Sastra Jawa

Program Digitalisasi Sastra Daerah

  • Increase font size
  • Default font size
  • Decrease font size

Sasadara, Radya Pustaka, 1903-05, #1808

Katalog:Sasadara, Radya Pustaka, 1903, #1808
Sambung:
1.Sasadara, Radya Pustaka, 1903-01, #1808 . Koran, Majalah dan Jurnal | Sasadara #537.
2.Sasadara, Radya Pustaka, 1903-02, #1808. Koran, Majalah dan Jurnal | Sasadara #538.
3.Sasadara, Radya Pustaka, 1903-03, #1808 . Koran, Majalah dan Jurnal | Sasadara #539.
4.Sasadara, Radya Pustaka, 1903-05, #1808. Koran, Majalah dan Jurnal | Sasadara #540.
5.Sasadara, Radya Pustaka, 1903-06, #1808 . Koran, Majalah dan Jurnal | Sasadara #541.
6.Sasadara, Radya Pustaka, 1903-07, #1808. Koran, Majalah dan Jurnal | Sasadara #542.
7.Sasadara, Radya Pustaka, 1903-08, #1808 . Koran, Majalah dan Jurnal | Sasadara #543.
8.Sasadara, Radya Pustaka, 1903-09, #1808 . Koran, Majalah dan Jurnal | Sasadara #544.
9.Sasadara, Radya Pustaka, 1903-10, #1808 . Koran, Majalah dan Jurnal | Sasadara #545.
10.Sasadara, Radya Pustaka, 1903-11, #1808 . Koran, Majalah dan Jurnal | Sasadara #546.
11.Sasadara, Radya Pustaka, 1903-12, #1808 . Koran, Majalah dan Jurnal | Sasadara #547.

Ôngka II Taun IV. Kaping 15 Sapar ing Taun Wawu, Ôngka 1833 [13-5-1903 AD.].

Sêrat kabar wulanan nama:

Sasadara

Rêginipun ing dalêm satêngah taun 3 rupiyah, sarta kêdah kabayar rumiyin. Ingkang anggadhahi Sasadara Pahêman Radyapustaka. Ingkang nyithak sarta ngêdalakên Firma Vogel v. d. Heijde & Co. Juru pangripta Ngabèi Wirapustaka.

--- 41 ---

Minôngka Pananggalanipun Sasadara

Pawarsakan

Wulan Mulud taun Wawu ôngka 1833, taun Hijrah 1321.

[Grafik]

--- 42 ---

Dintên Sae

Salêbêtipun wulan Mulud Wawu punika wontên têtaga.têtiga.

1. Dintên Kêmis Lêgi tanggal kaping 8 wuku Galungan, dewa Sri, Wurungkung, dadi, lampahing lintang, satriya wibawa, sêngkaning srigati, rakamipun dhawah sanggar waringin saenipun kangge yêyasan sabarang, sangatipun wiwit jam 8.25 mênut, dumugi jam 10.48 mênut, Yusup rijêki.

2. Dintên Sêtu Kliwon tanggal kaping 17 wuku Kuningan, dewa Endra, mawulu, dadi, lampahing bumi, tunggaksêmi, rakamipun dhawah sanggar waringin, saenipun kangge yêyasan sabarang, sangatipun wiwit jam 6 dumugi jam 8.24 mênut, Jabarail rijêki, utawi wiwit jam 3.27 mênut dumugi sadalu pisan, Amad wilujêng.

3. Sêtu Paing tanggal kaping 24 wuku Langkir dewa Sri tungle, tulus, lampahing latu, satriya wibawa, rakamipun dhawah macan katawang, saenipun kangge damêl regol sarta pawon, sangatipun wiwit jam 10.49 mênut, dumugi jam 1.12 mênut, Amad rijêki.

Wêwaton sêrat pawukon, wulan Mulud punika mênawi kangge ngêdêgakên griya: awon, watakipun asring [a...]

--- 43 ---

[...sring] kasripahan, mênawi kang kangge. alih-alihan griya watakipun gêringan asring tiwas, wêwaton ungêling kadis Marpuk, mênawi kangge salakirabi awon, watakipun asring pisahan utawi kawon salah satunggal.

Wêwaton ungêlipun kitab Mujarabat, ing tanggal kaping 24 wau kawastanan nakas, salêbêtipun sadintên sadalu botên kenging sade tinumbas, kêkesahan, ngangge-angge, pêpaès, ningkahan, nanêm wit-witan, damêl sumur ngêdêgakên griya.

Kewan Mulya

(Sambêtipun ôngka I kaca 36, taun IV)

Napas utawi hawa ingkang malêbêt dhatêng margi napas punika, lajêng malêbêt dhatêng paru kiwa têngên, ing ngriku margi napas wau lajêng pang kathah ngantos andadosakên pang alit-alit, ingkang pucukipun sami malêndhung, saha kagubêd ing margi rah, wontên ing ngriku rah rêgêd karêsikakên saking dayanipun hawa ingkang wontên ing salêbêtipun palêndhungan-palêndhungan wau. Hawa ingkang malêbêt wau ingkang pêrlu piyambak, inggih punika: kulsêtop koolstof sursêtop zuurstof watêrsêtop waterstof saha sêtiksêtop stik stof dene ingkang mêdal toya, kadadosan [kada...]

--- 44 ---

[...dosan] saking woworanipun sursêtop kalihan watêrsêtop, saha kulsur koolzuur kadadosan saking kulsêtop kalihan sursêtop.

Satunggal-tunggalipun untu punika peranganipun nyakawan warni, kados ta: lapis, balung, untu sêmèn, saha kalèn (bolonganipun).

Kulit tiyang punika sap tiga, sap ingkang sapisan nama kulit ayam, kulit sap sapisan saha kalih, botên wontên marginipun rah tuwin otot pangraos, dados sami kalihan rambut saha kuku, amila bilih kulit wau babak namung sapipun sapisan saha kalih, utawi rambut tuwin kuku dipun kêthok, botên karaos sakit, dados margi rah saha otot pangraos wau namung dumugi ing kulit sap ingkang katiga. Dhangkèl wulu tiyang punika wontên ingkang wontên ing kulit sap kaping kalih, wontên ingkang wontên ing kulit sap kaping tiga. Lisah wêdalipun saking bolongan wulu, punika pirantosipun damêl. Wontên ing kulit sap kaping kalih, dene pirantos pandamêlipun kringêt, wontên ing kulit sap katiga.

Kulit sap kaping kalih punika dhasaring kêkulitanipun tiyang, têgêsipun wontênipun tiyang punika pêthak, jêne,

--- 45 ---

abrit, utawi cêmêng, punika margi saking warninipun kulit sap kaping kalih wau.

Sasumêrêp kula tiyang ing dunya punika, kaperang dados 6 bôngsa.

1. Bôngsa Kaokasus, angênggèni ing tanah Eropah têngah saha kidul.

2. Bôngsa Eteopiah, angênggèni tanah Amerikah, kajawi ing pasisiripun.

3. Bôngsa Monggol, angênggèni tanah Eropah wetan, saha sakilènipun Mansuri.

4. Bôngsa Malayu, angênggèni tanah Malakah, Insulindhê, Aostraliyah saha Madhagaskar.

5. Bôngsa Nêgrito, angênggèni tanah Papuah saha Aostraliyah.

6. Bôngsa Amerikah angênggèni tanah Amerikah ingkang sisih kilèn.

Sêsipatanipun:

1. Bôngsa Kaokasus, irung panjang mawi jenggot.

2. Bôngsa Eteopiah utawi Walandi cêmêng, kulit rambut saha maripat cêmêng, rambut barintik.

3. Bôngsa Monggol, maripat miring.

4. Bôngsa Malayu, lambe kandêl, irung tèsèk, saha [sa...]

--- 46 ---

[...ha] agêng.

5. Bôngsa Nêgrito, irung agêng, sarta kulit cêmêng.

6. Bôngsa Amerikah, kulit abrit, saha mawi jenggot.

Ragangan utawi bêbalunganipun tiyang.

Tiyang punika pirantosipun kathah sangêt, saperang-peranganipun badan, sami wontên damêlipun piyambak-piyambak. Sadaya wau kadadosan saking sèl- sèl, saha beda-beda atosipun, dene ingkang atos utawi anjêndhêl, kados ta: balung, balung nèm, kuku, rambut, kulit, daging, otot sasaminipun, ingkang cuwèr inggih punika rah sapanunggilanipun. Ingkang anjêndhêl wau kabedakakên malih mirit saking atosipun, ingkang atos piyambak inggih punika balung, wangunipun kabedakakên dados tiga: balung panjang, wiyar saha cêlak. Balung ingkang panjang punika ing bongkot tuwin pucukipun langkung agêng tinimbang ingkang têngah, saha ingkang limrah wangunipun gilig utawi prismah, ing lêbêt bolong isi sungsum, kados ta balung lêngên ngandhap nginggig,nginggil. balung pupu sapanunggilanipun.

Balung ingkang wiyar punika ukuranipun: botên wontên ingkang sami, kados ta balung sirah, walikat, dhadha [dha...]

--- 47 ---

[...dha] sapanunggilanipun.

Balung ingkang cêlak punika wangunipun gilig, utawi kadosdene wujud ingkang kathah rainipun, kados ta: balung ula-ula, balung dariji sapanunggilanipun. Balung-balung sadaya wau andadosakên ragangan, nama sêkêlèt seclet.

Gathukipun balung satunggal kalihan satunggalipun, wontên ingkang kenging kaebahakên, wontên ingkang botên, saha ebahipun wau wontên ingkang gampil, wontên ingkang angèl. Têpangipun balung kalih ingkang kenging kaebahakên wau nama athik-athikan, saha kaperang dados tiga, inggih punika:

1. Athik-athikan ingkang balungipun kenging kaebahakên mangandhap manginggil, kados la ta. athik-athikan balung lêngên ngandhap saha nginggil, balung pupu kalihan balung garês, balung- balung dariji.

2. Athik-athikan ingkang kenging kaubêngakên, kados ta athik-athikan balung bau.

3. Athik-athikan ingkang namung kenging kaebahakên sakêdhik, kados ta ros-rosan balung gêgêr.

Bilih têpangipun balung kalih wau andadosakên athik-athikan, ingkang satunggal bundêr ingkang satunggal lêkok,

--- 48 ---

kados ta: athik-athikanipun balung pupu kalihan balung sakrum sacrum balung cêthik (saha sami kabalêbêt ing sawarni balung nèm ingkang wulêd, balêbêd wau kalapis ing kêndhangan, ingkang angwêdalakên cuweran nama sinopiah sinovia damêlipun kangge anggêmuk, supados athik-athikan wau lunyu, kajawi saking punika wontên malih wujud-wujud ingkang kadosdene tangsul, pêrlunipun kangge anyantosakakên athik- athikan kasêbut ing nginggil wau.

Balung sirah punika caraning sambêtanipun botên sami kalihan ingkang kasêbut ing nginggil, namung unton-unton kadosdene graji, dados untuning balung ingkang satunggal, manjing ing godhaganipun unton-unton balung satunggalipun, sambêtan wau dipun wastani: dondoman naad.

Balung bathuk punika kadadosan saking balung kalih, bilih lare taksih alit, balungipun bathuk kalih wau dèrèng gathuk, ananging bilih sampun akil (diwasa) balung kalih wau dados satunggal.

Sêkêlèt utawi ragangan balung punika perangkaperang. dados tiga, balung sirah, badan, saha balung anggota. Balung sirah kapilah malih, balung rai saha cumplung. Balung cumplung punika perangan sirah ingkang nginggil, inggih punika anjing-anjinganipun balung-balung ingkang trapipun dipun wastani

--- 49 ---

dondoman, saha andadosakên satunggaling wujud ingkang kadosdene kothak, isi utêk, ing ngandhapipun sami bolong alit-alit, inggih punika margi otot rah saha otot pangraos, tuwin wontên satunggal ingkang sawatawis wiyar, inggih punika margi lêbêtipun sungsum dhatêng sirah. Taksih wontên sambêtipun.

Pun Prawirawiyata. Abdi dalêm carik ôngka II kabupatèn pulisi Surakarta.

Tirta Usada

(Sambêtipun ôngka I kaca 32, taun IV)

Bab 23. Sakit salêbêting wadhah bayi ingkang rêkaos sangêt.

Wontên nyonyah nandhang sakit padharan sampun sawatawis lami, saking cariyosipun dhoktêr ingkang jampèni, salêbêtipun wadhahing bayi nyonyah wau wontên sêsakitipun sawarni wudun, sarta sêsakit wau sabên dintên mindhak agêngipun, dene amrih sagêdipun mantun nyonyah wau padharanipun kêdah dipun bêdhèl, ananging nyonyah [nyo...]

--- 50 ---

[...nyah] botên purun, sarta wontên tiyang ingkang cariyos bab istijapipun jampi toya, mila nyonyah lajêng anglampahi adus rêmdhêman padharan, dipun gontas-gantos kalihan adus rêndhêman murad. Nalika sawêg angsal 2 dintên kemawon, sakitipun sampun wontên antawisipun sakeca, jalaran lajêng sagêd nguyuh dêrês tuwin ambêbucal lêga, sarta sagêd karingêtên, punapa malih sabên nyonyah adus rêndhêman punika angêdalakên sabarang lender sawarni wacucal alus, utawi kados riyak saking kuwadonan, agêngipun mèh satigan, dene anggènipun ngêdalakên makatên punika ngantos 23 dintên, sarta saupami dipun kalêmpakna wêwarnèn ingkang kados riyak wau bokmênawi wontên saèmbèr alit. Ing satunggal dintên nyonyah kêraos mêdhun padharanipun, lajêng enggal-enggal kengkenan angundang dhoktêr, sadhatêngipun dhoktêr: aningali wêwarnèn ingkang mêdal saking kuwadonanipun nyonyah sakalangkung gumunipun, awit salaminipun dèrèng sumêrêp wêwarnèn ingkang kados makatên. Sayêktosipun ingkang mêdal punika dede wadhahing bêbayi, wêwarnèn ingkang sawarni gulungan wacucal alus sarta lêmês, notog margining wadhah bayi botên sagêd mêdal sabab kêsangkut kuliting wadhah

--- 51 ---

bayi, dene sarêng sampun uwal saking anggènipun sêsangkutan, lajêng sagêd mêdal ingkang kados makatên wujudipun punika, katimbang dening dhoktêr wawrat 4½ pon, sasampunipun nyonyah ngêdalakên ingkang kados gulungan wacucal lêmês wau badanipun katingal sêgêr sarta saras sêsakitipun, awit saking punika nyonyah sampun anyatakakên piyambak dhatêng dayanipun adus rêndhêman padharan tuwin rêndhêman murad, ingkang dipun gontas- gantos anggènipun anglampahi, ing dalêm sadintên rambah kaping 2 utawi 3 mila nyonyah salaminipun taksih asring anglampahi adus rêndhêman padharan tuwin rêndhêman murad wau.

Bab 24. Sakit ati, êrah botên sagêd lumampah tuwin sêsêg napasipun.

Bengek

Wontên nyonyah umur 58 taun, sampun lami anggènipun sakit sêsêg ambêkanipun, punapa malih dhadhanipun ingkang sisih têngên ugi karaos sakit, saya lami sakiting dhadhanipun saya mindhak sakit, sarta sacêlaking gulu ingkang sisih têngên wontên ototipun ingkang mênjêlut, pintên-pintên dhoktêr ingkang anjampèni satunggal [satung...]

--- 52 ---

[...gal] botên wontên ingkang tulung, malah saya mindhak rêkaos sakitipun, awit saking rêkaosing sakitipun nyonyah wau sabên angunjal napas asring anjêrit sambat sakit, punapa malih botên kuwawi lumampah langkung saking 10 tindak, awit badanipun lajêng kêraos cape. Sarêng nyonyah anglampahi adus rêndhêman murad kaping 3 sadintên, angsal 8 dintên sakitipun sampun kathah mayaripun, sarta badanipun kêraos ènthèng. Sarêng angsal 15 dintên ototipun ingkang manjêlut sagêd ical, sakitipun manah ugi lajêng sagêd mantun, dene sarêng anggènipun adus rêndhêman wau angsal 23 dintên, sadaya sêsakitipun sampun saras babarpisan, môngka saking pambatangipun para dhoktêr ingkang sampun sami anjampèni, nyonyah wau tangèh sagêdipun angsal jampi ingkang sagêd nyarasakên sêsakitipun.

Bab 25. Sêsakit ingkang andadosakên bengkonging ula-ula.

Wontên nonah umur 14 taun sakit jêngkêring (roodvonk)? Sasampunipun dipun jampèni dhoktêr sarta saras sakitipun jêngkêring, pupunipun ingkang kiwa lajêng bengkong tuwin mangkêrêt, dados panjang sisih, punapa malih tanganipun [tanganipu...]

--- 53 ---

[...n] ingkang kiwa sarta ula-ulanipun tumut kêtarik ugi dados bengkong, dene tanganipun kiwa ingkang balungipun bengkong wau lami-lami sacêlaking pundhak lajêng abuh sawatawis sangêt, awit saking punika pamanggihipun dhoktêr ingkang anjampèni abuhing bau wau badhe dipun bêdhèl, ananging tiyang sêpuhipun nonah botên suka. Salajêngipun dipun suwunakên pitulung dhatêng Tuwan Kihnê, sasampunipun dipun priksa sêsakitipun, Tuiwan Kihnê lajêng ngandika: bilih sakitipun jêngkêring (roodvonk) nonah punika sayêktosipun dèrèng mantun, sarta badhe mêdal malih, utawi badhe mêdal wudunipun ingkang langkung agêng wontên ing tanganipun, dene samêcahing wudun anjalari wêdalipun sakathahing rêrêgêd ingkang wontên salêbêting badanipun, nonah lajêng dipun dhawuhi adus rêndhêman padharan kaping 2 dumugi kaping 4 ing dalêm sadintên, ananging kêdah katimbang kalihan bêntèring badanipun, nalika anggènipun anglampahi kapusadus. rêndhêman padharanapadharan. angsal 8 dintên, abuhing tanganipun ragi suda sakêdhik, sêsakitipun ugi wontên mayaripun, sarêng watawis langkung satêngah wulan baunipun ingkang sakit saya tambah rêkaos, sarta katingal mênthêng-mênthêng atos, inggih punika badhe thukul wudunipun, salajêngipun baunipun ingkang badhe thukul [thu...]

--- 54 ---

[...kul] wudunipun punika dipun êdusi tangas, sadintên sapisan utawi kaping kalih, ananging rèhning nonah wau kirang kuwawi badanipun, sabên dipun êdusi tangas badanipun lajêng ngalêmprêk tanpa bayu, mila adus tangas lajêng dipun kèndêli, tanganipun santun dipun komprès ing wedang angêt (dipun opyok-opyok ing wedang angêt) sabên satêngah jam dipun santuni, sarêng angsal 33 dintên wudunipun thukul tiga, sarta namung sawatawis dintên wudun-wudun wau lajêng mêcah, dene pangomprèsipun dipun lajêngakên ngantos 8 dintên, sasampunipun pulih tatuning wudun, sadaya sêsakitipun ugi lajêng saras babarpisan, sarta sagêd ngadêg jêjêg, bengkonging ula-ulanipun ugi sagêd pulih malih.

Bab 26. Sakit mutah-mutah tuwin sakit salêbêting paru-paru.

Wontên tiyang jalêr gadhah sakit mutah-mutah ing dalêm 8 dintên sapisan utawi kaping kalih, nanging sabên mutah-mutah ngantos sadintên muput, dene laminipun anggèning gadhah sêsakit makatên punika sampun 12 taun, sarta sampun pintên-pintên jampi ingkang kajampèkakên botên wontên ingkang mitulungi. Mênggah ingkang dados tlajêring [tla...]

--- 55 ---

[...jêring] sêsakitipun botên sanès salêbêting paru-parunipun wontên sêsakitipun. Tiyang wau lajêng anglampahi adus rêndhêman padharan ngantos 14 dintên, nanging botên wontên antawisipun sakeca, lajêng santun adus rêndhêman murad sadintên kaping kalih, angsal 14 dintên sakitipun lajêng saras. Taksih wontên sambêtipun.

Wignyaarja.

Têmbung Cina

(Sambêtipun ôngka I kaca 27, taun IV)

Koyan

Sêrat Paramasastra Jawi: amratelakakên bilih têmbung koyan, punika têmbung Cina.

Ko, têgêsipun cacah.

Yan, têgêsipun pagêlaran, utawi tharikan, trangipun, cadhahing wadhahing. pagêlaran, utawi tharikan, inggih punika petangan cacahing pantun, uwos, sarêm sapanunggilapun.sapanunggilanipun.

Tiyang Jawi tumut ngangge têmbung koyan wau.

Ing têmbung Cina: citkoyan.

Ing têmbung Jawi: sakoyan.

--- 56 ---

Ing têmbung Cina: nakoyan.

Ing têmbung Jawi: rongkoyan enz

Sakoyan punika ingkang limrah: 30 dhacin, ananging ing:

Batawi: 27 dhacin.

Samarang 28 dhacin.

Surabaya 30 dhacin.

Bilih sarêm 18 karung, wawrat 30 dhacin kapetang sakoyan.

Sarêng ing tanah Jawi wontên kreta api, tiyang Cina mênawi ngetang: awis ingkang mawi têmbung: koyan, kasantunan têmbung: jyah, têgêsipun kreta.

Satunggaling abdining ratu, ing kitab Cina winastan: Itkosin.

Kêmocing

Wulu ayam utawi sawung, ingkang dipun sunduki bênang, rinèntèng ginubêdakên ing pênjatos, kaangge ngêbuti blêdug, ing têmbung Cina winastan: kemajing.

Ke têgêsipun ayam.

Ma têgêsipun wulu.

Jing têgêsipun kêbut.

Têrangipun kêbut wulu ayam.

Tiyang Jawi wontên ingkang niru damêl tuwin sade kemajing

--- 57 ---

wau, ananging kêlantur dados kêmocing, utawi wontên ingkang mastani: sulak.

Wiwit taun 1898 ing Pacinan Surakarta, wontên para babah-babah ngangge kêmocing, damêlan saking Samarang, pèni pandamêlipun, sarta wulunipun dipun tèrês, wontên ingkang warni kuning utawi tri warna.

Kimlo

Satunggaling dhaharan ing nagari Cina, ulam ayam dipun cacah-cacah, mawi bumbu: mrica pêthak ingkang sampun kadhêplok lêmbat, sarêm tuwin tigan ayam, lajêng dipun glindhingi satunggal-satunggal, sasampuning kagodhog, nuntên kacamboran brambang gorengan, kecap, urang utawi èbi, jamur kuping, jyuhi, kimcyam tuwin suk-on, mawi wedang kadosdene: sop, punika ing têmbung Cina winatsan: kimlo.

Ing ratSêrat. chineesch Hollandseh Woordenboek van het Emoi dialekt karanganipun tuwan-tuwan J.J.C. Francken tuwin C.F.M. de Grijs sastranipun Cina kasêrat mungêl makatên (kimla).

Tiyang Jawi niru damêl dhaharan kimla wau, tuwin kawêwahan kole, slèdri tuwin kapri, inggih winastan: [wi...]

--- 58 ---

[...nastan:] kimla, anging kêlantur dados kimlo.

Kampak

Ing nagari Cina, ingkang murwani yasa dêdamêl tosan, ingkang winastan: hu, utawi hukin, utawi budau, pirantos kaangge nêgor kajêng ing wana, inggih punika Raja Wite, ingkang awitipun jumênêng raja ing taun 2838 sadèrèngipun wontên taun Mèsèhi.

Sêrat-sêrat têmbung Cina (ingkang kathah Sêrat Babad Tongcyu Lyat Kok) ing taun 770 dumugi taun 247 sadèrèngipun wontên taun Mèsèhi, wontên pitêmbungan:

1. Gamsat têgêsipun katigas sarta pinêjahan.
2. Gambwan, têgêsipun katigas sarta kapunggêl.
3. Gamto, têgêsipun katigas sarta karêbahakên.
4. Gambak, têgêsipun katigas sarta kagêbag.

Kala tiyang Cina angajawi, wontên ingkang ambêkta dêdamêl: hu, utawi budau wau, kaangge nênêgor kajêng ing wana, tuwin kaangge dêdamêl mênawi wontên ara-uru.

Mênawi wontên ara-uru wau, lajêng sami sikêp dêdamêl budau, utawi abir, sarana nyuwara: gambak, gambak, maksudipun: ayo kônca tigasên lan gêbugên.

Têtiyang Jawi ing jaman rumiyin gadhah pangintên, bilih dêdamêl [dêdamê...]

--- 59 ---

[...l] wau winastan kampak, mila ing têmbung Jawi wontên ungêlan makatên: wadung Cina jênênge kampak.

Lami-lami durjana ing nahtanah. Jawi, ingkang linampahan pêpanthan langkung 10 tiyang, mawi ambêkta obor, tuwin dêdamêl ingkang winastan kampak wau, alampah sarana pangrisak, punika sinêbut ngampak, durjana wau winanastanwinastan. kampak.

Sêrat Babad Tanah Jawi, wiwit saking Nabi Adam, dumugi ing taun 1647 ingkang kaêcap wontên ing tanah Nèdêrlan, ing taun Wêlandi 1874 kaca 166 wontên ungêl-ungêlan makatên rêsahing nagari Pajang kathah têtiyang alampah durjana, ambegal ngampak sarta mêmandung.

Tuwin ing kaca 539: Panji Kartayuda ingkang bêbaris ing kitha Kadhiri, kala samantên mantuk dhatêng Surabaya lan sabalanipun kalih èwu, nanging botên lumêbêt ing kitha, balanipun pinarapat, lajêng angriwuk bala ing Kartasura ingkang sami baris wontên ing dhusun Panjang, ingkang wontên sajawining biting sabên dalu sami dipun kampaki.

Durjana kampak wau, inggih winastan: kècu.

Sêrat Wangsalan Pasisir, ingkang kaêcan kaêcap. dening Tuwan Albert Rusche & Co. taun 1897, wontên ungêl-ungêlan makatên:

Ina raga, dhustha tumandang angrona, mung cacade ngêpak tan wruh ing sasmita. Têmbung: [Tê...]

--- 60 ---

[...mbung:] ngêpak, pikantuk kampak.

Tjoa Tjoe Kwan.

Sêrat Cakrawarti

(Sambêtipun ôngka I kaca 21, taun IV)

Dèntên dhawahing dintên pitu utawi dintên gangsal, kaetang awit tanggap warsanipun kala ing taun satunggal, dintênipun pitu dhawah Rêbo, dintênipun gangsal dhawah Paing, mênggah etangipun dhawahing tanggap warsa lumampah ing salajêngipun dumugi sapariki, ing ngandhap punika pangetangipun.

Ingkang kaetang rumiyin, lampahipun dintên pitu dhawahing tanggap warsa, punika sabên taun ingkang kapêngkêr nuju Wastu, dhawahing taun ingkang tampi wêwah 1, têgêsipun majêng sadintên, dados tumapak kalih dintên, upami taun ingkang kapêngkêr wau tanggap warsanipun ing dintên Rêbo, tanggap warsanipun ingkang sawêg tumapak dados dhawah Kêmis. Yèn taun ingkang kapêngkêr nuju Wuntu, dhawahing taun ingkang tampi wêwah 2 têgêsipun majêng kalih dintên, dados tumapak tigang dintên, upami taun ingkang kapêngkêr wau tanggap warsanipun ing dintên Kêmis, tanggap warsanipun taun ingkang sawêg tumapak langkah sadintên dados dhawah Sêtu, kados makatên ing salajêngipun ngantos dumugi ing taun [ta...]

--- 61 ---

[...un] 60, ananging yèn anyak ing taun 61, lampahing dintên pitu saking taun sawidak ingkang sampun kapêngkêr, dhawahing tanggap warsa ing taun 61, wêwah satunggal, têgêsipun majêng sadintên, dados tumapak kalih dintên, upami taun 60 ingkang kapêngkêr wau tanggap warsanipun ing dintên Ngahad, tanggap warsanipun taun 61 ingkang sawêg tumapak dados dhawah Sênèn, ing sapanginggilipun makatên.

Wondèntên lampahipun dintên gangsal, dhawahing tanggap warsa, punika sabên taun ingkang kapêngkêr nuju Wastu, dhawahing taun ingkang sawêg tampi botên wêwah, têgêsipun tunggil kalihan tanggap warsanipun taun ingkang kapêngkêr, upami taun ingkang kapêngkêr wau tanggap warsanipun ing dintên Paing, tanggap warsanipun taun ingkang sawêg tumapak inggih dhawah Paing. Yèn taun ingkang kapêngkêr nuju Wuntu, dhawahing taun ingkang sawêg tampi wêwah 1, têgêsipun majêng sadintên, dados tumapak kalih dintên, upami taun ingkang kapêngkêr wau tanggap warsanipun ing dintên Paing, tanggap warsanipun taun ingkang sawêg tumapak dados dhawah Pon, kados makatên salajêngipun ngantos dumugi ing taun 60 sarêng nyandhak taun 61 lampahing dintên gangsal saking taun sawidak ingkang sampun kapêngkêr, dhawahing tanggap warsaning

--- 62 ---

taun 61 botên wêwah, têgêsipun tunggil kalihan tanggap warsanipun taun ingkang kapêngkêr, inggih punika wangsul dhatêng Paing, kados kala ing taun satunggal, ing sapanginggilipun makatên.

Mênggah pratelanipun dhawahing tanggap warsa, dintên pitu utawi dintên gangsal wau, inggih punika tanggal kapisaning môngsa kartika, utawi môngsa kasa sadaya, yèn sanèsipun ing môngsa kasa, dhawahipun ing tanggal pisan, lampahipun ing ngandhap punika:

Ingkang kaetang rumiyin lampahing dintên pitu dhawahing tanggal pisan, punika sabên môngsa ingkang kapêngkêr nuju umur 30 dintên, dhawahing tanggal môngsa ingkang sawêg tumapak wêwah 2 têgêsipun majêng kalih dintên, dados tumapak tigang dintên, upami môngsa ingkang kapêngkêr wau tanggalipun ing dintên Rêbo, tanggalipun môngsa ingkang sawêg tumapak langkah sadintên dados dhawah Jumungah, kados makatên ing salajêngipun. Yèn môngsa ingkang kapêngkêr nuju mawi ari radin gangsal dintên, etangipun umur 35 dintên, punika wêwahing tanggal môngsa ingkang sawêg tumapak botên wêwah, têgêsipun sami kalihan tanggaling môngsa ingkang sampun kapêngkêr, upami môngsa ingkang kapêngkêr umur 35 dintên wau tanggalipun ing dintên Rêbo, tanggalipun môngsa [mông...]

--- 63 ---

[...sa] ingkang sawêg tumapak inggih dhawah ing dintên Rêbo. Yèn môngsa ingkang kapêngkêr nuju mawi ari radin nêm dintên, etangipun umur 36 dintên, dados tumapak kalih dintên, upami môngsa ingkang kapêngkêr umur 36 dintên, punika dhawahing tanggal môngsa ingkang sawêg tumapak wêwah 1 têgêsipun majêng sadintên, dados tumapak kalih dintên, upami môngsa ingkang kapêngkêr umur 36 dintên wau tanggalipun ing dintên Rêbo, tanggalipun môngsa ingkang sawêg tumapak dados dhawah Kêmis, kados makatên ing salajêngipun.

Wondèntên lampahing dintên gangsal dhawahipun ing tanggal pisan, punika sabên môngsa ingkang kapêngkêr nuju umur 30 dintên, utawi yèn nuju mawi ari radin gangsal dintên, etangipun umur 35 dintên, dhawahing tanggal môngsa ingkang sawêg tumapak: botên wêwah, têgêsipun sami kalihan tanggaling môngsa ingkang sampun kapêngkêr, upami môngsa ingkang kapêngkêr umur 30 dintên, utawi 35 dintên wau tanggalipun ing dintên Paing, tanggalipun môngsa ingkang sawêg tumrap inggih dhawah Paing, kados makatên ing salajêngipun, amung yèn môngsa ingkang kapêngkêr nuju mawi ari radin nêm dintên, etangipun umur 36 dintên, dados tumapak kalih dintên, upami môngsa ingkang kapêngkêr umur 36

--- 64 ---

dintên wau tanggalipun ing dintên Paing, tanggalipun môngsa ingkang sawêg tumapak dados dhawah Pon, kados makatên ing salajêngipun.

Mênggah sasêrêpanipun lampahing dintên pitu utawi dintên gangsal dhawahing tanggal môngsa wau, pratelanipun satunggal-tunggal sami katata ing pratôngka, saptawaranipun akalihan pôncawaranipun sami kaetang piyambak-piyambak, pangetangipun makatên, pratangkaning taun kakumpulakên akalihan pratangkaning môngsa ingingkang. kinarsan, saptawara sami saptawara, pôncawara sami pôncawara, kumpuling saptawara yèn langkung pitu kabucala pitu, kumpuling pôncawara yèn langkung saking gangsal kabucala gangsal, lajêng kaetang saking bêbukanipun purwaning taun kados ing ngandhap punika.

[Grafik]

Taksih wontên sambêtipun.

--- 65 ---

Kalêmpaking Kawruh Sawatawis

(Sambêtipun ôngka XII kaca 522, taun III)

16. Kangjêng guprêmèn kagungan karsa yasa pamulangan punika pêrlunipun punapa.

Katêrangan:

Bôngsa kula têtiyang Jawi punika, taksih kathah sangêt ingkang dèrèng mangrêtos dhatêng pikajênganipun bôngsa Walandi, kados ta: pêrlunipun angwontênakên pamulangan Jawi, Walandi tuwin sanès-sanèsipun, punapa malih tiyang pakampungan saha padhusunan, kenging dipun wastani mèh babarpisan botên ngrêtos dhatêng pêrlunipun pamulangan wau. Caranipun pakampungan utawi padhusunan, ingkang kathah bilih gadhah anak, nalika taksih alit panggulawênthahipun sae, mèh kadosdene bôngsa Walandi, inggih punika bab têdhanipun, pangangge saha badanipun sabên dintên kaparsudi saenipun, ananging bilih lare wau sampun sawatawis agêng, umur 4, 5 utawi 6 taun, panjaginipun wiwit kirang, kauja sapikajênganipun lare. Awit saking tisna saha asihipun dhatêng anak, punapa malih tiyang sêpuh wau sumêlang bilih anakipun ngantos nangis, dados punapa kemawon ingkang dipun têdha utawi dipun kajêngakên, botên pisan-pisan [pisan-pisa...]

--- 66 ---

[...n] dipun pênggak, utawi botên dipun dugèni, pamanahipun namung waton anakipun kèndêl, awit bilih ngantos nangis, manahipun lajêng sêdhih, saha lajêng botên sagêd nyambut damêl, awit pêrlu nulung anakipun ingkang ambêbana wau. Sanadyan sampun sumêrêp, bilih punapa ingkang katandukakên anakipun wau botên pantês, utawi botên badhe andadosakên bagasing badanipun, ugi botên dipun pênggak, kados ta: bilih lare wau nêdha têtêdhan, ingkang botên pantês katêdha ing lare, punika dipun turuti kemawon, awit sumêlang, bilih botên dipun sukani tamtu lajêng nangis, utawi bilih wontên têtingalan, wayang, talèdhèk sapanunggilanipun, kajawi saking kajêngipun lare, tiyang sêpuhipun pancèn rêmên sangêt dhatêng têtingalan, satêmah anakipun kagendhong kabêkta ningali, ngantos langkung saking têngah dalu, utawi ngantos mèh sadalu natas: dèrèng mantuk, sabab tiyang sêpuh wau rêmên dhatêng cariyos-cariyos ingkang mokal-mokal, saha dhatêng tanduk ingkang botên prayogi, ngantos botên èngêt saha wêlas dhatêng anakipun ingkang tilêmipun wontên ing gendhongan kirang sakeca, saha kenging angin. Sabab saking punika kathah lare ingkang taksih alit, sampun ngrêtos [ngrê...]

--- 67 ---

[...tos] dhatêng lêlampahan ingkang botên pantês dipun lampahi lare alit, saha botên angajèni utawi botên ajrih dhatêng tiyang sêpuhipun. Dene tandukipun tiyang sêpuh ingkang makatên punika, tumrapipun dhatêng anak, kenging kawastanan wêlas wêkasan lalis.

Cara pakampungan saha padhusunan, bilih anakipun sampun umur 9 utawi 10 taun, sampun wiwit dipun patah nyambut damêl, amitulungi tiyang sêpuhipun, kados ta: angèn, ngrêmbat kajêng, ngangsu, ngarit sapanunggilanipun, dene bab sampurnaning gêsangipun botên pisan-pisan dipun manah, ing wusana sarêng lare wau dados tiyang sêpuh, lêstantun bodho rêkaos anggènipun pados têdha. Anggènipun botên purun anglêbêtakên sakolah: ingkang kathah botên margi saking kacingkranganipun, sayêktosipun saking dèrèng ngrêtos dhatêng niyatipun piwulang, ingkang katampèn wontên ing pamulangan. Sumêrêpipun wau namung saking mirêng-mirêng kemawon, bilih lare malêbêt sakolah punika pêrlunipun namung supados sagêda nyêrat, maos, saha petang sawatawis. Tiyang ingkang gadhah pamanah makatên wau têtela bilih botên angsal piwulang ingkang prayogi utawi sampurna, sabab punika inggih botên [botê...]

--- 68 ---

[...n] andungkap dhatêng pikajêngipun piwulang. Malah wontên sawênèhipun tiyang ingkang gadhah pamanah, bilih etang, ngèlmu bumi saha ngèlmu sanès-sanèsipun punika tanpa damêl, ingkang pêrlu namung nyêrat saha maos, awit sanadyan tiyang Jawi upami kasagêdanipun amapaki bôngsa Walandi, ugi botên badhe sagêd dados amtênar Walandi, awit saking pamanah pamêpêr wau, sampun tamtu kasagêdanipun botên badhe mindhak, saha botên amaèlu dhatêng piwulang. Amila sanadyan anakipun sami kalêbêtna sakolah, saking pamanahipun cêkap namung sagêda nyêrat kemawon, wontên malih ingkang anggènipun nyakolahakên anakipun, namung saking bilih lare wau wontên ing griya: nakal, utawi saking sabab sanèsipun.

Ing sapunika sampun ragi kathah tiyang Jawi ingkang mangrêtos dhatêng pikajênganipun piwulang, tandhanipun, anak- anakipun wontên ingkang kalêbêtakên sakolah Walandi, utawi ing pamulangan têngahan (Hoogere Burgersschool) utawi pamulangan sanèsipun.

Ingkang kathah lare-lare ingkang sami malêbêt ing pamulangan Jawi, bilih sampun sagêd nyêrat Jawi saha Walandi sawatawis, saking raosing manahe tiyang sêpuhipun sampun [sampu...]

--- 69 ---

[...n] anyêkapi, amila lajêng kapurih mêdal. Kasagêdan samantên wau lajêng kangge garan angupados têdha, sampun tamtu anggayuh-gayuh tuna anyandhak-nyandhak lêpat, awit punika têmênipun sanès wosing garanipun tiyang pados têdha. Taksih wontên sambêtipun

Pun Prawirawiyata. Abdi dalêm carik ôngka II kabupatèn pulisi Surakarta.

Ngèlmu Padhukunan Bayi

(Sambêtipun ôngka I kaca 12, taun IV)

Êmban ingkang watêkipun sae ugi wontên, ananging awis-awis, awit sabab punapa tiyang gadhah anak asring anggugah dhatêng êmban ingkang patrapipun botên pantês, sarta kenging punapa ingkang jalêr mênawi dalu botên anggêntosi pandamêlaning êmban.

Kalimrahanipun bilih mêntas gadhah anak sawêg 2 utawi 3 dintên, botên sagêd ambêbucal, bilih sawêg samantên dangunipun botên dados punapa, ananging bilih kasrantosakên mêksa botên sagêd ambêbucal, punika kêdah kaunjukana lisah jarak, utawi kapumpa (sêmprot jubur) ananging sampun kaêdênakên, dene [de...]

--- 70 ---

[...ne] bilih sampun kajampenan jampi ingkang sampun kacawisakên mêksa botên tulung, prayogi rêmbagan kalihan dhukun jalêr, ingkang salêbêtipun 3 dintên taksih nuwèni dhatêng ingkang gadhah anak, wontên èstri ingkang nêmbe manak sapisan, utawi ingkang botên sagêd ngwêdalakên toyanipun susu, bokmênawi sabab anggènipun manak ing dalêm 24 jam botên sagêd wawratan, môngka sampun kacoba ngangge jampi ingkang kacawisakên, kados ta: ngangge kain panas, padharan kaêplas sarta ngangge lisah Haarlemmer botên amitulungi, punika lajêng angundanga dhoktêr kemawon, bokmênawi lajêng kapurih mawi pêthi wadhah sêsukêr, sarta andadosakên ènthèngipun ingkang botên sagêd wawratan, punapa malih bilih têtoyan ingkang botên kenging kaampêt, inggih lajêng angundanga dhukun jalêr.

Nalika sawêg wawrat susu sampun agêng, mundri ugi mindhak agêng sarta panjang, bilih sampun wawrat sêpuh susu kapêrês mêdal toyanipun, sasampuning manak wêdaling toya susu sangsaya kathah, lêt sawatawis jam sasampunipun bayi lair dipun susoni sampun purun angênyut, sarta lajêng lêstantun dipun sêsêpi, toya susu dados kênthêl sarta warnènipun pêthak sêmu jêne, punika sae sangêt [sa...]

--- 71 ---

[...ngêt] dados têdhaning bayi. Dene bilih botên sagêd anêsêpi kalih utawi tigang dintên, susu dados mênthêng-mênthêng sarta ambanggal, môngka para ingkang mêntas manak angsring sakit bêntèrtis jalaran saking wêdaling toya susu botên ajêg, mila prayogi tumuntên angundang dhoktêr, sampun ngantos kacandhak ing sakit sanès.

Mênawi gadhah anak sampun tiga utawi 4 dintên, kêdah nêdha sakêdhik, têtêdhanipun ingkang pancèn enggal sagêd ajur, kados ta: roti kalihan toya susu lêmbu, sêkul kalihan rosin rozijn kumkuman roti kalihan pruim sanadyan kêkiyataning badan prasasat sirna, mila kêdah nênêdha kados ingkang kasêbut ing nginggil wau, kêkiyatanipun supaos pulih, ananging botên kenging nêdha tigan, sop ingkang mawi daging alot Zoorkoot kalihan gajih, boncis kalihan sosis, toya ingkang kaunjuk saking sumur ingkang kawadhahan karap wontên ing sênthong, utawi botên kenging ngunjuk, ing dalêm 2 jam sapisan, ugi kenging ngunjuk toya kaworan anggur sakêdhik, toya kalihan puwan, kopi sarta tèh sacangkir.

Bilih sakit bêntèrtis môngka sampun ical, sarta bayi sampun sagêd nêsêp toya susu sae, lêt tiga utawi [uta...]

--- 72 ---

[...wi] kawan dintên kenging nêdha têtêdhan ingkang nuwuki, ngunjuk bir sarta anggur abrit ingkang sae, dene mênawi tanpa sabab punapa-punapa kenging nêdha têtêdhan sabên dintên, ananging botên kenging nêdha sarta ngunjuk ingkang bêntèr-bêntèr.

Sawênèh wontên tiyang wicantên, bilih tiyang wawrat utawi nêsêpi kêdah nêdha sami kalihan tadhahipun tiyang kêkalih, cariyos makatên punika anggumujêngakên, awit saupami kapurih nêdha kathah tamtu andadosakên sakit, wontên têtêdhan ingkang andêrêsakên toya susu, inggih punika bubur karnemelk utawi gort bubur karnemelk galêpung sarta kismis, jênang sagu kalihan puwan, para tiyang nêsêpi punapa ingkang dipun têdha kêdah ngatos-atos tinimbang kalihan ingkang botên nêsêpi, awit sakitipun êmbok anulari dhatêng anak, mila sampun nêdha têtêdhan ingkang dangu ajuripun, utawi ngunjuk ingkang andadosakên sakit dhatêng padharan, kados ta limunadhê ingkang kadamêl saking Zwavelznur utawi Zoutzuur botên namung saking toya jêram tulèn.

Dene panganggenipun sandhangan inggih kêdah ingkang ngatos-atos, langkung malih bilih mêntas gadhah anak enggal, sampun ngangge sandhangan ingkang andadosakên asrêp dhatêng padharan, salêbêtipun pitung dintên sasampunipun [sasampuni...]

--- 73 ---

[...pun] gadhah anak, kêdah taksih ngangge singêp kados ingkang kacariyosakên ing ngajêng, ananging botên kaangge kadosdene bêngkung, kangge singêp namung kangge ambêntèri padharan, bilih môngsa asrêp kêdah ngangge clana pronèl ingkang mawi bênikan, sampun mawi clana ingkang koloripun ing ngandhap mênga, panganggenipun rasukan kêmeja borstrok (entrok) kêlèpipun sampun ngantos mipit susu, sandhangan wau prayogi kadamêl wangun makatên, sabên anêsêpi susu sampun ngantos katingal sadaya. Caranipun ing nagari Wlandi para nêsêpi mawi tutup dhadha ingkang kalapis kapuk.

Para èstri ingkang mangêrtos anggènipun anêsêpi anak botên ngantos langkung saking sanga utawi sadasa wulan. Bayi lair botên mawi untu, mila dèrèng sagêd nêdha têtêdhan ingkang atos, kêdah nêdha têtêdhan ingkang cuwèr, inggih punika toya susu saking êmbokipun.

Salêbêtipun nêm wulan bayi lajêng mêdal untunipun, nanging dèrèng mêdal kathah. Manungsa gadhah untu warni kalih, wontên ingkang kados untuning kewan ingkang nêdha daging, wontên ingkang kados kewan ingkang nêdha gêgodhongan tuwin rumput, mila manungsa kêdah nêdha têtêdhan warni-warni. Dene untuning bayi ingkang thukul salêbêtipun nêm wulan wau: inggih punika untu ingkang kenging kangge nêdha daging, kajawi [ka...]

--- 74 ---

[...jawi] toya susu bayi sampun kenging nêdha bêstik sarta brêgêdèl, bilih sampun thukul êbamipun punika sampun mangsanipun kenging nêdha roti, sêkul sarta kênthang, ing salajêngipun kêdah dipun gêgulang nêdha têtêdhan ingkang atos-atos, amargi sampun sagêd ngrêmêkakên têtêdhan piyambak, êmbok ingkang taksih nêsêpi nalika bayi sampun mêdal untunipun anyêkapi, punika kalêbêt angrisak badanipun piyambak, awit bilih nêsêp langkung dangu adamêl lêsuning badanipun, sarta badaning bayi inggih botên sae. Ingkang tamtu bayi taksih purun kemawon dipun sêsêpi, awit dèrèng mangêrtos barang punapa ingkang andadosakên sae dhatêng badanipun, namung kothonging padharan ingkang botên isi têtêdhan sanèsipun, punika ingkang andadosakên lêsu sarta kêra badanipun, botên sagêd walagang, sadaya wau saking kalèntuning êmbok, ingkang dipun wastani dados sae salêrêsipun adamêl sangsaraning anak. Taksih wontên sambêtipun.

Ringkêsaning Cariyos Ringgit Purwa

(Candhakipun Sasadara ôngka I kaca 17)

(Taksih sambêting cariyosipun Abimanyu)

Kacariyos lolosipun Dèwi Siti Sundari

--- 75 -- -

lajêng dhatêng nagari Pringgandani kêpanggih kalihan ingkang rayi Radèn Gathutkaca anyariyosakên sasolah tingkahipun nagari Dwarawati miwiti mêkasi, wêkasan ingkang rayi pinalar sih supados angupadosi ingkang garwa, Radèn Gathutkaca lajêng utusan ingkang paman Arya Brajamingkalpa,§ Ing padhalangan: nama Ditya Kalabêndana, tuli sangêt, sarta pelo, anamung prawira sagêd manjing ajur ajèr, wayanganipun ingkang kangge dênawa gombak (buta kobis). ditya sakti sagêd manjing ajur ajèr, winêling-wêling tumanggap lajêng mêsat ngambara sarya masang sêsilumanipun, ngantos lami anggèning ngupadosi bêbasan ngantos anjajah dhusun milang kori, mêksa botên angsal pawartos, wêkasan antuk pawartos yèn ingkang kaupadosan wontên nagari Wiratha kapundhut mantu ing Prabu Matswapati, Arya Brajamingkalpa lajêng dhatêng Wiratha anjujug ing kaputrèn, anglêrêsi Prabu Anom Wirabatana lênggah kalihan ingkang garwa Dèwi Utari sawêg padudon karsa dening kawarti Sang Prabu Anom sampun kagungan garwa putri ing Dwarawati, Sang Prabu Anom prasêtya yèn dèrèng kagungan garwa sarya anandukakên basa sadhara manuhara, wau ta lêbêtipun Arya Brajamingkalpa sampun ngrucat sêsilumanipun tanpa rêringa lajêng matur yèn dinuta ing Radèn Gathutkaca kinèn ngupadosi Sang Abimanyu yèn kapanggih lajêng kapondhongana dhatêng Pringgandani ingkang garwa

--- 76 ---

Dèwi Siti Sundari wontên ing ngriku sangêt onêngipun, Sang Prabu Anom api botên miyarsa amung angrêrêpa ingkang garwa kemawon, nanging Sang Arya Brajamingkalpa sangsaya sru aturipun, sang rêtna kagyat ningali dênawa lajêng lumajêng, Sang Prabu Anom langkung duka Arya Brajamingkalpa sinudukan botên tumama sarta botên karaosakên, amung matur angrêrêpa nyuwun aksama amrih lilih ing krodhanipun saha ingaturan kondur dhatêng Pringgandani, Sang Prabu Anom sangsaya riwut dêdukanipun tansah amarwasa, Arya Brajamingkalpa kewran ing tyas lajêng mêsat ngambara mantuk dhatêng Pringgandani sêdya matur punapa kawontênanipun kemawon, praptaning Pringgandani nuju ingkang putra lênggah kalihan Dèwi Siti Sundari, sang rêtna malarsih kinèn nusulakên dhatêng Wiratha dening sampun têtela misuwuring pawartos yèn ingkang garwa wontên ing ngriku, Radèn Gathutkaca anggung angêngimur amrih sarônta ing karsa kantênanipun angêntosi utusanipun ingkang ngupadosi, lêbêtipun Arya Brajamingkalpa matur sasolah tingkahipun nalika kêpanggih wontên ing nagari Wiratha sawêg lênggah kalihan garwa wontên ing kaputrèn, Radèn Gathutkaca anggung anêpak supados kèndêla amrih sampun ngantos kapyarsa ing Dèwi Siti Sundari yèn ingkang garwa krama, ananging Arya Brajamingkalpa botên tampi sasmitaning putra taksih anglajêngakên [anglajêngakê...]

--- 77 ---

[...n] atur cariyosipun, sang rêtna atas pamiyarsanipun langkung sungkawa kesah sarya karuna Radèn Gathutkaca langkung duka ingkang paman tinêbak jajanipun pêjah kapisanan§ Ing padhalangan: pêjahe dipun pêthot gulunipun. Radèn Gathutkaca sanalika langkung pangungunipun botên nyana yèn makatên kadadosanipun, têmah sungkawa karônta-rônta waspa mijil anglir turasan lajêng nungkêmi kunarpa sêdya ngabêkti, ananging kunarpa lajêng muksa sarwi atilar swara amêlingi karna apêpèngêt yèn sedanipun benjing saking Prabu Karna salêbêting prang Bratayuda dening jêmparing Wijayadanu, ing ngriku kapurih ingkang èngêt sampun sandeya, ingkang awas sampun was-was, ujêr sampun jangjining dewa,§ Kacariyos ing padhalangan, kunarpaning Kalabêndana sarêng rinungkêban dhatêng Radèn Gathutkaca lajêng mugsa sarwi asêsumbar akèn prayitna badhe malês salêbêting prang Bratayuda, pamalêsipun nalika prang kalihan Prabu Karna, Prabu Karna karepotan lajêng nglêpasakên jêmparing Wijayadanu, pancèn botên dumugi, lajêng kagêtak dening yitmaning Kalabêndana dados tumanduk ing pusêripun Radèn Gathutkaca, anêmahi seda. Radèn Gathutkaca amiyarsa sangêt nalôngsa salêbêting panggalih, wêkasan pinupus pêpasthèning dewa. Kasaru rawuhipun ingkang uwa Prabu Baladewa mitêmbung mundhut Dèwi Siti Sundari, Radèn Gathutkaca angêkahi dados pôncakara, Prabu Baladewa karepotan, lajêng ngayat jêmparing lumêpas angengingi Radèn Gathutkaca katub kabuncang kombul ing tawang, Prabu Baladewa langkung suka [su...]

--- 78 ---

[...ka] lajêng manjing pura angupadosi Dèwi Siti SudariSundari. nanging sampun botên wontên, lajêng mundur asmu sungkawa kondur dhatêng Mandura. Mangkana lolosipun Dèwi Siti Sundari nyarêngi kabuncangipun ingkang rayi Radèn Gathutkaca, sang rêtna lumampah nusup angayam wana langkung kawlas-arsa sêdya dhatêng Wiratha, sapraptaning Wiratha pinupu kaambil suta dhatêng Kae Jagalwalakas tinakenan kumbi namung ngakên janma kaleyang kabur kanginan, Kae Jagalwalakas sampun sumêpsumêrêp. yèn jatining kusuma anamurkula kawistara sênêning ujwala ngênguwung nêlahi, lajêng dènlih nama Rara Têmon minôngka sêsangkriban anggèning nglugas raga. Kacariyos salêbêtipun wontên ing ngriku sang rêtna mijil prabawanipun andhatêngakên kabêgyan, Kae Jagalwalakas sêmpulur pangupajiwanipun andadosakên ing kasugihanipun, mila Kae Jagalwalakas sasemahipun sangêt anggèning sih marma angêla-êla, ing batos sami anggusthi anggêpipun.

Rms. Suwita.

Ingkang mungêl ing Sêrat Urapsari, karanganipun Ki Padmasusastra bab têmbung wrêdhakrama, ing ngajêng gagas kula bokmênawi namung saking pangathik-athikipun Ki Padmasusastra piyambak, dening kabaudanipun aminta-minta têmbung dados botên saluguning [sa...]

--- 79 ---

[...luguning] kanggenipun, manah kula taksih sêmang-sêmang, ananging badhe maibên ajrih mênawi kêjlungup, pupusan kula namung kèndêl, anggêga: botên, maibên: inggih botên, wusana kula pikantuk têtêdhakaning dhawuh timbalan dalêm sampeyan dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Pakubuwana IX dhatêng Kangjêng Pangeran Arya Pringgalaya, ikêtaning têmbung wrêdhakrama cocog kados ikêtanipun Sêrat Urapsari, botên wontên ingkang nalisir sarambut (têmbung krama botên kasêlanan têmbung madya, mawi panambang ngoko) eram sayêktos kyai: kula, dhatêng sampeyan. Sanadyan sumêbaripun Sêrat Urapsari pindha riris sumawur kataman ing aliwawar ananging sarèhning satunggal dèrèng wontên ingkang suka panarimah dhatêng sampeyan, lowung: kyai, kula suka panarimah, panêdha kula mugi sampeyan tampèni kalayan pirênaning manah anggèn kula balênyak-balênyak sumêrêp bedaning têmbung wrêdhakrama, mudhakrama sarta kramantara, punapadene sanès- sanèsipun sawatawis, punika saking wêwarahipun Sêrat Urapsari, sanadyan tumindak kula taksih kados angganing bayi tinetah, ananging kula rumaos pikantuk lantaran saking sampurnaning pitêdah lampah kula amêsthi badhe botên kabalasuk ngambah margi sasar. Wondening têtêdhakanipun dhawuhing timbalan dalêm wau kados [kado...]

--- 80 ---

[...s] ing ngandhap punika:

Rekanipun punika ikêtan kramantara, mawi têmbung: sampeyan, suka, manah, panêdha, punapa inggih sampun lêrês makatên, sarta malikipun dados mudhakrama punapa linintu: panjênêngan sampeyan ngaturi, galih, panuwun.§ Sampun lêrês, saha sangêt ing panuwun kula, panjênêngan sampeyan kula alêm sampun baud ambedakakên têmbung krama zie S.D. taun III blz. 221. Red.

Rms P. Partaarja

Asma Dalêm

Ingkang rumiyin salam taklim kula dhumatênga rama Pangeran Ariya Pringgalaya, kaping kalihe rama andhawuhna dhatêng wayah andika Pangeran Angabèi, ing samangke Pangeran Adikusuma kula paringi griya tilarane Ngabèi Purwakusuma, ing kampung Singasarèn, sarta rama anthawuhnaandhawuhna. dhatêng waris ing Singsarèn, tuwin têtiyang ingkang taksih sami gêgriya ing pasitèn ngriku, têtêpe mangindhung dhatêng Pangeran Ariya Adikusuma.

Ing samangsane rama nampèni pasrahan saking Adipati Sasranagara, lajêng kapasrahna dhatêng Pangeran Ariya Adikusuma, sarta kadhawuhana ngalih benjing Sênèn kaping 29 Ruwah puniki, wanci jam 3 siyang.

--- [0] ---

Isining Kabar Sasadara

1. Pawarsakan ... blz 41
2. Dintên sae ... blz 42
3. Kewan mulya ... blz 43
4. Tirta usada ... blz 49
5. Têmbung Cina ... blz 55
6. Cakrawarti ... blz 60
7. Kalêmpaking kawruh ... blz 65
8. Padhukunan bayi ... blz 69
9. Cariyos ringgit purwa ... blz 74
10. Katêranganing têmbung wrêdhakrama ... blz 78.