Sastra Jawa

Program Digitalisasi Sastra Daerah

  • Increase font size
  • Default font size
  • Decrease font size

Pahargyan Surakarta: 200 tahun, Kajawèn, 1939, #376

Katalog:Pahargyan Surakarta: 200 tahun, Kajawèn, 1939, #376
Sambung:-

Kajawèn Pahargyan Surakarta: 200 Taun

--- 0 ---

Bale Pustaka - Batawi Sèntrêm

--- 473 ---

Ôngka 31 Slasa Pon, 28 Sapar Je 1870. 18 April 1939 taun XIV.

Kajawen. Pahargyan Surakarta: 200 taun.

Rêgining kalawarti punika ing dalêm: tigang wulan f 1.50 bayaran kasuwun rumiyin, botên kenging langganan kirang saking 3 wulan.

Juru ngarang - Administrasi Bale Pustaka, ing sawingkinging kantor palis, tilpun nomêr 1744 - Bêtawi Sèntrêm.

Pamahargya

[Sinom]

kêkuwunging Surakarta / tumiyung wang-wang mêngkoni / sri nata Pakubuwana / kang samya jumênêng aji / tan kêndhat anêrusi / luhur myang wibawanipun / tumrah tanpa sangsaya / malah sangkin amênuhi / tata arja sumrambah sadayanira //

ing nguni pan wus winêca / arjaning praja ing wuri / duk pindhah sing Kartasura / Surakarta kang pinilih / wêcaning pra linuwih / apan sadaya tinêmu / kanyatan ananira / samya sambada umintir / kang mangkana tuhu barkahing narendra //

tataning kaananira / kang wus pinèngêt ing tulis / ambêging para narendra / winijang sawiji-wiji / sambung-sumambung dadi / ayu kawidadanipun / ewahing môngsa kala / kang kalaku mangguh bêcik / caking praja mêngku ajêng tanpa kêmba //

jatining pra nata Jawa / kajatènira katitik / amêmayu arjaningrat / ngayomi kawula sami / têmah samya malês sih / susêtya bêkti ing ratu / têmah kanyatanira / tumus amêmayu nagri / trah tumêrah rakêting gusti kawula //

mangkya dhawah titimôngsa / adêging Surakarta di / jangkêp kalih atus warsa / yayah raos anênangi / para kang amêruhi / panjanging laku kêpungkur / linut tataning mangkya / kang pêthuk lan raos mangkin / têmah mawor kèbêgan pamuji arja //

datan pilih ciptanira / para têrah darah Jawi / samya bêbêg ing tyas mahya / pêpuji ayuning nagri / tumuju maring lustigusti. / mrih antuk barkahing mulku / gêlêng-golonging pudya / mugi tumus mahanani / Surakarta arja ing salaminira //

--- 474 ---

Gambar Dalêm Bandara Kangjêng Pangeran Angabèi sakalihan Bandara Radèn Ayu ing Surakarta, mangagêm pasowanan grêbêgan, ingkang benjing 26 April, ngajêng punika kakêpyakakên jumênêng nata ing karaton dalêm ing Surakarta, ajêjuluk Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Pakubuwana Senapati ing Ngalaga Ngabdurrahman Sayidin Panatagama ing Surakarta ingkang kaping XI, gumantos rama dalêm Ingkang Sinuhun Ingkang Minulya saha Wicaksana Kangjêng Susuhunan Pakubuwana Senapati ing Ngalaga Ngabdurrahman Sayidin Panatagama ing Surakarta ingkang kaping X.

--- 475 ---

Bêbuka

Dhawahing titimôngsa punika, anglêrêsi dhawahing pèngêtan pamahargya adêging karaton Surakarta sampun 200 taun. Tumraping bôngsa Jawi, kawontênan ingkang kados makatên punika, kamanah satunggiling lêlampahan ingkang pantês pinèngêtan, malah tumraping praja kalêbêt ing pèngêtan ing dalêm babad.

Pèngêtan lêlampahan ing salêbêtipun 200 taun, punika sagêdipun nyumêrêpi urut-urutanipun, namung sagêd mêmêthik cariyosan ing sêrat-sêrat tuwin gotèkipun para sêpuh ingkang sami ahli dêdongengan.

Wêdalipun Kajawèn ing dintên punika, ugi ngangkah ngêwrat cariyosan ingkang gêgayutan kalihan adêging karaton Surakarta 200 taun, nanging sarèhning sampun kacariyosakên sadaya wau namung saking gêthok tular tuwin saking mêmêthik, tangèh sagêda sampurna yêktos kados lugunipun ingkang dipun kajêngakên, mila manawi wontên kirang langkungipun, namung nyuwun gunging pangapuntên, sukur wontên ingkang kêparêng nglêrêsakên kalêpatanipun wau.

Manawi miturut bakunipun, ingkang pantês kaandharakên wontên ing ngriki, namung tumrap kawontênanipun panjênêngan nata ingkang sami jumênêng ing salêbêtipun 200 taun wau, awit inggih namung punika ingkang nama gêgandhengan kalihan adêging karaton. Makatên punika namung prêlu kangge nyêkak cariyos tuwin prêlu ngangkah cêkapipun kawêdalakên wontên ing Kajawèn dintên punika, ingkang cinirèn: Pahargyan Surakarta 200 Taun.

Bab pangetanging titimôngsa jumênêng nata dumugining surud, punika manawi dipun tandhing-tandhingakên ing satunggal-satunggalipun pèngêtan, adhakan wontên nalisiripun, nanging botên sapintêna, sagêd ugi jalaran namung saking gèsèhing pangetang manut taun tuwin manut cacahing jangkêpipun wulan, upami:

A. Pinèngêtan jumênêng dalêm nata P. B. II wontên ing taun 1650, bêdhahing karaton Kartasura nunggil taun kalihan pindhahipun karaton dhatêng Surakarta ing taun 1670. Dumugining surud dalêm, jumênêng dalêm nata 25 taun. Dados manawi makatên, jumênêng dalêm nata wontên ing Surakarta laminipun 5 taun.

B. Jumênêng dalêm nata P. B. II ing taun 1651 sarêng jumênêng dalêm angsal 16 taun, karaton bêdhah, dados dhawah taun 1667. Ing taun 1668 jumênêng malih wontên ing Kartasura. Sarêng angsal 4 taun pindhah Surakarta, dados dhawah taun 1672. Sarêng jumênêng wontên Surakarta angsal 4 taun, surud wontên taun 1676. Miturut petangan punika lajêng botên cocog kalihan adêging karaton, nanging manawi mirid jumênêng dalêm nata laminipun 25 taun, inggih cocog.

Dados petang kalih warni punika, manggihing nalar, namung mingsat-mingsut saking gêgèsèhaning wulan ingkang winêngku ing taun.

Ingkang makatên punika lêrês lêpatipun kados pundi, namung kasumanggakakên.

Ing wusana wêdalipun Kajawèn ing dintên punika mugi dadosa tôndha pamahargyanipun Kajawèn dhatêng adêgipun karaton Surakarta, tuwin dadosa karênaning panggalihipun para maos, ingkang ugi akajêng mêmulya makatên. Amin.

--- 476 ---

Boyongan Pindhah saking Kartasura dhatêng Sala§ Pêthikan saking Sêrat Babad Giyanti, wêdalan Bale Pustaka.

[Dhandhanggula]

kawarnaa kangjêng sri bupati / sasirnane wau mêngsah Cina / wus kondur malih ngadhaton / miwah wadya balagung / pra santana mantri bupati / tanapi wong Walônda / wus samya umantuk / mring wismane sowang-sowang / nanging dahat risakipun kang nagari / tangèh môngsa puliha //

ari Soma sang nata tinangkil / ingayab pra sarimpi badhaya / asri tinon busanane / nanging jro tyas ngêndhanu / sanityasa amangonêngi / risakipun kang praja / tanapi kadhatun / saisine rajabrana / aprasasat brastha swuh sirna binasmi / dening kang mungsuh Cina //

yèn ginagas saya angranuhi / yèn rinasa pan tansah karônta / ing Kartasura risake / patih dinuking wuwus / rêngênta hèh sira dipati / kadarpaning tyas ingwang / tan kêna sinayut / arsa angalih nagara / desa êndi kang prayoga wetan iki / sun arsa kuthagara //

Dyan Tumênggung Ônggawôngsa angling / dhuh ki lurah sing panawang kula / dhusun Sala prayogine / kinaryaa kadhatun / badhe têtêp tulus basuki / yèn tama wimbuh arja / kukuh tur abakuh / mulyaning talatah Jawa / ambaludag donya sabrang angajawi / sirna lêlakon yuda //

dyan dipati kalih angrujuki / jangkahipun Tumênggung Gawôngsa / kumêndhan alon de linge / sudara kalihipun / myang sagunging para bupati / lamun ing desa Sala / sangêt awonipun / papan lêdhok datan wrata / lawan malih kacêlakên ing banawi / sae ing Kadipala //

ewa makatên yèn tan prayogi / lah suwawi anitik mangetan / ingkang pakantuk papane / patih lan pra tumênggung / nayogyani mariksa malih / wetan banawi Sangkrah / orêg pra wadyagung / praptèng papan lêmpar wiyar / Sanasèwu tuwan kumêndhan ngrêmbagi / sae kinarya praja //

risang mantrimuka têtanya ris / maring Dyan Tumênggung Ônggawôngsa / Kadiparan prayogane / Ônggawôngsa turipun / dhuh ki lurah lamun suwawi / tan liyan dhusun Sala / saking petang ulun / yèn wontên wetan bangawan / tiyang Jawi badhe wangsul Buda malih / tansah tukar lan rowang //

ri sampuning kang para bupati / lan kumêndhan pêpatih kalihnya / gêlêng gumolong rêmbuge / kang kinarya kadhatun / èstu Sala ingkang pinilih / amung miturut jôngka / amamrih rahayu / samana sigra bubaran / patih kalih kumêndhan myang pra bupati / wangsul mring Kartasura //

enjang bidhal ri sang patih kalih / twan kumêndhan myang para bupatya / tan winarna ing lampahe / praptaning Sala dhusun / ambabadi badhening puri / tinata binabanjar / ing sapantêsipun / wong cilik ing desa Sala / kinèn ngalih marang ing desa lyan sami / orêg samya boyongan //

wus tinata tatanira rakit / sakèh siti lêdhok ingurugan / ingukur ômba dawane / nging rèh karya kasusu / pagêr buminira kang puri / mung jinaro kewala / wadya it kumêrut / lêksan kang anambut karya /

--- 477 ---

dene kantha-kanthane ingkang nagari / anelad Kartasura //

sigra jêngkar saking Kartawani / ngalih kadhaton mring dhusun Sala / kêbut sawadyabalane / busêkan saprajagung / pinèngêtan angkate nguni / anuju ari Buda / enjing wancinipun / wimbaning lèk ping sapta wlas / Sura Êje kombuling puja kapyarsi / ing nata kang sangkala // (Rêbo 17 Sura Je 1670 utawi taun Walandi 1745).

têdhakira kangjêng kang siniwi / pra prajurit Kumpêni lan Jawa / kurmat drèl asri swarane / sinauran mriyêmgung / magênturan anggêgêtêri / wau ta winursita / patrap lampahipun / jêngkarnya sri naradipa / kang nèng ngarsa badhe wringin kurung nagri / bêktan sing Kartasura //

wuri nulya kang bangsal pangrawit / ngusung wêwêtahadwêwêtahan. ngayap wadya / dwipôngga ngayap sratine / kuda titihan prabu / abdi gamêl kang anjajari / wuri gya pra punggawa / mantri myang panèwu / bupati nayaka jaba / anon-anon nitih kuda dèn songsongi / ngiring pacara wadya //

tinindhihan sang anindyamantri / kang ingayap prajurit myang wadya / sangkêp saupacarane / gya Kumpêni sumambung / prajurite samya lumaris / cacah gangsal brêgada / mayor tindhihipun / wahana turôngga jajar / lawan Kangjêng Gusti Pangeran Dipati / Anom Mêngkunêgara //

nulya pangulu ngulama kêtib / juru suranata myang pradikan / ingkang sumambung wurine / pusaka namanipun / cêngkal baladewa kiyai / nulya para pangeran / gya titihan prabu / rata ingayap kaparak / kanan kering amangangge sarwa abrit / ngampil-ampil pacara //

banyak dhalang lawan sawunggaling / ardawaleka sasamanira / tinindhihan bupatine / wuri ingkang sumambung / tandhu joli jêmpana adi / sumrêg [su...]

--- 478 ---

[...mrêg] sêlar-sêluran / tan anggop lumintu / yèku ingkang tinindhihan / pramèswari miwah sagunging pra putri / myang swamining punggawa //

abdi gêdhong kanan lawan kering / abdi kraton panandhon tan têbah / bupati gêdhong tindhihe / angayab ngurung-urung / wuri ingkang sumambung malih / pusaka kraton Jawa / kathah warninipun / winadhahan ing kandhaga / sinongsongan jênar ingapit prajurit / ingkang sumambung wuntat //

pra prajurit wahana turanggi / nulya sagunging para bupatya / pasisir môncanagrine / saupacaranipun / nitih kuda dipun songsongi / bandera myang daludag / miwah payung agung / manekawarna bra sinang / angêrangin pradangganing pra bupati / tinabuh urut marga //

apuyêngan solahe wadyalit / kang boyongan tumutur ing nata / adaya-daya sêdyane / umyung dènnya sung-usung / rêreyongan samargi-margi / ya ta sapraptanira / ing Sala sang prabu / bangsal pangrawit ingêtrap / anèng tarub paglaran kang wus rinakit / bala andhèr sumewa //

nata lênggah ing bangsal pangrawit / para upsir kalawan kumêndhan / samya ngadêg nèng kanane / bangsal lênggahan prabu / pra prajurit banjêng abaris / Kumpêni miwah Jawa / anèng alun-alun / sri narendra lon ngandika / dhusun Sala ingêlih nama nagari / Surakartadiningrat //

--- 479 ---

P.B. II - P.B. XI

Sampeyan Dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Pakubuwana II

Sampeyan Dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Pakubuwana II punika putra Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Prabu Mangkurat Jawa, SepatiSenapati. ing Ngalaga Ngabdurrahman Sayidin Panatagama Kalipatollah ing Kartasura, miyos saking pramèswari, Gusti Kangjêng Ratu Kancana. Jumênêng dalêm nata ing taun Jimakir sinangkalan: sirna tata rasa tunggal 1650.Sengkalan: sirna tata rasa tunggal (1650 A.J., 1725/26 A.D.).

Ing taun 1670, karaton Kartasura tinêmpuh ing mêngsah bôngsa Tionghwa ingkang dipun ratoni dening Sunan Kuning (Radèn Mas Garêndi putranipun Kangjêng Pangeran Têpasana, putra Kangjêng Susuhunan Mangkurat Mas). Bêdhahipun karaton Kartasura sinangkalan: barakaning pandhita winayang tunggal 1670,Sengkalan: barakaning pandhita winayang tunggal (1670 A.J., 1745 A.D.). sang prabu linggar dhatêng Panaraga. Sajumênêng dalêm malih wontên ing Kartasura lajêng dhawuh nitik papan badhe pindhah karaton. Ingkang kapiji ing lampah Mayor Hogendorp kanthi Adipati Pringgalaya tuwin Adipati Sindurêja punapa dene para bupati nayaka.

Lampahing utusan dalêm mangetan, sakawit amilih papan wontên ing Kadipala, miturut ingkang sapriki namaning dhusun wau dèrèng ewah taksih nama Kadipala. Miturut dêdongengan, pasitèn ing ngriku lajêng dipun garap badhe kacithak kadhaton, ingkang têlêngipun ing sapunika pinanggih dados taman Sriwadari. Nanging papan ingkang badhe dipun cithak kadhaton wau botên saèstu, amargi miturut wêcaning para sagêd ingkang dipun sayogyani ing Radèn Tumênggung Ônggawôngsa, manawi karaton madêg ing ngriku badhe botên prayogi kêdadosanipun. Salajêngipun pindhah nitik mangetan, manggih papan ingkang prayogi, inggih punika ing Sala.

Dhusun Sala punika kabêkta saking tiyang ingkang gadhah nama Ki Sala, abdi dalêm jajar kêmit bumi Kartasura. Têlênging dhusun Sala punika sakidul krêkop lami (Bathangan) mangilèn dumugi pakapalan kapatihan, mangetan watês banawi lami. Salajêngipun dhusun Sala

--- 480 ---

dipun êlih nama nagari Surakarta Adiningrat, pambabadipun sinangkalan: brahmana nênêm angoyag jagad 1668.Sengkalan: brahmana nênêm angoyag jagad (1668 A.J., 1743/44 A.D.). Kacariyos sangajalipun Ki Sala, dipun pêtak wontên ing dhusun Kêdhung Lumbu, kaprênah saêlèr wetan kadhaton sapunika, salêbêting Baluwarti. Kuburipun taksih dipun rumat dumugi sapunika, malah dados pamidhangan.

Sasampuning rampung panggarapipun karaton, sang nata lajêng dhawuh badhe pindhah karaton, ing nalika badhe pindhah, ingkang sinuhun miyos sinewaka ing pagêlaran, para abdi dalêm sampun andhèr sami sowan. Sang nata lajêng dhawuh anggèning badhe pindhah karaton, saha salajêngipun sang nata mapag pramèswari dalêm ingkang sampun wontên ing sitinggil, salajêngipun bidhal dhatêng Surakarta. Wiwit punika, awit saking dhawuh pangandika nata, nama Kartasura kapindhah nama Wanakarta. Salajêngipun tilasing karaton Kartasura kadadosakên astana. Ingkang sumare ing ngriku: 1. Radèn Mas Sarjana, 2. Radèn Ajêng Naib Bandiyah, 3. Radèn Mas Budiman, sami putrinipun Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Purubaya (P. B. VII) tuwin para priyantun dalêm P. B. IX dumugi P. B. X.

Mênggah lampahing pindhah karaton wau urut pêpanthan sagolongan-sagolongan, para abdi dalêm sadaya, ampilan tuwin sanès-sanèsipun ingkang wontên ngajêng piyambak waringin sakêmbaran, kados pêpindhaning kêmbar mayang ingkang salajêngipun dipun tanêm wontên ing alun-alun êlèr. Bangsal pangrawit dipun usung wêtahan. Ing wingking wontên ampilan malih sakêmbaran, ing salajêngipun katanêm wontên ing alun-alun kidul, sadaya wau nama waringin kurung. Lampah ing wingking piyambak para bupati pasisir. Ing kala punika para kawula ing Kartasura ingkang sanès abdi dalêm, sudagar sasaminipun, ingkang andhèrèk pindhah ugi nyarêngi lampah wau.

Sadumuginipun ing Surakarta, sang nata lênggah sinewaka wontên ing bangsal pangrawit, lajêng dhawuh bilih dhusun Sala, ing sapunika kaparingan nama nagari Surakarta Adiningrat. Pêpatih dalêm lajêng andhawuhakên waradin, abdi dalêm pangulu lajêng andonga wilujênging karaton dalêm. Salajêngipun sang nata dhawuh nanêm waringin, ingkang nama Jayandaru tuwin Dewandaru katanêm wontên ing alun-alun lèr, ingkang kalih wontên ing alun-alun kidul.

Ing salajêngipun tumindaking damêl taksih lumintu, inggih punika ngyêyasani margi-margi, griya-griya ing salêbêtipun nagari tuwin sanès-sanèsipun. Tumindakipun tiyang nyambut damêl botên wontên kèndêlipun. Manawi dalu ing saênggèn-ênggèn pinanggih têtiyang ingkang sami among suka. Ing salêbêtipun pindhahan enggal wau, panjênêngan nata sabên dalu tindak nyalamur mriksani kawontênan salêbêtipun praja, ngantos dumugi paripurna saha nagari pinanggih tata raharja.

Panjênêngan nata P. B. II kalêbêt ing pralambang: gajah mêta sêmune têngu lêlakèn.

Jumênêng dalêm nata wontên ing Surakarta dèrèng dangu, rayi nata Pangeran Arya Mangkubumi, lolos saking praja, ngraman. Salêbêtipun gègèr wau, sampeyan dalêm ingkang sinuhun surud, sumare ing Laweyan taun 1675.

Putra dalêm sadaya wontên 29, ingkang sumilih kaprabon putra nomêr 5.

--- 481 ---

Sampeyan Dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Pakubuwana III

Sasurud dalêm Sampeyan Dalêm Kangjêng Sinuhun Susuhunan Pakubuwana II, ingkang sumilih jumênêng nata putra nomêr gangsal, asma Radèn Mas Gusti Suryakusuma, sarêng jumênêng Pangeran adipati jêjuluk Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Anom Amêngkunagara, sarêng jumênêng nata jêjuluk Sampeyan Dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Pakubuwana Senapati ing Ngalaga Ngabdurrahman Sayidin Panatagama ingkang kaping III. Pêparab Sihuhun Suwarga. Jumênêng dalêm ing taun 1675.

Pagêlaran, mriyêm agêng punika Kyai Pôncawora.

Jumênêng dalêm punika ing Surakarta dèrèng têntrêm, taksih wontên salêbêting paprangan Mangkubumèn. Sarêng ing taun 1682 padhamibadhami. kèndêl pêrang wontên ing dhusun Lêbak (Jatisari).

Satêntrêming nagari kathah yasan dalêm anglajêngakên yasan dalêm nata Suwarga, amargi kawontênanipun karaton Surakarta taksih kathah ingkang dèrèng paripurna. Inggih punika ngyasani sitinggil. Pèngêtan ingkang tumrap ing pilar pancaksuji, undhak-undhakan ingkang lèr, pilar ingkang kilèn, kasêrat palihan Jawi Walandi, mungêl: iki lêmah dhuwur Surakarta, sing yasa Kangjêng Susuhunan Pakubuwana katri, wiwitan Rêspati Wage tanggal: 22 Ruwah Jimawal: 1682.

Tumrap salêbêting kadhaton dipun yasani dalêm Prabasuyasa, kala adêgipun dipun sangkalani: mantri wolu ngrasa tunggal 1683.Sengkalan: mantri wolu ngrasa tunggal (1683 A.J., 1757/58 A.D.).

Ing salajêngipun yasa Masjid Agêng, adêging saka guru sinangkalan: sirna gapura obahing bumi 1690.Sengkalan: sirna gapura obahing bumi (1690 A.J., 1764/65 A.D.). Ing ngriku wiwit saya katingal tata arjaning nagari, para kawula kathah ingkang sami kêncêng anggènipun tumindak ing agami.

Panjênêngan nata anggalih dhatêng wontêning ilèn-ilèn ingkang nrajang salêbêting kadhaton, toyanipun mêndhêt saking umbul Pêngging. Lampahing toya wau kados lèpèn saha lajêng katêlah nama lèpèn Larangan, ingkang akajêng: bilih lèpèn wau dados larangan, toyanipun maligi namung kangge dhatêng kadhaton. Malah panyandranipun toya ilèn-ilèn wau ngantos dados uran-uran kalihan ngrêrêngga kawontênanipun nagari Surakarta, ungêl-ungêlanipun makatên:

--- 482 ---

[Mijil]

umbul Pêngging pacengkoking puri / anjog ing kadhaton / kali Pepe mangetan iline / Panggung Jèbrès angongkang ing margi / gang-gang ing Sêmanggi / kali Jênês kidul //

Manawi mirid yêyasan ingkang kados makatên wau, katingal bilih kala ing jaman samantên tumindaking tatanan kasarasan inggih sampun sarwa mikantuki. Ing salêbêting kadhaton pinanggih wontên toyanipun mili maradini narajang pundi-pundi, mila kawontênanipun rêsik gumrining, botên wontên toya mambêg.

Kajawi punika ingkang sinuhun ugi manggalih dhatêng wêwahing abdi dalêm prajurit, sajumênêng dalêm kaparêng yasa prajurit carangan, cacah 125 kalêbêt mayor upsir tambur sulingipun, punika prajuritipun Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Anom. Pajagènipun wontên srianganti kidul, wontên malih yasan dalêm prajurit dorapati, cacah 120 kalêbêt mayor upsiripun, dêdamêl tumbak. Punika prajuritipun pramèswari dalêm.

Panjênêngan Nata Surakarta Sampeyan Dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Pakubuwana III dipun pralambangi: panji loro sêmune Pajang Mataram.

Panjênêngan nata kagungan prasapa: satêdhak turun botên kaparêng pitados tuwin nyakêtakên sanès bôngsa.

Pramèswari dalêm nata wontên kalih, 1. Kangjêng Ratu Kancana, putranipun Kangjêng Ratu Madurêtna, sêdhèrèk dalêm Ingkang Sinuhun P. B. II, kagarwa Panêmbahan Cakraningrat ing Madura. 2. Kangjêng Ratu Bêruk§ Dêdongenganipun Kangjêng Ratu Kêncana, inggih Kangjêng Ratu Bêruk.. Kala jumênêng Dalêm Ingkang Sinuhun P. B. II ing Kartasura, wontên kêkasih dalêm nata nama Ngabèi Wirarêja. Sabêdhahipun nagari Kartasura, Ngabèii Wirarêja kêpisah kalihan gusti, kêplaj.

Putra dalêm sadaya wontên 46.

Sasurud dalêm ingkang sumilih kaprabon putra nata nomêr 17 miyos saking pramèswari dalêm nomêr 2.

--- 483 ---

Sampeyan Dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Pakubuwana IV

Sampeyan Dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Pakubuwana IV, punika putra Sampeyan Dalêm Ingkang Sinuhun Pakubuwana III. Nalika jumênêng pangeran adipati jêjuluk: Kangjêng Gusti Pangeran Anom Amêngkunagara Sudibya Rajaputra Narendra Mataram I ing Surakarta. Jumênêng dalêm pangeran adipati wontên ing taun 1700. Wiwit jumênêng dalêm pangeran adipati punika mawi sêsêbutan: Sudibya Rajaputra Narendra Mataram ingkang kapisan (I).

Ing taun Jimakir 1714 jumênêng nata, sumilih rama nata Sampeyan Dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Pakubuwana III. Jêjuluk Sampeyan Dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Pakubuwana IV, karan Sinuhun Bagus.

Sajumênêng dalêm nata kathah yêyasan wêwahan uparêngganing praja, kados ta yasa dalêm panêpèn taun 1729. Masang jam agêng sanginggiling kori brajanala, taun 1743.

Kathah yasan dalêm prajurit, kados ta: prajurit talangpati cacah 125 kalêbêt mayor upsiripun, dêdamêlipun sanjata tuwin pêdhang, tabuhanipun kêndhang bêndhe suling, pajagènipun wontên ing butulan. Prajurit prawirèng cacah 50, padamêlanipun anjogèd rêrakitan têtayungan anjajari urut margi mawi têtabuhan gôngsa. Prajurit Jayèngastra, [Jayèng...]

--- 484 ---

[...astra,] cacah 125 kalêbêt mayor upsir tambur sulingipun. Prajurit mijipinilih, pêthilan saking abdi dalêm kaparak kiwa têngên. Wontên sawênèh cariyos abdi dalêm mijipinilih punika pêndhêtan saking anaking para abdi dalêm panèwu mantri ingkang sêpuh piyambak, ingkang limrahipun sinêbut pangeran pati, ing benjing samôngsa tiyang sêpuhipun ngajal, lajêng anggêntosi pangkating tiyang sêpuhipun. Dene têdhanipun anggêmpil siti lênggahing tiyang sêpuhipun, dados sampun nama ambêkta têdha piyambak.

Sampeyan Dalêm Ingkang Sinuhun P. B. IV misuwur mumpuni ing gêndhing-gêndhèng. Ing taun 1720 kaparêng yasa gôngsa Kyai Gunturmadu. Ing taun 1744 yasa ringgit wacucal purwa Kyai Jimat tuwin Kyai Kadung, balencong Kyai Kêbodanu. Ing taun 1745 yasa ringgit wacucal gêdhog Kyai Jayèngkatong, balencong Kyai Kanyut.

Ringgit wacucal purwa punika, miturut gotèking para sêpuh ingkang ahli ringgit, inggih ringgit wau ingkang ringgitipun jangkêp anggadhahi wônda. Èdi luhunging ringgit punika pinanggih wontên ing wônda wau, upami dipun kêrtaaji, rêginipun tanpa watês, ngungkuli ajining mas barleyan, sami kadosdene wêsi aji. Ringgit Kangjêng Kyai Jimat tuwin Kadung wau gêgêlipun êmas sadaya, nanging sanadyan makatêna, ajinipun botên jalaran saking êmasipun wau. Mila angèl angêrtaaji kagunan Jawi ingkang kados makatên punika, botên sagêd cocok kalihan kajênging ajinipun arta brana.

Kyai Jimat tuwin Kyai Kadung punika, wêdalipun kagêm ngringgit namung wontên sangajêng dalêm agêng (kadhaton). Dene ingkang ngringgit namung panjênêngan nata tuwin putra, (punika kala samantên). Agênging ringgit Kyai Kadung katingalipun limrah kemawon, nanging manawi dipun tandhing kalihan ringgit sanès ingkang dipun wastani agêng, taksih angêlèbliangêlèbi. sangêt. Manawi anyariyosna kawontênanipun ringgit kyai wau, lajêng kathah lèrègipun dhatêng gugontuhon. Ingkang radi mencok ing nalar, kacariyos sasurud dalêm Ingkang Sinuhun P. B. IV, ringgit wau lajêng botên nate kagêm, malah kothakipun lajêng dipun pati. Sarêng lêt dasanan taun, kothak wau dipun bikak, ing ngriku wujuding ringgit botên surêm, malah gumêbyar kados babaran enggal. Ingkang makatên wau gaduking nalar namung sagêd amastani, jalaran saking saening pradanipun.

Cocoging jêjuluk dalêm: Sinuhun Bagus, kajawi saking warna dalêm bagus, ugi mawa cahya, saking dongènganipun tiyang sêpuh, ing kalanipun ingkang sinuhun kaparêng andhalang, solahing asta nalika nyolahakên ringgit (pêrang), asta dalêm katingal cumalorot kados thathit sêsambêran.

Têtêpipun Ingkang Sinuhun P. B. IV sinêbut amumpuni gêndhing gêndhèng sampun katingal. Makatên ugi ingkang sinuhun ugi linangkung pangikêtipun têmbung-têmbung. Ingkang gêsang ngantos sapriki, karangan dalêm sêrat piwulang, inggih punika Wulangrèh, Panitisastra, tuwin Wicarakêras.

Sêrat Wulangrèh punika, limrahipun tiyang, amastani wulang prasaja, têgêsipun wulang lugu, malah dipun tampi wulang tumrap para nèm-nèman, punika pancèn nyata cêtha, kadosta wulang ngawula, wulang sêsrawungan, [sêsrawung...]

--- 485 ---

[...an,] tuwin sanès-sanèsipun. Nanging manawi dipun sawang ragi lêbêt, katingal isi thuthukan ingkang sagêd anggugah manah, dene lêbêtipun pisan, tumrap ingkang andungkap dhatêng kabatosan kêtingal anggèning damêl margi ingkang anjok dhatêng kasunyatan. Ingkang makatên wau cêtha, kalangkungan dalêm adamêl piwulang, têka sagêd nyarambahi pintên-pintên sap, ukaranipun prasaja, nanging katingal wilêtipun.

Gambar pangagênging para prajurit dalêm, limrahipun, ingkang bêbêdan dipun wastani prajurit lêbêt, ingkang clanan (jas calana) prajurit Jawi. Punika sami prajurit jaman Sinuhun P. B. X. Ingkang lênggah ing têngah lêrês, makuthan, Bandara Kangjêng Pangeran Arya Purbanagara.

Gêgayutan kalihan bêdhahipun karaton Ngayogyakarta, jaman Sampeyan Dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Sultan Hamêngkubuwana III, ingkang karanipun pêrang Sêpèi, Sampeyan Dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Pakubuwana IV ing Surakarta, adamêl parjanjian kalihan Kumpêni Inggris, ingkang limrahipun bôngsa Jawi amastani: Prajanjian Inggris. Prajanjian wau wontên 22 bab, katitimangsan kaping 4 Agustus 1812.

Pralambang dalêm Ingkang Sinuhun P. B. IV: tan kobêr pêpaès mangun sinjang.

Lamining jumênêng dalêm nata Sampeyan Dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Pakubuwana IV 32 taun. Pramèswari dalêm 1. Kangjêng Ratu Kancana I, pêputra Ingkang Sinuhun P. B. V, Kangjêng Ratu Kancana II pêputra Ingkang Sinuhun P. B. VII. Kangjêng Ratu Kancana I, tuwin Kangjêng Ratu Kancana II punika sadhèrèk sami putranipun Radèn Tumênggung Cakraningrat ing Pamêkasan, kagarwa ngarangulu.

Kangjêng Ratu Kancana punika kagungan anggitan Sêrat Jayèngsastra, Wulang Putri, sinawung ing sêkar mawi wangsalan, ungêling bêbukanipun:

Jayèngsastra (carik) êmpaning lêlungit / sirik agêng jênênging wanodya / luput barang rèh wurine / wruha wêkasanipun / teja panjang anginum warih (kluwung) / sinjang agêming priya (bêbêd) / kang kêdah sinawung / pawèstri kathah ribêdnya / taji sawung (jalu) gônda pangusaping lathi (lênga krawang) / luputira kawangwang //

Putra dalêm sadaya 56. Ingkang sumilih nata putra pambajêng.

--- 486 ---

Sampeyan Dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Pakubuwana V

Sampeyan Dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Pakubuwana V punika putra Sampeyan Dalêm Ingkang Sinuhun Pakubuwana IV, karan Sinuhun Sugih, putra pambajêng nata, miyos saking Kangjêng Ratu Kancana I. Nalika taksih jumênêng pangeran adipati jêjuluk Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Anom Sudibya Putra Narendra Mataram II. Jumênêng dalêm nata sinangkalan: sarira suci pangandikaning ratu 1748.Sengkalan: sarira suci pangandikaning ratu (1748 A.J., 1820/21 A.D.). Papar Sinuhun Sugih.

Sampeyan Dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng
Susuhunan Pakubuwana ingkang kaping V.

Jêjuluk dalêm Sinuhun Sugih punika kajawi sugih ing donya ngranabrana. ugi jalaran sugih ing pikiran, lêpasing panggalih dalêm sagêd anggagapi prakawis sulit-sulit. Kêrêp angudhari ruwêt rêntêng ingkang lajêng dados padhang. Samôngsa wontên lêlampahan ingkang damêl pêpêtênging praja, ingkang sinuhun kaparêng namurkula, nguningani kawontênan sajawining kadhaton, ngantos sagêd amanggihakên sabab-sababipun, malah nate kaparêng namurkula ngantos têtêpangan kalihan nini ing dhusun, ingkang wusananipun dados kêkasih dalêm saha pinaringan pangkat. Kados ingkang kasêbut ing sêrat: Dêmang Pancalpanggung, wêdalan Bale Pustaka sèri nomêr 82, rêgi f. 0.25. Cêkakaning cariyos makatên.

Kala jaman jumênêng nata Ingkang Sinuhun P. B. V, ing Surakarta kaparag ing sêsakit, bêbasan tiyang sakit enjing, sontên pêjah, tiyang sakit sontên, enjing pêjah. Kajawi punika ugi awis têdha, kathah kawula alit ingkang sami nandhang kêluwèn.

Kacariyos ing Rêdi Kidul bawah Sukaharja, wontên dêmang dhusun nama Dêmang Pancalpanggung, kawical sugih, botên kakirangan wos pantun. Wontênipun karan Dêmang Pancalpanggung, awit kyai dêmang gadhah cacat bêlang ing suku tuwin ing tangan. Anyarêngi môngsa pacêklik wau, kyai dêmang malah rumaos angsal margi anggèning badhe ngindhakakên kasugihanipun, lajêng sade uwos kalayan rêrêgèn awis, botên pisan-pisan gadhah wêlas dhatêng tiyang ingkang sami nandhang kêmlaratan.

Ing bab punika kamirêngan ing panjênêngan nabanata. saha lajêng kaparêng namurkula badhe nyatakakên dhatêng panggenanipun kyai dêmang. Kêlampahan sinuhun têdhak ngriku dipun dhèrèkakên ing abdi, botên pisan-pisan katawis manawi panjênêngan ratu.

Kala samantên ingkang sinuhun dhatêng griyanipun kyai dêmang badhe nêmpur, kanthi rêrêgèn ingkang botên nêtêpi rêrêgènipun kyai dêmang, kyai dêmang kêncêng

--- 487 ---

botên purun anyukani. Sang nata wangsul.

Kacariyos kyai dêmang gadhah magêrsari tiyang nini-nini, nama Nyai Mita, manawi siyang manggèn ing regolipun kyai dêmang. Sarêng sumêrêp têtiyang ingkang sami namurkula wau sami dipun ampirakên, kasêgah nêdha. Sang prabu kaparêng, saha adamêl rênaning panggalih. Sarêng sang prabu kondur lajêng dhawuh nalêsêpakên arta kalih atus ringgit wontên sangandhaping widhig. Ing ngriku nyai sêpuh cariyos kapingin badhe sumêrêp ratu. Sang prabu dhawuh, manawi badhe sumêrêp ratu, ing benjing badhe dipun têdahakên, saha manawi dhatêng nagari madosana panjênênganipun nama Abdurrahman, sabên tiyang tamtu sumêrêp.

Sakondur dalêm, nyai sêpuh sumêrêp ing ngandhap widhig wontên artanipun ringgit kathah, lajêng alok-alok, ing ngriku kyai dêmang mirêng, lajêng dhatêng saha lajêng ngakên bilih arta wau gadhahanipun. Nyai sêpuh namung narimah.

Kalampahan nyai sêpuh dhatêng nagari, madosi Abdurrahman, lajêng pinanggih, awit sang prabu sampun dhawuh dhatêng para abdi dalêm, manawi wontên tiyang madosi kados makatên, kairid dhatêng kadhaton. Sayêktos nyai sêpuh sagêd kapanggih wusana sumêrêp bilih tamunipun kala samantên ratu. Nyai sêpuh lajêng manggih kamulyan kaabdèkakên.

Kyai Dêmang Pancalpanggung lajêng mangrêtos dhatêng lêlampahan wau sadaya, manahipun ngênês, saking ajrih, lajêng sakit wusana dumugi ing tiwas. Mayitipun kyai dêmang konjuk ingkang sinuhun, tangan sukunipun kadhawuhan ngêthok kangge tumbal nagari.

Nalika taksih jumênêng pangeran adipati anom kaparêng dhawuh nganggit Sêrat Cênthini, ingkang kakarsakakên nganggit abdi dalêm Carik Rônggasutrasna. Wiwiting panganggit wontên ing dintên Sabtu tanggal 26 Sura Je 1745.

Mirid dêdongengan, panganggitipun dalêm Sêrat Cênthini punika botên namung pinanggih awagan kemawon, pundi papan panggenan ingkang sinêbut ing sêrat, ingkang sinuhun dhawuh utusan nyatakakên, mila saupami pinetang waragadipun, saèstu kathah sangêt.

Mila isining Sêrat Cênthini punika manawi nyariyosakên kawontênaning panggenan, inggih pinanggih sakalangkung salêsih. Isinipun kawruh warni-warni, dhêdhasaripun Islam, nanging kawruhipun Jawi ugi wontên, cêkakipun kenging dipun wastani sêrat ingkang kêbak kawruh.

Sêrat Cênthini punika anggambarakên lêlampahan ing sabên dintên, cariyosipun pinanggih gêsang sangêt, ing kalanipun nyariyosakên tiyang gêginêman tuwin ambanyol ngantos katingal kados wujuding têtiyanganipun.

Manawi dipun manah yêktos, mirid saking wontêning Sêrat Cênthini wau, ing ngriku ngatingalakên kajêmbaraning kawruh dalêm ingkang sinuhun. Dados mênggah nyatanipun pancèn lêbda yêktos dhatêng nganggit-anggit tuwin lêbêt raosipun.

Kajawi Sêrat Cênthini wau, taksih kathah sêrat-sêrat anggitan dalêm, kados ta: sêrat namaning ulam-ulaman, namaning walang, namaning gêndhing, namaning bathikan, wirasating kucing, sasmitaning pêksi prênjak, wirasating pêksi prêkutut, tangguhing pêksi prêkutut, patrapipun tiyang sêsabin, nama dhapuring dhuwung, tuwin taksih kathah sanès-sanèsipun, sadaya wau sinawung ing sêkar.

Luhur saha lêpasing panggalih dalêm ngantos angèl [angè...]

--- 488 ---

[...l] dipun gagapi ing sanès kados kasêbut ing sêrat: Andum Warisan, wêdalan Balepustaka. Sèri nomêr 1029 rêgi f. 0.15, Ing sasurud dalêm Kangjêng Ratu Kancana II (Kangjêng Ratu Kancana II punika ingkang rayi ibu nata, Kangjêng Ratu Kancana I). Kagungan tilaran arta brana kathah sangêt. Nanging Kangjêng Ratu Kancana II ugi kagungan sambutan tuwin sêsanggêman ingkang gunggungipun f. 60.000, dene ingkang kalêrês angsal warisan wau putra kêkalih, Kangjêng Ratu Pambayun tuwin rayi, Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Purubaya. Nanging kala punika ingkang sinuhun mundhut malêbêt dados waris, awit Kangjêng Ratu Kancana II punika ingkang rayi ibu dalêm Kangjêng Ratu Kancana I, dados inggih mundhut panduman warisan saha ingkang badhe andum ingkang sinuhun.

Dhawuh nata ingkang makatên wau, nuwuhakên raosing ngakathah botên adamêl marêm. Kalampahan dumugining titimôngsa, pamanduming warisan, ingkang sinuhun miyos sinewaka, ingadhêp para sadhèrèk, pêpatih, para nayaka tuwin sanès-sanèsipun. Sampeyan dalêm ingkang sinuhun lajêng dhawuh. Bilih sawarnining raja kaputran kaparingakên dhatêng rayi nata Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Purubaya. Barang ingkang warni raja kaputrèn, kaparingakên rayi dalêm Kangjêng Ratu Pambayun. Ingkang warni arta krêtas, êmas salaka têmbaga sasaminipun, punapadene buku-buku, kitab Kuran, kapalih kaparingakên Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Purubaya tuwin Kangjêng Ratu Pambayun. Dhaharipun ibu dalêm sabên wulan gangsal atus rupiah kalastantunakên saha kaparingakên Kangjêng Ratu Pambayun. Dene sambutanipun suwargi Kangjêng Ratu Kancana sapintên petangipun, kapundhut ing sang nata, badhe dipun sahi saking arta dalêm piyambak. Makatên ugi sawarnining sêsanggêman ugi badhe kaparingan sadaya. Dhawuh dalêm sadaya wau kalampahan.

Kreta pêthukan gupêrnur (residhèn) manawi dhatêng karaton.

Ing ngriku sawêg katingal punapa ingkang dados kaparêng dalêm ingkang sinuhun. Saha ing ngriku katingal kaluhuraning panggalih dalêm.

Pralambang dalêm Ingkang Sinuhun P. B. V sami kalihan pralambang dalêm Ingkang Sinuhun P. B. IV. (tan kobêr pêpaès mangun sinjang).

Pramèswari dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Pakubuwana V, 1. Radèn Ayu Adipati Anom inggih Kangjêng Ratu Êmas, wusana Kangjêng Ratu Agêng, pêputra Kangjêng Ratu Sêkar Kadhaton, kagarwa Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Arya Mangkunagara III. 2. Radèn Ayu Adipati Sêpuh, inggih Kangjêng Ratu Kancana. Putra dalêm sadaya 45, botên kagungan putra kakung ingkang miyos saking pramèswari. Dene ingkang sumilih kaprabon, putra saking garwa pangrêmbe, Radèn Sasrakusuma, putra nomêr 11.

--- 489 ---

Sampeyan Dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Pakubuwana VI

Sampeyan Dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Pakubuwana VI. Putra Sampeyan Dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Pakubuwana V miyos saking garwa pangrêmbe Radèn Sasrakusuma. Ing nalika timur dipun êmong pêpatih dalêm, Kangjêng Radèn Adipati Sasradiningrat, sumare Imagiri. Jumênêng dalêm wontên ing taun 1751 anyarêngi kala papranganipun Pangeran Dipanagara. Mila Panjênêngan nata dipun pralambangi: tunjung putih, akajêng ratu jinunjung patih, awit Ingkang Sinuhun P. B. VI punika pancèn pinundhut putra ing Kangjêng Radèn Adipati Sasradiningrat ingkang kasêbut ing nginggil. Jumênêng dalêm botên dangu lajêng kakendhangakên dhatêng Ambon.

Sampeyan Dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng
Susuhunan Pakubuwana ingkang kaping VI.

Ing ngriki sadèrèngipun nyariyosakên babad dalêm sawêtawis prêlu ngandharakên rumiyin bab lêlampahaning agêsang, punika tamtu wontên lêlampahan ingkang dipun wastani obong-obongan. Ingkang dipun wastani obong-obongan punika angobong manahipun piyambak, dados manahing tiyang ingkang kobong, punika akajêng sakit, nanging sakit wau akajêng sae, wusana lajêng sagêd tangi saha kawusananipun sagêd manggih kamulyan. Lêlampahan ingkang kados makatên wau bokmanawi dhumawaha ing ratu utawi tiyang alit, raosipun sami kemawon, saha manawi kuwawi, pinanggihipun inggih sami akajêng manggih kamulyan. Tuwin lêlampahan punika manawi dipun wawas lêlajênganipun katingal namung nyakra manggilingan. Wawasan punika prêlu kangge ngawontênakên pasaksèn, bilih lêlampahan ing donya punika kados makatên.

Sampeyan Dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Pakubuwana VI punika ugi jêjuluk: Sinuhun Ambanguntapa. Pramèswari dalêm wontên sakawan, I. Kangjêng Ratu Kancana, putranipun Kangjêng Pangeran Adipati Angabèi (P. B. VIII), pêgat botên pêputra, lajêng santun asma Kangjêng Ratu Bandara, saha salajêngipun asma Kangjêng Ratu Kadhaton, (kacariyos Kangjêng Ratu Kancana wau nalika dipun kondurakên dhatêng Ngabeyan, dipun têrakên ingkang sinuhun piyambak. Ing sakondur dalêm nata, Kangjêng Pangeran Adipati Angabèi andhèrèkakên dumugi pandhapi, saha lajêng nyawang tindak dalêm kalihan ngandika: E, ingkang sinuhun ora kêna dikawulani santanane. Hêm, apa aku bakal bisa nusul panjênêngane), II. Kangjêng Ratu Êmas, putranipun Kangjêng Gusti Pangeran Arya Mangkubumi I, putra Ingkang Sinuhun [Si...]

--- 490 ---

[...nuhun] P. B. III saking pramèswari dalêm Kangjêng Ratu Kancana (Bêruk). Pêputra namung satunggal, Ingkang Sinuhun P. B. IX. Lajêng santun asma Kangjêng Ratu Agêng. III. Kangjêng Ratu Madurêtna, putranipun Kangjêng Pangeran Arya Adinagara I, putra Ingkang Sinuhun P. B. III. IV. Kangjêng Ratu Anom, putranipun Radèn Mas Arya Pamênang, putranipun Kangjêng Pangeran Arya Balitar II, putra Kangjêng Pangeran Arya Balitar I, putra Ingkang Sinuhun P. B. II.

Sêsawangan pasisir sagantên ing Ambon.

Kacariyos sih dalêm nata dhumawah Kangjêng Ratu Anom, bêbasan botên nate pisah kalihan ingkang sinuhun, malah Kangjêng Ratu Anom kagungan janji, sampun ngantos wontên garwa ingkang pêputra, ing sadèrèngipun Kangjêng Ratu Anom apêputra.

Kacariyos satunggaling dalu ingkang sinuhun salat kajat, sasampuning ambikak padasan, èngêt dhatêng garwa Kangjêng Ratu Êmas lajêng rawuh tuwi, toya padasan taksih kumrocok, namung mêling, dhatêng kêkasih dalêm Radèn Atmawiraga tuwin Radèn Atmasupada,Atmasupana. manawi toyaning padasan badhe têlas kadhawuhan ngêjogi. Sarawuh dalêm ing patênggan dalêm Kangjêng Ratu Êmas, kangjêng ratu sawêg nyoga, lajêng wijik asta.

Sarêng antawis kawan wulan, Kangjêng Ratu Anom midhangêt bilih Kangjêng Ratu Êmas sampun ambobot kawan wulan. Ing ngriku Kangjêng Ratu Anom sakalangkung duka, pamuring dalêm dhumawah raka nata.

Pangimur dalêm ingkang sinuhun dhatêng garwa nata, badhe [ba...]

--- 491 ---

[...dhe] sowan tirakat dhatêng pasarean luhur nata ing Imagiri, saha dhawuh salêbêtipun têdhakan kaawatna gêrah. Têdhak dalêm nitih titihan (kapal) ingkang andhèrèk têdhak dalêm urdênas kêkasih dalêm, Radèn Atmawiraga tuwin Radèn Atmasupana. Sarawuh dalêm ing Klathèn mampir ing griyanipun bupati pamajêgan Radèn Tumênggung Kartanagara, dhawuh manawi badhe tirakat dhatêng ing Imagiri, rawuh dalêm ing Klathèn prêlu namung mampir ngasokakên titihan.

Kacariyos, Radèn Tumênggung Kartanagara punika gadhah anak nama Radèn Ngabèi Kartapiyoga, ing ngajêng abdi dalêm mantri gêdhong kiwa, kapiji nyambut damêl wontên kadhaton, wusana manggih kalêpatan, ingkang sinuhun lajêng dhawuh ngrangkèt saha lajêng kapocot. Ing kala punika Ngabèi Kartapiyoga mangêrtos bab têdhak dalêm wau, saha lapur dhatêng pangagêng bètèng Klathèn. Salajêngipun pangagêng bètèng Klathèn lapur dhatêng Surakarta. Tuwan residhèn lajêng sowan malêbêt dhatêng kadhaton, wusana têdhak dalêm miyos saking kadhaton punika kasumêrêpan, ing ngriku lajêng ngawontênakên parêpataning para agêng Walandi Jawi, residhèn miji Tuwan Winêr kadhawuhan nusul têdhak dalêm, dipun susul dhatêng Imagiri botên pinanggih, wusana dipun susul dhatêng pamancingan, ing ngriku ingkang sinuhun pinanggih sarean, mastaka dalêm kapangku ing Radèn Atmawiraga.

Tuwan Winêr lajêng ngaturi kondur dhatêng kadhaton. Kondur dalêm dipun jajari ing dragundêr sakawan, ing pêngkêran dalêm abdi dalêm urdênas kêkalih tuwin Tuwan Winêr, lajêng ginarubyug dragundêr wolu. Ing ngriku [ngri...]

--- 492 ---

[...ku] ingkang sinuhun rumaos piduwung ing panggalih, botên ngintên pisan-pisan manawi ngantos kasumêrêpan ing residhèn. Botên kèngêtan bilih ingkang sinuhun kagungan satru. Têdhak dalêm sadumugining Klathèn lajêng santun nitih kreta, wusana lajêng lêrêm wontên pêsanggrahan ing Kartasura kapêthuk tuwan residhèn, tuwin para agêng sanèsipun. Ingkang sinuhun lajêng kadhèrèkakên dhatêng Sêmarang, saha salajêngipun kadhèrèkakên dhatêng Ambon. Ingkang andhèrèkakên garwa nata Kangjêng Ratu Anom tuwin Radèn Tumênggung Cakradipura, abdi dalêm bupati, kalêrês ingkang kaki, ingkang rama bibi dalêm.

Kacariyos ing kadhaton sakalangkung usrêk-usrêkan sami ngajêng-ajêng kondur dalêm, kathah para putri ingkang mapag dhatêng srimanganti, sabên wontên kreta glêdhêg-glêdhêg sami mapag nanging sanès. Wusana wontên kreta dhatêng ngondurakên Kyai Agêng, (wangkingan Kangjêng Kyai Balabar) saha wontên dhawuh dalêm mêthuk pramèswari dalêm Kangjêng Ratu Anom saha nimbali abdi dalêm ingkang kadhawuhan andhèrèk ing kala samantên inya dalêm (ingkang nêsêpi ingkang sinuhun) nyuwun badhe andhèrèk dhatêng Ambon, dhawuh dalêm: mbok, kowe karia bae nunggoni wêtêngane gustimu, iku besuk kang kêna kok ngèngèri. Inya dalêm wau ngèstokakên. Tètès dhawuh dalêm nata, saturun-turunipun inya dalêm wau sami kêcakêt ratu. Dumuginipun sapunika, buyutipun taksih, dados abdi dalêm bupati anom carik, nama Radèn Tumênggung Mangundipura, kêkasih dalêm ingkang sinuhun suwarga. Sampeyan dalêm ingkang sinuhun ingkang minulya saha wicaksana, umur-umuranipun barakan dalêm langkung sêpuh sakêdhik. Malah tumrapipun sapunika, kenging dipun wastani dados para kakinipun karaton Surakarta.

Anglajêngakên cariyos sadumugining Ambon, sampeyan dalêm angadhaton wontên ing Batugajah, cakêt kalihan karesidhenan kadhaton dalêm amêngkêrakên lèpèn saha parêdèn, para pandhèrèk ugi manggèn wontên sacakêtipun ngriku.

Kacariyos salêbêtipun wontên Ambon, sampeyan dalêm ingkang sinuhun ugi kaparêng lêlangên padhayan sapanunggilipun, ngalêmpakakên anak-anakipun para saradhadhu Jawi.

Sarêng putra nata ingkang wontên Surakarta sampun miyos, ingkang sinuhun tansah martosakên sabên wontên kapal saking tanah Jawi tamtu ambêkta wartos ing bab putra dalêm wau. Sarêng sampun radi agêng, sabên-sabên mundhut kintunan agêmipun rasukan ingkang putra, lajêng dipun ênggèkakên anaking saradhadhu ingkang kakintên umur-umuranipun sami. Samôngsa sampun dipun angge, sampeyan dalêm lajêng dhawuh: E, anakku wis samono. Ing sabên mêntas nguningani ingkang kados makatên wau panggalih dalêm lajêng trênyuh.

Kados para maos taksih lôngka ingkang nyumêrêpi babad dalêm Ingkang Sinuhun Ambanguntapa nalika wontên ing Ambon, salajêngipun babad dalêm wau mêndhêt saking namanipun Nonah Kuwi, ingkang lajêng dados pangrêmbe nata. Wontên ungêl-ungêlan [u...]

--- 493 ---

[...ngêl-ungêlan] sapada, pêthikan saking Sêrat Nonah Kuwi ingkang kalimrah sangêt dados apalan wontên ing Surakarta, sêkaripun dhandhanggula ungêlipun makatên:

pacêt agung bibi mungging sabin / nora bêtah bibi raganingwang / aweta kaya mangkene / dhuh bibi kukus gunung / kinapakna ingsun lakoni / pira larane lara / bibi praptèng lampus / bèbèk rawa dhaon mudha / wuswis (karena jawaban "bèbèk rawa": mliwis. sun pupus bibi datan ana malih / mung bibi tuturira //

Ungêl-ungêlan punika ucapipun Nonah Kuwi dhatêng para nyai nalika gandrung dhatêng ingkang sinuhun.

Kacêkak ing cariyos ing sêmu sampeyan dalêm ingkang sinuhun tansah mênggalih dhatêng putra ingkang wontên ing Surakarta, nate wontên wiyosing dhawuh pangandika dalêm: ayake besuk yèn aku wis mati bisa kêtêmu si kulup.

Sasurud dalêm sêkalihan sumare wontên ing Batugajah sacêlaking kadhaton dalêm. Ing kajogan sajawining gêdhong, kuburipun Radèn Tumênggung Cakradipura.§ Sajarah Mungup: Kyai Agêng Juru Martani, inggih Adipati Môndaraka. Pêputra Ki Juru Wirapraba, inggih Pangeran Adipati Mandurarêja, sumare Kaliwungu. Pêputra Pangeran Manduranagara sumare Têgal. Pêputra Pangeran Mandura sumare Mungup Kulon. Pêputra Pange.

--- 494 ---

Sampeyan Dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Pakubuwana VII

Sakendhang dalêm Sampeyan Dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Pakubuwana VI (Sinuhun Ambanguntapa), dèrèng wontên putra ingkang jumênêng pangeran adipati anom.

Kacariyos nalika linggar dalêm Sampeyan Dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan P. B. VI saking kadhaton, sarêng kadêngangan ing residhèn, ing salêbêting praja lajêng orêg, para abdi dalêm agêng alit lajêng sami pêpêk wontên ing pasowanan. Kangjêng Pangeran Angabèi tuwin Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Purubaya, para pangeran putra santana, punapadene pêpatih dalêm, Kangjêng Radèn Adipati Sasradiningrat, sami sowan malêbêt kadhaton. Tuwan residhèn tuwin tuwan komêndhan lênggah ing pêndhapi agêng.

Sampeyan Dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng
Susuhunan Pakubuwana ingkang kaping VII.

Awit saking pangandikanipun tuwan residhèn, sarèhning ingkang sinuhun botên wontên ing kadhaton, ing sadèrèngipun rawuh, para pangeran sadaya kêdah tuguran wontên salêbêtlingsalêbêting. kadhaton. Dene pêpatih dalêm kapatah wontên ing pasowanan, dalah wadana kaliwon sapanêkaripun. Tuwan residhèn tuwin komêndhan lajêng lèrèh dhatêng gêdhong panyarikan.

Awit saking aturipun pêpatih dalêm dhatêng residhèn, salinggar dalêm ingkang sinuhun, adamêl kasamaranipun nagari, sagêt ugi adamêl karisakan, mila kaprayogèkakên, samôngsa pinanggih, sampun kakondurakên dhatêng karaton. Atur wau dipun condhongi ing residhèn. Dene ingkang kasuwunakên jumênêng nata Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Arya Purubaya, awit pancèn putra saking pramèswari, saha panggalihipun sae.

Ing sadèrèngipun jumênêng nata, Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Purubaya kajumênêngakên Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Anom Mêngkunagara, ing tanggal 21 Bêsar 17371757. utawi tanggal 13 Juni 1830, wanci jam 6 enjing, sarêng jam 12 siyang kajumênêngakên nata, jêjuluk: Sampeyan Dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Pakubuwana VII, pêparab Sinuhun Purubaya, putra Ingkang Sinuhun P. B. IV, dados jumênêng dalêm nata wau sumilih kêpraboning putra kêpenakan, jumênêng dalêm ing

--- 495 ---

taun Jimawal sinangkalan: pandhita lima muji ing ratu 1757.

Pramèswari nata, I. Kangjêng Ratu Pakubuwana putranipun Kangjêng Sultan Cakraningrat, ingkang kaping II ing Madura. II. Kangjêng Ratu Kancana, nalika dèrèng jumênêng nata, nama Radèn Ayu Adipati Purubaya. Putranipun Kangjêng Gusti Pangeran Arya Mangkubumi I. Kangjêng Ratu Kancana, pêputra Radèn Ajêng Andawiyah, lajêng asma Radèn Ayu Sêkar Kadhaton, sarêng jumênêng dalêm Ingkang Sinuhun P.B. IX, kajunjung asma Gusti Kangjêng Ratu Pambayun, botên krama. Ingkang misuwur putri asarira auliya.

Sajumênêng dalêm Ingkang Sinuhun P.B. VII, raka nata, Kangjêng Pangeran Angabèi minunjung asma Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Ngabèi.

Jumênêng dalêm Ingkang Sinuhun P. B. VII, amarêngakên wêdaling nawala pradata. Saha kala jumênêng dalêm wau, kaparêng ambangun adêging masjid Agêng Surakarta ingkang kaping kalih, nuju dintên Kêmis Kaliwon tanggal kaping 24 Siyam Dal 1784.

Kala jumênêng dalêm punika para kawula ing Surakarta kasok suka saha sami ngucap sukur ing Pangeran, praja Surakarta lajêng pinanggih tata têntrêm.

Botên lêt dangu sajumênêng dalêm nata, ingkang dados residhèn ing Surakarta, Tuwan Mac Gillavry, ingkang ngajêng ugi sampun dados residhèn ing Surakarta, mila panjênêngan nata ing Surakarta tuwin para pangeran sami rêna, dene sampun kulina kalihan residhèn wau.

Kacariyos kala samantên wontên rayi nata Sinuhun Ambanguntapa, nama Pangeran Arya Natadiningrat, rumaos botên rêna ing panggalih, awit salinggaring raka nata botên kaangkat jumênêng pangeran adipati. Saking botên kuwawining panggalih lajêng lolos saking praja minggah dhatêng rêdi Marapi.

Kala samantên Kangjêng Pangeran Arya Natadiningrat mampir dhatêng lojinipun Tuwan Dezentje§ Darah Dezentje tuwin Nolten ngantos sapriki kathah ingkang wontên Surakarta. ing Ngampèl, Tuwan Dezentje ngaturi pamrayogi supados kangjêng pangeran kondur dhatêng nagari kemawon, nanging kangjêng pangeran botên karsa. Ing ngriku Tuwan Dezentje lajêng lapor dhatêng residhèn ing Surakarta. Sarêng residhèn tampi sêrat saking Tuwan Dezentja lajêng miji Litnan Nolten§ Darah Dezentje tuwin Nolten ngantos sapriki kathah ingkang wontên Surakarta. lumampah dhatêng Ngampèl, nindakna punapa wigatosing prêlu. Litnan Nolten sadumugining Ngampèl pinanggih Kangjêng Pangeran Arya Natadiningrat, dipun aturi kondur, botên karsa manawi botên kasêmbadan ingkang dados kaparênging panggalih, aluwung dipun susulna raka nata pisan. Kalampahan Kangjêng Pangeran Arya Natadiningrat kabêkta dhatêng Sêmarang. Saha lajêng kakendhangakên dhatêng Ambon ing wulan Mulud, 1758.

Residhèn Mac Gillavry lajêng sowan ingkang sinuhun, ngaturi uninga bilih wontên satunggaling pangeran lolos saking praja. Ingkang sinuhun lajêng dhawuh nyowanakên para pangeran sadaya, sadaya sami sowan, namung Pangeran Natadiningrat piyambak botên wontên, ing ngriku residhèn lajêng ngaturakên punapa kawontênanipun. Wiwit punika ingkang sinuhun lajêng manggalih murih têntrêming para darah karaton.

Pralambang nata: sêmune pudhak sinumpêt.

Sasurud dalêm, ingkang sumilih raka nata Kangjêng Gusti Pangeran AdisatiAdipati. Angabèi.

--- 496 ---

Sampeyan Dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Pakubuwana VIII

Sasurud dalêm Ingkang Sinuhun KhajêngKangjêng (dan di tempat lain). Susuhunan Pakubuwana VII bobênbotên. pêputra kakung, ingkang sumilih raka nata, Khajêng Gusti Pangeran Adipati Angabèi, jêjuluk: Sampeyan Dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Pakubuwana VIII, pêparab Sinuhun Angabèi. Kala samantên jumênêng dalêm sampun yuswa 71 taun, putra Ingkang Sinuhun P. B. IV. Jumênêng dalêm punika sarêng kalihan jumênêng dalêm Kangjêng Pangeran Adipati Anom Mangkunagara Sudibya Rajaputra Narendra Mataram IV (Ingkang Sinuhun P. B. IX).

Sampeyan Dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng
Susuhunan Pakubuwana ingkang kaping VIII.

Garwa dalêm asma Radèn Ayu Angabèi, seda ing sadèrèngipun jumênêng nata, ingkang sinuhun botên krama malih. Garwa dalêm wau pêputra:

1. Bandara Radèn Ajêng Kusiyah, kagarwa Ingkang Sinuhun P. B. VI, asma Kangjêng Ratu Kancana, pêgat krama angsal Pangeran Juru Martani, santun asma Kangjêng Ratu Bandara. Jumênêng dalêm nata ingkaingkang. rama santun asma Kangjêng Ratu Kadhaton.

2. Bandara Radèn Ajêng Kusinah, asma Bandara Radèn Ayu Adiwijaya III inggih Kangjêng Ratu Bandara. Pêputra Kangjêng Ratu Pakubuwana pramèswari dalêm Ingkang Sunuhun PB IX.

3. Bandara Radèn Ajêng Dablêg, asma Bandara Radèn Ayu Mangkubumi, sarêng ingkang rama jumênêng nata asma Kangjêng Ratu Kancana pramèswari nata Sampeyan Dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Sultan Mêngkubuwana V ing Ngayogyakarta.

4. Bandara Radèn Ajêng Prêkis, asma Bandara Radèn Ayu Jayèngtilam, sarêng ingkang rama jumênêng nata, asma Kangjêng Ratu Anggèr ingkang raka asma Kangjêng Pangeran Kolonèl Arya Purbanagara.

Kacariyos sajumênêng dalêm Sampeyan Dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan, Pakubuwana ingkang kaping VIII ing nagari Surakarta, para santana, abdi dalêm saha kawula dalêm ing nagari Surakarta sami enggar manahipun, kabêkta tansah tampi kucah dalêm awarni boga, arta, busana, saha pêpadhanging manah.

Sampeyan dalêm ingkang sinuhun karênan sangêt anggêganjar amêmundhut tumbas, adamêl bingah saha saha mijèkakên ngèlmu sêpuh, inggih punika barkah dalêm ingkang nama pêpadhanging manah kasêbut ing nginggil.

--- 497 ---

botên namung dhatêng para santana, abdi dalêm saha kawula dalêm kemawon. Dhatêng sanès bôngsa malah kalangkung kathah, kados ta: têtumbasan ing toko minuman, toko badhe rasukan, toko mas intên, saha sanès-sanèsipun. Ganjaran dhatêng para luhur sanès bôngsa awarni panganggèn utawi bêkakas ingkang awis pangaosipun, buku-buku pêpakêming karaton dalêm ingkang kasêrat mawi parada, sadaya wau botên sakêdhik pangaosipun, kêrêp sangêt ngawontênakên pasamuwan mawi nyêdhahi para luhur sanès bôngsa, inggih punika ingkang nama maringi bêbingah. Sanadyan kalimrahanipun tumrap tiyang alit amijèkakên ngilmu punika tampi pisungsung saking para muridipun, manawi Sampeyan Dalêm Ingkang Sinuhun malah amaringi, inggih wujud punapa kemawon, punapa wragad kala nampèni wêjangan, wragad bilih tilar donya, amaringi lorodan agêm-agêman dalêm kêrêp sangêt. Saya malih pêparing dalêm dhatêng putri dalêm kangjêng ratu pramèswari dalêm ingkang Sinuwun Kangjêng Sultan Amêngkubuwana kaping VI ing Ngayogyakarta, botên binasaakên kathah, malah lumintu, punika dalah siti dhaharipun putri dalêm wau. Ingkang kalangkung rame saha nêngsêmakên punika botên kados manawi sampeyan dalêm ingkang sinuwun miyos têdhak pasanggrahan Bacêm, wujud punapa kemawon sêsadeanipun para kawula dalêm ing dhusun, têtêdhan, wowohan, janganan, pala kapêndhêm, mêntah matêng dalah alang-alang, kajêng balungan griya, jangji langkung ing pasanggrahan inggih lajêng kapundut tumbas. Têtumbasan punika lajêng kaparingakên dhatêng ingkang sami andhèrèk sarta ingkang têngga praja. Manawi sadiyan arta kagêm têtumbasan punika kirang, ingkang sami sêsadean kadhawuhan ambêkta sêsadeanipun dhatêng ngandhap lo sakiwatêngêning kori srimangkati kidul (magangan) wontên ngandhap lo wau kaparingan arta panumbasipun, dene barang têtumbasan inggih lajêng kaparing-paringakên.

Para pangeran saha para nayaka sanadyan botên kalangkungan anampèni kêkucah dalêm, saha inggih enggar raosipun, makatên malih agênging manahipun datanpa pindhan, ewadene rèhning sami gadhah wajib rumêksa angêmbat praja, anggadhahi kuwatos bokbilih karaton dalêm badhe kakirangan arta, botên taha nguwatosakên badhe têlasipun, [tê...]

--- 498 ---

[...lasipun,] dêstun amung kagêm sadiyan manawi wontên pêrlu praja ingkang agêng ingkang dadakan, badhe kathetheran, pêrlu ingkang agêng punika upaminipun kangge nambak bêbaya, bêbaya pacêklik, utawi bêbaya kasangsaran, punapa bêbaya sêsakit, sampun kalampahan salêbêtipun jumênêng dalêm wau wontên bêbaya bêna agêng, ingkang ngantos ngêlêbi jarambah ngandhap ing dalêm agêng (prabasuyasa) nalika taun Jimawal, ôngka: 1789, têlasing kagungan dalêm arta kathah sangêt. Ananging para pangeran saha nayaka wau badhe caos unjuk sami ajrih, amargi botên wontên ingkang kangge, wêwaton ingkang langkung kumawi ingkang sagêd angêndhihakên kaparêng dalêm, inggih punika wêwaton wajibing panjênêngan dalêm nata tansah mili dananipun bèrbudi, andamêl têntrêming manahipun kawula sami padhang ulahing kasuksman. Ing wêkasan namung kandhêg wontên wiraosan kemawon.

Abdi dalêm Ondêr Mayor Radèn Panji Jayaningrat, punika abdi dalêm ingkang kapatah mangagêngi nyêpêng kagungan dalêm arta karaton, mirêng wiraosanipun para pangeran saha para nayaka kados makatên punika manahipun sakalangkung ribêt sangêt, amargi wajibipun tiyang nyêpêng arta punika kêdah anggêmèni, sanadyan ingkang ngagêm punika ingkang kagungan piyambak, inggih wajib dipun gêmèni, anggènipun anggêmèni punika namung ngrêksa ingkang kagungan sampun ngantos kacuwan karsa dalêm, mila wiraosanipun para nayaka wau Ondêr Mayor Radèn Panji Jayaningrat rumaos kataman, bokbilik kadakwa botên sagêd ngrêksa kagungan dalêm arta.

Karibêdanipun Ondêr Mayor Radèn Panji Jayaningrat tansah dipun olak-alik pêpuntoning pamanahanipun, namung badhe anêtêpi wajibipun rumêksa kagungan dalêm arta, upami tindakipun ingkang makatên punika ngantos nêmahi sangsaranipun inggih dipun tarimahakên, tekadipun anggèning dados abdi dalêm sampun angrungkêbi wajibipun.

Kanthi tindak ingkang rêmit sangêt, Ondêr Mayor Radèn Panji Jayaningrat andhawuhakên dhatêng para ingkang gadhah sagèn angladosakên arta pajêg malêbêt ing karaton, supados ladosanipun arta pajêg sampun kaladosakên rumiyin namung sawanci-wanci kapundhut, kêdah sanalika lumados, botên kengakenging. sumados, dados wosipun arta pajêg saking tiyang alit sabên pasok inggih lumados ananging kabêbêg botên kalajêngakên lumêbêt.

Sarêng sampun kalampahan andhawuhakên makatên Ondêr Mayor Radèn Panji Jayaningrat pamit botên sowan sangadi sakit, sorog pêthi arta dalah pêpetanganipun kapasrahakên dhatêng sor-soranipun, manawi wontên pundhutan dalêm, sor-soranipun punika ingkang angladosi, saha manawi wontên pandangon kathahipun kagungan dalêm arta, kapratelakna pintên kathahipun ingkang karimat punika kemawon, sampun ngantos angaturakên bilih arta dèrèng lumêbêt. Botên antawis dangu, Sampeyan Dalêm Ingkang Sinuhun lajêng gêrah, amarêngi dintên Sêtu Wage

--- 499 ---

tanggal kaping: 25 Jumadilakir Je 1790, dumugi surud dalêm jumênêng dalêm ing dintên Sênèn Pon tanggal kaping 4 Sawal, Jimakir 1786, dados ing petangipun jumênêng dalêm mauwau. 3 taun; 8 wulan.

Amarêngi ing dintên Sênèn Lêgi tanggal kaping 27 Jumadilakir, Je 1790 jumênêngan dalêm Sampeyan Dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Pakubuwana ingkang kaping IX dados namung lêt 2 dintên kalihan surud dalêm Sampeyan Dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Pakubuwana ingkang kaping VIII.

Mênggah wragadipun surud dalêm saha jumênêngan dalêm punika botên sakêdhik, môngka arta pajêg dèrèng wontên lumêbêt, amila sasampuning sasurud dalêm saha jumênêngan dalêm wau, kasuwurakên kagungan dalêm arta kuras, ingkang makatên punika mirid katingalipun kawontênan sampun layak kemawon.

Ing sawau Sampeyan Dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Pakubuwana ingkang kaping IX dèrèng kaparêng nguningani kagungan dalêm arta ingkang dados parimatanipun Radèn Panji Jayaningrat, sanadyan kasuwurakên kuras, ananging sarêng anguningani rimatan kagungan dalêm arta ingkang sumimpên wontên kagungan dalêm pêthi Kangjêng Nyai Dhenok, inggih punika rimatan ingkang kaasta wontên ngarsa dalêm piyambak sampun kothong, sawêg karsa nguningani kagungan dalêm arta sanèsipun.

Kangjêng Nyai Dhenok punika ing salami-laminipun botên kenging kothong, sawêg lukak kemawon enggal-enggal lajêng dipun kêbaki. Kados punapa panggalih dalêm sarêng mriksa kagungan dalêm pêthi Kangjêng Nyai Dhenok, lajêng andhawuhakên dhatêng Radèn Panji Jayaningrat ngandikan malêbêt.

Gumêbyaring cahyanipun praja dalêm ing saunduripun Radèn Panji Jayadiningrat saking ngandikan, kadosdene tumuruning jawah ing môngsa labuh kapat, satêranging jawah, soroting surya sumêblak, mahanani sadaya bangsaning tumitah saha bôngsaning dumadi, tuwin bangsaning têtuwuhan, ingkang sipat janma, sami katumusan sumêblak manahipun, ingkang sipat kewan trangginas tandangipun, ingkang sipat têtuwuhan saha sêkar anjanggirat mêkaripun mawa gônda arum angambar, makatên ugi saking karênaning panggalih dalêm, Kangjêng Nyai Dhenok kadhawuhan angusung dhatêng Jayaningratan, sasampunipun dipun kêbaki arta, lajêng kapundhut malêbêt malih. Ing sauruting margi ingkang kangge langkulangkung. Kangjêng Nyai Dhenok wau, kêbak tiyang rantap jêjêl apipit sami nêningali wujudipun, amargi sami dèrèng nate sumêrêp sanadyan tiyang ing nglêbêt karaton, bilih sanès cêcêpênganipun kamaripun Kangjêng Nyai Dhenok inggih awis ingkang sumêrêp. Namung dumugi samantên dêdongengan punika, wondene Radèn Panji Jayaningrat punika ing pawingkingipun jumênêng pêpatih dalêm, asma Kangjêng Radèn Adipati Sasranagara, karanipun Kangjêng Agêng utawi Kangjêng Ridêr, amargi angsal ganjaran bintang ridêr Nedêrlansê leyo.

--- 500 ---

Sampeyan Dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Pakubuwana IX

Saking garwa dalêm Sampeyan Dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Pakubuwana VI (Ambanguntapa), sanadyan sumambêting nata ingkang jumênêng nama botên kêliya, ugi wontên raos bilih jumênêng nata Sinuhun P. B.VII tuwin VIII punika sumêla. Namung sajatosipun sambêt-sumambêtipun inggih lajêng gathuk anunggil, tumrap ing wawasan gênging kamulyan tuwin kaluhuran punika botên kados Sampeyan Dalêm Ingkang Sinuhun P. B.IV, dene putra tiga sami jumênêng nata sadaya, (P. B. V, P. B. VII, tuwin P. B. VIII.

Sampeyan Dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng
Susuhunan Pakubuwana ingkang kaping IX.

Sampun kacariyos ing ngajêng, salinggar dalêm Ingkang Sinuhun Ambangun Tapa, pramèswari dalêm Kangjêng Ratu Êmas nuju ambobot, kantun wontên ing karaton. samiyosing putra, pinaringan asma Bandara Radèn Mas Gusti Duksina, ing kala punika taksih winados sangêt, Bandara Radèn Mas Gusti wau dèrèng mangrêtos manawi putra nata kaping VI, rumaos putra nata ingkang jumênêng.

Ing satunggaling dintên wontên sêrat konjuk Ingkang Sinuhun P. B VII. Ing sarèhning kala samantên ingkang sinuhun sampun sare ing wanci siang, sêrat dèrèng sagêd konjuk. Ing kala punika Bandara Radèn Mas Gusti Duksina, glotha-glathe maos sêrat wau. Satamating pamaos dalêm lajêng dhawah botên èngêt, mênggah nyatanipun sêrat wau nawala dalêm Ingkang Sinuhun Ambanguntapa, ingkang suraosipun angraosi putra dalêm punika. Ing ngriku Bandara Radèn Mas Gusti Duksina sawêg priksa sajatosing sarira dalêm. Bab punika sarêng kauningan ingkang sinuhun karaos ngungun ing panggalih, nanging lajêng pinupus sampun makatên pinanggihing pêcahipun wêwados.

Nuju satunggaling dalu, Bandara Radèn Mas Gusti Duksina supêna, pinanggih tiyang jalêr. Sawungu dalêm mangandikakakên ing bab supênan dalêm wau kanthi pratela sêsipataning tiyang ingkang pinanggih ing pasupênan. ing ngriku wontên ingkang munjuk bilih punika sêsipatan dalêm ingkang Sinuhun Ambanguntapa. Sawatawis dintên malih wontên wartos, Sampeyan Dalêm Ingkang Sinuhun Ambanguntapa surud. Titimangsanipun [Titimang...]

--- 501 ---

[...sanipun] cocog kados nalika Bandara Radèn Mas Gusti Duksina supêna.

Kala jumênêng dalêm Sampeyan Dalêm Ingkang Sinuhun P. B.VIII, Bandara Radèn Mas Gusti Duksina ingkang sampun jumênêng Gusti Pangeran Prabu Wijaya, kajumênêngakên Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Anom Amêngkunagara Sudibya Rajaputra Narendra Mataram IV. Wusana sasurud dalêm Sampeyan Dalêm Ingkang Sinuhun P.B VIII, sumilih kaprabon, jêjuluk Sampeyan Dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Pakubuwana Senapati ing Ngalaga Ngabdurrahman Sayidin Panatagama ingkang kaping IX, inggih pêparabipun Sinuhun Ambangun Kadhaton, sinangkalan: sunya sugônda sabdaning ratu 1790.

Sajumênêng dalêm kathah yêyasan tuwin amindhahi nama-namaning panggenan, kados ta ing kala jumênêng dalêm pangeran, dalêm ing kadipatèn taksih prasaja sangêt. Pandhapi agêng dipun êlih nama: sasana sewaka. Pandhapi ijêm dados sasana ôndrawina. Pringgitan dados sasana parasdya. Kori ijêm lèr dados wiwara priya. Kori ijêm kidul dados wiwara kênya.

Ingkang Sinuhun P. B IX misuwur ambêg paramarta, saha kenging sinêbut nata pujôngga, karangan dalêm buku warni-warni, ingkang kalêmpakipun dipun namakakên Wira Iswara. Karênan dalêm ingkang sinuhun manawi paring sêrat mawi sinawung ing sêkar. Wontên paring dalêm sêrat dhatêng putra nata Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Anom, makatên:

[Kinanthi]

cabak kanthi salam ingsun / marang sira anak mami / kaki pangeran dipatya / wiyose ingsun wus tampi / kintaka tur-aturira / surasane sun wus uning //

sirèku minta arta mung / rongèwu kinarya mipik / prabote biyadanira / ing mêngko ingsun maringi / sapuluh èwu wang krêtas / supaya wrata ywa mèri //

rèhning prêlu karyanipun / dadi nora nguciwani / têntrêma wêwêngkonira / nir rêribêd ngrubedani / mring karêp kang mrih utama / katamana ing mêmanis //

Sêrat dalêm wau mawi ciri: mandrawapada, ingkang kaparênging karsa dalêm narendra kaping IX putra kaping VI.

Sêrat-sêrat karangan dalêm wau sumêbar sangêt, kathah ingkang dipun apili ing tiyang.

Pramèswari dalêm, Gusti Kangjêng Ratu Pakubuwana, putranipun Kangjêng Pangeran Arya Adiwijaya III saking Kangjêng Ratu Bandara, wayah dalêm ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Pakubuwana VIII, pêputra Sampeyan Dalêm Ingkang Sinuhun, Ingkang Minulya saha Ingkang Wicaksana. Sasurud dalêm Kangjêng Ratu Pakubuwana, priyantun dalêm Radèn Rarasati kakulawisudha dados Radèn Ayu Mandayaprana II, saha lajêng kainggahakên pramèswari, asma nunggaksêmi: Kangjêng Ratu Pakubuwana. Sajumênêng dalêm kaping X asma wau kapundhut, kaparingakên pramèswari nata, santun asma Kangjêng Ratu Madurêtna.

Putra dalêm sadaya wontên 57. Ingkang sumilih putra nomêr 30.

--- 502 ---

Sampeyan Dalêm Ingkang Sinuhun Ingkang Minulya saha Ingkang Wicaksana Kangjêng Susuhunan Pakubuwana X

Kawontênan dalêm Sampeyan Dalêm Ingkang Sinuhun saha Ingkang Wicaksana, pinanggihipun wontên ing wêkdal punika, kados botên pêrlu kapanjangakên, amargi ing sasurud dalêm, sampun kathah wartos ing bab sarira dalêm nata. Mila namung kapêndhêt sapêrlunipun kemawon.

Sampeyan Dalêm Ingkang Sinuhun
Ingkang Minulya saha Ingkang Wicaksana
Kangjêng Susuhunan Pakubuwana X

Sampeyan Dalêm Ingkang Sinuhun Ingkang Minulya saha Ingkang Wicaksana putra dalêm Sampeyan Dalêm Ingkang Sinuhun P. B. IX, miyos saking pramèswari dalêm Gusti Kangjêng Ratu Pakubuwana. Nalika yuswa 3 taun sampun jumênêng Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Anom Amêngkunagara Sudibya Rajaputra Narendra Mataram V, yuswa 16 taun supit. Tanggal 27 Agustus 1884 jumênêng litnan kolonèl. 5 Mèi jumênêng pangarsa pangadilan karaton. Tanggal 1 Agustus 1890, krama dhaup kalihan Bandara Radèn Agêng Sumasti, ingkang lajêng asma Gusti Kangjêng Ratu Pakubuwana, putranipun Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Arya Mangkunêgara IV, 10 Agustus 1890 jumênêng kolonèl, ing tanggal 30 Marêt 1893 jumênêng nata. Lajêng krama malih kalihan putri dalêm Sampeyan Dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Sultan VII ing Ngayogyakarta. Pramèswari dalêm wau asma Gusti Kangjêng Ratu Êmas pêputra Gusti Kangjêng Ratu Pambayun. Dumugining surud yuswa 74 taun, jumênêng dalêm nata 45 taun.

Sampeyan Dalêm Ingkang Sinuhun Ingkang Minulya saha Ingkang Wicaksana, misuwur nata ingkang lêpas ing panggalih, rêmên ngudi dhatêng kawruh warni-warni lair tuwin batos.

Kalimpatan saha kalangkungan dalêm ingkang katingal:

1. Dhatêng bab gêndhing-gêndhing prasasat sampun kasarira, punika pancèn sampun timur mila. Gêgandhenganipun kalihan bab punika, sampeyan dalêm ingkang sinuhun nalika taksih jumênêng pangeran adipati asring kaparêng bêksa wirèng, kados ingkang kasêbut ing Sêrat Srimataya, karangan dalêm piyambak. Makatên ugi dhatêng bab ringgit.

2. Makatên ugi bab nganggit-anggit, bokmanawi lôngka kados ingkang sinuhun, saking coploking panggalih dalêm, kêrêp dhawuh ijêman kadhawuhan [kadhawuha...]

--- 503 ---

[...n] nyathêti (dicte), malah sanadyan sinawung ing sêkar pisan namung kadhawuhakên ing ijêman. Kathah karangan dalêm sêrat-sêrat ingkang sampun kawêdalakên, tuwin kathah ingkang taksih sumimpên, wontên pêthikan sêrat dalêm nalika taksih pangeran pati ingkang konjuk rama dalêm minôngka wangsulan. Makatên:

[Dhandhanggula]

sêmbah ulun pangeran dipati / mugi konjuk ing pada narendra / kang mêngku Surakartane / kawula nuwun sampun / anampani patêdhan tulis / kang tumrap jroning sabak / suraosing kidung / kanthi wang kêrtas salêksa / sakalangkung patêdhan dalêm kapundhi / sih nata parimarma //

dhawuh dalêm kinèn minangkani / busanane biyada kawula / mrih tan mèri sadayane / supadi samya suyud / awit saking brêkah narpati / lumuntur sumarambah / sawêwêngkon ulun / tulusing suka pirêna / mrih samyayêm ing driya têntrêm prasami / dening sang sri pamasa //

titi konjuk malêm Sukra Paing / ping nêmbêlas lèk Jumadilawal / nuju warsa Jimakire / Galungan ingkang wuku / môngsa sapta ingkang lumaris / côndra sangkalanira / wau kang winuwus / salira putrèsthi raja / wus palêstha kawula Pangran Dipati / Anom Mêngkunagara //1818 A.D.

3. Dhatêng babagan kapal kasagêdan dalêm botên namung nitih kemawon ugi nyoplok dumugi katurangganipun pisan, kêrêp sampeyan dalêm mariksani kagungan dalêm titihan dhatêng langênsari (panggenan kapal titihan), tuwin mariksani titihan ingkang kasowanakên, ugi kêrêp kaparêng nitihi.

4. Dhatêng wêsi aji, kasagêdan dalêm dhatêng babagan punika pancèn sampun kinacèk ing sêsami. Kados apil dalêm dhatêng wangkingan ingkang kaparingakên anggadhuh dhatêng putra santana dumugining para abdi dalêm, ingkang cacahipun atusan punika sawêg uninga klebating gônja, kemawon sampun uninga namaning wangkingan wau (èngêt), punapa malih babagan wêsi ajinipun.

5. Bab ulah dêdamêl kajawi dêdamêl landhêp ulah sanjata ugi mumpuni. Nate wontên kalangênan dalêm sima tutul ucul saking kandhang, lajêng mènèk wit waringin sangajêng kandhang macan, ngantos mêncit kêthip-kêthip. Kala samantên sampeyan dalêm kaparêng nglêpasi sanjata, sima gumêbrug dhawah pêjah kapisanan.

Manawi nyariosna kalangkungan dalêm, kados botên wontên têlasipun. Ingkang langkung anggumunakên ing bab èngêtan dalêm, manawi sampun uninga tiyang sapisan uninga malih sampun pintên dasa taun, inggih botên kasupèn saya malih dhatêng cêcariyosan, tumrapipun tiyang limrah dipun wastani awicarita.

Limrahing akathah, tabe-tabe sèwu, sampeyan dalêm ingkang sinuhun suwarga, dipun wastani kolot, nanging nyatanipun pangintên wau kalèntu.

Manawi kapirida dhatêng babagan ulah raga, sampeyan dalêm ingkang sinuhun tansah ngêcakakên inggih punika saking tumindak dalêm ing sabên dintên sarwa ajêg, lênggah, dhahar, sare, amêng-amêng, têtêp wancinipun.

Makatên ugi ing bab tumindaking lampah batos

--- 504 ---

punika manawi dipun sawang botên katingal. Nanging manawi tiyang purun angyêktosi anggèning sarira dalêm sugêng, panjang ing yuswa, punika botên sanès saking pêthuking daya lair batos, sarira dalêm sênggang, dening sarwa kikrik apik, kabatosan dalêm suci. Bab punika nama kanyatan sadaya.

Kori ing kamandhungan.

Tumraping kamajêngan, ingkang sinuhun nama amêningi tumapaking jaman kamajêngan, ing ajênging jaman wau lajêng angajêngakên para putra dhatêng pangajaran, panggôntha dalêm, para putra wau samia wêdalan pamulangan luhur warni-warni, saha sampun wontên ingkang sami kasêmbadan, saha salajêngipun lumintu tansah nyinaokakên putra dhatêng nagari Walandi.

Tumrap tatanan praja, ing sajumênêng dalêm pinanggih sarwa majêng, bab pangajaran kaagamèn, kasarasan, pangrèh praja, pangadilan, pangupajiwa praja, babagan arta praja, yêyasan praja, têtanèn, tuwin sanès-sanèsipun, sadaya sami katingal tôndha yêktinipun. Sintêna ingkang sumêrêp dhatêng kawontênan praja Surakarta ing ngajêng kalihan ing sapunika, tamtu sagêd nandhingakên.

Bab kamirahan saha lêgawaning panggalih dalêm sami rinaos ing para bêbadan pakêmpalan ingkang sami ngambah Surakarta, mila Surakarta ngantos kapilih dados papan konggrès, cêkakipun upami cara kasaranipun kathah ingkang sami kapotangan kamirahan dalêm. Punapa malih darma dalêm punika upaminipun kadosdene ilining toya.

Pasrawungan dalêm sumrambah sangêt, tanpa kêndhat wontên tamu saking ngamônca, malêbêt ing kadhaton, ingkang sami katabêtan supêkêt dalêm, minggahipun dumugining pamitran dalêm kalihan para nata ngamônca, punika ugi sampun kanyatan tôndha yêktinipun.

Minôngka wêkasaning pamiraos ing panjênêngan nata suwargi Sampeyan Dalêm Ingkang Sinuhun Ingkang Minulya saha Ingkang Wicaksana, sanyata sampurnaning kabatosan dalêm atêgês sarira bathara, punapa ingkang kawêca ing sabda anêrusi saha botên samar dhatêng kalanggêngan dalêm. Bêgja para ingkang sampun kawijèn ngèlmi dalêm.

Ing pamuji, barkah dalêm anêrusana ing salami-laminipun.

--- 505 ---

Sampeyan Dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Pakubuwana XI

Ing salêbêting wêkasanipun taun Jawi Jimawal 1869 ngancikipun taun Je 1870, praja Surakarta kambah ing pêpêtêng, nanging lajêng padhang narawang.

Ing sakawit wontên wartos ing Surakarta badhe wontên pahargyan amèngêti adêging karaton Surakarta 200 taun. Salêbêting tata-tata badhe ngawontênakên pasar malêm minôngka pahargyan, katungka gêrah dalêm suwarga Sampeyan Dalêm Ingkang Sinuhun Ingkang Minulya saha Ingkang Wicaksana. Wusana dumugi ing surud dalêm.

Pêpêtêngipun praja Surakarta ing kala punika ngantos angèl dipun gambarakên wontên ing tulis, saha tiyang botên sagêd ngintên badhe kadospundi pinanggihing lêlampahan, pahargyan sampun cakêt, katungka ing surud dalêm.

Mirid gumêlaring lêlampahan ing donya, botên wontên lêlampahan ingkang tanpa wêkasan, botên wontên pêpêtêng ingkang tanpa sinisihan ing pêpadhang. Wusana sêsirating wahyu tumurun, ingkang cahyanipun amadhangi praja Surakarta, inggih punika wartos badhe sumilihing kaprabon Bandara Kangjêng Pangeran Angabèi, jumênêng Pakubuwana XI.

Pawartos ingkang makatên wau andayani kados dhumawahing tirtamarta anyirami sawarnining tumuwuh, satêmah damêl gêsang tuwin nangèkakên ingkang sami kalêson, pangajêng-ajêng badhe wontêning pahargyan adêging karaton Surakarta 200 taun, katingal gumregah malih. Lêsu prihatosing kawula tinilar ing gusti, tampi pangimur badhe jumênênging nata enggal.

Gêdhong sêkolahan ing
Surakarta tilas A. M. S.

Ingkang makatên wau manawi dipun manah panjang, praja kalihan nata punika asarira satunggal, saha têtela bilih adêging karaton Surakarta 200 taun winêngku ing nata kêkalih, inggih ingkang mêkasi minôngka panutup, inggih sinambêt ingkang badhe jumênêng, kados dados sasmita adêging karaton Surakarta badhe saya kuncara, taksih manthêr cahyanipun.

Sami-sami nagari (karaton) ing tanah Jawi,wiwit Pajajaran karaton Surakarta kapetang ingkang dangu piyambak, karaton Pajajaran umur 124 taun, Majapait 156 taun, Dêmak 63 taun, Pajang 37 taun, Kartasura 67 taun, dumuginipun sapunika Surakarta sampun [sampu...]

--- 506 ---

[...n] umur 200 taun.

Dados nyarêngi wêdalipun Kajawèn ing dintên punika, amêngku kawigatosan kalih, satunggal ing bab pèngêtan adêging karaton Surakarta 200 taun, kaping kalihipun amèngêti badhe jumênêng dalêm ingkang Sinuhun P. B. XI.

Ing samangke angrumiyinakên pèngêtan adêging karaton Surakarta. Kala ing dintên Rêbo Paing tanggal kaping 17 Sura Je 1870 utawi kaping 8 Marêt 1939, adêging Karaton Surakarta têtêp sampun 200 taun, ing kala punika, wanci Jam 7 enjing, pêpatih dalêm andhawuhakên ambikaki kagungan dalêm gapura kêkalih, ing Slompretan tuwin ing Bathangan, ingkang ing ngajêng dèrèng wontên, sawêg yasan ngajêngakên badhe wontêning pahargyan. Gapura ing Slompretan punika têrusaning margi saking Slompretan ingkang malêbêt dhatêng alun-alun lèr saking sisih kidul kilèn, dene Bathangan punika têrusaning margi saking Bathangan ingkang malêbêt dhatêng alun-alun lèr saking lèr wetan, pambikaking gapura wau minôngka pangèngêt-èngêt adêging karaton Surakarta sampun 200 taun.

Pêkên agêng ing Surakarta.

Ing salajêngipun ing wanci jam 9 enjing abdi dalêm pangulu kangjêng radèn pangulu tapsir anom, para katib ngulama, juru suranata tuwin para abdi dalêm mêthakan ingkang sami madana dhatêng pangulon (yogaswara) sami sowan wontên surambi dalêm masjid Agêng, mangangge bêbêdan kulukan utawi surbanan rasukan atela cêmêng.

Antawis jam 10 hajad dalêm ancak canthoka kawiyosakên saking srimanganti, kairid abdi dalêm panèwu mantri ngajêng tuwin mantri carik lajêng kadhawuhakên saprêlunipun. Kangjêng radèn pangulu lajêng ngujubakên hajad dalêm wau, têtêping karaton dalêm ing Surakarta 200 taun.

Dumugi samantên sampun kêcêkap prêluning milujêngi adêging karaton Surakarta sampun 200 taun, dene pahargyanipun pasar malêm, kawiwitan wontên ing tanggal 18 April dumugi tanggal 1 Mèi, (28 Sapar dumugi 12 Mulud).

Dhawahing suka-suka pahargyan adêging karaton Surakarta 200 taun sampun têrang. Ing salajêngipun kasambêtan jumênêngan dalêm nata, dhawah wontên tanggal 7 Mulud Je 1870 wuku Prangbakat, môngsa Dhêstha, windu Adi, utawi kaping 26 April 1939.

Ing kala Gusti Bandara Kangjêng Pangeran Angabèi dhawuh badhe sumilih kaprabon. Ing dalêm ngabeyan, [ngabeya...]

--- 507 ---

[...n,] lajêng kajagi abdi dalêm prajurit. Dumugining ngajêngakên jumênêngan lajêng boyong dhatêng kadhaton.

Gusti Bandara Kangjêng Pangeran AbèiAngabèi. punika putra dalêm suwarga Sampeyan Dalêm Ingkang Sinuhun Ingkang Minulya saha Ingkang Wicaksana nomêr 4, miyos saking gawagarwa. pangrêmbe Radèn Ayu Mandayarêtna.

Asma dalêm nalika timur, paring dalêm ingkang eyang, Sampeyan Dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan P. B. IX wontên kalih, 1. Gusti Bandara Radèn Mas Anantasena, 2. Gusti Bandara Radèn Mas Subêna, paring dalêm ingkang rama, Sampeyan Dalêm Ingkang Sinuhun Ingkang Minulya saha Ingkang Wicaksana, Gusti Bandara Radèn Mas Kusnia.

Wiyosan dalêm ing dintên Sênèn Kaliwon tanggal 25 Rabingulakir Dal 1815 utawi kaping 1 Pèbruari 1886. Wiyosan dalêm nalika rama dalêm taksih jumênêng pangeran adipati anom.

Krama dalêm sapisan kalihan Bandara Radèn Ajêng Kusmaryati, lajêng asma Bandara Radèn Ayu Angabèi. Putranipun Kangjêng Radèn Adipati Sasradiningrat IV, pêpatih dalêm Ingkang Sinuhun P. B. IX tuwin P. B. X. Bandara Radèn Ayu Sasradiningrat punika sadhèrèk dalêm ingkang sinuhun ingkang minulya saha ingkang wicaksana. Dados dhaup angsal nak dhèrèk, pêputra 5 lajêng seda.putra 5 wau seda 1.

Krama ingkang kaping kalih kalihan Radèn Ajêng Kussapariyah, lajêng asma Bandara Radèn Ayu Angabèi, putranipun Kangjêng Radèn Mas Arya Puspadiningrat, bupati nayaka. Ingkang ibu Radèn Ajêng Kussapariyah punika putranipun Kangjêng Radèn Adipati Sasradiningrat IV, asma Bandara Radèn Ajêng Kusmaryanah (Bandara Radèn Ayu Puspadiningrat). saking garwa ingkang kantun, pêputra 2.

Urut- urutanipun putra dalêm sadaya dalah saking garwa pangrêmbe: 1. Bandara Radèn Mas Saliman, dados riya nginggil, asma Bandara Radèn Mas Arya Murdaningrat. 2. Bandara Radèn Ajêng Saparintên, krama angsal Mr. Bandara Radèn Mas Arya Kartadipura (putranipun Bandara Kangjêng Pangeran Arya Kusumayuda). 3. Bandara Radèn Ajêng Syamsiyanah, krama angsal Bandara Radèn Mas Tumênggung Côndradipura. 4. Bandara Radèn Ayu Kussaparintên, krama angsal Mr. Radèn Mas Jaka Marsaid (ambtenaar nijverheids) ing Surabaya, lajêng kadadosakên sèkrêtaris dalêm ingkang sinuhun. Sadaya punika sami putra saking garwa kapisan. 5. Bandara Radèn Mas Danurwenda, dados abdi dalêm bupati anom, Bandara Radèn Mas Arya Sujanapura. 6. Bandara Radèn Ajêng Suprapti, krama angsal Bandara Radèn Mas Surya Sutikna, sadhèrèk dalêm Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Arya Prabu Suryadilaga, ing Ngayogyakarta. 7. Bandara Radèn Mas Surya Lêlana, mahasiswa pamulangan luhur ing Leiden. 8. Bandara Radèn Mas Suryadarmaja, dados abdi dalêm mantri urdênas, asma Bandara Radèn Mas Ngabèi Atmasewaya. 9. Bandara Radèn Mas Suryasuksara, murid H. B. S. ing Bandung. Sami saking garwa pangrêmbe. 10. Bandara Radèn Mas Suryaguritna, murid E. L. S, 11. Bandara Radèn Ajêng Kuspardiyah, murid Pamardi Putri. Sami putra saking garwa nomêr 2.

Gusti Bandara Kangjêng Pangeran Angabèi nalika timur [ti...]

--- 508 ---

[...mur] sêkolah wontên ing L. L. S. sarêng jumênêng pangeran, lajêng sinau anjêmbarakên kawruh wontên ing dalêm, saha lajêng kawajiban ing padamêlan warni-warni ingkang gêgayutan karaton.

Gusti Bandara Kangjêng Pangeran Angabèi sampun nate têdhak nagari Walandi kaping kalih, sapisan kala ing taun 1912, kaping kalih ing taun 1938 sagarwa putra, kautus anjênêngi pahargyan jumênêng nata sri bagendha maharaja putri 40 taun.

Sampun nate jumênêng pangayoman pakêmpalan Sarekat Islam. Pangarsa Budi Utama, Narpa Wandawa, Garap Bon tuwin sanès-sanèsipun.

Ing dintên punika taksih sinêbut Gusti Bandara Kangjêng Pangeran Angabèi, benjing dintên Rêbo tanggal 7 Sapar Je 1870 utawi 26 April jumênêng, Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Anom Amêngkunagara Sudibya Rajaputra Narendra Mataram VI. Saha lajêng jumênêng nata jêjuluk: Sampeyan Dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Pakubuwana Senapati Ing Ngalaga Ngabdurrahman Sayidin Panatagama ingkang kaping XI.

Sajumênêng dalêm saèstu badhe ambarkahi saha andadosakên pratôndha gumêlaring jagad enggal ing Surakarta. Saha pinuji raharjanipun. Amin.

Pratelan Kawontênanipun ingkang dados Pêpatih Dalêm ing Nagari Surakarta Adiningrat

1. Kangjêng Radèn Adipati Pringgalaya, 1755, seda nguntal racun.

2. Kangjêng Radèn Adipati Mangkupraja I, 1755-1769, kabucal dhatêng pulo Edham cêlak Bêtawi.

3. Kangjêng Radèn Adipati Sasradiningrat I, 1769-1782, kabucal dhatêng Ayah, lajêng kapindhah dhatêng Bêtawi.

4. Kangjêng Radèn Adipati Sindurêja, 1782-1784.

5. Kangjêng Radèn Adipati Jayaningrat, 1784-1796, dipun kèndêli.

6. Kangjêng Radèn Adipati Mangkupraja II, 1796-1804, kabucal dhatêng Ayah.

7. Kangjêng Radèn Adipati Danuningrat, 1804-1810, dipun kèndêli awit saking dhawuhipun Gupêrnur Jendral Daendels.

8. Kangjêng Radèn Adipati Cakranagara, 1810-1812, kabucal dhatêng Surabaya.

9. Kangjêng Radèn Adipati Sasradiningrat II, 1812-1846.

10. Kangjêng Radèn Adipati Sasradiningrat III, 1846-1866, pènsiun.

11. Kangjêng Radèn Adipati Sasranagara, 1866-1887, pènsiun.

12. Kangjêng Radèn Adipati Mangunkusuma, 1887-1889 namung makili kemawon, lajêng pènsiun.

13. Kangjêng Radèn Adipati Sasradiningrat IV, 1889-1917, pènsiun.

14. Kangjêng Pangeran Adipati Arya Jayanagara, 1917 dumugi samangke.

--- 509 ---

Ingkang Gumantos Jumênêng Nata ing Surakarta Adiningrat

Garèng: Hara, Truk apa pêthèkku. Anggêr ditimbali rama jam nêm sore, mêsthi arêp diajak pistah bêsar. Wèèh êndhoge kamal cêmêplus têmên. Awas lho, Truk kowe aja mèlu-mèlu, êndhoge kabèh wis takcim dhisik, têlungane kowe sing isih pêpak ora wêdi karo nyamikan sing atos-atos, mulane têbune bae brêkatên kabèh. Ora-orane nèk nganti matuki.

Petruk: Iya, têbune iya arêp, kowe ngêcim êndhoge. Tumpêng saingkunge wis takcêp dhisik, kowe ora kêna mèlu-mèlu.

Garèng: Ora, Truk adile, tumpênge saparo edhang. Nèk ming anggadho êndhog thok tênèh kêsêrêtên bangêt guluku.

Petruk: Aja kuwatir, kang Garèng, watêr lèdhênge isih kêbak banyu. Nèk nganti kurang kali Ciliwung iya isih kêna kanggo sèrêp.

Sêmar: Sarèh-sarèh dhisik dèn bèi. Aja rêgêjêgan prakara brêkatan, ora-orane nèk nganti ora oman, kene lingguh-lingguh dhisik, aja cêdhak-cêdhak ambêng, mundhak ana sing kêsingsal.

Garèng: Ora, Ma, kowe kok rada royal-royalan, mêntas ngêpal isis-isisan, kok banjur makdlodok, ngêtokake tumpêng robyong sidadadi. Apa pal-palanmu dhèk anu kae wis mêsthi dadine, Ma.

Sêmar: Tumpêngku iki dudu tumpêng pal-palan. Kowe rak iya wis krungu, nèk saiki ana katêtêpan saka dhuwur, sing kêtiban pulung anggêntèni kaprabon nata ing Surakarta Adiningrat, Bandara Kangjêng Pangeran Angabèi.

Petruk: E, dadi nèk ngono, gêdhe cilik rama iki kaulan utawa ngluwari ujar.

Garèng: Aku rada ora nyandhak, Truk, prakara Bandara Kangjêng Pangeran Angabèi gumanti jumênêng nata, kuwi rak barang wis mêsthi. Hla prakara sing wis gênah ngono, kok andadak dikauli. Môngka kalumrahane, wong kaul utawa duwe nadar, kuwi mung tumrap marang prakara sing samar, prakara sing durung karuhan, kaya upamane aku tuku lotlotre. Prakara putus orane, isih walahu alam bisawab, mung pangeran kang ngawuningani ing sanyatane. Lah nèk prakara kaya ngono kuwi, ora jênêng nyêngkal nèk aku banjur kaul: Nèk aku putus lotre nomêr siji, aku arêp nunggang motor mabur ngubêngi jagat ping têlulas, barêng prakara jumênêngan ing Surakarta Adiningrat kuwi rak wis karuhan ora susah kaul barang, mêsthi kêlakone.

Sêmar: Sing tak kauli, dene prakara sing wis mêsthi, dadi mêsthi têmênan kuwi, Rèng. Upama prakara sing wis mêsthi, malih dadi ora mêsthi, cara mlayune mênyalahi [mênyalah...]

--- 510 ---

[...i] ukum, kaulanku tak cabut.

Petruk: Kaulane kang Garèng kuwi kaulane wong kêntekan akal, kaulane rama prabu, kaulane wong urip, kaulane wong duwe nalar.

Garèng: Êlo, kowe kok wani-wani ngarani, kaulanku kaulane wong kêntekan akal, kaulan lumrah, ta.

Petruk: Prakara sing wis lumrah, durung mêsthi yèn maton utawa kêtêmu nalar. Apa ora ana têmbung salah kaprah, kang Garèng. Upamane kang Garèng lara bangêt, nganti ora bisa mingsêt saka ngambèn, kang Garèng banjur kaul: nèk aku bisa waras aku arêp midhang mênyang pasar Kranggan Ngayogya, tuju sêga gudhêg Sagan, lèhmu kaul kuwi, rak satêngah ngêjibake, nèk umurmu wis mêndlap-mêndlip, iya apa ora, nèk wis ngêjibake arêp ouk, apa ora jênêng wis kêntekan akal, mulane kaulmu dakarani kaule wong kêntekan akal, beda karo kaulane rama. Kaulan modhèle rama kuwi kaulane wong nalar, kaulane golèk slamêting ngaurip.

Garèng: Kaulane rama koarani kaulane wong nalar, gênahe kêpriye Truk.

Petruk: Wong cilik gaweane iplik bayare sathithik, kaya aku kowe iki, butuhe mung bisaa urip têntrêm, nyambut gawe têntrêm, ana ing omah têntrêm, bisane urip têntrêm nèk ana pranatan utawa tatanan sing gumathok, dudu pranatan sing mung miturut sasire sing gawe pranatan, anggêr apa-apa wis miturut tatanan, ana ing ati banjur sumèlèh, têntrêm ayêm.

Garèng: Iya pancèn. iya ngono kuwi butuhe wong cilik. Saiki gathuke karo jumênêngan ing Surakarta kapriye.

Petruk: Surud dalêm ingkang Sinuhun Pakubuwana X, ing Surakarta durung ana komprise. Wong-wong kabèh, gêdhe cilik mêsthi bae iya mèlu prihatin, gèk sapa sing dijumênêngake nata. Ana sing nyungulake, jare nèk miturut ngadile, sing dijumênêngake kudu putra dalêm sing miyos saka garwa padmi, yaiku Gusti Kangjêng Ratu Pambayun, ana sing ngira awêwaton patut-patute, sing bakal dijumênêngake nata, Bandara Kangjêng Pangeran Arya Kusumayuda. Ana manèh sing nyungulake, yèn miturut adat watoning kraton, yèn ana lêlakon kaya ngono kuwi, sing wajib anggêntèni kaprabon, putra dalêm kakung sing pambarêp, yaiku Bandara Kangjêng Pangeran Angabèi. Tumraping para kawula, sapa bae sing dijumênêngake, andhèrèk amin. Mung

--- 511 ---

bae sumèlèhing ati mêksa anjaluk sabisa-bisa anggone anjumênêngake kuwi manut pranatan sing gumathok. Anggêr wis miturut wêwaton sing gumathok, ana ing ati sumèlèh, banjur têtêp padha ngarani yèn nagara kene iki pancèn ana tatanan, ora ana tatanan sing mung anggugu sasênênge dhewe. Têkaning ngêndon, kasêmbadan têmênan pangarêp-arêpe wong cilik. Sing dijumênêngake nata, putra dalêm sing sêpuh dhewe, yaiku Bandara Kangjêng Pangeran Angabèi. Tibaning pulung kaya mêngkono kuwi agawe marêm sarta agawe sumèlèhing atine wong akèh. Jalaran wis laras bangêt karo adat watoning kraton, tur iya wis gathuk karo nalar. Saya mundhak apik manèh, dene Gusti Kangjêng Ratu Êmas ditêtêpake ngrênggani kraton jumênêng kangjêng ratu ora owah karo dhèk biyèn, kawula kabèh saya sumèlèh bangêt.

Garèng: E, E, nèk ngono pulung kraton kuwi kok iya awas sarta adil bangêt, tur iya ngêrti têmênan mênyang anane tatanan sing gumathok, hêm, lah iya wong pulung, mêsti soca bathara.

Petruk: Mulane kaulane rama têtêp kaulane wong sing nalar. Rama yakin, yèn nagara kene iki nagara mawa pranatan, apa-apane kudu miturut pranatan, mengkono uga bab anjumênêngake nata Surakarta, iya kudu miturut pranatan. Saiki kalakon yèn pranatan sing wis adil mau diêcakake têmênan. Dadi barang sing wis mêsthi dadi mêsthi têmênan ... Apa ora pantês dikauli, kang Garèng. Ngauli barang sing wis mêsthi, dhêdhasaring kaul prakara sing maton, mulane luwih kêtêmu nalar tinimbang kaul sing adhêdhasar wêdi utawa dhêdhasar kêntekan akal.

Sêmar: Ngrêti, kowe, Rèng.

Garèng: Iya, Ma, atiku iya banjur sumèlèh, mak lèh têmênan kae. Saiki ambêngane, Ma, sêlak mambu angin.

Petruk: Iya, Ma gage diujubake, kang Garèng wis mapan arêp ngrauk êndhog jare.

Sêmar: Iya, sêksenana, ya, ujarku wis takluwari, sanajana ora nganggo kupat luwar. Tumpêng robyong sidadadi, diparingake marang wong têlu, aku, Garèng, Petruk. Mulane diparingi tumpêng, dipundhuti bakahbarkah. supangate, mèlu andêdonga, kraton Surakarta têtêp lêstari têkan ing akhiring jaman. Têbu congkok tumpêng, mralambangi yèn adêging praja kuwi, santosane saka kawula cilik, paman tani saanakputune kabèh. Têbu patang têngkêr kuwi diparingake marang para kawula keblat papat. Mulane diparingi, iya dipundhuti panjurung donga kuwat slamêt. Êndhog kamal kuwi pralambang para nom-noman sing bakal nêrusake lêlakone wong tuwane, êndhog diparingake marang para nom-noman, sing wis dadi manungsa karo sing bakal dadi manungsa. Mulane diparingi êndhog, iya dipundhuti panjurung donga, bisaa mèlu anjaga ruwêt rêntênging praja sumarambah marang bangsane dhewe kabèh. Ing têmbe bisaa dadi bôngsa sing rada kajèn, sugih kupiya, sugih bôndha, sugih kautaman, kuat ekonomine, akèh rêjêkine, [rê...]

--- 512 ---

[...jêkine,] suda karoyalane. Wis sêmene bae.

Garèng: Apa ora nganggo didongani, Ma?

Sêmar: Iya, donganana, nanging nganggo donga sing ngrêtèkake uwong, lho.

Garèng: Iya, takdonganane, êndhoge tunggunên lho, ma. Aku kuwatir nèk disaut Petruk, wis, dha, tata kabèh. Nawètu niyat ingsun amêmuji, mugi-mugi Pangeran ingkang Maha Luhur karsa midhangêtakên panuwun kula, karsaa paring bêrkah wilujêng dhatêng ingkang badhe jumênêng nata ing Surakarta Adiningrat panjang yuswa, sugih putra, ngayomi para kawula, ngindhakakên krêta raharja. Amin, amin.

PRATÉLAN KAWONTENANIPOEN PANGAGENG WALANDI ING NAGARI SOERAKARTA ADININGRAT.

1. J. A. baron van Hohendorff, 1745-1748, ladjeng dados goepernoer Semarang doemoegi tahoen 1754. 2. Baltazar Toutlemonde. 3. Jan Hendrik Johan Abraham. 4. Duurveldt, dipoen kèndeli. 5. J. Chr. Beuman, 1760-1767. 6. Fr. Chr. Van Stralendorff, 1767-1783. 7. W. A. Palm, 1783-1788. 8. A. Hartsinck, 1788-1790, dipoen kèndeli. 9. J. Fr. baron van Reede tot de Parkeler, 1790-1796. 10. B. J. van Nieuwkerken genaamd Nijvenheim, 1796-1803. 11. J. G. van den Berg, 1803-1806. 12. B. Fr. von Liebeherr, 1806-1808. 13. J. A. van Braam, 1808-1810. 14. H. W. Geselschap, 1810-1811. 15. J. A. van Braam, 1811 dados ingkang kaping kalih. 16. A. G. Adam, 1811-1812. 17. H. Hope, 1812-1813. 18. J. Robinson, 1813-1815. 19. J. M. Johnson, 1815-1816. 20. D. W. Pinket van Haak, 1816-1817. 21. W. H. van Ijsseldijk, 1817 22. H. F. Lippe, 1817-1818, namoeng dados wakil kémawon. 23. R. van Prehn, 1818-1819, dipoen prakawis. 24. Mr. H. G. Nahuy, 1820-1822, namoeng dados wakil kémawon. 25. A. W. Th. baron de Salis, 1822-1823. 26. H. Mac. Gillavry, 1823-1824, namoeng dados wakil kémawon. 27. J. I. van Sevenhaven, 1824-1825. 28. H. Mac, Gillavry, 1825-1827, dodos ingkang kaping kalih, nanging ladjeng dipoen prakawis. 29. Mr. H. G. Nahuys, 1827-1930,1830. dados ingkang kaping kalih. 30. Mr. J. F. van Nes, 1830, manoeng makili kémawon 31. H. Mac Gillavry, 1830-1834, dados ingkang kaping tiga. 32. F. G. Valck, 1834, namoeng makili kémawon. 33. J. F. T. mayor, 1834-1843. 34. C. L. Hartman, 1843-1846. 35. Mr. W. C. E. baron de Geer, 1846-1850. 36. H. F. Buschkens, 1851-1858, namoeng dados wakil kémawon. 37. F. N. Nieuwenhuyzen, 1858-1859. 38. G. C. Schonck, 1859-1680,1860. namoeng dados wakil kémawon. 39. F. N. Nieuwenhuyzen, 1860-1864, dados ingkang kaping kalih. 40. N. D. Lammers van Toorenburg, 1864-1867. 41. J. P. Zoetelief, 1867-1869, dipoen kèndeli. 42. J. H. Tobias, 1869-1871. 43. A. A. M. N. Keuchenius, 1871-1875. 44. N. D. Lammers van Toorenburg, 1875-1877. 45. C. A. L. J. Jeekel, 1877-1881. 46. Mr. W. P. A. Matthes, 1881-1884. 47. A. J. Spaan, 1884-1890. 48. O. A. Burnaby Lautier, 1890-1894. 49. Jhr. L. Th. Hora Siccama, 1894-1897. 50. W. de. Vogel, 1897-1905. 51. L. Th. Schneider, 1905-1909. 52. G. F. van Wijk, 1909-1914. 53. F. P. Sollewijn Gelpke, 1914-1918. 54. A. J. W. Harloff, 1918-1922. 55. J. van der Marel, 1922-1924. 56. J. H. Nieuwenhuys, 1924-1928. 57. M. B. van der Jagt, 1928-1929. 58. J. J. van Helsdingen, 1929-1932. 59. H. H. de Cock, 1932, namoeng makili kémawon. 60. M. J. J. Treur, 1933-1937. 61. K. J. A. Orie, 1937, doemoegi sapoenika.

Katerangan: Djaman roemijin pangageng Walandi ing nagari Soerakarta poenika seseboetanipoen oproep (overhoofd), ladjeng nama residhèn, samangké goepernoer.