Sastra Jawa

Program Digitalisasi Sastra Daerah

  • Increase font size
  • Default font size
  • Decrease font size

Sasadara, Radya Pustaka, 1902-01, #1807

Katalog:Sasadara, Radya Pustaka, 1902, #1807
Sambung:
1.Sasadara, Radya Pustaka, 1902-01, #1807 . Koran, Majalah dan Jurnal | Sasadara #409.
2.Sasadara, Radya Pustaka, 1902-05, #1807 . Koran, Majalah dan Jurnal | Sasadara #410.
3.Sasadara, Radya Pustaka, 1902-07, #1807 . Koran, Majalah dan Jurnal | Sasadara #411.
4.Sasadara, Radya Pustaka, 1902-08, #1807. Koran, Majalah dan Jurnal | Sasadara #412.
5.Sasadara, Radya Pustaka, 1902-09, #1807. Koran, Majalah dan Jurnal | Sasadara #413.
6.Sasadara, Radya Pustaka, 1902-10, #1807. Koran, Majalah dan Jurnal | Sasadara #414.
7.Sasadara, Radya Pustaka, 1902-12, #1807. Koran, Majalah dan Jurnal | Sasadara #415.

Ongka X. Taun II. Kaping 15 Sawal Taun Dal Ongka 1831 [26-1-1902 AD.]

Sêrat kabar wulanan nama Sasadara

Rêginipun ing dalêm satêngah taun 3 rupiyah, sarta kêdah kabayar rumiyin. Ingkang anggadhahi Sasadara, Pahêman Radyapustaka. Ingkang nyithak sarta ngêdalakên, Firma Vogel v.d. Heijde & Co. Juru pangripta Ngabèi Wirapustaka.

--- 433 ---

Minôngka Pananggalanipun Sasadara

Pawarsakan

Wulan Dulkangidah taun Dal ôngka 1831, taun Hijrah 1319.

[Grafik]

--- 434 ---

Dintên Sae

Salêbêtipun wulan Dulkangidah taun Dal punika wontên gangsal.

1. Dintên Slasa Pon tanggal kaping 3 wuku Wukir, Dewa Sri uwas nohan, satriya wibawa, aras pêpêt, rakamipun dhawah sanggar waringin, saenipun kangge yêyasan, sangatipun wiwit jam 8.25 mênut, dumugi jam 10.48 mênut, Yusup rijêki.

2. Dintên Rêbo Wage tanggal kaping 4 wuku Wukir, dewa Endra, mawulu wogan, satriya wibawa, aras tuding. Rakamipun dhawah macan katawang, saenipun kangge yêyasan, sangatipun wiwit jam 10.49 mênut, dumugi jam 1.12 mênut, Amad wilujêng.

3. Dintên Kêmis Kaliwon tanggal kaping 5 wuku Wukir, dewa Guru, tungle tulus, bumi kapêtak, lampahing toya. Rakamipun dhawah Dêmang Kandhuruan, saenipun kangge nalêsi (pondhêmèn), damêl griya sarta kandhang, sangatipun wiwit jam 10.49 mênut, dumugi jam 1.12 mênut, Jabarail wilujêng.

4. Dintên Sêtu Paing tanggal kaping 7 wuku Wukir, dewa Lodra, wurukung dadi, satriya wibawa, turuning sagawon ajag, lampahing latu, rakamipun dhawah macan katawang

--- 435 ---

saenipun kangge yêyasan sabarang, sangatipun wiwit jam 6 enjing, dumugi jam 8.24 mênut, Jabarail wilujêng, utawi wiwit jam 3.37 mênut, dumugi jam 6 sontên, Amad wilujêng.

5. Dintên Sênèn Pon tanggal kaping 23 wuku Gumbrêg, dewa Lodra, tungle tulus, tumuruning sapi gumarang ing taman, sumur sinaba, aras tuding, rakamipun dhawah dêmang kandhuruan, saenipun kangge yêyasan, sangatipun wiwit jam 8.25 dumugi jam 10.48 mênut, Yusup wilujêng.

Wêwaton sêrat pawukon, wulan Dulkangidah wau mênawi kangge ngêdêgakên griya sae, watakipun kathah rijêkinipun, mênawi kangge alih-alihan griya, watakipun dipun sihi ing tiyang, nanging pangalihipun botên kenging mangetan. Mênawi kangge salakirabi ragi kasirik, winastan kapit kutbah, makatên malih wêwaton ungêlipun kadis Marpuk, inggih ugi awon, watakipun bilih sampun gadhah anak asring pisahan.

Wêwaton ungêlipun kitab Mujarabat, ing tanggal kaping 3 sarta tanggal kaping 5 wau salêbêtipun sadintên sadalu botên prayogi mênawi sade tinumbas, kêkesahan, pêpaès, nikahan, nanêm wit- witan,

--- 436 ---

damêl sumur saha ngadêgakên griya.

Ringkêsaning Cariyos Ringgit Purwa

Sambêtipun Sasadara ôngka IX kaca 416.

Akampa

Punika dênawa êmbanipun Radèn Kumbakumba, kala prang agêng ing Ngalêngka pêjah dening Radèn Anggada.

Udawa

Punika patihipun Sri Bathara Krêsna ing Dwarawati zie Ontagopa, anakipun satunggal nama Udakarya punggawa ing Dwarawati, lêlajênganipun dados patihipun Prabu Sêtyaka ing Dwarawati. Patih Udawa misuwur kaprawiranipun, dhêdhasar ambêk paramarta sagêd ngêmong dhatêng para wadya ing Dwarawati sadaya, wicaksana putus ing pangulah kridhaning praja, botên wingwangwangwang. dados warangkaning Bathara Wisnu. Kala nenemanipun tansah andhèrèk ing salampahipun Radèn Narayana kala taksih wontên ing Widarakandhang, dhatêng wana wukir ngupados kawruh apuruhita dhatêng para pandhita sarta ulah têtaki amrih dibya sêkti, pêjahipun Patih Udawa sampyuh prang kalihan Arya Suwônda patihipun Prabu Arjunapati ratu sabrang ing Sriwadari zie Kalimataya.

--- 437 ---

Kasêbut ing padhalangan: Patih Udawa kaprawiranipun yèn ngamuk kalihan nangis botên wontên ingkang kuwawi nanggulangi, ananging punika kados namung wêwinih saking wicantêning têtiyang ningali ringgit lampahan Krêsna sêkar: kala Radèn Narayana ngrasuk Dèwi Rukmini, Patih Udawa têngga pasanggrahan, kadhatêngan para Korawa sakapraboning prang badhe amboyongi Dèwi Sumbadra dalah saisining pasanggrahan sadaya, awit Radèn Narayana seda lambangsari, ing ngriku Patih Udawa angêkahi lajêng ngamuk kalihan nangis, para Korawa kasor lajêng oncat, bokmênawi awit saking punika lajêng katêlah dumugi samangke.

Adimanggala

Punika pêpatihipun Prabu Karna ing Ngawôngga.

Utara

Punika putranipun Prabu Maswapati ing Wiratha patutan saking Dèwi Sutiksnawati, prawira ing prang awit saking panimbulipun Rêsi Druwasa, seda prang Bratayuda dening Prabu Salya.

Utari

Punika putrinipun Prabu Maswapati ing Wiratha patutan saking Dèwi Sutiksnawati, dados garwanipun Radèn Abimanyu, [A...]

--- 438 ---

[...bimanyu,] patutan satunggal nama Prabu Parikêsit ing Ngastina. Kacariyos kala kênya kathah para nata ingkang sami ngêbun-êbun enjing anjêjawah sontên, nanging botên wontên kasêmbadan, badhe katrimakakên Radèn Janaka, Radèn Janaka mopo dening dèrèng wontên karsaning dewa, katungka rawuhipun Sang Hyang Naradha, andhawuhakên yèn Dèwi Utari sinêngkêr ing Sang Hyang Girinata, benjing jodhonipun sutaning Parta ingkang dèrèng lair. Sang rêtna lajêng dhinustha dhatêng ratuning siluman ingkang akahyangan ing sawanganing samudra kidul anama Raja Karkatha, badhe kadhaupakên kalihan sutanipun nama Angka, Prabu Maswapati langkung sungkawa lajêng nimbali Rêsi Abyasa pinalarsih supados amadosi, aturipun Rêsi Abyasa, Prabu Maswapati kaaturan têdhak namur, kaparêngan lajêng mangkat kadhèrèkakên Rêsi Abyasa sarta Patih Nirbita sami busana cara pandhita, sarawuhipun ing samudra kidul sami kèndêl, Rêsi Abyasa nungku sêmadi sanalika katarimah angsal musthika mayangkara saking yamani lajêng kaaturakên ing Prabu Maswapati supados sinidhikara, kalampahan sanalika samudra umob mawalikan isèn-isènipun pêjah sadaya, rajaputra Angka nandhang kasmala wuta bisu

--- 439 ---

tuli lumpuh, Raja Karkatha marêg nalôngsa minta jiwa, Prabu Maswapati sarta Rêsi Abyasa luwar panidhikaranira lajêng nanggapi panungkulipun Raja Karkatha, Rêsi Abyasa mundhut Dèwi Utari, sinaosan wadêr kêncana munggying sangku mas isi toya mawa gônda arum, Rêsi Abyasa nampèni lajêng anggêsangakên isèn-isèning samudra sadaya sarta lajêng kondur, sarawuhing praja Rêsi Abyasa matur yèn Dèwi Utari dados wadêr punika, lajêng rinuwat sanalika dados bêbayi, sang nata sagarwa langkung ngungun asmu sungkawa, Rêsi Abyasa matur yèn sampun pinasthi karsaning dewa, anggènipun damêl lêlampahan benjing dhaupipun kalihan sutaning Parta sagêda sababag, toya ingkang munggying sangku mas wau ingaturan ngunjakngunjuk. sagarwa saha Patih Nirbita kaparingana, amargi punika toya pawitra saking swarga, pikantukipun singa ngunjuk awèt ênèm sarta panjang yuswanipun. Diwasanipun sang rêtna kadhaupakên angsal Radèn Abimanyu, ambobot tigang wulan ingkang rama supêna yèn tilamipun sang rêtna kadhawahan surya, wulan sarta lintang, sawungunipun langkung ngungun dene tilamipun sang rêtna kawibawan ing cahya, sarêng pungkas sêpuh pambobotipun sang rêtna: ingkang garwa seda kasambut ing prang Bratayuda, [Bratayu...]

--- 440 ---

[...da,] badhe bela pinambêngan dening sawêg wawrat, pambabaripun wontên kadhaton ing Ngastina sabibaring prang Bratayuda, sajumênêngipun ingkang putra sang rêtna dados pêpundhèning putra wayah sawadyabala sadaya, muksanipun sang rêtna sarêng kalihan ingkang putra Prabu Parikêsit.

R. mas. Suwita.

Sêrat Tirta Usada

Sambêtipun ôngka VII kaca 310.

Mênggah patrapipun adus toya wantah punika wontên kalih warni, kados ta:

a. Adus togog, utawi rêndhêman sabagianing badan, antawising bau kalihan pupu.

b. Adus rêndhêman murad, botên nêlês bêbagianing badan sanès-sanèsipun.

Adus kalih warni punika ugi badhe kacariyosakên sarta katêrang-têrangakên, mênawi sampun dipun lampahi ing salah satunggal dangunipun ngantos 10 utawi 15 mênit, sarta langkung saking samantên, badanipun ingkang ngantos kêraos asrêp malih, sasampunipun makatên lajêng adus grujug, ananging sampun dangu-dangu janji badanipun sakojur [sako...]

--- 441 ---

[...jur] sampun têlês sadaya lajêng kasampunana, ingkang makatên punika supados bêbageaning badan ingkang botên tumut karêndhêm sagêd kêlêm kenging toya tawa. Ananging sasampunipun grujug kêdah lajêng ngangge sandhangan ingkang sarwa kandêl sarta panas, punapa malih lajêng tilêman kêmul salimut utawi sinjang kain panas, manggèn ing panggenan ingkang cêlak kontên utawi candhela, inêbipun kaêngakna sakêdhik, supados badanipun ingkang kaasrêpakên sarana kagrujug toya tawa wau, saking sakêdhik sak sagêda angêt sarta ngêdalna karingêt kados adatipun tiyang saras, nanging anggènipun tilêman sampun ngantos dangu-dangu.

Cêkakipun tiyatiyang. adus mawi uwabing wedang umob punika:

a. Kenging dipun lampahi kalih warni, inggih punika tangas badan sakojur utawi sabageaning badan kemawon.

b. Katêmtuaning dangunipun tiyang adus tangas punika namung 10 utawi 15 dumugi 20 mênit.

c. Sasampunipun adus tangas, kêdah lajêng adus rêndhêman wêtêng utawi murad.

d. Sasampunipun adus rêndhêman wêtêng utawi murad wau, kêdah lajêng adus grujug toya tawa sakêdhap.

e. Sasampunipun makatên lajêng mangangge sandhangan ingkang sarwa [sar...]

--- 442 ---

[...wa] kandêl sarta kêmulan salimut ingkang ngantos badanipun karaos angêt tuwin sagêd mêdal karingêtipun, kados ingkang kasêbut ing nginggil wau.

B. Adus togok, inggih punika adus rêndhêman wêtêng saha bêbageaning badan, wiwit ing gulu dumugi ing lambung, saantawising bau kalihan pupu.

Mênggah adus rêndhêman wêtêng tuwin murad wau, botên sanès amung angrêndhêm wêtêng kalihan bokong, awit ingkang dipun êkum toya tawa namung wêtêng kalihan bokongipun, sirah, badan, dhêngkul tuwin suku botên kêgêpok ing toya.

Tiyang ingkang badhe adus rêndhêman kêdah sudhiya pirantos ingkang kangge adus, tong utawi èmbèr ingkang mawi sendhenan, ingkang adus supados sagêda linggih kalihan sèndhèn, dene tong utawi èmbèr wau lêbêtipun kakintêna 10 sèntimètêr utawi dim, supados bilih kangge linggih toyanipun namung dumugia sanginggil wudêl sakêdhik. Awit ingkang langkung pêrlu wudêlipun sagêda karêndhêm.

Kajawi punika kasudhiyanana suwekan sinjang pêthak ingkang kandêl sarta kasar, kangge ngosoki wêtêngipun ingkang dipun rêndhêm, dene suwekan wau botên kêdah wiyar-wiyar [wi...]

--- 443 ---

[...yar-wiyar] wontêna 4 têbah, kalêmpit kadadosakên sapalih têbah, pamrihipun sagêda ngêmu toya kangge nêlêsi wêtêng.

Bilih pirantos ingkang kangge adus wau botên angsal ingkang ngangge sendhenan, anganggea tong bundêr utawi pangaron kemawon, janji lêbêtipun sêdhêngan sarta kuwawi dipun angge kungkum. Dene patrapipun anggèning linggih wontên pirantos ingkang kangge adus rêndhêman wau kadosdene gambar ôngka XI utawi XII.

Bilih ingkang adus rêndhêman sampun angum ing toya wontên salah satunggaling pirantos ingkang sampun kasudhiyakakên, sarta toyanipun dumugi sanginggil wudêl sakêdhik, punika lajêng anêlêsa suwekan sinjang pêthak wau, kaanggea ngosoki wêtêngipun, wiwit watês kiwa têngêning pusêr mangandhap dumugi ing murad, nanging anggènipun ngosoki ingkang lirih kemawon.

Mênggah dangunipun anggèning adus rêndhêman 10 utawi 15 mênit, wêtêng tuwin badanipun sakojur ingkang ngantos karaos asrêp, dene mênawi botên bêtah ing asrêp, kenging namung 5 mênit kemawon, nanging salajêngipun kalantiha saking sakêdhik ngantos sagêdipun kuwawi kungkum 15 mênit, utawi langkung.

--- 444 ---

Sasampunipun adus rêndhêman lajêng kenging adus grujug kados ingkang kasêbut nginggil, sarta lajêng nganggea sandhangan ingkang sarwa kandêl, lajêng mlampah-mlampaha ingkang ngantos karaos angêt badanipun, punapa malih botên kenging nêdha punapa-punapa bilih badanipun dèrèng karaos angêt.

Adus rêndhêman punika kenging namung dipun lampahi sapisan, utaminipun dumugi kaping 3 sadintên, sarta kenging sawanci-wanci janji purun ingkang nglampahi sarta kacêkap. Taksih wontên sambêtipun.

Wignyaarja.

Kawruh Bab Umuring Kapal

Pêpiritan Sêrat Têmbung Batak, anggitanipun Sutan Kulipah.§ "DALANNA ANSO BINOTO OEMOER NIKOEDO"¶DIATA MANDAILING KON¶"SOETAN KOELIPAH".

Kajarwakakên ing têmbung Jawi dening "TAN SING TJWAN" - PATJITAN.

Tiyang ngingah kapal punika, langkung pêrlu nguningani umuripun ingkang tamtu. Kalimrahaning tiyang Jawi bilih badhe sumêrêp umuring kapal, ngêmungakên nitik siyunging kapal kemawon. Mila awis tiyang gadhah kawruh sagêd namtokakên umuripun kapal ingkang cocok.

--- 445 ---

Wondene siyung kapal punika, botên kenging dados tôndha utawi têngêraning umuripun, amargi kapal jalêr bilih dèrèng ngumur kawan taun, siyungipun dèrèng thukul. Makatên ugi kapal èstri, ingkang limrah botên gadhah siyung (awis ingkang gadhah siyung, ing katuranggan winastan: durga ngêrik), dados sampun têtela siyung wau botên kenging kadamêl têngêraning umur, ingkang pêrlu kêdah nitik untunipun ngajêng, mila makatên, awit untu ngajêng thukulipun sagêd tamtu sarta sawatawis lami lajêng pupak, nuntên thukul malih untunipun enggal. Mênawi sagêd angyêktosi pupakipun untu ngajêng punika, tamtu lajêng nguningani umuring kapal ingkang cocog.

Mênggah katêranganipun makatên:

Untu ngajêng kalih larik ing ngandhap tuwin nginggil, limrahipun salarik-larikipun wontên nêm iji.

Bêlo ingkang mêntas lair, untunipun ngajêng dèrèng thukul, antawis nêm utawi sadasa dintên, lajêng thukul untu kêkalih ing ngandhap saha nginggil, punika winastan: untu ngajêng ing nglêbêt (1), dumugi ngumur 4-6 minggu, nuntên thukul untu kêkalih ing kiwa têngênipun ingkang thukul wiwitan winastan: untu ngajêng ing têngah (2), antawis ngumur 6-8 wulan thukul malih untu kêkalih ing ngajêng ngandhap tuwin nginggil, sakiwa [sa...]

--- 446 ---

[...kiwa] têngênipun untu (2), punika winastan: untu ngajêng ing pinggir (3).

Sadaya untu ngajêng 6 iji ingkang kasêbut ing nginggil wau: winastan: untu ênèm, têgêsipun: untuning bêlo.

A. Mênawi sampun pupak, nuntên thukul untu malih ingkang winastan: untu sêpuh, têgêsipun thukul santun untuning kapal B.

Mênggah bedanipun untu A bêlo, kalayan untuk B kapal:

A. Untu bêlo: alit, ciyut, tipis saha ragi pêthak, padhêking§ = Pacak. untu sagêd katawis (mênggikipun untu).

B. Untu kapal: ragi kuwung, kandêl sarta agêng, pacêkipun botên katawis, warninipun sêmu kuning.

Mênggah pacêk punika: têgêsipun pok utawi mênggiking untu ingkang tumancêp ing gusi.

Bêlo tuwin kapal, untunipun ngajêng A. B., ing nginggil wontên lêgokanipun winastan BOON = (Sêrat têmbung Batak kasêbut makatên: "Boon (antoesanna: "asang boentis")".

Lêgokaning untu bêlo ingkang nginggil, watawis lêbêtipun kalih garis. Wondene kapal lêgokaning untu

--- 447 ---

ngajêng ingkang nginggil: nêm garis, ingkang ngandhap tigang garis.

Mênggah têgêsipun garis, inggih punika: Lijn = têmbung Batak: Goeris.

Bilih sawêg thukul untu enggal, Boon lêgokanipun ragi lêbêt, antawis lami: sangsaya cèthèk, karana sabên dintên bilih kapal mamah rumput sasaminipun, untu ing ngandhap kalayan nginggil kêgosok utawi gathik, mila sangsaya lami lêgokaning untu lajêng ical, nuntên mêdal têngêranipun, punika badhe kula pratelakakên ing ngandhap kemawon. Mênawi tiyang sagêd angyêktosi tôndha utawi têngêran wau, têmtu lajêng sumêrêp umuripun kapal.

Bêlo ngumur sataun, untunipun ngajêng kêkalih ing nglêbêt ngandhap saha nginggil: (1) lêgokanipun ciyut. Antawis ngumur kalih têngah taun, untu ngajêng ing têngah: (2) ngandhap tuwin nginggil awit gathik, sarta untu ngajêng ing nglêbêt (1) lêgokanipun suda: ical sapalih. Sarêng ngumur kalih taun, untu ngajêng ing ngandhap ingkang pinggir (3) lêgokanipun ical, saha untu ngajêng ing têngah (2) suda sapalih untu ngajêng ing nglêbêt ical lêgokanipun, Boon.

Bêlo awit ngumur tiga têngah dumugi gangsal têngah taun [tau...]

--- 448 ---

[...n]

salajêngipun, sagêd tayêktosankayêktosan. umuripun, amargi untuning bêlo ing ngajêng = (A) sampun pupak, nuntên thukul untu sêpuh = (B) inggih punika winastan santun untu. Mênggah katêranganipun makatên:

Bêlo ngumur tiga têngah taun, untunipun ngajêng ing nglêbêt (1) pupak, anuntên thukul untu sêpuh = (B).

Ngumur kawan têngah taun, untu bêlo ing ngajêng ingkang têngah = A. (2) pupak, lajêng thukul malih untu sêpuh. Wondene pupakipun untu ênèm ing ngajêng ingkang pinggir = A, (B) inggih punika sarêng andungkap ngumur gangsal têngah taun lajêng pupak, antawis pitung dintên thukul untu sêpuh.

Sarèhning untu bêlo = A sampun pupak sadaya, santun thukul untu sêpuh = B dados bêlo ingkang ngumur gangsal têngah taun punika sampun dungkap umur: kapal. Dede nama bêlo.

Panitikipun kapal ingkang ngumur gangsal taun sapanginggil, kêdah nguningani lêbêtipun lêgokan: Boon untu ngajêng ingkang gathik. Satunggal-tunggaling untu: suda sagaris, Lijn = gooris ing sabên taun, karana untu ngajêng ing ngandhap kalihan nginggil tansah gathik utawi kêgosok, saking mamah têtêdhaning kapal.

Kapal ngumur gangsal taun Boon, lêgoktaninglêgokaning. untu ngajêng

--- 449 ---

larikan ngandhap: untu ingkang nglêbêt taksih sagaris, untu ingkang têngah: kalih garis, ingkang pinggir: tigang garis, samantên punika lêbêtipun lêgokaning untu utawi Boon wondene awitipun gathik utawi gosoking untu ngandhap kalayan nginggil: andungkap ngumur tigang taun untu nglêbêt awit kêgosok gathik. Ngumur kawan taun: untu ingkang têngah. Ngumur gangsal taun: untu pinggir awitipun gathik.

Kapal jalêr utawi kapal kabincih ngumur kawan têngah taun siyungipun awit thukul sakêdhik, andungkap ngumur ngangsal taun siyungipun thukul sadaya, dumugi ngumur nêm taun siyung wau modod ragi panjang saha lancip, pinggir utawi lingiripun ing nglêbêt ragi landhêp.

Kapal ngumur nêm taun, untunipun ngajêng larikan ngandhap, ingkang nglêbêt ical lêgokanipun, untu têngah: taksih sagaris, ingkang pinggir kalih garis lêbêting lêgokanipun. Andungkap ngumur pitung taun lajêng ical lêgokaning untu têngah, untu ingkang pinggir taksih sagaris, lêgokaning untu punika nuntên ical bilih kapal sampun ngumur wolung taun, sarta siyungipun ragi bundêr (gilig) ing pinggir utawi lingir: papak.

Sawênèh ugi wontên kapal ngumur pitu utawi wolung taun, [ta...]

--- 450 ---

[...un,] untunipun ngajêng larikan nginggil ingkang pinggir ing jawi mawi lingir, punika amratandhani umuring kapal wau sampun pitung taun kapara langkung.

Kapal ngumur wolung taun winastan: "AFTANDS" dening bôngsa Walandi, têgêsipun sampun pupak untu, punika ragi angèl panitiking umuripun ingkang cocog, punapa malih mênawi namung nêngêri siyung kemawon: sangsaya angèl. Makatên ugi taksih wontên titikanipun Boon, lêgokaning untu ngajêng ing nglêbêt larikan nginggil, minôngka têngêran pratandhaning umur, kados ingkang sampun kasêbut ing nginggil wau, inggih punika lêgokaning untu ngajêng larikan nginggil lêbêtipun nêm garis.

Mênggah icalipun sadaya lêgokaning untu ngajêng larikan nginggil: kapal ngumur sangang taun untu ing nglêbêt, ngumur sadasa taun untu ing têngah sarta ngumur sawêlas taun ical lêgokaning untu pinggir.

Bilih kapal sampun sêpuh, untu ing ngajêng ragi panjang saha ciyut (lonjong) larikan nginggil ingkang gathik kêgosok wiwitan, wangunipun bundêr mawi lingir tiga ing wingking.

Mênawi badhe uninga umuripun kapal jalêr utawi kêbincih [kêbi...]

--- 451 ---

[...ncih] kêdah nitik untu tuwin siyungipun, kadosdene katêrangan ing nginggil wau.

Kapal ngumur gangsal taun, siyungipun sampun thukul sadaya ing pinggir landhêp (lingiripun lamping) ragi kuwung dhoyong malêbêt, pucukipun lancip. Andungkap ngumur wolung taun, lanciping siyung: munggês§ Têmbung: munggês, punapa saking lingga: punggês, sarta têgêsipun punapa sami kalihan têmbung: pundhês. tuwin ragi cêlak, wingking saha lingiripun papak, ugi untunipun papak sadaya sarta ragi bundêr tuwin dhoyong mêdal.

Kapal ingkang wulu (ulês) cêmêng, jragêm sasaminipun, mênawi sêpuh: wulunipun ing bathuk pêthak (winastan pupur) makatên ugi bubat§ = bobat. utawi wulu ing buntut saha suri. Sadhengah kapal mênawi sampun sêpuh, tamtu lêgokaning nginggil maripat sangsaya lêbêt anggêrong, makatên ugi sirah tuwin gulunipun ragi alit, botên beda kadosdene têtiyang sêpuh.

Dumugi samantên karangan punika, babonipun Sêrat Têmbung Batak sampun tamat. Para nupiksa: bokmênawi wontên ingkang pitakèn utawi karsa badhe nguningani mênggah panitik saha têngêranipun kapal ngumur 15, 16 - 20

--- 452 ---

taun. Sarèhning kawruh kula piyambak botên gaduk, mila kula sumôngga dhatêng para nimpuna ingkang ahli ngingah kapal. Sèwu sokur bilih panjênênganipun raka sang bijaksa: Ki Arjantaka, saha kangmas Radèn NgèbèiNgabèi. Sastradiharja: ing Surabaya, punapa malih para siswanipun kiyai lurah Sasadara, dhangan ngaturakên karangan mênggah kawruh ingkang kasêbut wau, tamtu andadosakên suka pirênanipun para nupiksa.

Babonipun Sêrat Têmbung Batak punika, mawi rinêngga gambar untuning kapal (awit gambar 1-13) ananging sarèhning sadaya gambaran botên kapacak ing Sasadara, mila botên kula aturakên.

Bilih wontên gèsèhipun anggèn kula anjarwakakên punika, punapa malih lêpat tuwin kithaling têmbung rakiting ukara, panyuwun kula: para nupiksa mugi sampun kirang pamêngku.

Pacitan: Jumadilakir, Dal 1831.

TAN SING TJWAN. 1 453 6
Bab Uwoh Bold
Sambêtipun ôngka IX, kaca 386.
Woh punika kadadosan saking asal uwoh, saha kaperang dados kalih, inggih punika ingkang maligi kadadosan saking asal uwoh, saha ingkang kadadosan saking asal uwoh kalihan perangan sanès-sanèsipun, kados ta: jambu kaluthuk, jêram, punika sami kadadosan saking asal uwoh kalihan dhasaripun sêkar. Kajawi saking punika woh wau kaperang malih ingkang ijèn-ijèn, saha ingkang kêmpal, kadosdene pace tuwin nanas. Dene ingkang ijèn-ijèn wau kabedakakên malih, ingkang mawi daging, saha ingkang botên mawi daging. Ingkang mawi daging kabedakakên: ingkang malêthèk utawi malêkah kados ta: pala, saha ingkang botên malêthèk, kadosdene pêlêm sasaminipun. Ingkang botên mawi daging ugi kaperang: ingkang malêthèk, kados ta: johar, kêmlandhingan sapanunggilanipun, saha ingkang botên malêthèk, kados ta: pantun, jagung sasaminipun.
Woh mawar, waringin, êlo, punika kadadosan saking pakêmpalanipun uwoh, ingkang kabalêbêt ing kulit. Pacè kalihan nanas, punika kadadosanipun 1 454 8
sami, inggih punika sakawit satunggaling êpang ingkang sakubêngipun mêdal sêkaripun. Sarêng sêkar wau dados uwoh, saha saya lami mindhak agêngipun, lajêng dhêdhêsêkan, ngantos andadosakên kadosdene namung woh satunggal, saha têrang sangêt bilih gaganging pace tuwin nanas wau têmênipun êpang, awit têtela sangêt, inggih punika pucuking nanas ingkang wontên ronipun, punika têmênipun: pucuking êpang ingkang kagubêd ing uwoh. False
Pantun, jagung sasaminipun, punika kathah tiyang ingkang amastani bilih isi, sanès uwoh, sabab agênging isinipun mèh sami kalihan agênging wohipun.
Kaluwak punika botên angêmungakên ingkang ênèm kemawon: ingkang angêndêmi, sanadyan ingkang sampun sêpuh, bilih botên dipun godhog, ugi angêndêmi. Dene rekanipun supados kaluwak wau sagêd dados eca saha botên angêndêmi, sasampunipun sêpuh saha dipun undhuhi, punapa malih sampun dipun oncèki kulitipun ing sajawining cangkok, lajêng kaêpe kalih utawi tigang dintên, bilih sampun garing lajêng kagodhog, kasarêng kalihan gabah satunggal kalih êlas, bilih gabah wau sampun malêthèk, punika amratandhani 1 455 1
bilih kaluwak wau sampun matêng, lajêng kaêntas, kapêndhêm kacêncêm ing awu laminipun ngantos kalih dasa utawi salangkung dintên. Matênging kaluwak ingkang kagodhog, bilih kapêcah warninipun pêthak, punika ugi sampun kenging katêdha, ananging dèrèng kenging kangge bumbu pindhang saha sanès-sanèsipun. Bilih sampun kapêndhêm ing siti laminipun ngantos salangkung dintên, kapêcah warninipun abrit sêpuh utawi cêmêng, inggih punika ingkang sampun kenging kangge bumbu utawi sanès-sanèsipun, sadangunipun kaluwak wau kaêpe saha kagodhog, jasat-jasat ingkang angêndêmi sami mêdal ing hawa utawi ing toya, dados kantun isinipun ingkang eca katêdha kemawon. Taksih wontên sambêtipun. False
Prawirawiyata.
Abdi dalêm juru sêrat II kabupatèn pulisi Surakarta.
Cokotêng Bold
Satunggaling wedang ing nagari Cina winastan: sukodêng. § Ngadat caranipun bôngsa kula tiyang Cina, mênawi damêl pasamuwan bujana, ngatur-aturi para mitra ingkang sami nyumbang (pasungsung tumbasan sêkar) punika winastan: jyahsyah, jyah: têgêsipun ngatur-aturi. Syah: têgêsipun tarima kasih.
Têrangipun, ngatur-aturi minôngka trima kasih.
Bujana wau mênawi sampun mêdal: sukodêng, nuntên pangantèn jalêr, utawi ingkang gadhah damêl mantu, angubêngi satunggal-tunggaling meja, angunjuk inuman kalihan para tamu, sarta amêdharakên pitêmbungan trima kasih.
Ananging bôngsa kula tiyang Cina ing Surakarta samangke sampun kathah ingkang botên ngangge ngadat makatên punika.
Su têgêsipun sakawan,
Ko têgêsipun wowohan,
Dêng têgêsipun wedang. 1 456 7
Trangipun: wedang ingkang mawi wowohan warni sakawan, inggih punika:
1. Glêpung ingkang dipun damêl warni abrit, mênawi sampun karêbus, warninipun kados isining dlima.
2. Manisan kangkwang (kêlanturing têmbung Jawi dados: cêngkuwèh).
3. Lingking (kêlanturing têmbung Jawi dados: klèngkèng).
4. Lyanci (woh trate).
Kacamboran gêndhis tètès tuwin wedang ayam.
Têtiyang Jawi niru damêl sukodêng wau, inggih punika:
1. Glêpung ingkang dipun damêl warni abrit, kados ingkang kasêbut nginggil wau.
2. Cêngkuwèh.
3. Soun.
4. Kacang pêndhêm (kacang Cina).
Punika inggih winastan: sukodêng, ananging kêlantur dados: cokotêng, utawi cokotên, malah wontên ingkang mastani cokot-tên. 1 457 10
Cikowa Bold
Ing basa Cina, wontên satunggaling têmbung: jigwah: têgêsipun: cobanên, utawi rasakna.
Kalêbêt ing têmbung Jawi dados: cikowa.
Ringgit tiyang lampahan putri Cina, Dèwi Adaninggar, nalika ngupadosi tiyang agung, pinanggih sawêg sare ing sisihipun Dèwi Kelaswara, ing ngriku Dèwi Adaninggar angasta jêmparing, badhe katamakakên dhumatêng Dèwi Kelaswara, punika mawi gêndhing Sêkar Gadhung, kasênggakan: cikowa; cikowa.
Kangjêng Pangeran Angabèi, putra dalêm suwargi Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Pakubuwana ingkang kaping 9 ing mangke ajêjuluk Kangjêng Gusti Pangeran Arya Prabuwijaya, 1 458 7
nalika yasa ringgit tiyang lampahan Menak (Rame Inak?) mênawi mêdal Dèwi Adaninggar, mawi kasênggakan: cikowa, cikowa, punika ing praja dalêm Surakarta lajêng kathah para ringgit talèdhèk barangan, mênawi dipun tanggap inggih mawi kasênggakan: cikowa utawi: cicikowa. False
Gambar-gambar upacara ampilan, tuwin badhaya Srimpi, ringgit tiyang sapanunggilanipun, ing karaton Ngayogyakarta, ingkang kawêdalakên dening panjênênganipun Tuwan Dhoktêr Je Gronêman, ngalamat In den Kadaton te Jogjakarta, oepotjoro, ampilan en tooneldansen, door J. Groeneman, met Fotogrammen van ciphas-Leiden E J Brill 1888."

Kula tumut tumbas gambar-gambar wau rêgi f 40 gambar ingkang ôngka VIII wontên gambar ringgit ingkang kadamêl lampahan putri Cina Dèwi Adaninggar, kanthi sêrat cariyosipun ing têmbung Mlayu, kula têdhak kados ing ngandhap punika:

Adapoen gambar jang ka delapan itoe menjatakan Serimpi bersaroepa dengan toewan poetri Tjina! dewi Adaninggar namanja, mentjari Wong agoeng, maka Wong agoeng itoe didapetnja tidoer pada sisihnja si Kelasworo, maka si Kelasworo itoe hendaq di boenoeh oleh si Adaninggar, dari sebab itoe Adaninggar sedija hendaq memanah.

--- 459 ---

Bramartani 15 Dhesèmbêr 1897 No. 99 wontên têtêmbungan makatên:

Walaya cikowah, têka sumêrêp barang ingkang dèrèng kalair.

Tjoa Tjoe Kwan.

Ngèlmi Padhukunan Bayi

Sambêtipun ôngka IX kaca 419.

Wosipun para tiyang èstri ingkang sawêg wawrat, solah-bawanipun kêdah angatos-atos, èngêt wiwitanipun wawrat sarta dhatêng ingkang dipun wawratakên, awit punapa ingkang botên maedahi dhatêng badanipun, inggih botên prayogi dhatêng bayinipun, mila mênawi kirang prayitna ing pangrêksanipun, sagêd anjalari pêjahing bayi, wah malih sampun kasupèn bilih wawrat punika sampun dados kalimrahanipun para tiyang èstri, kawontênanipun badan kathah ewahipun katimbang kalihan kala sadèrèngipun wawrat.

Ing sasagêd-sagêd para tiyang èstri kêdah nyirnakakên dhatêng panyana, sampun ngantos wawratanipun kaanggêp kadosdene sêsakit, prayogi nyênêng- nyênêngakên manahipun, sampun ngantos naratab, sampun ngantos ningali komidhi, utawi sadaya têtingalan ingkang andadosakên [andado...]

--- 460 ---

[...sakên] gêtêring manahipun, sampun maos sêrat ingkang nyariyosakên panganiaya, sarta pêjah-pinêjahan sasaminipun. Botên kenging ningali tiyang dhansah, jêjogedan sarta ulah tangsul warni-warni ingkang nuduhakên manah ajrih, kagèt sarta uwas. Sampun angrèwès dhatêng cariyosipun tiyang bilih gadhah anak kasangsara, mênawi dede kulit dagingipun piyambak, botên kenging tuwi dhatêng tiyang sakit utawi pêjah, cêkakipun sampun pisan-pisan manah dhatêng sadaya lêlampahan ingkang botên prayogi, namung kêdah ambêbingah manahipun, sarana nata rêrêngganing griya, awit ebahipun badan sarta wêdalipun karingêt, angalisakên dhatêng sawarninipun sêsakit.

Ing sakuwasanipun kêdah ngangkah murih sagêd kasarasan, amargi bilih ingkang wawrat badanipun sêgêr, bayinipun inggih botên kirang satunggal punapa (sampurna). Para tiyang èstri ingkang wawrat sabên-sabên angupadosa hawa ingkang sêgêr, jalaran punika sagêd angrêsikakên êrah, mênawi êrahipun sae dados têdhaning bayinipun. Ing pundi panggenan pakêmpalanipun tiyang kathah kêdah dipun têbihi, awit anênarik hawa bêntèr, wah kathah momoranipun hawa rêgêd, wondene mênawi [mê...]

--- 461 ---

[...nawi] wontên ing griyanipun piyambak, prayogi dumunung ing panggenan ingkang kêrêp kaukup ing gôndawida, sarta sabên enjing sontên jandhela sarta kori: inêbipun kabikaka ingkang wiyar.

Ing sabên dintên kêdah lumampah- lumampah ing sajawinipun griya, dangunipun saêjam, wontên ing nglêbêt griya botên namung lênggah athênguk-thênguk kemawon, prayogi nyambuta damêl ing sakuwawinipun, kathah- kathahipun tiyang: patrap makatên wau lumuh anglampahi, utawi gadhah cipta ngowêl dhatêng badanipun, ananging anggènipun ngowêl badan sampun sarana nampik dhatêng padamêlan ingkang anjalari badhe dados kêsèd.

Bilih badanipun kêrêp kèndêl badhe anuwuhakên indhakipun sêsakit, ingkang dipun têdha botên sagêd rêmêk, sarta tilêm botên sakeca, kêrêp muring-muring wah sêdhihan. Wangsul mênawi lumampah-lumampah ing jawi griya enggal luwe, punapa ingkang dipun têdha lajêng rêmêk, tilêm sakeca sarta manah bingar. Ananging mênawi kêrêp nyambut damêl inggih botên prayogi, kados ta: mlajêng, mlumpat-mlumpat, jêjogedan, numpak kapal, numpak kareta ing margi ingkang mêndhak mêndhukul, ajêlah-jêlih sarta abêngak-bêngok têtêmbangan, sadaya wau botên [bo...]

--- 462 ---

[...tên] sae, langkung malih bilih sawêg wawrat ênèm.

Sanajan êmbok kalihan bayi sakalangkung krakêtipun, ewasamantên mênawi êmbok anandukakên pratingkah kados ing nginggil wau, ugi sagêd angrênggangakên lèngkètipun bayi.

Anjunjung barang ingkang langkung awrat, amronggoli pêpêthetan ingkang inggil, andhodhok kalihan kagèt sarta ambêrgagah, sadaya wau inggih botên kenging. Taksih wontên sambêtipun.

Sidhikala IV

Candhakipun ôngka IX kaca 416.

7. Buruj mijhan, têgêsipun traju, mila winastan makatên, awit kala rumiyin ing perangan punika wontên lintangipun 8 krompolanipun awangun traju, cangkokipun kalih pisan wontên kilèn, bau cakranipun wontên wetan, lintang punika ing têmbung Jawi winastan lintang sitra, têmbungipun Walandi Weegschaal ing samangke sampun ngalih saking buruj mijhan, katut ubênging phalak buruj, sapunika dumunung ing perangan kaping 8, dene perangan kaping 7 lêstantun nama buruj mijhan.

8. Buruj ngakrab, têgêsipun kalajêngking, mila winastan [wina...]

--- 463 ---

[...stan] makatên, awit kala rumiyin ing perangan punika wontên lintangipun 21, krompolanipun awangun kalajêngking, sirahipun wontên lèr kilèn, êntupipun wontên kidul wetan, ing dalêm lintang 21 wau wontên satunggal ingkang warninipun abrit sumorot, punika winastan lintang kalbul ngakrab, têgêsipun manahing kalajêngking. Lintang ingkang kados kalajêngking wau ing têmbung Jawi winastan lintang manggakala, têmbung Walandi Scorpioen sapunika sampun ngalih saking buruj ngakrab, kabêkta ubênging phalak buruj, manggèn ing perangan kaping 9 nanging perangan kaping 8 wau taksih lêstantun nama buruj ngakrab.

9. Buruj kos, têgêsipun gandhewa, mila winastan kos, awit kala rumiyin ing perangan punika wontên lintangipun 31, krompolanipun awangun gêmbunging kapal tanpa sirah, dumunung ing wetan, lêrêsipun êpoking gulu angêpang warni tiyang jalêr namung watês bangkekan sapanginggil, mangangge srêban ingkang mawi koncèr angêtrapakên jêmparing wontên ing gandhewa sarwi narik nyênyêpipun ingkang tumrap ing kêndhêng kaincêngakên mangilèn. Lintang punika ing têmbung Ngarab winastan lintang marami, ing têmbung Jawi lintang naya, têmbung Walandi Schutter sapunika lintang naya wau sampun ngalih saking buruj kos, katut ubênging phalak buruj, [bu...]

--- 464 ---

[...ruj,] manggèn ing perangan kaping 10 wanguning krompolanipun botên ewah, dene perangan ingkang kaping 9 namanipun taksih lêstantun buruj kos.

10. Buruj jadi, têgêsipun cêmpe, mila kanamakakên jadi awit kala rumiyin ing perangan punika wontên lintangipun 28, wanguning krompolanipun mèmpêr ulam badhèr asirah cêmpe mawi sungu kêkalih, sirah sarta suku ngajêng wontên ing kilèn, gigiring badhèr wontên lèr, kèpètipun ing wetan, ing têmbung Jawi winastan lintang palguna, têmbung Walandi Steenbok sapunika sampun ngalih saking buruj jadi manggèn ing perangan kaping 11 amargi katut ubênging phalak buruj, wanguning krompolanipun botên ewah, dene perangan kaping 10 namanipun taksih lêstantun buruj jadi.

11. Buruj dalwu, têgêsipun timba, mila kanamakakên dalwu awit kala rumiyin ing perangan punika wontên lintangipun 42, wanguning krompolanipun mèmpêr tiyang ngadêg majêng mangetan, sirahipun wontên lèr sukunipun ing kidul, tanganipun ingkang satunggal kumlawe satunggalipun nyêpêng timba isi toya kadamêl wisuh suku, milining toya dumugi ing cangkêm ulam badhèr, lintang punika ing têmbung Ngarab winastan lintang sakibulmak, ing têmbung Jawi lintang isaka, têmbung [tê...]

--- 465 ---

[...mbung] Walandi Waterman samangke sampun ngalih saking buruj dalwu manggèn ing perangan kaping 12 amargi katut ubênging phalal buruj, wanguning krompolanipun botên ewah, dene perangan kaping 11 namanipun inggih taksih lêstantun dalwu.

12. Buruj khut, têgêsipun ulam loh, mila kanamakakên khut, awit kala rumiyin ing perangan punika wontên lintangipun 34, wanguning krompolanipun mèmpêr ulam guramèh kalih, ingkang satunggal sirahipun wontên kilèn, kèpètipun ing wetan, satunggalipun sirah ing lèr kèpèt ing wetan, kèpètipun guramèh kêkalih wau kagandhèng kalayan jentrekan lintang ing têmbung Ngarab winastan lintang khaitulkitan, têgêsipun songa, mèmpêr gancêngan bênang angêndhêlong. Lintang 3 wau ing têmbung Ngarab winastan lintang samkatèn, têgêsipun guramèh kêkalih, ing têmbung Jawi winastan lintang jita, têmbung Walandi Visschan. Sapunika lintang jita wau sampun ngalih saking buruj khut, manggèn ing buruj khamal, amargi katut ubênging phalak buruj, wanguning krompolanipun botên ewah dene perangan kaping 12 wau namanipun inggih taksih lêstantun buruj khut.

Sanadyan ingkang kaperang dados buruj 1 punika namung

--- 466 ---

phalakburuj, ewadene perangan punika têrus mangandhap tumrap phalaking lintang sayarah ingkang pasangipun sami kalihan phalak buruj, awit mila phalak ingkang kaping 2 punika kaperang dados 12 buruj, pêrlunipun kaangge nêngêri lampahing surya kalihan rêmbulan utawi lintang sayarah sanès-sanèsipun, liripun kados ta: rêmbulan punika dunungipun wontên phalak kaping 9 inggih punika phalak ingkang ngandhap piyambak, iba sapintên kemawon têbihipun saking phalak buruj, ewadene mênawi sipat lêrêsipun saking bumi têrus dumugi peranganing phalak buruj ingkang winastan buruj khamal, rêmbulan wau inggih winastan wontên ing buruj khamal, surya utawi lintang sayarah sanès-sanèsipun inggih botên beda.

Makatên malih bumi punika mila kubêngipun kaperang dados 360 darjah kados ingkang sampun katêrangakên kalayan garis-garis wontên ing gambar jagad globe punika pêrlunipun inggih kadamêl nêngêri lampahing surya utawi rêmbulan, punapadene lintang sanès-sanèsipun, sagêda kasumêrêpan ing pundi panggenanipun wontên ing phalak atlas utawi phalak buruj.

Mila namung kaèngêtana kemawon, mênawi ing sêrat punika wontên sêsêbutan, surya wontên ing buruj [buru...]

--- 467 ---

[...j] sunbulah angsal 13 darjah, punika têgêsipun botên surya wau dunungipun wontên ing phalak buruj, wontên ing phalakipun piyambak, sipat lêrêsipun saking bumi têrus manginggil dumuginipun ing phalak buruj kalêrês ing perangan ingkang nama buruj sunbulah, sarta saking wiwitaning perangan punika sampun 13 darjah. Makatên malih mênawi ing wingking wontên sêsêbutan lintang sukra mèncèngipun saking madarul iktidal mangalèr 4 darjah, punika têgêsipun botên lintang sukra punika manggèn wontên ing phalak atlas, wontên phalakipun piyambak, sipat lêrêsipun saking bumi têrus manginggil dumuginipun ing phalak atlas kalêrês wontên salèring madarul iktidal 4 darjah, makatên salaminipun. Surya, rêmbulan utawi lintang-lintang punika mokal yèn ngantosa oncat saking phalakipun piyambak-piyambak.

Phalak buruj wontên kêndhitipun malih kathahipun nênêm, pasangipun sami malang, satunggal-tunggaling kêndhit wau sami narajang kutubipun phalak buruj wau, sarta narajang watêsipun buruj kalihan buruj sanèsipun, punika winastan dairatul mahtutah. Kêndhit nênêm wau ingkang satunggal ugi rajangnarajang. kutubipun phalak atlas kalih pisan, punika winastan: dairatul maratu bilhaktabil arbangah. Mintakahing

--- 468 ---

phalak buruj ingkang katarajang ing garis satunggal punika sampun tamtu kemawon kalêrês panggenan ingkang têbih piyambak saking madarul iktidal, inggih punika yèn salèring madarul iktidal, watêsipun buruj jujha kalihan buruj saratan, yèn sakinuling sakiduling. madarul iktidal, watêsipun buruj kos kalihan buruj jadi. Taksih wontên candhakipun.

Abdi dalêm ngulama ing Surakarta. Bagus Ngarphah.

Kawruh Griya

Sambêtipun ôngka IX kaca 399.

Bab 3

Tampikanipun kajêng ingkang awon asaripun, kados ing ngandhap punika:

1. Kajêng ingkang nglêbêtipun mawi kulit, kanamakakên: klabang pipitan, anggadhahi watak panas, ingkang ngênggèni kêrêp kadhatêngan sêsakit.

2. Kajêng ingkang rêbah angrêbahi sami kajêng, kanamakakên: tundhung, watakipun rêmên mitênah, utawi damêl awon.

3. Kajêng ingkang rêbah malang ing lèpèn, ing jurang sarta ing

--- 469 ---

margi, kanamakakên sadhang, watakipun kêrêp kasandhung prakawis, sarta gêringan.

4. Kajêng ingkang rêbah tumumpang tunggakipun piyambak, kanamakakên: sundhang, watakipun ingkang ngênggèni kabêncana saking ngandhap.

5. Kajêng ingkang rêbah sumendhe ing kajêng ingkang taksih ngadêg, kanamakakên: sondho, watakipun ingkang ngênggèni kalorod darajatipun, sarta kabêncana saking tôngga.

6. Kajêng kèli, kanamakakên: sarah, watakipun ingkang ngênggèni kacuwan ing manah, sarta suda rijêkinipun.

7. Kajêng bolong butul: kala taksih gêsangipun, kanamakakên: sujèn têrus, watakipun ingkang ngênggèni asring kenging dêdamêl.

8. Kajêng ambrodhol mêdal manahipun, kanamakakên: wutah ati, watakipun anlanjurakên pikajêngan, sarta ngatingalakên wados.

9. Kajêng sol rêbah piyambak, kanamakakên: prabatang, watakipun anggagarakên sabarang ingkang sinêdya, sarta nyudakakên darajat.

10. Kajêng kapêndhêm siti utawi kakum toya, kanamakakên: gombang, watakipun ingkang ngênggèni kêrêp dipun [di...]

--- 470 ---

[...pun] pitênah.

11. Kajêng pêjah piyambak, kanamakakên: galinggang, ingkang ngênggèni botên kadugèn punapa sêdyanipun, apês sarta gêringan.

12. Kajêng nalika rêbahipun ngêgèt-êgèti kewan galak ingkang ngantos nyuwara, kanamakakên: gronang, watakipun ingkang ngênggèni angsal ginêm awon saking tiyang agêng.

13. Kajêng ingkang trubus tumèmpèl ing êpang, kanamakakên gandhongan, watakipun ingkang ngênggèni thukul pikajênganipun awon.

14. Kajêng labêt kabêsmèn, kanamakakên: gosang, watakipun asring kabêsmèn.

15. Kajêng kasangsang ing êpang, kanamakakên bronggang, watakipun ingkang ngênggèni kapambêng sabarang pikajênganipun.

16. Kajêng gapuk salêbêting daging, kanamakakên: buntêl mayit, watakipun ingkang ngênggèni supèn dhatêng padamêlan pêrlu, sarta gadhah sakit lêbêt.

Bab 4

Katrangan nêgor sarta damêl gibingan, punapa malih damêl sirap.

--- 471 ---

Nêgor kajêng jati ingkang sae anggènipun punika kêdah katêrês rumiyin, nêrês punika poking wit kintên-kintên 3 utawi 4 kaki saking siti, kabacok ing wadung mubêng têpung gêlang, wiwit kulit dumugi ingkang sampun warni abrit, godhong lajêng sami gogrok, saha lajêng anggalinggang, mênawi sampun sataun saking panêrêsipun sampun kenging katêgor, amargi sampun garing, wantèg botên angulèt.

Rêbahing kajêng ingkang katêgor wau kaangkah sagêda rêbah mangalèr utawi mangilèn, sarta sampun ngantos andhawahi kajêng ingkang taksih gêsang, kasangsang, tumumpang tunggak, kantêp sapanunggilanipun ingkang dados tampikan kados bab 3.

Mênggah pratikêlipun supados sumêrêp dhawahipun pucuking kajêng ingkang badhe karêbahakên, punika kêdah nangguh wanci enjing utawi sontên, punika wayanganipun wujud sami kalihan panjangipun, upami balêbês ingkang panjangipun gangsal kaki dipun dêgakên, môngka wayanganipun pinanggih sami gangsal kaki, punika wayanganipun kajêng ingkang badhe karêbahakên kaukura, sapintên panjanging wayanganipun, inggih punika badhe ukuran dhawahing pucukipun, pratikêl ingkang makatên wau ugi tumrap kangge nêpsir

--- 472 ---

panjang cêlakipun kajêng ingkang badhe kangge dandosan, kados upaminipun badhe ngangge saka ingkang panjangipun kalih dasa kaki, mênawi wayanganipun kajêng kados ing nginggil wau wontên utawi langkung saking kalih dasa kaki, inggih badhe sagêd cêkap kaangge saka ingkang panjangipun kalih dasa kaki wau, wondening panêpsir agêngipun pucuking kajêng, punika kenging kapirit saking agênging bongkotipun, upami kajêng ingkang kubênging bongkotipun 6 kaki, môngka wiyaring wayanganipun wontên 2 kaki, punika wayanganing pucukipun kaukura, upami agêngipun wontên 1 kaki, dados agênging pucukipun inggih 3 kaki, panêpsir sadaya wau wontêna tuna dungkapipun amung sawatawis.

Mênggah pangangkahipun supados dhawahing kajêng sagêd prayogi rêbahipun, punika kêdah kadhawahakên sêlaning kajêng ingkang gêsang, nanging kasrampatakên ing pang alit-alit, supados sampun ngantos rêmuk utawi gêtêm saking dhawah kantêp.

Saupami karêbahakên mangalèr, ingkang lèr kalihan kidul dipun gêthak sarta kapacal, ingkang lèr panggêthakipun ing ngandhap lêbêtipun kalih bagian, ingkang kidul ing nginggil lêbêtipun sabagian, bênggangipun gêthak ngandhap kalihan [ka...]

--- 473 ---

[...lihan] gêthak nginggil sarta inggiling pamacal, miturut agêng alitipun ing kajêng, saupami agêngipun kajêng samaesa, bênggangipun gêthakan ngandhap kalihan nginggil 1 kaki, inggiling pamacal 4 kaki, mênawi agênging kajêng saprangkul, bênggangipun gêthakan ngandhap kalihan nginggil ¼ kaki, inggiling pamacal 1½ kaki, sanadyan kajêng dhoyong mangidul, mênawi patrapipun kados ing nginggil wau tamtu rêbah mangalèr.

Mênggah ingkang kanamakakên gêthak sarta pacal wau makatên, kagêthak punika dipun kêthok ingkang botên ngantos tugêl, kapacal punika sanginggiling gêthakan dipun pêrang mancas utawi ngruwêg têpang kalihan gêthakan wau. Taksih wontên sambêtipun.

Kawruh Padhalangan

Sambêtipun ôngka IX kaca 342.

Ing sadadosipun kagungan dalêm ringgit Kyai Kadung prayogining wêwangunan utawi sagêdipun katingal sèbêtan, punika anggawokakên, dene ringgit jujutan katingal turut kados ringgit dèrèng kajujut, milanipun putra sêntana dalêm utawi prayagung wadana sasaminipun, ing pundi-pundi ingkang yasa ringgit purwa jujutan sami mirit Kyai

--- 474 ---

Kadung, nanging botên wontên ingkang sagêd mirib prayogi utawi sèbêtanipun, sadaya ringgit jujutan aliya Kyai Kadung, ringgitipun èstri lajêng katingal kinggilên dêdêg, namung Kangjêng Pangeran Arya Singasari kapisan yasa ringgit purwa taksih miturut babonipun ringgit yasan ing Kartasura, dênawa wênara mripat kalih, utawi para abdi dalêm dhalang ing kasêpuhan, inggih taksih mirib wandanipun Kyai Pramukanya ingkang kasimpên ing gêdhong sitinggil, dene abdi dalêm dhalang ing kadipatèn damêlanipun ringgit purwa: mirib wandanipun Kyai Mangu utawi Kyai Kanyut, dênawa wênara sami mripat satunggal, katêlah dumugi ing sapunika tiyang damêl ringgit ingkang dêdêg pangadêgipun dèrèng kajujut, kawastanan sami akalihan ringgit padhalangan, mênggah para putra sêntana utawi abdi dalêm ingkang sami damêl ringgit purwa, gurunipun inggih kathah ingkang tatahanipun Dhalang Sadôngsa ing dhusun Palar wau.

Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Pakubuwana ingkang kaping 4 yasa ringgit gêdhog babonipun Kyai Banjêt nanging kadamêl gribig, ringgitipun èstrèn gêlungipun kawangun beda akalihan gêlungipun ringgit purwa, wujuding ringgit panggung kiwa têngên kadamêl rangkêp-rangkêp, sarta katonganipun tanpa makutha, namung ngangge jamang kagêlung warni-warni, sarêng dados kaparingan [kapa...]

--- 475 ---

[...ringan] nama: Kyai Dewa Katong, nuju taun 1724.

Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Anom ingkang kaping 3, yasa ringgit lampahan Rama, babonipun mêndhêt saking ringgit jujutan kapisan, kajujut malih kalih palêmahan, dados langkung saking ukuranipun Kyai Kadung, kawujudaning ringgit mirit awit saking cariyosing Sêrat Arjuna Sasrabahu, utawi Lokapala, dumugi cariyosipun Prabu Ramawijaya sapanunggilanipun para ratu ing Ngayodya, dados botên kawoworan ringgit cariyosipun jaman purwa, dene Dasamuka Kumbakarna sawadya punggawanipun sami mripat satunggal tanganipun kalih, Prabu Ramawijaya saha Lêksmana, mawi salendhang, wandanipun mirit Krêsna, utawi Arjuna, èstrèn garwanipun ratu sami mawi makutha, wênara Subali, Sugriwa, sami gêlung sapit urang, sarêng sampun jumênêng ratu ing Guwakiskêndha lajêng mawi makutha, sadaya wênara punggawa sabalanipun sami mripat satunggal, punika wiwitipun wontên prampogan kêthèk, utawi pundi baris ingkang bidhal prampoganipun ugi sontan-santun, gancaring lêlampahanipun amêthik saking cariyosing Sêrat Lokapala sapiturutipun, namung wêwah Sêmar Petruk, Nala Garèng, utawi Sêmar Bagong, pundi ingkang kangge sami tumut Prabu Rama- [Rama...]

--- 476 ---

[...-] wijaya, utawi tumut sanèsipun punapa ingkang dados jêjêring lêlampahan, ing nalika punika nuju ing taun 1728. Taksih wontên sambêtipun.

Kawontênanipun ing Jagad Rat Miturut Pamanggihing Kawruh Pamisah (scheikunde)

Ngantos lami sangêt tiyang dèrèng sagêd nyumêrêpi mênggah kawontênanipun ing jagad-jagad sajawining jagad kita, sanadyan jantraning lintang-lintang srêngenge tuwin rêmbulan sampun kasumêrêpan kalayan titi sarana pinetang saha binudi miturut ing pêpathokaning kawruh kasunyatan ingkang ugi dipun wastani wiskunde ewadene kawontênanipun cêcamboraning jasadipun lintang-lintang wau ngantos lami dèrèng kasumêrêpan. Mênggah pigunanipun kawruh pamisah punika nyumêrêpakên cêcamboraning jasad sarana pirantos saha katitik saking tôndha-tandhanipun, nalika ing jaman kina ingkang kabudidaya miturut ing kawruh pamisah sawêg prakawis cêcamboraning jasadipun andaru utawi wahyu (meteoorsteenen) sêsêrêpan prakawis cêcamboraning jasadipun srêngenge tuwin lintang-lintang nalika samantên dèrèng kalêbêt ing rêmbag.

--- 477 ---

Sarêng taun 1855 sarjana kêkalih Tuwan Kirchhoff kalihan Tuwan Bunsen sami manggih kawruh ing bab pambudinipun sêpèktral analisê (spectraal analijse) inggih punika rekadayanipun nyumêrêpi kawontênaning cêcamboranipun sadhengahing jasad ingkang mawa cahya, awit saking kawruh punika para ahli kawruh pamisah saya mindhak wiyar sêsêrêpanipun, sagêd nyumêrêpi kawontênaning cêcamboranipun sakathahing jasad ingkang mawa cahya saking katêbihan, kados ta: nyumêrêpi kawontênanipun adon-adoning jasadipun lintang-lintang, malah lintang- lintang ingkang sorotipun sawêg sagêd kasatmata sasampunipun lumampah maèwu-èwu taun laminipun, liripun ingkang têbih ing dunungipun botên kenging kacakrabawa ing budi, ngantos sorotipun saking bumi cat katingal cat botên, sanadyan katingalan sarana pirantos ingkang sagêd angagêngakên wujud kaping pintên-pintên, mêksa botên sagêd katingal kôntha- kanthaning garisipun têngah, ewadene kabudi sarana kawruh ing sêpèktral analisê, sagêd kasumêrêpan cêcamboraning jasadipun kalayan patitis, ing ngandhap punika kula pratelakakên sawatawis mênggah rekadaya sarta pigunanipun sêpèktral analisê. Taksih wontên sambêtipun.

R.L. Mangkudimêja, ing Ngayogyakarta.

--- 478 ---

Sêrat Cakrawarti

Sambêtipun ôngka VI kaca 276.

[Grafik]

--- 479 ---

[Grafik]

--- 480 ---

Mênggah taun ingkang mawi sastra alit punika, tôndha yèn taun Wastu, dirgya kalihan pratangkanipun ing taun sami tumut mawi sastra alit.

Mênggah taun ingkang mawi sastra agêng punika, tôndha yèn taun Wastu, dirgya kalihan pratangkanipun ing taun sami tumut mawi sastra agêng.

Wondèntên pratangkanipun ing môngsa, ingkang kakumpulakên kalihan pratangkanipun ing taun, mawi kaupadosan taun ingkang lumampah, yèn nuju Wastu inggih mêndhêt pratangkaning môngsa ing taun Wastu, yèn nuju Wuntu inggih mêndhêt pratangkaning môngsa ing taun Wuntu, yèn mawi dirgya inggih mêndhêt pratangkaning môngsa ingkang mawi dirgya, ing ngandhap punika pratelanipun: Taksih wontên sambêtipun.

--- [0] ---

Isining Kabar Sasadara X

1. Pawarsakan ... blz 433
2. Dintên sae ... blz 434
3. Ringkêsaning cariyos ringgit purwa ... blz 436
4. Tirta usada ... blz 440
5. Kawruh umuring kapal ... blz 444
6. Bab uwoh ... blz 453
7. Têmbung Cina ... blz 455
8. Ngèlmi padhukunan bayi ... blz 459
9. Sidhikala ... blz 462
10. Kawruh griya ... blz 468
11. Padhalangan ... blz 473
12. Kawruh jagad ... blz 476
13. Cakrawarti ... blz 478