Sastra Jawa

Program Digitalisasi Sastra Daerah

  • Increase font size
  • Default font size
  • Decrease font size

Sasadara, Radya Pustaka, 1903-03, #1808

Katalog:Sasadara, Radya Pustaka, 1903, #1808
Sambung:
1.Sasadara, Radya Pustaka, 1903-01, #1808 . Koran, Majalah dan Jurnal | Sasadara #537.
2.Sasadara, Radya Pustaka, 1903-02, #1808. Koran, Majalah dan Jurnal | Sasadara #538.
3.Sasadara, Radya Pustaka, 1903-03, #1808 . Koran, Majalah dan Jurnal | Sasadara #539.
4.Sasadara, Radya Pustaka, 1903-05, #1808. Koran, Majalah dan Jurnal | Sasadara #540.
5.Sasadara, Radya Pustaka, 1903-06, #1808 . Koran, Majalah dan Jurnal | Sasadara #541.
6.Sasadara, Radya Pustaka, 1903-07, #1808. Koran, Majalah dan Jurnal | Sasadara #542.
7.Sasadara, Radya Pustaka, 1903-08, #1808 . Koran, Majalah dan Jurnal | Sasadara #543.
8.Sasadara, Radya Pustaka, 1903-09, #1808 . Koran, Majalah dan Jurnal | Sasadara #544.
9.Sasadara, Radya Pustaka, 1903-10, #1808 . Koran, Majalah dan Jurnal | Sasadara #545.
10.Sasadara, Radya Pustaka, 1903-11, #1808 . Koran, Majalah dan Jurnal | Sasadara #546.
11.Sasadara, Radya Pustaka, 1903-12, #1808 . Koran, Majalah dan Jurnal | Sasadara #547.

Ôngka XII Taun III. Kaping 15 Bêsar ing Taun Be, Ôngka 1832 [15-3-1903 AD.].

Sêrat kabar wulanan nama:

Sasadara

Rêginipun ing dalêm satêngah taun 3 rupiyah, sarta kêdah kabayar rumiyin. Ingkang anggadhahi Sasadara Pahêman Radyapustaka. Ingkang nyithak sarta ngêdalakên Firma Vogel v. d. Heijde & Co. Juru pangripta Ngabèi Wirapustaka.

--- 516 ---

Minôngka Pananggalanipun Sasadara

Pawarsakan

Wulan Sura taun Wawu ôngka 1833, taun Hijrah 1321.

[Grafik]

--- 517 ---

Dintên Sae

Salêbêtipun wulan Sura taun Wawu punika wontên kêkalih.

1. Dintên Slasa Lêgi tanggal kaping 2 wuku Landêp, dewa Endra paningron tulus, lampahing latu wasesa sêgara, rakamipun dhawah padu, saenipun kangge damêl pawon, sangatipun wiwit jam 6 dumugi jam 8.24 mênut, Jabarail rijêki.

2. Dintên Sênèn Pon tanggal kaping: 29 wuku Gumbrêg, dewa Lodra, tungle tulus, turuning sapigumarang, aras tuding, sumursinaba, rakamipun dhawah dêmang kandhuruan, saenipun kangge damêl pawon, gêdhogan, sangatipun wiwit jam 10.49 mênut, dumugi jam 1.12 mênut Amad rijêki.

Wêwaton sêrat pawukon, wulan Sura wau mênawi kangge ngêdêgakên griya: awon, watakipun kêrêp kasusahan, mênawi kangge alih- alihan griya inggih awon, watakipun ura-uru.

Wêwaton ungêlipun kadis Marpuk, mênawi kangge salakirabi inggih ugi awon, watakipun rêkaos asring enggal pêjah.

--- 518 ---

Têmbung Cina

(Sambêtipun ôngka XI kaca 504, taun III).

Keluwak

Bôngsa kula tiyang Cina, mênawi pakêmpalan para tamu, ingkang winastan: jyahlangkèk, tiyang Jawi amastani calangkèk.

Jyah têgêsipun ngaturi.

Langkèk têgêsipun tamu.

Mênawi mawi bujana, ingkang sampun kalimrah, satunggal-tunggaling meja, kasukanan piring 4 iji (1. Isi kuwaci, 2. Isi ulam am, ingkang kathah ingkang mawi ciri GTHP), 3. Lidhah asin (utawi sanèsipun), 4. Lumpyah.

Saha mawi kasukanan 4 piring alit, ingkang 2 isi kecap, 1 isi keluwak, 1 isi jêram pêcêl.

Piring: 8 iji wau winastan gyahtuk, têgêsipun adêg-adêging meja, para nyonyah Cina amastani: kakiktuk.

Mênawi bujana, dhaharan sanèsipun bilih sampun kadhahar, wadhahipun kenging kaundurakên, ananging 8 piring ingkang winastan kakiktuk wau botên kenging dipun undurakên [undur...]

--- 519 ---

[...akên] sadèrèngipun bibar bujana.

Keluwak punika têmbung Cina, lêrêsipun: kai bwak.

Kai têgêsipun: sawi.

Bwak, têgêsipun bubukan.

Têrangipun: bubukan wiji sawi, (mawi kacamboran cokak).

Sarèhning raosipun pait tuwin pêdhês, wontên ingkang mastani: gal wak.

Ga têgêsipun pait.

Lwak têgêsipun pêdhês.

Sarèhning sampun lami tiyang Cina mênawi bujana, utawi singkèk sade lumpyah mawi kai bwak wau, mila tiyang Jawi tumut amastani, ananging kêlantur dados keluwak.

Sarêng wontên mostêr Mostaard saking tanah Eropah, inggih amastani mostêr.

Sêrat kabar Bintang Batawi 30 Oktobêr 1899 ôngka 246 wontên cariyos mostêr wau, makatên:

Nalika tuwan presidhèn, raja pilihan ing Amerikah, damêl pista agêng angulêm-ulêmi para pangagêng utawi rajanipun bôngsa Indhian, ingkang dèrèng nate pakêmpalan [pa...]

--- 520 ---

[...kêmpalan] kalihan bôngsa sanès.

Nalika sami lênggah dhahar, para raja wau botên cariyosan satunggal punapa, namung sadaya dhêdhaharan ingkang dipun aturakên, botên wontên satunggal ingkang dipun tampik.

Sakathahing dhêdhaharan wau dipun aturakên ugi mawi mostêr punika, para raja wau wontên satunggal ingkang anèm piyambak, bokmênawi kagungan pangintên mostêr punika satunggaling dhaharan ingkang alus piyambak, awit raja anèm wau anguningani kancanipun dhahar namung mêndhêt sakêdhik kemawon.

Sang raja anèm, lajêng mundhut mostêr wau sakalangkung kathah nuntên kadhahar, ananging lajêng sinigêk saha botên ngandika punapa-punapa, sanadyan ngêdalakên riwe, tuwin êluhing paningal adaleweran.

Ing palênggahan sisihipun raja anèm wau, wontên raja sêpuh, inggih bôngsa Indhian, apitakèn: sabab dening punapa sampeyan nangis: raja anèm ingkang kêkathahên dhahar mostêr wau, amangsuli: anggèn kula nangis punika, awit sakalangkung sêdhih, kula emut swargi rama, kala taun ingkang kapêngkêr punika seda, kalêlêp ing toya.

Raja sêpuh wau tumut mundhut mostêr kathah, sarta lajêng

--- 521 ---

kadhahar, inggih botên kenging dipun sumadosi malih raja sêpuh wau lajêng tumut nangis.

Raja anèm gêntos apitakèn dhatêng raja sêpuh kadospundi sampeyan anangis.

Raja sêpuh amangsuli makatên: kula nangis, sabab kula sangêt sêdhih, dene sampeyan botên tumut pêjah kalêlêp akalihan rama ijêngandika.

Klèngkèng

Satunggaling wowohan ing nagari Cina winastan: lingking, ing sastra Cina sinêrat: lyonggan, têgêsipun mata naga, awit wujudipun bundêr kados mataning sawêr naga.

Lingking wau wêdalan ing tanah Hokkyan, mila dipun parabi hok wan.

Hok têgêsipun rijêki, bêgja.

Wan têgêsipun bundêr.

Lingking wau kajawi dipun dhahar inggih kaangge sêsajining Tuwapikkong, minôngka nyamikan, saha dados pamuji sarta panuwun, supados tiyang ingkang sujud sagêda angsal barkah kathah rijêki tuwin kabêgjanipun.

Kêlanturing têmbung Jawi dados klèngkèng, utawi lèngkèng.§ Wontên malih satunggaling wowohan winastan: lèci, warninipun sami kalihan lingking, nanging kulitipun mawi cringih-cringih langkung agêng tinimbang lingking, tiyang Jawi amastani: klongkong.

--- 522 ---

Ing Kusumayudan Surakarta, ing Karangpandhan Mangkunagaran, ing Magêlang, ing Bahrawa (Samarang) tuwin sanèsipun, wontên uwit lingking wau, cangkokan saking nagari Cina.

Tjoa Tjoe Kwan.

Kalêmpaking Kawruh Sawatawis

(Sambêtipun ôngka XI kaca 486, taun III)

Ngêlu

12. Punapa sababipun tiyang ngêlu.

Katêrangan:

Tiyang ngêlu punika, kathah jalaranipun, kados ta: sabab saking kirang tilêm, kirang anggènipun bêbucal, kenging bêntèripun surya, kêkathahên anggènipun ngombe ombèn- ombèn ingkang angêndêmi, pilêg, masuk angin, saha sanès-sanèsipun, karoncènên bilih kapratelakna sadaya. Sabab saking salah satunggalipun bab ing nginggil wau, lampahipun rah ing sirah kirang lêrês, karikatên utawi karindhikên. Bilih kêkathahên [kê...]

--- 523 ---

[...kathahên] rah ingkang minggah ing sirah, tamtu karaos ngêlu, saha rai katingal abrit, kadosdene tiyang mêndêm, punapa malih otot lampahipun rah ing sakiwatêngênipun bathuk, katingal pating galigir, ebahipun sora, bilih rah ingkang minggah ing sirah kirang, utawi dumadakan rah ingkang mangandhap kêkathahên, rai katingal pucêt, punika sirah ugi lajêng karaos ngêlu.

Tilêm.

13. Tiyang tilêm, sabab punapa têka botên èngêt saha botên ngraos punapa-punapa.

Katêrangan.

Bilih tiyang badhe tilêm, utawi kraos ngantuk, badanipun karaos lêsu, sabab utêkipun badhe kèndêl, botên ebah utawi botên nyambut damêl, pôncadriyanipun ugi badhe kèndêl, awit pôncadriya punika kasambung ing usus-usus alit, ingkang nama sênu Zenuw kalihan pokipun, inggih punika utêk, sabab punika bilih utêk wau kèndêl anggènipun ebah, sadaya pôncadriya ugi tumut kèndêl.

Ingkang dipun wastani pôncadriya punika: paningal, pamirêng, panggônda, pangraos ilat, saha pangraos badan.

--- 524 ---

Tiyang anggènipun sagêd ningali, mirêng, anggônda, ngraos sarana ilat, saha ngraos sarana badan, punika sadaya saking pandamêlipun utêk, dene pirantos utawi kengkenanipun utêk dhatêng maripat, irung, kuping, ilat tuwin badan sakojur, inggih punika usus alit-alit ingkang nama: sênuwên Zenuwen wau.

Bilih utêk kèndêl anggènipun ebah, sênuwên ugi kèndêl, botên anplampahakên anglampahakên. parentahipun utêk dhatêng ing pôncadriya, cêkakipun kiyangtiyang. lajêng botên sagêd ningali, mirêng, angambêt sarta ngraos, inggih punika tilêm, saha sampun tamtu botên èngêt, punapa malih botên kraos punapa-punapa, sabab ingkang gadhah èngêt saha raos: utêk, tuwin pôncadriya sami kèndêl.

Biyung

14. Sabab punapa tiyang ngadhuh utawi sêsambat punika dhatêng biyung utawi êmbokipun, botên dhatêng bapa.

Katêrangan:

Ing jaman kina sadèrèngipun têtiyang ing pulo-pulo Indhia punika (pulo Insulindhê Insulinde) gadhah cara saha tata kados sapunika, adatipun taksih kadosdene kewan, inggih punika caranipun salakirabi, [salaki...]

--- 525 ---

[...rabi,] tiyang èstri satunggal, jalêripun kathah, bab nikah kadosdene sapunika, têtiyang jaman kina dèrèng wontên caranipun. Ananging sanadyan ing sapunika ugi taksih wontên cikalanipun têtiyang ingkang caranipun taksih kados kewan, kados ta: bôngsa Sakai Sakai inggih punika têtiyang ingkang ngênggèni ing tanah Malakah Têngah, bôngsa Lubu ing Mandhaeling (Tapanuli) ingkang sisih kidul, têtiyang ing pulo Pugi utawi Pagèh, bôngsa Oloot, inggih punika tiyang Dhayak ingkang manggèn ing Kutai Têngah, punapa malih têtiyang Dhayak ingkang sami manggèn ing pulo Borneo sisih kilèn, saha taksih kathah malih para têtiyang ingkang sami manggèn ing pulo alit- alit.

Sêrat ingkang nama Pêlayaran Abdullah, nalika baitanipun kapal kandhas wontên ing pulo Papuah utawi Niu Guwineah Nieuwe Guinea nyariyosakên, bilih caranipun têtiyang ing pulo Papuah wau taksih kados kewan, inggih punika kajawi tiyang èstri satunggal kathah jalêranipun, bilih akaron jiwa botên mawi pilih papan, sanadyan wontên ing ngajêngipun tiyang kathah, ugi botên wontên èwêd-pakèwêdipun.

Mirit cariyos ingkang kasêbut ing nginggil, bilih tiyang [ti...]

--- 526 ---

[...yang] èstri wau gadhah anak, saèstunipun anak wau botên sumêrêp dhatêng bapakipun, sabab botên têrang pundi ingkang badhe kaakên bapa, kajawi alit mila ingkang dipun sumêrêpi saha dipun kulinani namung biyungipun, saha bilih badhe nêdha punapa-punapa utawi sakit, ugi botên nêdha saha sêsambat dhatêng tiyang sanès, kajawi biyungipun, utawi malih sanadyana têrang bapakipun, ananging botên nunggil sagriya utawi saênggèn kalihan êmbokipun, kados ta: mirit cariyos ing jaman purwa para satriya bilih rabi sasampunipun pêpasihan sawatawis dintên, utawi wawrat, lajêng katilar kesah, dados sarêng jabang bayi lair ngantos dumugining wanci umuripun, botên nate sumêrêp dhatêng bapakipun, kajawi biyung. Kados ta: ingkang mungêl ing padhalangan, Janaka gadhah anak nama Bambang Irawan, sagêdipun pinanggih kalihan bapa, sasampunipun Bambang wau agêng, wontên ugi bojo ingkang lêstantun kasandhing, ananging awis-awis, sabab jamanipun taksih rêsah, dèrèng têntrêm kados sapunika.

Ingkang punika sabab saking kulina, dados tiyang ing jaman sapunika taksih kêlantur ngangge caranipun kina, inggih punika bilih kêsakitan sasaminipun, ingkang dipun [dipu...]

--- 527 ---

[...n] sambat namung êmbok utawi biyungipun.

Sagawon edan

15. Tiyang ingkang kacokot ing sagawon edan, sabab punapa lajêng edan utawi pêjah.

Katêrangan:

Sagawon ingkang edan punika gadhah sêsakit, sêsakit wau kasababakên saking kewan lêmbat-lêmbat, nama basil basil bilih dipun tingali sarana suryakôntha utawi mikroskup microskop wujudipun kadosdene tôndha pangunjalipun ambêkan ing sêratan aksara Walandi, inggih punika komah (, ).

Bilih sagawon wau nyokot tiyang ngantos tatu, basilipun wontên ingkang kantun ing tatu wau, sarta lajêng malêbêt dhatêng usus-usus utawi sênu Zenuw ingkang pokipun utêk, utawi malêbêt ing otot margi êrah ingkang sampun sami pêdhot, jalaran kacokot ing sagawon wau. Bilih kewan basil punika malêbêt ing otot margi êrah, tiyang wau sakit utawi lajêng pêjah, awit basil punika sakêdhap kemawon sampun abêbranahan dados pintên-pintên èwu, ngantos angrisakakên margi-margi êrah, wadhuk sapanunggilanipun. Bilih basil wau malêbêt ing sênu-sênu [sênu-sê...]

--- 528 ---

[...nu] Zenuwen tiyang wau dados edan, awit basil malêbêt ing sênu salêbêtipun balung ula-ula, têrus dhatêng utêk, kalihan amêncarakên wiji ingkang sakêdhap kemawon dados bêbranahan pintên-pintên èwu. Sadumuginipun ing utêk, kewan wau sampun maèwu-èwu, dados tiyang wau lajêng botên gadhah pamanah lêrês, kajawi namung bingung sangêt, saha salajêngipun dados edan. Taksih wontên sambêtipun.

Prawirawiyata. Abdi dalêm carik II kabupatèn pulisi Surakarta.

Ngèlmu Ukur Sawatawis

(Candhakipun Sasadara ôngka XI kaca 500 taun III)

Perangan I punika lumah D sikon dhasaripun AG = 28M inggilipun BG = 4M dados jêmbaripun =

[Grafik]

Perangan II punika lumah D sikon, dhasaripun GC = 16M inggilipun BG = 4M dados jêmbaripun

[Grafik]

Parangan Perangan. III punika lumah D dhasaripun HC = 10M, inggilipun DH = 15M jêmbaripun

[Grafik]

Perangan IV punika trapesium, garisipun ingkang [ing...]

--- 529 ---

[...kang] sami bênggangipun DH = 15M kalihan EF = 9M, inggilipun FH = 26M dados jêmbaripun =

[Grafik]

Perangan V punika lumah D dhasaripun AF = 8M, inggilipun EF = 9M dados jêmbaripun

[Grafik]

Dados jêmbaripun lumah ingkang pojokipun gangsal ABCDE punika = I+II+III+IV+V = 56M2 + 32M2 + 75M2 + 312M2 + 36M2 = 511M2.

Wondene mênawi lumah mojok kathah wau pamerangipun botên anyêkapi mawi têturutan dhiagonal satunggil, inggih kêdah mawi dhiagonal kêkalih utawi langkung, manut sapêrlunipun, sasampunipun inggih lajêng kaperang dados mojok D utawi trapesium. Wondene lampah-lampah pangetangipun, inggih botên beda kados ingkang sampun kapratelakakên ing ngajêng. Taksih wontên sambêtipun.

Kaimpun dening M. Martadiharja. Mantri guru ing Bagi.

Kupiyanipun sampun têlas, mugi lajêng kakintunana sambêtipun. Red.

--- 530 ---

Bab Khewan Gêgêlan

(Sambêtipun Sasadara ôngka XI kaca 511, taun III)

2. De rechtvleugeligen (ingkang lar lurus).

Mila dipun wastani gêgrêmêtan ingkang lar lurus, awit laripun ingkang ngandhap wujudipun nrawang tipis, sarta malih lêmpitan mujur kadosdene kêpêt, laripun ingkang nginggil namung sawatawis ingkang nutupi dhatêng lar tipis wau, warninipun mêrit, sukunipun kenging kaangge gumrêmêt, kenging dipun angge malêtik utawi manculat, ingkang dados têdhanipun mèh sadaya: saking têtuwuhan (mèh sadaya têdhanipun têtuwuhan), têrkadhang sok wontên ingkang dados amaning sabin, kados ta: walangsangit. Sanès-sanèsipun gêgrêmêtan ingkang kalêbêt ewoning golongan punika, kados ta: bôngsa walang, ingkang anggadhahi suthang kadamêl manculat, orong-orong, coro sarta sanès-sanèsipun.

3. De halfvleugeligen I (ingkang lar cêkak).

Gêgrêmêtan punika untunipun wontên tiga, kados sikat lancip tur kuwat, pigunanipun kaangge nyundêp saha nêsêp rahing sato kewan, utawi kuliting ron-ronan dipun angkah toyanipun, laripun sakawan tipis sadaya, namung ingkang nginggil ragi atos, bangsanipun gêgrêmêtan [gêgrêmê...]

--- 531 ---

[...tan] punika wontên ingkang tanpa êlar, kados ta: tinggi, gèpèng badanipun, gandanipun botên eca, ingkang kathah manggènipun ing patilêman utawi ing palênggahan, kursi, gêlaran enz. dene ingkang gadhah lar kados ta: kêpik sasaminipun.

4. De peesvleugeligen (ingkang laripun nrawang).

Laripun sakawan pisan tipis sami kemawon, wontên ototipun saha nrawang, sungutipun lêmbat, suku 6 ingkang kalêbêt golonganipun punika kados ta: kinjêng, kêndhêla sapanunggilanipun, mênawi nigan wontên ing têtuwuhan toya, sagêd molah-malih sipatipun. Gana (anak) nipun sok nêdha gêgrêmêtan ingkang alit.

Rayap punika inggih ewoning gêgrêmêtan punika, sok damêl griya utawi pundhung ngangge siti ngantos inggil munthuk-munthuk.

Ing satunggiling golongan (pirukunan) rayap, wontên ratunipun jalêr satunggil, ratunipun èstri satunggil (gundhik) bebau saha bala, bêbau punika padamêlanipun namung nyambut damêl, dene bala ingkang rumêksa ing pakèwêd. Gêgrêmêtan punika untunipun santosa, kiyat kangge nacah kajêng ingkang atos-atos. [atos-a...]

--- 532 ---

[...tos.]

5. De vliesvliugeligen (ingkang laripun aotot).

Gêgrêmêtan punika laripun wontên otot-ototipun, ananging laripun ingkang wingking ajêg alit-alit sarta ragi botên patos kathah otot-ototipun, katimbang kalihan lar ing ngajêng. Gêgrêmêtan punika gadhah untu saha tlale panêsêp, tlale wau kenging dipun ulur saha dipun pangkêrêdakên, inggih punika pirantos kaangge ngingsêp barang ingkang cuwèr utawi ingkang êmpuk. Anakipun ingkang dèrèng sampurna nama: gana, têdhanipun gêgrêmêtan alit-alit.

Ingkang kathah-kathah gêgrêmêtan punika sami rêmên rêrukunan, ngantos adamêl pangeram-eram, gêgrêmêtan punika ingkang kacriyos piyambak inggih punika tawon mabên utawi tawon dhohan (= dowan), mabênipun eca katêdha. Mênggah salêbêting pirukunan ngriku wontên ratunipun èstri satunggil, jalêripun pitu utawi wolung atus, sinêbut punggawa, saha tanpa êntup, kandhikanthi. bala kathahipun ngantos 15 utawi 16 èwu, pandamêlanipun nyambut damêl, rumêksa pirukunanipun, saha dhatêng ratunipun, sadaya wau alit-alit saha anggadhahi antup.

--- 533 ---

Wondene ratunipun èstri punika botên sanès pakaryanipun kajawi namung nigan, inggih piyambakipun punika ingkang dados pêpundhènipun tawon sadaya.

Sapirukunan ngriku botên kenging wontên ratu sanès ingkang ngêmpal, bilih wontên ratunipun èstri langkung saking satunggil, mêsthi dipun pêjahi, têrkadhang kalayan kajêngipun piyambak tilar pirukunan wau, ngupados panggenan sanès kadamêl pirukunan enggal, kalihan tawon-tawon bala ingkang kêsdu tumut ngalih, sasampunipun tawon-tawon wau angsal panggenan ingkang dipun sênêngi (sae), kados ta: glodhog, utawi growongan kajêng ingkang pancèn sampun dipun sadhiyakakên dhatêng tiyang: kangge griya tawon, tawon-tawon wau lajêng pados malam ingkang pinangkanipun saking kuncuping pupus-pupus, kadamêl ngrapêti bolongan utawi rêrêngganging griyanipun, nuntên damêl tala-talanipun, dhapuripun maju nêm, ingkang sabagian kangge wadhah mabên, ingkang sabagian kangge wadhah tigan, malam ingkang kaangge tala punika, asalipun saking sarining sêkar, dadosipun malam (lilin) sasampunipun dipun têdha lajêng dipun dalakên sarta dipun pêtêl-pêtêlakên ngangge sukunipun, dene mabênipun dipun puk saking mabêning sêkar, sasampunipun [sasampu...]

--- 534 ---

[...nipun] dipun olah ing salêbêting wêtêngipun, lajêng dipun utahakên dhatêng tala, ingkang sabagian mabên wau kaangge têdha, ingkang sabagian kaangge tandhon mênawi môngsa badhidhing, mawi dipun rapêti ngangge lilin (malam) sasampunipun ratu nglêbêtakên tigan ing tala, sarta sampun dados gana, lajêng dipun jagèni dhatêng tawon-tawon bala, ngantos gana punika sampurna. Gana punika nuntên dados ênthung, botên lami dados tawon sarta sanalika ngriku lajêng tumut nyambut damêl punapa limrahipun. Taksih wontên sambêtipun.

M. Gumana, Warujanggan, Magêtan.

Ringkêsaning Cariyos Ringgit Purwa

(Candhakipun Sasadara ôngka IX kaca 428, taun III).

Abimanyu, Ôngkawijaya, Sumbadriya, Wanuddhara, Wirabatana.

Punika putranipun Radèn Janaka patutan saking Dèwi Wara Sumbadra putri ing Mandura, garwanipun kêkalih sami putrining nata binathara, ingkang sêpuh Dèwi Siti Sundari putrinipun Sri Bathara Krêsna ing Dwarawati, ingkang anèn anèm. Dèwi Utari putrinipun Prabu Matswapati nata binathara [bina...]

--- 535 ---

[...thara] ing Wiratha, putranipun satunggal kakung patutan saking garwa putri Wiratha nama Radèn Parikêsit, lêlajênganipun jumênêng nata binathara wontên nagari ing Ngastina ajêjuluk Prabu Dwipayana = Dipayana. Radèn Abimanyu nalika kabobotakên sêpuh dhatêng ingkang ibu winêca dhatêng Sri Bathara Krêsna yèn ing têmbe lairing bêbayi antuk kanugrahaning dewa saking gênging nugraha para sêpuh sarta para kawulawarga sami kawibawan sadaya, Sri Bathara Krêsna mawi aparing tôndha yêktining pamêca taman Banoncinawi cinipta sanalika dhatêng wontên nagari Ngamarta jajar kalihan taman Pancaudyana,§ Taman Pancaudyana punika taman iyasanipun Radèn Janaka, awit saking saenipun lajêng kapundhut dhatêng ingkang raka nata kadêmêl [kadamêl] lêlangêning para Pandhawa gangsal. sarêng Radèn Abimanyu lair Prabu Yudhisthira sakadang sami sagarwanipun, saha Sri Bathara Krêsna punapadene Rêsi Abyasa sami rawuh dhatêng Madukara manguyu wahyaning bêbayi. Sri Bathara Krêsna langkung suka aningali pêkiking bêbayi kados jambe nèm sinigar palih kalihan ingkang rama Sang Arjuna namung sawang-sawunging pasêmon mirib ingkang uwa Sang Arya Bima, mila Sri Bathara Krêsna amaringi nama Radèn Abimanyu, Rêsi Abyasa ningali ingkang wayah buyut botên kasamaran badhe lêlampahanipun ing wingking lajêng amaringi pêparab Ôngkawijaya,

--- 536 ---

ing sadiwasanipun Radèn Abimanyu sangsaya kawangwang bagusipun têrus panggalihanipun alus asih ing sasami botên tilar ambêking para Pandhawa, rama ibu langkung asih marma punapadene ingkang uwa-uwa sarta ingkang paman-paman sami asih marma angêla-êla, lajêng kaparakramakakên angsal putrinipun ingkang uwa Sri Bathara Krêsna ingkang nama Dèwi Siti Sundari dhauping pangantèn binayang karya wontên ing Dwarawati, lajêng aundhuhkaundhuh. dhatêng Ngamarta ugi binayang karya malih kados nalika panggihipun, bibaring pamiwahan kabêkta kondur ingkang rama dhatêng Madukara, atut runtut anggèning jêjodhoan kados mimi lan mintuna. Kacariyos kala samantên anglêrêsi para Pandhawa katimbalan dhatêng Wiratha, Radèn Abimanyu sagarwa sarta ingkang ibu Dèwi Sumbadra Dèwi Srikandhi sami kaboyongan dhatêng Dwarawati amargi kinangênan dening Sri Bathara Krêsna.

Anuju ing satunggaling dintên Sri Bathara Krêsna kaapus krama dening Narpati Karna awit saking dhawuhipun Prabu Suyudhana ingkang sampun sarêmbag kalihan Prabu Baladewa, ananging Sri Bathara Krêsna botên kasamaran dhatêng sapratingkahipun Prabu Karna mila tumindak piyambak botên bêkta bala satunggal, Prabu Karna sarta para Kurawa sami

--- 537 ---

sakalangtungsakalangkung. suka rumasantuk paekanira, sarêng dumugi ing samadyaning wana Prawa Sri Bathara Krêsna lajêng madêg triwikrama sanalika dados dênawa agêng pangawak sèwu wukir jumangkah anggro sêsumbar orêg kang pratala molah, Prabu Karna kêkalihan para Kurawa aningali risang triwikrama sami katrêsan racut bayuning angga lajêng mêndhak nyêmbah-nyêmbah nyuwun aksama. Sang triwikrama sruning duka nanging tan môngga yèn amisesaa, dados namung nyipta bajra anêmpuh Prabu Karna kalihan para Kurawa sadaya sami kombul kabuncang ing prahara sindhung riwut magênturan, kacariyos dhawah ing nagari Ngastina katur ing Prabu Duryudhana tinimbalan marêk dinangu matur miwiti mêkasi. Wau ta risang triwikrama sasirnaning mêngsah lajêng nyipta kadhaton wontên samadyaning wana sanalika ing wana Prawa dados praja sangkêp sakadhatonipun sarwendah raras kawuryan, bêbujênganing wana sami dados rasaksa-rasêgsi lajêng sumawita pinangkat palinggihanipun saundhak sabilik-bilik, risang triwikrama lajêng asêsilih jêjuluk Prabu Yudakala Krêsna, nagarinipun winastan nagari Mêdhangprawa. Kacariyos ing sapêngkêripun Sri Bathara Krêsna Prabu Baladewa rawuh ing nagari Dwarawati sakapraboning prang badhe amboyongi para putri pinapagakên prang dening rajaputra Radèn [Radè...]

--- 538 ---

[...n] Sômba ramening prang Radèn Sômba kasor kapikut lajêng kinunjara, Arya Satyaki kalihan Patih Udawa pêpulih kasor kapikut sami kinunjara. Radèn Abimanyu pêpulih jinêmparing kombul ing tawang, Prabu Baladewa sakawoning para putra sanalika kados kaèngêtakên galihipuh karêrantan dhatêng ingkang rayi Sri Bathara Krêsna, mila lajêng mundur aris kondur dhatêng Ngastina matur dhatêng ingkang rayi Prabu Duryudana ing sasolah tingkahipun sadaya miwiti mêkasi, Prabu Duryudana gêntos wêwartos sasolah tingkahipun Prabu Karna kalihan para Kurawa, Prabu Baladewa lajêng kondur dhatêng Mandura. Mangkana sasirnanipun Radèn Abimanyu Dèwi Siti Sundari lolos saking pura sêdya angulati, Dèwi Wara Sumbadra Dèwi Wara Srikandhi sami nututi ingkang putra nanging salingsingan margi, lampahipun kapalantrang dumugi ing nagari Mêdhangprawa kapanggih kalihan Prabu Yudakala Krêsna, warta- winartan sami walèh, sang rêtna sakalihan lajêng sinidhikara dados jalu kalih pisan pinaringan nama Radèn Andewara Radèn Amijaya. Wau ta Radèn Abimanyu ingkang kombul jinêmparing dening Prabu Baladewa dhawah wontên nagari Mêdhangprawa tinampèn dening Prabu Yudakala Krêsna dinangu matur ing purwa madya wasana, lajêng tinêdah kinèn dhatêng Wiratha suwitaa ing Prabu Matswapati [Matswapa...]

--- 539 ---

[...ti] ing têmbe badhe sae kadadosanipun, sarta dhinawuhan sampun ngraosakên ingkang garwa kalihan para ibu pandoning dewa sami rinêksa, ing wingking sami kapanggih arja sadaya, Radèn Abimanyu botên sawala lajêng mangkat. Taksih wontên sambêtipun.

Rms. Suwita.

Ngèlmu Padhukunan Bayi

(Sambêtipun ôngka XI kaca 490, taun III)

Nalika kawah mêdal sarta wênganing kanthongan bayi, sadaya botên sami dangunipun, wontên ingkang 4 utawi 5 jam, wontên ingkang kirang saking samantên, mênawi sawêg manak sapisan ngantos 12 utawi 15 jam, nanging makatên punika prayogi sampun kaèngêt-èngêt, mindhak damêl kuwatosing manah, ing sadangunipun kawah dèrèng pêcah botên migunani mapan tilêman, kenging mlampah-mlampah wontên sênthong, kraos arip kenging katilêmakên, ngombe wedang, nêdha sarta tilêman ing rêsban, cêkakipun punapa ingkang kakajêngakên kenging kemawon, watonipun èngêt, namung kêdah nyêlaki pirantos, kados ta: kursi, meja, ingkang jalêr sarta dhukun, bilih sampun kraos sakit anjêlih asangêt, dene

--- 540 ---

èstri ingkang tatag sarta nas, botên purun ambêngok sangêt-sangêt, dhukun sarta êmban nalika ingkang wawrat nyakiti, acêcawisa punapa ingkang mêsthi kangge, sarta bilih kawah sampun pêcah prayogi lajêng mapana dhatêng patilêman, sampun tamtu sakitipun sangsaya mêtêg, awit sirahing bayi andhêsêg dhatêng cangkêm kanthonganipun saking sakêdhik, bayi wiwit mêdal saking kanthongan wêwadosing èstri sakalangkung kêncêng, tumuntên amêpêti korinipun, ing wêkdal wau dhukun acêcawisa gunting sarta bênang, kengkenana êmban mêndhêt latu mawa wontên ing wadhah, bilih ingkang manak kraos badhe wawratan, dhukun akèna nglèmèki sangandhaping juburipun, sarta ingkang nyakiti kapuriha wawratan ing lèmèk wau kemawon, sampun dhatêng pêthi wadhah sêsukêr mênawi sagêd wawratan, inya utawi êmban kapurih ambucal sêsukêr saking sênthong. Nalika para èstri nyakiti asring nêdha lendheyan dhatêng ingkang jalêr, punika kenging kemawon, dene bilih badhe ngêdên kêdah gondhelan tangsul ingkang sampun kacawisakên ing patilêman, suku madal meja alit, tilêman miring dhêngkul kajingkrungakên, janggut kasèlèhakên ing dhadha utawi susu, bilih karaos sakit malih, prayogi mêgêng napas sarta sampun anjêlèh, [anjê...]

--- 541 ---

[...lèh,] angêdêna sangêt kados mênawi wawratan, sakèndêlipun ngêdên botên dangu sirahing bayi katingal mudhun cêlak ing kori, kulit dados tipis kados dalancang, ing sapunika sampun botên sagêd ngêdên malih, dhukun wiwit mêtêlakên èpèk-èpèkipun ing sacêlaking jubur, murih sampun ngantos rêmpit, kraos nyakiti ingkang wêkasan, sakêdhap êngkas sirahing bayi mêdal, sarta badhe ngwêdalakên pundhakipun gampil kemawon, wusana bayi lajêng nyuwara: cumêngèr.

Wiwit punika sampun botên wontên ingkang kraos, wah badanipun kraos ènthèng, dhukun lajêng anggalebagna bayi malumah, bilih ususing pusêr anggubêd kêdah dipun ulur, kintên-kintên 10 dim Nèdêrlan saking padharaning bayi dipun tangsuli bênang ingkang kêncêng, bênang sasisihipun katangsulakên ing pusêr sacêlaking ari-ari, pusêr saantawising tangsul bênang lajêng kagunting, bayi kasèlèhakên ing pangkoning êmban, sadanguning bayi sampun lair: êmbok kêdah kèndêl sarta sukunipun karapêtakên, botên dangu padharanipun kraos sakit, sarêng dipun grayang lêrês ing kanthongan bayi raosipun anggarênjêl kados sirah bayi, dene kanthongan bayi sampun mangkêrêt kantun sabundêripun ari-ari, sakit punika badhe madal utawi [u...]

--- 542 ---

[...tawi] ngwêdalakên ari-ari, ing nalika punika ari-ari dumunung wontên kori, dados bilih badhe ngwêdalakên namung katarik saking pusêr ingkang taksih gandhèng, otot-otot ingkang krakêt ari-ari punika nunggil panggenaning bayi tuwin pusêr sarta ari-ari, wontên tiyangyangtiyang. manak ngwêdalakên êrah kathah, kanthongan bayi kirang mangkêrêtipun, tanganing dhukun kêdah amêtêl kalihan anggosok saubênging padharan, bilih kanthongan bayi kraos atos sarta alit, tanganing dhukun kalêbêtna sarta ngwêdalakên ari-ari ingkang taksih krakêt ing kanthongan bayi, wusana sadaya wau ingkang tamtu mêdal sawêg sagêd rampung.

Sasampuning jabang bayi lair namung kantun anglêrêpakên badan kalayan sênêng, nanging ingkang sampun kalimrah ing nagari Walandi, êmban utawi dhukun anyingêpi dhatêng ingkang mêntas manak, ing nalika ari-ari sampun mêdal êmban sampun awit angrêsiki bayi sarana toya, dene ingkang mêntas manak bingah manahipun bilih dhukun sampun anyingêpi, sarta nyènèng sinjang lêlèmèk sarta anglolos rangkêpanipun, sêpon lajêng kacêlupakên ing toya angêt kadamêl nyeka, kêmeja ingkang kenging êrah kasantunan rasukan ingkang rêsik, singêp ingkang sampun [sampu...]

--- 543 ---

[...n] dipun angêti lajêng kasèlèhna ing ngandhapipun, padharan dipun sèlèhi srêbèd, antawisipun pupu kêkalih kaselehan sinjang, kangge anadhahi êrah, singêp kêkancing ing dom bundhêl ingkang agêng-agêng, kêmeja kagèrèd mangandhap sanginggiling singêp. Wusana ingkang mêntas manak kaêlih dhatêng patilêman ingkang sampun dipun angêti, ingkang ngêlih bojonipun, kalihan angrangkul gulunipun ingkang jalêr, dene tanganipun ingkang jalêr karangkulakên sangandhaping bangkekan, sarta tangan sasisihipun ing ngandhap dhêngkulipun ingkang èstri, punika patrap bilih ambopong badhe ngêlih dhatêng patilêman, bilih botên makatên kenging kasèlèhakên ing meja utawi ing jrambah, ananging botên kenging ngadêg sarta mlampah-mlampah. Taksih wontên sambêtipun.

Tirta Usada

(Sambêtipun ôngka XI kaca 495, taun III)

Bab 15. Sakit budhêg sarta tansah kêmirêng nging-nging kupingipun ingkang kiwa, punapa malih kathah curakipun.

Wontên tuwan bôngsa Walandi nama Tuwan K umur 38 taun, sampun pintên-pintên taun tuwan wau kupingikupingipun. tansah

--- 544 ---

kêbak curak, ngantos kupingipun ingkang kiwa dados budhêg, sarta tansah kêmirêng swara nging-nging. Sarêng anglampahi adus rêndhêman padharan utawi rêndhêman murad, sadintên kaping kalih, sarta sabên mêntas adus rêndhêman wau lajêng mlampah-mlampah kalihan kêmul salimut ngantos mêdal karingêtipun. Angsal 17 dintên, budhêgipun bênginginging kupingipun sampun sagêd ical, sarêng lêt 14 dintên malih sadaya sêsakitipun sampun saras babarpisan.

Bab 16. Sakit pipi utawi rai.

Tuwan R.B. umur 39 taun, nandhang sakit pipinipun ingkang têngên, laminipun sampun 4 taun. Awit saking sangêting sakitipun ngantos botên sagêd tilêm sarta wicantên, dene bilih sêsakitipun dhatêng lajêng dêngèngèk kemawon, amargi saking bantating rainipun ingkang sisih têngên wau. Sarêng anglampahi adus rêndhêman padharan angsal 15 dintên, sêsakitipun sampun botên kêraos, tilêm sagêd sakeca, lêt 2 wulan malih Tuwan R.B. sadaya sêsakitipun sampun saras babarpisan.

Bab 17. Sakit pating prongkol, sarta paningalipun kadamêl ningali samubarang katingal têbih.

--- 545 ---

Wontên nonah wiwit alit sampun gadhah sêsakit meleseh? sarta marongkol badanipun, sarêng dumugi umur 18 taun nonah wau badanipun saya tambah pating parongkol agêng-agêng. Awit saking punika ngantos anjalari ewahing paningalipun, sabarang ingkang dipun tingali katingal têbih, mila nonah wau lajêng kapêksa ngangge têsmak, supados sampun sangêt-sangêt ewahing paningalipun. Salêbêtipun sakit makatên punika sampun dipun jampèkanjampèkakên. dhatêng pundi-pundi, nanging botên wontên antawisipun sakeca, sarêng nyoba nglampahi adus rêndhêman murad sadintên kaping kalih, dangunipun 15 ngantos dumugi 30 mênit, saking sakêdhik pating prongkoling badanipun saya suda, paningalipun ugi mindhak-mindhak saya sagêd cêlak, sarêng angsal sataun sêsakitipun sampun ical, paningalipun sagêd pulih kados salimrahing paningalipun tiyang, sarta sampun botên susah angangge têsmak.

Taksih wontên sambêtipun, Wignyaarja.

Rama juru pangripta, mugi dhangana ing panggalih, rèhning kula sampun nate maos Sêrat Nitisastra, anggitanipun Prabu Widayaka, kirang dhamang suraosipun, kasêbat:

Ing jaman Tirta, Sang Hyang Prêmana umur sakêthi of salêksa taun, manggèn ing ...

Ing jaman Dwaparayoga, Sang Hyang Prêmana umur ... taun, manggèn ... .

--- 546 ---

... môngka ingkang kasêbat jaman Tirta punika, jamanipun Ratu Rama ing Ngayodya, punika kadospundi, ingkang samantên punika nuwun mugi sampun pisan-pisan kagalih badhe mamèrakên kawruh, mila ngantos kalampahan sowan ing Pahêman Radyapustaka, botên sanès jalaran sangking kacupêtaning pamanggih.

Ing wusana ing sadèrèngipun: kula matur sèwu kasuwun.

Radèn Cakradiharja, Karangkobar.

Pitakènipun Radèn Cakradiharja ing nginggil punika, kula botên dungkap ingkang dados dêrênging pitakèn, botên mênawi sanès pamanggih, dene pamanggih kula mênawi mirit turuting ukara ingkang dipun takèkakên bab sulayaning kawontênan, kados ta: ingkang kasêbut ing Sêrat Panitisastra, jaman Tirta punika prênahipun Sang Hyang Pramana wontên têngahing paningal, yuswanipun salêksa taun, têka Sri Bathara Ramawijaya botên kacariyos yuswa samantên, ananging upami pitakèn makatên saèstu, kados awis ingkang sagêd suka katrangan, sukur manawi wontên. Kula ngalêm sangêt dhatêng Radèn Cakradiharja anggèning ngraosakên bab wau têtela priyantun rêmên marsudi budi. Sayêktosipun kula sampun lami maos Sêrat Panitisastra wongsal-wangsul têka botên gadhah pamanggih amanah prakawis jaman wau, sarêng wontên pitakènipun Radèn Cakradiharja manah kula kados kaosikakên, lajêng maos Sêrat Panitisastra ingkang mratelakakên jaman, kula budi-budi mêksa pêpêt tanpa [ta...]

--- 547 ---

[...npa] angsal pambudi, botên gayuh sakêdhik-kêdhika, manah kula pêtêng kados banguning asaput lêbu, lajêng kula condhongakên kalihan Sêrat Pustakaraja. Ingkang kasêbut ing Sêrat Panitisastra jaman punika sakawan, ingkang wiwitan jaman Krêtayuga, kaping kalih jaman Tirtayuga kaping tiga jaman Dwaparayuga, kaping sakawan jaman Kaliyuga. Kasêbut ing Sêrat Pustakaraja jaman punika tiga, ingkang wiwitan jaman Swara utawi Iswara, kaping kalih jaman Yoga, kaping tiga jaman Sangara, satunggal- tunggaling jaman kaperang dados pitung jaman alit. Pustaka Widyakirana inggih mratelakakên bab jaman, nanging malah saya ngodhêngakên manah, amargi kalihan Sêrat Panitisastra gèsèh urut sarta rambahipun, kalihan Pustakaraja sulaya nami cocog rambahipun, kados ta: ingkang wiwitan jaman Tirtayuga, kaping kalih jaman Krêtayuga, kaping tiga jaman Dwaparayuga, ing Sêrat Samênsêprakên anggitanipun Tuwan Rordha ugi mratelakakên bab jaman, cocog kalihan Pustakaraja, nanging botên mratelakakên bakuning jaman agêng, namung peranganing jaman alit kemawon.

Awit saking punika, kula sumanggakakên para sarjana mugi wontêna kaparêngipun urun pamanggih bab jaman wau. Kondhanging Sasadara.

Suwita.

--- [0] ---

Isining Kabar Sasadara

1. Pawarsakan ... blz 516
2. Dintên sae ... blz 517
3. Têmbung Cina ... blz 518
4. Kalêmpaking kawruh sawatawis ... blz 522
5. Ngèlmu ukur sawatawis ... blz 528
6. Bab kewan gêgêlan ... blz 530
7. Ringkêsaning cariyos ringgit purwa ... blz 534
8. Ngèlmu padhukunan bayi ... blz 539
9. Tirta usada ... blz 543
10. Pitakèn bab jaman ... blz 545
11. Wangsulan ... blz 546.