Sastra Jawa

Program Digitalisasi Sastra Daerah

  • Increase font size
  • Default font size
  • Decrease font size

Sasadara, Radya Pustaka, 1902-07, #1807

Katalog:Sasadara, Radya Pustaka, 1902, #1807
Sambung:
1.Sasadara, Radya Pustaka, 1902-01, #1807 . Koran, Majalah dan Jurnal | Sasadara #409.
2.Sasadara, Radya Pustaka, 1902-05, #1807 . Koran, Majalah dan Jurnal | Sasadara #410.
3.Sasadara, Radya Pustaka, 1902-07, #1807 . Koran, Majalah dan Jurnal | Sasadara #411.
4.Sasadara, Radya Pustaka, 1902-08, #1807. Koran, Majalah dan Jurnal | Sasadara #412.
5.Sasadara, Radya Pustaka, 1902-09, #1807. Koran, Majalah dan Jurnal | Sasadara #413.
6.Sasadara, Radya Pustaka, 1902-10, #1807. Koran, Majalah dan Jurnal | Sasadara #414.
7.Sasadara, Radya Pustaka, 1902-12, #1807. Koran, Majalah dan Jurnal | Sasadara #415.

[Kaping 15-4-1832 AJ. 22-7-1902 AD.]

Minôngka Pananggalanipun Sasadara

Pawarsakan

Wulan Jumadilawal taun Be ôngka 1832, taun Hijrah 1320.

[Grafik]

--- 149 ---

Dintên Sae

Salêbêtipun wulan Jumadilawal taun Be punika amung kêkalih.

1. Dintên Sêtu Lêgi tanggal kaping 18 wuku Watugunung dewa Uma mawulu dadi, sri tumurun ing lêsung bumi kapêtak, lampahing wulan, rakamipun dhawah mantri sinaroja, saenipun kangge sabarang yêyasan, sangatipun wiwit jam 8.25 mênut, dumugi jam 10.48 mênut, Yusup rijêki.

2. Dintên Jumungah Paing tanggal kaping 24 wuku Sinta dewa Brama mawulu gigis, tunggak sêmi lampahing surya, rakamipun dhawah mantri sinaroja, saenipun kangge sabarang, sangatipun wiwit jam 10.49 mênut, dumugi jam 1.12 mênut, Amad rijêki.

Wêwaton sêrat pawukon, wulan Jumadilawal wau mênawi kangge ngêdêgakên griya: sae, watakipun kathah bêgjanipun, saha sugih môngsa kathah kajêngipun, mênawi kangge alih-alihan griya watakipun kathah ingkang asih.

Wêwaton ungêlipun kadis Marpuk, mênawi kangge salakirabi watakipun tukaran, tansah ngucap awon, asring kapandungan, tarkadhang kaangkah rabinipun.

Wêwaton ungêlipun kitab Mujarabat, tanggal kaping 24

--- 150 ---

wau kapratelakakên nakhas, salêbêtipun sadintên sadalu botên prayogi sade tinumbas, kêkesahan, ngangge sinjang enggal, pêpaès, salakirabi, nanêm wit-witan, damêl sumur sarta ngadêgakên griya sasaminipun.

Sidhikala VIII

Candhakipun ôngka II kaca 97.

Bab 2

Têbih cêlakipun lintang pêpitu Planeet saking bumi.

Pujôngga Batlimus utawi para pujôngga phalak sanès-sanèsipun sami golong namtokakên ukuran ingkang kangge amastani têbih cêlakipun surya, rêmbulan sarta lintang-lintang, inggih punika sêtraling bumi, mênggah ingkang winastan sêtraling bumi wau makatên, saupami bumi punika dipun cublês ngantos butul sarta panyublêsipun wau narajang têlêng têngah lêrês, sapintên panjangipun sunduk ingkang tumancêb ing bumi wau winastan middellijn midhêlèining bumi, dene sapalihing midhêlèin wau winastan Straal sêtraling bumi, dados ingkang nama sêtraling bumi wau têbih cêlakipun raining bumi ingkang

--- 151 ---

kula ambah ing sabên dintên punika dumugi ing têlêngipun.

Sarèhning bumi punika sampun kayêktosakên mênggah kubêngipun ing têngah lêrês kapanggih 40000000 mètêr, mila pangetanging midhêlèinipun makatên:

40000000 M. X 7

22 = 280000000 M

22 = 12727, 27 kilomètêr. Wusana pangetanging sêtralipun makatên:

12727, 27 KM

2 = 6363, 63 kilomètêr.

Sêrat têmbung Latin ingkang nama Elementa Astronomica bab kaping 21 amratelakakên têbih cêlaking surya, rêmbulan sarta lintang Planeet sanès-sanèsipun saking bumi, wosing suraosipun makatên:

Cêlak-cêlaking rêmbulan saking ing bumi punika sami kalihan sêtraling bumi kaping 3311/20 cundhukipun ing ukuran mètêr kapanggih 213499, 9 kilomètêr.

Têbih-têbihing rêmbulan saking bumi sami kalihan cêlak-cêlaking lintang buda saking bumi, inggih punika sasêtraling bumi kaping 641/6 cundhukipun kalihan ukuran mètêr 408333, 3 kilomètêr.

Têbih-têbihipun lintang buda saking bumi sami kalihan cêlak-cêlaking lintang sukra saking bumi, inggih punika sasêtraling bumi kaping 167, cundhukipun kalihan ukuran mètêr

--- 152 ---

kapanggih 1072727, 27 kilomètêr.

Têbih-têbihipun lintang sukra saking bumi sami kalihan cêlak-cêlaking surya saking bumi, inggih punika sasêtraling bumi kaping 1120, cundhukipun kalihan ukuran mètêr kapanggih 7127272, 72 kilomètêr.

Têbih-têbihipun surya saking ing bumi sami kalihan cêlak-cêlakipun lintang anggara saking bumi, inggih punika sasêtraling bumi kaping 1220 cundhukipun kalihan ukuran mètêr kapanggih 7763636, 36 kilomètêr.

Têbih-têbihipun lintang anggara saking ing bumi sami kalihan cêlak-cêlakipun lintang wrahaspati saking bumi, inggih punika sasêtraling bumi kaping 8876, cundhukipun kalihan ukuran mètêr kapanggih 56483636, 36 kilomètêr.

Têbih-têbihipun lintang wrahaspati saking bumi sami kalihan cêlak-cêlaking lintang tupak saking bumi, inggih punika sasêtraling bumi kaping 14405 cundhukipun kalihan ukuran mètêr kapanggih 91668181, 81 kilomètêr.

Têbih-têbihipun lintang tupak saking ing bumi sami kalihan têbihipun lintang-lintang tawabit saking ing bumi, sarta sami ugi kalihan sêtraling phalak buruj, inggih punika sasêtraling bumi kaping 20110 cundhukipun kalihan ukuran mètêr kapanggih 127972727, 27 kilomètêr.

--- 153 ---

Mênawi sêtraling phalak buruj wau katikêlakên lajêng kapanggih midhêlèining phalak buruj, ugi midhêlèining phalak atlas, inggih punika 255945454, 54 kilomètêr.

Mênawi midhêlèining phalak buruj utawi phalak atlas wau katangkarakên ing 22/7 lajêng kapanggih kubêngipun phalak buruj utawi phalak atlas, inggih punika ingkang dipun wastani mintakahing phalak buruj, têgêsipun kêndhiting phalak buruj ing têngah, ukuranipun sami kemawon kalihan kêndhiting phalak atlas ing têngah ingkang winastan: madarul-iktidal, ingkang sampun kasêbut ing bab 1 inggih punika 804399999, 9 kilomètêr.

Wusana mênawi kubênging phalak buruj utawi phalak atlas wau kapara 360, lajêng kapanggih ukuran panjang cêlakipun ing dalêm sadarjah-darjahing phalak buruj utawi phalak atlas ingkang dumunung ing kêndhit, inggih punika 2234444, 4 kilomètêr.

Kauningana, ingkang kasêbut ing sêrat Elementa Astronomica ingkang taksih lugu têmbung Latin, mênggah têbih cêlakipun surya, rêmbulan saha lintang-lintang Planeet sanèsipun saking ing bumi sasampunipun kapratelakakên mawi ukuran sêtraling bumi lajêng kacundhukakên kalayan ukuran mil jeographi Geographischemijl ingkang

--- 154 ---

panjangipun ing dalêm samil 7408 mètêr, botên kacundhukakên kalayan ukuran mètêr. Wondene dadosipun salinan têmbung Jawi sapunika kacundhukakên kalayan ukuran mètêr: punika saking kajêngipun ingkang nganggit Sêrat Sidhikala piyambak.

Katrangan ôngka-ôngka Jawi ingkang sami tumrap ing wingkingipun ôngka Wêlandi mawi kaêlêt-êlêtan komah punika kajêngipun pêcahan paradasan rêpètên, têgêsipun pêcahan paradasan ingkang arêrentengan tanpa wêkasan, sarta wujuding ôngka wongsal-wangsul kados ingkang rumiyin kemawon. Sarèhne ing pangêcapan Sasadara botên gadhah ôngka rêpêtèn, mila kabedakakên mawi ôngka Jawi kemawon. Ing salajêngipun inggih mêkatên, samôngsa ing Sêrat Sidhikala punika wontên pêcahan paradasan rêpêtèn badhe kabedakakên mawi ôngka Jawi kemawon. Taksih wontên candhakipun.

Abdi dalêm ngulama ing Surakarta. Bagus Ngarphah.

--- 155 ---

Ombak Akalihan Rob Tuwin Suruding Toya Sagantên

Sakathahing sagantên ingkang toyanipun botên anjêndhêl, punika sabên-sabên amêsthi wontên ombakipun, ingkang kawastanan onbakombak. punika, toya sagantên ingkang katut ing angin, lajêng anjênggunuk kados rêdi makatên, dados ingkang anjalari wontên ombak punika: angin, mênawi anginipun sangsaya agêng, ombaking sagantên inggih sangsaya inggil.

Sampun kula aturakên, bilih ombak ingkang agêng punika saistha rêdi, wontên suku utawi pucakipun. Dene ing sakiwa têngêning ombak mêsthi wontên panggenan ingkang toyanipun suda (dhêkok) awit toya ing panggenan wau katut dados ombak, wondene inggil-inggilipun ombak punika botên sagêd langkung saking 15 M dados upami saking panggenan ingkang dhêkok wau kaukur manginggil jêjêg, ngantos waradin kalihan inggiling ombak, panjanging ukuran botên langkung sasakingsaking. 15 M mênggah lampahing ombak toya punika namung minggah mudhun kemawon, botên mili dhatêng sanès panggenan, saupami ing ngriku kacêmplungan têngkêlan kajêng, kajêng wau inggih taksih akampul-kampul ajêg dunungipun, [dunungi...]

--- 156 ---

[...pun,] wondene mênawi wontên ombak kalih ingkang anjênggunuk, punika lêting têbihipun kirang langkung tikêl 20 tinimbang kalihan inggilipun.

Ing sauruting sagantên ingkang pasisiripun andhap, punika ombakipun sami pêcah, toyanipun lajêng surut. Wangsulipun toya wau: têmpur akalihan ombak ingkang nêmbe dhatêng saking wingkingipun, ingkang makatên punika kawontênaning toya sagantên kados kinêbur, utawi kadosdene umob, mêdal unthukipun. Mênawi pasisiring sagantên ingkang anjulêg, ombak wau sami nyêmpyok-nyêmpyok ing dharat, angwontênakên swara pating galêgêr, angèmpêri swaraning mariyêm ambal-ambalan, swara wau ngantos kamirêng saking katêbihan. Wondene pasisir ingkang makatên punika ingkang mêsthi sitinipun sangsaya lami sangsaya wêwah anjulêg utawi lajêng jugrug, amargi tansah kasêmpyok- sêmpyok ing toya, kadosdene siti dipun kêruki makatên, sampun tamtu saya lami sangsaya suda, papan ingkang kaêsuk ing toya wau lami-lami sagêd sangsaya wiyar, ing wêkasan dados têluk utawi sunglon.

Toya ing pasisiring sagantên punika sadintên-dintên tansah rob akalihan surud, ingkang kawastanan rob punika: [puni...]

--- 157 ---

[...ka:] toya sagantên mindhak kathah, kosokwangsulipun: surud, inggih punika toya sagantên suda kathah, wondene mangsanipun rob akalihan surud wau sabên 12 jam 25 mênut, rob sapisan, surud sapisan, dados anggènipun rob utawi surud nyapisan dangunipun wontên sapalihipun 12 jam 25 mênut, utawi 6 jam 12½ mênut, makatên punika kaetang: mênawi rob inggih saking mindhaking toya ngantos sakatogipun. Dene yèn surud inggih kaetang wiwit toya suda ngantos sakatogipun. Awit saking punika mangsanipun toya rob akalihan surud sadintên dumuginipun dintên sanèsipun, kaot 50 mênut, têrangipun makatên:

Upami wanci enjing jam 6 toya wiwit rob, jam 12 langkung 12½ mênut kèndêl, lajêng wiwit toya surud, kèndêling surud jam 6 langkung 25 mênut, nalika punika wiwit rob malih, dados ing dalêm 12 jam lêtipun utawi bedanipun sampun 25 mênut, amargi saking punika yèn sadintên sadalu inggih punika ngantos sadintênipun malih (enjingipun) wêktunipun rob utawi surud sampun majêng 25 mênut kaping 2 utawi 50 mênut, dados upami sapunika rob jam 6 enjing, benjing- enjing [be...]

--- 158 ---

[...njing-enjing] robipun wanci jam 7 kirang 10 mênut, makatên ugi surudipun, wêktunipun inggih majêng 25 mênut, makatên salajêngipun.

Mênggah rob utawi suruding toya sagantên punika, yèn ing sagantên ingkang alit-alit botên sagêd katawis, sagêdipun katawis yèn wontên ing sagantên ingkang agêng-agêng, langkung malih mênawi ing sagantên ingkang agêng wau ing pasisire wontên sunglonipun, utawi wontên sungapanipun lèpèn ingkang wiyar, ing ngriku rob tuwin suruding toya sagantên katawis sangêt, sarta robipun ngantos inggil sangêt, kados ta: ing sunglon Pacitan (pasisiripun paresidhenan Madiun) tuwin ing sungapanipun lèpèn Garonêh (Garonne) inggih punika pasisiripun Ripublik Phrangkrik, ingkang sisih kilèn. Malah ing sunglon Sin Malo (Sint Malo) ugi ing pasisiripun tanah Phrangkrik, kaoting inggilipun toya yèn pinuju rob kalihan surud ngantos 15 M.

Toya sagantên punika manawi pinuju rob: toyaning lèpèn-lèpèn ingkang wutah ing ngriku sami mudhik, awit nalika punika inggil toyaning sagantên tinimbang toya lèpèn, dados toyanipun lèpèn wangsul mili minggah (nungsung) toya wau inggih kawoworan ing toya

--- 159 ---

sagantên, ing Banjarmasin (lèpèn Barito) ing pulo Burneo sisih kidul: mênawi toyaning sagantên pinuju rob, toyanipun lèpèn botên kenging dipun ombe, amargi kawoworan toya sagantên kathah, dados raosipun asin sangêt.

Kandhidhat guru Karanganyar Sasrasudirja.

Kawruh Topèng

Sambêtipun ôngka II kaca 82, taun III.

Ing saadêgipun karaton Mataram, têtanggapan topèng punika sampun waradin dhatêng tanah pasisir môncanagari, dhêdhalang sami anglampahakên topèng, saantawis dhatêngipun Dhalang Anjangmas ing Mataram, punika topèng awit karêngga ing parada, kados ta: untu tuwin jamangipun, ananging dèrèng mawi dipun ukir, mênggah cacahipun kajangkêpan salampahan 39 iji, kados ingkang sampun kapratelakakên ing ngajêng, namung jangkêpipun cacahing lêlampahan kêdah 40 iji, kalêbêt ludrug, inggih punika regol, dene ingkang nama regol punika tumut Gunungsari, nanging tiyang ingkang dados regol, botên mawi topèng minôngka jangkêping bêbanyolan, ing nalika punika dhalang barang topèng wêwah têtabuhanipun [têta...]

--- 160 ---

[...buhanipun] gêndèr, sarta ingkang nopèng kêdah kêdhikipun tiyang nêm, utawi tiyang 8, kathah-kathahipun tiyang 12, sarèhning tiyang bêbarang topèng ngantos sawatawis kathah cacahing tiyang, sabên-sabên tiyang ingkang nanggap topèng kêdah mirantosi sondhèr, clana, sinjang, pambêktanipun dhalang topèng namung têkês sumping kemawon, mila lajêng kasêbut tiyang barang bagor.

Ing nalika punika lêlampahan topèng wêwah dados kalih kawastanan Jaka Bluwo, kala samantên dhalang topèng ingkang kacariyos prayogi, anakipun Nyai Nayawôngsa ing Palar: nama Gunalêsana, ing saadêgipun nagari ing Kartasura, kacariyos dhatêngipun tiyang tukang topèng anama Robyong, asli ing Japara, sae dêdamêlanipun topèng saha sae pangukiripun, kathah dhêdhalang ingkang milala topèng damêlanipun Robyong wau, kajawi prayogining wônda, pancèn panggarapipun prayogi, kados ta: rambut jamang godhèg sami kapêtha ing kajêng kemawon, sadèrèngipun wontên tukang damêl topèng Robyong punika, sadaya rambut godhèging topèng namung kasugingkasungging. kemawon, mênggah topèng ingkang dèrèng kagêmpur jamang tuwin kasêrit rambut godhègipun taksih katêmbungakên topèng gayaman, ing nalika punika dhêdhalang

--- 161 ---

topèng ing nagari Kartasura inggih pun Gunalêsana wau. Taksih wontên sambêtipun.

Ringkêsaning Cariyos Ringgit Purwa

Sambêtipun Sasadara ôngka III kaca 106.

Amba

Punika putrinipun pambajêng Prabu Darmamuka ing Giyantipura, dados garwanipun Rêsi Dewabrata dèrèng ngantos carêm lajêng muksa kataman ing jêmparinging garwa. Kacariyos ing sadiwasanipun sang rêtna kadamêl sayêmbara prang sarta ingkang rayi kêkalih Dèwi Ambika, Dèwi Ambalika, kenging Rêsi Dewabrata zie Darmamuka, ananging Rêsi Dewabrata namung kautus ingkang rama ngupadosakên jodhonipun Prabu Citranggada saha Arya Citrangsena,Citrasena. botên sêdya ngadêgi sayêmbara piyambak, amargi sampun pinasthi ing dewa yèn wadat, mila sarêng katantun badhe kadhaupakên sangêt pakèwêding panggalih, badhe prasaja yèn wadat saèstu kaduparakakên, badhe nglampahi, botên dados rênaning panggalih, wusana miturut lajêng kadhaupakên, nanging carêmipun kaubanggèn yèn sampun mantuk dhatêng Ngastina badhe pinêthuk, sarêng Rêsi Dewabrata mantuk bêkta Dèwi

--- 162 ---

Ambika kalihan Dèwi Ambalika, Dèwi Amba botên sagêd nayuti srênging karsa lajêng nututi, kacandhak wontên satêngahing wana, kapurih wangsul lênggana, sang rêsi kewran ing panggalih, angsal pambudi lajêng mênthang langkap supados sang rêtna ajrih, ananging sang rêtna botên kandhèh ing karsa malah sarosa, pandoning dewa jêmparing lumêpas sang rêtna kawatgata seda layon muksa tilar swara benjing praprang. Bratayuda badhe malês marjaya nitis Dèwi Srikandhi. Kasêbut ing padhalangan: namanipun sang rêtna wau Dèwi Wahini.

Ambika

Punika putri ing Giyantipura ingkang panênggak, dados garwanipun Prabu Citranggada zie Darmamuka, ing samuksanipun Prabu Citranggada lajêng dados garwanipun Prabu Krêsna Dwipayana, patutan satunggal kakung ina netranipun, nama Radèn Kuru = Dhêstharata, cariyosipun nalika cinangkraman, sang rêtna tansah mêrêm awit saking ajrih tumingal warnanipun ingkang garwa dening nityandik murkamuka. sirung wok bris godhèg jenggot asimbar jaja. Muksanipun sang rêtna lêbu tumangan sarêng kalihan ingkang rayi Dèwi Ambalika sami ambelani marasêpuh Dèwi Durgandini. Kasêbut ing padhalangan: [p...]

--- 163 ---

[...adhalangan:] Sang rêtna nama Dèwi Onggalika, sarta botên dados garwanipun Prabu Krêsna Dwipayana, awit seda sarêng kalihan ingkang garwa Prabu Citranggada sinêndhal mayang ing dewa.

Ambalika

Punika putri ing Giyantipura kalêrês ingkang rayi kalihan Dèwi Ambika, dados garwanipun Arya Citrasena zie Darmamuka, ing samuksanipun Arya Citrasena, dados garwanipun Prabu Krêsna Dwipayana, patutan kêkalih mêdal kêmbar dhêdhempetan sami jalu warni pêthak kalih pisan, cariyosipun kala sang rêtna cinangkraman awit saking ajrihipun ngantos biyas ingkang nitya, putra ingkang dhèmpèt wau lajêng jinêmparing dhatêng ingkang rama, sanalika pisah rahayu kalih pisan, nanging sami cacad, ingkang sêpuh kasarampad jangganipun dados tèngèng, kaparingan nama Radèn Pandhu, ingkang anèm kampadkasampadan. sukunipun ingkang kiwa dados pincang, kaparingan nama Radèn Yama = Yamawidura. Muksanipun sang rêtna lêbu tumangan zie Ambika. Kasêbut ing padhalangan: sang rêtna nama Dèwi Onggaliki, patutan têtiga, pambajêng Kuru: utawi Dhêstharata, panênggak Pandhu, waruju Yama, ananging panggihipun kalihan Prabu

--- 164 ---

Krêsna Dwipayana sampun bobot, babar Dhêstharata, dados ing padhalangan: Dhêstharata punika putranipun Arya Citrasena.

Agnipraba

Punika ditya punggawanipun Prabu Dasamuka ing Ngalêngka, langkung sêkti môndraguna gadhah prabawa wisa, mênawi prang netranipun kumukus anglandêng mêdal wisa singa ingkang kataman luluh kasmala ing badan, kala prang agêng ing Ngalêngka pêjah dening kapi Anala.

Ugrasena = Satyajit

Punika putranipun wuragil Prabu Kunthiboja = Basukunthi patutan saking Dèwi Bandadari. Garwanipun nama Dèwi Sini, putranipun kêkalih kakung putri. Ingkang sêpuh putri nama Dèwi Satyawama = Satyaboma = Sêcaboma, ingkang ênèm kakung nama Radèn Satyaki. Kacariyos ing samuksanipun ingkang rama Prabu Kunthiboja, dados senapatinipun ingkang raka Prabu Basudewa, kaparingan nama Arya Prabu Ugrasena, lajêng kaangkat dados ratu, kaparingan nama Prabu Ugrasena, apêparab Prabu Satyajit, kadhawuhan babad wana ing Lesanpura, sasampunipun dados praja lêstantun nama nagari ing Lesanpura, ananging taksih [ta...]

--- 165 ---

[...ksih] sinambi angladosi ingkang raka wontên nagari Madura. Samuksanipun ingkang raka kagêntosan putra Prabu Baladewa, sawêg têtêp angrênggani praja ing Lesanpura. Ing sajumênêngipun nata Prabu Ugrasena misuwur ing ngamônca praja karta arjaning nagari kawibawan wibawaning prabu taruna sudibya wirotama, muksanipun kasor prang kalihan Prabu Karna dening jêmparing Wijayadanu kala prang agêng ing Dwarawati kalihan ing Trajutrisna.

Rms. Suwita.

Kawruh Griya

Sambêtipun ôngka III kaca 102, taun III.

Panitih, tumpang wêkasan ingkang nginggil piyambak.

Paningrat, êmpyak sangandhaping èmpèr utawi èmpèr wêkasan.

Pananggap, êmpyaking griya joglo sangandhaping brunjung.

Pacêl, kancing slarak.

Purus oyod, purusing saka ingkang manjing ing umpak.

Purus ciruk, purusing dudur manjing molo.

Purus kili, purusing sunduk panyêlak ingkang pucuk.

--- 166 ---

Purus kip, badaning sunduk manjing saka.

Purus kathèk, purus gèpèng kangge anggathukakên gêbyog.

Purus sanggan, purusing saka ingkang manjing ing gônja.

Purus warayang, purusing dhadha pêksi manjing pamidhangan.

Purus wedokan, purusing sunduk.

Purus patil sapit urang, purusing takir lambang manjing saka bêndhung.

Purus pathok, purusing saka ingkang manjing blandar pangêrêt.

Purus pèthèk, purus alit manjing ing purus, utawi kangge ngancing.

Purus jabung, purusing sunduk ingkang têngah.

Purus gadhing, purusing takir manjing purus bam, têpang pojok adu manjung.

Purus bukur = kruwing, purusing dudur ingkang ngandhap, butul takir, ingkang mandhukul nama: bukur, kruwikanipun nama: kruwing.

Purus bam, purusing dudur ingkang ngandhap, wujud bongkot manjing takir.

Patil, kancing gilig wontên salêbêting kajêng.

Patangaring, blabag kajèjèr kêrêp, aling-alinging sênthongan utawi patanèn.

--- 167 ---

Pustaka, mênuring sirah gada.

Palon, saka gêdhogan Zie saka.

Palang, pagêr gêdhogan manjing palon.

Pyan, blabag tumrap sanginggil utawi sangandhaping usuk, wiyar panjangipun sami sawiyar panjanging usuk.

Payon, sasabing êmpyak utawi usuk.

Pangêrêt, panyêlaking blandar ingkang nyathok kalihan balandar.

Dhadha pêksi K.N. = pangêrêt ingkang wontên satêngahing pamidhangan.

Janur irung, tutuping inêb kori kupu tarung.

Molo, kajêng mujur ingkang nginggil piyambak, ingkang kawastanan sirah.

Gunting, usuk ingkang manjing ing topèng.

Gônja, sopakaning saka sanginggil sunduk, katumpangan guru utawi pamidhangan.

Guru = pamidhangan, blandar pangêrêting brunjungipun joglo ingkang ngandhap piyambak.

Gajah, sadaya êmpyak ingkang mawi èmpèr ing nginggil piyambak nama gajah, amung griya joglo gajahipun nama brunjung.

Gimbal, langkunganipun cathokan balandar sarta pangêrêt, utawi cathokan sanèsipun, panjangipun sami [sa...]

--- 168 ---

[...mi] kalihan kandêlipun.

Gêbyog, blabag kajèjèr rapêt pagêring griya.

Brunjung, êmpyaking griya joglo ingkang nginggil piyambak.

Blandar, kajêng panjang ingkang kasanggi ing saka.

Blandar kêndhit, kajêng panjang tumrap satêngahing payon.

Blandar kiping, langkunganing blandar pangêrêt saking palon.

Bibis, wêsi tutuping pakunipun wuwung tumancêp ing dudur sarta molo.

Bungkak, wuwunging molonipun griya joglo, utawi limasan tuwin kampung. Taksih wontên sambêtipun.

Têmbung Cina

Sambêtipun ôngka I kaca 27 taun III.

Cêmowe

Satunggaling wedang ing nagari Cina winastan: cutbimoe.

Cut, têgêsipun kêtan.
Bi têgêsipun bêras.
Moe têgêsipun bubur.

Têrangipun: bubur kêtan, inggih punika tape uwos kacamboran gêndhis tètès tuwin wedang.

--- 169 ---

Tiyang Jawi niru damêl tuwin sade wedawedang. wau, mawi tape, gêndhis tètès, klapa irisan alit-alit tuwin wedang, ananging kêlanturing nama dados: cêmowe.

Bramartani 16 Phèbruari 1888 ôngka 7 wontên têmbung: cêmowe: wau.

Jawi Kandha 7 Ogustus 1894 ôngka 62 cariyos têdhak dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan P.B. X. dhatêng pasanggrahan ing Têgalgônda, wontên ungêl-ungêlan makatên:

[Asmaradana]

1. Kèh warnane pinggir margi / pêpak sakèhning dodolan / ... //

2. Dhawêt cao lawan êbir / cêmowe cokotên miwah / rujak gobèt putêran ès / ... //

Cèmbèng

Pranatamôngsa ing nagari Cina, wontên 24 nama-namanipun kados ing ngandhap punika:

1. Lipjun, 2. Iswi, 3. Kingtit, 4. Junhun, 5. Jingbing, 6. Koki, 7. Liphe, 8. Syobwan, 9. Bongcyong, 10. Eci, 11. Syosi, 12. Taèsi, 13. Lipjyu, 14. Jisi, 15. Pik-la, 16. Jyuhun, 17. Anla, 18. Songkang, 19. Liptong, 20. Syoswat, 21. Taèswat, 22. Tangci (= Tangcik)

--- 170 ---

23. Syohan, 24. Taehan.

Môngsa ôngka 5. Jingbing, têgêsipun rêsik, têrang, awit sadaya tuwuhan godhongipun katingal ijêm, tuwin subur, punika mangsanipun tiyang sami dhatêng ing wana abêbrêsih kuburaning têtiyang sêpuhipun utawi sanak sadhèrèkipun.

Satunggaling panggenan, bawah Jèbrès (Surakarta), kala suwargi Babah Limjiba, Kapitan Cina ing Surakarta, yasa griya tuwin los-los ing Jèbrès, kaangge nyidhêkahi para kuburan ingkang sampun botên gadhah waris, mênawi ing môngsa Jingbing.

Dumugi sapriki panggenan griya wau, tiyang Jawi amastani: Cembengan.

Pustakawarti Jawi Kandha 29 Mèi 1900 ôngka 59, ingkang têmbung Mlayu, nyariyosakên nalika kaping 23 Mèi 1900 pabrik gêndhis ing Cèpèr, damêl rame-rame, amargi wiwit giling, ing ngriku mawi tontonan topèng, pucangan ingkang mawi barang-barang lajêng karêbatakên, tuwin sanèsipun.

Karamean makatên wau, têtiyang ing ngriku, namakakên: Cèmbèng, punika inggih kêlanturing têmbung: Jingbing wau.

--- 171 ---

Cêng

Satunggaling sastra Cina ungêlipun, cong: têgêsipun: cêng, têgêsipun ing têmbung Jawi: paès.

Tiyang èstri mênawi adus lajêng pêpaès, ing têmbung Cina winastan sècêng.

Sêrat têmbung Cina wontên ungêl-ungêlan makatên, twi, king, li, cong, ka, ing, cu, lin, sin, jyu, sa, têgêsipun: angadhêp kaca, sarana pêpaès, andulu bayanganing angga, kêraos mêlas asih, awit badan katingal ragi kêra.

Barang abrak-abrak bêbêktanipun pangantèn èstri, ingkang dipun arak ing dintên sadèrèngipun panggih, winastan: kècêng: têgêsipun: pêpaèsing laki.

Nalika apyun saking Indhu, kabêkta dhatêng nagari Cina, tiyang ing nagari Cina wontên ingkang tumut nyêrèt candu, mênawi nglêbêtakên candu ing cangkêming bêdudan, winastan: cêng, mêndhêt têmbung cêng, ingkang têgêsipun paès wau.

Samangke ing nagari Cina, sampun kathah tiyang nanêm wit apyun, saha wit apyun wau winastan: ingjyok, têgêsipun: parining pêksi kapodhang, tuwin candu apyun winastan: auyongko (auyong = apyun, ko = candu dados têrangipun: canduning apyun).

--- 172 ---

Sadèrèngipun kangjêng guprênêmèn Indiya Nèdêrlan angwontênakên pak apyun, tiyang Cina sampun wontên ingkang nyêrèt candu ing tanah Jawi, tiyang Jawi wontên ingkang tumut nyêrèt, sarta ngangge têmbung: cêng wau, ananging katandukakên dados: ngêcêng.

Sêrat Paramabasa, karanganipun Ki Padmasusastra, ingkang kaêcap ing pangêcapan Pirma Albrêt Rusê èn Ko ing Surakarta kaca 127, wontên têmbung: ngêcêng candu.

Ing basa Jawi, inggih wontên têmbung: cêng, kados ta: ucêng, kêcêcêng, kêncêng, bêncêng, gancêng, ngincêng, ngêcêcêng, sadaya wau têgêsipun kêncêng gilig, utawi ênêr, sanadyan ucêng-ucêng tur punika bakalipun kapuk, inggih nama kêncêng tinimbang kalihan kapuk sanèsipun.

Ngêcêng candu, sanadyan têmbungipun: cêng wau sanès têmbung Jawi, ananging pangêcêngipun mawi urik, mênawi candu sampun kaulêd-ulêd dados gilig ing pucuking urik wau, lajêng kajojohakên cangkêming bêdudan, kok inggih cundhuk kalihan têmbung Jawi: cêng wau.

TJOA TJOE KWAN

--- 173 ---

Kalêmpaking Kawruh Sawatawis

Pêthikan saking Sêrat Warni-warni, kaimpun dening Prawirawiyata abdi dalêm carik II kabupatèn pulisi Surakarta, pratelanipun kados ing ngandhap punika:

1. Bumi tansah kabênteran, ananging bêntèripun botên mindhak-mindhak.
2. Lindhu.
3. Kilat, balêdhèg utawi galudhug.
4. Toya sagantên botên lubèr.
5. Toya sagantên asin.
6. Angin, utawi barat.
7. Namaning pulo Jawi.
8. Pamanggèn saha caranipun tiyang Sundha.
9. Pamanggèn saha caranipun tiyang Baduwi.
10. Pamanggèn saha caranipun tiyang Baweyan.
11. Pamanggèn saha caranipun tiyang Tênggêr.
12. Tiyang tilêm botên kraos punapa-punapa.
13. Tiyang ngêlu sabab saking punapa.
14. Tiyang sambat dhatêng biyung, botên dhatêng bapa.
15. Sakolah, punapa pigunanipun.
16. Sagawon edan.

--- 174 ---

Kalêmpaking Kawruh Sawatawis

Bumi

1. Bumi punika sabên dintên tansah kabênteran, sabab punapa bêntèripun wau botên mindhak-mindhak.

Katêrangan: Bumi punika wujud bundêran, ingkang pêtêng kados dening rêmbulan saha lintang sanès-sanèsipun, ingkang kasamèkakên bumi, botên gadhah cahya saha botên bêntèr, dene sagêdipun gadhah cahya saha bêntèr, namung sabab saking srêngenge. Ing wanci siyang bumi kabênteran ing srêngenge, ananging sanadyan makatêna, sampun kagalih bêntèripun bumi wau sabên dintên wêwah, punika botên, awit sabên dalu, sasampunipun srêngenge wau sêrap, bumi amangsulakên bêntèripun dhatêng langit, enjingipun kabênteran malih, ananging dalunipun bêntèr wau ugi kawangsulakên malih, makatên salajêngipun, bilih siyang tampi, dalu ambucal, amila bêntèr wau botên wêwah. Saupami tansah siyang kemawon, inggih punika srêngenga srêngenge. botên sêrap-sêrap, bêntèripun tamtu mindhak.

Lindhu.

2. Gugontuhonipun bôngsa kula têtiyang Jawi, wontênipun lindhu punika sabab saking ebah utawi alihanipun [alihani...]

--- 175 ---

[...pun] malaekat, lêmbu gumarang utawi sawêr naga ingkang nyanggi bumi, punika têmênipun kadospundi.

Katêrangan:

Ingkang dipun wastani lindhu punika ebahipun siti, saha kadadosan saking tigang prakawis.

1. Sabab saking latu ingkang wontên ing salêbêtipun bumi, ingkang mêdal ing pucakipun rêdi-rêdi. Bilih margi wêdalipun latu wau katutupan ing sela sasaminipun, saha latu wau badhe mêdal sakiyat-kiyatipun, siti ing sakiwa têngênipun tamtu ebah, tandhanipun panggenan-panggenan, ingkang cakêt rêdi ingkang mêdal latunipun, kêrêp wontên lindhu, dene ing panggenan ingkang botên wontên rêdinipun, upami ing tanah Nèdêrlan, botên nate wontên lindhu.

2. Sabab saking toya, inggih punika bilih toya jawah rumêsêp ing bumi, lampahipun botên sagêd lajêng, upami sabab saking kalêbêt ing sela, bilih sela wau kenging bêntèripun latu ingkang wontên ing bumi, toya wau lajêng angukus. Saking dayanipun kukus utawi sêtum (Stoom) wau, kula botên maibên bilih sagêd angebahakên siti ing sakiwa-têngênipun, sabab ing sabên dintên kula nyumêrêpi [nyumêrê...]

--- 176 ---

[...pi] kakiyatanipun sêtum, kados ta: toya ingkang kagodhog ing cèrèt upaminipun, sarêng umob, tutupipun cèrèt tansah ebah, margi saking dayanipun sêtum.

Lampahipun kareta latu, punika margi saking dayanipun kukus utawi sêtum.

3. Sabab saking jugrugipun siti-siti ing guwa-guwa ingkang wontên ing salêbêtipun bumi, saking agêng utawi kiyatipun jugrugan, ngantos angebahakên siti ing sakiwa-têngênipun, saha ing sanginggilipun, inggih punika lumahipun bumi.

Kilat, balêdhèg, utawi galudhug

3. Kilat, balêdhèg, saha galudhug, punika kadadosan saking punapa.

Katêrangan: Sabab saking bêntèr, bêntèr punika andadosakên toya sagantên, lèpèn, utawi toya salumahipun bumi punika sami angukus, bêntèripun hawa ingkang nanggêl kukus wau mindhak inggilipun saya kirang, sampun tamtu panahanipun ugi saya botên kaconggah, amila kukus wau lajêng dados mega utawi mêndhung. Mêndhung utawi mega punika wontên ingkang èlêktris electriek bilih mêndhung [mê...]

--- 177 ---

[...ndhung] waniwarni. kalih ingkang beda èlêktrisitèitipun electriciteit têmpuk, lajêng angwontênakên cahya kadosdene latu, ingkang cumlorot saking mega satunggal dhatêng satunggalipun, cahya punika panjangipun wontên ingkang langkung saking satus mètêr, saha dipun wastani: kilat.

Mêndhung ingkang kathah èlêktrisitèitipun, bilih cakêt wit-witan inggil, griya, utawi tiyang, asring anyambêr ngantos adamêl cilakanipun ingkang katuju saha ingkang kababan utawi kasrèmpèt, inggih punika ingkang dipun wastani balêdhèg utawi gêlap. Hawa ingkang katrajang ing panyambêripun sumilak, lajêng wangsul malih angontênakên swara jumêprèt utawi jumêbrèd, inggih punika ingkang dipun wastani galudhug, ingkang lampahing swaranipun ing dalêm sasêkon 333 mètêr. Dene swara galudhug, ingkang anglantur punika, kasababakên saking kumandhangipun.

Taksih wontên sambêtipun, Prawirawiyata. Abdi dalêm juru sêrat II kabupatèn pulisi Surakarta.

Tirta Usada

Sambêtipun ôngka XII kaca 550 taun II.

Punapa paedah utawi pigunanipun tiyang adus rêndhêman padharan tuwin murad punika?

--- 178 ---

Sampun kula pratelakakên ing ngajêng bilih sêsakiting manungsa sabab saking pintên-pintên jat ingkang sami kèndêl sarta maradini salêbêting badan, punapa malih panasing sêsakit punika jalaran saking gosoking jat sami jat ingkang lumampah manginggil asêsimpangan kadosdene uwabing wedang umob. Dene bilih padharan utawi paprincèning badan ingkang ngandhap dipun asrêp-asrêp, jat-jat ingkang sami minggah sarta marapini paprincèning badan lajêng wangsul mangandhap dhatêng paprincèning badan ingkang ngandhap, satêmah lajêng gampil wêdalipun, inggih punika mêdal ing murad tuwin ing dubur.

Adus toya asrêp kalih prakawis wau pancèn langkung parlu saha agêng paedahipun, punapa malih angrêndhêm murad, awit ing ngriku panggenaning pakumpulanipun sakathahing otot alus ingkang agêng salêbêtipun badan. Dene bab patraping adus kalih prakawis ingkang sasampunsampun. kasêbut nginggil, kêdah kula pratelakakên malih kalihan rêringkêsan kados ing ngandhap punika.

a. Adus rêndhêman padharan, dangunipun kêdah botên kirang saking 10 dumugi 15 mênit, sarta padharanipun wiwit pusêr mangandhap kauruta alon-alon, badanipun sakojur ingkang ngantos karaos asrêp, sasampunipun lajêng [la...]

--- 179 ---

[...jêng] adus grujug nyiram badan sakêdhap, sasampunipun adus nyiram badan wau lajêng manganggea sandhangan ingkang sarwa kandêl utawi kêmul salimut sakêdhap, ugi ingkang ngantos badanipun karaos angêt utawi bêntèr, punapa malih botên kenging nêdha punapa-punapa sadèrènging badanipun karaos angêt utawi wiwit kêraos bêntèr.

b. Adus rêndhêman murad, punika dangunipun kêdah botên kirang saking 10 dumugi 60 mênit, ingkang ngantos badanipun karaos asrêp, bilih tiyang jalêr: pucuking pajalêranipun kêdah tumut karêndhêm, sarta dipun kosoki suwekan sinjang alus kalihan alon-alon. Dene bilih tiyang èstri: kuwadonanipun kêdah katêlês katuruh ing toya, sarana suwekan sinjang ingkang angêmu toya, kados ingkang sampun kasêbut nginggil, nanging sampun dipun kosokakên. Ananging tiyang èstri ingkang sawêg garapsari botên kenging adus rêndhêman murad, sanadyan rêndhêman padharan ugi botên kenging.

c. Adus toya tawa kalih prakawis, punika kenging dipun lampahi sapisan, kaping kalih dumugi kaping tiga, ing dalêm sadintên, sarta kenging ing sawanci-wanci, enjing, siyang, sontên tuwin dalu, jangji sagêd kacêkap sarta purun ingkang anglampahi.

--- 180 ---

Adus soroting srêngenge

Kajawi patraping adus ingkang sampun kacariyosakên ing nginggil wau sadaya, Tuwan Kihnê anyariyosakên malih adus soroting srêngenge, inggih punika badan sakojur dipun sorotakên bêntèring srêngenge (dhedhe) makatên patrapipun.

Tiyang ingkang badhe nglampahi adus soroting srêngenge wau, kêdah ngupados panggenan ingkang kenging kaangge tilêman salonjor, lajêng kaanggea tilêman salonjor, supados badanipun sakojur sagêda kasorotan bêntèripun srêngenge, ananging sirah tuwin rainipun kêdah dipun kudhungi sinjang, langkung sae malih kakudhungana godhong ingkang taksih ijêm, nanging kêdah ingkang wiyar, kadosdene godhong pisang sasaminipun, punapa malih kêdah ngangge sandhangan ingkang sarwa tipis, sarta sukunipun sampun ngantos katutupan. Dene bilih tiyang èstri ingkang adus soroting srêngenge wau, botên kenging kêmbênan.

Dangunipun tiyang adus soroting srêngenge punika 1 dumugi 2 jam, ananging mênawi salêbêtipun adus soroting srêngenge wau sirahipun kêraos ngêlu, utawi mumêt, inggih lajêng kasudaa kalihan mêsthinipun.

--- 181 ---

Mênggah pigunanipun tiyang adus soroting srêngenge punika, sagêd angêdalakên karingêt. Dene kanggenipun mênawi wontên tiyang ingkang mêntas adus toya tawa, môngka botên sagêd mlampah-mlampah supados karaos bêntèr utawi angêt badanipun, punika prayogi lajêng adusa soroting srêngenge.

Adus soroting srêngenge punika ugi kenging dipun lampahi sadèrèngipun adus toya tawa. Dene sasampunipun adus soroting srêngenge, inggih lajêng adus rêndhêman padharan utawi adus rêndhêman murad. Ananging adus soroting srêngenge wau langkung prayogi dipun lampahi sasampunipun adus garujug toya tawa, awit pêrlu kadamêl ambêntèrakên utawi ngangêtakên badan.

Adus soroting srêngenge punika kenging namung sabageaning badan kemawon, dados botên susah badanipun sakojur dipun sorotakên ing srêngenge, inggih punika mênawi katimbang pêrlu namung bêntèrakên sabageaning badan ingkang sakit, kados ta: tangan utawi suku tatu, abuh, gudhigên tuwin korèngên sasaminipun, punika kasorotna ing panas, saha sampun kasasaban sinjang, kêdah dipun tutupi godhong ingkang taksih

--- 182 ---

sêgêr, supados sagêda mêdal karingêtipun ingkang awon. Taksih wontên sambêtipun.

Wignyaarja

Soklat

Soklat punika saya lami sêmunipun saya kapilih kalêbêtakên dhatêng gêgêbênganing têtêdhan saha ombèn-ombèn ingkang munpangati dhatêng ban,badan. kosokwangsulipun ombèn-ombèn ingkang mawi alkohol, punika saya lami sangsaya kathah ingkang nyirik.

Soklat punika kalêbêt ing wit-witan ingkang botên inggil, dene asalipun saking tanah Amerikah Têngah lan Amerikah sisih kidul, ananging sapunika sampun sumêbar ing tanah Aprikah sarta Asiyah ingkang sisih kidul, makatên ugi ing tanah Jawi ugi sampun sumêbar ing pundi-pundi, dene bôngsa Eropah ingkang wiwit nyumêrêpi rumiyin piyambak, inggih punika bôngsa Sapanyol, ing wiwitanipun antawising taun 1500-1600 (in' t begin der 16 deeeuw) nalika bôngsa Sêpanyol anêlukakên tanah Mèksiko mawi têtindhih Tuwan Pisaro Pizarro punika sami sumêrêp bilih têtiyang ing ngriku pakarêmanipun sami angombe toya mawi bubukan [bubu...]

--- 183 ---

[...kan] soklat kawoworan galêpung lajêng kaudhêk, dene têtiyang ing ngriku sami mastani: sokolata chocolatta saking dene pangaji-ajinipun dhatêng soklat wau ngantos soklat punika kaangge kadosdene yatra makatên pasmunt têgêsipun soklat wau kenging kangge têtumbas barang sanèsipun sarana kalintokakên, awit sampun umum bilih soklat punika kalêbêt barang ingkang munpangati piyambak, botên antawis lami pakarêmanipun tiyang Astikên Azteken wau kabêkta dhatêng tanah Eropah, wiwit taun 1607 sarêng satunggiling tiyang Pholêntin sampun sinau pangolahipun soklat wau, lajêng wiwit angrêbda sarta wiwit wontên ingkang damêl pabrik soklat.

Tiyang pinunjul anama Sijstematicus Linnaeus punika sangêt anêngênakên dhatêng munpangating soklat wau, ngantos amastani Theobromma cacao dene têmbung Theobromma punika têgêsipun dhaharanipun Gusti Allah Godenspijs.

Woh soklat punika saèmpêr kados timun korn keminer ing lêbêt wontên wijinipun ingkang sumêlap ing daging (dede daging kewan) ingkang warninipun kalawu sêmu pêthak lan èncèr kados bubur. Ing dalêm woh satunggil, wijinipun wontên 20 ngantos 40 iji. Wiji punika [pu...]

--- 184 ---

[...nika] warninipun biru sarta atharik-tharik dados kalih larik, raosipun wiji wau kajawi ingkang eca taksih gadhah sari kêcut saha pait. Wit soklat punika awohipun tansah lumintu kemawon, sasampuning wohipun dipun pêthiki lajêng dipun garingakên sawatawis sarana dipun pe. Sarêng sampun malêm, tumuntên kawadhahan ing toya lan katutup ingkang rapêt, lajêng kaêpe malih, sapunika lajêng wiwit bosok. Wijinipun saya uwal saking dagingipun lan malih dados abrit, wusana lajêng gampil kapisah saking dagingipun. Sapunika raosing wiji ingkang kêcut sampun ical, dene pandamêl ingkang makatên wau ugi wontên pratikêlipun sanès, inggih punika sarana dipun pêndhêm ing siti. Panggorèngipun soklat punika kathah èmpêripun kalihan panggorènging kopi, namung urubing latunipun kêdah ingkang waradin. Sasampunipun kagorèng, kulitipun lajêng gampil kapisah saking wijinipun, lan wiji wau lajêng dados mopol, saha sarinipun ingkang arum aroma lajêng katawis kadosdene kopi makatên. Dene miraosipun punika gumantung dhatêng awon saening panggorèngipun. Mila pêrlu sangêt ingkang kapurih anggorèng punika kêdah tiyang ingkang sampun kulina. Sasampunipun [Sasampuni...]

--- 185 ---

[...pun] kagorèng, lajêng kawadhahan ing tampah, kakêpyak-kêpyak murih enggal asrêp. Tumuntên kapilihana supados wiji ingkang sae inggih punika ingkang gadhah raos pait sampun awor kalihan ingkang awon, inggih punika ingkang taksih gadhah raos kêcut, mila kêdah kaperanga dados kalih perangan amurih ingkang pancèn sae sagêda miraos sangêt. Sasampuning titi pamilihipun, lajêng dipun bêbak, nanging sampun ngantos lêmbat-lêmbat, namung ngangkaha supados sami tugêl kemawon saha kulitipun sagêda pisah saking wiji tumuntên katapènana supados kulitipun sagêda kabur. Bilih kulitipun sampun rêsik, lajêng kabêbaka malih, dèrèng ngantos lêmbat sangêt (taksih wujud mêniran) tumuntên kagorèng malih, nanging panggorèngipun punika namung niyat ambêntèrakên kemawon. Sasampunipun bêntèr tumuntên kabêbaka bêntèr-bênteran kemawon. Ing ngriku bubukan soklat lajêng malih kados bubuk kênthêl sarta awujud jaladrèn, jaladrèn punika tumuntên kawadhahan ing kanthongan sinjang lajêng kapipita ingkang rosa sangêt supados mêdala lisahipun. Murih sagêda tuntas, pamipitipun kêdah mawi sarana pirantos.

Sasampuning tuntas lisahipun, soklat wau ing wujut [wuju...]

--- 186 ---

[...t] prongkolan kados têtêdhan, punika lajêng kabêbaka malih. Langkung sae malih kapipis ing pipisan supados sagêd lêmbat sangêt. Bakdanipun punika lajêng dipun ayaki malih: punika nama sampun rampung.

Soklat punika kajawi atêmu perangan ingkang munpangati, kados ta: sarupi pêthaking tigan, eiwitstoffen glêpung zetmeel blêndok gom saha perangan ingkang sagêd nangèkakên bayu Zenuw levenprikkelend bestanddeel inggih punika ingkang nama theobromine, ugi angêmu lisah soklat sèkêt prosèn, malah kapara langkung. Mila têtêdhan ingkang kala rumiyin nama soklat siyusê Zeeuwsehe chocolade sampuna kawoworan barang ingkang gampil ajuripun, inggih punika galêpung utawi tajin§ Ing Dêmak, tajin, ing Bagêlèn kanji, nuwun pancasanipun rama, pundi ingkang kangge ing Surakarta bilih kangge ngakên-akên pêthakan, anggènipun mastani: ing Dêmak, dipun sêkuli k. ng. Ing Bagêlèn dipun kanji Ms. Suwarta. Pitakènipun putra kula punika ing Surakarta wontên sadaya, namung sanès kanggenipun. 1. Tajin, punika toyaning liwêt ingkang kêdah kabucal, supados atus sêkulipun botên kêlêmêsên. 2. Kanji uwos kajênang kapêndhêt duduhipun ingkang cuwèr kangge nganji (= ngakên-akên) pangangge ingkang kasêtrika. 3. Sêkul K.N. glêpung uwos kajênang kanggo nyêkuli = ngakên-akên) mori ingkang badhe kasêrat, lajêng dipun kêmplongi supados alus. Red. sagêd

--- 187 ---

damêl pituna dhatêng badan, ananging woworanipun wau lajêng damêl suda dhatêng dayaning pêthaking tigan eiwitstoffen dados kêdah wontên pangudi malih murih angicalakên lisahipun tanpa nyuda dayaning pêthaking tigan eiwitstoffen wau saha lajêng kenging kangge ombèn-ombèn sarana dipun wowori toya lan gêndhis sawatawis, punapa malih kenging kaombe dening sadhengah tiyang utawi dening tiyang ingkang wêtêngipun kirang sae (zwakke magen = wadhuk of wêtêng ringkih?) murih sagêd ngalap dayanipun ingkang munpangati wau. Ingkang manggih sarana kados kasêbut nginggil punika: Pirma Tuwan cj van Hautenenzoon ing taun 1828 tuwan wau pikantuk prajanjian karajan koninklijke octrooi§ Oktroi, sawarni kalihan kontrak. Bedanipun makatên, ing tanah Eropah sampun kalimrahan, mênawi wontên tiyang ingkang manggih kawruh enggal ingkang migunani ing akathah, guprêmènipun lajêng maringi prajanjian kawangênan laminipun botên kenging katiru ing tiyang sanès, pêrlunipun supados tiyang ingkang manggih kawruh enggal wau, sagêda pikantuk kauntungan amargi saking larisipun panyadening barang damêlanipun ingkang manggih enggal wau. Kacariyos ing jaman kina ing taun 1062 nalika Kumpêni sawêg wiwit dagang ing tanah Indhi ugi pikantuk èktroi kalih dasa taun, inggih namung pêrlu kangge ngawisi sudagar sanèsipun ingkang dede golonganipun sampun ngantos ngrêsahi tumut-tumut dagang ing tanah Indhi.

--- 188 ---

sarta wiwit kala samantên sêlot-sêlotipun lajêng saya majêng kabudayaning pabrik soklat (Nederlandsche cacao industrie) ingkang manggih sarana amastani damêlanipun wau: bubukan soklat, inggih punika mirid saking wujudipun lan kangge nêdahakên bilih panyudanipun lisah soklat botên sarana kawoworan galêpung utawi barang sanèsipun. Lami-lami nama wau lajêng malih dados: kakao phan autên. Mênggah cocoging pandamêlipun kalihan kanyataanipun, punika mêntas dipun pariksa malih. Pandamêl ingkang makatên wau, sampun tamtu andadosakên awising rêgi. Mila botên anglêngkara bilih ing pabrik ngriku panyadenipun bubuk soklat, botên sagêd damêl undha-usuking rêgi. Saking gêminipun wau lajêng kasagêdanipun sok dipun apusi. Kathah para pabrikan ingkang botên sae lêkasipun, inggih punika pandamêlipun soklat botên manut kados ingkang kasêbut ing nginggil, ananging kabêbak kalihan kulitipun, malah kathah ingkang kawoworan bêbakan kênthang utawi tajin, langkung awon malih mawi woworan tai bêsi (ijzerroest) utawi bêbakan banon, lan sanèsipun malih.

Pangolahipun soklat kadamêl têtêdhan sarana dipun [dipu...]

--- 189 ---

[...n] gêndhisi, utawi sanès-sanèsipun botên kula jawèkakên, awit kajawi têtêmbunganipun kathah ingkang angèl panjarwanipun saking dene susah pangupadosipun têmbung Jawi ingkang cèplês lan cara Walandinipun, ugi angronce sangêt, tur botên gampil katiru, amargi bêkakasipun ingkang kasêbut ing sêrat ingkang kula pêthiki punika, bêkakasing pabrik sadaya. Malah pandamêlipun soklat ingkang kula andharakên ing nginggil punika ugi mawi panggilingan, nanging kula gantos mawi bêbak utawi pipis, pêrlu namung supados gampila katiru ing bôngsa kula têtiyang Jawi, awit kula sumêrêp bôngsa kula têtiyang Jawi anggènipun damêl soklat dèrèng manut cara ingkang saèstu, inggih punika botên dipun bucali lisahipun rumiyin, môngka ingkang kasêbut ing sêrat ingkang kula pêthiki punika, lisah wau sagêd damêl pituna dhatêng kasarasan.

Mas Suwarta.

Mantri guru ing Dêmak.

Tumuju Dhumatêng Para Pamaosing Pustaka Sasadara

Kula nuwun sang sudibya, wiyosipun anggèn kula sumêngka pangawak braja dumrojog tanpa larapan, sowan [so...]

--- 190 ---

[...wan] wontên ing ngabyantaraning palênggahan paduka, utawi para priyantun agêng punika, sajatosipun botên sanès amung badhe nyuwun gênging kamirahan paduka sadaya.

Kula nuwun, kadospundi utawi saking sabab punika, dene aksara: nga = ngô, bilih dipun panjing ing pasangan na = lê, têka kawastanan: nga lêlêt, utawi kaungêlakên: lê = lê, punapa malih kaangge lêlintunipun ing aksara la, lô kapêpêt, têka botên kaungêlakên: ngêna = ngênô, sarta têka kawastanan nga lêlêt, botên winastan nga panjing na.

Makatên ugi aksara pa cêrêk, têka kawaos rê = Re = rê, punika kadospundi katêranganipun, tuwin jalaran saking punapa, dene aksara ra of la, têka botên kenging kapêpêt, kadosdene aksara liya-liyanipun, punapa aksara ra, la punika, bilih kapêpêt = dipun pêpêt = pinêpêt, sagêd anggadhahi têgês utawi swara sanès? mênawi botên makatên, andupara sangêt, têka binedak-bedakakên kalihan panunggilanipun.

Wusana sangêt ing pangajêng-ajêng kula.

Saking ingkang sawêg kasêngsêm dhatêng indhaking samukawis kasagêdan. [kasagê...]

--- 191 ---

[...dan.]

Pun nistharka amudhar damarka, punggung ing sajatinya.

KHO ING AN KLATEN.

Juru sêrat kapala kampung Cina.

Wulan Juni 1902.

Punapa botên kawêwahan aksara swara, a, i, e, u, o.

A, sabab punapa mungêl à môngka wujud ôngka 4 kalihan pasangan sa.
I, sabab punapa mungêl i môngka aksara ba mawi cêrêk.
E, sabab punapa mungêl é, môngka adhapur pasangan da blêjêd.
U, sabab punapa mungêl u boten ngêda.
O, sabab punapa mungêl o botên wêda,

Prakawis punika kula solo sangêt, botên kêconggah manah kula sumanggakakên dhatêng Mas Kramawiyata, kados botên ngaping kalih damêl.

Red.

Pitakèn

Katur ing panjênênganipun rama juru pangriptaning Sêrat Sasadara.

1. Atêr-atêr: ha, ma, asuka, maguru = bawa ha.
2. Atêr-atêr ha, ma, anuswara = tanduking kriya.

Tanduking kriya punika sumêrêp kula namung atêr-atêr ma, wontên sangajêngipun têmbung tanduk, sarta namung kangge ing kidung, kados ta: manyakar botên sami kalihan anyakar. Red.

3. Anjaluk = tanduk kriya wantah.
4. Anjaluki = tanduk i kriya.
5. Anjalukake = tanduk ke kriya.

Sigêg: ka, mawi: ake punika wêwaton yyarana. Red.

--- 192 ---

6. Atêr-atêr: ka, di, ko, dak, sêsêlan: ma: tanggaping kriya.

Tanggaping kriya ka, di, ko, dak, kula dèrèng sumêrêp, punika ingkang kados punapa, mênawi:

Di, Ko, Dak ... } gêbug, nama tanggap tri purusa

Ka ... gêbug nama tanggap tri purusa ka. Red.

7 ... Kaasah = tanggap ka.

inasah (ingasah) = tanggap na.

Tanggap tri purusa.

8. Diasah = tanggap pratama purusa.

9. Koasah = tanggap madyama purusa.

10. Tak asah = tanggap otama purusa.

Punapa botên utama purusa. Red.

11. Kapati, kobong = bawa ka.

12. Dinêmên, dikolu, disumurup, dienggal = sananta pratama purusa, dak nginang, dak sumingkir, dak turu = sananta otama purusa.

Atêr-atêr sa, pa, pra. Pi, dèrèng kêsêbut. Red.

13. Sapisan, patut, prajurit = lingga andhahan.

--- 193 ---

Atêr-atêr pa anuswara

14. Pangasah = kriya wacaka.

Pa anuswara, panambang: an.

15. Pangasahan = karana wacaka.

16. Pa - an: paturon = daya wacaka.

17. Ka - an: kasugihan = bawa wacaka.

Wisesa na bawa ka, kêtiban, ugi dèrèng kêsêbut. Red.

Kuma, kami, kapi.

18. Kumawani | kamituwa | kapidêrêng -- bawa -- kuma | kami | kapi ... para, pari, pala, pali, inggih ugi dèrèng kêsêbut. Red.

Sêsêlan ma.

19. Rêmujak = bawa ma.

20. Panambang ha, golèka = sambawa na.

Punika kula sumanggakakên dhatêng Mas Kramawiyata, sarèhning tunggil paguron, punapa sampun lêrês têmbung: golèka rimbag sambawa na, manawi sampun lêrês: sukur. Red.

21. Tak e, tak asahe = tandang.

Kirang tak asahane, sarta tak asahne. Red

22. Panambang ên, tatahên = ajnya.

23. Panambang ên, wudunên = guna.

24. Ka - ên, kacilikên = adiguna.

--- 194 ---

25. Tinulis-tulis = dwilingganing tanggap na

Tulis-tinulis = tanggap tarung.

Dwipurwaning tanggap na, ingkang dados gêndra: tinatulis sarta dwipurwaning bawa ma, tumatundha, dèrèng kocap. Red.

26. Tumundha-tundha = dwilingganing bawa ma

Tundha-tumundha = bawa ma tundha.

Dwipurwaning tanggap na, ingkang dados gêndra: tinatulis sarta dwipurwaning bawa ma, tumatundha, dèrèng kocap. Red.

Namaning têmbung-têmbung ing nginggil punika: têgêsipun kadospundiNyuwun mugi katêrangna satunggal-tunggalipun têmbung, têgêsipun tanduk ... i kriya ... enz. P. Pringgasubrata. sarta punapa pikajêngipun, dene kawastanan makatên, pujôngga sintên ingkang miwiti paring nama-nama wau.

Sinêrat ing Karanganyar, 20 Sapar Be 1832.

Kula pun kodhêng. R. Pringgasubrata.

Sumôngga sami kagaliha, kula blim, badhe andhèrèk bikak kemawon, panjêripun pithèn. Red.

--- 195 ---

Wontên malih pitakènipun liding Pahêman Radyapustaka R. ms. Ng. A.S. têmbung kriya: gawe, punika beda kalihan têmbung kriya sanès-sanèsipun, watêkipun têmbung kriya sarta tanduk, ingkang limrah angsal katrangan têmbung aran kados ta:

Tuku (anggêbug) wêdhus enz.

Nanging têmbung kriya gawe botên makatên, kados ta:

Gawe: mulês | kêtlêku | kapiran | kapengin | pirêna | gêla | lingsêm enz

Punika punapa ingkang dados sababipun, sumôngga Mas Kramawiyata sarta Mas Rêksawiyata sami kula aturi paring katrangan, ragi aji punika tinimbang anggalih na gondhèl. Red.

Panjurungipun Mas Rêksawiyata bab na gondhèl, dèrèng sagêt kapacak. Red.