Sastra Jawa

Program Digitalisasi Sastra Daerah

  • Increase font size
  • Default font size
  • Decrease font size

Sasadara, Radya Pustaka, 1901-04, #1806

Katalog:Sasadara, Radya Pustaka, 1901, #1806
Sambung:
1.Sasadara, Radya Pustaka, 1901-03, #1806. Koran, Majalah dan Jurnal | Sasadara #406.
2.Sasadara, Radya Pustaka, 1901-04, #1806 . Koran, Majalah dan Jurnal | Sasadara #407.
3.Sasadara, Radya Pustaka, 1901-06, #1806 . Koran, Majalah dan Jurnal | Sasadara #408.

[Kaping 15-4-1831 AJ. 2-8-1901 AD.]

Minôngka Pananggalanipun Sasadara

Pawarsakan

Wulan Jumadilawal taun Dal ôngka 1831, taun Hijrah 1319.

[Grafik]

--- 146 ---

Dintên Sae

Salêbêtipun wulan Jumadilawal taun Dal wontên têtiga.

1. Dintên Sêtu Kliwon tanggal sapisan, wuku Warigalit, Dewa Sri, tungle dangu, tunggaksêmi, lampahing bumi, rakamipun dhawah sanggarwaringin, saenipun kangge yêyasan sabarang, sangatipun wiwit jam 1.13 mênut, dumugi jam 3.36 mênut, Yusup wilujêng.

2. Dintên Ngahad Pon, tanggal kaping 9 wuku Julungwangi, Dewa Sri, wurungkung dadi, bumi kapêtak, aras kêmbang, rakamipun dhawah nuju padu, saenipun damêl pawon saha pasang talês, sangatipun wiwit jam 10.49 mênut, dumugi jam 1.12 mênut, Amad rijêki.

3. Dintên Kêmis Lêgi tanggal kaping 27 Dewa Sri, wurungkung dadi, satriyawibawa, lampahing lintang, rakamipun dhawah sanggarwaringin, sêngkaning srigati, kanggenipun yêyasan sabarang, sangatipun wiwit jam 6 enjing dumugi jam 8.24 mênut, Jabarail rijêki, utawi wiwit jam 3.37 mênut, dumugi jam 6 sontên sadalu pisan, Amad wilujêng.

Wêwaton sêrat pawukon, mênawi kangge ngêdêgakên griya wulan Jumadilawal wau watakipun kathah bêgjanipun, saha sugih môngsa kathah kajêngipun, mênawi kangge

--- 147 ---

alih-alihan griya watakipun kathah ingkang asih.

Wêwaton ungêlipun kadis Marpuk, mênawi kangge salakirabi watakipun tukaran, tansah ngucap awon, asring kapandungan, tarkadhang kaangkah rabinipun.

Kawruh Tani Bab Awang-awang

Sambêtipun ôngka I kaca 14.

Kalapa punika bathokipun kabuntêl ing sêpêt, makatên ugi bumi punika kinubêngan ing bêbuntêlan hawa, bêbuntêlan hawa punika dipun wastani: awang-awang, utawi: tawang, awang-awang punika kadadosan saking woworaning hawa warni-warni, dene hawa wau ingkang kathah wontên kalih, inggih punika dipun wastani: oksigenium (oxijgenium) utawi nitrogenium (Nitro-genium) mênggah kathahing oksigenium 1/5 nitrogenium, 4/5 ling awang-awang, hawa warni-warni punika dipun wastani: ghas. Ghas kalih warni wau: (oxijgenium en Nitrogenium) taksih kamomoran ghas sanès-sanèsipun, ananging amung sakêdhik, dene ghas ingkang wontên ing awang-awang wau gêgêlênganipun sadaya nama: karbonium oksidhê (carbonium oxijde) uwab toya: tuwin amoniah (Amonia) ugi taksih wontên sanèsipun.

--- 148 ---

Sawarnining tiyang utawi barang ing bumi punika sadaya: sami wontên salêbêting momoran gas wau, ing pundi-pundia bumi punika sarta sakathahing panggenan, ingkang limrah kawastanan kothong, inggih kaisenan dening momoran ghas punika wau.

Hawa punika wontên kanyataanipun kalih warni, alus kalihan kasar, upaminipun wungkul kalihan cuwèr, mênggah kasaripun kawulangakên wontên ing kawruh Pisikah. Dene ingkang kawastanan kasaring hawa punika kados ta: tanpa warna, sumrawang tanpa rasa, tanpa ambu, mêndal, ananging hawa punika wujud ugi, dados wontên bobotipun, anindhihi barang sanès-sanès, salêbêting kawruh Pisikah ugi kawulangakên, bab pirantos ingkang kangge nyatakakên, bobot utawi bêntèring hawa, punapa malih salêbêting kawruh Pisikah wontên katrangan sawatawis ingkang kangge amujudakên hawa kados ta: lumampahing pompa sumur, pompa kabêsmèn sapanunggilanipun.

Pamanggihing tiyang sagêd hawa, iM3 wawratipun watawis = 14 K.G. dados langkung ènthèng kaping 715 mênawi katimbang kalihan toya, kajawi ingkang punika pamanggihing para sagêd, panindhêsing hawa dhatêng samubarang ing

--- 149 ---

bumi: sami kalihan panindhêsing toya sakêbaking bumbungan, ingkang inggilipun iM utawi toya rasa ingkang inggilipun 76 cM dados sabên 1 cM2 panindhêsing hawa watawis i K.G. Tiyang tani punika kêdah anyakêpi kasagêdan bab kasaring hawa, ananging ing ngriki botên kacariyosakên, awit sampun kawêdharakên wontên ing kawruh Phisikah ing sapêrlunipun, samangke amung nyariyosakên alusing hawa, ingkang kangge sangêt ingatasing para tiyang tani.

Sakathahing gas wau wontên iribipun mênawi katandhing kalihan kasaripun, ananging kathah kaotipun mênawi katandhing kalihan alusipun.

Dene ghas punika sagêd dumados kalih warni, inggih punika murni, tanpa campuran, kalihan ghas ingkang campuran. Ghas ingkang campuran punika ingkang dumados kalihan ghas warni-warni, ingkang kenging kapisah piyambak-piyambak. Ghas punika kathah sangêt bangsanipun, ananging ingatasipun tiyang tani botên susah nyumêrêpi sadaya, tiyang tani punika ingkang pêrlu amung kêdah nyumêrêpi ghas ingkang migunani: utawi ingkang niwasi dhatêng gêsanging têtanêman, punapadene ingkang sagêd adamêl sae awoning siti, dene ghas ingkang makatên wau sampun [sampu...]

--- 150 ---

[...n] kasêbutakên ing nginggil, inggih punika oksigenium, tuwin nitrogenium, uwab toya, utawi amoniah.

Rms. R. Tarusaroja. Ing Girimarta: tanah Kaduwang (Mangkunagaran).

Sêsakit Cacar

Sambêtipun ôngka III kaca 114.

Mênggah panggenan ingkang prayogi dipun cacari plênthing punika ing bau kasundêp 3 utawi 4 panggenan, tancêpipun mojok tiga, utawi ambanon pasagi, patrapipun kadosdene ingkang kasêbut ing ngajêng, lêt satêngah utawi saêdim longkangipun.

Bau ingkang badhe dipun cacari plênthing kêdah kausapan ingkang garing, saha nanahipun kaangkaha sampun ngantos kagêpok ing prabot sapanunggilanipun, makatên ugi lare ingkang dipun cacari, mênawi sawêg angsal 2 dintên botên kenging adus.

Mênawi nanah ingkang badhe kacacarakên garing, môngka wadhahipun gêbyas, punika katêlêsa ing toya satètès rumiyin, tumuntên kacacarakên, patrapipun kadosdene ingkang sampun kasêbut ing ngajêng.

Wondene pamêndhêtipun nanah ingkang kawadhahan ing gêbyas [gê...]

--- 151 ---

[...byas] punika, sarana dom sungu, gadhing utawi salaka, baunipun lare ingkang badhe kacacar, kêdah kasundêp rumiyin kalihan sêking, tumuntên pucuking dom ingkang sampun wontên nanahipun katêlêsa toya angêt sakêdhik, lajêng katèmpèlakên ing panggenan ingkang kasundêp punika wau.

Pamêndhêtipun nanah ingkang kawadhahan ing gêlas tangkêban lêkok ing têngah, sasampunipun kabikak lajêng katètèsan toya ingkang bêning sakêdhik lajêng kaêjèr, kacuthik sakêdhik kalihan pucuking sêking kasundêpakên ing baunipun lare, kadosdene ingkang sampun kasêbut ing ngajêng.

Sêking Lancet ingkang sampun kaangge nacar, sabakdanipun§ sasampunipun kangge. kêdah kakumbah ing toya sublimat, mênawi sampun rêsik kakêsud saengga§ ngantos. garing, lajêng kagêmuk ing karbol paslènê. Paedahipun sagêda ngicalakên dayaning plênthing ingkang taksih kantun ing sêking, utawi botên sagêd tainên.

Mênawi sampun kacacaran plênthing ing sadèrèngipun mantun punika karêksaa, supados plênthingipun sampun [sampu...]

--- 152 ---

[...n] ngantos pêcah, amargi saking kirang pangatos-atosipun anggèning mulasara, utawi sabab gatêl dipun kukur, kasenggol sapanunggilanipun, dados pêcahipun dèrèng môngsa, mênawi plênthing cacar punika pêcah dèrèng mangsanipun, botên sagêd nulak dhatêng plênthing ingkang lêrês.

Saupami botên kêkirangan anggènipun nacari, môngka botên mêdal plênthing lêmbu salêrêsipun, utawi amargi saking tilas plênthingipun botên mêdal, punika larenipun kêdah dipun cacari plênthing malih, sampun kèndêl-kèndêl mênawi dèrèng mêdal plênthingipun lêmbu ingkang salêrêsipun, utawi yèn dèrèng têtela katingal, lare punika botên pasah kacacaran plênthing.

Kauningana mênawi nacarakên plênthing ingkang kêlêrêsan lan prayogi ing dadosipun, punika kêdah ngyêktosi ingkang kapratelakakên ing ngandhap punika:

Mênawi sampun kacacar kawistara 6 utawi 7 dintên, sarta sampun têtela mlênthing, punika plênthingipun tumuntên kasudhèta kalihan sêking, nanahipun kacacarna ing panggenan sanès, yèn dados plênthingipun enggal mantun, angungkuli ingkang rumiyin, dene sèrètipun kuning ing pinggir, mêdalipun sarêng kalihan ingkang rumiyin,

--- 153 ---

dumugi sangang dintên matêngipun ugi sarêng kalayan ingkang rumiyin, sanajan kaota 6 dintên, namung beda wontên alitipun sakêdhik.

Wondene plênthingipun ingkang rumiyin punika awon, botên kadosdene ingkang kapratelakakên punika wau, sarta botên sagêd nulak plênthing ingkang salêrêsipun.

Prayoginipun mênawi nacarakên plênthing, amurih sagêd lumintu salaminipun botên kêndhat-kêndhat, apêsipun lare: 4 utawi 5 sêsarêngan, paedah mênawi wontên tiwasipun botên dados, sampun ngantos katowongan bibit.

Saupami sadaya tiyang nurut pitêdah ingkang kasêbut ing ngajêng, kalayan sih pitulungipun Gusti Allah, sêsakit cacar punika kenging kacêgah, sampun ngantos kathah-kathah ingkang nêmahi bilahi tuwin ina, kadosdene ingkang sampun kapratelakakên ing nginggil. Tamat.

Mantri cacar ing Dêmak, Munandar.

Dayanipun Widoro upas Tuwin Godhong Gabusan

I. Widoro upas punika wujudipun mèmpêr bêsusu

--- 154 ---

(= bêngkowang) nanging kulitipun kados katela pêndhêm, mawi tlutuh, uwitipun marambat, godhongipun mèmpêr godhong gêmbili, lungipun sêmu abrit sêpuh, mênawi sampun kawak wohipun sagêd agêng sami kalayan kalapa, mênawi dalu sagêd ngorok kados tiyang. Mênggah dayanipun widoro upas, kenging kadamêl jampi lare utawi tiyang sêpuh, kados ta: racêk sarta cacingên, abuh tanpa sangkan, wêtêng ambêsêsêg, ambêbucal kirang lêga, watuk, wondening patrapipun anggèning jampèkakên namung dipun oncèki kadosdene ngoncèki katela pêndhêm, lajêng dipun têdha katutulakên kalayan sarêm, raosipun inggih jèblês kados katela pêndhêm, namung ragi langu sakêdhik, racêk sarta cacingên, sagêd mêndhak, wêtêng ambasêsêg, sagêd lêga, ambêbucal kirang lêga: sagêd ngêbrok, sakit watuk, sagêd logro sarta lajêng saras. Kajawi punika taksih wontên paedahipun malih, mênawi katanêm sacêlaking griya: sagêd nêbihakên sawêr.

II. Godhong gabusan punika ugi kathah paedahipun, wujudipun kadosdene godhong piskucing, nanging godhong gabusan sagêd inggil, sarta sagêd agêng witipun, mila winastan: gabusan, sabab mênawi

--- 155 ---

dipun ulapi kulitipun kadosdene gabus, godhongipun ijêm, thukulipun ingkang tamtu wontên ing sabin, mênawi tiyang padhusunan amastani: godhong ninikatisên, mila dipun wastani: ninikatisên, jalaran mênawi sontên godhongipun mingkup. Dene paedahipun ugi kangge jampi lare utawi tiyang sêpuh kados ta: sakit bêntèr, cacar, gabag, utawi cangkrangên, mênggah patraping anggènipun anjampèkakên makatên: godhong gabusan wau kapipis, dipun abêni adas pulasari, saha piandêlipun têtiyang Jawi, pamipisipun kêdah mawi puji nyuwun ngalap brêkahipun Kangjêng Susuhunan Kalijaga, sasampuning lêmbat pamipisipun lajêng kapêrês utawi kasaring dipun dèkèki madu tawon, mênawi lare umur 10 taun mangandhap, madunipun sendhok alit, mênawi tiyang sêpuh madunipun sasendhok agêng, insa Allah sagêd saras, amargi sampun kathah katatalanipun, para prayantun utawi têtiyang alit ing padunungan kula ingkang sami tampi ganjaran sakit, sagêd saras saking dayanipun widoro upas tuwin godhong gabusan wau.

Kula magang kabupatèn ing Klathèn.

Sutarna.

--- 156 ---

Bab Anggènipun Thathukulan Amêncarakên Wiji

Sambêtipun ôngka II kaca 89.

Thêthukulan punika anggènipun amêncarakên bangsanipun rupi kalih, inggih punika sarana woh tuwin sarana socanipun, kados ta: dêling, uwi, kênthang sasaminipun, tuwin bangsaning êmpon-êmpon, punapa malih bangsaning rumput, punika sadaya pêncaring wiji saking socanipun. Woh wau amrih botên gabug, jasat ingkang badhe dados woh kêdah laki, inggih punika calon woh ingkang wontên ing sêkar èstri kêdah kalêbêtakên jasating sêkar jalêr. Bilih thêthukulan wau botên gadhah sêkar rupi kalih, jasat jalêr wau sampun dados satunggal, kaprênah wontên ing sanginggiling jasat ingkang badhe dados woh, utawi kalêbêtan jasat jalêr sêkar sanèsipun ingkang tunggil bôngsa. Jasat jalêr wau bilih botên tunggil dados sasêkar kalihan ingkang badhe dados woh, sagêdipun dumugi ing sêkar èstri, sabab katut ing angin, utawi katut ing kawontawon. sasaminipun ingkang angisêp sarining sasêkaran wau, utawi sarana pandamêlipun tiyang, awit panili upaminipun, sanadyan sêkaripun jalêr saha èstri sampun dados satunggal, ananging marginipun jasat jalêr malêbêt dhatêng calon woh, katutupan ing ilat-ilatan, [ilat-i...]

--- 157 ---

[...latan,] amila bilih botên dipun pitulungi dening tiyang, wohipun namung sakêdhik tuwin alit-alit.

Wit nôngka punika sêkaripun rupi kalih, saha dados sauwit, sêkaripun jalêr kawastanan: babal kucing, sêkaripun èstri utawi ingkang badhe dados woh dipun wastani babal gori. Babal kucing wau bilih jasadipun jalêr sampun sami tumônja wontên ing babal gori, lajêng bosok sarta dhawah.

Wit wuni, punika wontên ingkang namung sêkar jalêr kemawon, wontên ingkang namung sêkar èstri kemawon, dene wit-witan ingkang namung ngêdalakên sêkar jalêr kemawon, punika dipun wastani: wit jalêr, saha sanadyan sabên-sabên sêkar, ananging ugi tansah gogrog, botên wontên ingkang sagêd dados woh. Taksih wontên candhakipun.

Prawirawiyata.

Abdi dalêm juru sêrat ôngka II kabupatèn pulisi Surakarta.

Kawruh Padhalangan

Sambêtipun ôngka III kaca 105.

Nalika Radèn Jaka Tingkir jumênêng sultan ing Pajang, ing taun [ta...]

--- 158 ---

[...un] candrasangkala 1503, ajêjuluk Sultan Adiwijaya, karsa mangun wêwangunaning ringgit purwa pinantês busananipun para nata, para satriya, para punggawa tuwin para wadya, sami dipun istha kampuhan mawi clana, utawi kampuhan tanpa clana, kapêndhêt pantêsipun piyambak-piyambak, dênawa wênara taksih cawêt mripat kalih, para dewa lêstantun kados arca miring tanpa rasukan, ringgit èstri rambutipun gendhong, kawêwahan dêdamêling prang, gada, bindi, alugora, sadaya ringgit tanganipun taksih irasan, ingkang kadamêl babon wandanipun ringgit kidang kêncana, yasan ing Dêmak kajujut sasigar palêmahan, ing nalika punika wiwitipun ringgit purwa ringgit gêdhog sami katatah gayaman, anuju taun candrasangkala: 1505.

Sinuhun ing Kudus anganggit golèk mirit wandaning ringgit purwa, tuwin gancaring lêlampahanipun, têtabuhanipun gôngsa salendro pawayangan, pancèn kangge tanggapan ing wanci siyang tanpa kêlir namung gawangan pirantos sampiran sinjang, utawi panggunganipun tanpa gadêbog, namung kajêng kabolong pirantos nanjêbakênnancêbakên. ringgit, anunggil warsa Kangjêng Sultan ing Pajang mangun gancaring pakêm ringgit purwa saha pakêm ringgit gêdhog, ing taun candrasangkala: 1506.

--- 159 ---

Kala Kangjêng Panêmbahan Senapati ing Ngalaga jumênêng ing Mataram, karsa mangun wêwangunaning ringgit purwa, babonipun ringgit ing Pajang, kajujud dêdêg pangadêgipun, sarta kagêmpur rambut dodotipun, kaistha limar utawi cindhe kapantês piyambak-piyambak, saha mangun wandaning Arjuna: jimat, wandanipun Bima: mimis, tanpa dodot, namung kaistha cawêt polèng, saha amêwahi ricikaning ringgit, satowana sasaminipun, kala samantên sadaya ringgit tanganipun taksih irasan, sarampungipun kaparingan sangkala mêmêt awarni dewa Bathara Guru nyêpêng têkên cis, ing wingkingipun katancêban umbul-umbul, ungêling sangkala makatên wau, dewa dadi angêcis bumi, têgêsipun ing taun 1541.

Ing sajumênêng dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Prabu Anyakrawati ingkang seda ing Krapyak, karsa mangun wêwangunaning ringgit purwa, babonipun ringgit kidang kêncana kajujut dêdêg pangadêgipun sasigar palêmahan, Arjuna: wônda jimat, Bima: wônda mimis, Suyudana: wônda jangkung, ratu dênawa: wônda barong, sawadya punggawanipun sami mripat kalih, tanganipun ing wingking taksih sami irasan, saha mêwahi dhagêlan utawi dêdamêl dhuwung, jêmparing sapanunggilanipun bangsaning lêlandhêp, ing nalika [nali...]

--- 160 ---

[...ka] punika ringgit wacucal wiwit sami kasopak bau lêngênipun, namung Bathara Guru ingkang taksih tangan irasan, amargi minôngka pangemut-emut yasan Mataram sapisan, sarampungipun kaparingan sangkala mêmêt, warni dênawa murgan, tangan kalih sami kasopak, mripat satunggal, nyangkêlit dhuwung, ing padhalangan amastani dênawa panyarèng, limrahing kathah winastan dênawa cakil, kabêkta wujudipun dênawa wau siyungipun ing ngajêng kawangun nyakil mêdal angungkuli lambe, ungêling sangkala makatên wau, tangan yaksa tataning jalma, têgêsipun taun 1552.

Ing sajumênêng dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Sultan Agung Prabu Anyakrakusuma ing Mataram, amangun wêwangunaning ringgit purwa, Baladewa: wônda gègèr, Krêsna: wônda gêndrèh, Arjuna: wônda mangu, ringgit lanyapan dêdêgipun sangkuk mripat kajait, Sumbadra: wandanipun rangkung, Banuwati: wandanipun golèk, wandaning Sêmar: brêbês, kanthinipun Bagong: gilut, dene Sêmar wônda dhukun kancuhipun Nala Garèng Petruk, wandanipun Petruk jlêgong, mênggah Sêmar Bagong utawi Sêmar Nala Garèng Petruk, punika pancèn botên kangge sarêng, kêdah manut dhalang anggènipun anglampahakên pakêm lampahan Bagong,

--- 161 ---

utawi pakêm lampahan Petruk, namung cêmuris kenging nunggil Sêmar Bagong, tuwin nunggil Sêmar Petruk, punapa jêjêring lampahan piyambak-piyambak, ing sarampungipun kaparingan sangkala mêmêt warni dênawa murgan, mata satunggal rambutipun sumungging, kapulas abrit, ing padhalangan winastan: dênawa parpatan rambut gêni, ungêling sangkala makatên wau, urubing wayang gumuling tunggal, têgêsipun taun 1563. Taksih wontên sambêtipun.

Wisaya

Sambêtipun ôngka III kaca 127.

Wuwu id.

Wisaya ulam lèpèn winastan: wuwu, ubênging balêndhukipun 5 kaki, ing nglêbêt mawi tutup bêsatan winastan: gêndam, sakiwa-têngêning bolongan ingkang katutupan ing gêndam wau mawi dipun dèkèki pakan, warni sêkul dipun ulêd kalihan bawang tuwin rayap. Wuwu kasilêpakên ing toya, ingkang pakangsal salêbêting kêdhung ingkang kakintên kathah ulamipun, sarana dipun pathoki supados botên sagêd ewah saking panggenanipun, pamasangipun dipun antawisakên sadintên [sadintê...]

--- 162 ---

[...n] sadalu, enjingipun dipun êntas, adat angsal-angsalanipun ulam wagal, klalèn, lêmpuk, badhèr, lele sarta sanès-sanèsipun ingkang kawical agêng.

Wawar zie têmpuk

Wadhuk (wisaya sato)

Wisaya cèlèng winastan: wadhuk, rajêg dêling wêtah utawi sigaran sarana dipun blêsêkakên kadosdene pathok, kajèjèr kiwa têngên mawi gapit, kakintên cèlèng botên sagêd ambrobos, inggilipun 5 kaki, kakintên cèlèng botên sagêd mancolot.

Têbihipun kirang langkung 50 kaki,

godhagipun ing ngajêng 25 utawi 30 kaki,

lajêng saya mingkup dados 4 kaki.

Godhagan ingkang ngajêng wau dipun dèkèki pakanan cèlèng kados ta: jagung, pohung, têbu, pantun utawi saprayoginipun, tiyangipun ingkang jagi sêsingidan, samôngsa cèlèng sampun murugi pakanan wau lajêng dipun lokakên kalihan dipun oyak kaangkah plajênging cèlèng dhatêng panggenan pasangan balabag, utawi kajêng ingkang kadamêl mayat minggah lajêng wontên panggenan ingkang [ing...]

--- 163 ---

[...kang] ngluwêng, dados amung kantun mênthungi kemawon.

Pancing kalar (wisaya ulam lèpèn)

Wisaya mina lèpèn winastan: pancing kalar, prayoginipun tiyang mancing kalar ing môngsa jawah, lèpèn sampun agêng sarta toyanipun sampun buthêk. Patrapipun tiyang mancing kalar: numpak baita tembo milir, pancingipun dipun cêmplungakên ing toya, pakanipun sêsukêr dipun ulêd kalihan lêmpung. Mênawi pancingipun sampun karaos dipun bêktani (pancing dipun sarap ing ulam) dipun kalar kaêtut sapurugipun, mênawi ulam sampun têlas karosanipun dipun tarik minggir lajêng dipun cêpêng gampil kemawon, angsal-angsalanipun ulam jambal, tagèh, lêmpuk, utawi badhèr.

Pancing kopyok (id)

Wisaya ulam lèpèn winastan: pancing kopyok, ingkang kadamêl: wêsi, utawi kuningan, tangsulipun rami panjangipun sadhêpa, rami punika mawi kagodhok kalihan klikaning turi, supados sagêd kakên sarta botên nêsêp toya, tangsul sanginggiling pancing dipun dèkèki wilah giligan, panjangipun 4 dim, winastan: cangkol, sarta mawi walêsan dêling panjangipun: [pa...]

--- 164 ---

[...njangipun:] kalih têngah kaki. Patrapipun tiyang mancing kopyok, pancingipun dipun cêmplungakên ing toya ingkang lêbêtipun udakawis sawudêl, pakanipun sêsukêr, tangan têngên nyêpêng walêsan, tangan kiwa ngopyok toya, cangkol tangsuling pancing kajêpit ing jêmpolan suku, mênawi dipun bêktani ing ulam, cangkolipun ucul saking jêmpolan suku, adat angsal-angsalanipun ulam wadêr utawi badhèr.

Pancing wêlut (id)

Wisaya ingkang winastan: pancing wêlut, namung sarana tangsul dipun cêpêngi ing tangan kemawon, pakanipun cacing dipun tugêl-tugêl, pancingipun dipun lêbêtakên ing badan cacing supados botên katingal, lajêng dipun dhawahakên ing êcoping (êlèng) wêlut, samôngsa pancingipun dipun têdha, tangsulipun dipun ulur, mênawi kintên sampun dipun ulu, lajêng dipun dudut, wêlutipun kenging mak kêlawèr, ingkang mancing bingah.

Pancing walêsan (id)

Wisaya ulam lèpèn winastan: pancing walêsan, patrapipun sami kalihan pancing kalar, nanging kaot kenging kadamêl mancing saking dharatan.

Pancing baloh zie baloh.

Taksih wontên sambêtipun.

--- 165 ---

Sêrat Cakrawarti

Sambêtipun ôngka V 1830 kaca 220.

Dèntên§ Kanggenipun ing jaman sapunika têmbung: dene (krama ngoko) dèntên (krama dhusun). ingkang dipun wastani: tigas warsa wau, punika taun ingkang sampun kapêngkêr, ingkang dipun wastani: tanggap warsa punika, taun ingkang sawêg tampi, inggih punika yèn têmbung Malajêng§ Têmbung Malayu (krama ngoko) têmbung Malajêng (krama dhusun). taun Baru, kaetang awit kala samantên tanggap warsanipun ing taun, dintênipun pitu dhawah Rêbo, dintênipun gangsal dhawah Pon. Ingkang dipun wastani dintên gangsal punika yèn ing mangke: pêkênan. Mênggah petangipun ing dintên utawi pêkênan dhawahing tanggap warsa wau, lumampah ing salajêngipun dumugi sapriki, ing ngandhap punika pangetangipun.

Ingkang kaetang rumiyin, lampahipun dintên pitu dhawahing tanggap warsa, punika sabên taun ingkang sampun kapêngkêr nuju Wastu, dhawahing taun ingkang sawêg tampi wêwah sakawan, têgêsipun majêng kawan dintên, dados tumapak gangsal dintên. Upami taun ingkang sampun kapêngkêr wau tanggap warsanipun ing dintên Rêbo, tanggap warsanipun taun ingkang sawêg tumapak dados dhawah Ngahad. Yèn taun ing

--- 166 ---

kang kapêngkêr nuju Wuntu, dhawahing taun ingkang tampi wêwah gangsal, têgêsipun majêng gangsal dintên, dados tumapak nêm dintên, upami taun ingkang kapêngkêr wau tanggap warsanipun ing dintên Ngahad, tanggap warsanipun ingkang sawêg tumapak dados dhawah Jumungah. Yèn taun ingkang kapêngkêr nuju Wastu mawi dirgya, dhawahing taun ingkang tampi wêwah nêm, têgêsipun majêng nêm dintên, dados tumapak pitung dintên, upami taun ingkang kapêngkêr wau tanggap warsanipun ingkang sawêg tumapak dados dhawah Kêmis. Yèn taun ingkang kapêngkêr nuju Wuntu mawi dirgya, dhawahing taun ingkang tampi botên wêwah, têgêsipun sami kalihan tanggap warsanipun taun ingkang sawêg kapêngkêr, upami taun ingkang sawêg kapêngkêr wau tanggap warsanipun ing dintên Jumungah, tanggap warsanipun ingkang sawêg tumapak inggih dhawah Jumungah. Yèn taun ingkang mawi dirgya kaping kalih, inggih punika taun sawidak anuju Wastu, tanggap warsanipun taun ingkang badhe tumapak ing ngajêng majêng sadintên, saking taun ingkang kapêngkêr mawi dirgya kaping kalih wau, upami taun ingkang kapêngkêr tanggap warsanipun ing dintên Ngahad, tanggap warsanipun taun ingkang badhe tumapak dados dhawah Sênèn, kados makatên ing salajêngipun.

--- 167 ---

Sêrat Tirta Usada

Sambêtipun ôngka VII 1830 kaca 306.

Tarekahing toya ingkang dipun angge jampi

Ing ngajêng kula sampun amratelakakên, bilih sakathahipun tiyang ingkang kataman sêsakit punika botên sanès amung sabab saking kêlêbêtan jat ingkang dede mêsthinipun wontên salêbêting badan. Ingkang makatên punika bilih Tuwan Dhoktêr Lois Kinê: ingkang kaangge jampi sakathahing sêsakit wau namung kalihan dayaning toya kemawon.

Mênggah jêjampi toya punika patrapipun namung kaangge adus, ananging wontên kalih warni, adus bêntèr kalihan asrêp, mawi-mawi anggènipun badhe ngêdalakên kathah kêdhiking jat awon wau. Dene ingkang dipun wastani: adus bêntèr, punika botên adus wedang panas, utawi toya bêntèr: adus tangas, inggih punika badanipun dipun kukusi uwabipun wedang umob, kados ing ngandhap punika.

A. Adus Tangas

Makatên patrapipun.

--- 168 ---

a. Badan sakojur dipun kukusi uwabing wedang umob.

b. Amung panggenan ingkang pêrlu kemawon ingkang dipun kukusi

a. Tangas badan sakojur

Tiyang ingkang nglampahi adus tangas patrapipun tilêman malumah wontên ing ambèn, sangandhaping ambèn dipun dèkèki wedang umob kawadhahan kèncèng alit, utawi cuwo sasaminipun. Dene ambèn kenging ngangge ambèn dêling utawi sanèsipun pirantos, janji panjang wiyaripun cêkap dipun angge tilêman salonjor, punapa malih papan ingkang dipun angge tilêman wau kêdah rênggang-rênggang, utawi bolong ciyut-ciyut kadosdene palênggahan kursi pênjalin. Supados uwabing wedang ingkang wontên ngandhap ambèn wau sagêda minggah angengingi badanipun tiyang ingkang adus tangas. Dene mênawi ambèn ingkang dipun angge wau kajêng, kadamêla kados gambar ôngka II ing wingking punika.

Tiyang ingkang adus tangas patrapipun tilêman malumah kalihan wuda, supados badan ingkang wingking kêkukusan uwabing wedang rumiyin, sarta badanipun sakojur dipun krukuba sinjang kain panas ingkang panjang tuwin wiyar, supado6 [supado...]

--- 169 ---

[...6] rapêt uwabing wedang sampun ngantos mêdal.

Pandèkèkipun kèncèng utawi cuwo wadhah wedang wau ingkang pêrlu sangêt kaprênahakên sangandhap bokong. Bilih lare alit ingkang dipun dusi tangas, cêkap ngangge wadhah wedang satunggal kemawon. Dene mênawi tiyang sêpuh kêdah ngangge 2, utawi 3, satunggal, kaprênahna ngandhap suku, satunggalipun, kaprênahna ngandhap bokong, satunggkalipun malih kaprênahna ngandhaping badan sacêlaking pundhak. Tiyang adus tangas wau ingkang langkung prayogi, mênawi kuwawi dalah sirahipun tumut dipun krukubi pisan, kadosdene gambar ôngka III tuwin IV.

Tiyang ingkang kaadusan tangas wau mênawi botên wontên ambèn utawi pirantos sanèsipun, kenging ngangge kursi utawi dhingklik, janji palinggihanipun mawi bolongan kados palinggihan kursi ingkang ingênaman pênjalin. Mênawi ngangge dhingklik, palinggihanipun kêdah kadamêl kados gambar ôngka V makatên ugi palinggihaning kursi kêdah kadamêl kados gambar ôngka VI.

Patrapipun tiyang adus tangas mawi linggih kursi utawi dhingklik wau, mawi dipun krodhongi sinjang kain panas, sangandhaping kursi utawi dhingklik dipun dèkèki kèncèng utawi cuwo wadhah wedang panas, ingkang supados uwabipun [uwabi...]

--- 170 ---

[...pun] sagêd têrus minggah angengingi dhatêng badan sakojur, kados gambar ôngka VII dene mênawi sirahipun tumut dipun krukup, kados gambar ôngka VIII.

Saya gampil malih krodhong ingkang kangge tiyang adus tangas linggih kursi utawi dhingklik, kenging ngangge sêngkêran sawung, nanging bolonganipun nginggil kêdah ingkang wiyar, cêkapa kadamêl nyalobokakên sirah, kados gambar ôngka IX sêngkêran wau ugi dipun buntêl ing sinjang kain panas, sarta kêdah maligi dipun damêlakên sêngkêran ingkang agêng saha inggil, sampun ngantos sundhul tiyang linggih kursi utawi dhingklik wau.

Wignyaarja

Taksih wontên sambêtipun.

Widyapradhana

Sambêtipun ôngka III kaca 118.

Punika lajêng waradin satanah Ngarab sami ngangge etanging taun rêmbulan sadaya, nanging dèrèng kapêsthi ajêg dhawahipun ing tanggal sapisan, wontên ingkang ngetang khisab, wontên: rukyat, mênggah etang khisab punika wiwit kala rêmbulan taksih kôntha sampun kaetang tanggal sapisan, têmbung Jawi dipun wastani etang rimba, têgêsipun: samar, inggih punika rêmbulan taksih samar. Mênggah [Mêng...]

--- 171 ---

[...gah] etang rukyat, punika wiwit katingalipun rêmbulan, sawêg kaetang tanggal sapisan, têmbung Jawi dipun wastani etang wimba, têgêsipun: mêdal, inggih punika rêmbulan sampun katingal.

Dene tanggal etang khisab punika saking ngadatipun angrumiyini etang rukyat, antawis sadintên utawi kalih dintên, tarkadhang sarêng sami sadintên, ing salaminipun etang khisab botên nate karumiyinan etang rukyat.

Sarêng panjênênganipun nata Kangjêng Nabi Mukhamad, angsal 15 taun rêmbulan, karsa hijrah = ngalih dhatêng Madinah, wontên ing Madinah angsal 10 taun rêmbulan, Kangjêng Nabi Mukhamad surud, kaetang yuswa 63 warsa ing taun srêngenge, utawi 65 warsa ing taun rêmbulan.

Ing sasurudipun Kangjêng Nabi Mukhamad, ingkang anggêntosi Sayidina Abubakar, mêngku tanah Ngarab sadaya, kala samantên andhawuhakên undhang-undhang dhatêng têtiyang Ngarab, ingandikakakên lêstantun sami ngangge etanging taun rêmbulan sadaya, ingkang ajêg dhawah ing tanggal sapisan nêtêpi etang khisab kemawon, nanging ingkang kadamêl bêbuka dados paugêran ngetang angkaning taun santun sami ngangge etang awit hijrahipun Kangjêng Nabi Mukhamad, [Mukhama...]

--- 172 ---

[...d,] salajêngipun ngantos dumugi sapriki punika, mênawi katimbang kalihan taun côndrasangkala Jawi antawis 512 warsa, upami taun côndrasangkala Jawi 17861

Taun Hijrah 1274

Dados kaot 512.

Makatên ing salajêngipun.

Ing mangke amratelakakên etanging Wastu Wuntuning taun Hijrah, punika lumampah sabên sadasa taun Wuntu kaping 4 nuntên sadasa taunipun malih Wuntu kaping 3 nuntên sadasa taunipun malih Wuntu kaping 4 dados etang ing dalêm 30 taun Wuntu kaping 11 têpangipun ing dalêm 60 taun Wuntu kaping 22 dene panggenaning satunggal-tunggalipun kados ing ngandhap punika:

Wontên ing taun 2. 5. 7. 10. 13. 15. 18. 21. 24. 26 kalihan 29.

Lajêng ing taun 32. 35. 37. 40. 43. 45. 48. 51. 54. 56. kalihan 59.

Sanèsipun punika sami taun Wastu sadaya, kados ta: ing taun 1. 3. 4. 6. 8. 9. 11. 12. 14. 16. 17. 19. 20. 22. 23. 25. 27. 28. 30. 31. 33. 34. 36. 38. 39. 41. 42. 44. 46. 47. 49. 50. 52. 53. 55. 57. 58. kalihan 60.

Mênggah têtêpipun ingkang dados Wuntu punika amung wulan [wula...]

--- 173 ---

[...n] Dulkhijah, yèn taun Wastu wulan Dulkhijah dintênipun kapêsthi nukus, têgêsipun: kirang, têmbung Jawi dipun wastani: alpa, inggih punika laminipun ing dalêm sawulan 29 dintên. Mênawi taun Wuntu wulan Dulkhijah dados kamal, têgêsipun: sampurna, têmbung Jawi dipun wastani: kalpa, inggih punika laminipun ing dalêm sawulan 30 dintên, gunggung etanging dintên ing dalêm sataun 354 dintên. mênawi taun Wuntu 355 dintên.

Dene ingkang dados bêbuka purwaning taun, tumapaking tanggap warsa ing sabên wulan Mukharam, kaetang awit saking taun satunggal nalika hijrahipun Kangjêng Nabi Mukhamad dhatêng Madinah, tanggaling wulan Mukharam dhawah ing dintên Kêmis, lumampah ing sabên taun santun dintên tumapaking tanggal wulan Mukharam, pangetangipun manawi mêntas taun Wastu dhawahing taun ingkang sawêg tampi wêwah 4, têgêsipun majêng kawan dintên, dados tumapak gangsal dintên tanggaling wulan Mukharam malih.

Yèn mêntas taun Wuntu dhawahing taun ingkang sawêg tampi wêwah 5, têgêsipun majêng gangsal dintên, dados tumapak nêm dintên tanggaling wulan Mukharam malih, kados makatên ing salajêngipun ngantos dumugi têpanging dintên ing dalêm 210 taun Hijrah.

Mênggah pratelaning tumapakipun tanggaping warsa ing sabên wulan [wu...]

--- 174 ---

[...lan] Mukharam wau, mênawi kalajêngakên ngetang dhawahing tanggal sapisan sanèsipun wulan Mukharam, punika lumampahing sabên mêntas wulan khamal, wêwah 2, têgêsipun mênawi wulan ingkang sampun kapêngkêr punika ngumur 30 dintên, dhawahing tanggal sapisan ing wulan ingkang sawêg tampi majêng kalih dintên, dados tumapak tigang dintên, upami wulan ingkang kapêngkêr wau tanggalipun ing dintên Kêmis, tanggalipun wulan ingkang sawêg tumapak langkah sadintên dados dhawah Sêtu.

Mênawi mêntas wulan nukus, wêwah 1, têgêsipun mênawi wulan ingkang sampun kapêngkêr punika ngumur 29 dintên, dhawahing tanggal sapisan wulan ingkang sawêg tampi majêng sadintên, dados tumapak kalih dintên, upami wulan ingkang kapêngkêr wau tanggalipun ing dintên Sêtu, tanggaling wulan ingkang sawêg tumapak lajêng lampahipun dados dhawah Ngahad, makatên ing salaminipun. Taksih wontên sambêtipun.

Sêkar Tunjung

Paribasan: desa mawa cara, nagara mawa tata, punika mila§ Mila lêrês (Ngayogya) = dhasar lêrês (Surakarta) dene kanggenipun têmbung: mila ing Surakarta kados ta alit mila, mila wau, sapanunggilanipun. lêrês sangêt. Satunggil-tunggiling bôngsa limrah gadhah padatan piyambak-piyambak, langkung malih ingkang beda agaminipun, kados punapa ta, pamundhi-pundhinipun [pamundhi-...]

--- 175 ---

[...pundhinipun] têtiyang Siyêm dhatêng gajah pêthak, tiyang Cina dhatêng Twapekong, têmah adamêl èsêmipun têtiyang ingkang sanès pamanggih. Para mitra ingkang sampun nate dhatêng Bali utawi Lombok, tamtu asring manoni ulu-uluning agami sawêg panuju mêmuja wontên ing sanggar pamêlêngan, naracak sami botên nilar sêkar tunjung, makatên ugi mênawi panuju wontên tiyang ingkang kapêjahan.§ Kapêjahan, ing Surakarta ngangge: kasripahan. Pancèn botên namung tiyang ngriku kemawon ingkang mundhi-mundhi dhatêng sêkar wau, tiyang Mêsir lan tiyang Indhu ing ngrikanipun inggih makatên, malah kapara nglangkungi.

Rêca pêpêthanipun têtungguling dewa-dewa ing tanah Mêsir mêsthi ngangge cundhuk sêkar tunjung, upami rêcanipun widhadari Saisis, ingkang kaanggêp anguwaosi§ Kuwaos (krama dhusun) kuwasa (krama ngoko). sadaya isèn-isèning jagad, sarta ingkang putra Sang Bathara Orus. Para sagêd bôngsa Praman ingkang andhèrèk tindakipun sang kaonang-onang ing jagad Prabu Napoleon dhatêng Mêsir sami ereram. aningali sakanipun griya pamujan, kathah ingkang kawangun kadosdene sêkar tunjung sagagangipun ompaking§ Ompak = umpak.

saka kaukir-ukir gambaripun [gambaripu...]

--- 176 ---

[...n] ron tunjung.

Tiyang tarekah Buda ing tanah Tibèt lan ing tanah Cina sarta tiyang agami Brahma ing Indhu ngantos samangke inggih taksih lêstantun pamundhi-pundhinipun dhatêng sêkar wau. Panjênênganipun Tuwan Dhoktêr Enggris Huk (dr. Hooke) rumiyin amriksani satunggiling pratapan ing sapuncakipun§ Puncak (Têgal) = pucak (Surakarta). parêdèn Sikim, ing sêrat anggitanipun sang lêlana wau wontên ungêl-ungêlanipun makatên:

Rêca pêpêthanipun Rêsi Budha kagrêbong ing langse sutra, lênggah timpuh sarta nyunggi astanipun kiwa mawi ngasta sêkasêkar. tunjung kalayan sêsotya satunggil, dene astanipun ingkang têngên angasta cis, Rêsi Budha kasêbut ugi Sakyasing utawi Sakyamuni, ing rêca remanipun brintik. Sakiwa-têngênipun kathah rêca-rêca maneka warni, pêpêthanipun para dewa lan dèwi ingkang kalêbêt misuwur, sadaya sami kareka kados mêdal saking sêkar tunjung ...

Kathah sela-sela utawi patilasan ingkang wontên ukir-ukiranipun mungêl Om Nani Padmi Om, mênggah jarwanipun: dèn padha mantêp pamundhimu marang kêmbang tunjung lan intên. Kados makatên sêbutipun tiyang Buda dhatêng dewa, mênggaha têtiyang Islam: La illaha illallah, [illa...]

--- 177 ---

[...llah,] Mukhamad Rasulullah. Tunjung punika kalêbênkalêbêt. têtuwuhan toya, kados gundha makatên, para maos tamtu kathah ingkang sampun angudanèni. Botên namung sawarni kemawon, walak-walak sêkaripun. Manut sanjangipun tiyang Lombok, wontên warni gangsal, kados ta: tunjung barak (abrit), tunjung dadu, tunjung pêthak, tunjung jêne lan tunjung biru.

Ing ngèlmi alam, tunjung wau kalêbêt dhatêng golongan nimpheyah (nijmphaea lotus) bangsanipun trate.

Arja Susastra. Kandhidhat guru ing Têgal.

Ringkêsaning Cariyos Ringgit Purwa

Sambêtipun ôngka III kaca 132.

Endralaya

Punika ing padhalangan: malihanipun Radèn Janaka kala tapa wontên ing padhepokan Banjarmalathi, kacariyos sariranipun sakojur gudhigên tanpa sêla, ngantos pangagêmanipun kêlèt thêmèl dening jitah, kasumêrêpan dening Kèn Rarasati, kala ngupadosi Radèn Janaka, lajêng kasowanakên Dèwi Sumbadra

--- 178 ---

dhatêng ing banon cinawi, lêlajênganipun kapundhut saraya dhatêng Sri Bathara Krêsna dipun abên prang kalihan Radèn Janaka tiron, ingkang amancala warna Sang Hyang Kamajaya, nalika lampahan Cèkèl Endralaya.

Endrajanu

Punika punggawanipun Prabu Sugriwa, sêkti môndraguna, kasêbut ing Sêrat Rama Jarwa: sikut sarta dhêngkulipun kados trisula, ingkang anak-anak Bagawan Kesapa.

Indrajit, apêparab Arya Meganônda

Punika putranipun pambajêng Prabu Dasamuka patutan saking Dèwi Tari, Radèn Indrajit, garwanipun pêpitu sami widhadari sadaya, bêkti sarta sêtya ing laki. Kasub kasudibyanipun, nalika Radèn Anoman angrisak taman Argasoka ingkang sagêd nyêpêng inggih Radèn Indrajit, dipun lêpasi jêmparing nagapasa, sarta kala prang agêng sagêd tumanduk panyidranipun dhatêng Sri Bathara Ramawijaya sawadya wênara sadaya kenging nagapasa sarta wimanasara. Wêkasan pêjah prang tandhing kalihan Radèn Lêksmana, pagas jangganipun kenging jêmparing ingkang nama surawijaya. Garwanipun pêpitu sami bela suduk sarira sadaya. Kasêbut ing Sêrat Rama Jarwa garwanipun [gar...]

--- 179 ---

[...wanipun] Radèn Indrajit wau namung satunggal nama Dèwi Kumala, patutan satunggal putri nama Dèwi Endrakusuma apêparab Dèwi Endrakumala.

Andaka Sêmèlèr

Punika pêpatihipun Prabu Yudhisthira ing Ngamarta, kasêbut ing padhalangan kadadosan saking banthèng sarêng kalihan dadosipun nagari ing Ngastina, ningalana Durgandini. Taksih wontên sambêtipun.

R. ms. Suwita.

Noktilokah (Noctiluca)

Ing wanci dalu toyaning sagantên punika asring katingal saking baita kadosdene latu pating karêlip. Ingkang makatên wau dede latu, sayêktosipun kewan alit-alit. Ing têmbung Latin kewan wau kawastanan noktilokah (Noetiluca), wanguning badanipun saèmpêr bolah, panjangipun botên langkung saking ¼ utawi 1/5 m.M. kewan wau ugi gadhah buntut, katingalipun mênawi katingalan sarana kèkêr, wujudipun jiblès konang, mawa cahya kados latu, karêmênanipun arêrentengan kalihan bangsanipun ngantos pintên-pintên èwu, mila cahyanipun ingkang kados latu wau katingal cêtha.

--- 180 ---

Ingkang sagêd angêntasakên saking toya wiwitanipun Tuwan Baster kala ing taun 1762, ananging wêktu punika dèrèng sagêd nyatakakên bilih ingkang mawa cahya wau kewan, dene ingkang sagêd angyakinakên bilih punika kewan, inggih punika Tuwan Slabêr Slaboer kala ing taun 1772.

Kadadosaning arêng sela

Kacariyos kala ing jaman kina dunya punika wangunipun botên bundêr, kados ing samangke punika, ananging lonjong kadosdene tigan, amargi saking dayaning kêkiyatan ingkang nama sèntriphugal (Centrifugaal) antawis maèwu-èwu taun wanguning dunya lajêng dados kadosdene mimis.

Ing wêktu samantên dunya punika kalimputan dening hawa ingkang angêmu toya, miwah karbonium oksèdhê Cerbonium oxijde utawi koolzuur lami-lami hawa ingkang ngêmu toya wau sangsaya kathah, lajêng dados jawah dêrês. Jawah wau angandhut karbonium oksèdhê, ing wêktu punika siti punika lêmbat sangêt saèmpêr têpung§ Punapa glêpung?

ingkang mawa toya, sakêdhap-sakêdhap asantun warni, jalaran saking bêntèring surya miwah bumi. Kalayan malih siti wau botên kandêl sangêt-sangêt, saha mawi bolongan [bo...]

--- 181 ---

[...longan] alit-alit. Amargi saking punika rumêsêping toya jawah mangandhap enggal sangêt. Thêthukulan ing wêktu punika lêma-lêma sangêt, ngantos salumahing bumi mèh kèbêkan dening wana ingkang agêng-agêng, thêthukulan ingkang sapunika alit-alit, punika kala rumiyinipun agêng-agêng, enggalipun wêktu samantên botên wontên thêthukulan ingkang alit.

Ing wêktu punika kêrêp sangêt wontên lindhu, andadosakên rêbahing thêthukulan wau, lami-lami korugan siti, ngantos botên katingal babarpisan. Sarèhning thêthukulan wau kaworan karbonium oksèdhê saha kenging daya panasing bumi, dados lami-lami atos sangêt, ananging botên sagêd murub, jalaran ing nglêbêt bumi botên patos kathah oksigeniumipun. Inggih thêthukulan ing nginggil wau ingkang sami dados arêng sela.

R. ms. Suryadipura.

Mantri panjuwal Mangu (Gorang-garèng).

Usada Ingkang Sarana Saking Jasatipun Kewan Alit

1. Cebong. Cebong punika bangsanipun kewan alit [ali...]

--- 182 ---

[...t] ingkang manggèn wontên ing toya, sarta kadadosan sangking tiganing kodhok. Punika kenging kangge anjampèni bayi, utawi lare ingkang sakit watuk, patrapipun kauntalakên gêsang-gêsangan, sarana kalayan dêgan ijêm ingkang sawêg kêmêruk buntut. Mênggah cebong ingkang kaangge jampi wau amiliha satunggal kemawon, ingkang ragi alit dèrèng anggadhahi suku.

2. Urang. Urang punika ugi bangsanipun kewan alit ingkang manggèn wontên toya, punika kenging ugi kangge anjampèni lare ingkang sakit watuk, patrapipun amêndhêta urang wêdalan lèpèn sawatawis kathahipun lajêng kagêcak utawi kapipis. Sasampunipun kabuntêla ing sinjang pêthak ingkang rêsik saha sawatawis ngramyang, sarta lajêng kapêrêsa duduhipun kaombèkakên lare ingkang sakit watuk wau.

3. Bèyès. Bèyès (anak yuyu) punika ugi kalêbêt bangsanipun kewan toya, punika langkung prayogi kangge anjampèni lare ingkang sakit watuk. Mênggah patrapipun anjampèkakên botên sanès kalayan jampi urang kasêbut ing nginggil. Mênawi sakitipun dèrèng patos kasèp, ingkang sampun lajêng saras. Manawi sampun kasèp kêdah katalatosan sabên enjing. [e...]

--- 183 ---

[...njing.] Punapadene bèyès ingkang kangge jampi wau bèyès wêdalan sabin.

4. Prêcil. Prêcil, anak kodhok, punika kadadosan saking cebong, tulung sangêt kangge jampi tiyang ingkang sakit lumpuh, utawi sakit balung, patrapipun kauntal gêsang-gêsangan, ing sabên enjing ngantos sasarasipun. Mênggah prêcil wau ugi ingkang wêdalan sabin.

5. Ceremende. Ceremende punika bangsanipun coro, kewan dharatan, ananging ragi alit, warninipun cêmêng balirik pêthak, sarta tanpa wulu (lar) panggenanipun ingkang kêrêp wontên griyanipun tiyang, kadosdene coro, punika tulung sangêt kangge jampi tiyang sakit napas, sêsêg, patrapipun, amêndhêta ceremende satunggal kemawon lajêng kagodhog kalihan wedang bubuk utawi êtèh, lajêng kangge wedangan, sarta kenging mawi gêndhis.

6. Wontên sawênèhipun kewan alit ingkang manggèn ing dharatan: ananging dèrèng kasumêrêpan namanipun, punika istijap sangêt kangge anjampèni tiyang sakit untu, mênawi nitik wujuding kewan wau, kados bangsaning coro utawi ceremende, dhapuripun ragi bundêr, sarta [sar...]

--- 184 ---

[...ta] tanpa wulu (lar) dene ulêsipun warni wungu, kados ulêsing tinggi, panggenanipun ingkang sampun, wontên ing balubukan sangandhaping taritis gêdhogan, wondene patrapipun anjampèkakên. Kewan wau kapêndhêta gajihipun, lajêng kagosokakên, kados ta: ingkang karaos sakit untu utawi bam ingkang têngên, punika pipi jawi sacêlakipun untu, utawi bam ingkang sakit wau, lajêng kagosoka kalayan gajih wau. Anggumunakên sangêt, sintên tiyangipun ingkang dèrèng nyumêrêpi piyambak kula namtokakên bilih kathah pamaibênipun, saya malih ingkang sampun anggadhahi kawruh kadhoktêran. Amargi sasampunipun kagosok watawis ½ jam, panggenan ingkang kagosok wau mêdal kewanipun alit sawarni cacing, agêngipun sakawat rêbab, panjangipun udakawis 1 C.M. nalika sawêg mêdal warninipun kewan wau pêthak, sakawit dangunipun santun warni jêne, kadosdene cacing tiyang. Wêdalipun saking pipi wau botên sagêd rikat, sakêdhap-sakêdhap minglêp, ananging dangu-dangu kewan wau lajêng rêntah, mênggah kathahing kewan wau ingkang sampun kasumêrêpan kalih utawi tiga. Sasampunipun mêdal kewan alit wau, sakala pipi ingkang sakit lajêng saras, dene [de...]

--- 185 ---

[...ne] kuliting pipi ingkang kangge margi wau botên wontên tabêtipun, pramila ingkang sampun nyumêrêpi wêdalipun kewan wau angintên bilih ulêring untu.

Sanadyan para dhoktêr sampun amêdharakên kawruhipun bilih tiyang sakit untu wau botên saking ulêr, utawi botên anggadhahi ulêr, makatên ugi kuliting manungsa punika sanadyan bolong nanging botên têrus, namung dumugi satancêping wulu kemawon: pirantos kangge maginingmargining. karingêt.

Botên langkung sarèhning kawruh ingkang sampun kasêbut ing nginggil wau kula kantun manggih sarta sadaya wau dèrèng pinanggih ing nalar-nalaripun, pramila kula wêdharakên ing Sasadara ngriki, bokmênawi wontên para ahli budi kêsdu anggalih bab punika, supados amêwahi rêgêngipun Sasadara, ingkang tansah marsudi dhatêng lugunipun kawruh Jawi.§ Suwawi para pambantu sami kula aturi mêthèk cangkrimanipun Radèn Mas Darmakumara punika, aèngipun ngantos kula anggêp cangkriman, sumêlang kula bokmênawi saking sulap utawi kadibyanipun kyai dhukun, sukur mênawi saèstu anèh, kula rêmên. Red.

R. Ms. Darmakumara.

--- 186 ---

Bab Angin

Miturut ing kawruh physiographie angin punika ebahipun hawa ingkang anglimputi bumi beweging van de dampkringslucht, têtiyang ingkang taksih pasaja sangêt sêsêrêpanipun dhatêng ing bab kawruh alam phsica sami gadhah pangintên bilih angin punika wontên rongipun, dumunung ing guwa utawi ing rêdi mêdal saking têlênging bumi, têtiyang kina ing tanah Eropah sami mastani mênawi angin punika dipun rèh dening dewa anama Eyolos Aeolos zie Grieksche en Romeinsche Mythologie sarta dumunung ing pulo cêlakipun pulo Sisiliyê Sicilie sami ugi kalihan tiyang Jawi ing jaman kina angintên bilih angin punika kaêrèh dening Bathara Bayu Hindoesche - Mythologie utawi têtiyang Ngarab amastani Bagendha Kilir ingkang ngêrèh angin Mohammedaansche - Mythologie yèn botên lêpat bokmênawi wontên lêrêsipun?????, mênawi miturut pamanggihipun para sarjana bôngsa Eropah ingkang sami marsudi dhatêng kawruh alam, awêwaton tôndha pasaksèn warni-warni, têtela mênawi angin punika ebahipun ingkang anglimputi bumi, dene jalaranipun ebah awit saking ewah gingsiring hawa, inggih punika saking mêlar dilatatie tuwin mimpêsipun hawa retrecisjement [retre...]

--- 187 ---

[...cisjement] sabab hawa punika watêkipun kados toya, ing panggenan ingkang kalong hawanipun tamtu kêjogan hawa saking sanèsipun panggenan, saminipun kados toya ing wadhah, bilih kacidhuk tamtu toya ingkang nunggil ing wadhah lajêng mili ngêjogi ing panggenan ingkang kacidhuk, murih timbangipun garis sipat toya horizontaal inggih ebah utawi ilining hawa punika ingkang winastan angin, yèn makatên sintên ingkang ngêrèhakên, botên sanès inggih Sang Hyang Pratônggapati aliyas srêngenge, kadospundi nalaripun, makatên: hawa ingkang dumunung ing sacêlakipun lini linie ugi dipun wastani èphênar evennaar èphênahsêlin evennachtslijn utawi èkwator (aegvator) punika mêlar, awit ing panggenan cêlakipun èkwator bêntèripun anglangkungi ing panggenan sanèsipun, mila hawanipun ing ngriku mêlar sarta mumbul ing awang-awang, wontên ing awang-awang nyêntor ngiwa nêngên, punapadene nyêntor dhatêng ing panggenan hawa asrêp, dene ing lumahing bumi lajêng wontên angin saking kiwa têngêning èkwator angidid sangkanipun saking ing panggenan hawa asrêp dhumatêng ing panggenan ingkang kabênteran wau, inggih punika ing cêlakipun garis èkwator, angin ingkang makatên punika dipun wastani: instantelijkewinden

--- 188 ---

utawi ing têmbungipun Jawi: angin ingkang jalaran saking daya pandhêsêk, langkung prayogi kula wastani saking daya panyêntor, yèn makatên mênggah bumi punika kèndêl kemawon botên galebag mangetan, ing panggenan sapalihipun bumi ingkang êlèr (Noordelijk halfrond) anginipun ing lumahing bumi ajêg saking êlèr, kosokwangsulipun ing panggenan sapalihipun bumi ingkang kidul Zuidelijkhalfrond inggih saking kidul, ananging awit saking pangglebagipun bumi ing indhênipun aswèntêling angin ing lumahing bumi ingkang nyêntor saking êlèr wau purugipun dados ngalèr ngetan, dene angin ing lumahing bumi ingkang nyêntor saking kidul dados ngidul ngilèn, awit kagèndèng saking daya pangglebaging bumi, mênggah ingkang dipun wastani indhêning bumi punika indhên ingkang dumunung ing pêthan jagad aardglobe kasundukakên ing pêthaning pul êlèr kalihan kidul, mila pangglebagipun bumi mangetan dipun wastani pangglebaging bumi ing indhênipun aswèntêling = 24 jam, lampahipun bumi angidêri srêngenge dipun wastani jantraning bumi angidêri srêngenge ing dalêm sataun Jaarlijksche beweging = 5 jam 48 mênit 46 sêkondhên, lampahipun angin ingkang kasêbut ing nginggil lajêng nyêntor angin ing sanès panggenan, awit saking punika angwontênakên [angwontênakê...]

--- 189 ---

[...n] angin warni tiga, wondene namanipun manut dhatêng ajêg saha ewah-ewahing lampahipun, kados ta: Taksih wontên sambêtipun.

R.L. Mangkudimêja, ing Ngayogyakarta.

Têmbung Cina

Sambêtipun ôngka VII kaca 312.

Ongkèk

Satunggal dêling panjang, mawi kasukanan suku sakawan, pirantos kangge ngusung barang, ing têmbung Cina winastan: unke.

Un, têgêsipun: momot, utawi mindhah.

Ke, têgêsipun planggrangan, utawi sampiran.

Trangipun: planggrangan utawi sampiran, ingkang kaangge momot utawi mindhahakên barang.

Planggrangan kalam, winastan: pitke.

Sampiran rasukan winastan: ike.

Tiyang Jawi niru damêl tuwin ngangge unke wau, ananging kêlantur dados: ongkèk.

Mênawi ngajêngakên bakda garêbêg Mulud, Siyam utawi Bêsar, kathah tiyang dhusun sami damêl ongkèk wau, kangge ambêkta walan, kados ta: jadah, jênang, wajik, lèmpèng, ulèn-ulèn sapanunggilanipun, katur dhumatêng [dhu...]

--- 190 ---

[...matêng] para priyantun nagari ingkang gadhah gêgadhuhan siti dhusun.

Kala tiyang Cina taksih kêlilan amaosi siti dhusun ing Surakarta tuwin Ngayogyakarta, êmbah kula anama Kyai§ Sêrat pustakawarti Juru Martani 30 Dhesèmbêr 1869 ôngka 52, wontên têmbung: kyai, ungêl-ungêlanipun makatên. Tuwan Y.A. Wilkês ing Surakarta, kinuwasakakên ing Kyai Tanput, nyadèkakên ing lelang, griyanipun ingkang kalih, prênah sawetan pêkên Agêng ... Cowhasulyok, ingkang dados ipenipun Babah Kapitan Sim Hok Sing ing Surakarta, inggih maosi siti wontên ing dhusun Gêdhangan, bawah Karanganyar (Kamangkunagaran) ing têmbe kalêstantunakên dening êmbah kula anama Babah Cowhag Tan Kai.

Miturut Sêrat Têmbung Cina pemutanipun êmbah kula buyut wau, ingkang taksih karimatan bapa kula, Babah Otlitnan Cowhatyong Ling, sêrat pemutan wau wontên anêgêsi têmbung unke, kadosdene ingkang kula jarwakakên ing nginggil wau.

Anglo, Utawi Angla

Ing nagari Cina, ingkang murwani adamêl sakathahing grabah [gra...]

--- 191 ---

[...bah] Raja Gitesun, jumênêngipun sang nata ing taun 2255, sadèrèngipun wontên taun Mèsèhi, kundhènipun kaadêgakên ing tanah Syugyu.

Kala jaman kina, tiyang Kundhi ing tanah Jawi, adamêl layah, lèmpèr, cuwo, êmpluk, gêndhong,gênthong. jêmbangan, kuwali, kêrên sapanunggilanipun.

Sarêng wontên tiyang Cina angajawi, wontên ingkang ambêkta grabah pirantos anggodhok wedang, winastan: angla.

Ang, têgêsipun: latu panas.

La, têgêsipun: wadhah latu.

Têrangipun, wadhah latu panas.

Tiyang Jawi tumut ngangge tuwin niru damêl angla wau, ananging kêlantur dados: ang-lo, utawi a-nglo.

Tiyang ing Surabaya, amastani: ang-glo.

Ing samangke anglo wau, ingkang limrah kadamêl saking siti (grabah), wontên ingkang kadamêl saking padhas, tuwin tosan.

Para Cina Singkèk kathah ingkang ngangge anglo tosan wau.

Anglo ingkang kaangge tiyang bathik, tuwin tiyang sade sate, gadhah wêwangunan piyambak.

Pustakawarti Rêtna Dumilah 14 Januari 1896 ôngka 4

--- 192 ---

wontên ungêl-ungêlan makatên:

Kowe godhoga wedang,§ we têmbung Kawi, têgêsipun: toya, dang: wancahaning têmbung: dandang: têrangipun toya ing dandang. anglone sing cilik bae, karo tepasana, dadi ora sangit.

Sêrat wulanan winastan: Soeloek Pengadjar ing Prabalingga, wulan Juli 1887 ôngka 7 wontên têtêmbungan makatên:

I. Yèn wis mangan, banjur anggodhoga wedang.

II. Yèn diswis. mangan, banjura anggodhog wedang.

Ukara ing bab I suraosipun namung pangajêng-ajêng kemawon, sarta kenging botên enggal dipun lampahi.

Ukara ing bab II suraosipun pakèn ingkang kêdah utawi tumuntên dipun lampahi.

Satunggaling bêbasan, tumrap para botoh ing nagari Cina, ungêl-ungêlanipun makatên:

Tao gak ti angla èm cae li dite. Têgêsipun: yèn êndhase wis ana ing anglo, ora wêruh bumi langit. Maksudipun: tiyang ngabotohan, manawi kathah kawonipun, sampun botên sumêrêp punapa-punapa, ingkang wontên namung panas, badhe ambujêng arta kawonipun wau.

TJOA TJOE KWAN.