Sastra Jawa

Program Digitalisasi Sastra Daerah

  • Increase font size
  • Default font size
  • Decrease font size

Sasadara, Radya Pustaka, 1903-01, #1808

Katalog:Sasadara, Radya Pustaka, 1903, #1808
Sambung:
1.Sasadara, Radya Pustaka, 1903-01, #1808 . Koran, Majalah dan Jurnal | Sasadara #537.
2.Sasadara, Radya Pustaka, 1903-02, #1808. Koran, Majalah dan Jurnal | Sasadara #538.
3.Sasadara, Radya Pustaka, 1903-03, #1808 . Koran, Majalah dan Jurnal | Sasadara #539.
4.Sasadara, Radya Pustaka, 1903-05, #1808. Koran, Majalah dan Jurnal | Sasadara #540.
5.Sasadara, Radya Pustaka, 1903-06, #1808 . Koran, Majalah dan Jurnal | Sasadara #541.
6.Sasadara, Radya Pustaka, 1903-07, #1808. Koran, Majalah dan Jurnal | Sasadara #542.
7.Sasadara, Radya Pustaka, 1903-08, #1808 . Koran, Majalah dan Jurnal | Sasadara #543.
8.Sasadara, Radya Pustaka, 1903-09, #1808 . Koran, Majalah dan Jurnal | Sasadara #544.
9.Sasadara, Radya Pustaka, 1903-10, #1808 . Koran, Majalah dan Jurnal | Sasadara #545.
10.Sasadara, Radya Pustaka, 1903-11, #1808 . Koran, Majalah dan Jurnal | Sasadara #546.
11.Sasadara, Radya Pustaka, 1903-12, #1808 . Koran, Majalah dan Jurnal | Sasadara #547.

Ôngka X. Taun III. Kaping 15 Sawal ing Taun Be, Ôngka 1832 [15-1-1903 AD.].

Sêrat kabar wulanan nama:

Sasadara

Rêginipun ing dalêm satêngah taun 3 rupiyah, sarta kêdah kabayar rumiyin. Ingkang anggadhahi Sasadara Pahêman Radyapustaka. Ingkang nyithak sarta ngêdalakên Firma Vogel v. d. Heijde & Co. Juru pangripta Ngabèi Wirapustaka.

--- 444 ---

Minôngka Pananggalanipun Sasadara

Pawarsakan

Wulan Dulkangidah taun Be ôngka 1832, taun Hijrah 1320.

[Grafik]

--- 445 ---

Dintên Sae

Salêbêtipun wulan Dulkangidah taun Be punika wontên têtiga

1. Sênèn Wage tanggal kaping 4 wuku Prangbakat, dewa Sri tungle tulus, sêngkaning cèlèng têmbalung, lampahing latu, wasesa sêgara, rakamipun dhawah sanggar waringin, saenipun kangge damêl pawon sarta masjid, sangatipun wiwit jam 10.49 mênut, dumugi jam 1.12 mênut, Amad rijêki.

2. Dintên Rêbo Lêgi tanggal kaping 6 wuku Prangbakat, dewa Guru wurungkung dadi, sêngkaning srigati aras kêmbang, sumur sinaba, rakamipun dhawah dêmang kandhuruan, saenipun kangge ngêdêgakên gêdhogan sarta pawon, sangatipun wiwit jam 1.13 mênut dumugi jam 3.36 mênut Yusup wilujêng.

3. Dintên Ngahad Wage tanggal kaping 24 wuku Wayang dewa Lodra wurungkung dadi, satriya wibawa lampahing angin, rakamipun dhawah mantri sinaroja, saenipun kangge sabarang, sangatipun wiwit jam 10.49 mênut, dumugi jam 1.12 mênut, Amad rijêki.

Wêwaton sêrat pawukon, wulan Dulkangidah wau mênawi kangge ngêdêgakên griya sae, watakipun kathah rijêkinipun, [ri...]

--- 446 ---

[...jêkinipun,] mênawi kangge alih-alihan griya watakipun dipun sihi ing tiyang, nanging pangalihipun botên kenging mangetan, mênawi kangge salakirabi ragi kasirik, winastan kapit kutbah, makatên malih wêwaton ungêlipun kadis Marpuk, inggih ugi awon, watakipun bilih sampun gadhah anak asring pisahan.

Wêwaton ungêlipun kitab Mujarabat, ingkang tanggal kaping 24 wau salêbêtipun sadintên sadalu botên prayogi mênawi sade tinumbas, kêkesahan, pêpaès, nikahan, nanêm wit-witan, damêl sumur saha ngêdêgakên griya.

Sêrat Cakrawarti

(Sambêtipun ôngka IX kaca 398, taun III).

Mênggah pratelanipun dhawahing tanggap warsa, dintên pitu utawi dintên gangsal wau, inggih punika tanggal kapisaning môngsa kartika utawi môngsa kasa sadaya, yèn sanèsipun ing môngsa kartika utawi môngsa kasa, dhawahipun ing tanggal pisan, lampahipun ing ngandhap punika:

Ingkang kaetang rumiyin lampahing dintên pitu dhawah ing tanggal pisan, punika sabên môngsa ingkang kapêngkêr nuju umur

--- 447 ---

30 dintên, dhawahing tanggal môngsa ingkang sawêg tumapak wêwah 2, têgêsipun majêng kalih dintên, dados tumapak tigang dintên, upami môngsa ingkang kapêngkêr wau tanggalipun ing dintên Rêbo, tanggalipun môngsa ingkang sawêg tumapak dados dhawah Jumungah, kados makatên ing salajêngipun. Yèn môngsa ingkang kapêngkêr nuju umur 31dintên, dhawahing tanggal môngsa ingkang sawêg tumapak wêwah 3, têgêsipun majêng tigang dintên, dados tumapak kawan dintên, upami môngsa ingkang wau tanggalipun ing dintên Jumungah, tanggalipun môngsa ingkang sawêg tumapak dados dhawah Sênèn, kados makatên ing salajêngipun, sanadyan môngsa ingkang mawi dirga inggih makatên lampahipun.

Wondèntên lampahing dintên gangsal dhawahipun ing tanggal pisan, punika sabên môngsa ingkang kapêngkêr nuju umur 30 dintên, dhawahing tanggal môngsa ingkang sawêg tumapak botên wêwah, têgêsipun sami kalihan tanggaling môngsa ingkang kapêngkêr, upami môngsa ingkang kapêngkêr wau tanggalipun ing dintên Paing, tanggalipun môngsa ingkang sawêg tumapak inggih dhawah Paing, kados makatên ing salajêngipun, sanadyan môngsa ingkang mawi dirga inggih makatên lampahipun. Yèn môngsa ingkang kapêngkêr nuju umur 31 dintên, dhawah

--- 448 ---

tanggal môngsa ingkang sawêg tumapak wêwah 1, têgêsipun majêng sadintên, dados tumapak kalih dintên, upami môngsa ingkang kapêngkêr wau tanggalipun ing dintên Paing, tanggalipun môngsa ingkang sawêg tumapak dhawah Pon, kados makatên ing salajêngipun, sanadyan môngsa ingkang mawi dirga inggih makatên lampahipun.

Mênggah sêsêrêpanipun lampahing dintên dhawahing tanggal môngsa wau, pratelanipun satunggal-tunggal sami katata ing pratôngka, saptawaranipun akalihan pôncawaranipun sami kaetang piyambak- piyambak, pangetangipun makatên, pratangkaning taun kakumpulakên kalihan pratangkaning môngsa ingkang kinarsan, saptawara sami saptawara, pôncawara sami pôncawara, kumpuling saptawara yèn langkung saking pitu kabucala pitu, kumpuling pôncawara yèn langkung saking gangsal kabucala gangsal, lajêng kaetang saking bêbukanipun purwaning taun kados ing ngandhap punika:

Awit ing taun 1 dumugi 60 taun, saptawaranipun kaetang saking Rêbo, pôncawaranipun saking Paing.

Yèn awit taun 61 dumugi 120 taun saptawaranipun kaetang saking Sênèn, pôncawaranipun [pôncawara...]

--- 449 ---

[...nipun] inggih saking Paing.

Yèn awit ing taun 121 dumugi 180 taun, saptawaranipun kaetang saking Sêtu, pôncawaranipun inggih saking Paing.

Yèn awit ing taun 181 dumugi 240 taun, saptawaranipun kaetang saking Kêmis, pôncawaranipun inggih saking Paing.

Yèn awit ing taun 241 dumugi 300 taun, saptawaranipun kaetang saking Salasa, pôncawaranipun inggih saking Paing.

Yèn awit ing taun 301 dumugi 360 taun, saptawaranipun kaetang saking Ngahad, pôncawaranipun inggih saking Paing.

Yèn awit ing taun 361 dumugi 420 taun, saptawaranipun kaetang saking Jumungah, pôncawaranipun inggih saking Paing.

Sarêng awit ing taun 421 dumugi 480 taun, pangetangipun sami kalihan kala awit ing taun 1 dumugi 60 taun ingkang sampun kasêbut ing ngajêng wau, saptawaranipun wangsul kaetang saking Rêbo, pôncaparanipunpôncawaranipun. kaetang saking Paing, kados makatên ing salajêngipun sabên 420 taun, bêbukanipun [bê...]

--- 450 ---

[...bukanipun] purwaning taun, ingkang badhe tumapak wangsul malih pangetanging saptawara saking Rêbo, pangetanging pôncawara saking Paing, kaetang dumuginipun ing taun subakarti angkaning warsa punika 1730 ingkang dados bêbuka purwaning taun, saptawaranipun angetang saking Rêbo, pôncawaranipun angetang saking Paing.

Wondèntên sêrêping pangetangipun makatên, ing taun subakarti ôngka 1730 punika kabucal 1680 dados kantun 50 anuju taun subakarti punika, dhawahing bêbuka purwaning taun, saptawaranipun angetang saking Rêbo, pôncawaranipun angetang saking Paing, ing salajêngipun ngantos dumugi ing taun rudraksa ôngka 1740 kumpulipun ing pratôngka taksih angetang saking Rêbo Paing, ing ngandhap punika pratelanipun pranataning pratôngka sadaya.

--- 451 ---

[Grafik]

--- 452 ---

[Grafik]

Taksih wontên sambêtipun.

--- 453 ---

Tirta Usada

(Sambêtipun ôngka IX kaca 417 taun III)

Bab 3. Sakit mripat

Wontên nonah umur 18 taun nandhang sakit mripat laminipun sampun 5 taun, sarta sampun madal sakathahing jêjampi. Dene ingkang anjalari sakitipun maripat wau têtuwuhaning sêsakit ingkang wontên salêbêting padharan, ingkang sampun dados sêsakit salêbêting paru-parunipun. Sarêng dipun jampèni adus rêndhêman padharan sarta adus soroting srêngenge, botên watawis lami sêsakitipun lajêng saras, punapadene lampahing kêmahipun ugi lajêng pulih kados kodratipun.

Bab 4. Sakit abuh sangandhaping kuping, sarta kupingipun tansah kêmirêng swara: nging-nging

Wontên nonah sakit abuh sangandhaping kupingipun ingkang kiwa, laminipun sampun 3 taun, sarta tansah kêmirêng swara nging-nging salêbêting kupingipun, dene sêsakitipun ingkang makatên punika sampun madal sakathahing jêjampi, nanging sarêng anglampahi adus rêndhêman murad,

--- 454 ---

tuwin miturut wêwalêr sarta nênêdha punapa ingkang dados piwulangipun Tuwan Kihnê, swara ingkang bênginging lajêng ical, watawis 50 dintên, abuh ing ngandhap kuping punika ugi lajêng ical.

Bab 5. Sakit korèng wontên ing rai

Tuwan H. sampun pintên-pintên taun sakit korèngên rainipun, ngantos thukuling jenggotipun botên sagêd waradin, rainipun abrit, korèngipun basisik, satêmah damêl gêgipun tiyang ingkang sumêrêp dhatêng piyambakipun. Tuwan H. wau lajêng anglampahi adus rêndhêman murad, sadintên kaping 2 utawi kaping 3 sarta adus tangas badan sakojur kaping 2 ing dalêm 7 dintên. Salêbêtipun 5 wulan, korèngipun lajêng saras babarpisan, tuwin sêsakitipun ingkang wontên salêbêting bokong, inggih punika ingkang nuwuhakên sakitipun korèng, ugi lajêng sagêd ical.

Bab 6. Sakit pêkung (Kanker?)

Tuwan F. ing kitha Lipsih umur 43 taun, anandhang sêsakit wontên salêbêting gulunipun, sampun pintên-pintên dhoktêr ingkang dipun dhatêngakên kapurih anjampèni [anjampè...]

--- 455 ---

[...ni] sêsakipunsêsakitipun. wau, ananging para dhoktêr sami kemawon anggènipun mastani sêsakitipun Tuwan F punika sakit kankêr kanker dene jampinipun namung kêdah dipun bêdhèl, awit bokmênawi saya mindhak agêngipun.

Sarèhning Tuwan F botên purun dipun bêdhèl, dados lajêng nyuwun tulung dhatêng Tuwan Kihnê, dipun aturi anjampèni sêsakitipun, lajêng kapurih jampèni adus rêndhêman murad, sarta salêbêtipun jêjampi wau botên kenging nêdha punapa-punapa, kajawi roti kalihan wowohan kemawon, watawis 7 dintên, sakitipun sampun kathah mayaripun, sarêng angsal 21 dintên, lajêng saras babarpisan.

Bab 7. Sakit limpah, utawi ati Lever sariawan usus? Suku tansah kringêtên sarta sêsakit ing wadhuk

Wontên tuwan-tuwan Walandi sampun lami dipun lud ing sêsakit sariawan usus, sarta sakit limpa rêkaos sangêt, punapa malih sukunipun tansah karingêtên, sarta sakathahing têtêdhan ingkang katêdha dumugining wadhuk kirang ajuripun, jalaran wadhukipun kenging sêsakit. Ananging sarêng anglampahi adus rêndhêman murad sadintên kaping 2 angsal 2 wulan, sêsakitipun lajêng saras babarpisan.

--- 456 ---

Bab 8. Sakit salêbêtipun utêk, tuwin sakit gulu

Wontên rare èstri umur 13 taun, sampun atêtaunan anggènipun sakit sirah (ngêlu) sarta gulunipun kiwa têngên sami pating parongkol. Mênggah sêsakitipun wau sampun kathah para dhoktêr ingkang anjampèni, nanging botên wontên titigipun, wusana sarêng nglampahi adus rêndhêman padharan tuwin rêndhêman murad, miturut dhawuhipun Tuwan Kihnê, watawis 8 dintên, sakitipun sirah sampun mantun, dene sakitipun gulu ingkang pating prongkol, saking sakêdhik inggih sagêd mantun ugi, sabên mindhak dintên, pating prongkolipun wau saya katingal alit, sarêng angsal 40 dintên sêsakitipun lajêng saras babarpisan, sarta badanipun sêgêr malih pulih kados ing nguni-uni. Taksih wontên sambêtipun.

Wignyaarja.

Ngèlmu Padhukunan Bayi

(Sambêtipun ôngka IX kaca 422, taun III)

Sênthonging tiyang manak kêdah kadekekan patilêman ingkang wiyar, murih santuning hawa sagêd enggal, punapa malih [ma...]

--- 457 ---

[...lih] jarambahipun tingkas, padhang sarta sampun cêlak radinan, jandhelanipun mawi katutupan kalambu ingkang kandêl, supados nulak hawa asrêp, kautamèn mênawi wontên sênthong jèjèr kalih, sênthong ingkang satunggal kangge sasampuning manak, saupami namung satunggal, patilêmanipun kaselehan kalih, ingkang satunggal patilêmaning êmbok, satunggalipun kangge êmban sarta bayi ingkang sawêg lair, tiyang sanès botên kenging tumut tilêm panggenan ngriku, punapa malih ing sênthongipun tiyang manak, dene isèn-isèning sênthong, lêmari wadhah sandhangan 1, meja pasuryan 1, meja limrah 1, sarta kursi malêm 1, wah malih wadhah sêsukêr Ondersteek pirantos ambêbucal, ingkang badhenipun timah krult andhap sarta kowah isi toya.

Kasur ingkang kangge manak, sampun kandêl sampun lêmês, prayogi mawi kasur kapal, sarta ingkang mawi springveer sarta katutupana pêrlak ingkang botên sagêd tambas dening toya, lèmèkipun sinjang sprij bantal sampun kandêl-kandêl, bilih patilêman alit mapanipun tilêm miring, suku kêdah katumpangakên ing palanging patilêman utawi meja alit, mênawi tangi sarta badhe ngadêg saupami patilêman botên kenging kadamêl rambatan, kadamêlna rambatan [ra...]

--- 458 ---

[...mbatan] srêbèt utawi sanèsipun. Patilêman sampun kapèpètakên ing tembok utawi gêbyog, ingkang manak sampun ngantos kenging sabab punapa-punapa, saupami tiyang têtulung sagêd mêdal saking kiwa têngên. Panggenan ingkang dipun tilêmi sasampunipun manak kêdah katata kados sabênipun, sarta kagêlaran lèmèk ingkang botên rêmbês dhatêng kasur, bantal tuwin kasuraning bayi prayogi kaisenan godhong varen ingkang garing warninipun kados pakis kawat, bilih bantalipun êmpuk sirahipun bayi amblês, lèmèk sinjang ingkang kandêl, amurih sampun kenging asrêp, dene sêkar-sêkar ingkang mawa gônda sumêgrag, utawi kucing, sêgawon, lare-lare sarta para èstri ingkang rêmên ngêcuwis, punika botên kenging kacêlakakên ing sênthongipun tiyang manak, dene ingkang kenging wontên ing sênthong 1 ingkang manak, 2. dhukun, 3. êmban utawi inya, 4. bojonipun, 5. êmbok sarta sadhèrèkipun. Nalika nyakiti jabang bayi badhe lalirlair. rema kaklabang dados kalih sarta sumèlèh ing gêgêr, sadaya sandhangan kauculan, namung kantun sayak utawi rangkêpan kemawon, rasukan kêkancing ing dom bundhêl, bilih karaos asrêp prayogi mawi mojah, bilih padharan kraos sakit [sa...]

--- 459 ---

[...kit] sangêt lajêng kèngkènana ngundang dhukun, nanging sampun angundang inya, awit caranipun ing nagari Walandi anggumunakên, punapa gunanipun têka angundang inya kapurih nulungi tiyang manak, môngka damêlipun inya namung angêdusi sarta mênganggèni bayi, utawi anêsêpi, kenging punapa botên nêdha tulung dhatêng êmbok, bok ayu sarta mitranipun èstri sasaminipun, punika pancèn angodhêngakên, awit kalimrahanipun ingkang dados inya tiyang sudra wah botên angsal piwulang, wêwatêkanipun anyalênèh, namung ngangge kajêngipun piyambak, dene ingkang jalêr juru pambujuk, inya tuwin êmban punika ngantos wêwulanan dados rencangipun tiyang manak, ingkang manak wau bilih botên sakit, prayogi adus, sadintên kaping kalih, dene bayi kenging dipun opèni êmbok utawi sadhèrèking tiyang sêpuhipun ingkang manak, bilih ingkang sanak wau sakit agundanga dhatêng tiyang èstri ingkang sagêd angladosi tiyang sakit, ingkang sugih kawruh sarta ingkang angsal piwulang.

Bilih anggènipun nyakiti badhe manak sangsaya sangêt, lajêng amapana ing patilêman, sarta kengkenan angundang dhukun, ing ngajêng sampun kapratelakakên ing salêbêtipun 7 dintên ingkang wêkasan kanthongan bayi mudhun dados [da...]

--- 460 ---

[...dos] alit, têtelanipun amêngkêrêt, mênawi mangkêrêtipun botên patos sakit, sanadyan karaos malih êlêt sawatawis lami, punika kasêbut nyakiti wiwitan, utawi nyasmitani yèn badhe gadhah bayi. Sêsêbutan anyakiti wau botên cocog kalihan kanyataanipun, awit mênawi kanthongan bayi mangkêrêt botên tamtu karaos sakit, sawênèh wontên èstri gadhah anak botên nyakiti, ananging kanthongan bayi ugi mangkêrêt, tarkadhang wontên ingkang nyakiti sakalangkung sangêt, kanthongan bayi namung sawatawis mangkêrêtipun, ingkang sampun kalimrah ing akathah, bilih sakitipun sangêt tamtu kanthonganing bayi mangkêrêtipun inggih sangêt, awit lairing bayi jalaran saking kanthonganipun, dene mangkêrêting kanthongan botên saking kasêdya, bilih sampun mangsanipusmangsanipun. mangkêrêt piyambak, ingkang makatên wau ngantos samangke dèrèng wontên tiyang ingkang sagêd anggêlarakên sababipun, kajawi namung kapantogakên dhatêng padatan, inggih punika bilih bayi badhe lair, kanthonganing bayi sampun mêsthi wiwit amangkêrêt. Taksih wontên sambêtipun.

--- 461 ---

Kalêmpaking Kawruh Sawatawis

Sambêtipun ôngka IX kaca 408, taun III.

Tiyang ing pulo Bawean punika amêrlokakên sangêt damêl griya alit wontên sangajênging griyanipun, kawangun kadosdene griya lumbung ingkang botên dipun gêdhègi, griya wau dipun wastani: dhurung. Dhurung punika panggenanipun tiyang èstri nyambut damêl nênun, nganam gêlaran, nyulam utawi andondomi. Ing sabên dalu wiwit jam 8 dumugi jam 12 lare èstri ingkang sampun akil balèg, kapurih nyambut damêl wontên ing dhurung, dipun kanthèni tiyang èstri sêpuh satunggal, ingkang dipun wastani: mak ênang, utawi tuwa-tuwa, punapa malih lare èstri wau mawi dipun anggèn-anggèni sarwa sae, awit anggènipun nyambut damêl wau namung kadamêl samudana kemawon, sayêktosipun kagêlarakên supados tumuntêna pikantuk jodho, awit sadangunipun prawan wau nyambut damêl, wontên jêjaka sami dhatêng, panganggenipun ugi sarwa sae, gêgujêngan kalihan mak ênang, saha anjawat dhatêng prawan wau, bilih sampun sawatawis dangu, lajêng pindhah ing dhurung sanèsipun, dene ing dhurung ingkang katilar gêntos kadhatêngan jêjaka sanès, patrapipun botên sanès kalihan ingkang kasêbut ing nginggil nau,wau. bilih

--- 462 ---

wontên salah satunggalipun prawan ingkang dipun siri ing jaka sarta kapadhan sih, jaka wau sabên dalu ajêg dhatêngipun, saha sabên Jumungah prawan kalihan jaka punika sami sajarah dhatêng kuburing lêluhur utawi sanak sadhèrèkipun, saking jalêr utawi saking èstri, utawi sajarah dhatêng panggenan sanès, kados ta: dhatêng dhusun-dhusun, utawi dhatêng ing rawa-rawa sapanunggilanipun, mawi dipun iringakên ing tiyang jalêr èstri sawatawis. Sajarah ingkang makatên punika dipun wastani: mêmedhang. Sadangunipun mêmedhang, têtêdhan punapa kemawon ingkang dipun kajêngakên dhatêng prawan wau, kados ta: pisang, rosan, nôngka, timun, saha sanès- sanèsipun, sanadyan awisa rêginipun, jaka wau kêdah numbasakên, sawangsulipun saking mêmedhang, sadaya tiyang ingkang ngiringakên sami tampi panduman têtêdhan wau.

Mênawi kalêrês ing dintên agêng, inggih punika ing wulan Siyam, jaka wau angintuni: sêkar, klapa, wowohan, kajêng obong saha sanès-sanèsipun, dene larenipun èstri ugi lajêng malês ngintuni panganggenipun tiyang jalêr, kados ta: sarung, kathok, sêpatu, cênela, ikêt, rasukan kanthi satunggal cupu isi lisah wangi, pupur, sêkar saha sanès-sanèsipun. Ing

--- 463 ---

wulanipun Bêsar cupu wau kawangsulakên dhatêng lare èstri isinipun kalintu yatra sakêdhikipun tigang rupiyah, kanthi sinjang bathik, rasukan sutra, barang mas intên, punapa malih klapa, kajêng obong sapanunggilanipun ugi botên kantun. Larenipun èstri ugi gêntos angintuni: rasukan, ikêt, saha sêkar. Lampah kintun-kinintun makatên punika dipun wastani: pasang pamogih, bilih kalih-kalihipun sampun sami condhong kadosdene ingkang sampun kawrat ing nginggil wau, larenipun jalêr sabên dalu tansah anênggani anggènipun prawan wau nyambut damêl wontên ing dhurung, saha dipun sadhiyani patilêman wontên ing griyanipun lare èstri. Bilih anggènipun makatên wau sampun sawatawis lami, jaka punika lajêng sanjang dhatêng tiyang sêpuhipun, supados dipun lamarna dhatêng prawan wau. Bapakipun lare jalêr dhatêng ing griyaning tiyang sêpuhipun lare èstri kanthi lurahipun kampung, saha gadhah panêmbung, bilih anakipun badhe kapêndhêt mantu. Lampah punika dipun wastani: mêrasan tuwa, utawi mêmasang tuwa-tuwa. Sasampunipun sarêmbag, lajêng kapacangakên, saha prawan wau sampun botên kenging nyambut damêl wontên ing dhurung, kêdah wontên ing griya, ugi taksih dipun tênggani dening mak ênangipun, punapa malih bilih wontên jaka [ja...]

--- 464 ---

[...ka] sanèsipun dhatêng, botên katampèn, botên watawis lami, tiyang sêpuhipun lare lêrjalêr. dhatêng malih, ugi kalihan lurahipun kampung, namtokakên dintên ijab panggihipun, kalêrês ing dintên nikahipun, pangantèn jalêr dipun arak dhatêng masjid, pêrlu nikah, sabibaripun nikah lajêng wangsul dhatêng griyanipun piyambak, ing dintên punika ugi, badhe pangantèn èstri kapurih ngaos kataman Kuran, wontên ing ngajêngipun tiyang kathah. Dene tamu-tamu ingkang sami dhatêng, satunggal-tunggalipun ambêkta sêkul satalam, ulam saha têtêdhan sanès-sanèsipun, dipun wastani: tulung. Saking kathahipun tiyang ingkang tulung, ingkang gadhah damêl ngantos botên angwontênakên pisêgah, saha botên olah-olah piyambak, sabab ingkang makatên wau tumrapipun tiyang Bawean pancèn sampun limrah. Sanadyana gadhah damêl sanès-sanèsipun, bêbêktanipun tiyang ingkang sami tulung, ugi kadosdene ingkang kasêbut ing nginggil wau, minôngka pasumbangipun, sadangunipun pangantèn èstri wau maos Kuran, ing sangajêngipun dipun sukani talam suwung, têtiyang ingkang sami dhatêng tulung, lajêng gêntos-gêntos sami nyukani yatra kasèlèhakên ing talam wau, wontên ingkang sakêthip, satêngah rupiyah utawi langkung.

--- 465 ---

Dene ingkang kêdah nyukani kathah, inggih punika warisipun pangantèn jalêr. Bilih sampun rampung anggènipun maos kataman, yatra lajêng dipun pêndhêt, gunggungipun ngantos wontên satus rupiyah utawi langkung, wontên ugi ingkang namung pikantuk 50 utawi 60 rupiyah.

Ing dintên punika wanci jam gangsal sontên, pangantèn jalêr numpak kapal dipun arak malih sarana ungêl-ungêlan trêbang, dhatêng panggenanipun pangantèn èstri (ing jaman rumiyin sangajêngipun pangantèn mawi dipun jajari lare-lare èstri, ingkang sami mangangge sarwa sae sapunika botên), sadumuginipun ing ngriku, pangantèn jalêr lajêng kalênggahakên jèjèr kalihan pangantèn èstri dipun lêt-lêti mak ênangipun (lênggah ingkang makatên punika dipun wastani naik puwadhe utawi naik pêlaminan) kadugi anggènipun lênggah satêngah jam dangunipun, pangantèn jalêr èstri saha mak ênang kalêbêtakên ing sênthong. Wiwit punika ngantos dumugi tigang dintên, mak ênang tansah anjagi pangantèn wau. Ing dintênipun malih wanci jam pitu sontên, pangantèn jalêr èstri kalênggahakên malih, katingalakên ing akathah, kados ingkang sampun. Wêkdal punika ing ngriku anggiyarakên têtingalan, main utawi gosok biolah saha dipun jogèdi gêntos-gêntos. [gêntos-gê...]

--- 466 ---

[...ntos.]

Kajawi saking punika wontên malih caranipun tiyang salakirabi dipun wastani: buru tataban, inggih punika upami jaka kalihan prawan wau sampun sami rêmênipun, ananging tiyang sêpuhipun lare èstri botên rêmên dhatêng larenipun jalêr, ing wanci dalu prawan wau kabêkta kesah, enjingipun lajêng sami dhatêng pangulon, pêrlu nikahan, salajêngipun kabêkta mantuk, têtêp dados bojonipun. Taksih wontên sambêtipun.

Prawirawiyata. Abdi dalêm juru sêrat II kabupatèn pulisi Surakarta.

Ngèlmu Ukur Sawatawis

Candhakipun Sasadara ôngka IX kaca 433, taun III.

Bab lumah ingkang pojokipun sakawan utawi langkung

Lumah ingkang winatêsan ing garis kêncêng sakawan, pojokipun inggih sakawan, punika kawastanan lumah mojok sakawan, ingkang watês saha pojokipun langkung saking samantên, kawastanan lumah mojok kathah.

--- 467 ---

Lumah mojok sakawan punika wangunipun warni-warni.

a. Pasagi jêjêg = Kwadraat.
b. Pasagi pèncèng (peyok) = rombus.
c. Pasagi panjang.
d. Pasagi panjang pèncèng (peyok) = Paralellogram
e. Trapesium
f. Lumah mojok sakawan sanèsipun.

a. Gambar ôngka 8 punika pasagi jêjêg, sisihipun sakawan pisan sami panjangipun, pojokipun sadaya sikon.

[Grafik No. 8]

Mênawi badhe angetang jêmbaripun, 1 ukuran pasagi X alang X ujuripun. Ing sarèhning pasagi jêjêg makatên alang ujuripun sami kemawon, mênawi badhe angetang jêmbaripun, cêkap angukur sisihipun satunggil kemawon, upami kapanggih 4 M dados jêmbaripun = 1M2 (1 mètêr pasagi) X 4 X 4 = 1M2 X 16 = 16M2, mênawi sisihipun 6 ru, jêmbaripun I ru pasagi X 6 X 6 = I ru pasagi X 36 = 36 ru pasagi.

b. Gambar ôngka 9 punika pasagi peyok (Kwadraat) sisihipun sakawan pisan sami panjangipun, ngalih-ngalih sami bênggangipun, pojokipun kalih pasang, sapasang-pasangipun [sapasang-...]

--- 468 ---

[...pasangipun] ajêng-ajêngan, sarta sami agêngipun.

[Grafik No. 9]

Sisihipun salah satunggil kawastanan dhasar, kados ta: AB garisipun gantung saking garis ingkang ajêng-ajêngan kalihan dhasar: dhatêng dhasar utawi dhatêng sambêtanipun, kawastanan inggilipun, inggih punika garis CD jêmbaripun = 1 ukuran pasagi X dhasar X inggilipun (1 ukuran pasagi X AB X CD) upami dhasar AB kapanggih 4 M inggilipun CD kapanggih 3M dados jêmbaripun = 1M2 X 4 X 3 = 1M2 X 12 = 12 M2.

Kenging ugi kaupadosan jêmbaripun botên ngangge wêwaton makatên, inggih punika: 1 ukuran pasagi katangkarakên kaping dhiagonalipun kalih pisan, tangkaranipun lajêng kapalih.

Ingkang kawastanan dhiagonal makatên, garis kêncêng ingkang nyambêt pojok kêkalih ingkang ajêng -ajêngan (ingkang dunungipun botên nunggil sagaris): ingatasipun pasagi peyok ing gambar ôngka 9 wau, dhiagonalipun inggih AC kalihan BE jêmbaripun =

[Grafik]

--- 469 ---

panggih 5 cêngkal BE kapanggih 3 cêngkal, dados jêmbaripun =

[Grafik]

Waton pangetang warni kêkalih wau kenging kapilih sasênêngipun, pundi ingkang gampil pinanggihing ukuranipun.

[Grafik No. 10]

Gambar ôngka 10 punika pasagi panjang, sisihipun sakawan (kalih pasang) sapasang-pasangipun sami lampahipun, punapadene sami panjangipun (AB = CD, AD = BC) pokijopunpojokipun. sakawan pisan sikon, jêmbaripun pasagi panjang punika = 1 ukuran pasagi X alang X ujur (1 ukuran pasagi X AD X AB ). Upami AD kaukur kapanggih 4 M, AB kapanggih 8M, dados jêmbaripun = 1M2 X 4 X 8 = 1M2 X 32 = 32 M2 .

[Grafik No. 11]

Ôngka 11 punika gambaripun pasagi panjang peyok (Paralellograam). Sisihipun kalih pasang, sapasang-pasangipun sami bênggangipun, sarta inggih sami panjangipun [panjangipu...]

--- 470 ---

[...n] (AD = BC, AB = CD). Pojokipun inggih kalih pasang, ingkang sapasang lancip ingkang sapasang têmpak, sarta sapasang-pasangipun sami ajêng-ajêngan tuwin sami agêngipun.

Sisihipun salah satunggil kangge dhasar. Garis sipat gantung saking garis ingkang ajêng-ajêngan kalihan dhasar: dhatêng dhasar utawi sambêtanipun, inggih punika inggilipun.

Jêmbaripun Paralellograam punika = I ukuran pasagi X dhasar X inggilipun.

Mênawi dhasaripun AD, inggilipun CE. Upami AD ukuranipun kapanggih 6 M, CE kapanggih 2M, dados jêmbaripun = 1M2 X 6 X 2 = 1M2 X 12 = 12 M2 .

Mênawi garis CD ingkang kangge dhasar, inggilipun AF. Upami CD kapanggih 3M, AF kapanggih 4M, dados jêmbaripun 1M2 X 3 X 4 = 1 M2 X 12 = 12 M2 .

e. Mênggah ingkang kawastanan trapesium punika inggih lumah mojok sakawan, garisipun ingkang kalih sami bênggangipun, ingkang kalih botên, kawastanan sukunipun.

Trapesium makatên warni tiga:

1e. Trapesium sikon

2e. Trapesium ingkang sami sukunipun.

--- 471 ---

3e. Trapesium sanèsipun.

Taksih wontên sambêtipun

Kaimpun dening M. Martadiharja. Mantri guru ing Bagi.

Têmbung Cina

(Sambêtipun ôngka IX kaca 438, taun III)

Kowah

Ing tanah Jawi wontênipun ngabotohan punika, awit saking bôngsa Cina, kados ta: lyanpo, pèi, goki, samkyok, guwaha sapanunggilanipun.

Inggih sampun kala jaman rumiyin, bôngsa Jawi kêmpalan ngabotohan, mawi kêrtu dêdamêlan saking nagari Cina, tuwin bôngsa Jawi kala jaman rumiyin nganggit satunggaling ngabotohan, ing têmbung Jawi winastan: kowah, punika saking botên sagêd anamakakên kemawon, namung kapêndhêtakên namaning ngabotohan ingkang winastan: guwaha wau, ananging namung kaungêlakên pucukipun kemawon, inggih punika: guwah, lajêng dados: kowah, dumugi jaman sapunika.

Guwah, punika têgêsipun: ningali, nonton.

--- 472 ---

Rêtna Dumilah 7 Januari 1896 ôngka 2 panganggone pating galêbyar, ayake ajêng padha kowah.

Kuwaci

Sêmôngka, ing têmbung Cina winastan: sèkhwa utawi sikhwa, isinipun winastan: sikwaci, kawancah dados khwaci.

Wiji sêmôngka dipun kum ing toya apu, lajêng dipun godhog kalihan toya sarêm, sasampuning êsat lajêng dipun pe ngantos garing, winastan: kwaci.

Têtiyang Cina mênawi damêl pasamuan bujana, kêdah mawi khwaci (ananging samangke wondênwontên. ingkang botên mawi), kasisil kalihan para tamunipun ing sadanguning bujana wau.

Têtiyang Jawi wontên ingkang niru damêl tuwin sade khwaci wau, ananging têmbungipun kaulur dados kuwaci.

Têtiyang Jawi manawi sade kuwaci, anggènipun tawa ing urut margi, swaranipun dipun sêrokakên: ci! ku wa ci! Ananging kawon galur kalihan tiyang sade kacang Ngarab, swaranipun makatên: ka cang Nga ra b ! gorengan panas! gurih-gurih. (ing tanggal kaping 3 Dhesèmbêr 1885 ing Surakarta, awitipun wontên tiyang sade kacang Ngarab).

--- 473 ---

Sang Prabu Tongdaicong, kala timuripun anama Lisibin§ Têmbung: sibin: punika wancahipun têmbung: cèsi anbin:¶Cè têgêsipun têtulung, driyah¶Si têgêsipun dunya¶An: têgêsipun slamêt, têntrêm¶Bin: têgêsipun kawula.¶Têrangipun, atêtulung sarta driyah ing dunya ambarkahi slamêt tuwin nêmtrêmakên kawulanipun. ingkang jumênêng nata ing taun Mêsèhi 627-649 ing satunggaling dintên pêpatihipun anama Tajihwe: ajal.

Ing sapêngkêring ajalipun pêpatih wau, sang prabu dhahar sêmôngka, andadosakên singkêling galih awit kèmutan pêpatihipun, sang prabu lajêng paring dhawuh, sêmôngka wau ingandikakakên bêkta dhatêng griyaning pêpatih, sarta lajêng katata dipun damêl sêsaji ing meja yitmaning pêpatih wau.

Pramila dumugi samangke kula têtiyang Cina mênawi angsung dhahar lêluhuripun, mawi sajèn sêmôngka.

Kalo

Satunggaling abrag pawon ing nagari Cina, anaman [anama...]

--- 474 ---

[...n] dêling mawi blêngkêr, nam-namanipun alus, pirantos kangge ngirigi bumbu-bumbu, tuwin sanès-sanèsipun, winastan: kalo.

Têtiyang Jawi sanadyan sampun gadhah abrag ingkang winastan: irig = kalo, ananging tumut ngangge têmbung kalo wau, lêstantun winastan kalo: kangge nyaring santên kalapa, tuwin sanès-sanèsipun.

Awit tanggal kaping 5 wulan Mulud taun Wawu, ôngka 1825 (26 Ogustus 1895) amarêngi ungêlipun kagungan dalêm gôngsa sakatèn, ing alun-alun wontên tiyang Jawi sade blèg dhapuripun pasagi, dipun uncêgi bolong alit-alit, mawi wêngkon kajêng, punika winastaswinastan. kalo blèg.

Kalo alit mawi cêpêngan (gagang) pênjatos, pirantos nyaring jampi cêkokipun lare, punika ing têmbung Jawi winastan: kalo pajamon.

TJOA TJOE KWAN

Adamêl Tempe Kadhêle

Mênawi badhe damêl tempe kadhêle, punika patrapipun makatên:

Amêndhêta kadhêle kathahipun sapintên anggèning badhe damêl tempe, lajêng kawadhahan ing pangaron kaêkum ing toya, mênawi sampun mêdhodhok lajêng kagodhog, mênawi sampun matêng kaêntas lajêng kawadhahan ing tampah saha tambir supados asrêp, mênawi sampun asrêp lajêng kaplècèt kulitipun ingkang ngantos rêsik. Patraping pamlècèt mênawi sakêdhik kawadhahan [ka...]

--- 475 ---

[...wadhahan] ing tenggok tuwin tompo lajêng kawênyêd ing tangan kêkalih, mênawi sampun katingal kathah ingkang pêthak lajêng kaêsok ing pangaron ingkang isi toya, tamtu kalêcining kadhêle lajêng kumambang, nuntên kaserokana ing kalo, mênawi kadhêlenipun kathah kawadhahan ing sênik lajêng kailês (kaidak-idak ing suku) dene pamêndhêting kalêci sami kados kasêbut ing nginggil. Sasampuning kaplècèt lajêng kaêkum ing toya malih sadintên. Mênawi sampun ngasêm lajêng kagodhog, ananging toyanipun ingkang dipun angge ngêkum wau sampun ngantos dipun santuni, amargi mênawi dipun santuni asring botên sagêd dados. Dene panggodhogipun namung saumobing toya kemawon, ingkang dipun wastani ngasêm punika toya ingkang dipun angge ngêkum wau muruh, mênawi sampun umob lajêng kaêntas kaêlèr ing tampah supados enggal asrêp, lajêng dipun lanjari, dene ingkang dipun wastani lanjar wau kalapruting tempe ingkang taksih wontên ing godhong tilas buntêl tempe, kagosokakên ing kalaprutaning tempe wau ngantos têlas, dipun lanjari punika saupami tape dipun ragèni, mênawi sampun dipun lanjari lajêng dipun buntêli ing godhong katangsulan ing mêrang, mênawi sampun rampung anggènipun buntêli lajêng kasèlèhna ing ngambèn, sadintên tamtu sampun dados tempe.

Ngimagiri kaping 18 Siyam Be 1832.

Sangking kawula dalêm pamagang gumadhuh ing kabupatèn Ngimagiri,

Pun Suwarta.

--- [0] ---

Isining Kabar Sasadara

1. Pawarsakan ... blz 444
2. Dintên sae ... blz 445
3. Cakrawarti ... blz 446
4. Tirta usada ... blz 453
5. Padhukunan bayi ... blz 456
6. Kalêmpaking kawruh ... blz 461
7. Ngèlmu ukur sawatawis ... blz 466
8. Têmbung Cina ... blz 471
9. Adamêl tempe kadhêle ... blz 474.