Sastra Jawa

Program Digitalisasi Sastra Daerah

  • Increase font size
  • Default font size
  • Decrease font size

Kajawèn, Balai Pustaka, 1931-10, #1646

Katalog:Kajawèn, Balai Pustaka, 1931, #1646
Sambung:
1.Kajawèn, Balai Pustaka, 1931-01, #1646. Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #438.
2.Kajawèn, Balai Pustaka, 1931-02, #1646. Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #439.
3.Kajawèn, Balai Pustaka, 1931-03, #1646. Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #440.
4.Kajawèn, Balai Pustaka, 1931-04, #1646. Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #441.
5.Kajawèn, Balai Pustaka, 1931-05, #1646. Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #442.
6.Kajawèn, Balai Pustaka, 1931-06, #1646. Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #443.
7.Kajawèn, Balai Pustaka, 1931-07, #1646. Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #444.
8.Kajawèn, Balai Pustaka, 1931-08, #1646. Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #445.
9.Kajawèn, Balai Pustaka, 1931-09, #1646. Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #446.
10.Kajawèn, Balai Pustaka, 1931-10, #1646 . Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #447.
11.Kajawèn, Balai Pustaka, 1931-11, #1646. Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #448.
12.Kajawèn, Balai Pustaka, 1931-12, #1646 . Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #449.

Ôngka 80, 24 Jumadilawal Taun Je 1862, 7 Oktobêr 1931, Taun VI

Kajawèn

[Iklan]

--- [1249] ---

Ôngka 80, 24 Jumadilawal Je 1862, 7 Oktobêr 1931, Taun VI

Kajawèn

Kawêdalakên sabên dintên Rêbo lan Sabtu

Rêgining kalawarti punika ing dalêm tigang wulan ... f 1.50, bayaranipun kasuwun rumiyin, botên kenging langganan kirang saking 3 wulan.

Juru ngarang - administrasi Bale Pustaka, ing sawingkinging kantor palis, tilpun nomêr 2791 - Bêtawi Sèntrêm.

Pambikakipun Staten-Generaal

[Grafik]

Ing nginggil punika gambar dalêm Sri Bagendha Maharaja Putri nitih rata karajan, nalika badhe rawuh ing Ridderzaal anjumênêngi pambikakipun Staten-Generaal.

--- 1250 ---

Pawartos Sajawining Praja

Pasulayan Jêpan kalihan Tiongkok

(Sambêtipun Kajawèn nomêr 79)

Ing sadèrèngipun nyambêti pawartos ing bab pasulayanipun praja kêkalih Jêpan lan Tiongkok, kados ingkang sampun kapratelakakên ing Kajawèn kapêngkêr, ing ngriki nyêlani katrangan sakêdhik ing bab kawontênanipun kapitan bôngsa Jêpan nama Nakamura, ingkang nêmahi tiwas wontên ing laladan Tiongkok. Punika sasampunipun nêmahi tiwas, anuwuhakên pasulayaning pamanggihipun praja kêkalih wau, Jêpan anganggêp Kapitan Nakamura punika satunggaling militèr, ingkang wajib angsal pangaji-aji dening golongan sanès. Nanging tumrap Tiongkok anganggêp satunggiling sêpiyun, botên wajib angsal pangaji-aji kados kajêngipun Jêpan. Lan malih kala punika Kapitan Nakamura botên mangangge militèr tuwin botên ambêkta sêrat ingkang dados pratandhanipun militèr.

Pêpucuking pêrang kados ingkang sampun kacariyosakên, botên kenging tinampi, bilih tindakipun Jêpan punika namung ngarah apa, upaminipun tiyang kasukan lajêng bali kasut. Nyatanipun sarêng wontên pasulayan kados makatên, Jêpan lajêng ngêrigakên bala ngangsêg dhatêng Harbin, wadya Jêpan lajêng dados agêng dadakan, ngantos adamêl kagètipun praja Tiongkok. Dene nyatanipun, tindakipun Jêpan ingkang makatên wau lajêng katingal wigatosing kajêngipun, inggih punika anjagi margi sêpur Chinese Eastern Railway ingkang anggampilakên marginipun Ruslan gêgandhengan asta kalihan Tiongkok.

Sampun tamtu kemawon tindakipun Jêpan ingkang kados makatên punika anênangi dhatêng kasabaranipun Tiongkok, tuwin jamanipun sampun santun, bôngsa Tionghwa botên namung angalepus tilêm, malah lajêng wontên ucap: aluwung ngurbanakên jiwa 20 yuta tinimbang kecalan Mansuriyah.

Bab makatên punika tumraping tôngga watês, ugi kêpêksa amigatosakên, bêbasanipun kados dolanan lading, sisip sêmbiripun sagêd ambêlèr tanganipun piyambak, mila Ruslan inggih lajêng ngêmori bab punika, suka sumêrêp dhatêng Jêpan tuwin Tiongkok, bilih Ruslan botên sagêd namung badhe ngèndêlakên pasulayan punika, ugi kêdah tumut cawe-cawe.

Ing sapunika gêntos Polkênbon, sarêng pinanggih wontên lêlampahan kados makatên, ugi ragi gumun dhatêng Jêpan, dene têka botên lajêng mratelakakên tumuntên ing bab lêlampahan ingkang pinanggih ing Mansuriyah. Kalampahan bab punika lajêng dados rêmbaging para wêwakil karajan ing Polkênbon, prêlu ngrêmbag sampun ngantos kalajêng-lajêng ing bab pasulayan punika. Nanging wêwakil Jêpan tuwin Tiongkok, anggèning nêrangakên sabab-sababing prakawis, sami kanthi kêrot-kêrot, wusana inggih tansah dados rêmbag rame kemawon, saha rêmbag wau dipun dumugèkakên dhatêng Amerikah [A...]

--- 1251 ---

[...merikah] Sarekat.

Sasampunipun makatên, Polkênbon lajêng ngudhal rêmbag ing bab-bab prakawisipun Jêpan kalihan Tiongkok, satunggal-satunggalipun nagari wau nêdha supados angsal panimbang kanthi ngadil.

Nanging wantunipun sampun nama pasulayan, sanadyan rêmbag ingkang badhe andadosakên kawilujêngan punika sawêg nêngah-nêngahi tumindak, nanging prakawis rêrêmpon inggih lajêng, wadya Jêpan têrus ngangsêg dhatêng margi sêpur ingkang anjog dhatêng Monggali.Monggoli. Malah salajêngipun sagêd malêbêt dhatêng Monggoli, makatên ugi golongan wadya Tiongkok, sanadyan sabara pisan, inggih mêksa lumawan, ngantos adamêl pêpêjah sawatawis kathah.

Sarêng wadya Jêpan sampun angêbroki Mukdhên, senapati Jêpan ingkang ajêjuluk Jendral Honyo, lajêng ngatingalakên panguwaosipun, nanggêlakên kawilujênganing rakyat ing ngriku, nanging sadaya wontên panguwaosing Jêpan, sintên ingkang nêdya lumawan badhe dipun ukunukum. awrat. Makatên ugi Jêpan uugi. botên tilar kaprayitnan, tansah mulat dhatêng tindakipun Ruslan.

Parentah Tiongkok sarêng sampun manggih lêlampahan kados makatên, lajêng andhawuhakên waradin dhatêng rakyat, supados sami migatosakên dhatêng kawontênan ing wêkdal punika, saha ambiyantua sêsarêngan dhatêng tumindaking parentah anggènipun nanggulangi panêmpuhipun Jêpan.

[Grafik]

Bêbaya bêna ing Tiongkok.

Mênggah kawontênanipun nagari Tiongkok ing wêkdal punika kenging dipun wastani sawêg manggih cobi agêng, sapisan, sampun dangu ing Tiongkok tansah pêpêrangan kalihan bôngsa piyambak, botên wontên sampun-sampunipun, kaping kalih lajêng kadhatêngan bêbaya bêna agêng, ngantos adamêl pêpêjah yutan, pasitèn ingkang botên kamêdalan prasaksat tanpa wicalan, punapa malih karisakan [karisa...]

--- 1252 ---

[...kan] sanès-sanèsipun. Wusana ingkang kaping tiganipun lajêng tinêmpuh ing mêngsah santosa, ingkang panêmpuhipun sampun mapan.

Sarêng sampun wontên lêlampahan prajanipun tinêmpuh ing mêngsah, lajêng kêpêksa sami èngêt, bêbasan tiyang tunggil darah punika manawi dipun jiwit karaos tumut sakit.

Samantên rumiyin.

Raos Jawi

Bedaning Raos

Raos pangraosing tiyang punika beda-beda, sanadyan wontêna ingkang sami, inggih sawêg panuju kemawon, mangke inggih lajêng beda malih, nanging ing ngriki botên badhe nyariyosakên beda-bedaning pangraos ing bab satunggal-satunggalipun tiyang, namung badhe nyariyosakên bedaning pangraos kala ing jaman sèkêtan taun kalihan jaman sapunika.

Ingkang kaandharakên ing ngriki ing bab raosing dêdongengan, pinanggihipun ing kala jaman samantên, limrahipun namung bangsaning jalêr dhaup kalihan èstri, dêdongenganipun mêndhêt Dèwi Limaran kalihan Radèn Putra. Dèwi Limaran punika Dèwi Candrakirana, dene Radèn Putra punika Radèn Panji, dados lêlampahanipun mêndhêt saking jaman Jênggala.

Dêdongenganipun mêndhêt lêlampahan pêpisahanipun putra lan putri wau. Putrinipun dhawah sangsara, wusana sagêd pinanggih kalihan Radèn Putra malih. Dene sangsaraning putri wau mawi malih warni utawi santun nama, ingkang wêkasanipun badhar.

Dongengan ingkang kados makatên punika, tumrapipun ing kala jaman samantên inggih sampun nama sae, sagêd damêl sêngsêmipun ingkang sami dipun dongèngi.

Kajawi dongèng kados makatên punika, wontên malih dongèng ingkang dipun anggêp lucon, nanging lucon wau limrahipun bangsaning lekoh. Ewadene tumrapipun kala jaman samantên, dêdongengan sadaya wau dipun anggêp sae kemawon.

Limrahing dongèng punika dipun tindakakên dening tiyang sêpuh èstri, limrahipun biyung, kangge andêdongèngi lare alit badhe tilêm, dados manggèn wontên ing patilêman, dipun wastani kêlon.

Raosing dongèng wau, bokmanawi kala jamanipun samantên dèrèng katanjakakên dados wulang ingkang atêgês andhêdhêri wiji, namung lugu nama dongènging lare, prêlu kangge sarana nilêmakên.

Kawontênan ingkang kados makatên punika, manawi dipun wawas kanthi pêpiridan panggulawênthah, saèstu nyamari sangêt, awit ing ngriku kathah sangêt ucap-ucapan ingkang botên pantês, saya malih tumraping lare alit, saya botên pantês [pantê...]

--- 1253 ---

[...s] tumut ngucapakên. Nanging wontên anèhipun sakêdhik, tumraping lare ingkang dipun dongèngi kala jaman samantên, manahipun taksih suwung sangêt, sanadyan kêpêthuk ing têmbung crêmêdan inggih sajak botên patos dipun wigatosakên, sanadyan tumuta ngucapakên pisan, inggih botên punapa-punapa. Beda ingkang pancèn sanyata ginêm carêmêdacarêmêdan. salugu, ingkang botên kauworakên ing dongèng, punika cêtha awonipun.

Bab makatên punika wontên tôndha saksinipun sakêdhik mirid saking cariyosipun tiyang èstri ingkang mêningi dêdongengan kala jaman samantên kacocogakên kalihan jaman sapunika, punika ngrumaosi gumun piyambak, kados ta lare kala jaman samantên nirokakên dongèng bangsaning crêmêdan wau têka inggih sakeca kemawon, nanging sarêng ing jaman sapunika, babarpisan sampun botên kadugi anglampahi. Katrangan makatên punika miturut saking wicantênipun tiyang ingkang nglampahi piyambak.

Bab carêmêdan punika sampun kacariyosakên salugunipun lucon, mila pinanggihipun kajawi wontên ing dongèng, ugi limrah dipun tindakakên ing badhut utawi luconing dhalang. Mila lêluconipun inggih kêrêp ngambah dhatêng crêmêdan.

Nanging pinanggihipun wontên ing jaman sapunika, sampun malih ingkang nama carêmêdan, sawêg ginêm ingkang raosipun kasar kemawon sampun botên dipun ajêngi. Punika cêtha manawi dados tandhaning ajêngipun kasusilan, lan sadaya wajib kêdah sami nyumêrêpi, têgêsipun botên mawi pilih tiyang, amargi manawi dipun trajang lajêng manggih ucap botên sae. Malah sampun nate wontên lêlampahan tiyang gadhah damêl mawi pasamuan ringgitan, dhalangipun sae, dipun rênani ing para tamu, nanging sarêng ngêdalakên lucon, kêtrucut carêmêdanipun, ing ngriku para tamu lajêng anjingkat kados kagèt, kêlampahan kathah ingkang lajêng wangsul. Wiwit punika dhalang wau lajêng dipun cirèni botên pantês dipun tanggap ing para priyantun.

Manawi ngèngêti ajênging kasusilan ing jaman sapunika, lajêng cêtha sangêt wujuding tata ngadat ingkang sampun botên pantês dipun lampahi malih. Awit saupami tata ngadat ingkang sampun botên salaras kalihan jamanipun wau dipun tindakakên, lajêng sagêd nuwuhakên raosing akathah, ingkang araos anggigoni.

Nanging sarèhning kasusilan punika pancèn satunggiling lampah ingkang kenging dipun wastani wêrit, tumindakipun inggih pancèn angèl sayêktos, awit mênggahing kasusilan, nyatanipun botên sagêd pisah kalihan kasusilaning batos. Nyumanggakakên.

Ha.

--- 1254 ---

Panarik Raos Têtanèn

Ingkang pinanggih ing jaman sapunika, sawarnining papan têtingalan ingkang umum dipun tingali ing tiyang kathah, kados ta Pasar Gambir, Sakatenan, pasar malêm tuwin sanès-sanèsipun malih, mawi dipun êdêgi papan ingkang kangge mitongtonakên ing bab lampah katabêrèn, têtukangan, têtanèn tuwin taksih wontên sanès-sanèsipun malih, wosipun sadaya wau murih nênangi dhatêng manahipun têtiyang ingkang sami ningali. Dados sanadyan ningali, ugi wontên pigunanipun.

[Grafik]

Kados ta ing bab anam-anam, punika ing jaman rumiyin, limrahipun namung dados kagunanipun tiyang padhusunan, nanging sarêng wontên cara mitongtonakên padamêlan kados makatên wau wontên ing pasar malêm sapanunggilanipun, sagêd nênarik dhatêng manahipun têtiyang ingkang sami ningali. Wêkasan kathah ingkang niru, jalaran saking kadugi, dening gampil.

Bab nênun, rumiyinipun ugi makatên, nanging sapunika ajênging padamêlan nênun kenging dipun wastani enggal sangêt, wah sagênsagêd. nindakakên kanthi pirantos ingkang sampurna.

Makatên ugi kawruh têtukangan, sintên ingkang nyumêrêpi ing padhasaran kalanipun wontên têtingalan, tamtu gawok, dening kawontênanipun sarwa mêpêki, bab patukangan punapa kemawon.

Ing nginggil punika ngêwrat gambar asil têtanèn ingkang dipun pitongtonakên wontên salêbêting Jaarmarkt ing Surabaya. Sadaya mawi katrangan ingkang mikantuki tumrap para ulah têtanèn.

--- 1255 ---

Kawruh Padhalangan

Ringkêsaning Kawruh Padhalangan Ringgit Purwa ing Surakarta

Sambêtipun Kajawèn nomêr 78.

Ka. Bab Gêndhing

Satunggal-satunggaling gêndhing kanggenipun wontên ing pawayangan wontên tatananipun piyambak-piyambak, awêwaton adêganing ringgit ingkang adhakan, utawi kajumbuhakên kalihan kawontênaning ringgit nalika nandhang susah, sakit, bingah, sapiturutipun.

Ing ngandhap punika namanipun gêndhing slendro ingkang kêlimrah kaangge ing pawayangan:

1. Gêndhing talu. Gêndhing talu punika gêndhing golongan manyura, ingkang kêrêp kangge: 1. cucur bawuk, 2. miling, 3. lambangsari, 4. gêndrèh, 5. montro.

Punika sadaya sami dhawah ladrang srikaton, lajêng katawang suksma ilang, dhawah ayak-ayakan manyura, têrus plajêngan manyura, suwuk.

2. Gêndhing jêjêr. Pamatrapipun kados ing ngandhap punika.

Gêndhing krawitan kangge jêjêr sapisan, wêdalipun raton kadhawahakên gong laras nêm alit. Sadèrèngipun ngêdalakên raton wau, parêkan (nyai tumênggung kalih) kalampahakên mangiwa, nancêb ing paseban sisih kiwa majêng manêngên, sumêmbah tumungkul, sasampunipun makatên, ratu katancêbakên wontên ing têngên ing palênggahan. Parêkan mêdal mangiwa, dhapur kautus nimbali punggawa ingkang kakarsakakên ngadhêp, lajêng wangsul kaprênahakên sawingkinging raton ing gêdêbog paseban, nyêmbah tumungkul. Nuntên katungka punggawa, putran utawi tamu ingkang sarêng mêdal. Lampah ingkang kados makatên wau ngantos satunggal satêngah gongan, dados tancêban ingkang kantun piyambak mêdalipun sasampuning kênong 1. kalihan anêsêgakên gêndhing. Panjanturipun wontên antawising kênong satunggal kalihan gong. Anggènipun andhawahakên ladrangan, yèn sampun têlas ucap-ucapan, saking gong laras nêm ingkang botên anglèrèg dhatêng laras têngah.

Gêndhing krawitan kangge jêjêran punika sok dipun bukani saking ayak-ayakan. Dene lampah-lampahipun makatên:

Kawiwitan saking ayak-ayakan manyura, irama kêndho, botên mawi ngêlik, lajêng kasuwuk, têrus dhawah krawitan, irama kêncêng, sabibaring kênong 1 têrus kasêsêgakên, salajêngipun mirsanana krawitan ing nginggil. Dados panatanipun ringgit-ringgit wontên salêbêting ayak-ayakan wau.

Tumrap gêndhing kabor ingkang kangge jêjêran sapisan, wêdalan tuwin tancêbing ringgit, têturutanipun kados ingkang tumrap ing gêndhing krawitan. Panjanturipun saking ngajêngakên kênong satunggal, gong laras gangsal. Anggènipun nginggahakên gêndhing ugi saking ngajêngakên kênong satunggal, gong laras gangsal. Gêndhing

--- 1256 ---

lajêng dhawah ladran krawitan, ngantos suwuk, kasambêt pathêt nêm agêng, têrus ada-ada girisa.

Ingkang tumrap gêndhing kawit, lampah-lampahipun kados gêndhing kabor. Anjantur utawi andhawahakên wontên ing gong laras gulu.

Panganggenipun.

1. Jêjêr Bathara Guru, Ngamarta, gêndhing: kawit.

2. Jêjêr Ratu Ngastina (Kurupati), gêndhing: kabor minggah ladrang krawitan.

3. Jêjêr sanèsipun: 1 lan 2: gêndhing: krawitan minggah ladrangan.

3. Gendhing tamu salêbêtipun jêjêr (ugi kawastanan: babak unjal).

Pamatrapipun:

Gêndhing babak unjal punika gêndhing ladrangan. Ngajêngakên kênong satunggal kasêsêgakên, kênong tiga tamu utawi kengkenan kawêdalakên, kênong satunggal malih sampun kasirêp. Ringgit ingkang dhatêng wau enggal katancêbakên. Manawi tamu katongan utawi para luhur tuwin pandhita, ratu ingkang jinêjêr kabêdhol dhapur angurmati, kasarêngan kalihan wêdalipun tamu. Wangsulipun nancêp ugi kasarêngakên. Sadèrèngipun nancêb punika ingkang katamuan ngacarani lênggah. Sasampunipun nancêb gêndhing tangi malih (ungêling gôngsa kados manawi botên kajantur). Watawis sagongan kasêsêgakên, dumugi ngajêngakên kênong satunggal kajantur malih, lajêng ucap-ucapan. Watawis tiga, sakawan gongan ucap-ucapan têlas, gêndhing wangsul tangi malih ngantos suwuk.

Lampah ingkang kados makatên punika ugi tumrap tamu ingkang botên mawi dipun kurmati, dados ratu ingkang jinênêr botên mawi kabêdhol.

Gêndhing babak unjal sanès-sanèsipun ngantos dumugi wanci laras manyura, lampah-lampahipun sami kados wontên ing jêjêran sapisan.

Panganggenipun:

1. Tamu ratu Ngamarta, gêndhing: ladrang mangu.

2. Nangkula Sadewa, gêndhing: ladrang kêmbang pepe.

3. Arjuna, gêndhing: ladrang srikaton.

4. Baladewa, gêndhing diradamêta, moncèr.

5. Adipati Karna, gêndhing sobah, pêksi kuwung (saking kaparêng dalêm Ingkang Sinuhun P.B. X).

6. Arya Sangkuni, gêndhing lere-lere.

7. Kôngsa, gêndhing ladrang rêmêng, sobrang, diradamêta.

8. Jalasêngara, gêndhing erang-erang.

9. Pandhita Durna, gêndhing ladrang koncèn.

10. Patih sabrang, gêndhing sobrang, palupuh.

11. Danawa, pêksi, gêndhing sobrang, palupuh.

Dene ingkang kangge srambahan:

Yèn ringgit gusèn: sobrang, gupuh-gupuh

Yèn ringgit kêdhondhongan: ladrang rêmêng

Yèn ringgit thêlêngan: moncèr, palupuh.

Yèn ringgit gabahan, putrèn: kêmbang pepe, wêling-wêling, sawunggaling, lan sanès-sanèsipun ingkang patut kalihan wujuding ringgit.

Ing Kajawèn ôngka 78 ingkang kapêngkêr punika, bab ada-ada taksih wontên kirangipun, inggih punika: 16. ada-ada manyura wantah, 17. manyura jugag, 18. manyura alit, 19. manyura agêng. Kajawi punika sadaya kêkirangan tuwin ingkang cèwèt-cèwèt ing karangan punika, benjing yèn kalêksanan dados buku badhe kapatitisakên malih.

--- 1257 ---

Jagading Sato Kewan

Kêrapan

Sanadyan dèrèng nate tindak dhatêng Madura, kula pitados, saking gêthok tularing pawartos, sadhèrèk Jawi Têngah têmtu sampun kathah ingkang mirêng têmbung Madura: kêrapan. Kêrapan punika balapan lêmbu. Rèhning têtingalan kêrap wau mêngku pedah agêng ingatasipun pamiyaran lêmbu tur pasang rakitipun, tumrap sadhèrèk Jawi Têngah, têmtu kathah ingkang dèrèng dhamang, ambokmanawi botên wontên awonipun Kajawèn macak andharan kula bab wau, saking gagasan kula sapisan badhe wêwahing sêsêrêpan, jalaran lajêng sagêd nguningani kawontênan sanès praja, kaping kalihipun mahanani jêmbaring polatan tuwin kawruh, punika pikantukipun ingkang kêsdu maos andharan kula wau.

[Grafik]

Kêrapan ing Madura.

Sapunika kula pucuki ngrêmbag lêmbunipun. Manawi badhe dipun wêdalakên wontên ing pasamuwan kêrap, lêmbu-lêmbu wau dipun pacaki brêgas, raosing manah kaemba dipun pangantènakên, utawi kaemba senapati badhe mangsah ing prang, katôndha bidhalipun saking griya ginrubyug dening tiyang sapangiringipun, dipun jajari rontèk 6 sasisih utawi langkung, lajêng tabuhan botên kasupèn malih, samargi-margi kaungêlakên kanthi surak-surak, punika ingkang murugakên rame tuwin sêmuwa. Langkung-langkung ing panggenan kêrap ombyaking têtiyang ningali kados gabah dèn intêri, sarta malih ing ngriku klêmpakipun wontên 150 pasang kapara langkung, ramenipun sagêd kajuwara ing sanès panggenan, pramila botên [bo...]

--- 1258 ---

[...tên] kirang-kirang têtiyang Surabaya, Grêsik, Bangil tuwin sanès-sanèsipun sami tumêdhak dhatêng Madura prêlu ningali têtingalan kêrapan wau.

Lajêng mratelakakên lêmbu ingkang badhe kakêrap wau. Lêmbu wau dipun rakiti mawi pasangan, botên prabeda kados badhe dipun midamêlakên, kaot rêrêngganipun kathah sarta namung dipun canthèli: klèlès. Klèlès punika mèmpêr garu namung tanpa unton-unton, dados ingkang numpaki inggih wontên ing klèlès ngriku. Ngadêg, suku kiwa napak, suku têngên ngêthapêl, botên cêpêngan kabêkta ambalap sabantêripun botên dhawah. Malihipun rêrênggan ingkang ngatawisi lêmbu kêrapan punika pasangan ingkang dipun tancêbi umbul-umbul pêthak 3 iji, 1 ing têngah, liyanipun wontên ing iring kiwa têngên, kajawi punika ing prabot kathah sangêt krincinganipun, pramila kumrincing sangêt kala lumajêng balap wau. Nalika kairit, ingkang ngalang ing ngajêng tiyan 2, nyêpêng tangsul kalar satunggil edhang. Wontên tangsul kalar malih panjangipun wontên 30 m. Punika ingkang cinêpêng dening juru tumpak, panyêpêngipun ambakêm kalihan tumindak ngênut iramaning gêndhing tabuhan srunèn (kados tabuhan reyog ing ngriki).

Sapunika nyariyosakên nalika anjog ing papan balap. Sasampunipun ngaso lajêng dipun arak mubêng ing alun-alun kêrap, punika mèmpêripun murih lêmbunipun nyumêrêpi glagat ing ngriku. Badhe kasambêtan.

Sumadi, Pangarasan.

[Iklan]

--- 1259 ---

Rêmbagipun Garèng lan Petruk

Bab Kêkesahanipun Petruk dhatêng Cibadhak

I.

Garèng: Wah, Truk, lagi dina Sêtu aku kêcêlik bênggala têmênan, kala samono kira-kira jam 10 kowe tak tilpun: krinthing, krinthing, halo, halo, sintên. Aku diwangsuli: Ngriki Bale Pustaka. Aku banjur ngomong manèh: Mas, Bale Pustaka, punapa kula kaparêng pinanggih kalihan Dèn Bèi Kenthol Ngantèn Mas Lara Petruk, lo kuwi wangsulane kathik sêmbrana bangêt, jêbul angguyu ngikik: Hi, hi, hik, Mas Jênge Petruk botên wontên.

[Grafik]

Petruk: Iya mêsthi bae ta, yèn kowe banjur digêguyu, jalaran 1e. Bale Pustaka kuwi kantor, dadi iya ora mathuk yèn kok sêbuta: mas, lan 2e. anggonmu ngundang jênêngku kuwi ana sêsêbutan pirang-pirang têka kok borong dadi siji bae.

Garèng: Hla iya wis ngrêti yèn Bale Pustaka kuwi kantor, nanging sing nampani tilpun kuwi rak iya uwong, ta, ing sarèhning aku arêp olèh, yaiku arêp anjaluk tulung, mêsthine aku rak iya kudu ngênggoni tatakrama, ta. Dene anggonku ngundang jênêngmu sêsêbutan sapirang-pirang tak borong dadi siji, kuwi cikbèn aja nganti aku diarani wong ora ngrêti tata. Nèk tak sêbuta: mas, ing môngka radèn, polatane sanalika banjur anjèmblêm, nèk tak undang dèn, ing môngka dudu, rumasane tak onggrong, hara, apa ora angèl kuwi. Mulane aja maido karo bangsaning Walônda, kuwi yèn nakokake bangsane dhewe nyang wong Jawa, sanadyan sing ditakokake mau mung pangkat klèrêk, pitakone iya mêsthi mêngkene: Mana Tuwan Wèllêm, nanging nèk sing ditakokake mau uwong Jawa, sanadyan pangkat komis pisan, saupama jênênge Karja, iya mung: Mana Karja. Lo, kuwi bokmanawa iya jalaran saka angèle sêsêbutane, apa iya: mas, radèn, utawa radèn mas, mulane nèk jênêng wong Jawa iya banjur main dijangkari bae.

Petruk: Yah, iki rak mung omong kosong bae, mungguhing jaman saiki, yèn kowe kêpengin diarani wong sing pangajaran lan ngrêti tatakrama, [tata...]

--- 1260 ---

[...krama,] sing kok takokake ora prêduli bôngsa Walônda, Tionghwa utawa Jawa, tumrape wong sing pantês diajèni, kudu kok sêbut: tuwan. Nanging bab kiyi ora prêlu dirêmbug dawa-dawa, aku saiki tak carita nalikane dina Sabtu. Pancèn iya nyata, jam 10 aku wis ora nang kantor, jalaran aku arêp lunga nyang Cibadhak, yaiku sawijining dhistrik antarane Bogor lan Sukabumi. Ing sarèhning ing kono kuwi sabên awan sathithik mêsthi udane, mulane pangkatku saka Batawi tak prêlokake rada esuk, cikbèn aku bisa wêruh cêtha kaanane ing sadalan-dalan. Wêruha, Kang Garèng, mangkatku saka Batawi kuwi nunggang motor.

Garèng: Wah, Truk, hla kok royal têmên, ingatase jaman saiki kiyi akèh priyayi sing padha gêmêtêr jalaran pamêtune padha dipèprèli, kowe têka lunga nyang Cibadhak wani nganggo motor, mêsthine bayarane rak ya kêna kanggo ngliwêt aku sathithik-sathithike sêpuluh dina.

Petruk: Lo, kuwi mangkene, Kang Garèng, sadulurku nunggal sèh sing dadi opsir laut, kuwi saikine lagi pêrlop têlung sasi lan mênyanggrah ana ing Cibadhak prêlu arêp ngaso. Hla kuwi lagi dina Jumuwah ngulêmi aku lan adhimu Makne Kamprèt tilik nyang pasanggrahane kana. Sauwise banjur padha rêmbugan bakale sing arêp ditunggangi, apa sêpur, apa motor. Aku banjur mangsuli mêngkene nyang sêdulurku mau: Utamane iya nunggang motor, dadi bisa tanêk anggone nyênyawang ing sadalan-dalan, lan kowe aja susah kuwatir, kowe tak lilani ... ambayar motore.

Garèng: Wèh, kathik kaya bêndara priyayi nèk tindakan didhèrèkke lurah sing sugih kae, kuwi kadhangkala ana sing nèk arêp nyêpur dhawuh nyang lurahe mau mêngkene: Rah, tumuli tukua karcis, kanggo aku klas loro, ya. Nanging mung dhawuh bae, ora ambukak dhompète dhewe. Utawa nèk nitih andhong: Rah, andhonge bayarên dhisik, nanging ora tau dilironi.

Petruk: Wiyah, kuwi rak mung omongmu dhewe, masa iya ana priyayi drêmis mêngkono. Mêngko rak kalakon ilang anggone disêbut: bandara, kang atêgês: bêndera, yaiku angayomi nyang kukubane. Wis, wis, rungokna tak caritani lakuku saka Batawi nyang Cibadhak. Kira-kira jam 10 motor sing arêp ditunggangi wis sumadhiya ana ing ngarêping omah, wah, kabênêran bangêt dene olèh sewan motor sing mèrêke bêcik bangêt. Yaiku motor mèrêk: Krislêr, tunggangane pancèn iya anglêr, mulane Makne Kamprèt tak plêtêr, supaya maganggo sing rada mèmpêr, cikbèn diarani dèn ayu dhoktêr, ora-orane ya dèn ayu sèhtêr, ning bawane Makne Kamprèt wong blêndhêr, barêng motore mangkat: lêr, ora suwe jêbul turu nglêkêtêr, thik ora lali anggone ngilêr.

Garèng: Wayah, iki arêp carita apa arêp dolanan, iya ora janji aku yèn mêngkono kuwi. Wis, tumuli caritakna, apa sing kok wêruhi ana ing sadalan-dalan.

Petruk: Kang pêrlu tak caritakake nyang kowe, Kang Garèng, yaiku panjagane sadalan-dalan [sada...]

--- 1261 ---

[...lan-dalan] antarane Batawi karo Bogor, kuwi pancèn wis mundhak têmênan. Sabên-sabên amrangguli pulisi loro utawa têlu, sing kajibah angulat-ulatake lakuning motor, luwih-luwih oto bis, kiyi pancèn iya dijingglêng têmênan. Kuwi mula iya bênêr bangêt, awit wis pira bae oto bis sing nêmoni kacilakan. Sajake saiki lakuning oto bis kuwi pancèn iya wis ngati-ati têmênan, tandhane oto bis sing dilancangi motor sing tak tunggangi akèh. Ing môngka lakune motorku ing dalêm sajame mung 50 K.M. dadi kira-kirane lakuning oto bis iya ora luwih saka samono. Kajaba iku kaanane oto bis ora akèh kaya biyèn-biyèn, jarene akèh sing dilarangi mlaku, jalaran rème kurang bêcik, motore wis bobrok bangêt, lan sabab liya-liyane. Ana manèh alangane sing nyababake ora akèh oto bis mêlaku, yaiku pajêge diundhaki sasayahe. Jalaran saka iku mau kabèh, mulane sing padha nglakokake oto bis banjur kapêksa padha ngundhakake sewane, kang anjalari sêpur Batawi Bogor banjur payu manèh.

Garèng: We, hla kok banjur nyêmoni, nanging bab kiyi padha dilèrèni samene bae dhisik, liya dina padha dibanjurake manèh.

Jaarmarkt ing Surabaya

[Grafik]

Ing nginggil punika gambaring para bêstiring Jaarmarkt ing Surabaya, dipun gambar wontên sacêlaking umbul. Para maos sagêd nandhing kalihan kawontênanipun umbul toya ing Pasar Gambir. Pundi ingkang dipun sênêngi.

--- 1262 ---

PÊTHIKAN SAKING SÊRAT-SÊRAT KABAR SANÈS

INDONESIA.

Sudan blanja ing Provincie Jawi Kilèn. Miturut pawartos, para ambtenaar tuwin beambtening kantor-kantoripun Provincie ing Jawi Kilèn sami dipun suda blanjanipun 5%, dipun wiwiti tanggal 1 October punika.

Tumrap tiyang ing Jawi ingkang botên nyumêrêpi thêk-liwêripun ing kantor-kantor Provincie, têmtunipun lajêng sami pitakèn: punapa priyantuning Provincie punika dede priyantuning Gouvernement, têka sawêg ing wulan punika anggènipun wiwit dipun cêngklong blanjanipun? Pancèn inggih dede. Kauningana, bilih Provinciale Raad punika satunggiling bêbadan ingkang madêg piyambak, sanadyan taksih dados urusanipun nagari. Bokmanawi anggènipun nyêngklong blanjaning punggawanipun sakalangkung kasèp, punika namung ngatingalakên anggènipun madêg piyambak.

Mr. Sumardi. Wontên kabar, bilih Mr. Sumardi nyuwun lèrèh saking kalênggahanipun dados Wethourder ing Gemeenteraad Sêmarang, jalaran badhe nilar kitha laminipun 3 wulan. Ing sarèhning Mr. Sumardi dipun galih anyêkapi mênggahing kuwajibanipun dados Wethouder, ing sakawit B. en W. (Burgemeesteren Wethouders), - saupami pakêmpalan, B. en W. wau pangrèhing padintênan - amrayogèkakên, supados Mr. Sumardi kaparingan verlof kemawon, lan salaminipun verlof pangkatipun Wethouder sagêda dipun wakili ing tiyang sanès. Nanging Mr. Sumardi amêksa nyuwun kèndêl, ingkang ugi lajêng kalêksanan. Jalaran saking punika ing samangke kêdah lajêng ngupados malih ingkang dados gêgêntosing dados Wethouder wau.

Têka anggumunakên, dene B. en W. sajak anggondhèli sangêt dhatêng lêstantunipun Mr. Sumardi dados Wethouder. Punapa botên wontên sanèsipun ingkang kakintên anyêkapi nindakakên padamêlanipun Wethouder wau? Punapa B. en W. sampun kasupèn dhatêng Wethouder lami, inggih punika R. Slamêt?

Para patih enggal. Kawisudha dados patih ing Grêsik: Mas Notopawiro; ing Ponorogo: Radèn Purwodinoto; ing Bangil: Radèn Sosroadisubroto. Tiga-tiganipun ingkang suwau sami ngasta wêdana.

Botên amung Kajawèn ngaturakên: sugêng benoemd.

Kathahing wos lan pantun ing Sukabumi. Wontên pawartos, bilih ing pintên-pintên dhusun tuwin district-district ing bawah Sukabumi para prabot dhusun katingal sami mlêbêt mêdal pakampungan prêlu anyathêti punapa wontênipun wos tuwin pantun utawi têtêdhan sanès-sanèsipun sagêd anyêkapi kangge têdhaning tiyang kukuban ngriku. Mênggah wohing panitipriksa kabaripun kawontênaning wos tuwin pantun kathah.

Dhusun kapratelakakên kathah wosipun, punika dèrèng têmtu manawi atêgês ingriku gêsangipun tiyang botên rêkaos. Awit kathahing uwos punika trêkadhang namung dumunung wontên ing tiyang satunggal kalih. Ing mangka jaman samangke punika sawêg awis arta. Tumrap ingkang botên gadhah uwos utawi sinpêm têtêdhan sanès, punapa inggih kenging nêdha kemawon dhatêng ingkang gadhah utawi ingkang simpên?

Kuli Dèli. Wontên kabar baita kapal "Op ten Noort" ingkang kala tanggal 1 October ingkang kapêngkêr saking Medan pangkat dhatêng tanah Jawi, ambêkta kuli contract kathahipun 919.

Saya pêtêng kawontênanipun jagad Indonesia, dene saya wêwah kathahing têtiyang ingkang botên sami anggadhahi pangupa-boga.

Dr. Rajiman wangsul ing Indonesia. Sasampunipun Dr. Rajiman anjajah dhatêng tanah Europa tuwin Amerika laminipun 18 wulan, prêlu anjêmbarakên kawruhipun kadoktêran, samangke sampun wangsul dhatêng tanah Indonesia malih.

Para maos kados sampun sami anguningani, bilih Dr. Rajiman utawi Dr. R.T. Widiodiningrat punika amangagêngi griya sakit kagungan dalêm Ingkang Sinuhun ing Surakarta. sawangsulipun ing Sala têmtunipun inggih lajêng tumuntên nindakakên padamêlanipun lami malih. Dr. Rajiman wau kajawi sampun kasuwur satunggiling doktêr ingkang pintêr ugi kacêluk satunggiling ahli raos Jawi. Kajawi punika wangsulipun Dr. Rajiman wontên ing Indonesia punika ugi adamêl bingahing para kaum pêrgêrakan, langkung malih tumrapipun pakêmpalan Budi Utama, jalaran salami-laminipun Dr. Rajiman tansah dados panganjuring pakêmpalan wau. Malah sampun nate dados pangarsaning pangrèh agêng. Kabaripun botên watawis lami malih Dr. Rajiman wau badhe bidhal malih anjajah ing sanès praja.

Pabrik tèh. Saking Medan kawartosakên, bilih H.V.A. sampun ambikak pabrik tèh ingkang kawitan ing Korinci, inggih punika ing onderneming Kayuaro.

Satunggiling kawontênan ingkang tanpa upami. Ingatasipun ing jaman malèsèt punika kathah pabrik tèh ingkang kapêksa katutup, kados ta ing Priyangan, jalaran saking sudaning rêrêgènipun tèh, têka wani ambikak pabrik tèh enggal.

Sudan blanja 10% dipun ajêngakên. Miturut pawartos ingkang sampun dipun pirêngi ingakathah, parêpataning para pangagêng Departement, sasampunipun mirêngakên rêmbag saking directeur babagan arta praja, ingkang awêwaton kawontênanipun arta nagari, wontên usul supados sudan balanja 10% tumrap punggawa nagari katindakakên wiwit 1 November punika. Awit tumindaking rêrigên makatên wau badhe sagêd ngirit 1 1/2 yuta.

Pawartos ingkang kados makatên punika, tumrap sintên kemawon ingkang badhe kataman, têmtu tumratab ing manah kados upaminipun botên sumêrêp gêbyaring gêlap, mirêng-mirêng sampun wontên dhèripun. Nanging têtiyang taksih pitados dhatêng têtêping bêbasan: sabda pandhita ratu, têgêsipun sabda punika manawi sampun dhumawah sapisan botên badhe sagêd oncad. Ingkang kaupamèkakên makatên wau ing bab têtêping rêmbag sakawit, bilih sudan blanja 10% badhe kawiwitan ing tanggal 1 Januari 1932. Nanging bêbasan wau tumrapipun ing jaman samangke têtêp utawi botên, kasumanggakakên, ngrikinipun namung kantun ngêntosi kanthi kêmbêng-kêmbêng.

Pasinaon Keurmeester. Wontên pawartos saking Bogor, bilih pasinaon Keurmeester pamragatan rajakaya ugi kabikak tumrap bangsa sanèsipun tiyang siti.

Bab punika dados satunggiling margi ingkang mikantuki sangêt tumrap ing jaman samangke. Nanging kauningana, tiyang ingkang katampèn sinau wau, namung tiyang ingkang kapilih dening Locale Radèn. Ing salêbêtipun sinau mawi ambayar f 100.- dèrèng waragad sanès-sanèsipun. Dados bab pasinaon wau mênggah nalaripun, dados bêtahipun ingkang badhe nyinaokakên. Sampun sami kalintu tampi.

Pasamuwan jumênêngan nata 40 taun. Wontên pawartos, benjing dhawahing dintên pamaargya jumênêngan dalêm Ingkang Sinuhun ing Surakarta 40 taun, namung dipun paargya prasajan kemawon. Pakêmpalaning kabudidayan-kabudidayan, ingkang [ing...]

--- 1263 ---

[...kang] rumiyin janji badhe maargya agêng-agêngan, sarèhning jaman malèsèd, namung badhe adamêl pangèngêt-èngêt awarni gapura tigang panggenan, minangka pisungsung. Tumrap golongan Jawi damêl pèngêtan angêdêgakên pamulangan dagang.

Pèngêtan ingkang dhapur pisungsung kalih warni punika kadosdene kosok wangsul, ingkang satunggal tumanja dados kabêtahaning rakyat, satunggalipun namung dados pêpasrèn praja, tur wragadipun kintên-kintên kathah ingkang dados pêpasrèn, awit botên kakirangan arta. Namung sukur ada-adanipun golongan Jawi anggènipun damêl pèngêtan sagêd badhe migunani agêng.

Angsal-angsalanipun pabeyan (douane). Angsal-angsalanipun pabeyan ing Sêmarang ing wulan Sèptèmbêr wontên f 926.376.-, dene Januari dumugi Sèptèmbêr 1931 wontên f 7.706.390.-. Tumrap ing taun kapêngkêr papetangan wau wontên f 994.511 tuwin f 9.708.976.

Ing mangsa punika mèh sadaya pamêdal sami suda saking padatan, tur botên sakêdhik. Mila kawontênan ingkang kados makatên wau andadosakên jalaraning nagari kêkirangan arta, bêbasan ngantos mèh botên kuwawi ambalanja dhatêng punggawanipun. Ingriki namung mêmuji, praja tumuntêna manggih têntrêm kados ingkang sampun.

Jurnalis andon lampah. Kawartosakên, sadaya para pangagêng nagari sami dipun paringi sumêrêp dening ingkang wajib ing bab Tuwan Henry Champly, satunggiling correspondent sêrat kabar Perancis "Le Temps", ingkang sapunika nuju andon lampah wontên ing Indonesia.

Têtela bilih dados juru kabar punika wajib alêlana anjajah praja, pêrlu kangge anjêmbarakên kawruhipun, sampun namung kadosdene babon angrêm wontên ing pêtarangan. Lan ugi wajib dipun sumêrêpi, bilih juru kabar, inggih punika jurnalis, ugi dipun aosi dening sintên kemawon, ingkang gêgayutan kalihan pêrlunipun; malah tumrap pamarentah piyambak ugi nindakakên pangaji-aji kados makatên. Mila ing bab punika hoofdredacteuring Kajawèn tuwin Petruk asring sok nilar mejanipun pasêratan, amayêng-mayêng dhatêng pundi-pundi, inggih pêrlu anjêmbarakên sêsêrapanipun, lan ing kalanipun kêkesahan wau ugi kêrêp manggih pangaji-aji sairib kados correspondent sêrat kabar Perancis kasbut nginggil.

Locomotief kuwalik. Ing papan lingsir sêpur ing Tagogapu wontên locomotief kuwalik, jalaran saking lêpatipun wissel. Lampahing sêpur ngantos kasèp 40 mênit.

Lo, ingatasipun jaman malèsèd punika tansah adamêl kasusahan tuwin kasangsaran, têka inggih taksih wontên ingkang angsal extra.

Pêpanggihan agêng dipun umumakên. Awit saking ada-adanipun P.S.I.I. ngumumakên lan nêtêpakên, bilih meeting agêng kados ingkang sampun dados rêmbag ngajêng, katêtêpakên wontên ing tanggal II wulan punika ing pundi-pundi panggenan. Ingkang badhe dados rêmbag: ing bab ngrèmèhakên agami Islam tuwin anyeda dhatêng Gusti Kangjêng Nabi Mohammad s.a.w., makatên ugi ebah-ebahan botên anocogi dhatêng tindakipun Italie tuwin sanès-sanèsipun.

Ing bab punika kados kenging kangge pêpèngêt, têtiyang sampun anggêgampil ngucapakên babagan agamining liyan, awit pinanggihipun ing jaman samangke, raos-pangraosing tiyang sajak sampun sami landhêp-landhêp sayêktos.

Pandadaran Klein-ambtenaar. Sêrat kabar Locomotief martosakên, bilih ing wulan November ngajêng punika badhe dipun wontênakên pandadaran Klein-ambtenaar wontên ing Sala.

Manawi nitik kawontênanipun lare-lare wêdalan H.B.S., M.U.L.O. lan sasaminipun kathah ingkang sami glandhungan botên angsal padamêlan, lajêng badhe dhatêng pundi purugipun lare-lare ingkang namung anggadhahi diploma Klein-ambtenaar? Ewasamantên para ingkang badhe majêng dhatêng pandadaran Klein-ambtenaar kasbut nginggil, sampun lajêng alit manahipun, nanging mugi sayaa kêncêng anggènipun ngudi dhatêng kamajêngan. Jalaran sanadyan diploma wau samangke botên pajêng, rak inggih sampun gadhah cêpêngan ta.

ASIA.

Pasulayanipun bangsa Hindu tuwin Islam. Aneta Nipa martosakên, ing Srinegar, Kashmir, wontên pasulayanipun bangsa Hindu kalihan bangsa Islam. Wontên bangsa Islam cacahipun 15000, sami ambalela lumawan Maharaja Sir Hary Singh, bangsa Hindu. Ing wasana nagari lajêng dipun jagi dening wadya 13.000. Tuwuhing ura-uru punika jalaran saking pandamêlipun Inayatulah, sadhèrèkipun Prabu Amanullah, tilas Nata Afghanistan, ingkang nêdya ngrêbat praja Kashmir. Nanging wontên pawartos malih, jalaran saking gêgayutan ebah-ebahan Islam.

Jaman manawi sawêg nuju rame, saênggèn-ênggèn tansah tuwuh sabab warni-warni, ingkang wohipun namung damêl botên têntrêm.

Jêpan kalihan Tiongkok. Jalaran saking wontênipun têtêping rêmbag saking Jêpan tuwin Tiongkok, Raad Volkenbond sagêd ngrampungi pasulayanipun praja kêkalih wau. Têtêping rêmbag wau ngêmot sawarnining jawabanipun Jêpan tuwin Tiongkok, miturut panêdhanipun Volkenbond. Suraosipun: Jêpan angakêni badhe miyarakên jajahanipun ing Mandsuriye, tuwin bab tindakipun Jêpan ngundurakên wadya; Tiongkok nanggêl dhatêng jiwa tuwin barang-barang gadhahanipun têtiyang Jêpan ing sajawining margi sêpur, ing wusana nêtêpakên Jêpan Tiongkok badhe nyêgah murih ura-uru botên andados.

Mugi-mugi pasulayanipun Jêpan tuwin Tiongkok tumuntên enggala sirêp.

EUROPA.

CoferentieConferentie. meja bundar ing London. Miturut pawartos saknigsaking. London, conferentie meja bundar ngawontênakên rêrêmbagan, madêg saking golongan warni-warni, sasampunipun kalih dintên lajêng bibaran. Commissie wau ngrêmbag ing bab golonganing agami ingkang sami pasulayan wontên salêbêting parlement India enggal. Sang Gandhi pratela, bilih panjênênganipun badhe mêdal saking commissie wau. Pamanggihipun Sang Gandhi kamardikan India punika kêdah katêtêpakên wêwaton undhang-undhang, ingkang mawi asuka wanci tumrap ing India kangge nindakakên rêrêmbagan piyambak ing bab agami. Premier Mac Donald badhe parêpatan piyambak kalihan Sang Gandhi tuwin Aga Khan, ngrêmbag murih sudaning pasulayan pamanggih wau.

Wah, têka samantên ruwêding rêmbag-rêmbag ing London punika.

NAGARI WALANDI.

Rêgining gêndhis badhe mindhak. Wontên pawartos saking Den Haag, rêgining gêndhis badhe mindhak, têmtunipun gêndhis ing tanah Jawi botên kantun, inggih tumut mindhak.

Ing sadèrèngipun amanah panjang, ingriki namung ngucap sukur, dene rêgining gêndhis mindhak. Awit indhaking rêrêgènipun padagangan punika ugi atêgês ajênging panggêsangan.

Tilas secretaris Gemeente Bêtawi dados Burgemeester ing nagari Walandi. Wontên kabar, bilih Tuan P.J. Eggink, tilas Secretaris Gemeente ing Bêtawi, katêtêpakên dados BurgemeestenBurgemeester. ing Havelte, nagari Walandi.

Tuwan wau sajatosipun anggènipun dhatêng nagari Walandi nuju pêrlop, dèrèng pènsiun. Nanging ing sarèhning mila sampun wancinipun nêdha pènsiun, ing mangka wontên ingrika angsal kanugrahan, sagêd ugi lajêng têrus nêdha pènsiun. Dados tiyang punika manawi sawêg tinêngga ing bêgja, salami-laminipun dhatênga ing pundi kemawon, inggih manggih bêgja.

--- 1264 ---

Wêwaosan

Cariyosipun Nata ing Kelan

4.

[Dhandhanggula]

Ananging duk sarira ngalêntrih / sang awiku pan maksih kawawa / sumêmbah maring dewane / yèku panêmbahipun / maring dewa ingkang mêkasi / tanapi amêmuja / rinungu gumrumung / ngucap puja satus warna / kang cinathêt dening kang samya sumiwi / cêtha awela-wela //

para janma kang umirêng sami / mring sabdane sang pandhita tama / tanapi mring panêmbahe / samya angrês ing kalbu / datan kurang kang bela tangis / miwah cêtha têtela / ing pandakwanipun / kalamun sang maha wipra / datan darbe dosa marang sri bupati / suci ing batosira //

ing satêmah pra janma mangrêti / kanthi ngungun eram mring sri nata / dene têgêl nindakake / ngukum janma tan luput / lan kang dadya guru sajati / tinrapan siksa siya / winirangkên langkung / nanging wantuning kawula / datan ana kang kongsi wani umosik / rasaning kasisipan //

sang awiku kang tuhu linuwih / sanadyan ta antuk pamidana / tan pisan sêrik galihe / malah kalangkung sukur / agêngira anêpatani / maring nata ing Kelan / tan pisan tinêmu / malah kabatosanira / langkung wêlas ing tyas anggung amêmuji / kaluhuran narendra //

kang mangkana yèn rinasa yêkti / lêgawaning tyasira sang wipra / tuhu tan ana pindhane / sucining tyas rahayu / anggung tuwuh rasa ngadhêmi / mawèh arjaning jagad / myang saisinipun / sumawuring namanira / anggônda rum tanpa kêndhat lumastari / salami-laminira //

pêpuntoning tyas sang maharêsi / datan maring liyan anggêgawa / dhinadha nèng sarirane / dènnya antuk bêbêndu / kongsi antuk siksa linuwih / tuhu mantêp tinômpa / dadya ukumipun / sanggyèng kalêpatanira / kang sang rêsi pribadi datan udani / marma mung anarima //

tindakira risang maharêsi / kang pinangguh kalaning siniksa / kadi ta bab panêmbahe / kang amungkasi laku / dahat mawèh angrês ing ati / mring para siswanira / myang rêsi lyanipun / kalawan uning sanyata / luhuring kang ambêg panggalihan suci / dahat mawèh asmara //

III. Alun minggah ing dharatan

[Asmaradana]

Angrêsing tyas anumusi / mawèh tidhêming bawana / ambalêrêt kang srêngenge / maruta datan lumampah / lir kandhêg milu ngrasa / mring gênging sangsayanipun / ingkang nêmbe winisesa //

tan ana swara kapyarsi / mung tangis ingkang sumêla / mawor ing lisah umobe / myang plêthèk urubing wrêksa / kang minôngka pangobar / rasa kang mangkana iku / dadya sasmitèng duhkita //

sanadyan ta sri bupati / lêgêging galih katara / dènira angraosake / mung wantuning naranata / ambêg santosanira / ing galih têtêp tan kengguh / ngluhurkên pangaribawa //

riwusing tumêkèng pati / nulya adhawuh sri nata / dèn angkata kuwandane / linarunga mring samodra / mrih ywa nyangari praja / sadaya kang tampi dhawuh / tumandang kanthi udrasa //

wênèh kadi tan kadugi / tumindak gawe mangkana / kang kalangkung ing awrate / dening non sangsayanira / kang murwèng ing kasidan / samar kêsêmpyok bêbêndu / dènira tan darbe marma //

nanging yèn pinikir yêkti / tumindakira ing karya / datan dadya jalarane / amung lumaku sadarma / dhawuhing ratunira / marma nadyan arawat luh / tumandang kanthi arila //

ing batin kanthi mêmuji / sampurnanirèng sang dwija / ywa mangguh ucap tan sae / ing wusana paripurna / layon ingangkat sigra / sinarêngan pudya umyung / binêkta maring samodra //

kaananirèng jaladri / yayah arasa cumadhang / layon cinêmplungna age / ombaking alun samodra / sarèh tumêmpuh parang / nadyan nyuwara gumludhug / arasa raras udrasa //

tumundha-tundha nusuli / sarwa alon sab-êsaban / kadi minta age-age / datan antara kalakyan / kunarpa ingayatan / cinêmplungakên ing ranu / ingangkat alun sakala //

kacarita sri bupati / ing galih tan pisan mêndha / malah kalangkung dukane / nulya umanjing ing pura / maksa mring garwa nata / uga arsa antuk ukum / kang timbang lan dosanira //

kaparêngira sang aji / kang môngka pidananira / arsa cinêmplungkên mangke / ugi marang ing samodra / tan pae sang pandhita / mrih sirna kablabak ranu / ywa nabêti cidranira //

nadyan apanggah sang putri / kanthi cêtha apratela / tan rumasa tindak dede / nanging tan pisan wèh daya / tuwuhing pangapura / malah rasa ngosok-wangsul / sinêngguh miwal piala //

wêkasan jêng pramèswari / têtêp datan antuk daya / dènira mrih wilujênge / nulya mung asrah sarira / nêrusi batosira / mung suci kang têtêp tuhu / ing salami datan owah //

wus ingangkatan tumuli / cinêmplungakên samodra / tinampan ing alun gêdhe / ing sapandurat wus sirna / tan ana tabêtira / mung swarèng alun jumêgur / kumandhang nèng ngantariksa //

tyasing kawula matistis / samya abela sungkawa / kawaratan sadayane / ngunguning tyas tanpa kira / dene dêduka nata / sêrêngira sakalangkung / kalêmpit ing kalimputan //

tan uning marang wêwadi / wigatining lêlampahan / kang kalangkung ing lêpate / mangkya wusing kalêksanan / sri nata amisesa / mring sang wiku myang jêng ratu / mung mêmpên anèng kadhatyan //

paran kang dadya wêwadi / datan ana kang uninga / kaparêng nata ing mangke / mangkya ing salajêngira / sri nata lir umpêtan / tan pisan arsa kêpêthuk / lawan pra kawulanira // (Badhe kasambêtan)

--- [0] ---

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]

--- [0] ---

Ôngka 82, 1 Jumadilakir Taun Je 1862, 14 Oktobêr 1931, Taun VI

Kajawèn

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]

--- [1281] ---

Ôngka 82, 1 Jumadilakir Je 1862, 14 Oktobêr 1931, Taun VI

Kajawèn

Kawêdalakên sabên dintên Rêbo lan Sabtu

Rêgining kalawarti punika ing dalêm tigang wulan ... f 1.50, bayaranipun kasuwun rumiyin, botên kenging langganan kirang saking 3 wulan.

Juru ngarang - administrasi Bale Pustaka, ing sawingkinging kantor palis, tilpun nomêr 2791 - Bêtawi Sèntrêm.

Palabuhan

[Grafik]

Ing nginggil punika sawanganing palabuhan Tanjungperak, Surabaya.

--- 1282 ---

Raos Jawi

Piandêling Manah

Piandêling manah punika mênggahing cara bodhonipun, kathah ingkang lèrèg dhatêng kawilujêngan. Awit tiyang ngawontênakên piandêl punika atêgês suci manahipun. Piandêl wau trêkadhang wontên ingkang pinanggih kanthi nalar, wontên ingkang botên, nanging piandêling tiyang punika manawi dipun gathukakên kalihan nalar, malah lajêng asring tipis, wêkasan suda malah trêkadhang lajêng ical babarpisan. Dados ingkang kanyatan, piandêl wau ingkang prêmati, dumunung wontên ing tiyang ingkang manah yutun.

Ing jaman kina kathah cêcariyosan ingkang anèh-anèh, ingkang wosipun atêgês ngantêpakên piandêl. Kados ta wontên tiyang ngumur ngantos satus taun, sarêng dipun pitakèni, punapa ingkang dados sarananipun tiyang umur panjang. Wangsulanipun, sarananipun botên wontên malih namung sabar ing manah.

Tiyang ingkang mirêng wangsulan kados makatên wau rumaos gampil anulad, namung mêndhêt pathokan sabar. Nanging sabar punika kêdah tumindak kadospundi, sok botên sumêrêp sèlèhipun. Upaminipun kemawon tiyang nêdha, tumrapipun tiyang kina dipun lampahi kanthi sabar, manawi têtêdhanipun taksih bêntèr, dipun êntosi asrêpipun rumiyin, panêdhanipun sarwa alon, mênggah pikantukipun sagêd nyuda ngangah-angahing napsu. Dene tumrap panganggêping sanès, kasabaranipun tiyang nêdha punika, saupami têtêdhanipun sampun asrêp, kapurih ngêngêt rumiyin, wêkasan panêdhanipun sagêd mapan lan sakeca. Kosokwangsuling raos kasabaran wau malah lajêng dipun tumpangi ing pasaksèn, nêdha sarwa angêt punika nêbihakên sêsakit. Punika pancèn lêrês, nanging sèlèhing kasabaranipun lajêng ngicalakên piandêl, awit piandêlipun pun yutun, tiyang nêdha sarwa asrêp punika manjangakên umur, sampun, botên dipun kanthèni pangraosan punapa-punapa malih. Môngka mênggah kasabaran ingkang dipun tindakakên punika taksih kathah sangêt. Ewadene tindak ingkang kados makatên punika taksih nama gêgayutan kalihan nalar.

Sapunika tumrap cêcariyosan ingkang marojol saking nalar, wontên tiyang sêpuh pènsiunan saradhadhu, umuripun sampun wolung dasanan, badanipun taksih kiyat, botên kawon kalihan tiyang anèm ingkang kripik-kripik kemawon. Tiyang wau ngantos dipun gumuni ing tiyang kathah, malah wontên ingkang pitakèn makatên: bah, saratipun punapa, dene sampeyan punika sampun sêpuh taksih rosa, wah sampun nate dados saradhadhu, punapa botên nate dipun icipi mimis, bah, botênipun inggih dipun kalewang ing mêngsah.

Tiyang ingkang dipun pitakèni wau mangsuli kalihan gumujêng: anggonku dadi saradhadhu bae lawase wis têlung puluh loro taun, mêndhaliku wis êmas, anggonku pêrang wis rambah-rambah. Malah wis tau [ta...]

--- 1283 ---

[...u] kupingku kêsliring mimis nganti mak nging, nanging iya slamêt bae.

Ginêm ingkang kados makatên wau sagêd nuwuhakên pitakènan warni-warni saking tiyang sanès, wah malih watak gugon tuhon, inggih lajêng nuwuhakên pitakènan ing bab jimat-jimat tamtu inggih ngandhut. Tiyang pènsiunan wau lajêng cariyos: satêmêne aku iya duwe jimat pêngpêngan bangêt, salawase tansah tak kandhut, ora tau pisah, saprene iya isih tak kandhut.

[Grafik]

Gambaripun Milova.

Tamtu kemawon ingkang pitakèn saya mêmpêng, nêdha badhe sumêrêp warni punapa. Tiyang wau lajêng ngrogoh kandhutan, mêndhêt buntêlan awarni mori pêthak ingkang sampun malih dados cêmêng, jalaran saking sampun dangu tuwin kêrêp dipun kutugi, saha sarêng dipun bikak awarni godhong ringin sajodho, wujudipun sampun cêmêng. Tiyang wau nêdahakên kalihan mungêl: iki godhong ringin kurung alun-alun Surakarta, lumah kurêp, anggonku anjukuk nalika aku malêbu dadi saradhadhu. Awit aku dikandhani wong tuwa, jare sapa sing ngandhut godhong ringin kurung lumah kurêp, kalis ing bêbaya, dawa umure. Nyatane iya tinêmu ana awakku iki.

Tiyang ingkang mirêng rumaos gumun sangêt, dene kapitadosan kados makatên têka andayani yêktos. Môngka manawi dipun manah, botên wontên nalar ingkang sagêd gathuk. Dados kenging karingkês bab wau namung tuwuh saking piandêling manah.

Nanging cêcariyosan ingkang kados makatên punika punapa namung pinanggih wontên ing tanah ngriki kemawon, ingkang limrahipun dipun wastani panggenan gugon tuhon. Katranganipun botên sanadyan ing Eropah ugi wontên.

Kacariyos ing Bulgari, jaman sapunika wontên tiyang nini sampun umur 152 taun nama Milova. Panjanging umuripun nini wau adamêl gumunaninggumuning. ngakathah. Kalampahan ngantos wontên tiyang ingkang mitakèni, punapa ingkang dados sarananing umur panjang. Wangsulanipun nini-nini wau, sarananipun namung kênthang. Dene patrapipun nini-nini wau ing salaminipun botên nate tilar kênthang ing gembolan, cacahipun namung satunggal iji. Manawi tilêm, kênthang wau botên nate pisah. Miturut piandêlipun, kênthang punika nêbihakên sarap sawan, setan botên doyan dhêmit botên andulit. Tindak makatên wau dipun lampahi ing salaminipun.

Dados têtela, tindak gugon tuhon punika ugi pinanggih ing pundi-pundi, makatên ugi piandêling manah, ing pundi-pundi inggih wontên, punapa botên nyata piandêl ingkang sayêktos punika mitadosi.

Ha.

--- 1284 ---

Cariyos Kina

Sasmita ingkang Dhumawah ing Tiyang

Wêwarah ing nginggil punika sajakipun wigatos, nanging sajatosipun botên, salugu namung badhe nyariyosakên dêdongengan.

Ingkang kasêbut ing cêcêriyosan kina, utawi ing sêrat-sêrat, adêging praja punika mawi watês, têgêsipun mawi risak, dene ingkang dados risaking praja, kabêkta saking ratunipun. Ing samôngsa praja wau badhe risak, wontên kemawon ingkang dados jalaran ingkang tuwuh saking ratunipun. Cobi kaurutakên sawatawis, idhêp-idhêp kangge ngramèni ginêm.

Kados ta kala jaman praja Ngalêngka Prabu Dasamuka kados punapa kaluhuraning nagarinipun ngantos botên wontên ratu sanès ingkang kadugi nandhingi praja Ngalêngka. Nanging sarêng sampun dhumawah ing apês, Prabu Dasamuka têka kagungan tindak melikakên Dèwi Sinta, tur kintên-kintên ing praja Ngalêngka sampun botên kêkirangan wanodya ingkang kinyis-kinyis, dalah sang prabu piyambak inggih sampun agarwa widadari tur tindakipun sang prabu wau inggih sampun botên kirang ingkang ngèngêtakên, bilih tindak wau lêpat badhe damêl karisakan. Tiyang inggih badhe risak, badhe dipun aturi pêpèngêt punapa malih, tamtunipun sawarnining pamrayogi malah namung dados êmpan-êmpaning kamurkan. Wêkasanipun kadospundi, inggih karisakan sayêktos ratu saprajanipun sirna, lajêng nama cuthêl.

Manawi jamanipun Ngastinan, sabên tiyang ingkang mangrêtos ringgit tamtu sami dhamang, kados punapa kaluhuranipun praja Ngastina, dhasar sugih bôndha, sugih bala santana. Cêkakipun manawi kasugihanipun praja Ngastina, wah, manawi jaman sapunika kemawon botên wontên ingkang nyundhul, pundi wontên tiyang clanan cindhe sabên dintên kados Kangjêng Pangeran Citraksi, athik pangagêmanipun sarwa mas intên pating galêbyar. Mila botên anèh manawi nagari Ngastina punika dipun sêbuta nagari intên. Nanging eman têmên, dene ratunipun botên kagungan kasantosan ing panggalih, salaminipun tansah andhahar aturing warôngka nata ingkang ambarênggèl kados pace. Tur sayêktosipun Prabu Suyudana inggih èngêt, nanging trêkadhang inggih botên. Èngêt, botên, dangu-dangu botên sayêktos. Sarèhning sabab ingkang anjalari kalêpatan tansah tuwuh, inggih punika kamurkan, sampun botên pasah dipun èngêtakên, mênggah caraning nyambut inggih kêpêksa nyaur, inggih punika nyaur karisakan.

Tumrapipun nagari ing Pêngging Prabu Kusumawicitra, punika mênggahing cêcariyosan, cêtha wiwit nalika kadhawahan wahyu kabinatharaning karaton, ing nalikanipun sawêg dhumawah, kathah para nata sanès ingkang anggêni ing panggalih, ngantos kolu nyidra dhatêng sang prabu, nanging para cidra wau botên wontên ingkang sagêd namani nata ingkang sawêg winongwong ing jawata, sadaya ingkang cidra malah sami manggih kapitunan. Nanging sarêng sampun dhawah ing titimôngsa, inggih wontên kemawon ingkang andadosakên jalaranipun [ja...]

--- 1285 ---

[...laranipun] kalêpatan, inggih punika putra dhawah kêplèsèt kemawon andadosakên pamuring-muring dalêm, lajêng duka ngômbra-ômbra, sintên-sintên kêdhawahan bêndu, pundi-pundi dipun obrak-abrik. Ing ngriku lajêng nuwuhakên sêling-sêrêpipun ingkang sami kataman, môngka salugunipun saking sang prabu piyambak ingkang kirang titipriksa, wêkasan prajanipun tinêmpuh ing banjir bandhang, ngantos sirna, sang prabu ngili, tujunipun angsal pangaksama.

Manawi cariyos Menak-menakan pinanggih wontên ing Prabu Nursirwan nata ing Madayin, punika luhuring karaton ngantos botên kenging kinintên, ratu ngêrèh sasamining ratu, manawi siniwaka palênggahanipun sarwa kancana sadaya, saking sangêting sugih dalah wadêripun ing balekambang kemawon mawi dipun sinthingi êmas. Bab jumêrut nila widuri, manawi praja Madayin namung limrah dados idak-idakanipun tiyang bubulên. Tiyang inggih nata sawêg kalêrêsan, pêputra putri kemawon inggih mêdal pinunjul, ingkang pikantukipun andadosakên jalaran saya mumbuling kaluhuran, wah lajêng dipun garwa ing Sang Kalanajayadimurti, satriya prajuriting jagad, nanging inggih punika wau karaton manawi badhe risak, Prabu Nursirwan têka botên mathuk kagungan mantu kados makatên, gèk badhe pados mantu ingkang kados punapa, malah lajêng tansah madosakên mêngsah kemawon. Dangu-dangu Prabu Nursirwan dhumawah papa piyambak.

Manawi tumrap ing jaman neneman pinanggih wontên ing jaman Mataram badhe pindhahipun dhatêng Kartasura, punika nalika wahyuning karaton badhe pindhah, inggih wontên kemawon ingkang dados jalaran.

Lêlampahan-lêlampahan sadaya wau manawi dipun urutakên, pinanggih ing nalika wiwit dhumawahing kabêgjan dumugi oncatipun, dene ing antawising lêlampahan wau tamtu wontên lêlampahan ingkang kadosdene sasmita dhumawah ing karisakan. Sayêktosipun lêlampahan ingkang kados makatên wau botên namung dhumawah ing panjênêngan nata kemawon, sanadyan tiyang limrah inggih gadhah lêlampahan kados makatên. Dados ing gampilanipun, lêlampahaning tiyang punika inggih mawi watês, kilap enggal dangunipun inggih badhe pinanggih.

Punika namung kangge pangèngêt-èngêt tuwin pamarêm, bilih lêlampahaning tiyang punika tansah ewah gingsir, mila prayogi niti dhatêng dhumawahing sasmita ingkang nyata.

Jugul.

--- 1286 ---

Kawruh Padhalangan

Ringkêsaning Kawruh Padhalangan Ringgit Purwa ing Surakarta

Sambêtipun Kajawèn nomêr 80.

4. Gêndhing kêdhatonan.

Pamatrapipun: Tumraping gêndhing Titipati lan sadaya kêthuk kalih kêrêp, kênong sakawan gong (ugi kawastanan gêndhing: kênong tiga, sakawan gong). Lampahipun makatên: ngajêngakên gong gunungan kabêdhol, gong dipun sarêngi wêdalipun Limbuk (parêkan dhagêlan) kajogèdakên dhapur mlampah, angsal sagongan lajêng katancêbakên mèpèt ing sisih kiwa ing gêdêbog paseban. Katungka wêdalipun Cangik, kapatrapakên kados Limbuk wau, nuntên wêdalipun putri-putri ingkang prêlu ngadhêp tuwin lalênggahan, sami kapapanakên ing kiwa saprayoginipun. Dados lampah-lampah wau sagêd 3 utawi gongan. Ngajêngakên kênong 3 badhe wêdalipun pramèswari (= têtunggiling palênggahan ing ngriku), gôngsa kasêsêgakên, gong dipun sarêngi tancêbing pramèswari. Ngajêngakên kênong 1, kasirêp, lajêng ucap-ucapan. Satêlasing ucap-ucapan, saking gong laras 5 gêndhing kadhawahakên. Watawis 2 utawi 3 gongan ingkang sami lênggahan wau dalah para ngadhêp, sami kabêdhol mangiwa sadaya, prêlu mapag jêngkaring nata. Tumuntên sang nata saha putri-putri wau tata lênggahan malih, nanging sang ratu dumunung ing kiwa ajêng-ajêngan lan pramèswari. Gôngsa lajêng suwuk. Pathêtipun nêm wantah.

Yèn gêndhing Damarkèli, lampah-lampahipun kados gêndhing Titipati. Nanging pambêdholing gunungan sangajêngipun kênong 2, wêdaling Limbuk nyarêngi kênong kalih. Manawi badhe anjantur saking sasampuning kênong 3, manawi andhawahakên sasampuning kênong kalih. Pathêtipun manyura agêng.

Gêndhing: Gantalwêdhar, kêthuk 4 kêrêp. Lampah-lampahipun kados gêndhing Damarkèli, andhawah saking gong laras gulu agêng.

Gêndhing: Jômba, kê: 4 krêp. Lampah-lampahipun kados gêndhing Damarkèli, andhawah saking gong laras 6.

Gêndhing: Kadukmanis, kê: 4 kêp.§ Katêrangan swargi Purwa Pangrawitan, gêndhing Kadukmanis punika kêthuk kalih awis, nanging satêmênipun, pêpetanganipun panjang cêlaking gong-gongan botên beda kalihan kêthuk 4 kêrêp. Lampah-lampahipun kados gêndhing Damarkèli, andhawah saking gong laras 5.

Gêndhing: Kanyut, kê: 4 krêp. Lampah-lampahipun kados gêndhing Damarkèli, andhawah saking gong laras 5.

Gêndhing: Tunjungkaroban, kê: 4 krêp, kênong 4, gangsal gong. Lampah-lampahipun kados gêndhing Damarkèli, andhawah saking gong laras gulu agêng. Sarèhne punika sagongan isi 5 kênongan, mila panjantur tuwin andhawahakên kêdah nglèrèg ing kênong wingkingipun.

Gêndhing: Titisari, kê: 4 krêp. Lampah-lampahipun mirsanana gêndhing Damarkèli.

--- 1287 ---

Gêndhing: Mrak Kasimpir, kê: 2 krêp, kênong 1 kalih gong. Lampah-lampahipun kados gêndhing Titipati, nanging panjanturipun saking sasampuning gong, andhawahipun saking gong lararlaras. 6.

Gêndhing: Laranangis. kê: 2 krêp. Lampah-lampahipun kados gêndhing Titipati, andhawah saking gong laras gulu agêng.

Gêndhing: Larasati, kê: 2 krêp. Lampah-lampahipun kados gêndhing Titipati, andhawah saking gong laras 6.

Gêndhing: Puspawêdhar, kê: 2 krêp. Lampah-lampahipun kados gêndhing Titipati, andhawah saking gong laras panunggul alit.

Panganggenipun.

Gêndhing: Damarkèli, Mrak Kasimpir, kangge pramèswari Banowati.

Gêndhing: Titipati, Kadukmanis, kangge pramèswari ing Dwarawati.

Gêndhing: Gantalwêdhar, Jômba, Kanyut, Tunjungkaroban, Titisari, Laranangis, Larasati, Puspawêdhar, punika sadaya kangge srambahan.

5. Gêndhing pasowanan jawi

Pamatrapipun.

Gêndhing Lokanônta, kêthuk 2 kêrêp, pambêdholing gunungan wontên sangajênging gong. Wêdalan têtungguling pasowanan jawi nyarêngi gong, manawi andhawahakên wiwit saking sasampunipun gong ingkang laras gulu sêdhêng. Nêsêgakên badhe anjantur wontên sasampunipun kênong kalih, sirêpipun nyarêngi kênong 1.

Gêndhing Bolang-bolang, kê: 2 krêp. Pambêdholing gunungan wontên ing ngajêngakên kênong 2 wêdalipun têtungguling pasowanan jawi nyarêngi kênong 2. Wiwiting panjantur saking sasampunipun kênong 3, sirêping gêndhing wontên ing antawising gong kalihan kênong 1.

Gêndhing: Dhandhun, lampah-lampahipun kados gêndhing Lokanônta, andhawah saking gong laras gulu sêdhêng.

[Grafik]

Tuladha mripat bintulu.

Gêndhing: Prihatin, kados Lokanônta, andhawah saking gong laras 5.

Gêndhing: Sêmukirang, kados Lokanônta, andhawah saking gong laras gulu sêdhêng.

Gêndhing: Turirawa, kados Lokanônta, andhawah saking gong laras gulu sêdhêng.

Gêndhing Mandulpathi, kados Lokanônta, andhawah saking gong laras nêm.

Gêndhing: Kadhatonbêntar, kados Lokanônta,

--- 1288 ---

andhawah saking gong laras nêm alit.

Gêndhing: Capang, kados Lokanônta, andhawah saking gong laras gangsal alit.

Gêndhing-gêndhing pasowanan jawi sadaya punika suwukipun sêsêgan, kasambêt ing ada-ada girisa.

Panganggenipun.

Gêndhing: Dhandhun, kangge Arya Wrêkodara, utawi Bratasena.

Gêndhing: Sêmukirang, Kêdhatonbêntar, kangge Arya Dursasana.

Gêndhing: Sêmukirang, Mandulpathi, kangge sadaya ringgit gusèn tuwin braokan.

Gêndhing: Capang, Lokanônta, kangge Sri Baladewa.

Gêndhing: Bolang-bolang, kangge Arya Burisrawa.

Gêndhing: Turirawa, kangge pasowanan jawi para dewa.

Gêndhing: Sêmukirang, Prihatin, Kêdhatonbêntar, punika kangge srambahan sadaya.

Suharda.

Jagading Wanita

Kaborosan Kala Jaman Rumiyin

Limrahipun bôngsa Jawi ing jaman salawe taunan sapriki, tindak wilujêngan punika dipun wigatosakên sangêt, nanging sajatosipun sanadyan ing jaman sapunika inggih taksih, nanging sampun botên kados kala rumiyin, awit kala rumiyin, tiyang abale griya punika manawi botên wilujêngan ing kalanipun môngsa wilujêngan, rumaos isin kalihan tôngga têpalih. Dene limrahipun tiyang ingkang wilujêngan punika tiyang ingkang sampun jêjodhoan, awit sampun nama dados tiyang sêpuh.

Sajatosipun ing bab wilujêngan punika ing dalêm sataun tansah lumintu kemawon, tur botên cêkap waragad sakêdhik, awit kajawi mujudakên ambêngan ingkang dipun kêpung ing tiyang kathah, ingkang kaujubakên dados bakuning wilujêngan, ugi mawi wèwèh-winèwèh. Ing kalanipun nuju wulan wilujêngan wau, ing margi-margi kathah têtiyang ambêkta barang wewehan mrika-mriki.

Wilujêngan punika ingkang baku angawaki tiyang èstri, mila umumipun lajêng dados wajibipun tiyang èstri, nyanggi bot repot pangupadosing bêtah, olah-olah ngantos sarampungipun sadaya. Mila tumraping tiyang èstri, manawi nuju wulan makatên wau, gadhah wajib angrêgiyêg yêktos. Tindak makatên wau botên ngêmungakên ing kitha kemawon, dalah ing padhusunan ugi makatên.

Sayêktosipun wilujêngan kala samantên nama botên baèn-baèn. Mênggah warni-warnining wilujêngan wau kados ing ngandhap punika:

1. Sabên ing wulan Sura, dhawah ing brahat tanggal kaping 8, wiwit kenging wilujêngan ngantos dumugi tanggal 30. Ambênganipun sêkul Jawi mawi kalapis ing sêkul wuduk, lawuhanipun ulam maesa kaolah warni-warni, tuwin dadar tigan karajang agal,

--- 1289 ---

sami kapupukakên, punapadene lêmbaran ulam ayam, sarêm wuku, lombok wêtahan tuwin dhêle kluthukan. Kajawi punika taksih mawi ambêngan jênang lêmu mawi bumbu tumbuk sarta mawi kawoworan jagung tuwin cikalan kalapa, kapupukan ulam warni-warni, tuwin dadar tigan karajang lêmbat, pangambêngipun jênang wau dipun takiri. Ingkang dipun saosi dhahar Bagendha Kasan Kusèn. Wilujêngan punika mawi wewehan, limrahipun ingkang dipun wèwèhakên jênang kadèkèk ing piring, dipun pupuki ulam sawarninipun. Ingkang dipun wèwèhi tôngga têpalih, sanak sadhèrèk tuwin kuwanuhan.

[Grafik]

Kêndhurèn wilujêngan dhauping pangantèn, ing Pontianak

2. Sabên ing wulan Mulud tanggal kaping 12, sidêkah mêmule, inggih punika dintên agêngipun têtiyang Jawi ing bakda garêbêg Mulud, anuju wiyosanipun taun Kangjêng Nabi Rasulollah, ambênganipun sêkul wuduk, ulam lêmbaran, lalaban lombok, sarêm kêdhêle, tuwin taksih wontên rêrangkènipun malih, makatên ugi pisang raja têmên. Punika ugi mawi wèwèh, nanging botên patosa.

3. Sabên ing wulan Ruwah, dhawahing brahat tanggal 15, wiwit kenging sidhêkah, ngantos dumugi tanggal 29, ambênganipun sêkul Jawi, lawuhanipun ulam maesa kados ingkang sampun kapratelakakên ing nginggil, sarta ambêngan malih awarni apêm. Ingkang dipun saosi dhahar para lêluhuripun saking jalêr utawi èstri, punapadene para nabi wali punapadene para ratu ingkang sumare ing tanah Jawi sadaya. Punika mawi wewehan sumrambah.

4. Sabên ing wulan Siyam, wiwit tanggal kaping 21. 23. 25. 27 tuwin 29. Asung dhahar Kangjêng Nabi Rasulollah, anyênyadhang konduripun kala ingandikan Allah minggah dhatêng suwarga, nama malêman, ambênganipun sêkul wuduk, lêmbaran ulam ayam tuwin ambêngan panganan wowohan warni-warni, punapadene kêtan, kolak, srikaya. Botên patos kêlimrah wewehan.

--- 1290 ---

5. Sabên ing wulan Sawal tanggal 1, sidêkah mêmule tuwin riaya, inggih punika dintên agêngipun tiyang Jawi ing bakda garêbêg Siyam, ambênganipun sêkul pulên ing nginggil mawi kalapis sêkul punar, lawuhanipun ulam maesa, punika milujêngi badanipun piyambak, anggènipun sagêd dumugi siyam sawulan muput. Botên mawi wewehan.

6. Sabên ing wulan Bêsar tanggal kaping 10, sidêkah mêmule, awarni sêkul golong, pêcêl pitik, jangan mênir. Inggih punika dintên agêngipun tiyang Jawi ing bakda garêbêg Bêsar. Botên wewehan.

Wilujêngan-wilujêngan sadaya wau sampun kêlimrah, sanadyan tiyang dèrèng sumêrêp lêrês lêpatipun, inggih lajêng nindakakên.

Kajawi wilujêngan kados ingkang sampun kapratelakakên ing nginggil, taksih malih wontên wilujêngan tiyang wawrat, wêdalan, brêsih dhusun, tuwin sanès-sanèsipun malih.

Kawontênan ingkang kados makatên punika punapa botên awrat. Nanging kala jaman samantên, raos awrat punika botên nate kalair. Dangu-dangu lajêng wontên cara rêrukunan, sabên têtiyang sakampung ngawontênakên papan wilujêngan namung saênggèn, sarana urunan, punika andadosakên kêmayaran. Malah dangu-dangu mèh ical.

Mênggah caraning wilujêngan tumrap satunggal-satunggalipun nagari punika beda-beda wujuding ambêngan.

Dados pinanggihipun ing jaman sapunika, sudaning cara ingkang kados makatên wau, inggih atêgês sudaning kaborosan.

--- 1291 ---

Rêmbagipun Garèng lan Petruk

Bab Kêkesahanipun Petruk dhatêng Cibadhak

III.

Garèng: Ora, Truk, mara saiki caritkna mungguh kaanane ing Cibadhak. Nèk Cibadhak kuwi rak iya desa kluthuk kae, ta. Mêsthine wong-wonge padha wêruh kowe lan Makne Kamprèt, padha gumun, mêndongong lan malompong, kayadene lumrahe wong desa yèn wêruh wong kutha kae, anggone nyawang mêsthi ora kêdhèp-kêdhèp saka dene gumune, bokmanawa ing batin padha muni mangkene: Wèh, wong kutha kuwi nèk manganggo, nèk lanang katon brêgas-brêgas, luwês, kawuwuhan dhèmês, apamanèh yèn wadon, wadhuh, anggone nêrapake panganggo kuwi le: srêg, sapolah tingkahe le katon: mêrak ati, sêdhêp. Seje karo wong desa, nganggoa apa-apa iya katon: sênêp, cêmplang, sayub ...

[Grafik]

Petruk: Wiyah, wong manganggo kok diunèkake cêmplang lan sayub, nèk têmbung loro kiyi rak mungguhing jangan. Jangan cêmplang, ya kuwi jangan sing kurang uyah, jagan sayub, nèk têlung dina ora diêngêt-êngêt kae. Kang Garèng, tak omongi, ya, anane wong desa sok nyênyawang wong kutha nganti ora kêdhèp-kêdhèp, kuwi iya bênêr nèk kok aranana padha gumun, nanging gumune mau aja kok anggêp, yèn sabab saka apiking panganggone wong-wong kutha mau, lo, kuwi ora mêsthi, Kang Garèng, kadhangkala anggone gumun kuwi, jalaran saka anggone sok nganèh-anèhi panganggone wong kutha. Apamanèh panganggone wong wadon, lo kuwi sok kakehan modhèl, nganti ora kalêbu nalar babarpisan. Kaya ta: nganggo klambi jambon, lêngêne digawe jambon ênom thik tipis bangêt, dadi nèk didêlêng saka kadohan sathithik, kaya nganggo klambi buntung. Nèk lêngêne pancèn gilig lêmu tur kulite kuning, nang pandêlêngan iya mung katon kaya wong nganggo klambi sing kurang bakal, balik lêngêne kuru aking thik kulite irêng, wèh hla kuwi nang pandêlêngan kaya wong sing tinempelan cakar pitik cêmani kae.

Garèng: We, hla sêmbrana, kathik banjur anggarap, dadi mungguhing panêmumu wong desa anggone

--- 1292 ---

sok nyawang bae karo panganggone wong kutha, sabab gumun saka anggone nganèh-anèhi, ora sabab saka brêgase, dadi nèk rumasamu wong desa nyawang nyang wong kutha, kuwi padha bae karo kowe aku upamane nyawang nyang wong sing manganggo klambi bagor. We, hla sêmbrana ora êntèk-êntèk têmênan. Wis, wis, saiki wangsulana bae pitakonku dhisik, yaiku: apa Cibadhak kuwi desa kluthuk, apa isih rada mambu-mambu kutha sathithik.

Petruk: Cibadhak kuwi sanyatane kutha kadhistrikan, ewasamono ramene ora kalah karo sawênèhing kutha apdhèling. Bokmanawa bae jalaran saka akèhe ondêrnèmêng-ondêrnèmêng tèh ing kiwa têngêne. Mulane ing kono iya akèh bangêt Walandane. Kabare cacahe Walônda kang manggon ing Cibadhak kono kurang luwih ana wong satus, nganti ing kono iya ana pamulangan Walônda barang. Mung bae ing Cibadhak kuwi Walandane rada beda sathithik karo sing padha manggon ana ing kutha sing gêdhe-gêdhe, têgêse: ora pati dhinês-dhinês panganggone kaya Walônda sing manggon ana ing kutha-kutha sing gêdhe. Nganti aku mèh ora bisa ambedakake bôngsa Walônda karo wong bumine, saupama aja kulite putih lan irunge bukung. Wong panganggone kuwi mèh padha bae, apamanèh nèk partikêlirane, bôngsa Walônda iya wong bumine kabèh-kabèh padha nganggo: hancinco, clana tidhur, thik padha ora nganggo sêpatu. Sing lucu bangêt tur ngêgèt-êgèti kuwi panganggone para tukang grobag, nèk esuk mono iya barès manganggo kaya lumrahe tukang grobag, nanging nèk sore, apamanèh yèn arêp plêsir-plêsir, hla kuwi panganggone iya padha sêtelan, sêpatune sing kiyèt-kiyèt kae, thik ora lali anggone nganthongi: phulpèn, potlot, buku cathêtan, lan sapadhane, cêkake nèk wong sing ora sumurup, ora bakal ngira yèn tukang grobag, apês ambalêbês mêsthi ngarani bangsane bêndara: klèrêk utawa komis.

Garèng: Lo, pikiranamu kuwi têka le kolot bangêt mêngkono, apa ora kêna wong manganggo sakarêp-karêpe, saiki kiyi wis dudu jaman Majapaitan kae, ana panganggo sing dadi larangan barang. Sanadyan arêp manganggoa sing pating krêmbyah kaya barongan pisan, nèk jaman saiki kiyi wis ora ana larangane babarpisan. Tujune kowe kuwi ora tinakdirake duwe panguwasa, kiraku upama iyaa mêngkono, mêsthine sanalika banjur ngubêngake sirkulèr nyang bawahe, sing muni mangkene upamane: para priyayi, ing sarèhning padha priyayi Jawa, kudu sing nêngênake bangêt nyang tatakrama. Sanadyan aku ora kumudu diajèni sing nganti kêladuk kae, ewasamono aku ora sênêng yèn ana priyayi sing kurang ajar, mulane anggone padha manganggo iya sing kanthi pangaturan ...

Petruk: Sêtop, sêtop, kowe aja kaliru tômpa Kang Garèng, aku ora kok arêp nyeda, mêmoyok utawa elik-elik nyang panganggone siji-sijining wong, pancèn iya bênêr ing bab panganggo, wong kudu dimardikakake [di...]

--- 1293 ---

[...mardikakake] sakarêp-karêpe dhewe. Nanging dupèh kêna sakarêp-karêpe, sing arêp nganggo-anggo rak iya kudu anjaga kapantêsane utawa duga prayogane, prêlune iya supaya aja diarani nganèh-anèhi mau, apa dupèh kêna manganggo sakarêp-karêp, banjur manganggo mangkene upamane: sêtelan, nanging jase bêskap cara Sala, kawuwuhan nganggo kêthu modhèl Turki, hara, apa ora pantês saupama wong kiyi dilêbokna ana ing romah sakit: Cikêmêh (Bogor) utawa ing Kramat (Magêlang). Wis, wis, saiki tak ambanjurake caritaku kaanane ing Cibadhak kana. Nèk didêlêng saklebatan, sajake Cibadhak kuwi ora kambah ing jaman malèsèd babarpisan, sabab wong-wonge ing kono sawangane pancèn iya katon: lêmu-lêmu lan waras-waras, apamanèh wong-wonge wadon, sing kulite kuning pancèn iya katon padha mênis-mênis, sing kulite irêng padha manis-manis. Lan sing anèh manèh, panganggone kuwi sing disênêngi têka sing ulêse ngêgèt-êgèti kae, kaya ta nganggo klambi iya sing ulêse: abang mêngangah, biru kêcu, kuning ambrining, nganti nèk didêlêng saka kadohan, saèmpêr karo ulêsing ... wedang sêkotêng.

Garèng: Iya sabab sing kaya mêngkono kuwi anggone bôngsa mônca tansah angalêmbana mênyang kaanane wong-wong wadon ing Priyangan, diarani: yèn wong-wong kana kuwi padha pintêr macak, pintêr mêmantês nyang awake, beda bangêt karo wong-wong wadon ing Jawa Têngah utawa Jawa Wetan, panganggone padha sarwa irêng-irêngan, tumraping bôngsa mônca nyang pandêlêngane katon: surêm lan ora ngrêsêpake. Hla wong rasane wong mônca kuwi pancèn beda bangêt yèn dipandhing karo rasane kowe aku kiyi. Ing môngka nèk kanggone aku kowe panganggo sing sarwa irêng-irêngan mau, nang mata katon luwês ulêng-ulêngan bangêt, dhasar kulite kuning nêmu giring, klambine gadhung nganggo pêndhatêng, tapihe lurik, gêlunge gêlung gêdhe cara Yoja, suwênge irêng, panunggule mung sijining barliyan, wadhuh, bok dikon milih karo widadari Priyangan sing kinyis-kinyis, aku iya kapêksa milih ... kabèh.

Petruk: We, hla ora ana sing dicacadane. Wis, wis, sanadyan isih akèh sing pantês tak caritakake nyang kowe bab kaanane Cibadhak, ewadene rêmbuge padha dicuthêl samene bae, liya dina padha rêmbugan bab liyane manèh.

[Grafik]

Botên ngêmungakên ing kitha agêng-agêng kemawon ingkang wontên pakêmpalanipun bal-balan, sanadyan ing kitha alit ugi wontên. Ing nginggil punika gambaring para juru bal-balan nama V.V. Oranje ing Namlea (Buru). Adêging pakêmpalan wau sampun kalih taun, dipun pahargya kanthi pasamuwan.

--- 1294 ---

Pêthikan saking Sêrat-sêrat Kabar Sanès

INDONESIA.

Ambegal arta ing margi. Wontên kintunan arta saking Pondhok Gêdhe, Bêtawi, badhe kakintunakên dhatêng kêbon, lampahipun lori wau sarêng dumugi margi ingkang sêpên, lajêng kaêndhêgakên ing tiyang, lori kagolingakên, arta f 430.- karêbat.

We, la tindak nekad sayêktos. Bokmanawi kemawon jalaran karupêkan saking rêkaosing anggènipun ngupados têdha, ngantos lajêng kasupèn dhatêng paribasan: sapa salah sèlèh. Awit kenging katêmtokakên, bilih botên dangu malih mêsthi lajêng kacêpêng ing pulisi.

Padagangan partikêlir. Miturut cathêtan saking Centr. kantor voor de statistiek, wontênipun barang padagangan partikêlir ingkang malêbêt dhatêng Indonesia:

Augustus 1931 wontên 156 ton rêgi 41 yuta rupiyah. Aug. 1930 wontên 199 ton, rêgi 63 yuta rupiyah.

Januari-Augustus 1931 wontên 1.519 ton, rêgi 374 yuta rupiyah. Jan-Aug. 1930 wontên 2053 ton, rêgi 590 yuta rupiyah.

Dene ingkang mêdal saking Indonesia, miturut pêpetangan kados inginggil:

672 ton, rêgi 72 yuta rupiyah. 836 ton, rêgi 92 yuta rupiyah. 5.400 ton, rêgi 580 yuta rupiyah. 6.467 ton, rêgi 819 yuta rupiyah. Pêpetangan wau pinanggihipun têtandhingan suda kathah, botên baèn-baèn.

Sudan balanja. Wontên pawartos, parentah sawêg nimbang badhe sudaning blanjanipun punggawa ingkang f 2.- dumugi f 50.-

We hla kojur.

Tatanan enggal tumrap klas ing kapal. Miturut pawartos, saking dhawuhipun minister jajahan, nêtêpakên para punggawa nagari ingkang numpak kapal-kapal mil, wiwit benjing tanggal 1 Januari 1932 tumrap tiyang ingkang balanja f 775.- minggah manggèn ing klas 1; ingkang balanja f 350.- dumugi f 775.- manggèn ing klas 2; ingkang balanja f 160.- dumugi f 350.- manggèn ing klas 3; kirangipun saking f 160.- manggèn ing klas 4. Tumraping guru ingkang nggadhahi hoofdacte, wontên tatanipun sanès, inggih punika sanadyan blanjanipun kirang saking f 35.- wênang manggèn ing klas 2.

Ing sadèrèngipun wontên tatanan kados makatên, ugi wontên tatanan ingkang kangge mbedakakên klas, inggih punika tumrap opsir tuwin punggawa ingkang asli wêdalan saking pamulangan luhur, sanajan balanjanipun sawêg sakêdhik ugi wênang manggèn ing klas 1, tumanja minangka pangaji-aji. Dados tatanan ingkang kados sapunika nama satunggiling kapitunan tumrap golongan kasêbut wau.

Kuli kontrakan wangsul. Aneta nampèni pawartos saking Medan, bilih kapal Plancius ingkang dhatêng tanah Jawi, mbêkta wangsul kuli kontrak 1835.

Hêm, têtiyang wau wontênipun ing nêgarinipun gèk lajêng badhe kadospundi?

Dr. Sukiman ing kalangan S.I. Wontên pawartos, benjing ing wulan December ngajêng punika, ing Bandhung badhe dipun wontênakên congrès S.I. pilihan hoofdbestuur. Dr. Sukiman ing Ngayoja kacalonakên dados presidènt.

Nah sapunika adêging pakêmpalan S.I. sami asawung têlèk-têlèk, ing pamuji sagêda anunggil damêl kalihan pakêmpalan sanès-sanèsipun.

Immigratie bangsa Tiong Hoa. Kawontênanipun bangsa Tiong Hoa ingkang dhatêng ing tanah Jawi ing sapunika saya mundur, dene ingkang wangsul saya kathah. Wontênipun bangsa Tiong Hoa sami kêtarik ing manah wangsul dhatêng nêgarinipun, amargi rêgining pasitèn tuwin barang têtêdhan ing nêgarinipun sampun mirah. Kakintên sudaning immigratie ing taun punika wontên 50%.

Sudanipun bangsa Tiong Hoa ingkang malêbêt dhatêng tanah Jawi punika ndadosakên kapitunan utawi botên, namung kasumanggakakên. Namung tumrapipun tanah Amerika, bab wontênipun tiyang dhatêngan saking tanah ngamanca, saya malih tumraping bangsa Tiong Hoa tuwin Jêpan, punika dipun ngèl-ngèl, awit bangsa ingkang malêbêt dhatêng nêgarinipun wau sok wontên ingkang ndadosakên kirang prayogi, jalaran kêjawi sok kalêbêtan tiyang ingkang botên sae, ugi anjalari sudaning ajinipun para tiyang nyambut damêl.

Nyuda arta subsidie tumrap dhatêng para raad. Parentah aparing sêrat dhatêng para pangarsaning Provinciale raad, Gemeenteraad, Regentschapsraad tuwin dhatêng raad-raad sanèsipun. Suraosing sêrat: sarèhning kawontênanipun ing sapunika kados makatên, parentah kapêksa miyarakên têbaning pangiridan. Mila kapêksa badhe ngirid arta subsidie ingkang sampun katêtêpakên utawi ngirid arta pitulungan sanès-sanèsipun, ingkang kaparingakên dhatêng locaa-locaal. Wiwit sapunika kaparingan sumêrêp, mbokmanawi subsidie wau badhe dipun suda sawatawis prêsèn, utawi sagêd ugi kasuwak babar pisan.

Pamrayoginipun parentah ingkang kados makatên punika têka ngèmpêri kados raosing bapa dhatêng anak.

Rantaman wragad Jawi Kilèn. Provincie Jawi Kilèn manggih sabab warni-warni ing bab rantaman wragad taun 1932, prakawis wau kêdah sumadhiya ing Prov. Raad salêbêtipun wulan punika. Sagêd ugi rantaman punika badhe katrajang pangiridan kados kaparênging parentah ingkang kantun punika. Ing bab punika taksih salêbêtipun dados têtimbangan, wontên lampah kalih prakawis, inggih punika tarimah nampèni rantaman makatên, punapa sumados badhe ngêsahakên rêmbag rumiyin, murih sagêd angewahi.

Bab punika tumraping ngakathah têmtunipun namung gadhah pangajêng-ajêng milih ingkang badhe damêl sakeca.

Wanci minggah kaji. Kawartosakên, wontênipun tiyang minggah kaji ing wêkdal punika katingalipun tumraping Indonesia suda tinimbang taun kapêngkêr. Kapal kaji ingkang bidhal rumiyin piyambak, kawiwitan benjing tanggal 17 wulan punika. Kongsi 3 nyadhiyani kapal 5. Candun, Tarakan, Kota Nopan, Kota Agung tuwin Memnon.

Mirit kawontênanipun jaman malèsèt, punapa sakintên wontênipun tiyang minggah kaji ingkang badhe kalampahan punika botên saya suda? Ingkang punika mugi dadosa pêpèngêtipun pakêmpalan Mohamadiyah ingkang kabaripun gadhah kajêng badhe ngadani baita kaji piyambak.

Bupati badhe minggah kaji. Wontên pawartos, ingkang bupati ing Bojanêgara mêntas rawuh ing griyanipun Kyai Jaenuddin ing Nganjuk, prêlu ngajak sêsarêngan minggah kaji.

Kaparêngipun ingkang bupati badhe minggah kaji punika, anêtêpi raos kalanipun pangkat bupati punapa taksih awujud dados pangagênging tiyang Jawi, bilih bupati punika ugi dados pangajênging babagan agami.

--- 1295 ---

[Grafik]

Tuwan Mr. L.J.A. Trip.

President Nederlandsche Bank. Miturut pawartos kawat saking Amsterdam, Mr. G. Vissering, President Nederlandsche Bank gadhah panêdha badhe kèndêl, gêgayutan kalihan bab kasarasan. Dene ingkang gumantos Mr. L.J.A. Trip, tilas President Javansche Bank, ingkang sapunika dados pangarsa Ondernemersraad ing tanah ngriki.

Sêsakit pèst. Kawartosakên, ing wêwêngkon Kuthagêdhe, Ngayogya, wontênipun sêsakit pèst ngrêbda malih, salêbêtipun sawulan tiyang ingkang tiwas wontên 7.

Sêsakit pèst punika têtela ambêbayani, kados tumraping ngakathah inggih sampun botên kêkilapan, lan sagêd nyumêrêpi dhatêng rêkaosing tindakipun parentah anggèning damêl panyêgah, mila wajib dipun èstokakên. Nanging sarèhning ugi kêrêp wontên garunêng ingkang tuwuh saking ngandhap, ingkang gêgayutan kalihan bab punika, mugi ingkang wajib ugi nggaliha prayogining lampah, murih botên ndadosakên sêling sêrêping tiyang ingkang kirang mangrêtos.

Pêpajêngan sarêm. Kawartosakên saking Sêmarang, pêpajêngan pakaryan sarêm ing salêbêtipun wulan Sèptèmbêr, tumrap sarêm pak-pakan wontên f 340.000.- Sarêm eceran wontên f 3.110.000.- Dene Januari dumugi Sèptèmbêr 1930 wontên f 3.170.000.- Dados sudanipun wontên f 60.000.-

Pancèn inggih nggumunakên, ingatasing sarêm punika dados kabêtahanipun sabên tiyang, ewadene sarêng jaman malèsèd, têka pêpajênganipun inggih suda.

Para Resident ing Jawi Kilèn. Dados resident ing Bêtawi Tuwan Van der Hoek, rumiyin Resident Bogor. Ing Bantên Tuwan de Kanter. Ing Bogor Mr. Letterie. Ing Bandung Tuwan Kuneman. Ing Tasikmalaya Tuwan Ter Poorten. Ing Cirêbon Tuwan Licklaen Westenberg. Kabantokakên dhatêng Gupêrnur Tuwan De Vos. Wisudhan pangagêng punika tumraping andhahan atêgês dados pamêcut, awit kêdah nyumêrêpi kadospundi mênggahing panggalihanipun pangagêng enggal wau.

Pêpajêngan candu. Pêpajênganipun candu ing sapunika pinanggih saya mundur. Sudanipun sabên wulan mèh 8 ton, tinimbang padatan. Pêpajênganipun ing taun punika ingkang tapsiranipun 37 yuta, kintên-kintên badhe mêlorot kantun 27 yuta.

Sanadyan suda kathah, manawi tumrap padagangan satunggal punika, umumipun têtiyang sami ngucap sukur.

Juru paniti katêntrêman margi. Ing sapunika ing Bêtawi kathah para neneman wêdalan K.W.S., Mulo tuwin sanès-sanèsipun ingkang malêbêt dados juru paniti katêntrêman margi (Verkeerscontrole), sami kapatah nindakakên wajib wontên ing margi, nyathêti têtumpakan ingkang langkung ingriku, sabên kalih jam pindhah panggenan. Balanjanipun sadintên f 1.-, manawi dhatêngipun kasèp kadhêndha f 1.-

Dhuh samantên awratipun tiyang pados têdha wontên ing jaman sapunika.

Sultan Johor drêma arta. Wontên pawartos, Sultan Johor drêma arta 5000 pond sterling dhatêng parentah Inggris, minangka kangge pitulungan dhatêng kasusahan ingkang pinanggih ing karajan Inggris.

Sarèhning arta 5000 pond sterling (1 pond sterling ing jaman malèsèd kirang langkung rêgi f 10.-) punika sajatosipun inggih kathah, dados anggèning drêma inggih atêgês kasugihaning prajanipun.

Tatanan kantor pajêg. Wontên pawartos, kantor agêng bab paos nyiarakên sêrat sêbaran dhatêng para pangagêng inspecteur, mratelakakên supados lêbêting arta paos langkung enggal tuwin ajêg. Tumrap aanslag warni-warni ing taun 1932 kêdah kawêdalakên tumuntên. Ing pangajêng-ajêng benjing wêkasaning taun 1932 kêdah sagêd ngêdalakên aanslag pajêg balegriya tuwin pajêg pamêdal. Aangiftebiljetipun kêdah sampun katampèkakên ing taun punika.

Kêkêncêngan pamardi bab paos, têka angèl têmên sagêdipun jumbuh kalihan ingkang dipun pêrdi.

Pêpetangan wêdaling asil siti ing tanah Jawi lan Madura. Miturut cathêtan saking kantor Statistiek wontênipun asil siti ingkang mêdal saking tanah Jawi tuwin Madura ing salêbêtipun wulan Sèptèmbêr 1931: karèt 5.668 ton, mrica pêthak 310 ton, mrica cêmêng 99 ton, jagung 4.184 ton, kopi 1.820 ton, copra 25 ton lisah sêre 94 ton, gêndhis 109.059 ton, sata 54 ton, sata krosok 1.932 ton, gaplèk 4922 ton, glêpung pohung 8.304 ton, tèh 4.354 ton, kapuk 811 ton tuwin timah 972 ton.

Wah salêbêtipun sawulan tur jamanipun malèsèd makatên têka mêdal samantên. Punapa dede bumi kancana sayêktos.

ASIA.

Sadhiya kapal pêrang. Jalaran saking sumpêkipun kawontênan ing Tiongkok lèr, kumêndhaning marine Jêpan tampi dhawuh mèh mêsthi, supados nyadhiyakakên kapal pêrang Tokiwa, rumantos bidhal sawanci-wanci. Malah manawi prêlu, taksih nyadhiyani kapal pêrang sanès-sanèsipun malih tuwin mêsin mabur.

Cobi, pundi titik ingkang badhe dados jalaraning têntrêm?

EROPA.

Tiyang badhe dhatêng pavilyun Walandi ing Paris. Kawartosakên ing pavilyun Walandi ing Paris, sampun kaping kalih wontên tiyang badhe malêbêt ing pavilyun mêdal nginggil. Sapisan bangsa Pool, kaping kalihipun bangsa Prancis. Mênggah kajêngipun punapa dèrèng kasumêrêpan.

Kawontênan punika manawi sawêg dados rêmbag, inggih tansah wontên kemawon lêlampahan ingkang thukul.

--- 1296 ---

Wêwaosan

Cariyosipun Nata ing Kelan

6.

[Mêgatruh]

sri narendra kalangkung sêkêl ing kalbu / kongsi tan sagêd anggalih / paran ing prayoginipun / mrih rahayu mungguh bêcik / ywa anggung ngrusak lêlakon //

ing wusana sri nata alon dhêdhawuh / ngêmpalakên para rêsi / riwusing samya ngalumpuk / nulya angandika nuli / paran mangkya kang linakon //

jatinira para pandhita sadarum / ing tyas ngrasa tan kadugi / maring panjênêngan ratu / kang atindak murang niti / têgêlan atindak awon //

marma dangu sadaya samya uminggu / datan tinêmu ing titik / dènnya nayogyani rêmbug / miwah urun pamrayogi / sadaya mung sarwa borong //

kongsi nyênyêt tan wontên sabawanipun / mung raos pêpêt kapati / tidhêming kaananipun / nyata kadi nyasmitani / umangguh kaanan awon //

tan adangu kawuryan wiku wus sêpuh / pasêmonira katitik / cinakêtan ing kêkuwung / dadya tandhaning aluwih / nulya awacana alon //

dhuh pukulun tinêbihna ing bêbêndu / dene ulun angêmori / rêmbag mring nata linangkung / kang adhakan manggih sisip / tan wun ulun pinrih layon //

sri narendra sakala kraos ing kalbu / kataman pasêmon luwih / winahya sabdaning wiku / têmah sri nata mangsuli / kanthi nalôngsa ing batos //

ywa pakewuh andika umêdhar wuwus / kang tuwuh saking tyas suci / kula mung arsa angrungu / kang rasa anayogyani / ing galih aywa pakewoh //

sang awiku nulya angambali wuwus / dhuh-dhuh wiyosipun gusti / kang môngka sarananipun / sirêp krodhanirèng warih / mugi kaparênga katong //

negakakên putri nata môngka tawur / linarunga ing jaladri / môngka tôndha bêktinipun / mring dewaning jalanidhi / kang ing mangkya krodha kaot //

lamun nyata sri nata rila ing kalbu / atêtawur putri luwih / bokmanawi antuk tulung / krodhaning kang jalanidhi / suda tan ngêlêm kadhaton //

myang ngayomi mring praja wêwêngkonipun / ingkang dèrèng kambah warih / sakala nata anjêtung / nanging nulya nabda ririh / kakang kula amung borong //

kang sanyata ananira mawèh trênyuh / dening putri mung sawiji / kang ing warna langkung punjul / mangkya arsa pinrih pati / linarung nèng samodra rob //

wus pinuntu sri narendra datan kengguh / mring raos awrat ing galih / nulya alon adhêdhawuh / nimbali sang rajaputri mrih / sumiwi ngarsa katong //

tan adangu wus sumiwi ngarsa prabu / ing sêmu dahat katitik / dènnya duhkita kalangkung / nglayunging wadana kèksi / lir surêming wulan ngayom //

dening kasok dènnya kaputêkan kalbu / dènira anggung anggalih / marang sedanirèng ibu / akanthi siksa linuwih / mung tansah tumanêm batos //

ing sakala sri nata dupi andulu / mring warnanira sang putri / anggung karaos ing kalbu / nulya angandika ririh / kanthi udrasa ing batos //

dhuh-dhuh nini sira putra jiwaningsun / sira dèn lêgawèng ati / rêksanên prajanirèku / ywa kongsi antuk bilai / ingêlêban samodra rob //

saranane mung têtawur sira masku / arsa sun labuh ing warih / dhuh sira ngemana tuhu / mring pra kawula lan bumi / miwah têtêping karaton //

sang suputri duk umirêng dhawuh prabu / tan kraos kagèt ing galih / malah ing sêmu panuju / wadananira katitik / kang surêm mangkya sumorot //

awit tuhu sang putri sajatinipun / angrasa kapêsan galih / dening sedanirèng ibu / tan wontên kacipta malih / mung anggung anyipta layon //

tan antara wus samapta sanggyanipun / ingkang môngka upakarti / anglarungira sang ayu / ing mangkya namung anganti / mêmanising pura miyos //

IV. Sang putri wontên salêbêtipun baita kancana.

[Dhandhanggula]

kang miyarsa sami sêmu tangis / datan ana kang samya angira / kalamun tinêmu mangke / saya gung kang bêbêndu / kang ngênani sri narapati / kecalan gurunira / dyan garwa sumusul / ing wêkasan putra nata / datan kari arsa sumusul ing pati / linarung ing samodra //

kang mangkana sri narendra yêkti / saya kasoka duhkitanira / têmah mupus pêpasthène / kang mangkana satuhu / laku sisip yèn andhatêngi / tan pilih kalamôngsa / prapta runtung-runtung / janma tan kêni suminggah / lamun kongsi ing sêdya nêdya angoncati /Lebih satu suku kata: lamun kongsi ing sêdya nêdya ngoncati. saya kêtula-tula //

duk samana sang rinajaputri / wusing tampi dhawuh sri narendra / nulya tata-tata age / siram jamas sang ayu / agêgônda aburat wangi / akêkêthok kanaka / môngka tandhanipun / dènira srah patinira / kang satuhu tan mawi mandhêg tumolih / tuhu putri utama //

sasampating dènira sêsuci / abusana seta sarwa sutra / rikma apanjang dèn ore / rinêngga-rêngga luhung / udhalaning rikma katitik / têlês tabêting jamas / tumètèsing ranu / kadya gêbyaring sêsotya / kang uwal sing ngêmbanan tumibèng siti / gumêbyar tanpa kêndhat //

rêbat sorot lan busana adi / sarwa sotya rumênggèng sarira / datan pilih gon sênêne / parandene kadulu / arasa lir êluhing tangis / têmah kang samya mulat / kadayan tyas trênyuh / sawusira paripurna / putri nata miyos saking kênyapuri / ingayap pra parêkan // (Badhe kasambêtan)

--- [0] ---

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]

--- [0] ---

Ôngka 83, 4 Jumadilakir Taun Je 1862, 17 Oktobêr 1931, Taun VI

Kajawèn

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]

--- [1297] ---

Ôngka 83, 4 Jumadilakir Je 1862, 17 Oktobêr 1931, Taun VI

Kajawèn

Kawêdalakên sabên dintên Rêbo lan Sabtu

Rêgining kalawarti punika ing dalêm tigang wulan ... f 1.50, bayaranipun kasuwun rumiyin, botên kenging langganan kirang saking 3 wulan.

Juru ngarang - administrasi Bale Pustaka, ing sawingkinging kantor palis, tilpun nomêr 2791 - Bêtawi Sèntrêm.

Tatwawara

Pêthikan Anggitan Dalêm Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Ariya Mangkunagara IV

[Sinom]

ywa sira duwe pangira / lamun wong dadi prajurit / karyane abot priyôngga / wruhanta sagung pakarti / kabèh donya puniki / tan ana prabedanipun / kang dagang nèng lautan / miwah ingkang among tani / sumawana kang suwita ing narendra //

myang kang tapa jroning guwa / kang manusup ing asêpi / lakone padha kewala / awit iku dadi margi / mrih katêkaning kapti / sapangkate pandumipun / nanging sarananira / mantêp têmên lan tabêri / samaptane ingaranan laksitarja //

lawan sira sumurupa / kang kalêbu pangabêkti / nora sêmbahyang kewala / kang dadi parênging Widi / kabèh panggawe bêcik / kang mantêp suci ing kalbu / uga dadi panêmbah / yèn katrima iku sami / sinung rahmat samurwate badanira //

lamun tan mawa sarana / paran katêkaning kapti / lir bêdhag tanpa sanjata / ingatasira Sang Hyang Widi / tan karsa mituruti / marang wong kang tanpa laku / nir ngamal myang panêmbah / kumudu dipun turuti / ngêndi ana gusti rinèh ing kawula //

--- 1298 ---

Rêmbagipun Garèng lan Petruk

Bab Lurik

I.

Petruk: Lênggah kursi goyang kalihan rêngêng-rêngêng Dhandhanggula.

piyarsakna ngong candrane mangkin / upamane lurah ing Klampisan / lunga jagong lan bojone / kang lanang rada bêsus / ikêt modang kêmadha sungging / pacake cêcathêman / carukane alus / bêbêd bathik kawung kêmplang / sabuk lurik gêrusan èpèk prêkêntin / timange ulan-ulan //

klambi bêskat lurik êndhog mimi / bênik gulon intên sêling mirah / ngapit canthèl tanpa klanthe / nyothe kêrise mungguh / nyangking wiron tangane kering / dhasar brêngose capang / mêlês dèn lus-êlus / lah apa iku kuciwa / pangrasèngsun dene wus pantês kapati / busanane wong Jawa //

bokmas lurah lumaku nèng wuri / tapih lurik ijo tumênggungan / lurik abang kulambine / kêkêmbên tuluhwatu / slendhang bledhak tur latar putih / wadhuh katone jêjak / sasat sri tumurun / sabên wong kapapag marga / kongsi mlêngak sawênèh ana ngrasani / iku panduganingwang //

nalikane dèn idhamkên nguni / wohing anggur rujakane baya / ala nganggur sajakane / yèn nyandhang sarwa patut / malah katon nyontok kapati / ingsun tan warêg nyawang / kudu ngulu idu / bêgjane kônca Klampisan / nora larang mas lurah ...

[Grafik]

Garèng: Sêtop, sêtop, ana awan-awan kathik galenggengan nganti kaya arêp ambêdhah-bêdhaha kêndhangane kupinging tôngga-tanggane. Wong ura-ura wayah mene kiyi, nèk ora mung arêp ngayêm-ayêmi awake sabab kêndhile mêngkurêb, iya ngatonake yèn wong umuk, têgêse: arêp nuduhake tôngga-tanggane, yèn lagi kuwarêgên, mulane iya ayêm, banjur bukak suwara.

Petruk: We, hla, Kang Garèng kiyi, andakwa rong prakara kathik ala kabèh. Kang kapisan, dumèh jaman malèsèd, didakwa yèn sok ora bisa mangan babarpisan, Kang Garèng, sanadyan saiki blanjaku dipotong, nanging kaananku iya durung yèn nganti sêmono kuwi. Kang kapindho andakwa nyang rakuse awakku, yèn wis mangan, mêsthi nganti kudu dikêruki enthong. Nèk aku ora mangkono, Kang Garèng, salawase tansah [ta...]

--- 1299 ---

[...nsah] migatèkake bangêt nyang lakune para wali, yaiku: yèn mangan lagi enak, ora tak banjurake, nanging tak lèrèni, cikbèn warêgku mau mung mônda-mônda bae, mulane anggonku mangan iya tak pranata bangêt, ya kuwi: sabên jam.

Garèng: Wah, iya prasasat celenganane. Ora Truk, sing kok anggo ura-ura, barêng tak rungok-rungokake kaya-kaya kok mêthik saka layang: Pêpeling lan Pamrayoga, anggitane Jagawinatan kae. Lo, kathik dingarèn, ura-ura bae mêthik sakal layang barang, sabêne nèk ura-ura kok anjupuk lagu: kroncong utawa cokèk.

[Grafik]

Wujude lurik ana ing kamarbolah Panti Arja Magêlang, nuju ana sêtèlêngan.

Petruk: Wiyah, nèk ngroncong utawa nyokèk, kuwi jênênge rak: mênyanyi utawa singên-singên. Ora, Kang Garèng, anggonku ura-ura mêthik saka layang mau, sanyatane saiki kiyi aku lagi kapranan marang pambudidayaning sawênèhe para panuntun anggone arêp ngajokake ing bab lurik. Lo, kuwi sajake kok dipêng têmênan, ing ngêndi-êndi ora mung dianakake propagandhah bae, nanging uga ngêdêgake sêtèlêngan barang, sing mung maligi arêp mitongtonake anane bakal lurik bae. Kaya ta durung suwe kiyi ing Magêlang iya mêntas nganakake sêtèlêngan sing kaya ngono kuwi. Lo, kuwi mungguhing aku, yèn lurik mau bisa maju têmênan, tumrap tanah Jawa lan wong-wonge, pancèn iya bakal gêdhe lan akèh bangêt gunane. Kaya ta: nguntungake tumraping panganggo, anggêdhèkake rasaning kajawène, nyuda kaborosane, ngundhakake kabudidayan, muwuhi pagaweane wong, lan liya-liyane.

Garèng: Wèh, sajake gunane yèn lurik kuwi bisa maju têmênan, têka tharik-tharik rete-rete bangêt, mara Truk, supaya utêkku bisa padhang trawangan, saiki coba andharna saka siji.

--- 1300 ---

kaya ta unimu: nguntungake tumraping panganggo.

Petruk: Hla, kuwi mêngkene, Kang Garèng. Anggonku ngarani: nguntungake, awit lurik kuwi kang kapisan: murah, kapindhone: awèt, kaping têlune: barès, nanging nang pandêlêngan katon luwês lan pantês.

Garèng: Wiyah, omonganamu kiyi aku ora mupakat babarpisan, kaya ora ana lurik sing rêgane f 10.- nganti f 15.- ing saklambine, apa kiyi ora mèh padha karo rêganing klambi gabardhin utawa palêmbeyak. Apa sing kok unèkake murah kuwi jalaran bisa ngirit panatone. Nèk kiyi iya pancèn bênêr, jalaran bangsane lurik kuwi sanadyan ora kambon banyu ganêp sêsasi, mêksa iya isih katon rêsik bae, nanging ambune, sèh, mêsthine iya a ... mlêkiki.

Petruk: Hla, kok anèh, nèk dipikir mêngkono, iya ana bae lurik sing rêgane nganti f 25 utawa luwih, iya iku sing panênune nganggo bênang êmas kae. Ewasamono aku iya mêksa ngarani murah. Jalaran iya sabab bisa awèt kuwi, seje karo bangsane lena kae, bênêr murah, nanging dikumbahana kaping lima utawa ênêm bae, iya wis ambêdhêl. Bab nganggo klambi, sing ora kambon banyu nganti sêsasi, yak, nèk kaya ngono kuwi rak padha karo klambèn srêbèt lampu, aliyas pak kêmproh.

Garèng: Saiki unimu, nganggo lurik kok arani barès, nanging luwês lan pantês. Yah, kiyi rak omong kosong bae. Wong aku wis tau mrangguli wong, badane gêring lambene biru, thik manganggo lurik-lurikan, wah, hla kuwi wujude iya kaya wong sing lagi lara murus têmênan.

Petruk: Wiyah, wiyah, bok aja sok dhêmên anggarap wong. Kang Garèng, rêmbugane padha dicuthêl samene bae dhisik, liya dina padha dibanjurake manèh, nanging kowe aku bêcike padha manganggo lurik-lurikan, padha disawang, apa iya pantês lan dhèmês, apa ora.

[Grafik]

Ing sisih punika gambaripun têtiyang main pêncak wêkdal wontên pasamuwan ing Sinabang, pulo Simalur, Acèh. Tumrapipun wontên ing tanah Sumatrah, pêncak punika kêlimrah sangêt, mèh sabên wontên pasamuwan, mawi têtingalan pêncak.

--- 1301 ---

Kawruh Sawatawis

Mirah Awising Arta

Ucap-ucapan mirah utawi awising arta punika asring nuwuhakên têmbung srekalan, awit sajatosipun sami kemawon, têgêsipun tumrapipun arta sarupiyah, wontênipun ing Indhonesiah inggih namung rêgi satus sèn, botên nate langkung utawi botên nate kirang. Dene ingkang nyata, rêrêgèning tumbasan, punika ingkang beda-beda, upaminipun satunggiling nagari ingkang têtumbasanipun awis, tiyang jajan limrah sagêd nêlasakên satêngah rupiyah saêndhêgan. Kosokwangsulipun manawi wontên ing nagari ingkang sarwa mirah, tiyang jajan têlas sadasa sèn kemawon sampun tuwuk. Kajawi manawi bab arta ingkang gêgayutan kalihan nagari ngamônca, punika wontên pêpetanganipun piyambak. Nanging ing ngriki botên kacariyosakên.

Mirid andharan kados ingkang kasêbut ing nginggil wau, dados dayaning arta ingkang kangge têtumbas ingkang beda. Nanging manawi dipun manah malih, ingkang dipun wastani mirah awising arta punika, kados-kados manut kabêtahanipun, sabên tiyang saya ngagêngakên kabêtahan, ajining artanipun inggih lajêng karaos suda, sajak namung rêgi sakêdhik. Punika sagêd miridakên kalihan caraning panggêsangan ingkang pinanggih kala jaman rumiyin kalihan jaman sapunika. Kacariyos gêsangipun tiyang jaman rumiyin punika prasaja sangêt, manawi nyandhang ngangge sarwa lurik, bêdhahaning rasukan sarwa barès, manawi rêgêd cêkap dipun kumbah mawi lêrak, dipun pe, sampun rampung. Sadaya wau kapetang mangangge sarwa irit. Nanging sarêng jaman sapunika, rasukan kêdah ingkang badhenipun wêdalan saking ngamônca, kêdah dondomanipun grêji ingkang pêng-pêngan, awit ingkang ngangge sagêd ngraosakên dhatêng bêdhahan ingkang sakeca utawi botên. Dene manawi rêgêd, dipun sêtlika, tur inggih milih sêtlikan ingkang sae. Kadospundi anggènipun arta botên araos awis. Punika sawêg saêbab ing bab rasukan, malah salajêngipun bab rasukan wau lajêng dados matuh, tiyang botên rêmên ngangge rasukan lurik, manawi wontên tiyang ngangge rasukan lurik malah sajak dipun gêgujêng. Tujunipun taksih wontên ingkang purun ngangge lurik, ingkang sajak-sajakipun salaras kados badhe nyumêrêpi ajining arta. Punika pinuji dadosa têtuladaning ngakathah.

Sapunika ing bab têtêdhan, cara kapalipun inggih anjojog nyongklang kemawon, kajêngipun inggih mèh sami kalihan caraning nyandhang ngangge. Sadaya kêdah sarwa sae, eca sapanunggilanipun, awit manawi botên makatên, botên sagêd srêg dhatêng manah. Bab punika manawi dipun jèrèng, tamtu panjang angalawèr. Mila inggih lajêng ngringkês arta.

Saya bab kalimrahan, punika gênah manawi ngringkêsakên ajining arta, awit sawarnining kalimrahan, namung sarwa kanthi arta. Upaminipun tiyang

--- 1302 ---

gadhah damêl, punika sajatosipun ngringkês arta, awit tumindakipun ing ngriku namung kêdah sarwa ambêborosi, upami cêkap ringkêsan, isin manawi botên rowa, kêdah mawi jênggur-jênggur.

Tur sajatosipun ingkang gadhah sêdya kados makatên punika dèrèng tamtu manawi botên sarana ngaya-aya, trêkadhang mawi tindak nyambut nêkuk nikêli. Wusana dhawahing ngêndon sok amanggih pakèwêd ing wingking. Punika dèrèng tarimah makatên, sagêd ugi mawi èmbèl-èmbèl ngatutakên tiyang sanès tumut angraosakên manggih rêribêd, dening kabêtahanipun dipun long kangge ambiyantu adêging prêlu wau.

Mênggahing tiyang gadhah damêl, sajatosipun inggih sampun mangrêtos, manawi dipun tindakakên cara ngaya-aya, inggih adamêl rêkaos, namung ing batos adhakan kêdhêdhêran wiji pangajêng-ajêng wangsuling arta wau saking pasumbangipun sanak sadhèrèk, malah trêkadhang wontên ingkang methok sangêt pangarahipun. Nanging wantunipun tiyang punika saya mangrêtos dhatêng mirah awising arta, inggih sok kapèlèsèd ing tangguh, wontên ingkang nyumbang namung sakêdhik, malah tumrap ingkang rikuh nyumbang sakêdhik, aluwung botên dhatêng babarpisan. Wêkasan susah. Punika inggih dados jalaraning awis arta.

Manawi dipun manah salêrêsipun, awising arta ingkang tuwuh jalaran saking tiyang gadhah damêl, punika wontên warni kalih, sapisan jalaran angèngêti isin kabêkta saking kadrajatanipun, awit tiyang ingkang limrahipun gêsang katingal, sugih sêsrawungan, punika adhakan pakèwêd anindakakên gadhah damêl namung ringkêsan. Kaping kalihipun inggih jalaran saking gadhah pamrih wau. Sabab kalih warni wau dangu-dangu katingal saya suda, nanging bab ingkang kaping kalih, sarèhning mawi wiji kamelikan, mêksa taksih kathah ingkang nindakakên, sanadyan sampun sumêrêp, bilih tindakipun wau sampun botên kêlimrah, malah akêkudhung namung jalaran saking angèngêti isin. Nanging nyataning pangunthêting wêwados wau katingal samôngsa sampun bibar damêl, manawi angsal-angsalaning pasumbang langkung saking waragad gadhah damêl, mastani bathi, dene manawi kirang, lajêng sêru panjêlèhipun asêsambat tuna. Dados utamining utami tumraping tiyang gadhah damêl, namung manawi nyamuwakakên prêlu, botên kanthi ngawontênakên pasumbang. Nanging tindak kados makatên punika taksih jitus ingkang purun anglampahi.

Dene ingkang nama awrating awrat, punika botên kados awising arta ingkang kangge anjôngka utamèning donya, upaminipun rumêksa kasarasan, nanggêl dadosing sae kukuban, punika kasêmbadanipun namung kêdah nindakakên daya awising arta, awit saupami sagêd, môngka ajrih nindakakên makatên, ing têmbenipun badhe kapitunan. Dene tumrapipun ingkang dhumawah apês, pangajêng-ajêng dhumawahing kabêgjan ingkang lantaran saking dayaning arta, nama koncatan babarpisan. Ing ngriku ugi cêtha mênggahing daya awising arta. Badhe kasambêtan.

Ha.

--- 1303 ---

Panglipur Manah

Sêraping Srêngenge

Kaananing langit kang amêndhung tanggung, kamoran ing mega putih angêguwung, sunaring kang raditya kadi kinurung, sêmunira ing akasa kadi suwung.

[Grafik]

Kawasaning sunar kang nyêla sumunu, angrêngga jaladara kadi wêngku, angrarasi rasa ngadhêmi pandulu, ngantarani wus cakêt ing wanci dalu.

Gumêlaring kaanan ing antariksa, nadyan surêm satuhu datan kuciwa, tan pilih gon kang mega pating parênca, parandene anèng pandulu sakeca.

Angin aris kang ngambah têpi jaladri, tumêmpuh mring dharatan dadya ngadhêmi, taru-taru kang samya tuwuh ing têpi, sayun sarêng obah kadi bantu kardi.

Saya asru kawasaning angin tuhu, ngantarani dadya jajaraning laku, dyan sumêrang napak maring langit biru, anggêlari kaanan sawangan dalu.

Mega-mega malang katon angrêgancang, amalangi laku kang nêdya sumêrang, awit tuhu kawasaning mega malang, arsa nimpên dadya singidan pêpadhang.

Kawasaning padhang kang arsa kasêsêr, angêtrapkên daya ngalumpuk kinêkêr, têmah katon ujwalanira asingêr, ngantarani kadunungan rasa wantêr.

--- 1304 ---

Kadi nguwuh mring janma isining bumi, umèngêta kala dhumawahing wêngi, ywa atinggal kang tindak pangati-ati, angêsrahna kawasa maring Hyang Widhi.

Sumirating padhang kang nyakêti surup, dahat agung kawasanira anyakup, sanggyèng janma uning kang siyang mèh tutup, anguwisi ing karya arasa gugup.

Para tani dènira anambut kardi, kang sêsawah anggiringi kêbo sapi, sarwa sarèh angrêraras samargi-margi, lan nyênyawang sawangan kang dahat rêsmi.

Wênèh mulat adining kang dirgantara, umadêg nèng sunglon têpining sagara, sarwi ngucap kang linut ing rasa suka, kanthi sukur ngluhurkên asmaning Suksma.

Dhuh pêpadhang kang ngayomi mring jiwaku, kang ngenaki marang tindak kang kalaku, mawèh tuduh mring bênêr luputing laku, mangkya sira arsa ngoncati awakku.

Ingsun ngucap sèwu sukur marang sira, dene tansah angawruhi sabên dina, anggêgulang mring srêgêping nambut kardi, kang numusi ing tyas arasa kawasa.

Tinêmuning uripku ana ing bumi, wênang ngêrèh ngulah êlohing kang siti, angêgudi tulusing kang sarwa wiji, kang satuhu asung walês makolèhi.

Kabèh iku tan lyan mandom maring laku, kang tinêmu kalaning siyang lan dalu, datan pisah tinêmu nèng bumi tuhu, lamun siyang sira nêniti andulu.

Mangkya sira arsa umanjing pêpêtêng, ambuka kang sirat nèng lautan antêng, cahyanira anênangi maring èmêng, dening rasa pisahan tan arsa dhatêng.

Dhuh pêpadhang gyanira arsa ngoncati, jatinira amung kalingan ing wêngi, parandene têka rasa anênangi, kadi arsa sira tinggal ing salami.

Hèh pêpadhang lulusa sira gumiwang, sun antèni sira prapta benjang-enjang, umantêping tyantyas. ingsun tan rasa sêmang, mangkya pasthi sira pisahan lan ingwang.

Pawartos saking Rêdhaksi

Lêngganan nomêr 3791 ing Surabaya. I. Kêmis Kliwon 18 Pèbruari 1904 dhawah 2 Bêsar Wawu 1833, Mrakèh, môngsa kapitu. II. Rêbo Pon 10 Sura 1837, lêrêsipun 10 Sura 1837 Sêtu Lêgi, Jimawal 23 Pèbruari 1907 Bala, môngsa kawolu. III. Kêmis Pon 30 April 1908 dhawah 28 Mulud, Je 1838 wayang, môngsa dhêstha. IV. Rêbo Wage 23 Nopèmbêr 1911, lêrêsipun Kêmis Kliwon 1 Dulkangidah, Be 1841 Kurantil, môngsa kanêm.

Tuwan S ing Blora. a. 12 Marêt 1899 dhawah 29 Sawal, Ehe 1823 kunthara, wuku Sinta, môngsa kasanga. b. 12 Rabingulawal 1829 dhawah 10 Juli 1900, Jimawal, Kunthara, Sungsang, kasa, c. 5 Juli 1904 dhawah 21 Rabingulakir Jimakir 1834, Adi, Tambir, kasa. d. 14 Oktobêr 1922 dhawah 21 Sapar Jimawal 1853, Sangara, Sinta, kasat. e. Sèptèmbêr 1923 Sêtu Pon dhawah tanggal 29, Jawi 17 Sapar, Je, Sêngara, Maktal, môngsa sakawan. f. April 1927 Jumuwah Kliwon, tanggal 8, Jawi 5 Siyam Wawu 1857, Sangara, Bala, môngsa kasadasa.

--- 1305 ---

Pawartos Sajawining Praja

Pasulayan Jêpan kalihan Tiongkok

Sambêtipun Kajawèn nomêr 81.

Praja ingkang pasulayan sami praja, punika tamtu tansah dados ginêmipun tiyang sajagad, wiwit ingkang nama praja ngantos dumuginipun tiyang limrah pisan, inggih sami angraosi. Manawi tumraping praja, anggènipun angraosi botên cêkap namung kangge sêkar ginêm kemawon, nanging ugi ngrêmbag ingkang gêgayutan kalihan prajanipun, awit satunggiling pasulayan, punika gampil sangêt kêtuwuhan sabab ingkang lajêng gêgayutan kalihan praja sanès, saya manawi dados paprangan, inggih lajêng kêpêksa sumadhiya ing damêl, apêsipun rumêksa praja tuwin jajahanipun piyambak.

Tumraping praja sanès wau nadyan nyatanipun inggih botên tumut punapa-punapa, nanging ugi kêpêksa kasrambah ing sabab sanès-sanèsipun, kados ta bab gêgayutaning among dagang, ingkang lajêng nuwuhakên suda lumungsuring rêrêgèn arta, kandhêging padagangan, tuwin taksih wontên sanès-sanèsipun malih ingkang dados kawigatosaning praja.

Ing môngka ing sapunika wontên pasulayaning praja agêng, inggih punika praja Jêpan kalihan Tiongkok, punika tamtu kemawon lajêng nuwuhakên kawigatosaning praja sanès, tuwin nuwuhakên pamanahaning ngakathah. Tumraping among dagang, wiwit ingkang adêdagangan alit, sampun tumut ngraosakên, sanadyan dèrèng mangrêtos dhatêng larah-larahipun, inggih sampun kuwatos manawi padaganganipun badhe botên majêng, saya malih tumraping among dagang agêng punapadene bang-bang, punika ingkang sakalangkung amigatosakên, awit bêbasanipun, upami tiyang ngadêg, adêgipun ingkang cêlak piyambak kalihan urubing latu, mila tansah botên tilar kaprayitnan.

Manawi dipun manah kanthi mirid kawontênanipun pawartos ingkang lumintu tansah dhatêng sabên dintên, tangèh manawi pasulayan wau lajêng sagêd jugar samantên kemawon, caraning totohan, purun ngapit, kintên-kintên tamtu dadosipun pêrang. Inggih kadospundi anggènipun sagêd amastani lajêng sagêd cuthêl samantên, awit salêbêtipun taksih pasulayan rêbat lêrês, dados dèrèng nama paprangan, punika tansah wontên kemawon dhadhakan ingkang tuwuh saha lajêng dados sabab mêwahi ramening pasulayan. Kados ingkang sampun nate kacariyosakên ingkang andadosakên sababing pasulayan, gênah manawi Jêpan punika manggèn wontên ing bumining tôngga, têka lajêng ngajak pabên kalihan ingkang gadhah griya. Nanging tumraping praja botên kenging lajêng dipun tudingi ing kalêpatanipun, awit praja punika ugi gadhah pulitik ingkang wosipun badhe mikangsalakên prajanipun, inggih sanadyana tumindaka kadospundi, tamtu inggih gadhah wêwaton ingkang minôngka panduwa.

Ing sapunika sampun cêtha pasulayanipun praja kêkalih wau sampun pangawak paprangan, praja sanès [sa...]

--- 1306 ---

[...nès] sampun wontên ingkang angêmori, Polkênbon tansah ngrêmbag murih pinanggih rukun, nanging inggih taksih iyon kemawon. Dilalah lajêng wontên dhadhakan anglayoni, praja Mansuriah ingkang sampun sêpên ing ucap ingatasing karajanipun, dening sampun kawêngku pangawak Tiongkok, lajêng nêdya madêg pribadi, dipun angkati dening darah têdhaking praja ngriku. sarèhning ing Mansuriah punika nama laladan Tiongkok, têmtu kemawon adêging bêbadan ingkang kados makatên punika tumraping Tiongkok saksat manggih mêmala wontên ing baunipun piyambak, lan malih sarèhning ing wêkdal punika nama sawêg pasulayan kalihan Jêpan wontên ing laladan ngriku, lajêng kêncêng gadhah pandakwa manawi bab punika tuwuh saking pandamêlipun Jêpan. Nanging Jêpan sêru gèdhègipun.

[Grafik]

Ing laladan Tiongkok sisih lèr.

Bab punika Syang Sèh Li, inggih punika pangagêng ingkang kawogan, lajêng kintun tèlêgram dhatêng pusêring paprentahan Tiongkok, nglapurakên ing bab tindakipun Jêpan anggèning mardikakakên Mansuriah, parentah kaparênga nyêgah tindak punika. Ing ngriku pusêring parentah Tiongkok lajêng marak-marakakên piawonipun Jêpan ing bab Mansuriah dhatêng laladanipun, tuwin salajêngipun kawarak-warakna dhatêng môncapraja. Malah salajêngipun lajêng nyêrêg dhatêng parentah Jêpan ingkang langkung inggil, bilih salaminipun wadya Jêpan manggèn ing Mansuriah tansah damêl tindak botên sae, golongan Jêpan wajib nyanggi kalêpatanipun. Mênggah wangsulanipun Jêpan, bab tumindaking pulitik ingkang kados makatên [makatê...]

--- 1307 ---

[...n] punika, botên badhe munasika. Dene ing bab sêdya mardika ing Mansuriah, punika nandhakakên bilih parentah Tiongkok botên dipun wigatosakên dening Mansuriah.

Ing sapunika pandakwa wau saya cêtha, Jêpan angêmori bab kamardikanipun Mansuriah, pusêripun manggèn wontên ing Kirin, wêkasan paprentahan Tiongkok ing Kirin dipun pindhah dhatêng Arbin, prêlu kangge nanggulangi sêdya wau. Pangagêng Tiongkok dhawuh dhatêng ingkang sami kajibah ing damêl, saha nyukani wêwaton, manawi wontên wadya Jêpan nêmpuh laladan Tiongkok, supados dipun lawan. Kajawi punika wontên pasulayan nusuli malih, inggih punika bôngsa Rus ingkang dipun wastani Rus pêthak, nêmpuh wadya Rus ingkang wontên laladan Mansuriah, inggih punika wadya Rus golongan abrit. Wusana lajêng wontên katrangan, bilih wadya pêthak wau dipun biyantu dening Jêpan. Kados makatên pinanggihing gêlar pasulayan.

Ing nginggil sampun nyariyosakên bilih praja punika gêgayutan kalihan among dagang, awit lampah dagang punika dados otot balunging praja. Môngka ing bab punika sarêng barang Jêpan dipun amohi dening Tiongkok, Jêpan ngraosakên yêktos, wusana lajêng muring-muring, saha lajêng gadhah panêdha dhatêng Tiongkok kanthi anggêgiri, supados nyuwak tindak ambekot. Bilih botên katindakakên, Jêpan badhe nindakakên kawigatosan ing bab panguwaosipun ing Tiongkok. Makatên ugi tumrap dhepartêmèn dharatan lan lautan, usul badhe ambidhalakên wadya tuwin kapal pêrang kathah, prêlu badhe nyirêp bekotan ing Tiongkok.

Kadospundi, bab sulayan punika punapa botên tansah ngêlawèr. Tur punika sawêg mirid saking kawontênan ingkang sumêla.

[Grafik]

Sasisih punika gambaripun oto panyadean buku Bale Pustaka ingkang ngêmungakên kangge lumampah dhatêng tanah Sumatra, anuju dhatêng alun-alun amanggihi mêsin mabur K.N.I.L. M. wontên ing Pakanbaru, Sumatra Wetan.

--- 1308 ---

Ngobrol ing Dintên Sabtu

Wontênipun sêmbah lan dhodok.

Wiwit kina makina, sêmbah dhodhok punika sampun dados tata-caranipun tiyang Jawi. Nanging mênggahing kula ingkang baku suwau-waunipun namung sêmbah, dene wontênipun dhodhok punika namung dados èmbèl-èmbèlipun sêmbah wau, inggih punika amrih sampun ngantos ngungkuli dhatêng ingkang wajib dipun sêmbah.

Kintên kula tuwuhipun tata cara sêmbah, punika namung saking anggènipun badhe anglairakên utawi ngatingalakên gênging panarimahipun. Amila caranipun tiyang nyêmbah punika tanganipun kalih pisan kadadosakên satunggal kadosdene wontên barang ingkang dipun raup lajêng katèmpèlakên wontên ing sapucuking grana, ingkang atêgês sadaya dhawuh tuwin pangandikanipun katampi kanthi suka lan rênaning manah saha kapundhi-pundhi. Nanging punika inggih namung saking pangothak-athik kula piyambak, lêrês botênipun nyumanggakakên.

Jalaran saking punika kula lajêng anggadhahi gagasan, bilih ingkang pantês dipun sêmbah wau, kajawi Ingkang Maha Kuwasa, bakunipun inggih namung wontên sêkawan golongan. Inggih punika:

1e. Golonganing ratu. 2e. Tiyang sêpuh. 3e. Guru lan 4e. Marasêpuh.

Golongan ratu, inggih punika ingkang dados lantaran maringi sandhang têdha, dados inggih pangagêng lan sasaminipun, kula anggêp wajib dipun sêmbah, botên sabab anggènipun dados lantaran maringi sandhang têdha wau, jalaran ngrikinipun rak sampun dipun pêndhêt damêlipun, nanging ingkang dipun sêmbah wau: panganggêpipun ingkang sae, sih parimarmanipun, adilipun lan sanès-sanèsipun ingkang murakabi dhatêng gêsangipun. Inggih sêmbahipun punika ingkang minangka anggènipun badhe anglairakên gênging panarimahipun dhatêng pangagêng wau.

Tiyang sêpuh wajib dipun sêmbah, jalaran kajawi dados têturutaning gêsangipun ingalam donya, inggih ingkang anggulawênthah, mulasara, nyandhang tuwin nêdhani sarta sanès-sanèsipun malih, ingkang wosipun tansah amrihatosakên murih saening kadadosanipun. Amila mênggahing kula piyambak inggih tiyang sêpuh wau ingkang wajib nomêr wahid dipun sêmbah ngungkuli sanèsipun.

Guru, punika ingkang nyukani piwulang murih lare angsal kasagêdan ingkang anyêkapi kangge sangunipun gêsang ing têmbe wingking. Amila inggih pantês sangêt, bilih guru punika wajib kêdah dipun sêmbah.

Marasêpuh dene sampun angrilakakên dhatêng bandhanipun ingkang agêng piyambak, inggih punika anakipun, dados têtimbanganing gêsangipun, ingkang nyanggi sakit lan sakecanipun tiyang kêkalih. Dados inggih sampun têmtu, bilih marasêpuh inggih kêdah tampi sêmbah wau.

Nanging mênggahing jaman samangke, inggih jaman apus-apusan punika, kajênging sêmbah wau jêbul cawang dados sêkawan, inggih punika ingkang kula wastani: sêmbah suci, sêmbah pasrèn, sêmbah panutup tuwin sêmbah pados pêndhok.

Mênggah pikajêngipun sêmbah suci, punika ingkang tuwuhipun kalihan lêgawaning manah sayêktos, dados tuwuh saking manah suci.

Sêmbah pasrèn, punika manawi gangsaa makatên inggih gongipun. Sabên sapada mawi dipun padalungsèni sêmbah. Malah ingkang bêsus, panyêmbahipun wau mawi dipun sêrot ngantos mungêl: sêntlup.

Sêmbah panutup, punika sêmbah ingkang kaduk kêrêp prêlu kangge nutupi kalêpatanipun supados ingkang dipun sêmbah wau kasupèn dhatêng kaprêluwan, ngêmungakên tungkul ngraosakên nikmatipun tampi sêmbah ingkang rindhil wau.

Dene sêmbah pados pêndhok, punika ingkang sêmbahipun maligi namung badhe kangge gêgaran anggènipun angsal kapitadosan tuwin katrêsnan.

Ingajêng sampun kula pratelakakên, bilih ing jaman samangke punika jaman apus-apusan, punika sababipun dene ingkang kula wastani nomêr wahid ingkang kêdah dipun sêmbah, inggih punika tiyang sêpuh, prasasat botên wontên ingkang dipun sêmbah malih. Makatên ugi guru lan marasêpuh. Dados sêmbah wau samangke kantun tumrap dhatêng para pangagêng kemawon. Sajakipun kiranging sêmbah dhatêng tiyang golongan wau, ing samangke malah sampun kaborongakên dipun gamblokakên pisan dhatêng para pangagêng. Amila mênggahing kula wontênipun ada-ada samangke angudi murih icaling sêmbah, punika kados wontên èmpêripun, bokmanawi jalaran wontênipun sêmbah ingkang taksih kalampah samangke punika prasasat mèh palson sadaya, ingkang kathah-kathah sêmbahipun wau namung kantun sêmbah panutup lan sêmbah pados pêndhok, ingkang kadadosanipun sok namung mahanani dhatêng lêlampahan pêtêng kemawon, têgêsipun ingkang ngandhap anggènipun nyêmbah namung pados pêndhok lan nutupi kalêpatanipun, ingkang nginggil manawi botên dipun sêmbah muring-muring.

Nitik wontênipun sêratan inginggil, ngriku cêtha, bilih sêmbah punika ingkang kathah-kathah nama palsu. Ing sarèhning dipun wastani palsu, punapa inggih taksih badhe dipun lêstantunakên kagêm? Para maos kados sampun anguningani, bilih barang punapa kemawon manawi palsu botên prayogi sangêt dipun agêm. Malah kadhang kala barang

--- 1309 ---

ingkang palsu punika sok ambêbayani. Kados jampi-jampi wêdalan apotheek, punika manawi ngantos dipun palsu, inggih sagêd andrawasi sayêktos. Makatên ugi sêmbah, manawi tumandukipun palsu inggih badhe ambêbayani tumrap ingkang anampèni sêmbah. Amila kula inggih anayogyani sangêt dhatêng icaling sêmbah wau.

Nanging kadospundi pambudidayanipun amrih sêmbah punika sagêd ical, jalaran dipun sêmbah punika pancèn: sèwu eca dados satunggal. Raos: gurih, lêgi, manis, nyamlêng, gandêm, nikmat, punika sadaya dipun borong. Amila wontên raos inggih anglêr sangêt. Ing mangka miturut piwulangipun para sêpuh, adamêl nikmat lan lêganing liyan punika satunggaling ganjaran ingkang agêng sangêt. Ingkang punika sakathahing tiyang lajêng sami nglumuhi anêtêpi piwulang inginggil, punapa malih kadar sêmbah punika botên kanthi kecalan arta, dados mila inggih gampil sangêt tumindakipun.

Jalaran ingkang makatên wau, ada-ada badhe angicali sêmbah punika inggih lajêng angèl sangêt. Sagêdipun kalêksanan botên namung saking golongan ngandhap, sanadyan golongan nginggil ugi kêdah ambantu kanthi yêktosan. Langkung-langkung golongan ngandhap tuwin golongan nginggil, punika sami gadhah kayakinan piyambak-piyambak ingkang ugi anjalari angèling icalipun sêmbah wau. Kados ta: tumraping ngandhap, punika tumanduking sêmbahipun, mêngku kajêng kalih warni. Sapisan saking anggènipun ngrumaosi golongan alit utawi ênèm, dados anggadhahi wajib anyêmbah dhatêng ingkang langkung luhur utawi ingkang langkung sêpuh, murih sampun ngantos dipun anggêp tiyang ingkang botên mangrêtos dhatêng tatakrama. Kaping kalih jalaran rêmên, sêbab badhe anglênggahi dhatêng kajawènipun.

Bab ingkang kapisan, punika inggih pancèn nama utami, dene nêtêpi tatakrama. Nanging tatakrama wau sampun ngantos kêladuk, saangsal-angsal ingkang sagêd salaras kalihan jamanipun. Dene ingkang kaping kalih, badhe anglênggahi kêjawènipun, punika satunggiling raos kêbangsan ingkang luhur sangêt. Nanging inggih kêdah angèngêti dhatêng gêgayuhaning jaman. Tatacara utawi padatan ingkang pancèn sae lan mathuk kalihan jamanipun, punika inggih pancèn pantês sangêt dipun gondhèli, nanging tatacara tuwin padatan ingkang sampun botên anjamani, punapa malih ingkang kintên-kintên badhe ngasorakên drajating bangsa, punika sagêd-sagêd inggih kêdah dipun bucal.

Mênggah tumraping nginggil lêstantunipun sêmbah wau ngriki botên prêlu kaandharakên panjang-panjang, awit dipun sêmbah punika, kados ingkang sampun kacariyosakên inginggil, pancèn inggih: sèwu eca dados satunggal.

Ewasamantên kula pitados bilih sêmbah, makatên ugi inthilanipun, inggih punika: andhodhok, danguning dangu saking sakêdhik têmtu badhe ical. Jalaran kula pitados sangêt dhatêng ombaking jaman, sanadyan jaman punika gêsangipun saking ebah-ebahan utawi saking budidaya miwah pakartining manusa, nanging bilih jaman wau sampun wiwit mubêng, punika lampahipun lajêng mbalik amêngku dhatêng têtiyangipun, mila lajêng wontên ungêl-ungêlan: "Janma iku kawasesa ing jaman."

Dados saupami lampahing jaman sampun tumindak, kula sadaya botên wontên ingkang sagêd angêndhakakên lampahipun; dipun gondhèlana inggih mêksa ambêrung, malah manawi dipun rosani anggènipun anggondhèli, lampahipun saya badhe rikat sangêt.

Paribasanipun para sêpuh ingkang mungêl: "Sapa wêruh ing panuju, sasat sugih pagêre wêsi," punika pancènipun dados pusaka ingkang kêdah dipun pêpêtri.

Ingriki botên prêlu anyêrati kathah-kathah ingkang wosipun namung atêgês pangalêmbana, sumangga para maos sami kula aturi nolèh nyawanga sakêdhap dhatêng wontênipun karajan kadipatèn Mangkunêgaran, punapa sababipun dene saya wêwah-wêwah kaluhuran tuwin saya dipun suyudi dhatêng para kawulanipun? Punika botên sanès inggih jalaran sagêd nuju dhatêng pikajênging jaman. Sampun wiwit kala alamipun suwargi K.G.P.A.A. Mangkunêgoro VI, ing praja Mangkunêgaran anggènipun angirang-irangi bab lampahing sêmbah dhodhok. Para kawula sami dipun parêngakên namung nyêmbah kaping kalih, inggih punika nalika marak kalihan nalika unduripun kemawon, dene nalika matur utawi tampi dhawuh namung saanggatosakên (tanpa sêmbah). Sêmbah cara makatên punika lajêng kenging dipun samèkakên kalihan patrapipun saradhahdu suka urmat dhatêng pangagêngipun, inggih punika ingkang dipun wastani: saluweer. Dipun sawang katingalipun inggih: brêgas, srigak, tur inggih amantêsi.

Ing sarèhing tatacara saha bab lampahing sêmbah dhodhok ingkang sampun tumindak wontên ing praja Mangkunêgaran, punika têtela anjamani sangêt ingatasipun jagading kabangsan Jawi, tumrap laraping kalamangsanipun andadosi kawontênan, saha ingkang pantês pinuji ing jagad, lah punapa para priyagung Gupêrmènan ingkang sami ngasta pangawasa saha kawajiban nata tatatêntrêming têtiyang bawahanipun, botên prêlu sami kaparêng nelad lêkas ingkang langkung utami utawi ingkang sampun nyata sae lan miraos wohipun punika? Kados prêlu sangêt.

Tutuping obrolan kula punika kula sumanggakakên dhatêng panggalihipun para pangajêng ingkang sami ambudidaya murih supêkêting golongan ngandhap kalihan nginggil, saha ingkang tansah amêmulih murih rahayuning jagad.

PÊNTHUL.

--- 1310 ---

PÊTHIKAN SAKING SÊRAT-SÊRAT KABAR SANÈS

INDONESIA.

Malaria ing Dhigul. Ing salêbêtipun satêngah taun parentah ngudi icaling sêsakit malaria ing Dhigul. Miturut palapuranipun Dr. W. Mooy, ingkang kapiji nindakakên damêl, mratelakakên ing sapunika ing Dhigul sampun botên wontên sêsakit malaria malih, ing pangajêng-ajêng salajêngipun sagêda lêstantun makatên.

Icaling sêsakit malaria wau nyarêngi kalamangsa kalihan wangsuling têtiyang ingkang sami kaparêngakên wangsul dening parentah. Punika kawilujêngan ingkang saèstu.

Sêdya utami. Wontên pawartos, bilih Tuwan R.M. Notokusumo klerk kantor dagang ing Cilacap, wiwit wulan November ngajêng punika badhe nyèlèhakên padamêlanipun, jalaran badhe ngadani pakêmpalan cooperatie gadhahaning bangsanipun piyambak.

Sajakipun samangke raos kabangsan saya rumasuk ing balung sungsum. Ingatasipun sampun gadhah padamêlan ingkang maton, têka dipun glèthakakên kanthi wani kemawon, prèlu ngadani pakaryan ingkang dèrèng têmtu mênggahing pangajêngipun. Mugi-mugi pangurbanipun R.M. Notokusumo wau sampun ngantos damêl kaduwung ing têmbe wingkingipun, nanging malah sagêda adamêl lêganing manahipun.

Patih Rêmbang. Kawartosakên, bilih wiwit tg. 30 November 1931 punika, panjênênganipun Radèn Harun Citrasoma Patih ing Rêmbang, badhe nyèlèhakên kalênggahanipun.

Wah, mêsthi kathah para wadana ingkang sami dhêg-dhêgan. Sintên kintên-kintên ingkang badhe nguthut?

Pambikakipun Volksschouwburg ing Sêmarang. Kala malêm minggu kapêngkêr, Volksschouwburg gadhahanipun Volkskunstvereeniging "Subokarti" ing Sêmarang, sampun kabikak mawi paargyan, kathah ingkang sami rawuh, tuwan gouverneur tuwin resident ugi rawuh.

Punika satunggiling kamajêngan ing Sêmarang, Kêjawèn ngaturakên pamuji arja.

Nationale Bank ing Fort de Kock. Kabaripun pakêmpalan H.S.I. (Himpunan Saudagar Indonesia) inggih punika pakêmpalanipun para sudagaring Fort de Kock (Sumatra) samangke sampun ngadêgkaên satunggiling bank ingkang dipun wastani: "Abuan Saudagar". Mênggah Bank wau anggadhahi pawitan f 25000.-

Ing Surabaya sampun wontên Bank Nationaal, ing Fort de Kock "Abuan Saudagar". Pundi malih?

Taman-pustaka Islam. Miturut sêrat kabar "Waktu", inggih punika sêrat kabar ingkang kakintên badhe kawêdalakên benjing tanggal 1 Januari 1932, ing Bêtawi badhe dipun wontênakên taman-pustaka Islam, ingkang badhe dipun wastani: Wakaf Annadil Islam. Mênggah rancanganipun ingkang kangge wragad f 200.000.- inggih punika arta angsal-angsalanipun saking drêma.

Wah, manawi taman-pustaka punika sayêktos sagêd ngadêg, inggih pancèn kenging dipun sêbut: kampi dalah jêmpol pisan. Jalaran taman-pustaka punika pancèn agêng gunanipun tumrap umum. Nanging ing sarèhning jamanipun sawêg rêkaos makatên, manawi saèstu sagêd angêmpalakên arta f 200.000.- punapa botên langkung sae arta wau dipun pigunakakên dhatêng kabudidayan sanès-sanèsipun rumiyin? Kados ta ngêdêgakên bank Islam, ngiyati ada-adanipun: Mohamadiyah anggènipun badhe ngadani ing bab baita kaji piyambak, lan sanès-sanèsipun.

Jaarmarkt Surabaya. Kawartosakên bilih angsal-angsalanipun Jaarmarkt ing Surabaya manawi kapandhing kalihan angsal-angsalanipun ing taun kêpêngkêr, sayêktos kirang sangêt, sanajan angsal-angsalanipun arta karcis langkung kathah katimbang tapsiranipun. Mênggah angsal-angsalanipun Jaarmarkt wau ing taun punika gunggungipun kêmpal wontên f 106.500.- manawi kapandhing kalihan kala ing taun ingkang kapêngkêr, angsal-angsalanipun suda f 20.000,-

Yak, pancènipun rak kêdah ngucap: bole bilang untungnya, ingatasipun jaman sawêg rêkaos makatên, têka sagêd angsal arta samantên kathahipun. Dene botên kapêksa anggulung gêlaran, lo punika rak sampun: alkhamdulillah rindhil sayêktos.

Mohammat Hatta. Wontên pawartos, bilih Tuwan Muhammat Hatta botên dangu malih dumugi ing Bêtawi, saha lajêng tumuntên badhe nyambutdamêl wontên ing panggaotan gadhahaning bangsanipun piyambak.

Pawartos punika adamêl bingahing akathah. Jalaran Tuwan Muhammat Hatta punika pasinaonipun wontên ing pamulangan luhur babagan among dagang. Dados tuwan wau anggêbyur wontên ing jagad panggaotan, punika pancèn inggih nama mathuk sangêt. Kajawi punika tanah Indonesia punika samangke taksih bêtah sangêt kalihan panuntun ing bab ilmu dagang tuwin panggaotan. Amila manawi Tuwan Moh. Hatta purun nyèlèhakên kapulitikanipun, lajêng ngêmungakên suka tuntunan ing babagan panggaotan, badhe agêng sangêt gunanipun tumrap tanah Indonesia.

Bidhal dhatêng Surabaya. Awit badhe ngrêmbag wontênipun congres Indonesia Raya, tuwan-tuwan Thamrin tuwin Mr. Sartono badhe bidhal dhatêng Surabaya ing dintên Minggu ngajêng punika.

Mugi-mugi wontênipun congres Indonesia sagêda anjalari rukun saha saiyêging pakêmpalan ing tanah Indonesia sadaya. Sampun tungkul namung cakar-cakaran kemawon, mindhak sami kêplok bokong, kêndhang dhêngkul para ingkang sami botên nayogyani dhatêng pêrgêrakan kita punika.

Kabudayan nênun. Kawartosakên, ing Tasikmalaya wontên tiyang siti badhe ngêdêgakên satunggiling N.V. kanthi pawitan f 50.000.- kangge panggaotan nênun. Sanadyan bab punika sawêg ada-ada, sampun kathah rêmbag ingkang mrayogèkakên sakecaning lampah, murih botên damêl kapitunan ing wingking.

Wohing kamajêngan jaman sapunika, ing bab punapa kemawon, prêlu ngramèkakên rêmbag ingajêng, dening saking sampun kulina ngraosakên eca ingajêng, anggarêndhèl ing wingking.

Tindak pamrayogi. Kawartosakên, Mr. C.W. Wormser, pangarsaning Ned. Ind. Plantersbond, ngaturakên sêrat paturan dhatêng Kangjêng Tuwan Ingkang Wicaksana, nyuwun badhe sowan audentie. Ing sêrat paturan wau mratelakakên ing bab kasamaraning golongan punggawa kabudidayan. Manawi panyuwunipun sowan punika kaparêngakên, badhe mratelakakên ing bab pitulungan ingkang sakintên sagêd katindakakên dening parentah, murih botên kêlampahan angèndêli punggawa kabudidayan kathah utawi nindakakên pitulungan dhatêng kulawarganing punggawa ingkang sampun dipun kèndêli. Sapunika wontên pawartos panyuwunipun audentie wau kaparêngakên.

Sadaya tindak ingkang nocogi kalihan kalamangsanipun, sanajan wohipun dèrèng têmtu, nanging sagêd damêl sênêngipun tingkang ambêtahakên.

--- 1311 ---

Suduk-sudukan jalaran rêbatan waranggana. Ing Bêkasi mêntas wontên tiyang kêkalih suduk-sudukan wontên ing papan pasamuan, jalaran rêbatan ringgit.

Yak, punika kalêbêt pakabaran ngisin-isini, sampun sanès jamanipun. Ewadene, lêlampahan kados makatên wau sok têksih thukul. Tindak makatên punika prayogi: stop.

Cooperatie P.K.N. Ing dalêmipun B.P.H. Hadiwinoto, Ngayogya, mêntas dipun wontênakên parêpatan umum, ngrêmbag bab adêging cooperatie P.K.N. pintên-pintên panggenan ingkang kagolongakên dados satunggal, kanamakakên "Condhong Campur". Ingkang ngrawuhi ing parêpatan gangsal utusan ugi kathah para bandara pangeran ingkang rawuh.

Ing jaman sapunika para luhur ugi kaparêng ngêmori damêl ingkang kados makatên, nyata dados satunggiling kamajêngan.

Pangiridan ing K.W.S. Wontên pawartos, wiwit tanggal 1 wulan punika, para murid K.W.S. ingkang sampun lami angsal arta pitulungan kangge sinau, sapunika dipun sowak. Kajawi punika taksih wontên tatanan malih, inggih punika angka rapport 5 ingkang rumiyin kapetang nyêkapi, sapunika namung kapetang mèh nyêkapi, tuwin lamining sinau kawêwahan sataun, sapunika dados 5 taun.

Jalaran saking wontênipun tatanan ingkang kados makatên punika, tumrap murid anakipun tiyang kacingkrangan, ingkang rumiyin angsal urunan waragad saking parentah, kapêksa lajêng mêdal saking pamulangan.

Hem, lajêng kadospundi.

Malèsèd ing siti Karajan Jawi (Vorstenlanden). Miturut pawartos saking Sur. Hbld. indhaking sewan siti kabudidayan-kabudidayan ing karajan Jawi ingkang sampun tumindak 10 taun sasampunipun kawontênakên pranatan enggal ing bab siti, ing sapunika dados rêmbagipun gouverneur-gouverneur kalihan tuwan-tuwan kabudidayan, lan miturut wêwaton pangrêmbag manawi kawontênan kabudidayan prêlu angsal sudan sewan siti, sagêd kausulakên murih mandhaping sewan siti wau.

Inggih sawêg pinanggih wontên ing jaman malèsèd punika, kabudidayan ngraosakên kawratan nyanggi pasewan siti ing karajan Jawi.

Gunggungipun têtiyang ingkang tiwas jalaran sakit pèst. Kawartosakên saking Bogor, wiwit tanggal 9 Augustus dumugi tanggal 5 Sèptèmbêr 1931, gunggungipun têtiyang ingkang tiwas jalaran sakit pèst wontên 240, lan miturut petangan kados makatên ing taun 1930 wontên 201. Gunggungipun têtiyang ingkang tiwas sadaya ing wiwit tanggal 1 Januari 1931 dumugi 5 Sèptèmbêr 1931 wontên 2579, dene pêpetangan kados makatên ing taun 1930 wontên 2129.

Pinuji, sêsakit punika tumuntên sirêp.

Paboyongan bangsa Jawi. Benjing salêbêtipun wulan November ngajêng punika Comite paboyongan badhe ngaturakên palapuran ing bab kawontênanipun paboyongan bangsa Jawi ing tanah sabrang. Palapuran wau ngêwrat pratelan cara-caranipun ngajêngakên paboyongan. Sapisan mawi ngawontênakên sêsorah ingkang sae, tuwin kaping kalihipun kalayan ngawontênakên tatanan murih wragad-wragad paboyongan ing papan enggal sagêd irid.

Sukur manawi tindak ingkang adamêl prayogi botên kandhêg dening awoning jaman.

Irrigatie ing Lampung. Ing sapunika irrigatie ing Way Tebu, Telok Betong sampun kabikak. Padamêlan wau katindakakên sampun 4 taun, waragadipun têlas 1.2 yuta rupiyah. Ing sapunika pamboyongan Jawi ing Gêdhong Tataan badhe sagêd nggarap siti botên kêkirangan toya.

Punika satunggaling kabêgjan tumrap tiyang paboyongan, têmtu botên tilar piwalês sae ing têmbe wingking.

Sêgawon ajag. Golongan pangrèh praja ing Malang tampi palapuran saking têtiyang dhusun, bilih ing wana tutupan ing rêdi Arjuna kathah grombolan sêgawon ajag. Grombolan sêgawon wau asring nêmpuh maesa tuwin kidang. Satunggiling kapal kabudidayan ingkang kablasuk dhatêng wana ngriku, dipun têmpuh saha lajêng dipun mangsa dening grombolaning sêgawon ajag wau.

Punapa sêgawon ajag wau ugi panunggilaning katrajang jaman malèsèd; ugi mèmpêr, nanging atêgês kêkirangan têdha ing wana.

Angsal-angsalan N.I.S. Angsal-angsalanipun N.I.S. ing wulan Sèptèmbêr wontên f 1.274.000.- Sèptèmbêr 1930 wontên f 1.671.000.- Wiwit Januari dumugi Sèptèmbêr 1931 wontên 10.156.000.- Januari dumugi Sèptèmbêr 1930 wontên 11.739.00.-

Tumrap N.I.S. sudaning angsal-angsalan wau, sagêd ugi ingkang saperangan agêng saking munduring gêndhis, awit N.I.S. punika lampahipun ngambah pagêndhisan. Makatên ugi saking kathahing autobus, ingkang nunggil lampah kalihan spoor N.I.S.

Pakêmpalan kakisruhan arta. Pakêmpalan Arta Nimpuna, inggih punika satunggiling pakêmpalan para guru ing Juwana anglêmpakakên arta, salêbêtipun 4 taun sampun gadhah arta f 6000.- ancasipun kangge mitulungi para warganipun ingkang prêlu. Wusana sarêng dipun priksa, kasipun kothong, arta ingkang f 3200.- pinanggih aluring tanjanipun, dene sanès-sanèsipun botên kantênan.

Lo, kok ngono.

ASIA

Ingkang mêjahi kapitan Nakamura. Sêrat kabar Tiong Hoa martosakên, Jendral Kuan Yu Hang, ingkang kadakwa amêjahi Kapitan Nakamura, ocat saking Mukden dhatêng Peiping. Wadya Jêpan mêjahi tiyang ingkang warninipun mirib jendral wau.

Dhêdhêran wiji awon punika adhakan nuwuhakên tindak sêling sêrêp.

Utusan Parentah dhatêng Bangkok. Dipun têtêpakên dados utusaning parentah Walandi dhatêng Internationale Opium-conferentie ing Bangkok benjing 9 November 1931 tuwan W.G. van Wettum lan malih Mr. C.Ph.C.E. Stenmetz, Mr. H. Holtkamp, secretarisipun tuwan P.G.G.J. Lubbers.

Kawigatosakên ingkang ngantos dados rêmbag kalihan liyan praja, mugi maedahana agêng tumrap Indonesia.

Sêrat panantang. Ing sapunika saya kasamarakên sangêt, amargi Tiongkok kintun sêrat panantang dhatêng Jêpang, awêwaton supados Jêpan tumuntên nyingkirakên wadyanipun saking Mantsyuriye. Saya damêl kasamaran malih sarêng wontên katrangan bilih sêrat saking Jêpan mratelakakên botên purun wawan rêmbag kalihan Volkenbond, amargi Volkenbond botên nampi katrangan jangkêp.

Sawung ingkang nêdya sulaya, punika inggih tansah wontên kemawon ingkang kangge jalaran.

AMERIKA

Amerika nyamarakên. Departement sajawining praja ing Amerika Sarikat, nyamarakên sangêt dhatêng panantangipun Tiongkok dhatêng Jêpan anggèning badhe ngajak pêrang. Bab punika manawi Volkenbond weya, tamtu badhe kadadosan. Pakabaran punika tumrapipun Amerika kaanggêp ingkang wigatos piyambak. Minister Stimson lajêng nindakakên rekadaya badhe nyirêp bab punika.

Kadospundi dayanipun Amerika ing bab punika, kintên-kintên lajêng katingal.

--- 1312 ---

Wêwaosan

Cariyosipun Nata ing Kelan

7.

[Dhandhanggula]

Tindakira alon angalêntrih / linut dening pudya lamat-lamat / kang umiring nèng wurine / nulya umanjing sampun / maring palwa kancana luwih / mung ijèn tanpa rowang / tuhu mamlasayun / punang baita kancana / kang rinêngga-rêngga ugi sarwa rukmi / kadi angarsa-arsa //

tandya lênggah ing palwa sang putri / nèng plênggahan rinênggèng sêsotya / sumorot pindha srêngenge / nyurêmkên sanggyanipun / lan ing palwa tinrapan tulis / lamun putri punika / putranirèng ratu / kang jumênêng praja Kelan / kang jêjuluk Sri Tisa narendra luwih / dadya tawuring praja //

dene dènnya sang putri ngayati / tuwuh saking panggalih priyôngga / dening umèngêt prajane / tinêmpuh ing bêbêndu / mangkya asrah jiwa sang putri / sumarah mring pra dewa / dewataning ranu / mrih dadya bantêning praja / anêbusi dosanira sri bupati / dènnya mangguh pidosa //

wusing manjing ing palwa sang putri / dyan lumembak kang palwa nèng tirta / alon mung sasêkecane / lumembak ingkang alun / raras kadi angangkat ririh / tan pisan paja-paja / sinrang ing pakewuh / sanggyèng bêbayèng samodra / sanalika sirêp kadayan sang putri / ing kautamanira //

alon-alon palwa nêngah kentir / kang tan pisan wèh rasa sangsaya / satêmah sang putri sare / nèng sajêroning prau / ingkang amung alit aprêkis / êsrêg sariranira / parandene tuhu / tan katon wèh kasamaran / ing saparan kadi ana kang ngêmongi / dinohan ing bêbaya //

kêkuwunging wadana kaèksi / mawa teja sundhul ing akasa / liwêran nut saparane / sênênira ing ranu / sagon-ênggon angêlam-lami / mina-mina sagara / samya prapta ngrubung / anggarubyug marang palwa / ing saparan tut wuri kadi anggusti / maring sang kasangsaya //

sirêpira ombaking jaladri / tuhu saking kaparênging dewa / kang jumênêng madyaning we / awit dupi andulu / lamun mangkya Natèng Kelani / angurbanakên putra / nèng samodra agung / sêru rasaning dêduka / dadya sirêp sakala punang jaladri / antêng tanpa sabawa //

marma katon ombaking jaladri / mring sang putri tan nêdya nangsaya / malah kadi ngrêksa mangke / saparaning parau / antêng kadi tan rasa kentir / jatinya kang mangkana / tan lyan dening tuhu / antêpira sang kusuma / anêrusi ing galih tan ngrasa gingsir / mring sanggyaning bêbaya //

awit nyata sang putri wus uning / marang gunging dosanirèng rama / kang wajib tinambak mangke / tan kêni jrih pakewuh / lamun kongsi sang putri gingsir / satêmah andêdawa / saya mangguh luput / sangsayanira têmahan / angênani para janma sanagari / ingkang tan darbe dosa //

jawataning samodra tumuli / anandukkên gêngirèng kawasa / nyirêp samodra krodhane / tirta wus pulih mirut / larut wangsul mring jalanidhi / papan kang tan katêkan / atêtêp rahayu / mung papan kang wus kalêban / kawistara sangsayanira ngluwihi / wisma-wisma rinata //

sanadyan ta tuwuhan ing bumi / kang katrajang ombak sirna kentas / rêsik tan ana tabête / mung katon êndhut-êndhut / sagon-ênggon nutup mratani / dene kang tan kacakan / nadyan têtêp lulus / labêt dènnya kasangsaya / maksih katon ngrasa susah ing salami / kadi tan bisa owah //

kang mangkana mung kadayan saking / tumanduking laku kaluputan / kang dèn tindakkên ratune / sangsayanira tuhu / angênani praja myang janmi / sanadyan wus tinambak / tawur putri punjul / parandene tabêtira / maksih katon nèng praja angêrês-rêsi / têmah nyirèni praja //

cinarita sri nata ing mangkin / putêking tyas anggung saya krasa / ing salami datan supe / sanggyaning laku luput / krasa kadi maksih sumandhing / linali datan kêna / nèng tyas anggung tuwuh / de mèngêt lêlakonira / ing satêmah sri nata anggung anggalih / raosing kasangsaya //

wus rumaos dènnya madêg aji / lir sinrêtu dinohan ing suka / wêkasan sri nata mangke / kadadak katon sêpuh / nèng kadhaton datanpa kanthi / garwa myang putra sirna / pura rasa suwung / dadya sri nata sanyata / mangguh siksa kang lumintu ing salami / tan ana mêndhanira //

amarêngi sawijining ari / sri narendra miyos saking pura / arsa nênamur galihe / para wadya anggrubyug / mawurahan samargi-margi / katon tandhaning suka / kawula sadarum / dening uning ratunira / mangkya miyos arsa ngenggar-enggar galih / maring jawining praja //

mung ing sêmu sri nata katitik / ngêlayunging wadana tan owah / tôndha nandhang duka gêdhe / tindakira sang prabu / nitih èsthi langkung gêng inggil / narendra katon cêtha / nèng gigir aluhur / yèn ta tan ngrasa duhkita / têdhak nata sayêkti ngayêmi bumi / dening nata kawasa //

mung wantuning nata nandhang kingkin / tan katitik andayani suka / malah nyênyêt ing samangke / surak ingkang gumuruh / nulya sirêp datan nabêti / dene parêng narendra / tindak kang tinuju / mring candhi kang cakêt pura / arsa mêdhar pudya anglêlipur galih / srah duka mring jawata //

duk samana lakuning kang èsthi / nadyan antêng kadi tanpa solah / nanging nyarêngi apêse / nata dhawah sumiyut / lir binuncang sing nginggil èsthi / sinarêngan samana / kaelokan agung / duk nata tumibèng kisma / siti mlêkah nata manjing dèn ingkêmi / sirna padha sakala //

para wadya sami sarêng anjrit / ngrasa gawok mangguh kaelokan / nanging nulya tidhêm age / myang samya nrimèng kalbu / awit tuhu sri nata mangkin / antuk walêsing siksa / dènnya dosa agung / ngisas mring pandhita tama / kang sanyata pandhita suci linuwih / mangkya aran wus purna //

wus palêstha caritèng Kelani / kang arasa wêwarah utama / mruhi marang tindak dede / sanadyan ratu agung / lamun tuhu anandhang sisip / tan pae antuk siksa / kang katimbang jumbuh / awit jatining walêsan / lir timbanging taraju kang datan silir / têtêp salaminira //

--- 213 ---

Nomêr 54, taun I

Taman Bocah

Lampiran Kajawèn, kawêdalakên sabên Sabtu

Sulapan

Aku gumun, wêruh tukang sulap bisa nglêbokake dhuwit sèn saka mripat mak blas ilang ora karuhan, ora antara suwe banjur ditokake manèh saka mripat, mak cring tiba ana ing piring. Wah sêmono pintêre tukang sulap iku, nanging katrangane jêbul mangkene:

Tukang sulap nyêkêli piring siji ing tangan kiwa, dene patrape olèhe nyêkêli piring mau ora kêna sumèlèh ing èpèk-èpèk, kudu disôngga driji lima, diarah lambening piring pênêr têngah-têngahing èpèk-èpèk. Dhuwit sèn sing arêp dilêbokake mripat mau disèlèhake ana piring, sawise mangkono banjur dijupuk katarik minggir ditibakake ing èpèk-èpèk, nanging kudu rikat aja nganti kêtara. Tangan sing ethok-ethok anjupuk dhuwit mau banjur ethok-ethok anglêbokake dhuwit mênyang mripat, tangane nuli diculake mak byur, sajake dhuwite wis ilang tênan.

Piring sing disôngga driji mau banjur disèlèhake ing èpèk-èpèk, dadi dhuwit sing ana èpèk-èpèk mau kêtutupan piring, mula piringe dituduhake wong-wong sing padha nonton wis ora ana barange. Tukang sulap tumuli nyèlèhake piring mau ana ing meja dhuwur, nanging dhuwite ora disèlèhake, sarta tangan kiwa sing nyêkêli dhuwit mau anjupuk têkên pênjalin cilik dawane kurang luwih samètêr, sing wis disêdhiyakake ana ing dhuwur meja, dadi ketoke mung kaya nyêkêli têkên pênjalin mau.

Sawise sawatara suwe dhuwite arêp ditokake manèh, têkên pênjalin sarta dhuwit sing dicêkêli tangan kiwa, diêlih tangan têngên. Piring sing ana meja dijupuk sarta dituduhake wong-wong sing padha nonton manèh kothong ora ana dhuwite. Têkên disèlèhake ing meja, nanging dhuwite isih kèri dicêkêli, banjur ethok-ethok anjupuk dhuwit saka mripat, piringe ditadhahake ngisore dohe watara sakaki, dhuwite diculake mak cring tiba ing piring.

Patrape tukang sulap kaya ngono mau, wong-wong sing padha nonton mêsthi iya ngandêl bangêt, amarga durung wêruh wêwadine.

Sucitra, Kuwiran (Banyudana).

--- 214 ---

Lêlakone Bocah Cilik

Candhake Kajawèn nomêr 81.

Dene kang diwulangake warna-warna. Pêcak sapisan kabèh dikon anggambar sakarêpe dhewe, ana sing anggambar manuk, kêmbang, pitik sapiturute, kabèh mau mung dièmpêr-èmpêr bae, sanyatane manawa didêlok bocah gêdhe mêsthi diarani orek-orekan bae. Aku uga anggambar, nanging durung kulina nyêkêl grip, panulisku mung tak gêgêm bae, lan sing tak gambar, rekane anggambar kar tanah Borneo, jêbul-jêbul dadi gambar susur. Barêng kabèh dibijèni, aku olèh biji rupane kaya kursi.

Ing batin aku banjur anggagas: E, Si Kasrija iki barêng sêkolah kok bisa têmên. Aku anggambar susur, kok banjur bisa muwuhi kursine. Jalaran biyungku iya manawa lagi nginang, susure iya nuli ditumpangake ing kursi.

Ora suwe nuli diwulangi singên (ura-ura), kabèh mèlu muni kaya Si Kasrija mau, aku uga mèlu, nanging mung, mi, dho, midhun. Mi, ring ... sol ... wah, aku nuli rumasa kaya sinyo cilik. Manawa ing saiki, aku mêsthi ngêthoprak bae.

Barêng wis watara kêsêl nuli padha ngaso. Aku nuli mulih, têkan ing ngomah aku matur bapak: Pak ... aku êmbok disêkolahake têmênan, pak ... aku kêpengin bisa kaya Si Kasrija. Bapak mangsuli: Yèn kowe wis wani, iya tak lêbokake. Arêp disambung.

Dadiyana.

[Grafik]

Bocah-bocah kang padha dhêmên ingon-ingon, mêsthine sênêng nonton gambar ing dhuwur iki. Iki gambare bôngsa landhak cilik, padha didokok ing èpèk-èpèk.

--- 215 ---

Wohing Kêsèd lan Wohing Doyan Gawe

Ana wong tani sugih, lumbunge nganti sapirang-pirang, padha kêbak isi pari, malah isih lubèr, parine didokok ana pandhapa, gandhok, lan liya-liya panggonan manèh. Wah cêkake parine mau cukup dipangan lan kanggo butuh pirang-pirang taun. Batine pak tani: Pariku iki akèh bangêt, upama tak dol, kêna tak ênggo tuku oto sing gêdhe bangêt. Yèn mung tak pangan bae, bisa nganti tutug nganti têkan anak putu.

Satêmêne unine pak tani mau rada kêwêlèh, awit parine sing sathekruk mau sabên dina tansah dicolongi tikus, saka kèhe sing kalong lan mowat-mawut, pak tani nganti ngrasakake sêdhih. Suwe-suwe duwe panêmu arêp ngingu kucing, awit kucing iku gênah dadi wêdènaning tikus, anggêr ana ngeyong bae, tikuse mêsthi padha mlayu.

Kêbênêran, pak tani bisa olèh kucing lanang, ulêse kêmbang asêm, rupane nganti kaya barongan, pantês-pantêse yèn mangan tikus, saêndhêgan bisa êntèk sapuluh.

Kucing mau banjur dipakani, dilêlithing nganti kaya bocah, dijênêngake Si Jlamprang, malah saka sênênge, pak tani yèn ngundang kucinge mau kaya ngundang bocah, nganggo didokoki têmbung thole barang.

Ing wayah sore pak tani ngundang kucinge: Thole Jlamprang, thole Jlamprang. Barêng têka banjur diêlus-êlus karo dikandhani kaya bocah: Kowe sing ngrêti, yèn ana tikus kêmah-kêmahên sing nganti mêmêt. Wis, kana lunga. Pak tani anggone muni mangkono mau karo anjorogake kucinge.

Jlamprang kuwi satêmêne kucing kêsèd, mung jênênge bae kucing, nanging ora mrêduli mênyang tikus, malah tau nuju turu wêtênge disrondhol tikus iya mênêng bae. Wah manèh Jlamprang kuwi anane ing kono kopèn bangêt, yèn mangan wêtênge nganti minthi-minthi. Yèn wis mangan banjur turu. Dadi anggone mangan warêg mau mung kanggo sangu turu, mula tinêmune ana ing awak iya banjur ketok.

Dhisike pak tani ora tau anggatèkake mênyang kaanane Si Jlamprang, dikira kaya kucing lumrah bae. Nanging barêng wêruh tikus ora suda, banjur dititi, tinêmune jêbul Si Jlamprang kuwi mung dadi kucing tukang turu. Wah, pak tani nêpsu bangêt, Jlamprang banjur dijêjêgi, karo diunèn-unèni: Kowe kucing kêsèd bangêt, diingoni sabên dina, awake nganti thipluk-thipluk ngono, gawene mung turu bae. Apa kowe arêp mamèrake lêmune awakmu, bèn aku kapengin ambêlèh kowe. Aku môngsa doyana, ayo lunga.

Jlamprang banjur disawatake mêtu, arêp bali diagag-agagi pênthung. Suwe-suwe kêpêksa wêdi, ora wani mulih.

Kuwi tambane kucing kêsèd. Arêp disambung.

--- [0] ---

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]

--- [0] ---

Ôngka 86, 15 Jumadilakir Taun Je 1862, 28 Oktobêr 1931, Taun VI

Kajawèn

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]

--- [1345] ---

Ôngka 86, 15 Jumadilakir Je 1862, 28 Oktobêr 1931, Taun VI

Kajawèn

Kawêdalakên sabên dintên Rêbo lan Sabtu

Rêgining kalawarti punika ing dalêm tigang wulan ... f 1.50, bayaranipun kasuwun rumiyin, botên kenging langganan kirang saking 3 wulan.

Juru ngarang - administrasi Bale Pustaka, ing sawingkinging kantor palis, tilpun nomêr 2791 - Bêtawi Sèntrêm.

Palapuran Bathik II

Kabudidayan Bathik ing Jawi Wetan

Anglajêngakên rêmbagipun ing bab palapuran bathik ingkang ôngka 3, ing ngriki kados prêlu anyariyosakên sawatawis mênggah kawontênanipun panggaotan bathik ing Porong tuwin Bangil.

Ing palapuran wau anyariyosakên kanthi jalèntrèh ing bab risakipun panggaotan bathik ing laladan kalih panggenan kasbut nginggil ing salêbêtipun sawatawis taun kemawon. Ing môngka panggaotan bathik kêkalih punika, ing suwaunipun wontên ing tanah Jawi, punapadene wontên ing sajawining tanah Jawi, namanipun kasuwur sayêktos. Dene ingkang ngrisak panggaotan wau, ingkang baku mêdhaking rêrêgèn mori, nalikanipun bibar pêrang agêng punika. Ingkang nganèh-anèhi, dene mèh sadaya têtiyang ngriku sami ngalêmbana dhatêng patrapipun para juru potang bôngsa Arab, ingkang limrahipun sami numbasi bathikanipun têtiyang ingkang sami nyambut wau.

Kawontênanipun ing ngriku têtela, bilih kamunduranipun panggaotan bathik punika saklangkung mutawatosi, jalaran sadaya bêbêrah ingkang asli saking sanès panggenan, sami dipun kèndêli saking padamêlanipun, ing môngka cacahipun botên kirang saking 400 tiyang.

Ing ngriku para tukang ngêcap sami dipun papanakên wontên ing griya pondhokan ingkang katutup rapêt: kawontênanipun ing griya ngriku amila inggih awon sangêt, bêntèr, sumpêg, thik kirang padhang. Malah ing ngriku wontên papan pambathikan ingkang kenging dipun samèkakên kalihan kandhang maesa kemawon.

Sadèrèngipun nyariyosakên kawontênanipun panggaotan bathik ing Tulungagung utawi ing Panaraga, ing ngriki kados prêlu ngandharakên mênggah bedanipun panggaotan bathik ing kalih panggenan wau, inggih punika, bilih ing Panaraga, kadhangkala tiyang sagêd amrangguli panggaotan bathik gadhahanipun tiyang siti, ingkang katingal majêng, ngantos panggaotan gadhahanipun bôngsa Tionghwa botên sagêd babarpisan angêjori. Kosokwangsul kalihan ing Tulungagung, ing ngriku panggaotan bathik gadhahanipun tiyang siti, gêsangipun prasasat gumantung saking para juragan bathik bôngsa Tionghwa, Arab, sarta bôngsa Jêpang.

Samangke nyariyosakên sawatawis kawontênanipun panggaotan bathik ing Tulungagung.

Ing kala rumiyin, bathikan wêdalan Tulungagung punika, botên ngêmungakên wontên ing Jawi Wetan kemawon, sanadyan wontên ing Jawi

--- 1346 ---

Kilèn ugi pajêng sangêt, ing dhusun Kalangbrèt, ingkang ing suwau kathah panggaotanipun têtiyang siti, samangke kenging dipun anggêp kadosdene pêpanthaning papan pambathikan ingkang dipun bandhani dening têtiyang Mataram.

Jalaran tansah dipun êjori dening bathikan saking pundi-pundi, langkung-langkung saking Panaraga, kawontênanipun panggaotan bathik ing Tulungagung wau, sangêt munduripun.

Têtiyang kuli ingkang sami nyambut damêl wontên ing panggaotan bathik gadhahanipun têtiyang siti, punika kathah ingkang sami sangsara jalaran dening patraping panyêlêpipun ingkang taksih cara kina, inggih punika ingkang gampil sangêt lumêbêting wisanipun nila dhatêng tanganipun. Tanganipun lajêng katingal ambêdhudhug, tuwin ngapal ngantos kadosdene kuliting gajah. Kajawi punika ugi lajêng katingal bêrut-bêrut.

Manawi tiningalan, tanganipun tukang cêlêp ingkang makatên wau, kulitipun ingkang sampun dados sakit ngapal wau, kados pisah kalihan dagingipun, wujudipun kadosdene tiyang ngangge sarung tangan ingkang kagêngên sangêt, saha miturut cariyosipun, tanganipun wau sampun pêjah raosipun, driji kraos kakên, rêkaos sangêt kangge nindakakên padamêlanipun.

Tumrap pondhokanipun para bêrah, katingalipun botên patos kamanah. Saupami lajêng dipun dandosi, kados sampun mêsthinipun, langkung prêlu malih saupami papanipun ambathik mawi dipun singgêt utawi dipun guthêk saking papan patilêman.

Makatên mênggah kawontênanipun panggaotan bathik ing Tulungagung ing wêkdal samangke. Kosokwangsul kalihan kawontênanipun panggaotan bathik ing Panaraga.

Wiwit ing taun 1929, Panaraga katingal majêng sangêt, ingkang makatên punika andadosakên kauntunganipun panggaotan-panggaotan bathik gadhahanipun têtiyang siti. Sanadyan saindênging tanah Jawi sami rêngkêng-rêngkêng dening kataman ing jaman malèsèd punika, nanging têtiyang ing Panaraga anggènipun ngadani bathik kanthi dipun kiyati sayêktos, kadosdene botên wontên jaman rêkaos makatên, lan botên namung ambathik kemawon, nanging ugi sagêd nyade bathikanipun. Sinjang Panaraga punika kasuwur kirang sae, enggal sangêt malih, nanging rêginipun mirah sangêt. Ing sarèhning polanipun punika sagêd maneka warni, amila tiyang siti lajêng kathah ingkang sami rêmên.

Nanging jalaran sudaning pêpajênganipun bathikan umumipun, ugi andayani dhatêng kawontênanipun panggaotan bathik ing Panaraga. Para sudagar bôngsa Tionghwa kathah ingkang sami nyuda dêdaganganipun ngantos 35%, antawisipun tukang cap 400 saking Tulungagung, ingkang dipun kèndêli kirang langkung wontên 300.

Para sudagar Surakarta kathah ingkang sami kilak sinjang wontên ing Panaraga, saha pambêktanipun dipun êmot mawi oto bis. Sa-oto bis punika asring sok sagêd ngêmot sinjang 200 ngantos 250 kodhi. Ing dalêm sawulanipun, sinjang ingkang kakilak dening para sudagar Surakarta, punika botên kirang saking 6000 kodhi. Dados ing dalêm sataunipun, pêpajênganing sinjang Panaraga punika kirang langkung wontên 1 yuta rupiyah.

Botên beda kalihan ing sanès-sanès panggenan, ing ngriku ugi kathah para bêbêrah ingkang bayaranipun awis-awis, botên sabab saking pintêring panyambutdamêlipun, nanging ngêmungakên sabab sampun kulina kemawon.

Radin-radinipun para bêrah èstri punika bayaranipun sadintên f 0.40.-. Blanjan wulanan utawi taunan, punika pambayaripun botên dipun têmtokakên, limrahipun manawi wontên bêbêrah ingkang nêdha, sarta manawi dening juraganipun kaanggêp prêlu, bilih kuli wau kêdah angsal êmpingan saking padamêlanipun ingkang sampun dipun garap, ing ngriku lajêng sawêg dipun bayar.

Ing sawênèhing panggaotan bathik ing ngriku para bêbêrahipun botên sadaya dipun bayar mawi arta, nanging sabagian mawi barang-barang kaprêluanipun têtiyang gêgriya. Awit ing ngriku bojoning juragan sok lajêng ngêdêgakên toko. Ingkang punika para bêbêrahipun inggih sok lajêng kapêksa kabayar mawi barang-barang kemawon. Ing palapuran ngriku mawi dipun saranani tuladan warni-warni.

Wontên ingkang nyariyosakên, bilih ing Panaraga kirang langkung wontên bangsaning planyahan 200, ingkang gêsangipun namung saking para tukang ngêcap dhatêngan saking Tulungagung wau. Awit para tukang ngêcap wau, ingkang kathah sami botên ambêkta semahipun, sarêng wontên ing Panaraga lajêng sami main royal.

Ingkang andêmênakakên lan pantês pinuji, punika mênggah sêsrawunganipun juragan kalihan para bêbêrahipun, salaminipun tansah sae, botên anguciwani.

Minôngka kangge amungkasi wawasan ing bab kawontênanipun panggaotan bathik ing Jawi Wetan, ing ngriki kados prêlu nyariyosakên sawatawis kawontênanipun ing Pacitan.

Ing Pacitan umumipun panggaotan bathik punika sami dipun tindakakên wontên ing griya. Limrahipun têtiyang èstri padhusunan sami numbasi mori tuwin malamipun wontên ing kitha Pacitan kanthi bayar kropyok. Anggènipun ngèngrèng tuwin nêrusi, punika katindakakên wontên ing dhusunipun piyambak-piyambak. Dene manawi sampun rampung dados bathikan, lajêng kasade wontên ing kitha. Miturut petangan, angsal-angsalaning panyadenipun bathikan wau, sadintên-dintênipun botên langkung saking 5 sèn, ewasamantên kathah kemawon ingkang kêdah lumampah wongsal-wangsul langkung saking 24 pal. Dados angsal-angsalanipun punika botên ambêjaji sangêt manawi katimbang kalihan rêkaosing lampahipun.

Makatên ugi ing ngriki pêpajênganipun bathikan mundur sangêt, kala rumiyin panggaotan-panggaotan bathik sami anggadhahi pangobèng pintên-pintên dasa, nanging samangke namung narimah ngingah gangsal nêm kemawon. Mênggah pambayaranipun para pangobèng wau, sadintên-dintênipun botên langkung saking 10 sèn utawi 15 sèn.

--- 1347 ---

Komite Rônggawarsitan

Kados ingkang sampun nate kawrat wontên ing kalawarti Kajawèn ngriki, manawi ing Surakarta sampun madêg bêbadan adêgan (komite) ingkang sêdyanipun badhe ngèngêti sedanipun ingkang sampun swargi Radèn Ngabèi Rônggawarsita, pujôngga agêng ing karaton Surakarta Adiningrat.

[Grafik]

Saking kiwa manêngên: I. Ingkang linggih R Padmawidagda (panitra), R.Ng. Yasapuraya (artaka II), R. Ng. Ônggapradata (pangarsa), R. Yasawarsita (mudha pangarsa), Dr. R. Sutarna (artaka I). II. Ingkang ngadêg, sadaya dados panitya: K.M. Sasrasumarta, M.Ng. Wignya Wiryaga, M. Sôntasuparta, R. Dartawarsita, R. Sastrawaluya, R. Ng. Artadarsana.

Amargi saking ngèngêti aruming asmanipun ingkang sampun swargi, kaluhuranipun sarta lêlabêtanipun ing bab basa sarta kasusastran Jawi, adêging komite sagêd angsal pambiyantu saking sih kadarmanipun para gusti, para luhur saha para priyantun warni-warni.

Têmpuking damêl badhe dhawah ing pèngêtan wau dumugi wêkdal 60 taun saking sedanipun, inggih punika dhawah benjing ing dintên Ngahat Lêgi ping 5 Dulkangidah 1862 utawi ping 13 Marêt 1932. Lampah-lampahing pèngêtan ing sawatawis badhe mawi pahargyan, malêm dintên kasbut nginggil dipun wontênakên pêpanggihan wontên ing sus abipraya, enjingipun ngawontênakên darmawisata (excursie) dhatêng pasareanipun ingkang swargi, ing dhusun Palar kaondêran Pucuk Klathèn (dhusun Palar punika saking sêtatsiyun Cèpèr têbihipun watawis tigang pal).

Kajawi punika, komite ngadani damêl buku babadipun swargi Radèn Ngabèi Rônggawarsita, ingkang dumugi samangke awis sangêt ingkang nguningani. Panggarapipun buku wau samangke sampun mèh rampung, ingkang botên watawis dangu malih tumuntên ambabar.

Sa-Ta.

--- 1348 ---

Kawruh Sawatawis

Mirah Awising Arta

Sambêtipun Kajawèn nomêr 84.

Kajawi ingkang kasêbut ing Kajawèn nomêr 83 punika taksih wontên nagari sanès-sanèsipun malih ingkang nindakakên arta sanèsipun sèn kados ingkang tumindak ing sapunika, malah rumiyin ing Banjarmasin wontên arta ingkang dhuwitan, nanging kalangkung gopok, garapanipun kasar, tipis, mawi sêratan Arab, wontên ingkang mungêl jaman murah.

Mirid ungêl-ungêlan jaman murah ingkang dipun êtrapakên wontên ing arta wau, atêgês kala jaman pajêngipun arta wau, kawontênanipun pinanggih sarwa mirah.

Dados pinanggihing ucap-ucapan mirah awising arta punika, wontên ingkang pinanggih wontên ing panganggêp, lan pancèn pinanggih nyatanipun.

Mirid tatacara kina, sajak-sajakipun arta punika botên patos dipun wigatosakên, saya tumraping bôngsa priyantun minggahipun dhatêng bôngsa luhur, awis-awis ingkang gêgayutan prakawis arta, awit mênggahing arta, tumrap tiyang jalêr alitipun ngraosi, agêngipun anggembol, punika sampun kawical nistha, sadaya namung kawajibakên dhatêng tiyang ingkang pinitados.

Tata ngadat ingkang kados makatên punika manawi dipun wawas wontên ing jaman sapunika, pancèn inggih ragi anggumunakên, dene kapitayanipun tiyang ingkang gadhah panguwaos ngantos samantên. Saya tumraping babagan arta ingkang gêgayutan kalihan karajan Jawi, punika bêbasanipun ngantos botên kasumêrêpan sapintên cacahing arta, nanging gêlêngipun kenging dipun wastani sugih, sumrambah sadayanipun.

Sayêktosipun kawontênan ingkang kados makatên punika botên kenging dipun paibên, awit pinanggihipun kala jaman samantên, gampilanipun kala jaman kina, samukawis taksih sarwa mirah, ing ngrika-ngriki botên kêkirangan têdha. Wontênipun makatên, bokmanawi jalaran kabêtahaning tiyang dèrèng kados ing jaman sapunika, inggih jalaran saking kathahing kabêtahan wau, ingkang tiyang lajêng mastani awis arta.

Manawi mirid dêdongengan, ing jaman kina dèrèng wontên arta, caranipun tiyang nindakakên kabêtahan namung sarana urup-urupan, dados taksih prasaja sangêt. Malah sanadyan ing jamana sapunika pisan, tumraping papan ingkang sêpên, punapadene nagari ingkang tiyangipun taksih sarwa prasaja, arta wau dipun anggêp botên sapintêna pigunanipun, awit kabêtahanipun cêkap dipun tindakakên kanthi sasêkecanipun. Nanging ingkang pinanggih wontên ing jaman arta, inggih punika ing jaman sapunika, arta punika ngantos dipun anggêp narendraning bumi, tiyang tanpa arta badhe tanpa aji gêsangipun, ngantos wontên uran-uran ingkang dipun apali ing ngakathah, mêndhêt saking Sêrat Darmalaksita,

--- 1349 ---

anggitamanggitan. dalêm suwargi Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Arya Mangkunagara IV, ungêlipun makatên:

[Dhandhanggula]

luwih lara-laraning kang ati / nora kaya wong tininggal arta / kang wus ilang piandêle / lipure mung yèn turu / lamun tangi sungkawa malih / yaiku ukumira / wong nglirwakkên tuduh / angilangkên budidaya / têmah papa asor dènira dumadi / tan amor lan sasama //

Suraosing uran-uran ing nginggil wau, atêgês tiyang dipun tilar ing arta punika sakalangkung sangsara, jalaran saking nglirwakakên pitêdah. Mênggahing gampilanipun kenging dipun pêndhêt, kajêngipun tiyang punika kêdah sumêrêp dhatêng tanjaning arta, awit tiyang ingkang sumêrêp dhatêng tanjaning arta, cêtha anggènipun nacahakên, bilih sarupiyah satus sèn, sèlèhing pangglindhingipun sagêd prênah.

Mênggahing bab mirahing arta kados ingkang sampun kapratelakakên ing Kajawèn ingkang sampun kapêngkêr, punika dèrèng ngiribi kados ingkang kasêbut ing sêrat babad, ingkang pinanggih kala ing abad 16. Kacariyos kala ing jaman samantên ing tanah Jawi wontên arta, ingkang asli saking pambêktanipun bôngsa Tionghwa ingkang sêsrawungan among dagang wontên ing Bantên, artanipun wau timah bolong têngah, sabên sèwu namung pangaos kalih dasa sèn, arta wau dipun wastani picis. Mirahing arta ingkang kados makatên, anêrusi kalihaskalihan. mirahing têtumbasan. Arta ingkang mirah sangêt aosipun wau sumrambah satanah Jawi lan dipun sênêngi ing tiyang, punika nelakakên, bilih ing tanah Jawi mirah têdha, tuwin gêsanging bôngsa taksih prasaja sangêt. Malah kacariyosakên, tumrap rencang tumbasan, sadintên cêkap namung nêdha pangaos kawan sèn.

Kados makatên mênggahing pangintên bab raos awis mirahing arta.

Ha.

[Grafik]

Sawangan ing sapinggiripun sagantên ing Gorontalo. Sela-sela pating janggêlêg, tansah dipun têmpuh ing alun tanpa kêndhat. Swara lan sawangan ingkang pinanggih ing ngriku adamêl sêngsêming tiyang ingkang lêlangên.

--- 1350 ---

Kagunan

Sabakarti Sêmarang

Sambêtipun Kajawèn nomêr 85.

Wiwit madêgipun pakêmpalan, para pangrèh sampun angrancang badhe adamêl gêdhong kangge ajang anggêlar kagunan, ananging sarèhning kabujêng ing prêlu sanès ingkang kêdah dipun wontênakên, satêmah ngantos sawatawis taun katalompèn. Katalompènipun wau jalaran wontên sabab saking sampun angsal papan panggenan ingkang ragi prayogi tumrap kangge ngawontênakên têtingalan tuwin sanès-sanèsipun ingkang minôngka pambabaring kagunan.

Ing salêbêtipun gangsal taunan dumugi titimongsa punika, para pangrèh anyantosani pangrancangipun mamrih Sabakarti tumuntên sagêda gadhah gêdhong piyambak. Rekadaya kadospundi sagêdipun kalêksanan. Ing ngriku para pangrèh ambudidaya, angaturakên sêrat panyuwunan dhatêng pamarentah, nyuwun bagean arta lotre agêng. Ing wasana kasêmbadan panyuwunipun, kaparingan bagian kathahipun 5.000 rupiyah. Kagunggung kalihan arta saking darma-darma saha saking sanès-sanèsipun, sampun wontên kirang langkung 30.000 rupiyah. Arta samantên wau kamanah sampun anyêkapi petanging cêngkorongan kangge iyasa gêdhong. Pramila sapintên gênging panuwun tuwin kabingahanipun para pangrèh sumarambah dhumatêng para warga, prasasat tanpa upami.

Ing samangke kantun miling-miling angupados papan panggenan, ing wasana sagêd pikantuk ancêr-ancêr siti maluwa ingkang wiyaripun kirang langkung wontên 4000 mètêr pêsagi, inggih punika, siti gêmintê ingkang dumunung wontên ing Karênwèh. Sanadyan ing wêkdalipun samangke papan panggenan wau dumunung ing salêbêtipun kitha ragi kapering mangetan, ananging saking pangintên ing têmbe botên ngantos sadasa taunan êngkas, sampun tamtu dados têngah-têngah. Amargi mêlaripun kitha Sêmarang wau ing sêmu lèrègipun mangetan. Ing ngriku Sabakarti lajêng ngawontênakên parêpatan agêng, anggêlarakên ancêr-ancêr wau. Karampunganing rêmbag sami sarujuk tumuntên angaturakên sêrat panyuwunan dhatêng gêmintê rad.

Anyarêngi dhumawahing kabêgjanipun pakêmpalan Sabakarti, sagêd kasêmbadan panyuwunipun, pikantuk idin kenging angênggèni siti maluwa wau dipun adêgi gêdhong kanthi kêkancingan 75 taun.

Ing tanggal kaping 15 wulan Marêt 1931, wiwit bikak siti sarwi amasang talêsaning saka guru kalayan ananêm wit waringin sakêmbaran, mawi kajumênêngan para pangagêng sawatawis tuwin utusan saking pangrèh praja Kasunanan saha saking Mangkunagaran ing Surakarta, sarta wêwakiling pakêmpalan-pakêmpalan. Sadaya wau sami amêmuji widadanipun. Wiwitan lan pungkasaning pakurmatan, wontên pratôndha suwara gumalêgêr kaping tiga. Badhe kasambêtan.

Wir.

--- 1351 ---

Kawruh Padhalangan

Ringkêsaning Kawruh Padhalangan Ringgit Purwa ing Surakarta

Sambêtipun Kajawèn nomêr 82.

10. Gêndhing kangge adêgan danawa prêpat utawi danawa wanan, punapadene kewan ingkang badhe kangge prang sêkar.

Pamatrapipun.

Tumrap danawa prêpat gêndhing Jangkrik Genggong, lampah-lampahipun dipun wiwiti irama lancaran, lajêng kajantur dados gêndhing Êmbat-êmbat Panjalin. Têlasing janturan dados gêndhing Jangkrik Genggong malih. Suwukipun sêsêgan, kasambêt ada-ada sanga wantah.

TêndhingGêndhing. Kagok Madura, lampah-lampahipun dipun wiwiti irama sêsêg, lajêng kajantur, têlasing janturan irama wangsul sêsêg malih. Suwukipun sêsêgan, kasambêt ada-ada sanga wantah.

Gêndhing Babat Kêncêng, lampah-lampahipun kados Kagok Madura.

Gêndhing Kagok Madura tuwin Babat Kêncêng wau panjanturipun sasampuning kênong satunggal.

Panganggenipun.

Gêndhing Jangkrik Genggong, Kagok Madura kangge danawa prêpat utawi danawa wanan.

Gêndhing: Babat Kêncêng, kangge kewan.

11. Gêndhing kangge adêgan sasampuning prang sêkar.

Pamatrapipun.

1. Gêndhing: Genjong Goling, kê: 2 krêp, kênong 4 gong.

2. Gêndhing: Rênyêp, kê: 2 krêp, kênong 4 gong.

3. Gêndhing: Kêncèng Barong, kê: 2 krêp, kênong 4 gong.

[Grafik]

Tuladha mripat kêdhondhongan.

4. Gêndhing: Songgèng, kê: 2 krêp, kênong 4 gong. Andhawah saking gong 5.

5. Gêndhing: Sêmiring, kê: 2 krêp, kênong 4 gong. Andhawah saking gong 5.

6. Gêndhing: Sêmèru, kê: 2 krêp, kênong 4 gong. Andhawah saking gong 6.

7. Gêndhing: Senapati, kê: 2 krêp, kênong 4 gong.

--- 1352 ---

Sadaya gêndhing ing nginggil punika lampah-lampahipun kados gêndhing Gambirsawit (utawi kados gêndhing Lana ing adêg sabrangan dede danawa).

8. Gêndhing: Gègèrsore, kê: 4 krêp, kênong 4 gong, andhawah saking gong panunggul.

9. Gêndhing: Mênyan Kobar, kê: 4 krêp, kênong 4 gong.

10. Gêndhing: Madu Kocak, kê: 4 krêp, kênong 4 gong.

11. Gêndhing: Galagothang, kê: 4 krêp, kênong 4 gong.

Panganggenipun:

Gêndhing: Galagethang,Galagothang. kangge danawa raton.

Gêndhing: Gègèr sore, kangge Sri Baladewa.

Gêndhing: Kêncèng Barong, Senapati, Genjong Goling, kangge ringgit bapangan utawi gusèn.

Sanès-sanèsipun wau kangge ringgit gabahan utawi putrèn.

Kasêbut ing gêndhing bibar prang sêkar wau, manawi wancinipun sampun botên longgar, prayoginipun ngangge gêndhing ladrangan kemawon, inggih punika gêndhing: Uluk-uluk, Kêmbang Tanjung, Gonjang Galing, Giyak-giyak, Lompong Kèli, Gadhung Mlathi, Eling-eling, Pangkur, Surung Dhayung (= Côndraupa), Gôndasuli, Clunthang.

Sadaya wau lampah-lampahipun kados gêndhing Gôndakusuma, nêsêgakên utawi anjantur wontên sampuning gong. Gêndhing-gêndhing ladrangan punika ugi kangge babak unjal ing pathêt sanga, lampah-lampahipun kados kasêbut ing ngajêng.

12. Gêndhing salêbêtipun pathêt manyura.

Pamatrapipun.

1. Gêndhing: Prakutut Manggung.

2. Gêndhing: Pujôngganom, andhawah saking gong têngah.

3. Gêndhing Irim-irim.

4. Gêndhing Runtik, andhawah saking gong gulu.

5. Gêndhing Pocung.

6. Gêndhing Capang, andhawah saking gong 5 alit.

7 Gêndhing Banthèng Warèng.

8. Gêndhing Bangbang Wetan.

9. Gêndhing Kuwung-kuwung, andhawah saking gong têngah.

10. Gêndhing Montro.

11. Gêndhing Dhalang Karainan, andhawah sagong laras 6.

12. Gêndhing Ramyang. 13 gênès. 14 gêndrèh.

Punika sadaya gêndhing kê: 2 krêp, kênong 4 gong.

15. Gêndhing Mrak Kasimpir, kê: 2 krêp, kênong 2 gong.

16. Gêndhing Talimurda, kê: 4 krêp, kênong 4 gong.

Lampah-lampahipun ing kê: 2 krêp, kê: 4 krêp, lan sapanunggilanipun wau, kados ing gêndhing pathêt sanga.

Wondene manawi wanci sampun botên longgar, prayogi ngangge gêndhing ladrangan kemawon, kados ta: 1. Kôndhamanyura, 2. Ladrang Manis, 3. Ladrang Randhat, 4. Sawunggaling, 5. Lipursari, 6. Talakbodin, 7. Kêmbangpepe, 8. Sobah, 9. Moncèr, 10. Srikaton, 11. Wilujêng, 12. Gonjangcèrèt, 13. Ladrangmangu, 14. Wani-wani, 15. Ricik-ricik, 16. Pêksi Kuwung. (Badhe kasambêtan)

Suharda.

--- 1353 ---

Jagading Wanita

Parêpatan SJARIKAT ISTERI JAKATERA.

Pakêmpalan wanita ingkang namanipun kasêbut ing nginggil, mêntas parêpatan manggèn wontên ing gêdhong Pêrmupakatan Gang Kênari, Batawwi, kathah ingkang sami ngrawuhi.

Nyonyah S.Z. Gunawan (kêkudhung) sêsêpuh, murwani ambikak parêpatan, Nonah Nurjanah maos ayat-ayat Kuran. Wusana lajêng ngrêmbag ing bab griya lare lola Islam tuwin arta kas masjid. Salajêngipun mratelakakên ing bab adêging griya lare lola, angsal wawênang saking notaris Mr. Ophuysen kanthi lêlahanan. Adêging griya wau namung apawitan arta f 425.- saking kadarmaning ngakathah. Mila salajêngipun ngajêng-ajêng pitulungan saking kadarmanipun para golongan Islam.

[Grafik]

Wusana lajêng mratelakakên ing bab arta kas masjid, mirid katrangan, pigunaning arta wau prêlu kangge lare-lare lola, ngubur mayit ingkang tanpa waris, tuwin sanès-sanèsipun, nanging pinanggihipun ragi sulaya. Sêsêpuhing griya lola wau inggih sampun ngaturi sêrat dhatêng para ingkang wajib ing bab arta kas masjid satanah Jawi tuwin Madura, kajawi Surakarta lan Ngayogyakarta, prêlu nyuwun pitulungan, sadaya wontên 75 panggenan. Nanging ingkang sagah nguruni namung Bojanagara, sabên wulan f 5.-

Lajêng dipun sambêti Nyonyah Mangun Puspita, sêsorahing bab wajibing ngagêsang. Gêntos Nyonyah N. Badjenet Effendi (ing ngandhap) bôngsa Arab, mratelakakên bab pangangge wanita Islam. Lajêng kapratelakakên, nyonyah wau nyukani pasitèn kangge Sjarekat Isteri Jakatera kanthi sewan f 5.-, dene arta sewan wau kadarmakakên dhatêng griya lare lola. Kajawi punika taksih tampi darma saking sanès-sanèsipun malih. Wusana bibaran wilujêng.

--- 1354 ---

Sêrat Mardi Kawi I, II.

Para maos kados sampun sami pirsa bilih pangêcapan: De Bliksem ing Surakarta ngêdalakên Sêrat: Mardi Kawi. Ing pangangkah kadamêl tigang jilid, ingkang sampun wêdal kalih jilid. Wondene miturut ngalamat, isinipun jilid I: Wyakarana Kawi, jilid II: Waosan Jawi, jilid III: Kawi-Jarwa.

Mênggah kajêngipun Tuwan W.J.S. Purwadarminta ngêdalakên sêrat: Mardi Kawi wau miturut ingkang kawrat wontên ing: purwaka, rèhning nitik gêdêring swara, basa Jawi punika niyat badhe dipun ajêngakên, awit kamanah basa punika sarana ingkang prêmati kangge anggayuh dhatêng luhuring bôngsa, môngka saking rumaosipun Tuwan W.J.S. Purwadarminta: kasusastran Jawi punika pangudinipun kêdah mawi anyumêrêpi basa Jawi ingkang sampun sêpuh-sêpuh, inggih punika basa Kawi, jêr ing jaman samangke basa Kawi wau taksih kathah ingkang kêrêp kasrambah wontên ing sêrat-sêrat waosan. Dados ancasing sêdya sêrat Mardi Kawi wau kapanjurungakên dhatêng tiyang kathah, lowung kadamêl ular-ular, kangge sarana anggayuh kasusastran ingkang dhêdhasar sêsêrêpan.

Kula tumut mangayubagya. Mêmuji sagêdipun kalampahan punapa ingkang dipun kajêngakên.

Pasinaon basa Jawi Kina punika ingkang amiwiti utawi damêl kapenginipun tiyang kathah Sang Minulya Prof. Kern, ramening pamarsudi, ingkang sakawit inggih namung muthêk dhatêng para sarjana bôngsa Walandi, pabên-pabênan, sarasehan utawi katêrangan-katêrangan panyêratipun ingkang kathah inggih mawi basa Walandi. Tumrap bôngsa Jawi ingkang botên sagêd basa Walandi, rêmbag-rêmbagipun para sarjana Walandi ing bab kasusastran Jawi Kina, botên angêrtosakên, mila wontênipun sêrat Mardi Kawi wau pancèn inggih prayogi. Punapa ingkang dados pamanggihipun para sarjana ingkang sami kawrat wontên ing:

1. Kawi-Studien (Dr. H. Kern).

2. Verspreide Geschriften VIII. IX (Dr. H. Kern)

3. Pustakawarti Kawi (R.Ng. Dr. Purbacaraka)

4. Kawi-Balineesch-Nederlandsch Woordenboek (Dr. H.N. van der Tuuk).

5. Oudjavaansch-Nederlandsch Woordenlijst (Dr. H.H. Juynboll).

Kapêndhêt saprêlunipun katata sae, mikantuki kangge ular-ular marsudi basa Jawi Kina.

Jilid I ngrêmbag bab paramasastra Jawi Kina, kaperang dados 29 perangan. Jilid II isi waosan cacah 18, pêthikan saking sêrat-sêrat Jawi Kina, mawi dipun sisihi jarwanipun. Dados kenging kangge nocogakên lêrês lêpating panyuraos.

Rèhning jilid III punika tumrapipun jilid I sarta II prêlu sangêt, prêlunipun kaangge madosi têgêsipun satunggal-satunggaling têmbung, mila ing pamuji mugi-mugi enggala kawêdalakên.

K.

[Iklan]

--- 1355 ---

Rêmbagipun Garèng lan Petruk

Bab Lurik

IV.

Garèng: Andharanamu lagi dina Sabtu kang kapungkur kae, aku iya wis akur. Hla, saiki kapriye, dene kowe ngarani, yèn wong Jawa wis rata padha ngênggoni lurik-lurikan, jarene banjur bisa ngundhakake kabudidayan.

[Grafik]

Petruk: Lo, kuwi mêngkene, Kang Garèng, lagi anu aku rak ngandhakake, yèn suwe-suwene nênun kuwi dadi pagawean sambèn, têgêse saomah-omahe, anggêre kabênêr nganggur, wong-wonge wadon sing ênom-ênom banjur padha nênun, nanging têmtune sing mangkono kuwi iya ora kabèh, mêsthine iya ana bae sing ora kobêr babarpisan, jalaran saka pakulinane sabên dina. Kaya ta: garwa utawa para putrine priyayi-priyayi jaman saiki kiyi. Lo, kuwi pakulinane sabên dina wis beda bangêt karo wong-wong lumrah, dadi iya wis ora kobêr babarpisan saupama dikon nênan-nênun kuwi. Mara ta pikirên bae, bisane kobêr nênun wayah apa, nèk garwaning priyayi kuwi. Esuk jênggèlèk wungu, banjur siram, salêbare siram, banjur busana, tasikan. Môngka wiwit siram tumêkane rampung busana lan tasikadtasikan. barang mau, rikat-rikate iya ana karotêngah jam dhewe. Sauwise banjur ngladosi pangunjukane kopi lan dhahare sarapan kang raka, lo, kiyi iya ora kurang saka sajam dhewe. Nèk rakane wis pangkat nyang kantor, banjur amanggalih anggone rêrêsik kamar. Hla, kiyi anggone andhawuhi babu karo anggone andukani, maido barang, kurang luwih iya ana satêngah jam, sauwise banjur dhawuh koki supaya balônja nyang pasar. Lo, kiyi sanadyan le dhawuh balônja mung satêngah, gêdhe-gêdhene sarupiyah, ewadene anggone andhawuhi nyang koki mau iya ana satêngah jam dhewe, jalaran sêmang nganggo nêrang barang dhisik: Apa isih duwe lombok, uyahe apa isih cukup, trasine apa ora kurang, lan sapiturute. Sauwise koki bolak-balik balik-bolak niliki paga,

--- 1356 ---

lagi didhawuhi apa sing kudu dituku. Kang sapisan kêkurangane uyah, lombok, trasi, banjur andhawuhi apa sing dibutuhake, kaya ta: gori têlung sèn, daging satêngah kati, brambang, bawang, kêncur, bêngle, tumbar, jintên ...

Garèng: Wiyah, ana sakèhing majakan kok dhawuh nuku, apa arêp nyêkoki kang raka.

Petruk: Lo, aku mung arêp ngandhakake pêpaking blanjane. Sauwise rampung anggone dhawuh-dhawuh mau, banjur sônja utawa disanjani. Lo, kiyi iya sok nganti jam-jaman, jalaran sok akèh lan rupa-rupa bangêt sing dirêmbug, kaya ta: mundhak mudhune rêrêgan pasar, rêkasane pagaweane ingkang raka, nisthane tôngga têparone ...

Garèng: Hla, nèk kaya ngono kuwi rak banjur jênêng ngrasani tôngga, nèk tumrape para putri jaman saiki, sing akèh-akèh wis padha pangajaran, wis mêsthi ora krêsa yèn ngêngrasani alaning tôngga kuwi, awit kiyi rak panggawe sing ora bêcik bangêt. Ngrêtia Truk, nèk para putri jaman saiki kiyi ora bakal kurang rêmbug, wong pancèn iya padha sugih kawruh lan sugih kapintêran, seje, sèh, nèk dipadhakake karo para putri jaman biyèn kuwi, umume rak bodho-bodho, mulane iya padha nurut-nurut. Hla nèk jaman saiki para putri wis padha pintêr-pintêr, aja manèh si kakung nganti pêtingkah karo putrine, lagi ngandika jangane rada anyêp bae, rak sida kalakon diprênguti pêndhak dina têmênan.

Petruk: Wiyah, wiyah, kok banjur dipukul gambang sama rata mêngkono, bab wani utawa lantape wong wadon nyang wong lanang, kuwi ora saka bodho utawa pangajaran, nanging pancèn iya wis dadi dhasar. Awit akèh bae wong wadon sing pancèn bodho, nanging nyang laki kaya tungkul arêp anglêthak-ngalêthaka, kosokbaline akèh bae wanita sing dhuwur pangajarane, nanging nyang laki bêkti bangêt. Nanging ora bab kiyi sing lagi dirêmbug, mulane saiki padha ambalèni rêmbuge ngarêp. Kowe saikine rak iya ngrêti, ta, yèn priyayi putri sing tak kandhakake ing ngarêp, gênah ora kobêr babarpisan, ing môngka isih akèh manèh pagaweane sing durung tak kandhakake, kaya ta: main tènis, maca roman ...

Garèng: Iya, iya, wis ngandêl aku, yèn para putri kiyi padha akèh bangêt pagaweane, nganti ora kobêr apa-apa.

Petruk: Dadi iya ora kobêr nênun. Tumrap para priyayi putri kiyi, sing cacahe mêsthine iya ora sathithik, têmtune banjur dianakake pabrik lurik sing gêdhêm kae, sing bisa yasa lurik sing apik-apik, sing brêgis-brêgis, cêkake sing bisa gawe lurik sing warna-warna kae, aja nganti nulak pamundhute para priyayi-priyayi mau.

Garèng: Iya, kiyi prêlu bangêt, awit ladènane para priyayi putri kuwi umume sok angèl, apamanèh priyayi putri jaman saiki, ngagêm apa-apa jarene cara Walandane kudu nganggo sêmak, upama dicara Jawakake kiraku: kudu bisa mêmantês. Klambine lurik mêngkene, tapihe iya kudu mêngkene. Mulane [Mula...]

--- 1357 ---

[...ne] iya prêlu bangêt, mêngkone pabrik lurik mau kudu bisa gawe modhèl-modhèl sing nganti ora karu-karuan kae.

Petruk: Iya mula mêngkono, Kang Garèng, mulane wusanane pabrik lurik iya banjur akèh. Yèn wis akèh pabrik lurik, mêsthine banjur akèh wong tani sing mrêlokake nandur kapas, kang bakal digawe lawe bakal tênunan, ing môngka wit kapa kuwi ora milih lêmah, ana ing salêmah-lêmahe bisa trubus, hara, apa kiyi ora untung bêsar tumrape wong tani, awit lêmah sing maune diêmprahake, sabab bêra, saikine banjur kêna dijukuk kasile, jalaran banjur ditanduri kapas mau.

Garèng: Tumraping nagara iya bêgja bangêt, jalaran bakal mundhak karaharjaning praja, kang atêgês mundhak ... pajêge.

Petruk: Wiyah, wiyah, bok aja anggêdabrul mêngkono. Nèk wis samono playune, têgêse: wong Jawa wis warata padha sênêng nganggo lurik-lurikan, kang anjalari akèh pabrik lurik, akèh wong nênun minôngka kanggo pagawean sambèn, akèh wong tani padha nênandur kapas, saikine mêsthi banjur butuh wong-wong sing padha agawe kapas mau dadine lawe, yaiku sing diarani tukang ngantih. Hara, tuwuhing golongan tukang ngantih ana ing donya Jawa kiyi, apa ora nyuda cacahe wong-wong nganggur. Jalaran saka apa sing wis dak andharake kabèh kiyi, yèn wong Jawa wis umum padha dhêmên nyang lurik-lurikan, rak cêtha bangêt gêdhening pigunane tumrap nagara wutah gêtihe lan wong-wonge. Nanging rêmbuge bab kiyi padha dicuthêl samene bae, liya dina rêmbugan bab liya manèh.

[Grafik]

Ing nginggil punika gambar sawangan palabuhan ing Gorontalo, dipun tingali saking nginggil rêdi.

--- 1358 ---

PETHIKAN SAKING SERAT-SERAT KABAR SANES

INDONESIA

Kawêdalakên saking Indonesia. Kapal J.C.J. Linjn ingkang mêntas bidhal saking Tanjungpriok ambêkta bangsa Tiong Hoa 10, 3 asli saking Sumatra Kilèn, 3 saking Borneo, 4 saking Bêtawi, sami kawêdalakên saking Indonesia, jalaran botên gadhah sêrat immigratie.

Tindakipun tiyang ambalithuk, wosipun kintên-kintên inggih namung jalaran badhe pados kêmayaran.

Pangiridan ing D.S.M. Dèli Spoorweg Maatschappij inggih botên kantun nindakakên pangiridan tur kêncêng. Ingkang badhe dipun irid arta kilo mètêr, standplaatstoelage, wragad pindhah tuwin premie panganggening arêng, sadaya kasuda 50%. Nanging blanja têtêp. Tuwin manawi wontên punggawa pènsiun, botên dipun têtêpi malih.

Panyudanipun wau, cêthanipun namung nyuda balêdug. Nanging kadosa pundi kemawon, ingkang nama nyuda, têmtu araos damêl sakit.

Pangiridan alit. directeur Pangajaran mêntas maradinakên sêrat dhatêng para pangagêng nagari tuwin gemeente, ingkang suraosipun ngrêmbag bab sudaning balanjanipun jongos sêkolahan angka kalih. Panyuda wau badhe tumindak wiwit wulan Januari 1932. Pangiridan wau tumrap satunggil-satunggiling tiyang botên sapintêna, nanging kêlêmpakipun ing dalêm sabên sêtaun wontên f 36.000.-

Lo, gunggungipun têka inggih lumayan.

Pangiridan sêpur. Wontên pawartos, jalaran kabêkta saking mangsa kados makatên, wiwit benjing tanggal 1 Mèi 1932 sêpur-sêpur têruthuk ing bagean kilèn, wontên ingkang kasuda lampahipun.

Ingkang pakaryan sêpur sagêd katrajang pakèwêd kados makatên; tumraping gêsang limrah punapa inggih botên badhe ngrancang sudaning kabêtahan?

Pakêmpalan wanita ngrêmbag babagan siti. Ing Padang Panjang mêntas wontên parêpataning para wanita saking golongan pakêmpalan warni-warni, saha lajêng madêg komite. Ingkang dhatêng ing parêpatan kirang langkung wontên wanita 1500. wosipun ngrêmbag kawrataning manah ing bab panyuwunipun I.E.V. dhatêng parentah ing bab siti ing Indonesia. Rêmbag ingriku anglairakên wêwaton ingkang salaras kalihan raos kawrataning manah. Gêlênging rêmbag damêl motie dhatêng komite Raad kawula Tuwan M.H. Thamrin ing Bêtawi.

Wèh, kawantêraning wanita, taksih mambêt raosing kêbatosan: sadumuk bathuk, sanyari bumi.

Pakêmpalan para doktêr. Kala malêm Ngahad kapêngkêr, pakêmpalan Indische Geneeskundige afd. Sêmarang ngawontênakên pêpanggihan wontên ing gêdhong Sobokarti, Sêmarang, kanthi paargyan, prêlu mèngêti adêging pakêmpalan sampun 26 taun. Kathah tamu ingkang sami rawuh. Doktêr Munandar sêsorah ing bab kawontênanipun pakêmpalan doktêr bangsa Indonesia. Pakêmpalan wau kala taun 1909 dipun êdêgakên dening Dr. Tehepeory wontên ing Bêtawi, inggih panjênênganipun wau ingkang anduwa kaparêngipun parentah badhe nglorot drajating Stovia. Wusana parentah botên anglajêngakên kaparêngipun, malah lajêng manggih pamulangan luhur doktêr (M.H.S.).

Lêlabêtan utami kanthi kasantosaning ngakathah, nêtêpi kados bêbasan ngamanca: "rukun agawe santosa". Benjing punapa sayukipun sami ngêdhakakên tarip?

Ngamuk. Kala dintên Jumuwah kapêngkêr, wanci enjing ing Prinsenlaan, Bêtawi, jongosipun Tuwan Lauw soroh-amuk mawi dêdamêl sanjata, sagêd nyanjata hoofdagent politie, Tuwan Louw, nyonyahipun tuwin Nyonyah Tiong Hoa sanèsipun kêkalih, wusana ingkang ngamuk nyênjata badanipun piyambak lajêng ambruk. Tuwan Lauw kalajêng tiwas, sanès-sanèsipun taksih dipun upakara wontên griya sakit, sami rêkaos. Jalaraning ngamuk, jongos wau mirêng badhe dipun kèndêli anggènipun nyambut damêl.

Samantên pêtênging manahipun tiyang badhe kapêjahan têdha.

Pamulangan luhur pangadilan. R.P. Notosutarso, lulus doctoraal examen perangan kapisan ing pamulangan luhur ing Bêtawi.

Kantun sapisan êngkas. Kasêmbadana.

Milih kadigulakên. Kawartosakên, têtiyang bucalan ing Digul ingkang sampun sami kaparingan pangapura wangsul dhatêng tanah Jawi, sami gadhah panuwunan dhatêng nagari, supados kaparêngakên wangsul dhatêng Digul malih, amargi wontênipun ing tanah Jawi sami rêkaos pados têdha, beda kalihan wontên ing Digul, wontên ing ngrika sagêd nênanêm, sagêd dados pambantu panyêgah pênyakit malaria tuwin sanès-sanèsipun. Malah manawi dados tiyanging parentah dipun paringi têdha.

Cobi, wolak-waliking jaman sagêd malik lêlampahan kados makatên.

Bank kabangsan Indonesia. Awit saking ada-adanipun pakêmpalan para sudagar Indonesia ing Bukit Tinggi, Minangkabau, wiwit benjing tanggal 1 Januari 1932 ambikak bank National Indonesia.

Bagus.

Kêkirangan arta ing Indonesia. Kawartosakên, sasampunipun kaetangn malih, Tuwan van der Bussche, Directeur babagan arta praja, mratelakakên bilih kêkirangan arta ing Indonesia lêrêsipun namung f 182.400.000.-

Manawi makatên kirang saking pangetang rumiyin, ewadene mêksa sahohah.

Panggêsangan ing Jawi Kilèn. Ing Bantên kathah kabudidayan karèt katutup. Têtanèn ing Bêtawi kêkirangan toya, anjalari kiranging panenan; rêgining rajakaya mlorot sangêt; pakaryan damêl kopi mèh tanpa rêgi, barang ingkang rumiyin rêgi 25 sèn sapunika namung rêgi 6 sèn, malah wontên ingkang rêrêgèn 35 sèn namung rêgi 4 sèn. Papan pambathikan ing Kêbayoran rumiyin 60 kantun 48. Ing Krawang botên kêmêdalan, botên narik landrente f 162.598. Rêrêgèn tèh mlorot sangêt, ngantos botên urup dipun sade, malah kabudidayan tèh kathah ingkang tutup.

Namung pinuji sagêda enggal pulih malih.

Balanja kuli. Miturut pawartos, Avros nêtêpakên balanja kuli kabudidayan, tumrap kuli jalêr sadintên 37 sèn, kuli èstri sadintên 32 sèn, lan nêtêpakên rêgining wos sabên sakilogram 7 sèn. Kajawi punika, ing sapunika botên kawontênakên padamêlan mirunggan, dados botên badhe wontên êrês-êrês sanèsipun.

Pêpetanganing arta ingkang namung samantên wau, kalêbêt namung dados pêpancèn ukur-ukur gêsang. Inggih namung amêmêlas.

Mèh kêtiwasan. Ing gang Pêseban, Bêtawi, wontên tiyang jalêr neneman badhe ngrabi satunggiling lare èstri wêdalan pamulangan Mulo, sarana nêmbung dhatêng tiyang sêpuhipun, sampun katampèn. [katam...]

--- 1359 ---

[...pèn.] Nanging têtiyang anèm wau botên wanuh dhatêng wanita ingkang badhe nglampahi, wanita wau lajêng badhe nganyut tuwuh, rahayu sagêd katututan. Dene salajêngipun tiyang sêpuhing lare èstri nyandèkakên rêmbag.

Sapunika kêdah ngèngêti paribasan enggal, kêbo ngênut gudèl.

Begal julid. Aksi martosakên, kala malêm Kêmis kapêngkêr, wanci jam 10 dalu, wontên bakul nama Bok Wiryosudarmo, numpak andhong wangsul saking nagari badhe mantuk dhatêng Kuthagêdhe, wontên margi dipun goncèngi ing tiyang lajêng ngrêbat bêbêktanipun, Bok Wiryosudarmo ngantos dhawah, botên wontên tiyang nulungi, amargi têbih padhusunan. Botên dangu wontên auto, nanging jêbul malah tumpakanipun durjana. Wusana durjana wilujêng oncat numpak auto. Barang ingkang kabêkta durjana rêrêgèn f 4812.

Kamajênganing durjana sasat gambar idhup.

Durjana kacêpêng. Kados sampun ingkang kapratelakakên ing K. No. 85 ing bab pulisi kêkalih ing Brêbês ingkang dipun tatoni ing durjana. Ing sapunika mantri pulisi ing Banjaraja kanthi pulisi sanèsipun sampun sagêd nyêpêng tiyang nama Wangsabêrata tuwin Nalim sami ing dhusun Cikakak, saha sampun sami ngakêni, piyambakipun ingkang natoni pulisi kêkalih, awit saking sakit ing manah, mêntas nyolong kajêng ing wana dipun cêpêng dening pulisi kêkalih wau. Sapunika tiyang kêkalih ingkang kacêpêng, sampun sami dipun kunjara ing Brêbês.

Sami-sami durjana, kêrêp adamêl kasusahaning pulisi. Saya tumrapipun wontên ing mangsa kados makatên.

Ngusum têtingalan jêmpol. Ing Bêtawi ing wêkdal punika wontên têtingalan jêmpol, 1 Opera Dardanella, wiwitipun main wontên tanggal 30 wulan punika, 2 Miss Ribut, wiwitipun main ugi tanggal 30, jèjèr kalihan Opera Palestina, ingkang sampun main sawatawis dintên. Têtingalan tigang warni wau sajakipun sami jor-joran anggèning badhe ngêtog kagunan.

Bêbathèn tuwin kauntunganipun kintên-kintên badhe botên malèsèd, dene kapintunanipunkapitunanipun. cêkap dipun sanggi ing para sadhèrèk kampung.

BubatiBupati. ngêmori rêmbag bab Jumungahan. Tuwan Suwita mêntas dipun timbali ingkang bupati ing Batang, prêlu kadangu prakawis adêging Jumungah ing kantor P.S.I.

Bab punika prayogi dipun êntosi, kadospundi kawusananipun.

Balanja Resident. Kawrat kêkancingan Gouvernement tanggal 15 October 1931 No. 21, ngêmohi B.B.L. miturut ewah-ewahan padamêlan tumrap priyantun bangsa Europah tuwin tiyang siti tanah guprêmèn ing pulo Jawi tuwin Madura. Ewah-ewahan wau ingkang wigatos ing bab balanja tumrap para resident. Dumuginipun sapunika, wiwiting balanja resident tumrap pangagêng afdeeling sawulan f 1350.- tumrap resident ing kitha ingkang agêng f 1500. Ing sapunika dipun ewahi, resident pangagêng afdeeling wiwit balanja f 1500.

Dados kiyak-kiyakipun malah mindhak.

Kina Hindia kakintunakên dhatêng Tiongkok. Doktêr Tiong Hoa têtiga ingkang kakintunakên dening parentah Hindia kangge mitulungi Tiongkok sampun dumugi Hankow. Dr. Sie Boen Liang têrus tumindak ing damêl, mariksa pagêblug sêsakit malaria. Salajêngipun kakintun telegram dhatêng D.V.G ing Hindia, supados ngintunakên kenine 2 ton. Dene kawontênanipun tiyang ingkang tiwas pinanggih atusan.

Sintên ingkang botên ngalêmbana dhatêng asiling siti ing Hindia, sawêg keninenipun kemawon sampun murakabi pundi-pundi. Têtêp nama bumi êmas.

Tuwuh ama tikus. Ing bawah district Tanjung tuwin Banjaruja, Brêbês, ing wêkdal punika tuwuh ama tikus. Tikus wau sami nêmpuh ing sabin utawi patêgalan, ngantos adamêl risaking têtanêman.

Ama ingkang tuwuh wontên ing mangsa kados makatên punika nama nyurunyaru. wuwus.

Congres P.P.I. Wontên pawartos, bilih "Perserikatan Perkumpulan isteri" angèngêtakên rêmbag, ngundurakên anggènipun badhe ngawontênakên congres, saèstunipun benjing salêbêtipun wulan April 1932, manggèn ing Surakarta.

Unduring congres punika nyêkapi kangge tata-tata badhe adêging para wanita, mila benjing têmpuking damêl pinuji sampun ngantos nguciwani.

AMERIKA

Bangsa Tiong Hoa ing Canada. Bangsa Tiong Hoa ing Canada, ingkang gadhah sêdya badhe ngintunakên golongan wadya dhatêng Tiongkok, dipun pambêng dening parentah tuwin pulisi, awit tindak makatên punika botên dipun kengingakên dening undhang-undhang Canada. Tumrap sabên lampah militèr ingkang bidhal saking Canada, atêgês nêrak undhang-undhang Canada, kajawi manawi lampah militèr wau saking tatananipun parentah Canada.

Sawarnining tindak ingriki raos winêngku, inggih kêdah mawi ngèngêti tatanan praja.

EUROPA.

[Grafik]

Gambaripun ingkang bupati ing Pathi nalika badhe malêbêt ing Ridderzaal.

--- 1360 ---

Wêwaosan

Dongèng ingkang kaping Kalih

Wihara Mahadèwi.

3.

[Sinom]

sapraptanira ing praja / wus dhêdhêt janma anganti / samya arsa amahargya / marang rawuhirèng gusti / awit warta wus wradin / kalamun mangkya sang prabu / prapta amboyong garwa / pêparinging dewa luwih / marma samya dahat wigati ing karya //

tan lyan sêdyaning kawula / arsa ngluhurkên sang putri / riwusing kalakon prapta / para janma kang umèksi / mring warnèng pramèswari / sakala mawèh kayungyun / dening nyata kadayan / têrusing panggalih suci / kang umulat nulya kataman sih trêsna //

sawusira angadhatyan / têtêp rumêngga ing puri / sakala pura Ruhuna / lir katêkan bagya luwih / tan antara katawis / titiking putri linangkung / dening para kawula / sadaya samya jrih asih / anganggêp mring sori yayah dewanira //

dene sang sori sanyata / tulusing budya nêrusi / trêsnanira mring sasama / adhasar sucining galih / satêmah anênarik / sêtyaning sadayanipun / riwusing kasêmbadan / pra kawula sayuk sami / suka-suka mêmuji raharjanira //

ing mangkya kaparêng nata / papan têpining jaladri / kala sri sori tumêdhak / pinèngêtan dèn yasani / candhi kalangkung luwih / agêng myang kalangkung luhur / miwah sinungan nama / ran Wihara Mahadèwi / nut asmaning sori kang angraras driya //

II. Pramèswari ing Ruhuna

[Mijil]

dahat katon araras ing mangkin / sajroning kadhaton / lir pindhaning taru koncatan we / mangkya antuk riris angadhêmi / satêmah sanggyaning / taru-taru tuwuh //

kang mangkana katitik sayêkti / cocog nèng lêlakon / para janma ayêm sadayane / pra kawula sayuk rukun sami / angangkati kardi / abot ènthèng saguh //

lakuning kang among dagang mangkin / rame sagon-ênggon / turah-turah nênggih bêbathène / para tani wêkêl ulah siti / pawêtuning bumi / kongsi tumpuk-tumpuk //

dinohan ing laku ala juti / kabêkta rahayon / tan ana wong laranên awake / lumrah janma samya waras-wiris / otot awak mêsi / lumrah kuli punuk //

kang mangkana dadya pratandhaning / kaluhuran katong / Sang Aprabu Kawantis samangke / wit kadayan kautamèng sori / kang satuhu nunggil / kautamanipun //

marma mangkya sri nata ngugêmi / sabda kang kawiyos / lamun arsa ngrêksa salamine / mring sori Wihara Mahadèwi / tanapi ngayomi / kasugênganipun //

tandukira sri nata katitik / mring garwa angêmong / rasa kadi ngênut sakarsane / winoran ing trêsna miwah asih / marma sang suputri / arêna ing kalbu //

nanging datan pisan gêng ing galih / gyanira dèn êmong / sang supadmi malah ngrasa mangke / lamun antuk dana budi luwih / kang rasa nêrusi / tumanêm akukuh //

wantunira tyas ambêg linuwih / datan mangguh awon / pra kawula samya asih kabèh / winor ajrih maring jêng supadmi / ing salami-lami / mung anggung anggunggung //

lawan malih sori Mahadèwi / dahat ing wigatos / nêngênakên marang agamane / datan ana tindak kang kasilib / atanapi lali / maring bêktinipun //

myang sri sori darbe ambêg asih / mring sasamaning wong / datan pisan yèn ambedakake / nadyan agêng atanapi alit / mung tinampi sami / dinuman sihipun //

langkung asih maring pêkir miskin / tumanêm tyas kasok / anggung ngarah mring karaharjane / datan kêndhat sang sori pêparing / mring pêkir pinanci / têdha kongsi tuwuk //

atanapi sabên wanci enjing / ajêg tanpa towong / paring bukti mring janma sanggyane / kang dêdunung sawênèhing candhi / tan kêndhat anggili / antuk bukti cukup //

kala-kala kaparêng ngrawuhi / maring ênggon-ênggon / kang kalangkung siluk panggonane / onggyanira para pêkir miskin / rahab anindaki / kanthi rênèng kalbu //

ambêbêkta kang barang pêparing / kang puspita kaot / anggônda rum mratani têbane / myang usada tuwin sandhang bukti / dinumkên waradin / mawèh suka nutug //

tuhu lamun datan nguciwani / sanggyaning lêlakon / ananging ta sang sori jatine / anggung ngrasa kacuwan ing galih / dene wus alami / datan asêsunu //

kang mangkana anggung anungtumi / mring raosing batos / marma dahat kapengin ing mangke / sambadaa pêputra sang putri / saya saupami / apêputra jalu //

amarêngi samana sri sori / nalika umiyos / angrawuhi mring pakêmpalane / para wiku kang samya anggusthi / ing bab darma luwih / pahêman gumrunggung //

sanalika lu-uluning rêsi / duk uning kang rawoh / anggung mandêng tan ana kêdhèpe / ing wusana nyakêt matur ririh / araras bêbisik / linut taklimipun //

ulun matur mring sori sayêkti / katon ing pasêmon / padukyarsa antuk suka gêdhe / datan wontên nugraha kang mirib / kadi kang katitik / nèng pasêmon langkung //

praptanira kang kabagyan yêkti / têtêp sampun manggon / tuwuh saking tindak kotamane / dene nyata paduka nyêtyani / mring agama luwih / anêrusi kalbu //

duk miyarsa pramèswari aji / angandika alon / sarwa ririh linut ing gujênge / mugi paman wêwartaa nuli / paran kang pinanggih / sasmita linuhung // (Badhe kasambêtan)

--- [0] ---

[Iklan]