Sastra Jawa

Program Digitalisasi Sastra Daerah

  • Increase font size
  • Default font size
  • Decrease font size

Kajawèn, Balai Pustaka, 1931-11, #1646

Katalog:Kajawèn, Balai Pustaka, 1931, #1646
Sambung:
1.Kajawèn, Balai Pustaka, 1931-01, #1646. Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #438.
2.Kajawèn, Balai Pustaka, 1931-02, #1646. Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #439.
3.Kajawèn, Balai Pustaka, 1931-03, #1646. Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #440.
4.Kajawèn, Balai Pustaka, 1931-04, #1646. Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #441.
5.Kajawèn, Balai Pustaka, 1931-05, #1646. Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #442.
6.Kajawèn, Balai Pustaka, 1931-06, #1646. Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #443.
7.Kajawèn, Balai Pustaka, 1931-07, #1646. Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #444.
8.Kajawèn, Balai Pustaka, 1931-08, #1646. Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #445.
9.Kajawèn, Balai Pustaka, 1931-09, #1646. Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #446.
10.Kajawèn, Balai Pustaka, 1931-10, #1646 . Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #447.
11.Kajawèn, Balai Pustaka, 1931-11, #1646. Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #448.
12.Kajawèn, Balai Pustaka, 1931-12, #1646 . Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #449.

Ôngka 88, 22 Jumadilakir Taun Je 1862, 4 Nopèmbêr 1931, Taun VI

Kajawèn

[Iklan]

--- [1377] ---

Ôngka 88, 22 Jumadilakir Je 1862, 4 Nopèmbêr 1931, Taun VI

Kajawèn

Kawêdalakên sabên dintên Rêbo lan Sabtu

Rêgining kalawarti punika ing dalêm tigang wulan ... f 1.50, bayaranipun kasuwun rumiyin, botên kenging langganan kirang saking 3 wulan.

Juru ngarang - administrasi Bale Pustaka, ing sawingkinging kantor palis, tilpun nomêr 2791 - Bêtawi Sèntrêm.

Palapuran Bathik

III. Pamrayogi.

Ing Kajawèn ngriki kados sampun cêkap anggènipun adamêl wawasan kawontênanipun palapuran bathik ingkang dipun damêl dening panjênênganipun Tuwan P. de Kat Angelino. Ing ngriku para maos sagêd anguningani piyambak, kadospundi botên prayoginipun kawontênan-kawontênan ing panggaotan bathik umumipun, langkung malih kabudidayan bathik ing Lasêm, ngantos ing pundi-pundi dipun wontênakên parêpatan, prêlu anglairakên panyaruwe ing bab kawontênanipun panggaotan bathik wau. Samangke ing ngriki kados prêlu nyariyosakên sawatawis mênggah pamrayoginipun Tuwan de Kat Angelino dhatêng nagari, ing bab panatanipun panggaotan bathik, murih saya saenipun. Miturut pangandikanipun tuwan de Kat Angelino kasêbut ing

Bêbuka

Wontênipun palapuran batik punika, botên ngêmungakên adamêl padhang mênggahing kawontênanipun panggaotan - panggaotan ingkang ngengingi pintên-pintên dasa èwu tiyang jalêr tuwin tiyang èstri, nanging samangke tumrapipun ingkang wajib ugi lajêng sagêd adamêl tatanan kanthi pangatos-atos, jalaran sampun anyumêrêpi dhatêng sadaya kawontênanipun padamêlan ing ngriku. Sampun têmtu anggènipun badhe adamêl tatanan wau, inggih botên kenging saupami lajêng ujug-ujug badhe dipun saèkakên sangêt, ngantos kadosdene tatanan ingkang sampun sae-sae sayêktos cara Eropah, nanging kêdah angèngêti dhatêng galagadipun kawontênan ing ngriki. Malah sanadyan namung adamêl rancangan tatanan cara ngriki kemawon, inggih mêksa kêdah ngatos-atos sangêt, tumindakipun kêdah kanthi alon-alonan. Tatanan ingkang sakintên sagêd adamêl kapitunanipun panggaotan bathik umumipun sampun guru-guru katindakakên, makatên ugi tatanan samangke ingkang dipun anggêp awon, punika inggih mêksa botên kenging saupami lajêng ujug-ujug dipun bucal, jalaran ingkang makatên punika sagêd ugi adamêl ambruking panggaotan.

Wontên malih angèlipun tumrap ingkang wajib anggènipun badhe damêl tatanan mênggahing panggaotan bathik, inggih punika ing bab kaanehan, warni-warnining jinis, punapadene kathahing wujudan mênggahing panggaotan wau, kados ta:

Caranipun manggaota bôngsa kilenan, punika limrahipun wêdaling waragad kathah sangêt, upaminipun: ngawontênakên pabrik, mêsin-mêsin, têtiyang ahli ingkang dipun patah dados juru panaliti. Kajawi punika kêdah miturut pranataning nagari, ingkang ugi kanthi waragad [wa...]

--- 1378 ---

[...ragad] agêng. Lajêng kasamèkna kalihan kawontênanipun panggaotan bathik, ingkang pirantos-pirantosipun namung sarwa prasaja. Amila para bêbêrahipun inggih gampil angsalipun. Tumraping juragan ingkang makatên punika inggih kalêrêsan sangêt, jalaran kathah kauntunganipun dening lajêng sagêd tansah anyuda epahaning para bêrahipun wau. Dados saupami badhe ngalitakên utawi ngagêngakên panggaotanipun, inggih kanthi gampil kemawon, pangangge lan angêdalakên tiyang inggih sagêd kanthi sapurun-purun.

Jalaran saking kawontênanipun ingkang makatên punika, kawontênanipun panggaotan bathik lajêng botên sagêd ajêg, ingkang samangke sagêd tumindak sae, sagêd ugi enjingipun lajêng ambruk. Makatên ugi panggaotan ingkang samangke sagêd nindakakên ingkang dados tatananipun kanthi lêrês, enjingipun sagêd ugi anganggêp bilih tatanan wau awrat sanggènipun.

Inggih ingkang makatên punika ingkang andadosakên kawratanipun ingkang wajib angrancang tatanan ingkang sagêd mathuk katindakakên wontên ing panggaotan bathik wau.

Tujunipun samangke kenging dipun ajêng-ajêng, bilih panggaotan bathik ingkang kawontênanipun pancèn awon sangêt, botên watawis dangu malih mêsthi badhe ical piyambak, botên jalaran lajêng dipun wontêni pranatan, nanging jalaran anggènipun tansah dipun titipriksa lan dipun ulat-ulati dening para priyantun pangrèh praja tuwin para priyantun kantor pakaryan.

Tumrap panggaotan-panggaotan ingkang prêlu sangêt kêdah dipun wontênakên tatanan tuwan de Kat Angelino ngaturi ancêr-ancêr, kadospundi caranipun ingkang wajib anggènipun badhe adamêl tatanan wau. Ingkang punika amila lajêng kêdah adamêl wawasan cêkakan mênggah kawontênanipun panggaotan bathik ingkang prêlu kêdah tumuntên dipun wontênakên tatanan, mawi adhêdhasar pamrayoginipun ingkang adamêl palapuran bathik wau.

Dene ingkang prêlu sangêt kêdah tumuntên dipun tata, inggih punika ing bab epahaning bêrah, pambayaripun, panyathêtipun epahan, kawontênaning bab sambutan tuwin lampahing dhêndhan, kawontênan ing salêbêting panggaotan, sadhengah ingkang botên nyakecakakên dhatêng padamêlanipun para bêbêrah wontên ing ngriku ingkang botên sakeca sangêt. Kajawi punika tumindakipun padamêlan ing wanci dalu tumrap tiyang èstri, punapadene panyambutdamêlipun lare-lare ingkang sami dèrèng umur, inggih pantês kêdah enggal-enggal dipun wontênakên tatanan.

Nanging sadèrèngipun angandharakên pamrayoginipun ingkang adamêl palapuran wau, langkung rumiyin tuwan kasbut adamêl wawasan sawatawis, kadospundi cara-caraning pamarentah anggènipun badhe angayomi para bêbêrah umumipun, ingkang sami nyambut damêl wontên ing panggaotan bathik.

Awit kêdah angèngêtana, bilih juragan ing panggaotan bathik punika, dumuginipun samangke, dipun sakajêng kemawon, salami-laminipun botên nate dipun têdahakên ing kuwajibanipun, supados patrapipun dhatêng para bêbêrahipun ingkang sae, sampun sapurun-purun. Ingkang dados juragan ing jaman samangke, punika taksih sami kemawon kalihan ingkang rumiyin, sêsêrêpanipun botên beda kalihan kuli-kulinipun, ingkang dados juragan wau sami botên mangrêtos, bilih sae tangkêpipun dhatêng para bêbêrahipun punika satunggiling kuwajiban ingkang prêlu piyambak.

Ing jaman samangke, pangrêksanipun dhatêng kaum bêrah, kados ta: rêsik lan sarasing papanipun nyambut damêl, sênênging para bêbêrah, lan sasaminipun, punika kêdah dipun wigatosakên. Ing môngka ing bab punika nagari botên krêsa cawe-cawe, makatên ugi nagari botên angwontênakên bêbadan ingkang dipun wajibakên aparing sêrêpan utawi pamrayogi ingatasipun bab punika. Ing sarèhning kados ingkang sampun kacariyosakên ing nginggil, kaum juragan punika taksih kathah ingkang dèrèng mangrêtos, amila inggih sampun lêrês kemawon, bilih tindak ingkang makatên wau tansah ajêg.

Mênggah saking rêmbagipun ingkang adamêl palapuran bathik, angaturi pamrayogi supados nagari, manawi angwontênakên tatanan, adhêdhasar panuntun saha pamardi dhatêng para juragan, murih patrapipun dhatêng kaum bêrah sagêda sae pangopènipun. Jalaran wontênipun bêrah ing panggaotan bathik ingkang kirang prayogi, punika kathah kemawon ingkang sajatosipun botên sabab dipun têmaha, nanging namung saking botên mangrêtosipun. Ewasamantên inggih kathah kemawon, kaum juragan ingkang sêngaja anyawiyah dhatêng bêbêrahipun saha namung mikantukakên badanipun piyambak. Mênggahing juragan ingkang atrajang makatên punika, sampun mêsthinipun kêdah dipun patrapi paukuman ingkang samurwatipun.

Amila saupami nagari angwontênakên pranatan, saangsal-angsal mawi angèngêti dhatêng panindak kalih warni wau. Dene ing têmbe ingkang wajib kêdah ngulat-ulatakên mênggah tumindaking pranatan wau, para amtênar ing kantor pakaryan.

Tumrap panggaotan, ingkang juraganipun sêngaja botên purun ngèstokakên dhatêng tatanan nagari wau, kêdah lajêng dipun pidana samurwatipun.

Salajêngipun para amtênar arbèd, tuwin para amtênar pangrèh praja ingkang ambawahakên, dipun paringana wêwênang tansah anitipriksa punapadene ngulatakên ing sadayanipun. Kados ta: wênang amêksa dhatêng kaum juragan samôngsa ambayari dhatêng bêbêrahipun, sagêda para amtênar wau anênggani. Manawi dipun manah prêlu ugi dipun paringana wawênang lajêng anutup panggaotan wau kangge sawatawis môngsa. Awit ingkang makatên punika sampun nama satunggiling paukuman agêng tumrap kaum juragan, jalaran inggih salêbêting panggaotanipun dipun tutup wau, sampun têmtu kathah sangêt kapitunanipun.

Kajawi punika, para juragan ingkang sami nêrak pranatan tatananing nagari wau, sagêda dipun prakawis saha lajêng kainggahakên dhatêng pangadilan.

--- 1379 ---

Jagading Wanita

Kaprigêlan Olah-olah

Mênggahing bab olah-olah, punika nama satunggiling wajib tumrap para wanita, awit mênggahing kalimrahan, botênan sagêd olah-olah punika nama kuciwa, tur mênggahing pikantukipun, wanita sagêd olah-olah punika badhe mikangsali dhatêng badanipun piyambak, sapisan sagêd nyumêrêpi dhatêng tumindaking kabêtahan griya ingkang gêgayutan kalihan têdha, kaping kalihipun, manawi kalêrêsan, sagêd adamêl panujunipun guru laki, lah badhe pados punapa malih, tiyang èstri manawi sampun angsal pangalêmbananing tiyang jalêr. Mila bab olah-olah punika pantês kawigatosakên.

Ingkang dipun wastani sumêrêp ing kabêtahan, sanadyan botên kacariyosna panjang, tiyang inggih sampun sumêrêp. Upaminipun rêrêgèning têtumbasan ing pêkên sapanunggilanipun. Nanging ingkang dipun kajêngakên botên makatên, awit tiyang têtumbas manut ing rêrêgèn, punika sintêna kemawon inggih sagêd nindakakên, saha kawontênan ingkang kados makatên punika nama pinanggih wontên ing tiyang ingkang kasêmbadan, balik tiyang ingkang nuju kacingkrangan, tamtu lajêng kapêksa ngrigênakên kabêtahan murih dados ringkês. Awit manawi botên makatên, sagêd ugi pinanggih bobol ing wingking, kabêkta namung saking rikuh angewahi bêtah padatan. Dene ingkang nama sagêd ngringkês wau, sagêd ngêdalakên waragad sakêdhik, nanging lumadosing têdha sagêd dipun rahabi ing guru laki. Tamtu kemawon pinanggihipun rêrigên ingkang kados makatên wau agêgayutan saking sagêd olah-olah, wêkasan gathuk sagêd damêl panuju.

Ingkang pinanggih wontên ing jaman sapunika, tatanipun tiyang badhe sinau olah-olah punika sampun botên kêkirangan margi, kados ta buku-buku bab olah-olah sampun botên kêkirangan, ingkang basa Walandi, Malayu tuwin Jawi sampun wontên. Olah-olahanipun warni-warni, cara Walandi, Jawi, Malayu, bangsaning lêlawuhan, dhêdhaharan tuwin sanèsipun, dalah olah-olahan cara Tionghwa, ingkang kawangun inggih wontên, cêkakipun sampun botên nguciwani. Sadaya wau taksih nama wêwarah, dados sanadyan sadaya sampun mawi wêwaton cêtha, nanging tumrap anggènipun nandangi asring taksih tuna dungkap, amargi caking pangolahipun ingkang kanthi pathokan wau sok pinanggih botên nocogi kalihan ingkang ngraosakên, dados inggih kêdah mawi dugi-dugi, manut ingkang badhe ngraosakên, lan malih tuna dungkaping pangolah wau ugi jalaran pinanggih saking dèrèng kulina ngêcakakên. Ewadene bab makatên punika tumrapipun ing jaman sapunika inggih sampun botên nguciwani, amargi para wanita sampun sami nindakakên karukunan ing bab olah-olah, mèh ing sabên nagari wontên. Inggih jalaran tindak ingkang kados makatên punika ingkang dados caraning tumindaking damêlan. Lan malih tumrap pamulangan èstri ugi

--- 1380 ---

wontên ingkang nindakakên wulangan olah-olah.

Mênggahing bab olah-olah kados ingkang kapratelakakên ing nginggil punika, jangkêpipun kajawi mêpêki barang ingkang badhe dipun olah, ugi kêdah pêpak barang pirantosipun ingkang kangge ngolah. Jalaran saking pathokan kalih prakawis wau, têtela bilih jangkêpipun wau namung pinanggih wontên ing tiyang ingkang kasêmbadan, tumrap ingkang botên kasêmbadan, namung lajêng wêgah, dening botên kadugi marnèkakên pirantos tuwin barang ingkang badhe dipun olah. Wêkasan sok lajêng nuwuhakên pamanggih botên lêrês, mastani manawi tiyang rêmên olah-olah punika namung badhe dados tiyang mangani.

Pamanggih kados makatên punika pancèn inggih wontên lêrêsipun, nanging tiyang sampun lajêng gêga-gêganên, tuwin sampun lajêng gadhah tindak mangani, ngèngêtana bilih olah-olah punika kawruh, dados mênggahing kawruh makatên, kalamôngsa inggih wontên damêlipun, upaminipun manawi nuju wontên sanak sadhèrèk gadhah damêl, punika tumraping wanita ragi kêjibah ingatasing olah-olah, saupami kalamangsanipun kados makatên punika wontên wanita ingkang botên sagêd olah-olah, môngka têtunggilan kalihan sanak sadhèrèk sami olah-olah, tamtu inggih rumaos rikuh.

[Grafik]

Para murid èstri ing paksêkul, ing Amsêtêrdham, ingkang sawêg olah-olah.

Sayêktosipun caraning wanita rêrukunan utawi biyantu damêl ing kalanipun wontên prêlu, tumraping bôngsa Jawi kêlimrah sangêt, mila caraning tiyang gadhah damêl, wontên ulêm-ulêm wanita dipun wastani ngêthok lombok, inggih punika atêgês ulêm kapurih rêrencang olah-olah, anggènipun ngaturi taksih kirang sawatawis dintên saking têmpuking damêl.

Cara ingkang kados makatên punika sayêktosipun warni-warni sangêt pigunanipun, sapisan angrakêtakên pasêdhèrèkan, kaping kalih ngatingalakên ing bab kagunan olah-olah, ing ngriku lajêng sagêd katingal warni-warnining olah-olahan [olah-olaha...]

--- 1381 ---

[...n] ingkang sami dipun tandangi ing sanak sadhèrèk, inggih sabotên-botênanipun ingatasipun tiyang gadhah damêl, olah-olahanipun tamtu warni-warni, dene kaping tiganipun prêlu kangge ngajari dhatêng para neneman ingkang sami dèrèng sagêd olah-olah. Mênggah caranipun ingkang dèrèng sagêd olah-olah wau kapurih tumandang ing damêl ingkang gampil-gampil, upaminipun mêthiki jêjanganan, ngrajang brambang, anggêgorèng, tur sadaya wau taksih dipun ulat-ulatakên ing tiyang sêpuh, awit sanadyan ngrajang brambang utawi anggêgorèng, inggih sami mawi pathokan. Dangu-dangu lajêng dipun ajar ambumboni, salajêngipun lajêng sagêd olah-olah. Tumrapipun lare èstri, kajawi manawi nuju rêrencang, bab olah-olah punika inggih dipun lêlantih kalanipun wontên ing griya, mila ing kala rumiyin, tiyang èstri punika nracakipun sami sagêd olah-olah. Nanging tumrapipun kala jaman samantên, para wanita inggih dèrèng ngambah jaman kamajêngan kados ing jaman sapunika. Kados makatên pinanggihipun kaprigêlan bab olah-olah.

Kawruh sawatawis

Caplin

Sambêtipun Kajawèn nomêr 87.

Ing Kajawèn nomêr 87 sampun nyariyosakên ing bab Tuwan Caplin anggènipun nglucu, inggih sintêna kemawon ingkang sumêrêp patrapipun Tuwan Caplin manawi nuju ambanyol tamtu gumujêng, tur luconipun wau namung pinanggih wontên ing patrap kemawon. Ing ngriki prêlu nyêlani sakêdhik ing bab kajênging têmbung lucu. Mênggah lucu punika gadhah kancuhan: cucud, nanging raosipun beda, lucu punika sampun mastani, têgêsipun tiyang wincantên, ingkang pancèn anjarag badhe adamêl gujêng, limrahipun dumunung ing badhud, nanging mênggahing cucud, punika tumraping tiyang ingkang wicantên limrah sagêd adamêl gujêng, têgêsipun botên niyat ambadhud. Ing sapunika tumrap luconipun Tuwan Caplin beda malih, amargi patraping nglucu botên namung prêlu pados gujêng, ugi mawi dhinapuk lêlampahan ingkang manawi dipun gagas lajêng gadhah raos adamêl ngêrêsing manah, mila lêlampahan ingkang dipun tindakakên dening Tuwan Caplin, ingkang kathah ugi mawi lêlampahan makatên, kajawi lêlampahanipun panjang tuwin tanpa kêndhat mawi lêlucon, nanging amujudakên patrap ingkang nabêt wontên ing manah. Wontên lêlampahan ingkang cêkakaning cariyos makatên.

Wontên tiyang sugih rêmên mêndêm, punika kalanipun mêndêm, asih sangêt dhatêng sawênèhing tiyang jalêr anèm, inggih punika Tuwan Caplin, ngantos dipun anggêp kados mitra darma. Nanging manawi sampun botên mêndêm, botên wanuh malih. Wantuning tiyang jalêr wau salugunipun tiyang malarat, dados anggènipun dipun sihi ing tiyang sugih wau dhapur kalêrêsan, amargi sagêd anggampilakên anggènipun angsal panggêsangan, saya manawi nuju kalanipun [ka...]

--- 1382 ---

[...lanipun] mêndêm, gampil sangêt wêdaling artanipun, sanadyan dipun têdhanana arta pintên kemawon inggih lajêng nyukani. Mila tumrap tiyang anèm wau sabên tiyang ingkang ngêsihi nuju mêndêm, lajêng nindakakên pangadi-adinipun, nêdha arta, inggih dipun pituruti.

[Grafik]

Tuwan Caplin kalihan lare alit nuju main mêmindha tiyang mlarat.

Nanging watakipun tiyang anèm wau ngêbrèh sangêt, anggènipun angsal arta namung kados madhahi toya wontên ing kalo, botên ngantos kèndêl dangu, dupèh anggènipun pados gampil. Nanging sajatosipun ambarabasing arta wau botên namung dipun bucal tanpa tônja, malah tumônja kangge mitulungi tiyang kasusahan, kathah tiyang ingkang sampun dipun pitulungi dening tiyang anèm wau. Mila pinanggihipun inggih namung ajêg dados tiyang malarat.

Kacariyos wontên sawênèhing wanita sade sêkar, sakalangkung sulistya ing warni, nanging nandhang sakit mripat, ngantos botên sumêrêp tiyang. Tiyang jalêr anèm wau kêrêp dhatêng ing ngriku, prêlu tumbas sêkar, tur manawi tumbas wau anggènipun nyukani arta langkung saking mêsthi. Jalaran saking kêrêpipun, tiyang èstri wau ngantos kulina, saha lajêng gadhah pangintên, bilih tiyang ingkang ambêg lêgawa kados makatên punika tamtu miliyunèr, awit saupami sanès miliyunèr, môngsa sagêda dêdana kathah mèh sabên dintên dhatêng piyambakipun.

Sajatosipun tiyang jalêr wau pancèn tiyang mlarat sayêktos, panggêsanganipun kenging dipun wastani saking anggènipun papariman, nanging sampun dilalah watakipun tiyang ngêbrèh, sanadyan sampun angsal margi sakeca, gêsangipun sagêd pyah-pyoh arta, inggih mêksa botên sagêd nyêkapi. Makatên malih, tiyang anèm wau sajatosipun kêtarik ing manah dhatêng tiyang èstri ingkang sade sêkar wau, mila kadamêl gêlar sarana tindak loma, murih dipun wastanana tiyang sugih. Nanging sêdyanipun tiyang jalêr wau inggih taksih mandhêg mangu, amargi wanita wau sanadyan sulistya ing warni, nanging sakit mripat sangêt, prasasat sampun satêngah wuta. Ewadene tiyang jalêr wau ugi botên kecalan pambudi, tiyang èstri kapurih jêjampi dhatêng dhoktêr. (Badhe kasambêtan)

--- 1383 ---

Jagading Sato Kewan

Bab Lêmbu Pajangan

Ngaturakên andharan ingkang sampun kula janjèkakên ing Kajawèn nomêr 80 sapiturutipun, inggih punika bab lêmbu pajangan, punika kados ing ngandhap punika:

Sayêktosipun prakawis têtingalan lêmbu pajangan inggih gêgayutan kalihan ajênging rajakaya. Parentah botên tumut-tumut ngadani karameanipun, ewadene bab ingkang wigatos inggih dipun panggalih, inggih punika aparing prèmi sataun-taunipun f 20,- tumrap lêmbu-lêmbu èstri ingkang kalêbêt sae sarta ingkang dipun udi gadhah pêdhèt. Pramila wontên pranatan makatên wau jalaran kasêngsêmipun dhatêng lêmbu pajangan tiyang lajêng kasupèn dhatêng pamrêdining pambranahan, dados manawi ningali lêmbunipun thipluk-thipluk manahipun sênêng. Kapitunan botên dipun èngêti, inggih punika lêmbu èstri ingkang dipun lêmakakên wau têmtu lajêng majêr.

Sanadyan parentah botên ngadani rame-ramenipun, ewadene ing dhusun-dhusun sami madêg karamean pajangan awit saking rukunipun tiyang dhusun, pramila ing mangsanipun damêl karamean, ngrika-ngriki sagêd kapirêng pawartosipun, lan makatên punika nandhakakên sampun manjing dados kasênênganipun têtiyang dhusun (golongan tani).

Pasang rakitipun lêmbu pajangan kados lêmbu kêrapan, namung kaot lêmbu pajangan punika èstri-èstri, suraosipun namung badhe kapamèrakên bab anggènipun manawi dipun madamêlakên, pramila dipun canthèl mawi waluku sayêktos, lajêng dipun dadar kawêgiganipun nalika kangge madamêl. Prabot sanès-sanèsipun ingatasipun upacara kados lêmbu kêrapan, dados pasangan ingkang dipun sukani umbul-umbul bandera pêthak 3 iji inggih wontên, lajêng rêrênggan liyanipun, upami: krincingan, tabuhan tuwin sapanunggilanipun kêdah wontên.

Dene panggenan kalêmpakipun beda, botên wontên ing papan ngênthak-ênthak, nanging milih papan ingkang bawera, ingkang edhum. Pamilihipun papan ingkang kathah uwitipun siwalan. Papan kados makatên punika kathah, awit siwalan ing Madura tuwuhipun kados kalapa ing tanah Jawi. Pananêmipun beda, inggih punika ing kikising siti pakarangan utawi patêgilan, sarta pananêmipun kêrêp, ewadene botên dados sônggarunggi, liripun gêsangipun sae kemawon, malah mahanani trampiling pandèrès, dados manawi andèrès botên minggah mandhap, cêkap saking tataran planggrangan kangge tumimbal dhatêng uwit liya-liyanipun, pramila angsalipun lêgèn kathah sangêt. Awit saking punika ing ngriku caranipun mêndhêt lêgèn mawi timba godhonging siwalan, punika isinipun saêblèg lisah patraliyum, dene bumbung namung kangge tadhahing dangu kemawon. Lêgèn wau lajêng kangge gêndhis, warni saha raosipun kados gêndhis kalapa, ing ngriku dipun wastani: gula tarebung. Wêdalipun dhatêng tanah Jawi ugi kathah sangêt, pramila inggih dados kaskayanipun tanah Madura.

--- 1384 ---

Sapunika nglajêngakên rêmbag, ing papan paklêmpakan dipun wontêni gapura, dinamêl saking anaman dêling, rinêngga ing sêkar buntal, janur kuning tuwin sasaminipun, punika ingkang sayêktosipun dipun wastani pajangan. Dados tuwuhing nami lêmbu pajangan saking kawontênanipun ngriku punika. Mênggah lampahipun ugi kaudi sagêdipun nêmpuh angin, (majêng ngetan), punika namung pamrih dhatêng umbul-umbul sagêda kumrêbêt, binarung kalihan ungêling têtabuhan dados sêngsêming manahipun. Punika saking panggagas kula piyambak.

Sampun kasbut ing ngajêng pajangan punika makna andadar lêmbu dipun madamêlakên, pramila ingkang dipun bijèni lampah tumandangipun dhatêng padamêlan, inggih punika kangge ambrujul (mluku), ananging rèhning mawi linut ing têtabuhan, dados mêmanising tanduk mawi dipun dhawahakên irama: jangkah langkah raosipun kadhawahakên kêthuk kênong, ingkang ngirid sajak tumut anglêsipun, dados manawi dhawah êgong suku têngên kadhawahakên, tur mawi pacak gulu.

Ingkang angsal biji sae manawi lampahipun lêmpêng, sampun têmtu lajêng sagêd nuju dhatêng gapura, salajêngipun ambrobos lan nuntên mêdal ing kalangan sawingkinging gapura, ing sangajêngipun para tamu-tamu ingkang sawêg lênggahan. Makatên ugi juru nimbang lajêng ngrampungi awon saenipun, ingkang angsal pangalêmbana buntuting lêmbu lajêng dipun kanthil-kanthili kacu, ingkang ragi ambaludag kacunipun sutra, plangi sasaminipun, punika sadaya dados tanggêlanipun ingkang atur-atur (gadhah damêl), pramila bab sêsêgah ugi kagolong dados tanggêlanipun.

[Grafik]

Lêmbu èstri ingkang sae.

Sapunika ngaturakên pathokanipun ambijèni, sapisan: wujud, punika dumunung awon sae agêng alitipun lêmbu. Kaping kalih lampah, punika mèmpêripun botên beda sadhèrèk tani Jawi, ingkang nama sae: lampahipun nurut kalenaning galur. Wirasatipun lêmbu kados makatên: sabên kacanthèl lajêng ngungal dhadha (mlangak), tansah kêdhèp mripatipun kalihan dilat-dilat irungipun, wiraosipun: ambangun turut.

Rèhning ingkang dhatêng kirang kunglangkung. 50 pasang, dados manawi jam 8 enjing tapuk, jam 12 sampun rampung, lajêng dhahar sêsêgah wasana lajêng bibaran. Sanès dintênipun ing sanès panggenan, lajêng sapiturutipun. Mugi wontêna paedahipun dhatêng para maos.

Sumadi.

--- 1385 ---

Kawruh padhalangan

Ringkêsaning Kawruh Padhalangan Ringgit Purwa ing Surakarta.

Sambêtipun Kajawèn nomêr 86.

Panganggenipun gêndhing wontên ing pathêt manyura.

Gêndhing kôndhamanyura, talimurda, capang, moncèr, sobah, gonjang-cèrèt, wani-wani, runtik, banthèng-warèng, kangge ringgit bapangan.

Gêndhing-gêndhing sanèsipun kangge ringgit gabahan utawi èstrèn. Ricik-ricik kangge danawa raton.

13 Bab ayak-ayakan tuwin sampak.

Pamatrapipun:

Ayak-ayakan punika peranganipun kados ing ngandhap punika:

I. Ayak-ayakan ing laras nêm: 1 lasêm, 2. anjangmas, 3 tlutur.

II. Ayak-ayakan ing laras sanga: 1. jêngking (= sanga limrah), 2. gadhung-mlathi, 3. tlutur.

III. Ayak-ayakan ing laras manyura: 1. manyura limrah, 2. manyura alit, 3. tlutur.

Plajêngan utawi sampak peranganipun kados ing ngandhap punika:

I. Wontên ing laras nêm: 1. slêpêgan nêm, 2. tlutur.

II. Wontên ing laras sanga: 1 slêpêgan sanga (ugi kawastanan: sampak sanga), 2. sampak sanga kêrêpan, 3. tlutur.

III. Wontên ing laras manyura, peranganipun kados wontên ing laras sanga.

Ayak-ayakan punika panjantur kalihan tanginipun (= botên kajantur) kenging wontên ing sadaya cengkok, dados botên mawi panggenan kados gêndhing, makatên punika tumraping laras nêm, sanga, tuwin manyura. Namung ayak-ayakan anjangmas, têlasing panjantur kêdah wontên ing gong laras gulu agêng.

[Grafik]

Tuladha mripat talupan

Wondene pamatraping slêpêgan utawi sampak kados ayak-ayakan.

Panganggenipun:

Ayak-ayakan lasêm, kangge sadaya lampah sarta bêdholan ingkang sarèh-sarehan.

Ayak-ayakan anjangmas, kangge manawi raton sampun kèndêl kajantur, wontên sangajêngipun gapura.

Ingkang kangge bêdholan jêngkaring ratu jêjêr ngangge ayakan [a...]

--- 1386 ---

[...yakan] lasêm, nanging buka saking gulu agêng, dhatêng gangsal.

Ingkang kangge gegeran jawi salêbêting jêjêr, inggih punika badhe angwontênakên babak unjal, ngangge ayak-ayak lasêm katêrusakên irama sêsêg.

Ayak-ayakan tlutur, kangge sadaya lampah wêlasan.

Panganggenipun ayak-ayakan ing laras sanga sami kalihan panganggenipun ayak-ayakan lasêm, utawi kangge adêgan ingkang botên ngangge gêndhing. Ayak-ayakan tlutur ugi kangge lampah wêlasan.

Ayak-ayakan laras manyura panganggenipun sami kalihan ing laras sanga.

Wondene panganggenipun slêpêgan utawi sampak, tumrap salêbêting laras nêm, sanga, tuwin manyura, kangge sadaya lampah sarta bêdholan rêrikatan utawi gugup, tuwin kangge pêrangan.

Bab lampah-lampahing dhalang angringgit sadalu.

Lampah-lampahipun angringgit sadalu punika murih gampilipun kêdah sarana mawi anggancarakên lampahan satunggal ingkang sakintên pêpak pirantos saha lampahipun. Ing ngriki ngangge tuladha lampahan: Partakrama. Dene ingkang botên kasrambah saking lampahan Partakrama punika, badhe kasrêmpilakên wontên ing ngandhap, kados ta: sasampuning prang ampyak, wontên adêgan kalih raton, utawi jêjêran ingkang tumrap dewa, lan raton sanèsipun Krêsna. Dados gancaran lampahan ing ngandhap punika sasagêd-sagêd maligi namung ngêwrat bab lampah. Nanging sarèhning pamilahipun punika botên gampil, mila kala-kala sok ngowat-awut sanès-sanès bab, punika namung murih têrangipun.

Jêjêr Bathara Krêsna, kaadhêp Sêtyaki, Sômba, katamuan Sri Baladewa. (mirsanana gêndhing krawitan) gêndhing kajantur, lajêng ucap-ucapan (ôngka: 1). Sasuwuking gêndhing katampi ing pathêt nêm agêng, têrus ada-ada girisa. Lajêng wiwit ginêm (ginêm: 1), salêbêting ginêm sadaya suraos ingkang miraos kados ta: sisah, kalêgan, utawi nêpsu, kêdah dipun sukani: pathêt utawi ada-ada.

Babak unjal (bab gêndhingipun mirsanana ing golongan gêndhing babak unjal) lampahipun saking sêndhon pananggalan, dhawah ayak-ayakan lasêm, têrus kasêsêgakên. Dhalang lajêng nyirêp, ayak-ayakan taksih sêsêg. Dhalang angucapakên gègèring jawi, (ucap-ucapan ôngka: 2).

(badhe kasambêtan)

Sadaya ucap-ucapan ginêm ing ngriki namung dipun angkani kemawon. Ing wingking sadaya wau badhe kaklêmpakakên dados satunggal bab.

Pawartos saking Rêdhaksi

R.M.P. ing Kaliwungu. Sêrat panjênêngan sampun dumugi, Pênthul ngaturakên panuwun.

Lêngganan nomêr 4383. Sawarnining sêrat anggitan dalêm suwargi Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Arya Mangkunagara IV, panjênêngan sagêd mundhut dhatêng Secretariaat Java Instituut, Kadipala, Surakarta.

Tuwan P. Sumarta ing Bulèlèng. Prayogi ngintunakên potrètipun kemawon, alit-alitipun ukuran 9X12 cm, manawi kamahan migunani inggih kapacak.

--- 1387 ---

Margi Karèt

Para maos tamtunipun botên kêkilapan dhatêng ingkang dipun wastani karèt, awit kathah sangêt barang-barang ingkang badhenipun karèt, lan malih inggih botên kêkilapan dhatêng kawontênanipun tanêman karèt ing jaman sapunika, ing pundi-pundi ugi mèh wontên. Agênging kabudidayan karèt, nandhakakên manawi karèt punika dados padagangan linangkung, saha baku dados padagangan ingkang nyantosani.

Jalaran saking kêlimrahipun padagangan karèt wau, ngantos sagêd tumular dhatêng golongan tiyang siti, lajêng sagêd nelad akêbon karèt piyambak. Jalaran saking tumidaking padagangan wau, tumraping tiyang siti inggih lajêng kêsrempelan sagêd angraosakên sakecanipun. Kathah têtiyang siti ing tanah sabrang ingkang sami sagêd manggih kamulyan jalaran saking anggènipun akêbon karêt. Kajawi punika, ugi taksih sagêd murakabi dhatêng têtiyang ingkang panggêsanganipun namung sade bau, kados ta dados juru pangupakara kêbon, dados tukang andèrès, malah tumrap tukang andèrès punika ingkang cêpak sagêd kasrambah ing arta kathah. Mila nalika rame-ramening panggaotan wau, mênggah caraning pêkên, sawêg wanci agêng-agênging pêkên, kathah tiyang ingkang pyah-pyoh arta, panganggêpipun amastani arta kantun ngêruki, lajêng kathah tiyang ambucal arta tanpa to.tônja.

Ing wusana botên ngintên, bilih padagangan wau lajêng dados pêjah, tumrap tiyang siti ngrêkaos sangêt anggènipun badhe nyade karètipun.

Ing bab makatên wau tumraping para among dagang, tamtunipun inggih tansah nindakakên pambudidaya kadospundi prayoginipun.

Ngèngêti kaowntênan ingkang kados makatên punika, lajêng wontên pangrekadaya. Kacariyos ing Têlukbêtung wontên cobèn-cobèn adamêl margi karèt, kados ingkang cêtha gambar nginggil punika, nanging caranipun beda kalihan ingkang kêlimrah. Tumindaking padamêlan wau miturut saking pamanggihipun tuwan van Suchtelen van der Haere, administratur kabudidayan Rêjasari.

Karèt wau botên kangge lapis wontên ing nginggil, nanging kangge lapisan wontên ing têngah, antawising aspal kalihan siti. Manawi pigunanipun mikantuki, badhe dipun lajêngakên.

Dados wontên kalanipun, môngsa kapèpèt punika sagêd nuwuhakên akal budi.

--- 1388 ---

Sanès Praja

Tamu saking Tanah Malayu

Sampun sawatawis dintên, Balepustaka katamuan Tuwan Zaenal Abidin amtênar saking Malaya, tanah Malayu. Tuwan wau wontênipun ing ngrika dados juru ngarang kadosdene juru ngarang Balepustaka makatên, nanging kawontênanipun taksih alit. Ing samangke kautus ing parentah kadhawuhan anjajah tanah ngriki, prêlu kadhawuhan nyinau kawontênanipun. Dumuginipun ing Balepustaka, tuwan wau sampun mêntas lêlana ing tanah Jawi, sampusampun. wontên salêbêtipun nêm minggu.

Dhatêngipun tuwan Zaenal Abidin ing Balepustaka, tinampi dening pangagêng, sasampunipun têtêpangan saha tamu mratelakakên prêlu-prêlunipun, lajêng kairit ningali kawontênanipun Balepustaka, ing ngriku katingal anggènipun rêna, saha mratelakakên bilih kawontênanipun ing Balepustaka wontênipun ing tanah Malayu sampun kasumêrêpan umum, kabêkta saking sumêbaring sêrat-sêratipun waosan punapadene kalawartinipun.

Tuwan Zaenal Abidin lajêng têtêpangan kalihan para redhaktur ing Balepustaka golongan warni-warni, kados ta redhaktur Jawi, Malayu, Sundha, Madura tuwin para redhaktur kalawarti Kajawèn, Panjipustaka tuwin Parahyangan. Tangkêbipun katingal rumakêt, katingal kados sampun pakulinan dangu.

Tamu wau lajêng dipun suwuni katrangan, kadospundi mênggah wawasanipun tumrap wontên ing tanah Jawi. Tuwan Zaenal Abidin mratelakakên bilih kawontênanipun ing tanah Jawi katingal majêng sayêktos, kamajêngan wau ingkang katingal cêtha, ing bab pangajaran, babagan Islam, punapadene kabangsan. Tuwan wau wontên ing pundi-pundi amrangguli titiking kamajênganipun sadaya wau. Ingkang sakalangkung adamêl gawoking manah, ing bab pamulangan, kenging dipun wastani ing saênggèn-ênggèn wontên, makatên ugi ing bab kabudidayan tiyang ngriki ingkang adhêdhasar kabangsan, kados ta bang kabangsan, punika katingal prayogi sangêt, saha nalika wontên Ngayogyakarta nyumêrêpi kawontênanipun pamulangan Muhamadiyah, punika ugi anggawokakên, ingatasipun pamulangan partikêlir têka tatananipun sairib kemawon kalihan pamulangan nagari, sadaya sarwa sae tuwin nyêkapi.

Tuwan wau lajêng gêntos nyariyosakên kawontênanipun tanah Malaya, ing ngrika têtiyangipun dèrèng majêng, caraning malêbêt dhatêng pamulangan taksih sarana dipun pardi, dèrèng wontên tiyang ingkang gadhah osik nêdya malêbêt sêkolah saking kajêngipun piyambak, nanging pamardi ajêngipun tiyang murih sami sakolah, tansah tumindak kêncêng, botên dangu kintên-kintên inggih lajêng sagêd umum. Bab kados makatên punika, kawontênanipun botên beda ing tanah Jawi ngriki, kala jaman tiyangipun dèrèng majêng, pamulangan sami ambêtahakên murid

--- 1389 ---

para ingkang wajib tansah mardi dhatêng têtiyang ing wêwêngkonipun, supados anglêbêtakên lare-lare dhatêng pamulangan. Dados kawontênanipun ing Malaya wau ing têmbenipun kintên-kintên inggih majêng kados ing ngriki. Mênggah wontênipun pamulangan, tumrapipun ing tanah Malayah, inggil-inggilipun Kweekschool, sanèsipun punika dèrèng wontên malih.

Tuwan Zaenal Abidin lajêng mratelakakên ing bab kawontênanipun têtiyang Jawi ingkang sami manggèn wontên ing tanah Malayu. Mênggah têtiyang Jawi ingkang wontên ing tanah Malayu punika kathah sangêt, sami manggèn wontên ing tanah Djohor tuwin Selangor sami jajahan Inggris, gêsangipun têtiyang Jawi ing ngriku limrahipun têtanèn, sami wêkêl-wêkêl ing damêl, ngantos misuwur dhatêng majêngipun ulah siti, mila pinanggihipun têtiyang Jawi ingkang sami manggèn ing tanah Malayu sami cêkap-cêkap. Katranganipun tuwan wau sampun andadosakên sêling sêrêpipun para maos, ngintên manawi têtiyang Jawi wau sami têtiyang kontrakan, punika sanès, pancèn salugu tiyang tani mardika, anggadhahi panguwaos bab siti piyambak. Dados anggèning ulah siti wau atêgês kawêkêlan ingkang numrapi badanipun piyambak, sami gadhah pangrêtosan ing bab ulah nanêm dalah pambucalipun. Mila botên anèh bilih têtiyangipun ing ngriku kathah ingkang sugih-sugih.

Caranipun tiyang ingkang sami têtanèn, ing sakawit ugi asli saking ambukak wana, sitinipun lajêng kaulah ngantos dados sae, wontên ingkang lajêng dados pakêbonan, sabin tuwin sanès-sanèsipun, tamtunipun dumuginipun ing sapunika sampun turun-tumurun, mila pinanggihipun jiwa ing ngriku ugi botên sakêdhik.

Ing sapunika parentah ing Malaya sawêg nêngah-nêngahi nindakakên panacah jiwa, kintên-kintên jiwanipun tiyang Jawi ing ngriku kirang langkung 50.000. Têtiyang samantên wau kapetang kathah ingkang kacêkapan.

[Grafik]

Wontênipun ing Balepustaka, Tuwan Zaenal Abidin dipun gambar sêsarêngan kalihan para redhaktur ing Balepustaka, kados ingkang kacêtha ing gambar, ingkang rasukan cêmêng.

Sasampunipun dumugi, Tuwan Zaenal Abidin lajêng pamit wangsul, dipun aturi sêrat kalawarti Kajawèn, Panjipustaka tuwin Parahyangan.

Salajêngipun Tuwan Zaenal Abidin badhe nglajêngakên lampah dhatêng Padhang anjênêngi konggrès muslim.

--- 1390 ---

PÊTHIKAN SAKING SÊRAT-SÊRAT KABAR SANÈS

TANAH NGRIKI

Kraman wayah dalêm. kawartosakên, B.K.P. Angabèi ing Surakarta, mêntas ngramakakên putrinipun nama R.A. Samsiah angsal R.Ng. Sosrosawardo putranipun pêpatih dalêm. Sadaya namung sarwa ringkêsan, bibar ijab lajêng kaboyong.

Punapa tumraping tiyang limrah badhe rikuh nelad cara ingkang kados makatên punika. Sêdhêng ingkang sinatriya agêng nindakakên cara ringkêsan kados makatên.

Dr. A. Rivai ngajawi. Benjing tanggal kaping 12 wulan November, Dr. A. Rivai dhatêng ing Tanjungpriok, numpak kapal Marnix van St. Aldegonde.

Sawung sêpuh punika kadospundi badhe kawontênanipun ing kalangan, dèrèng kasumêrêpan.

Pêrguruan Ra'yat ing Purworêjo. Kawartosakên ing Purworêjo wontên bikakan Pêrguruan Ra'yat tuwin gêdhong persatuan. P.R. wau badhe ngawontênakên wulangan basa Inggris, Walandi tuwin cursus a.b.c. punapadene ha na ca ra ka. Bayaranipun sawulan f 1.- Ing dalêm saminggu sinau kaping kalih.

Punika satunggiling kamajêngan ing Purworêjo.

Pajêg siti. Miturut pawartos, pajêg siti ing tanah Jawi tuwin Madura wontên 33 yuta rupiah, ingkang malêbêt kirang sangêt. Dene sababing kirang wau amargi wancinipun panèn ing sapunika ragi kasèp, wontên pintên-pintên panggenan ingkang botên kamêdalan.

Kêndhoning lêbêting pajêg wau nama sawêg nyarêngi kalamangsanipun.

Sudaning pacêklik ing Carengan. Miturut pawartos, ingkang wajib ing Bantên botên mirêng pawartos malih ing bab pacêklik ing laladan Carengan, ingkang jalaran saking sudaning pamêdal ngantos 75. Ing sapunika wontênipun têtiyang ingriku sagêd angsal padamêlan ing irigasi, kenging kangge nyêkapi kabêtahanipun. Kajawi punika ugi taksih angsal pitulungan saking golongan sanès.

Sukur.

Pitulungan tumrap golongan tani. Wontên pawartos, directeur têtanèn kaparêngakên ngêdalakên arta f 18.000 kaparingakên dhatêng Gouvernneur Jawi Kilèn prêlu kangge tumbas wiji pantun, ingkang badhe kaparing-paringakên dhatêng rakyat, ingkang dipun pratelakakên dening pangagêng nagari, tumrap ing onder district Carenang, Kabupatèn Serang.

Pitulungan saking Parentah punika, mugi dadosa ular-ular katêntrêman.

Conferentie para Inspecteur pangajaran. Conferentienipun para Inspecteur pangajaran ing tanah Jawi sampun kalampahan, kathah rêmbag ingkang migatosakên bab pangiridan. Ing sapunika taksih ngêntosi katrangan saking para Inspecteur ing tanah Sabrang, mangke manawi sampun nglêmpak, badhe ngintunakên usul dhatêng parentah lumantar Begrootingscommisie.

Bab pangiridan kados botên kenging dipun duwa malih, nanging bab pangiridan wau pinuji sampun ngantos damêl kapitunan ingatasipun pangajaran.

Panarimah saking Parentah Nanking. Wêwakil karajan Wêlandi ing Nanking tampi prasabên saking ministêr prakawis sajawining praja, supados ndumugèkakên panuwun dhatêng parentah ngriki, anggènipun sampun mbiyantu doktêr tuwin jampi-jampi tumrap Tiongkok lumantar Oostersch Bureau Gezondheidsdeinst Volkenbond.

Tindak punika mugi dadosa lantaraning karaarjan.

[Grafik]

Anjajah Jawi Kilèn kanthi sêpeda. Ing nginggil punika gambaripun para mudha sakawan, asli ing Garut, ingkang anjajah Jawi Kilèn numpak sêpeda, saking kiwa manêngên: Abubakar, Pahman, Ruslan tuwin H.W. Kitha-kitha ingkang dipun ambah ing bawah Priyangan, Bêtawi tuwin Cirêbon, sanadyan lampahipun rêkaos, nanging wilujêng sagêd kasêmbadan.

Ing jaman sapunika kasênênganipun para mudha, manawi darmawisata, adhêdhasar ulah raga.

Nanggulangi lintah dharat. Burgemeester ing Magêlang gadhah sêdya badhe ngêdêgakên pakêmpalan nanggulangi lintah dharat, awit katingalipun ing bawah Magêlang kathah tiyang ingkang dados têdhaning lintah dharat.

Pinuji, mugi jaman ingkang kados makatên punika botên ndadosakên jalaran lêmaning lintah dharat. Mila ada-ada pananggulang wau mugi mitadosa.

Tindak sêlingkuh. Kawartosakên, jaksa ing Sukabumi ingkang kawajiban nariki dhêndhan saking landgerecht, dipun cêpêng kalihan saking dhawuhing Parkêt, jalaran kadakwa nyalingkuhakên arta kathahipun f 3600.- inggih punika arta asli angsal-angsalan dhêndhan ing taun punika. Ing bab punika sampun tumindak gangsal taunan, tuwin gunggunging arta ingkang dipun salingkuhakên [saling...]

--- 1391 ---

[...kuhakên] kintên-kintên wontên f 15.000.- Wusana wontên katêrangan malih, jaksa wau ngakêni, arta ingkang kasêlingkuhakên wontên f 20.000.- katindakakên salêbêtipun 5 taun. Arta sadaya wau asli arta dhêndhan.

Tindak salingkuh ingkang kados makatên punika, nama lumintu, awit dipun tindakakên ngantos têtaunan.

Tindak salingkuh. Sampun sawatawis dintên, directeur pamulangan normaal ing Surakarta kecalan arta ing parimatan gunggung f 35.000.- Pulisi ingkang nampèni palapuran bab punika lajêng nindakakên papriksan, ananging botên manggih tandha pangrisak punapa-punapa. Lajêng wontên pawartos malih, directeur wau lajêng ngakêni, bilih arta wau dipun salingkuhakên piyambak, saha sarêng kapriksa gunggunging arta ingkang ical f 4.500.- Prakawis lajêng katindakakên saprêlunipun.

Tiyang manawi sawêg kataman pêpêtêng, wontênipun namung kêcakêtan supe.

Pest ing Bandung. Kawartosakên, miturut palapuran saking pakaryan kasarasan ing salêbêtipun tigang wulan, ing afdeeling Bandung tuwin Sumêdang wontên tiyang sakit pest 100, pêpetangipun tiyang siti 97, bangsa Tionghoa 3.

Sêsakit pest punika satunggiling sêsakit ingkang mbêbayani, sukur dene têtiyang sampun sami mangrêtos dhatêng kajênging rêrigên ing bab kasarasan.

Tindak utami. Ing Malang wontên doktêr Walandi tiga, sami golong ing rêmbag badhe mitulungi lêlahanan dhatêng bangsa Walandi ingkang botên kuwawi ambayar. Dene caranipun, tiyang sakit ingkang dhatêngipun antawis jam kalih wêlas dumugi jam satêngah satunggal botên badhe kakengingakên ing bayaran.

Punika prayogi dados panggalihanipun para doktêr tiyang siti, mugi kaparênga sami nindakakên kautamèn ingkang kados makatên.

Landbouw-voorlichtingsdienst ing Bali lan Lombok. Ir. Radèn Gunung Iskandar, landbouwconsulent ing Bogor, dipun têtêpakên dados Landbouw-voorlichtingsdienst ing Bali lan Lombok, manggên ing Mataram.

Ahli bangsa Jawi ingkang pinatah dening parentah punika, mugi andadosna kamajênganing nagari ingkang dipun wêngkoni.

Murid Mulo dipun prajaya. Sampun sawatawis dintên murid pamulangan Mulo Kristên ing Magêlang, nama Pratikta, putranipun collecteur O.R. ing wanci enjing kasumêrêpan sampun pinanggih tiwas kanthi nandhang tatu ing gulu. Pulisi sampun lajêng angsal katrangan, nyêpêng lare asli saking Surabaya. Tiyang ingkang kacêpêng kanggenan jam mas gadhahanipun ingkang tiwas tuwin lading gapit gubras rah, gadhahanipun tiyang ingkang nyipêng wontên panggenanipun Pratikta. Sapunika sawêg kapriksa prakawisipun.

Mirid nalar, tindak wau tuwuh saking melik anggendhong lali.

Panggêbagipun loterij. Kawartosakên, loterij St. Jozef, ingkang kawontênakên ing wêkdal punika, kagêbag benjing dintên Slasa tanggal kaping 10 wulan punika.

Mangga, para ingkang sami mundhut, kaparênga sami patigêni.

Ngrêmbag bab babad. Aksri martosakên, B.O. ing Mataram mêntas ngawontênakên pasarasean, ngrêmbag bab babad Sultan Agungan. Ingkang murawani Mr. Hud, dipun bantah dening Mr. Jayadiguna, Ki Ajar Dewantoro tuwin sanès-sanèsipun, wusana lajêng dipun têngahi dening Ir. Surachman. Wosing rêmbag ingkang dipun pangandikakakên Mr. Hud, punika bab karangan kilenan.

Sami-sami babagan sêrat, bab punika tumrap bangsa Jawi anggènipun migatosakên sampun tumanên yêktos, saha ngajêngi dhatêng wêwaton ingkang sampun kêlimrah, botên gampil dipun ewahi malih. Mila sok nuwuna sêling sêrêp.

Sesakit typhus ing Bandung. Kawontênanipun tiyang sakit typhus ing Bandung, ing salêbêtipun tigang wulan mindhak sakêdhik. Pakaryan kasarasan nindakakên panyêgah sarana nyuntik lêlahanan tuwin kintun sêrat dhatêng pamulangan-pamulangan ing Bandung, supados para guru tuwin para murid sami tumindak kasuntik.

Tindak suntik panulak sêsakit, punika wajib dipun wigatosakên ing sabên tiyang, awit punika nama tindak pangrêksa kawilujêngan.

TANAH NGAMANCA (ASIA).

Wet pêrang. Miturut pawartos saking tiyang ingkang nuju andon lampah saking Kirin dhatêng Peiping, Jêpan sampun nindakakên wet pêrang wontên ing ngriku. Angawisi tiyang langkung, sadaya pamulangan dipun titi, jalaran nyamarakên manawi ing ngriku wontên waosan ingkang suraosipun botên mathuk dhatêng Jêpan.

Têmên lan botênipun pawartos wau, dèrèng kenging katêmtokakên, amargi dèrèng wontên pawartos sanèsipun malih.

Ambiyantu tiyang awon. Nalika pulisi Tionghoa tumindak badhe nyirnakakên tiyang awon ing Kiu Chien Wu tuwin ing Hei Shan Sien, katingal wontên mêsin mabur Jêpan 3 sami kêkalangan wontên ing gêgana, njalari têtiyang awon wau sagêd oncat.

Punika wontên raos bilih tindak makatên punika atêgês mbiyantu dhatêng tindakipun tiyang awon wau.

Têtiyang ingkang dados bêbantênipun tiyang awon. Têtiyang bangsa Korea ingkang dados bêbantênipun tiyang awon ing Mantsyuriye kapetang: 323 dipun pêjahi, tiyang èstri ingkang kacêpêng 50, griya ingkang dipun bêsmi 300, griya ingkang dipun jarah 2000, tuwin taksih kathah ingkang dèrèng dipun priksa.

Kados makatên tuwuhing rêrêsahan ing mangsa botên têntrêm.

Jêpan tuwin Rus. Ministêr babagan prakawis sajawining praja, prasabên dhatêng utusan Jêpan, ing Moskou, bilih Jêpan rumaos botên sênêng dhatêng ebah-ebahan wadya Rus ing tapêl watês Mantsyuriye, tuwin gadhah panêdha supados Rusland nyirêp ebah-ebahan ingkang nyamari punika.

Dados Jêpan inggih nyamarakên dhatêng tindakipun Rusland.

NAGARI WALANDI

Hawa arsêp. Wontên pawartos saking Den Haag, ing tanggal 28 wulan October asrêpipun anggêgirisi. Ing salêbêtipun 83 taun sapriki, dèrèng wontên hawa asrêp kados ing wulan October wau.

Punapa hawa asrêp kemawon mawi inthilan.

TANAH NGAMANCA (AMERIKA)

Tiyang angguran soroh amuk. Wontên pawartos saking Pasamaribo, kuli-kuli angguran sami soroh amuk. Warung-warung sami dipun jarah, dilah-dilah gas sami dipun risak. Pulisi botên sagêd nyêgah, ngantos dipun bantu dening militèr. Wontên punggawa nagari têtiga nandhang tatu tuwin kathah griya-griya sami risak. Pabrik ès katutup. Ingkang wajib lajêng anjagi katêntrêman kanthi santosa.

Hêm, tiyang koncatan têdha punika sok ndhatêngakên pêpêtêng.

--- 1392 ---

Wêwaosan

Dongèng ingkang kaping Kalih

Wihara Mahadèwi

5.

[Mijil]

Warnanira kang palwa katitik / wus kalangkung awon / dening nyata wus saking kinane / kampul-kampul lumembak ing pinggir / ya ta duk winalik / ing jro isi madu //

kongsi kêbêk talanya tan rêmpit / kang madu kumocor / janma kang wruh katon ing bungahe / dening ngrasa antuk bagya luwih / awit wus jinanji / gêganjaran agung //

tan darana janma kang amanggih / maring praja bodhol / ngaturakên sanggyèng kaanane / kang pinangguh têpining jaladri / katon dahat gati / lakunira ngutu //

sapraptaning praja nulya kerid / maring ngarsa katong / angaturkên kalamun ing mangke / mangguh tala isi madu luwih / nèng prau anggoling / nanging maksih pênuh //

langkung rêna sri nata duk myarsi / dyan dhêdhawuh alon / mrih akarya wisma nèng cakête / punang prau kang nèng têpi warih / têtêpa jinagi / siyang miwah dalu //

kaparênging nata ing samangkin / lawan garwa katong / arsa têdhak nguningani age / kaananing palwa kang winarni / tuhu tan nyidrani / samya sangkêp cukup //

pan kanyatan sasmitaning ngimpi / kang kapisan cocog / anêrusi rasa sasmitane / ing wusana kaparênging sori / madu kang pinanggih / pinêndhêtan sampun //

sri supadni nulya amiranti / sêsaji kinaot / dhêdhaharan môngka sadhiyane / para wiku mrih kêmpal anunggil / kang sadaya mawi / winoran ing madu //

sasampating dênira miranti / apan wus kalakon / lan sang putri ugi datan supe / dhahar madu môngka nyaranani / amrih andayani / sambada ing pungkur //

sasampating karya sri bupati / dyan angganjar kaot / maring janma kang amangguhake / gunging bagya janma kang winarni / kongsi anjalari / kasugihanipun //

kang mangkana ing laku katitik / kalamun sang katong / dahat asih marma mring garwane / ngangkah-angkah mrih tinêmu dadi / kaparênging sori / lulusa kinancuh //

[Kinanthi]

ing mangkya panggalih prabu / adrêng arsa nguningani / wardinira kang supênan / kang maksih samya winadi / paran ing kaananira / dene ta elok kapati //

sri nata nulya dhêdhawuh / mring kawula kang piniji / arsa dinuta lancaran / maring anurada puri / mrih nuli antuk pawarta / gatining supênèng ratri //

dene ta sajatinipun / dhawuh kang mangkana yêkti / agawat kaliwat-liwat / pilih janma kang kadugi / ngayati dhawuh narendra / kang kalangkung anyamari //

nanging rèhning karsèng ratu / kawula mung têtêp wajib / datan kêni suminggaha / lan nyata dhawuhing gusti / salami mung wèh raharja / suminggaha datan kêni //

tandya abdi kang dèn utus / tumindak anyamar dhiri / kongsi tan pisan kinira / kalamun punggawa aji / lakunira dhêdhêmitan / momor tan pisan katawis //

lakunira têmah lulus / tanpa sangsaya ing margi / praptaning nurada pura / anggung ngolak-alik budi / paran tumindaking karya / mrih sambada antuk kardi //

wusana antuk panêmu / wusing prapta ing nagari / bangkit sanak amêmitran / lawan pakathik kinasih / punggawa Prabu Elala / dyan rukêt minitra jati //

wusing tanpa sarusiku / tuwin tan pisan katitik / kalamun wong namurkula / rasa wus akakang adhi / tan ana kang sinamaran / arukêt rakêt sajati //

salwir kang dèn ambah tulus / wus inganggêp kadya kanthi / wusana tumindak karya / kanthi laku anyênyilip / nanging tan pisan katara / tandukira mitayani //

duta kang piniji laku / nulya wiwit angambili / sêkar tunjung patamanan / kadi kang winêcèng ratri / yèku pasupênanira / Sang Wihara Mahadèwi //

dupi wus antuk ngalumpuk / rinumat kalangkung rêmit / nulya angayati karya / arsa andhustha tumuli / pêdhang kang môngka sarana / wasana sambada ugi //

dupi kang pêdhang wus antuk / nulya winorakên nuli / lan kang sêkar nèng umpêtan / sinèlèh sapinggir kali / datan ana kang uninga / kalangkung dahat winadi //

tandya tumindaking laku / andhustha titihan aji / nanging tan pisan katara / labêt wus kulina lami / kalawan pakathik nata / sinêngguh mung angancani //

sasolah tindaking laku / katon kadi mitayani / kang kuda nulya binêkta / maring satêpining kali / dèn inumkên lon-alonan / kuda datan nyulayani //

malah katon sêmu tutut / dupi wus kawong nulya glis / angambil sêkar myang pêdhang / binêkta nyengklak tumuli / maring gigiring turôngga / wêkasan ingêtap nuli //

lan angumbar suwara sru / hèh wruhanta sira sami / ingsun iki jatinira / andhustha titihan aji / ywa samya alok kelangan / ayo tututana iki //

saking sruning swaranipun / têmah kêmirêngan aji / nulya amiji punggawa / gita-gita anututi / marang lakuning durjana / kang wêgig amomor sandi //

lawan sri nata adhawuh / duta kinèn anumpaki / kang kuda titihan nata / kang bantêr apindha angin / nanging mêksa tan lumawan / kadi kang dhinusthèng juti //

lakuning kuda sumêmprung / angênut lacaking ngarsi / kawuryan umanjing wana / tinungka tan tolih wuri / datan dangu saya cêtha / tabêtira anyakêti //

mangkya dhustha kang lumaku / dahat prayitna ing wèsthi / miwah wus uning sakala / yèn ing lampah dèn tututi / nulya grêg kuda pinêkak / malah arsa angêndhêgi // (Badhe kasambêtan)

--- [0] ---

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]

--- [0] ---

Ôngka 89, 25 Jumadilakir Taun Je 1862, 7 Nopèmbêr 1931, Taun VI

Kajawèn

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]

--- [1393] ---

Ôngka 89, 25 Jumadilakir Je 1862, 7 Nopèmbêr 1931, Taun VI

Kajawèn

Kawêdalakên sabên dintên Rêbo lan Sabtu

Rêgining kalawarti punika ing dalêm tigang wulan ... f 1.50, bayaranipun kasuwun rumiyin, botên kenging langganan kirang saking 3 wulan.

Juru ngarang - administrasi Bale Pustaka, ing sawingkinging kantor palis, tilpun nomêr 2791 - Bêtawi Sèntrêm.

Tatwawara

Pêthikan saking Sêrat Piwulang Yasan dalêm Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Arya Mangkunagara IV

[Dhandhanggula]

Yeka môngka srananing dumadi / tumanduke marang saniskara / manungsa apa kajate / sinêmbadan sakayun / yèn dumunung mring wolung warni / ingaran asthagina / iku têgêsipun / wolung pedah tumrapira / marang janma margane mrih sandhang bukti / kang dhingin winicara //

panggaotan gêlaring pambudi / warna-warna sakaconggahira / nut ing jaman kalakone / rigên ping kalihipun / dadi pamrih marang pakolih / katri gêmi garapnya / margane mrih cukup / papat nastiti pamriksa / iku dadi margane wêruh ing pasthi / lima wruh etung ika //

watêk adoh mring butuh saari / kaping nênêm tabêri têtanya / ngundhakkên marang kawruhe / ping pitu nyêgah kayun / pêpenginan kang tanpa kardi / tan boros marang arta / sugih watêkipun / ping wolu nêmên ing sêja / watêkira sarwa glis ingkang kinapti / yèn bisa kang mangkana //

angêdohkên durtaning kang ati / anyêdhakkên rahayuning badan / dèn andêl mring sasamane / lan malih wêkas ingsun / aja tuman utang lan silih / anyudakkên darajat / camah wêkasipun / kasoran prabawanira / mring kang potang lawan kang sira silihi / nyatane angrêrêpa //

--- 1394 ---

Rêmbagipun Garèng lan Petruk

Bab Tiyang Pintêr

Garèng: Wah, Truk, wis rada lawas aku ora kêtêmu, nganti aku rumasa kangên bangêt nyang ... sêgamu wadhang. Ora Truk, timbangane saiki padha ngrasakake anggone bakal dicêngklong manèh blanjane nganti 10%, luwih bêcik padha omong-omongan, nèk-nèke bisa ngundhakake sêsurupan. Truk, Truk, ing sarèhne kowe kuwi wis rada anjajah, aku kêpengin kok kandhani. Andak iya ing tanah Jawa kene kiyi saiki wis akèh wong pintêr.

[Grafik]

Petruk: We, hla nèk wong pintêr saiki wis bal-balan têmênan. Apa kowe ora kulak wêrta adol prungon, yèn saiki wis ana pamulangan luhur warna têlu, kang anjalari wis pirang-pirang wong sing padha duwe sêsêbutan insinyur, dhoktêr lan mistêr.

Garèng: Lo, kuwi rak wong-wong sing olèh pangajaran sing mêncit, dudu jênêng wong pintêr. Nèk wong sing wis olèh pangajaran, sanadyan durung pati mêncit-mêncit bangêt, kuwi sanyatane mono awit cindhilku, iya wis akèh, nanging sing kêna diunèkake pintêr rak isih lôngka êmbah buyute lôngka. Mara, buktine apa yèn ing tanah Jawa kene wis akèh wong pintêr, nèk mung duwe titêl Mr. Dr. utawa Ir., lo kuwi mungguh panêmuku durung kêna yèn banjur dicap bae: iki wong pintêr.

Petruk: Apa karêpmu, supaya wong sing pintêr mau padha ambuktèkake kapintêrane sarana laku mangkene: sing dadi insinyur, anggêre kapêthuk sauwong-uwonge banjur nyuwara mêngkene: he, wêruh kowe, kiyi insinyur, wong pintêr, bisa gawe omah, gawe krêtêg, gawe kapal, bisa ngêdêgake gêdhong sing nèk waragade mung f 30.000- bisa tak garap kanthi waragad f 40.000-, awit iya sabab kudu cucul ambayar anggonku pintêr krana titêlku insinyur mau. Dene nèk dhoktêr anggone arêp ambuktèkake le pintêr, sabên kêtêmu uwong, banjur ngucap: arêp sumurup, iki lo dhoktêr, pintêr nambani sakabèhing lêlara, ing sarèhning dhoktêr kuwi pintêr, nèk nambani wong lara, mari ora mari, satêkanan, apês ambalêbês, kudu dibayar saripis ...

--- 1395 ---

Garèng: Hla, nèk kaya ngono kuwi rak pintêr golèk dhuwit. Ora, Truk, kok seje têmên karo nagari liya-liya, kaya ta ing Eropah, Amerikah, lan sapêpadhane. Lo, kuwi nèk jênêng wong pintêr iya ana buktine têmênan, kang kanthi bisa kasumurupan ing sajagad, kaya ta: ngarang-ngarang ana ing layang kabar, kalawarti utawa ing buku-buku ...

Petruk: Wah, Kang Garèng, tumrap wong Jawa ana rong prakara sing anjalari ora bisa nindakake sing mêngkono kuwi, kang kapisan, wong Jawa kuwi nèk mêncit-mêncit pangajarane, lumrahe blanjane iya gêdhe. Hla nèk wis gêdhe blanjane, sing akèh-akèh iya banjur ora kobêr babarpisan. Mara ta pikirên bae, priyayi sing mêngkono kuwi biasane jam 7 wis tindak nyang kantor, jam 2 lagi kondur bae, têkan dalêm, salêbare dhahar banjur sare, wungu sare, sauwise siram barang, banjur tindak main tènis utawa ngunjuk wedang karo garwane, kuwi sok nganti têkan jam 6, salêbare jam 6 banjur tindak pisitê utawa mriksani bioskup. Sakondure ing dalêm manèh, kira-kira jam 9 utawa jam 9.30, mung kèri sayahe bae, kang iku salêbare dhahar mulane iya banjur mapan sare. Ing môngka durung tak kandhakake anggone tindak kamar bolah, mriksani bangsawan, utawa tindak nyang ... tayuban. Hara, kobêre ngarang bae jam pira.

Garèng: Wayah, nèk kaya ngono kuwi, apa dalême mung prasasat kanggo pasanggrahan thok. Hla iya mêsthi bae yèn tanpa ana kobêre. Mêngko dupèh ora tau nang dalêm, sabab tungkul gilir nyang garwane sing ênom, iya ngêndika yèn ora kobêr babarpisan. Sabênêre nèk kobêr kuwi kudu dianak-anakake, nèk ora, iya mêsthi bae yèn ora tau duwe kobêr babarpisan. Saiki caritakna dhisik prakara kang ôngka loro, kang kok anggêp ngalang-alangi ambuktèkake kapintêrane sarana ngarang mau.

Petruk: Kang kapindho, wong Jawa kuwi wêwatêkane lumuhan, têgêse: wong Jawa kuwi lumuh bangêt, yèn dikon pamèr utawa anggêlarake kaluwihane kuwi. Awit dikuwatirake yèn banjur dadi kibir, kang wusanane banjur rumasa dadi Raja Pirngon.

Garèng: Wayah, kuwi rak siksa-siksa atine, manawa anggone ngatonake kaluwihane mau pancèn amigunani têmênan ing akèh, sanadyan sajroning pikire ana kibire sathithik, kaya-kaya ora dadi ngapa, jalaran, padhane rak wong driyah kae, sanadyan ing batin muni: hla, wong aku, iya bisa driyah samono. Nanging anggone driyah mau rak uwis olèh ganjaran, prakara anggone kibir muni: hla wong aku, mau, kuwi rak wis ana bageane dhewe. Karo manèh bok wêwatêkan sing lumuhan mau rada diilangi sathithik, wong jamane saiki kiyi wis beda bangêt karo biyèn-biyèn, nèk mung tungkul mênang mênêng iya bakal kapiran têmênan, awit ing jaman saiki kiyi, sing akèh-akèh sing bisa mumbul kuwi, iya sing sugih gêlar utawa sing dhêmên pamèr. Iya wong sing mêngkono [mêng...]

--- 1396 ---

[...kono] mau, sing sok bisa kêpilih dadi pangarêping pakumpulan, malah nèk rada gêdhe bêgjane bisa duwe pamêtu f 30 sadina, yaiku dadi ... lid polêkrad.

Petruk: Iya, nèk anggone gêlar mau nganggo waton, hla nèk gêlare mung sêsongaran bae, wusanane iya bisa kalakon diplêsirake nyang Dhigul.

Garèng: Iya mêsthi bae, yèn gêlare mau sabisa-bisa kudu akanthi gêmblengan, dene wusanane barêng dipilih bisane mung angop bae, lo, kuwi prêkara blakang. Sabênêre, Truk, aku kiyi rak ngarêp-arêp bangêt, bok bangsaku sing pangajarane padha dhuwur-dhuwur, kuwi padah ngarangi buku-buku, sing pancèn gêdhe pigunane tumrap bangsane dhewe kiyi. Ing môngka ing tanah Jawa kene, wong sing wis pangajaran dhuwur-dhuwur, kaya unimu mau rak wis têtumpukan, sing dadi propesor, wis ana, sing dadi dhoktêr wis rindhil, sing dadi mistêr iya wis pating brubul, sing dadi insinyur, iya wis ora nguyang. Cêkake ing tanah Jawa kene ing bab apa-apa, pancène mono iya wis kumpêlit bangêt, hla, ambok iya, para jamhur-jamhur padha krêsa andriyahake sêsurupane sing mêncit-mêncit têkan wit kalapa kuwi nyang wong-wong kaya aku kowe kiyi, ora prêlu kabèh, saprasatuse bae rak iya lumayan. Yaiku sarana ngarang-ngarang nyang buku, kalawarti utawa layang-layang kabar, ambok iya aja cara jaman biyèn kae, sing akèh-akèh anggêr duwe kapintêran padha diêmplêp dhewe bae, jarene kuwatir, nèk ditularake nyang wong liya nèk-nèke ora kuwat. Wis, wis, rêmbuge padha dilèrèni samene bae.

Palabuhan

[Grafik]

Ing nginggil punika sawanganipun palabuhan ing Kaliangêt, Madura.

--- 1397 ---

Kawruh Sawatawis

Caplin

Sambêtipun Kajawèn nomêr 88.

Pamrayogi makatên wau pancèn lêrês, saha wajib dipun lampahi. Nanging tiyang jalêr wau botên angèngêti bilih anjampèkakên sêsakit kados makatên punika waragadipun botên sakêdhik, mila lajêng kalair ing bab raos awrating manah, saha mratelakakên sabab-sababipun.

Tiyang jalêr wau sarêng mirêng têmbung makatên punika namung anggalègès gumujêng kemawon, awit sagêd ngêjibakên gampil anggènipun angsal arta, waton purun nêmbung dhatêng tiyang sugih ingkang asih dhatêng piyambakipun, tamtu angsal. Mila lajêng mangsuli sagah badhe nyêkapi kabêtahanipun wau.

Ing wanci dalu tiyang jalêr wau dhatêng panggenanipun tiyang sugih, kalêrêsan tiyangipun pinuju mêndêm, inggih lajêng grèwèl angsal arta kemawon. Nanging anyarêngi kalamangsanipun, ing dalu wau wontên pandung andhêdhêp badhe mandung dhatêng panggenanipun tiyang sugih wau, saha sarêng sumêrêp kalebating arta lajêng nêmpuh purun, nêdya mrajaya dhatêng tiyang ingkang sugih. Tiyang anèm lajêng tumandang nulungi dhatêng tiyang sugih, nanggulangi panêmpuhipun durjana, nanging lajêng katungka wontên pulisi dhatêng tandang, durjana oncat, kantun tiyang anèm piyambak, lajêng dipun cêpêng, dados udrêg-udrêgan rame, dene wêkasanipun tiyang anèm sagêd oncat kanthi ambêkta artanipun.

Enjingipun taksih umun-umun, tiyang jalêr wau sampun dumugi ing griyanipun wanita sade sêkar, nyukakakên arta kathah ingkang nyêkapi kangge jêjampi. Nanging wusananipun tiyang jalêr wau saèstu dipun cêpêng ing pulisi, saha sarêng kaajêngakên dhatêng pangadilan, lajêng katêtêpakên ukum kunjara, galundhêng.

Tiyang jalêr wau rumaos manggih papa sangsara sangêt, ngicipi raosipun tiyang manggèn wontên ing pakunjaran, supêking manahipun sampun botên kenging dipun êlar malih, sagêdipun namung nangis ing batos malah kalajêng dumugi nangis lair.

Nanging punapa inggih wontên paukuman botên mawi watês, kajawi tiyang dosa agêng. Wusana kalampahan, tiyang jalêr wau luwar saking pakunjaran, wah, lêganing manah kados punapa, sapunika ngraosakên sagêd ngulèt kobèt, sagêd sumêrêp papan bawera, sumêrêp pêpadhang sumêblak. Nanging gêsangipun lajêng kadospundi, tumungkul mrika sêpa, tumungkul mriki sêpi, wusana botên sande namung badhe angênggèni bêbasan, banyu mulih dadi banyu, inggih punika rumiyin ngêmis, sapunika inggih badhe ngêmis malih.

Sayêktos, tiyang anèm wau samêdalipun saking pakunjaran lajêng papariman. Satunggiling dintên lampahipun tiyang anèm wau dumugi griya padagangan sêkar sakalangkung agêng, wontên ing ngriku mingak-minguk ningali nglêbêt, wusana sumêrêp, bilih ingkang gadhah padagangan wau tiyang èstri ingkang sakit [saki...]

--- 1398 ---

[...t] mripat kala rumiyin, ing sapunika sampun saras, mripatipun bêlalak-bêlalak bêning. Kados punapa kagèting manahipun tiyang jalêr anèm, ngantos araos tumratab, saha lajêng ngèngêti dhatêng lêlampahanipun sadaya. Wusana sande anggènipun papariman, lajêng badhe kesah.

[Grafik]

Tuwan Caplin mindha tiyang mlarat.

Kacariyos tiyang èstri ingkang sade sêkar, ingkang pancèn kêdunungan ambêg wêlasan, jalaran angèngêti kala rumiyin sampun nate dipun pitulungi tiyang, sarêng sumêrêp tiyang priman wau badhe kesah, lajêng dipun purugi saha dipun candhak tanganipun badhe dipun sukani arta, nanging tiyang jalêr puguh botên purun, sarana nglairakên têmbung panampik.

Ing sanalika ngriku, tiyang èstri lajêng nguwalakên tangan kanthi nyawang dhatêng tiyang jalêr wau ngantos amalongo kanthi kamoran anjanggirat, makatên ugi tiyang jalêr inggih malongo, dene sababipun, tiyang èstri wau lajêng èngêt wêwentehan, nalika mripatipun dèrèng kenging kangge ningali, kêrêp sangêt kapranggul suwara ingkang kados makatên, saha lajêng botên pangling, inggih punika tiyangipun ingkang tansah suka pitulungan dhatêng piyambakipun. Nanging gumun, têka malèsèd saking pangintên, awit rumiyin kakintên, tiyang ingkang dêdana punika miliyunèr, nyatanipun jêbul tiyang kados makatên, makatên ugi tiyang jalêr anèm, ing sapunika ugi rumaos manawi kawêlèh, awit rumiyin mêngku kajêng, bilih anggènipun kêrêp nyukani arta ngantos dumugining pitulungan ingkang wêkasan, mêngku kajêng supados piyambakipun dipun wastanana miliyunèr, dados botên makèwêdi anggènipun anggadhahi melik, jêbul ing samangke pinanggihipun kados makatên. Wusana kalih-kalihipun lajêng namung andalongop.

Lêlampahan kados makatên punika manawi namung karaosakên sabrebetan, wujudipun wontên ing têtingalan namung adamêl gujêng, nanging manawi dipun raosakên lêbêt, kêtingal lêlampahanipun ingkang adamêl ngêrêsing manah ingkang pinanggih saênggèn-ênggèn, saya sarêng dumugi wêkasanipun.

Kados makatên andharan cariyos pambanyolipun Tuwan Caplin.

Ing ngajêng sampun kacariyosakên ing bab kamulyanipun [kamulya...]

--- 1399 ---

[...nipun] Tuwan Caplin, sarêng sampun dados badhud ingkang misuwur, namanipun inggih lajêng misuwur, nanging misuwuripun wau lajêng araos beda, botên ing bab badhudipun, namung cinêkak kamisuwuranipun Tuwan Caplin.

[Grafik]

Charlie Chaplin.

[Grafik]

Mahatma Gandhi.

Sayêktosipun kawontênanipun Tuwan Caplin inggih pancèn anèh, têka lajêng gadhah wêwatêkan ingkang kautamènipun botên beda kalihan tiyang linangkung. Inggih punika nalika wontên ing Londhon ing wêkdal punika, sabên dintên malampah mrika-mriki katingal sêmu prihatos, jalaran saking ngraosakên jaman malèsèd ingkang anggêgirisi punika. Wontênipun ing Inggris, nate andhèrèk dhahar sarêng kalihan Sang Pangeran Wales pangeran pati Inggris. Nate wawan ginêm kalihan para ahli pulitik ingkang misuwur. Wusananipun kapanggih Sang Gandi, tiyang ingkang namanipun misuwur ing jagad.

Para maos kados sagêd anggalih piyambak, tumrap bedaning darajatipun tiyang kêkalih wau, tumrap ing bôngsa Jawi tamtu lôngka sagêdipun kêpêthuk, nanging tumrapipun ing tanah kilenan, kamulyan punika inggih sagêd nginggahakên darajat, sanadyan badhuda pisan.

[Iklan]

--- 1400 ---

Ulah Raga

Kaprigêlan inggih Ulah Raga

Tumraping bôngsa Jawi, ngantos asring kalepyan ingkang dipun wastani ulah raga, pancèn bokmanawi ing kinanipun ingkang dipun wastani ulah raga wau dèrèng wontên, nanging kaprigêlan, sampun wiwit kina mila wontên.

[Grafik]

Gambar nginggil punika pandadaran kaprigêlan nyunggi kranjang katumpuk-tumpuk, ing nagari Londhên.

Dene ingkang dipun wastani kaprigêlan wau warni-warni sangêt, tur sajatosipun kaprigêlan wau inggih kêgolong ulah raga, awit nyatanipun, tiyang ingkang ahli ulah raga punika limrahipun prigêl. Dados kaprigêlan punika sajatosipun inggih ulah raga.

Ingkang sampun pinanggih ing nyatanipun, kados ta para ulah bêksa, punika sanadyan badanipun katingal ringkih, nanging tamtu katitipan kakiyatan ingkang botên mèmpêr manawi dipun pirid kalihan wujudipun, kados ta ing bab anggèning bêtah ngadêg, bêtah lumampah tuwin sanès-sanèsipun. Punapadene ulahing badan, tangan, suku inggih cêkakipun ulahing badan sakojur, gadhah kajêng adamêl ebah ingkang mahanani dados kiyat, nanging sadaya wau nama tumandang alus, kajêngipun jogèd alus. Dene jogèd punika wiwit alus ngantos dumugi ingkang kasar, nanging botên tilar ulah raga, malah ingkang kasar saya katingal ulah raganipun, tur sakasar-kasaraning jogèd Jawi, inggih taksih nama alus. Namung wontên botên cocogipun sakêdhik, utawi botên mathuk kalihan jaman ing sapunika, ing bab anggèning tiyangipun kêra-kêra, dados tumraping ulah raga botên mitayani. Nanging bab makatên punika tumraping raos Jawi, botên kenging lajêng dipun sababakên kados makatên, awit bôngsa Jawi punika sawarnining tindak damêlipun mawi alêlambaran tapa, inggih atêgês alêlambaran kaalusan batos. (Badhe kasambêtan)

--- [0] ---

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]

--- 1401 ---

Cariyos Kina

Gugon Tuhon

Mênggahing bôngsa Jawi tindak tirakat punika nama sampun tumanêm manjing wontên ing balung sungsum, angèl sagêdipun nêbihakên dhatêng tindak kados makatên punika. Dene patirakatan wau warni-warni, nanging wosipun namung badhe dados tôndha dhatêng antêping sêdya utawi tekad, awit adhakanipun tiyang punika manawi sampun narajang dhatêng tekad, ingkang mawi jalaran patrap tirakat, ingkang lajêng tumêmên yêktos, dados ing pangintên kasêmbadaning sêdyanipun wau botên tuwuh sabab ingkang anèh-anèh. Nanging bab punika salugunipun inggih botên kenging lajêng dipun êbabi makatên, awit mênggahing raos sajak gêgayutan kalihan kabatosan, môngka mênggahing kabatosan punika botên gampil dipun gagapi kalihan pangintên.

Ingkang kêlimrah tiyang tirakat punika lesaning kajêngipun tamtu ngalap barkah dhatêng panggenan ingkang dipun tirakati, wontên ingkang jalaran papan patirakatan wau ing kina nate dipun ênggèni tiyang linangkung, wontên ingkang pancèn pasarean.

Ing ngriki nyambêti cariyos ing bab patirakatan badhud tuwin ringgit. Ing bawah Madiun wontên dhusun nama Bogangin. Kacariyos ing kinanipun, nalika ing ngriku dèrèng dados dhusun, kêrêp wontên tiyang manggih barang-barang êmas wontên ing ara-ara. Sampun watakipun tiyang rêmên dhatêng gugon tuhon, ing papan ngriku punika lajêng dipun wastani pêkên dhêmit.

Sampun tamtu kemawon piandêl ingkang kados makatên wau lajêng tumular saha lajêng dados kêlimrah, dangu-dangu lajêng dados tata ngadat, ing sabên taun sapisan, têtiyang ing dhusun ngriku sami ngawontênakên wilujêngan kaklêmpakan, manggèn wontên sangandhapipun wit soka agêng. Ujubipun mêmule dhatêng ingkang ambaurêksa ing ngriku. Jalaran saking kathahipun tiyang ingkang sami dhatêng ing ngriku, papan wau lajêng dados papan kabingahan, ing kalanipun kalêmpakan mawi nong-ning nong-ning, dipun jogèdi ing ringgit, kalanturipun lajêng dados nayuban alit-alitan, limrahipun dipun wastani janggrungan. Sarêng tumindak kados makatên, tiyang ingkang dhatêng saya kathah, malah ngantos dipun lurugi ing tiyang saking mônca dhusun. Tata ngadat ingkang kados makatên wau lajêng dipun wastani anuruti saking kajêngipun ingkang ambaurêksa ing ngriku.

Tiyang manawi badhe gadhah piandêl ingkang anèh-anèh punika inggih botên kirang jalaran. Sawênèh ing dintên kalanipun nuju kêmpalan, ing ngriku botên dipun wontênakên ramèn-ramèn kados padatan, namung wilujêngan kemawon. Dilalah ing ngriku lajêng wontên tiyang kêsurupan, ngadêg nyat agidro-gidro kalihan wicantên pathènthèngan, ungêlipun: aku ora trima, ta ayo, aku iki Dèn Bandhol, sing ambaurêksa kene, aku dhêmên bangêt janggrungan, genea thik saiki ora janggrungan, aku nêpsu bangêt. Kowe kabèh mêsthi tak têkaki.

Kados punapa gugupipun tiyang ingkang sami kêmpalan wontên ing ngriku, saking sami ajrihipun,

--- 1402 ---

lajêng wontên ingkang ngapurancang kalihan wicantên: sampun kalajêng-lajêng duka Dèn Bandhol, janggrungan gih janggrungan, nanging sampun lajêng badhe nêkaki tiyang makatên. Wangsulanipun Dèn Bandhol: yèn ngono aku ya sênêng, thik ayo. Ing salajêngipun, sabên nuju wilujêngan lêstantun ngangge cara kados makatên.

Dangu-dangu lajêng nuwuhakên piandêling tiyang, bilih ingkang ambaurêksa ing ngriku punika lêlêmbat nama Dèn Bandhol, karêm dhatêng janggrungan. Wusana têtiyang sami pitados, tamtu kenging dipun têdhani sawab tiyang badhe dados ringgit utawi badhud. Inggih kalampahan salajêngipun dados patirakatanipun tiyang ingkang nêdya badhe dados kados makatên, ugi sami kasêmbadan.

Tindak ingkang kados makatên punika cêtha sangêt manawi namung gugon tuhon, nanging ugi wontên saenipun, dene anggènipun gadhah panjôngka wau lajêng kanthi antêp.

Salajêngipun bab makatên punika indhaking wartosipun lajêng panjang, prêlunipun namung badhe ngantêpakên dayaning papan patirakatan. Kados ta wontên badhud, ingkang anggènipun dados badhud wau botên tirakat wontên ing papan ingkang kacariyosakên ing nginggil, nanging sajatosipun tiyang wau pancèn botên gadhah niyat badhe dados badhud, namung nyuwun supados sêmpulur anggènipun pados têdha, lan malih tiyang wau pancèn botên kêtitipan lucu, manawi wicantênan kalêmèk-kalêmèk, tur sêmu nganyêlakên, sampun malih damêl gujêng sagêda, sawêg ginêmipun kemawon sampun damêl anyêlipun tiyang, mila kêrêp kemawon manawi tiyang wau nuju ginêman lajêng dipun kesahi ing sanès.

Nanging tiyang wau sarêng sampun tinarimah saking anggènipun nênêpi, saking cariyosipun, nalika enjing mantuk, wontên ing margi kêpapag tiyang, tiyang ingkang sumêrêp wau lajêng gumujêng kêkêl, ngantos adamêl botên sênêngipun ingkang dipun gêgujêng saha lajêng mungêl: kula mang gêgujêng niku, napa kula badhud. Wicantênipun kados makatên punika botên anjalari kêndhakipun ingkang anggêgujêng, malah saya sangêt. Saking bingungipun ingkang gêgujêng, ngantos ngêndhêgi tiyang sanès saha wicantên: awidhi, punapa mèmpêr, tiyang punika têka anggêgujêng kula, gèk ingkang dipun gêgujêng punapa kula. Nanging tiyang ingkang dipun pitakèni wau malah inggih tumut gumujêng kêkêl. Wusana wontên tiyang sêpuh langkung inggih lajêng nyêlaki kalihan wicantên sampun katutan gujêng: botên, niku anggêguyu napa ta, kula dèrèng wêruh kênthang kimpule kok ênggih êmpun milu angguyu.

Tiyang tiga lajêng pratela sami botên sumêrêp sababipun. Tiyang sêpuh lajêng pitakèn: si anak niku mêntas saking pundi, ta.

Tiyang ingkang mêntas tirakat mangsuli: kula mêntas tirakat saking panggenanipun Dèn Bandhol.

Tiyang sêpuh: o, la, layak, têgêse si anak niku êmpun kêtrima, angsal pulung badhud.

Tiyang ingkang mêntas tirakat wau lajêng mantuk kanthi nalangsa ing manah, wusana dangu-dangu lajêng nglampahi dados badhud, sanadyan ginêman sêsakecanipun, inggih adamêl gujêng.

Kados makatên antêping gugon tuhon.

--- 1403 ---

NGOBROL ING DINTÊN SABTU

Bab Kumidhi Bangsawan

Ing suwau sajatosipun kula botên sobat dhatêng bangsanipun bangsawan utawi sêtambul punika. Jalaran pamainipun mêsthi botên nate gantos-gantos, kados ta: sabên wontên ingkang mêdal têmtu lajêng nyuwara makatên upaminipun: "Adapun kami ini sêorang raja di bênua Bahdad." Salajêngipun nuntên wicantên makatên: "Marilah kami sêkarang bêrsênang-sênang." Sasampunipun musik lajêng kaungêlakên: ngok-ngik-ngok, ngok-ngik-ngok, thiyèt-thiyèt, lan pun tiyang wau lajêng jêrat-jêrit mênyanyi. Ingkang makatên punika sampun dados adat, sabên wontên ingkang mêdal, cara-caranipun inggih makatên. Mangga punapa punika botên ambosêni tuwin angênêg-ênêgi. Nanging ing jaman samangke punika sampun nama jaman kamajêngan, sadaya-sadaya têmtunipun inggih lajêng sami ngudi dhatêng kamajêngan wau, tur inggih kamajêngan cara kilenan, ingkang samangke sawêg dipun anggêp ing tiyang ingkang sae tuwin murni piyambak. Pangudinipun dhatêng kilenan wau, botên ngêmungakên ing bab kawruh kemawon, nanging cêkakipun ing bab sadaya-sadayanipun, inggih ing bab: kabudayan, kagunan, dalasan kabêsusan kemawon inggih sampun cara kilenan, buktinipun: samangke kathah tiyang siti ingkang pêpulasan abrit, ngantos: pipinipun mingir-mingir, lambenipun mèngèr-mèngèr, irungipun mungur-mungur ... e, nas, punika rak irungipun tiyang ingkang nyobat sangêt dhatêng A.O. Makatên ugi mênggahing bangsawan, samangke inggih lajêng tumut ambyuk dhatêng kamajêngan, tur nyara kilenan. Amila sipatipun sêtambul inggih lajêng kenging dipun wastani ical babar pisan. Ingkang limrahipun sêtambul jaman rumiyin mêndhêt dêdongengan saking: sèwu satunggal dalu, samangke ingkang dipun pitongtonakên namung ingkang modèrn-modèrn kemawon. Nyanyinipun samangke inggih sampun botên wontên, wontênipun namung wontên ing tontonan sêsêlan, inggih punika ingkang dipun wastani: extra. Cêkak aos têtingalan bangsawan punika samangke sampun saèmpêr têtingalan kilenan blêjêt.

Sapunika ing Bêtawi wontên têtingalan ingkang makatên wau cacahipun tiga, inggih punika: Miss Ribut, Darnanella tuwin Palestina Opera. Mangga samangke kula badhe damêl wawasan sawatawis mênggahing pamainipun têtingalan têtiga wau, nanging punika inggih namung nama obrolan, dados têmtunipun inggih botên maton. Dene ingkang badhe kula rêmbag rumiyin pêmainipun:

Miss Ribut sakancanipun.

Padatanipun kula manawi ningali Miss Ribut, punika wontên ing manah sok ngraos: rêmên, gumun nanging inggih sok wontên gêlanipun. Anggèn kula rêmên, jalaran saking sae saha pintêring pamainipun. Gumun: ingatasipun prasasat botên gadhah pangajaran, têka samantên kasagêdanipun, mênyanyi lan dansah cara punapa kemawon têka sagêd. Dene gêlanipun: saking anggènipun badhe nêdahakên kasagêdanipun, kadhangkala wontên ing mripat sok adamêl sêpêt. Mangga, ta, para maos kula aturi mênggalih piyambak: tiyang èstri ingkang mangangge cara Sala cêkèk, kêmbênan, sêtagenan, wironan ingkang anjalirit, lo, tandang tandukipun rak inggih kêdah alus kathik lêntrêng-lêntrêng, sawêg jêntrak-jêntrik lan cêprat-cêprit kemawon, rak inggih sampun botên mathuk kalihan panganggenipun. Punapa malih manawi makatên, thik lajêng main konto, dansah charleston ingkang mawi pêncolotan lan pêthanthangan, mangga, punapa punika botên murugakên sêpêt dhatêng mripat? Ingkang makatên punika rak botên beda kalihan patrapipun tiyang jalêr, ingkang agêng inggil, gagah prakosa, agodhèg simbardhadha, thik panganggenipun cara Walandi, ingkang lajêng anjogèd alus mètèr, gêndhingipun Gambirsawit. Mangga, ingkang makatên punika punapa wontên raos botên adamêl klêngêr? Inggih makatên punika ingkang sok damêl gêla kula dhatêng Miss Ribut.

[Grafik]

Nalika Pangeranpati nundhung Gagak Sala.

Nanging kalanipun kula ningali mainipun Miss Ribut nalika mêndhêt lampahan: Gagak Sala, wah wontên ing manah namung ngraos rêmên lan gumun, raosing gêla kala samantên sawêg ... pêrlop. Sabab kala punika Miss Ribut pancèn katitik kasagêdanipun sayêktos.

Murih têrangipun, ingriki nyariyosakên sakêdhik wontênipun lampahan: Gagak Sala wau.

--- 1404 ---

Gagak Sala, ingkang dipun mainakên dening Miss Ribut piyambak, punika parabanipun satunggiling waranggana kraton ingkang dipun pundhut ampil dening calon pangeran pati, saha sampun apatutan satunggal. Nanging sarèhne sang pangeran wau badhe dipun angkat dados pangeran pati, kapêksa kêdah nyingkirakên ampilanipun, saha ugi lajêng kalampahan. Wusana ingkang raka sang pangeran nêdya badhe mrêjaya dhatêng ingkang rayi sarana unjukan ingkang mawa racun, nanging sagêd katulungan dening Gagak Sala. Akiripun ingkang lajêng dipun pêjahi inggih Gagak Sala wau.

Sampun samantên kemawon kados sampun cêkap. Namung kula wêwahi sakêdhik ingriki, bilih kala jumênêngipun sang pangeran dados pangeran pati mawi dipun wontênakên têtingalan: bêdhayan, sêrimpèn tuwin perangan bugis.

Ingajêng sampun kula aturakên, bilih ingkang main dados Gagak Sala Miss Ribut piyambak. Mainipun kala punika pancèn inggih sae lan ngêplêki sayêktos. Kalanipun angladosi gustinipun wontên ing dalêm pangeranan, botên mèmpêr-mèmpêra bilih punika namung têtingalan kemawon. Kalanipun Gagak Sala dipun usir saking kadipatèn, anggèning pamitan dhatêng anakipun, inggih adamêl trênyuhing manahipun sadaya para ningali. Anggènipun ngatingalakên kawontênanipun kala Gagak Sala nandhang kamlaratan, inggih mêmêlas sangêt. Makatên ugi nalika Gagak Sala dipun lêbêtakên dhatêng kadhaton saha lajêng kadhawuhan anjogèd, punika sanajan anggènipun anjogèd tuwin amangangge sampun kados tlèdhèk saèstu - ning inggih talèdhèk parêdèn - ewasamantên inggih sampun kenging tiningalan. Cêkak aos ingriki kenging dipun cariyosakên, bilih pamainipun Miss Ribut ing kala punika saèstu andêmênakakên.

Mênggah pêmain-pêmain sanèsipun, ingriki namung satunggal kalih ingkang prêlu kacariyosakên, kados ta: ingkang dados badhut, punika saking lucunipun, gujêngipun ingkang sami ningali ngantos ambata rêbah, sawênèh wontên ingkang ngantos mèwèk-mèwèk utawi kapêntut-pêntut. Dene sanès-sanèsipun inggih namung limrah kemawon.

Dene bab anggènipun ngatingalakên jogèd bêdhayan, sanajan ingkang sami angawaki wau botên kulina anjogèd, nanging sampun kenging tiningalan. Wondene bab jogèd sêrimpèn, sajakipun ingkang main kasêsêlan tiyang èstri nanging sagêd kluruk. Kawontênanipun ... malêmpêm. Jogedan bugis tingalipun gadhah sêmadosan, mila lajêng sajak kasêsa.

Kala punika ing pêmainan ngriku dipun wêwahi têtingalan dhangsah lan mênyanyinipun têtiyang bangsa Manilla. Dene pêmainipun ngrêsêpakên.

Kados samantên sampun cêkap wawasan punika. Samangke gantos:

Darnadella.

Kala mainipun ingkang kapisanan wontên ing Bêtawi mêndhêt lampahan: Dr. Samsi, mênggah cariyosipun cêkakan makatên:

[Grafik]

Sukaesi badhe mbêkta anakipun dhatêng griya sakit.

Dr. Samsi nalika dados student gêsang atêtunggilan kalihan lare èstri nama Sukaesi, nanging lajêng pisahan, botên mangrêtos bilih Sukaesi punika sampun ngandhêg. Sarêng sampun watawis 30 taun, Dr. Samsi sampun semah malih nanging botên gadhah anak, ngêmungakên mupu lare jalêr, ingkang sayêktosipun lare wau anakipun Sukaesi, dados inggih anakipun Dr. Samsi, lan ing kala punika lare wau sampun dados adpokat. Dene pun Sukaesi laki malih kalihan Walandi Kemayoran, wusana Walandi wau dipun pêjahi dening Dr. Samsi, nanging ingkang kadakwa pun Sukaesi. Sarêng dipun priksa ing pangadilan, ingkang ngêmbani prakawisipun Sukaesi wau, adpokat anakipun Dr. Samsi, inggih anakipun Sukaesi piyambak. Ing wusana Sukaesi sagêd luwar saking sêrêgan, lan

--- 1405 ---

pungkasanipun lajêng sami sumêrêp, bilih adpokat wau anakipun Sukaesi patutan kalihan Dr. Samsi kala taksih dados student kasêbut inginggil. Makatên cêkakaning cariyos.

Mênggah kawontênanipun ingkang sami main, kenging dipun wastani racak sae. Langkung malih ingkang main dados Sukaesi, inggih punika ingkang misuwur nama Miss Ja, sanadyan samangke taksih ênèm, ewasamantên sampun nama ngungkul-ungkuli. Anggènipun mitongtonakên kawontênaning gêsang nalangsa, inggih punika nalika Sukaesi sagêd pêpanggihan malih kalihan anakipun malih wau, pancèn langkung sayêktos, ngantos ingkang sami ningali kathah ingkang arawat luh.

[Grafik]

Dr. Samsi (kiwa) kalihan Walandi Kamayoran.

[Grafik]

Sukaesi sampun sêpuh.

Dene ingkang main dados Walandi Kemayoran, pancèn inggih ngêplêki Walandi cèmpèng alias sinyo rêbo sayêktos. Namung ingkang dados Dr. Samsi tingalipun wontên ingriku taksih sok kêclèthut. Kados kêkathahên saupami kacariyosakên sadaya. Ewasamantên kados prêlu ugi kacariyosakên, bilih têtingalanipun sêsêlan katingal angrêsêpakên.

Mênggahing pamanggih kula têtingalan warni kalih kasêbut nginggil wau upami katandhinga makatên, ringkêsan utawi gunggung kêmpalipun sae sadaya.

Samangke kantun satunggal malih ingkang ugi kêdah kacariyosakên, inggih punika:

Palestina Opera.

[Grafik]

Dalêming wadana ing tanah Pasundhan.

Miturut kawontênan opera punika ingkang anggadhahi tuwin ingkang sami main ingriku sadaya têtiyang bumi. Amila kawontênanipun lajêng sajak dipun rèmèhakên, langkung malih sabab pancèn kirang bandhanipun. Ing mangka mênggah nyatanipun, punggawaning opera wau kathah ingkang sami pilihan. Kados ta: Miss Jacoba. Sintên ingkang sampun nate mirêng suwaranipun, têmtu lajêng kêpengin mirêngakên malih. Jalaran suwaranipun Mis Jacoba wau, sae tuwin bêningipun botên siwah kadosdene suwaranipun juru mênyanyi bioscope ingkang sampun misuwur ing jagad, inggih punika: Janet Mac Donald. Makatên ugi dhangsahipun Miss Enok, saking lêmês prigêlipun, ngantos mèh botên beda kalihan juru dhangsah bangsa Europa sayêktos. Kajawi punika taksih kathah malih pêmainipun ingkang pancèn jênggul-jênggul. Nanging ing sarèhning jaman samangke punika nama reclame, têgêsipun jaman gêlar, dados sintên ingkang kawon gêlaripun, inggih lajêng sok asor kawontênanipun, jalaran ingkang kathah-kathah lajêng sami angrèmèhakên. Cobi kula kemawon, saupami purun sabên-sabên angreklamèkakên badan kula, kintên kula misuwuripun inggih sagêd ngantos saindênging jagad, malah bokmanawi saakeratipun pisan, nanging ing sarèhning kula punika botên kècrèt punapa-punapa, inggih lajêng kapêksa namung narimah kemawon nama: pun PÊNTHUL.

--- 1406 ---

PÊTHIKAN SAKING SÊRAT-SÊRAT KABAR SANÈS

TANAH NGRIKI.

Karisakanipun kuli kontrak ing mangsa punika. Miturut pawartos, salêbêtipun tigang wulan kapêngkêr, gunggungipun kuli kontrak ingkang kawangsulakên saking tanah sabrang dhatêng tanah Jawi wontên 45.000, lan ing salajêngipun ngèndêli pados tiyang. Ing wulan punika ugi badhe wontên wangsulan kuli-kuli saking Nieuw Calidonie, jajahan Perancis. Ing salajêngipun, kintên-kintên kuli ingkang kawangsulakên dhatêng tanah Jawi sabên wulan wontên tiyang 5000.

Hêm, sangsaranipun têtiyang ingkang dados kuli kontrak punika têka samantên, gêsangipun lajêng badhe kadospundi?

Patih Kuningan. Parentah nêtêpakên kêkancingan resident Cirêbon, ing bab ngèndêli M. Suparjo, patih ing Kuningan. Miturut pawartos, anggènipun dipun kèndêli wau bab babagan arta.

Têtela arta punika inggih dados kanca, inggih dados mêngsah.

Parêpatan golongan mardika. Kala dintên Ngahad kapêngkêr ing gêdhong kabangsan Gang Kênari, Bêtawi, wontên parêpatanipun golongan mardika. Ingkang dipun rêmbag ing bab ebah-ebahan rakyat kalihan non-cooperatie, pangajaran tuwin sanès-sanèsipun. Punapa ingkang karêmbag sarwa wigatos, kaladuking ginêm dipun cêgah ing pulisi kaping kalih. Wusana ngantos dumugining bibaran wilujêng.

Ing jaman sapunika, sawarnining parêpatan ingkang raos anênangi manah, upami caranipun tiyang sêsadean tamtu laris, têgêsipun kathah ingkang dhatêng.

P.K.J. tumindak ing damêl. Kala malêm Sênèn kapêngkêr, P.K.J. kring Bêtawi saèstu ngawontênakên sêsorah wontên ing clubgebouw Indonesia ing Kramat. Ingkang mêdhar sabda: 1. Tuwan Wignyadisastra, mratelakakên ing bab Pers tuwin Persbureau ing tanah ngriki; cêkakipun nêrangakên prêlunipun nggiyarakên pawartos ingkang kenging dipun pitados tumraping pers tiyang siti. 2. Tuwan Kusumaningrat, mratelakakên ing bab pers ingriki tuwin politiek sajawining praja, punika pikantukipun botên ngêmungakên ngindhakakên sêsêrêpan kemawon, nanging ugi dados wulangan ebah-ebahan kabangsan ngriki. Ing salajêngipun dipun sambêt ing ginêm sanès-sanès ingkang wosipun mikantuki dhatêng kamajênganing P.K.J. tuwin umuming ngakathah.

Ada-ada enggal punika grêngsêngipun wiwit katingal.

Para among dagang botên nayogyani dhatêng palilah malih. Pakêmpalaning para among dagang bangsa Europah ing Sêmarang adrêng panyuwunipupanyuwunipun. dhatêng resident, supados nyuwak anggènipun maringi palilah main dhatêng papan-papan pamainanipun bangsa Tionghoa, awit nyulayani kasusilan umum tuwin makèwêti bab among dagang. Lan malih kawontênan wau katingal sampun nuwuhakên kirang prayoginipun têtiyang kathah.

Inggih sintêna kemawon, kados-kados kawontênan ing bab main punika, inggih mastani botên prayogi, kajawi tiyang ingkang pancèn rêmên main piyambak. Lan malih, Kajawèn ugi sampun nate nglairakên pamanggih, mrayogèkakên suwaking palilah wau, kasêbut ing Ngobrol Dintên Sabtu, Kajawèn tanggal 3 October 1931 No. 79.

[Grafik]

Adêging pamulangan luhur pangadilan sampun 7 taun. Kala tanggal 28 wulan October kapêngkêr, adêging pamulangan luhur pangadilan ing Bêtawi sampun jangkêp 7 taun. Dhawahing dintên wau dipun wontênakên paargyan saha dipun rawuhi K.T. Ingkang Wicaksana Jhr. Mr. de Jonge. Inginggil punika gambar dalam K.T. Ingkang Wicaksana sakalihan nalika rawuh ing gêdhong pamulangan luhur, dipun papag dening prof. Van Kan tuwin prof. Van Asbeck.

Kawontênan punika têmtu dados pèngêtan babadipun tanah ngriki.

Jalaran ngêlak ndadosakên sabab. Wontên lare nama Sarmin murid pamulangan patukangan golongan tukang bêsi ing Medan, nuju nyambutdamêl cêlakan latu, ngraosakên ngêlak sangêt, ngantos botên sagêd ngampêt, wusana lajêng ngombe dhatêng ngêkran, sarêng toyanipun mancur lajêng dipun tadhahi ing cangkêm, pangombenipun tanpa dugi-dugi. Ingriku lare lajêng botên èngêt, salajêngipun lajêng kaupakara dening dokter wontên ing griya sakit. Miturut pêpriksan dokter, kêbukipun risak.

Punika kenging kangge pêpèngêt, tiyang sampun sêmbrana ngombe kalanipun ngêlak sangêt. Saya prêlu malih kangge ngèngêtakên para lare, awit limrahipun dèrèng gadhah dugi-dugi.

Pangiridan ing H.V.A. Kawartosakên, H.V.A. ing Medan wiwit benjing tumapakipun wulan Januari 1932, manawi wontên punggawanipun bangsa Europa ingkang verlof, ingkang kakengingakên numpak kapal ing klas 1 namung ingkang pangkat procuratiehouder. Tumrap punggawa ing kêbon, manawi numpak kapal ing klas 2, botên angsal bayaran jangkêp.

Pangiridan ingkang kados makatên punika tumrap ingkang kataman, kintên-kintên botên adamêl sakit.

Santun bangsa piyambak. Kasêbut ing Aksi, Tuwan Kesteren, boekhouder kantor Karajan Jawi ing Surakarta, jalaran sampun sêpuh badhe kapènsiun. Dene gêntosipun badhe kapêndhêtakên bangsa Jawi.

Punika satunggiling kamajêngan, awit tumrapipun wontên ing Surakarta, tindak kados makatên punika taksih langka.

--- 1407 ---

Congres Pakempalan Punggawa Dhusun Mangkunagaran. Ing Wanagiri mêntas wontên congresing P.P.D.M.N. kathah wakil-wakiling pakêmpalan sanès sami dhatêng, wêwakil sêrat kabar Mustika, Sêdyatama, Pêpadhang Muhamadiyah, Darmakandha tuwin Swaratama. Ingkang karêmbag punggawa dhusun rumaos tidha-tidha anggèning ngêcakakên kawajiban, amargi botên wontên pathokan tuwin watês-watêsing panguwaosipun. Golonging rêmbag badhe gadhah atur dhatêng parentah praja Mangkunagaran, kaparênga ngawontênakên wêwaton panindak.

Samantên dayanipun pakêmpalan manunggil, nama dados kamajênganing para kêpala dhusun praja Mangkunagara.

Arta kas kabupatèn dipun ulari. Wontên pawartos, arta kas Kabupatèn Majalêngka mêntas kapriksa, kasumêrêpan artanipun kirang f 3000.- arta wau dipun cêpêng dening R. Sudiro, Secretaris. Ingkang gadhah wajib wau lajêng dipun kèndêli saha kalelang griyanipun.

E, têka lajêng kados ajak-ajakan.

Andarmakakên pasitèn. Sawênèhipun priyantun ing Majalêngka, nama R. Argokusumo, andarmakakên pasitènipun dhatêng pakêmpalan P.O. cacah 7 bau.

Punika satunggiling kadarman utami, badhe gêsang saha tansah dipun èngêti ing salami-laminipun.

Pangiridan pangajaran dipun wigatosakên ingakathah. P.G.H.B. pang Surabaya mêntas ngawontênakên pêpanggihan kalihan wêwakiling pakêmpalan 12 ingkang wontên ing kitha, ngrêmbag ing bab badhe pangiridan ingkang ngèngingi pangajaran tumrap H.I.S. Gêlênging rêmbag sadaya inggih sami mastani bilih pangiridan wau badhe adamêl kapitunaning rakyat.

Ing jaman sapunika tiyang ing tanah ngriki sampun sami drêmba dhatêng pangajaran, sabên bab punika badhe dipun uthik-uthik, tamtu adamêl kêraosing manahipun tiyang kathah, ingkang tundonipun ngawontênakên panduwa.

Badhe ngicali arta pitulungan pangajaran. Awit saking kaparêngipun parentah, sapunika badhe ngicali pitulungan pangajaran tumrap para sinau ingkang angsal arta pitulungan saking parentah. Mênggah lampahipun, badhe ngawontênakên paniti, tiyang ingkang sinau wau punapa ing têmbe badhe migunani tumrap dhatêng praja, kanthi awêwaton mirid panggenan ingkang badhe dipun pigunakakên. Manawi kamanah botên prêlu, prajanjianipun kalihan nagari badhe dipun batalakên.

Suwaking pitulungan ingkang kados makatên punika saèstu angalitakên manah yêktos, awit saupami ingkang dipun suwak wau ngèngingi dhatêng tiyang ingkang sampun ngambah pangajaran têngahan utawi inggil, têmtu rêkaos anggènipun ndumugèkakên, amargi tiyang sinaunipun kanthi angsal pitulungan, sajatosipun saking kêcingkrangan.

Angsal-angsalan pakaryan candu. Tumrap ing Medan, angsal-angsalanipun panyadean candu ing wulan Januari dumugi Sèptèmbêr 1931, wontên f 4.490.215.- Ing taun 1930 pêpetangan ingkang kados makatên pêpajênganipun wontên f 6.800.757.- Dados pinanggih suda.

Sudaning angsal-angsalan panyadean candu ing tanah sabrang balapan kalihan tanah Jawi, nanging inggih wontên prayoginipun.

Nyuwun punggawa. Miturut sêrat dhawuh saking Secretaris Guprêmèn têrang dhawuhipun parentah dhatêng para ingkang wajib, mratelakakên, wiwit benjing 31 December 1931, supados ngèndêli para punggawa ingkang asli pènsiun, tuwin punggawa èstri ingkang sampun gadhah laki, nanging ingkang botên dados kêpala baku panggêsangan. Bab punika botên pilih tiyang ingkang sampun têtêp utawi dèrèng, kajawi bilih gêgayutan kalihan kawigatosan padamêlan tuwin sampun dipun parêngakên dening Kangjêng Tuwan Ingkang Wicaksana saking panudingipun pangagêng departement. TumarpTumrap. lowongan padamêlan, kêdah namung dipun têtêpi punggawa ingkang kakèndêlakên saking padamêlan jalaran pangiridan.

Pangiridan punika saèstu adamêl sudaning kaberaganipun golongan punggawa wanita.

Nginggatakên arta f 4000.- Pangagênging kantor kawadanan Kasatriyan, Mangkunagaran, Surakarta, mêntas utusan abdi apangkat jajar nglintokakên mandaat f 4000.- nanging wusananipun lajêng kesah.

Lêrêsipun kapitadosan punika kêdah mawi watês, ingatasipun abdi apangkat jajar, punika pangkat ingkang andhap piyambak, lan malih manawi mirid saking pamêdalipun, nama botên sapintêna, dados saupami lajêng katuwuhan kamelikan ingkang kados makatên wau, botên nama anèh, tuwin andadosakên kainanipun ingkang mitados.

Nyalingkuhakên sêrat. Wontên pawartos, adjunct jaksa ing Tasikmalaya kadakwa nyalingkuhakên sêrat prabot prakawis, ing bab prakawis crimineel utawi civiel, tumindaking pamriksanipun jaksa tuwin adjunct jaksa kaprênahakên wontên sanès panggenan. Ing sapunika sampun wontên kêkiyatan, adjunct jaksa ingkang kenging pandakwa; icaling sêrat wau mawi gêgayutan arta bêsêl.

Uthak-uthêk, dhongipun inggih gêgayutan kalihan arta.

TANAH NGAMANCA (ASIA).

Pambucalan. Wontên pawartos saking Kupang, lampah nyingkirakên tiyang golongan ambalela ing Lissabon ingkang kapisan sampun dumugi ing Dilly. Têtiyang ingkang dipun singkirakên wau kapapanakên wontên satunggiling pulo sacêlakipun Dilly.

Tumrapipun ngriki, têtiyang wau saminipun kadigulakên, nanging langkung têbih kalihan papanipun sakawit.

Kaprayitnan. Ing Hongkong pinanggih wontên tiyang èstri tuwin lare-lare bangsa Jêpan saking Canton ingkang badhe kabêkta wangsul dhatêng Jêpan kalihan kapal Chicabu Maru. Toko-toko Jêpan ing pakampungan Tionghoa ing Canton sami dipun tutup, bangsa Jêpan dipun kalêmpakakên nunggil sapanggenan.

Punapa punika sanès satunggiling kaprayitnan?

NÊGÊRI WALANDI.

Kangjêng Ratu Ibu gêrah. Wontên pawartos, Kangjêng Ratu Ibu gêrah, nanging botên nguwatosi, ewadene kaaturan têtêp manggèn ing kamar. Tuwin jalaran sampun yuswa, sarira dalêm kapriksa dening doktêr achli.

Mugi-mugi tumuntêna sênggang.

Sambutanipun tanah ngriki. Miturut notanipun Minister de Geer, nêrangakên bilih sambutanipun tanah ngriki ingkang dipun tata wontên ing nagari Walandi, dumugining pungkasanipun taun 1932 badhe langkung saking 300 yuta rupiyah, punika sampun kalêbêt sambutan ing sapunika kathahipun 114 yuta rupiyah. Samantên wau manawi tanah ngriki botên kadugi nindakakên sudaning sambutan wontên ing taun 1932, utawi ngawontênakên sambutan tumuntên. Pangintên sudaning sambutan praja kantun 250 yuta ripiyah, kintên-kintên botên kêlampahan.

Kadospundi?

--- 1408 ---

Wêwaosan

Dongèng ingkang kaping Kalih

Wihara Mahadèwi

6.

[Kinanthi]

Kang pêdhang ingunus sampun / pinasang umalang margi / kang kinira tinarajang / dening wadya kang nututi / kalamun kalakon nrajang / yêkti tan mindho gawèni //

ing antara datan dangu / cakêt swara kang nututi / abantêr tan pae kilat / narajang pasangan sandi / kapisanan jôngga tatas / sirah gumalundhung siti //

lêga ing tyas duta prabu / ing mangkya nulya nyakêti / mring wangke kang kasangsaya / miwah anyandhak kêndhali / kapal nutut tanpa daya / anut marang kang nyêkêli //

mangkya ing salajêngipun / sadaya winorkên nuli / pêdhang myang sirahing wadya / sêkar tunjung datan kari / kuda kêkalih binêkta / wusana budhalan nuli //

praptaning praja wus katur / pratela tan ana cicir / ing purwa madya wasana / ing wasana sri bupati / kalangkung ing rênanira / dene angrampungi kardi //

lêlakon ingkang tinêmu / rinasa durarda sihi / dadya sanggyaning pamêca / yêkti pinangguh nètèsi / marma mangkya parêng nata / angganjar mring duta aji //

winisudha pangkat luhur / myang busana amênuhi / yèku tandhaning nugraha / kawula wêkêl nglakoni / dhawuh pakaryaning praja / yèn kabênêr antuk bêcik //

ing mangkya pan wus tinêmu / wêca ingkang kaping kalih / dadya wus tinêmu nyata / tan ana kang anyidrani / myang rasaning kasamaran / wus lalu tan anabêti //

wusana salajêngipun / amung kari nganti-anti / mring wahyèng wêca prayoga / kadi kang ingucap nguni / yèku sori apêputra / miyos jalu langkung pêkik //

saking kadêrênging kalbu / raos kamoran prihatin / sang supadni datan kêndhat / mêminta sajroning batin / mugi tulusa sêmbada / ing têmbe umomong siwi //

tan kêndhat anggung mèt laku / adêdana pêkir miskin / nrahkên galih kamurahan / maring ing sasami-sami / kongsi tan pisan rumasa / darbe tindak mrih pakolih //

labêting tindak rahayu / kang tumêrah maring janmi / têmahing piwalêsira / amung nuwuhkên pamuji / mugi jêng sri pramèswara / sugêng lulusa salami //

aywa kacuwan ing kalbu / mrih lêstari angayomi / mring para kawulanira / kang arasa angadhêmi / tuhu musthikaning pura / kêkasihing dewa luwih //

ucap kang mangkana tuhu / têtêp nyata lir pêpuji / riwusing antara wulan / sri supadni anggarbini / satêmah nuwuhkên suka / kang warta wus maratani //

sukuring janma sadarum / saênggon-ênggon katitik / samya gumrumung mêmudya / lulusa praptaning janji / sambada amiyos priya / kadi kang kacipta lami //

mangkana ugi sang prabu / kalangkung sukaning galih / tan pêgat dènnya mêminta / sambadanira ing benjing / lamun nyata kasambadan / tuhu tinarimèng Widhi //

samana enggaling laku / lulus dènnya anggarbini / riwusing prapta ing môngsa / miyos kakung langkung pêkik / sêmuning praja sakala / lir katiban wahyu jati //

pudyaning para linangkung / gumarênggêng angèbêki / anèng sajroning kadhatyan / kang tuhu wèh sêmu luwih / rarasing suka katara / kongsi sumrambah janma lit //

putra kang miyos sinambut / tinampenan gênti-gênti / sakawit pra ahli tapa / dyan lumintir mring pra putri / ing wusana paripurna / katon kêkuwunging bayi //

datan dangu adhêdhawuh / mrih para kawula sami / ambuka kang lawang suka / mawa beyaning nagari / dana maring kamlaratan / kang wrata ywa pilih-pilih //

mangkya pramèswari prabu / ngraos kalêgan ing galih / tan kêndhat anyawang putra / mangkana osiking galih / muga-muga putraningwang / lulusa ingsun êmongi //

kadi pangajapan ingsun / kang kacêtha wêca bêcik / benjang praptaning diwasa / kawawaa amêngkoni / kaprawiranira nyata / ing jagad datanpa tandhing //

kawasa ambirat ripu / bôngsa Tamil kang ngêbroki / lan mêngkoni praja Langka / kongsi ngêndhihkên kang wajib / ing mangkya wus janjinira / kentas dening putra mami.

lan ing têmbe puntraningsun / kang kawasa amêngkoni / saindênging praja Langka / têtêp ing wuri lêstari / tan ana kang ngongkihêna / kawasane kang ngluwihi.

nanging ta sajatinipun / ciptanira sri supadni / maksih adarbe rangkêpan / kang kalangkung awigati / dene ta ing nyatanira / kang dadya pêlênging èsthi //

mugi rajaputra besuk / ngrasuka Budha sajati / mrih tan pisan tidha-tidha / lan lulusa lumastari / tan ana agama liyan / kang sumêla makewuhi //

cipta kang mangkana iku / anggung cinathêt ing batin / mung mangkya kang wus kanyatan / Sang Supadni wus sêsiwi / dadya jatining paminta / wus kasambadan samangkin //

palêstha kang dongèng sampun / rasa minôngka pêpeling / lamun sêdyanirèng janma / ingkang tuwuh dèn kanthèni / antêping manah sanyata / diwasanira pinanggih. Tamat.

--- 425 ---

Nomêr 57, taun I

Taman Bocah

Lampiran Kajawèn, kawêdalakên sabên Sabtu.

Maos Sarana Landhêping Driji

Ing satunggaling dintên kula nate sumêrêp tiyang nyulap sagêd maos sêratan ing dlancang gulungan namung sarana dipun grayangi, sakawit kula gumun sangêt, dene kok sêkti môndraguna têmên, darijinipun kok landhêp sangêt. Ananging wêkasan kêcandhak wadosipun, awit wongsal-wangsul pratingkahipun kok sami, makatên wadosipun. Nalika tukang sulap ngêdumakên dalancang tuwin potlot dhatêng tiyang ingkang ningali, tiyang-tiyang wau tumuntên kapurih nyêrat sakajêngipun, sasampunipun tumuntên dipun gulunga ingkang kêncêng sangêt. Ananging tukang sulap wau nglirik dhatêng salah satunggaling tiyang ingkang cêlak sarta maspaosakên ungêling sêratan, manawi botên makatên tukang sulap wau ethok-ethok mlampah-mlampah, nanging sajatosipun namung badhe sumêrêp ungêling sêratan salah satunggal, tuwin nitèni dhatêng wujuding gulungan. Gulungan sêrat lajêng kaklêmpakakên dipun wadhahi ing caping (topi). Ingkang dipun tampèni rumiyin gulungan dalancang ingkang sampun dipun titèni wau, lajêng dipun sisihakên, awit sêlak konangan, sarêng sampun jangkêp panarikipun gulungan, lajêng ethok-thok mêndhêt gulungan salah satunggal, rekanipun mawi mungêl-mungêl: ah, gulungan kok ora apik, ah, dluwange ala, salajêngipun. Lajêng reka-reka dipun urut-urut, dipun tawangakên dimar, tumuntên mungêl makatên: O, kêsinggihan para sadhèrèk, sintên ingkang rumaos nyêrat, mungêl: saiki jaman malèsèt ... Ananging, sajatosipun sêratan wau botên makatên saèstu ungêlipun, ingkang mungêl makatên wau sêratan ing gulungan ingkang dipun sisihakên wau. Dene gulungan ingkang sampun dipun ulêt-ulêt wau, nuntên kabikak, kalihan mungêl: Lo, rak tênan ta. Nanging sajatosipun namung ngungêlakên sêratan wau mawi dipun batos. Lajêng kagulung malih dipun lêbêtakên ing topi dipun sisihakên. Sarêng mêndhêt gulungan kaping kalih pratingkahipun inggih kados ing ngajêng wau, kalihan mungêl: Gêdhang gorèng iku nyamlêng. Nanging sajatosipun, ingkang mungêl makatên wau sêratan ing gulungan ingkang sampun dipun sisihakên wau amor kalihan gulungan sanèsipun wontên ing nglêbêt topi. Makatên salajêngipun ... wah, lucu, lucu, adamêl malênggonging tiyang pintên-pintên.

Sungkêm kula: Sutiyana, Sragèn.

--- 226 ---

Nunggang Egrang

Nah, saiki aku tak miwiti obrol: Ing desaku, yaiku desa Jatèn, uga karan desa Magêrsari, ing wêktu saiki lagi ungsum egrang, têgêse, anggêr bocah mêsthi padha duwe egrang.

Adhi-adhiku kabèh rak uwis padha ngêrti, ta, sing diarani egrang.

Dolanan egrang iku uga aran kasênêngan lan ulah raga. Nanging kanggone wong tuwa, dolanan egrang iku diarani kurang ajaran, awit ngungkuli sirah.

Kacarita ana bocah siji jênênge Punjul, iku ênggone gawe egrang dhuwure nganti sadêdêg uwong tuwa, iku sabên dina mêsthi ditunggangi. Dalasan manawa lagi dikongkon bae uga dianggo.

Ing sawijining dina Si Punjul lagi kabênêr dolan-dolan nunggang egrange, ana ing dalan kêpêthukan bapakne, arêp mudhun kewuhan, jalaran ing kono ora ana pagêr (bêthèk) utawa wit kang dianggo pitulungan midhune saka egrang mau. Mulane kapêksa, bapakne dilangkahi bae, marga dalane pancèn ciyut. Barêng lagi ngungkuli bapakne Punjul nuli muni: Amit sèwu, pak. (Arêp disambung)

Kakangamu lawas, Dadiyana. Jatèn, Magêrsari, Magêlang.

Trêsna Mênyang Sato Kewan

[Grafik]

Bocah-bocah, mêsthine kowe wis padha ngrêti, utawa ya wis tau krungu, uwong iku wajib trêsna ing sapadha-padha, sanadyan mênyanga kewan pisan, uga wajib trêsna. Anane mangkono, awit sapa bae sing ditrêsnani, mêsthi iya malês trêsna, yèn tumraping kewan kang ditrêsnani ing uwong, iku pamalêse bisa agawe bungah, iya iku saka anggone lulut, ambangun turut, yèn diundang mara, ngetokake tandhaning bungah.

Mara coba nontona gambar kêthèk iki, sanadyan ing kene ora mratelakake sabab-sababe anggone kêthèk dolanan tambur lan êbal, iya wis ketok karêpe, yèn kêthèk mau kulina mênyang uwong sing ngingu. Apa patrape anggone dolanan mau ora dadi pratandhaning wêwalês kang agawe kasênêngan mênyang sing ngingu.

--- 227 ---

Wohing Kêsèd lan Wohing Doyan Gawe

Candhake Kajawèn nomêr 87.

Kucing banjur kinthil luwak, lakune sêmpoyongan, sadhela-sadhela kudu arêp tiba, sok nganti disapa si luwak. Ora suwe lakune luwak têkan ing omahe, awujunawujud. wit kêndhal growong, ing jêro pêtêng lan sêpi, ajaa luwak, mêsthi ora krasan manggon ana ing panggonan sing kaya ngono. Satêkane ngarêp lawang, luwak kôndha: Êntenana ana kene dhisik, aku tak kôndha bojoku.

Kucing mangsuli kaya rêbab digosok lirih: I ... ya.

Sadhela bae luwak wis ora ketok, lan ora suwe luwak mau jumêdhul barêngan karo bojone lan anake isih cilik. Patute nyai luwak kuwi lantap, katitik saka lanciping cangkême. Nanging pancèn iya nyata, unine bae lagi jêdhul wis nyênyêngit, têmbunge: Kucing gêring kaya ngono kuwi arêp kok êpèk batur, gèk arêp kon nyambut gawe apa, diêkona nyapu iya ora rêsik, kon tunggu omah mêsthine iya mung turu, lan manèh sajake kok wis nyêdhaki kluwat ngono. Wis ta êndang kon lunga bae.

Kucing krungu têmbung kaya ngono kuwi karasa sêrik atine, diarani kêsèd, gawene mung turu, mula banjur ngetokake tandhaning doyan gawe, nyat banjur ngadêg, gêgêre dipandhukulake, awake banjur diulur.

Nyai luwak nyawang karo muni: La kuwi rak ngulèt, apa patrapmu sing kaya ngono kuwi kok pamèrake. O, rupamu, kucing gêring athik ngulèt, wis plêk kaya senggot bubrah.

Ing kono luwak cilik muni: Biyung, aku anjaluk kucing gêring ngulèt.

Nyai luwak: Arêp koanggo apa.

Luwak cilik: Aku dhêmên, yung. Bèn, kon ana kene bae.

Sarèhning luwak cilik mau anak nyawa, iya dituruti, wangsulane: Iya ta uwis, kucing, wis, kowe anaa kene. Ngêmonga anakku.

Kucing mangsuli: Hi ... ya: nèk wis ora kêtunan.

Nyai luwak: Wiwit saiki kowe ngêmonga anakku, sing ngati-ati, aja entuk dolan-dolan adoh.

Sawise mangkono, luwak lanang wadon banjur mlêbu mênyang growongan, luwak cilik têrus dolan, diêmong kucing. Ora suwe ing jêron growongan krungu ana tangis, hi ..., hi ...

Kucing takon: Sing nangis kae sapa.

Luwak cilik: Sing nangis kae bapak karo biyung, anggêr wêtênge warêg iya nangis. Ngêlèh iya nangis. Saiki wêtêngku warêg, tak nasis:nangis: hi ... (Arêp disambung)

--- [0] ---

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]

--- [0] ---

Ôngka 94, 14 Rêjêb Taun Je 1862, 25 Nopèmbêr 1931, Taun VI

Kajawèn

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]

--- [1473] ---

Ôngka 94, 14 Rêjêb Je 1862, 25 Nopèmbêr 1931, Taun VI

Kajawèn

Kawêdalakên sabên dintên Rêbo lan Sabtu

Rêgining kalawarti punika ing dalêm tigang wulan ... f 1.50, bayaranipun kasuwun rumiyin, botên kenging langganan kirang saking 3 wulan.

Juru ngarang - administrasi Bale Pustaka, ing sawingkinging kantor palis, tilpun nomêr 2791 - Bêtawi Sèntrêm.

Mêsjid ing Manonjaya, Priyangan.

[Grafik]

Ing nginggil punika gambar mêsjid ing Manonjaya tiningalan saking ngajêngan.

--- 1474 ---

Pawartos Wigatos

Saking Batawi dhatêng Ejas (tanah Arab) Ngangge Kapal Mil

Sambêtipun Kajawèn nomêr 93.

Bab paspurt cêkap namung anyuwun dhatêng pangagênging nagari-nagarinipun piyambak kemawon.

Mirid saking lampah-lampah kados ing nginggil wau, dados bilih botên niyat badhe amriksani nagari sanès-sanèsipun, utawi malih botên wontên kapêrluan sanès ingkang gêgayutan kalihan kesahipun. Prayogi anênggaa wancining wontên kapal aji kemawon.

Sadèrènging kapal mil wau mangkat, tiyang ingkang numpak sasampunipun angsal sêrat pas saking pangagênging nagari, lajêng anyuwuna sêrat katrangan saking konsul jendral Inggris, supados sagêda angsal mandhap ing Ègiptê, nyuwun sêrat wau namung ambayar 50 sèn. Sabibaripun punika, tumuntên anyuwuna suntik warni tiga dhatêng C.B.Z. utawi dhatêng salah satunggaling panggenan sanèsipun. Wontên ing paspurt mugi kasêbutna bilih sampun pinaringan cacar warni tiga, supados wontên ing Suès botên prêlu kacacar malih.

Wontên ing kapal, sadèrènging baita ngandhapakên jangkar ing Portcupik, prayogi tata-tataa rumiyin, kados ta: anyuwuna arta borêg wau dhatêng adminisêtraturing kapal. Lan ugi anata barang-barang tuwin panganggenipun ingkang sakintên prêlu kaangge ing wêkdal wontên ing Ègiptê punika. Barang-barang sanès-sanèsipun karimata ing gudhanging palabuhan kemawon, jalaran bilih kabêkta sêsarêngan malêbêt ing kitha, botên sande ngathahi waragad.

Bilih baita mil wau sampun dumugi ing Portcupik, sarta malih bilih dhoktêr saking dharatan sampun anyukani palilah angsal mandhap, paspurt upisir ingkang ugi andhèrèk minggah ing kapal, lajêng mariksani pasipun, punapa sampun wontên katrangan saking konsul jendral Inggris punapa dèrèng. Sasampunipun kapariksa, tiyang ingkang numpak lajêng kapurih ambayar borêg (kirang langkung 15 ponsêtèrling) kangge salêbêtipun lêrêb ing Ègiptê wau. Dene arta punika ing têmbe bilih badhe mêdal saking tanah ngriku kenging katêdha wangsul. Mugi sampun kakilapan anyuwun kuwitansi saking opisir wau, tur malih sampun kêsupèn nyuwun wangsuling pasipun.

Mandhapipun dhatêng dharatan, katambangakên sarana baita motor gadhahanipun agèning kapal mil, ingkang pancèn kangge sêdhiyan para tiyang kêkesahan. Pramila makatên, jalaran ing Suès dèrèng wontên palabuhanipun kados ing Batawi.

Sadumuginipun ing dharatan, lajêng anyukakakên pasipun dhatêng kantor paspurt kontrolê, supados sagêd malêbêt ing kitha. Wondene panggenanipun ugi wontên ing palabuhan. Sabên satunggal tiyang kapurih ambayar 6 piyastêr, minôngka beya (satunggal piyastêr Mêsri kintên-kintên pangaos 12 sèn), sabibaripun punika,

--- 1475 ---

nama tuwin kajêngipun ingkang kêkesahan, lajêng kacathêtan dening tiyang ingkang kajibah. Dununging kamar punika wontên ing jèjèripun kantoring paspurt upisir. Sarampungipun punika lajêng kesaha dhatêng gudhanging palabuhan, prêlu anitipakên barang-barang ingkang pancèn botên badhe kangge salêbêtipun wontên ing Ègiptê wau, dene dununging gudhang kaprênah sawingkinging paspurt kontrolê. Mênggah pambayaripun sabên satunggal potong, satunggal piyastêr Mêsri, ing dalêm sadintên sadalu.

[Grafik]

Susukan Suès ingkang kangge mlampah kapal mil.

Bilih kwitansi sampun katampi, kopêr utawi pêthi ingkang badhe kabêkta mlêbêt ing kitha, kêdah kabikak katêdahakên tiyang ingkang kajibah mariksa, punapa wontên barang-barang ingkang prêlu kapêndhêt beyanipun punapa botên.

Tumraping tiyang ingkang nêmbe dhatêng ing ngriku, pancèn ragi lingak-linguk, punapa malih bilih botên sagêd têtêmbunganipun. Ananging rèhning kuli-kuli ing ngriku sampun kulina sangêt dhatêng sadaya kabêtahananing tiyang ingkang nêmbe dhatêng wau, sarta sarèhning mèh sadaya kuli sagêd têmbung Inggris, dados inggih cêkap ngandêl kemawon, nanging bab pambayaring waragad têmtu ragi kêladuk. Bab punika para maos kados ugi botên kêkilapan, ing sadhengah panggenan sanajana ing tanah Jawi piyambak, kuli-kuli ing ngêbum, ing sêtatsiun, kusir dhokar utawi sopir taksi sami sagêd ambedakakên dhatêng tiyang mônca utawi sanès. Bilih kakintên tiyang mônca ingkang nêmbe dhatêng, lajêng katêdhanan waragad kathah. Pramila sasagêd-sagêd prayogi sampun angatingalakên bab eraming manahipun, mandar sagêda marentah dhatêng kuli-kuli wau, sanajana namung kangge pênutuping eraming manah kemawon (anggêrtak).

Sasampunipun nitipakên barangipun, saha kopêr utawi pêthinipun ingkang badhe kabêkta sampun kapriksa, lajêng kantun sapurunipun, upaminipun lajêng numpak motor utawi ngangge sêpur saking Portcupik [Por...]

--- 1476 ---

[...tcupik] dhatêng Suès, Mêsir utawi panggenan sanèsipun. Badhe lêrêb ing Portcupik ugi prayogi, malah ing ngriku hawanipun langkung prayogi tinimbang ing Suès, namung ragi sêpên, jalaran ing ngriku namung palabuhan. Mênggah têbihipun saking Portcupik dhatêng Suès punika, bilih numpak motor namung nêm utawi pitung mênit, bilih ngangge kreta kintên-kintên mèh satêngah jam utawi kirang.

[Grafik]

Salah satunggiling kantor maskapei ing sapinggiring susukan Suès.

Rèhning kantor paspurt kangge mlêbêt ing Ejas, kantoring agèn kapal kêdhipiyêl, utawi kapal Itali, punapa malih dhêpartêmèn kasarasan, inggih punika upami ing tanah Jawi kawastanan C.B.Z., punika sadaya sami wontên ing Suès, prayoginipun lêrêba ing ngriku rumiyin.

Bilih sampun wontên ingkang kajujug sarta sampun ragi ngasokakên sayahipun, enggala angurus bab tumbasing karcis kangge salah satunggaling baita ingkang badhe dipun tumpaki dhatêng Jedah. Samantên punika bilih badhe daya-dayaa tumuntên mangkat saking Ègiptê.

Wondene upami ngêrsakakên ngangge gadhahanipun kêdhipiyêl, punika waragadipun ingkang mirah piyambak, inggih punika wontên ing ngêdhèk 5 pon Mêsri 120 piliyèm, upamia arta Walandi kirang langkung 65 rupiyahan makatên. Ananging bab têdhanipun kêdah ambêkta utawi angolah piyambak. Dene klas ingkang langkung sae (klas kalih), punika bageanipun 10 pon 210 miliyèm, upamia arta Walandi kirang langkun 129 rupiyah. Badhe kasambêtan.

Kula pun, Nik.

--- 1477 ---

Kawruh Padhalangan

Ringkêsaning Kawruh padhalangan Ringgit Purwa ing Surakarta

Sambêtipun Kajawèn nomêr 90.

Prang gagal. Têtêlasanipun prampogan kalampahakên manêngên, lajêng kapapag prampogan sanès (ingkang dede danawa), ing ngriku gôngsa sawêg suwuk, dipun ada-adani Mataraman, lajêng ginêm (ôngka 20) satêlasing ginêm, prampogan kalih kapêtha pêrang brubuh.

[Grafik]

Buta Terong

[Grafik]

Nala Garèng

Trêkadhang botên mawi pêrang prampogan. Punggawa badhe mêngsah danawa, kawêdalakên saking têngên dhapur kagèt, dede papagan baris, lajêng katancêbakên aning têngên majêng mangiwa, capêng ulap-ulap, dhapur pasang kaprayitnan. Mêngsah kadhatêngakên saking kiwa, wayang ingkang têngên ngadêgakên tangan ngajêng, dhapur ngalang-alangi lampahipun mêngsah, gôngsa suwuk, dipun ada-adani Mataraman. Wayang ingkang kiwa dèrèng katancêbakên, ulap-ulap kados namat-namatakên mêngsah. Satêlasing ada-ada sawêg katancêbakên, lajêng ginêm (ôngka 21) dipun sêlani ada-ada, satêlasipun lajêng pêrang. Gôngsa mungêl slêpêgan nêm.

Bab pêpêranganing wayang ing ngriki lampah-lampahipun botên katêrangakên sadaya, namung grêban: 1. sampun ngantos kêdangon, 2. manawi wontên gêgêbag ingkang sangêt damêl sêsakit gôngsa kasêsêgakên. 3. sadaya suwuking slêpêgan ingkang kangge pêpêrangan [pê...]

--- 1478 ---

[...pêrangan] kêdah mawi ada-ada Mataraman utawi nêm jugag. Dados ing ngriki bab ginêming wayang sarta ucap-ucapan katêrangakên ing wingking ôngka 22.

Sarampungipun sadaya pêpêrangan gagal punika, manawi mêngsah ingkang saking sisih kiwa kawon, ingkang kangge pungkasan punggawa ingkang saking sisih têngên kawêdalakên, dhapur ngoyak mêngsah, lajêng mandhêg wontên têngah-têngahing kêlir. Gôngsa dhawah ayak-ayakan lasêm. Wayang lajêng kapapanakên kapara manêngên, prampogan ingkang saking têngên kawêdalakên (balaning punggawa wau) katancêbakên ing ngajêng majêng mangiwa, gôngsa kajantur, ucap-ucapan (ôngka 18) sarampungipun, gôngsa lajêng kasuwuk tanpa pathêt. Lajêng ginêm (ôngka 23) satêlasipun dipun pathêti lindur. Pathêtan mèh ngajêngakên têlas, prampogan kalihan punggawa kalampahakên alon mangiwa, katungka gunungan nancêb ing têngah. Uc-ucapanUcap-ucapan. (ôngka 19), sarampungipun ucap-ucapan lajêng pathêt sanga wantah nuntên ucap-ucapan malih (ôngka 20) lan sasmita nêdha ungêling gêndhing.

Bab prang gagal ing nginggil punika, manawi ingkang kawon mêngsah saking têngên, lampahipun ugi kados ing nginggil punika, nanging lumampahipun manêngên.

Lampahing salêbêtipun pathêt sanga.

Adêgan pandhita. Sasampunipun gunungan kabêdhol katancêbakên ing sisih têngên, cantrik kawêdalakên, lumampah mangiwa, lembehan. Ngantos wira-wiri, lajêng katancêbakên ing paseban kiwa, nyêmbah ngapurancang. Wêdaling pandhita kasarêngakên gong, katancêbakên ing têngên majêng mangiwa. Cantrik kabêdhol malampah mundhuk-mundhuk manêngên, tumancêb sawingkinging pandhita, majêng mangiwa. Katungka sowaning satriya saking kiwa, lambunging ringgit sipat palêmahan, nyêmbah majêng ngabêkti dhatêng pandhita. Sang pandhita ngêlus-êlus sinoming satriya, tumuntên satriya mundur, tumancêb ing paseban, tumungkul nyêmbah. Kasambêtan Sêmar mêdal saking kiwa, mawi jogedan, lajêng mapan nancêb ing paseban sawingkinging satriya. Garèng mêdal kados Sêmar, mawi nyêmbah lajêng nancêb saking wingkinging Sêmar, kados ing nginggil punika ngantos kalih gongan. Kasambêt wêdaling Petruk, anjujug sawingkinging Garèng kalihan nyêmbah. Sadèrèngipun Petruk mêdal punika, gôngsa kasêsêgakên badhe kajantur. Sasampunipun lajêng ucap-ucapan (ôngka 21) rampung ucap-ucapan gôngsa kadhawahakên. Watawis tiga, sakawan gongan gôngsa suwuk, dipun pathêti sanga ngêlik. Lajêng ginêm (ôngka 24) sasêlaning ginêm ingkang miraos dipun sêlani pathêt sanga jugag utawi tlutur.

Dene manawi sanès adêgan pandhita, inggih punika adêgan raton, lampah-lampahipun kados adêgan pasowanan Jawi, nanging botên suwuk sêsêgan. Suwuking gêndhing dipun pathêti sanga ngêlik.

Manawi tumrap adêgan satriya wontên ing wana, lampah-lampahipun kados adêgan pandhita wau, nanging botên mawi cantrik. Dados satriyanipun ugi botên nyêmbah ngabêkti, lajêng jinêjêr kemawon wontên ing têngên, majêng mangiwa.

--- 1479 ---

Sarampungipun ginêm, satriya nyêmbah ngabêkti mêdal mangiwa, wêdaling bambang pathêt sanga wantah, Sêmar, Garèng, Petruk pamitan majêng gêntos-gêntos, mawi banyolan, nanging ingkang botên nyamah utawi ngrèmèhakên dhatêng pandhita. Wêdaling Petruk mungêl ayak-ayakan sanga, dipun bukani kombangan saking panunggul alit. Sawatawis lajêng kajantur, pandhita kabêdhol lênggahipun, ginêm (ôngka 25) sarampungipun ginêm, ayak-ayakan tangi malih. Pandhita kabêdhol wangsul manêngên, dalah cantrik. Nuntên satriya lumampah mangiwa, tangan ngajêng katêkuk, tangan wingking lembehan. Sarambahan malih mlampah kados ing inggil naming mungkur. Tumuntên kasambêt lampahing Sêmar, Garèng lan Petruk. Angsal kalih rambahan ayak-ayakan kajantur. Petruk angudaraos, mawi banyolan, lajêng mêdal mangiwa. Satriya mlampah saking têngên malih, dipun jawati para èstri ingkang kalangkungan, nanging namung kaucapakên kemawon, botên mawi ringgit èstrèn (mirsanana ginêm, ôngka 26) sarampungipun ginêm, ayak-ayakan tangi malih, ingkang sami lumampah lajêng mangiwa.

Pulo Laot, Sumatra

[Grafik]

Nginggil punika sêsawanganing palabuhan ing Kotabaru (Pulo Laot).

--- 1480 ---

Panglipur Manah

Palabuhan ing Dhigul

[Dhandhanggula]

ramyang-ramyang hyang arka lumingsir / dyan sumamar winaratan jênar / masmu limut wayah sore / nganguk aldaka mangu / bènèh singlar adat ri-ari / ingowêl yun mrawasa / kumarèng wana gung / suyasaning para satwa / malad driya kèh kêkaywan rapêt pipit / pragat pendah tinata //

[Grafik]

nawung gati dadya biting nagri / Tanah Merah kupêng têmu gêlang / kuciwa siti tan kopèn / ngandhap rênggêd arungkut / bondhot-bondhot sulur wor êri / kêmarung ragas upas / ingas myang kêmadhuh / kisruh pêpulêtan sarpa / sru kacaryan sagotrah lêgawèng galih / sumisih siksèng liyan //

sumawana bêburon sakalwir / mangkya sidi wasitaning wrêdha / apan ing alam dunyane / tan ana wiji mulus / pênêd ala samya darbèni / ywa dupèh wanawasa / kèksi boya ngukup / nging nyata dadya pangêmpyan / angayomi sasama samèng dumadi / karya ayuning gêsang //

Tanah Merah kuthaning prajadi / pagêr wana datanpa watêsan / sisih lèr kalingan lèpèn / bangawan Dhigul kasub / wiyar panjang santêring warih / kumrusuk kumarasak / manrang sarosa hru / sakèh sangkrah wanawasa / larut kerut lêbur datan môngga pulih / syuh sirnèng jaladhiyan //

nêkak-nêkuk nut lêdhoking siti / kasat mata ulêkaning tirta / akèh kang jêro kêdhunge / kratoning baya bajul / muncul ninis urut gêgisik / wênèh dhêrak angambang / ngiring palwa langkung / suwung suwêng kasujanan / tan kulina gêndhak sikarèng sasami / dêstun malah rinaja //

winicara ilining banawi / wiwit ngancik Tanah Merah kitha / pinilala kanggwèng gawe / palwagni wongsal-wangsul / Ngambon sambêt lan tanah Jawi / mawrat butuhing gêsang / prapta sabên tèngsu / yèn nuju susuding tirta / kasèp palwa tataning butuh kêtitih / satêmah sarwa cingkrang //

doning palwa labuh wus kapilih / kang pakolih ingistha pabeyan / tinon wisma mangku lèpèn / gêng luhur dhapur panggung / sininggêt ri kang kanan kering / gudhang panyimpên barang / sadèrèng pinandum / mangsaning palwagni prapta / busêk sêsêk binyuk janma nambut kardi / ngusung sèsining palwa //

wangunaning wisma dadya titik / dera ngêblak ngalela prasaja / supênuh nyakup mèsi

--- 1481 ---

kèh / pama candraning sêpuh / sêpi hawa awas manunggil / mahambêk santabudya / binudya martayu / kayuwananing ngagêsang / sarira tri mangun ngenaki sasami / mrih krêtartèng buwana //

wus kacêtha kagunanta yêkti / kanang wisma salama nityasa / karya kacaryaning akèh / sabarang kang malêbu / kabèh dadya butuhing urip / wangsuling palwa mawrat / pra janma yun mantuk / pakantuk aksamèng dosa / sinung idi wangsul mring prajaning wibi / pinanggya kadang warga //

jalarèhing dêlanggung gumrining / malbèng kitha ngalela kayoman / kêkaywan urut têpine / sêngsêm ayêm dinulu / tinalatèn dera pamardi / titi palasthèng gita / kasisiping têmbung / pinandara sru paminta / pra nupiksa karsa ngêgungkên aksami / mring kang sinandi nama //

Wangsulan saking Redhaksi

Tuwan H. Atmaja, ing Plupuh. Sênèn Pon 19 Bêsar Wawu 1825 dhawah 1 Juni 1896. Sênèn Paing Jumadilakir Jimawal, 1853 dhawah tanggal 17. Walandi 5 Pèbruari 1923. Sêtu Kliwon, Bêsar Je 1854 dhawah tanggal 9 Walandi 12 Juni 1924. Sênèn Paing Rêjêb, Be 1856, dhawah tanggal 10 Walandi 25 Januari 1926. Rêbo Paing Siyam, Jimakir 1858, dhawah tanggal 11, Walandi 3 Marêt 1928. Kêmis Pon, Dulkangidah Alip 1859, dhawah tanggal 15, Walandi 25 April 1929.

Wangsulan saking Administrasi

Tuwan Jaka Sruwana ing Sêmarang. Lêngganan wiwit 1-11-'31.

Tuwan S. Partasujana ing Kêdhungturi. Arta f 1.50 punika tumrap wulan Nopèmbêr punika dumugi Januari taun ngajêng.

Lêngganan nomêr 3002 (t.M. Daslan) Sêmarang. Lêngganan kapetang wiwit 1 Nopèmbêr '31.

Pawartos Sajawining Praja

Kamajênganipun Praja Turki

Kala ing jaman karajan Turki taksih nindakakên tatanan lami, kaluhuraning nata tansah turun-tumurun sami angraosakên mukti wibawa. Sintên ingkang nyumêrêpi kawibawanipun nata ing Turki, ing raos tamtu katuwuhan kapengin, awit jumênêng nata sarwa botên kêkirangan, sugih bala santana, nagarinipun têntrêm. Kasugêngan tuwin kasênêngan nata tansah dipun jagi tuwin dipun wontêni, ampil bêbasan tanpa wicalan tur tansah santun-sumantun, wah sarwa milihi. Saking katoging kasênênganipun panjênêngan ratu, sawarnining kasênêngan wau ngantos tumônja dados padamêlan awrat, sakêdhap lêrêm wontên ing kadhaton ngrika, sanès dintên wontên ing kadhaton ngriki, ewadene katingalipun mêksa taksih sarwa kirang, mila waragading praja ingkang babagan mriku tansah mindhak-mindhak kemawon. Nanging menginakên.

Kawontênan ingkang kados makatên punika, tamtu kemawon ugi dipun tulad ing para agêng sanès-sanèsipun, kados ta para pangeran agêng-agêng, punapadene bangsaning para pangkat luhur, mèh sadaya inggih sami ngraras kamuktèn ingkang kados ratunipun, limrah sami gadhah papan pasêngkêran, ingkang kêbak isi tiyang èstri ayu-ayu.

Saking agênging kawibawanipun para agêng ing Turki, ucap kamajênganing praja mèh botên wontên, saya tumrap kamajênganing èstri, babarpisan botên wontên. Inggih kadospundi anggènipun badhe majêng, [ma...]

--- 1482 ---

[...jêng,] awit èstri punika namung pinanggih wontên ing nama, wujudipun namung kasumêrêpan dening ingkang majibi piyambak. Ananging kadospundi malih, manawi tindak kados makatên wau sampun katata kacara, pinanggihipun inggih damêl pamarêm kemawon. Kados para wanita ingkang sami dipun dèkèk ing pasêngkêran, ingkang botên nate sumêrêp padhang hawa, saha botên nate kêpêthuk sanak sadhèrèk, punika rumaosipun malah dipun mulyakakên, dening ngrumaosi dipun sêngkêr ing priyantun agêng, sinatriya punapa malih ratu, badhe pados punapa malih.

[Grafik]

Kitha Sopia lami ing Turki, ingkang kabangun enggal.

Nanging lampahipun jaman punika dangu-dangu tansah ewah, lan badhe ewahing jaman wau tamtu inggih mawi gara-gara ingkang damêl orêging praja. Amargi orêgipun wau atêgês tindak paniti dhatêng satunggal-satunggaling lêlampahan ingkang pinanggih lêpat. Kasantosaning praja pêpindhanipun kados angganing sapu botên dipun êsuhi, sampun mèh wudhar tanpa daya, awit sadaya sami weya, rukun ingkang adamêl kasantosan sampun botên wontên, pinanggihipun namung kasantosaning jiwa pintên-pintên ingkang mandhiri piyambak, ingkang salugunipun botên atêgês santosa.

Kala ing taun 1921 Turki kenging dipun wastani kados gêgodhongan alum ing môngsa katiga, tangèh sagêd trubus gêsang malih, awit adêging karajan kantun kados toya wontên ing godhong lumbu, dados kantun galendrenipun kemawon.

Ing kala samantên kawontênanipun praja Turki kadosdene ulam mungging rampadan, mila kaupamèkakên makatên, amargi golongan Inggris, Prancis tuwin sanès-sanèsipun, sami manggèn wontên ing Sêtambul, inggih punika kitha karajanipun praja Turki. Bôngsa Yunani (Griek) nguwaosi Frasia utawi Anatolia perangan kilèn. Kawontênan ingkang kados makatên punika andadosakên anglêsing rakyat, dening ngrumaosi apês, saha ical pangajêng-ajêngipun. Nanging ing kala punika ing Anatolia têngah wontên pakêmpalaning bôngsa Turki golongan kamajêngan ingkang dipun pangagêngi dening Sang Kemal Pasja. Ewadene pangajêng-ajêng sae tumraping rakyat, botên wontên, awit golongan kabangsan wau botên sapintêna manawi dipun timbang kalihan kawontênanipun bôngsa sanès ingkang sampun manggèn wontên ing jajahan Turki, yèn ta anglawana, bêbasan timun mêngsah durèn, wêkasan namung badhe rêmuk tanpa damêl.

Nanging lêlampahaning manungsa punika sajatosipun winêngku ing kaelokaning Pangeran, tiyang

--- 1483 ---

botên sagêd anggagapi kadadosanipun ing wingking, pangintên ingkang kangge anggagapi lêlampahan, adhakan pinanggih tuna dungkapipun. Inggih kados kawontênanipun praja Turki kala samantên, ingkang kakintên sampun tanpa daya, sarêng sampun wontên sawatawis wulan, wadya Turki golongan kamajêngan, ingkang dipun pangagêngi dening Sang Kemal Pasja campuh kalihan wadya Yunani, ingkang salajêngipun sagêd ngèngsêrakên wadya Yunani saking Anatolia, nanging papan panggenan ingkang mêntas dipun broki dening bôngsa Yunani wau sampun daos karangabang. Pinanggihipun lêlampahan ingkang kados makatên punika tamtunipun lôngka sangêt, saupami Turki sagêd mulihakên karisakaning praja. Nanging nyatanipun malah angosok wangsul, ing ngriku pinanggih santuning paprentahan praja Turki, ingkang rumiyin dipun pangagêngi ratu kamoran adat kina, lajêng santun paprentahan enggal cara gagrag kamajêngan, ingkang dipun pangagêngi dening Sang Kemal Pasja, saha lajêng madêg praja tanpa ratu. Dene salajênging kadadosanipun, praja Turki ingkang kakintên rêkaos pulih ing adêgipun, malah lajêng madêg kanthi kasantosan, ingkang badhe rêkaos dipun agru-agru malih.

[Grafik]

Sang Kemal Pasja.

Dene kithanipun karajan pindhah dhatêng Angora, saking ada-adanipun Sang Kemal Pasja, dados pinanggihing karajan Turki ingkang kakintên sampun moglak-maglik, ing kala punika dados santosa malih. Namung sipatipun santun, nanging tumraping kabangsan, malah nama manggih kanugrahan ingkang saèstu.

Wiwit punika kamajênganipun praja Turki katingal ngêgèt sangêt, tatacara kina sami dipun ewahi, adat ingkang dipun gondhèli kêkah dening bôngsa, manawi nyatanipun botên mikantuki, dipun ewahi sadaya, tumindaking paprentahan kanthi kasantosan, têgêsipun punapa wontêning dhawuh, kêdah dipun lampahi.

Tamtu kemawon cara ingkang nganyar-anyari wau tumraping golongan sêpuh kraos anjola sangêt, awit tata ngadat ingkang sampun kalampahan, punika mawi wêwaton ingkang sampun manggèn sangêt, tuwin sampun linampahan sakeca, wilujêng. (Badhe kasambêtan)

--- 1484 ---

Jagading Wanita

Pakêmpalan Wanita Enggal

Ing Kajawèn ingkang mêdal kala dintên Rêbo ingkang kapêngkêr sampun nyariyosakên sawatawis adêgipun pakêmpalan wanita enggal ing Bêtawi, ingkang dipun wastani: Mardiwisma. Tumrap tiyang ing Jawi, têmtunipun wontên ingkang sami maibên, ingatasipun ing Bêtawi punika sampun kathah pakêmpalan wanita, kados ta: Rukun Wanodya, margining kautamèn Istri Sêdhar, lan sasaminipun, têka lajêng ngêdakên pakêmpalan malih, punapa botên langkung utami manawi lajêng ngêmpal kemawon kalihan pakêmpalan-pakêmpalan ingkang sampun wontên wau. Bilih wontên ingkang maibên makatên, punika pancènipun inggih wontên lêrêsipun, nanging samangke kêdah angèngêtana dhatêng namaning pakêmpalan, inggih punika: Mardiwisma. Manawi nitik namanipun wau, ingkang atêgês: amarsudi dhatêng panyêpêngipun bale griya, dados ing ngriku cêtha, bilih sêdyaning pakêmpalan wau, botên badhe anggêbyur dhatêng kapulitikan, tuwin botên badhe ngudi dhatêng kamajêngan sanès-sanèsipun, ngêmungakên badhe ambudidaya dhatêng saening panyêpêngipun bale griya.

[Grafik]

Gambar ingkang lênggah saking kiwa manêngên. Wara Suteja, Wara Sumantri Arjadibrata. Ingkang ngadêg, Wara Kadarusman, Wara Dwija, lan Rara Mariyam.

Bale griya ingkang panyêpêngipun sae, punika pancèn mikantuki sangêt tumraping tiyang jêjodhoan. Sabab dening punapa, sok lajêng wontên tiyang jalêr rêmên nêdha jajan wontên ing resturan, rêmên anglayab, rêmên nênonton, lan sasaminipun, punika ingkang kathah-kathah inggih jalaran saking kirang sagêdipun ingkang èstri anggèning nyêpêng bale griya. Kados ta: ingkang jalêr wangsul saking nyambut damêl badhe nêdha, sabên-sabên sêkulipun bênyèk, janganipun anyêb, lawuhan sanès-sanèsipun, manawi botên kasinên inggih kirang sarêm. Môngga, manawi makatên punika, punapa botên layak kemawon, bilih ingkang jalêr botên rahab nêdha wontên ing griya, kosokwangsulipun ingkang têmtu inggih lajêng rêmên nêdha wontên ing resturan. Utawi sayah kêpengin lèyèh-lèyèh wontên ing kursi malês, dilalah kandêling balêdugipun ingkang wontên kursi ngantos [nga...]

--- 1485 ---

[...ntos] kalih dim. Sarêng badhe ngêluk lambung wontên ing papan patilêman, urunging kajang sirah kêbak ilêr, sêprèning kasur kêbak ompol. Ingkang makatên punika punapa tiyang jalêr kêdah dipun paibên, manawi lajêng botên kraos wontên ing griya, saha lajêng badhe jlang-jlangan kemawon.

Dene pikajêngipun pakêmpalan wanita enggal wau, badhe ngudi dhatêng saening panyêpêngipun bale griya, punika pancèn inggih mathuk sangêt kalihan wontênipun jaman malèsèt punika. Kala badhe ambikak parêpatan, sêsorahipun wara Suteja, inggih punika ingkang lajêng kapilih dados pangarsaning pakêmpalan wau, wontên ingkang nyariyosakên makatên:

... sasagêd-sagêd para wanita kêdah wêlas dhatêng para kakung, dene sabên dintên tansah adus kringêt anggènipun ngupadosakên têdhanipun anak semah. Tiyang èstri sampun tansah ngangluh jalaran kiranging arta blônja, awit saupami sagêda makatên, kajênging tiyang jalêr punika, sanadyan gadhaha arta sagrobag, inggih badhe dipun sukakakên dhatêng ingkang èstri. Dene anggènipun nyukani kirang anyêkapi punika botên sabab saking botên purunipun, nanging sabab saking botên sagêdipun. Amila wajibipun ingkang dados tiyang èstri, kêdah ngobètakên balanjanipun ingkang jalêr murih kacêkaping kabêtahanipun tiyang agêgriya. Lampah ingkang makatên punika sampun kenging kawastanan satunggiling lêlabêtan ingkang tumandukipun angrencangi guru laki. Dene rekadaya anggènipun badhe ngobètakên balanjanipun ingkang kakung, punika manawi pakêmpalan wau èstu sagêd dados, sarana badhe ngawontênakên kopêrasi.

Sasampunipun wara Suteja rampung anggènipun sêsorah, gantos wara Kadarusman ingkang lajêng mêdhar sabda. Ing ngriku wara Kadarusman ngandharakên sabab-sababipun, dene ing parêpatan ngriku mawi dipun wontênakên gamêlan, inggih punika minôngka pasêmoning lampahipun pakêmpalan. Mênggahing gamêlan, punika sadaya kêdah dipun tabuh warni satunggal, murih suwaranipun sagêd sakeca dipun pirêngakên. Makatên ugi pakêmpalan, para warganipun kêdah rukun, guyub tuwin saiyêg, murih punapa ingkang dipun sêdyakakên sagêda kalêksanan.

Sasampunipun lajêng wara Sumantri maosakên rancanganing pranatanipun pakêmpalan. Sarampungipun lajêng ngawontênakên pilihan pangrèh. Dene ingkang dipun pilih pangarsa: wara Suteja, panitra: wara Sumantri Arjadibrata, artaka: wara Dwija, dene para warga rumêksa: wara Kadarusman, tuwin rara Mariyam.

Sarampungipun pilihan pangrèh, para tamu lajêng sami anglajêngakên lalênggahan tuwin sinambi angrahabi pasugatan sawontênipun. Salêbêtipun lalênggahan ugi sami ngandikan bab ingkang andadosakên saya supêkêting apasadherekan saha sangêt angrêsêpakên.

Kintên-kintên antawis jam 11 dalu pakêmpalan bibaran, kanthi wilujêng.

Môngga, para wanita sanèsipun kêdah sami cancut tumut tumandang andandosi ekonomi, murih sagêd kacêkaping kabêtahanipun padintênan.

--- 1486 ---

PÊTHIKAN SAKING SÊRAT-SÊRAT KABAR SANÈS

TANAH NGRIKI.

[Grafik]

Banjir agêng ing Tanjungpura. Saking kathahipun jawah, ing Tanjungpura wontên banjir agêng, ngantos sêkolahan-sêkolahan kapêksa kêdah sami dipun tutup. Gambar inginggil punika kawontênanipun mêsjid ing Tanjungpura. Alun-alun ingajêngipun mêsjid kêlêban ing toya, ngantos mêsjid wau kadosdene wontên ing sapinggiring sagantên.

Pindhahan dhatêng Bêngkulên. Aneta martosakên saking Ngayogyakarta, bilih miturut cariyosipun sêrat kabar Mataram, ing bawah Kêlir (Purworêjo) kathah têtiyang ingkang sami purun pindhah dhatêng Bêngkulên. Nanging miturut pangandikanipun Tuwan Resident de Cock, arta pêsangon ingkang sampun dipun têmtokakên tumrap satunggal-satunggaling batih kathahipun f 100.-, punika dipun pênggalih kêkathahên. Kajawi punika pindhahipun tiyang-tiyang wau, katêmtokakên ing wêkdalipun pacêklik, inggih punika ing wulan December tuwin Januari.

Sawatawis wulan ingkang kapêngkêr sampun wontên para ahli tani ingkang kakintunakên dhatêng Bêngkulên prêlu anitipriksa mênggahing kawontênanipun ingrika. Miturut pamanggihipun têtiyang wau, siti ingriku pancèn loh jinawi, dados inggih prayogi sangêt kangge têtruka. Mênggahing arta pêsangon f 100.- kados-kados botên kêkathahên sangêt, awit kêdah angèngêtana, bilih têtiyang ingkang sami têtruka wau, kêjawi kêdah ngawontênakên pirantos têtanèn warni-warni, salêbêtipun satunggal utawi kalih taun rak dèrèng sagêd nêdha pamêdaling têtanêmanipun. Dene pindhahipun dipun têmtokakên ing mangsa pacêklik, inggih punika ing wulan December lan Januari, punika pancèn lêrês sangêt. Awit ngêmungakên manawi sampun ngraosakên sakit lan pêrih, sagêdipun tiyang gadhah tekad badhe ngumbara dhatêng sanès nagari.

Greja kangge tiyang Batak. Ing Gang Kernolong (Bêtawi) badhe dipun dêgi greja kangge tiyang Batak. Mangke sontên, tanggal 21 wulan punika, jam 4.30 kalêrês dhawahing wanci pamasangipun banon ingkang kawitan. Kacariyos badhe dipun wontêni karamean sawatawis, mawi ngawontênakên pêpujian.

Wontênipun golongan tiyang Batak ingkang nunggil agami punika sampun wiwit taun 1919. Ingkang suwau anggènipun sami nindakakên agaminipun wontên ing pamulangan H.I.S. Christen ing sawingkingipun greja Kwitang. Nanging saya dangu saya kathah wontênipun tiyang Batak, ingkang anjalari papan ing H.I.S. kasêbut ngingil botên anyêkapi. Jalaran saking punika ing taun 1928 lajêng dipun wontênakên komite ingkang ada-ada badhe ngêdêgakên greja piyambak. Samangke ada-ada wau sagêd kalêksanan sayêktos. Ing têmbe manawi greja wau sampun ngadêg, tumrap têtiyang siti ngêmungakên bangsa Batak ing Bêtawi punika ingkang anggadhahi greja piyambak.

Tiyang ingkang bêgja. Kabaripun, ingkang narik lotre agêng "St. Carolus Joseph Stichting c.s.", ingkang kagêbag kala tanggal 10 ingkang kapêngkêr punika, inggih punika ingkang narik f 50.000 tuwin f 25.000.- Tuwan Hoo Tjoen Thong ing Probolinggo. Dene ingkang narik f 10.000 Tuwan N. Parapat, mantri O.R. ing Ayerbatu, Tanjungbalai.

Mugi-mugi kalihipun sagêd kêncêng panggalihipun. Sampun dumèh wontên tiyang angalêmbana utawi angakên-akên, artanipun lajêng mak grêgêl, botên mawi dipun manah panjang malih. Angèngêtana dhatêng paribasan Melayu ingkang ungêlipun makatên: "ada gula, ada lalat"' e, nas, ada "sêmut."

Aquarium ing Pasar Ikan. Ing Pasar Ikan (Bêtawi) wontên aquarium, inggih punika bak kaca kangge ngingah ulam loh warni-warni. Dèrèng dangu punika kaptin kapal Tuwan Ter Marsch ambêkta ulam loh warni kalih saking Port Said ingkang lajêng kasukakakên dhatêng aquarium wau. Ingkang satunggal dipun wastani: ulam kapal sagantên, dene satunggalipun malih dipun wastani: ulam piso. Gêsangipun wontên ing toya ulam kalih warni wau kosokwangsul. Kapal sagantên punika êndhasipun wontên inginggil, buntutipun wontên ingandhap, dados wontên ing salêbêting toya kadosdene ngadêg. Ulam piso kosokwangsul, êndhasipun wontên ngandhap, buntutipun wontên inginggil.

Bab gêsangipun ulam piso punika, para sagêd ingkang suwau sanès-sanès ing pamanggihipun. Tuwan Norman, bangsa Inggris, ing bukunipun, ingkang dipun wastani: "History of Fishes," anyariyosakên, bilih ulam piso punika manawi wontên ing toya, êndhas saha cangkêmipun madhêp manginggil. Lêt sawatawis taun Tuwan Prof. Delsman ing kalawarti "De Tropisch natuur" anyariyosakên bilih ulam piso punika manawi wontên ing toya êndhas lan cangkêmipun wontên ingandhap, dados kanyatan kados ingkang kacêtha wontên ing aquarium wau. Dene ingkang dipun wastani kapal sagantên, punika dede ulam tangkur, lo. Inggih punika namaning ulam ingkang cariyosipun anggadhahi kadigdayan ingkang langkung pêng-pêngan katimbang: jaran guyang, sêmar mèsêm lan sasaminipun. Awit kabaripun ulam tangkur punika wujudipun inggih kados kapal (jaran).

--- 1487 ---

Mèngêti sampun sêtaun. Kala malêm Minggu ingkang kapêngkêr jam 8, pakêmpalan Pasundan Istri cabang Jakarta ngawontênakên pahargyan minangka mèngêti umuripun pakêmpalan sampun sêtaun.

Pakêmpalan Pasundan Istri punika kenging dipun wastani anakipun pakêmpalan Pasundan, nanging ngêmungakên kangge para wanita. Dados saupami pakêmpalan bangsa Jawi, Pasundan èatri wau kenging dipun samèkakên kalihan pakêmpalan Wanita Utama, inggih punika anakipun pakêmpalan Budi Utama.

Prawan Tionghoa nganyut tuwuh. Ing kampung Ketapang (Bêtawi) wontên satunggiling kênya bangsa Tionghoa umur 18 taun, ingkang nganyut tuwuh. Mênggah sabab-sababipun kênya wau anggadhahi kalamênjing kados tiyang jalêr, ingkang anjalari sabên dintên tansah dipun pêpoyok dening kanca-kancanipun. Jalaran saking isinipun nonah wau lajêng gadhah tekad nindakakên kados ingkang kasêbut inginggil wau.

Tuwuhing lêlampahan ingkang makatên punika, kalih-kalihipun, inggih punika ingkang dipun poyoki lan ingkang moyoki, sami kêsangêtên. Ingkang dipun poyoki têka cêkak têmên budinipun. Awit tiyang gêsang punika salêrêsipun botên kenging manawi lajêng tansah ngopèni dhatêng omonging tiyang, têmtu inggih badhe ngênês ajêgan. Awit sampun dados saradaning donya, punapa-punapa mêsthi dipun aruh-aruhi lan dipun poyoki. Sanajan saea kados punapa, têmtu wontên kemawon ingkang ngungêlakên botên sae, kados ta makatên: "Wah dumèhane bagus bae, anggêpe banjur kaya ndara dèn mas Janaka". Punapa malih manawi awon, anggènipun ngolok-ngolok inggih ngantos rêsik pêcêrèn saèstu. Amila tiyang botên prêlu ngopèni ungêling sanès punika. Dene tumrap ingkang moyoki têka kêsangêtên sangêt, ingatasipun ingkang dipun poyoki wau sampun ngrumaosi isin tur mawi sangêt, têka botên dipun kèndêli anggènipun mêmoyoki wau. Mangke gèk sukmanipun ingkang dipun poyoki wau tan trimahipun lajêng adamêl godha rêncana gêntos dhatêng tiyang-tiyang ingkang sami moyoki. Harak badhe gundam-gundam saèstu. Mila mbok sampun rêmên mêmoyok, ta.

Lare amêjahi tiyang sêpuh. Ing Garendeng (Tanggerang) wontên lare umur 13 taun amêjahi tiyang sêpuh. Mênggah ing sabab-sababipun kados ingandhap punika:

Wontên tiyang kalih, padamêlanipun sami dados tukang eretan (nyabrangakên). Satunggal lan satunggalipun sami sêsêngitan. Ing wusana tiyang kalih wau sami pasulayan, ingkang anjalari ingkang satunggal dipun bacok dening ingkang sanès. Anakipun ingkang dipun bacok, lare umur 13 taun, sarêng mirêng wontên tiyang jêlih-jêlih nêdha tulung, lajêng enggal-enggal murugi. Kala lare wau sumêrêp, bilih ingkang jêlih-jêlih nêdha tulung wau bapakipun saha kala punika adus êrah, sanalika punika lare wau lajêng nir baya nir wikara saha lajêng nrajang dhatêng tiyang ingkang amrêjaya bapakipun wau. Ingriku lajêng dados campuh pêrang tandhing. Kalih-kalihipun sami adêdamêl blati. Ing wusana malah ingkang sêpuh dhawah kantaka ing siti. Salajêngipun lare wau lajêng kacêpêng ing pulisi.

Lêlampahan ingkang makatên punika ing cariyos wayang ugi kêrêp sangêt kêlampahan. Kados ta: nalika Pandhita Durna pinêjahan ing Drustajêmêna, putranipun ingkang nama Radèn Aswatama, sarêng nyumêrêpi ingkang rama ingkang palastra, saking botên èngêtipun inggih lajêng soroh amuk saha lajêng amêjahi pintên-pintên tiyang. Salêrêsipun mila inggih awis sangêt tiyang ingkang sagêd tega ningali tiyang sêpuhipun nandhang sakit. Amila lare kasbut inginggil lajêng nir baya nir wikara, sarêng sumêrêp bapakipun adus êrah, punika inggih botên kenging dipun paibên. Ing sarèhne lare wau sampun mêjahi tiyang, inggih sampun mêsthinipun manawi lajêng kêdah dipun ukum. Ananging kintên-kintên pangukumipun wau inggih angèngêti dhatêng nir baya nir wikaranipun lare wau.

Angsal griya kongsèn. Wontên kabar, bilih nagari amarêngakên dhatêng para priyantun golongan Opiumregie, ingkang sami gadhah têtanggêlan arta nagari, sami pinaringan griya kongsèn.

Pranatan ingkang kados makatên punika kados sampun mathuk sangêt. Jalaran kêdah angèngêtana, bilih priyantun-priyantun wau, kados ta: mantri pênjual, assistent-collecteur lan sasaminipun, kêrêp sangêt kêdah simpên arta ing griyanipun ngantos ewon kathahipun. Dados manawi botên manggèn ing griya ingkang bakuh, sagêd ambêbayani.

Pest wudun ing Cimahi. Kala dintên Jumuah ingkang kapêngkêr wontên tiyang tiga ingkang pêjah jalaran kenging sêsakit pest wudun, inggih punika wontên ing onderdistrict Cimahi.

Kadospundi ingrika mênggah trajanging pakaryan amêrangi sêsakit pest? Rak inggih taksih lajêng ta?

NAGARI WALANDI

Badhe rawuh mriki malih. Saking Den Haag (nagari Walandi) kala tanggal 20 wulan punika dipun kabarakên, bilih pangeran pati ing Belgie, ngaping kalihi badhe anjajah dhatêng tanah ngriki. Bidhalipun benjing wulan Februari sarana nitih baita kapal "Huyghens".

Rawuhipun sang pangeran pati ingkang kaping kalih punika dados pratandha, bilih sang pangeran pati wau rêna utawi kagungan panggalih kraos amirsani kawontênan ngriki punika.

Tumrap pamarentah ngriki, rawuhipun pangeran pati ing Belgie dhatêng jajahan ngriki, punika atêgês: badhe angêdalakên arta kathah. Jalaran sampun jamak limrahipun, satunggiling nagari ingkang karawuhan pangagêng saking sanès praja, punika kêdah atur hurmat ingkang botên sakêdhik wragadipun. Ananging wêdaling arta wau kados botên sapintêna manawi kapandhing kalihan dados saening sêsrawunganipun praja kalih punika.

EROPA.

Anti-Yahudi. Kala tanggal 19 ing wulan punika saking Warschau dipun kabarakên, bilih ing nagari Polen samangke trajangipun têtiyang ingrika anggènipun sami sêngit dhatêng tiyang Yahudi saya nguwatosakên. Malah dèrèng dangu punika mêntas wontên pasulayan ingkang rame sangêt. Botên ngêmungakên ing kitha-kitha kemawon, sanajan ing dhusun-dhusun makatên ugi, inggih punika têtiyang bangsa Yahudi sami dipun pisakit wontên ing satêngahing margi, toko tuwin barang darbèkipun sami dipun rampas. Malah têtiyang ing Polen wau sami ngawontênakên sêrat sêbaran, ingkang isinipuisinipun. ajak-ajak ambaekot dhatêng bangsa Yahudi wau.

Bab sêsêngitan dhatêng bangsa Yahudi punika salêrêsipun sanès pawartos enggal. Ananging sampun kina-makina bangsa Yahudi punika pancèn tansah dipun sêngit bangsa sanès. Mênggah aslinipun bangsa Yahudi punika saking nagari Palestina. Ing wusana lajêng mêncar dhatêng pundi-pundi. Dene anggènipun dipun sêngit ing bangsa sanès, jalaran gêsangipun beda sangêt. Kêrêp sangêt dipun dakwa ingkang botên-botên, kados ta: manawi ing praja tuwuh sêsakit ingkang nular, punika manawi dipun anggêp sanès pandamêlipun bangsa Yahudi, inggih dipun anggêp bilih ingkang Kuwasa paring dêduka, dene têtiyang ing praja sami ngidini bangsa Yahudi dêdunung wontên ingriku. Jalaran saking punika lajêng kêrêp sangêt bangsa Yahudi dipun pisakit, malah kathah kemawon ingkang sami dipun pêjahi.

--- 1488 ---

Wêwaosan

Dongèng ingkang kaping Tiga

Drêsthadyumna.

5.

[Asmaradana]

miwah angojok-ojoki / dhatêng para tiyang Singha / satêmah wong Singha akèh / kang padha ambangkang prentah / tan arsa ngantêpana / ambalela anut rêmbug / tan arsa agama Budha //

sigêg gantya kang winarni / nagri Anuradapura / wontên sujanma kinaot / anama Sang Nandimita / klêrês nak dhèrèkira / mantri pramukya gul-agul / wadyane Prabu Elala //

Nandimita langkung sêkti / kawêntar wong sanagara / sangêt rosa bêbalunge / kulite tos kadi waja / mantêp madhêp tekadnya / kang dèn pundhi dèn sêsuhun / pan amung agama Budha //

marma mring golongan Tamil / sêngite Sang Nandimita / têrus ing lair batine / ngunggut-unggut datan rêna / ing mangke karyanira / andingkik ing tindakipun / wong Tamil kang tan prayoga //

lamun Nandimita uning / wontên wong Tamil kang ngrisak / mring yêyasan Budha age / cinêpêng gya pinêjahan / binucal dhatêng wana / tan ana janma kang wêruh / wit saking prigêling lampah //

sarèhning mèh sabên ari / wong Tamil kathah kang pêjah / dangu-dangu kathah longe / nanging datan kawanguran / tingkahe Nandimita / lan bangke kang ical wau / ugi datanpa wusana //

cêkake tan antuk titik / sapa ingkang gawe pokal / amêmati mring kancane / atarka tinarka samya / kabèh tanna rumasa / têmah bingung titing. bilulung / karya gawoking ngakathah //

wau ing alami-lami / nulya wontên kang uninga / marang ing pokal gawene / wong Singha ingkang mangkana / ya ta katur sang nata / Prabu Elala gya ngutus / wadya kinèn anyêpênga //

marang kang alaku juti / wèh tistising wong sapraja / nanging wau sadèrènge / Nandimita pinalandang / sampun prayitnèng lampah / umpêtan gwan ingkang singub / tan ana janma kang wikan //

pra prajurit dupi uning / lamun wau Nandimita / singidan tanna kang wêroh / ingupaya tan kapanggya / kacuwan palarasan / wus katur ing sang aprabu / cabar lampahing punggawa //

ingkang sami amadosi / ngalor ngidul ngulon ngetan / mung sayah pêgêl driyane / ngêlanthung mantuk wismanya / kocapa Nandimita / anggarjita ing tyasipun / lamun tangèh kasêmbadan //

nadyan bêbalunga wêsi / wong siji yêkti tan nyôngga / maring karosaning kabèh / paran amrih kalêksanan / sêdyane dènirarsa / matèni wong Tamil agung / tur mangke wus kadêngangan //

tandya angikis ing ratri / kesah mring nagri Ruhuna / jalaran mirêng pawartos / lamun Ruhuna punika / kêrèh mring ratu Budha / ambêk utama sang prabu / wong Tamil tan anèng kana //

dadya gancanging lumaris / nèng margi tan winursita / wus prapta Ruhuna mangke / sira Nandimita sowan / lumêbu jro kadhatyan / pinanggihan mring sang bagus / Pangran Dyumna dahat suka //

noraga dènira linggih / Nandimita mamèt prana / tur sêmbah gya ngaturake / kang dados sêdyaning manah / arsa mêjahi janma / golongan wong gama Indhu / têtiyang Tamil sadaya //

miwah sangêt dènnya ngèsthi / arsa jêmbarkên têbanya / agama Budha kinaot / sagêda lajêng sumêbar / ngômbra-ômbra warata / kêmputa saindêngipun / pulo Langka ywa na liya //

ngêmungna Budha agami / têlas ture Nandimita / pangran langkung rêna tyase / kapasang yogya ing lampah / ya ta jêngkar lênggahnya / ngadhêp ngarsèng ibunipun / ngaturkên kang lagi prapta //

lêga panggalih sang putri / dene tuk bantu utama / kêna dipun êndêlake / dhawuhe sang pramèswara / Nandimita ingangkat / dadya senapati mungguh / manggalaning wadyabala //

duk samana sang apêkik / ngunandika jro wardaya / nadyan Nandimita kiye / rosane kagila-gila / nanging amung sajuga / yêkti durung kuwat ingsun / mungsuh wong Tamil kang lêksan //

karoban lawan ing jurit / paran margane unggula / bêcik ingsun nglumpukake / punggawa kang rosa-rosa / kang sêkti môndraguna / mrih tan kuciwa ing besuk / ngadu yasa nèng palagan //

datan ucapên ing tulis / anyarêngi môngsa kala / dèrèng antara lamine / sarwa gampang kang pinanggya / pangran mangke wus angsal / punggawa langkung pinunjul / kinarya gul-aguling prang //

Suranimila kang nami / sru kawêntar ing ngakathah / rikat sangêt palayune / kadya angin yèn lumampah / kuda kang lagi bandhang / kêtututan plajêngipun / tan rêkasa tiningalan //

sadèrèngipun tinampi / dadya prajurit cinoba / apa nyata kadibyane / nulya kinèn bêkta surat / mring mitrane jêng pangran / ingkang têbih dunungipun / lakon luwih têlung dina //

Suranimila wus amit / ambêkta punang kintaka / bidhal anggêblas lampahe / wanci enjing pangkatira / enjinge malih prapta / amung sadintên sadalu / wus bali ngarsa jêng pangran //

gawok kang sami udani / dene ana wong mangkana / pinarcaya suwitane / tandya Sang Suranimila / môngka pangarsèng wadya / nindhihi prajurit agung / saya gambiraning wadya // (Badhe kasambêtan)

--- [0] ---

[Iklan]