Sastra Jawa

Program Digitalisasi Sastra Daerah

  • Increase font size
  • Default font size
  • Decrease font size

Kajawèn, Balai Pustaka, 1931-12, #1646

Katalog:Kajawèn, Balai Pustaka, 1931, #1646
Sambung:
1.Kajawèn, Balai Pustaka, 1931-01, #1646. Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #438.
2.Kajawèn, Balai Pustaka, 1931-02, #1646. Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #439.
3.Kajawèn, Balai Pustaka, 1931-03, #1646. Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #440.
4.Kajawèn, Balai Pustaka, 1931-04, #1646. Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #441.
5.Kajawèn, Balai Pustaka, 1931-05, #1646. Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #442.
6.Kajawèn, Balai Pustaka, 1931-06, #1646. Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #443.
7.Kajawèn, Balai Pustaka, 1931-07, #1646. Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #444.
8.Kajawèn, Balai Pustaka, 1931-08, #1646. Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #445.
9.Kajawèn, Balai Pustaka, 1931-09, #1646. Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #446.
10.Kajawèn, Balai Pustaka, 1931-10, #1646 . Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #447.
11.Kajawèn, Balai Pustaka, 1931-11, #1646. Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #448.
12.Kajawèn, Balai Pustaka, 1931-12, #1646 . Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #449.

Ôngka 98, 28 Rêjêb Taun Je 1862, 9 Dhesèmbêr 1931, Taun VI

Kajawèn

[Iklan]

--- [1537] ---

Ôngka 98, 28 Rêjêb Je 1862, 9 Dhesèmbêr 1931, Taun VI

Kajawèn

Kawêdalakên sabên dintên Rêbo lan Sabtu

Rêgining kalawarti punika ing dalêm tigang wulan ... f 1.50, bayaranipun kasuwun rumiyin, botên kenging langganan kirang saking 3 wulan.

Juru ngarang - administrasi Bale Pustaka, ing sawingkinging kantor palis, tilpun nomêr 2791 - Bêtawi Sèntrêm.

Sumatra Kidul

[Grafik]

Ing nginggil punika sêsawangan ing satêngahing wana, ing tanah Bêngkulên.

--- 1538 ---

Jagading Wanita

Pundi ingkang Nama Tiyang Èstri Jawi Dèrèng Majêng

Têmbung kamajêngan ingatasing wanita, ngêmbyahipun sawêg pinanggih wontên ing jaman sapunika, tuwin ingkang nama kamajêngan wau warni-warni. Ing sakawit, tiyang èstri sagêd maos kemawon sampun dipun wastani majêng, dangu-dangu ajêngipun saya katingal, wusana ngêmbyah sampun botên kirang tiyang èstri ingkang sami cêpêng damêl wontên ing kantor-kantor tuwin dados guru, lan ugi sampun wontên ingkang dados dhoktêr, tamtunipun dangu-dangu wontên ingkang wêdalan saking pamulangan ingkang langkung inggil malih. Dene kamajêngan wau, pinanggihipun sami wiji saking kilenan.

[Grafik]

Pêkên, panggenanipun tiyang èstri among dagang, bêbakulan.

Ing bab kamajêngan wau lajêng nuwuhakên pitakenan, punapa tumrapipun bôngsa Jawi èstri punika botên gadhah kamajêngan piyambak, ingkang botên sarana saking tuntunan kilenan. Ingkang makatên wau salugunipun inggih wontên, nanging tumraping wanita Jawi, limrahipun ingkang sampun majêng rumiyin tumrap ingkang sanès golongan priyantun, dados botên ing bab ulah sastra, mila kamajênganipun wau gêgayutan ing bab pados kêdha.têdha. Dene ingkang dipun tindakakên ing bab among dagang utawi padamêlan kriya sawatawis.

Ingkang dipun wastani among dagang punika sanyata tiyang èstri Jawi sampun dangu anggènipun sagêd bêbakulan, limrahipun ingkang dipun wastani bakul punika sêsadean bangsaning sinjang. Punika sintêna kemawon, ingkang sampun ngambah tanah Jawi Têngah tamtu sumêrêp, malah pinanggihipun ing sapunika bakul wau inggih sampun pinanggih ing pundi-pundi. Ing bab [ba...]

--- 1539 ---

[...b] tumindaking damêl botên nguciwani, sumêrêp dhatêng petang, sumêrêp lampah kêndho kêncênging padagangan, dhatêng ubad-ubêd prigêl, sagêd nyade wiwit sakêdhik ngantos kathah, ingkang kathah wau ngantos rêrêgèn ewon. Dene limrahipun ingkang dipun wastani bakul punika dagang alit, ingkang agêng sudagar, nanging sadaya wau lajêng kagêbyah nama bakul.

Para, punika tiyang èstri ingkang padamêlanipun sadean barang mas intên, wontên ingkang manggèn ing padhasaran, wontên ingkang mlêbêt dhatêng pakampungan, tumindaking panyade barang daganganipun sagêd sangêt, tuwin mangrêtos dhatêng ubêd. Dene barang ingkang dipun sade wau botên namung barang rêgi dasanan utawi atusan kemawon, malah wontên ingkang ewon.

[Grafik]

Barang-barang damêlanipun para wanita, wontên ing tèntunsêtèlêng Ngayogya.

Padamêlan among dagang kalih warni wau tumrapipun wontên ing Jawi Têngah kêlimrah sangêt. Nanging tumrapipun wontên ing jaman rumiyin, pakaryan ingkang kados makatên punika tumraping umum botên patos dipun wigatosakên, malah tumraping golongan alusan, inggih punika para priyantun, gadhah panganggêp, bilih padamêlan kados makatên punika asor, tuwin mastani tiyang èstri ingkang kados makatên punika sangsara. Awit ingatasing tiyang èstri têka dipun êcakakên ing damêl kapurih pados têdha, tiyangipun jalêr namung thênguk-thênguk wontên ing griya. Môngka limrahipun tiyang èstri punika botên wajib gadhah padamêlan pados têdha.

Ucap ingkang kados makatên punika tumrapipun wontên ing jaman rumiyin sajak mathuk sangêt. Nanging sawênèh malah wontên ingkang ngalêmbana dhatêng tumindaking damêlipun tiyang èstri wau, lan ngapêsakên tiyang jalêr, dados atêgês ingkang pados têdha punika pancèn tiyang èstri.

Sayêktosipun pangintên ingkang kados makatên punika ugi kalintu, awit tumraping bôngsa Jawi, ingkang sudagar utawi bakul, ingkang jalêr inggih tumut ngobètakên padamêlan, dados jalêr èstri nama rumagang ing damêl. Makatên ugi tumraping para, punika ingkang jalêr limrahipun dados kêmasan, nama sampun mungguh sangêt.

Tuwuhing têmbung panyeda dhatêng tumindaking damêl tiyang èstri kala ing jaman samantên, tamtunipun saking jalaran kala ing jaman samantên punika dèrèng wontên [wo...]

--- 1540 ---

[...ntên] ucap kamajêngan wanita. Lan malih tuwuhing têmbung panyeda wau kintên-kintên jalaran saking undha-usuking kadrajatan, upaminipun ingkang bangsaning priyantun, punika anggèning ngrèmèhakên dhatêng tindak bêbakulan, pinanggih miwir wontên ing lambe. Nanging sok ngantos kalepyan, bilih ingkang sok mêmaoni wau inggih wontên ingkang gadhah tindak bêbakulan, namung kaot botên idêr utawi dhasar angatingal. Dene priyantun ingkang gadhah tindak kados makatên punika dipun wastani bakul timpuh.

Caraning bêbakulan ingkang kados makatên punika, pinanggihipun wontên ing jaman sapunika, sanadyan botên methok, nanging larasipun inggih sampun dipun ajêngi dhatêng para wanita, namung taksih mawi êmpan papan, tuwin pilih-pilih. Tôndha yêktinipun, ing kalamangsanipun wontên prêlu, kados ta manawi nuju wontên pasar malêm sapanunggilanipun, punika golonganing wanita tamtu sami ngêdali mitongtonakên barang dêdamêlanipun, nanging dêrênging kajêng sawêg pinanggih wontên ing bab ngajêngakên kagunan, sajak dèrèng katingal ing bab pangudinipun pados kaskaya. Beda kalihan papan padhasaraning para bakul, wujuding pangudi pados panggêsangan katingal.

Mênggahing pangintên, tindak ajênging kagunan wau manawi sampun sagêd dados padagangan, têgêsipun dipun niyati pados kaskaya, inggih katingal saha prayogi, awit ing ngriku badhe ngicali raos bedaning kadrajatan, lajêng namung maligi ngambah margi satunggal. Badhe kasambêtan.

Ha.

--- 1541 ---

Kawruh Padhalangan

Ringkêsaning Kawruh Padhalangan Ringgit Purwa ing Surakarta

Sambêtipun Kajawèn nomêr 96.

Bab isi.

Sarananipun kulina dhatêng pakêm-pakêm tuwin dêdongengan lan babad, sapanunggilanipun. Punapadene paham dhatêng wujud sarta wataking ringgit satunggal-satunggal.

Isi punika ngatingalakên suraos, amêmêtha sarta angêdalakên (uiting) suraos kawontênaning dhalang. Dene peranganipun kados ing ngandhap punika:

1. basa, 2. carita, 3. ginêm, 4. ôntawacana, 5. sabêtan lan tancêban, 6. tatakrama, 7. nyumêrêpi lan sagêd angêtrapakên wêwatakaning ringgit satunggal-satunggal. 8. sagêd nandukakên lampahing suraos ingkang tipis dhatêng kandêl, kandêl dhatêng tipis, 9. mêmatut sadaya tumindaking pirantos lan gancaring lampahan, 10. piangkuhing dhalang, prêlu damêl daya prabawa.

[Grafik]

Sang Hyang Guru.

Katêranganipun perangan ing nginggil wau kados ing ngandhap punika:

1. Bab basa

Basa ingkang kangge ing paringgitan punika basa Jawi limrah sapunika, ngoko, krama inggil, krama wantah, madya. Punika sadaya botên mawi têmbung: dalêm, panjênêngan dalêm, punapadene: adhi mas, lan adhi ajêng. Dene ingkang kangge ginêming ringgit kapara dipun kathahi ngangge têmbung paprênahan, kados ta: raka para, anak para, pun kakang, pun bapa, si adhi, sapanunggilanipun. Dados ngirangi têmbung: kowe, aku, kula, panjênêngan, sapiturutipun. Makatên punika supados lampahing rêrakêtan botên kraos wadhag. Kajawi manawi nuju sêrêng, utawi ginêm gêgujêngan (sêsêmbranan), ingkang tumrap pangêla-êla, pamanuhara, pamuji tuwin cêcamah, pangerang-erang, punika mawi kaslundhingan têmbung Kawi (kasêbut ing nginggil wau, gêlaranipun sagêd katitik wontên ing wingking: bab ginêm tuwin ucap-ucapan).

Basa ingkang kangge ucap-ucapan punika jêjêripun basa ngoko. Nanging dipun salundhingi krama sawatawis, tuwin basa Kawi, sadaya sêsêbutan sarta unggah-ungguh tumrap para luhur ing ngriki mawi krama inggil.

Wêwaton sawatawis:

Bathara Guru dhatêng para dewa: ingsun - sira, dhatêng narada: manira - pakênira.§ Wêwaton saking pasinaon padhalangan ing Surakarta: ulun - kita, nanging sarèhning têmbung kêkalih wau ing samangke sampun sanès têgêsipun, mila prayoginipun angangge: manira - pakênira.

--- 1542 ---

Duryudana dhatêng lawananipun (Durna, Sangkuni) ing salêbêtipun pathêt 6 ngangge: manira - pakênira.

Krêsna utawi ratu sanès-sanèsipun dhatêng lawananipun, manawi ngoko: sira - ingsun.

Patih sami patih, tumrap krama lan ngoko: reyang - rika.

Punggawa sami punggawa: para - mara.

Pandhita sami pandhita: robaya - palibaya.

Sadaya titah dhatêng jawata: ulun - pukulun.

Basanipun abdi utawi para nèm dhatêng ratu ingkang kaprênah sêpuh, tuwin dhatêng para luhur punika: kula - paduka.

Sanèsipun ingkang kasêbut ing nginggil wau, unggah-ungguhipun ngangge wêwaton basa ingkang sampun kêlimrah.

2. Bab carita.

Ingkang dipun wastani carita punika wicantêning dhalang angucapakên kawontênaning ringgit ingkang dipun tindakakên, tuwin anggancarakên sadaya lampahan sarta pangudaraosing ringgit. Dados bab carita punika panggancaring dhalang tumuju dhatêng ingkang ningali ringgit.

3. Bab ginêm

Ingkang dipun wastani ginêm punika wicantêning ringgit, lawanan kalihan sasamining ringgit, kalêbêt banyol, prênès, ngês, sêm, grêgêt, grêngsêng, sêrêng.

4. Bab ôntawacana.

Inggih punika mêmatut, anyèplêsakên suwantêning (kêdal) ringgit satunggal-satunggal. Peranganipun badhe kapratelakakên ing wingking.

[Grafik]

Sang Hyang Narada.

Bab 5, 6 lan 7 badhe katêrangakên ing wingking.

8. Bab lampahing suraos ingkang kandêl dhatêng tipis, tipis dhatêng kandêl.

Lampahing ginêm, carita, solahing ringgit punika kêdah turut, tata, katingal kados sayêktos, botên nyêndhu, botên sigug dhatêng pangraos, sagêd nênangi raosing tiyang ningali. Inggih punika ingkang dipun wastani: lêbda.

Pawartos saking Administrasi

Lêngganan nomêr 3671 ing Cangkring (Jênggawah). Bab titêl utawi sêsêbutan Bale Pustaka botên sagêd minangkani. Prayogi panjênêngan nyuwun piyambak dhatêng ingkang wajib. Dene prakawis almênak, manawi têmên botên tampi, sagêd gugat dhatêng Bale Pustaka, sarta inggih badhe dipun lintoni, nanging sampun kêdangon.

--- 1543 ---

Bab Kasusastran

Busananing Basa

Ing basa Jawi wontên ingkang kawastanan busananing basa. Mênggah ingkang kawastanan makatên wau, inggih punika: têtêmbungan utawi ukara ingkang limrahipun namung dados rêrêngganing basa kemawon. Tiyang anggènipun ngrêngga basanipun amrih saenipun, botên beda kados anggènipun ngrêngga badanipun piyambak.

Dene ingkang kawastanan makatên upami kados ing ngandhap punika:

Tiyang ingkang rêmên suka pangapuntên dipun wastani: jêmbar manahipun. Jêmbaring manah kagambar kados sagantên, pramila lajêng wontên têtêmbungan: mugi karsa anglubèrakên ombaking samodra pangaksama, utawi: mugi karsa ambêdhah tambaking udaya pangaksama.

Tiyang nyênyanggi punika botên kenging miring-miring, manawi makatên tamtu dhawahipun. Padamêlan utawi têtanggêlan ingkang botên kenging ginampil, sanès baèn-baèn, punika lajêng dipun têmbungakên: botên kenging sinôngga miring.

Bingah utawi susah, asring kagambar kadosdene sandhangan, upami ing têtêmbungan: bubuhane manungsa iku kaslendhangan bungah lan susah. Ing ukara ngriku, bungah lan susah kagambar kadosdene slendhang.

Ukara-ukara ingkang kados makatên wau ing basa Jawi kawastanan: ukara anjogèd. Ing ngandhap punika panunggilanipun ukara anjogèd.

Ing pakêm padhalangan manawi kula botên kalèntu wontên têtêmbungan makatên:

Sanajan akèh kawula manira, ingkang pinangku jêjenggote, sakêpêl kumbalane, ingkang anom ngungkuli sira ana, ingkang tuwa luwih ing pakênira boya kurang, nanging boya ana prayoga imbal wacana lan manira, kajaba mung sira, patut ambabadi kang asukêt, angobori ing pêpêtêng. Punika têgêsipun: botên wontên tiyang sanès ingkang patut dipun jak rêmbagan, kajawi ingkang sawêg dipun jak ginêman.

Kawula nuwun sarêng kawula tampi timbalanipun kangjêng sinuhun, wontên ing jawi guguping manah kawula lir tinubruk ing mong tuna, sinambêr ing gêlap lêpat, upami pirsa calèrèt, botên wuninga dhatênging gêlap, lir pendah alang-alang salômba pinanjêr madyaning ngalun-alun, katiyup ing maruta, sakêlangkung anggèn kawula kumêjot kumitir, caruk awor maras guguping manah kawula, sarêng dumugi ing ngarsanipun kangjêng sinuhun, botên darbe kuwatos, kawula nuwun-nuwun. Têgêsipun ingkang baku: sarêng tampi timbalan kawula sampun ngadhêp ing ngarsa nata, botên maras.

Miyarsa pawartos pêpêkênan (bêbaratan) saking asringing samirana, asraking ampuhan, lêpasing gundhala, bêbasan tutur kalantur, pawartos katular, ujar pinajarakên janma, manawi pun adhi badhe nambut silaning akrama. Têgêsipun: mirêng [mi...]

--- 1544 ---

[...rêng] pawartos ingkang dèrèng kenging pinitados, manawi pun adhi badhe krama.

Dêlap kawula mugi kalilana anuwila gônda, têmbung ngawu-awu, lêpata ing saru siku, dene kumapurun rumakit krama raka dhatêng paduka. Sayêktosipun kawula punika têbih-têbih inggih taksih kantênan prênahipun, lamat-lamat inggih taksih katingal kukusipun, kentar-kentaring maruta inggih taksih mambêt gandanipun (taksih kantênan talêripun).

Têgêsipun: nyuwun pangapuntên dene purun nyêbut raka, saèstunipun taksih kaprênah sadhèrèk, sanajan sampun têbih.

Mênggah tiyang nglairakên krêntêging manahipun, pikajêngan utawi raosing manahipun, wontêna ing pawicantênan, wontêna ing sêrat, sasagêd-sagêd mêsthi murih cêtha, luwês, manis, urut tuwin botên wor-suh. Awit saking punika pamilihing têmbung-têmbungipun kêdah ingkang patitis, runtut, mapan utawi lênggah, utaminipun rêsik.

Kajawi makatên, kangge ingkang bêsus ing sastra, têtêmbungan utawi ukara minôngka rêrênggan, supados sakeca dipun mirêngakên. Têtêmbungan ingkang makatên punika ingkang kawastanan busananing basa.

Busananing basa punika warni-warni sangêt, wontên ingkang kangge ing pawicantênan, wontên ingkang kangge ing sêrat-sêrat, tuwin wontên ingkang kangge ing padhalangan.

Wasana karangan punika kula cugagjugag. samantên kemawon rumiyin.

Kula, Lamingun.

--- 1545 ---

Bab Tanêman

Jamur Dipa

Sampun sawatawis wulan ing panggenan kula, para tiyang ing padhusunan katingal sami ribut anggènipun sami ngupakara jamur dipa, kados ing sanès panggenan inggih sampun wontên. Ingkang kula gumuni punika botên wontên malih namung anggènipun tumuntên sagêd wradin, saking kathahipun ngantos sabên tiyang jagongan, ingkang dipun rêmbag inggih jamur dipa.

Kados botên wontên awonipun kula andharakên wontên ing udyana Kajawèn ngriki. Mênggah wujudipun jamur dipa punika pêthak kadosdene srabi, anggadhahi daya kêcut kados cokak, miturut cariyosipun têtiyang ingkang sami ngyêktosi sagêd ngindhakakên kêkiyatan dhatêng badan, lêrês lêpatipun nyumanggakakên. Namung anggèn kula ngyêktosi piyambak, murugakên gampil ambêbucal sagêd lêmês, kados manawi mêntas nêdha tela gantung.

Pangupakaranipun kêdah kadèkèkakên wontên ing wedang tèh ingkang sampun asrêp, kasaring sampun ngantos katut ampasipun, kadèkèkakên wontên ing lodhong. Dangu-dangunipun sabên gangsal dintên sapisan kêdah dipun santuni wedang tèh enggal, lodhong sarta jamuripun dipun rêsiki, jamur sagêd enggal agêng, manawi ngantos langkung saking gangsal dintên, toyanipun kêkêcutên, sarta jamuripun dangu mindhakipun agêng. Dene jamur wau namung manut wadhahipun, manawi wadhahipun alit inggih alit, manawi wadhahipun agêng inggih sagêd agêng. Antawisipun sêdasa dintên jamur wau sampun kandêl, ing ngandhap katingal badhe thèthèl, punika lajêng kapêndhêt kenging kangge wiji, malah rêrêgêdipun ingkang pating klêthêr punika kemawon sagêd dados agêng.

Saupami jamur wau agêngipun sami lepekan alit, lodhongipun ingkang cêkapan, wedangipun sêtêngah, punika sadintên sadalu sampun kraos kêcut. Manawi ngunjuk kêdah mawi gêndhis pasir utawi batu, langkung prayogi gêndhis wau dipun êmor pisan dipun cêncêm sarêng kalihan wedang, sabên ngunjuk kantun nyaring kemawon, raosipun kados badhèg (lêgèn), mathukipun manawi kaunjuk ing wanci siyang, sêgêr.

Wontên pêpèngêtipun sakêdhik, jamur wau manawi dipun dèkèkakên ing lodhong sampun katutup rapêt, kêdah angsal hawa, utawi manawi wedangipun taksih angêt lajêng pêjah botên sagêd mindhak agêng.

Ing sarèhning bab punika kula dèrèng sagêd nyumêrêpi saking pundi aslinipun, sarta punapa wontên dayanipun sanès malih, bokmanawi para maos wontên ingkang nguningani, mugi kaparênga ngandharakên wontên udyana Kajawèn ngriki, supados kauningan ing ngakathah, sarta sagêda mêwahi sêsêrêpan sawatawis.

Wasana nyuwun gunging samodra pangaksama.

Pak Dipa, Banyudana.

--- 1546 ---

Griya Pangupakara Lare Yatim

Sampun sawatawis wulan Kajawèn nate ngêwrat bab parêpatan wanita ingkang ngrêmbag badhe adêging griya pangupakara lare yatim. Bab punika wontên pawartos saking sêsêpuhing pakêmpalan wanita nama wara Sri Suwarsa, bilih sapunika Roekoen Isteri, inggih punika namaning pakêmpalan wanita, sampun kêlampahan sagêd ngêdêgakên griya pangupakara lare yatim, ingkang dipun namakakên Peroemahan anak-anak jatim piatoe dari Roekoen Isteri. Manggèn ing gang Sêntiong nomêr 51 Batawi.

[Grafik]

Lare-lare yatim ingkang nuju dipun sinaoni ulah raga dening wara Sri Suwarsa.

Lare-lare yatim ingkang dipun upakara wontên ing ngriku punika ingkang kathah asli saking sajawining kitha Batawi. Tamtu kemawon gênging pigunanipun griya wau lajêng saya katingal. Kajawi punika, warganing pakêmpalan inggih tansah ngudi pados lare-lare lola, ingkang ugi lajêng kathah tiyang ingkang nglêbêtakên lare.

Kathah tiyang èstri ingkang dipun tilar ngajal dening gurulaki lajêng sangsara gêsangipun, nêdhanipun kemawon botên sagêd ajêg, môngka gadhah têtanggêlan lare kathah, wusana lajêng gadhah panêmbung dhatêng pakêmpalan, supados anakipun sagêd dipun pondhokakên wontên ing ngriku, murih sagêd angsal tuntunan prayogi.

Mirid kawontênan ingkang kados makatên punika, sanadyan botên kapratelakna panjang, kados para maos sampun sagêd anggalih piyambak mênggahing pigunanipun darma dhatêng griya pangupakara wau.

[Grafik]

Lare-lare yatim kagambar wontên ing patilêman.

Kados-kados kala ing jamanipun rumiyin, tindak kados makatên punika dèrèng wontên, nanging pinanggihipun wontên ing jaman kamajêngan, pambudidaya ingkang nuju dhatêng kautamèn, tansah lumintu wontênipun. Mila sarêng kalampahan ada-ada damêl griya pangupakara lare punika sagêd ngadêg, umumipun tiyang lajêng angajêngi saha ngalêmbana.

Wusana namung pinuji sagêda widada ing salajêngipun.

--- 1547 ---

Rêmbagipun Garèng lan Petruk

Bab Inuman Kêras

II.

Garèng: Ambanjurake rêmbugane lagi dina Sabtu kang kapungkur ing bab inuman kêras. Dadi yèn aku ora kaliru tômpa mungguhing katêranganamu ing ngarêp, kalawarti Kajawèn kuwi ora nocogi bangêt, ta, karo wong ngombe inuman kêras kuwi, mêngkono uga mêsthine iya ora amrayogakake ta. Dadi têmtune nyang wong ngombe bir, Kajawèn iya ora mathuk, ta, awit bir kuwi wong iya kalêbu nyang inuman kêras.

Petruk: Iya wis mêsthi bae, yèn Kajawèn ora rujuk, ora cocog, ora sênêng, lan ora mathuk, sanadyan bir kuwi alkohole mung sathithik, nanging sanadyan alkohole mung sathithik, wong ngombe bir kuwi rak gampang mabuke, ta.

Garèng: Ngrungokake: he, he, he, omongmu: hu, hu, hu, kuwi: hi, hi, hi, aku: hu, hu, hu, kok gumun: hun, hun, hun.

Petruk: Wayah, ana guyu kok nganggo matèningêna barang kiyi apa modhèl jaman mêlèsèd kiyi.

Garèng: Anggonku angguyu nganti ngêtokake modhê kuwi jalaran saka gumunku, Truk. Awit katêranganamu sing kaya mêngkono mau banjur ngelingake aku nyang lêlakon rong rupa ing jaman biyèn, yaiku: 1e. dhèk biyèn ana mantri guru kasuwur bangêt anggone kêrêng, para muride kabèh dilarangi kêras: ora kêna dhir-dhiran, jirak, utawa adu kêcik sing pancèn nganggo totohan, larangan sing mêngkono kuwi pancèn iya utama bangêt. Bocah wis mêsthine kudu wiwit cilik disinau aja nganti dhêmên ngabotohan. Nanging bêndara mantri guru dhewe, nèk dina Sabtu saka sêkolahan, ora kondur nyang dalême, nanging banjur tindak nyang dalême priyayi liya, prêlu pitêkur ngadhêpi kitab sipat satus rongpuluh, lèrèn-lèrèn barêng wis wanci lumêbu sêkolah manèh, iya iku dina Sênène. [Sênè...]

--- 1548 ---

[...ne.] 2e. Ana sawijining priyayi luhur nglarangi bangêt nyang bawahe nômpa punjungan saka rerehane. Ing sawijining dina ana wong sowan munjung tômbra sakempol gêdhene, wis mêsthi bae yèn sanalika kono priyayi luhur mau iya banjur duka bangêt mangkene: Kur ... rang ... ajar, têka wani-wani munjung nyang aku, apa kowe ora krungu wêrta, hèh, yèn aku nglarangi wong-wong padha munjung nyang lurahe. Trayoli, kur ... rang ajar, ayo ... digawa nyang buri.

Petruk: Kang Garèng, lo samono yèn kowe arêp ngrêti abote wong dadi guru, yèn arêp nêtêpi kuwajibane sing têmênan, yaiku mulang lan mituturi para muride sing dadi têtanggungane. Anggone nganti nglakoni main sadina rong bêngi mau, kowe aja ujug-ujug banjur ngarani ala bae, sapa wêruh bokmanawa anggone dilakoni ngabotohan dhewe mau, prêlu arêp angyêktèkake dhewe mungguh alane wong main, supaya ing têmbe anggone mulang lan mituturi muride bisa kanthi kayakinan sing têmênan. Dene anane priyayi luhur nglarangi bawahe nômpa punjungan, nanging slirane krêsa diaturi apa-apa dening rèh-rèhane, kuwi jalaran panjênêngane wis prêcaya nyang salirane dhewe, yèn sakèhing punjungan mau ora bisa andayani barang-barang nyang salirane. Balik bawah-bawahe rak durung karuwan bisa mêngkono kuwi, ta. Mulane anggone nômpa punjungan tômbra mau iya nganggo duka-duka, kuwi krêsane rak arêp ngetokake yèn sabênêre ora krêsa nômpa punjungan, ing wusanane banjur krêsa nômpa, kuwi rak saka wêlase anggone wong sing atur-atur mau wis kangelan anggawa tômbra doh kana doh kene.

Garèng: Utawa tambrane sajake katon gamol bangêt. Wis, wis, kok banjur liya bab sing dirêmbug. Ngrêti, Truk, sababe apa aku mau gumuyu kêpingkêl-pingkêl nganti untuku mèh kêslilitên ilatku dhewe, lo, kuwi saka gumuning atiku. Kowe mau rak kôndha, yèn Kajawèn ora rujuk bangêt nyang inuman kêras, dadi mêsthine iya ora mathuk nyang ombèn-ombèn bir. Nanging genea Kajawèn sabên-sabên têka macak pariwara bab bir, sing kaya ngono kuwi rak banjur kayadene Kajawèn ajak-ajak nyang langganane mangkene: He, sadulur-sadulur, ayo padha lim-liman, ning aja milih ombèn-ombèn liyane kajaba bir, awit bir kiyi rasane sêgêr, gandêm, nang awak mak pyar ...

Petruk: Kang Garèng, kanggone aku dhewe pancèn iya sêpêt rasane andêlêng pariwara bab bir ing sajêrone kalawarti Kajawèn kiyi. Nanging kowe kudu ngèlingi nyang lakune layang kabar utawa kalawarti kuwi, sing nindakake murih layang kabar utawa kalawarti bisa lêstari urip, kuwi ana rong golongan, yaiku golongan redhaksi lan golongan administrasi.

Garèng: Wèh kathik mêtu têmbung-têmbunge sing pating krêsi, ewasamono dhasare aku kiyi pancèn wong cathekan, iya mêsthi bisa anêgêsake, iya kuwi mangkene: re ... dhak ... si, kuwi kiraku golongan sing kudu reka-reka andhadhagi isining koran, dene

--- 1549 ---

adminisêtrasi, ing sarèhne ing kono ana têmbunge mêni-mêni mêngkono, yaiku basa Inggris kang atêgês: phulus, dadi adminisêtrasi mau iya golongan sing kajibah ngisi phulus.

Petruk: Sanadyan katêranganamu kiyi sabênêre jênêng cara ngawur bae, nanging iya ana bênêre sawatara, pancèn iya mula mangkono, redhaksi kuwi sing kajibah ngisi korane, adminisêtrasi diwajibake golèk dhuwit. Nèk andêlêng kuwajibane bae wis beda-beda, wis mêsthi bae yèn ancase iya banjur beda-beda, redhaksi karêpane iya mung arêp ngêmot apa-apa sing pancèn migunani lan murakabi tumrap sing maca, nanging si adminisêtrasi biyasane sok mata dhuwitên bangêt, pathokane mung anggêre olèh dhuwit, apa migunani utawa ora tumrape sing maca, iya ora pati ambil kêpala pusing.

Garèng: Wah, saya ora ngrêti babarpisan aku. Jarene wêtune Kajawèn kuwi ora niyat golèk bathi, mung sumêdya awèh panêrangan marang wong-wong sing padha maca, lan ing sarèhne sing ngêtokake Kajawèn kuwi rama prabu guprêmèn, panêrangane mau iya wis mêsthi bae yèn ora ngajak bithèn utawa êmbek-êmbekan, nanging sabisa-bisa iya kudu alus, sèh. Dadi nèk koran liya-liyane padha muring-muring banjur bêgita-bêgitu lan brigah-brigih, bangêt-bangête Kajawèn bisane mung: plêrak-plêruk, kê ... prèt. Lo, saiki jêbul ana cacritan, yèn Kajawèn uga golèk phulus.

Petruk: Ancase Kajawèn iya isih tulus kaya biyèn bae, mulane pangêdole iya murih bangêt, mara, ta, itungên, ingatase Kajawèn kuwi isine warna-warna tur nganggo gambar barang, têlung sasine 13 iji kok mung rêga f 1.50, dadi siji-sijine rêgane rak luwih murah katimbang mi gorèng sapiring. Mulane nèk mung anjagakake dhuwit langganan bae, rugine iya bakal sasayahe têmênan. Sanyatane mono kabèh layang kabar ora bakal bisa urip têrus, yèn mung anjagakake dhuwit langganan bae, kudune iya nganggo ditulungi saka olèh-olèhane pariwara. Dadi cêkakane wong ngêtokake layang kabar utawa kalawarti kuwi kudu duwe tindak rong prakara, kang kapisan awèh panyuluh marang sing padha langganan, kang kapindho kudu nindakake among dagang. Ing môngka sing bisa nyugihake kuwi sabênêre olèh-olèhane saka pariwara, mulane sanadyan isining pariwarane rada nyêngklak sathithik, iya banjur ... sincaelah. Ning wis, wis rêmbugane bab iki padha dipunggêl samene bae.

Pawartos saking Rêdhaksi

Lêngganan nomêr 3740 ing Tanjung Morawakiri. Botên sade buku kados ingkang panjênêngan dangokakên.

Lêngganan nomêr 3539 ing Klampok. Ingkang dipun wastani saking kiwa, punika kiwanipun ingkang ningali.

--- 1550 ---

PÊTHIKAN SAKING SÊRAT-SÊRAT KABAR SANÈS

TANAH NGRIKI

Kawontênanipun arta nagari. Wontên kabar, kawontênanipun arta nagari samangke sampun katingal ragi anyênêngakên.

We, la, sajakipun punika têka kenging dipun uthut. Sanajan labasipun namung ijêm, mêksa sampun lumayan.

Economische commissie. Aneta angsal pawartos, bilih ing salêbêtipun commissie economie, sanadyan namung ing panging commissie kemawon, kacariyosakên manawi botên badhe nampi para panuntuning pakêmpalan-pakêmpalan ingkang ngandhung pulitik.

Yak, ambok inggih sampun anjawèkakên umat.

Sêrat-sêrat kabar enggal. Wontên pawartos "bilih benjing tanggal 1 Januari ngajêng punika ing Bêtawi badhe mêdal sêrat-sêrat kabar enggal, inggih punika "Het Dagblad" tuwin "Menara".

E, la, nekad wikrama saèstu, ingatasipun samangke jamanipun sawêg pating kriyêg makatên, têka badhe ngêdalakên sêrat kabar. Nanging sintên sumêrêp bagjaning tiyang, manawi-manawi sêratipun kabar wau lajêng sagêd pajêng kados ... gêthuk cothot.

Film wicantên. Ing pundi-pundi panggenan dumugining samangke sampun dipun pitontonakên film ngocèh wêdalan saking Europa tuwin Amerika. Samangke maskape damêl film ing tanah ngriki nama Tan's filmcompany nêdya damêl film ingkang botên namung sagêd ngocèh thok, nanging sagêd wicantênan sayêktos, têgêsipun film ingkang sagêd dipun rêtosi dening têtiyang ngriki. Dene ingkang badhe dipun pêndhêt lampahan: Nyai Dasima. Kintên-kintên salêbêtipun wulan punika film wau sampun sagêd dipun mainakên wontên ing Bêtawi.

Benjing punapa sagêd adamêl film wicantên ringgit tiyang ngantos tutug. Bokmanawi film ingkang makatên punika botên amung badhe sagêd pajêng wontên ing tanah ngriki kemawon, sanadyan ing tanah manca kintên-kintên inggih badhe kathah ingkang mrêlokakên ningali. Jalaran kagunan Jawi, langkung malih ing bab jogèd, kados-kados sampun kasuwur ing pundi-pundi. Manawi ringgit tiyang sagêd kadamêl film, ingriku rak sampun sagêd mêpaki sadaya, inggih jogèd, gêndhing punapadene têmbangipun bangsa Jawi.

Kopêrasi dhêdhasar Islam. Ing Bêtawi wontên pakêmpalan saking ada-adanipun golongan ahli agami, dipun pangajêngi Tuwan Achmad Sanusi, satunggiling guru agami. Pakêmpalan wau ngêdêgagên kopêrasi adhêdhasar Islam, sapunika sampun gadhah pang sawatawis, inggih punika ing Bêtawi, Cibadhak, Purwakarta, Sukabumi tuwin Cianjur.

Mênggah ingkang dipun wastani kopêrasi dhêdhasar Islam, punika para warganipun kêdah têtiyang ingkang ngrasuk agami Islam. Tiyang ingkang gadhah agami sanès inggih kenging lumêbêt dados warganing pakêmpalan wau, nanging ingriku botên gadhah wênang tumut ngrêmbag punapa-punapa. sayêktosipun nggumunakên, ingatasipun ada-ada pados fulus kemawon, têka mawi ambedak-bedakakên agami. Nanging inggih lêrês, awit cara-caraning among dagang têtiyang ingkang gadhah agami sanès, punika sok wontên ingkang dados awisaning agami Islam.

Panggaotan tiyang siti. Ing Purwokêrto sapunika wontên tiyang siti ingkang gadhah ada-ada adamêl sabun umbah-umbah, kecap tuwin êmi. Panggaotan tiyang siti ing Ajibarang nyadhiyani tèh. Wartosipun dêdamêlanipun wau botên kawon kalihan damêlan ngamanca.

Bagus! lan Kajawèn wajib ngaturakên "slamêt maju!"

Tumrap comite Ir. Soekarno. Miturut pawartos S.O. Indonesiche cooperatie theefabriek "Gunung Sunda" ing Purwakarta, suka sêrat dhatêng comite kasêbut nginggil, bilih pabrik tèh wau ngintunakên tèh pintên-pintên èwu bungkus wêdalan saking pabrik ngriku piyambak, minangka tandha katrêsnan dhatêng Ir. Soekarno lumantar P.C.I. ing Plampitan 20, Surabaya, supados dipun sadèkakên. Angsal-angsalanipun ingkang 30% kadarmakakên kangge Ir. Soekarno.

Dêrma ingkang makatên punika, sagêd angsal-angsalan kalih warni: 1. Nelakakên katrêsnanipun dhatêng panuntun kasêbut nginggil lan 2. ... reclame bêsar, zeg!

[Grafik]

Tuwan Cokorde Gde Rake Sukawati. Tuwan Cokorde Gde Rake Sukawati, têtêp dados warga raad kawula, sanadyan sampun tilar tanah ngriki salêbêtipun 8 wulan.

Museum ing Malang. Ing Malang sampun kalampahan ambikak museum barang kina. Ingkang anjênêngi kathah. Ingkang bupati ing Malang mratelakakên ing bab adêging museum wau tuwin kajêngipun. Wusana mratelakakên tumindaking damêl babagan museum wau badhe kapasrahakên dhatêng golongan partikêlir. Gêgayutan kalihan bab wau, ing Malang badhe ngêdêgakên pakêmpalan ingkang ancasipun ngajêngakên kawruh tuwin kasusilan Indu-Jawi tuwin Jawi kina.

Wontênipun museum punika pancèn inggih prêlu, awit ingriku sagêd ningalakên kawontênan-kawontênan ing jaman kina, dene wontênipun pakêmpalan enggal kasêbut nginggil ... yak, punapa badhe mangsuli jaman Majapaitan malih?

Pangingahan ulam loh toya tawa. Sawênèhing kaji ing bawah Cibadak, Sukabumi, ingkang gadhah blumbang pangingahan ulam sagêd angsal wiji turunanipun ulam mas limrah ingkang dipun blastêrakên kalihan ulam mas Eropah. Kacariyos ulam mas wau raosipun langkung eca sangêt, sirahipun alit, kathah dagingipun, rinipun sakêdhik.

Wiji enggal punika mugi tumuntêna sagêd tumular lan sagêda sumarambah dhatêng papan sanès-sanèsipun, ingkang dèrèng wontên cara ngingah ulam.

Congres bestuur tiyang siti ingkang kaping tiga. Bestuur pakêmpalaning para bupati "Sedyo Moeljo" nggêlêngakên rêmbag badhe ngawontênakên congres ing taun 1932, sarta badhe sêsarêngan ngangkati damêl kalihan P.P.B.B. tuwin pakêmpalan-pakêmpalan priyantun sanès-sanèsipun.

Rêmbag ing congres sagêdhagan tamtu wigatos sangêt.

--- 1551 ---

Tanah ngriki kabêgjan. Gêgayutan kalihan mandhaping rêgi arta pond Inggris, ing mangsa punika kanthi pitulunganing parentah, Nederlandsche Bang nyade arta pond rimatanipun dhatêng parentah tanah ngriki kanthi pambayaran lumintu miturut kurs sapunika, jalaran saking arta pond wau, parentah tanah ngriki badhe sagêd ambayar sambutan ingkang kêdah kabayar wontên ing tanggal 15 Juli 1932 cacah 5 yuta rupiyah, tuwin tanggal 15 Augustus 1933 cacah 6 yuta rupiyah.

Punika pawartos sagêd damêl agêng sawatawis.

Koerbanfond P.P.P.H. P(erhimpunan) P(egawai) P(egadean) H(india) ing sapunika nêngah-nêngahi adamêl ada-ada badhe ngêdêgakên koerbandfonds minangka pitulungan manawi wontên punggawa ingkang kakèndêlan jalaran katrajang pangiritan. Sabên warga katêtêpakên ambayar arta f 2.-

Yak, sarêng sampun bênjut, kok sawêg bobokan, nanging katimbang botên ada-ada punapa-punapa, rak inggih aluwung makatên.

Awisan ngabotohan tuwin sumbangan. Dèrèng dangu parentah kasunanan andhawuhakên waradin dhatêng para ingkang wajib, ingkang kajêngipun: 1. Supados têtiyang ing bawahipun manawi gadhah damêl sampun nindakakên kados cara lami kanthi ngawontênakên sumbangan. Makatên ugi ngawisi ngabotohan kanthi toh agêng, sanadyan alit-alitan pisan sasagêd-sagêd inggih dipun sinkirana.singkirana. 2. Tumrap abdi dalêm bilih wontên ingkang ngabotohan, badhe kapèngêtan wontên ing conditiestaat.

Tumrap sawênèhing tiyang awisan kalih warni wau inggih botên nyênêngakên sayêktos, awit pamanggihipun: "la wong jagong kok ora olèh main, apa ya dikon ngantuk karo comak-camik bae. Apa manèh nyumbang kok ora kaparêng, sing duwe gawe rak ya bangkrut têmênan." Lêrês, nanging tiyang jamanipun sawêg makatên inggih kêdah ingkang ngatos-atos pambucalipun arta, sampun namung badhe royal-royal kemawon, mangke rak kêlampahan nyêpêng batok têkênan turut margi sayêktos.

Tiyang ingkang manggih kabêgjan agêng. Kawartosakên, ingkang angsal pamênang lotrij f 100.000.- wêkdal punika Tuwan Oen Djoen Tjiang ing Bandung. Tiyang wau lajêng darma tumrap bêbaya bêna ing Tiongkok f 1000 dollar.

Sayêktos kabêgjan agêng. Nanging cariyosipun Petruk makatên: "O, le dêrma kok mung 1000 dollar, la nèk aku sing tak buwang rak ya sêparone dhewe, yaiku kanggo gêdhong, motor, gamêlan rong prangkat, dalasan bojo bae ya papat". Yak, rak lajêng kangge sliranipun piyambak, botên kangge amal.

Yubileum Sampeyan Dalêm Ingkang Wicaksana ing Surakarta. Kawartosakên, K.T. Ingkang Wicaksana Guprênur Jendral badhe utusan ajudant dalêm, anjênêngi paargyan mèngêti jumênêng dalêm ingkang wicaksana ing Surakarta têtêp 40 taun. Paargyan wau badhe dhawah ing salêbêtipun wulan Januari 1932.

Bab punika Kajawèn botên kantun, ugi maargya badhe ngêdalakên Kajawèn mirunggan, ingkang namung isi bab kawontênan wau. Wah, cêkakipun menginakên.

Pangiritan pangajaran. Kawartosakên, N.I.O.G. tuwin P.G.H.B. sêsarêngan ngawontênakên parêpatan umum wontên ing Bêtawi, kangge panduwa kajênging pangiritan pangajaran, ingkang sapunika nêdhêng dados rêmbag wontên ing sêrat-sêrat kabar. Sasampunipun punika, ing pundi-pundi inggih badhe dipun wontênakên parêpatan.

Pakêmpalan kêkalih punika manawi dados satunggal. We hla, barongan.

ASIA

Sang Gandhi badhe wangsul. Ing tanggal 5 wulan punika Sang Gandhi bidhal saking London lan tanggal 14 ugi wulan punika numpak kapal ing Brindisi lajêng dhatêng India.

Wangsuling panuntun kabangsan saking Inggris punika têmtu nuwuhakên pangajêng-ajênging rakyat ing nagaripun, awit tumraping rakyat rinaos wigatos sangêt.

AMERIKA

[Grafik]

Panguburipun suwargi Tuwan Edison. Ing Kajawèn sampun mêntas ngêwrat ing bab sedanipun Tuwan Edison. Inginggil punika ngêwrat gambar nalika panguburipun. Dene anggènipun ngubur wontên West Oranye. President Hoover ugi anjênêngi.

Kaluhuran ingkang kados makatên punika mugi sagêd tumular dhatêng tanah ngriki.

--- 1552 ---

Wêwaosan

Dongèng ingkang kaping Tiga

Drêsthadyumna

9.

[Sinom]

awit kasamaranira / Sri Kawantisa ngèngêti / kalamun Prabu Elala / maksih ingayoman yêkti / wahyuning narapati / yèn ta kongsia tinêmpuh / bêbasan mung anjarag / ngarah papa nêmpuh pati / kang tan kêni rinekaa dening janma //

ing mangkya narendra putra / pamupusira ing galih / linipur lan anggêgulang / maring kang para prajurit / amrih ing têmbe dadi / prajurit kang sarwa punjul / kawawa ananggulang / mungsuh kang prawira sakti / têmbe lamun mangsah ywa mawèh kuciwa //

riwusing antara môngsa / Pangeran Jumêna mangkin / ing tyas adarbe pangira / kalamun sri narapati / kang panggalih wus lilih / tan darbe galih mêmugut / marang karsaning putra / dènira arsa ngayoni / maring mêngsah yèku Sang Prabu Elala //

awit sang pangeran nyata / kalangkung dènnya ngêngudi / mring ajênging para wadya / anggung ginagulang jurit / ywa kongsi nguciwani / lamun tinêmpuhkên pupuh / lan nyata para wadya / nêrusi parênging gusti / mung ngatokkên sêtya angêsrahkên angga //

tindaking panggrêgutira / kongsi tan pisan katitik / tumandang karya rêrekan / lan tan pisan angèmpêri / prajurit lagya wingi / katon kadi kang wus atul / dadya kaananira / mung mawèh marêming gusti / ing pangira datan kuciwa ing karya //

dupi wus katon mangkana / pangeran marêk narpati / arsa ngosikakên rama / kadya wigati ing ngarsi / umatur tatag wani / nuwun kangjêng rama prabu / tinêbihna dêduka / dene ulun kumawani / angambali atur kadi duk ing ngarsa //

ing mangkya sanggyaning wadya / wus samya katon birai / suka mangsah ing ayuda / malah gumêlênging kapti / langkung dènnya kapengin / rêrêmpon lan mungsuh kukuh / dene ulun wus tega / raos datan nguciwani / dèn angsahna yêkti angrampungi karya //

marma mugi pinarêngna / kawula umangsah mangkin / anêmpuh praja ing Langka / nundhung Sri Elala Aji / samana sri bupati / duk umirêng atur wau / datan kêndhat amawas / marang sang narendra siwi / lir nêniti gêmêt sranduning sarira //

wusana alon ngandika / kulup karsanira iki / nêtêpi ing ambêgira / tuhu satriya linuwih / sira pantês pinuji / calon prajurit pinunjul / nanging pamawas ingwang / angênut rasaning galih / ingsun mêksa durung pisan-pisan tega //

kulup prayoga srantèkna / kongsi ingsun ngandêl yêkti / marang kaprawiranira / tanapi mring wadya sami / sira bêcik lêstari / ngêngudia amrih punjul / samana radèn putra / duk mirêng dhawuh narpati / ing sakala mung tumungkul rawat waspa //

amung ing galih karasa / kang raras kadya tinampik / dèrèng inganggêp diwasa / myang kaprawiraning jurit / para wadya ginalih / dèrèng mitayani tuhu / têmah risang pangeran / sirna sabaring panggalih / nanging nulya luluh umèngêt ing rama //

awit tuhu sri narendra / dahat marma marang siwi / kang mangkana wus kanyatan / lamun raosing sudarmi / mung samar ing salami / tan pisan pitaya têrus / dadya ing rasanira / lamun kêliru ing tampi / kadi-kadi tan pisan darbe pitaya //

nanging dupi sang pangeran / riwusing tata ing galih / saya sru pangudinira / mrih sanggyèng para prajurit / langkung kadi ing nguni / tanduking sudiranipun / ing satêmah kanyatan / kalamun wohing pamardi / pan pinangguh wêwah kalangkunganira //

dadya pamênggaking rama / tan pisan rinasa sisip / nanging dupi wus sawarsa / pangeran saya kadugi / dènnya nêdya ngayati / lumawan mring satru mungsuh / nulya umarêk nata / kanthi pratela ing mangkin / lamun mangkya sadaya tanpa kuciwa //

mugi sri nata marêngna / ing mangkya lumawan jurit / baya ta wus sêdhêngira / awit dènnya nganti-anti / pan wus kalangkung lami / nanging têtêp dêrêngipun / nanging sri naranata / ing galih tan nêdya kongkih / mêksa adrêng mênggak kaparênging putra //

ing mangkya dupi pangeran / tampi dhawuh kang mungkasi / kadi praptèng titinira / watêsing sabar ing galih / tan nêdya anut maring / pamênggakira sang prabu / malah kêsundhul duka / kongsi kumêjot kang lathi / awit saking kaduk ngampêt dukanira //

[Dhandhanggula]

sêmunira pangeran tan manis / têmah mundur saking ngarsa nata / araos jêbol jajane / dening kaduk ing bêndu / nanging lumuh yèn ta mabêni / marang kaparêng nata / marma wusing mundur / sang pangeran mèt sarana / kang minôngka piwêlèh katur sang aji / amrih ing galih krasa //

kasêmbadan kaparêng sang pêkik / nulya dhawuh mring abdi kêmasan / kinèn ngiyasakkên mangke / sangsangan êmas tatur / kang minôngka sangsangan putri / risuwing paripurna / kang sangsangan katur / mring rama sri naranata / kinanthenan nawala amêmiringi / kang suraos mangkana //

dhuh sinuhun nata kang linuwih / kang sinêmbah sasamining raja / pukulun kawula mangke / sumêla atur-atur / kang awarni sangsangan rukmi / agêming putri tama / kang pantês satuhu / kagêma maring narendra / kang mahambêg watak jirih kadi èstri / kawula mung sumôngga //

sri narendra anjêgrêg kapati / duk atampi pisungsunging putra / kang arasa ngrèmèhake / dene sajatinipun / sri narendra dènnya mambêngi / tan lyan mung asih putra / dadya ing tyas amung / salami anggung angeman / aywa kongsi pangeran umangguh sisip / gêngira sangsara //Kurang satu suku kata: agêngira sangsara.

(Badhe kasambêtan)

--- [0] ---

[Iklan]