Sastra Jawa

Program Digitalisasi Sastra Daerah

  • Increase font size
  • Default font size
  • Decrease font size

Sasadara, Radya Pustaka, 1902-05, #1807

Katalog:Sasadara, Radya Pustaka, 1902, #1807
Sambung:
1.Sasadara, Radya Pustaka, 1902-01, #1807 . Koran, Majalah dan Jurnal | Sasadara #409.
2.Sasadara, Radya Pustaka, 1902-05, #1807 . Koran, Majalah dan Jurnal | Sasadara #410.
3.Sasadara, Radya Pustaka, 1902-07, #1807 . Koran, Majalah dan Jurnal | Sasadara #411.
4.Sasadara, Radya Pustaka, 1902-08, #1807. Koran, Majalah dan Jurnal | Sasadara #412.
5.Sasadara, Radya Pustaka, 1902-09, #1807. Koran, Majalah dan Jurnal | Sasadara #413.
6.Sasadara, Radya Pustaka, 1902-10, #1807. Koran, Majalah dan Jurnal | Sasadara #414.
7.Sasadara, Radya Pustaka, 1902-12, #1807. Koran, Majalah dan Jurnal | Sasadara #415.

[Kaping 15-2-1832 AJ. 24-5-1902 AD.]

Minôngka Pananggalanipun Sasadara

Pawarsakan

Wulan Mulud taun Be ôngka 1832, taun Hijrah 1320.

[Grafik]

--- 53 ---

Dintên Sae

Salêbêtipun wulan Mulud taun Be punika wontên kalih,

1. Dintên Kêmis Lêgi tanggal kaping 12 wuku Maktal, Dewa Kala, tungle tulus, lampahing lintang, satriya wibawa, rakamipun dhawah sanggar waringin, saenipun kangge yêyasan, sangatipun wiwit jam 6 enjing dumugi jam 8.14 mênut, Jabarail rijêki utawi wiwit jam 3.27 mênut, 6 sontên saha sadalu pisan, Amad wilujêng.

2. Dintên Sêtu Kliwon tanggal kaping 21 wuku Wuye dewa Uma, paningron tulus, lampahing bumi, tunggak sêmi, rakamipun dhawah sanggar waringin, saenipun kangge yêyasan, sangatipun wiwit jam 1.13 mênut, dumugi jam 3.36 mênut, Yusup wilujêng, amung tanggal kaping salikur punika wêwaton ungêlipun kitab Mujarabat kawastanan nakas, salêbêtipun sadintên sadalu botên prayogi mênawi sade tinumbas, kêkesahan, nikahan, pêpaès, nanêm wit-witan, damêl sumur sarta ngêngêtgakênngêdêgakên. griya.

Wêwaton sêrat pawukon, wulan Mulud wau mênawi kangge ngêdêgakên griya awon, watakipun gêringan saha asring kasripahan, mênawi kangge alih-alihan griya [gri...]

--- 54 ---

[...ya] awon watakipun asring kasripahan.

Wêwaton ungêlipun kadis Marpuk, mênawi kangge salakirabi watakipun kawon salah satunggal utawi pisahan.

Ringkêsaning Cariyos Ringgit Purwa

Sambêtipun Sasadara ôngka I kaca 3.

Ijrapa

Punika bôngsa daniswara gêgriya karajan ing dhusun Manailan, kawikukawêngku. laladaning nagari ing Ngekacakra, bojonipun nama Nyai Ruminta ingkang kacariyos sugihipun anglangkungi, rajabrananipun kasimpên wontên salêbêting sumur ngantos kêbak, kasêbut wontên Sêrat Kalimataya, kêpanggih kalihan para Pandhawa kala pitêr puja badhe ngancas kamuksan, Ijrapa wau anakipun satunggal jalêr nama: Rawan, kacariyos Dhanghyang Ijrapa sanadyan bôngsa daniswara nanging sangêt kasarakat panggêsanganipun awit saking botên kaur ngupajiwa dening nagari Ngekacakra kaêbrokan dênawa raja nama Baka, sarèhning botên kuwawi nanggulangi ing prang dados milalu nungkul nyanggi ingkang dados têdhanipun dênawa ing sabên dintên uwos sapadhati, [sa...]

--- 55 ---

[...padhati,] maesa kêkalih, tiyang satunggal punika katarab mêntahan, sarêng sampun têlas-têlasan botên wontên ingkang kangge angwontênakên lêladosan dados nêmah badhe lumêbêt dados lêladosan piyambak, pinambêngan dening anakipun aluwung piyambakipun kemawon ingkang lumêbêt dados lêladosan, Dhanghyang Ijrapa kêkahing kajêng botên kenging ginondhelan, anak putu sarta kulawarganipun sami nangisi sadaya, kasaru dhatêngipun Radèn Bratasena, pitakèn karananing sami nangis, Dhanghyang Ijrapa matur miwiti mêkasi. Radèn Bratasena langkung wêlas lajêng nyagahi dados lêladosan, namung minta pituwas sêkul ulam tuwin dhêdhaharan, Dhanghyang Ijrapa langkung ngungun mirêng kasagahanipun Radèn Bratasena lajêng matur pitakèn nama sarta sangkan paranipun, Radèn Bratasena mangsuli sajarwa yèn satriya ing Ngastina, putra têtilaranipun Prabu Dewanata inggih Pandhu Dewanata, muksaning rama ngawula ing uwa Prabu Drêtarasthra = Dhêstharata, ingkang gumantos kapraboning rama, lajêng nyariyosakên gancaring lêlampahanipun nalika kaapus krama dening para kadang Kurawa wontên Bale Sagala-gala, mèh sirna salêbêting latu, rahayu angsal pitulunging dewa kadhawuhan anut lampahing garangan pêthak amblês ing

--- 56 ---

siti dumugi Saptapratala, kêpanggih Sang Hyang Anantaboga lajêng tinuduh kinèn ngawula dhatêng Ratu Wiratha mêdal saking Saptapratala badhe dhatêng Wiratha, wontên ing margi ingkang ibu Dèwi Kunthi karaos luwe lajêng kadhawuhan ngupados sêkul sarêng lumampah mlêbêt dhatêng padhusunan mirêng swaraning tangis gumuruh lajêng dhatêng pitakèn punika. Dhanghyang Ijrapa sadangunipun mirêngakên pangandikanipun Radèn Bratasena sumêrêp bilih punika satriya agêng lajêng lumungsur linggihipun sarta atur sêmbah ing batos langkung bingah rumaos badhe luwar saking bêbaya ingkang ambêbayani. Radèn Bratasena lajêng kaladosakên kanthi abon-abonipun, dênawa Raja Baka nampèni langkung suka dening agênging lêladosan tiyang wah taksih anèm, abon-abon tinarab bebas, sarêng Radèn Bratasena badhe tinarab malahi dados prang Raja Baka pêjah kaprawasèng asta. Dhanghyang Ijrapa sakulawarganipun langkung suka narima pun Rawan ngaturakên prasêtya suka dadosa tawuring Bratayuda ing têmbe, sanalika gêr sinauran gêtêr-patêr tôndha anêksèni kayêktèning prasêtya. Dhanghyang Ijrapa lajêng ngrukti dhêdhaharan sêkul ulam sarampadanipun, Radèn Bratasena lajêng wangsul kadhèrèkakên Dhanghyang Ijrapa sakulawarganipun sarta bêkta sêkul ulam dhêdhaharan,

--- 57 ---

dhatêng ing ênggèn pakèndêlanipun ingkang ibu sarêng kalihan ingkang rayi Radèn Pamadi sami mêntas ngupados dhêdhaharan, angsal-angsalipun sampun sami katur ing ibu sarta angaturakên lêlampahanipun piyambak-piyambak, pangandikanipun Dèwi Kunthi ingkang pantês dipun dhahar angsal-angsalanipun Radèn Bratasena, awit angsalipun saking rinencangan urup rudira, dene angsal-angsalanipun Radèn Pamadi botên utami kadhahar awit angsalipun saking jalaran ngatutakên pangantèn lami botên atut. Ing ngriku lajêng sami dhêdhaharan waradin sakulawarga, saluwaring dhêdhaharan sami karaos ngêlak sarta salong wontên ingkang kasêrêtên, ngupados toya angsal toyaning bêlik langkung wêning sarêng kaombe sami pêjah sadaya. Dhanghyang Ijrapa sumêrêp yèn saking kamayaning dewa lajêng matak môntra wikrama sami sanalika katingal kamayanipun Sang Hyang Brama, samantara muksa atilar toya marta wontên kamandhalu patula§ Kamandhalu patula punika waluh kênthi dipun sukani carat kalih, Zie P. R. IV. blz. 63. cinandhak dhatêng Dhanghyang Ijrapa kasiramakên ingkang sami kajantaka lajêng waluya sadaya. Para Pandhawa sami kaaturan lumêbêt dhatêng pura Ngekacakra, inggih sami anuruti ngantos lami lêrêm wontên ing ngriku tansah sinuba- suba [sinuba-...]

--- 58 ---

[...suba] dening Dhanghyang Ijrapa.

Kasêbut ing padhalangan, Dhanghyang Ijrapa nama Janaka anakipun nama Erawan, sarta sanès bôngsa daniswara, pêpatihipun Raja Baka anyanggi ingkang dados têdhanipun tiyang saabon-abonipun, sarêng têlas-têlasan ingkang badhe kaladosakên anakipun nama Rawan, kirang sawatawis dintên saking anggènipun badhe kaladosakên mawi dipun bêbingah nêdha eca rintên dalu mawi gôngsa ngrêrangin kados satataning gadhah damêl, sawêg rame-ramening bêbingah dhatêngipun Radèn Sadewa kautus ingkang ibu Dèwi Kunthi ngilèni sêkul, sarêng sampun angsal lajêng pitakèn pasamuwan punika gadhah damêl punapa, dipun wangsuli bilih botên gadhah damêl punapa-punapa namung ambêbingah anakipun badhe kaladosakên dados dhaharing ratunipun, lajêng kacariyosakên gancaripun sadaya, Radèn Sadewa lajêng wangsul sowan ingkang ibu ngaturakên dhaharan angsal-angsalanipun sarta matur kawontênanipun ingkang dipun sumêrêpi, Radèn Bratasena langkung wêlas lajêng tindak ingkang rayi Radèn Sadewa kadhawuhan nêdahakên, kêpanggih kalihan Dhanghyang Ijrapa mitêmbung lumampah kadamêla lêladosan dhaharing ratunipun, kalampahan [kalampaha...]

--- 59 ---

[...n] andadosakên punika pêjahipun Raja Baka wau.

Rms. Suwita.

Kawontênanipun ing Jagad Rat Miturut Pamanggihing Kawruh Pamisah (Scheikunde)

Sambêtipun Sasadara ôngka XI kaca 518.

Sawarninipun garis-garis ingkang katingal ing pirantos sêpèktroskup spectroscoof punika ingkang pêtêng utawi ingkang sulak padhang sampun mêsthi dados tôndha kawontênanipun jasad ingkang tamtu, mênawi garis-garis wau katingalipun sulak pêtêng, kadosdene garis ingkang katingal wontên ing sêpèktrumipun srêngenge, punika dados cihna kawontênanipun jasad têtunggilaning hawa ingkang anglimputi srêngenge, dene bagianing jasadipun srêngenge ingkang awujud hawa, sarta ingkang langkung kêkêt tinimbang peranganing jasad bêntèr ingkang nglimputi srêngenge, katingalipun wontên ing pirantos awarni garis ingkang sulakipun ragi kirang padhang tinimbang garis-garis kanthaning sêpèktrumipun srêngenge ingkang sanès-sanèsipun. Miturut pamanggihing kawruh sêpèktral analis têtela sangêt bilih hawa ingkang nglimputi srêngenge punika amawa sarining tosan,

--- 60 ---

natrium (natrium) kalsium (calcium) mahnesium (magnesium) sodhium (sodium) khromium (chromium) nikêl (nikkel) kajawi punika kadugi ugi wontên cêcamboraning têmbagi, sing tuwin barium (barium) dene cêcarubaning logam sanès-sanèsipun, kados ta: êmas, salaka, toya salaka (kwikzilver) timbêl sarta rêjasa (timah sari = timah pêthak = tin) botên pinanggih ing hawa ingkang nglimputi srêngenge, mênggah adon-adoning jasadipun srêngenge ingkang salugu sapriki dèrèng kasumêrêpan, malah kawontênanipun lumahing srêngenge ingkang katingal saking bumi kita, punapa awujud toya cuwèr, punapa awujud hawa, punapa awujud kukus, punapa atos awujud siti: dèrèng kasumêrêpan kalayan sampurna. Sadaya garis-garis kanthaning sêpèktrumipun rêmbulan sampun mêsthi sami kemawon kalihan kawontênaning garis-garis kanthaning sêpèktrumipun srêngenge, awit dene rêmbulan kita angsal pêpadhang saking srêngenge. Mênggah kawontênaning jagad-jagad sanèsipun sampun kasumêrêpan bilih abriting sorotipun lintang Marês Mars têtela botên jalaran saking lumahipun, kadugi namung saking hawa ingkang anglimputi lintang wau kemawon, hawa ingkang anglimputi [a...]

--- 61 ---

[...nglimputi] jagad Yupitèr Jupiter langkung prayogi kula wastani lintang Yupitèr kemawon, katingalipun ing pirantos kados mawa toya kathah, mênawi ingkang katingal ing sêpèktroskup punika dede kawontênaning lumahipun ingkang salugu, bokmênawi punika wangsulipun sunaring srêngenge ingkang sumorot tumanduk ing swasana (de terug kaatsing van het Zonnelicht in de atmosfeer).

Supados têrangipun cariyos kula ing nginggil punika, kula kêdah nyariyosakên rumiyin bab pêpadhang kados ingkang kasêbut ing ngandhap.

Pêpadhang

Ingkang dipun wastani pêpadhang punika punapa, miturut planggêraning kawruh kodrat (natuur vetten hijpothetische kraeht)§ Inggih punika daya ingkang dipun wastani mêsthi wontênipun M.d.M. pêpadhang punika ingkang tumandukipun dhatêng saranduning mripat sagêd mahanani wêwarnèn utawi kawujudan, wahananing wêwarnèn utawi kawujudan wau babaripun wontên ing mripat winastan paningal, peranganing kawruh kodrat ingkang nyêrêpakên dhatêng bab wêwatêkaning daya padhang punika winastan kawruh paningal (optica) saking pangintênipun para sagêd ing kawruh kodrat daya padhang punika tumangkaripun sami kalihan tumangkaring daya bêntèr, inggih punika saking ili sarta saking

--- 62 ---

lembakipun hawa, lembakipun hawa punika dipun ugêri sarta dipun anggêp mênawi wontên, punapa malih kalimrahakên ing akathah dening para ahli kodrat, malah kawontênanipun bab punika sampun kagêlarakên dening para sarjana Tuwan Grimaldi, Descartes, Huijgens, Joung, Malas, sarta Tuwan Fresnel awit saking alusing hawa lembakipun ngantos botên kasatmata, para sarjana ing kawruh kodrat sami amastani bilih tumangkaripun pêpadhang punika jalaran mêndhang (moleculen)§ Mêndhang utawi moleculen punika bagianing jasad ingkang alus, kados ta upaminipun kajêng satugêl utawi sacuwil, punika wujuding blêgêr kajêng awit saking kalêmpaking mêndhang, inggih punika molêkilên (moleculen) dados sabên wujud sampun mêsthi mawa molêkilên, kaotipun namung alus kalihan kasar kemawon, punapa molêkilên utawi mêndhang punika kenging kapisah saking gêgolonganipun, botên: awit sapintên alusipun jasad sampun mêsthi dadosipun wujud saking kalêmpaking mêndhang utawi molêkilên (moleculen) upami tiyang sagêd mara luguting utawi galuguting kolang-kaling, sapara pintên-pintênipun lugut wau, dadosipun wujud paran, taksih saking kalêmpaking molêkilên (moleculen) dados molêkilên punika bagianing jasad ingkang alus sarta ingkang kalangkung samar, ngantos botên kasatmata. M.d.M. ngipun jasad ingkang mawa cahya, kapanduk ing daya gêtêr ingkang ebahipun sakêlangkung rikat, daya gêtêr wau tumular dhatêng swasana, daya padhang lajêng tumangkar arambatan swasana. Wontên sambêtipun.

R.L. Mangkudimêja, ing Ngayogyakarta.

--- 63 ---

Gêsang

Tiyang punika jêjêring gêsangipun, saking pamanggih kula ingkang pêrlu gumantung wontên 4 prakawis, inggih punika saking:

1. Wiji
2. Hawa
3. Têtêdhan
4. Pamulasaraning badan

Anggèn kula sagêd amastani makatên wau, awit gêsanging tiyang punika kula samèkakên kalihan gêsangipun thêthukulan. Suburing têtanêman punika, kajawi saking pangupakara sarta siti, ugi kêdah saking saening wiji, awit saupami têtanêman wau wijinipun kirang sêpuh, utawi wontên cacadipun sanès-sanèsipun, ingkang saèstu thukulipun kirang subur utawi pêjah sadèrèngipun mêdal melikipun, dados saupami tiyang punika wijinipun kirang sae, kados ta: kênèmên, kêsêpuhên, sêsakitên, utawi wontên sabab sanès-sanèsipun, ingkang saèstu dadosipun ugi kirang prayogi, inggih punika lêpata pêjah bayi, sanadyan lêstantuna gêsang inggih kirang sampurna, utawi wontên sabab sanès- sanèsipun ingkang botên jalaran saking bab 2, 3 tuwin 4 kasêbut ing nginggil, tandhanipun [tandhani...]

--- 64 ---

[...pun] tiyang ingkang taksih kirang pamanggih utawi kirang pamarsudi, turunipun mariyi, botên sagêd bongoh sarta bagas, kados anak-anakipun bôngsa Walandi, punika amung jalaran saking kathah ingkang dipun jodhokakên dèrèng wanci, utawi anggènipun nurunakên wiji wontên salêbêtipun sêsakitên, utawi sabab sanès-sanèsipun, ingkang sagêd anjalari awoning turunipun. Dados wijining tiyang punika kêdah:

1. Nèm sêpuhipun cêkapan.
2. Badan sêgêr (bagas) kiyat.
3. Pananêmipun mawi nitik môngsa, inggih punika ing môngsa têntrêming manah.
4. Mênggaha têtanêman, panyiramipun sampun kêkêrêpên utawi kawisên, awit upami kêkêrêpên, lajêng pêjah margi dening siti bacêk, bilih kawisên sagêd ugi pêjah, botên pikantuk sêsêgêr.

Wiwit wiji tumètès, dumuginipun lair dados jabang bayi, kajawi ingkang kasêbut ing nginggil, biyung kêdah anjagi badanipun sampun ngantos kirang pangupakara, utawi sampun ngantos kirang têtêdhan ingkang maedahi, ringkêsanipun sadangunipun biyung ngandhut bayi kêdah bagas kasarasan. Sasampunipun bayi lair, ingkang pêrlu kajagi têdha sarta badanipun.

--- 65 ---

Pangupakaraning Badan

Sadèrèngipun kula amratelakakên pangupakaraning badan, pêrlu sangêt kula anêrangakên kulitipun tiyang, wontênipun kadospundi.

Kulit tiyang punika sap tiga, inggih punika sap kapisan, sap kalih tuwin sap katiga. Bilih dipun tingali sarana pirantos ingkang dipun wastani mikroskup microscoop kulit punika kathah bolonganipun alit-alit, dipun wastani poriêm porei bolongan wêdaling rambut utawi wulu, ugi kangge margi wêdaling lisah, awit ing ngriku wontên pirantosipun pandamêl lisah, dene bolongan wêdalipun karingêt, ing pungkasanipun wontên pirantosipun pandamêl karingêt, thukuling rambut utawi wulu, pirantos pandamêlipun lisah tuwin karingêt wau panggenanipun sadaya wontên ing kulit ôngka 2 warningwarnining. tiyang, inggih punika pêthak, jêne, abrit sarta cêmêng, punika dhasaripun ugi wontên ing kulit ôngka 2 (sêrat kabar anggiyarakên, bilih sapunika wontên sarjana bôngsa Walandi sagêd angewahi warnining tiyang, kados ta: tiyang kulitipun cêmêng, sagêd dados pêthak), pucuking otot pangraos ugi wontên ing ngriku, amila bilih tiyang namung babak kulitipun ayam kemawon [kema...]

--- 66 ---

[...won] (kulit ôngka 1) botên karaos sakit, awit kulit ayam wau botên wontên ototipun pangraos.

Kulit utawi badan punika pêrlu sangêt karêksa rêsikipun, awit saupami botên rêsik badanipun, saèstu kirang prayogi, badan lajêng karaos lêsu, lêsah utawi awrat, satêmah lajêng dados sakit bêntèr utawi sanès-sanèsipun, awit pori katutupan rêrêgêd sasaminipun, dados hawa utawi kukusipun badan, botên sagêd mêdal, utawi pirantos-pirantos ing lêbêt risak, punapa malih lajêng gudhigên, korèngên sasaminipun amaning kulit.

Pangupakara rêsiking badan punika ingkang pêrlu piyambak, adus ngangge sabun sadintênipun kaping kalih, enjing wanci jam 5 sontên jam satêngah 5 utawi jam 5 awit badan punika, kajawi katempelan rêrêgêd saking jawi ugi mêdal karingêt tuwin lisahipun, dados rêrêgêding badan, mila anggènipun adus kêdah rêsik, utaminipun mawi sabun sasaminipun, ingkang sagêd nyirnakakên rêrêgêd, awit sanadyan adusa, upami kirang rêsik, kêkantunaning rêrêgêd lajêng anutupi bolonganing [bo...]

--- 67 ---

[...longaning] kulit, ingkang dipun wastani poriên wau. Taksih wontên sambêtipun.

Prawirawiyata

Abdi dalêm carik ôngka 2 kabupatèn pulisi Surakarta.

Ngèlmu Padhukunan Bayi

SasbêtipunSambêtipun. ôngka XII kaca 560.

Mênawi tiyang gadhah anak kêmbar, saking kintên-kintên langkung awrat awit angagêngakên bayi kêkalih, nanging kayaktosanipun botên wontên bedanipun, limrah kados mawratakên bayi satunggil, awit bayi kêmbar ingkang satunggil langkung alit katimbang kalihan ingkang botên kêmbar. Mênawi sampun ngandhêg sêpuh bokongipun bayi kêkalih karaos wontên ing wêtêng nginggil, ing têngahipun wêtêng lêgok sawatawis, ebahipun bayi amradini wêtêng sarta kêkêtêg kamirêng ing pupu kiwa kêngên.têngên.

Wondene bedanipun mawratakên bayi kêmbar, namung uritan kêkalih sarêng lumêbêt ing kanthongan bayi lajêng dados angandhêg, ing nginggil sampun kapratelakakên amêdalakên êrah punika yèn anglêrêsi wawrat angsring ical wawratanipun, ananging wontên ingkang wawrat [wa...]

--- 68 ---

[...wrat] taksih anggarapsari ngantos kaping kalih malih, mênawi wêdalipun êrah botên kathah sampun kuwatos sangêt-sangêt, namung kêdah prayitna, kèndêl sampun nyambut damêl, sarta prayogi tilêman katimbang kalihan lênggah, sampun ngombe ombèn-ombèn ingkang bêntèr, angombea toya asrêp, mênawi lumampah sampun rikat-rikat, anjêlih sarta têtêmbangan botên kenging, dumugi sabên mangsanipun anggarapsari angatos-atosa nanging sampun uwas mênawi ical wawratanipun.

Mêdalakên rah punika angsring dados sasmita badhe rêntah wawratanipun, mila lajêng anêdhaa rêmbagipun dhukun sampun ngantos rêntah sadèrèngipun uritan kapanjingan nyawa. Mênggah sasêbutanipun gadhah bayi dèrèng dumugi ing môngsa, yèn sampun wawrat 5 wulan namanipun kasiyangên (kenggalên), para tiyang èstri ingkang sampun nate angrêntahakên sapisan, mênawi wawrat malih kulinanipun asring rêntah, mangsanipun sami kalihan kala rêntah sapisan, dene mênawi lairipun bayi sampun langkung ing môngsa punika sampun kuwatos, awit salêrêsipun botên wontên wawrat langkung saking sangang wulan, punika namung petangipun ingkang lêpat, utawi botên kalêbêt sabab ingkang ugêr, limrah petangipun para tiyang èstri

--- 69 ---

sabên kasiyangên.

Watuk ingkang botên anggogragakên wêtêng punika botên dados punapa, wangsul mênawi sangêt lajêng acariyosa dhatêng dhukun, awit dhukun sumêrêp ing sababipun, sarta ing salairipun bayi sagêd amaspadakakên, punapa êmbok sagêd anusoni dhatêng bayi utawi botên.

Yèn ing dhadha karaos sêsêg, utawi unjal ambêkan rêkaos, punika amargi saking kêbakipun wêtêng utawi trapipun sandhangan botên kalêrêsan, mila sandhangan kêdah katata supados sakeca trapipun, kêbakipun wêtêng anyarantosna mênawi sampun gadhah anak, sampun saèstu sêsêgipun badhe ical piyambak, sarta rêkaosipun angunjal napas kaampêta ingkang kalihan sabar, wah malih wulan ingkang wêkasan badhe longgar, awit kanthongan bayi sampun malorod sakêdhik. Lênggah kêdah ingkang rata sampun andhodhok, patrapipun tilêm asèndhèn, sampun namung ngangge bantal satunggal sirah kantos wradin.

Uritan ingkang taksih wontên ing kanthongan bayi tansah mindhak agêng, amêtêl otot sarta êrah ingkang wontên ing badan ngandhap, punika andadosakên [andadosa...]

--- 70 ---

[...kên]

otot marêngkêl, ing suku, ing pupu, ing wêwados sarta ing jubur, mênawi manggèn ing jubur namanipun ambèi, ingkang nêmbe wawrat sapisan awis ingkang anggadhahi sakit makatên, namung ingkang sampun kêrêp anggadhahi anak angsring sakit makatên. Otot marêngkêl kalimrahanipun namung ing suku satunggil, sarta cêlak akalihan dhêngkul, sasampunipun manak sarta botên sangêt adat ical tanpa mawi sarana, dene yèn sangêt asring dados korèng, awit otot mèpèt ing bolonganipun kulit, dados êrah botên sagêd wangsul dhatêng manah, mila lêrêsipun tangsul mojah botên kenging kaubêdakên kêncêng, punapa malih prayogi mawia balêbêd sinjang panjang 3 utawi 4 mètêr, wiwit saking jênthik minggah ngantos sacêkapipun, trapipun ingkang wradin sampun ngantos anjêngkêrut, mênawi dèrèng mangrêtos anêdhaa pratikêl dhatêng dhukun. Tiyang èstri wawrat awis ingkang sukunipun botên mênthêng-mênthêng, sarta katawisipun namung sabên siyang, tangi tilêm ing wanci enjing lajêng ical, sarta botên dados punapa, namung mênawi mênthêng-mênthêng wau ngantos minggah wah botên sagêd sirna, prayogi lajêng katêdahna dhatêng dhukun. Anganggea sêpatu ingkang cêkapan, sarta bilih tilêm suku [su...]

--- 71 ---

[...ku] kêdah kasalonjorakên ingkang wradin, bêngkakipun wêwados tumrap sangêt kangge mlampah-mlampah, namung wêkasanipun wulan ingkang kaping tiga botên kenging kaicalakên, mênawi badhe nyuda sakêdhik bêngkakipun, anganggea komprès angêt-angêtan mawi sêkar tèh, ananging langkung pratitis lajêng kapriksakna dhatêng dhukun, sarta mituhua punapa sapakènipun.

Sêsakit ingkang botên pramana botên usah dipun sêdhihi, kados ta: ngêlu, sakit untu sarta sanès-sanèsipun, ananging bilih katawis awit êrah kathah, lajêng apirêmbagana kalihan dhukun, dene yèn sakit untu ngantos krowak dipun jampèni èrêosut, saupami madal: untu kêdah kacopot, sarta botên andadosakên sabab dhatêng para tiyang èstri wawrat, wontên tiyang ingkang acêcariyos, bilih patrap makatên botên sae, awit wontênipun sêsakit wau saking pambêktanipun wawratan, jampi-jampi botên amitulungi, sarta copotipun untu botên sagêd tuwuh malih, wah sakitipun taksih panggêng. Cariyos punika anglêngkara.

Para tiyang èstri wawrat kêdah ngarêm-arêm manahipun piyambak, yèn sadaya sêsakit badhe ical sasampunipun [sasampuni...]

--- 72 ---

[...pun] gadhah anak. Sakit pêgêl sarta sakit suku botên dados punapa, kêdah dipun sabarakên sarana dipun gosok lisah saladhah, arak sarta sanèsipun, ingkang sakitênsakintên. sagêd anyuda raosipun sakit. Taksih wontên sambêtipun.

Bab Sagantên

Sambêtipun Sasadara ôngka I kaca 37.

Ing salêbêting sagantên inggih kadunungan hawa bêntèr kados ing dharatan, nanging bêntèring sagantên ingkang nglêbêt punika sami kemawon, lumahipun ing jawi (ing nginggil) ingkang beda, kados ta: toya sagantên sacêlaking èkwator (garis lini) bêntèripun kirang langkung 280 C ing sagantên anjêndhêl 00 C.

Eis ing sagantên anjêndhêl punika mênawi môngsa badhidhing anjêndhêl dados satunggal, kandêlipun ngantos 6-7 M mênawi ing môngsa bêntèr, èis wau lajêng sami pêcah, pating krambang katut ing angin utawi katut arusing sagantên, èis ingkang pating krambang wau sami agêgunungan, wontên ingkang inggilipun 100 M punika ingkang katingal, môngka ingkang wontên ing nglêbêt (salêbêting toya) apêsipun tikêl 6 tinimbang ingkang

--- 73 ---

katingal. Ingkang kathah èis makatên punika sagantên ing tanah Grunlan, awit ing ngrika kathah glètsêr (èis saking parêdèn), glètsêr punika sami mlorod dhatêng sagantên sarta sami tugêl, inggih punika ingkang kêmpal-kêmpalan andadosakên èis agêgunungan, samôngsa dumugi ing sagantên ingkang hawanipun bêntèr, lajêng ajèr saking ngandhap, têrkadhang awrat nginggil, satêmah anjungkêl, saupami wontên baita ingkang karêbahan èis ingkang gêgunungan punika, sampun tamtu sanalika pêcah, sirna tanpa kukupan.

Saking pamanah kula sagantên punika kathah sangêt paedahipun, kados ta: kapêndhêt sarêmipun, sarta pintên èwu yuta kemawon ulam ingkang kapêndhêt saking sagantên, lajêng kadamêl dagangan dhumatêng môncanagari, upaminipun gêrèh siyêm, dumugi ing tanah Jawi, sarta sapintên-pintên kathahing ulam ing sagantên tanah Eropah ingkang sampun dipun ratêngi, kasade ing tanah Jawi ngriki, kajawi saking punika, saupami botên wontên sagantên, badhe dhatêng pundi anjoging toya lèpèn ingkang tansah mili saking ing rêdi, bokmênawi badhe angêlêbi dharatan. Kajawi punika, sagantên wau pêrlu ingatasipun tiyang lêlampah ingkang dhatêng karajan sanès, awit yèn mawi [ma...]

--- 74 ---

[...wi] ngambah dharatan, tikêl pintên kemawon lamining lampah tinimbang mêdal sagantên asarana baita latu, mênggah baita ingkang ngambah sagantên wau botên ngêmungakên adamêl sakecaning lampah kemawon, inggih ugi lajêng adamêl ramening nagari, amargi dêdagangan kathah ingkang sagêd dhatêng ing ngamônca sarana kabêkta baita, kados ta ing tanah Jawi ngriki, sadèrèngipun wontên baita sabrang ingkang layar mriki, ing ngriki taksih dèrèng patos rame, sarta botên wontên barang ingkang adi-adi damêlan ing ngamônca, sarêng sapunika, punapa ingkang botên wontên, mèh sadaya barang ing ngamônca kathah ingkang dumugi ing ngriki, satêmah adamêl wêwah arjaning nagari, wusana amêwahi adat cara-caranipun tiyang bumi, amargi kathah para ngamônca ingkang sami dhatêng, lajêng adêdunung ing ngriku, ngantos turun-tumurun, saya lami sangsaya kathah.

Wondene baita ingkang lêlampah ing sagantên punika inggih sok wontên bêncananipun, kados ta, kèrêm, utawi katanggor ing karang, amargi saking punika sabên-sabên panggenan ing sagantên ingkang cèthèk utawi ingkang wontên karangipun, punapadene ing pulo-pulo, cêlak palabuhan, sami dipun sukani mênara, kangge pratôndha katingal saking katêbihan, dhumatêng [dhuma...]

--- 75 ---

[...têng] baita ingkang layar, supados sumêrêp yèn ing ngriku wontên dharatanipun. Dados botên wontên baita ingkang kalajêng kandhas.

Kandhidhat guru ing Karanganyar, Sasrasudirja.

Ngèlmi Ukur Sawatawis

Kula nuwun, sanadyan para maos sampun botên kêkilapan malih mênggah reka-rekanipun angukur siti sasaminipun, ewasamantên kula mêksa adamêl anggitan bab ngèlmi ukur sawatawis, bokmênawi wontên paedahipun ingatasipun ingkang dèrèng uninga, awit sampun asring kemawon kula anyumêrêpi bôngsa kula tiyang Jawi ingkang dèrèng sumêrêp babarpisan dhatêng lampah-lampahipun angukur, angantos kangelan sangêt sagêdipun sumêrêp, sapintên wiyaring pakarangan utawi pasabinanipun. Amila bab ukur ingkang badhe kula cariyosakên punika kula pêndhêt ingkang gampil-gampil sarta mayar pikantukipun pirantos, inggih punika cêkap mawi anjir kalihan tampar tuwin kajêng mrapat kemawon, sampun ngantos wontên ingkang ngêsah, botên sagêd anglampahi, jalaran botên wontên pirantosipun, [pirantosi...]

--- 76 ---

[...pun,] sarta supados kenging kaangge para tiyang dhusun ingkang botên simpên pirantos ingkang anèh-anèh.

Sampun tamtu kemawon, yèn angukur pirantosipun kirang sampurna punika, kirang lêrêsipun, ananging pamanggih kula botên dados punapa, namung kaanggêpa lumayan kemawon. Dene mênawi badhe nyumêrêpi ukuranipun ingkang lêrês, tiyang sampun wontên ingkang gadhah wajib, inggih punika ...

Panuwun kula dhatêng para maos, mugi sampun anggalih kêmba, amargi saking rèmèhing karangan kula, malah sami kagungana pangajêng-ajêng badhe maedahi. Sukur bage sèwu yèn wontên ingkang karsa ngewahi lêpatipun punapadene amêwahi kêkiranganipun, iba badhe prayoginipun. Kadospundi timbanganipun rama juru ngarang, punapa botên makatên.§ Kasinggihan, pirantos rèmèh ingkang nyêkapi dhatêng kabêtahaning manungsa angungkuli ajinipun mas ore ingkang sawêg pinêlik. Red.

Nuwun, sadèrèngipun kula miwiti mratelakakên reka-rekanipun angukur, punika kula mêthik ngèlmi wangun sawatawis, ingkang badhe pêrlu kangge angukur.

I. Bab lumah mojok tiga.

Ingkang kawastanan lumah mojok tiga punika, lumah ingkang

--- 77 ---

winatêsan ing garis kêncêng têtiga, dados pojokipun inggih wontên tiga.

Miturut sisihipun, lumah mojok tiga punika wontên warni 3.

1. Ingkang sisihipun tiga pisan sami panjangipun.
2. Ingkang sisihipun namung kalih ingkang sami panjangipun.
3. Ingkang sisihipun tiga pisan botên sami panjangipun.

Miturut pojokipun, lumah mojok tiga inggih kabedakakên dados tiga.

1. Lumah mojok tiga lancip, inggih punika mênawi pojokipun tiga pisan satunggil-satunggilipun agêngipun kirang saking 900.

2. Lumah mojok tiga sikon, inggih punika mênawi salah satunggiling pojokipun agêngipun 900 = sikon.

3. Lumah mojok tiga têmpak, inggih punika mênawi salah satunggiling pojokipun agêngipun langkung saking 900.

Sadaya lumah mojok tiga, sanajana kados punapa kemawon wangunipun, amêsthi gunggunging pojokipun tiga pisan 1800 dados tikêl kaping kalihipun pojok sikon, utawi sapalihipun buwêngan.

--- 78 ---

Wondene lumah mojok tiga punika, sisihipun salah satunggil kawastanan dhasar, ingkang kalih kawastanan suku, dene pojok ingkang ajêng-ajêngan kalihan garis dhasar, kawastanan pucakipun. Garis sipat gantung saking pucak dumugi dhasar utawi sambêtanipun garis dhasar, kawastanan inggilipun.

Agêngipun (jêmbaripun) lumah mojok tiga punika =

1 ukuran pasagi (c X dhasar X inggil

2

kados ta:

(1) ukuran pasagi: punika manut ingkang kangge ngukur, kados ta: mênawi kaukur mawi M. inggih 1 M, mênawi kaukur mawi cêngkal, inggih 1 cêngkal pasagi, mênawi kaukur mawi kaki, inggih 1 kaki pasagi, makatên sasaminipun. Upami wontên lumah mojok tiga ingkang dhasaripun 6 kaki, inggilipun 4 kaki, punika jêmbaripun =

1 kaki pasagi + 6 X 4 = 12 kaki pasagi.

No. 1.

[Grafik]

--- 79 ---

Gambar ôngka 1 punika pojok ABC sikon = 900 dados lumah mojok tiga ABC punika lumah mojok tiga sikon.

Mênawi garis BC kaangge dhasaripun, garis AB kalihan garis AC suku, pojok BAC (A) pucakipun, dene inggilipun, inggih punika garis AB awit garis AB dhumawahipun ing garis BC sampun sipat gantung. Dados jêmbaripun lumah mojok tiga ABC punika =

1 ukuran pasagi + BC X AB

2

Mênawi garis AB ingkang kaangge dhasar, sukunipun AC kalihan BC pucakipun ABC (C) garis BC dados inggilipun, jêmbaripun lumah mojok tiga ABC =

1 ukuran pasagi + AB X BC

2

Mênawi garis AC ingkang kangge dhasaripun, sukunipun AB kalihan BC pucakipun ABC (B) inggilipun garis BD, inggih punika garis sipat gantung saking B (pucak) dhatêng garis AC (dhasar). Dados agêngipun mojok tiga ABC punika =

1 ukuran pasagi X AC X BD

2

--- 80 ---

No. 2

[Grafik]

Gambar ôngka 2 punika lumah mojok tiga lancip, awit pojokipun tiga pisan sami kirang saking 900.

Mênawi EG ingkang kaangge dhasar, sukunipun EF kalihan FG, pucakipun F, inggilipun FH, inggih punika garis sipat gantung saking F (pucak) dhatêng EG (dhasar). Dados jêmbaripun lumah mojok tiga EFG punika =

1 ukuran pasagi X EG X FH

2

Mênawi EF ingkang kangge dhasar, sukunipun EG kalihan FG pucakipun G, inggilipun GI dados jêmbaripun =

1 ukuran pasagi X EF X GI

2

Mênawi FG ingkang kangge dhasar, sukunipun EF kalihan EG pucakipun E inggilipun EJ dados jêmbaripun lumah mojok tiga punika =

1 ukuran pasagi X FG X EJ

2

--- 81 ---

No. 3.

[Grafik]

Gambar ôngka 3 punika lumah mojok tiga LKM têmpak, awit KLM (L) têmpak, agêngipun langkung saking 900.

Mênawi LM ingkang kangge dhasar, sukunipun KL kalihan KM pucakipun K inggilipun KN inggih punika garis sipat gantung saking K dhatêng LN (sambêtanipun garis dhasar LM) dados jêmbaripun lumah mojok tiga LKM =

1 ukuran pasagi X LM X KN

2

Mênawi KL ingkang kangge dhasar, sukunipun KM kalihan LM pucakipun M inggilipun PM inggih punika garis sipat gantung saking M (pucak) dhatêng LP (sambêtanipun garis dhasar KL), dados jêmbaripun lumah mojok tiga punika =

1 ukuran pasagi X KL X PM.

2

- -- 82 ---

Mênawi KM kangge dhasar, sukunipun KL kalihan LM, pucakipun L, inggilipun LR, dados jêmbaripun

1 ukuran pasagi X KM X LR

2

Kaimpun dening Mas Martadiharja (Mantri guru ing Bagi)

Taksih wontên candhakipun.

Kawruh Topèng

Sambêtipun ôngka I kaca 7, taun III.

Wondene tanggapan topèng punika ingkang kalampah namung ing wanci siyang, saha sawêg kangge tontonan ing têtiyang alit, bôngsa sudagar bakul pangindhung sasaminipun, mênawi ambêbarang kêdhik-kêdhikipun ingkang pancèn anopèng kêdah tiyang 4 utawi 5 ingkang nabuh têtabuhanipun tiyang 5, dene patraping panjogèdipun mawi amawang kathah kêdhiking arta sasuku utawi sajampêl, pangkating jogèdipun namung rambah kaping gangsal lajêng bibar, mênawi pananggapipun ngantos sakêton, topèng sanga wau kangge sadaya, pangkating jogèd inggih rambah kaping sanga, adêganipun namung rambah kaping pitu, wijangipun makatên: sabên-sabên topèng punika katanggap, botên [bo...]

--- 83 ---

[...tên] mawi talu, gôngsa lajêng mungêl kêrêpan, sasuwukipun tumuntên mungêl gêndhing liwung, ingkang kangge anjogèd pangkat kapisan topèng Raton, lajêng santun topèng Gunungsari, ugi santun rarasing jogèdipun, ing padhalangan jogèdipun topèng ingkang kapisan, punika katêmbungakên nêmbe, sadumugining jogèdipun topèng pangkat kaping kalih lajêng gêndhingipun santun Erang-erang, ingkang anjogêd santun topèng Andaga, rarasing jogèdipun inggih santun, mênawi sampun dumugi pangkatipun jogèd kaping tiga, gêndhing kasêsêgakên santun topèng dênawa, saha santun tiyang ingkang anjogèd, gêndhing kasêsêgakên lajêng santun gêndhing Gêdrug. Sakèndêlipun jogèd dênawa, gôngsa kasuwuk, dhalang lajêng nyuluki sarta sakawontênanipun tiyang sanèsipun ingkang sami tumut nopèng, ambarungi suluking dhalang, sakèndêling suluk kakocapakên topèng ingkang sampun sami mêdal, nanging botên wontên jêjêring lêlampahan, lajêng mungêl gêndhing Loro-loro, mêdal bênco kalihan turas, sasampunipun anjogèd sindhèn saha bêbanyolan ginêm badhe sowan bêndaranipun, punika sawêg wontên jêjêring lampahanipun, ingkang makatên wau katêlah dumugi sapunika, mênggah têtanggapan topèng wau, dhalang pangikêtipun lampahan [lampah...]

--- 84 ---

[...an] mênawi sampun mêdal Têmbêm Pênthul, inggih ginêmipun Têmbêm kalihan Pênthul punika ingkang badhe dados cariyos gancaring lampahan topèng, ing nalika samantên dèrèng wontên topèng dipun ukir, saha dèrèng kapulas warni-warni, namung dipun ulat-ulati abrit utawi cêmêng, saantawis taun laminipun topèng wau lajêng dipun wêwahi 20 iji, kados ingkang kapratelakakên ing ngandhap punika:

1. Panji nèm sêpuh 2
2. Kartala 1
3. Wirun 1
4. Patihan 2
5. Klana nèm 1
6. Dênawa 2
7. Sêmbunglangu 1
8. Togog 1
9. Sinjanglaga 1
10. Emban Wilajômba 1
11. Emban Wilacarma 1
12. Sarag 1
13. Emban Tatag 1
14. Emban Gimêng1.

--- 85 ---

15. Brajanata 1
16. Ragil Kuning 1
17. Parêkan 1

Gunggung wêwah 20 iji, akalihan yasanipun Sinuhun Kalijaga: 9 iji, ingkang sampun kapratelakakên ing ngajêng dados 29 iji, wiwit kala samantên topèng sampun kaanggit lampahanipun winastan lampahan Jaka Sêmawung, gancaring cariyos nalika Panji mêntas mikramakakên Rêtna Onêngan, inggih Ragil Kuning, andadosakên sakitipun Radèn Sinjanglaga, kasmaran dhatêng Rêtna Onêngan wau, saha wiwit katata gêndhinging topèng piyambak-piyambak, punapa malih suluk grêgêt saut saurutipun anunggil kados ringgit purwa, sanajan sampun mawi jêjêring lampahan, ewadene mênggah topèng barangan taksih dèrèng ewah patrapipun, amung santun mênawi nêmbe, punika ingkang jogèd rumiyin raton lajêng patih, andaga, dênawa, Têmbêm sarta Pênthul lajêng bibar, namung kaot mawi cariyos patih, mawi bidhalan dhatêng Bantarangin, amaringakên sêrat dhatêng Prabu Klana. Taksih wontên sambêtipun.

--- 86 ---

Sêrat Pangrimbaging Têmbung

Ing Sêrat Pangrimbaging Têmbung, anggitanipun paduka Tuwan L.G. Bèrês, kaca 28 wulang kaping 33, mungêl makatên: atêr-atêr: dak, ko (kok) of di, iku kaaranan: tripurusa, têgêse: tri = têlu, dene purusa iku têmbung Sangskrita, têgêse: wong lanang.

Mungguh atêr-atêr têtêlu mau, iya ana jênênge dhewe-dhewe:

Dak, kaaranan utama purusa.

Ko (kok)§ kok = ko, punapa sampun lêrês, kajawi ing pakêcapan: kok jupuk, ing panyêrat, kojupuk. kaaranan madyama purusa.

Di, kaaranan pratama purusa.

Dhuh sang kasumbung miwah bêbanthènging pustaka Sasadara, mugi wontêna ingkang karsa paring barkah têtimbangan ing pamanggih kawula, kados ingkang kawula pratelakakên ing ngandhap punika:

Mênggah ingkang kawastanan tanggap: utama purusa punika lugunipun, atêr-atêr: di (ngoko) kakramakakên dados: dipun. Upami: dikulinakake (ngoko) dipun kulinakakên (krama).

Dene ingkang winastan: tanggap: pratama purusa, punika lugunipun atêr-atêr: tak (dak) ngoko, kula (krama), upami: tak (dak) kulinakake (ngoko) = kula [ku...]

--- 87 ---

[...la] kulinakakên (krama) sapanunggilipun ingkang makatên.

Mênggah atêr-atêr: di: dipun (= utama purusa) punika, raos saha têgêsipun sami kalihan tanggap na of tanggap ka, upami:

dijaluk = jinaluk = kajaluk enz enz.

Sarèhning sampun têtela bilih pamanggih kawula punika gèsèh kalihan isinipun Sêrat Pangrimbaging Têmbung wau, dados saangsal-angsal kawula nyuwun têtimbanganipun para nupiksaning pustaka Sasadara.

Makatên malih têmbung: gilingan enz punika punapa lêrês dipun wastani tanggap wisesa na lingga.§ Tanggap wisesa na lingga: sumêrêp kula botên wontên, ingkang wontên wisesa na lingga kemawon. Red.

Bilih lêrês makatên, mênggah têmbung: macanan enz punika, kawastanan tanggap punapa? Ing wusana nyumanggakakên.

Saking ingkang sawêg ambudi sarta amarsudi indhaking samukawis kasagêdan, pun nistha paparda, munggungpunggung. tur mudhadama.

Kho Ing An Klaten

Juru sêrat kapala kampung Cina.

Pustaka Darmasonya

Ing Sêrat Darmasonya, bab 10 wontên ungêl-ungêlan makatên:

Bêbalunging manungsa iku kang lumrah kèhe 213, anjabane balung kang dadi untu,§ Cocog kalihan Sêrat Ngèlmu Alam anggitanipun paduka Tuwan D Gerth van Wijk warsa 1890: capan ingkang kaping 3 kasêbut ing kaca 6: "Adapoen di dalam toeboeh manoesia, adalah toelang-beloelang 213 banjaknja, lain dari pada gigi." K.I.A. mênawa khewan sapanunggalane ora ana samono. Saupama ana manungsa kang balunge luwih saka samono, amêsthi luwih ing kabudayane, ananging mênawa balung iku kurang saka 213, kang mêsthi bodho panggraitane, tarkadhang anduwèni lara budhêg utawa bisu.

Awit saking punika, bilih andadosakên kaparêngipun para priyantun ingkang sami lêledhang ing Sasadara ngriki, [ngri...]

--- 88 ---

[...ki,] mugi wontêna barkah utawi sih wilasanipun, karsaa paring katrangan, wontên ing pundi dumununging balung ingkang langkung wau, saha balung ingkang botên wontên punika balung punapa, sarta kadospundi katranganipun.

Mênggah panyuwun kula bab ing nginggil punika, ugi sampun kula pitakèkakên wontên ing sêrat wulanan = (Insulinde) ananging dèrèng wontên ingkang amangsuli.

Wusana bilih wontên kêkiranganing têtêmbungan, kula nyuwun gênging sagantên pangapuntên.

Dhuh rama rêdhaktur, saupami Sêrat Darmasonya wau, kula pêthiki ingkang pêrlu-pêrlu, lajêng kula panjurungakên mriki punapa botên wontên awisanipun?§ Botên wontên. Namung mênawi kula botên mangrêtos suraosipun, saking cupêting budi, badhe botên kula pacak. Red.

Saking ingkang sawêg ambudi utawi amarsudi indhaking samukawis kawruh, pun nistha mudhadama.

Kho Ing An - Klaten.

Juru sêrat kapala kampung Cina.

--- 89 ---

Panglaraping Sasêrêpan Amung Minôngka Isèn-isèning Pustaka Sasadara

Bilih nuju môngsa kathah tiyang pêjah sakit kolerah, kêdah angatos-atos nêdha sarta pangombenipun, sarta kêdah anjagi kados ing ngandhap punika:

A. Miris, tiyang miris punika gampil kengingipun sêsakit punika, tinimbang sanèsipun, mila sasagêd-sagêd ingkang têtêg manahipun.

B. Cape, anjagia badan, sampun ngantos sayah sangêt, nyambut damêl rêkaos utawi lêlangên ingkang langkung saking wêwangên, kirang tilêm, adus toya asrêp ngantos dangu, sadaya ingkang damêl capening badan.

C. Kesisan, angisis badan sadangunipun tilêm, srana ambikak candhela, sarta siyang mêntas bêntèr sangêt, dalu lajêng mangangge sarwa tipis, ingkang langkung bêbayani mênawi panuju wontên sêsakit kolerah punika, ngombe toya asrêp langkung kathah, prayoginipun bilih tilêm ing wanci dalu, badan kakêmulana, punapa malih suku utawi pêtêng.wêtêng.

D. Toya, ingkang limrah tiyang ingkang kenging sêsakit kolerah punika, jalaran angombe toya ingkang langkung awon, toya pompa (sumur bur) lèpèn, [lèpè...]

--- 90 ---

[...n,] kalèn, ingkang tartamtu kacamboran rêrêgêd tumusan saking kakus, pacêrèn, pabrik, bilih badhe angombe toya ingkang dèrèng kinantên awon saenipun, prayogi kagodhog, lajêng kawayokakên, lajêng kadamêl ngombe, olah-olah enz kenging ugi kamomoran tèh, pangombenipun dipun wori anggur sakêdhik, toya kasaring kalihan arêng punika: ugi sae.

E. Wowohan, anêdha wowohan sawatawis ingkang sampun matêng punika botên andadosakên sabab punapa- punapa, ananging kêdah kaoncekan, langkung prayogi mênawi kagodhog, sampun ngantos nêdha rujak.

F. Sayuran, bilih badhe nêdha sayuran, prayogi kagodhoga rumiyin, kados ta: sayuran ingkang pancèn katêdha mêntah, awit sayuran punika sagêd adamêl sabab nguwatosi saking tumusaning siti.

G. Angewahi adat padintênan, sampun angewahi patrap ingkang kaangge sabên dintên, utawi sampun nênêdha têtêdhan ingkang angèl ajuripun, mênawi môngsa sêsakit kolerah punika, bilih nyêgah ngombe utawi nêdha botên ajêg, punika langkung gampilipun [ga...]

--- 91 ---

[...mpilipun] kenging sêsakit wau.

H. Ombèn-ombèn mawi ès (ijs) ès, utawi ès putêran, bilih kaombe sasampuning nêdha, utawi kaombe mênawi nuju karingêtên, pangombenipun kêdah kaiwit-iwit.

Pêthikan saking kabar Lokomotip, kaping 14 October 1896 no 242 ingkang sampun kajawèkakên.

Rèhning kawula manah-manah pêrlu sangêt kasumêrêpan, mila lajêng kula gêlarakên ing Sasadara ngriki. Sasadara ôngka I taun II kaca 39. Ugi sampun wontên cariyos bab punika, ananging lugu mêthik saking buku kolerah têmbung Jawi cap-capan guprêmèn.§ Saudara Babah Tan Sing Tjwan ing Pacitan, pratelanipun saudara Babah Kho Ing An ing Klathèn, ing nginggil punika kayêktosanipun kadospundi. Red.

Kho Ing An (Klaten)

--- 92 ---

Sêrat Cakrawarti, sambêtipun ôngka X kaca 478 taun II

[Grafik]

--- 93 ---

Wondèntên yèn badhe sumêrêp pêpantaranipun ing môngsa pali, nalika sêsarêngan kalihan wulan Jawi ingkang kalampah sapunika, kaetang saking wiwit dhawuhipun ing tanggap warsa kemawon, ing ngandhap punika pratelanipun.

[Grafik]

--- 94 ---

Têlas pratelanipun ing môngsa pali, lajêng nyandhak pratelanipun ing môngsa prawa ing ngandhap punika:

Kawuwusa pratelanipun lampahing môngsa prawa, punika taksih nulad lampahipun ing môngsa pali, angetang taun surya têpangipun ing dalêm sawidak taun, namaning taun angangge taun sawidak kados ingkang sampun kasêbut ing môngsa pali, awit saking taun sambrama, wêkasan ing taun rudraksa.

Wondèntên namaning wulan inggih anut namaning wulanipun ing môngsa pali, nanging mawi dipun rangkêpi nama malih, etanging wulan ing dalêm sataun inggih kalih wêlas môngsa, lampahipun ing sabên nêm taun mawi tambahan samôngsa, dipun wastani dirga, têgêsipun panjang, laminipun ing dirga wau yèn nuju amarêngi taun Wastu 30 dintên, yèn nuju amarêngi taun Wuntu 31 dintên, dados ing nalika mawi dirga wau ing dalêm sataun tiga wêlas môngsa, pratelanipun ing dalêm sawidak taun dirga kaping sadasa.

Mênggah tanggalipun, anut lampahipun cakraning surya ing nalika awit tumapak mangidul, punika kala ing kinanipun, sarêng sami sadintên wiwit tumapak tampining taunipun ing môngsa prawa, ngantos dumugi salajêngipun ing dalêm kalih wêlas môngsa wau, ing ngandhap punika namaning wulanipun [wulanipu...]

- -- 95 ---

[...n] ing môngsa prawa, akalihan pratelaning umuripun satunggal-tunggal. Taksih wontên sambêtipun.

Sidhikala VII

Candhakipun ôngka I kaca 21.

VI.

Ingkang kaping nêm winastan phalak samsu, têgêsipun cakraning surya, inggih punika phalak ingkang dipun ênggèni ing surya, phalak wau ugi dipun wastani phalak kharijul markas, têgêsipun phalak ingkang têlêngipun wontên ing jawi, botên tunggil kalihan têlênging jagad, dumunung wontên ing panggenan piyambak, mênggah pasangipun phalak kharijul markas ingkang dipun ênggèni ing surya punika sami kalihan pasangipun phalak buruj, botên megos sakêdhik-kêdhika. Surya dumunung wontên ing cakranipun wau lumampah mangetan, kabêkta dening ubênging phalak kharijul markas wau.

Awit saking têlêngipun cakraning surya punika botên tunggil kalihan têlênging jagad, mila sampun mêsthi kemawon kubênging phalak wau ingkang sasisih têbih kalihan bumi, sasisihipun cêlak kalihan bumi, dene panggenan ingkang têbih piyambak kalihan bumi punika dipun wastani auj. Surya mênawi [mêna...]

--- 96 ---

[...wi] dumugi ing ngriku lampahipun katingal rindhik, ing dalêm sadintên sadalu udakawis namung 57 dagigah, inggih punika mênawi pinuju tanggal kaping 22 wulan Juni. Kosokwangsulipun, panggenan ingkang cêlak piyambak kalihan bumi punika dipun wastani khalil, surya mênawi dumugi ing ngriku lampahipun katingal rikat, ing dalêm sadintên sadalu udakawis 1 darjah 2 dagigah, inggih punika mênawi amarêngi tanggal kaping 22 wulan Dhesèmbêr.

Ubêngipun cakraning surya wau ing dalêm sataun surya 365 dintên 5 jam 48 mênut 45 sêkondhê, mubêng mangetan angsal 360 darjah langkung 36 taniyah, nanging punika katut kabêkta ubênging phalak buruj mangilèn ingkang ubêngipun ing dalêm 100 taun angsal 1 darjah, dados ing dalêm sataun-taunipun namung angsal 36 taniyah, mila awit saking ubêngipun phalak kêkalih wau, rampakipun lampahing surya ing dalêm sataun-taunipun namung têmu gêlang 360 darjah.

VII

Ingkang kaping pitu winastan phalak juhrah, têgêsipun cakraning lintang sukra Venus, inggih punika phalak ingkang dipun ênggèni ing lintang sukra.

Lintang sukra wau dumunung wontên ing phalak alit ingkang winastan phalak tadwir, lumampah kabêkta dening ubêngipun [ubêngi...]

--- 97 ---

[...pun] phalak tadwir, dene phalak tadwir wau kajawi ubêngipun piyambak, mawi mubêng katut dening ubêngipun phalak kharijul markas, winastan phalak khamil, sarta ugi kaubêngakên dening phalak kharijul markas sanèsipun, winastan phalak mungadal.

VIII

Ingkang kaping wolu winastan phalak ngatarid, têgêsipun cakraning lintang ngatarid, inggih punika lintang buda Mercurius.

Phalaking lintang buda, sami kalihan phalaking lintang sukra wau, nanging wontên ing panggenan piyambak.

IX.

Ingkang kaping sanga winastan phalak kamar, têgêsipun cakraning rêmbulan, inggih punika phalak ingkang dipun ênggèni ing rêmbulan.

Rêmbulan punika dumunung wontên ing phalak alit winastan phalak tadwir, lumampah kabêkta dening ubêngipun phalak tadwir, sami kalihan lintang muskari utawi marih sapanunggilanipun. Dene phalak tadwir wau ugi lumampah kabêkta dening ubêngipun phalak khamil sarta phalak mungadal, kaotipun, ubêngipun markasing phak tadwarphalak tadwir. akalangan ngubêngi markasing phalak buruj. Taksih wontên candhakipun.

Abdi dalêm ngulama ing Surakarta

Bagus Ngarphah.

--- 98 ---

Pitakènipun Mas Suwarta, mantri guru ing Dêmak, kawrat Sasadara ôngka I taun (III) bab têgêsipun tribuwana = jagad têtiga, kados ing ngandhap punika:

I. Kasêbut ing Sêrat Paramayoga têgêsipun, jagad nginggil, jagad têngah sarta jagad ngandhap, ingkang dipun wastani jagad têngah punika ing ngalanngalam. dunya parameaning para badan jasmani. Dene ingkang dipun wastani jagad nginggil jagad ngandhap punika ngalam ngadam makdum, yèn ing Jitapsara kawastanan jagad sunyaruri, inggih punika alaming jim, parameaning bôngsa badan rohkani sadaya.

II. Kasêbut ing Sêrat Darmasarana, tribawana wau dipun wastani jagad nistha, madya, utama, jagad nistha punika panggenaning manungsa, mila sinêbut nistha dene taksih angraosakên panas atis, sarta angraosakên rêkaosing badanipun, kados ta: kenging sêsakit, kataman sungkawa, arip, luwe sasaminipun. Jagad madya punika kahyanganing bôngsa lêlêmbat, kados ta: jim, setan, brakasakan sasaminipun, punika sampun botên kalimputan panas, atis, rêkaosing badan sasaminipun wau, amargi sasananipun sampun mulya, ananging taksih kenging ing sungkawa, awit sarananing angganipun taksih tumut ing manungsa pada. Jagad utama punika sajatinipun kahyanganing Sang Hyang Nurcahya, Sang Hyang Nurrasa, Sang Hyang Wênang tuwin Sang Hyang Tunggal, inggih punika jagad sampurna sampun botên kalimputan ing saniskara malah anglimputi ing kaanan sadaya.

Kondhanging juru pangripta Sasadara, Rms. Suwita.

Pangrisaking na gondhèl, Mas Kramawiyata guru bantu ing Tuban, sarta Mas Arjautama mantri guru ing Maospati, Sasadara nêdha sumêne benjing wêdalipun wulan ngajêng kemawon kapacak, sapunika sampun botên pikantuk papan, mugi sampun andadosakên cuwaning galihipun prayantun kêkalih wau.

Red.

--- 99 ---

Nuwun, kula sampun maos sêrat Sasadara ôngka XII ing wêkasan wontên cirinipun: cangkriman mêmêt. Bab na gondhèl, enz. Makatên ugi ing têlas-têlasan, wontên cangkrimanipun bab rubuh jêjêging swara.

Ingkang punika mênawi kêparêng kula ngaturi urun wudhu pambadhe kados ing ngandhap punika:

Patra: jêjêgipun a. amargi wanda mênga sangajêngipun wanda wêkasan, tur wandanipun wêkasan mênga, sarta botên kadunungan sandhangan swara: pengkal, utawi gêmbung. Saminipun: cakra, swara, mandrawa sapanunggilanipun (wyakarana Jawa blz 221-239).

Wadya: rêbahipun a amargi wanda mênga sangajêngipun wanda wêkasan, tur wandanipun wêkasan mênga, sarta karakêtan pengkal, saminipun: samya, agya, satrya, sapanunggilanipun. (Wyakarana Jawa blz 222-241).

Motyara§ ing Sêmarang = mutyara (mutyara = moe- (ti-ja-ra) of moe tija).¶Wiryasubrata. jêjêgipun o amargi dados bêbukaning têmbung tigang wanda, sarta mênga. Saminipun: lokita, codaka, sêsotya sapanunggilanipun (Wyakarana Jawa, blz. 230-241).

Wusana mênawi wontên gèsèhipun kula sumôngga.

Wiryasubrata.

Mas Kramawiyata ugi sampun batang cangkriman punika langkung patitis, nanging dèrèng sagêd kapacak sapunika, badhe kapacak wulan ngajêng sarêng lan sirnanipun: na gondhèl: ayêm. Red.