Sastra Jawa

Program Digitalisasi Sastra Daerah

  • Increase font size
  • Default font size
  • Decrease font size

Sasadara, Radya Pustaka, 1902-08, #1807

Katalog:Sasadara, Radya Pustaka, 1902, #1807
Sambung:
1.Sasadara, Radya Pustaka, 1902-01, #1807 . Koran, Majalah dan Jurnal | Sasadara #409.
2.Sasadara, Radya Pustaka, 1902-05, #1807 . Koran, Majalah dan Jurnal | Sasadara #410.
3.Sasadara, Radya Pustaka, 1902-07, #1807 . Koran, Majalah dan Jurnal | Sasadara #411.
4.Sasadara, Radya Pustaka, 1902-08, #1807. Koran, Majalah dan Jurnal | Sasadara #412.
5.Sasadara, Radya Pustaka, 1902-09, #1807. Koran, Majalah dan Jurnal | Sasadara #413.
6.Sasadara, Radya Pustaka, 1902-10, #1807. Koran, Majalah dan Jurnal | Sasadara #414.
7.Sasadara, Radya Pustaka, 1902-12, #1807. Koran, Majalah dan Jurnal | Sasadara #415.

Ongka V. Taun III Kaping 15 Jumadilawal Taun Be, Ongka 1832 [20-8-1902 AD.]

Sêrat kabar wulanan nama: Sasadara

Rêginipun ing dalêm satêngah taun 3 rupiyah, sarta kêdah kabayar rumiyin. Ingkang anggadhahi Sasadara Pahêman Radyapustaka. Ingkang nyithak sarta ngêdalakên Firma Vogel v. d. Heijde & Co. Juru pangripta Ngabèi Wirapustaka.

--- 196 ---

Minôngka Pananggalanipun Sasadara

Pawarsakan

Wulan Jumadilakir taun Be ôngka 1832, taun Hijrah 1320.

[Grafik]

--- 197 ---

Dintên Sae

Salêbêtipun wulan Jumadilakir taun punika wontên kêkalih.

1. Dintên Sêtu Paing tanggal kaping 9 wuku Wukir dewa Lodra wurukung dadi, tumuruning sagawon ajag, lampahing latu satriya wibawa, rakamipun dhawah macan kêtawang, saenipun kangge yasa pandhapi, pawon, sangatipun wiwit jam 10.49 mênut, dumugi jam 1.12 mênut, Amad rijêki.

2. Dintên Sênèn Pon tanggal kaping 25 wuku Gumbrêg, dewa Lodra tungle tulus, tumuruning sapigumarang, aras tuding, sumur sinaba, rakamipun dhawah dêmang kêndhuruhan, saenipun kangge yasa pawon, gêdhogan, sangatipun wiwit jam 10.49 mênut, dumugi jam 1.12 mênut, Jabarail wilujêng.

Wêwaton sêrat pawukon, wulan Jumadilakir wau mênawi kangge ngêdêgakên triya:griya. sae, watakipun kêkasihipun dhatêng, mênawi kangge alih-alihan griya, botên sae, watakipun sakitên.

Wêwaton ungêlipun kadis Marpuk, mênawi kangge salakirabi: sae, watakipun sugih anak sarta sugih mas salaka.

--- 198 ---

Wêwaton ungêlipun kitab Mujarabat, tanggal kaping 25 wau kapratelakakên nakhas, salêbêtipun sadintên sadalu botên prayogi sade tinumbas, kêkesahan, ngangge sinjang enggal, pêpaès, salakirabi, nanêm wit-witan, damêl sumur sarta ngadêgakên griya sasaminipun.

Arusing Sagantên

Rumiyin kula sampun amratelakakên bilih sagantên punika wontên gangsal golongan, ingkang kalih sagantên anjêndhêl, inggih punika sagantên anjêndhêl lèr kalihan kidul.

Sagantên punika wontên arusipun, nanging ing sagantên kêkalih ingkang kasêbut ing nginggil botên wontên, amargi toyanipun botên sagêd ajèr (mili).

Wondene ingkang kawastanan arus punika: toya sagantên ingkang mili kadosdene toya lèpèn, para marsudi kawruh (propesor) sampun sagêd anitèni lampahing arus ing satunggil-tunggiling sagantên, kados ingkang kula aturakên ing ngandhap punika:

Sagantên ingkang wontên arusipun punika:

I. Sagantên Atlanti

--- 199 ---

II. Sagantên Agêng

III. Sagantên Indhi

Mênggah ingkang angwontênakên arus punika sayêktosipun angin ajêg (Passat) mênawi angin pasat ing salèring garis lini: punika andadosakên arus ing lèr, dene angin pasat ing sakiduling garis lini inggih angwontênakên arus ing kidul, sarèhning sagantên tiga pisan wau sami katrajang ing èkwator, dados arusipun inggih wontên warni kalih, ing lèr tuwin ing sakiduling garis lini.

Arusipun Sagantên Atlanti:

Saking pasisiripun tanah Aprikah wontên arus ingkang ngênêr mangilèn (lampahipun mangilèn) namanipun: arus èkwatorial lèr lan kidul. Ingkang wontên salèring èkwator kawastanan: arus èkwatèrial èkwatorial. lèr (Noor Bequatoriale stroom) dene ing sakiduling èkwator, kawastanan: arus èkwatorial kidul (Zuid Aequatoriale stroom) ing antawisipun arus kalih wau wontên arus ingkang lampahipun angosokwangsul, inggih punika mangetan, arus wau kawaslanan,kawastanan. arus gwini (Guinea stroom). Lampahipun arus: èkwatorial lèr punika makatên: [ma...]

--- 200 ---

[...katên:] saking pasisiripun tanah Aprikah angênêr mangilèn, sarêng lampahipun dumugi ing pulo-pulo Antila, arus wau cawang (pisah) dados kalih, ingkang satunggal lampahipun ajêg mangilèn mêdal salèring pulo Antila, ugi nama arus antila, satunggalipun mêdal sakiduling pulo Antila, inggih punika ngambah supitan Karaib (Garib) ênêripun ngalèr ngilèn, punika kawastanan arus Karaib, salajêngipun nêkuk mangalèr mêdal ing sunglon Mèjiko têpang akalihan arus Antila wau, têmpuran wau lajêng kawastanan arus: Ploridha (Poloridastrom) ênêripun ngalèr ngetan, urut pasisiripun buwana Amerikah lèr, ngantos dumugi ing pulo-pulo Nyu Ponlan (New Poundland) ing ngriku arus wau katêmpuh dening angin ajêg saking kilèn, wontên ngriku wiwit kawastanan golêp sêtrum (Golf stroom) punika cawang malih dados tiga, ingkang satunggal anjog ing pasisiripun tanah Grunlan, satunggalipun dhatêng pasisiripun tanah Nurwègên, punika lampahipun saya dangu sangsaya rindhik, ing wêkasanipun sirna ing sacêlaking sagantên anjêndhêl, satunggalipun malih menggok mangidul, mêdal urut pasisiripun karajan Purtugal lan pasisiripun tanah Aprikah, têmpur malih akalihan [akaliha...]

--- 201 ---

[...n] arus èkwatorial lèr.

Wondene lampahipun arus èkwatorial kidul: wiwitipun saking pasisiripun tanah Aprikah angênêr mangilèn, sarêng dumugi pasisiripun buwana Amerikah, lajêng cawang dados kalih, ingkang satunggal kawastanan arus gwiyana, lampahipun ngalèr ngilèn lajêng têmpur kalihan arus Karaib. Satunggalipun lajêng menggok mangidul urut pasisiripun tanah Amerikah Kidul, punika kawastanan arus Brasili (Braziliaansche stroom) lajêng menggok mangetan dumugi ing pasisiripun buwana Aprikah, amargi katêmpuh angin ajêg saking kilèn, ing ngriku lajêng menggok mangalèr sarta mangilèn kawastanan arus: Bènggwila (Benguela stroom) lajêng têmpur malih akalihan arus èkwatorial kidul, kados makatên lampahing arusipun samodra Atlanti, ing saantawisipun arus èkwatorial lèr kalihan kidul kasêbut ing ngajêng, wontên arus ingkang lampahipun mangetan, amargi: sakathahing toya sami katut mili mangilèn, dados ing wetan toyanipun kirang, ingkang makatên punika ing têngah lajêng angêjogi mangetan, mila saantawising arus kalih wau wontên arus mangetan, inggih punika lampahing toya ingkang ngêjogi panggenan [panggena...]

--- 202 ---

[...n] ingkang toyanipun suda wau. Dene arus ingkang mangetan punika kawastanan arus: antang èkwatorial.

Arus ing samodra agêng

Arusipun samodra agêng ugi wontên kalih perangan kados arusipun sagantên Atlanti, inggih punika arus èkwatorial lèr sarta arus èkwatorial kidul, sarta inggih wontên arus anti èkwatorial.

Arus èkwatorial lèr wau lampahipun makatên: wiwit saking pasisiripun buwana Amerikah lèr, arus punika angênêr mangilèn, ngantos dumugi ing pulo-pulo Pilipina, ing ngriku lajêng nêkuk mangalèr, mêdal ing sawetaning pasisiripun karajan Jêpun, punika kawastanan arus Kurosiwo, arus wau lajêng mengkokmenggok. mangetan, ugi taksih nama arus Kurosiwo (Koero sijwo) sarêng mantog pasisiripun buwana Amerikah lèr, arus lajêng menggok mangidul, dipun wastani arus Kalipurni (Californische stroom) lampahipun mangidul urut pasisiripun buwana Amerikah lajêng têpang malih akalihan arus èkwatorial lèr.

Lampahipun arus: èkwatorial kidul: wiwitipun saking pasisiripun buwana Amerikah kidul angênêr [angê...]

--- 203 ---

[...nêr] mangilèn, sarêng mantog dumugi pasisiripun buwana Aostraliah, arus wau lajêng menggok mangidul, ing ngriku kawastanan arus: Ostraliah wetan (Ost Australia stroom) salajêngipun tumuntên menggok mangetan ngantos dumugi pasisiripun tanah Amerikah ing kidul, lajêng nêkuk mangalèr, urut pasisir, punika kawastanan arus Pèru Peruaansche stroom lajêng têpang malih akalihan arus èkwatorial kidul.

Arusipun samodra Indhia

Arusipun samodra Indhia punika beda akalihan arus ing samodra Atlanti utawi samodra agêng, amargi ing samodra Indhi botên wontên arus èkwatorial lèr, pramila makatên, awit ing samodra Indhi punika ing salèring èkwator botên wontên anginipun pasat ingkang ajêg lampahipun, ingkang wontên angin muson, dados ing sagantên Indhi salèring èkwator inggih namung wontên arusipun muson, lampahipun miturut ênêring angin muson, nêm wulan: saking kidul kilèn ngalèr ngetan. Lajêng nêm wulan malih saking lèr wetan ngidul ngilèn. Dene lampahipun arus èkwatorial kidul: saking pasisiripun buwana Ostraliah angênêr mangilèn, sarêng dumugi sacêlaking pulo [pu...]

--- 204 ---

[...lo] Madhagaskar lajêng menggok mangidul, kawastanan arus: Maskare Maskarenen strom wusana nêkuk mangetan, ngantos dumugi pasisiripun buwana Ostraliah, ing ngriku lajêng menggok mangalèr, kawastanan arus: Ostraliah kilèn (West Australiescke stroom) têpang malih akalihan arus èkwatorial kidul.

Mênggah arus punika toyanipun wontên ingkang asrêp saha wontên ingkang angêt. Ingkang asrêp punika pinangkanipun saking sagantên anjêndhêl, dene ingkang angêt punika saking sagantên sacêlaking garis lini, têrkadhang arus ingkang asrêp wau têmpur akalihan arus ingkang toyanipun angêt, punika toya ingkang angêt lajêng dados asrêp.

Pramila arus sagantên pêrlu dipun sumêrêpi, amargi kangge anjagi lampahing baita, samôngsa arus mangsanipun lumampah, baita ingkang wontên ing ngriku sok sampun anyimpang, dados botên sagêd katrajang ing arus wau, dene mênawi lampahing baita badhe anglangkungi arus, punika lampahipun kêdah asarana ngèncèng-èncèng sawatawis.

Wusana lêrês lêpatipun ingkang kula aturakên sadaya, kula sumanggakakên dhumatêng para nupiksa, mugi sampun [sa...]

--- 205 ---

[...mpun] kirang pangaksama. Taksih wontên sambêtipun.

Kandhidhat guru Karanganyar, Sasrasudirja.

Ing sasagêd-sagêd Sasadara ngangkah dipun rênanana dhatêng para lêngganan, isining kabar sampun ngantos wontên ingkang nawung pabên, mênggah tuwuhing pangrêmbag na gondhèl, katingal badhe amêminihi rêngkaning pamitran, punika dede pangajêng- ajêngipun Sasadara.

Awit saking punika Sasadara lajêng apêpoyan yèn badhe botên angrêmbag malih bab wau punika. Ananging kayêktosanipun malah lêpat ing pangintên. Para priyantun mantri guru sami amastani yèn lêkasing Sasadara ingkang makatên wau botên adamêl rênaning manah sarta sami gadhah panêdha anglajêngna pangrêmbagipun na gondhèl, ingkang ngantos sumêrêp ing lêrês lêpatipun.

Kula angaturi uninga sulayaning pamanggih angèl gathukipun, sanès pandhita sanès wêjangan, makatên malih pakèwêdipun manah kula, punapa kula lajêngakên, punapa botên, bilih kula lajêngakên, sumêlang mênawi adamêl kêmbanipun para lêngganan ingkang botên kaparêng ngrêmbag, bilih botên kula lajêngakên, sumêlang mênawi para

--- 206 ---

priyantun mantri guru sami cuwa ing galih, pinanggihing manah kula sapisan punika kula lêgani ingkang ngantos kêbak, nanging ing salajêngipun prayogi kèndêl, saha kula nyuwun pangapuntên dhatêng ingkang botên kaparêng ngrêmbag, anggèn kula nyêlakakên karsanipun para priyantun mantri guru, isining Sasadara namung kêbak na gondhèl kalihan na paruthul.

Red.

Kosokwangsulipun Cangkriman Mêmêt

Dados inggih panêbus

Peroetoel. Panyêrat kula: tuna, wani, punika punapa lêpat.

Gand. E, inggih, lêrêsipun: tunna, wanni.

P. La, têka, aku, linu, suku kadospundi.

G. Punika sampun lêrês.

P. Sampeyan punika têka pilih kasih, tuna, wani disêrat tunna, wanni, barêng: têka, anu, linu, sunu ora disêrat têkka, annu, linnu, sunnu, inggih ta sampun kula andhèrèk têka, wani, tiyang ka kalihan na, wangsul wani kalihan sunu, têka botên wanni, sunnu, dumèh [Huruf Jawa: wulu] karo [Huruf Jawa: suku] bae banjur dibedakake. La môngka sami dene sandhangan swara, punapa sampeyan botên karsa ngagêm [Huruf Jawa: pasangan na+suku] [na+su...]

--- 207 ---

[...ku]]

G. Inggih purun.

P. Coba sampeyan nyêrat ingkang ngangge [Huruf Jawa: pasangan na+suku]

G. Sampun nunjang.

P. Lo punika têka karsa ngagêm [Huruf Jawa: pasangan na+suku] la mbok inggih sampeyan sêrat: sampun nunjang, supados saya runtut kalihan anu, linu, sunu, jêr sêdhiyan / taksih pintên-pintên sênik.

G. Turnèh dipun gêgujêng, tiyang ukara dèrèng rampung têka dipun padani, kalihan malih: sampun nunjang wau rak sampun sanès lingga.

P. Hara ta, nna nni, nne, nno, sampeyan jiyad kemawon, sarêng nnu, mawi ngêntosi manawi sanès lingga.

G. Mêsthi kemawon, amargi panyêrat kula andhèrèk karsanipun para pujôngga kina.

P. La, sababipun punapa pujôngga kina têka nyêrat tuna, mawi gondhèl, sunu botên.

G. Bab punika sampeyan têmtu badhe angsal katêrangan saking ki rêdhaktur.(1)Keterangan (1) pada paragraf berikutnya.

(1) Botên wontên damêlipun, awit sukaa katrangan, inggih botên adamêl marêming galih, sintên ingkang botên bosên angrêmbag na gondhèl, sarta sintên ingkang kadugi kêtêmpuh ambedakakên karsanipun Mas [Ma...]

--- 208 ---

[...s]

Rêksawiyata, kajawi Malaekat Kirun wa Nakirun, punika sagêd, awit sidtênsintên. ingkang taksih ngèyèl: dipun gada.

Tuna, sunu, têka kaanggêp pating bêsasik dening Mas Rêksawiyata.

Tuna, sunu, têka utawi tunna, sunnu, têkka punika ingkang kaanggêp turut sarta lêrês dening Mas Rêksawiyata.

Sêlot-sêlotipun mênawi kula sampun dhangan tumut karsa sampeyan suwita dalah têmbungipun.

Red.

P. Inggih sokur: sèwu nuwun. Nanging kajawi makatên, pamanggihipun pujôngga kina wau punapa botên sampeyan ewahi sakêdhik-kêdhika.

G. E, botên. Namung kula têdhak sungging kemawon, amargi sadaya dêdamêlanipun pujôngga kina punika langkung sae sarta langkung alus tinimbang dêdamêlanipun pujôngga sapunika.

P. Eng, thêk, thêk, thêk, mêkatên.

G. Inggih, suwawi sampeyan galih, sinjang, banon, griya, tamtu sae damêlanipun tiyang kina, punapa malih candhi-candhi tiyang sapunika botên wanuh, langkung-langkung anggitanipun pujôngga kina punika lêrês, sae [sa...]

--- 209 ---

[...e] sarta alusipun tamtu ngungkuli damêlanipun pujôngga enggal.

P. Punapa inggih ta, pangandika sampeyan punika kados kuwalik: tôndha yêktinipun rèmèh-rèmèhan: ing jaman kina tiyang damêl latu punika sarana nithik ngagar, minggah-minggahipun ngangge dimik. Pujôngga sapunika nganggit damêl rèk, andak sampeyan taksih nithik, ngagar utawi ngagêm dimik, aradhe wis ngagêm rèk.§ Ingkang karêmbag punika pujôngga Jawi: punapa pujôngga Walandi, sampun dipun gêbyah kados uyah, ingkang sampeyan adhêp punika sintên? Supe, punika rak tuwan insêpèktur, dede pujôngga Jawi, kala punapa pujôngga Jawi sagêd damèl rèk. Red.

G. Lo, kula botên ngrêmbag tiyang damêl latu, ingkang kula rêmbag pujôngga.

P. Punika rak inggih pujôngga tanun, ning pujangganipun tiyang damêl latu, manawi botên karsa inggih ta sampun kula dhèrèk, bab sinjang inggih bab sinjang. Saupami kula aturi milih sinjang slobog (bathikan cara kina) kalihan: gringsing wayang wêdalan ing Godliban (modhèl baru) pilih pundi: aradhe milih

--- 210 ---

gringsinge.§ Kados saya kalintu upami sampeyan, kalintuning upami saya adamêl kisruh, dhasaring sasêratan kasar alus, dipun ubêngna kados cakraning panggilingan, anggêr irung sinuntak inggih sampun sumêrêp. Red.

G. Botên, kula mêksa milih slobogipun.

P. Sokur, kula nrimah pilihan sampeyan kemawon (? Red, punapa botên tampikan).

G. Ah, dangu-dangu kula kok inggih milih gringsingipun (bokmênawi lo).

P. La sinèh: inggih lêrês sadaya, barang punika ingkang dipun tiru barang kina, ingkang gagrag enggal sawatawis, nanging manawi dipun bêsut, lami-lami dados sae, botên kados karsa sampeyan ngatên pathok bangkrung, prêlu punapa tiyang sapunika damêl candhi-candhi, tiyang sampun botên kangge, kajawi makatên sampun sagêd damêl griya ingkang bagusipun ngudubilahi, tur ingkang dipun damêl bêling§ Dalêmipun sintên? Aluwung kula sumêrêp sayêktos, nanging dede ing Cayudan, utawi ing Banjarnagara. Red. barang atos botên pasah ing dêdamêl, ewadene sagêd dados ukir-ukiran. [ukir-ukira...]

--- 211 ---

[...n.] Sampun malih sela tiyang sapunika botêna sagêd ngukir, mila dalah sêratanipun inggih kathah ingkang dipun ewahi, sanajan sêratan sampeyan punika sampun lêrês cara pujôngga kina, kula botên badhe andhèrèk. Ing sarèhning têka botên sampeyan sêrat têkka, tunna, wanni, inggih badhe kula sêrat tuna, wani, supados runtut kalihan sunu, linu.§ Kula sampun amrayogèkakên. Red.

Isèn-isèning donya asnapun mas. Kula taksih rêmên gêlung gondhèl. Botên kados sampeyan rêmên palinthis.

P. Mangke ta, kula kathik sampeyan wastani palinthis.

G. Inggih, sampun malih: tunna, wanni, sampeyan gondhèla, dalah matènni, parinne, inggih sampeyan sêrat matèni, parine.

P. E, punika ta botên: manawi kula matènni, parinne.

G. Sabab punapa: matènni, sampeyan sêrat matènni, sarêng parinne sampeyan sêrat parine, sampeyan gêntos pilih kasih pangangge sampeyan: na gondhèl.

P. Kula botên sawêg pilih kasih, mila anggèn kula [ku...]

--- 212 ---

[...la] nyêrat matènni, parine amargi sadaya rimbag i kriya kêdah kapitulungan panambang: an rumiyin, nanging e botên susah, lajêng kula jiyad kemawon dados ne. Klilan punapa botên.

G. Botên suka kula.

P. Pyayi iki mênange dhewe bae, kula ngrujag sampeyan botên marêngakên, sarêng sampeyan piyambak anjiyad sakeca kemawon.

G. Mênawi e, sampeyan bêdhagal dados ne, môngsa sagêda mungêl: nangkane inggih kêdah nôngkane.

P. Masa makatên. La: nangkaku, nangkamu kadospundi.

G. Punika lêrês.

P. Nangkaku, nangkamu klilan barêng nangkane, ora parêng, môngka: u, mu, e, wau sami dene têmbung wêngku, suwawi: nangkaku, nangkamu wau sampeyan sangkani saking punapa, têka botên nôngkaku, nôngkamu.(6)Keterangan (6) pada paragraf berikutnya.

(6) Rèwèl bae sampeyan sagêd mastani têmbung wêngku: ku, mu, e kados ta:

! tatah (ku, mu) e, nyamlêng.

? acar (ku, mu) re, santun lagu.

~ jênang (ku, mu) nge, santun gêlar.

/ pelas (ku, mu) se sapanunggilanipun, santun [santu...]

--- 213 ---

[...n] sak sakecanipun, sabab punapa panambang e, sagêd oncat dados re, nge, se, beda kalihan ku, mu, taksih têtêp, punika ingkang nelakakên yèn panambang re, nge, se, wau asal saking e, makatên ugi panambang ne, dede panunggilanipun: ku, mu, e, dene: ne, ugi asal saking panambang: e, sarèhning badhe dados: ne, mila mawi kapitulungan panambang: an, malihan saking an, e, dados: ne. Wontên malih ingkang mikuwati atur kula, panambang e N ipun K tatahe, tatahipun, kala punapa: ne N ipun K kêjawi yasan sampeyan kula inggih sampun amrayogèkakên.

Lan malih swaraning i. oe botên wontên bedanipun, tajine = tadji ne saking taji, tajin, alunne = haloe ne saking alu, alun, sabab punapa saupami panyêratipun kabeda, tajine saking taji, tajinne saking tajin, punapa mênawi sampeyan ngandika tadji ne kalihan tadjin ne anèh. Red.

G. Ah, sampeyan punika têka anèh, ku, mu, môngsa samia kalihan: e.

P. Priyayi iki nèh ku, mu, botên parêng kula samèkakên kalihan e, sarêng kula ambedakakên i kalihan e, sampeyan kipa-kipa.

--- 214 ---

G. Mêsthi kemawon: amargi: i, kalihan e sami kemawon.

P. Inggih ta sampun kula dhèrèk, sami inggih sami ta sampun. Suwawi punika sampeyan panambangi: an, mati, mantu.

G. Matèn, manton.

P. Lajêng sampeyan panambangi i sarta e,

G. Matèni, matine, mantoni, mantune.

P. Lo: punika [Huruf Jawa: taling] kalihan [Huruf Jawa: taling tarung] ingkang angsal panambang i, ajêg, ingkang angsal panambang e têka wangsul dados [Huruf Jawa: wulu] kalihan [Huruf Jawa: suku] Kenging punapa botên sampeyan sêrat matènni, matènne, mantonni, mantonne, utawi matinni, matinne, mantunni, mantunne, supados saya rukun panambang i kalihan e.

G. Sampeyan punika têka anèh.

P. Inggih botên anèh, saking kajêng kula rèhning panambang: i, kapitulungan: an, lajêng sagêd aplênggahi, panambang e, inggih kêdah lajêng aplênggahi? Manawi e, kapitulungan an, sandhanganipun kalihan [Huruf Jawa: taling tarung] wangsul dados [Huruf Jawa: wulu] kalihan [Huruf Jawa: suku], panambang: i, inggih kêdah makatên.

G. E, la, botên kenging, panambang i kalihan e

--- 215 ---

gadhah daya piyambak- piyambak.

P. Sampeyan punika kadospundi, arak anggalap mênang. I, kula bedakakên kalihan e, sampeyan botên kaparêng, e, botên sagêd lajêng jlêg dados ne, kêdah kapitulungan: an rumiyin, kula dhèrèk sami kapitulungan panambang: an rumiyin, sampeyan lajêng yasa pathokan malih, pancèn bisa main bolah, gawe ruwêt (paribasan cara Ngayogya).

G. La karsa sampeyan kadospundi.

P. Manawi kajêng kula: matènni, matine, mantonni, mantune.

G. Ah têka minggrang-minggring ngatên, la mbok inggih sampeyan cukur sisan gondhèlipun, botên katanggêlan: matèni, matine, mantoni, mantune.

P. Tiyang ingkang minggrang-minggring dede kula piyambak, sampeyan inggih.

G. Tandhanipun punapa, suwawi sampeyan pariksani, matènni, matinne, mantonni, mantunne, arak pating grandhul.(7)Keterangan (7) pada paragraf berikutnya.

(7) Punapa botên adamêl kêmbaning panggalih sampeyan piyambak anggêlarakên prakawis ingkang sampun kagêlarakên ing sanès, ing Sasadara ôngka I kaca 47, nut 10 sarta ôngka III kaca 131, nut [nu...]

--- 216 ---

[...t] 5 sarta kaca 140 nut 7 prakawis punika sampun kagêlarakên dhatêng Mas Suwarta, Mas Arjautama sarta Mas Kramawiyata, saha sampun sami kula wangsuli, cocog utawi botên, punika pangagêman, nanging botên pêrlu kula rêmbag malih, nama amêrangi tatal, kajawi mênawi sampeyan kirang lêga lajêng kadangokakên malih, nanging ingkang tampi pandangon sisah, bola-bali ulas-ulis. Red.

P. Dede punika.

G. La: pundi.

P. Punika sinèh: tunna, wanni, sampeyan gondhèl, sunu, tanu botên.

G. Ah inggih sampun andum wilujêng.

P. Mangke ta, sampun kêsêsa, suwawi kula aturi lênggah rumiyin.

G. Pêrlunipun punapa, tiyang sampun rujak sêntul.

P. Pêrlunipun sami ngrêmbag nutipun ki rêdhaktur, ingkang tumrap ing karanganipun sadhèrèk kula: Mas Suwarta mantri guru ing Dêmak.

G. Punapa sampeyan badhe mangsuli, coba kula prantasane.

P. Inggih suwawi, nut (1) manawi lingga: kêcap mila [mi...]

--- 217 ---

[...la] inggih lêrês, kêcap-kêcèp, namung kauningana nun, ing pasisir wontên têmbung kêcip, inggih punika kêcap mawi hawa. Manawi karsanipun Mas Suwarta: lingga kêcip. Inggih sampun lêrês. Kêcap kêcip, saminipun ngutal-ngutil.§ Kula sampun amrayogèkakên kêcip kangge ing pasisir. Red.

G. Dados yèn lingganipun kêcap, makatên sampeyan nocogi ki rêdhaktur.

P. Inggih, amargi sami kalihan piwulangipun guru kula.

G. Guru sampeyan anggènipun mulang paramasastra ngangge pathokan sêrat punapa.

P. Sêrat anggitanipun: suwarga Bêndara Radèn Mas Ismangun Danuwinata, ingkang taksih kasimpên wontên ing lêmari, tur dèrèng cap-capan.

G. Sampeyan punapa inggih manut, tiyang dèrèng kapathok ing Gramatica.

P. Inggih amargi pathokan ingkang taksih kasidhêm wau cocog kalihan panggalihipun para insêpèktur ingkang kajibah ngrêksa awon saening pamulangan, kados ta: Kangjêng Tuwan Insêpèktur L.G. Bertsch ingkang jumênêng sêpèktur ing Jawi Têngahan sapunika.

--- 218 ---

G. Punapa Kangjêng Tuwan L.G. Bertsch sagêd dhatêng cara Jawi.

P. Kilap inggih, nanging karanganipun sêrat waosan tuwin paramasastra têka sumrambah ing pamulangan Jawi sadaya, sarta panjênênganipun têka kajunjung dados insêpèktur Jawi.§ Kula pitados ing kalantipan sarta kasagêdanipun tuwan insêpèktur, nanging kula taksih langkung pitados dhatêng sampeyan mênggah oreanipun têmbung Jawi, kuciwanipun sampeyan botên kenging dipun andêl, s, dalah têmbung sampeyan, sampeyan angge sangu pasuwitan. Red.

G. Punapa sampeyan gadhah Sêrat Urapsari kalihan Paramabasa.

P. Inggih gadhah.

G. La mbok sêrat waosan sampeyan ngangge Urapsari, Paramasastra sampeyan ngangge Paramabasa kemawon.

P. Inggih ta sasêlot- sêlotipun manawi kula sampun tampi dhawuh saking kangjêng guprêmèn.(10)Keterangan (10) pada paragraf berikutnya.

(10) Anggèn sampeyan angerang-erang Sêrat Paramabasa sarta Urapsari, kajawi nuruti ubaling pôncadriya gêthing dhatêng ingkang nganggit, sayêktosipun kalintu [kali...]

--- 219 ---

[...ntu] pamanggih sampeyan, botên sande kawêlèh, awit kalêmpaking basa ingkang dipun ucapakên ing têtiyang Jawi botên wontên ingkang mrojol saking Sêrat Urapsari, sanadyan propesor sampun malih guru sampeyan yèn sagêda nganggit utawi nglêmpakakên beda-bedaning ucapipun têtiyang Jawi, ingkang sagêd namung tiyang Jawi pilihan, mênawi kodhèn kados kula kemawon inggih dèrèng mêsthi, sagêd kula sawêg lowung kemawon, tinimbang dèrèng wontên.

Mas Rêksawiyata, kadospundi lêkasing karsa sampeyan, dene ajrih matur kakiranganipun tuwan insêpèktur, malah sampeyan alêm kabaudanipun, punika prasasat sampeyan saosi wisa mandi, utawi sampeyan loropakên ingkang sampeyan botên rumaos. Kula sampun tuwuk suwita utawi ngladosi para insêpèktur utawi para pujôngga Walandi, katrimah kula amargi saking anggèn kula purun mabênini[mabêni], beda kalihan sampeyan, katrimah sampeyan amargi saking anggèn sayan[sampeyan] ngonggrong utawi ajrih mabêni: kula namtokakên yèn botên andadosakên parênging galihipun tuwan insêpèktur nampèni pangumpak sampeyan, sarta namtokakên yèn andadosakên [a...]

--- 220 ---

[...ndadosakên] parênging galihipun kula wastani taksih kathah kakiranganipun ingatasing oreanipun têmbung Jawi. Kabaudanipun tuwan insêpèktur namung dhatêng talêsing têmbung Jawi, punika tikêl sadasa tinimbang kalihan kula sampeyan, nanging pacaranganipun dèrèng mêsthi, utawi kenging katamtokakên mêsthi baud têtiyang Jawi, awit têmbung wau têmbungipun piyambak, dipun ucapakên rintên dalu, kados ta têmbung ngoko warni tiga,

Kowe linggiha dhisik.

Sariramu of -- lênggaha -- dhisik.

Panjênêngamu -- lenggaha -- rumiyin.

Punika sabên tiyang sagêd matrapakên unggah-ungguhipun, ananging tuwan insêpèktur punapa sagêd anggalih bedaning sabab-sababipun, punika dèrèng mêsthi, môngka botên namung têmbung ngoko têtiga wau, krama inggih têtiga, madya inggih ugi têtiga, punika sami kangge wontên ing karaton dalêm Surakarta, ing sêrat-sêrat anggitanipun para pujôngga kados dèrèng wontên, kajawi namung Sêrat Urapsari, jêbul sampeyan poyoki kasian.

Sapunika sampeyan kula pamèri ungêlipun têmbung wrêdha krama sarta sampeyan botên sagêd maibên.

--- 221 ---

Têdhakan

Asma Dalêm Kaping IX.

Dhawuhing pangandika dalêm

Rama Pangeran Ariya Pringgalaya, kang kasêbut ngandhap puniki, kula sampun anglilani, pambayare nicil mêdala saking rama, yèn botên nêtêpi kula lilani prakawise kainggahna ing karampungan. Sêrat 2 iji kula paringake wangsul.

Kêmis ping 18 Mulud Jimakir ôngka 1802.

Ing nginggil punika têmbung krama lêrês: mawi panambang ngoko nama wrêdha krama, sarta beda kalihan mudha krama tuwin krama lugu, umuripun sêrat punika sampun 30 taun, taksih mawi ngrangkêp ? = sêrat sarta ~ anglilani, lah sapunika badhe sampeyan cocogakên kalihan sêrat punapa, bilih kalihan Sêrat Urapsari mindhak kêcelik.

Ing pamulangan Indhi Nèdêrlan dèrèng wanuh dhatêng têmbung-têmbung ingkang kula aturakên wau, ingkang katindakakên sawêg bakunipun, inggih punika: krama, ngoko tuwin madya, antawisipun têmbung-têmbung wau: dèrèng, sarèhning sampeyan dèrèng ngambah mila kadugi ngrèmèhakên Sêrat Urapsari. Red.

G. Inggih ta sampun sampeyan lajêngakên.

P. Sandika.

Nut 2 lan 3 e la mulangakên sangêt kulu nun, mila kula sawêg mastani kêcap-kêcip lêpat.

--- 222 ---

G. Kenging punapa, inggih-inggih, rikuh-rikuh, botên inggah-inggih, rikah-rikuh. § Sampeyan katingal rêmên pabên, têmbung inggih-inggih, rikah-rikuh [rikuh-rikuh], kula lêpatakên, lêrêsipun inggah-inggih, rikah-rikuh, têtêp rimbag dwilingga salin swara, cocog kalihan kawontênaning têmbungipun, ingkang gadhah têmbung sampun narimah, bokmênawi sampun kagalih lêrês, nanging sampeyan murina botên suka, amastani kenging. Kêsangêtên anggèn sampeyan ngina dhatêng kula, dwilingga salin swara kemawon kula kagalih botên mangrêtos, bok inggih nguningani Paramabasa blz. 507 en 508. Têmbung dwilingga salin swara sajagad kenging kula cakup wontên ing tangan kiwa têngên. Red.

P. Bokmanawi karsanipun Mas Suwarta mila botên damêl rimbag, dwilingga salin swara: nut 3 lêrêsipun nyaruwe, yèn ing kidung lêrês: naruwe, kintên kula Mas Suwarta anggènipun ngangge naruwe punika, supados saukaranipun katingal brêgas, mokal yèn ta botên sumêrêpa: saruwe punika anuswaranipun: nya, amargi botên sinaroja, utawi wanda urutipun ca, ja. (12)Keterangan (12) pada paragraf berikutnya.

(12) Bokmênawi inggih makatên, ananging punapa

--- 223 ---

botên wajib ngègêtakên tiyang supe. Red.

Nut 4 sakarêpe sing nulis bae, aja koluputake, nanging bêcik sing ora nganggo (gondhèl) punika têka saking botên priksanipun, ing lêrês lêpat botên, môngsa kangjêng guprêmèn karsa paring balônja f 900 sawulan dhatêng cobolo ingkang botên sumêrêp ing lêrês lêpat, punapa ukara: nanging bêcik sing ora nganggo (gondhèl) punika botên nêrangakên, manawi priksa ing lêrês lêpat.§ Kula sumôngga, nanging mênawi dhangan kasagêdan prayogi botên wêwaton balônja, sisah punika. Red.

Nut 5 anggèn kula ambucal: na gondhèl punika paribasan bêlo mèlu sêton, kabongganakên inggih andhèrèk, namung para: karêm na gondhèl punapa botên kêlêbêt ing paribasan wau.

G. Ah botên, kula sakônca sami ngugêmi watonipun pujôngga kina.

P. Priyayi iki sinèh, anggèn sampeyan manut pujôngga kina kula wastani bêlo mèlu sêton botên karsa, sarêng kula ngugêmi watonipun tiyang sapunika sampeyan bongganakên, mangke kula lajêngne (gêntos nut) nut 6 pujôngga botên nitèni sêratanipun [sêra...]

--- 224 ---

[...tanipun] tiyang, awit sampun gadhah pathokan piyambak, punika kula andhèrèkakên. Ingkang dipun titèni ungêling tiyang sarta lajêng dipun anggit dados Paramasastra. We la, manawi makatên arak kathah sangêt sêrat kramatika. Amargi ungêling tiyang mèh sabên paresidhenan beda-beda, kados ta: ing

1. Jupukakên, pakèn ke kriya cara Banyumas.
2. Ditunggokna, tanggap pratama purusa ke kriya cara Pagêlèn.
3. Panganang, gorengang, wisesa na lingga cara Ngayoja.
4. Kasaponi, tanggap ka i kriya cara Madiun.
5. Jupuki pakèn tanggapipun tanduk i kriya cara Rêmbang. Ingkang kula aturakên ing nginggil punika dede tiyang ingkang cobolo kemawon. (14)Keterangan (14) pada paragraf berikutnya.

(14) Ingkang kacariyos, pujôngga Surakarta, dede pujôngga pasisir, paramasastra inggih paramasastra Surakarta, dede paramasastra Banjarnagara, sanadyan karanganipun propesor ing nagari Walandi, ingkang dipun nut inggih têmbung Surakarta, dede têmbung Banjarnagara, sapunika sampeyan anggêlarakên têmbung pasisir, bedanipun kalihan têmbung Surakarta, kula botên maibên, kêcap, sampeyan kawonakên, lêrêsipun kêcip, kula [ku...]

--- 225 ---

[...la] nyumanggakakên, nanging kula botên anglêpatakên têmbung pasisir. Red.

G. Ah botên, lêrêsipun kêdah sami manut ungêling sêrat paramasastra.

P. Dados yèn makatên tiyang ingkang kêdah nitèni paramasastra.

Nut 7 e sagêd malih dados ne, pangraos kula inggih botên anèh sangêt-sangêt, sami ugi kalihan malihipun [Huruf Jawa: taling] tuwin [Huruf Jawa: taling tarung] dados [Huruf Jawa: wulu], tuwin [Huruf Jawa: suku], ingkang tumrap ing têmbung ingkang wandanipun wêkasan mênga angsal panambang: an, e.§ Anèh sayêktos: e sagêd malih dados ne, malihan punika limrahipun botên lumpat kidang makatên i dados e, u dados o botên oncat saking wijining panambang, sarêng karsa sampeyan e dados ne, nyêngklèng punapa botên, botên, inggih sampun. Red.

G. Nut, kadospundi, sampeyan ngangge: gagasaku punapa botên.

P. Botên kulunun, amargi wulanganipun guru kula gagasanku, utawi gagasanaku.

G. Mênawi kula mathuk, gagasaku, rimbag cara Sala,

--- 226 ---

kenging punapa sampeyan botên ngangge rimbag cara Sala, ing môngka sadaya pamulangan Jawi kêdah ngangge basa Surakarta.

P. Basa inggih, rimbag botên. Mila kula bingah sangêt, manawi panjurungipun kônca kula wontên têmbungipun pasisir, lajêng dipun lêrêsakên cara Surakartanipun saranut ing ngandhap dhatêng ki rêdhaktur, nut wau têrkadhang namung prahtèkên (?)

Nuwun-nuwun, ing sarèhning rimbag ingkang botên kêsastran dumèh cara Sala sampeyan ajêngi, kula gêntos kalilana ngangge rimbag cara pasisir tur taksih kêsastran inggih punika: ambucal gondhèl ingkang dede mêsthinipun.

G. Inggih môngga sampeyan lajêngakên pandarung sampeyan. Namung kenging punapa sampeyan nyêrat, gagasaku.

P. Punika kula rak sawêg nyêrati pangandika sampeyan, manawi wulanganipun guru kula, gagasanku utawi-utawi utawi. gagasanaku. (16)Keterangan (16) pada paragraf berikutnya. (16) Kula sumôngga, gagasaku kenging, gagasanku botên wontên ingkang nglêpatakên, gagasanaku saya brêgas, kula namung elik-elik mênawi kêsandhung ing rimbag [ri...]

--- 227 ---

[...mbag] sambawaning i kriya, kawruhana, saking kawruhan, kêdah sampeyan sêrat, kawruhanna, saking ngawruhi. Red.

G. Suwawi sampeyan lajêngakên.

P. Nut 9 jare têmbung andhahan, saking wod jar, angsal panambang e, yèn nitik petan, sampun lêrês tanpa [Huruf Jawa: layar] nitik wohan, kêdah mawi [Huruf Jawa: layar]§ Lajêng kadospundi. Red.

Nut 10, panambang i sagêd angsal pitulunganipun panambang an (1) ing wanda mênga dados nni, kados ta: ambasanni, nanging panambang e, botên kenging, kêdah jlêg tanpa sangkan malih dados ne kemawon, kados ta: basane, anèh têmênan, i karo e bae ginawe beda, mawi pasêksèn bilih dipun dwilinggakakên, kados ta: ambasan-basanni, kenging, basan-basanne botên kenging, kêdah kasêrat basa-basane, inggih ta: têmbung sajèn-sajènne sadjen-sadjenne tukon-tukonne toekon-toekonne punapa punika dede dwilingga sarta panambang e, angsal pitulunganipun panambang an. Saminipun rimbag i kriya. (2) bilih botên condhong makatên, karsa sampeyan punapa: kajine, kajènne. Wulune, wulonne (3) suwawi sampeyan kula dhèrèk, [dhèrè...]

--- 228 ---

[...k,] nanging sampeyan bedakakên têmbung tak kawienne kalihan tak kawinne tak soewoenne kalihan tak soewoonne panyêratipun Jawi kadospundi (4) Grammatica karanganipun Tuwan A.H. I.G. Walbeehm kala rumiyin tedlêg guru pamulangan luhur ing Batawi, panambang i e, tumrap ing wanda mênga, lajêng dados ni, ne kemawon, punika sêmbada, kados ta: mungêl. Ambasani, basane, botên kados guru sampeyan minggrang-minggring satunggal nni, satunggalipun ne.

G. Karsa sampeyan punapa, dene nutipun ki rêdhaktur sampeyan turun sadaya, ing môngka kula sampun condhong sangêt.

P. Sampeyan andangu kajêng kula, suwawi sampeyan pariksani: punapa kanggenipun têmbung: pitulunganipun sampun lêrês, punapa botên pitulungan kemawon, amargi saking pamanggih kula: panambang i, sagêd angsal pitulunganipun panambang an. Kalihan panambang i, sagêd angsal pitulungan panambang an, punika beda.

G. Bedanipun punapa.

P. Ukara kêkalih ing nginggil punika saminipun: pun Jaya angsal pitulungan arta: arak inggih lêrês pun [pu...]

--- 229 ---

[...n] Jaya angsal pitulungan arta, têrang ingkang kangge mitulungi arta kilapa king sintên, dene manawi badhe ngangge ipun makatên: pun Jaya angsal pitulunganipun pun Suta awarni arta.§ Lidipun ing karsa nglêpatakên têmbung pitulunganipun, lêrêsipun pitulungan, aur[atur] kula nuwun, mênggah ungêling ukara ingkang kalêpatakên panambang i, sagêd angsal pitulunganipun panambang an, kajêngipun ki rêdhaktur ingkang dèrèng sumêrêp panganggenipun têmbung wêngku, ukara ing nginggil punika makatên panambang an: si a sagêd angsal pitulunganipun panambang an = si b pundi wontên si a dipun pitulungi si b kok lêpat, sawêg manggih sapunika, botên namung manungsa ingkang sagêd mitulungi, sanadyan aksara inggih sagêd mitulungi ugi ing bangsanipun piyambak-piyambak. Red.

G. Ki rêdhaktur masa kêkirangana, tamtu sagêd nêrangakên lêrêsing anggènipun ngagêm têmbung: pitulunganipun.

P. Inggih sokur, kula badhe angsal bathi, wêwah sêsêrêpan kula.

(2) Kados inggih botên anèh sangêt- sangêt, amargi kapurba ing pathok: e, tumrap ing wanda wêkasan mênga lajêng jlêg dados ne: basan-basane, manawi [mana...]

--- 230 ---

[...wi] kula mila botên mathuk, kêdah basa-basane, dene sajèn-sajènne, tukon-tukonne kula ajêng, amargi ingkang dipun panambangi e, rimbag wisesa na dwipurwa, sajèn-sajèn, tukon-tukon. Ananging têmbung sajèn-sajènne, tukon-tukonne dede piwulangan, mila sampun gadhahanipun piyambak.

(3) Kajêng kula mila inggih, kajine lingga kaji, kajènne lingga kajèn, babune lingga babu, babonne lingga babon.

G. La, sapunika kêcandhak maksud sampeyan, anggèn sampeyan nyingkiri na gondhèl punika kajêng sampeyan rak supados silah lingganipun têmbung jaranne, kêbonne, lingganipun jara, kêbo, punapa jaran, kêbon.

P. Ingkang makatên punika sapele, amargi kenging dipun pêndhêt saking suraosipun, mokal tiyang wicantên botên wontên bongkot pucukipun, amargi sanajan pangrimbaging têmbung cara Radèn Mas Ismangun Danuwinata, inggih wontên têmbung ingkang cawuh, kados ta: andorani, ngawoni, lingganipun kenging dora, awu, utawi doran, awon.§ Sampun kalêbêt ing wangsulan kula nut (7). Red.

--- 231 ---

(4) tak kawienne panyêratipun tak botên kagandhèng kalihan kawienne punika punapa sampun lêrês.

G. Badhe angsal katêrangan, sampun ta lajêng sampeyan sêrat cara Jawi tak kawienne kalihan tak kawinne, tak soewoenne kalihan tak soewoonne.

P. Panyêrat kula tak kawienne kalihan tak kawinne sami kemawon. Tak kawinne tak soewoenne kalihan tak soewoone ugi sami kemawon tak suwunne.§ Panyêrat kula têmbung: tak kawienne tak soewoenne, kalêpatakên, lêrêsipun têmbung tak kêdah blèngkèt kalihan sastra wingkingipun, atur kula nuwun, kula angsal bathi sasêrêpan, sayêktosipun bab panyêrat sastra Walandi têmbung Malayu kula rumaos jompo tikêl satus kalihan sampeyan, sampuna wontên pêrlunipun kêdah kasêrat Malayu: pancèn botên, dene waton kula di ambil kula pisah, punapa kêdah kasêrat awor diambil? Red.

G. Punika têka sami kemawon, dados sampeyan botên sagêd ambedakakên.

P. Panyêrat botên sagêd, suraos sagêd.

G. Kadospundi bedanipun.

--- 232 ---

P. Yèn ing pawicantênan kenging kasuraos saking lagu, yèn ing sêratan, kasuraos saking ukara ngajêng wingkingipun. Panyêrat kula, tak kawinne kalihan tak suwunne punika bilih sampeyan prasasat jumbuh ing jara lan jaran ing jaranne.

(5) Basane kula ajêng, ambasani kula botên ajêng, amargi botên kalimrahakên dhatêng pamulangan-pamulangan.§ Têmbung sampeyan basane kula ajêng, ambasanni, kula botên ajêng, amargi botên kalimrahakên dhatêng pamulangan-pamulangan, mênawi yêktos makatên sampeyan matur dhatêng panjênênganipun tuwan insêpèktur, yèn têmbung: basanne, kalihan ambasanni, kabeda pasangipun, prayogi lajêng kapathok ing pramasastra, botên susah pinabên. Red.

Tunna, wanni, parinne, ingkang namung kangge ing karaton kêkalih, samukawis ingkang kaprah ing kathah kula rêmên, ingkang manjila kula botên rêmên. (22)Keterangan (22) pada paragraf berikutnya.

(22) Bilih dhangan sampun malih-malih amastani sêratan Surakarta, Ngayogyakarta: mênjila, punika pangandika ingkang kirang prayogi, sanadyan tuwan insêpèktur môngsa ngajanana ungêl ingkang makatên, upami ngantos kauningan dhatêng tuwan insêpèktur kula anamtokakên sampeyan [sa...]

--- 233 ---

[...mpeyan] mêsthi kadukanan. Red.

Nut 11 murid kados botên badhe bingung, têmtu nyêrat sarasehana, gagasanku utawi gagasanaku, botên badhe nyêrat, gagasaku.§ Sukur bage sèwu kula namung anjurungakên amin kemawon, para murid sampeyan sami bauda nyêrat, sarasehana. Red.

G. Nut 12 tur sampun katawis ewa dhatêng kula, punapa tandhanipun mênawi ki rêdhaktur ewa.

P. Tandhanipun ewa, amargi sadaya karanganipun kônca kula ing pasisir ingkang malêbêt dhatêng Sasadara têmtu ewah.

G. Ingkang ewah punapanipun, aradhe: na gondhèl ta: punika rak saking kamirahanipun ki rêdhaktur, karsa nglêrêsakên sêrat sampeyan ingkang lêpat.

P. Inggih dèrèng kantênan manawi lêpat. Kawuningana, punika dados gêlaning manahipun ingkang manjurung, kalihan bok kagaliha: sumêbaring Sasadara kados kathah ingkang dhatêng pasisir katimbang kalihan ingkang wontên ing Surakarta. (24) Keterangan (24) pada paragraf berikutnya.

(24) Sasêratan Sasadara badhe botên pating clonèh awona saea namung warni satunggal, botên angremahi angrèmèhi. [a...]

--- 234 ---

[...ngremahi] kajêngipun têtiyang kathah. Kajawi bilih nuju ngrêmbag kasusastran, sarta kaanggêpa awon dening têtiyang pasisir: botên kamanah, awit sampun ngambah margi lêrês, angluhurakên karaton dalêm kêkalih. Red.

Nuwun-nuwun, têmbung: kaumbulna dhatêng langit pisan, punika punapa dede golonganipun têmbung kasar.

G. E la dede, suwawi pundi têmbungipun kasar.

P. Inggih botên wontên, namung suraosipun ragi mèmpêr.§ Têmbung kaumbulna dhatêng langit, kaanggêp kasar, kula namung sumôngga, sarèhning sanès raos. Sami ugi têmbung sampeyan: kula botên ajêng nut (21) tiyang Surakarta jiji angangge têmbung makatên, dene kanggenipun kapal kula (utawi pun Suta) botên ajêng nêdha, dene têmbung kula botên ajêng kenging linintu kula botên condhong. Red.

G. Inggih ta sampun, punapa malih.

P. I, e, botên punapa-punapa sampeyan sulayani piyambak. Kados ingkang nyulayani dede kula piyambak, para gandhul tumut nyulayani.

G. Sampun botên.

P. Inggih punapa malih, la punika sinèh, matèn

--- 235 ---

dados, matènni, matinne, botên, matènni, matènne, utawi matinni, matinne.

Nut 13 lan 14 wangsulan kula nyêbah? akên ingkang nganggit.

Nut 15 kula nyêbah? akên pambantu Rêtna Dumilah ing Surabaya.

Nut 16 kula andhèrèk ngajêng- ajêng, awit kula badhe angsal wêwah sêsêrêpan. Cuthêl.

Kula namung sadêrmi nyêrati. (26)Keterangan (26) pada paragraf berikutnya.

(26) Maksudipun ungêl-ungêlan punika: lair batin, lairipun Mas Rêksawiyata, batinipun winadi, punika kula sumanggakakên priyantun mantri guru ing Banjarnagara bokmênawi sagêd ambikak wêwadi wau.

Kaajrihanipun para mantri guru dhatêng tuwan insêpèktur (dene ingkang ajrih piyambak priyantun mantri guru ing Banjarnagara), botên namung tatakramanipun kangge sangu pasuwitan, sêmbah dalêmipun dipun taru ngantos ngaling-alingi wêninging galih supe bilih tiyang agêng punika botên kagungan pakurmatan makatên, lah bok kula dados muriding pamulangan, kenging dados têtuladanipun para mantri guru

--- 236 ---

(anèh) ing bab punika, sarta botên ajrih kadukanan amargi saking anggèn kula nglampahi lêrês, mênggah botên ajrih kula punika malah nelakakên ing kaajrihan kula anggèn kula rumêksa ing panjênênganipun, botên adamêl koruping karsa. Lurah sampeyan ingkang sampun kondur dhatêng nagari Walandi, inggih sampun nate kula suwitani, bok coba sampeyan matur pitakèn, punapa nate nampèni: sêmbah dalêm kula, kula kok inggih dipun kasihi kados sampeyan makatên, tur panjênênganipun katingal rêmên nampèni: sêmbah dalêm, nanging botên kula manah, kaajrihan kula ingkang têrus ing manah (dening panjênênganipun aparing sandhang pangan) punika ingkang rumêksa ing pasuwitan kula, dede: sêmbah dalêm kula. Awit saking punika kula gadhah pangintên, dangu-dangu sampeyan badhe nyêbut: abdi dalêm kangjêng guprêmèn, botên abdinipun o utawi abdi dalêm komis enz sarta ing sabên garêbêg siyam sowan nyuwun ngabêkti (ujung) sisih punika ingkang dipun ngabêktèni, sapunika sawêg nicil sêmbah.

Sampeyan kula cariyosi cara Sala lugu, wontên satunggiling lid Radyapustaka sotyanipun kangjêng radèn adipati (matapita of pitaya) punika ingkang asring kautus [ka...]

--- 237 ---

[...utus] sowan ing kangjêng tuwan residhèn, botên mawi sangu: sêmbah dalêm, kok inggih dipun kasihi kados sampeyan makatên. Amargi saking gampilipun sêmbah dalêm sampeyan, anuwuhakên panggraita kula yèn panambang: ne, dhasar sampeyan saosakên dados têtumbaling pasuwitan sampeyan. Red.

4 Juni 1902

Pun waruju ing Banjarnagara. Rêksawiyata.

Eyang Ngarab, sarta rama kaji punika ingkang kamanah namung kamulyaning swarga, nindakakên pêpacaking sarak, sintên ingkang nêrak, amêsthi kêcêmplung ing naraka, para putra wayah sami dipun ayomi ing mêmanis, dene sambènipun wontên ing dunya pakarti ingkang kalal, botên anyênyarêmakên, eyang Ngarab sade tinumbas karana Allah, sinjang pangaos kalih rupiyah namung kasade nêm rupiyah, tiyang dhatêng putra wayahipun piyambak, tur pambayaripun kenging nicil, rama kaji tiru-tiru tumbas rupiyah rêgi sadasa uwang, tur rupiyahipun kenging katampèkakên sanès wulan, lah makatên punika sumêrêp kula kadarmaning lêlabuhanipun eyang Ngarab sarta rama kaji, ananging botên mêsthi sadaya makatên, sarta botên kenging kagêbyah kados uyah, wontên satunggaling kaji, nenemanipun kala ing taun 1816 malêbêt sakolah guru [gu...]

--- 238 ---

[...ru]

ing pamulangan Kweeksekool ing Magêlang, sarêng dumugi pangkat tiga: mêdal, lajêng among tani, wusana lajêng minggah kaji dhatêng Mêkah, ing mangke andumugèkakên among tani malih kalayan rahayuning budi ingkang narik dhatêng katêntrêmaning gêsangipun, sambènipun maos Sasadara, lajêng dipun rumpaka kados ing ngandhap punika: ngiras ngêjur: na gondhèl. Red.

Pangowêl Ingkang Mahya Saking Jatining Tyas Nirmala

Kados-kados kabul saking pamujinipun anggèr Ms. Arjautama ing Maospati (zie Sasadara ôngka VI) ing mangke jagad Sasadara kêbak dening pêpasrèn pisungsungipun para anindita, anggêlar kawruh warni-warni ingkang sarinipun mikantuki indhaking sasêrêpanipun para ingkang sami karênan mangudi dhatêng ... Sasadara kenging kaupamèkakên kênya ingkang nêdhêng birahi, pantês dados kondhang kidungipun para nimpuna, kajawi sampurnaning citranipun ingkang tanpa sisihan, saha dyatmikanipun bilih angagêm kasêmêkan kabar angin wêdalan ing nagari marutamanda, kasêmbuh dhasar trahing witaradya, pamulu wingit, kêkuwunging ujwala arêbat papan kalihan lawêning lintang jhahal ingkang sumuluh ing wanci gagat raina. Tajêmipun paningal kados [kado...]

--- 239 ---

[...s] pêsating pasopati, singa ingkang kataman liring ngênglêng dadak-dadakan saking botên sagêd angampah barubahing manah. Bobotipun kula punika ingkang sampun pikantuk titêl kaji, ewadene mênawi kula ningali gandêsipun nikèn Sasadara, manah kula mêksa sênag-sênig, ja lali lo: bèng (ki Red), sampun malih ingkang dèrèng nama kaji kados kula. Sanadyan kula punika dede pambantunipun Sasadara, awit saking tunaning budi, nanging sarèhning sabên wêdalipun Sasadara kula sagêd manguswa kiswanipun, dados salaminipun Sasadara taksih dinirgakakên ing yuswa, kula badhe tansah pikantuk bêgja ingkang botên kenging winiraos.

Saking anggèn kula rumaos botên badhe bosên aningali dhangah-dhangahing Sasadara, kalampahan botên ketang dipun sêrtu, kula mêksa nêmpuh byat marêk ing sang rêtna, sotaning manah mugi sang rêtna karsa anyaruwe, supados ing têmbe mênawi kula kadumugèkakên ing jangji, murud dhatêng jatining asmaralaya, wontêna ingkang kula angge angsal-angsal. Wosing atur kula: (bola-bali iya: na gondhèl).

Ingatasipun tiyang angrêmbag bab kawruh, sampun limrah sami diya-diniya, arêbat lêrêsipun piyambak-piyambak. [piyambak-piyamba...]

--- 240 ---

[...k.] Ingkang makatên wau saking pamanggih kula botên dados punapa, waton sami ngagêm têtêmbungan ingkang sae sarta botên kêsupèn dhatêng wosipun ingkang pinabên, gumêbyaring mas sarana dipun sangling, makatên ugi lêrêsipun pamanggih punika sarana karêmbag ing akathah, botên dipun sêksèni piyambak. Têmbung wani kalihan wanni sarta wanine kalihan waninne dhasar sapele, ingatasipun tiyang ingkang botên rêmên sastra, nanging ingatasipun tiyang ingkang mêmardi mikani dhatêng tusing kasusastran Jawi, ajinipun angungkuli mas ore (ki Red).

Anggèn kula mastani ingkang nama bênêr punika namung satunggil (ingatasipun pangadilan), botên kok kalih, tiga makatên. Wanni = arêp Surakarta (êmoh pasisir), wani = êmoh Surakarta (arêp pasisir), saha waninne = anglêr Surakarta (gronjalan pasisir) wanine = gronjalan Surakarta (anglêr pasisir), punika kadospundi tiyang cobolo ingkang kados awak dèkèng, la rak badhe tansah lingak-linguk, jalaran botên kantênan ingkang dipun turut, punapa manut wêwaton sasiripun piyambak-piyambak kemawon, sisah punika. Mênawi lêrêsing panyêrat punika botên pêrlu kagalih, namung waton: wong ora beda têgêse, lah punapa paedahipun para Kawirêja [Kawirê...]

--- 241 ---

[...ja]

anganggit Sêrat Wedhabasa Paramasastra, Wyakarana, Arubasastra, Warnabasa, garmmatica,grammatica. woordenboek utawi Logaad enz mênawi namung anggalih wong ngene bae iya wis ngêrti, la rak badhe blaès§ Rikne inggih botên kapidana Salawana. awit sêratan: jaran wedok kang dikalungi gêntha kae yèn wis kok ombèni, banjur kandhangna, sami kemawon ingatasipun sadôngsa kalihan jaran wadon kang dikalungi gêntha kae yèn wis koombèni banjur kandhangna. Punapa makatên punika ingkang nama paramasastra (sisah malih punika). Dhuh, sang kalêngkaning buwana, kula sampun kêlajêng kapencut anon ing solah andika, dumugining prana jêbul badhe paduka oncati, la bok sampun kagungan watak putungan atèn makatên. Paduka ingkang pinêsthi dados gêgununganing kasusilan Jawi, jêbul ngajap rawuhipun bathara Suman ingkang taksih ngasrama ing praja Nèdêrlan la rak anèh, inggih lêrês bathara Suman punika sêkti môndraguna, nanging bab kasusilan Jawi rak malah maguru dhatêng paduka. Lêrêsipun sang ayu sampun êsah umangsah pahoman amêsu budi, supados anggèn paduka angrênggani kasusilan Jawi nama sampurna, têtêp dados kumaraning jagad Jawi, satêmah kuncaraning kasusilan Jawi, botên ical-ical saindêngipun, angantos dumugining ari pungkas kala pisan. Mênawi paduka botên puguh ing galih,

--- 242 ---

têgêsipun namung wêwaton sumarah ingkang karsa ngangge la gèk sintên ingkang badhe pitajêng dhatêng sang ayu. Kalihan malih mênawi sang ayu namung kakênan galih dening kapencut suwuring pêparab pujôngga, lah sampun, paduka lajêng ngagêma cundhuk sêkar gêgubahanipun ingkang minulya Tuwan Sopudsên, pujôngga ing nagari Dhèlêp, ingkang tinêngêran ing sêratan, oncèn-oncèn sêrat waosan jilidan ingkang sapisan, dimèn paduka saya mindhak prak ati. Mandanganu gêmang.

Mênawi gêgujêngan bab na gondhèl, sang rêtna ngajak kèndêl, jalaran sandeya ing galih bokmênawi sagêd adamêl bosênipun dhatêng ingkang karsa maos, dhuh wong ayu apuranta, kauningana: kados kawruh natuurkunde (Ms. Arjautama) kawruh bab sagantên vormleer (Ms. Martadiharja) saha kawruh jagad (wis en aardrijkskunde) sumawana kawruh tanêm tuwuh (Ms Prawirawiyata) utawi sanès-sanèsipun pêthikan saking kawruh Eropah sarta ingkang sampun kapacak wontên ing sêrat-sêrat, punapa paduka galih botên adamêl bosênipun para maos. Awit kawruh ingkang kula pratelakakên wau, kula kemawon sadasa taun sapriki sampun kêrêp mirêng gotèkipun para anak-anak kula ingkang sakolah [sako...]

--- 243 ---

[...lah] ing Kweek en Opleidingschool punapa malih tumrap para sagêd ing jaman sapunika botêna lajêng kaanggêp kawruh kina. Beda kalinkalihan. Mardawa Lagu, Cakrawarti, punika dêlêsing kawruh Jawi (kados), kula (têtiyang pasisir), sawêg nêmbe mirêng.

Bilih wani kalihan wanni sarta wanine kalihan waninne, saha kali = kalinne = kalènne?§ Têmbung kali pamanah kula: lingga, botên saking ili, saupami saking ili rimbagipun dados kèli, utawi kili kalihdene malih kali, wau têmbung aran, karimbag dados kalèn. Pamanah kula sampun lêrês, ingkang kadangokakên punapanipun, punapa panambangipun ne, jlêg tanpa sangkan, dados kalinne, beda kalihan kalènne wau mila kula sampun matur mênawi anggalih: ne, jlêg tanpa sangkan, kula ngaturakên solo. Red. botên pêrlu karêmbag lêrêsing panyêratipun, awit saking sapele, pakartining lare, pêrlunipun punapa tiyang sumêrêp sababipun: anake lêmu-lêmu, kenging, wangsul anake pincang- pincang, botên kenging. Suwawi kagaliha, la yèn sampun sumêrêp sababipun, gèk badhe ngindhakakên punapa, punapa ngindhakakên kabrêgasanipun bôngsa Jawi anggènipun rumaos sampun [sa...]

--- 244 ---

[...mpun] oncat saking kamlaratan, punapa ? ... ? ... ? yèn sang ayu ngajak anganggit mubarang ingkang kenging andadosakên karaharjaning manungsa, suwawi kula aturi anggalih jawabipun pitakèn ing ngandhap punika:

a. Sabab saking punapa kawruhipun bôngsa Jawi saya lami saya mundur (pantog) [Dilanjutkan pada hlm. 245] (*)Keterangan (*) pada dua paragraf berikutnya.

Tandhanipun, mênawi pandhe Jawi adamêl paku, jaman kula dèrèng wontên ngantos sapunika sampun apêputu kalih, inggih sami kemawon, kagêmblèng, pandamêlipun uthik, pikantukipun namung sakêdhik, dadosipun pating cêngkuwik. Beda kalihan kawruh Eropah: wit-witan taksih gêsang, ing dalêm kalih jam sampun sagêd dados sêrat kabar pintên-pintên saking dayaning masinê.

(*) Sabab saking kawisesa saya lami saya malêmpêm, ngantos botên gadhah isin winulang basanipun piyambak ing bôngsa sanès, kamajênganipun manut sapangrèh namung badhe ngantuni ing salami-laminipun, tandhanipun sampeyan sadaya dèrèng nate nganggit kawruh anglancangi anggitanipun para guru sampeyan, amargi saking ajrih, malah pêng-pêngan sampeyan murinani utawi pados pakandêlan dhatêng guru, pamanggihipun lêrêsa lêpata utawi angrisaka adat kina namung ajrih maoni sumêlang kadukanan, dalah têmbungipun kalêbêt ing pasuwitan, punika sampun kaêbêt [ka...]

--- 245 ---

[...êbêt] lwêwatêkanipun têtiyang Jawi, utawi kula sadaya, rêmên sulaya kalihan bangsanipun piyambak, paramabasa dipun orak-arik, karanganipun Tuwan Propesor C. Punsên tuwin karanganipun Tuwan P. Yan, panambang i warni kalih: madhani, ngatènni, gandhul paruthul, punapadene karanganipun Tuwan A.H.Y.G. Walbim, panambang i paruthul, madhani, ngatèni, ngatènana, dupèh saking: kati sami dipun kèndêlakên kemawon, pathokanipun purun kalihan ajrih dhatêng tiyangipun ingkang nganggit, botên têmbungipun. Red.

b. Pambudidaya punapa ingkang arus katindakakên, mamrih têtiyang Jawi majênga dhatêng mubarang padamêlan.(*)Keterangan (*) pada hlm 246.

Mênawi jawabipun kalih bab ing nginggil punika paduka kaparêng ngalorèhakên§ Ngalorèhakên, punapa sami kalihan: nyorahakên. Red. wijang-wijangipun ingkang ngantos anggalur, pintên banggi wontên para luhur hartawan ingkang srêdha ambawani aparing tuladha supados kalêksanan ngêsing pitakèn, sampun saèstu ing alami-lami kita tiyang Jawi botên pêrlu andamêl kursi nyambat utawi tumbas dhatêng Cina Makao, cêkap damêlanipun piyambak. Kados ta: andamêl rèk, punika kawruh punapa ingatasipun tiyang Eropah, [E...]

--- 246 ---

[...ropah,] kawruh sapele, sumarambahipun wontên ing tanah Jawi rikala kula dèrèng wontên, parandosipun ing pundi wontên pabrik Jawi andamêl rèk la wong karo têngah sèn we wis entuk rèk siji, pêrlu apa kathik yasa pabrik barang. kasijan.

Ing wusana panyuwun kula: para ngawikani sampun kêkirangan aparing rumêntahing sih pangapuntên dhatêng titah ingkang papa, kados pun:

Kaji Salèh alias Manan, katêlah nama Kaji Salawana.

Sambirêmbe Maospati kaping ... Juli 1902.

Kabaudanipun nyêrat Kaji Salèh mawi: na gondhèl, kados dipun ojok-ojoki dhatêng Ms. Arjautama. Red.

[Keterangan dari hlm. 245: ... mubarang padamêlan.]

(*) Sampeyan badhe adamêl punapa bok inggih sampun kados adat, ingkang kula manah punika namung sapele, botên kapengin sagêd damêl rèk, namung sagêd dêdamêl layah alus, pagêr banon kosok kados ing kitha agêng, awèt sae sarta adinipun angungkuli ingkang mawi wêdhi gamping, langkung malih pandamêling wêsi aji, wayang sasaminipun, narimah namung angiribi kemawon, sarta pangikêting ukara sagêda Jawi lugu, kasagêdan kula narimah kantun ing salami-laminipun, panarimah kula

--- 247 ---

botên sagêd kasêmbadan, rumaos kula tansah saya ewah modhèl baru, bêskat dados sêmôngking saya brêgas, sarêng amung kemawon punika rak prêtalan têmbung Mlayu blêjêd tjoemasadja dipun pêksa dados têmbung Jawi, tuwin sanès-sanèsipun cangkokan têmbung Mlayu utawi Wlandi, kados ta: dede punika, nanging punika, kados ingkang sampun kula aturakên ngajêng, kêlajêng-lajêng kangge ing kathah, wontên malih pamanggihipun liding Radyapustaka têmbung panunggilanipun ing nginggil wau ikêtan Walandi kalantur dados Jawi, kula piyambak sampun katilapan sarta sampun ngangge têmbung wau, sawêg sapunika wiwit kula mantuni, inggih punika kagêbag dening pun Suta, têmbungipun Jawi barès kurès namung: kagêbag pun Suta, badhe mlajêng dhatêng pundi, dene kanggenipun têmbung dening ingkang sampun pinanggih kados ta: mati dening aku = mati saka ing aku utawi kagyat dening iwak molah = kagèt saka iwak molah, lah punika pamanggihing priyantun Jawi lugu ingkang pantês tinelad, saya kapanjang-panjang malih atur kua,kula. kaalusanipun têmbung Jawi inggih sampun angiribi kaalusanipun têmbung Walandi, kados ta: tai, uyuh, dipun alusakên dados wawratan, toyan, alusipun mawi kanthi raos awrat kalihan toya punapa têmbung awrat tuwin toya wau

--- 248 ---

kaanggêp kasar? Wusana lajêng kaewahan dhatêng wingking utawi: badhe mêdal alusing têmbung wau ambucal raos, punika inggih ugi prêtalan saking têmbung Malayu kablakang utawi maoe kloewar pêrlunipun punapa: sadhèrèk, bilih sampun gadhah têmbung piyambak tur brêgas, têka mawi nyambut-nyambut têmbung sanès tur tumraping têmbungipun malah kirang sae, punapa kêmba? Beda kalihan bêskat dados sêmongking, utawi bêdhahan Jawi linintu bêdhahan Walandi, dhasar brêgas pantês tinulad.

Amangsuli karsa sampeyan, anggèn kula sagêd manah prakawis: na gondhèl, kadospundi, sumôngga ta, kula aturi anggalih gampil-gampilan, kados ta:

Madhanni saking an, i -- kacèk punapanipun?

Padhanne saking an, e -- kacèk punapanipun?

Lajêng dipun obat-abitakên dhatêng Ms. Arjautawa[Arjautama] mawi thêngêr-thêngêr barang têmahan lêmês ngaluspruk [ngalumpruk] ngantos sagêd dados ne, jlêg tanpa sangkan, matuh ing kaajrihanipun, sanadyan dipun risak adatipun manut kemawon, tiyang sajagad sami amastani lêrês, namung kantun jagad Sasadara ingkang dèrèng kèlu, sarta jagad paramabasa zie blz. 551. Tak, ko, dados jêjêr, awit sampun kalêbêt ing têmbung kula, botên kenging rinèh ing têmbung sanès, [sanè...]

--- 249 ---

[...s,] beda kalihan manungsanipun, môngka kula sampeyan purih ngrêmbag, wanni, sunu, têka, makatêna malih sagêda kodal, ingkang sampun jèngglèh mêksa sulaya ing pamanggih, pêpuntonipun kêjawi namung mupus: botên wontên.

Sarèhning sampeyan kapiadrêng badhe nguningani wêwatoning wontênipun: na gondhèl, kula namung cariyos kemawon, sampeyan gêga: sukur ing Allah, sampeyan paibên: sumôngga, kados ing ngandhap punika:

Ing jaman kina pujôngga angangge rangkêping têmbung: tunna, sêrat wêngi zie Javaansche brieven en wyakarana, tumuntên ing alami-lami pinanggihing pamikiripun yèn têmbung: sêrat wêngi, layar cêcakipun, kenging kasirnakakên, sarta kenging kasantunan sêrat wêngi, kados salimrahipun, awit sami tanpa wiji, nanging tunna, botên kenging kasêrat: tuna, awit wontên wijinipun saking têmbung Kawi: unnya = unni, botên uni, karunya, kasêrat karunna, botên karuna, icaling pengkal linintu gondhèl, saminipun manyura, kasêrat mannyura botên manyura, icaling pengkal linintu pasangan nya dene sunu, anrajang, botên kagondhèl, awit sampun karakêtan [Huruf Jawa: suku] [Huruf Jawa: cakra] sarèhning dipun sulayani dhatêng Mas Arjautama, karsanipun wani,

--- 250 ---

sunu, têka, utawi wanni, sunnu, têkka, nama turut mila kula namung narimah kawon, tanpa damêl pinabên, sanès pandhita: sanès wêjangan. Red.

Pitakèn

Ing tanggal kaping 1 Juli 1855 punika dhawah dintên pêkênan punapa, sarta dhawahing wulan Jawi wulan punapa, punapadene dhawah taun pintên.

Wiryasubrata.

Pitakèn sampeyan ing nginggil punika, mênawi kanggenipun maedahi ing akathah badhe angsal wangsulan saking Radèn Ngabèi Tohpraja, kondhanging Sasadara bab pangetanging dintên sae, nanging bilih namung tumrap dhatêng sarira sampeyan piyambak, punika dede bêbahanipun kabar Sasadara, mugi sampun andadosakên ing panggalih. Langkung prayogi sampeyan atêpanga piyambak dhatêng Radèn Ngabèi Tohpraja, punika kula sakalangkung mangayubagya.

Red.

--- 251 ---

Sêrat sajarah karaton dalêm kêkalih sampun kalampahan kacithak, wontên pangêcapanipun Tuwan G.C.T. Pan Dhorêp èn ko ing Samarang, sapunika sampun dumugi ing Pajajaran, panyuwun kula dhumatêng para lêngganan Sasadara ingkang sampun nampèni sêrat idêran sarta dèrèng mangsulakên, mênawi karsa mundhut tumbas, mugi lajêng angintuna wangsul kalowongan wau, saha para priyantun sanèsipun ingkang botên kaaturan kalowongan, mênawi karsa mundhut tumbas, mugi kaparêng tumuntên prasabên dhumatêng kula.

Red.

Tambahan kabar angin, ing wulan punika botên sagêd mêdal, amargi ki redhaktur kêgubêd ing na gondhèl, ngantos anglirwakakên panganggitipun, mugi sampun andadosakên cuwaning galih.

Red.

--- [0] ---

Isining Kabar Sasadara

1. Pawarsakan ... blz 196.
2. Dintên sae ... blz. 197
3. Arusing sagantên ... blz. 198.
4. Na gondhèl Rêksawiyata ... blz. 205.
5. Na gondhèl Salawana ... blz. 233.
6. Pitakèn dintên pêkênan ... blz. 250
7. Sajarah sampun kalampahan kacithak ... blz. 251. 8. Kabar angin botên mêdal _