Sastra Jawa

Program Digitalisasi Sastra Daerah

  • Increase font size
  • Default font size
  • Decrease font size

Sasadara, Radya Pustaka, 1903-02, #1808

Katalog:Sasadara, Radya Pustaka, 1903, #1808
Sambung:
1.Sasadara, Radya Pustaka, 1903-01, #1808 . Koran, Majalah dan Jurnal | Sasadara #537.
2.Sasadara, Radya Pustaka, 1903-02, #1808. Koran, Majalah dan Jurnal | Sasadara #538.
3.Sasadara, Radya Pustaka, 1903-03, #1808 . Koran, Majalah dan Jurnal | Sasadara #539.
4.Sasadara, Radya Pustaka, 1903-05, #1808. Koran, Majalah dan Jurnal | Sasadara #540.
5.Sasadara, Radya Pustaka, 1903-06, #1808 . Koran, Majalah dan Jurnal | Sasadara #541.
6.Sasadara, Radya Pustaka, 1903-07, #1808. Koran, Majalah dan Jurnal | Sasadara #542.
7.Sasadara, Radya Pustaka, 1903-08, #1808 . Koran, Majalah dan Jurnal | Sasadara #543.
8.Sasadara, Radya Pustaka, 1903-09, #1808 . Koran, Majalah dan Jurnal | Sasadara #544.
9.Sasadara, Radya Pustaka, 1903-10, #1808 . Koran, Majalah dan Jurnal | Sasadara #545.
10.Sasadara, Radya Pustaka, 1903-11, #1808 . Koran, Majalah dan Jurnal | Sasadara #546.
11.Sasadara, Radya Pustaka, 1903-12, #1808 . Koran, Majalah dan Jurnal | Sasadara #547.

Ôngka XI Taun III. Kaping 15 Dulkangidah ing Taun Be, Ôngka 1832 [13-2-1903 AD.].

Sêrat kabar wulanan nama:

Sasadara

Rêginipun ing dalêm satêngah taun 3 rupiyah, sarta kêdah kabayar rumiyin. Ingkang anggadhahi Sasadara Pahêman Radyapustaka. Ingkang nyithak sarta ngêdalakên Firma Vogel v. d. Heijde & Co. Juru pangripta Ngabèi Wirapustaka.

--- 476 ---

Minôngka Pananggalanipun Sasadara

Pawarsakan

Wulan Bêsar taun Be ôngka 1832, taun Hijrah 1320.

[Grafik]

--- 477 ---

Dintên Sae

Salêbêtipun wulan Bêsar taun Be punika amung wontên satunggal.

Dintên Salasa tanggal kaping 3 wuku Kulawu dewa Brama mawulu dadi aras pêpêt, satriya wibawa, rakamipun dhawah sanggar waringin, saenipun kangge yêyasan, sangatipun wiwit jam 8.25 mênut, dumugi jam 10. 48 mênut Yusup rijêki.

Wêwaton sêrat pawukon, wulan Bêsar wau mênawi kangge ngêdêgakên griya sae, watakipun angsal maesa lêmbu, mênawi kangge alih-alihan griya ugi sae, nanging pangalihipun botên kenging mangalèr.

Wêwaton ungêlipun kadis Marpuk, mênawi kangge salakirabi sae, watakipun narimah ing kukuming Allah, kadugèn sakajêngipun, mênawi anak-anak sae. Amung tanggal sadèrèngipun garêbêg Bêsar mênawi kangge salakirabi ragi kasirik, winastan: kapit kutbah.

Wêwaton ungêlipun kitab Mujarabat, tanggal kaping 3 wau salêbêtipun sadintên sadalu botên prayogi mênawi sade tinumbas, kêkesahan, pêpaès, nikahan, nanêm wit- witan, damêl sumur ngêdêgakên griya.

--- 478 ---

Pêpadhang

Sambêtipun Sasadara ôngka VII kaca 302.

Punapa ingkang dipun wastani jasad bêning, kados ingkang sampun kasêbut ing ngajêng ingkang winastan jasad bêning punika jasad ingkang sagêd anglajêngakên pêpadhang, têgêsipun bilih kataman ing pêpadhang, pêpadhangipun sagêd lajêng, dene wêwarnèn utawi kawujudan tuwin sanès-sanèsipun sagêd katingal saking jawining jasad wau kalayan cêtha, upaminipun toya, gas, gêdhah sasaminipun barang ingkang bêning: lêrês makatên, nanging punapa sababipun dene jasasjasad. bêning sagêd anglajêngakên pêpadhang: inggih, amargi lembakipun swasana ingkang ambêkta pêpadhang sagêd rumasuk sarta maradini dhatêng bagianing jasad ingkang alus-alus sarta ingkang asipat samar kalayan gampil, sarana pitulunganipun bagianing jad ingkang alus-alus sarta ingkang sipat samar wau punika, mênawi tumandukipun pêpadhang wau dhatêng jasad bêning, ingkang warninipun botên ngèmpêri kalihan warninipun pêpadhang, sampun tamtu wontên bagianing pêpadhang ingkang kèndêl ing bagianing jasad wau, ing kawruh kodrat têmbung Walandi dipun wastani geabsorbeerd kados ta upaminipun gêdhah ingkang bêning kumaca, inggih punika tanpa warni kleurloos kadosdene toya bêning ugi tanpa warni, [war...]

--- 479 ---

[...ni,] bilih jasad ingkang kados makatên wau kataman ing pêpadhang, pêpadhangipun ingkang rêrambatan swasana sampun mêsthi sagêd lajêng, jalaran warninipun pêpadhang sulak pêthak angèmpêri warninipun gêdhah, ewadene wontên ugi peranganing pêpadhang sawatawis ingkang kèndêl, botên sagêd lajêng geabsorbeerd of teruggehouden yêktosipun ingkang sampun dipun yakinakên dhatêng para sarjana, pêpadhang ingkang saking srêngenge kita warninipun pêthak, punika saking kalêmpaking cahya sapta warna, inggih punika sosot warni pêpitu ingkang angwontênakên cahya abra markata, têgêsipun cahya sumorot mubyar, kumpuling cahya abra markata pêpitu angwontênakên cahya sulak pêthak mancorong ambalêrêngi, bab punika: peranganing pêpadhang, badhe kula andharakên bilih sampun dumugi ing cariyos bab kanthaning pêpadhang.

Mangsuli cariyos kula ing nginggil, pêpadhang ingkang tumanduk dhatêng jasad ingkang mawa warni, kados ta: jêne, abrit utawi biru, punika pêpadhangipun ingkang sagêd lajêng naratas ing jasad, namung peranganing pêpadhang ingkang sagêd pul kalihan warninipun jasad ingkang kapandukan, kados ta: peranganing pêpadhang ingkang warninipun biru, punika tumandukipun ing cuweran swapêl sir kopêr Zwavel zuur koper sagêd [sa...]

--- 480 ---

[...gêd] naratas, peranganing pêpadhang ingkang warninipun abrit kèndêl wontên ing cuweran wau, sarana kawruh pamisah para sarjana ing kawruh kodrat sampun sagêd amerang pêpadhanging srêngenge, ingkang dipun wastani Zwavel Zuur koper punika jad kêcut abên-abênan walirang kalihan jad kêcut tuwin têmbagi, yèn makatên jasad bêning dèrèng mêsthi sagêd anglajêngakên pêpadhang. Inggih makatên, sagêd nampik milih, gumantung wontên ing abên-abênanipun jasad tuwin abên-abênanipun pêpadhang.

Jasad bêning ingkang sagêd anglajêngakên lembaking satunggalipun pêpadhang, punika dèrèng mêsthi sagêd anglajêngakên lembaking pêpadhang sanèsipun ingkang botên atunggil abên-abênan, kenging katitik saking jasad ingkang bêning sarta ingkang sagêd anglajêngakên soroting pêpadhang, ewadene botên sagêd anglajêngakên sorot bêntèr, kados ingkang sampun kagêlarakên dhatêng sang sarjana Tuwan Tijndal prakawis hawa bêntèr, badhe kula cariyosakên ing wingking.

Soroting pêpadhang tuwin ombyokan pêpadhang.

Punapa ingkang winastan soroting pêpadhang. Ingkang winastan soroting pêpadhang punika garis lêncêng ênêripun tumangkaring pêpadhang, dene ingkang winastan ombyokan sorot, [so...]

--- 481 ---

[...rot,] utawi ombyokan pêpadhang punika kalêmpaking sorot ingkang sangkanipun saking panggenan satunggal, ombyokan sorot dipun wastani imbang-imbangan bilih sorot-sorot wau ajèjèr-jèjèr tunggil ênêripun, inggih punika ingkang dipun wastani paralèl (Parallel) dene ombyakanombyokan. sorot dipun wastani ngiwas (divergeerend = dhiphêrsèrên) bilih ênêring sorot-sorotipun sami ambyar bênggang botên atunggil ênêr, ombyokan sorot dipun wastani tunggil salampah (Convergeerend = konphêrsèrên), bilih ênêring sorot- sorotipun atunggil dhok, sacêcêk, sadhengah jasad ingkang anggadhahi pêpadhang tamtu nlorongakên sorot ing sapurug-purug saking angganipun ingkang ngiwas botên nunggil ênêr.

Tumangkaripun pêpadhang dhatêng dat sarana (middelstof).

Ingkang dipun wastani dat sarana punika jasad ingkang minôngka dados papan dumadosing kaanan, ing têmbung Walandi winastan midhêlstoph (middelstof) kados ta: swasana, toya, gêdhah, punika dat sarananing pêpadhang tumangkar, wondene dat sarana ingkang atunggil dhasar, tunggil kawontênan, punapa malih ingkang angganipun waradin sami kêkêt amèripun, sami rênggang rapêtipun, dipun wastani dat [da...]

--- 482 ---

[...t] sarana kaanan tunggal, inggih punika ingkang ing têmbung Walandi winastan homogeene middelstof tumangkaripun pêpadhang ing dat sarana kaanan tunggal, inggih punika ing homogeene middelstof tamtu ênêring garis lêncêng, upaminipun tiyang ningali satunggaling jasad ingkang anggadhahi pêpadhang, mripatipun dipun aling-alingi mawi barang ingkang padhêt, botên narawang, sampun tantutamtu. tiyang wau botên sagêd sumêrêp dhatêng pêpadhang ingkang katingalan, amargi lembaking pêpadhang botên sagêd têmbus, inggih punika sulaya ing abên-abênanipun kalih-kalihipun jasad, bilih ing payoning griya pêtêng wontên bolonganipun alit ingkang pêpadhangipun srêngenge sagêd sumorot malêbêt ing griya, ing ngriku sagêd katingal cêtha wela-wela, tumangkaripun pêpadhang bilih botên kaêgol-êgolan, lampahipun bênêr ing garis lêncêng, nandhakakên manawi swasana punika bilih botên wontên sababipun, kalêbêt panunggilanipun dat sarana kaanan tunggal ingatasipun pêpadhang, ing sorotipun pêpadhang ingkang narontong malêbêt ing griya wau tiyang sagêd sumêrêp dhatêng jasad lêmbat-lêmbat sumliwêr nglayang ing pêpadhang, inggih punika rêrêgêd ingkang sadintên-dintên sumliwêr nglayang ing swasana.

Bilih lembaking pêpadhang kaêgol- êgolan lampahipun [lampah...]

--- 483 ---

[...ipun] ingkang murugakên botên sagêd têmbus, utawi manawi sumorotipun pêpadhang tumimbal, têgêsipun: sasampuning tumanduk ing satunggaling dat sarana, naratas tumanduk ing dat sarana sanèsipun, sampun tamtu ênêripun lajêng santun purug, lajêng dipun wastani lampahipun pêpadhang coklèk, utawi wangsul, badhe kacariyos ing wingking. Taksih wontên sambêtipun.

R.L. Mangkudimêja. Ing Yogyakarta.

Sêrat Cakrawarti

(Sambêtipun ôngka X kaca 446, taun III)

Wondèntên pratangkanipun ing môngsa ingkang kakumpulakên kalihan pratangkanipun ing taun, mawi kaupadosan taun ingkang lumampah, yèn nuju Wastu inggih amêndhêt pratangkaning môngsa ing taun Wastu, yèn nuju Wuntu inggih amêndhêt pratangkaning môngsa ing taun Wuntu, yèn mawi dirga inggih mêndhêt pratangkaning môngsa ingkang mawi dirga, ing ngandhap punika pratelanipun.

--- 484 ---

[Grafik]

--- 485 ---

[Grafik]

--- 486 ---

Kalêmpaking Kawruh Sawatawis

(Sambêtipun ôngka X kaca 461, taun III)

11. Tiyang Tênggêr punika manggènipun wontên ing pundi, saha punapa agaminipun.

Katêrangan:

Tiyang Tênggêr punika manggèn ing parêdèn Tênggêr, ingkang dados watêsipun paresidhenan ing Prabalingga kalihan Pasuruhan, ingkang sapunika sampun dados paresidhenan, dhusun-dhusun utawi kampung-kampung ingkang dipun ênggèni, inggih punika: Lêdhok-ômba, Crêbêk, Wanakarsa, Wanasari Ngadisari sapanunggilanipun ing paresidhenan ing Prabalingga.

Tiyang Tênggêr punika adat saha agaminipun sanès sangêt kalihan tiyang Jawi utawi tiyang Madura ingkang sami manggèn ing Prabalingga saha ing Tênggêr. Agaminipun tiyang Tênggêr nyarupèni agami Buda, kados tiyang jaman kina. Asalipun tiyang Tênggêr punika saking turunipun tiyang Majapait, ingkang sami kaplajêng saking nagarinipun, nalika karaton ing Majapait karisak ing tiyang Islam, inggih punika ing salêbêtipun taun Walandi 1483 kacariyos sarisakipun karaton Majapait, Pangeran Adipati Radèn Gugur, botên purun tumut Islam, lajêng kesah mangetan [mangeta...]

--- 487 ---

[...n] sawadyabalanipun, kèndêl wontên ing parêdèn Tênggêr, salajêngipun anguwasani ing satalatah parêdèn wau, saha jêjuluk Kyai Lêmbu Manisraya, putra-putranipun sami dados raja ing Pugêr, Balambangan saha Lumajang, punapa malih anurunakên têtiyang ing pulo Bali saha Sumbawa. Raja-raja ing pulo Bali sadaya asalipun saking turunipun Kyai Manisraya, ingkang dipun wastani dening têtiyang Bali: Dewa Agung Kêthut.

Tiyang Tênggêr punika pitados dhatêng dewa ingkang ajêjuluk Bathara Brama, amila katamtokakên sataun sapisan, sami dhatêng ing kawah pucakipun rêdi Brama (rêdi Brama punika pucakipun rêdi Tênggêr ingkang têngah), anyênyaosi utawi nyadran warni têtêdhan utawi anggèn-anggèn dhatêng Bathara Brama, saking pangintênipun wontên ing kawah wau: sadhatêngipun ing kawah, anggèn-anggèn sapanunggilanipun wau lajêng kalêbêtakên ing kawah.

Griyanipun tiyang Tênggêr punika agêng-agêng, payonipun alang-alang utawi glagah, saurutipun pagêr ing lêbêt griya dipun sukani ambèn, ing pojokipun kalih pisan dipun angge patilêman, griya satunggal wau dipun ênggèni tiyang sagotrah utawi sakulawarganipun, kadosdene têtiyang Jawi ing jaman kina.

--- 488 ---

Watêkipun tiyang Tênggêr punika sae, saha manahipun rêsik, botên wontên caranipun mêmandung. Jaka saha prawanipun sami ngangge jungkat, bilih wontên jaka badhe ngrabèni satunggalipun prawan, utawi kosokwangsulipun, ingkang gadhah niyat wau lajêng mêndhêt jungkatipun ingkang dipun kajêngakên, lajêng katêdahakên ing tiyang sêpuhipun ingkang gadhah jungkat, tiyang sêpuhipun lare kêkalih wau lajêng sami pirêmbagan abêbesanan, bilih sampun sami condhongipun, lare lajêng kanikahakên, anggènipun manggihakên wontên ing griyanipun pangantèn èstri. Sasampunipun dipun panggihakên, kaum utawi pangulunipun dhatêng ambêkta cangkir têmbagi ukir-ukiran, saha isi toya. Toya wau lajêng katètèsakên ing sirahipun pangantèn jalêr èstri saha maos donga pangalêmbana, punapa malih nyuwunakên pangèstu wilujênging pangantèn dhatêng Bathara Brama.

Bilih wontên tiyang sakit, katêngga ing dhukun utawi kaum wau, ugi ambêkta cangkir têmbagi ukir-ukiran saha isi toya, badhe kaombèkakên, utawi kawêdhakakên dhatêng tiyang ingkang sakit. Cangkir têmbagi wau kacariyos pusaka saking abdinipun Bathara Brama.

Ing satunggal-tunggalipun dhusun, wontên kaum utawi pangulunipun [pangul...]

--- 489 ---

[...unipun] satunggal, saha gadhah cangkir têmbagi satunggal.

Ing jaman rumiyin, bilih wontên tiyang pêjah, mayitipun kalêbêtakên ing kawah rêdi Brama, bilih panggenanipun têbih kalihan kawah wau, mayit punika lajêng kabucal kemawon, ananging sapunika botên makatên, awit sampun dipun awisi ing kangjêng guprêmèn, bilih wontên tiyang pêjah mayitipun kêdah dipun pêndhêm, dhawah wau ugi dipun èstokakên, ananging pamêndhêtipun kakeblatakên dhatêng lêrêsipun rêdi Brama, inggih punika upami panggenan badhe pamêndhêmipun wau wontên sakilènipun rêdi Brama, pamêndhêmipun inggih mujur mangetan.

Bilih tiyang mara tamu dhatêng ing griyanipun tiyang Tênggêr, prayogi lajêng malêbêt kemawon dhatêng griya, awit bilih botên makatên, ingkang gadhah griya kèndêl kemawon, tamu ingkang lajêng malêbêt saha linggih punika dipun akên utawi dipun anggêp sadhèrèk.

Ing Tênggêr punika botên wontên pandung, amila griyanipun awis ingkang dipun kancing, kewan-kewanipun ugi botên dipun kandhangakên.

Pangupajiwanipun nanêm sayuran, kobis, boncis, slèdri, kapri, kênthang sasaminipun, saha jagung ingkang dadèsdados. têdhanipun.

--- 490 ---

Bilih nêdha, piring, sendhok saha sanès- sanèsipun botên kenging ngantos kumalinthing, mênawi ngantos makatên, tiyang ingkang nêdha wau kaanggêp kirang ajar.

Tiyang Tênggêr punika mèh sadaya cêkap, awis ingkang kamlaratan. Bilih wontên para pangagêng Jawi utawi Walandi rawuh ing Tênggêr, lajêng sami dipun rubung, pêrlunipun namung angaturakên kapalipun, supados dipun titihi, awit bilih kapalipun dipun tumpaki, manahipun agêng sangêt saha bingah. Taksih wontên sambêtipun.

Prawirawiyata. Abdi dalêm juru sêrat II kabupatèn pulisi Surakarta.

Ngèlmu Padhukunan Bayi

(Sambêtipun ôngka X kaca 456, taun III)

Bab nyakiti ingkang sakawit sampun kapratelakakên, sapunika nyariyosakên nyakiti badhe gadhah anak. Para èstri ingkang kraos nyakiti, punika mawi angwêdalakên Lender kaworan rah sakêdhik, sarta sakêdhap-sakêdhap kêdah têtoyan, punapa malih angajêng-ajêng dhatênging dhukun, bilih dèrèng mangsanipun lajêng angundanga [a...]

--- 491 ---

[...ngundanga] dhukun, punika tiyang kirang sêsêrêpan, awit dhukun namung amriksa kawontênaning wawratan, tur botên sagêd namtokakên benjing punapa anggènipun manak, saupami taksih kirang 1 utawi 2 dintên, punapa damêlipun katêngga ing dhukun, langkung prayogi ingkaingkang (dan di tempat lain). manak kacriyosana kapurih sarèh manahipun, sarta kacriyosana bilih botên lami badhe lajêng sae malih. Punapa malih tiyang ingkang sampun nate manak, punapa pêrlunipun angundang dhukun dèrèng mangsanipun, ingkang makatên wau namung nelakakên bilih manahipun alit sarta kirang sarèh.

Sadhatênging dhukun wontên ing sênthong nalika ingkang badhe manak sampun nyakiti sangêt, môngka dèrèng mapan ing patilêman, punika dhukun ingkang wajib akèn mapan tilêm dhatêng ingkang nyakiti, sadèrèngipun ngwêdalakên kawah langkung prayogi kalênggahna ing kursi, utawi mlampah-mlampah gondhelan cagak sapanunggilanipun, mênawi badhe tilêman dhukun ingkang ngrigênakên, awit sumêrêp pamanggèning bayi, bau têngên kêdah kasèlèhakên ing patilêman, dhukun lênggah cêlak sangandhaping suku, ngajêngakên ingkang nyakiti. Salêrêsipun patrap makatên wau kalêbêt botên ugêr, awit wontên dhukun atêtulung [atêtu...]

--- 492 ---

[...lung] tiyang manak namung kalihan tangan kemawon, nanging limrahipun kalihan tangan têngên, anggèning mapan tilêman ingkang nyakiti prayogi wontên ing sisih kiwa sarta nolèh, punapa malih gêgêripun mênjuluk, saupami dhukun manggèn ing sirah kiwanipun ingkang nyakiti, punika botên sagêd têtulung, tamtu kêdah ngalih ing sisih têngên, sampun kathah tiyang ingkang sami cariyos, bilih tiyang nyakiti mapanipun tilêm miring, bayi botên sagêd lair, mila kêdah mapan tilêm malumah. Sanadyan dèrèng wontên katatalanipun, bilih tiyang nyakiti anggènipun tilêman miring, andadosakên sangsara, ananging sarèhning sampun kaprah sabên nyakiti mapanipun malumah, mila inggih prayogi katurut kemawon, bilih sampun wontên ing patilêman dipun kêmulana sinjang ingkang tipis, sarta dhukun awicantênana, ingkang nyakiti kapurih wangsula dhatêng sisih kiwa, dhêngkul kajêngkêrungakên minggah, dene mênawi anggènipun nyakiti kraos sangêt, cariyosa dhatêng dhukun, darijining dhukun lajêng kacêlupna ing lisah sladhah ingkang sampun cumawis, tumuntên anggrayang dhatêng wêdadosing èstri, ingkang tamtu dhukun sagêd andugi, sapintên mênganipun cangkêm kanthongan bayi, sarta nyidikakên punapa guluning kanthongan bayi sampun amratandhani, sarta punapa wadhah kawah sampun mudhun dhatêng [dha...]

--- 493 ---

[...têng] kanthongan bayi, bilih sagêd kanyatakna sadaya. Mênawi sirahipun ingkang kraos, kenging mangiwa utawi dhatêng ngajêng, dhukun kêdah cariyos dhatêng ingkang nyakiti, bab pamapaning tilêman sasaminipun kêdah ingkang prayogi, mênggah pangêrèh makatên wau bilih sampun dipun lampahi sadaya, kenging katamtokakên wilujêngipun, ingkang sami têtulung kantun amêmuji karaharjanipun. Punapa sawicantênipun dhukun sampun mêsthi adamêl bingahing manahipun ingkang nyakiti, mila dhukun kêdah nyariyosakên salugunipun. Aliya punika dhukun inggih anitipriksaa wêwadosing èstri ing jawi, bokmênawi wontên ototipun ingkang marêngkêl, jubur sapintên lêtipun saking wêwadosing èstri, sarta kandêlipun wacucal. Sasampunipun lajêng anggrayang padharanipun ingkang nyakiti, badhe nyidikakên saking jawi kadospundi pamapanipun bayi. Panitipriksa ingkang kados makatên wau botên damêl sakit, sarta ingkang nyakiti sampun mawi lingsêm, awit sampun limrah sarta botên wontên patrap sanèsipun.

Sanèsipun sêrat ugi wontên ingkang mratelakakên, tiyang nyakiti kêdah kasêmprot, murih lajêng sagêd wawratan, bilih wawratan ing pêthi wadhah sêsukêr, punika inggih prayogi mênawi wontên sababipun ingkang [ing...]

--- 494 ---

[...kang] pêrlu, nanging mênawi tanpa sabab kados para èstri sampun sami miturut dhatêng suraosing sêrat wau, inggih punika bilih sampun wawrat sêpuh sabên badhe wawratan, langkung prayogi sadintên sapisan dhatêng wingking, tinimbang wawratan wontên ing pêthi, punapa malih ing ngajêng sampun kacariyosakên, bilih tiyang nyakiti kapêksa kêrêp têtoyan, dados saupami ngangge pirantos wau tanpa damêl, awit wadhah toya taksih kothong, dene mênawi padharan isi rêrêgêd punika botên sagêd angandhêg-andhêgi lairing bayi, awit bayi bilih badhe lair sagêd anulak rêrêgêd wau.

Ing ngajêng sampun kapratelakakên ngwêdalakên lender kalihan sêrat-sêrat tai rah, punika mêdal saking cangkêming kanthongan bayi, awit saking kapênthang dados otot alit-alit wontên ingkang pêdhot, ananging kanthongan bayi dèrèng mênga sadaya, punika anjalari wênganing kanthongan bayi, dene bilih kanthongan bayi mênga sadaya êrah kèndêl, bilih taksih ngwêdalakên êrah wêdalipun saking sanès panggenan, bokmênawi saking otot-otot ingkang sami sèsèt. Nyakiti ingkang karaos gêgêr ngantos sangêt, utawi ing bangkekan, sarta ing padharan ngantos dumugi cêthik, [cêthi...]

--- 495 ---

[...k,] punapa malih kanthongan bayi karaos saya alit, dhukun ugi sampun nyumêrêpi anggènipun nyakiti, saha kuwaya karaos mêdal saking kanthonganing bayi cangkêming kanthongan sampun mênga sadaya, otot-otot sakalangkung kêncêngipun, sapunika mangsanipun otot-otot sami pêcah, sarta kawah mêdal saking wêwadosing èstri, mênawi sawêg gadhah bayi sapisan, dhukun prayogi anyêrêpna murih botên kagèt bilih angwêdalakên kawah, sampun ngintên angwêdalakên rah saking sabab sanèsipun, ugi wontên ingkang wadhahipun kawah botên pêcah, awit saking kandêling kulit, utawi anggènipun nyakiti botên sangêt, dhukun kêdah anggadhahi osik amêcah, lajêng amêndhêta êdom ingkang kenging dipun bangkêlukakên sakêdhik, bilih anglêrêsi kraos nyakiti, dom wau kacocogna ing wadhah kawah, sarêng sampun pêcah kawah mêdal, dene ingkang nyakiti sampun ngantos sumêrêp pamêcahipun, amargi pancèn botên kraos, kraosipun namung wêdaling kawah. Taksih wontên sambêtipun.

Tirta Usada

Sambêtipun ôngka X kaca 453, taun III.

--- 496 ---

Bab 9. Sakit encok wontên ros-rosaning badan sakojur. Wontên tuwan-tuwan Walandi gadhah sakit encok sampun atêtaunan, sarta ros-rosanipun suku ingkang kiwa sakit tuwin abuh, ngantos botên sagêd lumampah, nanging tuwan wau salaminipun sakit dèrèng nate dipun jampèni. Lajêng anglampahi jampi adus rêndhêman murad sapisan, dangunipun satêngah jam, punika badanipun lajêng botên kêraos sakit, abuhing sukunipun ragi kingsèp, ing dalêm 4 dintên tuwan wau wiwit sagêd lumampah, ananging pundhak, sikut, ugêl-ugêl tuwin pupunipun taksih asring kêraos sakit, nanging namung sakêdhap lajêng mantun. Sarêng anggènipun adus rêndhêman angsal 15 dintên, sadaya sêsakitipun lajêng saras babarpisan, sarha sarta. sagêd bagas kados tiyang ingkang dèrèng nate sakit ngêrês linu.

Bab 10. Sakit belasêni (tering) utawi sakit sungsuming ula-ula (balung gêgêr).

Wontên tuwan-tuwan Walandi gadhah sakit belasêni, utawi sungsuming ula-ula, ngantos mèh botên sagêd lumampah,

--- 497 ---

punapa malih tangi tuwin ngadêg, môngka lajêng linggih, punika badanipun sakojur lajêng kêraos sakit. Kajawi punika lampahing kêmahipun sampun watawis lami kirang sae, punapa malih tilêm botên sagêd sakeca, wusana tuwan wau lajêng adus rêndhêman padharan, laminipun 14 dintên, sasampunipun punika lajêng adus rêndhêman murad kaping ing dalêm sadintên, laminipun ngantos sawulan. Sarêng lêt 14 dintên kalihan anggènipun adus rêndhêman murad wau, sakitipun sampun kathah mayaripun, sarêng dumugi 2 wulan, sakitipun sampun saras babarpisan.

Bab 11. Sakit mulês padharanipun, linu utawi mumêt, punapa malih bêbageaning badan kakên sadaya.

Wontên nyonyah sampun pintên-pintên taun sakit mulês sarta linu badanipun sakojur, punapa malih mumêt sirahipun, sampun madal sakathahing jampi. Sarêng nglampahi adus rêndhêman padharan, kasêlang-sêling kalihan rêndhêman murad, ing dalêm 40 dintên sêsakitipun lajêng sagêd saras, badanipun sagêd sêgêr sarta kiyat.

Bab 12. Tiyang ingkang kirang kêkiyataning badan, tuwin sakit gulu [gu...]

--- 498 ---

[...lu] ingkang sampun lami.

Wontên tuwan-tuwan Walandi nandhang sakit saranduning badanipun kirang kuwawi, laminipun sampun 20 taun, jalaran sakit sadaya otot-ototipun ingkang alus, sarta kirang kuwawi, kajawi punika wontên malih sêsakit ingkang wontên salêbêting gulunipun, ugi kados sêsakiting badanipun wau. Watawis sampun 22 taun, tuwan wau anandhang sakit èstri, ananging sampun dipun kintên saras saking dayaning jampi, sayêktosipun dèrèng, malah sêsakitipun rumasuk dhatêng salêbêting badan, amargi saking dayaning jampi ingkang dipun angge, mila katranganipun sêsakitipun tuwan punika têtuwuhan saking sakitipun lami. Sarêng tuwan wau anglampahi adus rêndhêman murad, botên watawis lami sêsakitipun èstri ingkang kacariyos wau lajêng mêdal malih, dene sasampunipun adus rêndhêman murad sapisan, lajêng kapurih adus tangas badan sakojur, ing dalêm 7 dintên kaping kalih, sarêng angsal 22 dintên sakitipun èstri lajêng saras, dene sêsakiting badan sarta gulunipun inggih lajêng tumut saras ugi, punapadene badanipun lajêng katingal sêgêr.

--- 499 ---

Bab 13. Sakit budhêg, tuwin toemboehan daging hidoep di dalem tenggorokan?§ Bokmanawi marongkol salêbêting gorokanipun.

Wontên tiyang budhêg jalaran saking sakit dememinfluenza? tuwin marongkol salêbêting gorokanipun, ngantos mèh botên sagêd wicantên. Sarêng anglampahi adus rêndhêman padharan ing dalêm 22 dintên, kupingipun ingkang budhêg lajêng sagêd mirêng, punapa malih parongkoling salêbêting gorokanipun ugi lajêng sagêd ical.

Bab 14. Sakit budhêg tuwin bisu.

Nalika tanggal kaping 22 wulan April 1891 wontên rare umur 4 taun, sakit budhêg tuwin bisu, kasuwunakên tulung dhatêng Tuwan Kihnê, saking cariyosing biyangipun, sakawiting sakit anakipun punika jalaran mêntas dipun cacarakên, rare wau lajêng kapurih adus rêndhêman padharan, sarta nyirik têtêdhan ingkang pancèn botên nêdha, punapa malih sabên- sabên kapurih mlampah-mlampah ing panasan utawi tilêm sandhing candhela ingkang mênga inêbipun, supados sagêda angsal hawa ingkang sêgêr. Sarêng dumugi wulan Mèi tanggal kaping 17 sakitipun sampun kathah

--- 500 ---

mayaripun, sarta budhêging kupingipun sampun wiwit sagêd mirêng, dumugining wulan Juni tanggal kaping 11 sêsakitipun sampun kenging dipun wastani saras sadaya, awit sampun sagêd wicantên tètèh sarta pamirêngipun sampun pulih kados ing nguni-uni, dados anggènipun jêjampi miturut dhawuhipun Tuwan Kihnê: namung 50 dintên lêrês, sadaya sêsakitipun sampun sirna babarpisan. Taksih wontên sambêtipun.

Wignyaarja.

Ngèlmu Ukur Sawatawis

(Candhakipun Sasadara ôngka X kaca 466, taun III)

Jêmbaripun trapesium punika 1 ukuran pasagi katangkarakên kaping gunggungipun garis kalih ingkang sami lampahipun, katangkarakên malih kaping inggilipun, tangkaranipun nuntên kapalih.

Wondene ingkang dados inggilipun trapesium, inggih punika garis kêncêng lêtipun garis kalih ingkang sami lampahipun wau.

[Grafik No. 12]

1. Ôngka 12 punika gambaripun trapesium sikon. Pojokipun sikon [si...]

--- 501 ---

[...kon]

kêkalih Ð ABC kalihan Ð BAD. Garis BC // AD. Inggilipun inggih punika AB, awit punika lêtipun BC kalihan AD, dhumawahipun ing garis BC kalihan AD sampun sipat gantung. Jêmbaripun =

[Grafik]

Upaminipun AD = 6M, BC = 2M, AB = 3M, dados jêmbaripun =

[Grafik]

2. Ôngka 13 punika gambaripun trapesium ingkang sukunipun sami: (AB = BD). Garis AB // CD. CE garis sipat gantung saking C dhatêng AB inggih punika inggilipun.

[Grafik No. 13]

Upami ukuranipun AB kapanggih 9M, CD = 5 M, CE = 4M, dados jêmbaripun trapesium punika =

[Grafik]

3. Ôngka 14 punika gambaripun trapesium sanèsipun garisipun ingkang sami bênggangipun.

[Grafik No. 14]

AB kalihan CD inggilipun CE awit sipat gantung dhatêng AB.

--- 502 ---

Upami ukuranipun garis AB kapanggih 15M CD = 4M CE = 3M dados jêmbaripun =

[Grafik]

1. Ôngka 15 punika gambaripun lumah mojok sakawan sanèsipun, kajawi ingkang sampun katêrangakên ing bab A dumuginipun C garis saha mojokipun sampun tanpa tata. Mênawi badhe angetang jêmbaripun lumah ingkang kados makatên punika, aluwung kaperanga kemawon dados lumah mojok tiga kêkalih, watês salah satunggiling dhiagonalipun, upami AC, dadosipun lumah mojok tiga ACB kalihan ACD ingkang nunggil dhasar AC "lajêng andamêl garis sipat gantung saking B dhatêng AC minongka inggilipun D ACB inggih punika BE tuwin garis sipat gantung saking D dhatêng AC minôngka inggilipun D ACD inggih punika DF".

Upami AC ukuranipun kapanggih 10M = BE = 3M DF = 4M. Dados jêmbaripun D ACB = ½ X 1M2 X 10 X 3 = 15M2 jêmbaripun D ACD = ½ X 1M2 X 10 X 4 = 20M2.

Gunggung jêmbaripun lumah mojok 4 ABCD = 35M2.

--- 503 ---

[Grafik]

Kajawi lumah-lumah ingkang sampun katêrangakên sadaya, wontên malih lumah ingkang mojokipun kathah, mênawi badhe ngetang jêmbaripun, inggih prayogi kaperang- perang dados lumah mojok tiga, utawi trapesium, kados ta: gambar ôngka 16 punika pojokipun 5 ingkang rumiyin kagambar wiyar gonalipun ingkang panjang piyambak, inggih punika AC lajêng katarik garis sipat gantung saking BDE sami dhumawah ing garis AC inggih punika BG, DH tuwin EF: ing sapunika lumah mojok gangsal wau sampun dados gangsal perangan, perangan I, II, III, saha V sami awangun lumah mojok tiga sikon, perangan IV wangunipun trapesium sikon, sasampunipun makatên garis-garisipun sami kaukur, upami:

AF = 8M

FG = 20M --- EF = 9M

GH = 6M --- BG = 4M

HC = 10M --- DH = 15M

AG = 8M + 20M = 28M

FH = 20M + 6M = 26M

GC = 6M + 10M = 16M

AC = 8M + 20M + 6M + 10M = 44M.

Taksih wontên sambêtipun.

Kaimpun dening M. Martadiharja mantri guru ing Bagi.

--- 504 ---

Têmbung Cina

(Sambêtipun ôngka X kaca 471, taun III)

Kalênthèng

Griya suci ingkang wontên gambaripun dèwi ing Indhu ingkang wêlas asih dhatêng manungsa, punika winastan: Kwan Im Ting: kêlanturing têmbung Jawi dados: kalênthèng, utawi: klênthèng.

Sidhêkah rêbutan ing ngajêng kalênthèng pêkên Agêng ing Surakarta awit taun 1882 sampun botên mawi warakan tike.

Ing nagari Cina, awitipun kadhatêngan kiyangtiyang. Indhu.

Kala Sang Prabu Cinsihong, ingkang awitipun jumênêng nata ing taun 246 sadèrèngipun wontên taun Mèsèhi, wontên brahmana anama: Sitlipong, saking tanah Indhu dhatêng ing nagari Cina, Sang Prabu Cinsihong sawêg nêmbe punika ningali tiyang Indhu, andadosakên kagèting galih, lajêng paring dhawuh nyêpêng brahmana wau sarta lajêng kinunjara, ananging ing têngah dalu brahmana wau sagêd miruda, tuwin badanipun murub kados kêncana.

Pramila wiwit ing kina dumugi sapunika, sakathahing rêca ing nagari Cina sadaya kapraos jêne.

Ing nagari Cina awitipun wontên arca saking Indhu.

--- 505 ---

Sang Prabu Anbute, ingkang awitipun jumênêng nata ing taun 140 sadèrèngipun wontên taun Mèsèhi, sang prabu utusan mundhut rêca mas ing tanah Indhu, dipun dèkèkakên ing karaton Kamcyankyong.

Ing nagari Cina, awitipun wontên agami Indhu.

Ing nagari Cina ingkang miwiti sinau agami Buda, inggih punika Raja: Jaong Ing: ingkang rayi Prabu Anbingte.

Saha ing taun Mèsèhi 65, Sang Prabu Anbingte utusan mundhut sêrat-sêrat agami ing tanah Indhu.

Pramila kathah têmbung Indhu ingkang kacangkok ing têmbung Cina, kados ta:

Indhu, dados Inta.

Arca, dados utca.

Darma, dados tatma.

Têngguru (rêdi Imalaya) dados Gunlunsan.

Sang Budha Sakyamoni§ (Sakya ingkang wicaksana). dados Sikyabani.

Wiku, dados nika.

Waswa, dados hwesyo.

Loka, dados Kae dyan.

Triloka, dados samkae dyan.

Budha (ingkang kapadhangan, [kapadhanga...]

--- 506 ---

[...n,] kasorotan. Utawi kasunaran) dados Butoh.

Brama, dados Bolobun.

Budhur, dados Buta.

Bathara, dados phatala.

Tuwin sanès-sanèsipun.

Mênggah têmbung Indhu, ingkang kalêbêt ing têmbung Jawi inggih wontên ingkang kêlantur, kados ingkang dipun pangandikakakên Sang Raja Siyam, nalika rawuh ing Surakarta ing tanggal kaping 5 Juli 1896.

Prambanan, lêrêsipun: Bramanan.

Barabudhur, lêrêsipun Balabudha.

Panjênênganipun tuwan juru ngarang Bramartani, amêdharakên bab: Barabudhur wau wontên ing tambahan Bramartani, 18 Juli 1900 ôngka 57, ungêl- ungêlanipun makatên.

Kami ada kira namanja sasoenggoehnja pada ini tjandi, jaitoe "Boroboeddho". artinja bebrapa banjak gambar samoea menoendjoeken 'Boeddha" ampoenja kahendak' an, dan jang mengganti namanja berkembangnja agama Islam, kerana "boedoer", itoe, artinja penjakit jang amat di haramken."

Sêrat pawarti têmbung Cina, ngalamat Tyamsikcai, wahpo, ingkang kaêcap ing wulan Cyagwik, jumênêngipun Prabu Kwangsu, 11 taun (taun 1885) ôngka 32 wontên gambaripun Sang Budha Sakyamoni wau.

Ing karaton nagari Cina, krajan Jingtyo punika, para [pa...]

--- 507 ---

[...ra] senapati ingkang sampun kalêbêt sae tuwin kêtrimah pangabdinipun, sami kapatêdhan sêsêbutan: Phatala (= Bathara) upami namanipun: Cowha Cu Kwan, sinêbut: Phatala Cowha Cu Kwan.

TJOA TJOA KWAN

1. Panjurung kula ringkêsaning cariyos ringgit purwa ingkang kawrat ing Sasadara ôngka IX, wontên ingkang kirang sarta lêpat, inggih punika, sanalika mirut prabaning cahyaning rata cahya ingkang nglimputi nagari Ngastina, lêrês sarta jangkêpipun makatên: sanalika mirut prabaning rata cahya, sangsaya alit sangsaya alit punang rata cahya kantun samrica binubut, wêkasan sirna sarêng kalihan sirnaning cahya ingkang nglimputi nagari Ngastina.

2. Pananggalaning Sasadara ôngka X lêpat panyithakipun, inggih punika dintên Akad Paing tanggal kaping 17, wuku Wuye, lêrêsipun wuku Wugu, sarta dintên Akad Wage tanggal kaping 24 wuku Mênail, lêrêsipun wuku Wayang.

Rms. Suwita.

--- 508 ---

Wangsulaning Wangsulan

Bagus Ngarphah, kasêbut pitakèn kula ing Sasadara blz. 332 inggih punika pitakèn kula namung sêraping surya ing malêm Sênèn Lêgi wanci jam 5-57 dumuginipun sêraping surya ing malêm Slasa Paing inggih punika wanci jam 6-1 dados ing dalêm sadintên sampun kaot 6 nitik wangsulanipun pitakèn kula punika punapa cêkap kawangsulan kenging anggarba etangan enz môngka katrangan ingkang kasêbut ing sêrat-sêrat pananggalan enz kawiwitan:patitisipun tanggal ing wêkasan: kula ingkang ngetang enz. dados panganggêp kula tamtu botên: garban.

Blz. 333 bab plêthèking surya sarta sêraping surya lakar botên kula pitakèkakên, sarta kula botên amastani: anèh, almênak sanès- sanèsipun.

Blz. 336 Sêrat Pananggalan taun 1903 kaca 43 enz botên kula pitakèkakên, kula sampeyan wastani: kok botên kodhêng, sarta botên mastani anèh enz punika punapa pangandika pameran punapa kadospundi? Ing sayêktosipun lakar badhe kathah sêja kula pitakèn ing Sasadara. Ingkang punika pitakèn kula satunggal tur namung angsal jawab: garban, punapa punika ingkang sagêd nyirnakakên pangungun kula mantun amastani anèh,

--- 509 ---

(kados pangandikanipun rama Red. blz. 333).

Pitakèn kula kawrat ing Sasadara blz. 250 nitik pangandikanipun rama Red botên amaedahi ing akathah, rèhning sampeyan sampun karsa mangsuli inggih sukur.

Kaca 337 kula sampeyan pêksa: amatitisakên sual sampeyan enz.

Ingkang punika rèhning panutan kula Kangjêng Nabi Mukhamad dados sayêktosipun bab punika kula botên tumut angèngêt-èngêt, rèhning kula sampeyan pêksa ngetang bab punika: sawontên-wontênipun inggih kula wangsuli makatên:

Ôngka taun kapara 19 langkunganipun = A.

Ôngka taun kapara 3 langkunganipun = B.

Ôngka taun kapara 7 langkunganipun = C.

A kaping 19 kawêwahan 23 gunggungipun kapara 30 langkunganipun = D.

[Grafik]

X kapara 7 langkunganipun kagunggung kalihan D angsal-angsalanipun kangge ngetang dintên sasampunipun tanggal 22 Marêt inggih [ing...]

--- 510 ---

[...gih] punika dhawahipun dintên pasên, ananging mênawi miturut etangan punika botên dhawah dintên Ahad, dintên agêng pasên wau mêsthi kaundurakên ing dintên Ahad sapisan sasampunipun wulan purnama.

Upami:

[Grafik]

Wondening dintên agêng wau kêdah dhumawah ing dintên Ahad sasampuning wulan purnama kajawi dintên Ahad wau dhumawah ing wulan purnama, sapiturutipun, ingkang makatên wau tamtu sampeyan botên kakilapan.

Ing sarèhning sampeyan priyantun marsudi petang (bab Kangjêng Nabi Ngisa) mila kula nyuwun pitakèn kados ing ngandhap punika:

A. Tanggal sapisan, wulan Januari taun satunggal punika dintên punapa? [pu...]

--- 511 - --

[...napa?] Kaurusna pisan dumugi cocogipun titimôngsa punika dintên Ahad tanggal kaping 1 Phèbruari 1903 kalihan wêwaton petang. (Dintên lairipun Kangjêng Nabi Ngisa 25 Dhesèmbêr ...).

B. Sadonya ingkang ngawiti amastani dintên punika nagari utawi tanah ing pundi?

Upami.

Dintên punika ing Sêmarang dintên Ahad, tanggal kaping 1 Phèbruari 1903 ing sadèrèngipun ing Sêmarang alon dintên Ahad, tanah Surabaya sapangetanipun sampun wiwit amastani dintên Ahad, dados dintên Ahad ing Sêmarang karumiyinan dintên Ahadipun Surabaya sapangetan.

Ingkang makatên wau dados ingkang alon rumiyin dintên Ahad wau nagari utawi tanah ing pundi?

Lah wiwit sapunisapunika. ugi sampeyanansampeyan. sampun kula sudhiyani panuwun.

Kaping 1 Phèbruari 1903. Pun Wiryasubrata.

Kula punika tiyang Jawi, lair kula: ing tanah Jawi sampun kathah bôngsa sabrang ingkang sampun angêjawi, pêrlu dagang utawi sanès- sanèsipun, pramila sarêng kula sampun agêng, sêsêrêpan kula dhatêng têmbung Jawi (saking piwulangipun [piwulang...]

--- 512 ---

[...ipun] pamomong utawi tiyang sêpuh-sêpuh kula), sampun kathah kêtrocoban têmbung sanès, punapa malih rakiting ukara, ingkang kathah sampun kêmomoran ikêtan ukara Walandi utawi Malajêng, sumêrêp kula makatên wau sarêng kula sampun sagêd maos buku-buku karanganipun para linangkung, têtela bèntên kalihan têtêmbungan utawi ikêtaning ukara ingkang kula angge gêginêman ing sadintên-dintênipun.

Raosing manah kula, sakalangkung kêpengin sangêt, sagêda kula damêl têtêmbungan utawi ukara ingkang cara Jawi jêkèk (lugu) nanging kêpengin kula makatên wau, saupami botên mawi sarana, kados ta: gêgulang, saha têtiron enz, punapa sagêd kadumugèn, kados lôngka. Ing sarèhning ing praja dalêm Surakarta Adiningrat, ing Pahêman Radyapustaka ngwêdalakên pustaka warti basa Jawi, nama Sasadara, sêdyaning manah bokmênawi kaparênging panggalihipun rama rêdhaktur, kula kêpengin apuruhita, sagêda angsal sawabipun kiyai Sasadara saking sakêdhik kalih kêdhik, bokmênawi dados lantaran anggèn kula badhe niru ikêtan têmbung Jawi lugu wau.

Pramila saking punika, ing ngandhap punika kula ngaturakên karangan kula bab khewan gêgêlan, pangajêng-ajêng saha [sa...]

--- 513 ---

[...ha] panyuwun kula dhatêng Pahêman Radyapustaka bokbilih katampèn sowan kula punika, sagêda lajêng sumangsang ing angganipun Sasadara, mênggah gancaring karangan wau kados ing ngandhap punika:

Bab khewan gêgêlan

Khewan gêgêlan punika botên gadhah balung ragangan, badanipun wujud gêgêlan utawi alèn-alèn, sambung-sinambung. Ingkang kathah kulitipun atos, dagingipun kêlèt kalihan kulit ingkang atos wau. Khewan gêgêlan punika wontên ingkang gêsang ing toya, wontên ingkang gêsang ing dharatan, ingkang gêsang ing toya punika ambêkanipun sarana angsangipun, dene ingkang gêsang ing dharatan asarana otot-ototipun.

Khewan gêgêlan punika kabedakakên dados 5 pangkat, kados ta:

1. Bôngsa gêgrêmêtan insect.
2. Bôngsa kêmôngga.
3. Bôngsa khewan mawa thothok.
4. Bôngsa cacing.
5. Bôngsa radhêr dhircês (Raderdiertjes)

1. Bôngsa gêgrêmêtan.

Khewan bôngsa grêmêtan punika ambêkanipun sarana

--- 514 ---

ototipun, gadhah mripat tuwin sungut, ingkang wujudipun ros-rosan, ingkang kathah-kathah suku nênêm, bongsa khewan punika ingkang kathah sami gadhah pratingkah anèh, inggih punika anggènipun santun sipat, sasampunipun mêcah tiganipun, mêdal khewanipun alit ingkang beda sangêt kalihan ingkang sampun sêpuh, inggih punika ingkang dipun wastani: ulêr, gêndhon, urèt, gana sasaminipun. Khewan wau lajêng dados ênthung, salêbêtipun makatên punika prasasat pêjah, mèh botên sagêd mobah mosik, namung kulitipun ingkang garing kemawon, sawênèh wontên ingkang ngangge brongsongan lamat anggènipun damêl piyambak, lami-lami ênthung wau sagêd malih dados khewan gumrêmêt ingkang mawa lar, lar punika mêdal saking kulitipun ingkang sampun garing wau.

Badanipun khewan wau kabedakakên dados tigang perangan, inggih punika: êndhas, dhadha saha wêtêng. Ing êndhas wontên: mripat, sungut, sarta cangkêmipun, cangkêm wau namung wontên untunipun kalih ingkang agêng dumunung ing kiwa têngên. Dene ingkang damêlipun sok nênêsêp, punika ingkang gadhah tlale saha untu, têrkadhang namung tlale balaka, dene tlale wau wontên ingkang

--- 515 ---

kenging dipun ulur, inggih punika bôngsa ingkang nêsêp mabên.

Mênggah dhadhanipun wontên ing antawisipun êndhas kalihan wêtêng, ing ngriku wontên sukunipun saha êlar, makatên punika ingkang pancèn gadhah êlar.

Dene wêtêng, utawi badanipun ing wingking sami wontên panyundêp utawi êntupipun, êntup punika minôngka gêgaman, dene panyundêpipun punika ingkang sok kaangge damêl lèng ing siti, kangge wadhah tiganipun.

Sami-sami khewan gêgêgalan,gêgêlan. bôngsa gêgrêmêtan punika sae piyambak pandriyanipun, malah sêmunipun kados anggadhahi pôncadriya, mripatipun ingkang kathah-kathah sami awas, sungutipun dipun angge pirantos ngambêt saha ngraosakên, otot-ototipun margi hawa, saha pirantosing ambêkan punika bolonganipun wontên ing jawi, dumunung sakiwatêngêning badan, kathahipun 8 dumugi 10, wondene isarat kangge nglêbêtakên saha ngêdalakên hawa saking badanipun, punika wêtêngipun ing wingking asarana mêlar mingkup. Taksih wontên sambêtipun.

M. Gumana, Warujanggan, Magêtan.

--- [0] ---

Isining Kabar Sasadara

1. Pawarsakan ... blz 476
2. Dintên sae ... blz 477
3. Pêpadhang ... blz 478
4. Cakrawarti ... blz 483
5. Kalêmpaking kawruh sawatawis ... blz 486
6. Ngèlmu padhukunan bayi ... blz 490
7. Tirta usada ... blz 495
8. Ngèlmu ukur sawatawis ... blz 500
9. Têmbung Cina ... blz 504
10. Lêpating pangêcap ... blz 507
11. Wangsulaning wangsulan ... blz 508
12. Bab kewan gêgêlan ... blz. 512.