Sastra Jawa

Program Digitalisasi Sastra Daerah

  • Increase font size
  • Default font size
  • Decrease font size

Kajawèn, Balai Pustaka, 1931-09, #1646

Katalog:Kajawèn, Balai Pustaka, 1931, #1646
Sambung:
1.Kajawèn, Balai Pustaka, 1931-01, #1646. Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #438.
2.Kajawèn, Balai Pustaka, 1931-02, #1646. Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #439.
3.Kajawèn, Balai Pustaka, 1931-03, #1646. Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #440.
4.Kajawèn, Balai Pustaka, 1931-04, #1646. Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #441.
5.Kajawèn, Balai Pustaka, 1931-05, #1646. Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #442.
6.Kajawèn, Balai Pustaka, 1931-06, #1646. Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #443.
7.Kajawèn, Balai Pustaka, 1931-07, #1646. Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #444.
8.Kajawèn, Balai Pustaka, 1931-08, #1646. Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #445.
9.Kajawèn, Balai Pustaka, 1931-09, #1646. Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #446.
10.Kajawèn, Balai Pustaka, 1931-10, #1646 . Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #447.
11.Kajawèn, Balai Pustaka, 1931-11, #1646. Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #448.
12.Kajawèn, Balai Pustaka, 1931-12, #1646 . Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #449.

Ôngka 75, 6 Jumadilawal Taun Je 1862, 19 Sèptèmbêr 1931, Taun VI

Kajawèn

[Iklan]

--- [1169] ---

Ôngka 75, 6 Jumadilawal Je 1862, 19 Sèptèmbêr 1931, Taun VI

Kajawèn

Kawêdalakên sabên dintên Rêbo lan Sabtu

Rêgining kalawarti punika ing dalêm tigang wulan ... f 1.50, bayaranipun kasuwun rumiyin, botên kenging langganan kirang saking 3 wulan.

Juru ngarang - administrasi Bale Pustaka, ing sawingkinging kantor palis, tilpun nomêr 2791 - Bêtawi Sèntrêm.

Mêsjid Yama

[Grafik]

Ing nginggil punika gambaripun mêsjid Yama ing Bombai, Indhia Inggris. Dipun tingali ngajêngan.

--- 1170 ---

Rêmbagipun Garèng lan Petruk

Bab Ewahing Paprentahan

II.

Petruk: Kang Garèng, rungokna saiki, tak banjurne caritaku ing bab pasrah-pasrahan paprentahan ing tanah Indhonesiah kene. Nanging papane saiki tak pindhahe ana ing Wèltêprèdhên, yaiku ing sêtatsiun Gambir. Kira-kira jam 7 ing ngarêp sêtatsiun kono, sing adate kêbak: motor taksi, dhokar, sarta slop jalinggring, pupur lamatan, dhisayang-sayang ...

[Grafik]

Garèng: Sikak, omong têka nganggo mompar-mampir mêngkono. Kenene anggone ngrungokake andêngongong nganti ngêthok cêngêle, konone jêbul sakêpenake dhewe bae.

Petruk: Kang Garèng, bok aja calak-calak bangêt, rasane nganti mak cêngkêlêk, tujune ilatku rada kêncêng, ajaa rak sida katut tak êlêg têmênan. Ing kala samono ing ngarêpe sêtatsiun mau wis disadhiyani musik militèr sing bakal ngunèkake lagu Wilhèlmês manawa tuwan bêsar anyar rawuh. Mangkono uga prajurit jaranan sing bakal anggarubyug tindake tuwan bêsar iya wis sadhiya ana ing kono. Lan aja lali kreta titihan dalêm ingkang wicaksana, uga wis cumawis. Dene ing dalan sing bakal diliwati tuwan bêsar, yaiku saka sêtatsiun tumêkane dalêm guprênur jendral, ditatani baris prajurit dharat turut pinggir kiwa têngên. Mungguh anane wong sing padha mrêlokake nonton, pating drêjêl, pêpêt rapêt prasasat kaya dhawêt kurang santên.

Garèng: Hara, Petruk kiyi, nèk agawe pêpandhingan kuwi le ora mèmpêr sathithik-thithika, sêtun-sêtun rak mêngkene, dadi rada luwês: wau ta, uyêging tiyang ingkang sami nonton, lir pendah kadya ... toko obral.

Petruk: Wiyah, kok banjur seje sing dirêmbug, wis tak banjurne bae caritaku. Ing kala samono para luhur sing kajibah mapag rawuhe tuwan bêsar, wis padha sadhiya ana ing sêtatsiun, kabèh-kabèh uga padha ngagêm kabêsaran. Yaiku para panggêdhening prajurit dharatan lan prajurit lautan, Jendral Cramer lan Jendral Laut Osten. Wadhuh, Kang Garèng, pangagême jendral lo-

--- 1171 ---

[Grafik]

1. Kangjêng Tuwan Ingkang Wicaksana lami tuwin enggal, bidhal dhatêng gêdhong rad kawula.

[Grafik]

2. Malêbêt ing gêdhong rad kawula. 3. Kangjêng Tuwan Ingkang Wicaksana enggal mêdhar sabda.

[Grafik]

4. Miyos saking gêdhong rad kawula. 5. Nitih kareta wangsul dhatêng pura. [pura...]

--- 1172 ---

[....]

ro kiyi, le padha pating krilap, pating pêncorong, hla wong êmase iya pating trèmbèl kêbak têmênan. Mulane iya ora kêna dipaido, ta, yèn ing sajêroning atiku tansah angunandika mêngkene: wèh, panganggo kaya mangkono kuwi mendah gadhène, kiraku cukup kanggo tak pangan salawas-lawase.

Garèng: We, pangunandika kaya mêngkono kuwi rak pangunandikane bangsaning mantri dhudhuk. Ora, Truk, kajaba para jendral loro mau, apa isih ana manèh sing kajibah mêthuk kuwi.

Petruk: Iya ana Kang Garèng, yaiku: pangarsane polêksrad, Tuwan Meyer Ranneft, pangarsane pangadilan luhur, Tuwan Mr. Dermout, pangarsane para panggêdhening dhepartêmèn, Tuwan Van den Bussche, lan isih ana manèh para luhur liya-liyane. Wah, Kang Garèng, nalikane aku andêlêng èdi pènining pangagêmaning para luhur mau, aku kok kogêl bangêt nyang kowe, jalaran, saupama kowe bisa mèlu nonton, saka andêlêng pangagêm-pangagêm sing pating pêncorot pating pêncèrèt mau, jalaran saka kablêrêngên, kiraku ambalèbèking matamu bisa angot manèh.

Garèng: E, iya pancèn wong kurang ajar, barêng kogêl nyang sadulur tuwa, duwe pamrih supaya larane lawas bisa angot manèh. E, pancèn iya: wis bêgjane awak mami, hi, hi, hi, tan tulusna, ha, ha, hi, ha ...

Petruk: Hara ta, kok banjur andadak ngasmarandana mêngkono, wis, tak banjurne manèh. Barêng sêpure wis têkan ing sêtatsiun Gambir kono, sarta tuwan bêsar sagarwa putra utawa manèh para pandhèrèke wis padha mêdhak, para sing padha mapag mau banjur padha ngaturi sugêng lan pambagya, sauwise banjur padha lêrêm sadhela ana ing kamaran sêtatsiun kono. Nalika iku uga musik kang sadhiya ana sajabaning sêtatsiun, ngunèkake lagu Wilhèlmês, wadhuh, Kang Garèng, suwarane anggone: ulêm, ngêngrêng, sêmangêr, galik-galik turut usuk ...

Garèng: Wayah, ana suwaraning musik kathik galik-galik turut usuk, nèk kaya ngono kuwi rak suwaraning waranggana upamane.

Petruk: Nèk rumasaku ing kala samono suwaraning musike pancèn iya galik-galik lan sêngklik-sêngklik têmênan. Ora antara suwe tuwan bêsar lan garwa, kadhèrèkake ajudhane miyos saka sêtatsiun banjur nitih kreta pêthukan mau, dene para pandhèrèke kabèh padha nitih motor. Kocapa lakuning kreta, kajaba ngarêp buri ginarubyug ing para prajurit jaranan, ing kiwa têngêne kinapit-apit dening para opsir loro cacahe. Wah, Kang Garèng, sari lan ngêngrênging sêsawangan ing kala samono angelingake aku nyang caritane kyai dhalang, yèn lagi nyaritakake Nata Ngastina kondur ing kêdhaton kake,kae. yaiku mangkene: tindakira sang nata, kadhèrèkakên para cèthi, badhaya, manggung, lir pendah kadya pangantèn diarak. Anggone nyaritakake ing sajabaning kadhaton mangkene: ubaling para wadyabala lir pendah kaya gabah dèn intêri, lan umyanging wong nonton lir pendah kadya ... kodhok ngorèk.

--- 1173 ---

Garèng: Hara, kok banjur carita kaya dhalang kurang sajèn mêngkono. Wis, Truk, tumuli banjurna caritamu, mung bae aja susah nganggo: mampir, mas, mampir, yêm, mundhak andêdawa carita bae.

Petruk: Iya, Kang Garèng. Dhèk mau aku lali nyaritakake, yèn jêngkare tuwan bêsar saka sêtatsiun, mriyêm sing disadhiyakake ing sacêdhake kono, diunèkake uga rambah kaping sêlikur: dhal, dhil, jêblis.

Garèng: Wiyah, nèk kaya ngono kuwi rak suwaraning wong ambêdhil sing nganggo pêdudan kae.

Petruk: Mara, kêpriye-kêpriye kok tungkul kaliru bae. Lakuning kreta mau nuju nyang dalêm guprênur jendral. Satêkane ing ngajêngan dalêm kono, musik sing disadhiyakake diunèkake lagu Wilhèlmês manèh.

Garèng: Wayah, Truk, sajake esuk kuwi ing Batawi kok panèn Wilhèlmês.

Petruk: Hara, kandhane anggonku carita ora kêna mompar-mampir, nanging omongku pijêr kok sêlani bae. Mêdhake tuwan bêsar anyar saka kreta mau ana ing undhak-undhakan dalêm sisih ngarêp, sarta banjur dipêthukake karo tuwan bêsar sing arêp lèrèh saka kalênggahane. Wah, Kang Garèng, angrêse têmune tuwan bêsar loro-loro kiyi kêna diupamakake kayadene têmune nata ing Mandura karo Sri Bathara Krêsna. Anggone le rajin lan ngêngrêng bangêt. Mungguh sing padha cumawis ana ing dalêm guprênur jendral kono para luhur sawatara, yaiku: mudha pangarsa sarta para warganing rad India, lan para utusan dalêm Ingkang Sinuhun ing Surakarta lan ing Ngayogyakarta. Sauwise padha pitêpangan lan bage-binage, kabèh mau banjur budhal tindak nyang polêksrad.
Kang Garèng, minôngka mungkasi rêmbuge kiyi, kaya prêlu nyaritakake kaanane ing polêksrad sawatara. Sajêge aku dititahake ana ing jaman padhang kiyi, aku durung tau mêruhi tumplêke para luhur Lônda Jawa kaya ing nalika samono. Thik kabèh mau padha mangagêm kabêsaran. Aku ora bisa nyaritakake siji-sijine, cêkake nang pandêlêngan pancèn iya katon sêmruwêng têmênan. Kira-kira jam 8.15 pangarsa polêksrad ambukak parêpatan, kanthi andhawuhake nyuwun lèrèhe tuwan bêsar lawas, sarta jumênênge tuwan bêsar anyar, sauwise banjur matah warga polêksrad papat, kang kajibah mêthukake tuwan bêsar loro-lorone mau. Jam 8.30 thèng, tuwan bêsar loro mau rawuh, sinambut ing suwaraning Wilhèlmês. Sauwise banjur tumindak srah-srahane paprentahan. Mungguh sêsorahe tuwan bêsar karo-karone kaya sing wis kapacak ing kajawèn kang kapungkur. Jam 9 padha bubaran.

Garèng: Wah, Truk, kiraku iya rame bangêt. Ora, Truk, wong jaman saiki kiyi sok dhêmên nganggo têmbung anyar, ing sarèhning kala samono bal-balan akèhe para luhur sing padha kumpul, lan kêrêpe rêrungon musik lagu Wilhèlmês, apa ora kêna migunakake têmbung: obral ...

Petruk: Hus, aja sok kurang ajar. Wis, wis, rêmbuge padha dilèrèni samene bae dhisik.

--- 1174 ---

Panggulawênthah

Wulang punika Limrah sabên Tiyang Mangrêtos, Nanging Prêlu dipun Ambali

Sambêtipun Kajawèn nomêr 74.

1. Lare punika botên prayogi sangêt dipun gêbag, dipun ciwêl, dipun jèwèr, dipun srêngêni ingkang sangêt lan sapanunggilanipun, awit mindhak kulina dhatêng gêgêbag, ciwêl, jèwèr, srêngên, lami-lami lajêng botên ajrih ing tiyang sêpuh, botên têdhas ing wuruk, wusana lare ingkang makatên wau ing têmbe dados tiyang ingkang watak andablêg. Dados tiyang sêpuh botên prayogi anggêbag utawi kêrêp anyrêngêni dhatêng anakipun.

[Grafik]

Lare-lare ingkang sami tampi wulangan badhe lumêbêt dhatêng sêkolahan.

2. Kathah kemawon lare botên purun dipun kèngkèn, sabab pinuju kasêngsêm dolan. Sawênèhipun tiyang sêpuh manawi mrangguli anakipun pugal makatên lajêng angarih-arih sarana têmbung ingkang sae, sarta sagah angepahi arta utawi têtêdhan. Tindakipun tiyang sêpuh makatên punika botên prayogi sangêt, awit anglantih manahipun lare lumampah epahan, satêmah sêpuhipun sungkan kecalan bau suku sakêdhik, manawi botên katingal têrang epahanipun.

3. Lare punika botên prayogi dipun dolani kewan, kados ta: pêksi, jangkrik, kinjêng, kupu, tuwin sapanunggilanipun. Awit kewan wau lajêng kangge dolanan sasênêngipun ngantos sakit satêngah pêjah. Lare ingkang kulina dhatêng lêlampahan makatên punika, benjing sêpuhipun badhe dados tiyang ingkang botên pisan-pisan gadhah ambêg wêlasan.

4. Lare punika prayogi sangêt dipun awisana anggêbag ing sasamining tumitah, kados ta: anggêbag kancanipun dolanan, anggêbag kewan, lan kaawisana amrusa barang, upami: ngêpruk kursi, gêndul, piring lan sapanunggilanipun. Awit manawi kalajêng gadhah watak makatên, benjing sêpuhipun mêsthi ambêg aniaya.

--- 1175 ---

5. Lare ingkang matuh dhatêng lêlampahan kados ing bab 3+4 kados ing nginggil wau, benjing dadosipun tiyang sêpuh botên pisan-pisan gadhah watak wêlasan, ingkang kaangge namung budi angkara drêngki utawi ambêg siya, kados ta: purun misakit kewan, amitênah tiyang supados sakit utawi kasusahan, purun natoni tiyang, purun ngobong griya, trêkadhang mêjahi pisan, cêkakipun botên wêgah anglampahi pandamêl siya.

6. Lare punika sampun sok dipun mirêngi têtêmbungan kasar utawi saru, kados ta: pêpisuh, sasaminipun. Dados manawi tiyang sêpuh badhe wicantên mawi kapêksa ngêdalakên têtêmbungan kasar utawi saru wau, utawi mêmisuh sasaminipun, kados ta srêngên dhatêng tiyang, utawi pinuju gêgujêngan, kajagia sampun ngantos kapirêng ing lare, awit manawi ngantos kapirêng, prasasat mulang dhatêng lare wau. Rèhning kêpirêng têmbung kados ingkang kasêbut ing nginggil, punika lajêng sok dipun angge sêkar lambe, têgêsipun: sabên cêcariyosan inggih kajarag dipun êmori têmbung kasar wau, misuh sapanunggilanipun lajêng katêmbungakên, saebah krêntêgipun kanthi ngêdalakên têmbung saru. Dumugining sêpuh ingkang makatên punika inggih botên ical, wêkasan lajêng dipun gêthingi ing tiyang.

Lare alit punika sampun sok dipun ajrih-ajrihi ing jampi, kados ta: mêngko yèn kowe andhugal dak jamoni. Utawi yèn wontên lare nangis lajêng dipun ajrih-ajrihi makatên: iya mêngko yèn ora mênêng dak jamoni, utawi yèn wontên lare nêdha lajêng dipun apusi makatên: aja ênggèr, iku jamu. Makatên sasaminipun. Ingkang makatên punika lare wau sok lajêng anggadhahi manah bilih jampi punika sagêd anyakiti, utawi aniwasi, satêmah manahipun matuh ajrih ing jampi, wusana manawi lare wau pinuju sakit, angèl jampèn-jampènanipun. Trêkadhang malah botên purun babarpisan, labêt saking ajrihipun dhatêng jampi. Lare ingkang makatên wau dadosipun tiyang sêpuh inggih lajêng sugih cacad utawi sugih sêsakit. Makatên ugi tiyang ingkang ajrih dhatêng jampi dhoktêr utawi ajrih dhoktêr, punika sababipun botên sanès inggih nalika alitipun kulina dipun ajrih-ajrihi ing dhoktêr, utawi jêjampining dhoktêr. Pramila supados lare wau kêndêl dhatêng jampi sarta dhatêng pamulasaraning dhoktêr, kajawi botên kenging kaajrih-ajrihan, kêdah linantih kalayan alus murih purunipun ngombe jampi, sampun dipun siksa kados ta: dipun cangar sapiturutipun, awit patrap makatên punika nyakitakên dhatêng badanipun lare. Mênggah prayoginipun tiyang sêpuh angrumiyini nêdha, utawi ngombe jampi wau minôngka tuladha, sasampunipun lajêng wicantêna yèn raosipun eca, utawi anyolahakên badanipun ingkang amratandhani yèn bingah, sênêng, sêgêr jalaran mêntas ngombe jampi wau. Lare ningali patrap wau mêsthi lajêng kapengin, satêmah lajêng purun nêdha utawi ngombe jampi wau kalihan gampil. Ing têmbe dadosipun tiyang sêpuh, lare wau kêndêl jampi, satêmah badanipun sagêd sêgêr kasarasan.

Dukat, alias Sukardi, Banyumas.

--- 1176 ---

Raos Jawi

Panglocitaning Pêksi Umbaran

[Sinom]

rêsmi rarasing bawana / mindha kang sinom sumêmi / mung sarwa mawèh pirêna / janma tan wênang maoni / parandene pinanggih / tuwuhing cipta tan sarju / jatinira kang nyata / cipta kang datan marêmi / mung kadarbe ing manah angôngsa-ôngsa //

tan kadi kang wus narima / kang asipat pêksi-pêksi / kang samya sêsabèng tawang / nalikanira kuliling / ngambah rêsiking langit / uning asrining pandulu / datan antuk rubeda / sadaya rinaras bêcik / cocog lawan rarasing rasa mardika //

duk rayyanraryan. mencok anèng pang / sinambi ngocèh ngêcuwis / ngraras lêlagon sakeca / kang kadi angucap ririh / dhuh asrining kang sari / kang pêpanthan amalêtuk / kongasing gandanira / karasa sêdhêp nêrusi / kang sanyata anrus rêsmining kang warna //

tan pilih papan kuciwa / sanadyan nèng parang curi / ing kala pambabarira / gônda myang adining warni / sarwa angrêspatèni / tan ana kuciwanipun / kaanan kang mangkana / maringsun têmah ngênani / tuhu lamun kawasanirèng wisesa //

ingsun rumasa kacaryan / marang rêsmining wanadri / kèbêkan sagung sawangan / sun ambah tan nguwatiri / kobèting papan yêkti / nênungtum kuwating bayu / ing saparan kawasa / jêmbaring jagad sun goni / kene kana mung karya lêga sakeca //

myang kawasèng diwangkara / kang môngka dewaning ari / mêmulas adining warna / tan pae ngêmbani rukmi / dayane angênani / mring angganingsun tumêmpuh / sirna atising angga / mung nabêt angêt nêrusi / tumanêming krêkat angangkati karya //

sulak padhanging raditya / kang wèh tôndha tanpa srênti / wiwit kala purwanira / duk lagya ngujwala tipis / tabêtira katawis / kadi nyakêti sumusul / mêmèngêt mring pra nendra / lamun ujwalaning rawi / wus sumirat ngajak amurwèng raina //

ing kala ingsun umiyat / pasêmoning bagaspati / duk sumirat têmbing wetan / sun tômpa sukaning ati / ingsun anambramani / kang tuwuh sing manah tulus / swaraningsun duk enjang / jatinira angrêrêpi / adinira sirat kang lagya umimba //

sun muji kawasanira / ajêg datan pilih asih / wusing baskara makantar / kawasa anundhung mami / mrih umèngêt rijêki / kamurahaning Hyang Agung / kang gumlar ing pasaban / nèng sabin tanapi têgil / myang ing wana aglar datan kêkurangan //

pituduhing diwangkara / sarwa prasaja sadêmi / tan pisan ambeda-beda / sadaya kang dèn padhangi / rasa dèn kawasani / têmahan wèh sêling-surup / awit dupi sun nêba / anèng wêwêngkoning janmi / sinarêngtusinarêntu. kang darbe tan suka rila //

ingsun ginusah awadhag / binandhêm tega nglarani / sakala ingsun kêbuka / rumasa luput kapati / kadi tan darbe isin / mung waton kaduga nêmpuh / mring darbèking manusa / kang dahat dèn pêtri-pêtri / kang dèn anggêp tan pae kadi kancana //

luput ingsun saya krasa / aran tindak anggêgampil / dene nora abêbakal / tan dêdana panas pêrih / banjur suka ngrusuhi / têmah ingsun oncat mabur / ngambah saparan-paran / tan kurang kang makolèhi / samadyaning wana samubarang ana //

wuse ingsun katog saba / sinrang pa-

--- [0] ---

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]

--- 1177 ---

nasing hyang rawi / sun oncat ngayom angraras / adine kang alas iki / ingsun ngiras salisik / pamayu-ayuning wulu / kang garing kapanasan / kanthi aris angêntèni / gumiwanging surya kang tuhu kawasa //

môngka samôngsa wus oncat / sun wênang sêsaba malih / kongsi diwasèng raditya / duk arsa umanjing bumi / kadi nyêluk mrih mulih / mangkono ingkang tinêmu / lêlakon sabên dina / kang têtêp tan owah gingsir / ing salami mung sumendhe kang kawasa //

ambalèni sun angraras / maring adining wanadri / nadyan godhongane pisan / mung tuwuh sarwa ngrêsêpi / salami mung ngayomi / wèh kapenaking awakku / lan uga aran ngrêksa / mring tuwuh ing tindak sisip / kang samôngsa tuwuh dadya sambekala //

[Grafik]

yèku mungsuh satruningwang / sato kang mangarah pati / nanging dupi sun araryan / nèng soring taru kang wilis / rapêtira nyamari / mêmagêri karahayun / tanapi êpang-êpang / kang sanyata mikuwati / dhangan rila sun pencoki tan sawala //

dhuh adining jagad raya / sadaya mung angênani / kadi ta kang wêwayangan / kang anut lakuning uwit / tan sulaya salami / têmah ngayêmi tumuwuh / sanggyaning thêthukulan / lir dèn mongi ing salami / datan pae rarasing kang yayah rena //

sambada lan kang dèn eman / tuwuhira ngrêspatèni / sanadyan kang rêrungkutan / sêdyanira mung mrih bêcik / sanadyan uwit êri / lamun kalamangsanipun / ambabar sêkarira / araras umalês kang sih / mrih sinawang kang ngrasa milu ngrêrêngga //

dene sabawaning wana / kang tuhu anggêgêtêri / kumarasak tanpa mêndha / pokahing pang ngêgèt-gèti / nyata lir nyasmitani / kawasaning wana agung / datan wêgah dèn ambah / nadyan sato mêmêdèni / mung rinasa kadi pawongmitranira //

mangkya sun ngrasa karênan / katamaning maruta ris / kang anut lakuning môngsa / andayani mawèh bêcik / têmah mangkya nungtumi / mring tuwuhing rasaningsun / sanggyaning sukaningwang / anênuntun maring eling / èngêt maring kawasanira Hyang Suksma //

dènnya anggêlar kaanan / sangkêp datan nguciwani / dene kaliruning tômpa / pangira kang mawèh sisip / mung saka tan dumugi / mring kaelokaning laku / upama andungkapa / maring kawasaning Widhi / sakabèh mung tinêmu sarwa prayoga //

sumarma ingsun samangkya / mung srah bodhoning pamikir / datan kudu ngeka-eka / kumawani anggagahi / ngênut lêpasing budi /

--- 1178 ---

kang adhakan mawèh luput / awit lêpasing cipta / tuhunira mung minihi / parikudu wênanga darbe kuwasa //

dene panarimaningwang / kang tuwuh ciptaning ati / mung ngucap sukur tan pêgat / pinaringan murah luwih / winênang amêruhi / miwah angrungu sadarum / kang tinêmu sanyata / sakabèh ingsun saksèni / tan minihi owahing kaananira //

Jagading Wanita

Olah-olahan Prasaja

Ulam loh

Ulam loh punika ingkang nama pêpilihan, inggih ingkang sakêdhik êrinipun. Dene pangolahipun namung sumôngga karsa, pêpaking bumbu namung badhe andadosakên miraos. Dipun gorèng namung dipun pêcaki sarêm asêm, mathuk. Dipun olah mawi santên-santênan, miraos. Dipun bumboni kecap-kecapan, eca. Nanging ugi wontên kalamangsanipun ulam loh koncatan bumbu, têgêsipun wontên ulam, botên wontên bumbunipun. Punapa dipun bucal, eman-eman.

Ulam loh punika sayêktosipun ugi sagêd mathuk namung dipun abêni sambêl, ulamipun sarana dipun bakar. Tuwin sarèhning ing nginggil sampun kacariyosakên koncatan bumbu, bumbunipun cêkap: lombok jêmprit dipun ulêg kalihan sarêm, dipun duduhi toyaning jêram pêcêl. Sampun inggih namung makatên punika, kenging kangge abên ulam wau, ulamipun namung dipun tutul-tutulakên ing duduh, ing ngriku cêtha raosipun.

Punika kenging kacobi, nanging mathukipun manawi nuju kêpranggul wontên ing papan kêpêncil, upaminipun nuju wontên ing purug. Abên kados makatên punika manawi kalêrêsan sagêd dipun tandhingakên kalihan sêkul sacêthing.

Balur kutuk.

Balur kutuk punika nyatanipun lawuh asor, manawi dipun ajêngakên wontên ing meja dhahar, adhakan dhawah ing pinggir. Mila murih sagêd ragi manêngah, kaolaha makatên: kabakara rumiyin, lajêng dipun dhêplok ngantos lêmbat, êrinipun dipun bucali. Lajêng ngracika bumbu: brambang, bawang, laos, gêndhis sakêdhik, lombok jêmprit, botên mawi sarêm, awit pun balur sampun pangawak sarêm. Bumbu wau kaulêg, manawi sampun lêmbat dipun sok ing wajan mawi lisah sakêdhik, wusana dipun cêmplungi balur ingkang sampun dipun dhêplok lêmbat, manawi sampun kêmripik lajêng kaêntas.

Lawuh ingkang kados makatên punika sanadyan sapele, asring damêl kacelikipun ingkang dhahar, dening dipun wastani abon, piduwunging raos nêdha balur, manawi sampun kêlajêng kalêbêt sarêngan sêkul kathah.

--- 1179 ---

Pohung.

Pohung punika têrang sangêt bangsaning pala kêpêndhêm ingkang botên pantês dipun raosi dening priyantun martegan, têgêsipun priyantun ingkang sugêng sakeca. Nanging inggih punapa awonipun saupami dipun olah kados ing ngandhap punika:

Pohung ingkang sampun godhogan, dipun iris-irisa cêkapan agêng alitipun, lajêng dipun pêcaki sarêm gêndhis bawang, kagorèng ing lisah klêntik, ngantos garing.

Manawi kalêrêsan, pohung ingkang dipun makatênakên punika, ragi nyakecakakên ilat.

Kulit malinjo.

Kulit malinjo punika tumrap ingkang botên mangrêtos namung kangge wêwahing pawuhan, saking botên kanggenipun. Nanging cobi:

Milihana kulit malinjo ingkang abrit-abrit, kagodhoga ing toya nyêmêk-nyêmêk, dipun bumboni sarêm, salam, kacolok gêndhis. Sasampunipun tanak, kagorènga ing lisah kalêntik. Raosing kulit malinjo ingkang kados makatên punika, adhakan nuwuhakên pitakenan: punika punapa gangsir.

Cabuk.

Cabuk punika ampasing wijèn ingkang dipun damêl lisah, warninipun cêmêng. Saking cêmêngipun wau ngantos asring dipun sambut kangge marabi namaning lare èstri pun cabuk, tamtunipun lare nama cabuk punika inggih botên jêne pakulitanipun. Dados sanadyan têtêdhan, cabuk punika pantêsipun inggih namung kapering. Pangolahipun:

Maruda klapa anèm, lajêng dipun ulêd kalihan cabuk, bumbunipun sarêm, gêndhis jawi ingkang kêladuk, lombok jêmprit dipun ulêg, dipun mori godhong jêram purut karajang lêmbat, kêmangi. Sadaya dipun ulêd, lajêng dipun lintingi ing godhong pisang, dipun garang. Manawi kadadosakên adèn, dipun mori sungsum.

Sarèhning dhêdhaharan ingkang sami kapratelakakên ing nginggil punika sarwa sapele, prayogi kaanggêpa jampi kemawon, kenging kacobi, botên prêlu kawigatosakên.

[Grafik]

Ing nginggil punika gambar kawontênanipun sêrat-sêrat ingkang dipun tôndha tangani dening têtiyang 2000,000, ingkang sampun sami anayogyani karukunan donya.

--- 1180 ---

NGOBROL ING DINTÊN SABTU

Bab kathahing têtiyang Jawi sami gêlèkstèl.

Kala ing jaman rumiyin manawi tiyang Jawi lajêng gêlèkstèl - têmbung punika asli saking basa Walandi "gelijkgesteld", mênggah têgêsipun wèntèh: kasamèkakên, nanging dening bangsa Jawi têmbung gêlèkstèl wau lajêng dipun têgêsi: lumêbu dadi Walanda - punika sanak sadhèrèkipun asring sok botên rila babar-pisan. Malah botên langka kemawon ingkang sagotrahipun lajêng botên purun ngakên malih dhatêng tiyang ingkang gêlèkstèl wau. Ing wusana pamanggihipun sawênèhing bangsa Jawi, bilih tiyang ingkang makatên punika prasasat kados "gagak awulu mêrak", badhe kêmpal kalihan bangsaning gagak, botên kraos lan botên marêm, jalaran angrumaosi ing samudayanipun sampun wontên ing sanginggilipun. Nanging manawi badhe kêmpal kalihan bangsanipun mêrak, inggih botên sagêd lêga manahipun, jalaran, sanadyan panganggenipun sampun sarupi mêrak tus, wanda, wujud punapadene pakarêmanipun taksih gagak lugu. Dados gêsangipun dipun anggêp lajêng nama: kapiran-kapirun.

Lo, ingkang kula aturakên punika ing jaman rumiyin. Bilih ing kala samantên têtiyang sami anggadhahi panganggêp ingkang makatên, punika pancènipun botên kenging dipun paibên, jalaran ing kala punika caranipun gêlèkstèl sajak kêdah kompleet sayêktos, têgêsipun botên ngêmungakên ngrasuk busana cara Walandi kemawon sanadyan sadayanipun kêdah ngemba Walandi grès, dalasan namanipun Jawi kemawon sajak ugi kêdah dipun bucal saha lajêng kêdah dipun gantos nami Walandi. Upaminipun kemawon: tiyang nama Ndara Harjadibrata, ingkang atêgês: saening lampah, punika kadhangkala sok lajêng dipun cara Walandèkakên, inggih punika upaminipun: leven goed. Sarêng dados Walandi naminipun wau inggih lajêng dipun gantos: Meneer Levegoed. Tiyang ingkang suwau nama Petruk, sarêng dados Walandi dipun gantos Petrus. Nama Nalagarèng dipun santuni: Nulgaren. Malah wontên ingkang panyantunipun nama anggêripun suwaraning nama wau sampun sajak amlandèni, inggih sampun cêkap. Kados ta: nama Krama dados Kromme, Wagiman, "i" nipun dipun icali, dados Wagman lan sasaminipun.

Ing sarèhning bangsa Jawi ingkang gêlèkstèl wau, nama tandang-tanduk tuwin gêsangipun sampun ngemba Walandi tulèn, sakathahing bangsanipun lajêng sami anggadhahi panganggêp, bilih tiyang wau sampun ngêmohi dhatêng bangsanipun. Amila ingkang kathah-kathah inggih lajêng dipun sêngit. Langkung malih manawi ing gêlèkstèl wau anggadhahi watak "bunglon," têgêsipun manawi pinuju kêmpal kalihan bangsa Walandi, sok cêmêri-cêri dhatêng bangsanipun piyambak ingkang dipun tilar wau, sabên-sabên kawêdhar ungêlipun: "Dat is Inlaandher sèg', Nanging manawi kalêrês purun kêmpal kalihan tilas bangsanipun, lajêng kawêdal têmbungipun: "Aku kiyi rak ya wong Jawa. Anggone aku mêngkene kiye satêmêne rak mung kanggo sêtiyar bae. Ning bakune bangsa Walanda kuwi rak ... "

Mangga tiyang makatên punika punapa botên nama namung badhe ngupados pêndhok kemawon aliyas mencla-mencle.

Mênggah pamanggihipun tiyang bilih sintêna kemawon ingkang gêlèkstèl lajêng dados Walandi, punika sajatosipun kalintu. Dene ingkang nama sampun dados Walandi punika tiyang ingkang sampun "genaturaliseerd", têgêsipun kasagêdan tuwin tata-caranipun inggih kêdah sampun nyamèni Walandi, sanadyan wujudipun dèrèng, nanging samudayanipun rak sampun mlandèni.

Dene ingkang dipun wastani gêlèkstèl wau, ingkang dipun samèkakên kalihan Walandi rak namung wêwênangipun, nanging bakunipun inggih taksih Jawi; dados inggih botên prêlu kêdah gantos nama kados Walandi, botên prêlu tata-caranipun ngêplêki Walandi, lan inggih botên kumêdah-kêdah anêdha ... ham upaminipun.

Mênggah wontênipun tiyang Jawi lajêng sok gêlèkstèl, têgêsipun ngudi supados wêwênangipun dipun samèkakên kalihan Walandi, punika kados-kados wontên lêrêsipun. Jalaran wêwênangipun bangsa Walandi punika kathah ingkang amujudakên panjagi tumrap kawilujênganing gêsangipun, ingkang kapacak wontên ing anggêr-anggêr. Kados ta: tumrap katêntrêmaning tiyang gêgriya, punika mênggahing bangsa Walandi ing reglement op de strafvordering (pranatan bab anuntut prakawis) wontên bab-bab ingkang amêmacuhi dhatêng para ambtenar ingkang kajibah pados katêrangan, botên kenging anglanggar wêwênangipun tiyang utawi angganggu-damêl dhatêng katêntrêmaning tiyang gêgriya.

Manawi nitik wontênipun artikêl kasbut nginggil, ingriku cêtha, bilih griyaning bangsa Walandi punika botên kenging dipun sawiyah. Sanadyan griyaning Walandi gombal pisan, ingkang sok kêrêp kemawon anggadhahi tindak main burêng, ewasamantên pulisi, sanadyan anggadhahi pandakwa dhatêng Walandi gombal ingkang sampun kasumêrêpan tindakipun botên sae wau, botên badhe lajêng grusah-grusuh main anggledhah kemawon. Ananging anggènipun ngupados katêrangan inggih sarana margi ingkang alus sarta ngatos-atos sangêt.

Mênggahing tumrap bangsa Jawi, punapa botên wontên pranataning anggêr-anggêr, ingkang sêdyanipun angayomi dhatêng katêntrêmaning tiyang gêgriya wau? Inggih sampun têmtu wontên. Inggih punika ingkang kasêbut ing anggêr kukum (Strafwetboek)

--- 1181 ---

bab 167. Punika wontên ingkang kintên-kintên mungêl makatên:

Sing sapa wani lumêbu utawa dumunung ana ing omah, ing kamaran utawa ing pakarangan duwèke wong liya kang digêdhègi utawa dipagêri tanpa nganggo palilahe kang duwe, iku manawa wis ditag marang kang duwe ora banjur gêlêm lunga, wong mau ginantungan paukuman kunjara lawas-lawase sangang sasi utawa dhêndha kèh-kèhe têlung atus rupiyah.

Dados mirit suraosing anggêr-anggêr punika, tumrap têtiyang bumi ingkang botên lêpat, ingkang botên nandhang dosa, punapa dene ingkang botên kasangkut ing prakawis punapa-punapa, botên prêlu ajrih utawi kuwatos, bilih anggènipun gêgriya wau botên dipun ayomi dening ingkang wajib. Amila sintên kemawon ingkang wanuh-wani lumêbêt dhatêng pakawisan, langkung malih dhatêng salêbêting griya tanpa mawi idinipun ingkang gadhah, kêdah ingkang ngatos-atos. Jalaran tan trimahipun ingkang gadhah wau, sagêd anjalari angsaling paukuman kados ingkang kasbut inginggil.

Nanging angèling nagari badhe nata tata-têntrêming praja, murih gampilipun tumrap ingkang wajib, satêmah ing anggêr-anggêr kukum ingriku lajêng mawi dipun wêwahi ungêl-ungêlan: manawi prêlu ingkang wajib kenging lumêbêt ing pakawisan saha ing salêbêting griya tanpa idinipun ingkang gadhah.

Mênggah ingkang kinajêngakên ingriki, ingkang wajib punika tiyang ingkang kasampiran panguwasa dening pamarentah, kados ta: lurah dhusun, mantri pulisi, assistent-wêdana, minggah-minggah dumugi ingkang bupati tuwin resident.

Wontênipun wêwahan anggêr kukum kados ingkang kapratelakakên inginggil wau, kajawi murih anggampilakên lampah pangrêksa ingatasipun katêntrêman umum, pamarentah sampun pitados, bilih para priyayi wau têmtu sampun sami jêmbar wawasanipun utawi cêkap panindakipun, têgêsipun saupami badhe anindakakên anggledhah griya, ingkang wajib wau têmtunipun inggih botên grusa-grusu sapurun-purunipun piyambak, nanging têmtu sampun dipun wawas lan dipun manah ingkang langkung panjang.

Ingajêng sampun kula aturakên, bilih ingkang wajib manawi prêlu kenging lumêbêt ing pakawisan utawi ing salêbêting griya tanpa palilahipun ingkang gadhah, punika kangge anggampilakên, awit manawi lajêng dipun cara kadosdene bangsa Walandi têmtu badhe rêkaos sangêt tumindakipun. Jalaran kawuningana, sanadyan bangsa Walandi pisan, manawi dipun galih dening ingkang wajib prêlu kêdah dipun gledhah upaminipun, ugi kenging. Amung kemawon panggledhahipun wau, kêdah dipun tindakakên dening officier van Justitie utawi hulp-officier van Justitie, inggih punika Assistent-Resident. Sabotên-botênipun inggih kêdah dening ambtenaar Walandi kanthi ngêmban dhawuhipun officier utawi hulp-officier van Justitie wau. Tumrapipun têtiyang pribumi, ingkang makatên punika kados badhe angèl sangêt tumindakipun. Tumrap têtiyang pribumi ingkang dêdunung wontên ing salêbêtipun kitha, kados botên sapintên rêkaosipun, nanging mênggahing têtiyang ingkang manggèn ing dhusun ingkang têbih saking kitha, kados botên badhe gampil sagêdipun tumindak kanthi sae.

Nitik wontênipun ingkang sampun kaandharakên inginggil, anggènipun nagari ngawontênakên ewah-ewahan ing anggêr kukum murih ingkang wajib manawi prêlu kakengingakên lumêbêt wontên ing pakawisan utawi ing salêbêtipun griya tanpa mawi palilahipun ingkang gadhah, punika namung badhe anggampilakên lampahing kapolisèn, lan bokmanawi ugi murih sakêdhiking wragad. Dados krêsaning pamarentah ingkang makatên wau, inggih botên kenging dipun wastani botên sae, sanadyan ugi botên kenging dipun wastani sampun sampurna. Amung kemawon emanipun, dene ing donya punika têtiyangipun botên sadaya sami pintêr, lan botên sadaya sami sae manahipun. Makatên ugi para ingkang sami kasampiran pangawasa. Ingkang punika sok lajêng wontên kemawon ingkang migunakakên wêwênangipun wau lajêng kangge pitênahan. Kados ta: saupami anggadhahi pandakwa awon sakêdhik dhatêng tiyang, inggih tanpa taha-taha malih lajêng main anggledhah griyanipun kemawon. Malah kadhangkala sok sagêd kalampahan, saking judhêgipun anggèning ngupados katêrangan tansah botên angsal damêl, lajêng nindakakên pitênahan, upaminipun makatên:

Ethok-ethokipun anggledhah dhatêng salah satunggiling griyanipun tiyang, nanging sajatosipun simpên butamal wontên ing griya wau. Salajêngipun butamal punika dipun panggih piyambak saha lajêng kangge satunggiling bukti mênggahing kalêpatanipun tiyang ingkang dipun gledhah wau.

Kajawi saking punika taksih kathah conto-conto pitênahan, ingkang sagêd dipun pigunakakên jalaran wontênipun wêwênanging para ingkang gadhah pangawasa kados kasbut inginggil.

Tumraping bangsa Walandi tindak ingkang makatên punika mokal sagêdipun kalampahan, jalaranipun botên sanès inggih saking ungêling anggêr-anggêr ingkang kasbut wontên ing art. 5, 24, 31, 91 saking Strafvordering wau.

Lo, punika sawêg salah satunggal wêwênangipun bangsa Walandi ingkang awujud panjagi tumrap kawilujêngan tuwin katêntrêmanipun tiyang gêgriya. Kajawi punika taksih kathah malih. Amila rak inggih botên anèh ta, bilih sok lajêng wontên bangsa kula ingkang nekat lajêng gêlèkstèl. Mênggah wêwênangipun bangsa Walandi sanès-sanèsipun; botên prêlu kacariyosakên ingriki, jalaran botên sande manawi wontên punapa-punapanipun, ingkang pikantuk plerokan bênggala botên sanès inggih namung pun PÊNTHUL.

--- 1182 ---

Pêthikan saking Sêrat-sêrat Kabar Sanès

Indhonesiah.

Bab tumindaking tiyang anggantosakên.

Nalika parentah nindakakên papriksan bab cara-caraning tiyang siti ing tanah Jawi tuwin Madura ingkang anggantosakên, pinanggih bilih ing Malang sisih kidul, wontênipun tiyang ingkang mangrêtos caraning nicil sambutan dhatêng pagadhean namung sakêdhik.

Ing bab punika murih kasumêrêpan ing ngakathah, dados tiyang botên badhe kecalan barang, sagêd tumindak nicil dhatêng pagadhean, lan malih supados bab punika kawigatosakên pangagêng tiyang siti, ing sapunika dhirèktur babagan arta praja anggalih prêlu mrasabênakên dhatêng para gupêrnur Jawi Kilèn, Têngah tuwin Wetan, punapa malih gupêrnur Ngayogya tuwin Surakarta, supados ing sabên pakêmpalan ondêr dhistrik utawi dhistrik adamêl sêsorah saprêlunipun. Bilih tatanan wau sampun kasumêrêpan ing ngakathah, tamtu badhe botên kathah barang ingkang kalajêng bur, awit ambayar sarana nicil, punika atêgês ngenggalakên panggadhe, ingkang anggantosakên angsal sêrat enggal, isi kêkantunaning arta sambutan, sintên kemawon sagêd nindakakên makatên, waton dèrèng kalangkung ing watês. Tumindaking panicil wau sagêd saking sakêdhik-sakêdhik, ngantos gampil dipun sahi, nanging pambayaring cicilan botên kenging kirang saking f 0.10.

Rêgining lisah pèt mandhap.

Miturut pawartos, ing sapunika rêgining lisah pèt kaandhapakên f 0.25 sabên saêblèg.

Kuli kawangsulakên.

Kapal Spilbergen ingkang mêntas dumugi ing Surabaya ambêkta wangsul kuli tiyang jalêr 137, èstri 24 tuwin lare 9. Sadaya wau asli mêntas nyambut damêl wontên ing papan pêlikan arêng sela ing pulo laut, ingkang sapunika sampun katutup. Dumuginipun ing Surabaya, têtiyang wau sami dipun papanakên wontên ing pos ing Tanjungperak. Insêpèktur padamêlan mariksa kawontênanipun têtiyang wau saha maringi sangu kangge mantuk dhatêng dhusunipun piyambak-piyambak. Têtiyang wau asli saking Malang, Dhampit, Kêdhiri, Blitar, Madiun tuwin Panaraga.

Pêpajênganipun sarêm ing Jawi Têngah.

Miturut pawartos, pêpajênganipun sarêm ing Jawi Têngah ing salêbêtipun wulan Agustus kapêngkêr, tumrap sarêm buntêlan wontên f 341.128.-, tumrap rêmukan f 1.071.-. Pêpajêngan sarêm buntêlan tuwin rêmukan ing wulan Januari dumugi Agustus 1931 wontên f 2.766,407. Dene taun kapêngkêr kados pêpetangan wau f 2.829.266.

Rawuh dhatêng panggenanipun tiyang Baduwi.

Tuwan dhirèktur pangrèh praja tuwin gupêrnur Jawi Kilèn, kalampahan sampun rawuh dhatêng panggenanipun tiyang Baduwi ing Cibeo, Lêbak. Kathah priyantun pangrèh praja bôngsa Walandi tuwin Jawi ing Bantên, punapadene golongan pakaryan wana ingkang gêgayutan, tumut andhèrèkakên. Mênggah wigatosipun anggèning rawuh wau namung prêlu badhe ngawuningani kawontênanipun bôngsa Baduwi, ingkang kawontênanipun taksih sarwa prasaja, tuwin nguningani pakampungan ingkang misah kalihan pakampungan sanès-sanèsipun.

Angsal sêsêbutan Zijne Hoogheid

Kawartosakên, Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Mangkunagara ing Surakarta, tuwin Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Arya Pakualam, ing Ngayogyakarta, sami angsal sêsêbutan Zijne Hoogheid.

Kantor pangêcapan kabêsmèn.

Kawartosakên, kantor pangêcapan Goen Tay ing Garut kabêsmèn, latunipun mrèmèn dhatêng sanès panggenan. Kapitunanipun ingkang sami kabêsmèn f 13.000.-, tumrap kantor pangêcapan punika kapitunanipun f 10.000.-, botên dipun tanggêlakên.

Lotre agêng sampun têlas.

Wontên pawartos, lotre agêng ingkang sawêg kemawon kasade, ing sapunika ingkang kasade ing Eskomto Batawi tuwin Wèltêprèdhên sampun têlas. Makatên ugi ing Bandhung inggih sampun têlas. Kintên-kintên tumuntên kagêbag.

Odhènsi.

Benjing dintên Rêbo tanggal 7 Oktobêr jam 9 enjing, Kangjêng Tuwan Ingkang Wicaksana ngawontênakên odhènsi wontên ing pura Konêngsêplèin. Sintên ingkang badhe sowan, kêdah ngaturi sêrat dhatêng ajudan dalêm ing sadèrèngipun tanggal 3 Oktobêr, kanthi mratelakna nama ingkang têrang tuwin sanès-sanèsipun, punapadene ingkang dados wigatosing sowan wau.

Kasingkirakên dhatêng Dhigul.

Saking kaparênging parentah, kawrat ing kêkancingan, nyingkirakên lid Partai Republiek Indonesia dhatêng Dhigul, 1. Suteja, wakil haltêsèp N.I.S. ing Karangjati, Cêpu. 2. Danuwirya, alias Birham, kondhèktur N.I.S. ing Surakarta. 3 Ngadiman, alias Rêsawiyana, montir, Purwarêja. 4. Sunarya, alias Sunar, ing Surabaya. 5. Marjana, guru ing Marabahan, Borneo. 6. Munandar, klèrêk kantor kadhastêr ing Banjarmasin. 7. Sarosan,

--- 1183 ---

juru gambar ing Ngayogya. Sadaya taksih manggèn ing pakunjaran Gang Têngah, Batawi.

Dhoktêr palsu.

Ing Surabaya wontên bôngsa Eropah ngakên dados dhoktêr, ingkang sampun dipun anggêp kônca dening dhoktêr sanès, tuwin sampun angsal lêngganan, nanging dangu-dangu kasumêrêpan manawi sanès dhoktêr. Lajêng kacêpêng ing pulisi.

Wontênipun barang-barang dagangan ingkang malêbêt.

Miturut cathêtan, wontênipun barang-barang dagangan partikêlir ingkang malêbêt dhatêng tanah Jawi tuwin Madura, ing wulan Agustus 1931 wontên 95.395 ton, rêgi f 27.368.000.-, ing wulan Agustus 1930 wontên 107.526 ton, rêgi f 40.170.000.-. Januari dumugi Agustus 1931 wontên 977.270 ton, rêgi f 255.592.000.-, Januari dumugi Agustus 1930 wontên 1.205.305 ton, rêgi f 375.373.000.-.

Pasitèn muncul enggal.

Kantor opsêrpatorium ing Batawi tampi palapuran, bilih sacêlakipun pulo saêlèripun tanah Papuah, sagantênipun pinanggih cèthèk pintên-pintên panggenan. Pasitèn wau awujud sela agêng asli saking jêblosan rêdi, nanging botên kasumêrêpan asli saking pundi. Saupami saking Jêpan, botên mèmpêr, awit toyanipun botên mili mriku, bab punika kakintên asli jêblosan saking dhasaring sagantên. Katrangan ingkang langkung cêtha dèrèng wontên.

Museum ing Malang.

Kawartosakên, kintên-kintên benjing wulan ngajêng, museum barang kina ing Malang badhe kabikak. Barang-barang kina ingkang dipun pitongtonakên ing ngriku botên ngêmungakên barang-barang ingkang asli panggihan ing Malang, nanging ugi kaklêmpakaning barang-barang asli anggènipun tumbas Malangsche Museum Vereeniging, sami barang Indhu Jawi. Lan ugi Tuwan A. Hille Ris pangarsa Malangsche Museum Vereeniging badhe nyambuti barang-barangipun, makatên ugi Tuwan L. Prillwitz ingkang sampun anglêmpakakên barang ing salêbêtipun 30 taun, ugi badhe nyambuti. Benjing bikakipun ugi badhe mitongtonakên paklêmpakaning dhuwung.

Ing bab komunis.

Kados ingkang sampun kawartosakên ing Kajawèn, bab sêratan sêsorah Komunis ing tembok-tembok. Ing sapunika pulisi sampun sagêd nyêpêng bôngsa Tionghwa nama Tan Set Kit, ngakêni rumiyin sampun nate sêsorah bab Komunis wontên ing Tiongkok. Sanadyan ungêlipun wau dèrèng kenging kapitados, nanging têrus katahan, saha kapriksa langkung titi.

Tilpun saking Batawi dhatêng Medhan.

Kala dintên Sênèn kapêngkêr wanci jam 6 sontên, kantor agêng tilpun ing Batawi nindakakên cobèn-cobèn tilpun dhatêng Medhan, tumindakipun sae. Rêmbagan sapisan dipun wiwiti dening pangagêng pakaryan pos Tuwan van Leeuwen rêmbagan kalihan Ir. Einthoven ing Medhan. Salajêngipun, Gupêrnur Sumatra pasisir wetan kalihan dhirèktur pangrèh praja. Gupêrnur Acèh kalihan gupêrnur Jawi Kilèn. Jendral Cramer kalihan Kronèl Behrends tuwin taksih wontên sanès-sanèsipun malih. Wusana pungkasanipun para jurnalis tanah Jawi kalihan jurnalis Sumatrah.

Patih Sêmarang kèndêl.

Kawartosakên, Mas Samadi, patih Sêmarang, wiwit benjing tanggal 3 Oktobêr ngajêng punika kèndêl saking anggènipun jumênêng patih, saking panyuwunipun piyambak.

Sêsakit rajakaya congor tuwin tracak.

Wontên lêmbu-lêmbu pragatan ingkang asli saking Jawi Têngah tuwin Jawi Wetan tansah pinanggih wontên ingkang sakit congor tuwin tracak, kasumêrêpanipun wau sarêng sampun dumugi ing panggenan, tuwin wontên malih tuwuhing sêsakit sarêng sampun manggèn sawatawis dintên. Dene limrahipun pinanggih wontên ing lêmbu ingkang asli mêntas dipun êwrat wontên ing grêbong sêpur. Ing sakawit kakintên jalaran saking ing grêbong sêpur wontên wijinipun sêsakit, nanging sarêng kapriksa botên. Kewan ingkang sakit wau dagingipun kenging katêdha, nanging puhanipun botên.

Eropah.

Dumuginipun ing purug Sang Gandi.

Londen 13 Sèptèmbêr (Aneta-Nipa-Extra). Sanadyan Inggris nuju jawah dêrês, hawanipun asrêp sangêt, mêdalipun Sang Gandi saking oto taksih cawêtan, lajêng malêbêt dhatêng papan pêpanggihan, amanggihi para mitranipun. Kintên-kintên wontên tiyang sèwu ingkang kathah sami bôngsa Indhu ingkang sami ngêntosi wontên ing Jawi. Para bôngsa Indhu sami mangangge kabangsan, sadaya prêlu sami mêthuk, dipun aturi kêmbul bujana saking pamahargyanipun bôngsa Indhu tuwin Inggris, Sang Gandi dipun agêm-agêmi sêkar. Sang Gandi badhe mêdhar sabda ing radhio.

Pawartos saking Administrasi

Lêngganan nomêr 1126 ing Banjaran.

Jilid I Patjarmerah rêgi f 0,60

Jilid II Litjin sebagai beloet f 0,60

Jilid III Beloet kena randjau f 0,65

Jilid IV Beloet kena randjau f 0,65

Dados 4 jilid tamat rêgi f 2,50.

--- 1184 ---

Wêwaosan

Dhêndhaning Angkara

44

XVII. Sèlèhing panarimah.

Sedanipun sang putri ingkang prasasat andadak, punapadene ngajalipun Senapati Abdullah, saèstu adamêl ngêrêsing manah. Saha manawi dipun raosakên kanthi angèngêti dhatêng lêlampahanipun, namung badhe nuwuhakên raos mêmêlas. O, dene rumêksanipun sang putri dhatêng kautamèn têka ngantos adamêl tiwasing sarinipunsariranipun. piyambak. Mênggah tuwuhing manah pamurina, gampilanipun lajêng sagêd amastani, jalaranipun saking Abdullah. Nanging tumraping lêlampahan ingkang sampun kalajêng, punapa malih lêlampahan ingkang sampun pinanggih kados makatên, tiyang wajib anutup, sampun angraosi malih, awit mênggahing tiyang ingkang sampun nilar jaman karamean, yèn ta upami anggadhahi dosa, kenging tinampi kados sampun ngêsrahakên dosanipun, namung wajib angsal pangapura. Ing ngriki prêlu nyêlani cariyos sakêdhik ingkang prayogi tinrapakên wontên ing dongèng, inggih punika ngajalipun Senapati Abdullah, sajatosipun sampun anêtêpi janji, jangkêping pêpetangan umuripun namung kantun kawan taun, punika kenging kangge pamarêm tumrap ingkang nêdya murinani dhatêng Abdullah.

Kacariyos sasedanipun sang putri, parêkan lajêng anjêlèh sarosanipun, swaranipun ngantos ngèbêki kadhaton. Botên dangu sang prabu rawuh kadhèrèkakên ing bupati caos, kanthi ngandika kasêsa: Ana apa, ana apa. Parêkan dèrèng ngantos munjuk, sang prabu sampun uninga piyambak saha ngandika kanthi karônta-rantaning panggalih sinarêngan lênggah wontên sacêlaking layonipun sang putri: Dhuh nini, dene sira nganti nêmahi mangkene, kapriye jalarane. Lo, kang gumalinting ana ing dagan iki sapa. Mara bocah wadon, sira pratelaa kang cêtha, kapriye mulabukane, dene nganti ana lêlakon kaya mangkene.

Parêkan: Kawula nuwun, abdi dalêm kawula botên sumêrêp sakawitipun, sumêrêp-sumêrêp tiyang jalêr punika sampun malêbêt ing gêdhong ngriki, lajêng wawan pangandika kalihan gusti radèn ayu. Adhuh, kawula botên sagêd ngaturakên panjang-panjang, namung sagêd ngaturakên, pangandikanipun gusti radèn ayu sakalangkung mêmêlas, raosipun tansah tumanêm wontên ing manah kawula. Gusti, tiyang jalêr punika nama Abdullah.

E, e, e, e, dadi iki wong-wongane kang wanuh karo nini putri. Sasampunipun ngandika makatên, sang prabu lajêng nyêlaki mayitipun Senapati Abdullah, ingkang kumurêp wontên sacêlaking sampeyanipun sang putri, rainipun dipun brengkal kalihan angandika: Nyata bagus, guwayane isih katon manthêr, mung kaya wong turu. Bocah wadon, sira pratelakna sathithik, gunêm apa kang sira anggêp wigati, nalika karone iki padha têtêmonan.

Kawula nuwun, mênggah kawigatosaning ginêm ingkang cumathêt wontên ing manah kawula, namung bab kasêtyanipun sang kalih-kalihipun. Gusti radèn ayu ngandika, luwung sedaa, tinimbang ngambah ing kanisthan, ingkang wosipun angluhurakên asma dalêm nata. Gusti, sanadyan pun kakung têka inggih samantên, namung ngêtut pangandikanipun sang putri, manawi sang putri seda, nêdya botên kantun, têka inggih katêmahan sayêktos. O, gusti, hi ...

Wis bocah wadon, aja nangis. O, lêlakon, lêlakon, tinêmune têka kaya mangkene. Nayaka.

Nayaka: Kawula nuwun, kula.

Gilo kaya mangkene tinêmune gustimu radèn ayu.

Hêm, kawula dèrèng lêga manawi dèrèng nacah-nacah bangkenipun tiyang jalêr punika, têka ngina têmên dhatêng tiyang sapraja.

Lo, lo, aja-aja. Luput bangêt anggonira duwe panêmu mangkono iku, sapira mungguh susahing panggalih ingsun, nyumurupi tiwase nini putri. Nanging ingsun mêksa kagungan marma angapura marang sakabèhe. Ing saiki wis ora ana ucap ing bab kaluputan, awit saupama ingsun nganakake pikir kang gawe ora narima, mung bakal dadi jalaran tuwuhing piduwung ing salawas-lawase. Wêlasana kang wus padha dadi layon.

Dhawuh pangandika nata ingkang kados makatên punika, araos kados nyirêp kanêpsoning nayaka, malah lajêng santun raos tumut wêlas dhatêng ingkang ngajal, ngantos ambarabak abela tangis. Wusana lajêng nyundhul atur: Kaparêng dalêm nata lajêng kadospundi.

Sarèhning kasusahan iki kasusahan ingsun, ingsun iya kang wajib kajibah anggalih kacukup ing sakabèhe. Nanging sarèhning patine bocah lanang iki ana sajroning kadhaton, ing mêngko ingsun pasrahake sira, upakaranên saprayogane. Lan saka kaparêng ingsun, mayite bocah lanang iki kuburên ana daganing kubure nini putri.

Kawula nuwun, sandika. (Badhe kasambêtan)

--- 197 ---

Nomêr 50, taun I

Taman Bocah

Lampiran Kajawèn kawêdalakên sabên Sabtu.

Sêrat Katur Rama Sêbul

Nuwun, rama, wontêna karsanipun rama, macak batanganipun cangkriman ingkang kasêbut ing Kajawèn no. 69 sukur lêrês, botênipun, pambatang kula kapriksan ing ngakathah, mênggah pambatang kula makatên:

1. Pathokanipun saking kothakan têngah ingkang malang lan ugi ingkang mujur. Ing dalêm sakothakipun kêdah 1/5 x 65 = 13. Kothakan ngajêng lan wingkingipun ôngka 13 gunggungipun kêdah 13 x 2 = 26, makatên ugi kothakan ing nginggil lan ngandhapipun. Sapunika lajêng ngupadosi cacah kalih-kalih ingkang gunggungipun ngênêm likur, inggih punika: 1-25, 3-23, 5-21, 7-19, 8-18, 9-17, 10-16, lan 11-15. Ingkang sampun kangge ing soalan: 2-24, 4-22, 6-20, lan 12-14.

[Grafik]

2. Sangang kothak ing têngah, niga-niga malang utawi mujuripun gunggung kêdah isi 13+13x2 = 39. Mila kothakan ing nginggil kêdah isi 39-(14+24) = 1. Mêngandhapipun ingkang kiwa kêdah 39-(12+24) = 3. Ingkang têngên kêdah 39-(2+14) = 23 lan ngandhapipun 13 lêrês, kêdah 39-(12+2) = 25.

3. Cacah ngalih-ngalih ingkang gunggungipun ngênêm likur kantun: 5-21, 7-19, 8-18, 9-17, 10-16 lan 11-15, kothakan salarik nginggil piyambak kantun ngisi 65-(4+20) = 41 kapadosakên tigang cacah, inggih punika: 8+16+17 = 41, pamasangipun ing kothakan larikan nginggil piyambak sêsakecanipun, waton sampun uwal kalihan cacah jodhonipun ingkang kêdah kapasang ing kothakan larikan ngandhap piyambak. Mila botên kenging pêthal, murih gunggungipun ngênêm likur.

4. Cacah ingkang jêjodhon kantun: 5-21, 7-19 lan 11-15. Larikan kiwa piyambak kantun ngisi 65-(4+6) = 55. Ugi kapadosakên tigang cacah saking cacah wau, inggih punika: 21+19+15 = 55. Pamasangipun ing kothakan ugi sêsakecanipun, waton cacah jodhonipun kaisèkakên ing kothakan kiwa piyambak.

Dadosipun: larikan nginggil piyambak sagêd wujud: 4+17+16+8+20, 4+16+8+17+20; 4+8+

--- 198 ---

17+16+20, 4+17+8+16+20, 4+8+16+17+20, 4+16+17+8+20, pamasangipun cacah jodhonipun sampun ngantos kalintu, kapasang ing ngandhap piyambak. Kothakan sanga ing nglêbêt kêdah wujud: botên ewah. Wusana namung punika sagêd kula ambatang, langkungipun botên sagêd. Rama Sêbul, kula matur nuwun.

[Grafik]

Putra pun Sukèsi, Magêlang.

Batangan iki lan sing uwis, wis nyukupi kanggo katrangan karêping cangkriman. Liya-liyane ora dipacak manèh.

Pak Sêbul.

Mantêp ing ati, bisa dadi

IX

Kaping pate: sing lêmbah manah, yèn ana wong kang kaluputan marang kowe, sanajan agawe sêriking atimu utawa agawe kapitunanmu pisan, apuranên kanthi trusing atimu. Lan kang kaping limane: sing gêmi, nastiti lan ngati-ati, aja anduwèni watak ngêbrèh. Uwis, le, pituturku kabèh iki èstokna, ambokmanawa ing têmbe ana kamurahaning Pangeran marang kowe.

Wangsulane Suhardi: Iya êmbok, pituturmu kabèh iku arêp dak simpên ing atiku, lan dak lakoni kanthi têmên-têmên.

Enggaling carita, saiki Suhardi wis kalakon mèlu Mas Kaji Umar sudagar ing Kauman, ing sajroning ngèngèr Suhardi tansah ngeling-eling marang pituture êmbokne lan dilakoni kanthi têmên-têmên.

Mas Kaji Umar saya lawas saya trêsna marang Suhardi, amarga nyipati dhewe marang kapintêran, kaprigêlan burusing atine. Pangrêngkuhe marang Suhardi kayadene pangrêngkuhe marang anake dhewe, malah saiki Suhardi diajari nyudagar.

Kacarita, barêng Suhardi wis wayah diwasa, dikukup dening Mas Kaji Umar diolèhake anak kaponakane dhewe, diwènèhi pawitan sacukupe kanggo madêg nyambut gawe dhewe, ing têmbe Suhardi bisa dadi sudagar sugih, bisa mitulungi marang wong tuwane sarta sadulure lan malês kabêcikan marang mitrane.

Sumadi, Sala.

Tamat.

--- 199 ---

Ambêbungah Bocah

Kaya apa bungahing bocah sing kalêgan atine, dhasar anake wong cukup, wah, atine mêsthi banjur gêdhi.

Nanging satêmêne gêdhening ati bocah sing mung saka diugung, ora ana gunane babarpisan, awit mung bakal gawe ora bêcik. Lan manèh tumrape jaman saiki, ngugung bocah iku wis mèh ora kêlumrah, dadi upama anaa, bocahe dhewe ya wis ngrasakake rikuh. Nanging tumrape wong tuwa angganjar utawa ambungahake bocah, malah akèh, mung pangganjar lan anggone ambungahake mau mêsthi nganggo jalaran sing makolèhi.

[Grafik]

Ana bocah kakang adhi, isih cilik wis padha sêkolah, sêkolahe maju, bapakne kêlair muni mangkene: Le, besuk yèn kowe padha munggah kêlasmu, padah tak tukokake sêpedhah rodha têlu. Pêngên anggonmu sinau.

Janjine bapa mau pancèn rada dadi pangugung, nanging sarèhne karêpe bêcik, iya ora dadi ngapa.

Cêkake kalakon, bocah loro mau padha bisa munggah, bapakne banjur nukokake sêpedhah têmênan. Wah bocah loro mau banjur krang-kring ana nglatar, suwe-suwe mênyang ratan.

Bocah-bocah kancane dolan, barêng wêruh, padha andalongop ngingêtake, ana sing ngêruh-ruhi: Wah, padha arêp mênyang ngêndi kuwi, ya. Yèn aku duwe sêpedhah kaya ngono, sênêng bangêt. Ora madhang aku ya gêlêm.

Bocah loro sing nunggang sêpedhah ora mangsuli, mung pijêr krang-kring bae, karo mêcucu, saka bungahe. Dene bocah-bocah liyane suwe-suwe padha anggrubyug karo surak-surak.

Barêng anggone nunggang sêpedhah wis kêsêl, sing nunggang lèrèn, bocah liya-liyane padha nyêdhak, ana sing dêmok, ana sing ngêlus-êlus, sawênèh ana sing nêmbung kapengin arêp nunggang sadhela bae.

Ana bocah takon mangkene: Wah, lemu tuku pira, ya.

Sing duwe mangsuli: Iki sing nguwèhi bapak, ganjaran saka anggonku munggah klas.

Bocah sing takon mau satêmêne bocah ora munggah klas. Barêng krungu wangsulan ngono banjur kliwir-kliwir lunga.

Bocah-bocah, aja mung kapengin mênyang ganjarane bae, elinga yèn ganjaran iku iya têgês pituwas anggone nglanoni mêmpêng sinau. Mula sinaumu pêngên.

--- [0] ---

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]

--- [0] ---

Ôngka 76, 10 Jumadilawal Taun Je 1862, 23 Sèptèmbêr 1931, Taun VI

Kajawèn

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]

--- [1185] ---

Ôngka 76, 10 Jumadilawal Je 1862, 23 Sèptèmbêr 1931, Taun VI

Kajawèn

Kawêdalakên sabên dintên Rêbo lan Sabtu

Rêgining kalawarti punika ing dalêm tigang wulan ... f 1.50, bayaranipun kasuwun rumiyin, botên kenging langganan kirang saking 3 wulan.

Juru ngarang - administrasi Bale Pustaka, ing sawingkinging kantor palis, tilpun nomêr 2791 - Bêtawi Sèntrêm.

Malang

[Grafik]

Ing nginggil punika gambar salah satunggiling sawangan margi ing kitha Malang, J.P. Coenstraat, ing sisih wingking katingal wuwungan lan manaranipun greja Katolik.

--- 1186 ---

Kawruh Sawatawis

Taun Pèngêtan

Kula manggih sêrat têtilaranipun tiyang sêpuh, ngêwrat pèngêtan ingkang prêlu-prêlu mawi dipun angkani taun Jawi, dene lêrês lêpatipun kula sumôngga. Sukur wontên ingkang kaparêng anglêrêsakên.

Wontênipun kula panjurungakên wontên ing kalawarti Kajawèn, namung lowung-lowung, bokmanawi wontên ingkang ambêtahakên. Katranganipun kados ing ngandhap punika:

Adêgipun nagari ing Majapait, ing taun Jawi Jimawal, sinêngkalan, ratu sirna gunaning aji 1301.

Adêgipun masjid ing Dêmak, gapura trus gunaning aji, Dal 1399.

Risakipun nagari ing Majapait, sirna ilang kartining bumi, Be 1400.

Jumênêngipun Sultan Pajang, dahana sirna tataning aji, Dal 1503.

Kyai Agêng Pamanahan kaganjar siti ing Mataram dening Sultan Pajang, wong guna tataning tunggal, Alip 1531.

Sedanipun Kyai Agêng Pamanahan sampun santun nama Kyai Agêng Mataram, bayu têtêlu gumuling bumi, Dal 1535.

Sedanipun Sultan Pajang tunggil taun jumênêngipun Panêmbahan Senapati, ngalumpuk catur tataning aji, Ehe 1540.

Dadosipun kitha Bacingah, mantri papat tinatèng ratu, Dal 1543.

Sedanipun Panêmbahan Senapati, tunggil taun jumênêngipun Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Adi Prabu Nyakrawati Senapati Ngalaga, sumare Krapyak, guna pandhawa tataning aji, Wawu 1553.

Sedanipun ingkang sinuhun sumare Krapyak tunggil taun jumênêngipun Ingkang Sinuhun Kangjêng Sultan Agung Prabu Anyakrakusuma Senapati ing Ngalaga Mukamad Ngabdurahman Sayidin Panata Dinan, tata rasa marganing bumi, Jimawal 1565.

Sedanipun Ingkang Sinuhun Kangjêng Sultan Agung, tunggil taun jumênêngipun Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Amangkurat, Senapati ing Ngalaga Ngabdurahman Sayidin Panata Dinan, sumare ing Têgalarum, brêmana nywara ngrata jagad, Jimakir 1578.

Bêdhahipun nagari Mataram dening prawira Trunajaya, sirna ilang rasaning rat, 1600.

Sedanipun sinuhun sumare Têgalarum, tunggil taun jumênêngipun ingkang putra asma nunggaksêmi II, rupa sirna rêtuning rat, Wawu 1601.

Ingkang Sinuhun Mangkurat II akadhaton ing Kartasura, lir ngumbara ngrasa wani, Alip 1603.

Sedanipun Ingkang Sinuhun Mangkurat II tunggil taun jumênêngipun ingkang putra asma nunggaksêmi III, Mangkurat Êmas, wiku buja rasaning rat, Alip 1627.

Lolosipun Kangjêng Pangeran Pugêr, sarira loro angoyag jagad, Ehe 1628.

Jumênêngipun wontên ing Sêmarang Pakubuwana I, trus pêksa ngrasa wani, Jimawal 1629.

--- 1187 ---

Bêdhahipun ing Kartasura Ingkang Sinuhun Pakuwana I angadhaton sarta lajêng aprajanjian kalihan Tuwan Admiral, nir guna angrasa tunggal, Je 1630.

Sedanipun Ingkang Sinuhun Pakubuwana I tunggil taun jumênêngipun ingkang putra Sinuhun Prabu Amangkurat, buja marga rasaning rat, Jimakir 1642.

Sedanipun Ingkang Sinuhun Prabu Amangkurat tunggil taun jumênêngipun ingkang putra Sinuhun Pakubuwana II, putra Pandhawa karêngèng jagad, Alip 1651.

Bêdhahipun ing Kartasura ingkang kaping kalih dening Sunan Kuning (Garêndhi), pandhita nênêm angoyag jagad, Alip 1667.

Bêdhahipun ing Kartasura ingkang kaping tiga inggih konduripun Ingkang Sinuhun Pakubuwana kaping II, brêmana nênêm winayang ing rat, Ehe 1668.

Pindhah kadhaton ing Sala utawi Surakarta, tunggil taun lolosipun Kangjêng Pangeran Mangkubumi, putra Prabu Mangkurat sadhèrèkipun Pakubuwana II, sonya pandhita obahing jagad, Je 1670.

Sedanipun Ingkang Sinuhun Pakubuwana II, jumênêngipun Ingkang Sinuhun Pakubuwana III tuwin Kangjêng Pangeran Mangkubumi jumênêng wontên pambêrêgan, tata gora rasaning ratu, Alip 1675.

Palihan nagari wontên ing Giyanti, tuwin jumênêngipun malih Kangjêng Sultan I wontên ing Ngayogyakarta punapadene kala Kangjêng Pangeran Adipati Arya Mangkunagara I tundhuk angsal gêmpalan lênggah siti, pêksa bujôngga ngrasani bumi, Jimakir 1682.

Adêgipun prabasuyasa Surakarta ingkang rumiyin, mantri bujôngga ngrasani tunggal, Dal 1683.

Adêgipun srimanganti Surakarta, warna bujôngga rasane tunggal, Alip 1684.

Adêgipun masjid Agêng ing Surakarta, wadana wolu ngrasa tunggal, Wawu 1689.

Sakaguru masjid Agêng dipun sambêr ing gêlap, lir muka obahing janma, Jimakir 1690.

Pamangunipun sitiinggil ing Surakarta, wong sanga angrasa tunggal, Alip 1691.

Kala pandhapa agêng kasantunan, lajêng kaparingakên dhatêng Mangkunagaran, sarira trus rasaning aji, Jimakir 1698.

Kala wiwit banon pondhêmèn loji agêng Surakarta, gapura trus namaningrasaning. tunggil, Alip 1699.

Bêdhahipun nagari ing Ngayogyakarta dening gupêrmèn Inggris, giri dahana swaraning rat, Jimakir 1737.

Pasrah siti Kêdhu, Balora, Wirasaba sarta Pacitan dhatêng gupêrmèn Inggris, trus guna pandhitaning rat, Alip 1739.

Jugul.

Wara-wara

Ing polêk almênak taun 1932 kaca 192 bab bayaran sêkolah ing M.U.L.O. saha ing M.O.S.V.I.A. ing kolom 5 kasêbut f 12.50 punika lêpat, lêrêsipun f 12. Ingkang punika mugi sami dipun uningani.

--- 1188 ---

Jagading Wanita

Kaskayaning Èstri

Wontênipun têtêmbungan suwarga nunut, punika atêgês nunuting tiyang èstri dhatêng kawibawaning guru lakinipun, dados suwarganipun tiyang jalêr punika inggih suwarganipun tiyang èstri, tiyang jalêr tansah angsal pamênang. Tujunipun botên wontên bêbasan: naraka nunut, saupami wontêna, tiyang jalêr sagêd ugi angsal nama awon, awit botên kirang tiyang jalêr ingkang kalêbêt naraka, upaminipun, ugi ngatutakên tiyang èstri. Sarèhning bêbasan kados makatên punika botên wontên, tiyang jalêr ajêg anggènipun gadhah pamênang.

[Grafik]

Tumindaking damêlipun para wanita ing tangsi pèl pulisi Purwakêrta.

Inggih saprikaa-saprikia, ucap-ucapan suwarga nunut punika pancèn taksih, nanging tumrapipun ing jaman sapunika undha-usukipun wontên, awit ing jamanipun sapunika sampun kathah wanita ingkang sagêd ngambah suwarga piyambak, têgêsipun sampun sagêd anggadhahi aji.

Tumraping suwarga nunut ingkang pinanggih ing jaman kina, têtêp botên nate dados ucap. Awit nyata, pinanggihipun wontên ing sawangan, tumrapipun tiyang salakirabi punika, pun èstri botên gadhah daya punapa-punapa, mênggahing kasaranipun lajêng dipun wastani botên tumut urun kaya. Malah bab makatên punika tumrap tiyang ingkang rupak ing budi asring tuwuh dados pangundhamana.

Nanging tuwuhing pangundhamana ingkang kados makatên punika, malah asring andadosakên jalaran pambaliking ungêlipun tiyang èstri, amratelakakên, bilih tiyang èstri punika salugunipun inggih anggadhahi kaskaya ingkang lumintu, namung eman dene kaskayanipun wau botên katingal.

Tamtu kemawon kaskayanipun tiyang èstri wau botên katingal, awit panyawangipun ingkang ningali botên kanthi waspada, dening pamawasipun kanthi dêrêng botên nêdya ningali. Dene ingkang nyata cêthaning pamawasipun tiyang jalêr dhatêng kasyakaning tiyang èstri, punika namung pinanggih wontên ing tiyang ingkang rukun anggènipun jêjodhoan.

Wontênipun kapratelakakên makatên, awit mênggahing tiyang jêjodhoan rukun, punika sami sagêd wawas-winawas dhatêng ajining damêl, upaminipun tiyang èstri nyumêrêpi ingkang jalêr nyambut damêl, pangkatipun saking griya enjing, mantukipun siyang utawi [u...]

--- 1189 ---

[...tawi] sontên, punika asring tuwuh ucapipun: E, ana nyambut gawe têka wiwit umum-umum nganti wayah mene lagi mulih. Kosokwangsulipun ingkang jalêr, nalika mantuk saking padamêlan, sumêrêp kawontênanipun ing griya sampun sarwa malanthing, inggih sanadyan botên kawêdala ginêmipun, ing batos inggih ngalêm, apêsipun inggih ngulati manis.

Rukunipun tiyang jêjodhoan ingkang sampun pinanggih kados makatên, wohipun tamtu tansah saya sae kemawon.

Dene mênggah cêthaning kaskayanipun tiyang èstri punika, inggih bab punapa kemawon ingkang pinanggihipun mikantuki dados kabêtahan anggènipun abale griya, upaminipun tiyang èstri kalanipun wontên ing griya gadhah sambèn, yèn tiyang dhusun nênun, tiyang nagari ambathik, manawi sapunika bangsaning ngrenda andondomi sapanunggilanipun. Punika mênggah angsal-angsalanipun, sanadyan botên sapintêna, nanging nama murakabi, malah manawi dipun manah panjang, langkung srêg utawi agêng ing manah migunakakên yasan piyambak. Upaminipun tiyang jalêr ngangge sinjang sêratanipun ingkang èstri, ing batos tamtu agêng ing manah, saya dhasar sêratanipun sae, sawêg dipun ingêtakên ing tiyang sanès kemawon sampun enggal-enggal mungêl: Punika sêratanipun bojo kula piyambak. Makatên ugi tumrap barang yasan sanès-sanèsipun, punika inggih tansah ngalela katingal mênggahing prayoginipun.

Sapunika mênggahing olah-olah, anggènipun sagêd damêl panujuning pakarêmanipun ingkang jalêr, sok ngantos kados cangkriman, bêbasan ingkang jalêr sawêg ambatos kapengin anu, inggih sampun jêdhul anu yêktos. Manawi sagêd kapanujon kados makatên punika, tiyang jalêr saksat manggèn wontên ing rèsturan sabên dintên.

Lajêng bab rêrigên, tiyang èstri punika pindhanipun senapati ingkang ngrampungi, saupami namung adêdamêl kêthul, senapati kadugi nanggulangi mêngsah sêkti, tur tatas unggul ing pêrang. Dene ingkang dipun upamèkakên dêdamêl kêthul punika bêtah ingkang cupêt, mêngsahipun sêkti kabêtahanipun, ewadene kabêtahan wau sagêd kêcêpêng. Punapa botên nama senapati pêng-pêngan.

Cobi damêl pêpiridan ingatasing gêsangipun tiyang ing jaman sapunika ingkang pinanggih kacingkrangan, upaminipun: tiyang èstri tanpa rencang, nyambut damêl srabudan, môngka lajêng dipun uring-uring ingkang jalêr. Hêm, punika tiyang jalêr sok kasupèn bilih dipun cêkapi bêtahipun, upami ngingaha rencang, gèggèk. rencang pintên kemawon.

Manawi purun angèngêti dhatêng petang, padamêlanipun tiyang èstri punika têtela namung kaskaya thok. Nanging kaunigana, apês punika adhakan dhawahing kônca wingking, lajêng dipun urugi ing ungêl-ungêlan: padaringan ambarabas, kojur.

Mila ing bab kawontênanipun tiyang èstri ingkang sagêd nindakakên damêl kados makatên punika, caraning têtêmbungan ing sapunika: pantês dipun bikaki topi.

Dikêm.

--- 1190 ---

Kawruh Padhalangan

Ringkêsan Kawruh Padhalangan Ringgit Purwa Surakarta.

(Sambêtipun Kajawèn nomêr 74)

Wadhah

Têmbung: wadhah, wontên ing kawruh padhalangan atêgês: sadaya pratingkahipun tiyang andhalang, dalah tumindaking pirantos. Murih cêthanipun wadhah punika kula perang kados ing ngandhap:

Ha. Bab wanci lan peranganing adêgan.

Na. Patraping dhalang anglampahakên ringgit.

Ca. Bab dhodhogan lan kêpyak.

Ra. Bab uran-uraning dhalang.

Ka. Bab gêndhing.

Ha. Bab wanci lan peranganing adêgan. Tiyang ringgitan punika limrahipun wanci dalu, ringgitan siyang punika namung yèn ngruwat (namanipun: Murwakala) nanging samangke sampun kathah ingkang ringgitan wanci siyang.

Wiwitipun angringgit, jam 8.30 sontên, dumugi jam 6 enjing. Sadèrèngipun jam 8.30 sontên, gôngsa sampun mungêl, kawastanan: talu. Sabibaring talu, dhalang lajêng mapan wontên ing ngandhap balencong, kawastanan: dhalangipun manggung.

Wanci jam 8.30 dumugi jam 6 enjing wau kaperang dados tigang bagean:

I. Salêbêtipun pathêt nêm, jam: 8.30 dumugi jam 12 dalu.

II. Salêbêtipun pathêt sanga, jam: 12 dalu dumugi jam: 3 dalu.

III. Salêbêtipun pathêt manyura, jam: 3 dumugi jam: 6 enjing.

Balunganipun lampahan ringgit purwa punika, sambêtipun kalihan peranganing wanci, kados ingkang kasêbut ing ngandhap:

A.

1. Jêjêran (= Inggih punika adêgan sapisan).

2. Gapuran (= ratu ingkang mêntas mêdal nalika jêjêr, kondur angadhaton, jumênêng kèndêl ing sangajêngipun gapura).

3. Adêgan kêdhatonan. (Sang ratu kalihan pramèswari).

4. Adêgan paseban Jawi, dumugi bidhalan wadyabala, ngantos prang ampyak (= prampogan angrata margi).

Sigêg

B.

5. Adêgan sabrangan (danawa utawi dede danawa)

6. Adêgan paseban jawi.

7. Prang gagal. (Utusan wadya saking A. pêrang kalihan utusan saking B. nanging dèrèng wontên pêpêjah).

II. Ingkang kalêbêt ing pathêt sanga

C-1. Adêgan pandhita (utawi bambang wontên ing wana).

--- 1191 ---

2. Adêgan danawa (saking B. utawi danawa wanan.)

3. Prang sêkar (sampun wiwit wontên pêpêjah).

Sabibaring prang sêkar satêmênipun sampun angèl dipun pathoki, dados cacahing adêgan miturut lampahanipun.

III. Ingkang kalêbêt ing pathêt manyura.

Makatên ugi manawi sampun ngancik pathêt manyura, cacahing adêgan miturut lampahan. Dumugi trontong-trontong enjing limrahipun kantun tigang adêgan, lajêng tancêb kayon. Sadèrèngipun kayon kangge nutup lampahan, trêkadhang mawi gambyongan, anjogèdakên golèk, mawi gêndhing ginonjing, utawi Petruk ambondhan (Petruk anjogèd).

Na. Patraping dhalang nglampahakên ringgit.

Peranganipun wontên tiga:

1. Sabêtan

2. Tanceban

3. Nata cêpakan lan nyingkirakên.

1. Sabêtan, panyêpêngipun gapit botên kenging anjagal (= dariji anggêpok wacucal), sarta jênthikan botên tumut kangge nyêpêng. (Kajawi nyêpêng kewan utawi rampogan).

Sadaya ringgit ingkang botên patut mathènthèng, tudingipun (= garan tangan) kêdah kaklêmpakakên kalihan panyêpênging gapit. Ingkang pantês mathènthèng, kapêthènthèngakên. Manawi ingkang mathènthèng namung lumampah alon, tangan ringgit ingkang ngajêng trêkadhang dipun culakên. Manawi pêrang lan sanès-sanèsipun, kabêkuk, utawi tangan ngajêng kasolahakên piyambak miturut pamatuting lampah-lampah. Makatên punika tumrap tangan ngajêng utawi tangan wingking.

[Grafik]

Tuladha mripat kêdhêlèn.

Mêrangakên, nglampahakên, mêmêtha sadaya solah tuwin kawontênan, kaangkah ingkang ngantos wujud nyata, lan sampun ngantos angrisakakên tatakrami, tuwin kêdah rujuk kalihan watêking wayang satunggal-satunggal. Katêrangan pamatutipun sabêtan utawi lampah badhe kawrat ing wingking: wontên ing bab isi.

2. Tancêban

Papanipun dhalang anyolahakên ringgit wontên ing kêlir punika kawastanan: gawang, inggih punika sêlanipun panggungan têngên kalihan panggungan kiwa. Wiyaring [Wi...]

--- 1192 ---

[...yaring] gawang punika sadhêpa langkung kalih kilanipun dhalang, ingkang kaangge ancêr-ancêr têngah: blencong, nanging ingkang sisih kiwa kapara langkung wiyar sakêdhik katimbang ingkang sisih têngên. Tancêban punika dipun wastani: palênggahan lan paseban, inggih punika gêdêbog kalih, ingkang nginggil kalihan ing ngandhap. Ingkang tumancêb ing nginggil: para ratu, para lêluhur, para pandhita lan sapiturutipun, utawi sadaya ringgit ingkang botên nuju dipun adhêp, sarta ingkang kapêtha ngadêg. Pamatrapipun rai sarta pupu ngajêng kapèpètakên ing kêlir, talapakan kapêtha sumèlèh ing palêmahan. Pundhakan wingking kalihan kêlir gonggang sawatawis. Ingkang kapara ngurmati dhatêng ringgit sanèsipun, kamayukakên sakêdhik. Mathènthèng tuwin botênipun miturut tatakrami, badhe katêrangakên ing wingking.

[Grafik]

Tuladha mripat plêlêngan.

Manawi ajêng-ajêngan, godhagipun kapara têbih, nanging ing wingking kaangkaha taksih cêkap dipun tancêbi ringgit malih.

Tancêban paseban, inggih punika ringgit ingkang kapêtha linggih, kaangkaha cêthikipun taksih katingal saking nglêbêt kêlir, rai kapèpètakên ing kêlir kados ingkang kasêbut ing nginggil wau, kapara tumungkul. Tangan kaklêmpakakên, utawi èpèk-èpèkipun kareka tumumpang ing dhêngkul ngajêng, tangan ingkang ngajêng pambêkukipun mêdal.

Sadaya pandèkèking ringgit wontên ing kêlir, rainipun kaangkaha katingal sadaya.

Ingkang tumancêb ing palênggahan tuwin paseban wau manawi ginêman tanganipun kasolahakên.

Nancêbakên gunungan sadèrèngipun wiwit jêjêr utawi tancêb kayon punika sipat lêrês kalihan balencong. Tumrap sanès-sanèsipun, punika panancêbipun kapara mangiwa, dhoyong nêngên sakêdhik, kajawi manawi gunungan wau kangge pêpêthan. Manawi botên kangge katancêbakên wontên ing pungkasaning panggungan têngên.

3. Nata cêpakan lan nyingkirakên

Ringgit ingkang badhe kawêdalakên têdahkêdah. sampun cumêpak. Ingkang sampun botên kangge kasingkirakên. Ingkang taksih dangu mêdalipun malih, dipun kêperingakên.

Panata makatên punika wontên salêbêtipun janturan, utawi manawi gêndhing sampun minggah. Badhe kasambêtan.

--- 1193 ---

Rumêksa Kasarasan

Mênggahing ulah raga, punika satunggiling pangudi kasarasan, nanging ugi kêdah mawi rinêksa murih botên amanggih bêbaya. Limrahipun ingkang sampun kasumêrêpan, kados ta balapan sêpedhah ngantos têbih, punika wontên kalamangsanipun mawi dipun êtut ing dhoktêr, prêlunipun anjagi bokmanawi manggih bêbaya wontên ing margi. Botênipun makatên, inggih dipun êtut ing sêsêpuh, ingkang wosipun anjagi kawilujêngan. Makatên ugi ing bab ulah raga sanès-sanèsipun, ugi nindakakên pangrêksa ingkang kados makatên.

[Grafik]

Pangrêksa wau warni-warni, wontên ingkang sarana ngasokakên napas, wontên ingkang anjagi, murih manawi dhawah botên sakit, upaminipun ulah raga malumpat, tuwin wontên sanès-sanèsipun malih.

Dèrèng dangu ing Ostênrik mêntas wontên balapan sêpedhah, kathah ingkang sami tumut balapan, amargi balapan wau, tumrap ingkang mênang mawi ginantungan ganjaran kathah. Kados para maos botên kêkilapan dhatêng watêking bôngsa kilenan majêngipun dhatêng ulah raga, mila inggih botên anèh bilih balapan wau dados têtingalaning ngakathah.

Balapan wau dipun tindakakên ngantos pintên-pintên dintên. Wusana katitik, têtiyang ingkang balapan sami rêkaos ngantos mêgap-mêgap, jalaran saking dayaning hawa bêntèr.

Ing ngriku lajêng wontên pamanggih, murih ingkang sami balapan wau sagêt mayar, kêdah kasiram toya. Kalampahan, ing papan balapan ngriku dipun sadhiyani tiyang ambêkta toya ing èmbèr, manggèn ing papan wêkasaning balapan, pundi ingkang dumugi ing ngriku, lajêng dipun garujug ing toya ngantos thili-thili. Sanadyan tindak wau adamêl thili-thilinipun ingkang dipun grujug, nanging adamêl kasarasan, saha sarèhning sampun têtêp nama katindakakên, para sawung ingkang sami thili-thili malah katingal sami brêgas, pundi tiyang numpak sêpedhah ingkang thili-thili malah dipun urmati. Kados makatên patrapipun rumêksa dhatêng kasarasan.

--- 1194 ---

Rêmbagipun Garèng lan Petruk

Bab Kawontênanipun Pasar Gambir.

IV.

Garèng: Truk, Truk, ing sarèhning anggonmu crita ing bab srah-srahane paprentahan Indhonesiah wis rampung, mara, saiki tutugna anggonmu andongèng kaanane Pasar Gambir kaya lagi anu kae. Iya bênêr, kanggone saiki bab Pasar Gambir wis jênêng: mambu, nanging sarèhne anggonmu nyaritakake wis luwih saka saparo, yèn nganti ora kok tutugake sarampunge, kuwi sok agawe sênêping ati. Dadi iya ora beda karo yèn angguwang apa-apa kae, lo kuwi nèk durung tutug kok banjur ditugêl wani, upamane bae jalaran andadak ana rawuhan, nèk ora kabênêran bisa mulês wêtênge têmênan.

[Grafik]

Petruk: Wiyah, bok aja sok ngungkat-ungkat barang wadi sing wis kaprah mrana-mrana mêngkono, mundhak ngilang-ilangake adat sing pantês disimpên nyang museum bae. Lagi anu aku wis nyaritakake bango panggonan hungkwe, ora adoh saka kono ana papan sing sok kanggo tèntunsêtèlêng pitik iwèn lan liya-liyane. Malah lagi aku nonton ing kono dianani tèntunsêtèlêng kucing.

Garèng: Hla, kuwi aku sing rada melik têmênan. Têmtune sing ditongtonake ana ing kono iya ana kucinge côndramawa barang, sing nèk mandêng tikus, bajing utawa manuk, banjur: pog, padha anggrègèli kae. Wah, upama aku duwea dhuwit, gênah apês ambalêbês tuku salosin têmênan, cikbèn ing ngomahku tikuse bisa ludhês babarpisan. Mara, apa mèmpêr, nyang ngomahku kuwi tikuse ora gêlêm ngrusuhi lêlawuhan utawa panganan, sing dikrikiti nganti rontang-ranting jêbul kanthong-kanthonge klambiku kabèh.

Petruk: Nèk tikuse ora padha ngrusuhi pêpanganan, rak iya mèmpêr, ta, awit apamanèh turahane sing dipangan anaa, hla wong nèk caramu kuwi, dhêle wis nang kalèn mêksa kok cuthiki manèh. Nèk kanthongane klambimu sok dikrikiti tikus, kuwi iya ora kêna dipaido, hla wong jas kok sok dianggo [diang...]

--- 1195 ---

[...go] nganthongi ... ondhe-ondhe, malah cuwilan gêrèh barang. Kang Garèng, kucing-kucing sing dipitongtonake ana ing kono kuwi dudu bangsane kucing kanggo anjaga tikus, nanging kucing pasrèn, têgêse: kucing sing uripe mukti têmênan. Pakane dienak-enak, rina wêngi dipiara kanthi bêcik-bêcik, lan andina-dina tansah dipangku dening nyonyah sing duwe kucing mau.

[Grafik]

Gambar kang sisih kiwa drimolên, yun-yunan. Gambar kang têngah, balapan pit motor. Dene gambar têngên dhewe, rêbutan mènèk pucang.

Garèng: Hêk, hêk, Truk, aku ... pengin ... dadi ... kucing.

Petruk: Hus, wong kurang ajar, sanadyan dadia kucing, nèk kowe kuwi masa dadia kucing pasrèn, bêgja-bêgjane iya mung dadi kucing sing gudhigên kae. Wis, wis, tak banjurne caritaku. Saka papan sêtèlêngan kono banjur ngliwati bango pirang-pirang lan warna-warna bangêt, nanging kabèh mung isi bêkakas-bêkakas bae, kaya ta: pirantine wong motrèt lan sapêpadhane. Êntèk-êntèkane bango-bango kiyi, banjur ana resturan Jawa. Ing kono kowe bisa mangan olah-olahan Jawa sagêndhinge, kaya ta: sêga langgi, sêga pêcêl, sêga gudhêg, lonthong ...

Garèng: Wis, Truk, bab kiyi liwatana bae, ora susah kok caritakake dawa-dawa, wong wêtêngku banjur klengkengan, thik kalamênjingku tungkul arêp langsir bae.

Petruk: Saka kono banjur mênyang panggonan sing kanggo sênêng-sênêng, ing kono kajaba disadhiyani: drimolên, yun-yunan, lan liya-liyane, iya ana kumidhi sulap, kumidhi babi sing bisa nambur, kumidhi dhangsah-dhangsah, malah nyonyah-nyonyah sing padha dhangsah kuwi panganggone padha niru jaman Kangjêng Nabi Adam kae.

Garèng: Wah, Truk, hla nèk aku ginanjar bisa nonton, anggone dhêg-dhêgan rak iya sèri têmênan, têgêse: anggone atine: dhag, dhêg, dhig, tanpa ana lèrèn-lèrène.

Petruk: Wong kowe mono, mula iya ora kêna wêruh sing anèh-anèh, atimu banjur andadak lap-lapan bae, seje karo aku, anggêr wêruh wong sing panganggone saya lugas, iya saya ênêg, ning saya primpên, saya ... mati aku. Wis, wis, kok banjur seje sing

--- 1196 ---

dirêmbug. Saka panggonan sênêng-sênêng kiyi banjur têkan ing apdhèling isèn-isèn wêtêng. Cêkake, Kang Garèng, kowe ora prêlu tak kandhani akèh-akèh, ing kono kowe arêp mangan masakan cara apa bae, mêsthi bakal ora kapiran, kaya ta: masakan Tionghwa, cap jae, bak lae, puyunghae ... cincaelah. Masakan Minangkabo: rêndhang, sate ... adha. Masakan Mêdura: saoto lan sate ... tak korang ...

[Iklan]

Garèng: Wèh, Truk, hla kok mêtu pêng-pêngane kowe saiki, têka bisa caturan warna-warna mêngkono.

Petruk: Apa ngilang-ilangake le wis tau anjajah desa milangkori. Apa ora kulak wêrta adol prungon, Kang Garèng, yèn aku wis tau ngèngèr tukang cukur bôngsa Mêdura, wis tau nguli Cina klonthong lan wis tau kontrak nyang Dhèli.

Garèng: O, mati-matia anggone anjajah desa milangkori kuwi rak dadi sudagar apa kêpriye, jêbul mung tungkul dadi andhapan bae. Ora, Truk, kajaba sing wis kok caritakake mau, apa ana manèh sing pantês kêna ditongton.

Petruk: We, hla iya isih akèh manèh tunggale, kaya ta: museum pulisi, papan kagunan Indhonesiah, lan sapiturute. Cêkake ora bakal rampung sesuk êmbèn saupama tak caritakna kabèh, ing môngka kajaba iku sabên dina Minggu dianani balapan rupa-rupa, kaya ta: balapan motor, balapan [bala...]

--- 1197 ---

[...pan] pit motor lan sapêpadhane.

Garèng: Wah, Truk, saikine ngrêti aku sababe apa pakumpulane para priyayi pangrèh praja, nalikane agawe konggrès ana ing Batawi, kuwi kiraku bèn bisa ngiras-ngirus padha mriksani Pasar Gambir. Malah aku krungu kabar, jarene pungkasane konggrès para dara-dara kakung putri, padha cilangkèk ana ing Pasar Gambir kono, apa iya mêngkono, ta, Truk.

[Grafik]

Para warga P.P.B.B. kakung putri nalika ana ing resturan versteeg ing Pasar Gambir.

Petruk: Wiyah bok aja ngopèni barang sing ora-ora, karo manèh rak iya wis mêsthine, ta, uwong urip kuwi kudu disarundhingi sênêng-sênêng, mêngkono uga jênêng konggrès, iya kudu disarundhingi sênêng-sênêng sathithik, nèk mung dikon mikiri konggrès bae, rak iya rêkasa. Lagi kowe bae sing wis anak bojo, kadhang kala iya sok kêpengin supaya bojomu kuwi disarundhingi saka desa.

Garèng: Wiyah, iya ora jangji, nèk banjur nyandhak sing ora-ora mêngkono, wis, wis, rêmbugane padha dilèrèni samene bae, liya dina rêmbugan bab liya manèh.

Pawartos saking Rêdhaksi

Lêngganan nomêr 2735 ing Bogor. Jumuwah Pon tanggal 28 Oktobêr 1927 dhawah 2 Jumadilawal 1858. Sêtu Kliwon 29 Dhesèmbêr 1928 dhawah 13 Rabingulakir 1859.

Lêngganan nomêr 2444 Magêtan. Sêtu Wage Ruwah 1841, dhawah tanggal 23 taun Wawu, wuku Tambir, môngsa kalih, Walandi tanggal 19 Agustus 1911. Sêtu Wage Ruwah 1842, dhawah tanggal 19 taun Jimakir, wuku Julungwangi, môngsa Kasa, Walandi tanggal 3 Agustus 1912. Sêtu Wage Ruwah 1843, dhawah tanggal 14, taun Alip, wuku Dhukut, môngsa Kasa, Walandi tanggal 19 Juli 1913. 17 April 1923 dhawah 29 Ruwah, dintên Salasa Pon 1853 môngsa Sadasa.

--- 1198 ---

Pêthikan saking Sêrat-sêrat Kabar Sanès

Indhonesiah.

Tiyang angguran saya kathah.

Ing salêbêtipun wulan Juli kawontênanipun tiyang ingkang pados padamêlan saya kathah, gunggung wontên 8400, petanganipun, bôngsa Tionghwa 460, bôngsa Eropah 2400, tiyang siti 5500, nanging gunggung samantên punika kapetang saking pintên-pintên panggenan. Sanadyan makatêna, sarèhning wontênipun lowongan padamêlan namung sakêdhik, dados inggih botên gampil sagêdipun angsal padamêlan.

Sabakarti Sêmarang.

Awit saking iyasan gêdhong Sabakarti ing Sêmarang sampun rampung, ing dintên Jumuwah malêm Saptu Kaliwon, surya kaping 18/19 wulan punika wanci jam 8 dalu, boyong saking griya lami, malêbêt dhatêng gêdhong enggal, mawi wilujêngan sawatawis (J.).

Pogokan punggawa sêrat kabar.

Kawartosakên, kala tanggal 11 wulan punika, sètêr tuwin dhrikêr kantor pangêcapan sêrat kabar Besoekisch Nieuws blad sami mogok. Redhaksi mratelakakên, sêrat kabar ingkang kawêdalakên ing dintên wau namung salêmbar. Ewasamantên ugi taksih wontên raènanipun ingkang botên isi. Ingkang kajibah badhe tumindak ing damêl kanthi punggawa enggal.

Margi sêpur Purwakarta-Padhalarang.

Ing sapunika pakaryan S.S. ngadani damêl krêtêg anglangkungi lèpèn Cisomang, antawisipun Padhalarang kalihan pasitèn ingkang tansah mingsêr. Bilih sampun dados, lampahing sêpur sagêd majêng 41 mênit, awit salaminipun, sêpur ingkang langkung ing ngriku lampahipun namung anggarêmêt, tuwin botên kêndhat tansah dipun dandosi sabên dintên.

Sudaning prabeya N.I.S. mikantuki.

N.I.S. ing sadèrèngipun wulan Sèptèmbêr nindakakên sudaning prabeya sêpur antawisipun Magêlang kalihan Ngayogya. Punika pinanggih mikantuki, sagêd adamêl sudaning angsal-angsalanipun, oto bis.

Residhèn-residhèn ingkang dipun kèndêli.

Jalaran saking tumindaking tatanan enggal, benjing ing wulan Oktobêr ngajêng punika, Tuwan J.C.H. de Bergh residhèn Priyangan kilèn, Tuwan J.J. Viehoff residhèn ingkang kabantokakên dhatêng gupêrnur Jawi Têngah, sami kakèndêlakên saking anggènipun jumênêng residhèn kanthi urmat.

Ama tikus.

Ing bawah Jêmbêr kathah pasabinan ingkang katêmpuh ing ama tikus, tanêmanipun sami dipun têdhani ngantos ludhês. Ing bab punika ingkang wajib lajêng nindakakên dhawuh kêncêng supados pados tikus. Sarêng wontên dhawuh makatên, sawêg kalih minggu kemawon sampun sagêd mêjahi tikus 120.000 iji.

Nayogyani pangiritan.

Pangiritan ing bab sudaning balanjanipun para punggawa nagari 10% sampun dipun sayogyani, makatên ugi punggawa nagari ingkang balanjanipun kirang saking f 400.-, botên kaparêngakên prêlop dhatêng sajawining nagari.

Kêkirangan têdha ing pulo Timur.

Ing wêkdal punika têtiyang ing pulo Timur sami ngraosakên kêkirangan têdha, ing bawah Waiwiu tuwin Waikale, tanêmanipun jagung mèh botên ngukup sadaya, jalaran saking kasèping jawah, dene tanêman ing pakêbonan, sami dipun têdha ing ulêr. Têtiyangipun lajêng sami pados sagu tuwin wi wana, kangge gajuling têdha. Kajawi punika, ing laladan ngriku ugi kêkirangan arta, rêgining maesa ingkang rumiyin f 30.- sapunika namung f 15.-, malah ing kalanipun kasêsa kangge ambayar paos, namung pajêng f 8.-, ayam ingkang rumiyin rêgi f 0.50, sapunika namung f 0.10. Tigan ayam ingkang rumiyin 5 sèn, namung 2 sèn. Klapa kalih iji satunggal sèn.

Angsal-angsalanipun N.I.S.

Angsal-angsalanipun N.I.S. ing wulan Agustus kapêngkêr wontên f 1.290.000.-, Agustus 1930 wontên f 1.716.000.-. Angsal-angsalan wiwit Januari dumugi Agustus 1931 wontên f 8.882.000.-. Taun kapêngkêr kados pêpetangan wau f 10.067.000.-.

Sêsakit tilêm.

Ing bawah Rêdikidul, tuwuh sêsakit tilêm, sintên ingkang katrajang sêsakit wau lajêng tilêm. Dhoktêr dèrèng amanggihakên jampinipun. Wontên saenipun, dene têtiyang ingkang sakit wau sasampunipun sadintên sadalu sagêd saras.

Angsal-angsalanipun pakaryan tram.

Angsal-angsalanipun tram ing salêbêtipun wulan Agustus kapêngkêr, têtimbanganipun kalihan wulan Agustus taun kapêngkêr pinanggih: S.J.S. f 264.500.-, taun kapêngkêr f 289.100.-. O.J.S. f 129.100.-. taun kapêngkêr f 159.700.-. S.D.S. f 63.80.-, taun kapêngkêr f 121.900.-. S.C.S. f 402.400.-, taun kapêngkêr f 599.700.-.

--- 1199 ---

Cobèn-cobèn sêpur èsprès.

S.S. badhe nindakakên cobèn-cobèn lampahing sêpur kilat badhe dipun indhaki rikatipun. Kaangkah benjing wulan Mèi 1932 badhe katindakakên. Kêlampahan mêntas damêl cobèn-cobèn saking Ngayogya dhatêng Madiun. Ingkang anjênêngi cobèn-cobèn wau Ir. Nitzel tuwin Ir. Krijte, bidhaling sêpur dipun jarag kakasèpakên tigang mênit, ngantos andadosakên sêling-sêrêping sèp sêtatsiun ingkang sampun suka tôndha bidhal, nanging Ir. kêkalih mangsuli ayêm kemawon. Sarêng sampun kasèp tigang mênit, lajêng dipun bidhalakên kanthi ngêtog kêkiyatan, wusana kasèping lampah tigang mênit wau sagêd pulih malih. Kajawi punika ugi badhe ngadani cobèn-cobèn lampah Sala-Madiun, nyuda 4 mênit.

Arta kangge Indhonesiah.

Wontên pawartos saking nagari Walandi, nagari nyithak arta kangge sadhiyan Indhonesiah, ringgitan, rêgi 20 yuta, rupiyah 4 yuta, talèn 1¾ yuta tuwin kêthip 1½ yuta.

Odhènsi umum.

Jalaran anyarêngi rawuhipun ministêr jajahan Prancis ing Batawi, odhènsi ing pura Konêngsêplèin ingkang sampun katamtokakên ing tanggal 7 Oktobêr, kaundurakên ing tanggal 14 Oktobêr.

Pangiritan ing S.S.

Kawartosakên, pandamêlipun kareta-kareta enggal S.S. kenging dipun wastani mèh rampung. Ing bab punika gêgayutanipun kalihan pangiritan, salajêngipun namung anindakakên padamêlan lajêng kemawon. Bèngkèl ing Bandhung badhe botên dipun wontênakên malih, yêyasan-yêyasan namung badhe katindakakên ing Manggarai tuwin Surabaya. Bèngkèl ing Bandhung namung badhe kangge perangan lokomotip. Makatên ugi papan lokomotip ing Bandhung, dipun rêmbag badhe kadadosakên satunggal wontên ing Cibatu.

Asiah.

Punapa badhe pêrang.

Pèiping 15 Sèptèmbêr (Indo-Pacific). Kapasthèkakên, Jêpan mirantos prajurit kalih dhepisi wontên sacêlakipun Mukdhên. Sanadyan paprentahan Nanking namung dhawuh parentah supados gadhah tindak sarèh dhatêng Jêpan, nanging pangancamipun Jêpan wau ugi damêl anggaragapipun bôngsa Tionghwa. Jendral Sang Suèh Liang anêtêpakên dhawuh manggèn ing Pèiping.

Eropah.

Pangeran pati Bèlgi dhatêng Jêpan.

Brussel 18 Sèptèmbêr (Aneta Nipa). Pangeran pati Bèlgi sakalihan, benjing ing wulan Marêt badhe tindak dhatêng Jêpan, dipun suruhi dening Nata Jêpan.

Putra Acèh seda.

Pramèswarinipun Sultan ing Acèh Kumaladaot, ingkang wontên ing Batawi seda. Putri wau pramèswari Sultan Acèh wêkasan.

Wara-wara

Ngaturi uninga dhatêng sanggyaning para priyantun lêngganan, tanggal kaping 22 wulan punika administrasi sampun ngintunakên bêlangko pos wisêl dhatêng para lêngganan ingkang dèrèng ambayar tumrap kuwartal kaping sêkawan ngajêng punika, utawi ingkang dèrèng cêkap pambayaripun. Pangajêng-ajêngipun administrasi, mugi para ingkang nampi kintunan wau kêparêng tumuntên maringakên wangsul kanthi ngisèni arta ing saprêlunipun.

Tumrap para lêngganan ingkang dêdalêm ing tanah Jawi utawi Madura, pambayaripun kaantos ngantos tanggal kaping 15 Oktobêr, dene tumrap para lêngganan ingkang dêdalêm ing tanah sabrang ngantos tanggal kaping 31 Oktobêr 1931. Sasampunipun tanggal punika, manawi pambayaripun dèrèng dhatêng, pangintunipun Kajawèn badhe kakèndêlan. Dene dhatêng para priyantun ingkang sampun ngintunakên pambayaran langkung rumiyin, utawi nyarêngi kalihan bidhalipun kintunan saking administrasi wau, ngaturakên gênging panuwun.

--- 1200 ---

Wêwaosan

Dhêndhaning Angkara

45.

Botên kacariyos pangupakaraning layon. Sasampunipun rampung, layon kasipêngakên sadalu. Ing dalu wau sang prabu lênggah wontên ing pandhapi, dipun adhêp ing para kawula sami bela sungkawa. Ing pasinewakan nyênyêt tanpa sabawa.

Wartos ing bab sedanipun sang putri sampun waradin dumugi pundi-pundi, makatên ugi para nata môncapraja, ugi sampun sami mirêng, sarêng sami mirêng pawartos wau, raosing manah kamurkan lajêng sami sirêp, malah sami santun cipta araos wêlas dhatêng sadayanipun, wêkasanipun para nata môncapraja lajêng sami nglayat dhatêng kadhaton, ambêkta sêmu tandhaning bela sungkawa.

Nata ing Ngêsam sarêng uninga dhatêng para nata ingkang sami nglayat, anampi kanthi gita, lan wantuning sadaya sami anêrusi ngandhut panggalihan sae, pinanggihipun namung sarwa prayogi, saha lajêng sami lênggah satata.

Sênênipun salêbêting kadhaton ing dalu wau katingal adamêl trênyuhing manah, sintêna kemawon ingkang nyumêrêpi, lajêng karaos kados angawaki piyambak. Kukusing dupa ingkang tansah kumêlun, anyrambahi salêbêting kadhaton, tansah anênangi dhatêng raos kasusahan.

Ing sakawit Nata Ngêsam nalika uninga rawuhipun para tamu ugi kagèt ing panggalih, nanging sarêng uninga pasêmoning para nata sami katingal bela sungkawa, kagèting panggalih wau inggih lajêng ical, mila anggènipun lêlênggahan araos manggèn ing papan suci.

Sasampunipun sami lênggah, Nata Bagêdad ingkang minôngka pangajêng, alon angandika: Rama prabu, sowan kula kalihan para yayi nata sadaya, prêlu sami ngaturakên bela sungkawa, tuwin anênuwun, putri nata ingkang murwèng ing kasidan, angambaha margi padhang dumugi pangayunaning Pangeran, lan anumusana, sampurnaning sedanipun putri nata wau, dadosa panglipur sêkêlipun rama prabu.

Nata Ngêsam: Sangêt panuwun kula, rawuhipun anak prabu sadaya, saèstu adamêl panglipuring manah kula. Ngajalipun nini putri, anggènipun tinênggan ing para nata, araos manggih kanugrahan agêng ingkang tanpa upami.

Nata Bagêdad: O, rama prabu, sakalangkung anggèn kula bela sungkawa ing bab sedanipun putri nata, kula ngantos botên sagêd anglairakên têpa, kados punapa raosing panggalihipun rama prabu.

Anak prabu, raosing kasusahan kula, yèn ta kula tampi manjing saèstu, tangèh manawi kula kuwawia anglampahi. Nanging sarèhning sadaya wau anama lêlampahan, kawula botên sagêd suminggah, anyingkiri kaparêngipun ingkang murbèng gêsang. Ing nalika kula dèrèng sagêd nyèlèhakên dhatêng wontêning lêlampahan, kawasaning manah kula tansah kula umbar nêdya adamêl pêpalang, nanging tindak kula namung pinanggih sarwa kalèntu. Wusana sarêng nini putri sampun botên wontên, kula sawêg ngrumaosi, manawi tindak kula wau lêpat sadaya. Pêpalang-pêpalang ingkang kula kintên adamêl prayogi, pinanggihipun malah ngosok-wangsul.

Rama prabu, lêlampahan ingkang sampun pinanggih wusananipun, tiyang sawêg sagêd nyumêrêpi lêrês lêpating lampah.

Punika kapara nyata anak prabu. Kados bab lêlampahan punika, ing sadèrèngipun dumugi wêkasan, inggih namung nuwuhakên manah botên narimah, inggih sintên tiyangipun ingkang kadugi dipun camah ing liyan, sêsagêd-sagêd inggih kêdah anduwa.

Ing ngriku rama prabu ingkang sok lajêng damêl cawuhing pamikir. Kula piyambak inggih sawêg sagêd ngraosakên sarêng sampun èngêt, saha kula lajêng sagêd nuwuhakên têpa, bilih godhaning manah punika satunggiling cobi agêng, pilih-pilih ingkang kuwawi nanggulangi, lan malih tuwuhipun botên kenging kinintên. Sintên ingkang badhe sagêd mênggak rumaganging manah diwasa, awit alusing manah ingkang botên kenging dipun gagapi saking pandulu, ing samôngsa kataman ing daya, botên beda kados tanêman angsal rabuk. Mila mênggahing kawula, namung wajib sumarah nyumanggakakên dhatêng kaparênging Pangeran, lan sinuwun wilujêngipun.

Dhuh anak prabu, kula inggih namung suka sukur ing Pangeran, dene ngajalipun nini putri têtêp angrungkêbi kautamèn, dayaning kasantosanipun manah, saking anggènipun lumuh ngambah kanisthan, ngantos dipun lampahi kados makatên. Mênggahing pamarêm kula, sadaya raosing manah ingkang botên damêl panarimah kula sirnakakên, linintu ing pangapuntên ingkang nêrusi batos. Mila saking kaparêng kula, mayitipun tiyang ingkang nama Abdullah badhe kula kubur wontên ing daganipun nini putri, supados dados pangèngêt-èngêt têtêping kasêtyanipun ingkang suci.

Rama prabu, kula kalilana sumêla atur, sajatosipun Abdullah punika senapati kula, mila kaparênga kula inggih badhe angurmati layonipun.

O, o, dados makatên, kula inggih sakalangkung nayogyani.

Botên kacariyos rêroncèning lampah, cinêkak layonipun sang putri sampun sumare, layonipun Abdullah dipun pêtak wontên daganipun sang putri.

Ing diwasanipun, ucap awon ingkang rumiyin dhumawah ing sang putri, malah dados ucap sae, dening nyata sang putri têtêp santosanipun ing batos, asmanipun lêstantun ngambar.

Wosing cariyos punika anggambarakên rumaganging manah angkara, tuwin santosaning dhasar manah rahayu. Tamat.

--- [0] ---

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]

--- [0] ---

Ôngka 78, 17 Jumadilawal Taun Je 1862, 30 Sèptèmbêr 1931, Taun VI

Kajawèn

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]

--- [0] ---

Bale Pustaka

Ing Bêtawi Sèntrêm

Wiyosipun, polêk almênak Jawi taun 1932, mawi lampiran almênak templekan, sampun dados, isinipun mêpêki, rinêngga ing gambar èdi pèni.

Bale Pustaka botên kêndhat tansah angudi anuju manahipun para maos. Isinipun polêk almênak dipun pilihakên ingkang sae, ingkang migunani ing ngakathah. Mila sabên rampung pangêcapipun inggih dados rêbatan.

Môngga, murih botên kacuwan, prayogi tumuntên sami mêling dhatêng Bale Pustaka, sampun ngantos kêtêlasan.

Sabên tiyang kados sampun botên kêkilapan, botên wontên almênak ingkang saenipun saha mirahipun ngungkuli polêk almênak.

Polêk almênak Jawi taun 1932, kajawi isi pananggalan, pranatan pos saha tèlêgram sapanunggilanipun, ugi ngêwrat:

1. Tarib bayaran sêkolah, pratelan wontênipun pamulangan ing Indhia Nèdêrlan, saha gambar sêsambêtanipun pamulangan. Prêlu kasumêrêpan ing sok sintêna kemawon.

2. Pratelan cacah jiwanipun paresidhenan saha kabupatèn ing tanah Jawi saha Madura, miturut petangan Jawi taun 1930.

3. Pranatan enggal bab pangadilan agami, bab angangkat wali tuwin budhêlkamêr pribumi.

4. Bab kasarasan, maedahi tumrap sok sintêna kemawon.

5. Bab ingkang prêlu kasumêrêpan ing biyung, ocal-ocalan sapanunggilanipun, prêlu kasumêrêpan ing para wanita.

6. Bab radhio, nêrangakên tumindakipun saha paedahipun radhio, ngindhakakên sêsêrêpan.

7. Bab ngingah kuthuk mawi pirantos. Cobi kanyatakna.

8. Bab anulak ama tikus sabin ing tanah parêdèn, maedahi tumrap tiyang tani.

9. Bab griya modhèl panggaotan jatos guprêmèn. Manawi badhe damêl griya ingkang nyêkapi kabêtahan mawi waragad sakêdhik prayogi maos karangan punika.

10. Lan sanès-sanèsipun.

--- [0] ---

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]

--- [0] ---

[Grafik]

--- [1217] ---

Ôngka 78, 17 Jumadilawal Je 1862, 30 Sèptèmbêr 1931, Taun VI

Kajawèn

Kawêdalakên sabên dintên Rêbo lan Sabtu

Rêgining kalawarti punika ing dalêm tigang wulan ... f 1.50, bayaranipun kasuwun rumiyin, botên kenging langganan kirang saking 3 wulan.

Juru ngarang - administrasi Bale Pustaka, ing sawingkinging kantor palis, tilpun nomêr 2791 - Bêtawi Sèntrêm.

Nagari Walandi

[Grafik]

Ing nginggil punika gambar pasitèn ing Ockenburg, nagari Walandi.Seharusnya hal. 1218.

--- 2118 ---

Paribasan

Bêbasan: Pasar Ilang Kumandhange, Kali Ilang Kêdhunge tuwin Prawan Ilang Wirange

Bêbasan tigang bab ing nginggil punika kalêbêt bêbasan kina, dene têrangipun mawi sambêtan ukara malih, mênggah jangkêping ungêl-ungêlan: besuk yèn ana pasar ilang kumandhange, kali ilang kêdhunge, prawan ilang wirange, iku wis nyêdhaki jaman wêkasan.

[Grafik]

Salah satunggiling pêkên gagrag enggal.

Ungêl-ungêlan kados makatên punika kala ing jaman rumiyin dipun wigatosakên sangêt, malah tumrap ingkang mirêng, kados gadhah pangajap mêningana dhatêng jaman wau, pinanggihipun gèk kados punapa. Nanging manawi angèngêti jaman wêkasan punika jaman ingkang taksih dangu sangêt, mokal manawi tiyang ingkang kapengin mêningi wau sagêd kadumugèn.

Nanging mênggahing kawontênanipun saking cariyosipun tiyang ingkang ngyêktosi, nyata pêkên ing jaman sapunika sampun ical kumandhangipun, tuwin lèpèn sampun ical kêdhungipun. Manawi makatên punapa sampun nyêlaki jaman wêkasan.

Tumrap pamanggihipun para golongan ingkang taksih kêdunungan pangandêl bab wau ugi lajêng purun nêtêpakên saha mawi nyukani pasaksèn, ungêlipun makatên: dhèk bocahku, wong mênyang pasar kuwi, ing sadurunge têkan ing pasar, saka kadohan wis krungu gumrênggênging wong kang padha ana sajroning pasar, ya kuwi sing diarani kumandhang. Nanging saiki pasar wis tanpa kumandhang babarpisan, lan manèh kêdhung ing kali, dhèk cilikanku, ing ngisor ingas kae dhèk biyèn kêdhung, tau dijajagi, ora jajag têlung gèntèr, nanging saiki wis ora ngêlêbake uwong.

Sayêktosipun cariyos kados makatên wau pancèn inggih nyata, pêkên ing jaman sapunika sampun botên wontên kumandhangipun, nanging botên wontêning kumandhangipun wau tamtu ugi mawi sabab, gampilanipun sapunika kawontênaning pêkên sami manggèn wontên ing papan bawera, angsal polatan saking pundi-pundi, sagêd dipun ambah ing têtumpakan warni-warni. [war...]

--- 1219 ---

[...ni-warni.] Tamtunipun kawontênan ingkang kados makatên punika ngicalakên dhatêng wontêning kumandhang. Makatên malih bab icaling kêdhung, gampilanipun tamtu jalaran saking walêd. Sampun malih ingkang nama walêd, botêna gampil kalampahanipun, malah wontên kampung ingkang namanipun mawi kêdhung, tamtunipun ing kinanipun inggih kêdhung yêktos, nanging pinanggihipun namung kantun aran kemawon. Dados mênggahing gagapan, mèmpêripun ingkang dipun wastani jaman wêkasan punika panyandhaking santun jaman. Dene ingkang dipun wastani santun jaman, saupami dipun andharakên kintên-kintên botên sagêd damêl pamarêm, nanging manawi dipun raosakên inggih karaos, saya tumrapipun ing wêkdal punika, lêlampahan ing donya ewah-ewahipun kados ngêgèt. Ewahing kawontênan ingkang kados makatên wau mèmpêr saupami dipun wastani jaman.

Manawi manut pathokan petang cara kilenan, èmpêripun jaman punika ingkang dipun wastani satus taun punika inggih saya mathuk, awit lêlampahan satus taun punika pancèn sampun sagêd amêningi lêlampahan ingkang kawontênanipun beda. Makatên ugi tumrap ing cêcariyosan Jawi, jaman punika antawisipun inggih panjang-panjang, kados ta jaman purwa, jaman Majapait, jaman Mataram tuwin sanès-sanèsipun, satunggal-satunggalipun jaman wau taunipun inggih panjang-panjang, tuwin mêngku lêlampahan ingkang beda kawontênanipun.

[Grafik]

Wujuding lèpèn ingkang angêdhung.

Amangsuli ing bab kajênging bêbasan kados ingkang kapratelakakên ing nginggil, ing bab kajênging têtêmbungan: pasar ilang kumandhange tuwin kali ilang kêdhunge, inggih sampun mèmpêr dipun têgêsi ingkang kados makatên. Nalaripun sampun sagêd mantuk. Sarêng sapunika ing bab kajênging bêbasan: prawan ilang wirange, punika ragi angèl anggènipun ngencok-encokakên, awit kajênging têtêmbungan lajêng katingal kasaripun, sanadyan badhe dipun lèrègakên kadospundi, mêksa botên mathuk, ewadene mênggah èmpêripun, têtêmbungan wau namung sagêd mèmpêr kangge ngencok-encokakên larasing raosipun tiyang kina gathukipun kalihan kawontênan ing jaman sapunika, kados ta tindaking wanita ing jaman pangajaran, tumraping panggalihanipun para kina tamtu ngalèr ngidul. Inggih kawontênan ingkang kados makatên [makatê...]

--- 1220 ---

[...n] punika bokmanawi ingkang dipun wastani kados têtêmbungan ing bêbasan wau.

Manawi sampun dipun laras-laras kados makatên, dados inggih sampun mèmpêr bêbasan tigang bab wau lèrègipun badhe dados sasmita wêkasaning jaman, atêgês santuning jaman. Ing sarèhning wêkasaning jaman punika nama sampun kapêngkêr, santun ngambah jaman enggal inggih punika jaman kamajêngan, dados têtêping kajêngipun bêbasan wau nama sampun pinanggih anêtêpi wêca, kantun manggalih têtêping saenipun.

Nanging sarèhning kajênging bêbasan kina punika lêbêt sangêt, andharan punika namung kapindhakakên panggarba kemawon, lêrês lêpatipun nyumanggakakên.

Ha.

Raos Jawi

Angèling Tiyang Badhe Nindakakên Lêrês

Ing jaman kina wontên tiyang neneman nama Bagus Waskitha, tiyang neneman wau tabêri sangêt ngudi kawruh, agal alus botên wontên ingkang dipun tampik, tuwin punapa ingkang dipun udi inggih lajêng dipun lampahi ngantos mangrêtos. Bagus Waskitha wau gadhah mitra nama Bagus Prasaja, anggènipun pawongmitran supêkêt kados sadhèrèk.

Mênggahing wêwatêkan, Bagus Waskitha punika pancèn sae, budinipun moncèr, dene Bagus Prasaja namung sarwa prasaja, kados namanipun.

Satunggiling dintên Bagus Waskitha pitakèn dhatêng Bagus Prasaja, têmbungipun: kang, mungguh panêmumu. Wong arêp nindakake bênêr kuwi kudu golèk pituduh kapriye.

Wangsulanipun Bagus Prasaja: iya mung kudu golèk paguron mênyang awake dhewe. anggêr têmên iya kêtêmu.

Gunêmmu kuwi kêbarèsên, mêsthine iya mangkono, nanging yèn ora olèh pituduhing liyan, apa bakal sumurup.

Satêmêne ya mêngkono. Aku mung golèk gampanging wangsulan bae, lan iya jalaran saka gampanging wangsulanku kuwi, têgêse aku dhewe ora bisa nglakoni.

Bagus Waskitha botên patos anggatosakên dhatêng ginêming mitranipun, ginêmipun wau dipun anggêp alah ora kemawon, wusana lajêng pêpisahan ngantos lami. Kesahipun Bagus Waskitha wau anjajah pados sêsêrêpan, cêkakipun botên kêkirangan, dhasar Bagus Waskitha punika tiyang moncèr, mila sarêng pinanggih kalihan Bagus Prasaja, ngantos adamêl gawok, Bagus Prasaja tarimah kawon.

Pancènipun Bagus Prasaja sampun pitados dhatêng ginêmipun Bagus Waskitha, awit Bagus Prasaja mangrêtos, bilih ingkang suka pitêdah dhatêng piyambakipun pancèn tiyang linangkung, nanging sarêng ningali nyatanipun, têka tansah pinanggih ngalèr ngidul. Malah

--- 1221 ---

lajêng gadhah panganggêp, bilih Bagus Waskitha wau atêgês namung ngluhurakên dhatêng ingkang suka piwulang, botên atêgês kêdhêdhêran wiji piwulang.

Sayêktosipun Bagus Prasaja bêtah badhe kapanggih mitranipun, nanging mitranipun wau paribasan sawêg sêngsêm ulah ginêm, sampun botên doyan ginêman bab ingkang rèmèh-rèmèh. Dangu-dangu Bagus Prasaja sagêd kapanggih kalihan Bagus Waskitha, saha lajêng wicantên makatên: dhi, aku duwe layang asli saka priyayi sêpuh, arêp tak takokake mênyang kowe, kapriye têgêse. Iki lo layange.

[Iklan]

Bagus Waskitha lajêng nyandhak sêrat, namung warni dalancang suwekan, lajêng dipun waos anggalènggèng. Ungêlipun makatên:

[Dhandhanggula]

Lamun mikir barang kang kaèksi / siya-siya ngèlmune nglêmpara / tanpa aji pangarahe / bali mring donya suwung / tanpa marêm ngratoni lali / ladak katon tan krasa / yèn manungsa iku / wus sarwa sarwi tan kurang / pedah apa padu padon ora uwis / uwose datan ana //

kang sajati jumênênging urip / nora ngetung rêmbug palantrangan / nganti mèh korup ing dede / dalane luwih lunyu / yèn tan awas ambilaèni / kajlungup nora krasa / krasa-krasa bênjut / yèn dudu janma utama / ngambah kono bêgjane jinugug anjing / saking sungil kalintang //

santosaning laku dèn mangrêti / dudu luyut dudu cêcêkêlan / amung tômpa sasmitèng rèh / ruruhên aja tambuh / ya iku suksma di luwih / manggon anèng antara / sêsinglon ing dunung / dumunung janma kang bisa / basukine saka Isa kang ginaip / kang gayuh ngèlmuning Hyang //

ngèlmuning Hyang dudu mas lan picis / dudu sastra dudu têtêmbungan / dudu lapal lan mantrane / dudu kawruhing dunung / dudu luwe ya dudu arip / gampang dadi bêbasan / disampar disandhung / tan pisah tansah gulêtan / luput-luput karya bingung kang mangungkih / yèn tan wahyu nugraha //

Bagus Prasaja: kapriye dhi, karêpe.

Waskitha: wong gênah unèn-unèn ngono kok dikon nêgêsi.

Prasaja: dadi kowe kuwi têtêp anggonmu jênêng waskitha, pancèn waskitha têmênan.

Sadrêma

[Grafik]

Ing sisih punika gambar taman agêng, ing Hamburg. Uhlenhorst (Jêrman) ingkang kenging lumêbêt ing ngriku ngêmungakên têtiyang ingkang sampun sêpuh.

--- 1222 ---

Panêpèn Kuburipun Kyai Cakarma

Ing dhusun Ngutêr wêwêngkon kadhistrikan Sukaharja, watawis 8 pal têbihipun saking watês kitha Surakarta mangidul, wontên satunggaling kuburan alit limrah, inggih punika kuburipun Kyai Cakarma, satunggaling êmpu ngèlmu kaniyagan jaman kina sarta mawa kaelokan. Sampun wiwit wingi-wingi kuburan wau dados panêpèn utawi patirakatan tiyang jalêr ingkang kapengin sagêd nabuh gamêlan punapadene kalimpadan ulah laguning gêndhèng gêndhing. Sanadyan wontênipun têtiyang nêpi mriku botên kathah kadosdene patirakatan sanès-sanèsipun, malah kenging dipun wastani satunggal kalih tur namung kala-kala, nanging kalêbêt lumintu, mèh sabên wulan botên wontên lowongipun. Wondene ingkang dipun sêdyakakên, botên wontên malih-malih kajawi saprakawis namung mligi dhatêng kasagêdan nabuh gamêlan kanthi kalimpadan gêndhèng gêndhing, dados nama mumpuni ngèlmu kaniyagan. Ingkang sampun-sampun, tiyang nêpi mriku kenging dipun wajibakên mêsthi sagêdipun kabul ingkang dipun sêdyakakên.

[Iklan]

Mênggah patrap tata ngadating nênêpi ngriku makatên, ing dintên Kêmis sontên ing wanci ngajêngakên sêrap srêngenge, tiyang ijèn utawi 2-3 ... sêsarêngan, sampun dumugi ing kuburan, kairid punggawa dhusun ingkang minôngka palawangan utawi juru kuncinipun, nuntên adêdupa sacaraning tiyang nênuwun utawi tirakat, sasampuning mêling punapa prêlu-prêlunipun, juru kunci wangsul mantuk, tiyang ingkang nêpi têrus andêdagan ing kuburan sadalu muput, dumugi byar enjing sawêg sami wangsul mantuk. Wasana namung lêt sawatawis wulan laminipun, lajêng sampun [sa...]

--- 1223 ---

[...mpun] sagêd dhatêng babagan bab tabuhan gôngsa, mindhak wulan malih saya wêwah kacêkapanipun dhatêng bab ngèlmu kaniyagan.

Kathah tiyang nyariyosakên, wêkdal nêpi dalu tiyang wau dipun sumêrêpi wujud punapa, ing supênan utawi wêwentehan, kados ta upaminipun nyumêrêpi tabuh bonang, amasthi tiyang wau ing têmbe badhe baud ambonang. Dipun sumêrêpi kêndhang: inggih badhe baud ngêndhang, makatên sapanunggilanipun sadaya dados sasmitaning panêpèn. Nanging mênggah nyatanipun botên kirang-kirang, ingkang botên dipun sumêrêpi sasmita punapa-punapa, têka inggih sagêd kabul ugi, botên beda kalihan dipun sumêrêpi wêwujudan minôngka sasmita wau, namung sadaya-sadaya punika mawi kaot saundha sabilik-bilik, punika nama sampun kêlimrah. Wontênipun tiyang nêpi kuburan wau, namung tiyang dhusun-dhusun sarta ing salêbêting kitha Surakarta, tiyang lanjon sajawining Surakarta dèrèng nate mirêng wontên.

Antawis gangsalan taun sapriki, sarêng ing Surakarta sampun anggêbyah pakêmpalan ajar nabuh gôngsa, lajêng wontênipun tiyang nêpi ing kuburipun Kyai Cakarma awis-awis sangêt, botên têmtu sabên taun wontên. Kanggenipun ing jaman kamajêngan inggih jaman kaum mudha, bokbilih lampah tirakat, nênêpi sasaminipun, punika kamanah sampun botên laras, langkung-langkung babagan kagunan angudi kalimpadan kados ingkang kasêbut nginggil, saya sampun botên pinanggih ing akal babarpisan dening marojol saking nalar, makatên mênggah pangintên-intên kula piyambak, tumrap kalimrahipun jaman sapunika. Badhe kasambêtan.

P.K. 585.

[Grafik]

Ing nginggil punika gambaripun lare-lare ing Intêrnat Sumur Bandhung ingkang sami tumut lumêbêd ing pakêmpalan padpindêr I.P.O. ingkang dipun pangajêngi dening Tuwan R.A.A. Wiranatakusuma, ingkang bupati ing Bandhung rumiyin, ingkang lênggah ing têngah-têngah.

--- 1224 ---

Kawruh Padhalangan

Ringkêsaning Kawruh Padhalangan Ringgit Purwa ing Surakarta

Sambêtipun Kajawèn nomêr 76.

Ca. Bab dhodhogan lan kêpyakan.

Katêranganipun kados ing ngandhap punika:

1. Kangge anjantur. 2. Kangge miwiti ayak-ayakan. 3. Kangge miwiti slêpêgan tuwin sampak. 4. Kangge nyarêngi solahing ringgit. 5. Kangge singgêtaning ginêm tuwin ucap-ucapan, sarta kangge miwiti lan mungkasi ucap-ucapan tuwin ginêm. 6. Kangge têtêgan, inggih punika manawi ngajêngakên wontên kawontênan ingkang sêrêng utawi nêpsu, lan malih kangge salêbêting ada-ada. 7. Kangge mungkasi pathêt. 8. Kangge andhawahakên gêndhing. 9. Kangge nyuwuk ungêling gêndhing, lan kangge nyuwuk sadaya ungêling gôngsa. 10. Kangge nêsêgakên irama. 11. Kangge nyantuni slêpêgan utawi sampak dhatêng ayak-ayakan.

Kasêbut ing 11 bab punika suwantêning pandhodhog utawi pangêpyak kados ing ngandhap punika, katindakakên ing tangan utawi ing suku:

1. Dhug = gêdhug sapisan, utawi: jèg sapisan.

Kangge nginggahakên gêndhing utawi nyantuni slêpêgan dhatêng ayak-ayakan, punapadene kangge nyarêngi gêgêbag sarta solah tingkah ingkang ngagètakên.

2. Dhug sapisan dipun tututi andhodhog kêrêp lajêng arang sawatawis, wujudipun: dhug, dhrug, dhug, dhug, dhug ... dhêru-dhug. Punika kangge anjantur ungêling gôngsa. Kêpyak ugi kados makatên. pungkasanipun kasarêngakên sirêping gôngsa.

3. Dhêrudhug. Kangge singgêtaning ginêm lan pungkasing pathêt, pungkasing ucap-ucapan, lan kangge anjantur ayak-ayakan utawi sampak, kangge nyambêti suwuking ayak-ayakan ingkang tanpa pathêt.

4. Dhuh, dhug, dhug, dhug, dhug (kaping 5 awis) punika kangge miwiti sadaya ayak-ayakan.

5. Dhrug, dhrug, dhrug (kaping 3) kangge miwiti slêpêgan.

6. Dhug, dhug, dhug, dhug, dhug (kaping 5 kêrêp) kangge miwiti sadaya sampak kêrêpan.

7. Dhug, dhug, dhug ... têrus botên kèndêl, nanging lirih, arang rêngkêdipun salampahing kêtêg jantung (pols) kangge sadaya têtêgan.

8. Dhug, dhug, dhug, dhug, dhug (kaping 5 ragi kêrêp) kangge nyuwuk ayak-ayakan.

9. Dhug, dhug, dhug (kaping 3 kêrêp) kangge nyuwuk sampak.

10. Kêpyak kadosdene têtêgan têrus anggantêr, sêru lirih sêru lirih. Kangge salêbêting slêpêgan utawi sampak punapadene kangge sadaya gêndhing ingkang irama sêsêg, utawi irama lancaran.

11. Dhêrug. Kangge nyarêngi kêthuk, kênong, kêmpul, tumrap ing gêndhing ingkang mèh suwuk. (Dhawah gong).

--- 1225 ---

12. Kêpyak nêsêg manut irama, kangge suwukipun sadaya gêndhing suwuk sêsêgan.

13. Dhug, dhrug, dhug. Kangge miwiti slêpêgan kapinjalan.

[Grafik]

Tuladha mripat kêdhondhongan.

Kados ingkang kasêbut ing 13 bab punika, bab:

a. Nginggahakên gêndhing utawi nyantuni slêpêgan dhatêng ayak-ayakan.

b. Miwiti ayak-ayakan.

c. Miwiti slêpêgan.

d. Ôngka 11.

Kêdah gêdhog, sasagêd-sagêd botên kenging kêpyak. Dene bab sanès-sanèsipun ngangge kêpyak ugi gêdhog.

Kêpyak punika, miturut wulangan Radyapustaka, awêwaton palapuranipun satunggiling abdi dalêm niyaga, wiwitipun ngungêlakên wontên ing têngah-têngahing ada-ada astakuswala laras agêng (ing adêgan paseban jawi). Kaol ingkang kados makatên wau ing pamanggih kula, kula sumanggakakên, awit dhalang ing Surakarta ugi nganggèkakên kêpyak sadèrèngipun paseban jawi, upaminipun jêjêran sapisan katamuan Baladewa (kados ta ing lampahan: Irawan Rabi), môngka tanganipun dhalang kalih pisan nyêpêng ringgit, yèn anggêdhog mawi suku suwantênipun awon, dados sok kapêksa migunakakên kêpyak.

Ra. Bab uran-uraning dhalang.

Uran-uranipun dhalang punika wontên 5 perangan: 1. pathêt, 2. sêndhon, 3. ada-ada, 4. ngombang, 5. ambarung ungêling gôngsa mawi cakêpan (= pakêcapan).

Pathêtan punika kêdalipun sarèh cêtha (arang rêngkêting kêcap), sêndhon punika kêdalipun kados pathêt, nanging mawi tungtung nglêlêrêm. Ada-ada ungêl-ungêlanipun anjuju, kêdah tungtung ladak utawi sêrêng sawatawis. Lêlagonipun dhalang nguran-urani pathêt, sêndhon ada-ada sapanunggilanipun, punika cengkokipun kêdah maligi swara jalêr, inggih punika: wêdaling napas saking cangkêm sadaya, botên mawi saking irung. Suwantênipun kapara ngêdhung, wêwilêtanipun namung ngangge krêkêling swara, nanging kasampar-sampar kemawon. Cêkakipun sampun ngantos kados swara èstri, utawi botên kados tiyang sindhèn lan gerong, bawa punapadene ura-ura limrah. Prêlunipun supados ngêngrêng, tur inggih punika bakuning dhalang ngêdalakên uran-uran.

--- 1226 ---

Ngombang inggih punika nêmbang tanpa cakêpan, pambêngung.

Ambarung ungêling gôngsa mawi cakêpan, inggih punika ura-ura miturut laguning gêndhing mawi cakêpan. Namung dumunung manawi wontên ing laras alit (= hooge noot), cakêpanipun anjuju.

Ingkang nama pathêt punika sadaya mawi rêbab, gêndèr, gambang, suling, gong, kêndhang. Ingkang nama sêndhon, kados pathêt nanging botên mawi rêbab, trêkadhang mawi kêmpul. Ada-ada namung mawi gêndèr, kêndhang lan gong. Gong, kêndhang, kêmpul tumrap ing nginggil punika panabuhipun wontên ing têlas-têlasan utawi wontên ing têngah-têngahan. Têtêlasaning pathêt sarta sêndhon ingkang dipun gongi utawi dipun kêmpuli punika kawastanan sarayuda.

Pathêt, sêndhon, ada-ada lan ngombang punika tumindakipun (rikat rindhiking lampah), mong-kinêmong kalihan gôngsa, utawi ngangge kalamôngsa, têgêsipun, manawi wanci sampun kaslêpêg, kêdah sarwa rancag, lan kosokwangsulipun.

Katêrangan kawontênaning gangsal bab kasbut ing nginggil kados ing ngandhap punika:

1. Pathêt. 1. nêm agêng, 2. nêm wantah, 3. nêm jugag, 4. lasêm, 5. kêdhu, 6. lindur, 7. sanga wantah, 8. sanga ngêlik, 9. sanga jugag, 10. jêngking, 11. pathêt sêndhon bimanyu, 12. manyura wantah, 13. manyura agêng, 14. manyura jugag, 15. manyura ngêlik.

2. Sêndhon. 1. pananggalan, 2. tloloran, 3. rêncasih, 4. sastra datan, 5. tlutur laras nêm, 6. tlutur laras sanga, 7. Tlutur laras manyura, 8. kagok kêtanon.

[Grafik]

Tuladha mripat thêlêngan.

3. Ada-ada. 1. girisa, 2. nêm jugag, 3. mataraman, 4. astakuswala alit, 5. astakuswala agêng, 6. astakuswala laras sanga, 7. têngaran, 8. tlutur nêm, 9. tlutur sanga, 10. tlutur manyura, 11. sanga wantah, 12. sanga jugag, 13. manggalan, 14. palaran, 15. sanga agêng.

Tumindaking sadaya wau dalah panganggenipun badhe kapratelakakên ing wingking.

--- 1227 ---

Rêmbagipun Garèng lan Petruk

Bab Sudaning Blônja

II.

Garèng: Truk, Truk, kowe kuwi pancèn sêmbrana bangêt, ana wong lagi satêngahe ngomong, lagi anu kae têka banjur kok tutup wani bae, nganti aku mak kêlakêp ora bisa ambanjurake omongku. Tujune sing kok anggo nutup cangkêmku mau ... ondhe-ondhe, dadi mak kêlakêping cangkêmku rada nganggo: kiyêr-kiyêr kapenak bangêt, ajaa rak kalakon aku dadi marah bêsar têmênan. Saiki tak ambalèni rêmbugane ing ngarêp. Aku kok tansah gumun, sing dadi alêsane bèine sing duwe usul, supaya priyayi sing blanjane kurang saka f 50.- uga mèlu disuda, kuwi kok sabaksabab. mung jalaran rêganing kaprêluane wong mangan wis suda, hla, apa kabutuhane wong urip kuwi mung mangan thok bae. Mêngko rak iya banjur ora ana bedane antarane manungsa karo kewan, manungsa gawene mangan, turu karo siji manèh, kewan, dara upamane, gawene iya mung mangan, turu karo: wag wag wag kêthêkur, kêthêkur ...

Petruk: Wiyah, wiyah, bok aja banjur mlantrang-mlantrang mêngkono, lan kowe rak iya kudu ngèlingi, Kang Garèng, yèn manungsa kuwi saya akèh pamêtune, iya saya akèh kabutuhane.

[Grafik]

Garèng: Kuwi aku iya cocog, sanadyan kadhangkala pancène ora prêlu babarpisan, kaya ta: nalikane dadi twèdhê klèrêk upamane, blônja f 45.- wis narima omah cilik, manganggo sarwa prasaja, mangan iya wis cukup anggêre warêg bae, dadi sanadyan mung alawuh: bêsêngèk tempe, jangan lumbu, utawa osèng-osèng kangkung, iya wis kalair unine: alkamdulillah, mangkono uga bojone, sanadyan mung bangsane: Sarinêm bae, sing kapintêrane mung nèk nyambêl ambêlagêd, iya wis marêm bangêt. Nanging barêng wis jumênêng kumis, balônja f 200.- andadak banjur salin salaga bae. Omah karêpe iya kudu gêdhong, panganggone kudu bangsane: gabardhin utawa pêlêmbit, mangan iya bêstik-bêstikan, dalasan bojo bae iya kêpengin ganti, sing bisa cas cis cara Lônda kae. Hara, [Ha...]

--- 1228 ---

[...ra,] iya mêsthi bae ta, yèn kabutuhane banjur sathekruk.

Petruk: Ewasamono iya ora kêna dipaido bangêt-bangêt, jalaran karêpe wong mau rak arêp anglungguhi darajate.

Garèng: Lo, iki pancène rak ora prêlu babarpisan, jalaran pangkat kumis utawa klèrêk kuwi rak pagawean ana ing kantor, thik ora prêlu kudu sêsrawungan karo wong akèh, lan ora prêlu kudu dadi momoking wong akèh, dadi nèk uripe mau digawe kaya wong lumrah bae, iya ora bakal ana wong sing angaru-biru. Seje karo pangkat ing golongan pangrèh praja, sing wis gêdhe blanjane, lo, nèk kiyi banjur arêp anglungguhi drajate, hla, kuwi iya mèmpêr. Jalaran kajaba diwajibake ngêrèh wong-wong sing dadi kukubane, amrih prentahe bisaa diturut, kadhangkala rak kudu kêna kanggo wêdèn-wêdèn: ati-ati, arêp kêtêkan gêndruwo. Nèk dadi wêdana upamane, kok uripe isih nyara juru tulis, nyang bêkêl utawa rundha prabot isih sok krêsa dhawuh mêngkene upamane: kang lurah, bok jajal lintingna rokomu, mêngko rak bisa kalakon ana lurah garundêlan: bêndara wêdana kiyi gênah ora kagungan dhuwit, tandhane arêp sês bae mundhut nyang aku. Ing wusana wêdana mau rak banjur bisa ora kajèn.

Petruk: Hara kok banjur seje sing dirêmbug mangkono. Sing dirêmbug saikine kiyi rak usul arêp nyuda blanjaning priyayi sing blônja kurang saka f 50.- ana kok banjur seje parane.

Garèng: Lo, kabèh mau aku rak mung arêp ambuktèkake, yèn sanyatane kaprêluaning wong urip kuwi, iya sing blônja gêdhe utawa sing blônja cilik, pancène mono padha bae, sing blônja sathekruk, iya môngsa ngêntèkna sêga sacêthing, sing blônja saêndhil, kaya-kaya sêga rong piring iya wis cukup. Mung sing dadi pêpasrène uripe, hla kuwi sing beda-beda miturut pamêtune siji-sijining wong. Upamane bae sing pancèn ora duwe, banjur narima mung nganggo suwêng irêng sungu kêbo bae, lo, kuwi iya sok bisa katon: gandês luwês amêrak ati. Sing sugih, asuwêngan blong sing mripate barliyan saklungsu-klungsu kae, nang sawangan iya sok katon: cahyane manthêr agawe gonjinging pikir.

Petruk: Wayah, hla kok banjur kabèh-kabèh ayu mêngkono. Banjur padha bae karo pikiraning wong sing mêngkene kae: nèk ala mêlas, nèk ayu dhêmên.

Garèng: Hla, aja kaliru tômpa, Truk. Anggonku ngomong mangkono mau, mung arêp nuduhake, yèn timbangane wis ana, yaiku: wong sing blônja gêdhe, anggone ngêtokake dhuwit iya akèh, wong sing blônja sathithik, le ngêtokake dhuwit iya saupit. Mung bae emane, ora kabèh kabutuhane uwong kuwi bisa timbang ajêgan, saupama mêngkonoa, kabèh priyayi, ora prêduli sing blônja luwih utawa sing blônja kurang saka f 50.- disuda 10% saka blanjane, aku iya mupakat bae. Mung bae cilakane, [ci...]

--- 1229 ---

[...lakane,] dene sing dadi kabutuhane uwong kuwi ora kabèh ana têtimbangane, kaya ta: nyêkolahake anak bae, apamanèh ing pamulangan luhur, hla kuwi ora prêduli bapakne blônja f 1000.- utawa f 10.- kabèh-kabèh iya kudu ambayar jrèng f 300.-. Ha êmbuh, nèk ana panêmu, yèn anaking wong sing blanjane mung sauprêt, kuwi saturun-turune nganti têkan udhêg-udhêg siwure kudu ora kêna anduwèni blônja luwih saka sing nurunake.

Petruk: Kang Garèng, kowe rak wêruh dhewe, yèn pamulangan luhur kuwi waragade akèh bangêt, mulane pambayarane iya kudu diwatêsi. Hla, nèk pambayarane digawe undha-usuk, upamane bae bapakne blônja f 1000.- ambayar f 300.- nèk balônja f 10.- banjur mung ambayar f 3.- pamulangane luhur rak ora bakal bisa ngadêg lêstari, jalaran ing donya kene kuwi sing bangsane motor-motoran karo sing salawas-lawase ngodhok ajêgan, aliyas jalan kaki, kuwi cacahe tikêl-matikêl akèh sing tunggangane ajêg mung sikil bae.

Garèng: Bab kiyi kowe ora prêlu ngoprès dawa-dawa, sabên wong mêsthi wis ngrêti kabèh, mulane aku iya ora arêp maido babarpisan. Nanging kuwi mau, sanadyan apa-apa wis disuda, rak iya ora disuda, ta, mêngkono uga sewan omah, sewan lampu èlèktris, banyu, lan isih akèh manèh tunggale, sing sanadyan balanjane priyayi-priyayi saikine wis padha dicêngklongi, kabèh mau durung ana niyate arêp padha disudani. Mulane nèk panêmuku, saupama blanjaning para priyayi sing pamêtune kurang saka f 50.- ora dipotong babarpisan, kuwi jênêng adil bangêt, jalaran rak iya pantês diakoni, ta, yèn balanjane piyayi-priyayi mau pancèn iya kurang. Mara ta pikirên bae, upamane bae juru tulis wadana, lo, kuwi dhinêse rak wiwit jam 8 esuk têkan esuke manèh iya jam 8, malah kêrêp bangêt ing malêm Minggu, lan Minggune pisan, sing pancène wêktune ngaso, sok banjur didhawuhi ngladèni panggêdhene, jalaran kêkurangan musuh. Lan kowe aja lali yèn kadhangkala lanang wadon nyambutgawene sok maju barêng, ya kuwi upamane, yèn kawêdanan kagungan gawe apa-apa, lo kuwi dèn ngantène carik sok kudu ambantu panggêdhene ana ing ... dhapur. Hara, hla wong pagaweane mêngkono, blanjane kok ora luwih saka f 40.- dadi saupama blanjane mau ora dipotong, ing sarèhning akèh rêrêgan apa-apa disuda, lo, kuwi tumraping priyayi mau rak jênêng kanugrahan, hara, saikine arêp olèh kabêgjan sathithik bae kok iya wis ana sing arêp manasi. Ning kanggone saiki rêmbuge padha dilèrèni dhisik, liya dina padha dibanjurake manèh.

Bab Buku

Redhaksi Kajawèn nampèni buku nama Boekoe peladjaran bahasa Melajoe 3, anggitanipun Mas Marjana kalihan Radèn Sasrasugônda, satunggal iji saking kantor pangêcapan J.B. Wolters, Groningen - Den Haag - Weltevreden, Gang Scott 5.

Buku wau mratelakakên tataning pangajaran basa Malayu tumrap bôngsa Jawi, bab anjawèkakên basa malayu tuwin kosokwangsulipun. Rêginipun f 0.40.-

Redhaksi Kajawèn ngaturakên panuwun.

--- 1230 ---

Pêthikan saking Sêrat-sêrat Kabar Sanès

Indhonesiah

Bab sudan punggawa.

Ing bab tumindaking damêl badhe nyuda punggawa, parentah tumindak langkung kêncêng, awit katingalipun tumindaking pangagêng nagari kirang kêncêng. Ing bab punika, kala tanggal 7 Sèptèmbêr Thesaurier - Generaal atas saking dhawuhipun dhirèktur babagan arta praja, sampun adamêl sêrat sêbaran dhatêng para pangagêng, mundhut katrangan tumuntên ing bab panyudaning punggawa nagari. Lan malih kala tanggal 19 Sèptèmbêr, 1e. Gouv. Secretaris atas asma dalêm Kangjêng Tuwan Ingkang Wicaksana, kintun sêrat dhatêng para pangagêng dhepartêmèn, tumuntên ngintuna palapuran. Kajawi punika suka sumêrêp dhatêng pangagêng nagari, botên kenging gêgayutan rêmbag ing bab punggawa nagari ing bawahipun ingkang botên kaparentah.

Angsal-angsalanipun N.I.S.

Ing salêbêtipun wulan Agustus kapêngkêr, angsal-angsalanipun N.I.S. sadaya wontên f 1.290.000.- kala wulan Agustus taun ingkang kapêngkêr wontên f 1.716.300.-, dados suda f 426.300.-. Wiwit Januari dumugi Agustus taun punika wontên f 8.882.000.- dene taun ingkang sampun wontên f 10.067.527.- dados suda f 1.185.527.-

Sêsakit pès.

Wiwit tanggal 12 Juli dumugi tanggal 8 Agustus 1931 ing Indhonesiah gunggungipun tiyang ingkang katrajang sêsakit pès wontên 209. Dene pêpetangan ing taun kapêngkêr ingkang kados makatên wontên 202. Gunggungipun sadaya ing taun punika 2339, ing taun 1930 namung 1928.

Boyongan dhatêng Bêngkulên.

Awit saking pambiyantunipun wadana ing Bumiayu, wontên tiyang siti 20 ing bawah dhistrik Bumiayu kaangkatakên dhatêng Bêngkulên, badhe têtanèn.

Sêrat kabar Al Fatha dados awisan.

Para lêngganan sêrat kabar Al Fatha ingkang kawêdalakên ing Mêsir, sampun sawatawis dintên botên tampi. Bab punika komite pêmbela Islam ingkang ugi abonêmèn, pitakèn dhatêng ingkang ngêdalakên, dipun wangsuli manawi sêrat kabar wau taksih ajêg dipun kintunakên dhatêng Indhonesiah. Sarêng wontên wangsulan makatên lajêng pitakèn dhatêng kantor pos, dipun wangsuli saking kantor pos Bandhung, bilih sêrat kabar Al Fatha dipun awisi malêbêt ing Indhia. Sadaya sêrat kabar ingkang sampun wontên ing kantor pos, dipun wangsulakên dhatêng ingkang ngêdalakên.

Pikantuking papriksan ing bab kasangsaran mêsin mabur ing Cililitan.

Pikantuking papriksanipun komisi para ahli, anggènipun mandhap juru nglampahakên, nalika mandhap nyimpang saking margi ingkang lêrês, tuwin botên ningali tôndha dilah, mila lajêng nrajang panggenan ingkang anjalari kasangsaran. Ing bab punika, komisi usul: salajêngipun supados dipun wontêni dilah-dilah mawa warni kiwa têngêning margi, tuwin angindhaki pêpadhang mawi dilah mawa warni tharik-tharik ngantos dumugi papan tôndha pêpadhang.

Rêdi Krakatao tumandang malih.

Kawartosakên, rêdi Krakatao mêntas ambalêdhos malih, inggiling balêdhosanipun wontên 200 mètêr, ing dalunipun katingal mawa latu. Kala tanggal 16 Sèptèmbêr, Tuwan Petrochevsky ahli rêdi latu ingkang mariksa mriku, botên wontên titikipun punapa-punapa, kajawi namung gas anggêmbulêng kados padatan. Ing sapunika tuwan wau bidhal mariksa malih.

Konggrès Indonesia Raya.

Wontên pawartos saking Surabaya, ing sapunika sawêg ngadani rêmbag badhe adêging konggrès Indonesia Raya, ingkang badhe dipun wontênakên ing surabaya. Komite dipun pangajêngi Tuwan Wôndasudirja, prêlu badhe ngangge arta f 2000.-

Tumindaking panggêsangan ing Indhonesiah.

Ing Javasche Bank Bêtawi mêntas parêpatan kalihan para dhirèkturing bang sanès-sanèsipun, ngrêmbag pulitik tuwin lampahing panggêsangan umum. Lêrês kawontênanipun ing ngriki pinanggih rêkaos, nanging kamanah botên nguwatosakên, dados dèrèng prêlu nindakakên tatanan ingkang langkung saking mêsthi. Wusana ngênthêlakên rêmbag, saupami manggih pakèwêd, bang-bang badhe bantu-binantu murih sagêd mitulungi Indhonesiah.

Tumindakipun Comite Penolong Kelaparan.

Saking rekadayanipun pakêmpalan Muhamadiyah pang Batawi, ingkang dipun sayogyani dening pakêmpalan cacah 30 ing Batawi, ngêdêgakên komite ingkang dipun namakakên Comite Penolong Kelaparan. Ingkang dados warga padintênan, pangarsa Tuwan Kartasudarma, panitya I. Tuwan Suryadi, panitya II. Tuwan Harsana, ardana Tuwan Uji. Sapisan, komite ngaturakên panuwun dhatêng sadaya pakêmpalan ingkang sampun sagah têtulung darma awarni uwos, arta tuwin sanès-sanèsipun. Kaping kalih, komite ngajêng-ajêng sangêt, supados pakêmpalan-pakêmpalan ingkang dèrèng malêbêt warga komite wau, kaparênga malêbêt, utawi ambiyantu damêl. Kaping tiga, ngajêng-ajêng supados sintên kemawon ingkang

--- 1231 ---

botên gêgayutan kalihan pakêmpalan, nanging kaparêng ambiyantu, supadosa gayutan rêmbag kalihan ardana, adrès Kramat 97 Papilyun. Ingkang pinanggih ing rêmbag kala parapatanparêpatan. komite tanggal 23 wulan Sèptèmbêr, nyariyosakên miturut raos kamanungsan, tiyang kaluwèn punika botên tumindak ngantu-antu.

Pranatan panyadening lotre, supados botên dipun borong.

Gêgayutan kalihan wontêning sêrêgan ing bab panyadening lotre, dhirèktur justisi sampun sarêmbag kalihan èskomto, tataning panyade: ing salêbêtipun kawan dintên kawitan, èskomto botên kenging nyade langkung 25 lêmbar dhatêng tiyang satunggal, sapisan brês. Ing salajêngipun, salêbêting tigang dintên, satunggalipun tiyang botên kenging tumbas langkung saking 100 lêmbar. Sasampunipun punika kenging sakajêngipun.

Pambikakipun lotre Bataviaasch Internaat.

Ing dintên Jumuah tanggal 25 Sèptèmbêr lotre Bat. Internaat kalampahan kabikak, wontênipun nomêr-nomêr ingkang angsal pamênang: f 100.000.- dhawah nomêr 31824. f 50.000.- dhawah 21722. f 25.000.- dhawah 46678. f 10.000.- dhawah 20803. f 5000.- dhawah 46615. f 1000.- dhawah 37072 14889 21073 9312 25346.

Pamanggih enggal.

Tuwan O. Hoiman ing Ngayogya, sagêd damêl jam ingkang sagêd nêdahakên wanci 3 panggenan, upaminipun badhe nyumêrêpi wanci ing New York, Peiping, Amsterdam, Petrograd, tuwin Melbourne, punika namung kanthi ngingsêr panah alit, sampun sagêd nocogi kados ingkang dipun kajêngakên.

Konggrès Islam agêng ing Palistinah.

Miturut pawartos ing sêrat-sêrat kabar, benjing ing wulan Oktobêr, ing palistinah wontên konggrès Islam agêng, sadaya golongan bôngsa Islam dipun ulêmi supados ngintunakên wakil, pakêmpalan Islam ing Indhonesiah ugi dipun ulêmi. Pakêmpalan P.S.I.I. badhe ngintunakên wakil Tuwan K.M. Moedzakir sêtudhèn pamulangan luhur Al Azhar ing Mêsir. Ing ngriku badhe wontên rêmbag panduwa ing bab karampungan komisi Polkênbon prakawis Palistinah.

Dr. Peverelli badhe sêsorah wontên Madiun.

Ing wulan Oktobêr Dr. Peverelli pangagênging golongan pakaryan kasarasan badhe sêsorah wontên Madiun ing bab tumindaking damêl babagan kasarasan, ugi badhe anggêlarakên gambar idhup babagan kasarasan.

Nêtêpakên nama Batavia-Centrum tumrap kantor pos.

Miturut pawartos saking Bogor, nama kantor pos Weltevreden dipun ewahi dados Batavia-Centrum.

Asiah

Wadya Tionghwa lumawan.

Pèiping 23 Sèptèmbêr (K.P.). Wadyabala Tionghwa ingkang kiyat, malês nêmpuh dhatêng wadya Jêpan ing Kungsuling, ing antawisipun Mukdhên kalihan Arbin. Kawusananing anggènipun nêmpuh wau dèrèng wontên. Makatên ugi ing margi sêpur Mukdhên. Tinsin, badhe tuwuh pêpêrangan agêng. Mêsin mabur Jêpan andhawahi bom ing padhusunanipun bôngsa Tionghwa.

Tindakipun Ruslan.

Mosko 23 Sèptèmbêr (K.P.). Litwinoff komisarising babagan sajawining praja Rus, suka sumêrêp dhatêng wêwakil Jêpan, bilih wadya Sopyèt badhe ngalang-alangi ajênging wadya Jêpan, saya malih tumrap ing margi sêpur Chinese Eastern Railway. Bab punika supados kadumugèkakên ing parentah Tokiyo. Lan malih Litwinoff anganggêp panêmpuhing wadyabala ing sauruting margi sêpur punika botên prayogi.

Arta ingkang kasimpên ing bang Jêpan katêdha wangsul.

Syanghai 24 Sèptèmbêr, gêgayutan kalihan bab tindakipun Jêpan ingkang botên dipun cocogi dening bôngsa Tionghwa ingkang nitipakên arta wontên bang Jêpan, artanipun sami dipun têdha wangsul. Makatên ugi golongan kuli botên purun angusungi barang Jêpan.

Tiongkok botên ngajêngi usul Jêpan.

Syanghai 24 Sèptèmbêr (K.P.). Jêpan gadhah usul badhe rêrêmbagan tumuntên kalihan Tiongkok ing bab Mansuriah. Bab punika dipun duwa dening parentah Nanking. Ministêr babagan arta Tiongkok, suka sumêrêp dhatêng konsul Jêpan ing Mukdhên, rêmbag punika badhe sagêd kalampahan, samôngsa wadya Jêpan sampun sumingkir saking papan ingkang sapunika dipun broki.

Wara-wara

Sarèhning cêtha mênggahing isinipun Kajawèn langkung kathah manawi kasêrat mawi sastra Latin, kados wontên prayoginipun manawi ing bagean pêthikan saking sêrat-sêrat kabar sanès kasantunan sastra Latin, punika lugu amung murih isining pakabaran langkung kathah. Dene tumrap bagean sanès-sanèsipun lêstantun mawi sastra Jawi.

Ingkang punika, wêdalipun Kajawèn ngajêng punika, ing bagean pakabaran badhe mawi sastra Latin. Kauningana.

--- 1232 ---

Wêwaosan

Cariyosipun Nata ing Kelan

2.

[Sinom]

tindakira kang mangkana / datan pisan dèn unduri / yèn ta urubing dahana / baya wus saya andadi / sinirêp datan kêni / pinapasa saya murub / têmah janma sapraja / samarira kanthi ering / datan ana kang kaduga anyirêpa //

galihira sang pangeran / saya mungkar ing samangkin / ing tyas mung sarwa kaduga / tan ana kang dèn ajrihi / eringira mring aji / mung anèng lair tinêmu / malah pangeran mangkya / kêtuwuhan tyas tan bêcik / melik maring pramèswari garwa nata //

marma ing galih tan kêndhat / amangarah laku silib / tinrapkên môngka panyoba / marang pramèswari aji / nanging datan ngênani / sanggyèng laku ala luput / prandene datan mêndha / malah saya sinung lali / mung mangarah kanthi laku rekadaya //

tindakira sang pangeran / dènira amurang krami / rêmên kulina momoran / lan janma kang nênuntuni / maring laku tan bêcik / malah saya andalarung / tan mèngêt kasatriyan / mung ngênut dêrênging galih / marma saya kêlantur kanisthanira //

dangu-dangu raka nata / katog dènnya ngêmong ari / sinliring kanthi sasmita / nanging mêksa datan kongkih / têmah kongsi kawijil / sêrêng pangandikanipun / labêt watêkan nata / yèn duka gampil andadi / ing wêkasan kalangkung ing dukanira //

mangkana wahyaning sabda / sira tan pisan ngèngêti / mring luhuring kasatriyan / kêduga sae nglakoni / lir tindaking wong cilik / nora wirang nêrak saru / môngka sira sanyata / sun anggêp dadya pangarsi / mrih nênuntun mring para kawulanira //

balik sira tanpa merang / mring ingsun nora ngèlingi / paksa ngambah ing kanisthan / nguja kaardaning ati / êndi kang aran bêcik / mangkya ingsun arsa wêruh / samana sang pangeran / tumungkul datan mangsuli / mung ing batos mêksa maksih tan narima //

mung wantuning kasamaran / kataman dêrênging runtik / tan wurung mangguh pidana / marma arsa angoncati / Pangran Utiya mangkin / muntu santosaning kalbu / linggar atilar praja / nilib datan mawa kanthi / anyingkiri maring dhawahing bêbaya //

sapraptane sajaban praja /Lebih satu suku kata: sapraptane jaban praja. wus tan pisan ngatarani / kalamun putra narendra / nulya manggon ing asêpi / nèng padhukuhan alit / ing Ruhuna aranipun / wusing têntrêm katara / titik darahing aluwih / têmah tuwuh mijil nèng pasêmonira //

[Mijil]

wusing lilih raosing panggalih / sang pangeran anom / kathah janma kang suyud ing mangke / datan ana janma kang amrêdi / praptanya anggili / samya bêkti tundhuk //

kalanira wanci gagat enjing / baskara mancorong / rinaras lir ngungak sarirane / umèngêt mring sangsaraning galih / têmah anungtumi / tyas raos kumênyut //

nanging nyata tuwuhing tyas mangkin / umèngêt lêlakon / sêrêng maring tyas atindak dede / kang cinipta kangjêng pramèswari / kang mangkana yêkti / saya manjing luput //

datan pisan ing mangkya ngèngêti / maring karahayon / malah saya mungkar panggalihe / sêdyanira arsa angangkati / tumêmpuh mring puri / andhustha jêng ratu //

nanging maksih kèwêdan ing galih / ing mangkya sang anom / nulya miji maring kêkasihe / kang kanyatan wani bela gusti / nadyan wong tan bêcik / rinaos pakantuk //

karsanira sang pangeran mangkin / ginalih wus golong / abdi kinèn tumindak ing gawe / amanganggo sacaraning rêsi / mrih alaku sandi / umanjing kadhatun //

lampahira mawa dèn kanthèni / kang nawala wados / mrih kalakon sagêda kature / maring garwa Nata Kaelani / lakuning wêwadi / arêmit kalangkung //

dene ingkang nawala winadi / cinitra sang anom / nanging datan tinrapan asmane / miwah tanpa dèn tapak astani / dadya samar yêkti / tan gampang dinumuk //

mung wanguning kang sastra ngêplêki / lan sêratan kaot / yèku kadi sêratan gurune / sang awiku kang mulang nèng puri / ing warna wus sami / angèl bedanipun //

dyan amurwèng karya kang tinuding / pindha wiku anom / datan pisan katara titike / kadi wiku kaduk mangastuti / ing sêmu ngalêntrih / labêt ulah kawruh //

nulya budhal ngusap padèng gusti / lakunira alon / sarwa sarèh kadi tan ginawe / singa mulat katarik ing ati / angira sayêkti / pandhita linangkung //

lampahira sang apindha rêsi / dahat ing wigatos / mung ing sêmu lir sasêkecane / sapraptaning praja amor nuli / pandhita lit-alit / tan katarèng sêmu //

nyata lamun awêgig ing kardi / dènira amomor / anggêpira lan para kancane / kadi janma wus kulina lami / marma mung lêstari / tanpa sigan-sigun //

kalanira enjang amarêngi / umanjing kadhaton / kang apindha pandhita tan pae / anggarubyug umanjing ing puri / tan kinira yêkti / yèn durjana agung //

lulus kongsi praptaning abukti / nèng jroning kadhaton / mung ambawur ing sasêkecane parandene tan pisan katitik / malah angrahabi / woh rêsêping kalbu //

mung ing netya tan kêndhat mèt pamrih / mulat ngetan ngulon / mawas maring kaanan kabèhe / duk samana wruh jêng sri supadmi / katon dahat asih / maring para wiku //

wagugên ing tyas kang ambêg juti / ing tyas sêmu keron / dening antuk daya kotamane / garwa nata kang nyata nêrusi / satêmah numusi / ing tyas rasa kadhung //

sasampating dènnya anèng puri / kang sumiwèng katong / sêmunira suka sadayane / datan pae nata miwah sori / ing sêmu katitik / suka nrus ing kalbu //

nulya samya budhalan umijil / mundur sing kadhaton / sri narendra ngatêr ing lampahe / miwah garwa nata datan kari / sadaya umiring / nèng wurining wiku // (Badhe kasambêtan)

--- [0] ---

[Iklan]