Sastra Jawa

Program Digitalisasi Sastra Daerah

  • Increase font size
  • Default font size
  • Decrease font size

Sasadara, Radya Pustaka, 1901-03, #1806

Katalog:Sasadara, Radya Pustaka, 1901, #1806
Sambung:
1.Sasadara, Radya Pustaka, 1901-03, #1806. Koran, Majalah dan Jurnal | Sasadara #406.
2.Sasadara, Radya Pustaka, 1901-04, #1806 . Koran, Majalah dan Jurnal | Sasadara #407.
3.Sasadara, Radya Pustaka, 1901-06, #1806 . Koran, Majalah dan Jurnal | Sasadara #408.

Ongka VI. Kaping 15 Dulkangidah Je ôngka 1830 [6-3-1901 AD.].

Sêrat khabar wulanan nama: Sasadara

Kalêmpakaning kawruh ingkang kaimpun wontên ing Pahêman Radyapustaka utawi sanès-sanèsipun ingkang kakintên maedahi ing akathah.

Juru pangripta Ngabèi Wirapustaka. Kawêdalakên sarta kaêcap ing pangêcapanipun Tuwan Vogel van der Heijde & Co. Ing Surakarta 1901. [190...]

--- 225 ---

[...1.]

Minôngka Pananggalanipun Sasadara

Pawarsakan

Wulan Bêsar taun Je ôngka 1830, taun Hijrah 1318.

[Grafik]

--- 226 ---

Dintên Sae

Salêbêtipun wulan Bêsar taun Je punika.

1. Dintên Jumungah Paing tanggal kaping sapisan.§ Tanggal sapisan wau mênawi kangge salakirabi asring wontên ingkang botên purun ngangge, amargi kapit kutbah. Wuku Pahang, Dewa Lodra, wurungkung dadi, tunggaksêmi, lampahing surya, rakamipun dhawah mantri sinaroja, sangatipun ingkang sae wiwit jam 1.13 mênut, dumugi jam 3.16 mênut, Yusup wilujêng.

2. Dintên Rêbo Lêgi tanggal kaping 20 wuku Tambir, Dewa Uma, paningron, dangu, sumur sinaba, aras kêmbang, rakamipun dhawah dêmang kandhuruhan, sangatipun ingkang sae wiwit jam 10.49 mênut, dumugi jam 1.12 mênut, Jabarail wilujêng.

Mênggah dintên kêkalih wau kangge salakirabi, yêyasan sabarang, ngadêgakên sarta ngalih griya: sae.

Wêwaton sêrat pawukon, kabêkta saking watakipun wulan Bêsar, mênawi ngalih griya botên kenging mangalèr, awit naga wontên lèr majêng mangidul.

--- 227 ---

Nangas

Tanggal kaping 25 nangasipun Kangjêng Nabi Mukhamad Salalahu Ngalaihi Wasalam, kala kagutuk sela ingkang waja dening balanipun Raja Lakad.

Wulan Jawi.

Mênawi badhe sumêrêp dintên tanggalipun wulan Jawi punika kêdah sumêrêp nêptunipun wulan saha taun, kados ta:

Wulan Sura nêptunipun 7
Wulan Sapar nêptunipun 2
Wulan Mulud nêptunipun 3
Wulan Rabingulakir nêptunipun 5
Wulan Jumadilawal nêptunipun 6
Wulan Jumadilakir nêptunipun 1
Wulan Rêjêp nêptunipun 2
Wulan Ruwah nêptunipun 4
Wulan Siyam nêptunipun 5
Wulan Sawal nêptunipun 7
Wulan Dulkangidah nêptunipun 1
Wulan Bêsar nêptunipun 3.
Taun Alip, nêptunipun 1
Taun Ehe, nêptunipun 5

Taun Jimawal, nêptunipun 3

--- 228 ---

Taun Je nêptunipun 7
Taun Da nêptunipun 4
Taun Be nêptunipun 2
Taun Wawu nêptunipun 6
Taun Jimakir nêptunipun 3

Sasampunipun sumêrêp nêptuning wulan saha nêptuning taun, pundi ingkang badhe dipun sumêrêpi tanggalipun sapisan wulan saha taun punapa, punika lajêng dipun kêmpalakên nêptunipun, kados ta: badhe sumêrêp dintên tanggalipun sapisan wulan Sura taun Alip, punika:
Wulan Sura nêptunipun 7
Taun Alip nêptunipun 1
Dados nêptunipun gunggung 8

Lajêng kaetang wiwit kurupipun ingkang lumampah, mênawi

Arbangiyah: saking dintên Rêbo
Kamsiyah saking dintên Kêmis
Jamngiyah saking dintên Jumungah
Saptiyah saking dintên sêtu
Akadiyah saking dintên Ngahad
Isnèniyah saking dintên Sênèn
Salasiyah saking dintên Salasa.
Mênawi kaetang saking kurup Arbangiyah ingkang lumampah

--- 229 ---

sapunika, nêptu 8 wau kaetang saking dintên Rêbo, ugi dhawah dintên Rêbo, dados tanggalipun sapisan wulan Sura taun Alip wau dintên: Rêbo.

Mênawi badhe sumêrêp dintên tanggalipun wulan Sapar ugi taun Alip, wulan Sapar nêptunipun 2, taun Alip nêptunipun 1 dados nêptunipun gunggung 3 pangetangipun ugi kawiwitan saking dintên Rêbo kados ing ngingil wau, dados dhawah dintên Jumungah.

Mênawi badhe sumêrêp dintên tanggalipun wulan Mulud sapiturutipun, patrapipun ugi kados ing nginggil wau.

Ewah-ewahanipun tumrap ing nagari Surakarta sabên ing taun Dal, ngangge kurup kados ing ngandhap punika:

Sura: kamsiyah
Sapar: kamsiyah
Mulud: jamngiyah
Rabingulakir: kamsiyah
Jumadilawal: kamsiyah

Jumadilakir wangsul ngangge kurup Arbangiyah malih ngantos salajêngipun. Pêrlunipun ngangkah tanggalipun kaping 12 Mulud, dhawaha dintên Sênèn Pon, inggih punika dintên wiyosanipun Kangjêng Nabi Mukhamad Salalahu Ngalaihi Wasalam.

--- 230 ---

Bab Pananêmipun Pisang

Mênawi badhe nanêm pisang ingkang prayogi kêdah ing môngsa karo utawi môngsa katiga, damêla luwangan ingkang wiyaripun saelo, lêbêtipun sadhêngkul utawi langkung sakêdhik. Luwangan wau lajêng kakèndêlna kemawon, supados sagêda kalêbêtan rabuk, inggih punika blêdug utawi rêrêgêd sanès-sanèsipun, sukur bage mênawi nyapu rêrêgêdipun sagêda kalêbêtakên ing luwangan punika, dene mênawi sampun kêbak, lajêng kabêsmia.

Ing môngsa kanêm, luwangan punika kadhudhuka malih, nanging siti dhudhukan enggal sampun ngantos kabucal, kasingkirna pinggir luwangan kemawon, supados sagêda wangsul ing jugangan saking sakêdhik, awit punika sampun dados rabuk, sarta ing têngah lêrês jugangan kasukanana karasan, mênggah lêbêt saha wiyaripun kakintên-kintêna sacêkapipun bonggoling wiji pisang ingkang badhe katanêm.

Lajêng angupadosa wiji pisang ingkang dipun sênêngi. Mênggah wiji pisang wau ingkang sae, amiliha ingkang wangunipun kados êbung, inggilipun ingkang sawêg sadêdêg utawi langkung sakêdhik, mênawi sampun kadhangkèl, bonggolipun lajêng dipun parasi ingkang alus, oyodipun [oyodipu...]

--- 231 ---

[...n] sampun ngantos wontên ingkang pating jlêprik, godhongipun dipun kêthoka mawi kasukanan kitir. Wiji wau lajêng kasèndhèkna ing pundi panggenan ingkang prayogi. Antawis kawan utawi gangsal dintên lajêng katanêma, mila wiji mawi kalêrêmakên, supados sagêda tuntas talutuhing bônggolipun wau.

Pananêmipun: bonggol wau kacêmplungakên ing karas, lajêng kaurug amung saklêlêbing bonggol kemawon, pangurugipun ingkang ngantos madhêt (kaidak-idak) wontên ingkang cariyos, nanêm pisang punika kêdah mênawi sampun nêdha, ingkang makatên punika saking pamanggih kula inggih lêrês, awit tiyang mênawi sampun nêdha, tamtu rosa anggènipun angidak-idak, dados sagêd madhêt.

Jugangan sajawining karas, pangurugipun sarana rêrêgêd sabên dintên, kadonkados. nalika sawêg anjugangi kasêbut ing nginggil. Watawis tiga utawi kawan wulan, tamtu sampun mêdal anakipun. Mênggah anak pisang wau botên tamtu kathah kêdhikipun, têrkadhang 2, 3, 4 utawi 5 ingkang prayogi, mênawi anakipun kathah salong kapêjahana kakantuna 2 utawi 3 kemawon. Patraping anggènipun mêjahi anak pisang, kapagasa ing arit papak siti, lajêng kadhêploka ing alu, supados [supa...]

--- 232 ---

[...dos] botên sagêd tuwuh malih, sarta toyanipun sagêda wangsul anyiram ingkang kantun, sarana reka ingkang makatên punika tamtu tuwuhing pisang sagêd lêma.

Watawis 5 utawi 6 wulan, baboning pisang wau tamtu sampun mêdal tuntutipun, punika kêdah kaupakara malih. Mênawi palêkahing angkup tuntut wau sampun angêdalakên pisang 6 utawi 7 lirang, kintên-kintên badhe najin, kirang 1 utawi 2 lirang dalah uncit-uncitanipun, tuntut punika prayogi lajêng kakêthoka, pangêthokipun kêdah kapèpètakên ing lirangan, pancasaning ontèl lajêng kapopoka ing awu, supados talutuhipun sampun kêkathahên ingkang mêdal. Talutuh wau tamtu wangsul sagêd anyiram dhatêng uwoh ingkang kantun, andadosakên agêng-agêng. Godhongipun pisang sampun ngantos kakêthok ing sadèrèngipun sêmburat jêne, sarta pangêthokipun kêdah kapèpètakên ing gadêbog.

Watawis kawan wulan, lirangan pisang ingkang nginggil piyambak (tadhah udan) tamtu sampun jêne 2 utawi 3 ulêr nama: suluh, punika sampun kenging lajêng katêgor sarta pisangipun lajêng kabêkta mantuk, mênawi murih awèt katêdha, pisang wau prayogi kaimbêt dalah satundhunanipun kemawon, awit matêngipun sagêd sarênti, mênawi

--- 233 ---

badhe kasade, inggih prayogi dipun cècèki, supados sagêd jêne sarêng.

Pangopènipun dhapuran pisang, supados sagêda ajêg ing lêmanipun, sabên nêgor, kêdah lajêng kadhangkèla pisan. Awit mênawi botên kadhangkèl, andadosakên kêraning anak-anakipun, tuwin mênawi kadhangkèl, anak-anakipun wau sagêd kobèt papanipun, mila inggih lajêng sagêd lêma.

Gêsangipun pisang punika botên sami, wontên ingkang rêmên dhatêng toya, wontên ingkang botên, kados ta: pisang raja, mênawi katanêm ing papan ingkang ngompol, punika botên tahan, mênawi pisang kluthuk sae kemawon. Mila kajawi saking mawi pratikêling pananêm kados kasêbut ing nginggil, inggih kêdah taksih mawi ningali papan ingkang badhe katanêman.

Ing mangke atur kula dhatêng para nupiksani, mênawi wontên cèwètipun pangarang kula, mugi aparinga pangaksama ingkang agung.

Kaping 25 Januari 1901.

Kaanggit dening Radèn Dêmang Citrasêntana, Dêmang guru ing Mangkunagaran.

--- 234 ---

a. Nanêm Gaga ing Wana

Wiwit pambabading wana, thêthukulan ingkang alit-alit, punika ingkang kababad rumiyin, mênawi sampun rampung: kajêng ingkang agêng-agêng katêgor, pangipun lajêng karencekan, supados tumuntên sagêd garing, nanging pambabad wau kêdah ing môngsa katiga, kajêng ingkang agêng-agêng kasingkirakên, babadan lajêng kabêsmi nama: nglagar, sarampunging panglagar kenging lajêng katanêman ingkang maedahi, siti ingkang kenging kacithak sarta ingkang kinintên sagêd angsal toya saking bêndungan lajêng kacithak dados sabin. Ingkang botên kenging inggih lajêng katanêman gaga utawi palawija sanèsipun.

Mênawi nanêm gaga wontên pasitèn wana bubakan enggal, kêdah karêsikan, utaminipun kasaponan kalayan sapu sada, rêrêgêd kaklêmpakakên dados pintên panggenan, utawi kaurugakên ing panggenanipun tunggakan kajêng ingkang agêng-agêng lajêng kabêsmi, tunggakan wau supados sampun ngantos sagêd gêsang malih, mênawi badhe ulur gaga papan patêgilanipun botên susah kawaluku, amung cêkap kagêjig kalihan kajêng lancip, beda kalihan papan patêgilan ingkang sampun lanyah, nanging panggêjigipun botên kenging lêbêt-lêbêt amung sapikantukipun kemawon, [kemawo...]

--- 235 ---

[...n,] sarta kêdah tiyang kalih, ingkang ngajêng anggêjig, ingkang wingking ngulurakên wiji gaga wau. Wiji gaga punika kacarubana awu sadhengah awu: kenging, pêrlunipun mênawi sampun kadhawahakên botên katêdha ing sêmut.

Sarampunging pangulur: pangurugipun wiji ingkang kaulur wau amung kasaponan ingkang waradin.

Mênawi gaga sampun ngumur salapan dintên, lajêng wiwit kawatun saha kadhangir nanging ngangkaha sampun ngantos nugêlakên oyoding wiji, mênawi oyod ngantos tugêl: wiji lajêng alum.

Panggêjig uluran gaga awis kêrêpipun anggêr tlapakan suku botên ngidak wiji inggih sampun prayogi, sarta kaangkaha ingkang rampak supados bagus thukulipun gaga ingkang katanêm wau.

Pandhangiripun gaga ingkang katanêm wontên bubakan enggal, rambah kaping kalih sampun cêkap.

Pambabad sakawit wragadipun 10 rupiyah, ing dalêm siti sabau.

Pananêm gaga mênawi sampun rambah kaping tiga siti lajêng kacithak kadamêl sabin, sabau wragadipun 10 rupiyah.

Mênawi sampun dados sabin, bilih kagarap piyambak pamêdalipun saoyod 6 utawi 7½ amêt.

--- 236 ---

Mênawi kasewakakên§ Punapa kasade lêmpung. samôngsa pajêng 10 utawi 12 rupiyah ing dalêm siti sabau.

b. Nanêm Gaga ing Têgil

Mênawi nanêm gaga wontên ing têgil, patrapipun makatên: lêlahaning patêgilan kawalukua ingkang lêbêt, lajêng kagaru ingkang ngantos lêmbat, ing têngah mawi kaplanthir§ Têmbung: planthir, sampun kangge wontên ing padhusunan bawah dalêm ingkang sampun kapaosan para tuwan. Sintên ingkang sumêrêp aslining têmbung wau mugi kaparênga suka katrangan dhumatêng kula, supados kenging kula kalêmpakakên kalihan panunggilanipun. Red. (dipun kalèni sawiyaring pacul sarta botên lêbêt, kangge ilèn-ilèn toya mênawi jawah), lajêng kasêbaran wiji, mênawi wiji sampun wanci andhaut, pundi ingkang thukulipun kakêrêpên, lajêng kajêbolan, kapêncarakên dhatêng ing panggenan ingkang awis-awis thukulipun, mênawi sampun wanci matun, rumputipun botên kabêdholan kados patrapipun matun pantun ing sabin, pamatunipun kados dipun dhangir mawi sarana pacul alit landhêpipun rinajang anguntu walang, gacrokipun lajêng kagarug-garugakên sasêlaning tanêman, patrap makatên wau namung rambah kaping kalih.

--- 237 ---

c. Nanêm Gaga ing Sabin

Botên namung bubakan wana sarta patêgilan kemawon ingkang kenging kagaga, ing sabin inggih kenging kagaga ugi sarta patrapipun botên sanès kados mênawi nanêm gaga ing têgil, namung kaot gaga ing sabin kêdah mawi kaêlêp sampun ngantos kirang saking tigang rambahan.

Kaanggit dening Ngabèi Rêksa Astana.

Bab Bedanipun Khewan Kêsit lan Khewan Tutut, Punapadene Manungsa Ingkang Gadhah Pratikêl lan Botên

Mênggah panitikipun khewan ingkang kêsit punika kenging katêmtokakên sadaya khewan ingkang ulêsing wulunipun sami rupi§ Rupi K.D. warni K.

ing sabôngsa-bangsanipun, kados ta: sima, andhapan, sangsam, jripah,§ Ing Surakarta jarapah. bajing, luwak, ayam wana lan bangsanipun pêksi, kajawi pêksi dara, punika sadaya yèn sumêrêp dhatêng manungsa amêsthi lumajêng, lan watêkipun khewan kêsit wau kagetan, mila botên sagêd tutut kaingah dening manungsa. Samantên wau wontên ugi [u...]

--- 238 ---

[...gi] bangsaning khewan kêsit ingkang sagêd tutut kaingah dening manungsa, ananging pangingahipun kêdah wiwit alit.

Wondene panitikipun khewan ingkang tutut punika khewan ingkang nunggil bôngsa saha nunggil nami, ananging ulêsing wulunipun môncawarni (bêlang bontèng) kados ta: maesa, lêmbu, kapal, menda, sagawon, kucing, marmut,§ Ing Surakarta marmot. truwèlu lan pêksi dara, punika sadaya khewan tutut utawi emahan. Sanajan khewan-khewan wau kacobi dipun bêkta kesah dhatêng panggenan ingkang têbih kalihan padununganipun manungsa nuntên kauculakên, ingkang mêsthi lajêng wangsul utawi saba ing padhusunan.

Wondene manungsa ugi beda-beda, sadunya punika botên sadaya manungsa gadhah tatacara utawi kasagêdan, manungsa ingkang gadhah tatacara utawi kasagêdan ingkang andadosakên kasaenaning badanipun, punapadene ingkang sagêd andadosakên raharjaning padununganipun, punika sadaya para maos tamtu sampun sami mangrêtos lan uninga. Dene manungsa ingkang botên sumêrêp ing dugi prayogi utawi manahipun kados khewan, punika kula manah inggih sabab saking kêkulitanipun, ingkang sapulo utawi sagolonganipun tiyang wau kulitipun [ku...]

--- 239 ---

[...litipun] sami racak sawarni kados ta: tiyang ing Papua, Ostrali, Hèbidhès, Asmani, Salamon, Selong, Nias, Indhustan sapanunggilanipun. Kulitipun tiyang wau ingkang cêmêng ing sapulo wau inggih cêmêng sadaya, ingkang klawu inggih klawu sadaya, wontên ugi sabab malih ingkang anjalari kajawi saking kulit, inggih punika:

a. Saking wanguning rai kasawang saking ngiringan, lajêng kaukur saking bathuk dumugi pucuking irung têrus mangandhap mawi kasipat kanthi garis. Tumuntên saking uwang sangandhaping kuping dumugi janggut têrus mangajêng, wusana têpunging garis wau ingkang tamtu pinanggih lancip utawi dhoyong, dados cêkakipun tiyang wau wangun rainipun kados kêthèk.

b. Nitik saking padunungan. Ing jaman Buda kapuloan Indhi punika tiyangipun mèh sadaya adatipun kados khewan. Sarêng kadhatêngan bôngsa Eropah sawêg sawatawis purun angewahi adatipun, samantên wau ingkang pancèn kadunungan ing bôngsa Eropah salaminipun, sarêng tiyang Dhayak sanajan kulitipun sagolongan môncawarni miwah ukuraning rai pinanggih jêjêg, rèhning padununganipun awis sangêt kaambah dening bôngsa Eropah inggih mêksa sami watêkipun kalihan tiyang ingkang kasêbut nginggil wau. Tiyang [Ti...]

--- 240 ---

[...yang] ingkang gadhah tatacara dugi prayogi punika kêpanggihing ukuran sami jêjêg. Wontên ugi ingkang monyong kados kêthèk, ananging punika sabab saking nalika taksih wontên ing wêtênganing biyungipun. Kêthèk, budhêng, rangutan sapanunggilanipun, punika kagolong ing manungsa lan khewan, ingkang mratandhani manungsa punika, katingal saking gulu sapanginggil lan tanganipun. Ingkang mratandhani khewan, saking pundhak, dhadha, bangkekan lan buntutipun, dene pratingkahipun kêthèk punika ugi saèmpêr kalihan tiyang ingkang kasêbut ing pulo-pulo ing nginggil wau, yèn nênêdha kajuju, pipinipun muncu-muncu, rainipun plingak-plinguk, kasênênganipun ajêg botên sagêd ewah, janji mêntas nêdha inggih sampun beda kalihan tiyang ingkang gadhah tatacara dugi prayogi, padununganipun saya lami saya raharja, têtingalan sangsaya angeram-eramakên, pangangge sangsaya warni-warni, têtêdhan sangsaya tambah raos lan ambêtipun: nikmat.

Kaanggit dening Mangun Suwiriya

ing Kadilangu Dêmak.

--- 241 ---

Bab Sakit Cacar. Pokken variole

Ing dunya punika kathah warnining sêsakit ingkang angrisakakên badan lan anyirnakakên nyawaning manungsa.

Sawarnining sêsakit punika tinurunakên dening Allah, makatên ugi sawarninisawarnining. jêjampi ingkang kadamêl anyêgah sawarnining sêsakit wau inggih saking pêparinging Allah.

Mila manungsa pinaringan dening Allah ingkang sipat asih lan mirah: kawruh lan kasagêdan, supados anyumêrêpana jampi ingkang prayogi kangge nyêgah satunggal-tunggaling sêsakit, sarta kangge sêsakit sanèsipun, lan malih Gusti Allah angganjar kawruh lan kasagêdan dhumatêng manungsa, supados ambudia sarana ingkang kangge anyêgah sêsakit wau.

Wondening sêsakit warni-warni punika ingkang asring ambêbayani saha angrisakakên badaning manungsa inggih punika sakit cacar. Mila sadhengah tiyang prayogi angatos-atosa sampun ngantos katrajang ing sêsakit punika, dene rekadayanipun anyêgah sêsakit cacar, utawi mulabukanipun wontên sêsakit cacar kados ingkang kapratelakakên ing ngandhap punika:

Lêmbu èstri punika asring kenging sêsakit sarupi§ Sarupi KD. Sawarni K. korèng

--- 242 ---

utawi pathèk, dumunung ing kiwa têngêning susu, bôngsa Walandi mastani: kupok Koepok ing salêbêting kupok wau isi toya bêning, inggih punika toya ingkang kaangge nacar (nyublik) dhatêng tiyang kangge panulak sampun ngantos katrajang ing sakit cacar, utawi adamêl sudaning panyakit, saha botên andadosakên tiwasipun.

Bôngsa Eropah anggènipun nyumêrêpi dhatêng sêsakit wau dugi-dugi ing salêbêting taun Mèsèhi 1300 wiwitipun wontên sakit cacar, inggih punika Tuwan Jènêr (Jenner) bôngsa Eropah, saha ngantos sapriki masih§ Ing Surakarta: taksih. kaangge ing tiyang sadunya, malah jaman sapunika wontên ingkang gadhah pamanggih nacar tiyang ingkang sakit kacokot ing sagawon edan, ugi kathah ingkang lajêng sagêd saras, nanging ingkang kacacarakên wau tamtu sanès kupok.

Kathah tiyang ingkang sampun pitados dhatêng cacaran wau, namung sawatawis tiyang ingkang botên ngrujuki utawi kirang pitados, inggih punika jinisipun tiyang bôngsa Kristên, punika lumuh sangêt nacarakên anak tuwin kulawarganipun, awit ciptanipun kawalêran dening agami, jalaran ingkang nitahakên utawi nurunakên sêsakit dhatêng kawula, inggih Gusti Allah, ananging pangintên lan cipta ingkang makatên wau

--- 243 ---

sayaktosipun lêpat, yèn tiyang amastani bilih tiyang nyêgah dhatêng sêsakit punika dosa, sabab dening punapa Gusti Allah aparing kawruh utawi kasagêdan dhatêng manungsa kangge nyêgah sawarnining sêsakit, saha wontên ugi sawatawis tiyang ingkang nyipta sanajan sampun kacacar ugi wontên ingkang plênthingên entc ananging tiyang wau katlompèn pamanggih kirang pamarsudi, bilih tiyang ingkang sampun kacacar, kenging ugi yèn panyakit punika sagêd tumuntên saras, malah saking pamanggihipun para dhoktêr sakit punika sanès èhto pokên echto pokken tulèn, nanging§ Sayêktosipun. palsu valsche.

Wiwit sapisan tiyang kacacarakên, nalika tanggal kaping 14 Mèi 1796 ing nagari Engglan Engeland dening Tuwan Dhoktêr Jènêr Jenner.

Mulabukanipun gadhah pamanggih nacar punika sarana ngyêktosi sadaya tiyang dhusun jalêr èstri ingkang padamêlanipun dados tukang pêrês, asring katularan kupok, kadosdene ingkang sampun kacriyos ing ngajêng, punika botên kenging sakit plênthing, sanajan kenginga botên sangêt, saha botên andadosakên tiwasipun, pramila inggih bêgjanipun tukang pêrês, botên pêrlu kacacar, sabab badanipun [ba...]

--- 244 ---

[...danipun] sampun kathah kupok saking lêmbu ingkang kapêrês sabên dintên.

Bab titikanipun sêsakit cacar

Ing môngsa wontên sêsakit cacar, têtiyang kêdah jagi badanipun saha ngyêktosi, kadosdene ingkang kapratelakakên ing ngandhap punika:

Masih§ Taksih. wontên sambêtipun.

Kapêthik dening mantri cacar ing Dêmak, Munandar.

Lampahing Surya ing Nèdêrlan

Ing nagari Walandi: Nèdêrlan, punika sampun kodrating Pangeran, mênggah lampahing surya ing wanci siyang tuwin dalu, beda sangêt kalihan ing tanah Jawi.

Bokbilih para nupiksa taksih kathah ingkang dèrèng dhamang, mila kula pratelakakên kalayan rêringkêsan kados ing ngandhap punika:

Ing Nèdêrlan, mênawi môngsa katiga, kenging kawastanan panjang rintênipun kalihan dalunipun, ananging mênawi ing môngsa rêndhêng dados kosokwangsul, panjang dalunipun kalihan rintênipun.

Awit ing wulan April, wanci enjing jam satêngah gangsal, [gangsa...]

--- 245 ---

[...l,] surya sampun mancorong, sêrapipun jam pitu sontên.

Ing wulan Mèi, pancoronging surya wanci jam sakawan enjing, sêrapipun wanci jam wolu sontên.

Ing wulan Juni, Juli, jam tiga dalu surya sampun katingal mancorong, tarkadhang ing wanci jam satêngah sakawan andungkap enjing, surya sampun malêthèk, dumugi jam sanga: utawi jam sadasa sontên: sawêg sêrap. Dados ing wulan Juni, Juli wau, kenging kapetang waradin ing wanci dalu namung nêm jam, ing wanci siyang wolulas jam.

Andungkap ing wulan Agustus, tuwin Sèptèmbêr, lampahing surya botên ajêg, sansaya§ Ing Surakarta: sangsaya, saking lingga: saya, angsal atêr-atêr: sa, dados sasaya, thukuling cêcakan: sang, amargi purwaning lingga: sa, kados ta: tali, kramanipun botên tasul, kasêrat tangsul, amargi saking: sa, wau. Red. mundur-mundur panjang rintênipun malih kalihan dalunipun, pancoronging surya: jam satêngah gangsal enjing, sêrapipun jam satêngah wolu sontên. Tarkadhang mênawi tanggal sêpuh: wulan Sèptèmbêr, nêmbe wanci jam nêm utawi jam pitu sontên, surya sampun sêrap, punika pratôndha bilh andungkap môngsa rêndhêng. Mênawi sampun dhumawah ing môngsa rêndhêng, wiwit wulan Oktobêr, Nopèmbêr, Dhesèmbêr, Januari, [Janu...]

--- 246 ---

[...ari,] Pèbruari, lampahing surya malêthèk tuwin sêrapipun sagêd ajêg, ing wanci jam wolu enjing: surya sawêg katingal mancorong, dumugi jam sakawan sontên: sêrap.

Andungkap ing wulan Marêt, lampahing surya angêlon-êloni malih, ing wanci rintên wiwit cêlak, ing wanci dalu dados panjang, dumugi wulan April, kasêbut ing ngajêng.

Mênawi môngsa katiga sarta rêndhêng, dunungipun surya botên ajêg: ing môngsa rêndhêng palêthèking surya, saking kidul wetan, tumuntên malipir turut pinggir cakrawala têmbing kidul, lajêng mangilèn saingga§ Têgêsipun ngantos. dumugi sêrapipun. Wah malih dununging surya andhap sangêt, saking rumaosipun ingkang mriksani: prasasat muhung§ Muhung, ing Surakarta, kangge ing kidung. sagantar inggilipun saking siti, sunaring surya botên sagêd padhang sumilak, namung surêm-surêm kadosdene ing wanci enjing sarta rêmêng-rêmêng, awit katawêngan dening pêdhut. Saupami tiyang tilêm: samôngsa tangi botên sagêd angyêktosakên punapa ing wanci enjing punapa sontên,

--- 247 ---

awit sami kemawon.

Wondene yèn môngsa katiga, lampahing surya: inggil: kados ing tanah Jawi, ananging surya ugi botên dumunung ing nginggil lêrês, namung mayat kemawon wontên iring kidul, sairib surya gumlewang, utawi kadosdene wanci luhur ing tanah Jawi.

Mênawi môngsa bêdhidhing, ing nagari Walandi punika sangêt atis, anglangkungi ing tanah Jawi wanci dalu wontên sapucaking rêdi. Sêndhang-sêndhang tuwin ing sagantên, toyanipun kênthêl kados sela, sairib toya ès, ngantos kenging kaambah ing tiyang utawi lêmbu sapanunggilanipun. Andungkap wulan Nopèmbêr, sadaya gêgodhongan kathah layu lêsah sarta gègrèg. Mila ing môngsa bêdhidhing wit-witan kajêng prasasat pêjah, rumput-rumput sami aking sadaya.

Ing Nèdêrlan sampun limrah bilih môngsa katiga: ungsumipun têtiyang sami tandho rumput, dipun akingakên, minôngka têdhaning rajakaya ing môngsa bêdhidhing. Dumugi wulan April, sunaring surya sansaya bêntèr, punika ungsumipun wit-witan sêmi malih utawi mêdal sêkaripun. Sarêng ing wulan Mèi, Juni, rumput-rumput sami tuwuh, para among tani wiwit angolah siti. Andungkap pungkasaning [pung...]

--- 248 ---

[...kasaning] môngsa bêntèr, lajêng ungsumipun panèn.

Ginubah dening Tan Sing Cwan

Ing Pacitan, Phèbruari 1901.

Kawruh Thêthukulan. (Plantkunde)

Kaanggit dening: Wiryasubrata

Juru sêrat kantor residhèn Sêmarang.

Ing ngalam dunya punika kathah sangêt warninipun thêthukulan. Mênggah thêthukulan wau kaperang kalih perangan ingkang agêng, kados ta: ingkang sapisan, thêthukulan ingkang aoyod lajêr, inggih punika thêthukulan: asêm, pêlêm, kênari, jambu, jêram, jati, cêpaka sapanunggilanipun, titikanipun pundi thêthukulan ing nalikanipun thukul wiji kabêkta: inggih punika thêthukulan ingkang mawa oyod lajêr. Ingkang kaping kalih thêthukulan ingkang tanpa oyod lajêr inggih punika thêthukulan jambe, arèn, krambil,§ Krambil K. kalapa N. pasisir kalapa K. krambil N Surakarta. rosan, jagung, jali, pantun, punika

--- 249 ---

sadaya kaewokakên warganing rêrumputan, dene titikanipun pundi-pundi thêthukulan ing nalikanipun thukul wiji katilar inggih punika thêthukulan ingkang tanpa oyod lajêr.

Kajawi punika wontên malih warnining thêthukulan kados ta: anggrèk, picisan, kmêladheyan, simbar-simbar, punika warga piyambak. Wontên malih: jamur, lumut, punika nunggil warga. Dene ganggêng, trate, apu-apu, punika inggih nunggil warga piyambak.

Sadaya thêthukulan punika inggih nama gêsang ananging gêsang nir daya, beda kalihan gêsangipun ingkang asipat nyawa, kados ta: manungsa lan khewan, thêthukulan ugi nêdha, panêdhanipun asarana oyod ingkang alus anêsêp sarining bumi (zie Sasadara blz. 30) ingkang makatên wau botên ngêmungakên saking sarining bumi ananging§ (...). wontên pêperanganing hawa ingkang kasêsêp dening godhong, makatên ugi wontên pêperanganing hawa ingkang kawêdalakên saking godhong. Mênggah mêdal malêbêting§ lêbêt wêdaling. têtêdhan wau botên nunggil samôngsa ananging§ inggih ugi. anggadhahi môngsa piyambak-piyambak, kados ta: bilih siyang godhong-godhong anêsêp [a...]

--- 250 ---

[...nêsêp] kulsir koolzuur sarta angwêdalakên sirstoph zuurstof bilih dalu anêsêp sirstoph zuurstof angwêdalakên kulsir koolzuur ananging manungsa rintên dalu nêdha sirstop zuurstof angwêdalakên kulsir koolzuur.

Ingkang punika wontên ugi wit-witan ingkang asring mêdal oyodipun gantung, kados ta: wit-witan waringin utawi sanès-sanèsipun ingkang asring mêdal oyodipun gantung, ananging oyod wau inggih anêsêp pêperanganing hawa sarta dangu-dangu oyod wau sagêd dumugi ing siti inggih lajêng dados oyod limrah kados ingkang kathah-kathah, saking danguning dangu oyod wau sagêd agêng ngantos kados uwit, sanajan oyod agêng wau angungkuli witipun, ananging mênggahing kawruh sagêd ambedakakên, kados ta: mênawi uwit ingkang têmtu wontên socanipun, ananging oyod ingkang agêng: botên, burus ngantos tumapak ing siti, sanajan wontên pangipun ananging tanpa soca. Ingkang kawastanan soca punika: undêr-undêraning kajêng ingkang mêdal dados êpang sarta mêdal godhongipun.

Watêkipun thêthukulan punika kêdah kenging soroting surya, awit mênawi botên kenging soroting surya thêthukulan wau botên sagêd subur, kêra sarta sami amblu- [amblu...]

--- 251 ---

[...-] ncir-bluncir§ bokmênawi: bluncing. wohipun sakêdhik tur alit-alit.

Ingkang makatên wau kathah kemawon wontên thêthukulan ingkang thukul ing salêbêting griya kados ta: ing longan, utawi ing sênthongan, sampun tamtu kemawon§ (...). mênawi thêthukulan wau godhongipun botên sagêd warni ijêm, ananging§ (...). warni pêthak, sabab panggenan wau pêtêng botên sagêd angsal soroting surya, ing saangsal-angsal lampahing thêthukulan wau kêdah ngupados pêpadhang. Makatên ugi gêgodhongan punika anggadhahi: kloropil chloropijl, kloropil punika sayêktosipun kenging kawastanan: caloning warni, mila kawastanan makatên awit, kloropil, mênawi kenging soroting surya, sagêd dados awarni ijêm, ingkang punika santuning warni ingkang kados makatên wau: kloropil, anampi§ Ing Surakarta têmbung: anampi, botên wontên, ingkang wontên: anampèni. campuran sari-sari utawi barang sanès punika botên, panci§ Panci ingkang têgêsipun: pancèn, ugi botên wontên, kanggenipun têmbung: panci, kados ta: kowe tak panci pangan enz. sampun dados watêking kloropil chloropijl.

--- 252 ---

Bab Panili

Mênggah aslinipun wit-witan panili punika cariyosipun para sagêd, saking tanah Amerikah, ngantos tangkar-tumangkaripun wontên ing pulo Jawi angômbra-ômbra, ingkang makatên wau anelakakên saking gampiling pananêmipun, utawi pancèn gêsangan, ananging ingkang limrah botên sagêd awoh. Dene ing tanah Amerikah botên makatên, sabên wit panili sêkar kenging katamtokakên sagêd mêdal wohipun, sabab ing tanah Amerikah wontên khewan bangsaning tawon alit ingkang sagêd anyingkirakên barang ingkang angaling-alingi dhawahing rabuk stuifmeel dhatêng pothik stamper dene khewan wau pêrlu ngupados maduning sêkar panili.

Ing sarèhning pulo Jawi botên wontên khewan ingkang makatên, mila sêkar panili sagêdipun dados uwoh kêdah sarana dipun lakèkakên, kawruh nglakèkakên wau saèstu dèrèng kathah ingkang nyumêrêpi utawi saking sungkanipun, kirang ing pamarsudi.

Wit-witan panili punika nunggil warga kalihan wit-witan sêdhah, kapal, dhaon sirih,§ Punapa beda kalihan sêdhah. mrica, cabe sapanunggilanipun ingkang bôngsa rumambat ingkang tanpa sungut, dene [de...]

--- 253 ---

[...ne] godhongipun kados godhong kapal, warninipun ijêm saha kandêl, dene sêkaripun pêthak sarta dhêdhompolan, mêgaripun sabên dintên satunggal utawi kalih (ingkang makatên wau mênawi mangsaning sêkar) sadhompolipun sêkar panili kirang langkung kathahipun 15 utawi 20.

Mênggah pananêmipun wit panili punika sakalangkung gampil, kenging kapêcok utawi kairis ing lading sangandhaping êros, kintên-kintên sanyari, panjangipun watawis 1½ d.M. utawi 2 d.M. (kalih utawi tigang ros). Mênggah prayoginipun katanêma ing pakêbonan, utawi karèmbètakên§ Ing Surakarta: rambat. ing pagêr dhadhah, ananging sampun ngantos inggil-inggil, awit mênawi kinggilên andadosakên rêkaosipun ingkang ngrimat,§ Ing Surakarta: ngopèni. murih gampilipun ing pangrimat, utawi anggènipun anglakèkakên sêkar panili, mila cêkap mênggah inggilipun sadêdêg kemawon. Ingkang makatên wau mênawi kalêrêsan ing pangrimatipun ing salêbêting sataun satêngahKalih têngah taun. sampun sagêd awoh. Dene mênawi katanêm ing pakêbonan murih sagêd tata longkangipun satunggil lan satunggilipun [satunggili...]

--- 254 ---

[...pun] wit§ Punika ikêtan Walandi, dene ikêtanipun Jawi: pananêmipun lêt. lêt 3 utawi 3½ ru. Mênggah mangsanipun sêkar panili wau ing wulan Oktobêr, utawi ing môngsa ngajêngakên rêndhêng, inggih punika wiwit wontên jawah sapisan.

Ing sadèrèngipun palêthèking surya (kintên-kintên jam satêngah nêm, akiripun jam satêngah pitu), sêkar panili ingkang mêgar wau lajêng kalakèkna sarana pirantos dom, utawi kalam waja§ Ing Surakarta: pèn waja. mênggah pirantos wau kangge anyingkirakên kulit ayam ingkang ngaling-alingi dhawahing arabuk (sarining sêkar jalêr) stuifmeel lajêng sêkar jalêr meedlraden kalêbêtna ing bolonganing pothik§ Têmbung ing pundi. sêkar èstri (stamper) sarta kapêtêka sawatawis, makatên salajêngipun.

Sasampunipun angsal sawatawis dintên mênawi sampun katingal dados pêntil lajêng kakèndêlna kemawon, angantos sami sêpuh sadaya, wondening pêntil dumugining sêpuh kintên-kintên 6 wulan, inggih punika ing cêlak-cêlakipun ing wulan Marêt, utawi ing môngsa marèng. Woh panili wau sampun katingal sêmu jêne, punika lajêng kaundhuha. Taksih wontên sambêtipun.

Kaanggit dening Wiryasubrata.

Juru sêrat kantor residhèn Sêmarang.

--- 255 ---

Daya Sarana

Katès, utawi katela gantung. Katès punika warni kalih, ingkang satunggal, katès grandhèl, wohipun gumantung pating grandhul, sarta wohipun botên eca katêdha, raosipun pait, katès gamblok wohipun nurut uwit, mênawi woh wau sampun sêpuh eca katêdha, mênawi taksih nèm damêlipun namung kakêla, utawi kangge manisan, talutuhipun mênawi kaêworan gêndhis batu dados jampi cacinganipun rare, godhongipun mênawi kangge angulèni ulam alot, utawi kothot: lajêng êmpuk.

Kêji, kêji punika têtuwuhan alit, saminipun latêng, tuwuhipun ingkang tamtu wontên ing pakêbonan. Kêji wau warni kalih ingkang satunggal godhong sarta gagangipun awarni ijêm, dipun wastani: kêjibêling, mênawi tiyang mamah kêjibêling: lajêng mamah bêling, ingkang tamtu bêling wau lajêng rênyah sarta êmpuk, punapa malih lesanipun botên kêbêlèr. Satunggalipun: godhong tuwin gagangipun sêmburat wungu, dipun wastani: kêjiwaja, utawi: kêjitosan, mênawi mamah kêji wau, lajêng mamah waja utawi tosan, punika lajêng êmpuk saha pulên.

Durèn, durèn punika wit-witan agêng, wohipun [wohipu...]

--- 256 ---

[...n] eca katêdha, ananging kuciwa ambêtipun andulêg botên ical-ical, tiyang ingkang mêntas nêdha durèn wau sanadyan tanganipun ingkang kangge nyêpêng sampun dipun wisuhi, sarta lambenipun sampun kausapan, ewadene taksih mambêt gandaning durèn, ananging mênawi anggènipun wisuh wau toyanipun kawadhahan kuliting durèn: ingkang mêntas isi nyamplungan, gandaning durèn lajêng sirna, makatên malih mênawi atop, inggih taksih anggônda durèn, punika mênawi lêgokan kuliting durèn wau kaisenan toya saha lajêng kaangge kêmu, tamtu gandaning durèn lajêng sirna.

Tapak liman. Tapak liman punika têtuwuhan alit, namung tumèmplèk wontên ing siti kemawon, tuwuhipun nunggil kalihan rumput, wiyaring godhongipun namung kalih nyari, cariyosipun para sêpuh: mênawi tiyang adus mawi kosokan godhong tapak liman, upami kataman ing dêdamêl landhêp: botên tumama.

Sêdhah. Sêdhah punika têtuwuhan bôngsa êlung, kanggenipun kadamêl nginang, mênawi maenda Jawi badhe kapragat, supados ulamipun botên anggônda pênguk, sadèrèngipun kapragat dipun têdhani sêdhah rumiyin saking sawatawis lêmbar, ingkang sampun kalampahan lajêng botên mambêt pênguk.

--- 257 ---

Jarak. Jarak punika agêng aliting têtuwuhan kalêbêt cêkapan, tuwuhipun wontên ing pakêbonan. Jarak wau awarni kalih, ingkang satunggal, godhongipun wungu, dipun wastani: jarak kêpyar, wohipun kenging kadamêl lisah, satunggalipun, godhongipun ijêm, wohipun kirang tumrap kangge lisah, talutuhipun kenging kaangge jampi sakit untu, sarta mênawi driji kausap-usapan talutuh jarak, lajêng kangge dumuk timah ingkang sawêg kaêjèr: punika botên karaos bêntèr.§ Kula sampun nate ngayoni anjampèni lare kêpêrang sarana talutuh jarak punika, tatunipun lajêng mingkêm sarta tanpa abuh, enggal mantun Red.

Mas Lurah Atmasupana.

Bligon

Yèn katitik sangking rêrimbaganipun, têmbung ngalamating anggitan punika atêgês têtironing bligo, pantês yèn ta dadosa namaning pêpanganan, barang dêdolanan, utawi barang sanès-sanèsipun ingkang pancèn kawangun gilig lonjong, kadosdene wanguning bligo. Ananging kayêktosanipun ingkang sinêbut§ Kasêbut, kanggenipun tanggap na, namung ing môngsa lungse, kados ta: tinêmuning petung enz. bligon punika wanguning rai lètèr, ingkang angèmpêri rai tatuning [tatu...]

--- 258 ---

[...ning] bligo kasigar mujur. Mèh sok tiyanga sampun botên badhe kêlintu ing sumêrêpipun.

Para§ Para tiyang-tiyang: botên sagêd, para têtiyang inggih botên sagêd ugi. têtiyang kriya kados ta: undhagi, kêmasan, juru atrap banon§ Ing Surakarta ngangge têmbung: tukang batu. tuwin sapanunggilanipun, kêrêp kemawon kêpêksa damêl bligon, margi saking nyarah wêlingan. Punapa botên kathah kênap, bèri, timang, papan panyêratan tuwin cirining sakèthèng ingkang sami bligon. Awarni-warni rekaning kriya adamêl bligon, ewadene prasasat botên wontên ingkang prênjana§ Punapa têgêsipun: prênjana, mênawi têmbung Kawi: pranjana: sima. mangun, miturut wêwaton lêrês, blabag ingkang badhe dipun damêl bligon, kalimrahanipun namung dipun jôngka ing buntasing ujuripun kalih pisan. Awit saking makatên, botên angeram-eramakên, yèn dadosipun bligon papak utawi sêmu papak kiwa têngên. Bligon wanguning cap tôndha nama, pandamêlipun mawi dipun cithak ing bligon (saking)§ Dede ikêtan ukara Jawi, cêkap tanpa saking utawi: ingkang. dalancang (ingkang)§ Dede ikêtan ukara Jawi, cêkap tanpa saking utawi: ingkang. pamangunipun sarana kalêmpit tatu mrapat, sarta pangguntingipun botên [botê...]

--- 259 ---

[...n] rampung sapisan. Wusana namung ngathahakên panggarap.§ Garapan, panggarap = olèhe anggarap = garapan, kang digarap.

Bligon damêlaning juru gambar, wiwitanipun karagangan rai pasagi panjang, nuntên kawangun sarana kacorèk awagan kemawon, wêkasan kêrêp kaewahan. Sawênèh dipun bakali saking rai bundêr mêmêt jèjèr kalih, pinggiring jejeran kalih pisan tumuntên dipun sambêt dening palêngkung anggandhewa, kagaris ngangge jôngka, têmahan kangelan ing pangangkah, ewasamantên, pratikêlipun juru gambar makatên punika, gumêlar ing pamulangan, jalaran dèrèng wontên jangkaning bligon yasanipun kangjêng gupêrnêmèn, ingkang pancèn kacawisakên kangge gêgaraning pamulang.

Sanadyan rèmèh ingatasipun Sasadara, prasasat sarêm sawuku kentir ing bêngawan,§ Bêngawan N bênawi K. dêlap-dêlapipun tiyang botên kaupan§ Punapa têgêsipun têmbung: kaupan, bilih saking têmbung Kawi, upa = gumati, utawi: êlas. ing kuncara, ingkang kumêdah aparikêdah angsal panggunggung, ing mangke kawruh sapele makatên punika sumêdya ginêlar§ Kula gêlar. wêwatonipun, murih maedahana§ i. [maedaha...]

--- 260 ---

[...na] dhatêng ingkang sami dèrèng§ Sumêrêp, botên kenging ngangge têmbung: sumêrêp, sapisan. lan supapossupados. anggugaha ingkang sampun sumêrêp, awit botên kirang tiyang linangkung sagêd dhumawah ing cêla,§ Cêla têmbung Kawi, têgêsipun cacad. kalayan sabab sapele.

Mênggah pratikêlipun damêl bligon punika makatên: anancêbna pancêr alit gêgiligan kalih ing papan waradin dipun jêjêg, lajêng adamêla (gêlangan saking tangsul alus)§ Dede ikêtan ukara Jawi, dene ikêtanipun Jawi tanpa: saking, namung: gêlangan tangsul alus. ingkang botên mulur, dipun kalungna ing pancêr kalih wau, sumèlèh ing papan dhêdhasaripun, sarta kapanthênga mawi pucuking potlod, kacorèkakên mubêng kalangan ngantos têmu gêlang. Sadangunipun mubêng, potlod botên kenging ogak. Adêgipun kêdah tansah ajêg jêjêg. Punapadene rai ingkang winatêsan ing gêlangan ugi kêdah tansah waradin, botên mirang-miring.

Agêng aliting bligon gumantung ing bêngganging pancêr tuwin panjanging gêlangan, têgêsipun: yèn pancêripun têtêp, gêlanganipun panjang bligon sangsaya anjêmbluk. Dene yèn gêlanganipun ingkang têtêp, sangsaya têbih bêngganging pancêr, bligon sangsaya lonjong.

--- 261 ---

Saupami tiyang sampun sadhiya pancêr, ingkang§ sarta. bêngganging tancêbipun ukuran 8 saha sampun mirantos gêlangan ingkang panjangipun ukuran 18 môngka kapengin sumêrêp alang ujuripun bligon ingkang badhe dumados, pangupadosipun kalayan etangan makatên: panjanging gêlangan kasudaa ing tikêlanipun bêngganging pancêr, dados 18-8X2 tirah 2 kakantunan punika katangkarakên ing panjanging gêlangan, dados 2X18 kapanggih 36 wodipun 36 punika cacah 6 inggih punika alangipun bligon. Dene ujuripun: panjanging gêlangan kasuda bêngganging pancêr, dados 18-8 inggih 10.

Tumrapipun tiyang ingkang panggaotanipun damêl§ Damêl punapa. Saèstunipun inggih tiyang juru damêl bligon. sakêdhik pêrlunipun, yèn sagêda nyumêrêpi alang ujuripun bligon, mêndhêt sangking etangan bêngganging pancêr lan panjanging gêlangan. Aluwung sagêd anglêgani manahipun tiyang ingkang sami mêling, punika langkung pêrlu. Jamak tiyang mêling makatên namung mratelakakên kathah sakêdhiking§ kêdhik. ukuran alang ujuripun bligon ingkang dipun kajêngakên. Mila juru damêl bligon prayogi nyumêrêpana [nyumêrê...]

--- 262 ---

[...pana] etangan pangupadosipun gêlangan lan bêngganging pancêr kalih, mêndhêt saking ukuran alang ujur ingkang sampun tinamtu, kangge nglêksanani pikajênganing wêwêling.

Upaminipun: ngangkah satunggiling bligon ingkang ujuripun ukuran 20, alangipun 12, pangetangipun gêlangan lan bênggangipun pancêr botên kosokwangsul kalihan pangetang ing ngajêng, ing ngandhap punika katêranganipun:

Gunggunging ukuran alang lan ukuran ujur katangkarna ing kaotipun, makatên:

20 + 12 = 32.
20 - 12 = 8.
32 X 8 = 256.

Cacah 256 kaupadosana wodipun, amêsthi kêpanggih 16, lah punika bêngganging pancêr. Wondene panjanging gêlangan, botên kenging botên tamtu 20 + 16, inggih 36.

Yèn sampun pinanggih makatên, samangke anama sampun mirantos, kantun anindakakên pandamêl, manut wêwaton ingkang sampun kasêbut ing nginggil, dadosing bligon botên wande sampurna, anjiblèsi wêwêling.

Surakarta 18 Pèbruari 1901.

Pun: Iskandar.

(Pambajênging guru bêbantu)

--- 263 ---

MêstasMêntas. kemaponkemawon. kula maos sêrat pawarti Sasadara, ing wêkasan tuwuh ing manah kula kumêdah anawung cariyos, pangèsthining manah kula punika minôngka agêgaran panglantih kula anata ukara Jawi, mila bilih wontên kalintu atrapingêtraping. têmbung tuwin kithaling ukara, mugi para maos ingkang agung pangapuntênipun. Wondene wahyaning cariyos kados ing ngandhap punika:

Panyamakipun Wacucal Abritan

Ingkang prayogi kasamak punika wacucal lêmbu, wacucal maesa tuwin wacucal ingkang pancèn kandêl.

Wacucal ingkang badhe kasamak punika kêdah kaêkum ing toya apu, takêranipun wacucal satunggil kaêjèrakên apu saklapa dalah tabonipun, patraping pangêkum makatên, wacucal wau kalêmpit lajêng kacêmplungakên ing jêmbangan, saha amurih sagêd kêlêm, kêdah katindhihan ing sela, tuwin sabên 12 êjam kaewahan lêmpitanipun, supados waradin kacakan toya apu, awit mênawi botên kacakan, andadosakên bosok, dene lamining pangêkumipun ngantos 6 dintên, rampunging pangêkum lajêng kapênthèng wontên ing gadêbog wêtahan utawi balabag, kakêletan sarana gobèd, kaicalan rambakipun saha sayadanipun [sayadani...]

--- 264 ---

[...pun] (ingkang anggajih) têrkadhang yèn wacucal maesa lajêng kapalih, sapalih kadamêl abritan, sapalih kaangge rambak, nuntên katawa inggih punika kaêkum kakumbah ing toya tawa dangunipun 2 dintên 2 dalu, amurih rêsik, sarta kagrujugan supados sagêd luntur apunipun ingkang krakêt ing wacucal.

Sasampunipun tumuntên amirantos bumbu babakan ingkang sêpêt-sêpêt sarta ingkang garing, kados ta: babakan trêngguli, pilang tuwin wêru ing salah satunggil, takêranipun sabên wacucal satunggil.

Yèn ngangge babakan trêngguli wawrat 12 kati.

Yèn ngangge babakan pilang wawrat 18 kati.

Yèn ngangge babakan wêru wawrat 25 kati.

Babakan warni tiga punika ingkang sae babakan pilang, awit babaranipun wacucal katingal sumringah, yèn babakan trêngguli babaranipun warni pêthak, klucèh-klucèh, dene yèn babakan wêru punika kirang sae, mila panganggenipun namung bilih kasêpênan babakan kalih prakawis wau.

Babakan punika kakêthokan mawi bêndho kadhapur irisan tempe, pasagi mayat, amurih engggal ajur mênawi kadhêplok, dene pandhêplokipun namung runyah-runyah kemawon, sarampungipun lajêng kacêmplungakên ing

--- 265 ---

jêmbangan, sarêng katata kalihan wacucalipun, nuntên kaêsokan toya ngantos sakêlêmipun, sarta sabên dintên kawolak-walik, supados waradin matêngipun, yèn bumbu wau dèrèng tumama kêdah kasantunan bumbu malih. Dene pangupakara makatên punika watawis ngantos 20 dintên, 25 dintên sawulan utawi langkung.

Kum-kuman wacucal punika lajêng kapênthèng kaêpe wontên ing blêkêtepe utawi ing parumputan, kaangkah garing sadintên, awit mênawi botên makatên wacucalipun dados biru. Dene yèn sampun garing lajêng kasimpên.

Samakan abritan punika wiwit anggarap dumugi sarampungipun watawis, yèn ingkang kalêrêsan 25 dintên, nanging yèn botên kalêrêsan ngantos 40 dintên. Taksih wontên sambêtipun.

Kaanggit dening M.R. Citrasumitra. Guru bantu ing Mangkunagaran.

Warni-warnining Namanipun Pulo Jawi

Sambêtipun ôngka V kaca 195.

Ingkang dipun sêbut Pangeran Ratu ing Palembang kala jaman kina punika mênggahing karaton tanah Jawi: Pangeran Adipati Anom, sêrat-sêrat piagêm ingkang saking

--- 266 ---

Pangeran Purubaya (miturut ungêling piagêm) utawi piagêmipun para pangagêng ing Palembang, taksih wontên tunggilipun, nanging kirang pêrlu kula têdhak, mênawi nitik kawontênanipun sêrat piagêm ingkang kasêbut ing nginggil, tiyang Palembang ing kinanipun sami ngangge wicantên têmbung Jawi, sanadyan ragi wontên gèsèhipun, ewadene kathah Jawinipun.

Pêpêthikan babadipun bôngsa Cina ingkang dipun prêtal ing têmbung Walandining Tuwan W.P. Groenevelst sarta kawêdalakên ing Pahêman Gênutskap ing bab kawruh tuwin kagunan ing nagari Batawi (Genootschap van Kunsten en Wetenschappen) punapadene kalêbêtakên ing buku Encylopaesie van Nes Indie bldz 122-HM nyariyosakên sawatawis bab wontênipun bôngsa Indhu ing pulo Jawi, wontên pandhita bôngsa Cina nama Pha Hin (Fa Hien) ing kaca sanès-sanèsipun kasêbut nama Pha Hyan (Fa Hian) alampah palayaran dhumatêng tanah Indhu tuwin dhumatêng Selong (Ceilon) pêrlunipun jiyarah dhatêng candhi-candhi patilasan ing ngriku, wangsulipun saking Selong Sang Pandhita Pha Hyan lami-lami dumugi ing sagantên sapinggiripun pulo Jawi, ing ngriku sang pandhita nandhang kasangsaran, baitanipun nêmahi risak, lajêng kèndêl wontên ing pulo Jawi gangsal wulan, kaetang [kae...]

--- 267 ---

[...tang] kala ing salêbêtipun taun Ngisa 414 mênggah dhatêngipun pulo Jawi Pandhita Pha Hyan wau punapa (mila)§ Mila: Ngayogyakarta = dhasar: Surakarta. dipun sêdya, punapa kêsasar katut ing angin, punika botên kacariyosakên ing sêrat Eneqclopaedie mênawi saking kintên-kintên kados inggih (mila) dipun sêdya, awit mênawi mirit cêcriyosan ing sêrat-sêrat, kala jaman samantên namanipun pulo Jawi tamtu kemawon sampun kacariyos dumugi ing tanah Indhustan tuwin ing Selong. Kaping kalihipun upami kêsasar katut ing angin têka nyêngklèng sangêt purugipun, awit manawi mirit cêcriyosaning sêrat-sêrat, têtiyang ing jaman kina punika bilih lampah palayaran namung turut pinggir pasisir kemawon, dèrèng wontên ingkang purun nênggêl mêdal ing têngahing sagantên agêng, sampun tamtu kemawon lampahipun Pandhita Pha Hyan saking Selong mêdal ing lêmponging sagantên Bênggala (Golf van Bengalen) lajêng langkung ing pripitan Malaka (Straat van Malaka) ngidul ngetan turut pinggiring pulo Sumatra dhatêng tanah Jawi.

Ingkang miwiti purun lampah palayaran mêdal ing sagantên agêng punika tiyang Eropah kalairan ing kitha Genuwah (Genua) anama Kristophoris Kolêmbês (Christophorus

--- 268 ---

Columbus) kala ing salêbêting taun Ngisa 1492, sarta lajêng manggih tanah Amerikah (Amerika).

Mangsuli cariyos kula ing ngajêng, Pandhita Pha Hyan amastani pulo Jawi: Yaphadhi (Javadi) nalika kèndêlipun wontên ing pulo Jawi salêbêting gangsal wulan, cariyosipun ing tanah Jawi samantên kathah tiyangipun kapir (Heidenen) tuwin kathah brahmananipun, dene têtiyang ingkang ngidhêp dhatêng agami Buda (Buddha) taksih sakêdhik sangêt, dhatêngipun Pha Hyan wontên ing pulo Jawi sarta wangsulipun dhatêng nagari Cina mawi ambêkta kônca brahmana, wiwit kala samantên tanah Jawi kasumêrêpan ing bôngsa Cina, punapa malih lajêng kathah bôngsa Cina dhatêng mardagang, malah botên ngamungakên bangsaning among dagang kemawon ingkang wongsal-wangsul, karajan Cina ugi lajêng têpang rêmbag kalihan nagari-nagari ing pulo Jawi, wontên cariyos malih kala ing taun 435, bôngsa Cina mastani pulo Jawi: Japhadhah Djavada. Taksih wontên sambêtipun.

R.L. Mangkudimêja ing Ngayogyakarta.

Bôngsa Indhu ing Jaman Kina

Sambêtipun ôngka V kaca 203.

Kajawi agami Brahma ing tanah Indhu wontên agami malih, [ma...]

--- 269 ---

[...lih,]

ananging dumadosipun kantun, inggih punika agami Budha. Kacariyos, watawis taun 600 sadèrèngipun taun Mèsèhi, ing talatah Indhu wontên satunggiling putra raja, ing nagari Katilawastu, ajêjuluk Sang Gotama inggih Sang Sakyamuni. Sang rajaputra wau botên awêntala aningali sangsaraning kawula ingkang anandhang papacintraka, inggih punika bôngsa sudra ingkang dados panggagasing galih. Sang rajaputra botên karsa jumênêng raja anggêntosi ingkang rama, lajêng lumêbêt dados murid ing pasantrèn agami Brahma, ciptaning panggalih§ galih. badhe karsa anguningani sababing papacintrakaning manungsa sarta karsa ambudidaya pambengkasipun amurih mayara. Wusana wontên ing ngriku botên sagêd kalêksanan, amila lajêng kagungan pamêlêng karsa anyetrakakên sarira amintaraga.§ Amintaraga = kados: mintaraga, nanging kajênging suraos, mati utawi manting raga. Tumuntên amaratapa laminipun 6 taun. Sasampunipun punika lajêng anglaya bumi ing tanah Indhu Têngah apindha pêkir laminipun 20 taun, inggih ing waktu punika sang rajaputra wiwit murwani anggêlar agaminipun, ingkang sinêbut agami Budha. Sintên [Sintê...]

--- 270 ---

[...n] ingkang manut agami Budha, kêdah asih ing sasami-sami, tulung-tinulungan, apura-ingapura lan kêdah damêl kasaenan. Sadaya manungsa punika sami, botên binedakakên ing bôngsa luhur kalihan bôngsa asor, dados angicalakên pameranging manungsa kadosdene agami Brahma. Bathara Budha amulang mawi basanipun bôngsa piyambak-piyambak. Dene ingkang dados juru pamulang punika sadaya tiyang ingkang purun lampah kados pêkir lan purun maratapa. Para juru pamulang wau sami mangangge sarwa jêne sarta sarwa kasar. Ananging para juru pamulang wau wontên ing pundi-pundia dunungipun: tansah kinuya-kuya dening bôngsa brahma. Ewasamantên malah sangsaya kathah ingkang kèlu lumêbêt agami Budha, ngantos angwontênakên pêrang agêng rêbat agami Budha kalihan agami Brahma. Pêrang wau kalunta-lunta ngantos pintên-pintên atus taun. Wêkasan ing nalika taun 500 sasampunipun taun Mèsèhi, agami Budha ing tanah Indhu prasasat sirna, ananging lajêng lumèrèg ing pulo Selong tanah Tibèt, Cina ngantos dumugi ing tanah Jawi.

Kacariyos ing alami-lami agami Budha lajêng kacampuran agami Brahma, Bathara Budha kaanggêp dewa ingkang winasis, ambêk darma, dene Bathara Brahma, Indra lan sanès-sanèsipun [sa...]

--- 271 ---

[...nès-sanèsipun] kaanggêp sorsoranipun.

Ing nalika Bathara Budha seda kuwandanipun kabêsmi, awunipun kabage wolu, sabage-bageanipun winadhahan ing êjun kêncana, sarta kasimpên piyambak-piyambak ing satunggiling gêdhong ingkang sakalangkung asri. Kintên-kintên taun 250 sadèrèngipun taun Mèsèhi, jun kêncana ingkang 7 iji kabikak, awunipun kabage malih dados 8400 bagean, sabage-bageanipun ugi kasimpên malih ing êjun kêncana. Sabên nagari ing karajan Magada kapanduman satunggil, ugi kasimpên ing gêdhong ingkang sakalangkung asri. Ing sabên gêdhong wau wontên gambaripun Bathara Budha, kawujudakên lênggah asidhakêp kaestha§ istha. kados tiyang sawêg mulang, ing gêdhong ngriku kasukanan pratapan, môngka panggenanipun para pêkir ingkang sami amêmulang anggêlarakên agami. Taksih wontên sambêtipun.

Kapêthik saking Babad Dunya dening Mas Suwarta, mantri ruruguru. ing Dêmak.

--- 272 ---

Têmbung: saengga ngantos Sasadara ôngka V kaca 125 larik 11 punika têmbung ing Bagêlèn, têgêsipun dikongsi, kapiluyu saking têmbung Walandi tot dat namung pasisir sampun limrah kanggenipun.

Kalihdene malih kaca 217 larik 16 asmanipun tuwan dhoktêr mungêl, Gilpèskêr, punika lêpat, lêrêsipun Silpèstêr.

Ms. Walidi. Dhoktêr Jawi ing Dêmak.

Sangêt panarimah kula angsal katêrangan têgêsipun têmbung: saengga ngantos = dikongsi, lajêng kula kalêmpakakên kalihan panunggilanipun, sarta botên kula anggêp rèmèh, kauningana. Red.

Panjurungipun Radèn Rôngga Jayawilapa abdi dalêm mantri dhistrik ing Nagasari, bab jampinipun sêsakit jaban, sarta panawaning wisa, dèrèng sagêd macak, amargi dhatêngipun lungse.

Panjurungipun Radèn Lurah Mangkudimêja bab têmbung polinis, panjurungipun Radèn Mas Suryadipura mantri panjuwal ing Mangu (Gorang-garèng) kawruh warni-warni sarta panjurungipun Mas Prawirawiyata abdi dalêm carik ôngka II kabupatèn pulisi Surakarta, punika ingkang langkung kathah sanèsipun cikal-cikalan ingkang sampun kapacak, kula nyuwun pangapuntên dèrèng sagêd macak sadaya saking kathahipun panjurung saking ngamônca, mas Prawirawiyata ingkang kula kawonakên sarèhning kawakan, mugi sampun andadosakên manahipun, dangu-dangu inggih kêpacak sadaya, punapadene malih panjurungipun Ki Arjantaka abdi dalêm jajar priyantaka kaparak têngên, bab pandamêling gapit sarta cêmpuriting ringgit wacucal, ugi botên kapacak, amargi ing Radyapustaka sampun wontên, sarta ing têmbe badhe kapacak ugi, dene karanganipun Ki Arjantaka wau wontên ingkang badhe kalêbêt amêwahi kakiranganipun, wusana kula suka panarimah dhatêng Ki Arjantaka anggènipun ngêmên-êmênakên pados sasêrêpan dipun panjurungakên ing Sasadara.

Red.

--- [0] ---

Isining Khabar Sasadara VI.

1. Pawarsakan ... blz 224.
2. Dintên sae wulan Bêsar ... blz 226.
3. Kurup pangupadosing dintên tanggalipun sapisan ... blz. 227.
4. Nanêm pisang ... blz 230.
5. Nanêm gaga ing wana ... blz 234.
6. Nanêm gaga ing têgil ... blz 236.
7. Nanêm gaga ing sabin ... blz. 237.
8. Bedanipun khewan kêsit akalihan tutut ... blz. 237.
9. Sakit cacar ... blz 241.
10. Lampahing surya ing Nèdêrlan ... blz. 244.
11. Kawruh thêthukulan sarta pananêming panili ... blz 248.
12. Daya sarana ... blz. 255.
13. Ukuran baligon ... blz. 257.
14. Panyamaking wacucal ... blz. 263.
15. Warni-warnining namanipun pulo Jawi ... blz. 265.
16. Bôngsa Indhu ing jaman kina ... blz. 268.
17. Wangsulan warni-warni ... blz. 272.