Sastra Jawa

Program Digitalisasi Sastra Daerah

  • Increase font size
  • Default font size
  • Decrease font size

Sasadara, Radya Pustaka, 1902-10, #1807

Katalog:Sasadara, Radya Pustaka, 1902, #1807
Sambung:
1.Sasadara, Radya Pustaka, 1902-01, #1807 . Koran, Majalah dan Jurnal | Sasadara #409.
2.Sasadara, Radya Pustaka, 1902-05, #1807 . Koran, Majalah dan Jurnal | Sasadara #410.
3.Sasadara, Radya Pustaka, 1902-07, #1807 . Koran, Majalah dan Jurnal | Sasadara #411.
4.Sasadara, Radya Pustaka, 1902-08, #1807. Koran, Majalah dan Jurnal | Sasadara #412.
5.Sasadara, Radya Pustaka, 1902-09, #1807. Koran, Majalah dan Jurnal | Sasadara #413.
6.Sasadara, Radya Pustaka, 1902-10, #1807. Koran, Majalah dan Jurnal | Sasadara #414.
7.Sasadara, Radya Pustaka, 1902-12, #1807. Koran, Majalah dan Jurnal | Sasadara #415.

Ongka VII. Taun III. Kaping 15 Rêjêp Taun Be, Ongka 1832 [18-10-1902 AD.].

Sêrat kabar wulanan nama: Sasadara

Rêginipun ing dalêm satêngah taun 3 rupiyah, sarta kêdah kabayar rumiyin. Ingkang anggadhahi Sasadara Pahêman Radyapustaka. Ingkang nyithak sarta ngêdalakên Firma Vogel v. d. Heijde & Co. Juru pangripta Ngabèi Wirapustaka.

--- 300 ---

Minôngka Pananggalanipun Sasadara

Pawarsakan

Wulan Ruwah taun Be ôngka 1832, taun Hijrah 1320.

[Grafik]

--- 301 ---

Dintên Sae

Salêbêtipun wulan Ruwah taun Be punika wontên tiga.

1. Dintên Sêtu Kliwon tanggal kaping 13 wuku Kuningan, dewa Endra mawulu dadi lampahing bumi, tunggaksêmi, rakamipun dhawah sanggar waringin, saenipun kangge sabarang yêyasan, sangatipun wiwit jam 8.25 mênut, dumugi jam 10.48 mênut, Yusup rijêki.

2. Dintên Sêtu Paing tanggal kaping 20 wuku Langkir dewa Sri tungle tulus, lampahing latu satriya wibawa, rakamipun dhawah macan kêtawang, saenipun kangge damêl pawon saha yasa pandhapa, sangatipun wiwit jam 10.49 mênut, dumugi jam 1.12 mênut, Jabarail wilujêng.

3. Dintên Sênèn Wage tanggal kaping 22 wuku Môndhasiya dewa Guru, wurukung dadi lampahing latu, wasesa sagara, rakamipun dhawah sanggar waringin, saenipun kangge nikahan, yêyasan, sangatipun wiwit jam 6 dumugi jam 8.14 mênut, Jabarail rijêki.

Wêwaton sêrat pawukon, wulan Ruwah wau mênawi kangge ngêdêgakên griya watakipun asring kêmlaratan, nanging dipun ajrihi ing tiyang, mênawi kangge alih-alihan: [alih...]

--- 302 ---

[...- alihan:] sae, watakipun: rahayu, nanging pangalihipun botên kenging mangidul.

Wêwaton ungêlipun kadis Marpuk, mênawi kangge salakirabi: sae, watakipun kathah ingkang turut- tinurut.

Wêwaton ungêlipun kitab Mujarabat, ingkang tanggal kaping 3 salêbêtipun sadintên sadalu botên prayogi mênawi sade tinumbas, kêkesahan, pêpaès, nikahan, nanêm wit- witan, damêl sumur saha ngêdêgakên griya.

Pêpadhang

Sambêtipun Sasadara ôngka VI kaca 259.

I. Bab jasad ingkang anggadhahi pêpadhang, II ingkang kapadhangan III ingkang bêning, IV ingkang narawang, V tuwin jasad ingkang botên narawang.

Jasad ingkang anggadhahi pêpadhang punika ingkang botên angsal pêpadhang saking jasad sanès- sanèsipun, mligi anggadhahi daya padhang piyambak, kados ta: srêngenge, tuwin sanès-sanèsipun jasad ingkang mawa urub.

Jasad ingkang kapadhangan punika jasad ingkang angsal pêpadhang saking jasad sanèsipun, nanging pêpadhangipun wau botên mêsthi namung tumrap ing jasad ingkang kapadhangan punika [puni...]

--- 303 ---

[...ka] kemawon, sagêd ugi tumimbal narambahi§ Têmbung: narambahi botên nyarambahi, punika botên namung kangge ing sêkar, kangge ing gancaran, sami ugi bedaning têmbung: nêmbah kalihan: nyêmbah inggih kangge ing gancaran, punika kasêbut ing Sêrat Wirit, yasanipun Kyai Rôngga R.L. Mangkudimêja kalêbêt pêpêthinganing priyantun ingkang amarsudi kasusastran, baud adamêl ukara, jêmbar kawruhipun, lêmbat budinipun, sagêdipun ki redhaktur: namung ngalêm. Red. dhatêng jasad sanèsipun, pramila katingalipun jasad ingkang kapadhangan wau mênawi narambahi dhatêng jasad sanèsipun kados anggadhahi pêpadhang piyambak, têmênipun punika wangsulipun pêpadhang saking jasad ingkang kapadhangan wau tumimbal dhatêng jasad sanèsipun, ing wingking badhe kula gancarakên bilih kula nyariyosakên bab wangsulipun pêpadhang, inggih punika ingkang murugakên kita sagêd sumêrêp, sadaya jasad ingkang dumunung wontên sanginggiling cakrawala, (horizon = tancêbing langit) sarta ingkang sami angsal pêpadhang saking jasad sanèsipun, punika kados taksih sagêd anularakên pêpadhangipun dhatêng jasad sanès-sanèsipun, upaminipun rêmbulan, angsalipun pêpadhang saking srêngenge, ewadene rêmbulan taksih sagêd amadhangi [a...]

--- 304 ---

[...madhangi] bumi, inggih punika mênawi pinuju padhang bulan.

Jasad ingkang bêning punika jasad ingkang sagêd anglajêngakên pêpadhang, têgêsipun bilih kataman ing pêpadhang, pêpadhangipun sagêd lajêng, dene wêwarnèn utawi kawujudan sagêd katingal saking jawining jasad wau kalayan cêtha, upaminipun toya, gas, gêdhah sasaminipun ingkang bêning, wondene jasad ingkang narawang punika ugi sagêd anglajêngakên pêpadhang sawatawis, punapa malih pêpadhangipun ugi katingal cêtha, nanging barang kawujudan ingkang kalingan jasad ingkang narawang wau sanadyan warninipun asring sagêd katingal, ewadene botên sagêd katingal cêtha kados ing jasad bêning, upaminiwun upaminipun. gêdhah sarêm, dlancang ingkang kalisahan, lan sapanunggilanipun.§ Têmbung: lan sapanunggilanipun, winastan lêpat dhatêng lasing lid Radyapustaka, cêkap tanpa: lan ing mangke kula ugi amastani lêrês, ing Paramabasa nama lêpat ugi, saminipun pangangge kula têmbung: dening, ingkang atêgês door botên saka. Red.

Jasad ingkang botên narawang punika ingkang botên sagêd anglajêngakên pêpadhang, kados ta: kajêng tuwin barang bangsaning logam sasaminipun, ewasamantên jasad ingkang botên narawang ugi sagêd narawang bilih katipisakên sangêt, [sa...]

--- 305 ---

[...ngêt,] utawi jasad ingkang bêning ugi sagêd surêm saking pangrekadaya, sang sarjana Tuwan Foucault sampun manggih akal sarta suka pitêdah bilih gêlasing sêmprong kaca praksana kijker kenging dipun lapis mawi salaka ingkang sakalangkung tipis, ngantos gêdhahipun sagêd narawang surêm, sarana pirantos punika tiyang sagêd maspaosakên dhatêng jasading srêngenge ingkang botên kalayan mutawatos dhatêng paningal, padhanging srêngenge sagêd narontong ing gêlasing sêmprong, sarta katingal cathacêtha. awela-wela, dene sunaripun sarta bêntèripun ingkang mutawatosi sangêt dhatêng paningal botên sagêd lajêng naratas ing gêlas, wangsul dening§ Punika panganggening têmbung: dening, brêgas. Red. lumahipun gêlas ingkang kalapis mawi salaka ingkang sakêlangkung tipis wau. Taksih wontên sambêtipun.

R.L. Mangkudimêja, ing Ngayogyakarta.

Gêsang

Sambêtipun Sasadara ôngka III kaca 121.

Sampun dupèh têtêdhan sarta ombèn-ombèn, bilih panêdha sarta pangombenipun tanpa môngsa sarta botên murwat, dadosipun inggih kirang prayogi.

--- 306 ---

Tiyang ingkang ngudi supados badanipun sakeca utawi bagas, panêdhanipun kêdah mawi dugi-dugi, ananging bilih tiyang nuju sakit, sampun nêdha sadhengah têtêdhan, prayogi nganggea pratelan ing ngandhap punika:

Bilih tiyang nuju sakit sangêt, langkung malih bilih nuju sakit wêtêng, supados enggal pulih ing kakiyatanipun, prayogi nêdhaa pêthakipun tigan kalihan toya, pandamêlipun makatên:

Amêndhêta pêthakipun tigan satunggal, kalih, dumugi gangsal, kawadhahana ing gêlas, lajêng kaguntingana, ngangge gunting ingkang rêsik sarta landhêp, sasampunipun cuwèr (botên pating kalêndhang) lajêng kawoworana toya, tumuntên kaombea. Kakiyatanipun tiyang ingkang nuju sakit, sagêd enggal purihpulih. saking dayaning pêthakipun tigan kalihan toya wau. Bilih kakiyatanipun sampun sawatawis mindhak, kenging lajêng nêdha jênenipun tigan wau. Puhan, anggur ingkang sae kawoworan toya, kaldhu sasaminipun, ugi prayogi katêdha tiyang ingkang nuju sakit.

Panêdhaning pêthakipun tigan wau bilih botên purun anglajêngakên, kadosdene ingkang kasêbut ing nginggil, kenging kaombe sarana puhan, wedang kopi, wedang

--- 307 ---

tèh, soklat, bir utawi anggur ingkang sae. Bilih botên makatên, kenging ugi dipun dadar, utawi dipun damêl lait de poule (lè dhê pul) dene pandamêlipun makatên:

Pêthak sarta jênenipun tigan wau kapilaha kawadhahan ing gêlas piyambak- piyambak, kalih-kalihipun lajêng dipun guntingi kados kasêbut ing nginggil, sasampunipun cuwèr, tigan ing gêlas kêkalih wau kawoworana wedang bêntèr, pangilingipun ingkang tamban kemawon, lajêng kaudhêga ingkang rikat (bilih pandamêlipun manut katêrangan ing nginggil punika, pêthaking tigan wau dadosipun kados puhan) sasampunipun rampung pangudhêgipun, pêthak sarta jênenipun tigan wau kadadosna satunggal, lajêng kaudhêga malih, punika dadosipun woworan botên anggônda tigan, dados sintên ingkang botên doyan tigan mêntah, amargi saking gônda amis utawi saking warni, ingkang saèstu purun ngombe lait depoule (lè dhêpul) wau.

Daging, punika sae sangêt tumrapipun ing badan, langkung malih bilih pikantuk daging dhadha mênthok dara, daging kambangan ingkang botên kalêman ugi sae.

Tiyang ingkang sawêg saras saking sakit, sadèrèngipun [sadèrèngipu...]

--- 308 ---

[...n] doyan daging gorèng, prayogi nêdha daging godhogan ingkang alus. Tiyang ingkang nuju sakit wêtêng, botên prayogi nêdha gêgodhongan, kados ta: kangkung, sêladhah, kobis sapanunggilanipun, boncis, sawarnining kacang, punika enggal amulihakên kakiyatanipun badan, awit kacang sasaminipun wau jasatipun kul hidratên kool hijdraten kathah, èiwitipun ugi nyêkapi.

Wowohan ingkang matêng, tumrapipun tiyang ingkang saras ugi prayogi, samantên wau bilih panêdhanipun amung salimrahipun kemawon, ananging tumrapipun tiyang ingkang sakit, kirang prayogi bilih wowohan wau botên dipun godhog ngangge anggur kalihan gêndhis (dipun sêtup) upami jambu sasaminipun.

Tiyang ingkang kirang kakiyatan, prayogi sangêt ngulinakakên jênang, kados ta: jênang wos, sagu, bêskuwit (ingkang sae bêskuwit mèrêk Hunt ley enco Pa'mers.

Ombèn-ombèn

Ombèn-ombèn punika bilih pangombenipun sarana dugi-dugi, botên sagêd angrisakakên badan. Ingkang kathah ombèn-ombèn wau kangge ing padhukunan, sarta kathah tiyang sakit kirang kiyat badanipun, pulihing kakiyatan [ka...]

--- 309 ---

[...kiyatan] saking ombèn-ombèn. Jênèwêr, konyak, punika botên wontên pêrlunipun tumrap tiyang saras. Tiyang ingkang nyambut damêl awrat, utawi ingkang nyambut damêl ing panggenan anyêp, kenging ngombe kalayan dugi-dugi, ananging kêdah milih ingkang sae, sampun angombe sadhengah jênèwêr utawi konyak. Anggur ingkang sae (bordho Bordeane burgonyê Bourgognc) punika prayogi dipun ombe tiyang saras, ananging ugi kêdah botên tilar dugi prayogi. Wedang tèh punika prayogi sangêt tumrap tiyang ingkang saking lêlampah, makatên ugi wedang kopi. Tiyang sakit kenging ngombe wedang tèh, ananging sampun kandêl-kandêl. Dene wedang bubuk kirang prayogi kaombe ing tiyang sakit wau. Bir, lêgèn, punika ombèn-ombèn sae, ananging bilih wêtêngipun kirang sae, ugi kirang prayogi ngombe bir utawi lêgèn wau, toya Walandi sarta limonadhê, punika prayogi dipun ombe tiyang saras, tuwin tiyang sakit, ananging wontên sawênèhipun tiyang, bilih ngombe toya Walandi utawi limonadhê wau, wêtêngipun lajêng karaos sakit, bilih makatên mênawi badhe ngombe, ngêntosana têlasing hawanipun toya Walandi utawi limonadhê wau. Bilih badhe angica- [angica...]

--- 310 ---

[...-] lakên ngêlak, prayogi angombea toya jêram kalihan gêndhis, pandamêlipun bilih gêndhis dèrèng ajur ing toya jêram, sampun dipun wowori toya, pêrlunipun supados raosipun anyêp, awit bilih pandamêlipun toya jêram, gêndhis sarta toya kasarêngakên, raosipun kirang sêgêr (onta).

Tiyang ingkang wêtêngipun kirang kiyat, bilih nêdha sampun ngantos katuwukên, sakêdhik-sakêdhik kemawon, sadintênipun dipun ambali kaping 6 utawi 7, dene tiyang ingkang botên doyan nêdha (sabên nêdha kirang eca) punika sabên badhe nêdha, angombea saut sur zout zuur sadasa tètès kawoworan toya sagêlas.

Ing nginggil punika sampun kapratelakakên, anggur punika bilih pangombenipun sarana dugi-dugi, prayogi sangêt kangge angiyatakên badan. Tiyang ingkang sakit lêsu, (kakiyatanipun sampun suda kathah, sadhengaha sababipun) punika kenging dipun pitulungi sarana anggur ingkang sae. Dhukun-dhukun (dhoktêr) kêrêp sangêt amitulungi tiyang sakit sarana anggur Xeres, Teneriffe, Malaga sapanunggilanipun. Bilih botên sagêd pikantuk anggur-anggur punika, amargi saking têbih panggenanipun, prayogi angombea lociyu, ananging [a...]

--- 311 ---

[...nanging] amiliha ingkang tulèn. Taksih wontên sambêtipun.

Prawirawiyata. Abdi dalêm juru sêrat II kabupatèn pulisi Surakarta.

Têmbung Cina

Sambêtipun ôngka VI kaca 217, taun III.

Konto

Apèk-èpèk Èpèk-èpèk. ingkang dipun têkêmakên, ing sastra Cina sinêrat: kwanda, ing têmbung Cina winastan kundao, têgêsipun ing têmbung Jawi: bithi.

Tiyang kêrêngan namung sarana tangan katêkêm: bithi, punika winastan: bithèn, dene mênawi anggêgêm bithi, sarta badan tuwin sukunipun tumut tumandang winastan: songkolan, punika ing têmbung Cina winastan: kundao, ananging kundao punika kathah pratikêlipun.

Kêlanturing têmbung Jawi dados konto.

Para prajurit ing nagari Cina, kêdah kaajar kundao, tuwin para tiyang alit inggih wontên ingkang sami ajar kundao wau.

Sampun kala kina, dumugi samangke ing nagari Cina

--- 312 ---

wontên satunggaling lêlampahan, mênawi wontên tiyang gagah prakosa sarta sampun kadadar kasagêdanipun ngèlmu kundao, saha sampun rumaos badanipun, aotot kawat, abalung wêsi, punika lajêng angadêgakên panggung panggenan kundao, ingkang winastan: lwitae, panggung wau katemplekan sêrat panantang, kadosdene kala jamanipun Prabu Song Ing Cong (jumênêngipun nata ing taun Mèsèhi 1064-1067) wontên satunggaling jêjaka putra swargi pêpatih ing krajan Song wau, anama: Lyusijun, sampun kasusra gagah prakosa, sarta unggul kundaonipun.

Ing satunggiling dintên angêdêgakên panggung panggenan kundao, sarta mawi katemplekan sêrat panantang, ungêlipun makatên:

Dyanhe inghyong swikamto kwantah hangcyu Lyusijun.

Têgêsipun: ing dunya wong kang wicaksana sarta gagah prakosa, sapa sing wani têka, asongkolan karo wong ing nagara Hangciyu kang aran: Lyusijun.

Kalampahan makatên wau, mênawi ngantos wontên ingkang pêjah salah satunggal, botên kenging anggugat ing parentah, sampun kadamêl ebra.

Ara-uru ing nagari Cina, kala wulan Mèi 1900 ingkang [ing...]

--- 313 ---

[...kang] kapêngkêr punika, wontên pakêmpalan ingkang winastan: pak kundao, têgêsipun: konto ing tanah êlèr, sarta mawi gêlar: gi ho twan.

Gi: têgêsipun kawibawan kita, nalar kang bênêr.

Ho têgêsipun runtut, rukun.

Twan têgêsipun bundêr, mungsêr, gumolong, sirkat.

Jawi Kandha 10 Nopèmbêr 1896 ôngka 132 wontên ungêl-ungêlan makatên: tiyang Cina sagêd selat utawi konto.

Awit ing taun 1891 ing Surakarta wontên tiyang saking Surabaya, ambarang main konto, sami anjogèd kados tiyang kêrêngan, sarta anggêgêm bithi, mawi tinabuhan têrbang, biolah sapanunggilanipun.

Bramartani 5 Nopèmbêr 1899 ôngka 87 nyariyosakên wontên turôngga bêndana, andhawahakên ingkang numpak, kapinujon wontên prawira agèn, turôngga lajêng kapapagakên, turôngga anujah, sang prawira agèn konto indha mak gadhuwêng cêg anyandhak kêndhalining turôngga.

Satunggaling bêbasan ing nagari Cina ingkang tumrap bithi wau, ungêl-ungêlanipun mêkatên: kokwan puttah jyobyan.

- -- 314 ---

Têgêsipun bithi iku ora diantêmaediantêmake. marang rai sing gumuyu maksudipun tiyang nêpsu kados punapa, mênawi dipun tampèni sarana ulat manis, badhe botên kêlajêng nêpsunipun wau.

Bramartani 12 Januari 1901 ôngka 2 wontên ungêl-ungêlan makatên: sarèhning pun Jawi wau tingalipun ragi sagêd main konto, mila sanadyan kinarubut, ewadene botên sagêd kuwalahên.

Kucai

Sayuran saking nagari Cina, ingkang kadhatêngakên ing tanah Jawi, inggih punika: sawi ijêm, sawi pêthak, lobak, tang-o tuwin kujae.

Sêrat Cina ngalamat: Dongci, nyariyosakên kujae punika kadosdene bangsaning rumput, watêkipun ragi angêt, sarta sagêd gêsang lami, mênawi dipun rit, enggal thukul malih.

Tiyang Jawi wontên ingkang tumut nanêm sakathahing sayuran wau, awit singkèk-singkèk ingkang bikak warung wontên ingkang sade wijinipun.

Kujae wau kêlanturing têmbung Jawi, dados: kucai.

Kucai wau kadamêl camboran bakmi, lumpyah tuwin sanèsipun, utawi kagodhog, mênawi kadhahar

--- 315 ---

dipun ulêd kalihan sambêl, dipun kêcêri jêram pêcêl.

Ing wingking griyanipun Babah Buyut Kuwik Ing Sin ing Mêsèn, Surakarta tuwin sanès -sanèsipun panggenan, wontên tiyang pakampungan nakêmnanêm. kucai wau.

Pawicantênan:

Mupung esuk, kucaine untingana, nuli dolên mênyang Pasar Gêdhe, sak unting rêgane sak sèn.

Tjoa Tjoe Kwan.

Kawruh Griya

Sambêtipun ôngka IV kaca 165, taun III.

Mênggah wêwatoning ukuranipun, panjang cêlaking pamidhangan, kados ta: pamidhangan pamanjang saha pamidhangan panyêlakipun griya joglo, balandar pangêrêting griya limasan, balandar pangêrêting griya kampung saha balandar pangêrêting griya masjid, ingkang minôngka guru utawi têturutaning balungan sapanunggilanipun, kados upami ing nginggil wau punika, botên namung kaangkah pantês sêmbadaning warni saha santosanipun kemawon, inggih ugi wontên pangangkah malih, pitajêngipun têtiyang Jawi kaanggêp sagêd anjalari karêjêkèn, kawilujêngan sapanunggilanipun, pangangkah wau pamêndhêtipun saking petanganing

--- 316 ---

ukuran, panjang cêlaking pamidhangan utawi blandar pangêrêt, mawi ungêl-ungêlan gangsal têmbung, 1. sri, 2. kitri, 3. gana, 4. liyu, 5. pokah, katranganipun makatên:

Bab kaping 5 ing nginggil wau sampun amratelakakên bilih griyanipun tiyang Jawi punika kajawi dhapur utawi wangunipun mawi wontên namanipun malih, kapirit saking pêrlu utawi kanggenipun, kados ta: griya, pandhapa, gandhok utawi sanès-sanèsipun, sadaya wau petangipun ukuraning pamidhangan utawi balandar pangêrêtipun kêdah beda-beda kados ing ngandhap punika:

Mênawi griya wingking pancèn dipun ênggèni rintên dalu dhatêng ingkang gadhah, saha mawi patanèn, mawi gêdhong utawi sênthong, punika panjanging pamidhangan utawi balandar pangêrêtipun kêdah ingkang ukuranipun kacêngklong gangsal-gangsal kantun satunggal, kados ta: upami panjanging balandaripun: 26 kaki, punika mênawi dipun cêngklong gangsal-gangsal kaping 5 utawi 25 kaki, kantunipun 1 kaki, makatên ugi upami panjanging pangêrêtipun: 16 kaki, punika mênawi dipun cêngklong gangsal-gangsal kaping 3 utawi 15 kaki, kantunipun ugi 1 kaki, petanganing ukuran ingkang dipun cêngklong gangsal-gangsal kantun [ka...]

--- 317 ---

[...ntun] satunggal wau kanamakakên dhawah: sri, sarèhning limrah utawi manggènipun griya punika kêdah dhapur limasan, milanipun upami ingkang minôngka wêwaton ing nginggil wau panjanging balandaripun griya limasan kadamêl 26 kaki, panjanging pangêrêtipun kadamêl 16 kaki, amargi mênawi kacêngklong gangsal-gangsal kaping gangsal utawi 25 kantun 1 kaki, gangsal-gangsal kaping 3 utawi 15 ugi kantun 1 kaki dados petanganipun dhawah: sri.

Mênawi pandhapa utawi griya ngajêng, botên dipun ênggèni dhatêng ingkang gadhah, tanpa patanèn tanpa gêdhong utawi sênthong, namung kangge nampèni tamu jalêr, utawi utusan sasaminipun, punika panjanging pamidhangan utawi balandar pangêrêtipun kêdah ingkang ukuranipun kacêngklong gangsal-gangsal kantun kalih, kados ta: upami panjanging pamidhanganipun pamanjang utawi balandaripun 17 kaki, punika mênawi dipun cêngklong gangsal-gangsal kaping 3 utawi 15 kantunipun 2 kaki, makatên upami panjanging pamidhanganipun panyêlak utawi pangêrêtipun 12 kaki, punika mênawi dipun cêngklong gangsal-gangsal kaping 2 utawi 10, kantunipun ugi 2 kaki, petanganing ukuran ingkang dipun cêngklong gangsal-gangsal kantun kalih wau kanamakakên dhawah: kitri, sarèhning limrah [li...]

--- 318 ---

[...mrah] utawi manggènipun pandhapa wau kêdah dhapur joglo, milanipun upami ingkang minôngka wêwaton ing nginggil wau panjanging pamidhangan griya joglo kadamêl 17 kaki, panjanging pamidhanganipun panyêlak: 12 kaki, amargi mênawi petangipun kacêngklong gangsal-gangsal kaping 3, utawi 15 kantun 2 kaki, gangsal-gangsal kaping 2 utawi 10 ugi kantun 2 kaki, dados petanganipun dhawah: kitri.

Mênawi gandhok, inggih punika ingkang trêpipun wontên kiwa têngênipun griya wingking, limrahipun kangge rimatan sêkul ulam sapanunggilanipun, pirantos nêdha utawi pirantos olah-olah sapanunggilanipun, punika panjanging pamidhangan utawi blandar pangêrêtipun kêdah ingkang ukuranipun kacêngklong gangsal-gangsal kantun tiga, kados ta: upami panjanging pamidhangan pamanjang utawi balandaripun 43 kaki, punika mênawi dipun cêngklong gangsal-gangsal kaping 8 utawi 40, kantun 3 kaki, makatên ugi upami panjanging pamidhangan panyêlak utawi pangêrêtipun 23 kaki, punika mênawi dipun cêngklong gangsal- gangsal kaping 4 utawi 20, kantunipun ugi 3 kaki, petanganing ukuran ingkang dipun cêngklong gangsal-gangsal kantun tiga wau kanamakakên dhawah: gana, sarèhning [sa...]

--- 319 ---

[...rèhning] limrah utawi manggènipun gandhok wau kêdah dhapur kampung, milanipun upami ingkang minôngka wêwaton ing nginggil wau panjanging balandaripun griya kampung kadamêl 43 kaki, panjanging pangêrêtipun kadamêl 23 kaki, supados bilih kacêngklong gangsal-gangsal kados griya limasan utawi joglo wau sagêd kantun 3 kaki, dados dhawah: gana.

Mênawi masjid, inggih punika panggenan sêmbahyang, petangipun ukuraning balandar pangêrêtipun bilih dipun cêngklong gangsal-gangsal kantun tiga utawi dhawah gana, kados dhapur kampung ingkang dipun angge gandhok wau, milanipun balandar pangêrêting masjid kados upami ingkang minôngka wêwaton ing nginggil wau, panjangipun kadamêl 18 kaki pasagi. Taksih wontên sambêtipun.

Kawruh Topèng

Sambêtipun ôngka VI kaca 284, taun III.

Ing sajumênêng dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Pakubuwana ingkang kaping 6, dhalang topèng ingkang griya salêbêting nagari nama pun Berok, sêsarêngan putunipun Dhalang Sadôngsa, 1. nama Tambi, 2. nama Patêr, sami kondhang jogèdipun Gunungsari, utawi jogèdipun Kalana, [Kala...]

--- 320 ---

[...na,] sanadyan tiyang panopèng sampun pintên-pintên ingkang kacariyos sae ngantos dumugi jaman samangke, ewadene anggènipun tiyang kêkalih Patêr kalihan Tambi sami dados tuladan wau, taksih lêstantun kacariyos kemawon.

Ing sajumênêng dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Pakubuwana ingkang kaping 7, dhalang topèng ing Surakarta namung kantun pun Berok piyambak, dene pun Patêr sarta pun Tambi sami manggèn gêgriya ing dhusun, ananging sabên wontên tiyang nanggap topeng ngadêg dhalang ngantos wolu utawi sadasa, dhalang nagari wau sami nyambat dhatêng dhalang dhusun, ingkang sami prayogi jogèd saha cucuding banyolanipun, awit jogèding topèng 1. Klana, 2. Gunungsari, 3. Putrèn, 4. Sarag, 5. Pênthul, punika kêdah sagêd wijang sarta kathah raras utawi ukêling jogèdipun, kala samantên wiwit kathah para luhur karsa nanggap topèng, wondene topèngipun inggih taksih yasan ing Singasarèn, patrapipun topengan ingkang katanggap ngantos sadintên, punika ing Surakarta katêmbungakên nanggap topèng agêng-agêngan, mila makatên botên kuwawi tiyang nanggap topèng agêng-agêngan yèn botên tiyang sugih, awit panganggening topèng dhuwung, timang, sinjang, clana, [cla...]

--- 321 ---

[...na,] sondhar,sondhèr. sacêkapipun kêdah saking ingkang nanggap, dhalang namung ambêkta praboting topèng sumping utawi têkês kemawon, môngka tiyang ingkang nopèng botên kirang wolu, utawi kalih wêlas, têtabuhanipun sami kalihan gôngsa pawayangan, ingkang sami nabuh botên kirang saking tiyang sadasa, mênggah urutipun adêging topèng dèrèng kantênan jêjêring lêlampahanipun, mênawi dèrèng mêdatmêdal. Têmbêm Pênthul, sanajan talêring lampahan topèng wau sampun wontên kados ta 1. gancaring lampahan Jaka Sêmawung, 2. lampahan Jaka Bluwo, 3. lampahan Jaka Panjaring, 4. undhakan Narawôngsa, ngantos cacah kawan lampahan, saèstunipun kêdah sanès gancaring cariyos, ewadene adêganipun ingkang jogèd kenging kadamêl tamtu kados ing ngandhap punika:

Sasampunipun talu lajêng mungêl gêndhing karawitan, ingkang jogèd rumiyin punggawa kêkalih.

Ingkang jogèd pangkat kaping kalih: patih, sasampuning dugi gôngsa kasêsêgakên, patih punggawa amapan lênggah, sami ngajêngakên badhe palênggahaning raton, gôngsa lajêng kasirêp dhalang lajêng anjantur, nyariyosakên ing nagari pundi ingkang dados jêjêr, miwah karta kartining praja, tandukipun mirit janturaning ringgit gêdhog, satêlasing cariyos [cari...]

--- 322 ---

[...yos] umpak-umpakan sasaminipun, sadhawahing gôngsa ingkang nyarêngi wilahan gulu, gêndhing kainggahakên, tumuntên para nyaèn, sami anjogèd sarêng tanpa topèng, cacah sakawan utawi langkung, lajêng raton mêdal anjogèd, sadugining rarasipun gôngsa kasêsêgakên, raton lênggah gôngsa kasuwuk, dipun suluki dhalang tuwin panopèng sanèsipun dhalang inggih sami ambarungi tumut suluk, lajêng pudipundipun. suluki ha'ha' tidak perlu dibaca. ada-ada, sami kalihan ada-adaning ringgit purwa, sasampunipun dumugi lajêng pocapan, têlasing ginêmipun raton lajêng ngadhaton, mungêl ayak-ayakan lasêm, yèn raton sampun dumugi kadhaton, gôngsa kasêsêgakên, lajêng parêkan mêdal, gôngsa kasirêp, parêkan andhawuhakên dhatêng patih kautus maringakên sêrat dhatêng Bantarangin, aturing patih sandika, parêkan wangsul, gôngsa mantun kasirêp mungêl plajêngan nêm, patih punggawa sami anjogèd mundur saking pasowan ing sitinggil, dhatêng ing pasowanan jawi, gôngsa dipun suwuk lajêng dipun grêgêt sauti nêm, patih punggawa sami ngadêg nimbali kabayan nagari pun Anggot mêdali inggih pun Sêcaukara, yèn tumrap ringgit wacucal punika Togog, lajêng kadhawuhan undhang pradandosan, dipun suluki grêgêd saut asta kosala, [kosa...]

--- 323 ---

[...la,] sarampungipun undhang, lajêng mungêl gêndhing Kêbogiro, isthanipun kapalan patih mangkat utawi punggawa kanthi Togog, sadumuginipun gôngsa kasuwuk, dipun suluki lasêm, bêbarungan dhalang tuwin panopèng, sadumuginipun kacariyosakên punapa pêrlunipun, kèndêl cariyos lajêng dipun suluki pathêt sanga, sadumuginipun kakocapakên tumuntên mungêl gêndhing Gambirsawit, inggih punika badhe kadhatonan jogedan tanpa topèng, gêndhing kasêsêgakên lajêng putrèn, kang ngadêg anjogèd sawatawis lajêng kèndêl gôngsa kajantur, dipun cariyosakên ing dhalang, sadumugining umpak-umpakaning kadhaton saha côndra warnining putri, gêndhing minggah, putrèn lajêng anjogèd rarasipun sarimpèn, sasampunipun dugi gôngsa kasuwuk dipun pathêti sanga, ginêm badhe marêk ing nata, mungêl ayak-ayakan nêm, sasuwukipun dipun suluki kloloran, kèndêling suluk dhalang nyariyosakên punapa ing sapêrlunipun, lajêng dipun suluki pathêt sanga, mungêl gêndhing Bondhèt, badhe adêganipun Gunungsari, ingkang anjogèd rumiyin êmban Tatag kalih êmban Gimêng, sadumugining rarasing jogèdipun lajêng lênggah ngajêngakên badhe panggenanipun Gunungsari, gêndhing kasêsêgakên lajêng jogèdipun regol tanpa topèng, sadumugining jogèd [jo...]

--- 324 ---

[...gèd] lajêng gêndhing katambanakên iramanipun, ngadêg Gunungsari abêksa, raras sawatawis gêndhing kajantur, kèndêl panjogèdipun, nanging taksih ngadêg dhalang nyariyosakên umpak-umpakanipun satriya ing kadipatèn Kadhiri inggih Gunungsari punika sapiturutipun, Gunungsari lajêng pocapan kalih êmban Tatag utawi êmban Gimêng, lajêng pocapan kalih regol inggih Patrajaya, sadumugining banyolan lajêng gêndhing minggah, Gunungsari bêksa malih kathah cengkok raras ukêling bêksa wau, mênawi sampun dumugi Gunungsari lênggah, gôngsa kasuwuk, dipun suluki pathêt sanga, lajêng pocapan, ing ngriku dhalang nyariyosakên dhatêngipun utusan saking Bantarangin, nama Patih Ujungsabata, kanthi bupati nama Bataura, utawi nama Juranggrawah, lampahipun mundhi nawala, anglamar Rêtna Sêkartaji, lajêng prang gagalan punggawa sabrang, mundur Gunungsari lajêng bibar pasowan ing kadipatèn, mênggah ingkang makatên punika mênawi lampahan Jaka Bluwo, utawi Jaka Panjaring, dene mênawi lampahan Jaka Sêmawung, sabibaripun bêksaning putrèn lajêng adêganipun patih ing Bantarangin kalih punggawa, lajêng dhatêngipun patih ing Ngurawan mundhi nawala pancèn wangsulan dhatêng Prabu Klana, punika lajêng prang gagal, bibaripun ngadêg Gunungsari [Gunung...]

--- 325 ---

[...sari] wau, sasampunipun adêgan Gunungsari, sabên lampahan topèng lajêng adêganipun dênawa, wadyanipun Prabu Klana, gêndhingipun Jangkrikgenggong, ingkang jogèd punggawa dênawa, lajêng punggawa manungsa utawi patih, lajêng Sêmbunglangu, sadumugining jogèdipun sami lênggah ngajêngakên badhe palênggahanipun Prabu Klana, gêndhing kajantur, dhalang angucapakên pasowanipun Prabu Klana, ing pasanggrahan andhèr para wadya bacingah, sadumugining umpak-umpakanipun gêndhing andhawah ladrangan Gandrungmanis, ing padhalangan kawastanan Talakbodin utawi Bendrong, ingkang jogèd rumiyin, Klana nèm inggih Trijaya, sadumuginipun lajêng lênggah sangajênging punggawa, gêndhing kajantur ngadêg Prabu Klana tinangkil anandhang gandrung, dhalang nyariyosakên, saha sêsarêngan banyoling Sêmbunglangu, sadumugining umpak-umpakanipun gêndhing kasêsêgakên, Klana lajêng kiprah sajangkêping jogèdipun, asantun gêndhing Genjong, gêndhing kajantur Klana sindhèn anandhang gandrung, sadumuginipun gêndhing minggah, Klana asantun rarasing jogèdipun sarta sindhèn, sasampunipun dumugi rarasipun gêndhing andhawah Eling-eling Klana santun jogèdipun sarta sindhèn, gêndhing lajêng andhawah Logondhang, Klana santun rarasing jogèdipun malih, sadumugining jogèdipun kèndêl [kèndê...]

--- 326 ---

[...l]

angawe wadya punggawa kadang, sadaya sami majêng, gêndhing andhawah bêdrug sêsêgan, Klana nèm majêng tabean lajêng ngadêg ngarsaning raka kapara kiwanipun, tumuntên para punggawa sami majêng tabean agêntos-gêntos, sadumuginipun lajêng Klana nèm majêng jogèd kiprah ajêng-ajêngan, Klana nèm sêpuh kêdah sami raras ukêling jogèdipun, saduginipun kiprah sapiturutipun gêndhing kasuwuk, Klana lênggah ajêng-ajêngan, dhalang nyuluki sarêng para panopèng sami tumut ambarungi sulukipun sastra datan, sadumugining sêsêndhon lajêng pocapan punapa pêrlunipun, tumuntên undhang budhalan, gôngsa mungêl plajêngan srêpêgan tanggung, sasampunipun, Klana bibar tinangkil, dhalang nyariyosakên punapa pêrlunipun, lajêng kasulukan pathêt manyura, lajêng mungêl gêndhing Loro-loro, inggih punika jogèdipun Pênthul, rarasing jogèd awarni-warni sarta mawi sindhèn, satêlasing jogèd utawi banyolaning Pênthul, lajêng gongsa kajantur ngadêg Têmbêm, sasampuning banyolan lajêng sami lênggah, gêndhing kasuwuk dipun suluki pathêt manyura malih, ing ngriku ginêmipun Têmbêm Pênthul, ingkang dados tandhaning lampahan, saupami lampahan Jaka Sêmawung Têmbêm Pênthul wontên Tambakbaya, saha ginêm mêntasipun Panji andhaupakên [andhaupa...]

--- 327 ---

[...kên] Rêtna Wuragil Kuning angsal Jaka Sêmawung, saha kawartos ing mangke satriya kadipatèn Radèn Sinjanglaga gêrah.

Upami lampahan Jaka Bluwo, ginêmipun Têmbêm Pênthul bab sirnanipun Panji sêpuh, atilar putra Radèn Laleyan.

Upami lampahan Jaka Panjaring, ginêmipun Têmbêm Pênthul sirnaning Panji sêpuh akalihan Kartala.

Upami lampahan undhakan Narawôngsa, ginêmipun Têmbêm Pênthul bab badhe dhaupipun Panji kalih Rêtna Cindhaga, inggih Sarag, mawi mundhut patah, Têmbêm Pênthul sami ngupados patah wau, mênggah adêganipun ing ngajêng lampahan kawan bab wau sami kemawon. Taksih wontên sambêtipun.

Sidhikala X

Candhakipun ôngka VI kaca 293.

Katranganipun rêmbulan punika ing sabên dintên lumampah kalayan lampahipun gangsal warni wau sarêng, mênggah parincinipun lampah gangsal warni wau makatên: rêmbulan punika lumampah wontên ing phalak tadwir mangilèn, ing dalêm sadintên sadalu lampahipun angsal 13 darjah 4 dagigah, darjahipun phalak tadwir. Sadangunipun lumampah makatên [ma...]

--- 328 ---

[...katên] wau markajipun phalak tadwir lumampah mangetan wontên ing phalak kharijul markajh, lampahipun ing dalêm sadintên sadalu angsal 24 darjah 23 dagigah, darjahipun phalak ingkang nunggil markajh kalihan phalak buruj utawi bumi. Sarèhning lampahipun wau kosokwangsul kalihan lampahing rêmbulan wontên ing phalak tadwir, mila inggih suda rikatipun, botên anêtêpi kados salugunipun.

Anyarêngi lampah makatên wau markajipun palak kharijul markajh ugi lumampah mangilèn, angubêngi kaluwêngan alit ingkang nunggil markajh kalihan phalak buruj, lampahipun mangilèn wau ing dalêm sadintên sadalu angsal 11 darjah 9 dagigah, dados lampahing auj mangetan ing samurwatipun kawangsulakên mangilèn, dados lampahipun markajhi phalak tadwir mangetan wontên ing phalak ingkang nunggil markaj kalihan phalak buruj utawi bumi ing dalêm sadintên sadalu namung 13 darjah 14 dagigah.

Makatên punika phalak ingkang nunggil markaj kalihan phalak buruj utawi bumi ugi lumampah mangilèn akalangan ngubêngi markajipun, ing dalêm sadintên sadalu angsal 3 dagigah. Dados lampahipun markaji phalak tadwir wontên ing phalak buruj, punika katingalipun ing dalêm [dalê...]

--- 329 ---

[...m] sadintên sadalu 11 darjah 13 dagigah. Inggih punika lampahing rêmbulan ingkang cêkapan, botên pinuju rikat utawi rindhik.

Awit saking punika mila mingsêring rêmbulan wontên ing phalak tadwir punika mênawi pinuju ênêring lampahipun condhong kalihan phalak karijul markajh kaangge mêwahi lampahing rêmbulan ingkang cêkapan wau, dene yèn pinuju ênêring lampahipun akosokwangsul kalihan phalak kharijul markajh kaangge nyuda lampahing rêmbulan ingkang cêkapan wau. Sapintên gunggungipun utawi kaotipun lampah kalih warni wau, inggih punika lampahing rêmbulan ingkang patitis tumrap ing dintên ingkang katamtokakên.

Sapunika têtela bilih lampahing markajipun phalak tadwiring rêmbulan wontên ing phalak kharij punika satikêlaning kaotipun lampahing rêmbulan kalihan lampahing surya ingkang cêkapan, awit lampahing rêmbulan ingkang cêkapan ing dalêm sadintên sadalu 13 darjah 10 dagigah 38 taniyah. Punika bilih kasuda lampahing surya ingkang cêkapan, inggih punika ing dalêm sadintên sadalu 59 dagigah 8 taniyah, amêsthi kapanggih kaotipun 12 darjah 11 dagigah 30 taniyah. Mênawi samantên punika [puni...]

--- 330 ---

[...ka] katikêlakên kapanggih 24 darjah 23 dagigah, inggih punika lampahing markajipun phalak tadwiring rêmbulan.

Awit dene lampahipun markaji phalak tadwir wontên ing phalak kharij punika satikêlanipun oncating rêmbulan saking surya, mila tamtu kemawon anggènipun kalangan markaji phalak tadwir wontên ing phalak kharij punika ing dalêm sawulan rêmbulan atêmu gêlang rambah kaping kalih.

Kajawi ingkang sampun kasêbut wau, markajipun phalak tadwir punika mawi gadhah mènglèng saking phalak kharij, têrkadhang mènglèng ngetan lan têrkadhang mènglèng ngilèn, mênggah katranganipun makatên: markaji phalak tadwir wau mênawi pinuju wontên ing auj utawi wontên ing khalil, tumraping phalak kharij, sampun tamtu midhêlèinipun phalak tadwir ingkang saking auj dumugi ingkang khalil punika akêplok kalihan midhêlèining phalak kharij ingkang narajang markaji phalak buruj, dados pasangipun jêjêg. Nanging yèn lampahing phalak tadwir sampun kalangkung saking auj utawi saking kalil, midhêlèinipun wau tamtu lajêng bênggang kalihan midhêlèining phalak kharij sarta kalihan markaji phalak buruj, mila lajêng mènglèng dhatêng midhêlèining phalak karij ingkang dumunung saantawisipun khalil kalihan markaji phalak buruj, dene têbih cêlakipun saking markaji phalak buruj sami kalihan [kaliha...]

--- 331 ---

[...n] têbih cêlakipun saking markajhi phalak kharij, dados markajing phalak buruj sami kalihan têbih cêlakipun saking markaji phalak kharij, dados markajhing phalak buruj manggèn wontên ing têngah lêrês, mila sampun tamtu kemawon phalak tadwir wau lajêng mènglèng aujipun saking panggenanipun lami, punapadene aujipun phalak kharij wau inggih ngolah-ngalih prênahipun wontên ing phalak tadwir.

Dene mênawi markajing palak tadwir wau pinuju amêngkêrakên aujing phalak karij, ing ngriku aujing phalak tadwir anglancangi aujing phalak kharij sarta mènglèng mangetan, nanging yèn markajing phalak tadwir pinuju amêngkêrakên khalhilh sarta angajêngakên aujing phalak kharij, amêsthi aujing phalalphalak. tadwir lampahipun angantuni aujing phalak kharij sarta mènglèng mangilèn, dene katogipun anggèning oncat-ingoncatan, punika mênawi lampahipun markhajhing phalak tadwir, dumugi ing têngah lêrês antawisipun auj kalihan khalilipun phalak kharij. Taksih wontên candhakipun.

Abdi dalêm ngulama ing Surakarta, Bagus Ngarpah.

--- 332 ---

Pitakèn

Kula sampun dangu angyêktosi mênggah pitakènipun para ingkang kapêtêngan budi, sanajan pitakèn wau kalêbêt dakik-dakik utawi kawruh thithit thuwit, bilih pitakèn wau kawrat ing pustaka adi Sasadara, saèstu lajêng byar têrang narawang têtela awela-wela, dados anocogi kadosdening gambar pasêmonipun sêrat Sasadara, inggih punika rêmbulan nêdhêng purnama, sumunar anyoroti rêdi kêkalih. Punika kenging kula upamèkakên para kapêtêngan budi kados kula, môngka sagêd angangsu wêwulang saking prabanipun Sasadara, sapintên ta: kabêgjan kula ingkang tanpa timbang, paribasan angungkuli mênang: sikya (cara Sêmarang).

Wusana pêpuntoning atur pitakèn kula makatên.

Kasêbut ing sêrat pananggalan Jawi wêdalan ing Surakarta taun 1902 kaca 30, amratelakakên sêraping surya ing malêm Sênèn Lêgi wanci jam 5 langkung 55 mênut. Dumuginipun sêraping surya ing malêm Slasa Paing inggih punika wanci jam 6 langkung 1 mênut.

Lah punika ingkang andadosakên kodhênging manah kula dene sawêg kalampahan sadintên, têka sêraping surya sampun kaot 6 mênut. Kalihdene ing malêm [malê...]

--- 333 ---

[...m] Sênèn Lêgi wau kapratelakakên: angrintênakên kaping 1 Dhesèmbêr 1902 lah ing wulan Dhesèmbêr punika surya rak wontên ing kidul ta: ngangge sêrapipun wanci jam 5 langkung 55 mênut, punapa dados panjang dalunipun tinimbang kalihan rintênipun anèh, kadospundi: rama juru pangripta? Sarèh gèr. Red.

Sêrat pananggalan Jawi wêdalan ing Surakarta anggitanipun Bagus Ngarphah taun 1900, 1901 kaca 26 tanggal kaping 1 t/m 15 Dhesèmbêr plêthèking surya jam 5-37' sêrapipun jam 6-1' tanggal kaping 16 t/m 31 Dhesèmbêr plêthèking surya jam 5-42' sêrapipun jam 6-8'.

Nuwun, rama juru pangripta: pitakèn punika pancèn katur ing panjênênganipun Bagus Ngarpah, sarèhning panjênênganipun dados warganing pahêman Radyapustaka, mila pitakèn kula punika lajêng kula aturakên ing rama juru pangriptaning pustaka Sasadara.

Wusana kula angajêng-ajêng paringipun katrangan, badhe sapintên kemawon atur panuwun kula.

Pun Wiryasubrata.

Pitakènipun R Wiryasubrata punika kula sumanggakakên dhatêng kondhanging Sasadara bab kawruh palak: Bagus Ngarpah, bokmênawi sagêd nyirnakakên pangungunipun R Wiryasubrata mantun amastani anèh Red.

--- 334 ---

Wangsulan

Radèn Wiryasubrata, pitakèn sampeyan ing nginggil punika lêrês anggèn sampeyan kodhêng, awit sêraping surya malêm Sênèn Lêgi jam 5 langkung 55 mênut sarêng sêraping surya malêm Slasa Paing jam 6 langkung 1 mênut, dados sawêg sadintên kemawon sampun kaot 6 mênut. Ananging kauningana: ingkang kasêbut sêraping surya jam 5 langkung 55 mênut wau taksih manut garbanipun lampahing surya nalika kaping 16 Nophèmbêr, dene ingkang kasêbut sêraping surya jam 6 langkung 1 mênut wau sampun manut garbanipun kaping t Dhesèmbêr, dados sayêktosipun sampun kalampahan 16 dintên, botên sawêg sadintên kados pangintên sampeyan makatên, sumôngga amirsanana sêrat pananggalan kula 1902 kaca 26 bab wêdal sêraping surya.

Juru pangriptaning sêrat pananggalan sampun kawênangakên dening pathokanipun kawruh phalak, kenging anggarba etangan ingkang botên badhe andadosakên cidraning pêthèk, sanadyan ing tanah Eropah ugi sampun maratah makatên, môngka pêrlunipun etangan ing sêrat pananggalan 1902 kaca 30 punika namung anêrangakên pêthèk bab andhap inggiling tanggal saking horison kilèn [kilè...]

--- 335 ---

[...n] sarta prênahipun. Bilih botên kawênangakên anggarba, liripun satunggal-tunggaling dintên kêdah kapratelakakên piyambak-piyambak palêthèking surya kalihan sêrapipun, ingkang tamtu pratelan ing sêrat pananggalan 1902 kaca 26 punika badhe angandhar-andhar dados pintên-pintên kaca. Yèn punika sampeyan wastani anèh, etanganipun kangjêng guprêmèn punika inggih anèh sadaya.

Dene kodhêng sampeyan bab tanggal kaping 1-15 Dhesèmbêr, plêthèking surya jam 5-37' sêrapipun jam 6-1' dene tanggal 16-31 Dhesèmbêr, plêthèking surya jam 5-42' sêrapipun jam 6-8' dados ing dalêm satêngah wulan panjanging siyang namung mindhak 2 mênut, beda kalihan kala Nophèmbêr nyandhakipun dhatêng Dhesèmbêr, punika yèn sampeyan sampun nate sarawungan kawruh phalak, kenging kula têrangakên awit kabêkta saking ewahing baut, inggih punika mingsêring phalak buruj kalihan phalak kharijul markas ingkang ênêring ubêngipun akosokwangsul, mênggah oreaning petang botên cêkap kula jèrèng wontên ing Sasadara ngriki, ewadene ing wingking sampeyan badhe têrang piyambak sarana maos sêrat Sidhikala ingkang tumrap ing Sasadara.

--- 336 ---

Awit saking taun 1900 ingkang kapêngkêr punika wontên ewah-ewahan taun Wuntu kadadosakên Wastu, mila benjing wêdaling sêrat pananggalan launtaun. 1903 ing ngajêng punika pratelan palêthèk saha sêraping surya kula ewahi.

Kasêbut ing sêrat pananggalan taun 1902 wau kaca 43 amratelakakên: tanggal kaping 7 Sawal taun Dal 1783 ing dintên punika pantogipun lampahing surya dumugi ing wêkas lèr wontên ing wanci jam 2 siyang langkung 10 mênut 52 884/3433 sêkondhê. Punika kok botên dipun takèkakên pisan, sumêrêpipun makatên wau saking pundi, pangetangipun kadospundi, Radèn Wiryasubrata kok botên kodhêng, sarta botên mastani anèh, pantêsipun Radèn Wiryasubrata piyambak sampun langkung dening têrang ing bab punika. Mila bok inggih coba sampeyan gêlar pangetangipun, supados maedahi dhatêng para ingkang dèrèng sumêrêp, mugi lajêng kapacaka wontên ing Sasadara.

Kajawi saking punika pitakèn sampeyan bab cundhukipun titimôngsa Walandi kalihan Jawi kasêbut ing Sasadara ôngka 5 kapêngkêr punika, kaca 250 ing ngandhap punika kula wangsuli.

--- 337 ---

Tanggal kaping 1 Juli 1855 punika dhawahipun ing titimôngsa Jawi, dintên Akhad Paing ing tanggal kaping 16 wulan SawatSawal. taun Dal 1783, taun Hijrah 1278, windu Kunthara.

Ing sarèhning sampeyan kalêbêt ewonipun priyantun marsudi etangan, sapunika sampeyan gêntos kula pitakèni. Mênawi sampeyan sagêd mangsuli ingkang patitis, saiba badhe sapintên kemawon pigunanipun, sarta badhe maedahi ing akathah.

Tiyang bôngsa Dhitsê anama Tuwan Gauss adamêl formule kangge ngupadosi dhawahipun dintên agêng Walandi ingkang nama pasên, pangèngêt-èngêt kalanipun Kangjêng Nabi Ngisa wungu saking seda. Kasêbut ing buku Verzameling van Algebraische vraagstukken anggitanipun tuwan Dr. D. Van Lankeren Matthes kaca 6 ungêlipun makatên:

Om den datum van het Paaschfeest te bepalen voor jaren van onze eeuw (1800-1899), heeft Gauss de volgende formule gegeven. Is n het loopende jaar (b.v. 73 voor het jaar 1873), en zijn a, b, c, d, en e de resten der deelingen (n + 14): 19, n; 4, (n + 1): 7; (19a + 23): 30 en 2 (b + 2c + 3d + 2): 7, dan zal Paaschzondag vallen op den (22 + d + e) en Maart, nanging formule punika namung kangge ing taun Walandi 1800 dumugi 1899 kemawon, sapunika sampun botên kenging dipun angge. Panyuwun kula bok inggih coba formule wau sampeyan ewahi supados [supado...]

--- 338 ---

[...s] kenginga dipun angge ing taun Walandi 1900 dumugi 1999.

Wiwit sapunika sampeyan sampun kula sadhiyani panuwun, nanging sampun sampeyan wangsulakên.

Abdi dalêm ngulama ing Surakarta, Bagus Ngarphah.

Katêrangan pitakèn kula bab têmbung-têmbung ingkang dipun pitakèkakên dhatêng rama Red. kasêbut ing Sasadara ôngka IV taun III kaca 191-194.

1. Pitakèn kula ôngka 2 atêr-atêr ha, ma, anuswara, tanduking kriya.

Punika kasêbut ing Wyakarana, wulang 7 kaca 75-76 bab 22-23 makatên:

Man, man, many, mam, mang.

Iku lugune iya atêr-atêr ma kanthi aksara irung tumrap ing burine, sarta akèh kasrambah ing kidung, dadi liruning an, an, any, am, ang, dene êtraping panunggale karo têmbung lingga padha bae, kaya ta:

Mangasah, lirune angasah, saka ing asah enz.

Sarupaning têmbung kang rinimbag karo atêr-atêr ha, utawa ma, kanthi aksara irung, kaya kang wus kapratelakake ing dhuwur mau kabèh, iku kêna diarani: tanduking [ta...]

--- 339 ---

[...nduking] kriya. Akèh rimbaging têmbung kang dadi panunggalaning kriya, dene yèn ora nganggo panambang i utawa ake dadi panunggalaning kriya wantah (1).

2. Pitakèn kula ôngka 5

Anjalukake = tanduk ke kriya.

Katêranganipun rama Red sigêg ka, mawi: kake punika wêwaton Yyakarana,§ Punapa botên Wyakarana (2). mila lêrês, kasêbut kaca 116 wulang kaping 12 larikan nginggil piyambak.

R. Pringgasubrata.

3. Pitakèn kula ôngka 6.

Atêr-atêr ka, di, ko, dak sêsêlan na = tanggaping kriya.

Punika lêrês, wêwaton Wyakarana, wulang kaping 7 kaca 77 bab 26 makatên:

Sarupaning têmbung kang rinimbag karo atêr-atêr: ka, di, ko, kêna diarani: tanggaping kriya, mulane rimbaging tanduk, lan tanggap, dadi panunggalaning kriya.

Tanggap mau kêna diperang dadi rong warna, kang nganggo atêr-atêr ka, kêna diarani tanggap ka, kang nganggo atêr-atêr di, ko, tak, kêna diarani tanggap tri purusa, di dadi atêr-atêre: pratama purusa, ko: dadi atêr-atêre

--- 340 ---

madya purusa, tak dadi atêr-atêre utama purusa (3).

4. Pitakèn kula ôngka 10.

Tak asah, tanggap utama purusa.

Inggih lêrês, utama purusa, rama Red, panyêrat kula ingkang lêpat. Sangêt ing panuwun kula dipun èngêtakên.

5. Pitakèn kula ôngka 13.

Atêr-atêr sa, pa, pra.

Pramila pi, botên kula sêrat, supados cêkak, ingkang pêrlu namung nyuwun katêrangan têgêsipun lingga andhahan (5).

6. Pitakèn kula ôngka 17 ka-an, kasugihan, bawa wacaka.

Ing ngandhap rama Red ngèngêtakên wisesa na bawa ka kêtiban, dèrèng kasêbut. Matur nuwun dipun wêwahi, margi pitakèn kula taksih kirang. Bingahing manah kula, ing têmbe badhe sumêrêp têgêsipun wisesa na bawa ka (6).

7. Pitakèn kula ôngka 18.

Kuma, kami, kapi.

Rama Red mêwahi, para, pari, pala, pali, punika kula dèrèng susêrêp,sumêrêp. mila matur nuwun kawêwahan, margi ing têmbe ugi badhe sumêrêp têgêsipun bawa ingkang

--- 341 ---

kasêbut wau (7).

8. Pitakèn kula ôngka 20.

Panambang ha, golèka = sambawa.

Punika sêbut kasêbut. ing wyakarana wulang kaping 11 kaca 104 bab 27 makatên:

Rimbang kang ngangge panambang ha, kêna diarani sambawa na (8).

9. Pitakèn kula ôngka 21.

Tak-e, tak asahe = tandang.

Tak asahane, tak asahne. Mila pancèn botên kula sêrat, margi namung pitakèn têgêsipun tandang. Sabab i kriya, ke kriya, sampun kasêbut pitakèn kula ôngka 4-5 (9).

10. Pitakèn kula ôngka 25-26.

Sangêt ing panuwun kula rama Red. Amêwahi dwipurwaning tanggap na, ingkang dados gêndra: tinatulis. Sarta dwipurwaning bawa ma, tumatundha. Margi lajêng wêwah pangajêng-ajêng kula têgêsing têmbung (10).

Ing wusana panuwun kula dhumatêng rama Red. utawi para nupiksa, mugi- mugi tumuntên ambirata kodhênging manah kula, aparing katêrangan pitakèn tulakula.

bab têmbung-têmbung ingkang sampun kasêbut ing Sasadara ôngka IV taun III (11) margi ing sêrat wyakarana namaning têmbung wau botên dipun [di...]

--- 342 ---

[...pun] sêbutakên têgêsipun, kadosdene ing ngandhap punika.

ka, ta, pa, ga, ba, aksara alpaprana.

Ka, Ta, Pa, Ga, Ba, aksara mahaprana.

Têgêse alpa: sathithik, cilik, maha: akèh, gêdhe, prana, lugune prana: ambêkan, abab. Têgêse alpaprana dadi: aksara kang swarane kanthi abab ing salumrahe, mahaprana, aksara kang swarane kanthi abab kang luwih sakakasaka. ing salumrahe, iya iku aksara kang swarane kanthi: ha, kayata: kha, gha enz. punika kula mathuk sangêt, amargi lajêng mangêrtos suraosipun nama wau.

Sinêrat ing Karanganyar kaping 20 Rabiulakir Be 1832.

Kula pun kodhêng R. Pringgasubrata.

Lêpating panyithak Sasadara ôngka IV taun III kaca 192 larikan nginggil piyambak, ingkang mungêl sêsêlan ma. Lêrêsipun sêsêlan na. R. Pringgasubrata.

Sêratanipun R Pringgasubrata, angêplêki sêratan Wyakarana, kula botên marahi botên ngewahi, punapa inggih taksih kalêbêt ing panglulu anggèn kula murtat ing agami enggal. Red.

--- 343 ---

(1) An = man enz.

Anyakar, kriya wantah.
Anyakari, i kriya.
Anyakarake, ke kriya.
Manyakar, tanduking kriya, kangge ing kidung.

(2) Lêrêsipun wya(botên yya)karana, lêpat panyithakipun, dene têmbung yya, kangge ing kidung, rangkêping aksara ya = pasangan, bilih ngajêngakên layaran, kados ta: aryya, arjja, warnna, botên warna Zie Pramabasa blz. 37.

(3) Têmbung tanduk (tanggap)ing kriya sami wontênipun, lêrês pratelan sampeyan, sarèhning:

Manyakar nama tanduking kriya, tanggapipun ingkang kadospunapa?

Madi (dima) caka sami botên tumindak, kados prayogi, tanduking kriya, botên mawi timbangan: tanggaping kriya, namung nama:

[Grafik]

Nanging kula botên maoni.

(4). Sukur.

(5) Kula sumôngga mênawi botên kajangkêpakên, pamanah kula: ringkês punika sae tinimbang rowa, nanging bilih nyêkapi.

(6). Sukur.

(7). Sukur.

(8) Pandangu sampeyan sampun kula pasrahakên dhatêng Mas Kramawiyata, sarèhning botên angsal katrangan, punapa wangsul dhatêng kula malih?

Panambang an,a. ên, punika warni ngalih nanging beda suraosipun.

--- 344 ---

[Grafik]

Botên namung panambang an, ên kemawon ingkang kalêbêt ing agnya, ana, na, inggih ugi kalêbêt kula namakakên agnyaning (tanduk, tanggap) kriya, kados ta:

Anjukuka | Jukukên | Linggiha } (ana en na) P.B. blz. 418.

Mangke botên karsa nguningani dupèh sumimpên wontên ing bèsèk, rêmên nguningani ingkang sumimpên wontên ing lêmari, sisah punika.

(9) Tunggil nut (5)

(10) Sukur.

(11) Sumôngga para sujana kula aturi maringi katrangan panyuwunipun sasêrêrêpansasêrêpan. R. Pringgasubrata, kula dèrèng sagêd andungkap têgêsing nama-nama wau.

Red.

Tirta Usada

Sambêtipun ôngka IV kaca 177, taun III.

Têtêdhan tuwin ombèn-ombèn ingkang sae sarta maedahi tumrap badaning manusa

Saking pamanggihipun Tuwan Kihnê: tiyang punika botên pêrlu [pêr...]

--- 345 ---

[...lu] nêdha daginging sato kewan sapanunggilanipun, sarta sawarninipun têtêdhan punika botên pêrlu dipun bumboni, kados ta: sarêm sapanunggilanipun, ananging punapa wontên manungsa ingkang doyan nêdha daging mêntah, kadosdene sima ingkang môngsa daginging sato taksih gêsang-gêsangan, sarta punapa wontên pakananing sato kewan ingkang mawi dipun bumboni?.

Dene bilih manungsa mênawi badhe nênêdha, sadaya têtêdhanipun kêdah karatêngan sarta dipun bumboni rumiyin, ingkang makatên punika awit saking sampun dipun gêgulang wiwit alit mila, nanging sayêktosipun pancèn kirang pêrlu, awit saking punika Tuwan Kihnê anamtokakên dhatêng tiyang ingkang sami jêjampi sarana toya wau, sampun nêdha sanèsipun têtêdhan saking bangsanipun cêcukulan, sarta sampun ngombe kajawi toya ingkang dipun wastani toya gêsang, inggih punika toya ingkang mili kados ta: toya lèpèn sasaminipun, awit toya ingkang mili wau tansah kenging hawa, dene ombèn-ombèn sanès-sanèsipun, kados ta: wedang tèh, wedang bubuk (kopi) tuwin minuman ingkang kêras-kêras, jênèwêr, brèndhi tuwin anggur sapanunggilanipun, sasagêd-sagêd kêdah dipun cêgah.

--- 346 ---

Mênggah têtêdhan ingkang kadamêl saking cêcukulan, sarta ingkang pantês dipun têdha, kapratelakakên kados ing ngandhap punika:

1. Roti ingkang saking glêpung kasar.

Amêndhêta glêpung kasar 1½ kilo (± 4 kati) lajêng dipun suri toya rêsik 1½ litêr (kintên-kintên 2 canthing sêdhêng) lajêng kaulêd ingkang waradin sarta ingkang kênthêl kemawon (jaladrèn) sasampunipun jaladrèn wau lajêng kabagea sakawan, sarta lajêng kaolaha roti ingkang matêng. Nanging glêpung badhe jaladrèn wau botên kenging dipun ayaki, dene mênawi badhe dipun sukani sarêm inggih kenging sakêdhik, nanging sarêm wau pancèn kirang pêrlu.

2. Sup, utawi popsop. ingkang saking glêpung kasar.

Amêndhêta glêpung 1 sendhok ingkang kêbak, kaêsurana toya sakêdhik, lajêng kacarub ingkang kênthêl, sasampunipun lajêng kacêgurna ing wedang umob sarta lajêng dipun udhak ingkang ngantos matêng, dene mênawi badhe dipun sukani sarêm sakêdhik inggih kenging, nanging ugi kirang pêrlu.

3. Kol abrit kalihan woh apêl, tuwin sanès-sanèsipun.

--- 347 ---

Kol wau karajanga ingkang tipis-tipis, lajêng kagodhoga ing toya watawis sacangkir, bilih sampun satêngah matêng, lajêng kacêgurana woh apêl utawi sanèsing wowohan ingkang kêcut, lajêng karatêngana ingkang matêng. Mênawi badhe dipun sukani sarêm inggih kenging: sakêdhik, nanging kirang pêrlunipun.

4. Kol pêthak kalihan woh omate tomate. (ranti sabrang).

Kol pêthak wau sasampunipun karajang lajêng kagodhoga, nanging toyanipun sakêdhik kemawon, lajêng angulêga woh tomate wontên ing pangayakan, bilih panggodhogipun kol samamunsampun. satêngah matêng, ulêg-ulêgan woh tomate wau lajêng kaêmorna, lajêng kaolaha kalihan kênthang Walandi 1 utawi 2 ingkang ngantos matêng, ugi kenging mawi sarêm sakêdhik, nanging kirang pêrlu.

5. Bayêm kalihan kênthang Walandi.

Sasampunipun bayêm dipun kumbah ingkang rêsik, lajêng dipun kêthok-kêthok utawi dipun suwir-suwir, lajêng kaolaha kalihan kênthang ingkang ngantos matêng, kenging mawi sarêm sakêdhik, nanging kirang pêrlu.

Taksih wontên sambêtipun Wignyaarja.

--- [0] ---

Isining Kabar Sasadara

1. Pawarsakan ... blz 300
2. Dintên Sae ... blz 301
3. Pêpadhang ... blz 302
4. Gêsang ... blz 305
5. Têmbung Cina ... blz 311
6. Kawruh griya ... blz 315
7. Kawruh topèng ... blz 319
8. Sidhikala ... blz 327
9. Pitakèn bab pananggalan ... blz 332
10. Wangsulan ... blz 334
11. Pitakèn bab kasusastran sampun mawi nut ... blz 338
12. Tirta usada ... blz 344