Sastra Jawa

Program Digitalisasi Sastra Daerah

  • Increase font size
  • Default font size
  • Decrease font size

Sasadara, Radya Pustaka, 1903-06, #1808

Katalog:Sasadara, Radya Pustaka, 1903, #1808
Sambung:
1.Sasadara, Radya Pustaka, 1903-01, #1808 . Koran, Majalah dan Jurnal | Sasadara #537.
2.Sasadara, Radya Pustaka, 1903-02, #1808. Koran, Majalah dan Jurnal | Sasadara #538.
3.Sasadara, Radya Pustaka, 1903-03, #1808 . Koran, Majalah dan Jurnal | Sasadara #539.
4.Sasadara, Radya Pustaka, 1903-05, #1808. Koran, Majalah dan Jurnal | Sasadara #540.
5.Sasadara, Radya Pustaka, 1903-06, #1808 . Koran, Majalah dan Jurnal | Sasadara #541.
6.Sasadara, Radya Pustaka, 1903-07, #1808. Koran, Majalah dan Jurnal | Sasadara #542.
7.Sasadara, Radya Pustaka, 1903-08, #1808 . Koran, Majalah dan Jurnal | Sasadara #543.
8.Sasadara, Radya Pustaka, 1903-09, #1808 . Koran, Majalah dan Jurnal | Sasadara #544.
9.Sasadara, Radya Pustaka, 1903-10, #1808 . Koran, Majalah dan Jurnal | Sasadara #545.
10.Sasadara, Radya Pustaka, 1903-11, #1808 . Koran, Majalah dan Jurnal | Sasadara #546.
11.Sasadara, Radya Pustaka, 1903-12, #1808 . Koran, Majalah dan Jurnal | Sasadara #547.

Ôngka III Taun IV. Kaping 15 Mulud ing Taun Wawu, Ôngka 1833 [11-6-1903 AD.].

Sêrat kabar wulanan nama:

Sasadara

Rêginipun ing dalêm satêngah taun 3 rupiyah, sarta kêdah kabayar rumiyin. Ingkang anggadhahi Sasadara Pahêman Radyapustaka. Ingkang nyithak sarta ngêdalakên Firma Vogel v. d. Heijde & Co. Juru pangripta Ngabèi Wirapustaka.

--- 81 ---

Minôngka Pananggalanipun Sasadara

Pawarsakan

Wulan Rabingulakir untaun. Wawu ôngka 1833, taun Hijrah 1321.

[Grafik]

--- 82 ---

Dintên Sae

Salêbêtipun wulan Rabingulakir taun Wawu punika wontên tiga,

1. Dintên Rêbo Pon tanggal kaping 5 wuku Julungpujut, dewa Yama, mawulu, dadi, lampahing rêmbulan, bumi kapêtak, rakamipun dhawah mantri sinaroja, saenipun kangge yêyasan sabarang, sangatipun wiwit jam 10.49 mênut, dumugi jam 1.12 mênut, Jabarail wilujêng.

2. Dintên Jumungah Paing tanggal kaping 14 wuku Pahang, dewa Lodra, wurukung, dadi, lampahing srêngenge, tunggaksêmi, turunipun sagawon ajag, rakamipun dhawah mantri sinaroja, saenipun kangge nikahan, saha yêyasan sabarang. Sangatipun wiwit jam 10.49 mênut, dumugi jam 1.12 mênut, Amad rijêki.

3. Dintên Ngakad Lêgi tanggal kaping 23 wuku Mrakèh, dewa Brama, mawulu, dadi, sritumurun taman, aras pêpêt, sumur sinaba, rakamipun dhawah macan katawang, saenipun kangge yasa regol, pandhapa, sangatipun wiwit jam 8.25 mênut, dumugi jam 10.48 mênut. Yusup rijêki.

Wêwaton sêrat pawukon, wulan Rabingulakir wau mênawi kangge ngêdêgakên griya: sae, watakipun tulus wilujêng: mênawi kangge alih-alihan griya, watakipun [wataki...]

--- 83 ---

[...pun] rahayu wilujêng, nanging pangalihipun botên kenging mangilèn.

Wêwaton ungêlipun kadis Marpuk, mênawi kangge salakirabi, watakipun sakitên saha asring manggih pangucap awon.

Wêwaton ungêlipun kitab Mujarabat, ingkang tanggal kaping 5 wau kawastanan: nakas, salêbêtipun sadintên sadalu botên kenging sade tinumbas, kêkesahan, ngangge-angge, pêpaès, nikahan, nanêm wit-witan, damêl sumur sarta ngadêgakên griya.

Kewan Mulya

(Sambêtipun ôngka II kaca 43, taun IV)

Peranganipun balung cumplung punika kados ta: balung bathuk, balung warana (aling-aling) kalih iji, thothok, pilingan kalih iji, paju, tuwin balung saringan. Balung bathuk punika ingkang saperangan malêbêt, makatên ugi balung thothok saha balung pilingan. Balung paju manggèn ing horisontalipun balung tigang warni wau. Balung saringan manggèn ing godhaganipun balung bathuk ingkang horisontal wau. Peranganipun balung rai ingkang sagêd ebah namung satunggal, inggih punika balung wang ngandhap. [ngandha...]

--- 84 ---

[...p.] Peranganipun kados ta: wang nginggil kalih iji, wang ngandhap, balung pipi kalih iji. Balung wang ngandhap nginggil punika panggenan tancêbipun untu, saha ingkang ngandhap athik-athikan kalihan balung pilingan.

Lêdhoking maripat wontên ing saantawisipun balung bathuk, pipi, wang nginggil, paju, saringan, saha balung luh.

Bolonganipun irung ing jawi wontên ing saantawisipun balung wang nginggil kêkalih, saha balung irung. Bolongan irung kiwa têngên, pilah dening daging ingkang sawarni balung. Sangandhaping bolongan lêdhoking irung, wontên bolongan lêdhoking cangkêm. Balung luh panggenanipun ing pucukipun lêdhoking maripat ingkang lêbêt.

Balung badan punika ugi kadadosan saking balung kathah kados ta:

1. Balung gêgêr kalihan balung sakrum sacrum balung gêgêr punika pakêmpalanipun balung 24 iji, ingkang trapipun sungsun-sungsun (ros-rosan) satunggal-tunggalipun ros wujudipun ingkang ngajêng wiyar saha waradin, ingkang wingking pêpitu, ingkang satunggal agêng nama prosèsus sêpinosus processus-spinosus saha ngênêr ing wingking, ingkang kalih ngiwa nêngên nama prosèsus tronursus processus tronursus dene ingkang sakawan dados panyambung satunggaling ros ing

--- 85 ---

ros sanèsipun, nama prosèsus oblikuwi processus obliqui satunggal-tunggalipun ros têngah bolong, saha bilih kasungsun, bolongan wau andadosakên urung-urung nama, kanalis sungsum. Urung-urung wau ingkang nginggil, wontên ing sangandhapipun bolongan agêng ing cumplung. Kajawi saking punika wontên malih bolonganipun, ing nginggil saha ngandhap, inggih punika margi otot pangraos, sarta malih wontên lêdhokanipun wangun satêngah bundêran.

Balung gêgêr punika kaperang dados tiga, inggih punika ros gulu 7 iji, ros gêgêr 12 iji, saha ros bangkekan 5 iji. Ros gulu ingkang nginggil piyambak nama atlas atlas peranganipun ingkang ngajêng ciyut sangêt, prosèsus oblikuwi ingkang nginggil botên wontên, ananging wontên lêdhokanipun 2 inggih punika ingkang dipun anjêngianjingi. pêntholipun balung cumplung, ingkang wontên sakiwatêngênipun bolongan agêng kasêbut ing nginggil, ros gulu ingkang ôngka 2 saking nginggil nama epistropeyus epistropheus nginggil wontên unton-untonipun agêng satunggal, manjing ing bolonganipun atlas. Awit saking unton-unton wau sirahing tiyang sagêd mubêng ngiwa nêngên, saha awit saking lêdhokan kêkalih ingkang dipun [di...]

--- 86 ---

[...pun] anjingi pêntholing cumplung wau sirah sagêd ebah mangajêng saha dhatêng wingking (manthuk-manthuk).

Balung sakrum sacrum punika wontên sangandhapipun balung gêgêr, inggih punika pamanjangipun balung gêgêr, saha têmênipun kadadosan saking 5 ros ingkang sampun dados satunggal, ing lêbêt bolong, inggih punika lêlajênganipun kanalis sungsum. Peranganipun ingkang ngajêng katingal agaris- garis, inggih punika watês satunggal-tunggalipun perangan, ingkang wingking ugi katingal bolong-bolonganipun saha tilas prosèsus sêpinosus, tuwin prosèsus oblikuwi. Balung sakrum wau dipun anjingi balung pok pupu. Sangandhapipun balung sakrum, wontên malih balung satunggal, ingkang wontên rosipun 4 utawi 5 nama balung Coccigis (balung buntut).

2. Balung dhadha, inggih punika balung iga saha balung sêtèrnum (Sternum) balung iga punika-punikapunika.

panjang, waradin, saha malêngkung, wingking sambêtan kalihan balung gêgêr, ngajêng wontên ingkang sambêtan kalihan balung sêngtèrnum,sêtèrnum. wontên ingkang botên, pucukipun (ingkang ngajêng) balung nèm, cacahipun sadaya 12 pasang, ingkang 7 pasang ingkang ngajêng sambêtan kalihan balung sêtèrnum, dipun wastani balung iga

--- 87 ---

têmên, ngandhapipun wontên tigang pasang ingkang sambêtan kalihan pucukinpucuking. balung iga têmên ingkang ôngka 7 saking nginggil, ingkang 2 pasang ingkang ngajêng botên têpang kalihan balung sanès-sanèsipun.

Balung sêtèrnum punika ingkang nginggil wiyar, têngah panjang saha kirang wiyar tinimbang ingkang nginggil, ngandhap lancip, godhagan antawisipun iga kalihan balung sêtèrnum nama: torak thorax.

3. Balung pok pupu (balung koksarum Coxarum).

Balung pok pupu 2 iji punika santosa sangêt, ingkang wingking manjing ing balung sakrum, ngajêng gathuk sami balung pok pupu. Peranganipun ingkang nginggil saha wingking wiyar sarta waradin, nama balung iliyum (ilium) ingkang ngajêng nginggil nama balung pubis (pubis) kalih iji, ingkang ngandhap nama balung is-ii (ischii) saantawisipun balung pubis kalihan balung is-ii bolong, nama bolongan opal (ovaal) sacêlakipun balung pubis, lêdhok agêng inggih punika panggenan anjingipun balung pupu. Kêmpalipun balung koksarum kalihan balung sakrum, dipun wastani pèlpis (pelvis).

Anggota ingkang nginggil, satunggal-tunggalipun kadadosan saking balung 32 iji, inggih punika balung selangke

--- 88 ---

(têmbung Malayu) utawi balung slentelbeen (têmbung Walandi), walikat, lêngên nginggil, utawi balung humêri humeri ulnah ulna radhius radius pok tangan (ugêl-ugêl 8 iji, tapak tangan), èpèk-èpèk (5 iji saha balung dariji 14 ros), jêmpol 2 ros, sanèsipun nigang ros, sleutelbeen punika malêngkung warninipun mèh kados aksara S pucukipun ingkang satunggal têpang kalihan balung sêtèrnum, satunggalipun têpang kalihan balung walikat, balung humêri nginggil manjing ing balung walikat, ingkang ngandhap manjing ing balung ulnah saha radhiyus.

Anggota ingkang ngandhap satunggal-tunggalipun kadadosan saking balung 30 iji, inggih punika balung pupu, dhêngkul, garês kalih iji, pok suku (tunggak) 7 iji (ingkang satunggal agêng, inggih punika ingkang lugu nama tungkak), tapak suku (talapakan) 5 iji, balung dariji suku 14 iji.

Amung dumugi samantên sasêrêpan kula bab punika, amila sintên ingkang kaparêng amêwah utawi angewahi ing lêrêsipun, sadèrèngipun kula matur sèwu nuwun.

Pun Prawirawiyata.

Abdi dalêm carik ôngka II kabupatèn pulisi Surakarta.

--- 89 ---

Ngèlmu Ukur Sawatawis

(Candhakipun Sasadara ôngka XII kaca 528, taun III)

[Grafik No. 17]

Mênawi wontên lumah mojok 7 ingkang wangunipun kados gambar ôngka 17 punika pamerangipun botên nyêkapi mênawi namung sarana dhiagonal satunggil, kêdah kalih, tiga singgêtanipun (AD) mila lumah mojok 7 wau kêdah kaperang dados kalih rumiyin mawi garis dhiagonal AD lajêng andamêl dhiagonal kalih ingkang panjang piyambak, satunggil dhiagonal BD kangge merang lumah mojok sakawan ABCD. Kalih: dhiagonal GD kangge merang lumah mojok gangsal ADEFG. Saking A saha C katarik garis sipat gantung dhumawah ing BD saking AE saha F katarik garis sipat gantung dhatêng DG kados dhapuripun gambar punika. Sapunika lumah mojok pitu wau sampun kaperang dados 9 perangan. Ingkang katêngêran ing ôngka VIII wangunipun trapesium, sanèsipun wangun lumah mojok tiga sikon, [siko...]

--- 90 ---

[...n,] mênawi sampun sumêrêp panjangipun satunggil-satunggiling garis ingkang pêrlu, lajêng kenging kaetang jêmbaripun miturut wêwatonipun lumah mojok tiga utawi trapesium, wiwit ôngka I, II, sapiturutipun dumugi IX kapanggihipun sadaya kagunggung, dados kapanggih jêmbaripun lumah mojok pitu wau.

Murih enggaling pangetang ôngka I kalihan II kenging kaetang sapisan kemawon, awit I kalihan II punika kalêmpakipun dhapur lumah mojok tiga têmpak, dhasaripun BD, inggilipun: garis sipat gantung saking C dhatêng garis BD punika.

Makatên ugi III kalihan IV, V kalihan VI, inggih sami kenging kadadosakên satunggil kemawon.

Pirantosipun angukur.

Ing ngajêng sampun kula pratelakakên mênggah rekanipun ngupadosi jêmbaripun lumah warni-warni, kados sampun nyêkapi kangge kabêtahanipun ngèlmi ukur sawatawis. Mila ing mangke badhe kula cariyosakên pirantosipun, ingkang pikantukipun sarana gampil, kados ing ngandhap punika.

Anjir

Anjir makatên kajêng gilig saha lêmpêng, panjangipun

--- 91 ---

± 6 kaki, agêngipun salêngên, wontên ingkang dipun cèt balusan, wontên ingkang kaponthang-ponthang pêthak kalihan abrit, sawênèh pucukipun dipun blèwèhi, kangge sêmpetanipun dalancang utawi sanèsipun, murih cêtha katingalipun saking katêbihan, sampun ngantos jumbuh kalihan wit-witan, anjir makatên ingkang ngandhap lancip mawi tunjung tosan, supados gampil manawi katancêbakên.

Mênawi botên wontên anjir ingkang makatên, sadaya kajêng utawi dêling ingkang lêmpêng kenging kangge anjir. Mênggah ingkang makatên punika kadamêl nêngêri panggenan ing pasitèn ingkang badhe kaukur.

Rante ukuran

Rante ukuran punika kalimrahanipun ingkang kadamêl kawat kuningan utawi kawat tosan, agêngipun sagagang sêdhah ragi agêng sakêdhik, panjangipun 10M utawi 20M, rante wau mawi cêklekan ingkang panjangipun nyatêngah M sami kagandhèng mawi alèn-alèn, namung cêklekan ingkang dumunung ing bongkot tuwin pucuking rante punika panjangipun kirang saking satêngah M awit bongkot pucukipun rante mawi gêlangan agêng kangge cêpêngan. Cêklekan ing bongkot utawi ing pucukipun rante punika [pu...]

--- 92 ---

[...nika] jangkêpipun ½M kêdah punjul gêlanganipun, gathukipun gêlangan kalihan cêklekan wau mawi uliran ingkang sagêd mungkrêd utawi modod, murih gampil anggènipun ngewahi manawi lêpat panjangipun rante.

Supados enggal anggèning ningali peranganipun, ing watêsipun sabên 5M sambêtanipun mawi alèn-alèn dêmbagi.

Sarèhning cêklekanipun rante panjangipun satêngah M dados rante punika botên kenging kangge ngukur ingkang panjangipun kirang saking ½M mênawi kirang saking samantên, kêdah kaukur mawi elon (mètêran) ingkang wontên peranganipun alit-alit.

Wontên malih rante ukuran ingkang cêklekanipun namung nyakaki, panjangipun 60 kaki (5 cêngkal), sabên 12 kaki (cêngkal) alèn- alènipun inggih kadamêl sanès, supados gampil anggènipun nupiksa.

Mênawi botên wontên rante ukuran, kenging damêl lintunipun, kados ta: kajêng tipis utawi dêling sigaran ingkang lêmpêng, panjangipun kadamêl sacêngkal, wontên ingkang badhenipun pênjatos kawangun kados rante.

Têrkadhang wontên ingkang damêl ukuran saking tampar duk, panjangipun kadamêl 50 utawi 100 cêngkal, sabên [sabê...]

- -- 93 ---

[...n] sacêngkal winatêsan ing bundhêlan, tamtu kemawon ngukur mawi pirantos makatên wau sagêd gèsèh, nanging têka inggih lumayan kangge tambêl bêtah.

Mênggah kanggenipun rante ukuran punika kadadêl kadamêl. angukur têbihipun sipatan ing pasitèn.

Sujèn.

Mênawi ngukur mawi rante kalimrahanipun mawi sujèn, ingkang kadamêl ugi kawat, wangunipun lancip, bongkotipun dipun blêngkukakên têpang kangge cêpêngan. Mênawi botên wontên sujèn ingkang makatên, kenging ngangge sujèn dêling utawi sanèsipun, anggêr lancip, supados gampil kaêncêpakên ing siti.

Mênggah kanggenipun sujèn punika kadamêl nêngêri wêkasanipun rante sabên kadhawahakên, ngiras kangge ngetangi, anggènipun ngukur sampun pikantuk pintên dhawahan, supados botên kaledhon. Mila sujèn wau inggih kêdah kapêsthia kathahipun, limrahipun 10 iji, upami ngukur mawi rante ukuran ingkang panjangipun 5 cêngkal, mênawi sujènipun 10 sampun têlas katancêbakên ing wêkasanipun sabên dhawahing rante, dados rante ukuran sampun kangge ngukur angsal 10 dhawahan, têbihipun ingkang kaukur inggih sampun angsal 5 cêngkal X 10

--- 94 ---

' = 50 cêngkal.

(Taksih wontên sambêtipun)

Kaimpun dening Mas Martadiharja. Mantri guru ing Bagi.

Ringkêsaning Cariyos Ringgit Purwa

Candhakipun Sasadara ôngka II kaca 74, taksih sambêting cariyosipun Abimanyu.

Ing antawis dintên kauningan ing Prabu Anom yèn ingkang garwa wontên ing pajagalan pinupu kaambil suta dhatêng Kae Jagalwalakas, lajêng têdhak dhatêng pajagalan andhawuhakên sawadosing karsa, Kae Jagalwalakas matur sumôngga ing karsa. Kacariyos Sang Prabu Anom rintên dalu kêrêp wontên ing pajagalan andadosakên sangsaya rêrêngatan kalihan ingkang garwa Dèwi Utari, Prabu Matswapati langkung sungkawa dening ginubêl ingkang putra nyuwunyuwun.

kapêgatnankapêgatna. kalihan ingkang garwa, para Pandhawa sami sungkawa angraosakên tingkahing kang putra, Sang Arjuna amituturi botên pinituhu malah ingewanan, awit saking sungkawaning panggalih Sang Arjuna kesah bêbêdhag dhatêng wana angenggar -enggar panggalih, kêpapak kalihan punggawa ditya ing Midhangprapa dinuta ing ratunipun angaturakên [anga...]

--- 95 ---

[...turakên]

sêrat dhatêng Prabu Matswapati anglamar putrinipun ingkang nama Dèwi Utari, badhe kadhaupakên kalihan rayi Radèn Andewara, tanya-tinanya dados prang ditya pêjah sadaya, sasesaning pêjah matur dhatêng ratunipun langkung krodha lajêng bidhal anglurug dhatêng Wiratha kêbut sawadyanipun sadaya. Sang Prabu Anom sangsaya kalantur-lantur anggèning rêrêngatan kalihan ingkang garwa kasêngsêm wontên ing pajagalan kemawon, Dèwi Utari anggung anggubêl ing rama nata nyuwun pinêgatna kalihan ingkang garwa, ingkang rama kewran ing panggalih anggung angimur murwèng pangrapu basa amrih sandening karsa, nanging sang rêtna adrênging karsa malah lajêng matur purwaning padudon kalihan garwa miwiti mêkasi. Sang nata langkung duka paraning dêduka dhatêng Rara Têmon lajêng dhawah dhatêng putra têtiga kinèn mundhut sutaning Kae Jagalwalakas ingkang nama Rara Têmon badhe pinidana pêjah Kae Jagalwalakas matur karananing badhe pinidana, sang rajaputra sampun dhawuhakên saliring wêwados sadaya, Rara Têmon kabêkta lajêng pinêjahan wontên samadyaning wringin sêngkêran kunarpa gilang-gilang langkung amlas arsa, sapêngkêring rajaputra Kae Jagalwalakas matur dhatêng para Pandhawa yèn Rara Têmon kapundhut ing sang nata badhe pinêjahan, para Pandhawa, Radèn Sômba Sêtyaki sami sungkawa [sung...]

--- 76 ---

[...kawa] lajêng mêdal nututi sêdya nyuwunakên apura wêkasan sampun pinanggih pêjah gumuling siti sarira kuthah ludira, Radèn Sômba nungkêmi kunarpa sarya lara karuna kados wanudya para Pandhawa gumrumung sami anglut karuna, kunarpa lajêng kabêkta dhatêng dalêming para Pandhawa ingupakara sarta tansah sinidhakara sinidhikara. panuturan mulyaning asmaralaya. Katungka dhatênging mêngsah saking Mêdhangprawa gêlar dumuk angun-angun lajêng soroh amuk, wadya ing Wiratha kagegeran kathah pêjah, Prabu Anom kalihan rajaputra têtiga mangsah pêpulih kadhèrèkakên para punggawa, ditya kasor asasaran, Radèn Jaka Andewara kalihan ingkang rayi Radèn Jaka Amijaya mangsah pêpulih pinêthukakên Sang Arjuna jinêmparing babar dados Dèwi Wara Sumbadra kalihan Dèwi Wara Srikandhi, Prabu Yudakala Krêsna mangsah pêpulih ngamuk punggung sura tan taha, pinapagakên Sang Arjuna jinêmparing babar dados Sri Bathara Krêsna, wadya raksasa sami sirna dening Arya Sena tumpês tapis tanpa sesa. Para Pandhawa lajêng sowan ingkang eyang Prabu Matswapati angirid ingkang raka Sri Batha Bathara. Krêsna, angaturakên solah tingkahing prang miwiti mêkasi, ingkang eyang langkung ngungun lajêng nambrama dhatêng ingkang wayah Sri Bathara Krêsna, aturipun dahat kalingga murda, lajêng [la...]

--- 97 ---

[...jêng]

ngaturakên gancaring lêlampahanipun miwiti mêkasi, sadaya ingkang miyarsa sami sangêt ing pangungunipun, wêkasan sami suka sukur ing dewa dene sami taksih basuki. Kunarpaning Dèwi Siti Sundari kaaturakên ingkang rama Sri Bathara Krêsna lajêng kausadan sêkar Wijayamulya, sanalika purna jati mulya kados ing wau-waunipun, sadaya langkung suka, Prabu Matswapati mundhut pangapuntên dhatêng ingkang wayah Sri Bathara Krêsna anggèning midana Rara Têmon, sarta amitêmbung Dèwi Siti Sundari kaprayogèkakên lulusing kagarwa ing Sang Prabu Anom, Sri Bathara Krêsna mangayubadya, Dèwi Siti Sundari lajêng kabêkta ingka garwa dhatêng kaputrèn kapasrahakên ing Dèwi Utari sarta anyêrêpakên lêlampahanipun miwiti mêkasi, Dèwi Utari anampèni kalihan suka pirêna rêsêp mulat ing suwarnanipun Dèwi Siti Sundari, sang rêtna sakalihan atut runtut anggèning kêkadang kados sadhèrèk tunggil rama ibu, putri Dwarawati lêstantun dados sêpuh, putri Wiratha dados anèm, andadosakên sukaning garwa kalihan para sêpuh. Ing antawis dintên Sri Bathara Krêsna nyuwun pamit kondur dhatêng Dwarawati sampun kalilan, para Pandhawa kadhawuhan kondur dhatêng Ngamarta nanging enggal-enggal kadhawuhan tuwi ingkang putra Sang Prabu Anom

--- 98 ---

matur sandika bidhal sêsarêngan kalihan ingkang raka Sri Bathara Krêsna.

Rms. Suwita.

Tirta Usada

(Sambêtipun ôngka II kaca 49, taun IV)

Sakit bengkong ula-ulanipun.

Wontên jêjaka umur 27 taun, sampun pintên-pintên taun gadhah sakit gêgêr, ngangtosngantos. bêngkuk ula- ulanipun, amargi dhadhanipun ingkang sisih têngên lêgok, lêgoking dhadha wau anarik dhatêng ula-ula satêmah dados bêngkuk punika, jêjaka lajêng anglampahi adus rêndhêman murad sadintên kaping sakawan, sarêng angsal 6 wulan bêngkuking ula-ulanipun sagêd pulih malih, dhadhanipun ingkang lêgok sagêd pulih ugi, ananging bokongipun lajêng abuh amendhol-mendhol, awit saking agênging abuhipun pun jêjaka ngantos mèh botên sagêd lumampah, sarta gadhah sumêlang bilih kaêlut ing sakit sanès, samantên ugi anggènipun adus rêndhêman murad taksih dipun lajêngakên, sarêng angsal 3 wulan malih abuhipun lajêng sirna, sêsakitipun ugi lajêng saras.

Bab 28. Sakit ampêdhu (njali) berlatoe tuwin sêriawan usus?

--- 99 ---

Wontên nyonyah sampun lami anggènipun nandhang sakit ampêdhunipun, sarta lampahing kêmahipun kirang sae, lami-lami lajêng tuwuh sêsakitipun malih wontên salêbêting usus, saking sangêting sakitipun wau nyonyah ngantos botên sagêd tilêm, jalaran salêbêting usus wontên barang ingkang marongkol atos kados sela, saking pangraosipun agênging barang ingkang mrongkol salêbêting ususipun punika mèh sabithi, mila andadosakên sabab bilih ambêbucal botên sagêd lêga. Nyonyah wau lajêng dipun kèn jêjampi adus rêndhêman padharan sadintên kamingkaping. 2 dumugi kaping 5, punapa malih dipun kèn adus tangas badanipun sakojur, ing dalêm pêndhak dintên sapisan utawi kaping kalih. Dipun lampahi angsal pêndhak dintên, sakitipun sampun wontên antawisipun sakeca, dene sarêng angsal sawulan, sêsakitipun ingkang mrongkol salêbêting usus sagêd ajur, sarta mêdal katut ing uyuh tuwin sêsukêr, wêkasan sarêng jangkêp kalih têngah wulan sêsakitipun sampun saras babarpisan.

Bab 29. Sakit paru-paru, suku kêraos asrêp, sakit padharan, sakit limpa tuwin sakit gulu.

--- 100 ---

Tuwan H. umur 27 taun, sampun lami anggènipun sakit warni-warni kados ingkang kasêbut ing nginggil, sarêng anglampahi adus rêndhêman padharan kaminipunlaminipun. 14 dintên, sarta lajêng adus rêndhêman murad 8 dintên, ing dalêm sadintên kaping 2 utawi kaping 3 sarêng anggènipun adus rêndhêman murad, angsal 15 dintên, sadaya sêsakitipun lajêng sagêd saras babarpisan.

Bab 30. Sakit balunging sukunipun.

Tuwan A.H. gadhah sakit korèngên tuwin gudhigên sukunipun kalih pisan. Awit saking punika ngantos andadosakên êmpuking balungipun suku kêkalih wau, satêmah Tuwan A.H. botên sagêd lumampah, dene sadangunipun Tuwan A.H. sakit punika, sampun pintên-pintên usada ingkang dipun jampèkakên, nanging botên wontên ingkang tumama, sarêng anglampahi adus rêndhêman padharan, salêbêtipun kalih dintên sampun sagêd lumampah, sarêng angsal 3 wulan, korangkorèng. tuwin gudhigipun sampun ical sadaya, punapa malih sagêd pulih kêkiyataning badanipun, sarta lajêng botên gadhah sakit balung salaminipun.

--- 101 ---

Bab 31. Sakit paru-paru.

Wontên rare èstri umur 4 taun, gadhah sakit padharan, dipun jampèni sakathahing jampi sampun madal kemawon, rare wau lajêng dipun suwunakên tulung Tuwan Kihnê, sasampunipun dipun priksa sêsakitipun, lajêng dipun dhawuhi ngêdusi rêndhêman padharan, sadintên kaping 2 utawi kaping 4 sarta dipun dhawuhi adus soroting srêngenge, punapa malih sabên-sabên dikakakên amlampah- mlampah wontên ing latar, supados sagêda angsal hawa ingkang sae. Dhawuhipun Tuwan Kihnê wau lajêng dipun èstokakên, angsal 3 wulan, sakiting rare wau sampun saras babarpisan.

Bab 32. Sakit balunging sukunipun.

Wontên tukang batu umur 42 taun, sampun lami sakit balunging sukunipun ingkang kiwa, punapa malih sukunipun wau lajêng mêdal gudhig tuwin korèngipun, ngantos rêkaos kadamêl lumampah. Sarêng nglampahi adus rêndhêman padharan kaping 3 sadintên, sarta adus tangas 8 dintên kaping 2 botên antawis lami gudhig tuwin torèngipunkorèngipun.

sagêd garing sarta lajêng ngathèk,nglèthèk. punapa malih sakitipun balung ugi kathah [ka...]

--- 102 ---

[...thah] sakecanipun. Sarêng angsal sawulan sadaya sêsakitipun sampun saras babarpisan.

Bab 33. Sakit ros-rosaning suku utawi lumpuh.

Wontên rare jalêr 12 taun, sakit ros-rosaning pupunipun ingkang têngên, ngantos andadosakên lumpuhipun, dene bilih lumampah kêdah mawi katuwak ing têkên, mênggah ingkang dados jalaraning sêsakitipun punika, botên sanès namung saking asrêp ingkang sampun malêbêt dhatêng ing pèhipun (impês wadhah uyuh) awit rare wau asring botên sagêd nguyuh, dene bilih nguyuh kêraos sakit, sarta wêdalipun namung sakêdhik, sarêng rare wau anglampahi adus rêndhêman murad kaping 3 sadintên, tuwin nyirik têtêdhan ingkang pancèn botên nêdha, ing dalêm 14 dintên rare sampun sagêd lumampah tanpa têkên, dene sarêng angsal 23 dintên, sakiting sukunipun sampun sirna, wusana sarêng angsal 6 wulan, sadaya sêsakitipun sampun saras babarpisan.

Taksih wontên sambêtipun. Wignyaarja.

Sêrat Cakrawarti

(Sambêtipun ôngka II kaca 60 taun IV)

Sarêng awit ing taun 421 dumugi 480 taun [tau...]

--- 103 ---

[...n] pangetangipun sami kalihan kala awit ing taun 1 dumugi 60 taun ingkang sampun kasêbut ing ngajêng wau, saptawaranipun wangsul kaetang saking Rêbo, pôncawaranipun kaetang saking Paing, kados makatên ing salajêngipun sabên 420 taun, bêbukanipun purwaning taun ingkang badhe tumapak wangsul malih, pangetanging saptawara saking Rêbo, pangetanging pôncawara saking Paing, kaetang dumuginipun ing taun Subakarti, utawi ing taun Prayana angkaning warsa punika 1730 ingkang dados bêbuka purwaning taun, saptawaranipun angetang saking Rêbo, pôncawaranipun angetang saking Paing.

Wondèntên sêrêping pangetangipun makatên, ing taun Subakarti utawi ing taun Prayana ôngka 1730 punika kabucal 1680, dados kantun 50 anuju ing taun Subakarti, utawi ing taun Prayana punika dhawahing bêbuka purwaning taun, saptawaranipun kaetang saking Rêbo, pôncawaranipun kaetang saking Paing, ing salajêngipun ngantos dumugi ing taun Rudraksa utawi ing taun Kirana, ôngka 1740 kumpulipun ing pratôngka taksih angetang saking Rêbo Paing, ing ngandhap punika pratelanipun panataning pratôngka sadaya.

--- 104 ---

[Grafik]

--- 105 ---

[Grafik]

--- 106 ---

Algêbrah ALGEBRA

Algêbrah algebra punika ing têmbung Walandi tulèn dipun wastani stelkunst guna pangrantam, inggih punika etang rantaman, ing kinanipun têtiyang Itali amastani arte maggiore kangge namaning kawruh etang ingkang inggil-inggil, utawi winastan regolo de lacosa dene ingkang limrah ing sapunika têmbung algêbrah algebra kangge namaning kawruh etang mawi aksara utawi mawi tôndha, minôngka têngêran lêlintuning ôngka petangipun cacah, algêbrah punika asalipun saking têmbung Arab Algebr wal moka bale ingkang atêgês jangkêpi lan damêl sami.

Mênggah dadosing panduman urut-urutan ing petang algebra punika de term algebraesch limrahipun botên mêsthi kangge lêlintuning sadhengahipun etang mawi aksara utawi mawi tôndha, ingkang lêrêsipun mawi ôngka, dene kangge makatên bokmênawi namung supados sagêdipun ringkês tumraping kawruh nandhing utawi ngrantam cacah.

Sêrat-sêrat kina ingkang nyariyosakên prakawis kawruh algebra punika damêlanipun Diophantus Dhiophantês ing kitha Iskandariyah Alexandrie ing nagari Mêsir, salêbêting taun Ngisa 400 kathahipun buku dêdamêlanipun wontên tiga wêlas, ingkang taksih karimatan sapriki namung

--- 107 ---

kantun nênêm, dene dumuginipun ing Eropah kawruh algebra wau kala kinanipun saking para wignya bôngsa Ngarab, cêcangkokan kawruh saking Indhu, salajêngipun kabudi malih saha kalimrahakên dhatêng para sarjana bôngsa Eropah dumugi sapriki.

Wiyosipun sarèhning kula botên nate sinau wontên ing pamulangan agêng Jawi, kados ta: ing pamulangan murit calon guru, ing pamulangan bêstir opleiding school tuwin ing pamulangan dhoktêr Jawi, pramila kula dèrèng sumêrêp mênggah Jawinipun têmbung- têmbung utawi tôndha-tôndha ingkang kangge wontên ing piwulang kawruh etang algebra (algebraesche terminologie teekens enz sarta ingkang cocok kalihan kaprahipun ingkang kangge ing têmbung Jawi wontên ing pamulangan, kula pitakèn-pitakèn dhatêng tilasan murid ing pamulangan Jawi alit, ingkang kalêbêt dhatêng pamulangan ôngka I botên sagêd angsal sêsêrêpan ingkang madhangakên manah kula, pandugi kula botên dipun wulangakên wontên ing pamulangan Jawi alit.

Awit saking punika pramila ing sapunika kula nêmpuh byat angicalakên was-wasing manah kamipurun nyuwun barkah sêsêrêpan dhatêng para mitra pambantuning Sasadara, mugi wontêna ingkang kaparêng asung pitêdah mênggah Jawinipun têmbung-têmbung

--- 108 ---

ing kawruh etang algêbrah kados ingkang kula pratelakakên ing ngandhap, panuwun kula têgês-têgês wau sampun ingkang mêdal saking pangathik-athikipun piyambak, awit yèn makatên kula piyambak sampun kadugi, panuwun kula ingkang sampun kaprah kangge ing kawruh etang têmbung Jawi, dhuh mitra kula ingkang kêsdu asung sêsuluh amadhangakên budi kula, panuwun kula punika botên tuwuh saking cipta sumagêd badhe nêdya anjajagi dhatêng kawruhipun para mitra, damêlipun punapa? Sayêktosipun sêpên saking manah ingkang makatên, kajawi namung sapele kêbujêng saking pêrlu supados sagêda ragi gampil anggèn kula badhe nêrangakên kêkarangan kula ingkang magêpokan kalihan kawruh arithmetica sawatawis, kula angge manjurung dhatêng Sasadara punapa kanggenipun ing pamulangan Jawi agêng inggih kalugokakên namaning têmbung Walandi kemawon, kados ta:

Têmbung termen

Têmbung formule

Têmbung ongelijkheid ingkang tumrap ing kawruh etang punapa kados ta: c > d. of c > d punika nama ongelijkheid.

Têmbung product, quotient, factor, macht der factoren, exponent,

--- 109 ---

grondtal, tweede, derde en vierde macht.

Het vierkant of het kwadraat van een getal machtsver heffing, worteltrekking, de vlerkantswortel uit p kados ta: V P. gedurig product coefficient kados ta: ing [Grafik] coefficient tipun 3,4- Gelijksoortige getallen winastan punapa, kados ta: [Grafik].

Ongelijksoortige getallen winastan punapa kados ta: [Grafik] sarta [Grafik] sarta [Grafik]; dene pêrlunipun mênggah wontên karangan ingkang mungêl makatên: formule kangge angetang rikating lampahipun suwara ing salêbêtipun hawa formule ing pamulangan punapa limrah winastan pitêdahing petang, upaminipun wontên pitêdah makatên:

[Grafik]

Mênawi botên katêrangakên saking pandugi kula para maos Sasadara salong wontên ingkang botên mangrêtos, nama-nama wau badhe kula têrangakên mawi têtêmbungan saking pangathik-athik utawi saking sêsêrêrêpansêsêrêpan.

kula piyambak, mênawi botên limrah kalihan kanggenipun wontên ing pamulangan, kirang utami [uta...]

--- 110 ---

[...mi] awit punika ingkang sampun kaanggêp lêrês sarta sampun kangge dhatêng para sagêd.

R.L. Mangkudimêja. Ngayogyakarta.

Ngèlmu Alam

Sambêtipun Sasadara ôngka VII taun I kaca 301.

II. Bab pamerangipun kewan ingkang gadhah ragangan.

Pêksi

Pêksi punika kewan gadhah ragangan, rahipun bêntèr tuwin nigan, kadosdene kewan ingkang nêsêpi, pêksi punika ambêkanipun mêdal ing kêbuk, makatên ugi manahipun inggih sami wontên kothakanipun sakawan, balunganipun ingkang ngajêng botên kangge mlampah: nanging kangge mabur, naminipun suwiwi, wacucalipun katutup ing wulu, uwangipun katutup ing bangsanipun sungu, namanipun cucuk, pêksi punika kaperang dados 7 bôngsa.

1. Pêksi galak (môngsa bangsanipun).
2. Pêksi ocehan.
3. Pêksi ingkang mènèk.

4. Pêksi iwèn.

--- 111 ---

5. Pêksi ingkang mlampah.
6. Pêksi ing rawa.
7. Pêksi ingkang nglangi.

Bab 1. Pêksi galak

Pêksi galak punika sukunipun rosa, drijinipun katutup ing cakar bengkok landhêp, minôngka dêdamêlipun tuwin nyangkêrêm, punapa malih kangge nyuwèk-nyuwèk mêmangsanipun, cucukipun rosa tuwin balêngkuk, pêksi galak punika wontên ingkang saba dalu tuwin wontên ingkang saba rintên, bangsanipun kabedakakên 3 warni.

1. Pêksi ingkang aburipun ngampar (saba rintên).
2. Pêksi bôngsa palkên (saba rintên).
3. Pêksi bôngsa kokokbêluk (saba dalu).

Bab 2. Pêksi ocehan

Pêksi ocehan punika baud sangêt ngocèh, namung pêksi bango kalihan gagak ingkang botên, ingkang kalêbêt bangsanipun kathah sangêt, ingkang kathah alit-alit, tuwin wulunipun balorok, ingkang baud piyambak ngocèh inggih punika pêksi ping, leyorik, nahtêgal, listêr, kolibri sasaminipun.

Bab 3. Pêksi ingkang mènèk

Pêksi ingkang mènèk punika drijinipun cakar ingkang kalih [ka...]

--- 112 ---

[...lih] mêngajêng, ingkang kalih mêwingking,§ Majêng: mundur, dados têtimbangan, dene mêngajêng, mêwingking, punika mênawi lêrêsing rimbag: mêngajêng, mingking, nanging: mêwingking sarta mingking sami dèrèng kêlimrah, dene ingkang kangge: dhatêng ngajêng, dhatêng wingking, botên dhatêng mingking. Red. milanipun baud sangêt mêmènèk, panggenanipun ing tanah bêntèr, têdhananipun kewan alit-alit tuwin wowohan, ingkang kalêbêt bangsanipun sêpèk, kukuk, papêgai, ingkang kaetang bangsanipun papêgai, inggih punika bèthèt, jakatuwa.

Bab 4. Pêksi iwèn

Pêksi iwèn punika sagêd lumampah rikat, nanging botên sagêd mabur bablas, namung dara, punika ingkang sagêd mabur bablas, nanging sayêktosipun punika têngah-têngahipun pêksi iwèn kalihan pêksi ocehan, ingkang kalêbêt bangsanipun inggih punika ayam, dara, pangris, lan gurtêl.

Bab 5. Pêksi ingkang lumampah

Pêksi ingkang lumampah punika sukunipun panjang sarta kiyat, drijinipun cakar kalih utawi tiga sami mêngajêng, suwiwinipun cêkak, kalihan botên kenging kadamêl mabur. Ingkang kalêbêt bangsanipun kasuwaris, kiwi.

--- 113 ---

Bab 6. Pêksi rawa

Pêksi rawa punika gadhah suwiwi rosa, gulunipun panjang, tuwin sukunipun ugi panjang, wontên ingkang gadhah kulit kangge nglangi ing sasêlaning dariji. Ingkang kalêbêt bangsanipun, bango, sênip, kiwit, ibin sasaminipun.

Bab 7. Pêksi ingkang nglangi

Pêksi ingkang nglangi punika sukunipun cêlak, tuwin mêwingking sangêt, pêksi wau gadhah wacucal kangge nglangi ing saantawising dariji, wulunipun anglisah, ingkang kalêbêt bangsanipun: kambangan, swan banyak, meyo, sêtorêm sasaminipun.

III. Pamerangipun kewan mawi ragangan

Kewan ingkang gumrêmêt tuwin nalosor

Kewan ingkang gumrêmêt punika: kewan gadhah ragangan, rahipun asrêp, mênawi sampun sêpuh ambêkanipun mêdal ing kêbuk, manahipun namung wontên kothakanipun tiga, punika kaperang dados sakawan.

1. BangsanapunBangsanipun. bulus.

2. Bangsanapun cêcak.
3. Bangsanapun sawêr.
4. Bangsanapun kodhok.

--- 114 ---

Bab 1. Bangsanipun bulus

Bulus punika badanipun gèpèng wiyar, ingkang katutup ing thothok kalih, gêgêr kalihan dhadha. Bulus botên gadhah untu, nanging uwangipun katutup ing kulit kados singat, suku tuwin buntutipun cêlak sangêt, bulus punika wontên warni tiga, bulus ing dharatan, bulus ing toya tawa tuwin bulus ing toya asin.

Bab 2. Bangsanipun cêcak

Bangsanipun cêcak punika gadhah bêbalungan 4.2. tuwin tanpa balung, cêcak ugi gadhah tlapukan, badanipun panjang, katutup ing sisik, ngantos dumugi ing buntut, ing uwang tuwin ing cêthakipun katingal kadosdene untu. Tiganipun kadosdene tigan bulus, nêtêsipun sanasarana. kabênteran, ingkang kalêbêt bangsanipun, baya utawi bajul, cêcak, bunglon, têkèk.

Bab 3. Bangsanipun sawêr

Sawêr punika kewan gumrêmêt, badanipun gilig panjang, tanpa suku tanpa tlapukan, sawêr gadhah untu ing uwang tuwin ing cêthak, sawênèhipun sawêr gadhah untu mandos, punika nguwatosi mênawi tumèmpèl ing êrah. Ingkang kalêbêt bangsanipun: adhêr, bril, rail, sawêr agêng -agêng sasaminipun.

--- 115 ---

Bab 4. Bangsanipun kodhok

Kodhok punika kewan gumrêmêt ingkang badanipun sagêd santun warni, wacucalipun botên katutup ing sisik tuwin thothok, ingkang kathah botên gadhah buntut, mênawi kodhok punika taksih alit sangêt: botên gadhah suku, namanipun cebong, tuwin ambêkanipun botên mêdal ing kêbuk, mêdal ing angsang. Mênawi kodhok, ingkang katingal rumiyin sukunipun ingkang wingking, mênawi salamandêr, ingkang katingal rumiyin sukunipun ingkang ngajêng. Cebong punika mênawi sampun sêpuh buntutipun lajêng ical, nanging salamandêr botên, kodhok punika maedahi, sagêd anumpês kewan ingkang alit-alit, nanging damêl pituna, dene purun môngsa tiganing ulam, ingkang kathah kodhok punika sagêd anywantên sora swantênipun punika kawastanan: ngorèk, ingkang kalêbêt bangsanipun: kodhok ijêm (ing tanah Eropah sami katêdha), kodhok abrit utawi dharat, kodhok ing wit-witan, kênthus, salamandêr ing dharat, tuwin salamandêr ing toya. Taksih wontên sambêtipun.

Radèn Dêmang Citrasantana.

Dêmang guru ing Mangkunagaran.

--- 116 ---

Wangsulan Dhatêng Mas Prawirawiyata

Mirit saking pratelanipun para tani, pananêmipun pantun ing sabin punika warni-warni, kados ta: sabin tadhahan, panggarapipun ing môngsa rêndhêngan, môngsa kanêm andhawahakên wiji umur 35 utawi 40 dintên, mênawi pananêmipun môngsa kapitu utawi kawolu umur 120 dintên, panènipun dhawah ing môngsa dhêstha = sawêlas, mênawi jaman rumiyin lêbar panèn punika kawalik dhêle kacang jarak sarta kapas, mênawi jaman sapunika botên wontên ingkang nglampahi nanêm, amargi jawah sanès kalihan jaman rumiyin.

Mênawi sabin angsal toya saking lèpèn, nama sêrêgan, mosa môngsa. gangsal andhawahakên wiji, umur 40 dintên, môngsa kanêm: tanêm. Umur 120 dintên, panènipun dhawah ing môngsa kasadasa, anamung mênawi dipun walik pantun, môngsa kasanga andhawahakên wiji umur 40 dintên, môngsa dhêstha = sawêlas, utawi môngsa sadha = kalih wêlas: tanêm, inggih punika nyarêngi gadhu sorotan.

Gadhu sorotan, sapisan, ing môngsa kasadasa andhawahakên wiji, umur 40 dintên: môngsa sadha = kalih wêlas, tanêm umur 120 dintên: môngsa gangsal, andhawahakên [a...]

--- 117 ---

[...ndhawahakên] wiji, umur 50 dintên (môngsa 6, 7) môngsa gangsal: panèn, môngsa kapitu tanêm walikan, punika sarêng kalihan rêndhêngan.

Gadhu lugu, môngsa kasa = satunggal, adhawahakên wiji umur 50 dintên: môngsa katiga, tanêm umur 120 dintên, môngsa kawolu panèn, mênawi botên slabur kawalik pantun rêndhêngan, anggèipun andhawahakên wiji môngsa kanêm, môngsa kawolu akir tanêm, môngsa dhêstha = sawêlas utawi sadha = kalih wêlas panèn walikan.

Gadhu sêrêgan, môngsa sakawan wiji, môngsa gangsal tanêm môngsa kasanga panèn, lajêng walikan dhêle kacang ijêm, utawi kacang ruji, panènipun katiga môngsa badhidhing dumugi môngsa gangsal sarta labuh.

Mênawi pananêmipun gaga sorotan, môngsa katiga awitipun uwur, tuwuhipun kalihan toya lêp saking lèpèn, môngsa kawolu panèn, lajêng dipun walik pantun rêndhêngan môngsa kawolu tanêm, môngsa sadha = 12 panèn walikan, kenging dipun walik dhêle utawi kacang.

Gaga sêrêgan, môngsa sakawan uwur, umur 4 wulan, môngsa kawolu panèn, lajêng dipun walik pantun rêndhêngan jombok, môngsa kawolu tanêm, umur 120

--- 118 ---

dintên: môngsa sadha = 12 panèn walikan.

Gaga lugu, labuh môngsa gangsal tanêm uwur, môngsa kasa dasa utawi dhêstha = 11 panèn, lajêng dipun walik dhêle kacang ijêm, kacang ruji sawênèh jarak utawi kapas: kenging, anamung awis ingkang purun nanêm, amargi saking kêsèdipun kawula alit.

Mênawi gaga ing wana lêbêt, môngsa kanêm uwuripun kasêbar, umur 5 wulan: môngsa sadha = 12 panèn, mênawi katiga bèsèr dipun walik jarak utawi pohung, mênawi katiga bantêr inggih namung kagadhang kemawon.

Dêmang Kêrtamênggala. Kabudidayan Jombor Sukaharja.

Kangjêng parentah agêng sampun andhawuhakên dhatêng para pangagênging pulisi salêbêt sarta sajawining nagari, srakahing pangantèn ingkang awarni cikal botên kenging kaêbon ing yatra, kêdah warni cikal, sarta cikal wau lajêng ingandikakakên mundhut tumbas kaklêmpakakên wontên ing pulisi, ing têmbe badhe katanjakakên katanêm ing pundi panggenan ingkang kagalih mikantuki. Karsanipun kangjêng parentah agêng ambucal arta mirungga panumbasing cikal, punika nelakakên sih marmanipun kangjêng parentah

--- 119 ---

agêng dhumatêng têtiyang alit, sagêda andarbèni karang kitri ingkang narik dhatêng kajênjêmanipun abale griya.

Sarèhning sampun wontên wêwinih tumindaking pangrèh ingkang narik dhatêng kajênjêman, saupami kangjêng parentah agêng andhawuhakên awisan botên kenging têtiyang sade kalapa ingkang taksih nèm, ingkang kenging kasade kêdah ingkang sampun kiring, langkung malih sade dêgan ingkang kadamêl isèn cao, kaawisan sangêt, ingkang nêrak pêpacak kaanggêp anglampahi panêrak kaladosakên ing rol pulisi. Dene mênawi wontên pêrlunipun, kados ta: kangge jampi tuwin têdhaning bayi lair inggih kenging angundhuh dêgan.

Paedahipun botên namung adamêl kathahing kalapa sagêd nyêkapi ing bawah dalêm, inggih ugi mikantuki dhatêng ingkang sade sarta ingkang tumbas, ingkang sade sagêd pajêngan kathah tinimbang kasade taksih nèm, ingkang tumbas sagêd ngangge bumbu miraos, dene ingkang langkung pêrlu malih wohing kalapa botên risak.

Ing pêkên Agêng sarta ing Slompretan, pintên-pintên atus lirang pisang ingkang kasade ambaranang kasêmprong, raosipun botên eca, kangelan tiyang tumbas pisang sagêd pikantuk ingkang sêpuh, angsala inggih awis rêginipun. [rê...]

--- 120 ---

[...ginipun.] Ing môngsa pêlêm awoh prasasat botên wontên ingkang kaundhuh sêpuh utawi saking brongsongan, sadaya karontog taksih nèm lajêng kasêmprong, wontên ugi pêlêm ingkang kaundhuh sêpuh utawi saking brongsongan, punika namung saking salêbêting nagari kagunganipun para agung utawi gadhahanipun para abdi dalêm, mênawi undhuhan saking dhusun kajawi gadhahanipun para abdi dalêm dhusun, sadaya taksih nèm lajêng kasêmprong, punika namung angenggalakên tumuntênipun sagêd tampi yatra dening kamlaratanipun, botên sumêrêp anggènipun ngêmping sade pêlêm taksih nèm wau mawi nyanggi sarêman, inggih punika sakêdhiking argi.

Pêlêm kula sêngir kathah sarta mawi kula opèni ing gêsangipun, manawi wontên kêmladheyanipun kula bucal, bilih môngsa sêkar kula dèkèki jêmbangan, bilih sampun kumêlok kula brongsong, rêgining brongsong 3 saêsèn, sakêdhikipun kula ngangge brongsong 500 sabên môngsa pêlêm, apêsipun kula pajêngan f 25 rupiyah malah nate pêlêm sauwit dipun têbas f 12 rupiyah punapa dados panggaotan kula, botên makatên, raosing manah kula ngundhuh wowohan ingkang taksih nèm [nè...]

--- 121 ---

[...m] punika kados niaya dhatêng sasamining makluk gêsang, mila klapa kula kathah ingkang nyêblok piyambak dening garing, kala modhèl dêgan ijêm, klapa kula sawatawis wontên ingkang risak, ananging botên sapintêna sarta lajêng kèndêl botên dipun pêndhêt malih, wangsul ingkang kadamêl isèn cao prasasat prase sabên dintên.

Saupami kangjêng parentah angawisi dhatêng têtiyang alit botên kenging sade sawarnining wowohan ingkang taksih nèm, kados ta: klapa kêdah ingkang sampun garing utawi kiring, pêlêm ingkang sampun bawuk, pisang ingkang sampun suluh ing uwit, durèn botên sorogan, nôngka botên pantekan, dhuku pijêtan kokosan, salak balimbing jêram sasaminipun, ingkang sampun sêpuh matêng ing uwit, botên kenging imbon, wontên ugi wowohan ingkang kêdah-kêdah kasade ênèm, kados ta: manggis, kenging kasade taksih blibar, timun utawi krai kasade ênèm, timun ingkang taksih sêrit kenging kadamêl acar, punika kalilan, jêjanganan sarta sêsayuran, punapadene sêdhah, punika kasade ênèm.

Têtiyang alit ing Batawi botên wontên ingkang sade pisang sêmprong sampun dipun cècèki dados lirangan,

--- 122 ---

katingal ambranang botên angrêmênakên, ingkang dipun sade pisang tundhunan sawêg suluh satunggal kalih tarkadhang katutan sisa codhot dipun taksihakên, kapikul meyog-meyog, saya katingal angrêsêpakên manah, sarèhning sampun botên sade pisang sêmprongan, inggih botên sade wowohan taksih nèm, nanging ngantos kasangêtên, dalah sêdhah ingkang kasade inggih ingkang sampun sêpuh kapêthik salêmbar-salêmbar, bilih pados sêmprit: botên angsal, sêdhah karampas, botên cara, ajrih mênawi pêjah, anèh, mila carangan sêdhah pating klawèr ngantos saasta panjangipun, punika kula botên mathuk.

Rêgining tigan ayam ing nagari Nèdêrlan 5 sèn, punika kalêbêt mirah tinimbang ing nagari Enggris 7,5 sèn, punapa ing tanah Eropah awis ulam? mirah.

Kosokwangsul samining tigan ayam ing nagari Surakarta angsal sabenggol 2,5 c dalah ing dhusun- dhusudhusun-dhusun. gêdsagêd. angsal 2 sèn, tarkadhang sagobang pincang (1,5 c) sok makatêna mirah ulam? awis.

Juragan sade gorengan ulam ayam sampun lami wontênipun, sapunika wêwah sade ulam ayam mêntah. Winastan jagal ulam ayam, ayam saya muluk rêganèki.

--- 123 ---

Punapa pêrlunipun papara. ahli bumi ing tanah Eropah angawisakên rêginipun tigan, tiyang alit awis ingkang purun tumbas tigan, dipun pilampu tumbas ulam, kajawi ingkang pancèn wontên damêlipun kangge woworan dhaharanipun dipun para agêng ingkang rêginipun sumbut kalihan wragading pandamêl.

Awit saking punika têtiyang alit kapêksa nêtêsakên tiganipun, dening botên sagêd nyade kathah, tinimbang kasade mirah-mirahan: owêl, awit sampun katuwuhan budi sabar. Kêthip satunggal dipun ngrêmakên ing dalêm sataun sagêd manak dados sadasa, punapa pêrlunipun kojah sampeyan punika? Sami ugi kangjêng parentah agêng andhawuhakên awisan botên kenging nyêmbêlèh maesa lêmbu èstri ingkang taksih mêdal turunipun, kalêbêt sami pangrèh agêng alit.

Klobot ingkang misuwur sae: tuwuh ing kampung Carikan, rêginipun angungkuli rêgining jagungipun, saontong pintên? Botên kirang rêgi sasèn, pangundhuhipun wanci gêmarit, ingkang dipun purih namung klobotipun kemawon, mila raosipun sêmu lêgi janggêlipun kabucal balaka dening dèrèng wontên jagungipun, punika ugi marahi adamêl awising rijêki, pintên atus [a...]

--- 124 ---

[...tus] bau siti ingkang ical muspra pamêdalipun alintu patra tôndha nama dados kalobot, kala punapa tiyang kabêtahan dening klobot? sawêg sapunika.

Sami ugi kabêtahan boatênbotên. ngandhut rèk, ananging wontênipun rèk mijil saking budi sampurna sarta tuwuh wontên ing Eropah.

Red.

Ngèlmu Padhukunan Bayi

(Sambêtipun ôngka II kaca 69, taun IV)

Kalimrahanipun bilih sawêg anêsêpi botên anggarapsari, ananging saupami anggarapsari inggih botên dados punapa, kenging anggènipun nêsêpi kalajêngakên, wangsul ingkang kasundhulan wawrat, bayi kêdah kasapih tumuntên.

Para èstri sampun kalimrah sami tisna dhatêng anakipun, mila sami angatos-atosa supados botên kasundhulan wawrat, awit lare ingkang kasundhulan wau sakalangkung mêmêlas. Bilih sampun mangsanipun nyapih, punika sampun ngantos kakagètakên, nanging kêdah ingkang sarèh, patrapipun makatên: mênawi susu botên kraos sakit amargi kêbak isi toya, bayi sampun kasêsêpan, dene bilih nêsêpi sampun katêlasakên,

--- 125 ---

awit toya susu botên sagêd têlas, mênawi patrap ingkang makatên wau dipun turut, anggènipun nyapih kalihan gampil sarta botên sagêd andadosakên kasusahanipun êmbok sarta anakipun, salêrêsipun mundrining susu botên susah mawi kalemetan pait-pait, nanging yèn êmbok sagêd ambêbujuk dhatêng anakipun, sampun saèstu kalampahan dados kasapih.

Bab ingkang kaping sakawan

Beda-bedanipun tiyang manak ingkang limrah, warni-warnining sêsakit, kados ta: angwêdalakên rah sadèrèngipun bayi lair, anyakiti goroh, nyakiti botên sangêt, bayi ing salêbêtipun kanthongan, sirah bayi malang wontên sangajênging jubur, amalik bayi, ari-ari ingkang lumèngkèt, ngwêdalakên rah sasampunipun bayi lair, wêwadosing èstri abuh, jubur sèsèt, kanthongan bayi mêdal, wêdaling toya susu mundrining susu marêngkêl, susu wudunên.

Ingkang kacariyosakên ing ngriki sadaya para gadhah bayi ingkang limrah kemawon, ananging botên tamtu, ugi wontên ingkang kenging sêsakit ngantos ngundang dhoktêr. Mênggah damêlipun dhoktêr botên namung anjampèni kemawon, [kema...]

--- 126 ---

[...won,] ananging para ingkang manak sagêda angintên- ngintên kadospundi kawontênanipun, sakit ingkang nguwatosi utawi botên, kados ta: munêg-munêg, nuntak-nuntak, sakit untu, boyok pêgêl sarta suku abuh sasaminipun, punika tanpa damêl yèn angundanga dhoktêr, ananging sakit ngwêdalakên rah bilih wawrat sampun sêpuh dhoktêr kêdah kaundang kapurih anitipriksa, awit makatên punika dados têtêngêr bokmênawi kanthongan bayi wontên sababipun punapa-punapa, kados ta: cangkêm kanthongan bayi mênga dèrèng mangsanipun, ari-ari rêntah saking kanthongan bayi, utawi manggèn ing kanthongan bayi, dadon dados. wontên sangajênging bayi, sarta sanès-sanèsipun.

Wontên tiyang nyakiti ingkang langkung sangêt ngantos andadosakên sangsara, ananging botên saking mangkêrêting kanthongan bayi, namung bayi botên patos kadayan, makatên punika kawastanan nyakiti gorohan, jampènipun chloroform ingkang sagêd anamakakên jampi saha ngangkah-angkah punika namung dhukun, kangge sadèrèngipun kawah pêcah, utawi nalika bayi mèh lair, tarkadhangan botên mawi kajampenan.

Anyakiti ngantos sawatawis dangu, mangkêrêtipun kanthongan [ka...]

--- 127 ---

[...nthongan] bayi mèh botên kraos, dados lairing jabang bayi botên sagêd enggal, ingkang nyakiti rumaos botên sagêd ambêtahakên malih, makatên punika dhukun sagêd anjampèni murih mêdal kapurunanipun utawi ngènthèngakên, ananging inggih botên lajêng kajampenan bilih kawah dèrèng pêcah, sarta kêdah katitipriksa, punapa sawêg manak sapisan utawi sampun rambah-rambah.

Saupami tiyang wawrat, 100 ingkang 96 mapanipun bayi ing kanthonganipun katêmtokakên makatên: sirah wontên ngandhap, gêgêr ing ngajêng, jubur wontên nginggig,nginggil. bau sidhakêp ing dhadha, dhêngkul sarta pupu sidhêkus, sarta janggut sumèlèh ing dhadha, dhukun anggènipun mastani mapanipun bayi kalihan sirah, sirah bayi manut ing ngajêng kori, bilih kagrayang kalihan dariji ingkang karaos kadêmok rumiyin sirahing bayi, asring wontên ingkang mapanipun bayi nungsang, anggènipun mastani mapan ing jubur, punika sirah ing nginggil, gêgêr wontên ngajêng utawi king,wingking. jubur wontên ngandhap, bilih kagrayang kalihan dariji ingkang kagêpok rumiyin jubur, dhêngkul utawi sukunipun, wontên malih mapaning bayi ing kanthonganipun malang, inggih punika dipun wastani mapan malang, gêgêr wontên ngajêng utawi

--- 128 ---

wontên wingking, sirah wontên kiwa utawi têngên, bilih dipun nyatakakên kagêpok ingkang kraos kagêpok dhadha utawi gêgêr, padharan sarta pundhakipun. Taksih wontên sambêtipun.

Nyuwun Sêsêrêpan

I. Petang ingkang sami kasêbut wontên dintên sae, kawrat sabên wêdalipun Sasadara, kados ta: dewa dintên, murakam, pôncasuda, sêngkan turunan, paringkêlan tuwin padangon sapanunggilanipun, punika saprangkat-prangkating petang pintên bab (punapa ungêl-ungêlan) sarta urutipun kadospundi, matênmakatên. malih pratikêling pangetangipun ugi kadospundi.

Wusana atur panyuwun kula sêsêrêpan punika, mugi sampun kagalih punapa-punapa, O, botên pisan-pisan kula nun, sajatosipun amung saking kumêdah kula badhe sumêrêp, saha sangêt ing panuwun pamundhi kula bilih ingkang nganggit Radèn Ngabèi Tohpraja, kaparênga paring panjarwa.

Pun mudha punggung, Sukamda.

--- [0] ---

Isining Kabar Sasadara

1. Pawarsakan ... blz 81.
2. Dintên sae ... blz 82.
3. Kewan mulya ... blz 83.
4. Ngèlmu ukur ... blz 89.
5. Cariyos ringgit purwa ... blz 94.
6. Tirta usada ... blz 98.
7. Cakrawati ... blz 102.
8. Algêbrah ... blz 106.
9. Ngèlmu alam ... blz 110.
10. Wangsulan ... blz 116.
11. Anggitaning redhaktur ... blz 118.
12. Padhukunan bayi ... blz 124.
13. Pitakèn bab dintên sae ... blz 128.