkang pinanggih wontên ing patilasaning para linangkung, kados ta ing rêdi lawu, kacariyos ing pucak wontên patilasaning para dewa, kados ta ing Arga Dumilah, punika patilasanipun Bathara Endra, ugi nama Kaendran. Ing Arga Tiling, punika kahyanganipun Bathara Guru.

Ingkang nama Arga Dumilah punika, kajawi kaprah dados cêcariyosan ing bab patilasanipun Bathara Endra, ugi wontên wujudipun saèstu, papan-papan ingkang nuwuhakên pangintên têmêning cêcariyosan wau, mila tumrapipun têtiyang ingkang minggah ing ngriku, sami kadunungan antêp têrus ing manah.

Kajawi kawontênan kados ingkang sampun kacariyos wau, ugi wontên sêsambêtanipun malih, ingkang sagêd ngantêpakên piandêl, inggih punika saking gotèk cêcariyosanipun têtiyang ing ngriku. Saya tumrap tiyang ingkang pancèn dados palawangan, sagêd nyariyosakên dhatêng satunggal-satunggaling papan, mawi mratelakakên namanipun saha cêcariyosan ingkang sagêd nênarik manah. Cêcariyosan wau mawi kaencokakên kados sacaraning tiyang ngambah kadhaton, mawi ngawontênakên awisan, upaminipun manawi sampun dumugi satunggiling papan watês, yèn ta ing kadhaton, pêpindhanipun kori brajanala. Wiwit ing ngriku, tiyang botên kenging nyêngkêlit gêgaman, tuwin taksih wontên cêcariyosan malih warni-warni, ingkang gêgayutan kalihan jaman kadewan.

Limrahipun bôngsa Jawi, rêdi Lawu punika dipun wastani wingit, kajawi marginipun dhatêng pucak rêkaos, ing ngriku wontên bêbaya ingkang dipun wastani ampuhan, inggih punika angin mawa pêdhut ingkang gadhah daya asrêp anggêgirisi. Ampuhan wau samôngsa nêmpuh ing tiyang, lajêng sagêd kamikêkêlan, malah sagêd dados jalaraning tiwas, tiwasipun wau lajêng dipun wastani kalap. Nanging wontên panulaking ampuhan, ingkang tuwuh saking piandêl, inggih punika samôngsa wontên tandhaning ampuhan badhe nêmpuh ing tiyang, lajêng dipun bagèkakên sarana têmbung carêmêdan, kacariyos ampuhan lajêng sande panêmpuhipun.

Inggih jalaran saking kawontênan ingkang kados makatên punika, ngantos sapriki rêdi Lawu dipun wastani wingit, mila tiyang ingkang purun minggah dhatêng rêdi Lawu wau, tamtu adhêdhasar antêp ing manah sayêktos, lôngka ingkang inggahipun manjing dados kasênêngan.

Makatên ugi tumraping rêdi-rêdi sanès, tamtu

--- 951 ---

mawi gêgayutan cêcariyosan ingkang sairib kados makatên, botênipun inggih jalaran ing rêdi ngriku wontên pasareanipun tiyang linangkung, dados inggahipun wau nama manjing tirakat.

[Grafik]

Kêbon sêsêkaran sacêlaking rêdi ing Zwitserland.

Kawontênan ingkang kacariyosakên ing nginggil wau, salugu ingkang tuwuh saking raos piandêlipun bôngsa Jawi, ingkang nocogi kalihan raosing kabatosan. Nanging tumraping bôngsa kilenan, bab ngambah utawi minggah rêdi punika atêgês warni kalih, sapisan kangge ulah raga inggih kasênêngan, kaping kalihipun kangge ngudi kawruh. Ingkang nama kasênêngan, katindakakên ing kalanipun môngsa liburan, ing ngriku kathah para anèm ingkang ngambah ing parêdèn ingkang sungil-sungil amutawatosi, dados inggih botên kirang ingkang manggih bêbaya, ingkang jalaran saking tindakipun wau, kados ta kêplèsèd dhawah ing jurang, tur lampahipun wau inggih sampun kanthi pitêdahipun juru têdah margi. Ewadene lêlampahan ingkang kados makatên punika, botên pisan-pisan adamêl aliting manahipun tiyang sanès, sabên nuju anglêrêsi mangsanipun, kathah ingkang sami tumindak makatên.

Tindak ingkang sampun nama dados kasênêngan punika pancèn botên kenging dipun paibên, lan malih sarèhning sampun nama kacara, lêlampahan kados makatên punika malah dados ucap sae.

Kasênêngan ngambah parêdèn ingkang kados makatên punika, tumrapipun ing tanah Eropah pinanggihing parêdèn tanah Zwitserland, inggih punika ing parêdèn Alpen. Parêdènipun ing ngriku parêdèn salju, wujudipun pêthak mêmplak adamêl sêngsêming manah, mila ing ngriku botên kêndhat dados paluruganipun para among sênêng. Badhe kasambêt.

--- 952 ---

Cariyos Kina

Patilasan Kêdhung Srêngenge

Kalawarti Kajawèn ôngka 48 ngêwrat cariyos bab baya, wosipun nyariyosakên tiyang gêndam baya, nanging mawi gêpok namaning kêdhung Srêngenge (kadhatoning baya). Ing ngriki prêlu kula nyambêti katêrangan kawontênanipun kêdhung Srêngenge, namung kapêndhêt wosipun ingkang prêlu kalihan cêkakan kemawon kados ing ngandhap punika.

Mênggah dunungipun kêdhung Srêngenge punika ing bênawi Surakarta, kaprênah kidul kilèn watawis 6-7 pal têbihipun saking kitha, mila pancèn kalimrah ing pundi-pundi panggenan, kêdhung Srêngenge punika dados karatoning baya, langkung-langkung ing Sêrat Babad Jaka Tingkir, inggih ugi nyariyosakên, malah ngocapakên ratuning baya ngriku nama Ki Baurêksa. Nanging kawuningana, kêdhung Srêngenge punika nyatanipun inggih kêdhung limrah kemawon, kapara kapetang kêdhung alit, dados jujuganipun tiyang misaya ulam, padintênanipun kangge padusan tiyang tuwin lare-lare, botên mutawatosi ingatasipun kêlêlêb punapadene bab bêbaya bajul sapanunggilanipun sêpên, malah bilih nuju môngsa katiga toyanipun cèthèk katingal dhasaripun ngandhap.

Wondene kêdhung ingkang langkung agêng wiyar sarta lêbêting toya botên kantênan watêsipun, katingal wingit mutawatosi tuwin kathah bajulipun, punika kaprênah nginggilipun, kadugi namung lampahan 10-15 mênit dangunipun saking kêdhung Srêngenge, namanipun: kêdhung Ceplukan, panjanging kêdhung watawis 50-60 mètêr, wiyaripun plêg dumugi calangaping bênawi kiwa têngên. Baita-baita ingkang sami langkung kêdhung ngriku minggah mandhap têmtu kawêdalakên pinggir mèpèt lambening bênawi, awit ingkang mudhik satangipun botên wontên ingkang jajag dumugi dhasar, dene ingkang milir bilih kawêdalakên têngah lampahipun asring malang megung utawi gonjing, adamêl mutawatos dening ilining toya mulêk (olêkan), rumiyin sampun nate wontên ingkang nyatakakên, nuju môngsa katiga toyaning bênawi botên agêng, satunggiling tiyang tukang nglampahakên baita sumêdya anjajagi namung prêlu badhe sumêrêp, lêbêting toya kêdhung wontên pintên mètêr, sarana nyambêt-nyambêt satangipun dêling ngantos 4 lonjor, panjangipun kadugi kirang langkung 30 mètêr, nanging dumugi puput pucuk mêksa dèrèng sagêd kandhas jajag. Awit saking punika têtiyang lajêng sami pitados, bilih kêdhung Ceplukan wau lêbêting toyanipun wontên pintên mètêr botên kasumêrêpan. Mila têtiyang padhusunan sakiwatêngênipun sami nêtêpakên bilih kêdhung Ceplukan punika padununganing baya rêraton (kadhatoning baya).

Bênawi ngriku dados sungapanipun têtiyang lampah dagang saking padhusunan Kêdhung-gudhèl Serenan saurutipun dhatêng nglêbêt kitha Surakarta lampah mantuk kathah ingkang sami ambaita, amargi dèrèng wontên sêsambêtan tumpakan sêpur, otobis sapanunggilanipun, mila sabên 2-3 dintên sapisan [sapisa...]

--- 953 ---

[...n] kathah baita ingkang langkung ngriku wongsal-wangsul. Awit saking kapitadosanipun têtiyang kathah, ingkang sami numpak baita samôngsa ngambah kêdhung Ceplukan lajêng sami nyêmplungakên sêkul sawungkus-sawungkus utawi sakêpêl-sakêpêl dhatêng kêdhung, cariyosipun prêlu minôngka kangge asung têdha dhatêng baya-baya ingkang sami jagi sajawining karaton (pinggiring bênawi) supados botên gêndhak sikara utawi ganggu damêl, makatên gotèkipun têtiyang ingkang sampun sangêt pitados, awit inggih ing ngriku kadhatoning baya. Nanging kilap punapa ingkang kacariyosakên Jaka Tingkir punika (bak ratuning baya: Ki Baurêksa) inggih ngriku punapa sanès, kula botên wani ngêbabi, awit ing sêrat nyariyosakên: kêdhung Srêngenge. Namung prakawis kathahipun bajul, mila pancèn nyata kêdhung Ceplukan punika kathah sayêktos, kathah sangêt tiyang nyumêrêpi dumugi sapriki, makatên malih agêng sarta lêbêting toyanipun kêdhung, mèmpêr saupami inggih kêdhung Ceplukan punika wiwit kinanipun pancèn padununganipun baya kathah.

Sapunika wangsul nyariyosakên sêrat babad malih, sabên taun karatoning baya kêdhung Srêngenge kadhawuhan angladosakên pajêg baya satunggal-satunggal dhatêng karaton Pajang, kacariyos inggih gotèkipun para sêpuh kina-kina, baya-baya ladosan wau namung kangge isèn-isèn balekambang tuwin balumbang-balumbang ing patamanan sapanunggilanipun minôngka kalangênan. Nanging sarêng pindhahipun karaton Pajang, ladosan baya minôngka pajêg wau lajêng botên kocap malih. Namung dumugi samantên katêranganipun cariyos patilasan kêdhung Srêngenge. Wasana kirang langkungipun sawatawis nyuwun pangaksama para maos.

P.K. 585.

Pasar Gambir

[Grafik]

Ing nginggil punika gambar pêpêthan badhe wujuding pasar Gambir ing Batawi.

--- [954] ---

Kawontênanipun Papilyun Walandi ing Tèntunsêtèlêng Jajahan ing Paris, sasampunipun kabêsmi.

[Grafik]

Ing Kajawèn sampun rambah-rambah ngêwrat pawartos ing bab kawontênanipun tèntunsêtèlêng ingkang kasêbut ing nginggil, lan ugi sampun martosakên ing kalanipun kabêsmèn. Ing ngriki badhe mujudakên sawatawis ing bab kawontênanipun papilyun Walandi wau ing sasampunipun kêbêsmèn.

Gambar ing nginggil: tilas papilyun ingkang sampun awujud awu. Gambar sangandhapipun, juru pompa nalika tumindak ing damêl. Sisih kiwa: rêca Bali, wilujêng botên katut kêbêsmi. Ing ngandhap piyambak: Sri Paduka Prinsès Yulianah, rawuh ing papan tilas papan papilyun wau.

Kawontênan ingkang kados makatên punika para maos sagêd manggalih piyambak dhatêng ewahing sawangan ingkang andadak punika. Ewadene ing salêbêtipun wulan punika, papilyun wau sampun rampung pambangunipun.

--- 955 ---

Wulang Sae

Cara Jawi Kina ingkang Laras kalihan Jaman Sapunika

Pancènipun prakawis ingkang kula aturakên ing ngandhap punika botên badhe kula dalakên, ananging sarèhning cocog kalihan kawontênaning jaman, bokmanawi sagêd wontên pigunanipun, mila inggih lajêng kula nunutakên wontên ing kalawarti Kajawèn ngriki.

Namung prakawis sapele para maos. Anuju ing satunggiling dintên kula mara tamu dhatêng griyanipun têpangan kula, ginêman kathah-kathah nuntên dumugi rêmbag prakawis anakipun ingkang taksih sêkolah wontên ing pamulangan H.I.S. klas sakawan, punika ing wêkdal samangke yèn sêkolah sangunipun namung sasèn, inggih kabêkta saking môngsa mandêking punika. Môngka sawulan sapriki sangunipun ajêg gangsal sèn ing sadintênipun.

Ingkang gadhah griya ugi nêrangakên rekaning anggènipun nyêngklongi sanguning anakipun ngantos dumugi kantun sêsangu sasèn wau. Makatên, wiwitipun dipun suda sabribil, sarêng angsal sawatawis dintên dipun suda sasèn, makatên salajêngipun ngantos pungkasanipun lare sêsangu sasèn manahipun botên kraos. Kajawi nyudanipun kadamêl baka nyakêdhik, anggènipun lare lajêng namung asangu sasèn purun lumêbêt sêkolah punika tiyang sêpuhipun mamimawi. suka sêsorah kathah-kathah, sagêd mlêbêt wontên ing manahing lare. Sigêg.

Kula mirêng cara ingkang kados makatên punika lajêng kemutan caranipun tiyang sêpuh kula anggènipun ngupakara badan kula, kala kula taksih alit. Rikala kula taksih alit punika sabên dintên Sênèn kalihan Kêmis dipun wajibakên siyam dumugi asar. Mlêbêt sêkolah tanpa sangu, sarapan babarpisan botên nate. Tiyang sêpuh kula anggènipun nêrangakên, makatên punika namanipun tirakat. Prêlunipun supados sêkolah kula wasis lan ajêg minggah pangkat. Tumrap kadang warga kula cara ingkang kados makatên punika kaprah.

Punapa tiyang sêpuh kula anggènipun mardi kula kados kasêbut punika mawi sêdya ingkang wigatos sanèsipun, punapa sêdyanipun wau namung kados ingkang kula sêbutakên, kula botên sagêd ngaturakên.

Satunggiling prakawis ingkang nyata inggih punika tiyang Jawi ing jaman wingi-wingi, punika kathah ingkang nêngênakên dhatêng tirakat, ngêngirangi prakawis dhaharipun. Bokmanawi punika ingkang sagêd andayani lare botên kalêbêtan punapa-punapa satêngah dintên kuwawi.

Punapa cara mardi lare kados kasêbut ing jaman samangke sagêd katindakakên. Wangsulanipun bokmanawi inggih sagêd manawi tiyang sêpuhipun lare karsa nindakakên sêsarêngan.

Nitik pamanggihipun para sarjana tirakat ngêngirangi têdha punika agêng sangêt paedahipun. Wontên ing sêratipun "Levenswandel" kaca 45 Tuwan Phurstêr nyariyosakên makatên suraosipun:

Para dhoktêr ingkang majêng-majêng ing jaman samangke punika [puni...]

--- 956 ---

[...ka] kathah ingkang sami nêrangakên bilih kula sadaya punika kathah ingkang kêkathahên sangêt nêdhanipun, sarta upami sami ngêngirangi ingkang makatên punika agêng sangêt paedahipun tumrap padharan.

Kaca 46. Tindak ngêngirangi nêdha punika tumrap kasarasaning badan agêng sangêt paedahipun, saya tumrap manah (bêbudèn) paedahipun langkung kathah malih.

Wasana nyata lan botênipun sumôngga.

K. 3622.

Kawruh Sawatawis

Tawon Pundhuhan

Sambêtipun Kajawèn nomêr 61.

Manawi sampun botên mindhak-mindhak grêmbêlanipun lajêng kaêlih wontên ing glodhog enggal, wusana dangu-dangu sagêd agêng prajanipun, awit saking punika guthêkan wau lajêng kawastanan fokkamer punika mayaripun ada-ada damêl kaindhakaning juru tawon. Manawi kados ingkang kalimrah arak botên sagêd kapêsthèkakên.

Punika kaindhakaning glodhog ingkang kadamêl pêthèn punika.

Ca. rustêr, sampun kacariyos ing nginggil.

Ra. plangkan tala, ingkang kadamêl ugi kajêng, dados pikêkahing tala tur manawi nitipriksa gampil, inggih punika plangkan wau kadudut alon-alon saking guthêkan, ingkang prayogi wontên ing mangsanipun tawon mapan, punika ing wanci sêrap. Pandèkèkipun plangkan wontên ing guthêkan ngadêg lajêng srêg ing klowonganing guthêk, punika baku dipun jarag. Urutipun dhatêng wingking, punika namung miturut kajênging tawon. Sampun adat manawi damêl tala têmtu ngajêngakên bolongan marginipun, mundur-mundur ngantos 6-7 êmblog utawi langkung. Tatanan kados punika winastan: warme bouw. Wontên malih ingkang talanipun mujur utawi ngèncèng-èncèng, punika winastan koude bouw, jalaranipun inggih saking êlèng. Glodhog Jawi wontên ingkang êlèngipun wontên iringan, punika mahanani tala tinata mujur utawi ngèncèng-èncèng wau.

Ra. dhasaripun, wangun mèh kados tutupipun.

Sapunika ngrêmbag bab amaning tawon, kacariyos kathah sangêt: sêmut, cêcak, kupu macan (kupu maling) ingkang wulu cêmêng. Sadaya wau botên patosa dados karisakan, saha malih manawi cara pêthèn botên badhe sagêd lumêbêt, margi rustêr dados panyêgahipun. Manawi sêmut sagêd ganggu damêl, sukuning pêthèn kêdah dipun êkum ing toya sacara lêmari makan makatên. Ingkang murugakên karisakan, atêgês kapitunanipun tiyang ngingah tawon, manawi kaparag ama ulêr, sampun têmtu katut nalika nyêcêp madu ing sêkar-sêkar taksih wujud tigan lêmbat, lajêng nêtês wontên ing tala. Tawon ajrih sangêt dhatêng ulêr wau, katôndha manawi lajêng katilar talanipun, punika [puni...]

--- 957 ---

[...ka] tôndha wontên ulêripun. Mênggah rekadaya padulakipunpanulakipun. kula dèrèng mirêng akalipun, ewadene ingkang sampun katindakakên, prêlu kadudut lajêng kasantunan plangkan enggal.

Bab mêndhêt madu saking tala, cara limrah namung kapêrês kados parudan kalapa, punika sayêktosipun botên prayogi. Madunipun dados buthêk, jalaran rêmukaning gana tuwin rêrêgêd sanèsipun katut kapêrês. DepeDene. pirantos saking dhepartêmèn sampun wontên, wujud kados êblèg kangge damêl ès putêr. Plangkan kacêpètakên, lajêng dipun putêr wongsal-wangsul, tala lajêng mobat-mabit, ing wusana madu muncrat, namung taksih wontên ing lêbêt. Punika madunipun bêning, tur gananipun taksih sae, dados manawi kawangsulakên malih, pun êmbok-êmbokipun lajêng tumuntên ngisèni têdhanipun (madu) malih. Makatên punika pedahipun plangkan tala wau.

[Grafik]

Glodhogan tawon sawêg kapratelakankapratelakakên. ing para ahli.

Kajawèn nomêr 47 taun punika martosakên, ing Kuthawinangun wontên tiyang manggih pirantos kangge mêndhêt madu saking tala, punika cêtha saking ular-ular pirantos ingkang saking dhepartêmèn, jalaran ing panggenan ngriku dipun sukani dening lanbao konsulèn, ingkang nuladhani prakawis bab ngingah tawon. Wêwêngkonipun pang apdhèling Kêbumèn, kabar sampun 1½ taun laminipun, dados sakêdhik-sakêdhik tiyang ngriku sampun angsal pangajaran bab ngingah tawon tuwin pangupakara sanès-sanèsipun. Sakawit ingkang dados panggalihanipun nagari jalaran ing Kêbumèn cacahing glodhog tawon wontên 9000 iji.

Dumugi samantên atur kula bab andharan ngingah tawon mawi glodhog pêthèn gagrag Eropah, mugi sami dados panggalihanipun sadhèrèk tani, amargi tawon punika sagêd dados kaindhakaning tanêm tuwuh lan ing tanah Jawi botên badhe kuwatos kêkirangan pakanipun tawon, margi klapa punika ajêg sêkaripun, dados saya majêng pangingahan tawon, manawi ngrêtos ingkang dados gêgayutanipun têmtu sagêd nênangi ngajêngakên tanêman kalapa.

Mênggah sagêd kula ngandharakên salêrêsipun kula sampun nyumêrêpi piyambak wontên ing dalêmipun sadhèrèk akrab piyambak, ingkang wontên ing Karanganyar (Bagêlèn) gadhah pêthi 4 iji, kaisenan saking tawon galodhog limrah anggènipun milala saking dhusun. Cobèn-cobèn wau sampun nyênêngakên, ing sawatawis dintên saking mindhahipun sampun majêng-majêng talanipun. Pêthèn wau kadèkèk ing pandhapi, botên dados pakèwêd, kados ingkang sampun kacariyosakên ing Kajawèn ngajêng.

Sumadi.

--- 958 ---

Jagading Sato Kewan

Bab Menda

Sambêtipun Kajawèn nomêr 57.

Menda Kashmir punika saking parêden Kashmir, Simla, sarta Kalka, salèripun Lahore ing sukunipun rêdi Himalaya. Ing ngriku hawanipun beda sangêt kalihan panggenan sanès, sanajana môngsa bêntèr ugi asrêp. Dados pangungsènipun para luhur pangêrèh praja, sudagar, tiyang ingkang cêkap. Dene yèn môngsa badhidhing sami mangandhap.

Sampun kasêbut ing nginggil yèn kewanipun ing ngriku wulu kêtêl sarta langkung panjang. Mriksanana Kajawèn 56.

Menda Kasmir punika wangunipun kados ing ngandhap punika.

Sirahipun botên bukung, beda kalihan menda Etawa sarta Montgomery, kuping panjang alit, kèplèh, singat ingkang kathah dhaplang, pucukipun nêkuk mêdal mangajêng. Ulêsipun ingkang kathah abrit, adami aking mawi blonthèng panjang, ulês pêthak ugi wontên, sakubêngipun mripat tembong cêmêng. Menda Kashmir ingkang jalêr mawi jambul, wulunipun panjang sangêt, kintên-kintên 2 kaki kirang, punika ingkang dados pamêdal baku. Dene wulu punika kangge dandosan, kêmul tuwin sapanunggilanipun.

Dêdêgipun menda kasmir punika, badan wêwêg agêng, pawakan panjang, botên inggil kadosdene menda Etawa tuwin Montgomery.

Menda kasmir punika ingkang èstri pamêdalipun puhan sakêdhik. Dados cêtha menda kasmir pamêdalipun wulu.

Dene mangsanipun tiyang ngriku anggunting wulu, ing wulan bêntèr, inggih ing wulan Juli-Augustus sarta September.

Wulu punika dipun rêsiki sadèrèngipun dipun kintunakên, pangintunipun dipun têtêl. (Tumrapipun ing tanah Jawi kadosdene tiyang kintun kapuk) kakintunakên dhatêng Bombay sarta Calcutta.

Kula ningali kewan-kewan ing ngriku, kadosdene lêmbu, maesa, sapanunggilanipun, sadaya badan wêwêg, pawakan panjang-panjang, botên inggil-inggil kadosdene sanès panggenan.

Kula ing manah têka ngungun, dene tiyangipun inggih alit, kados tiyang Jawi, kulitanipun bambang, awak kadosdene bôngsa Monggul. Tiyang utawi kewanipun ugi botên inggil-ingggil kados tanah andhap.

Menda ing Allahabad salèr kilènipun Baroda wangunipun kados ing ngandhap punika:

Irung botên bukung, kuping kèplèh mangajêng, wulu pandhês, singat agêng manginggil ing pucuk nêkuk dhatêng wingking. Agêng tuwin inggilipun kados menda Etawa. Ulêsipun ingkang limrah pêthak mulus, ingkang ulês andami aking ugi kathah, namung ingkang ulês makatên punika ing mripat dumugi cungur kiwa têngên, wontên galêripun cêmêng.

Ing pambranahan kagunganipun Paduka mr. Nariman

--- 959 ---

Rowalda ing Allahabad kula sumêrêp kagunganipun menda wau, kados ingkang kasêbut ing nginggil. Sarta ugi ningali lêmbu bôngsa Gudjerat.

Ing taun 1912 wulan October, gupêrmèn ugi andhatêngakên menda wau ing tanah Jawi, sarta dhatêng Sumba. Ing tanah Jawi ingkang kathah turunanipun ingg Brêbês sarta ing Lêbaksiu. Ing Sumba dipun ingah ing pambranahan menda cakêtipun wana. Kathahipun menda jalêr 4 menda èstri 60. Rèhning menda-menda wau sae kadadosipun mila lajêng kapundhut dening pangagêng kaparingakên dhatêng Oemboe Nai Tanga ing Kênanthang, cakêtipun Waingapoe. (Badhe kasambêtan)

Kula pun H.K.d.

Rêmbagipun Garèng lan Petruk

Angsal-angsalipun Petruk saking Kesahan

Garèng: Lo, hla, kok kowe jêbul wis nang ngomah, tak arani rak isih kliyêgan nyang Mêgêlang kana, nyanthong mrene nyanthong mrana, tiwas aku arêp ngopèni kuthuk-kuthukmu sing ditêtêsake têlung sasi saprene. Hara, Truk, aku arêp takon, kêpriye kahanane ing Magêlang saiki, ana ing kana kowe pirang dina, ulihmu lagi kapan, apa padha slamêt, olèh-olèhe ngêndi, sajake kok sêpi nyênyêt.

Petruk: Hara, ana pitakon têka nglarik-nglarik dicampur dadi siji mêngkono. Hla nek sêga, jangan lodhèh, sambêl gorèng ati, bêsêngèk tempe, gorengan dhêle, saupama dicampura dadi siji, kaya-kaya iya ora bakal kangelan anggone nandangi. Balik pitakonan, wong pirang-pirang mêngkono, kok dicampur dadi siji bae, anggone nandangi (mangsuli) iya rada rêkeos. Mulane saiki tak mangsulane saka siji, nanging sadurunge aku arêp ngomongi nyang kowe, kowe arêp ngopèni kuthuk-kuthuku sing ditêtêsake têlung sasi saprene, hla, nèk mêngkono kuwi rak padha bae karo yèn arêp ambêdhog pitikku sing wis dhere-dhere. Ora, Kang Garèng, kang kapisan aku arêp nyaritakake kaanane ing Magêlang. Wah, Kang Garèng, nèk andêlêng sêsrawungane para priyayi ing Magêlang, pancèn iya nyênêngake têmênan, anggone le guyub lan rukun, wong para priyayi Mêgêlang kuwi pancèn iya padha ngudi nyang kautamaning wong urip nyara jaman saiki, mula iya ora anggumunake yèn banjur padha guyub lan rukun.

Garèng: Wah, iya sukur ta, yèn para priyayine saiki wis padha rukun. Wong aku kèlingan nalika lima utawa nêm taun saprene, anggone dibudidaya amrih bisane rukun, iya wis ora kainan, ewasamono

--- 960 ---

iya mêksa mlêndèk bae. Kaya ta: kêrêp bae diêdêgake pakumpulan, nanging sing akèh-akèh iya mung mêrêm-mêlik bae. Pakumpulan Budi Utama: mênggik mênthol, Sarekat Islam, saupama tanduran mono, iya sing kêtuwuhan kêmladhehan kae, wujude iya brindhil. Ing sarèhne saiki priyayi-priyayine wis padha rukun, mêsthine pakumpulan-pakumpulan saikine iya padha jlênthot-jlênthot lan lêmu-lêmu.

[Grafik]

Petruk: Bab anane kumpulan aku ora wani carita, jalaran sajake ing Mêgêlang kuwi wong-wonge wis ora padha butuh nyang kumpulan, hla, wong wis padha rukun guyub dhewe, prêlune apa saiki padha ngêdêgake pakumpulan. Kayadene tuwuhing pakumpulan kuwi, rak mung arêp ngrukunake wong-wonge, supaya aja tungkul cakaran bae, nanging nèk wong-wonge pancèn wis padha rukun, mau apah lagi, sèh.

Garèng: Wah, nèk kaya ngono kuwi padhane rak tanggaku Mas Bèi Sastra Ganthol kae, kuwi pangakune mangkene: Aku kiyi wong wis apik atine, wis alus, lêmbah manah, andêmênakake, pêng-pêngan, lan sapiturute, dadi iya wis ora prêlu ngrasuk agama, jalaran tuwuhing agama kuwi mau-maune rak mung duwe sêdya arêp ambêcikake bêbudèning manusa. Balik bêbudènku saikine wis mas sinangling upamane, rak iya wis ora prêlu ta aku ngrosak-ngrasuk agama kuwi. Ewasamono aku kok iya mêksa kêpengin krungu, mungguh sing kok arani para priyayi padha rukun guyub kuwi sing kêpriye.

Petruk: Aku mau rak kôndha yèn para priyayi ing Mêgêlang kuwi padha ngudi nyang kautamaning wong urip nyara jaman saiki, mulane sêsrawungane iya padha rukun lan guyub. Beda karo ing jaman purwa, sing diarani kautamaning urip kuwi anggêre digdaya sêkti môndraguna, mulane sêsrawungane iya ora bisa guyub lan rukun. Ana lair-lairan bae, iya banjur tuwuh pêrangan, sêmono uga yèn ana rabèn-rabenan, malah banjur nuwuhake pêrang gêdhe. Buktine: laire Radèn Gathutkaca, iya ana pêrang rame, nalikane Radèn Gathutkaca rabi, iya pêrang rame manèh. Seje karo kautamaning ngaurip nyara jaman saiki, yèn ana lair-lairan, para priyayi-priyayi banjur padha ngumpul ana ing kono, malah ana sing banjur padha triple, dhomino, cêkèn barang. Apamanèh yèn ana rabèn-rabenan, sing padha ngumpul malah saya akèh bangêt, iya bênêr kadhangkala sok ana pêrangan cilik, nanging sing akèh iya mung karo bojone dhewe, disêbabake anggone ora lèrèn-lèrèn [lèrè...]

--- 961 ---

[...n-lèrèn] le nglètèri Mas Ajêng Jaikêm.

Garèng: We, hla sêmbrana, kok banjur mrono clingkêre, wis, wis, aja kok banjurake anggonmu carita, mundhak gawe sênêping rêmpêlu. Luwih bêcik wangsulana pitakonku liyane.

Petruk: Ulihku ana ing Batawi wis têlung dina saprene. Dene olèh-olèh sing tak gawa, wah, iya pancèn pêpak bangêt: ingkung enthog ana, krengsengan wêdhus iya sak êmbolan, dhèngdhèng ragi iya sapanci. Nanging ing sarèhning lungaku nyang Mêgêlang Makne Kamprèt ora kèri, sanyatane mono ulihku rada anjagakake sadhiyanmu sêga salawuhane, barêng sadhiyanmu sêpi, iya banjur olèh-olèhku dhewe mau tak antêm jakob nganti ludhês.

Garèng: We, hla, iya pancèn wong andalodog, wong arêp olèh-olèh kok anjaluk disadhiyani pangan sing kompêlit. Pantêse wong sing kaya ngono kuwi, anggone arêp ngêculke olèh-olèhe iya kanthi napsir ajining sadhiyane barang dhisik.

Petruk: Lo, saiki kiyi jaman malèsèt apa ora, nèk nganti ngêbrèh nyang barang-barange, rak iya kalakon kathok siji dilêbokake gadhèn kabèh. Mungguh pitakonmu: apa padha slamêt, iya bênêr iki jênêng pitakon sing wis lumrah bangêt, nanging mungguhing aku kok ora dhêmên nyang pitakonan sing mêngkono kuwi, dhing, awit yèn aku banjur olèh wangsulan mêngkene upamane: ya slamêt, mung bae aku saiki lagi judhêg bangêt, jalaran yèn dina iki uga aku ora bisa bayar nêm rupiyah, lampuku listrik mêngko bêngi arêp dipêdhot. Lo, kuwi wis dadi wajibku kudu awèh dhuwit nêm rupiyah nyang wong sing tak takoni, nèk ora wèwèh kuwi dosa, dadi anggone takon mau mung jênêng arêp ngece bae.

Garèng: Wèyèh, nèk ditakoni kaslamêtane, banjur ngandhak-ngandhakake utang lan kabutuhane, apa iya wong dêlap. Wis, wis, rêmbugane padha dilèrèni samene bae, liya dina padha rêmbugan bab liya manèh.

[Grafik]

Ing nginggil punika kapal api "Tjisedane" ingkang nêmbe rampung panggarapipun, gadhahanipun Nederlandsche Scheepsbouw Maatschappij ing Amsêtêrdham.

--- 962 ---

Pêthikan saking Sêrat-sêrat Kabar Sanès

Indhonesiah.

Nyiksa tiyang ingkang kadakwa ngoyok.

Kawartosakên, saking pamundhutipun opênbarê ministêri, pangadilan yustisi ing Batawi maringi palilah nyêrêg saha nahan priyantun tiyang siti tiga, ing bawah Kabupatèn Indramayu, inggih punika Wadana Sindhang, Asistèn Wadana Pêmanahan tuwin mantri pulisi Sindhang. Sadaya wau badhe kapriksa wontên ing pangadilan, kadakwa prakawis nganiaya tiyang siti, ingkang kadakwa prakawis ngoyok, inggih punika niksa tiyang wau supados angakêni kalêpatanipun.

Lampah anggêgana saking Ostraliah dhatêng Inggris.

Konsul Jendral ing Batawi tampi tilgram saking Ostraliah, nyariyosakên, bilih Tuwan J. Mollison gadhah sêdya badhe anggêgana dhatêng Inggris, ngangge mêsin mabur ingkang mêntas dipun angge anggêgana saking Inggris dhatêng Ostrali. Panggêgananipun wau badhe mampir ing Batawi.

Amtênar ingkang dèrèng têtêp.

Kala taun kapêngkêr, wontên papriksan ing bab cacahipun amtênar ingkang kêgolong dèrèng têtêp. Miturut katrangan saking dhirèktur pakaryan babagan arta wontên ing rad kawula kala tanggal 1 Juli 1930, gunggunging amtênar ingkang kalêbêt ing golongan wau wontên 4800. Gunggung samantên punika ingkang 2100 miturut wêwaton, sagêd ugi kalêbêtakên ing golongan amtênar têtêp. Dene ingkang 2700 jalaran saking ngumur tuwin kasagêdanipun, botên sagênsagêd. kagolongakên dhatêng pakaryan têtêp.

Kyai Caringin dipun mardikakakên.

Kawrat kêkancinganipun Kangjêng Tuwan Ingkang Wicaksana Gupêrnur Jendral, Kyai Caringin, ingkang sapunika dipun singkirakên wontên ing Cianjur, jalaran gêgayutan kalihan prakawis ura-uru ing Bantên kala ing taun 1926, sapunika kaparêngakên wangsul mantuk dhatêng panggenanipun.

Pamulangan luhur pangadilan.

I Gusti Kêtut Puja, lulus kandhidhat iksamên perangan kalih. I Gusti Madhekunê, lulus kandhidhat iksamên perangan kapisan, sami pamulangan luhur pangadilan ing Batawi. Kalih pisan wau sami asli Bali.

Konsul Itali kajagi ing pulisi.

Jalaran saking tuwuhing ebah-ebahanipun golongan Islam, ingkang gêgayutan kalihan prakawis ingkang pinanggih ing Tripoli, konsul Itali ing Batawi dipun jagi ing pulisi ingkang kamaligèkakên jagi ing ngriku.

Kasangsaran ing margi.

Miturut cathêtan pulisi, kawontênanipun kasangsaran tiyang ing Batawi salêbêtipun nêm wulan kapêngkêr, ingkang pêjah 15, tatu rêkaos 104 tuwin tatu mayar 197, sadaya wau sami kasangsaran ing margi. Miturut katrangan saking pangagêng pulisi, tiyang 15 ingkang tiwas wau, ingkang 10 jalaran saking lêpatipun piyambak, wontên ingkang jalaran malampah nugêl margi, mlangkah ril sêpur utawi tram botên mulat. Wontên ingkang jalaran numpak sêpedhah lajêng jumêdhul saking wingking tumpakan, utawi jumêdhul saking margi alit ngambah margi agêng ingkang botên sêla.

Bab ngingah ulam toya.

Miturut pawartos, têtiyang siti ing tanah Priyangan, kêgolong sagêd ngingah ulam ing balong, ing pangingahan ngriku sagêd ngêmorakên ulam warni tiga, inggih punika nilêm, kakap tuwin gramèh. Mirid pinanggihing papriksan, nalika ambêlèk wêtênging ulam, namung pinanggih ulamipun kutuk utawi lele, dados ulam warni tiga wau botên mêmêngsahan. Pangingahan ulam ing Indhonesiah manawi dipun tandhing kalihan pangingahan ing Eropah, langkung sae ing Indhonesiah. Tumrap ing Eropah, manawi sataun angsal 600 kg. ing dalêm sahèktarê, sampun kapetang sae, nanging tumrapipun ing Tarogong (Garut) angsal-angsalan samantên wau kapetang sawêg angsal-angsalan tigang wulan.

Êmas Indhonesiah kakintunakên dhatêng Amerikah.

Kawontênanipun barang êmas ing griya pagantosan gupêrmèn ingkang botên dipun têbus, tuwin botên pajêng kasade miturut tapsiran, dados lajêng nama arta kèndêl, dumuginipun wulan April wontên f 12.161.729.13. dene ing wulan Mèi f 11.248.598.-, sadaya wau kapetang sa-Indhonesiah. Barang-barang wau ingkang saperangan dipun lêbur saha kakintunakên dhatêng Amerikah. Kala ing wulan Mèi kapêngkêr ngintunakên rêrêgèn f 1.616.159.-

Sêsakit githok ing tanah Papuah.

Sampun antawis kalih minggu, ing paboyongan tanah Papuah tuwuh sêsakit githok, kadosdene sakit cêngêng, nanging lajêng wontên pawartos susulan, sêsakit wau botên tumular dhatêng paboyongan.

Ambekot barang Itali.

Jalaran saking tuwuhing sabab ingkang gêgayutan kalihan agami Islam, golongan Islam ing Indhonesiah sami ambekot barang-barang wêdalan Itali. Malah ing tanah Indhu ugi nindakakên makatên.

--- 963 ---

Pasar Gambir.

Sanadyan jamanipun kados makatên, pasar gambir saèstu ngadêg, nanging agêngipun namung kalih pratiganipun pasar gambir kapêngkêr. Gunggunging arta sewan panggenan kêdah anampèni f 29.000.- sapunika sampun nampèni f 25.000.- Ingkang katingal suda ing bab padhasaran among dagang, namung wontên sapradasaning bango-bango.

Sêrat Kabar Soeara Indonesia botên mêdal malih.

Kawartosakên, sêrat kabar Soeara Indonesia botên kawêdalakên, jalaran saking botên têtêping pambayaripun para lêngganan.

Nyuda tatanan pêrlop.

Wontên pawartos, sakaparêngipun parentah badhe nyêgah pêrlop sawatawis môngsa tumrap amtênar ingkang balanjanipun kirang saking f 400.- sawulan. Bab punika badhe tumindak wiwit wulan Juni 1932.

Mijèni ngingah sato wana.

Kawartosakên, propensi Jawi Kilèn masrahakên siti dhatêng pakaryan wana cacah 600 bau, manggèn ing Priyangan wetan pasisir kidul, pêrlu kangge ngingah sato wana. Ing ngriku sampun dipun culi banthèng 20 tuwin mênjangan 60.

Sudaning arta asil praja.

Ing salêbêtipun gangsal wulan ing taun punika gunggunging arta asil praja wontên f 195.700.000.-, môngka tumrap gangsal wulan ing taun 1930 wontên f. 236.600.000.-, dados salêbêtipun gangsal wulan arta asil praja suda f 40.000.-. Pêpetanganipun:

Arta pajêg suda ... f 20.300.000,-

Padagangan nagari ... f 4.700.000.-

Asil siti ... f 6.400.000.-

Pangupa jiwa praja ... f 6.500.000.-

Warni-warni ... f 3.100.00.-

Pamulangan Stovia.

Mas Sudarsa, asli saking Pacitan, lulus angsal sêsêbutan Ind.Arts wêdalan Stovia ing Batawi.

Sêsakit rajakaya.

Kawartosakên wontên dhawuh saking Bogor, nêrangakên, jalaran ing Ostraliah tuwuh sêsakit rajakaya, ing wêkdal punika ngawisi rajakaya saking nagari wau malêbêt Indhonesiah.

Herordeningsplan botên dipun tampèni.

Bat. Nbld. martosakên, gêgayutan kalihan bab tumindaking arta, rêmbag têtanèn enggal ing bab pamulangan andhap ingkang dhêdhasar kilenan, botên dipun tampi dening ministêr jajahan.

Batu api pêtêng.

Punggawa pabean ing Tanjungpriuk mêntas nindakakên papriksan ing salêbêtipun kapal K.P.M. nama Karel van der Heyden, ing ngriku sagêd andênangi batu api wawrat 82 kg. ingkang lêrêsipun kêdah ambayar beya f 24.000.- Ing papriksan pinanggih wontên bôngsa Tionghwa ambêkta batu api wontên sakubênging badan wawrat 7 kg. lan wontên malih tiyang nglêbêtakên batu api wontên salêbêting wadhah gosok untu utawi salêbêting kaos.

Kuli kontrak mardika dhatêng Paramaribo.

Kala tanggal 26 Juli, wontên kuli gunggung 120 warga, cacah tiyang 460 jalêr èstri tuwin lare-lare, bidhal dhatêng Paramaribo, numpak kapal Simaloer. Kuli-kuli sadaya wau sami kuli mardika, têgêsipun botên mawi kontrak.

Asiah.

Nyirnakakên golongan komunis.

Hongkong 29 Juli (K.P.). Wontên pawartos saking Nancang, bètènging golongan Komunis ing Tungku, ingkang sakalangkung santosa. Kesahipun golongan Komunis saking ngriku, taksih dipun êlut dumugi Cangsa.

Aprikah.

Nyuwak rencang tumbasan.

London 26 Juli (Aneta-Nipa). Kawartosakên bab tumindakipun cara rencang tumbasan ing Ngabêsi dipun sirnakakên. Tatanan punika tuwuh saking pambudidayanipun pakêmpalan bôngsa Inggris ingkang botên anyondhongi bab tindak wau, saha sampun dipun condhongi Nataras, Tapari. Cacahipun tiyang ingkang dipun mardikakakên kintên-kintên wontên kalih yuta.

Eropah.

Kasangsaran mêsin mabur.

Boekarest 26 Juli (Aneta-Nipa). Wontên mêsin mabur saking Constantinopel dhatêng Boekarest, dipun tumpaki ing tiyang 7, ingkang 4 bôngsa Inggris, kêbêsmi wontên sanginggilipun Karnabate, mêsin mabur wau lajêng dhawah, têtiyangipun tiwas sadaya, saha kêbêsmi, ngantos sami ical sipatipun. Kêbêsmèn wau tumular ambêsmi wana.

Papilyun Walandi ing Paris.

Parijs 27 Juli (Aneta-Nipa). Papilyun Walandi enggal ing tèntunsêtèlêng ing Paris, badhe sagêd kabikak wontên ing tanggal 19 wulan punika.

Pawartos saking Rêdhaksi

Radèn S. ing Têmanggung. Pawartos sampun kasèp, gambar botên cêtha. Mila botên kapacak, sampun andadosakên cuwaning panggalih.

--- 964 ---

Wêwaosan

Dhêndhaning Angkara

32.

Sang putri namung kèndêl, nanging ing batos anggarundêl, pangandika nata punika nama namung têmbung nututi, lôngka sangêt sang prabu kaparêng nindakakên makatên. Têtela ngagêsang punika manawi badhe dados lêlampahan, marginipun wontên kemawon, sintên ingkang sagêd nyingkiri. Inggih kados sang putri punika, têka lajêng amanggih lêlampahan kados makatên.

Sang prabu rawuhipun wau pancèn sampun kagungan panggalih badhe ngandikani dhatêng sang putri, nanging sakalangkung ngangkah-angkah, sampun ngantos adamêl runtaging panggalihipun sang putri. Wusana sarêng sampun sarèh, lajêng ngandika malih: nini, ingsun ngrêti manawa ênêngira isi wangsulan kang kandhêg ana ing batin. Nanging kira-kira ciptanira iku bakal ora ana wusanane. Wruhanira nini, wong anom kang ngambah ing kadhaton iku ing saiki nêmoni papa sangsara, kang lôngka bisane olèh pangapura, patine mung kari ngêntèni kalamôngsa bae. Lah sira prêlu apa anduwèni pikiran kang kaya mangkono.

Sang putri: Wiyosing dhawuh pangandika dalêm, kajêngipun botên wontên malih, inggih namung atêgês pêpalang. Kawula sampun mangrêtos sangêt, bilih lêlampahan kawula punika botên andadosakên kaparêng dalêm, punapa dhawuh dalêm tamtu kawula èstokakên. Nanging sintên ingkang sagêd ngicalakên kasêtyaning manah ingkang sampun tumanêm tanpa ewah, kasêtyan punika inggih namung têgês kasêtyan, dhumawaha ing bingah utawi susah, agêngipun tiwas pisan, inggih têtêp nama kasêtyan kemawon. Dados wartos awon tuwin sae, ingkang kawula mirêngakên, sadaya namung dados rêrabuking kasêtyan kawula.

E, e, e, hêm, pintêre bocah saiki, yèn gunêman tansah gondhelan waton. Nanging nini, pangandikaningsun rungokna dhisik, ingsun tutugne. Wong nonoman iku pancène wis luwar saka bêbaya, Nata Bagêdad ora midana marang dhèwèke, malah banjur diluwari. Nanging wong iku yèn kudu narajang dosa, sanadyan didohna, iya tansah kêpêthuk bae, ing saiki wong nonoman mau kaluputan gêdhe, matèni senapatine nata Bagêdad. Wong nonoman iku bêbasane kutuk marani sunduk, malah banjur masrahake awake, mokal yèn dhèwèke bisa olèh pangapura manèh. Bab iku sira sumurupa, supaya sira bisa nimbang kalawan wêning, aja nganti sira nindakake kasêtyan kang amutatuli.

Raosing galihipun sang putri kala punika botên kantên-kantênan, saking sangêting tab-taban, sariranipun ngantos andharêdhêg, wadananipun pucêt, tingal luyut kados badhe sare. Sang prabu botên kasamaran, mangrêtos manawi sang putri kantu, lajêng ngêlus-êlus sang putri kalihan ngandika piyambakan: E, samene abote momong anak wadon.

Sajatosipun anggènipun sang prabu kagungan pangandika makatên wau badhe kagêm anglêlipur, murih sang putri lajêng botên èngêt dhatêng tiyang neneman malih, nanging pinanggihing panglipuripun sang prabu malah saya damêl kuwuring panggalihipun sang putri, nyatanipun inggih lajêng pinanggih kados makatên punika.

Sarêng sang putri sampun èngêt, lajêng ngandika ririh makatên: Tiyang ingkang sampun kêdunungan manah sêtya, satindakipun tansah katingal kemawon, saha pantês dipun labuhi. Wartos punika manawi nyata, tuwuhing sababipun botên wontên malih, tamtu jalaran saking tindak botên lêrês. Kula sampun cêtha dhatêng wêwatêkanipun tiyang ingkang saba ing kadhaton, ambêgipun prawira têrus ing manah, kawantêranipun dipun kanthèni ambêg purun pêjah. Mila sanadyan kokuma pêjah pisan, tamtu atilar gônda wangi, pantês dipun labuhana ing kasêtyan.

E, la, harak ora karuwan. Nini, pikirira têka tansah andêlarung bae. Satêmêne rawuh ingsun iki prêlu paring sumurup marang sira bab lêlakone wong anom iku, supaya sira bisa ngrêti, lan banjur eling, yèn sajatine wong iku ora kêna sira arêp-arêp.

Kawula botên pisan-pisan badhe anggêtuni dhatêng lêlampahan ingkang sampun kapêngkêr, awit manah gêtun punika upaminipun kados tiyang kapengin nampèni wangsuling bêbalang ingkang sampun ical dipun sawatakên. Nanging raosing manah sêtya botên nuwuhakên piduwung ingkang kados punika.

Nini, lêlakonira mung ingsun pasrahake marang Pangeran, ingsun rumasa ora bisa ngongkihake atinira, kukuhing atinira, kang sajatine luput, madhani kaya atosing watu.

Sang prabu sasampunipun ngandika makatên, lajêng jêngkar saking ngriku. Kacariyos sang putri saya sangêt anggènipun muwun, wadananipun ngantos katingal abrit, satêmah nuwuhakên kumênyuting manahipun parêkan, lajêng bela tangis. Nanging botên kêndhat angêngimur kalihan mêtêki. (Badhe kasambêtan)

--- [0] ---

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]

--- [0] ---

Ôngka 64, 27 Mulud Taun Je 1862, 12 Agustus 1931, Taun VI

Kajawèn

[Iklan]

--- [0] ---

Bale Pustaka

Ing Bêtawi Sèntrêm

Wiyosipun, polêk almênak Jawi taun 1932, mawi lampiran almênak templekan, sampun dados, isinipun mêpêki, rinêngga ing gambar èdi pèni.

Bale Pustaka botên kêndhat tansah angudi anuju manahipun para maos. Isinipun polêk almênak dipun pilihakên ingkang sae, ingkang migunani ing ngakathah. Mila sabên rampung pangêcapipun inggih dados rêbatan.

Môngga, murih botên kacuwan, prayogi tumuntên sami mêling dhatêng Bale Pustaka, sampun ngantos kêtêlasan.

Sabên tiyang kados sampun botên kêkilapan, botên wontên almênak ingkang saenipun saha mirahipun ngungkuli polêk almênak.

Polêk almênak Jawi taun 1932, kajawi isi pananggalan, pranatan pos saha tèlêgram sapanunggilanipun, ugi ngêwrat:

1. Tarib bayaran sêkolah, pratelan wontênipun pamulangan ing Indhia Nèdêrlan, saha gambar sêsambêtanipun pamulangan. Prêlu kasumêrêpan ing sok sintêna kemawon.

2. Pratelan cacah jiwanipun paresidhenan saha kabupatèn ing tanah Jawi saha Madura, miturut petangan Jawi taun 1930.

3. Pranatan enggal bab pangadilan agami, bab angangkat wali tuwin budhêlkamêr pribumi.

4. Bab kasarasan, maedahi tumrap sok sintêna kemawon.

5. Bab ingkang prêlu kasumêrêpan ing biyung, ocal-ocalan sapanunggilanipun, prêlu kasumêrêpan ing para wanita.

6. Bab radhio, nêrangakên tumindakipun saha paedahipun radhio, ngindhakakên sêsêrêpan.

7. Bab ngingah kuthuk mawi pirantos. Cobi kanyatakna.

8. Bab anulak ama tikus sabin ing tanah parêdèn, maedahi tumrap tiyang tani.

9. Bab griya modhèl panggaotan jatos guprêmèn. Manawi badhe damêl griya ingkang nyêkapi kabêtahan mawi waragad sakêdhik prayogi maos karangan punika.

10. Lan sanès-sanèsipun.

--- [0] ---

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]

--- [981] ---

Ôngka 64, 27 Mulud Je 1862, 12 Agustus 1931, Taun VI

Kajawèn

Kawêdalakên sabên dintên Rêbo lan Sabtu

Rêgining kalawarti punika ing dalêm tigang wulan ... f 1.50, bayaranipun kasuwun rumiyin, botên kenging langganan kirang saking 3 wulan.

Juru ngarang - administrasi Bale Pustaka, ing sawingkinging kantor palis, tilpun nomêr 2791 - Bêtawi Sèntrêm.

Sunglon ing Kupang

[Grafik]

Ing nginggil punika gambaring griya-griya ing pasisir Kupang.

--- 982 ---

Cilacap, 30 Juli 1931

Kairing Sagunging Pakurmatan

Nuwun wiyosipun, atas dhawuhipun P.G.H.B. cabang Cilacap, kula: Kudrat, mantri guru ôngka kalih nomêr satunggal, kapatah ngaturi usul dhumatêng panjênênganipun juru ngarang Kajawèn, tumrap bab panganggenipun aksara murda manut wêwaton enggal. Sarta manawi kagalih prêlu, karangan ing ngandhap punika kenging kapacak wontên ing Kajawèn.

Aksara Murda.

Ing sêrat kalawarti Kajawèn, nama-namaning nagari, tuwin namaning lare ingkang pantêsipun botên pikantuk tataprunggu utawi pakurmatan, sami kasêrat mawi aksara murda. Bab punika upaminipun pinanggih ing Kajawèn nomêr 57 taun punika. Namaning kitha: Bêtawi, Bandhung, Prabalingga, Sukabumi sasaminipun, namaning lare: Giya, Bêngkuk, sadaya sami kasêrat mawi aksara murda. Rèhning panyêratipun namaning nagari tuwin lare ingkang kacêtha ing.ngajêng wau, miturut wêwaton panyêratipun têmbung Jawi mawi sastra Jawi (kaca 12. X, saha kaca 23. X), botên kenging mawi aksara murda, dados saking pamanggihipun cabang P.G.H.B. Cilacap, adamêl kisruh dhatêng para murid, ingkang sawêg kawulang panganggenipun aksara murda manut wêwaton enggal, miturut dhawuh saking nagari.

Nalar-nalaripun kita ngantos ngaturi usul makatên, amargi kita mangrêtos kalawarti Kajawèn punika kagunganing nagari, ingkang wêdalipun ajêg saminggu kaping kalih, sarta dados sêsuluhing kita bôngsa Jawi. Pramila iba saenipun upami usul wau sagêd katampèn, awit piwulang bab panganggenipun aksara murda ing pamulangan kalihan kawontênan ing jawi, lajêng sagêd sarujuk.

Wusana mugi wontêna karsa panjênêngan paring katêrangan.

Atas namaning cabang P.G.H.B. Cilacap).Kasbut usulipun cabang P.G.H.B. Colacap ing nginggil punika, pancènipun inggih lêrês makatên. Nanging tumrapipun kalawarti Kajawèn, kêpêksa dèrèng sagêd minangkani kados ingkang kawrat ing usul wau, jalaran miturut wêwaton panyêrating basa Jawi cundhukipun kalihan kawontênan, bab tataprunggu kenging dipun pigunakakên, têgêsipun kenging kangge ngajèni dhatêng ingkang pantês ingajenan, pramila ing kalawarti Kajawèn sabên nyêbut namaning tiyang inggih taksih migunakakên aksara murda minôngka pakurmatan. (Kajawi ingkang pancèn botên wontên aksaranipun murda). Wondene bab namaning panggenan lan sanès-sanèsipun ugi dipun sêrat mawi aksara murda, punika inggih namung saking anggènipun milahakên, murih saya têrangipun para maos. Punapa malih mênggahing kalawarti, punika bilih tansah namung angèngêt-èngêt bab tataning panyêrat, ngangge tataprunggu utawi botên, saèstu ambêborosi wanci kemawon, upami sampun tharik-tharik nyêrat namaning kapala dhusun mawi aksara murda, môngka lajêng nyêrat namanipun wadana mingggahipun bupati, punika aksara murdanipun para kapala dhusun wau kêdah dipun karèt kagêntos aksara limrah, harak rêkaos. Kajawi punika ingkang prêlu dados sêsuluh: isinipun, sanès kasusastran utawi tataning panyêrat. Bab wulangan tataning panyêrat punika, tumraping para murid cêkap nampèni wulanganing gurunipun. sampun ngantos kalintu tampi. Red.

Katandha: Kudrat.

--- 983 ---

Wulang Sae

Panjagi dhatêng Pasinaoning Lare

Samangke punika jaman pasinaon, liripun sampun kathah ingkang sami ambêtahakên lan mangrêtos, punapa gunanipun lare dipun sêkolahakên. Dêrênging para sêpuh nyêkolahakên anakipun, botên namung ing golonganipun para priyantun kemawon, dalasan sadhèrèk dhusun, ingkang sami botên sumêrêp ing sastra, sampun sami katut kabuka manahipun, kapengin nyêkolahakên anakipun. Malah tumrapipun lare piyambak, purunipun sinau sampun botên susah dipun atag, sanajan dèrèng umur pisan, sampun kapengin sêkolah utawi nêdha dipun sêkolahakên. Mila ing sapunika, cacahing pamulangan jêjêl-riyêl, sanajan sabên taun botên sakêdhik wêwahing pamulangan, ewadene tansah kêbak-kêbak kemawon. Punika dadaos titikan ingkang cêtha, manawi bôngsa kula sampun sami ngajêngi saèstu dhatêng pasinaon. Botên susah dipun atag utawi dipun pêpengin, sampun sami purun piyambak. Kala sadasanan taun kapêngkêr, têgêsipun dèrèng patosa dangu, dununging satunggal-tunggaling sêkolahan punika, cêlak-cêlakipun pitu wolung pal têbihipun, trêkadhang ing pasitèn tadhahan langkung saking samantên, ananging ing samangke mèh sabên kaondêran wontên, saya ing papan ingkang kêtêl jiwanipun, dununging sêkolahan cêlak-cêlak sangêt. Langkung malih wiwit sumêbaripun sêkolahan dhusun, cacahing sêkolahan pintên-pintên, têbih cêlakipun prasasat namung tôngga dhusun kemawon.

Ngèngêti punika, cêtha sangêt manawi ing samangke pasinaon punika têtêp sampun dados kabêtahan umum, dipun bêtahakên kawula sadaya, saking kawula dhusun-dhusun dumugi sapanginggil. Sadaya sami nganggêp wigatos sarta prêlu sangêt. Awit saking punika, dados sampun samasthinipun, sadaya ingkang sami dados tiyang sêpuh, sami sagêd anjagi dhatêng pasinaoning anak, ing murih supados punapa ingkang dados idham-idhamanipun para sêpuh sagêd kalêksanan, inggih punika anak-anakipun sagêd widada anggèning sinau, sagêd mêthik uwohipun, kadumugèn anggènipun badhe anggayuh kapintêran.

Mênggah sarananipun murih sagêd kacêkap pasinaonipun punika, prêlu sangêt sami dipun jagi, supados lampahing pasinaon wau botên manggih rubeda, ingkang jalaranipun saking weyaning panjagi, kathah ingkang sami gadhah pangintên, margi saking anakipun sampun dipun sêkolahakên, para sêpuh lajêng kirang marlokakên dhatêng panjagining lare. Ingkang makatên wau lêpat sangêt, utawi sulaya kalihan sêdya anggènipun nyêkolahakên anakipun. Anggèn kula matur makatên wau, saking nitik kathahing lêlampahan, botên kirang-kirang lare ingkang sami kapintên sinaunipun, jalaran ingkang sêpuh kirang panjaginipun utawi kirang migatosakên [migato...]

--- 984 ---

[...sakên] dhatêng prêluning pasinaon. Môngka kapintêning pasinaonipun lare, inggih atêgês kapitunan agêng tumraping para sêpuh.

[Grafik]

Para murid ing sêkolahan H.I.S. Pasundhan, nomêr II ing Tasikmalaya, Priyangan.

Murih sagêd ngintên-intên dhatêng prêluning panjagi, prayogi dipun pratelakakên, bilih wêkdal ingkang kangge sinau wontên ing pamulangan, kalihan wêkdalipun wontên ing griya, punika dangu wontên ing griya. Dangu-danguning sinau punika tumrap lare ingkang sampun agêng watawis nêm jam, ingkang taksih alit kirang samantên. Sarêng wontênipun ing griya, inggih sadintên sadalu kasuda wêkdal sinau wau. Dados cêtha manawi anggènipun nampi piwulang utawi tuntunan bêbasan namung sakêdhap sangêt. Awêwaton katrangan punika, sanajan kalanipun sinau wau angsal pamardi ingkang sae, ananging manawi wontên ing griya botên dipun awat-awati, kirang anggènipun ngrêksa, sampun tamtu tuntunan saking sêkolahan wau botên andayani sakêdhik-kêdhika, malah kirang-kirang bagjanipun, wêwatakan ingkang kirang panjaginipun wontên sajawining pasinaon, sagêd ambibrahakên sêkolahipun. Awit saking punika, mila para sêpuh sampun kirang panjagi anak, dupèh anakipun sampun dipun sêkolahakên.

Salêbêtipun lare sinau, tansah dipun ulat-ulatakên ing gurunipun, ananging sabibaring sinau, para guru sampun botên sagêd makatên malih. Wiwit punika, ingkang dangu sêsrawungan tiyang sêpuhipun, mila runtutipun inggih gêntos ingkang kajibah anjagi.

Ing salêbêtipun lare taksih sinau, sasagêd-sagêd kêdah dipun angkah, ing sadaya prêlu punapa kemawon sampun ngantos wigatosing sinaunipun kirang dipun prêlokakên tinimbang kalihan sanès-sanèsipun. Badhe kasambêtan.

Sa-ta.

--- 985 ---

Bab Tanêman

Jambu

Mênggah jinising jambu punika warni-warni, satunggal-satunggalipun sami gadhah nama piyambak-piyambak, kados ta: jambu bol, punika jambu kluthuk ingkang dagingipun abrit, dene ingkang pêthak inggih namung karan jambu kluthuk pêthak. Wondene sanès-sanèsipun punika, limrahipun têtiyang ing padunungan kula, sadaya kagêbag waradin winastan: klampok utawi jambu klampok, kados ta: klampok bali, klampok watu, klampok kagèt, wèr, ijo, thokal, tuwin sapanunggilanipun. Wontên malih, sanadyan sami-sami jinisipun, nanging têtêp kasêbut jambu, inggh punika: jambu wèr tuwin jambu dêrsana. Makatên limrahing têtiyang ing padunungan kula anggèning mastani bôngsa jambu sagolonganipun wau. Lan malih dèrèng wontên caranipun tiyang nanêm jambu sarana dipun turus, amargi kuwatos manawi botên sagêd gêsang. Pramila mênggahing pananêm, limrahipun namung sarana wiji, kadhêdhêr rumiyin utawi sarana dipun cangkok.

[Grafik]

Jambu wèr.

Amargi saking punika, ing ngriki kados botên wontên awonipun saupami nêrangakên kadospundi mênggah pratikêlipun nanêm jambu sarana katurus, awit kula piyambak sampuin nate nyobi, mila inggih lajêng sagêd mastani lêrês bilih jambu punika kenging dipun tanêm sarana katurus. Mênggah pratikêlipun kados ing ngandhap punika:

Angêthoka pang jambu ingkang agêngipun watawis sadoran pacul, langkung agêng sakêdhik inggih kenging, nanging miliha pang ingkang umuripun botên kirang sataun laminipun, panjangipun 3 utawi 4 kaki, ing bongkot dipun lancipi, sanginggiling lancipan, kulitipun dipun kalokop satêngah mubêng. Lajêng katancêbna ing pasitèn ingkang sêngaja badhe katanêman jambu, tanpa dipun kowak, malah kagandhèna kados sacaraning tiyang damêl pathok, tumancêbipun ing

--- 986 ---

siti kakintêna watawis kalih têbah, dados kulit sanginggiling gêthêtan sagêd ambêlês ing siti satêbah lêbêtipun. Pucuking turus wau têmtunipun anjuwul tabêt kenging gandhèn, punika botên dados punapa, malah sae. Nanging sasampunipun makatên wau, lajêng ngupadosa dêling minôngka pagêr, paedahipun sampun ngantos pun turus wau oyag saking pandamêling kewan utawi lare dolanan, lan malih supados sêminipun botên gampil risak, dados ingkang prayogi sangêt, pagêr wau kadamêla ingkang sawatawis barukut, limrahipun kawastanan srumbung.

Nanging poma, tindak wau kêdah kaangkaha nuju ing môngsa kapat, awit ing môngsa makatên mathuk sangêt kangge gêsanging tanêm-tuwuh ingkang nêmbe kapêncarakên, dene yèn awis jawah kasirama, sampun ngantos ing prênah sapulêbuning tanêman enggal katingal garing sitinipun.

Ngangge pratikêl kados makatên wau, saking pamanggih kula langkung pikantuk sangêt, tinimbang nanêm wijinipun, awit langkung enggal agêngipun, tur wohipun botên badhe sagêd malih saking aslining babon. Wasana môngga, sami dipun cobi.

Nir Rasa. Tumpang-Malang.

Kawruh Sawatawis

Katrangan Pitakenan Bab Kleca tuwin Tosan Janur

Nuwun, nalika kula wontên Surakarta ngarang bab anggambar wontên ing lèmpèr. Kasêbut ing Kajawèn nomêr 67 taun 1928. Wusana nalika 2-4-'31 lan 6-5-'31 kula dipun pundhuti katrangan dening salah satunggaling lêngganan Kajawèn ing Pêkalongan, malah botên sadhèrèk saking Pêkalongan kemawon, ugi wontên sadhèrèk ing Banyumas sawatawis ingkang mundhut katrangan punika. Dene pitakènipun makatên:

1e. Ingkang dipun wastani kleca punika wujudipun kados punapa. Lan ingkang kathah tuwuh tanah ngare punapa parêdèn. Kula nyuwun katrangan ingkang gamblang. Sokur karsa anggambar.

2.e. Tosan janur punika tosan ingkang kados punapa.

Nitik pitakenan ing nginggil saking sadhèrèk Pêkalongan punika, têrang bilih Pêkalongan kados Purwasaba (Banyumas). Awit sadhèrèk ing Purwasaba ugi makatên pitakènipun. Malah wontên ingkang takèn: lèmpèr punika punapa.

(Cara Banyumasipun, lèmpèr: -ciri).

Wah, manawi mrangguli ingkang sulaya têmbungipun wau saèstu anjudhêgakên. Nanging kadospundi malih, tiyang sanès panggenan masthi wontên bedanipun. Sapunika kula mangsuli pitakenanipun No. 1.

--- 987 ---

Kleca punika saèmpêr kêpêl, nanging kleca kulitipun woh kakên lan atos. Woh kleca botên anggamblok ing wit kados kêpêl, nanging sumêbar ing pang-pang lan ing pucuk. Manawi tindak dhatêng Surakarta kula aturi tindak dhatêng masjid Agêng sakêdhap, ing plataraning masjid rak kathah klecanipun. Mila ing Sala wontên parikan: kok ngêpêl mêsjid - kok ngeca-eca.

Ngêpêl mêsjid - kleca.

Bab tuwuhipun kula botên sagêd mêsthèkakên, wontên parêdèn utawi ing ngare. Bab gambar kleca kula inggih botên gadhah. Badhe kula gambar nanging sapunika kula wontên panggenan ingkang botên wontên kleca.

Ingkang punika kula nyuwun pangapuntên, dene namung samantên katrangan kula. Dene bab pangolahing lèmpèr, sarèhning dalêm panjênêngan botên wontên kleca, cêkap kagosoka godhong randhu tiga utawi kalih gagang ing dalêm lèmpèr satunggal. Punika akalan kula piyambak, kula cakakên inggih sae.

Pèngêt: godhong randhu wau dipun toyanana sakêdhik. Manawi dipun wênyêt-wênyêt rak mêdal toyanipun, yiyitipun. Nanging manawi sampun garing pangêpenipun, rêmukaning wênyêdan kaicalana.

2e. Tosan janur punika tosan ingkang wiyaripun sajanur (watawis kalih nyari). Kandêlipun watawis sakartu pos. Limrahipun tosan janur punika kangge ambalêbêdi kothak ingkang agêng-agêng wadhah barang-barang saking ngamônca. Manawi botên wontên tosan janur inggih cêkap ngangge sendhok kuningan, sampun migunakakên sendhok panci. Mangke pancinipun gogrog (nglothok) damêl rêgêding cèt.

Wusana namung punika atur katrangan kula.

Kula Jaka Purwasaba.

Hup Amtênar Bale Pustaka Pêrlop dhatêng Nagari Walandi

[Grafik]

Kala tanggal kaping 5 wulan punika, panjênênganipun Tuwan Dr. G.W.J. Drewes, up amtênar Bale Pustaka, bidhal saking Tanjungpriuk badhe dhatêng nagari Walandi, pêrlop 10 wulan, tindakipun wau nitih kapal Johan de Witt.

Salêbêtipun pêrlop wau ugi dados wakiling parentah anjênêngi konggrès, ahli kawruh wetanan ing Leiden.

Para punggawa Bale Pustaka ngaturakên pamuji raharja dhumatêng panjênênganipun sakalihan garwa tuwin kulawarganipun sadaya. Pratelaning gambar saking têngên mangiwa, Nyonyah Drewes, Tuwan Dr. Drewes tuwin sadhèrèk.

--- 988 ---

Tanah dalah Tiyangipun

Suda Lumungsuring Tata Ngadat Karaton Jawi

Salêbêtipun sèkêtan taun sapriki, tata ngadating karaton Jawi (Kasunanan Surakarta), punika sampun kathah ingkang dipun ewahi, wontên ugi ingkang dipun icali babarpisan sampu botên dipun wontêni malih, wondene tata ngadat ingkang badhe kula cariyosakên ngriki, punika sadaya tata ngadating karaton ingkang kalimrah sagêd kasipatan umum tumrap saindênging nagari tanah Jawi. Èngêt-èngêtan ingkang sampun ewah tuwin kaicalan babarpisan, namung mêndhêt wosing prêlu kemawon, pratelanipun kasêbut ngandhap punika.

I. Bab pasowanan watangan.

Miturut dongenganipun priyantun sêpuh, nalika kinanipun karaton punika angwontênakên pasowanan tumrap abdi dalêm panèwu tuwin mantri, kalihan ajêg ing sabên dintên Sêtu wanci jam 4 sontên, giliran sagolongan-sagolongan, numpak kapal parabot watangan, ambêkta waos saha pangangge bôngsa kadosdene paraboting panganggèn prajuritan. Wondene prêluning pasowanan wau: galadhèn ajar pêrang, angulinakakên kawasisan utawi kaprigêlanipun ulah dêdamêl lawung (waos) ing sanginggiling kapal, manggènipun ing alun-alun pojok kidul wetan, majêngipun gêntos-gêntos, mawi tinabuhan gongsa monggang manggèn bangsal inggil salèr kandhang sima cakêt majêng mangilèn, ajêg ing sabên dintên Sêtu sontên botên nate lowong. Tumraping karaton ungêling monggang wau nama patalon, kados ta: sowan patalon, bangsal patalon. Namung tumrap sajawining karaton saindênging nagari, têtiyang mastani gamêlan Sêtu, utawi gamêlan Sêton. Wondene tumrap panèwu mantri: sowan Sêton utawi sowan watangan. Dangunipun watangan utawi patalon punika antawis saêjam, nanging suwuk utawi kèndêlipun kêdah ngêntosi dhawuh dalêm saking lêbêt kadhaton, samôngsa abdi dalêm gandhèk kêkalih utusan sampun mandhap saking sitinggil, aparing sasmita sarana kumalawening asta saking katêbihan, iramaning gêndhing lajêng kasêsêgakên sawatawis gongan nuntên kasuwuk, saha galadhèn watangan ugi lajêng bibaran.

Kacariyos sampun antawisipun pitung dasanan taun laminipun dumugi sapriki, galadhèn watangan Sêton wau lajêng sampun kadhawuhakên suwak botên katindakakên malih, namung kantun ungêling gôngsa patalon kalihan utusan dalêm gandhèk andhawuhakên suwuk, punika ingkang lêstantun taksih tumindak dumugi sapriki.

Wasana sarêng akiring taun Jimawal 1861 kapêngkêr punika, ungêling gôngsa patalon kaewahan mantun manggèn ing bangsal kasêbut nginggil, nanging sapunika manggèn ing bangsalipun gôngsa ing sitinggil kemawon, dene dangunipun mungêl taksih lêstantun saêjam.

II. Bab utusan anggandhèk.

--- 989 ---

Kala rumiyin utusan dalêm padintênan saking karaton tumrap salêbêting kitha, kados ta: ingkang têmtu dhatêng loji karesidhenan, kapatihan, Mangkunagaran tuwin sanès-sanèsipun, punika sampun ajêg têmtu kalampahakên abdi dalêm gandhèk kêkalih, ngampil nawala dalêm karaton utawi ngêmban dhawuh dalêm ijêman, wondene gandhèk utusan wau sami mangangge kulukan dododan kalung samir, manawi wanci siyang cucul rasukan, nanging bilih wanci dalu mawi rasukan, malampah jèjèr mêdal têngah-têngahing radinan. Sadhengah têtumpakan, tiyang lumampah dharat punapa malih baris agêng kumpêni ing bètèng utawi lesiyun Mangkunagaran sapanunggilanipun, môngka nuju pêthukan gandhèk utusan dalêm, têmtu lajêng sami nisih mangiwa punapa nêngên, têtiyang sanagari sampun sami mangrêtos têrang yèn punika gandhèk utusan dalêm ing karaton, sintên kemawon botên kenging, sanadyan namung sliringan cêlak, inggih badhe wontên kalêpatanipun tarkadhang ngantos pinidana ... Pramila sadhengah ingkang papagan utawi sêsarêngan malampah, têmtu kêdah nisih utawi nyimpang.

Antawis kalih dasanan taun kirang langkung sapriki, tata ngadat lampahing utusan karaton makatên wau, lajêng kaewahan mantun lumampah dharat, nanging santun numpak kareta, cacahing gandhèk taksih lêstantun kalih saha mawi rasukan, namung bilih wontên salêbêting capuri karaton dumugining alun-alun, taksih katindakakên lêstantun kina.

III. Bab pasamuwan ngrampog sima.

Rumiyin-rumiyin sanadyan namung kala-kala taun wontênipun, nanging kapetang kêrêp katindakakên, dados inggih kalêbêt dados tata ngadating karaton ugi. Sabên-sabên wontên tamu bôngsa Walandi ingkang pangkat kalênggahanipun langkung inggil, kados ta: gupêrnur jendral, jendral mayor sasamipun,sasaminipun. punapadene pasamuwan karaton piyambak, têmtu ngawontênakên têtingalan abên-abên sima mêngsah maesa salajêngipun ngrampog sima, punika kagolong pasamuwan agêng saha dados têtingalan tiyang sanagari sadhengah bôngsa.

Wusana antawis tigang dasa gangsalan taun sapriki, tata ngadat abên sima mêngsah maesa tuwin ngrampog sima, lajêng sampun suwak botên katindakakên malih. Pungkasanipun pasamuwan makatên wau ingkang dhawah kantun piyambak, wontên ing wulan Dulkangidah, taun Alip 1827. (Badhe kasambêt)

P.K. 858.

Bab Buku

Redhaksi Kajawèn sampun nampèni buku bausastra Walandi-Jawi, karanganipun Tuwan P. Darminta, saking toko buku S.M. Diwarna ing Kuthagêdhe, cacah 1 iji.

Buku wau cap-capan ingkang kaping tiga, ukuraning buku kabeda kalihan ingkang sampun, kadamêl langkung agêng, cacah 145 kaca. Amargi sastraninipun agêng, sarta wontên ewah-ewahanipun, mila rêginipun mindhak sakêdhik, dados f 1.20.

Mirid wontêning buku, sampun dipun cap kaping tiga, punika dados tôndha kamajênganipun.

Redhaksi Kajawèn ngaturakên panuwun.

--- 990 ---

Rêmbagipun Garèng lan Petruk

Bab Lumêbêtipun dhatêng Bêstir Sêkul ing Batawi

Garèng: Ora, Truk, ing sarèhne kowe kuwi ana ing Batawi rada cêdhak karo malaekat-malaekat, kiraku kowe bisa awèh katêrangan sathithik mungguh pranatane para priyayi pangrèh praja sing bisa klêbu ana ing bêstir sêkul ing Batawi, nèk aku ora kliru, jarene sing uwis-uwis priyayi sing bisa mlêbu pamulangan kono kuwi, mung sarana pilihan bae. Dene sing dipilih iya priyayi sing pancèn pintêr, lan pêng-pêngan kae, cêkake priyayi sing wis ngatonake kêcakêpane anggone mangrèh praja. Lo, pranatan sing kaya ngono kuwi rak iya wis apik, ta. Nanging iya wis dilalah, jamane saiki kiyi jamane wong dhêmên ngowah-owahi, ora ngêmungake: rok dawa têkan polok, diowahi nganti sadhuwuring dhêngkul, utawa gêlung klimis cara Sala diowahi nganggo diclêkunthêng-clêkunthêngake ngarêpe, nanging pranatan arêp lumêbu ing bêstir sêkul bae saiki iya wis diowahi, para kandhidhate sêmang nganggo dièksamên barang.

[Grafik]

Petruk: Lo, kowe aja kaliru tômpa, Kang Garèng, anggone dianakake owah-owahan, kuwi karêpe rak arêp ambêcikake pamilihe, supaya pamulangan mau bisa olèh murid sing pintêr-pintêr têmênan. Sabab nèk mung pilihan barès bae, tanpa nganggo èksamên, mêngko pamilihe kuwi rak bisa uga kurang adile. Jalaran sing diwajibake milih mung manusa lumrah, mêsthine ya bisa kaliru. Apamanèh yèn sing dianggo pêpathokan: katrêsnan, hla, kuwi salahe wèsêl sok bisa ngêndhog nganti manak branahan barang kae. Padhane kowe lagi dhêmên karo Mas Ajêng Thêngil kae, ingatase matane rèmbès, irunge ambalêsêk bangêt, cangkême ambane mèh têkan kuping, badane ambalêmbêng kaya gulungan alang-alang, cêkake wong mau pancèn sugih ala bangêt, nanging kala samono nyang pandêlênganmu wong mau têmtu sausap bae karo Dèwi Ratih, iya ayune, luwêse, kèwêse, pantêse, gandêse, lan dhèmêse ...

Garèng: Uwis, uwis, kok banjur bukak rusiyah mêngkono, jajal aku caritanana, kowe ngarani pamilihe bisa kaliru, yèn mung

--- 991 ---

dipilih barès tanpa nganggo èksamên, luwih-luwih yèn milihe mau sing kanggo pathokan katrêsnan.

Petruk: Lo, kuwi mangkene, Kang Garèng, kowe rak iya wêruh dhewe, yèn sing diwajibake milih para priyayi sing arêp lumêbu bêstir sêkul kuwi, iya bênêr bangsaning gembong-gembong, nanging kabèh mau rak iya mung manusa blaka, têgêse: ing sarèhne isih jênêng manusa, pamilihe iya isih mêsthi bisa kaliru. Kaya ta: akèh-akèhe wong sanadyana priyayi pisan, wêwatêkane rak mêsthi beda-beda. Ana sing pintêr lan anggone nindakake kuwajibane pancèn iya pêng-pêngan têmênan, nanging kau pêtêku, ora bisa ngladèni para panggêdhene. Upamane bae: urmate nyang panggêdhe ora pati mlêpês, bojone nèk sowan nyang dalême panggêdhene, ora ngêmungake ora gêlung têkuk bae, nanging klambine ora irêng-irêngan, nanging sing kêmbang-kêmbang kae, utawa dijak kasukan mung kat 25 bae, ora saguh ngladèni, lo jalaran sing kaya ngono kuwi, kapintêran lan kêcakêpane nyambutgawe priyayi mau, kadhangkala sok kèrêm dening anggone ora bisa ngladèni, kang atêgês: ora bisa agawe rênaning panggalihe para panggêdhe mau, wusanane tumrap priyayi sing kaya ngono kuwi bêstir sêkul iya ditutup ajêgan.

Garèng: Wiyah, sing kok gambar kuwi rak panggêdhe rikala jaman ora enak kae, nèk saiki ana panggêdhe sing kaya ngono kuwi rak kalakon lumêbu ing museum têmênan.

Petruk: Lo, kuwi mung kanggo upama bae. Iya wis mêsthi yèn ing jaman saiki wis ora ana panggêdhe sing kagungan wêwatêkan sing kaya mêngkono kuwi, aku mung arêp nêrangake, yèn akèh bae priyayi pangrèh praja sing pancèn pintêr têmênan, lan anyukupi kuwajibane mangrèh praja, ewasamono ora bisa klêbu ing bêstir sêkul, jalaran ora kêpilih, bokmanawa iya sabab ora kêtêngên ing panggêdhene. Kosokbaline: ana priyayi sing kapintêrane utawa kêcakêpane mangrèh praja mung lumrah bae, nanging ginanjar pêngawak luwês, nèk wis angladèni para panggêdhe, panggêdhe mau raose ora beda karo nèk lagi diladosi simpênane sing anyar dhewe, mulane tibaning êsihe iya nganti ngêntèk têmênan. Nanging iya ora kêna dipaido, priyayi sing pêngawak luwês mau banjur disihi ing panggêdhene, hla wong anggone ngudi supaya disihi iya kanthi ora ngèlingi susah lan rêkasa têmênan, ibarate sanadyan lagi nang buri pisan, yèn banjur ditilpun, apamanèh nganti ditimbali dening panggêdhene, durunga tutug iya kalakon ditugêl têmênan, jalaran sing kaya mêngkono kuwi rak iya wis mêsthi bae ta yèn sing dadi panggêdhe banjur asih bangêt. Saka anggone arêp nuduhake katrêsnane mau, saupama kagungane simpênan anyar mono, iya banjur dipundhutake suwêng blong utawa klambi sidhêpowal, balik nyang priyayi, anggone arêp nuduhake katrêsnane, kadhangkala iya sok banjur sarana maringi pitulungan supaya bisane lumêbu ing bêstir sêkul. Hla, mêngkone [mêngko...]

--- 992 ---

[...ne] nèk wis kalêbu, sanadyan wêton pamulangan balêstir pisan, nanging nèk kapintêrane cara pesone mêngkono sabên dinane ora tau digosok, karêpe wong wis dadi priyayi, iya aras-arasên wikrama yèn sabên dina dikon tansah nginguk-inguki buku. Mulane kapintêrane iya wis bali kaya nalikane wiwit lumêbu sêkolah kae, yaiku: kapintêrane sing akèh-akèh wis lali kabèh, wusanane barêng ana ing bêstir sêkul banjur ora bisa nyandhak wulangane.

Garèng: Prakara priyayi-priyayi sing padha kalêbu ana ing bêstir sêkul sok ana sing banjur ora bisa nyandhak wulangane, lo, kuwi rak iya wis mèmpêr bae, ta. 1e. Anggone mêtu saka sêkolahan wis pirang-pirang taun lawase, salawase kuwi sok ora sinau manèh. Ing sarèhning wis ora kulina sinau, pikirane mêsthine iya wis rada alot kanggo nyinau apa sing diwulangake mau, upamane pesoa mono wis kêthul, bokmanawa malah wis tainên. 2e. Apamanèh kanggo mikir-mikir pangajaran sing angèl-angèl oraa mumêt, lagi kanggo mikir-mikir anggone arêp anjèrèng-jèrèng blanjane ana ing Batawi bae, rasane pilingane kaya wis digandhèni. 3e. Ing sarèhne ana ing Batawi kuwi apa-apa larang, dadi uripe kudu ngirit-irit bangêt, dadi ngingu batur iya mung saprêlune bae. Jalaran saka iku, nèk kabênêr ana ing ngomah, prêlu arêp nyinau apa sing mêntas diwulangake, sok iya ora kobêr, jalaran: cêngèk anake nangis sabab ngompol, ibune lagi prêlu liyane, si bapak banjur kêpêksa anggolèkake popok. Lagi ngêmèk buku manèh, cêngèk, anake sing sapihan nangis sabab kêpengin dikêloni. Ing sarèhning ibune lagi nusoni sing isih bayi, bapakne iya banjur kapêksa ngêloni. Hara, anggone pikirane bisa jênjêm sinau bae kêpriye.

Petruk: Wiyah, wiyah, ana bangsane bêndara wêdana bêndara sistèn kathik dipadhakake karo wong-wong kaya aku kowe bae. Wis, wis, rêmbugane padha dilèrèni samene bae dhisik, liya dina padha dibanjurake manèh.

[Grafik]

Ing nginggil punika gambar tangsi saradhadhu ing sapinggiring lèpèn Barito, Purukcau (Borneo).

--- 993 ---

Bab Kasusastran Jawi

Bab Paramasastra-Basa

Wontên ing Kajawèn ingkang kapêngkêr kula matur bilih paramasastra Jawi punika kêdah sami kaudi cêthanipun, supados lajêng kenging kaangge paugêran-paugêran umum. Manawi sampun wontên paugêran umum, pamrihipun, kajawi lajêng anggampilakên tiyang nyêrat awit angèlipun suda satunggal, inggih wontên prêlu sanèsipun ingkang langkung wigatos, inggih punika angicalakên èwêd pakèwêd tumrap ingkang badhe angêngarang, dene wêwah kapitajênganipun, bilih sêratanipun ing bab paramasastra, botên badhe dados cacadan.

Prakawis cacadan, utawi cacad-cinacad, punika pancènipun manawi sagêda makatên kêdah dipun suda, utawi manawi kapêksa inggih namung dipun trapna ing prakawis ingkang prêlu kemawon, awit sanajan saking wontênipun wancahan utawi cacadan wau sok lajêng anuwuhakên barang ingkang lêrês, nanging adhakanipun sok malah adamêl ajrihing ngakathah, dening kuwatos badhe dipun cacad.

Atur kula bab paramasastra kala samantên punika sarta ingkang kula kaping kalihi kadosdene ingkang mêntas kula aturakên ing nginggil wau, punika wontên sadhèrèk ingkang mratelakakên kirang marêmipun. Miturut saking pamanggihipun sadhèrèk wau, prakawis basa punika botên cêkap manawi namung dipun sumêrêpi paramasastranipun, wontên prakawis sanèsipun malih ingkang langkung prêlu dipun gatosakên.

Sarèhning katranganipun sadhèrèk wau kula manah lêrês, mila badhe kula aturakên, kula tirokakên kados ing ngandhap punika.

Paramasastra tumraping basa, punika mênggaha bioskup makatên kenging kaupamèkakên mêsinipun. Tiyang mitongtonakên gambar ing bioskup kêdah sagêd anglampahakên mêsin, tiyang badhe ngangge basa, kangge anggambar sakrêntêging manahipun, inggih kêdah sagêd utawi ngrêtos dhatêng paramasastraning basa. Ewadene sarèhning paramasastra punika sawêg adhapur pirantos, saminipun inggih mêsin tumrapipun bioskup punika wau, dados ngrêtos dhatêng paramasastra (sagêd nglampahakên mêsin) punika tumrapipun basa pancèn inggih dèrèng kenging kawastanan jangkêp. Mênggaha tiyang badhe mitongtonakên bioskup makatên kêdah dipun jangkêpi ngrêtos dhatêng gambar: sagêd milih lampahan ingkang ngêplêki kangge anggambar kajêngipun, sagêd milih gambar ingkang sae-sae, sagêd angurutakên wêdalipun gambar satunggal-satunggalipun, sagêd manjangakên perangan ingkang pantês dipun ramèkakên, sagêd nyêkak ingkang botên patos prêlu, sapiturutipun.

Wulangan basa wontên ing pamulangan Jawi ingkang sampun-sampun, punika manawi kasamèkakên kalihan gladhèn mitongtonakên bioskup pancèn inggih sawêg nyakup saperangan, inggih punika sawêg wulangan bab nglampahakên mêsinipun. Bab gambar dèrèng utawi botên patos kasrambah. Botên namung bab pêpakipun. Dalasan bab cocog utawi botênipun kalihan jaman, inggih kirang dipun gatosakên.

Dongèng ingkang kangge waosan nalika bapak kula sêkolah, dumugi kula taksih dipun lêstantunakên, dipun angge waosan, urut botên ewah, saking anggènipun wongsal-wangsul dipun wulangakên wau, ngantos sok kenging dipun angge nêngêri kasagêdanipun lare. Jaman alitan kula manawi wontên tiyang takèn kasagêdanipun lare, ing bab maos lan nyêrat, punika saugêr dipun wangsuli: wis têkan lan dalan lagi tamat, bab sêga, lagi wiwit bab dêling, sampun mangrêtos. Kawontênan ingkang kados makatên têrus ngantos dumugi pamulangan ingkang ragi inggil.

Mila bab gambar sêsêrêpanipun bôngsa Jawi ingkang wêdalan sêkolahan, wiwit bapak kula dumugi kula, inggih namung sawarni, upami kula kaparêng mastani makatên, namung bangsanipun: kuwuk buntung buntute, utawi manawi cara Mlayu: anjing hoetan dengan boeah anggoer, sapanunggilanipun.

Sarèhning dongèng ingkang kangge waosan wau cara wayangipun makatên kirang rame, utawi botên kasat mata ing sadintên-dintên, guru utawi murid têmtu kemawon lajêng kêmba, kirang grêngsêngipun, têmahan anggènipun nêdah-nêdahakên dhatêng saening gambar inggih lajêng kirang gêmêt. Prakawis ingkang pantês kasumêrêpakên, dipun kèndêlakên kemawon, panggenan ingkang kalêrêsan pamulasipun botên dipun têdahakên, sapiturutipun.

Mila manawi dipun grejah, cara barangipun makatên, manawi dipun cacahakên saèstu, pasangonipun lare mêdal saking pamulangan, ing bab basa Jawi, punika pinanggihipun têmtu botên marêmakên. Sêsêrêpan dhatêng mêsin wontên, nanging conto gambar ingkang sae botên angsal.

Awit saking punika, wulangan basa Jawi ing pamulangan Jawi punika saupami dipun parêngakên makatên, mênggaha bioskup: ing bab nglampahakên mêsin kêdah ngantos sagêd, ing bab gambar inggih ingkang gêmêt. Sagêd utawi gêmêt ingkang murwat kalihan umuring lare utawi andhap inggiling piwulang.

--- 994 ---

Pêthikan saking Sêrat-sêrat Kabar Sanès

Indhonesiah

Ewah-ewahan sêrat kabar Ra'jat.

Wiwit wulan punika sêrat kabar Ra'jat dipun ewahi kadadosakên kalawarti wulanan. Ingkang sami mandhegani: Dr. M. Amir, Mr. Dr. Suripta tuwin Tuwan Harsana, Sidhi Jamin, saha Nursayid. Kalawarti wau botên ngêmungakên dados suwaraning P.R.I. ugi kangge anggiyarakên dhêdhasar P.R.I. kabangsan, tuwin sami-sami.

Kalawarti Soeara P.K.V.B.

Pakêmpalaning para pêrplègêr tuwin pêrplihsêtêr tiyang siti, tindakipun katingal saya majêng, kalampahan sagêd ngêdalakên kalawarti, minôngka suwaraning pakêmpalanipun, ingkang gêgayutan kalihan bab kabêtahanipun.

Pakêmpalan Trajutrisna.

Wontên pawartos, sampun sawatawis dintên ing kampung Panêmbahan, Ngayogya, wontên pakêmpalan nama Trajutrisna. Pakêmpalan wau dipun pandhegani dening Tuwan Suwana, Sudibya tuwin Radèn Puratmaja. Ingkang katampèn dados warga namung bôngsa tiyang siti ingkang abadan santosa, amargi ing pakêmpalan ngriku mawi dipun sinau main selat. Dene kajênging pakêmpalan wau badhe ngayomi kawilujênganing para wanita ingkang sampun palakrama utawi dèrèng, sampun ngantos kagodha ing kakung. Pakêmpalan punika kathah ingkang nyondhongi, kintên-kintên badhe dados agêng.

Mêsin mabur kawitan saking Singgapura dhatêng Medhan.

Lampah anggêgana ing Singgapura dhatêng Medhan sampun dipun wiwiti, wilujêng dumugi Medhan. Ingkang tumut anggêgana, Tuwan Fein, konsul Walandi ing Singgapura, Tuwan Groeneveld Meyer saking kantor pakaryan anggêgana, Tuwan Nievenhuis, dhirèktur K.N.I.L.M, tuwin Tuwan Warenroyce satunggiling pangagêng dhepartêmèn ing Singgapura.

Pangiridan ing S.S.

Parentah mangsuli pitakènipun R.P. Surasa, warga rad kawula ing bab pangiridan ing S.S. Mênggah katranganipun, jalaran saking kawontênan ing wêkdal punika botên prayogi, pakaryan sêpur kêpêksa ngèndêli punggawa-punggawanipun, kados ta: kondhèktur, tukang rèm, tukang wisêl tuwin sanès-sanèsipun malih. Lan sarèhning papan padamêlan ing Purwakarta tuwin Jêmbêr dipun suwak, tumrap punggawa saking Purwakarta sami kapurih nyambut damêl dhatêng Lahat, dene tumrap punggawa saking Jêmbêr, ingkang anggèning nyambut damêl sampun 5 taun utawi langkung, dipun sukani padamêlan sanès. Nanging sarêng botên ngajêngi, lajêng sami dipun sukani balônja 6 minggu. Lan malih jalaran saking tataning padamêlan katindakakên langkung sae, ugi nindakakên sudan punggawa ing Bandhung tuwin Madiun, kadosdene cara ing Jêmbêr. Ing bab ngèndêli punggawa ing Surabaya Gubêng, botên nyata. Tumrap punggawa ingkang dèrèng têtêp, ingkang sampun nyambut damêl 10 taun tanpa kèndêl, angsal pitulungan salêbêtipun sataun. Tumrap ingkang sampun têtêp ing tanggal 1 JanuawiJanuari. 1931 angsal balônja 6 minggu. Dene ingkang sampun bênuman, tampi wahgèl.

Êmas ing Rêjanglêbong, Bêngkulên, Sumatra.

Pamêlikan êmas ing Rêjanglêbong sakawit kasumêrêpan ical têlêngipun, sangêt adamêl kasamaran, ngantos lami botên pinanggih talêripun. Sampun pintên-pintên para ahli bôngsa Jêrman nindakakên rekadaya ngupadosi, mêksa tanpa damêl. Lajêng gêntos bôngsa Swèdhên, ing ngriku sagêd angsal damêl, lajêng badhe ngadani anggêsangakên pamêlikan malih.

Têtuladan sae.

Wontên satunggiling mudha bèngsabôngsa. Ambon wêdalan A.M.S. ing Malang. Nanging sarèhning anakipun saradhadhu pènsiunan wah mlarat, botên sagêd anglajêngakên sinau malih. Ing sapunika saking ada-adanipun pakêmpalan Stem Ambonsche Club, sarèhning lare wau majêng, lajêng dipun waragadi lumêbêt dhatêng pamulangan luhur pangadilan.

Gambar-gambar damêlanipun suwargi Radèn Salèh.

Gambar-gambar damêlanipun suwargi Radèn Salèh ingkang sampun kasumêrêpan, banthèng tarung kalihan sima, gadhahanipun gêmintê ing Edam, sirna wontên ing Paris. Pandamêlipun kala ing taun 1850. Ing kêbonraja ing Amsêtêrdham, wontên gambar sima nubruk tiyang. Ing kadhaton Den Haag, awarni wana kêbêsmi. Sagêd ugi gambaripun Pangeran Dipanagara, ingkang dipun pitongtonakên ing tèntunsêtèlêng jajahan ing taun 1883 ugi damêlanipun Radèn Salèh. Wontên malih gambar ingkang pinanggih wontên ing pabrik jobin, awarni tiyang Arab numpak kapal campuh kalihan singa barong. Kintên-kintên damêlanipun Radèn Salèh nalika anjajah tanah Aprikah.

Tindak panyêgah kabêsmèn wana.

Wontên pawartos saking Malang, angèngêti kawontênaning kabêsmèn wana ing rêdi Kawi kala taun kapêngkêr, ing sapunika ngawontênakên tatanan enggal caranipun tandang tulung samôngsa wontên wana kêbêsmi. Para têtiyang dhusun sami nayogyani, awit tumindaking têtulung badhe mayar. Caranipun tumindak ing damêl, samôngsa wontên bêbaya latu, lajêng dipun [di...]

--- 995 ---

[...pun] tindakakên dening têtiyang dhusun ingkang sampun katamtokakên, botên angsal epahan, namung pakaryan wana nyadhiyani têtêdhan lan toya ombèn, kados ingkang sampun.

Pès paru.

Ing dhusun Jambudipa, Cisaruah, Priyangan, wontên tiyang èstri katrajang sakit pès paru, andadosakên tiwas. Wontên kulawarganipun 6 dipun barak wontên ing Cimahi.

Mayit botên suka dipun suntik.

Ing dhusun Karangmangu, bawah dhistrik Bojong, Slawi, wontên tiyang pêjah jalaran sakit pès, nalika mayit wau badhe dipun suntik, ing payoning griya kêmirêngan dipun balangi sela, andadosakên kuwatosipun tiyang ingkang tumandang damêl. Tiyang ingkang badhe nyuntik lajêng kesah lapur dhatêng pulisi, ing ngriku pulisi nyêpêng tiyang 6 ingkang sami kenging dakwa.

Morpini pêtêng.

Rêsèrsê candu ing Batawi kanthi punggawa pabeyan sagêd ambêskup morpini wawrat 1 pun. Barang wau dipun dhêlikakên wontên salêbêting prabot musik Tionghwa. Ingkang gadhah dèrèng kasumêrêpan.

Manggih barang kina.

Kawartosakên, asistèn wadana Durenan Trênggalèk manggih barang kina warni-warni, wontên ingkang awarni rêca Buda, pangilon 2, gêntha Indhu 2. Sêsupe cap êmas tuwin piring warni-warni ingkang awis-awis pinanggih.

Sêrat sêbaran Komite Pambela Islam.

Komite Pambela Islam ing Bandhung mêntas damêl sêrat sêbaran, ingkang suraosipun nanggulangi karanganipun pastur Ten Berge ing kalawarti Studien. Sêrat-sêrat sêbaran wau ugi dipun kanthèkakên ing sêrat kalawarti basa Walandi ingkang nêmbe kawêdalakên, isi propagandhah Islam nama Kom tot het gebed. Nanging sêrat sêbaran wau lajêng dipun andhêg dening Residhèn Priangan têngah. Miturut pawartos saking Aneta, residhèn andhawuhakên kanthi kêkancingan, minôngka pamênggak sumêbaring sêrat wau, tuwin mratelakakên manawi pancèn nyata pastur Ten Berge damêl panyeda, komite pambela Islam wênang nyêrêg.

Asiah.

Bêna ing Hunan.

Hongkong 7 Agustus (K.P.). Wontên pawartos saking Hunan, kalih pratiganing propènsi Hunan kalêban ing toya bêna. Ing kasangsaran ngriku ambêtahakên pitulungan sangêt. Sisihying mratelakakên, prêlu ngawontênakên pitulungan arta 10.000.000 dholar, mrayogèkakên sêrat sambutan praja.

Ebah-ebahan ing Kanton.

Hongkong 7 Agustus (K.P.). Kwantung sampun sumadhiya, badhe nêmpuh dhatêng Nansiung tuwin Tayu. Li Cung Yèn mêling mêsin mabur 12 iji dhatêng praja sanès rêgi 2.000.000 rupyiah.

Rêmbag Tiongkok kalihan Jêpan.

Syanghai 8 Agustus (K.P.). Shigemitsu badhe wangsul dhatêng Jêpan, prêlu badhe nampèni sêrat katrangan anggènipun dados ministêr, kanthi anggadhahi panguwaos agêng, awit panjênênganipun ingkang badhe rêrêmbagan kalihan Tiongkok, ing bab prakawis tindak nganiaya dhatêng bôngsa Tionghwa ing Koreah. Saha panjênênganipun tumuntên badhe wangsul dhatêng Nanking.

Eropah.

Pogokan.

Barcelona 5 Agustus (Aneta-Nipa). Wontên golongan bêrah ing pamêlikan cacah 60.000 sami mogok, ingkang wajib sampun nindakakên rekadaya rumêksa tata têntrêm.

Rêmbagipun Sang Musolini kalihan Paus.

Zurich 5 Agustus (Aneta-Nipa). Kawartosakên Sang Musolini badhe dhatêng Vaticaan pêpanggihan kalihan Paus. Anggènipun pêpanggihan Sang Musolini wau ugi badhe ngayati rêmbag malih ing bab padhaminipun parentah Itali kalihan praja agami wau.

Karèt damêlan.

Moskou 7 Agustus (Aneta-Nipa). Panitipriksa ing bab pandamêling karèt damêlan sampun dipun umumakên dhatêng komite, parentah suka arta dhatêng Prof. Lebedor 10.000 rubêl tuwin dhatêng Ir. Krause 5000 rubêl, minôngka ganjaran ing bab anggèning gadhah pamanggih wau.

Nagari Walandi.

Nglawan pogokan.

Drente 7 Agustus (Aneta-Nipa). Gêgayutan kalihan pogokan bêbau tani, para golongan suka padamêlan kajêng sami tumbas mêsin pirantos kangge ambêdholi kênthang. Panenanipun sagêd lastantun tanpa migunakakên bêbau.

Pawartos saking Administrasi

Lêngganan nomêr 1935 ing Sala. f. 3.- punika tumrap kuwartal 3 saha 4.

Lêngganan nomêr 1234 ing Kulitan. f. 7.50 botên namung kangge 5 wulan kemawon, nanging 5 kuwartal. Dados pambayaran panjênêngan sampun dumugi 30/9-'32.

Lêngganan nomêr 1354 ing Kalirêja. Kintunan 30/7-'31sampun katampi.

Lêngganan nomêr 2349 ing Bèntèng. Pambayaran panjênêngan kalêbêt dhatêng tiyang sanès ingkang nunggil nama kalihan Panjênêngan. Sapunika sampun kalêrêsakên.

--- 996 ---

Wêwaosan

Dhêndhaning Angkara

34.

Pêtênging panggalih nata anêrusi kalihan kawontênanipun wanci ing wêkdal wau, inggih punika pêtênging dalu. Sang Prabu saya supêk ing panggalih, tansah gêdrug-gêdrug botên kantênan sintên ingkang badhe kadhawahan ing dêduka, wêkasan namung saya adamêl girisipun ingkang sami sumewa, samar manawi kadhawahan dêduka, wusana sang prabu lajêng anjanggirat kalihan ngandika: Apa rame-rame ing jaba kae. Mara enggal tilikana.

Ing ngriku wontên abdi ingkang mêdal, saha botên dangu wangsul, sasampunipun linggih lajêng munjuk kalihan andharêdhêg tuwin gugup: Kawula nuwun, Abdule, adhêdhocong, nuwun inggih.

Ing sanalika ngriku Sang Prabu èngêt, bilih dêduka nata punika adamêl mirising kawula, ing batos lajêng gumujêng, wusana andangu alon: Mara munjuka kang cêtha, ingsun midhangêtne kang têtela, sarèhna pikirira.

Kawula nuwun, pun Abdullah wangsul mriki, ambêkta mayitipun senapati dalêm.

Nalika sang prabu midhangêt unjuk makatên wau, sakala lajêng larut dukanipun, malah lajêng katuwuhan panggalih analôngsa sinarêngan ngandika: O, senapatiku. Sasampunipun ngandika makatên, sang prabu lajêng miyos dhatêng jawi. Ing ngriku lajêng uninga Abdullah linggih andhakukul kalihan mangku layonipun senapati nata. Sang prabu lajêng andangu: Sira Abdullah kang têka. Mara sira munjuka, kapriye jalaraning lêlakon iki, dene nganti tinêmu kaya mangkene.

Abdullah: Kawula nuwun, kawula botên sagêd munjuk kathah-kathah, namung ngajêng-ajêng dhawahing pidana dalêm, kawula ingkang mêjahi senapati nata.

Ukuman kang tumiba marang wong dosa, ora bakal wurung, Abdullah. Nanging dêdosan kang ngakoni kaluputane, mung bakal nampani paukuman ènthèng. Nanging sadurunge ingsun mariksa prakara iki, layone senapati ingsun bèn diupakara dhisik, sira têtêp dadi tahanan manèh.

Kawula namung sandika anglampahi dados dêdosan. Ananging mugi wontên kaparêng dalêm amaringi palilah tumut ngupakara layonipun senapati dalêm, awit kawula tampi wêwêlingipun senapati dalêm, kawula ingkang kapurih ngupakara.

Ingsun marêngake bangêt panuwunira Abdullah, awit ingsun pitaya, wong kang kaya sira iku dinohan ing watak cidra. Têgêse sanadyan sira iku ora ingsun awêri têtali, nanging batinira mêsthi rumasa dadi bêbandan. Wis nuli tindakna. He, kawulaningsun, sawise rampung, layone si senapati ulihna marang Bagêdad, diiringa punggawa sacukupe.

Sang prabu nênggani pangupakaraning layon ngantos rampung, ugi lajêng kabidhalakên ing dalu wau. Sabidhaling layon, sang prabu lajêng animbali Abdullah badhe kadulu.

Ing kala punika raosing manahipun, Abdullah namung sumarah, botên pisan-pisan suwala, malah gadhah pangajêng-ajêng sagêda dipun kisas ing sakala punika. Tuwin sintêna kemawon inggih gadhah pangintên môngsa sandea, Abdullah tamtu dipun kisas ing sang prabu.

Nanging mênggah nata ing Bagêdad, raos badhe misesa dhatêng Abdullah punika botên wontên, malah nalika uninga dhatêng warninipun Abdullah, namung araos wêlas, namung eman dene Abdullah gadhah dosa pêjah, dados sang prabu kêpêksa panggalihan yêktos.

Sang prabu sasampunipun lênggah, lajêng andangu dhatêng Abdullah: Kapriye Abdullah, dene sira nganti tega gawe patining senapatiningsun. Gêdhening dosanira iku bisa gawe muringe kawulaningsun kabèh, kaya-kaya durung marêm amalês pati bae.

Kawula nuwun, kawula sampun botên gadhah unjuk punapa-punapa malih, kawula ngakêni adamêl tiwasing senapati dalêm. Makatên malih, saupami kawula angsala pangapuntên pisan, badhe botên sagêd adamêl têntrêming manah kawula, awit tiwasipun senapati nata tansah tumanêm ing manah, saha tansah dipun akêni dening tangan kawula ingkang nindakakên pidosa. Raos ingkang kados makatên punika badhe botên sagêd ical ing salami-laminipun. Mila kawula nyuwun supados kawula tumuntên nampèni pidana dalêm.

O Abdullah, prasajaning unjukira bisa gawe trênyuhing panggalih ingsun, lan ingsun uga wus mangrêti, dosa lara iku nyaur lara, dosa pati nyaur pati. Nanging ingsun arêp uninga dhisik, kapriye aluraning prakara, nganti tumêkaning patine senapatiningsun

Kawula nuwun, bab punika kawula pakèwêd sangêt munjuk wontên ing ngarsa dalêm, awit unjuk kawula namung badhe adamêl kirang sarjunipun ingkang mirêngakên. Kados-kados unjuk kawula sadaya wau sampun nyêkapi kangge andhawahakên wisesa.

Nanging Abdullah, tibaning pidana iku kudu sawuse titi ing pamariksa. Manawa sira ora pratela, ingsun andangu marang sapa.

Kawula nuwun, bumi langit anêksèni dhumatêng dosa kawula. (Badhe kasambêtan)

--- [0] ---

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]

--- [0] ---

Ôngka 67, 7 Rabingulakir Taun Je 1862, 22 Agustus 1931, Taun VI

Kajawèn

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]

--- [1029] ---

Ôngka 67, 7 Rabingulakir Je 1862, 22 Agustus 1931, Taun VI

Kajawèn

Kawêdalakên sabên dintên Rêbo lan Sabtu

Rêgining kalawarti punika ing dalêm tigang wulan ... f 1.50, bayaranipun kasuwun rumiyin, botên kenging langganan kirang saking 3 wulan.

Juru ngarang - administrasi Bale Pustaka, ing sawingkinging kantor palis, tilpun nomêr 2791 - Bêtawi Sèntrêm.

Surabaya

[Grafik]

Kantor gupêrnur enggal ing Jawi Wetan, Surabaya.

--- 1030 ---

Rêmbagipun Garèng lan Petruk

Bab Lumêbêtipun dhatêng bêstir sêkul ing Batawi

II.

Garèng: Wèh, Truk, kowe kuwi pancèn iya wong ora urus têmênan, ana lagi satêngahe angrêmbug prakara anjalimêt bangêt, têka banjur mak pêt kêlapêt ora muncul-muncul manèh, nèk tak unèkna wong ambêlaur, kaya-kaya openan bangêt, tandhane: nèk lumaku bae, ora ana têgêsan srutu mênilah sing kliwatan ora ditutur. Nèk tak unèkna wong kang ora ngrêti nyang wajib, kaya-kaya iya ora, buktine: sabên dina ora tau lali anggone tansah nangguh mangan nyang tôngga tanggane, gênti-gênti nganti kêmput.

[Grafik]

Petruk: Hla kuwi nèk Kang Garèng, nèk wis sawiyah-wiyah nyang wong sok ora nganggo dianggit barang dhisik, mung anggêre mêtu bae: cêplas-cêplus, ptêhêt, cithit, tanpa nganggo dipikir, yèn unine mau agawe wirang Bisma. lumrah-lumrahe wong, yèn sadulure ginanjar lara nganti nyawane arêp nyuwun pamit, kuwi rak banjur tilik prêlu ngaruhake. Nèk Kang Garèng kuwi gêlême tilik iya mung arêp ambrêgadag panganan sadhiyane sing lara.

Garèng: Wayah, kok banjur ngundhat-undhat wong sing isih nang jaban kubur. Ora, Truk, ayo saiki padha dibanjurake rêmbugane lagi anu ing bab pranatane priyayi pangrèh praja yèn arêp lumêbu bêstir sêkul. Lo, kuwi ing jaman saiki jarene sêmang nganggo dièksamên barang. Gumunku kuwi apa iya ora mêsakake, ingatase anggone ora candhuk lawung karo bangsaku sêkolahan wis lawas, apa wulangane dhèk biyèn-biyèn wis ora lali kabèh. Wong tak têpakake nyang awakku dhewe, nalikane cilik anggonku sinau iya mêmpêng bangêt, ilmu bumi, ilmu alam, ilmu pamisah, wah kabèh anjajah cêkake, apa manèh nyang ilmu etung, wah, hla kuwi kapintêranaku mêmêt bangêt. Nanging barêng aku wis tuwa kiyi, kapintêranaku nyang etung kuwi mung yèn anglabasi, pira pambayarane mungsuhku nyang aku iya cak-cêk bisa nyandhak bae, nanging yèn dilabasi, pikiranaku banjur bingung sanalika.

Petruk: Yah, nèk kaya ngono kuwi rak kêna diarani kapintêran anggon-anggonane wong dêlap, têgêse: nèk kanggo kauntungane [kauntunga...]

--- 1031 ---

[...ne] dhewe, kapintêrane banjur: pral pril mêtu bae, nanging nèk bakal agawe karugiane awake, banjur rada aras-arasên, wèh, iya ngèlmune wong curang kuwi jênêngane. Ora, Kang Garèng, mungguh sanyatane, anggone priyayi arêp lumêbu nyang bêstir sêkul nganggo dianani èksamên barang dhisik, kuwi mungguhing aku gêdhe bangêt gunane, yaiku: kajaba cikbèn bisa olèh murid sing kênthingan-kênthingan têmênan, uga agawe ngêjokake supaya para priyayi kuwi padha krêsaa anjêmbarake utawa ngundhakake kawruhe. Sabab tumrape jaman saiki kiyi, nèk ana priyayi sing kapintêrane cupêt, ibarate ora wêruh lor kidul, pancèn iya ngisin-isini bangêt. Kaya ta: aku kêrêp bae mrangguli priyayi sing ora ngrêti yèn kantor Bale Pustaka kuwi kagungane guprêmèn, malah ana sing angguyokake manèh, yaiku: saupama kantor Bale Pustaka mau dipadhakake karo toko pan dhorêp, lo kuwi iya ana èmpêre, sabab karo-karone padha adol buku, balik kantor Bale Pustaka kathik dipadhakake karo toko ... inuman utawa dhaharan, buktine wis tau kalakon ana priyayi bêstèl sapêthi ... susu cap nonah. Hara, apa iya ora kêbangêtên kuwi arane. Conto manèh, lo ingatase priyayi kok ana, sing barêng ngrungu wong padha rêmbugan bab prakara Gandhi, yaiku panuntun Indhu sing kasuwur ing jagad, banjur pitakon: Gogok apa ora. Hara, kok banjur diarani lagi padha ngrêmbug bab kêndhi.

Garèng: Wayah, nèk kaya unimu kuwi iya rada kêbangêtên. Nèk ana priyayi sok kurang bangêt kawruhe kuwi pancèn iya nyata, nanging kapriye manèh. Wong iya wis nyambut gawe, apa dikon kêtêkukan sinau rupa-rupa manèh, mêsthine iya wis ora kêconggah, kajaba wis ora kobêr babarpisan, têmtune iya ora kêconggah dhuwite sing kanggo tuku buku-buku warna-warna pirantine kanggo sinau mau.

Petruk: Bab ora kobêr. Lo, kiyi kok prasasat dadi kêmbang lambene sabên uwong. Lawas ora tilik-tilik nyang sanak sadulure, jarene: botên kobêr, ora tau nglayangi nyang wong tuwane, jarene: botên kobêr, dalasan pagaweane dhewe tledhor bae, jarene iya sabab botên kobêr. Nanging yèn mulih saka nyambut gawe banjur turu, tangi turu lêbar wedangan kalintong-kalintong turut Pacinan lan mênyang alun-alun, sabên sore nonton gambar idhup Sêtambul, wayang wong utawa nglurug pèi, iya kobêr bae. Sanyatane sabên irung iya ora tau ana kobêr-kobêre, nèk pancèn ora niyat dianakake. Tumrap panggawe kang prêlu, kuwi sanadyan pancèn têmênan ora ana kobêre, iya kudu dikobêr-kobêrake. Kayadene tumraping priyayi, anjêmbarake sarta ngundhakake kawruhe, kuwi rak kalêbu panggawe sing prêlu, mulane sanadyan wêktune cumpèn, iya kudu dikobêr-kobêrake, sanadyan sadinane mung sajam pisan, iya kudu ngudi nyang undhaking kawruhe. Mungguh unimu yèn [yè...]

--- 1032 ---

[...n] dhuwite mêsthi ora kêconggah kanggo nukoni buku-buku pirantine kanggo ngundhakake kawruh mau, lo, kuwi iya wis mêsthi bae yèn mangkono lakune. Saiki rak ana dalane liya sing murah tur gampang, lan manawa kowe tlatèn bae, undhaking kawruhmu mêsthi bisa sahohah têmênan, iya iku sarana lêngganan koran utawa kalawarti, awit iku sing akèh-akèh isine sok rênês têmênan, nèk anggone maca tlatèn bae, kawruh lan kapintêrane iya bisa mundhak têmênan. Aja kok langganan koran mung kanggo pêpaesan lan gagah-gagahan bae, buktine: aku kêrêp bae mêndhaki koran têtumpukan ana ing meja panulisane sawijining priyayi, kang padha durung ucul sakabane, nèk rupa klambi utawa jarit, disimpên bae iya ana gunane, iya iku bisa awèt, balik koran, apa ditumpuk-tumpuk mung kanggo nyadhiyani ... tukang botol, alias tukang prombengan.

Garèng: Wiyah, hla kuwi nèk Petruk, omongane le sok ora mèmpêr mêngkono, ana priyayi kathik didakwa sok mrombèngake koran. Wis, wis, rêmbugane padha dilèrèni samene dhisik, ora wurung omongane mêngko iya ambalura bae. Liya dina bae padha dibanjurake manèh.

[Grafik]

Ing nginggil punika gambaripun barisaning saradhadhu bôngsa Pêrancis nalikanipun wontên tèntunsêtèlêng ing Paris.

--- 1033 ---

Kawruh Sawatawis

Bab Turun

Tumraping sato kewan, tiyang sagêd amastani, upami sawung sae, wontên ingkang turunipun inggih dados sae, punapa malih bab ulês, malah saya cêtha sangêt, ayam wido, adhakan anggadhahi turun wido.

Mirid kawontênan ingkang kados makatên punika, dados mênggahing tiyang kintên-kintên ugi makatên, upami tiyang pintêr, ugi badhe wontên turunipun ingkang pintêr, tiyang bagus, badhe gadhah turun bagus, têgêsipun botên mêsthi.

Ing ngriku têtela pinanggih ing turun ingkang ngiribi kalihan kawontênanipun ingkang nurunakên punika, cêthanipun pinanggih saking pamawasing liyan, tumraping liyan sagêd amastani kanthi cêtha têtela.

Mênggahing wujud, tumraping para ahli sagêd nyumêrêpi dhatêng satunggal-satunggalipun bôngsa, dene tumrapipun bôngsa Indhonesiah, sagêdipun ambedakakên wau namung saking pakulinan kalihan bôngsa ingkang sampun dipun sumêrêpi, awis ingkang mêndhêt saking pêpathokan kawruh, gampilanipun namung mêndhêt saking pakulitan. Dene ing bab beda-bedaning warni punika, manawi dipun andharakên badhe panjang sangêt, awit satunggal-satunggaling bôngsa punika mèh gadhah wônda piyambak-piyambak.

Ing sapunika prayogi ngrêmbag ing bab wujuding tiyang ingkang nunggil turun kemawon, inggih punika ingkang taksih gêgayutan warga, punika pinanggihipun inggih sok irib-iriban. Kados ta sadhèrèk, punika sanadyan dêdêg pangadêg tuwin pakulitanipun botên sami, nanging cangkoronganing warni sok mirib, tarkadhang malah plêg. Ingkang minôngka pasèksan, mriksanana gambar ing karangan punika, ing ngriku wontên gambaripun tiyang sawêlas sami sadhèrèk tuwin bapa. Mirid wujuding gambar wau sanadyan nyatanipun beda, nanging cangkoronganipun katingal sami. Sarèhning sadaya wau nama sadhèrèk, inggih mèmpêr kemawon.

Sayêktosipun warni ingkang mirib punika ugi sok pinanggih ing kulawarga ingkang sampun têbih, upaminipun misan mindhoan, tuwin salajêngipun, punika sanadyan aluranipun saking pancêr sampun têbih, sok taksih asring kêdunungan wangun sami. Malah tumraping warga ingkang kaprênah sêpuh, sok sagêd nyariyosakên, turun wau wontên ingkang katitipan wujud utawi lageyan ingkang ngiribi kalihan êmbah-êmbahipun, nandhakakên manawi turun punika tansah nabêti.

Malah tumraping ujar gugon tuhon, tiyang ingkang pinasthi dados jodho punika tiyang ingkang warninipun mirib. Sayêktosipun warni ingkang kados makatên punika inggih ragi anggumunakên, awit tiyang ingkang jêjodhoan wau nyatanipun sampun sanès akrap. Dados mênggahing raos kados anunggil warga.

Bab turun wau nalika taksih cêlak, tamtunipun bab wêwatêkanipun punapa inggih taksih irib-iriban, [irib-i...]

--- 1034 ---

[...riban,] nanging dangu-dangu sarêng sampun saya têbih, tamtunipun inggih lajêng saya botên mirib. Malah dangu-dangu lajêng sagêd nuwuhakên wêwatêkan ingkang kadayan kalihan nagari ingkang dipun ênggèni, wontên ingkang tuwuh brangasan, wontên ingkang lêmbah manah, wontên ingkang ngrèngkèl, tuwin sanès-sanèsipun. Dados wêwatêkanipun sadaya wau kabêkta saking nagari.

[Grafik]

Gambaripun Tuwan Clack ing Blackheath nagari Inggris dalah anakipun sawêlas.

Kawontênan ingkang kados makatên punika pancèn inggih sok anggumunakên, kados ta ing satunggaling nagari ingkang tiyangipun sampun misuwur brangasan, punika kêrêp sangêt tuwuh parapabên ingkang lajêng ngawontênakên rajatatu tur tuwuhipun namung gampil. Kados ta wontên satunggiling tiyang dhatêng pêkên, wontên ing ngriku sumêrêp tiyang sade dhuwung, lajêng nêmbung badhe dipun tumbas, dhuwung dipun unus. Ing ngriku kasarêngan wontên tiyang ingkang ngadêg sacêlakipun tiyang ingkang ngunus dhuwung. Tiyang ingkang ngunus dhuwung pitakèn: punanapapunapa. dhuwung punika sae. Tiyang ingkang dipun pitakèni mangsuli: botên sae. Tiyang ingkang pitakèn wau sarêng dipun wangsuli kados makatên, dhuwung lajêng dipun sudukakên, wêkasan dados prakawis. Kados makatên pinanggihipun tiyang brangasan.

Sapunika tumrap ingkang watêkan lêmbah manah, sajakipun punapa-punapa sarwa alon, sanadyan nindakna prakawis kasêsa pisan, inggih dipun tindakakên kados rarasing tiyang nyêkar agêng, dados inggih ngulêrkambang.

Dene tumrap ingkang ngrèngkèl, adhakanipun inggih namung nuwuhakên pasulayan ginêm, gêla manawi botên nyulayani, upami wontên tiyang sanès mastani tèh Sêmar punika eca. Nanging mênggah pun ngrèngkèl, sanadyan nyatanipun tèh Sêmar wau dados pakarêmanipun piyambak, inggih mêksa mangsuli mawi nanging.

Tamtu kemawon pêcahing wêwatêkan ingkang pinanggih kados makatên punika, sanadyan namung kabêkta saking dayaning nagari ingkang dipun dunungi, raosipun lajêng kados sanènsanès. bôngsa, lajêng sami gadhah wêwatêkan piyambak-piyambak.

Nanging manawi ngèngêti têmbung turun, têgêsipun tunggil ingkang mancêri, raos ingkang sampun ngômbra-ômbra wau, kados inggih sagêd nunggil malih, têgêsipun lajêng manjing dados kabangsan.

Ha.

--- 1035 ---

Nagari dalah Tiyangipun

Tiyang Dhayak Manawi Lakirabi

Sadèrèngipun anyariyosakên bab lakirabi cara Dhayak, kula badhe mratelakakên sawatawis, ingkang ragi prêlu kasumêrêpan ing para maos ingkang dèrèng mangrêtos, kados ngandhap punika:

[Grafik]

Tiyang jalêr bôngsa Dhayak mangangge cara asli.

Kala rumiyin tiyang Dhayak punika wartosipun taksih cawêtan, ingkang kadamêl cawêt klikaning kajêng. Dene sapunikanipun sampun sami mangangge. Panganggènipun ingkang jalêr: jas clana tipis, dados kadosdene panganggènipun bôngsa Tionghwa utawi tiyang Malayu. Dene ingkang èstri sadaya racak sami ngangge sarung cêmêng (wulung) namung dumugi nginggil cêngklok. Dene wiyaripun namung srêg saagênging pupu, ngandhap lajêng dipun dondomi, dados inggih sampun nama barukut. Sarta ngangge sabuk pênjatos, sakilan wiyaripun, tiyang ngriku mastani: kumbo. Ngangge kalung salaka kasêling ing tosan, ngangge kêlat bau, sarta kuluk pênjatos.

Dene caranipun manawi rabi namung makatên kemawon: upami jêjaka Dhayak nama A anggadhahi sir dhatêng prawan Dhayak nama B, pun A wau lajêng ngadhang dhatêngipun B wontên ing margi, pêkên utawi sanès-sanèsipun.

Manawi sampun pinanggih, jaka A wau lajêng pitakèn, manawi kalugokakên cara Dhayak makatên: Sandho ngimuk surut gikik. Jawinipun: gêndhuk apa gêlêm dak trêsnani salawase. Manawi purun lajêng mangsuli: Ngituh. Têgêsipun purun. Manawi sampun tampi wangsulan makatên jêjaka wau lajêng nyukani sata sasusuran. Sanalika ngriku manawi pun B mantuk, pun A ngêtut wingking, ngantos dumugi ing griyanipun pun B, sarta lajêng manggihi tiyang sêpuhipun B, wicantênipun cara Jawinipun makatên: Kula nuwun bapak sakalihan, mênggah wigatosing pisowan kula mriki: ingkang sapisan ngaturakên kalêpatan, ingkang kaping kalih saking takdiring dewa putra sampeyan pun B pinasthi dados jodho kula, ingkang punika mugi andadosna kauningan.

Manawi tiyang sêpuhipun B jalêr èstri sami rujuk sadaya, lajêng mangsuli: Saka kamurahaning dewa, jodhone anahkuanakku. pinindha golèk kancana kang bisa ngucap dhewe. Iya kulup, aja dadi walangati [walang...]

--- 1036 ---

[...ati] padha nutugna sih-sinihan ing salawase.

Tiyang sêpuhipun wau lajêng undang-undang tangganipun, 2-5 utawi sasênêngipun kemawon (manut kacêkapaning tiyang ingkang ngundang), lajêng kaajak nêdha sêsarêngan, kalihan angêpyakakên, bilih pun B sapunika sampun dados jodhonipun A, namung makatên kemawon sampun cêkap.

[Grafik]

Têtiyang Dhayak sakulawarganipun jalêr èstri ingkang sampun sêsrawungan kalihan bôngsa mônca, sami mangangge kados panganggènipun bôngsa mônca, nanging ingkang èstri taksih kamoran pangangge cara Dhayak.

Dene manawi tiyang sêpuhipun kêkalih botên condhong dhatêng calon mantu, sasampunipun mirêngakên atur kados ingkang sampun kajarwa ing nginggil, punika sakêcap botên mangsuli, nanging lajêng mênyat sêsarêngan, prêlu mêndhêt mangkok kalih iji, sami dipun isèni latu, kapandêng wontên sangajênging jêjaka. Manawi kalampahan kados makatên, jêjaka wau lajêng rumaos bilih katampik, wusana klepat kesah tanpa pamitan.

Kocapa larenipun èstri manawi sumêrêp pacanganipun botên katampèn, lajêng ngundhamana dhatêng tiyang sêpuhipun kêkalih, pamitan kalihan lumajêng, nututi jêjaka ingkang sampun kesah, kalihan anguwuh-uwuh: Kakang aku êntènana. Jêjaka lajêng kèndêl, sasampunipun pêpanggihan lajêng tangis-tangisan, kalihan ginêman kangge pracihna tôndha trêsna.

Kêkalihipun lajêng kudhung slendhang kesah dhatêng griyanipun jêjaka wau. Sadumuginipun ing griyanipun jêjaka, tiyang sêpuhipun kêkalih lajêng gurawalan mêdal angrangkul kêkalihipun ingkang sawêg dhatêng, sasampunipun satata linggih, saha ginêman sawatawis, lajêng ngundang mitra karuhipun, kaajak nêdha sanalika ngriku kemawon.

Namung samantên punika andharan kula bab tatacaranipun tiyang Dhayak manawi gêgriya. Manawi wontên sêling-sêrêpipun bab andharan punika mugi para nupiksa ngêgungna samodra pangaksama.

Tiyang wanan, A.b.h. Indramayu.

--- 1037 ---

Raos Jawi

Pêthikan saking Sêrat Anggitanipun Radèn Mas Tumênggung Sumanagara, Bupati Pangrèh Praja Sragèn.

Nyariyosakên kawontênan wiwit jam satêngah nêm sontên dumugi jam satêngah nêm enjing.

[Sinom]

Taru-taru tumaruna / rumêmbe ngrêmbaka wilis / tinon samya lêbda jiwa / kapraban ing bagaspati / wanci mèh tunggang ardi / ijoning ron riyu-riyu / lir cahyèng kasucian / kang araras milangoni / maya-maya wèh daya asrêping netra //

kawarnaa kang mangripta / lagyeca ngisis nèng jawi / rêna miyat ing ngawiyat / kèh layangan warni-warni / panjêran atanapi / sêsangkutan samya ngadu / landhêping kang gêlasan / ingulur maputêr oling / lêng-ulêngan pindha kupu têtarungan //

pêdhoting bênang sinurak / wurahan swarèng raryalit / layanganira kang mênang / mêre nganan mingêr ngering / lir paksi manambêri / esthanya sumbar ngênguwuh / payo sapa kang nglawan / ngêdu jaya wijayanti / singa kurang landhêp yakti tatas kentas //

kepyan sinapih hyang surya / arsa sumilêm ing tasik / surêm soroting raditya / mabang nora balêrêngi / winulat kadyangganing / netra nêdhêng nandhang rapuh / puwara tan katingal / silêm pêtêng anglimputi / tan pantara padhang dening kasunaran //

sêsênêning kang sasôngka / sru kumênyar anartani / saênganing pramudita / menak kang sarwa dumadi / antuk hawaning ratri / lir êntyarsèng tyas winantu / wuryaning wintang-wintang / narawung sumirat kadi / rêbut praba wèh rêngganing antariksa //

ana sawijining lintang / cilik tansah kêlap-kêlip / kadi kêkêjèping netra / kang karênan anon maring / raras rêsmining langit / sawênèh ana kadulu / lintang linggar alihan / mung sapangu datan têbih / lir anabêt têtapakira katara //

sêmuning kaananira / kumênyut tumanêm ati / lir mêmengin lêlampahan / kang salami anabêti / ala kalawan bêcik / anggung cumithak ing kalbu / mêmèngêt môngsakala / dene lintang bimasakti / katon cêtha ngragancang anggamêng pindha //

gambaring Sang Arya Sena / sampeyanira sasisih / kadya sinarap ing naga / galak gêng kagiri-giri / suprandene tan wingwrin / sirahing sarpa jinêngku / asta kering anyandhak / kang kanan kêkiwul mamrih / amarjaya kinuwêk ing pôncanaka //

saplak lawan kang jinarwa / jroning Sêrat Dewaruci / duk ing nguni Arya Sena / mituhu ujaring wangsit / saking guru Sang Rêsi / Sokalima kinèn ngruruh / doning tirta prawita / nèng têlênging jalanidhi / sruning sêdya katêkan sakarsanira //

kapanggih Hyang Rucidewa / nulya winêjang jatining / sangkan paraning ngagêsang / tekading Sang Bayusiwi / dènnya mantêp sawiji / pantês tinulad satuhu / saniskarèng parasdya / kudu mantêp tan gumingsir / bêbasane sapa têmên tinêmênan //

têmên marang kautaman / yèn mantêp tinêmu yêkti / kadya Arya Bratasena / sinêbut satriya luwih / jamaning purwa nguni / mung Bima ingkang pinunjul / kawruhe kasampurnan / nyata sampurna sayêkti / yèku bisa jumênêng pribadinira //

nahan gantya kawuwusa / wusnya tabuh astha wanci / kang ngripta tumamèng wisma / duk samana amarêngi / praptaning yaga ringgit / pagongan ingkang jinujug / nulya wiwit pathêtan / laras lima pelog [pelo...]

--- 1038 ---

[...g] muni / gêndhing Kombangmara swara rum wilêtan //

êngêsing kang Kombangmara / rasane lir narapati / lagya lênggah sinewaka / tidhêm madya kang anangkil / muka konjêm ing siti / sadaya amarikêlu / suwuking Kombangmara / tan pantara munya malih / maksih laras lima gêndhing Côndranata //

êngêsing kang Côndranata / rasane upama janmi / gung aluhur dêdêgira / gagah sarigak netrandik / suwuk pathêt nêm muni / laras slendro gêndhingipun / Karawitan upama / janma budine ngarawit / kalorehan yèn ta cinôndra sadaya //

[Grafik]

sawusnya pathêt nêm gantya / pathêt sanga ingkang muni / wusana pathêt manyura / jangkêp sakawan prakawis / lêngkêp ganêping gêndhing / kadi peranganing napsu / uga patang prakara / nora dupara rasaning / gêndhing gôngsa mulêg têtêlênging nala //

madya ratri wancinira / bubaran kang yaga ringgit / kang ngripta tandya tumama / mring pasuptan arsa guling / kalisikan tan bangkit / kêgagas rasaning dêmung / êngêsing swara karya / mèngêt lintang bimasakti / anglês lèlèh lilih berawaning driya //

apan laju ngekapada / mangsah amêsu sêmadi / nyirêp tumangkaring karsa / nuhoni ênêng lan êning / kang ngèlingi kalingling / wênganing rasa tumlawung / lir layaping supêna / tan krasa lês nuli guling / gagat bangun pungun-pungun wungu nendra //

tandya mendra saking wisma / mangu kapirangu dening / pêtênging pêpêdhut enjang / karasèng angga matistis / baya mangkene iki / wong kênèng ampuhan gunung / ujare ampak-ampak / pêtênge dhêdhêt nglimputi / kang mangripta laju wau lampahira //

turut marga gung kewala / umyang swaraning kang paksi / srigunting mencok anèng pang / angocèh èsthanya kadi / mungu wong maksih guling / kang lembon aywa kapatuh / sikatan ngêcêk munya / cingcinggoling lir mandholin / êmprit gantil muni prit-prit kapiyarsa //

kadi sambating wanudya / pêgat-pêgat mèsmu tangis / katuwone raganingwang / nglakoni kinèwèr nglaki / dangu datan nuwèni / ywan pinaran nulya rêngu / lamun pinintan layang / mung minggu tanpa mangsuli / kêsêling tyas luwung mungkurkên katrêsnan // (Badhe kasambêtan)

S.W.

--- 1039 ---

Ngrêmbag Bab Buku

Bausastra Jawi - Purwadarmintan

Atur kula kala Sêtu kapêngkêr, bilih diapit (ing sêrat Bausastra: ngapit) ingkang têgêsipun kula aturakên nyambut saking têmbung diapit-apit, punika têmbung diapit, ingkang atêgês ditandhingi tikêl, kados ingkang kapratelakakên wontên ing sêrat Bausastra wau, dados botên têmbung diapit, utawi ngapit, ingkang têgês sawantahipun.

Atur kula ingkang sampun sampun, punika namung amratelakakên cacadipun, wondene kajêng kula, sapisan supados dipun uningani ing akathah, dipun èngêti manawi ambikak sêrat Bausastra wau. Kaping kalih manawi dipun condhongi, supados dipun pèngêti dhatêng ingkang angimpun benjing manawi sampun dumugi wancinipun angêcap malih. Tumrap dhatêng paedah utawi pigunanipun sêrat Bausastra wau, cacadan-cacadan wau botên anjalari kirang utawi suda, pangalêmbana kula dhatêng pigunanipun, botên kula cêlêt, kenginga makatên malah badhe kula ping kalihi. Awit sanajan dèrèng nama sampurna, pancèn inggih sampun kenging sayêktos kaangge madosi têgêsipun têmbung-têmbung, kenging kaangge ancêr-ancêr anyuraos kajêngipun ukara ingkang wontên têmbungipun ingkang angèl-angèl ingkang kawrat ing sêrat-sêrat ingkang ragi kina utawi ingkang kina, dados sanajan dèrèng ngêplêki sayêktos, Bausastra Purwadarmintan wau, kenging kaanggêp dados sasulihipun sêrat Bausastra Jawi ingkang tumrantumrap. bôngsa Walandi, inggih punika Bausastra Roorda sarta Juynboll. Mila inggih agêng kapitajêngan kula, bilih manawi sami kaudi, sêrat Bausastra wau saya dangu saya mindhak paedahipun, botên namung kenging kaangge ancêr-ancêr nyumêrêpi têgêsipun têmbung utawi tatêmbungan kemawon, nanging inggih kenging kaangge wêwaton amatitisakên suraos utawi trapipun.

Manawi sêrat Bausastra wau kalampahan sagêd sumêbar, sagêd dados papan pitakènipun tiyang ingkang rêmên maos, têmbung-têmbung ingkang sapunikanipun namung awujud suwara galondhangan, badhe kasumêrêpan isi tuwin kanggenipun, satêmah botên namung badhe amêwahi sasêrêpan kemawon, nanging ugi badhe anjalari indhaking srana ingkang sami kaangge lung tinampèn gagasan. Dados tumrap kamajêngan, sêrat Bausastra wau inggih agêng paedahipun.

Namung wontên emanipun saprakawis, inggih punika pun rêgi, sanajan botên kenging kawastanan awis, nanging rarêgèn f 4, (manawi wontên ing toko buku malah f 5,) punika tumrap bôngsa kula Jawi ingkang kathah-kathah bokmanawi taksih nama kêkathahên. Ingkang makatên wau gêgayutan kalihan pangajêng-ajêng kula murih sumêbaripun, kula piyambak rumaos eman.

--- 1040 ---

NGOBROL ING DINTÊN SABTU

Gunanipun wontên pakêmpalan jurnalis.

Ing sêrat-sêrat kabar dèrèng dangu punika sami rame anyariyosakên adêgipun pakêmpalaning para jurnalis pribumi, ingkang dipun namakakên: "Perserikatan Kaum Journalist". Tumrap umum, adêgipun pakêmpalan wau pantês sangêt ingaosan, murih sêrat kabar punika saèstu mathuk angsal sêsêbutan: "De Koningin der Aarde", ingkang atêgês: "Ratuning Dunya".

Sêrat kabar asring sok dipun wastani "Ratuning Dunya", punika pancèn inggih wontên èmpêripun. Jalaran manawi: têmên, botên ilon-ilonên, adil, botên doyan dhatêng rêruba lan sasaminipun, ngantos suwaranipun pantês dipun gêga ing tiyang kathah, nama kasbut nginggil inggih pancèn mathuk sayêktos. Amila kadhangkala sêrat kabar punika inggih sok sagêd agêng panguwasanipun prasasat mèh nyamèni kalihan panguwasaning ratu.

Nanging tumrap sawênèhing sêrat kabar, botên ngêmungakên sêrat kabar ngriki kemawon, sanadyan sêrat-sêrat kabar ing Europa tuwin ing Amerika, malah ing saindênging jagad pisan ugi makatên, sêsêbutan "Ratuning Dunya" wau botên mèmpêr babar pisan, nanging pancènipun malah kêdah angsal sêsêbutan sanès malih. Amrih têrangipun kados ingriki prêlu dipun sukani andharan sawatawis. Inggih punika makatên:

Para maos têmtunipun sampun sami anguningani sadaya, bilih gêsanging sêrat kabar punika 1e gumantung saking sêtyaning para lênggananipun, têgêsipun: para lêngganan kêdah sêtya anggènipun nêtêpi kuwajibanipun, inggih punika pêmbayaranipun arta lêngganan. Sampun kok: maos "dengan senang hati" nanging sarêng dipun kintuni wissel tagihan, namung dipun pringakên kemawon. 2e gumantung dhatêng kathahing pariwara (advertentie). Saya kathah pariwaranipun, saya lêma sêrat kabaripun, lan 3e sampun têmtu ugi gumantung saking kawêgiganipun para jurnalis, ingkang sami ngêmudhèni sêrat kabar.

Jalaran wontênipun wêwaton tigang prakawis wau, amila tumrap sêrat kabar sok angèl sangêt anggènipun badhe nêtêpi sêsêbutanipun "Ratuning Dunya" punika. Sabab saking ingkang makatên, sêrat-sêrat kabar sok lajêng kapêksa ngawontênakên pranatan warni-warni, kados ta: tumraping para lêngganan. Ingriku sok dipun wontêni pranatan, upaminipun: lêngganan ingkang wontên ing tanggal 15 wulan kapisanan ing wiwitanipun kwartaal enggal dèrèng ambayar arta lênggananipun, punika dipun wêdalakên saking anggènipun dados lêngganan. Pranatan ingkang makatên wau, botên jalaran saking anggènipun kirang pitados dhatêng para lêngganan, nanging badhe angrêksa sampun ngantos ngrisakakên lampahing administratie utawi anjagi supados pakaryan wau sagêda widada adêgipun.

2e. Gêsanging sêrat kabar gumantung saking kathahing pariwara, punika pancèn inggih lêrês. Jalaran pamacaking pariwara punika waragadipun pancèn inggih kathah sangêt. Amila sok kêrêp kemawon kalampahan, bilih pariwara punika sok sagêd andayani dhatêng isining sêrat kabar, ingkang anjalari sêrat kabaripun sok lajêng botên sagêd nêtêpi sêsêbutanipun "Ratuning Dunya" wau. Upaminipun kados ingkang mêntas kalampahan dèrèng dangu punika.

[Grafik]

Tuan Saerun hoofdredacteur "Siang Po" ing Bêtawi ingkang katêtêpakên dados pangarsa "Perserikatan Kaum Journalist."

Kados sampun limrah bilih ing sêrat kabar punika sok amacak pariwaranipun gambar idhup. Makatên ugi salah satunggiling sêrat kabar ing nagari Walandi. Ing sêrat kabar wau sabên dintênipun asring sok nyadhiyani papan kangge adamêl wawasan kawontênanipun gambar-gambar ingkang kapitontonakên ing griya gambar idhup. Dene anggènipun adamêl wawasan kêrêp sangêt sok botên anocogi kalihan para ingkang sami anggadhahi gambar idhup. Jalaran saking punika para ingkang sami gadhah gambar idhup lajêng sami angancam, bilih badhe nyopot anggènipun nglêbêtakên pariwara wontên ing sêrat kabaripun, manawi [ma...]

--- 1041 ---

[...nawi] botên dipun kèndêli anggènipun damêl wawasan ingkang badhe adamêl karugianipun. Ancaman ingkang makatên wau saupami dipun lajêngakên, kadadosanipun namung wontên warni kalih, inggih punika: manawi sêrat kabar wau badhe nêtêpi sêsêbutanipun "Ratuning Dunya" têmtunipun inggih botên amrêduli dhatêng ancaman ingkang makatên punika, saha anglajêngakên anggènipun adamêl wawasan kawontênipun film-film gambar idhup. Nanging wusananipun sêrat kabar wau têmtu badhe nandhang kapitunan pintên-pintên èwu rupiyah, jalaran mêdaling pariwara gambar idhup wau. Kosokwangsulipun manawi sêrat kabar wau sungkan rugi, têgêsipun: sêrat kabar wau "cinta" sangêt dhatêng "fulus", têmtunipun dhatêng para eigenaar gambar idup ingkang ngancam wau inggih lajêng mêndhêg-mêndhêg saha umatur makatên: "Sêndika Kangmas". Manawi samantên watakipun sêrat kabar, mênggah pamanggih kula inggih botên pantês manawi sêrat kabar wau lajêng dipun sukani sêsêbutan "Ratuning Dunya", nanging sêsêbutan ingkang mathuk sangêt, inggih punika: "Planyahaning Dunya". Awit ingriku lajêng têtêp namung anyawang dhatêng arta kemawon, dados sêrat kabar ingkang makatên punika mathukipun inggih manawi dipun trapi paribasan Bêtawi ingkang ungêlipun makatên: "Ada uwang abang saya, tidak ada uwang abang payah".

[Grafik]

Para jurnalis bangsa Indonesia saha Jurnalis Tiong Hwa nalika sami kêmpal kêmbul bujana.

Ingriki botên prêlu kula lajêngakên mênggah karampunganing pasulayanipun para ingkang gadhah gambar idhup kalihan sêrat kabar kasbut nginggil, kados sampun cêkap katêrangakên, bilih sêrat kabar punika, manawi botên kalêrêsan, sok ugi lajêng sagêd angsal sêsêbutan: "Planyahaning Dunya".

Tuladan malih. Satunggiling bangsawan utawi kumidi sêtambul, gampilipun tukang kumidi A upaminipun, amanggihi salah satunggilipun redacteur sêrat kabar (pêpanggihanipun têmtu "cuma dengan mata ampat dan tau sama tau"). Ing wusana ing sêrat kabar wau lajêng ngêwrat pangalêmbana dhatêng kumidi A ngantos pintên-pintên kolom panjangipun, thik pangalêmbananipun punika ragi kêladukên sangêt. Lo, ingkang makatên punika sagêd ugi bilih sêrat kabar wau sampun anggadhahi watak: ada uwang abang saya, ... Mangga, ing sarèhning sampun têtela amangeran sangêt dhatêng arta, ngantos supe dhatêng: kaprawiran, katêmênan, lan kaadilanipun, punapa botên mathuk saupami sêrat kabar wau lajêng dipun sukani sêsêbutan "Planyahaning Dunya"?

3e. Gêsanging sêrat kabar gumantung saking kawêgiganipun para redacteur. Bab punika botên prêlu kacariyosakên kanthi panjang, para maos têmtunipun sampun sami mangrêtos sadaya.

Jalaran wontênipun sadaya ingkang kasêrat inginggil punika, sok lajêng wontên tuwuh pitakenan makatên: "Sêrat kabar punika punapa kenging dipun pitados?" Lo, anèhipun, kathah-kathahing tiyang têka sami amangsuli: "botên".

Para jurnalis ingkang maos obrolan kula punika, sampun guru-guru duka sarta lajêng ngacungi kêpêl dhatêng kula, dumèh ingriki nyariyosakên bilih sêrat kabar punika botên kenging dipun pitados, kadar punika namung pamanggihipun redacteur cecrekan, milanipun kala wontên congrès jurnalis inggih botên angsal ulêman, dados inggih botên prêlu kagalih panjang.

Mênggahing kula sêrat kabar punika, wajibipun namung kêdah dipun waos, awit sagêd anjalari jêmbaring kawruhipun, nanging botên kenging lan botên prêlu kêdah dipun pitados. Jalaran ingkang anggarap sêrat kabar punika ngêmungakên manusa blaka. Dados ing sarèhning nama manusa inggih sagêd

--- 1042 ---

kalèntu lan lêpat. Ing mangka sêrat-sêrat kabar ingkang mawi tatanan enggal, punika anggèning ngêwrat kabaran warni-warni sangêt, sarta panyambutdamêlipun sarwa kasêsa lan enggal-enggal, langkung malih punggawanipun asring sok kirang. Jalaran saking punika sampun têmtu kemawon, bilih panyambutdamêlipun sok lajêng kirang pangatos-atosipun. Kula pitados, bilih kajêngipun sêrat-sêrat kabar punika inggih badhe nyambutdamêl kanthi satêmên-têmênipun lan saadil-adilipun, ananging ing sarèhning kathah prakawis-prakawis ingkang sami nganèh-anèhi, amila lajêng kapêksa sêrat-sêrat kabar sami botên kenging dipun pitados. Kados ta: pakabaran ingkang katampi sabên dintên, punika ingkang kathah para punggawanipun sêrat kabar sami botên nêksèni piyambak. Ing sarèhning botên anêksèni piyambak, lêpat lêrêsing pakabaran rak inggih botên sagêd nêmtokakên, dados inggih lajêng namung kêdah pitados dhatêng ingkang suka kabaran alias pun correspondent.

Manawi adamêl wawasan utawi andharan sok kirang jangkêpipun. Kados ta upaminipun makatên:

Redacteur adamêl wawasan kawontênanipun ing pasar-gambir, ingkang tiyangipun maèwu-èwu cacahipun saha ingkang saklangkung rame dening kathahing têtumpakan mawarni-wani, ingkang sami nuju dhatêng pasar-gambir wau. Ing wusana dumadakan lajêng wontên tiyang kalih utawi tiga ingkang sami nandhang kasangsaran jalaran kêtubruk ing motor. Salajêngipun pun redacteur ingkang dipun sêrat namung bab awoning panjagèn pulisi, dene ngantos wontên bêbaya makatên, sarta lajêng nguman-uman dhatêng tledhoring pulisi wau.

Mangga, andharan ingkang makatên punika rak nama botên jangkêp, jalaran ingkang dipun sêbut-sêbut namung wontênipun kasangsaran kemawon, nanging kathahing tiyang ingkang sami wilujêng ngantos pintên-pintên èwu sabab saking pangrêsaning pulisi botên dipun èmbèt babar pisan, lan taksih kathah malih tuladan-tuladan ingkang ambuktèkakên kiranging jangkêpipun andharan ing sêrat-sêrat kabar wau.

Minangka mungkasi obrolan kula punika, ingajêng kula matur, bilih wontênipun pakêmpalaning para jurnalis pancèn ingaosan, awit têmtunipun para jurnalis wau lajêng badhe ambudidaya sagêda saya angatos-atos dhatêng tindak ingkang badhe ngasorakên drajadipun, ingkang wusananipun sagêd dados jalaran sayêktos sêrat kabaripun wau têtêp angsal sêsêbutan "Ratuning Dunya".

Makatên mênggah pangajêng-ajêngipun pun PÊNTHUL.

Pêthikan saking Sêrat-sêrat Kabar Sanès

Indhonesiah.

Bab têtiyang ingkang badhe dhatêng Mêsir.

Kangge panyêgah murih sampun adamêl piduwung ing wingking dhatêng para mudha ingkang nglajêngakên sinau dhatêng pamulangan luhur Al Azhar ing Mêsir, parentah adamêl sêbaran kaparingakên dhatêng para pangagêng nagari, ingkang suraosipun:

Miturut pranatan enggal, konsul jendral Inggris botên kenging maringi sêrat palilah tiyang dhatêng Mêsir, ing sadèrèngipun angsal palilah dening ministêr jajahan ing Mêsir.

Sêrat palilah wau dèrèng kaparingakên, ing sadèrèngipun wontên sêrat katrangan:

1. Sêrat katrangan absah, bilih tiyangipun dèrèng nate nglampahi ukum kunjara.

2. Katrangan ing bab saening kalakuan.

3. Ing salêbêtipun wontên Mêsir gadhah arta nyêkapi, ingkang kakintunakên lumantar wêwakil karajan Walandi ing Mêsir.

4. Katrangan saking tiyang ingkang gadhah têtanggêlan, têtêping manggènipun ing Mêsir tumut sintên, lan punapa sababipun milih sinau dhatêng Mêsir.

Sêrat-sêrat wau pangintunipun dhatêng Mêsir lumantar parampara babagan prakawis tiyang siti. Kajawi punika, tumrap ingkang gêgayutan kalihan pamulangan luhur sanèsipun, kêdah tampi katrangan saking dhirèktur pamulangan, ing bab katampèn anggènipun sêkolah.

Pakêmpalan panyêgah tiyang sês (nyêrèt).

Dumuginipun sapunika kawontênanipun tiyang sês ingkang dipun udi pêdhotipun, ingkang katindakakên ing griya sakit Cikini, Batawi 230, ing griya sakit Yang Sèng I Batawi 74, C.B.Z. Batawi 48, griya sakit sèndhêng Bayuasih, Purwakêrta 23, sami tiyang asli saking Batawi, tuwin ing griya sakit sèndhêng ing Bandhung 46, ugi tiyang asli saking Batawi, gunggung sadaya 421. Tiyang samantên wau ingkang 138 botên kadugi nglajêngakên mêdhot. Pakêmpalan panyêgah tiyang sês, sampun mitulungi tiyang 200 ingkang mêntas dipun upakara wontên ing griya sakit, salêbêtipun kalih wulan. Tiyang samantên wau

--- 1043 ---

ingkang nglajêngakên mêdhot wontên 75%. Pakêmpalan panyêgah wau, benjing wulan Oktobêr badhe pakêmpalan ing pintên-pintên panggenan, prêlu badhe sêsorah.

Sadhiyan kajêng obong.

Awit saking kaparêngipun parentah, ing sapunika nyadhiyani pasitèn wiyar kadadosakên wana malih, prêlu badhe kangge nyadhiyani kajêng obong têtiyang ing Batawi. Pasitèn wau tilas siti partikêlir antawisipun margi saking Batawi dhatêng Bogor.

Kantor pangêcapan gupêrmèn.

Mirid palapuran saking kantor pangêcapan gupêrmèn ing taun 1930, kawontênaning padamêlan langkung majêng, ngantos kathah padamêlan ingkang kapasrahakên dhatêng pangêcapan partikêlir. Tumrap padamêlan ingkang gêgayutan kalihan polêksêtèlêng, migunakakên sêtrum èlèktris 177.401 kilowat, gas 56.490 mètêr kubuk, golongan cap-capan gamabar nêlansakênnêlasakên. kajêng 25 ton. Gunggunging punggawa ing taun 1930 wontên tiyang 667, ngêdalakên cap-capan 11.459 gagrag warni-warni, buku 306. Wontêning golongan padagangan wontên f 1.962.329.50, ing taun 1929 wontên f 1.860.711.50. Bêbathèn Javasche Courant f 41.899.24, rêsikipun pinanggih f 310.251.98.

Kabudidayan Jêpan ing tanah wetan.

Kabudidayan Jêpan ing tanah wetan nama Tosan Cultuur Mij, ing tanah wetan, sanadyan ing môngsa mandêking, mêksa nglajêngakên ambikak siti jêmbaripun 6000 hektarê, kaperang dados kalih, Ajamu lèr tuwin Ajamu kidul, badhe dipun tanêmi klapa Aprikah. Ing sapunika migunakakên kuli 100 kangge anggarap siti.

Lotre enggal malih.

Kawrat kêkancingan saking dhirèktur pangrèh praja tanggal 7 Agustus, marêngakên ngawontênakên lotre malih f 500.000.-, nama Bataviaasch-Internaat.

Sudan residhèn.

Gêgayutan kalihan ewah-ewahan priyantun bôngsa Eropah, ingkang badhe tumindak benjing wulan Oktobêr 1931 punika, gunggunging residhèn ingkang sapunika 35 badhe kakantunakên 19. Nanging usulipun komisaris parentah, ingkang 6 apdhèling badhe kalêstantunakên, dados namung badhe suda 10.

Kasusahaning rakyat.

Miturut buku-buku pèngêtanipun para lanbao konsulèn sawatawis, mratelakakên: rêgining tèh ing Cikajang, Garut, mandhap malih, amargi kabudidayan tèh botên numbasi. Ing bab rêkaosing pados arta pinanggihing laladan Tasikmalayah sisih kidul, tumindaking kabêtahan ngantos urup-urupan. Tiyang nyambut rêkaos sagêdipun nyaur, punapa malih paos. Ing bawah Cirêbon kathah sabin ingkang katrajang tikus.

Gledhahan arta palsu ing Surakarta.

Pulisi ing Surakarta tampi tilpun saking Magêlang, martosakên bilih mêntas nyêpêng têtiyang damêl arta palsu, têtiyang ingkang kacêpêng wau bôngsa Walandi, Tionghwa tuwin tiyang siti, wontên ingkang ngakên gadhah kônca malih ing Surakarta. Bab punika pulisi ing Surakarta lajêng tumindak galedhah, nanging dèrèng angsal damêl.

Bupati Bandhung enggal.

Ing kabupatèn Bandhung mêntas wontên parêpatan Tuwan Kuneman, residhèn Priyangan têngah, paring sumêrêp, bilih Radèn Hasan Sumadipraja, patih ingkang ngrangkêp padamêlan Bupati Bandhung, katêtêpakên dados bupati ing Bandhung.

Tuwan Gathot Mangkupraja angsal sudan ukuman.

Tuwan Gathot Mangkupraja, ingkang nglampahi paukuman kalih taun wontên ing pakunjaran Sukamiskin, jalaran prakawis P.N.I. sarèhning salêbêtipun wontên ing paukuman sae kalakuanipun, sapunika pinaringan sudan dening ingkang wajib 1½ wulan. Kintên-kintên salêbêtipun wulan Nopèmbêr sampun luwar.

Asiah.

Kintunan sutra saking Tiongkok.

Syanghai 14 Agustus (Indo-Pacific). Kintunan sutra saking Syanghai ing salêbêtipun minggu kapêngkêr wontên 403 bal. Peranganipun kakintunakên dhatêng Eropah 96 bal, dhatêng Asiah tuwin Aprikah 226 bal, dhatêng AmekahAmerikah. 81 bal.

Bêna ing Hanko nuwuhakên sabab warni-warni.

Syanghai 14 Agustus (Indo-Pacific). Kitha Hanko kêlêban toya sadaya, cèthèk-cèthèking toya wontên gangsal kaki. Kathah tiyang ingkang tiwas, mayitipun sami kèli, amor prabot griya ingkang sami larut, têtiyang ing ngriku sami kêkirangan têdha, sêsakit kolerah tuwuh ing gangsal wêlas dhistrik, kathah tiyang ingkang tiwas. Sasampunipun makatên tuwuh kadurjanan, para pulisi tuwin militèr tumandang ing damêl.

Eropah

Pambikakipun papilyun Walandi ing Paris.

Parijs 18 Agustus (Aneta-Nipa). Nalika pambikakipun papilyun Walandi ing Paris, sanadyan nuju jawah, kathah ingkang sami anjênêngi. Ingkang mêdhar sabda paduka Tuwan Fock lajêng paduka ministêr Beelaerts van Blokland.

Pawartos saking Rêdhaksi

Lêngganan nomêr 3152 ing Cisêru. Karangan panjênêngan sampun katampèn, eman dene lucon ing karangan wau sampun kêlimrah sangêt, mila botên kapacak.

--- 1044 ---

Wêwaosan

Dhêndhaning Angkara

37.

Mungguhing wawasan ingsun, sira iku kadunungan titik kang kaya mangkono. Manawa têmên-têmên sira bisa nindakake karahayonira bakal tinêmu ing sabacute. Abdullah, sira ngèlingana marang pangandikaningsun kabèh, kang karêpe darbe pangeman marang sira, lan atêgês ingsun bangêt rêna nguningani gawenira. Wis, Abdullah, sira mundura, tilika wong tuwanira.

Abdullah lajêng mundur saking ngarsa nata kanthi nyangking pêdhang kasenapatèn.

XV. Pinanggih tiyang sêpuh ingkang wêkasan.

Unduripun senapati Abdullah saking ngarsa nata sampun têngah dalu, ngambah ing môngsa pêtêngan lêbêt, padhangipun ing dalu namung lamat-lamat dening kasorotan lintang ingkang abyor ing langit. Lampahipun senapati enggal tuna dungkap, dening mêntas ngambah ing papan padhang, nanging dangu-dangu inggih lajêng katingal cêtha, botên adamêl kasamaraning lampah.

Salêbêtipun lumampah, senapati Abdullah tansah nolah-nolèh nyawang pakuwoning ratunipun, ing ngriku taksih katingal padhang pating glêbyar, nandhakakên bilih ing sapêngkêripun, ing pakuwon taksih kathah tiyang ingkang dèrèng tilêm. Kumênyuting manahipun sang senapati tansah tumanêm, saking ngèngêti bilih papan padhang ingkang taksih katingal punika papan ingkang andhatêngakên kamulyan, rinaos botên beda kados papan kalairanipun. Tuwuhing cipta ingkang kados makatên punika adamêl mandhêg-manguning lampah, araos kados ngambah papan kasamaran, nanging punapa ingkang andadosakên kasamaranipun, sang senapati piyambak botên mangrêtos, namung kala-kala anarik napas landhung, atêgês ngêlar sêsêging dhadha.

Sabawanipun ing dalu botên wontên malih kajawi namung pangêcêking walang tuwin jangkrik, kala-kala kamirêngan sabawaning pêksi mabur ingkang saba dalu, swaranipun dumêling kados sêsambatipun tiyang susah. Ing ngriku sang senapati saya karaos ing manah, anganggêp sabawa ingkang kados makatên punika sasmita awon.

Sanadyan lampahipun senapati Abdullah punika wontên salêbêting kitha, nanging araos kados ngambah nagari suwung, tuwin rumaos anggènipun lumampah angalangut tanpa wasana. Pancèn nyata raosing manah susah punika ing salaminipun namung damêl pêpêtêng.

Ngantos dangu lampahipun senapati Abdullah botên dumugi-dumugi ing purug, ngantos kalair mungêl: Athik anèh têmên, lakuku iki kaya wong bingung, êndi dalan sing tak ambah arasa ngêlangut ora ana jêdhug-jêdhuge. Parmaning Pangeran, pêpêtêng ing dalu wau piniyak dening jumêdhuling rêmbulan ing tanggal sêpuh, padhangipun araos kados cahyaning tiyang kalêson, saha ing ngriku sinambêtan kaluruking ayam têmbean, kados ambagèkakên pangungaking rêmbulan anggagat bangun. Senapati Abdullah nyarêngi wicantên piyambak: Êlo, wis jago kluruk.

Ing sapunika senapati Abdullah sampun botên kasamaran malih, lajêng lumampah nuju dhatêng griyaning tiyang sêpuhipun, sakêdhap-sakêdhap tansah ngusapi rai ingkang kêtêlêsan êbun.

Sadumugining panggenanipun ki sudagar, katingal nyênyêt. Senapati Abdullah lajêng malêbêt ing palataran kemawon, wusana dipun papagakên sabawanipun tiyang nyapa: Sintên niku.

Senapati Abdullah mirêng têmbung panyapa wau botên kagèt, malah lajêng murugi saha ngiling-ilingi, wusana cêtha, tiyang ingkang nyapa wau rencangipun kyai sudagar ingkang sampun dipun kulinani, saha tiyang wau inggih botên pandung, lajêng wicantên: O, lurah, kula botên ngintên manawi panjênêngan rawuh. Panjênêngan tansah dipun ajêng-ajêng kalihan kyai, malah kala wau dalu ngantos kawêdal pangandikanipun: Apa aku bakal ora wêruh Abdullah manèh.

Sanalika manahipun senapati Abdullah tumratab, saha lajêng pitakèn: Genea kyai têka bangêt-bangêt anggone ngarêp-arêp aku.

Rencang: O, lurah, kyai sudagar gêrah, sampun sawatawis dintên punika katingal rêkaos.

Senapati Abdullah botên mangsuli malih, lajêng lumampah kalihan ngawe dhatêng rencang wau, atêgês kapurih ngatêrakên.

Dhêg-dhêganing manahipun senapati Abdullah kala punika atêgês kasamaran, awit mangrêtos bilih dhatêngipun punika badhe adamêl kagèting manahipun tiyang sêpuh. Nanging raosing manah ingkang kados makatên punika botên kalèntu, awit sarêng senapati Abdullah sadumugining papan patilêmanipun kyai sudagar, ing ngriku katingal nyênyêt, namung kêmirêngan sênggruk-sênggrukipun tiyang nangis. Inggih punika tangisipun tiyang ingkang sami nênggani kyai sudagar. Senapati Abdullah botên sarônta lajêng mara nungkêmi sukunipun kyai sudagar, ingkang kala punika kyai sudagar sawêg anglênggêr tanpa ngucap. (Badhe kasambêtan)

--- 181 ---

Nomêr 46 taun I

Taman Bocah

Lampiran Kajawèn, kawêdalakên sabên Sabtu.

Katrêsnaning Bapa Biyung

Nuwun, kula ngaturakên dongengan kados ing ngandhap punika:

Griyanipun bapa kula punika wontên ing dhusun, sadaya gêdhèg dêling, ingkang kaprênah singgêtan ugi dêling (patangaring) tur sampun wontên ingkang risak. Pinggiraning patangaring ingkang nginggil wontên dêlingipun galêndhêngan, ingkang ngandhap namung dipun bolongi kangge nlusupakên jênêng (adêg-adêg). Sampun sawatawis dintên ing salêbêting dêling galêndhêngan ingkang nginggil kamirêngan suwantêning cindhil tikus pating criyit, saha êmbokipun katingal wira-wiri pados têdha.

Anuju satunggiling dintên kula wawêgsawêg. dhatêng, mantuk saking padamêlan sumêrêp adhi-adhi kula sami pating gadêbug ningali sawêr kayu ingkang sawêg tarung kalihan tikus ingkang gadhah anak punika. Awit punika sawêr badhe môngsa cindhilipun, utawi manawi kenging inggih êmbokipun pisan, nanging pun tikus tansah prayitna, manawi badhe dipun têlorong, lajêng mlajêng, mundur, têrus wangsul kalihan jalalatan, wongsal-wangsul wau ngantos dangu. Kirang sakêdhik pun tikus mèh dados mangsan, jalaran congoripun sampun dipun caplok sawêr, nanging lajêng dipun sêndhal sarosanipun, wusana pun sawêr ucul panyakotipun. Pun sawêr tansah tlolar-tlolor pados margi dhatêng panggenan cindhil, dangu-dangu sumêrêp marginipun lajêng sirahipun katalusupakên dhatêng panggenan cindhil badhe dipun môngsa. Bapakipun ingkang sampun nêpsu sangêt lajêng murugi panggenan sawêr. Sawêr dèrèng sagêd nyaplok cindhil sampun dipun cakot githokipun, sarêng kraos sakit sangêt lajêng anggronjal badhe nyaut pun tikus ingkang nyakot, nanging tikusipun endha, sawêr kasêron anggènipun anggronjal, wusana dhawah dhatêng siti, badhe minggah malih sampun rêkaos, tikusipun lajêng mlêbêt, anak-anakipun dipun boyongi ngalih sanès panggenan, pambêktanipun satunggal-satunggal dipun cakoti githokipun.

Wasana tutuping atur kula dadosa pêpèngêt dhatêng kula lare sadaya, samantên mênggahing trêsnanipun tiyang sêpuh dhumatêng anakipun, botên giris dhatêng bêbaya ingkang badhe dhumawah, inggih dipun têmpuh. Dados manawi makatên sampun dados wajibipun kula lare sadaya sami ajrih dhatêng tiyang sêpuh, minôngka dados pamalêsing katrêsnan.

Kula pun Sadi - Sumbêrlawang.

--- 182 ---

Pangemane Wong Tuwa Mênyang Anak

Jamane saiki tumrape wong tuwa kang duwe ati samaran, pancèn iya kurang kapenak, kaya ta yèn mêruhi carane bocah saiki anggone dhêmên nunggang sêpedhah, wah, nyang ati mung gawe kêtir thok.

Nanging kosokbaline bocahe, pikiran samar mau wis ora duwe babarpisan.

[Grafik]

Ana bocah nêmbung anjaluk sêpedhah mênyang êmbokne, têmbung: Bok, aku kapengin sêpedhah, tukokna ta, bok.

Êmbokne: Kowe kuwi isih cilik, yèn nunggang sêpedhah durung duwe duga-duga. Aja-aja.

Anake: Gene bocah sing cilike ngungkuli aku ya wis nunggang sêpedhah.

Êmbokne: Apa kowe wis wani nunggang sêpedhah têmênan, ta.

Anake: Gene aku yèn nunggangi sêpedhane kancaku wis têkan ngêndi-êndi.

Êmbokne krungu wangsulan ngono mau kagèt bangêt, banjur sêdhakêp karo gèdhèg-gèdhèg lan muni: Lailah, dadi kowe wis têkan ngêndi-êndi.

Sarèhning anake mau bangêt ing panjaluke lan uga prêlu kanggo sêkolah, iya banjur ditukokake.

Wis watake bocah, pancèn iya kurang duga-duga, barêng duwe sêpedhah, paribasane saksat kaya omah ana sadhuwuring sêpedhah. Suwe-suwe saka bangêting sayah, nganti andadèkake lara.

Barêng wis kalakon kaya ngono, êmbokne banjur mituturi: Aku ora nglarang anggonmu nunggang sêpedhah, nanging ya sing nganggo duga-duga, aja mung ngêthingkring ana sêpedhah bae, lan yèn malaku ana dalan sing ngati-ati, aja dhêmên lancang-lancangan, pakolèhe ora ana. Yèn saiki sêpedhane mung prêlu koanggo dolan bae, arêp tak jabêl.

Wangsulane anake: Iya bok, saiki aku arêp nunggang mung saprêlune bae.

Pangemane wong tuwa kuwi satêmêne mung gawe bêcik, barêng digugu iya tinêmu slamêt.

Tumrap kasamaraning wong tuwa, pancèn iya ora luput, hara coba yèn wêruh kèhing wong nunggang sêpedhah kaya ing gambar dhuwur iki, apa ora gawe samar.

--- 183 ---

Mantêp ing Ati, Bisa Dadi

V.

Sutarsa: Apa kowe iya arêp jagong.

Suhardi: Ah, ora, wong lêlakone lagi kaya ngene kok arêp jagong.

Sutarsa: Iya wis, yèn ora. Lah saiki êmbokmu mênyang ngêndi.

Suhardi: Si êmbok wis mangkat ambathik mênyang Ngapêman. Adhiku uga diajak.

Sutarsa: Dadi sing ana ngomah mung kowe dhewe.

Suhardi: Iya.

Sutarsa: Lah yèn kowe pinuju sêkolah sing tunggu omah sapa.

Suhardi: Disuwungake bae.

Sutarsa: Êmbokmu mulihe jam pira, ta.

Suhardi: Mêngko jam rolas mulih, jam loro bali nyambut gawe manèh, banjur jam nêm wis bubaran.

Sutarsa: Ora ngono, saiki seje sing dak rêmbug, saiki rak uwis sasi Ruwah, ta, dadi wis mèh unggah-unggahan, aku lan kowe bakal padha tamat saka sêkolahan, lah, yèn wis tamat kowe arêp nyambut gawe apa.

Suhardi: Yèn karêpku mono, aku arêp ngèngèr sudagar, supaya bisa ngrêti marang laku-lakuning pagawean. Lah kowe arêp nyambut gawe apa.

Sutarsa: Yèn aku, aku arêp mèlu nyambut gawe ana ing sêpur, bapak wis kôndha yèn aku arêp diilokake pak cilik ana ing Sêmarang. Lah sing arêp koiloni sudagar apa, apa sudagar bathik apa sudagar bêbakulan.

Suhardi: Iya sakêcêkêle, sudagar bathik iya arêp, sudagar bêbakulan iya arêp.

Kacarita, Sutarsa anggone dolan ana ing omahe Suhardi nganti suwe. Barêng wis mèh jam rolas, Sutarsa pamitan: Wis ya, Di, iki wis mèh jam rolas, aku arêp mulih, liya dina bae dak dolan mrene manèh.

Suhardi: Êlo, mêngko dhisik, ngêntèni têkane si êmbok dhisik. Iki si êmbok wis mèh têka, mêngko karêbèn wêruh kowe.

Sutarsa: Iya, ta.

Durung suwe karo antarane anggone pamitan Suhardi, êmbok Wirasukarta wis mulih, takon marang Suhardi: Apa kuwi kancamu sêkolah, le.

Suhardi: Iya êmbok, iya iki Si Sutarsa, kang mitulungi sambèn pagawean marang aku.

Êmbokne Suhardi: O, dadi kowe, le, sing jênênge Sutarsa.

Sutarsa: Inggih, êmbok.

Êmbokne Suhardi: Bangêt panarimaku iya le, dene kowe gêlêm mitulungi marang anakku.

Sutarsa: Inggih, êmbok, sami-sami.

Êmbokne Suhardi: Lah têkamu apa wis suwe, le.

Sutarsa: Sampun, wiwit kala wau jam wolu.

Êmbokne Suhardi: Ah, ana dhayoh wiwit esuk kok ora disuguh apa-apa, aja dadi timu iya le.

Arêp disambung.

Sumadi, Sala.

--- [0] ---

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]