Sastra Jawa

Program Digitalisasi Sastra Daerah

  • Increase font size
  • Default font size
  • Decrease font size

Sasadara, Radya Pustaka, 1903-07, #1808

Katalog:Sasadara, Radya Pustaka, 1903, #1808
Sambung:
1.Sasadara, Radya Pustaka, 1903-01, #1808 . Koran, Majalah dan Jurnal | Sasadara #537.
2.Sasadara, Radya Pustaka, 1903-02, #1808. Koran, Majalah dan Jurnal | Sasadara #538.
3.Sasadara, Radya Pustaka, 1903-03, #1808 . Koran, Majalah dan Jurnal | Sasadara #539.
4.Sasadara, Radya Pustaka, 1903-05, #1808. Koran, Majalah dan Jurnal | Sasadara #540.
5.Sasadara, Radya Pustaka, 1903-06, #1808 . Koran, Majalah dan Jurnal | Sasadara #541.
6.Sasadara, Radya Pustaka, 1903-07, #1808. Koran, Majalah dan Jurnal | Sasadara #542.
7.Sasadara, Radya Pustaka, 1903-08, #1808 . Koran, Majalah dan Jurnal | Sasadara #543.
8.Sasadara, Radya Pustaka, 1903-09, #1808 . Koran, Majalah dan Jurnal | Sasadara #544.
9.Sasadara, Radya Pustaka, 1903-10, #1808 . Koran, Majalah dan Jurnal | Sasadara #545.
10.Sasadara, Radya Pustaka, 1903-11, #1808 . Koran, Majalah dan Jurnal | Sasadara #546.
11.Sasadara, Radya Pustaka, 1903-12, #1808 . Koran, Majalah dan Jurnal | Sasadara #547.

Ôngka IV, Taun IV. Kaping 15 Rabingulakir Taun Wawu, Ôngka 1833 [11-7-1903 AD.].

Sêrat kabar wulanan nama:

Sasadara

Rêginipun ing dalêm satêngah taun 3 rupiyah, sarta kêdah kabayar rumiyin. Ingkang anggadhahi Sasadara Pahêman Radyapustaka. Ingkang nyithak sarta ngêdalakên Firma Vogel v. d. Heijde & Co. Juru pangripta Ngabèi Wirapustaka.

--- 129 ---

Minôngka Pananggalanipun Sasadara

Pawarsakan

Wulan Jumadilawal taun Wawu ôngka 1833, taun Hijrah 1321.

[Grafik]

--- 130 ---

Dintên Sae

Salêbêtipun wulan Jumadilawal taun Wawu punika wontên kêkalih,

1. Dintên Kêmis Lêgi tanggal kaping 19 wuku Maktal, dewa Kala, tungle, tulus, lampahing lintang, satriya wibawa, rakamipun dhawah sanggar waringin, saenipun kangge yêyasan sabarang, sangatipun wiwit jam 10.49 mênut, dumugi jam 11.12 mênut, Amad rijêki.

2. Dintên Sêtu Kliwon tanggal kaping 28 wuku Wuye, dewa Uma, paningron, tulus, lampahing bumi, tunggaksêmi, rakamipun dhawah singgar sanggar. waringin, saenipun kangge yêyasan sabarang, sangatipun wiwit jam 8.25 mênut, dumugi jam 10.48 mênut, Yusup rijêki.

Wêwaton sêrat pawukon, mênawi kangge ngêdêgakên griya wulan Jumadilawal wau watakipun kathah bêgjanipun, saha sugih môngsa kathah kajêngipun, mênawi kangge alih-alihan griya watakipun kathah ingkang asih.

Wêwaton ungêlipun kadis marpuk, mênawi kangge salakirabi watakipun tukaran, tansah ngucap awon, asring kapandungan, tarkadhang kaangkah rabinipun.

Ing dintên Kêmis tanggal kaping 5 wulan Jumadilawal punika nangasipun Kangjêng Nabi Nuh kinêlêm.

--- 131 ---

Ngèlmu Ukur Sawatawis

(Candhakipun Sasadara ôngka III kaca 89, taun IV)

Ukuran kajêng mrapat

Ukuran kajêng mrapat punika ingkang kadamêl kajêng gèpèng kêkalih ingkang wradin saha alus, tuwin lêmpêng, panjangipun watawis 3 kaki, wiyaripun 3 dim, kandêlipun sadim, lajêng kaêtrapakên prapatan têngah lêrês, dados cawangan sakawan kados gambar ôngka 18 punika, lumahipun cawangan sakawan wau wradin, lajêng kapantèk kêncêng. Têngah lêrês dipun bolong bundêr kangge blusukanipun purusaning cagakipun.

[Grafik No. 18]

Ing wêkasanipun kajêng prapatan wau sakawan pisan, têngah lêrês dipun dèkèki panitis paku utawi dom, kapasang ngadêg jêjêg, panitis wau sadaya sami têbihipun saking têngah-têngahing bolongan panggenan ancêr (purusan). Gathukipun garis kalih ingkang katarik ing antawisipun panitis kalih ingkang ajêng-ajêngan, kêdah andadosakên pojok sikon 4. Mênggah inggilipun panitis [paniti...]

--- 132 ---

[...s] wau sadaya kêdah ngungkuli purusanipun cagak ingkang amblusuk ing kajêng mrapat.

Sukonipun kajêng mrapat punika kados anjir, panjangipun watawis 4 kaki, ngandhap mawi tunjung, nginggil wontên purusanipun utawi ancêr, sagêda lumêbêt ing bolonganipun kajêng mrapat sampun ngantos logro, namung sagêda mingar-mingêr kemawon.

Kajêng mrapat kangge andamêl pojok sikon wontên ing pasitèn.

Nganjiri sipatan ing pasitèn.

[Grafik No. 19]

Sipatan ing antawisipun anjir kêkalih ingkang sami katancêbakên ing pasitèn punika mêsthi kêncêngipun. Mênggah rekanipun nganjiri sipatan, murih anjir-anjiripun sagêd lêncêng dados sagaris makatên. Upami sipatanipun AB ing gambar ôngka 19 punika. Ing A kalihan B sampun dipun anjiri: badhe masang anjir C dumugi ing saantawisipun anjir A kalihan anjir B, sagêda ACB kêncêng dados sagaris. Tiyang satunggil kêdah ngadêg lêrês ing sawingkingipun anjir A, mawas dhatêng anjir B, lajêng akèn tiyang satunggil lumampah sarta ambêkta anjir C kaadêgakên, kakintên-kintên adêgipun [a...]

--- 133 -- -

[...dêgipun] wontên saantawisipun A kalihan B tiyang ingkang ngadêg ing sawingkingipun anjir A wau lêstantun pamawasipun, punapa anjir tiga wau sampun katingal dados satunggil. Mênawi dèrèng katingal satunggil, ingkang ambêkta anjir C kêdah ngêlah-ngêlih anjiripun ngiwa utawi nêngên, manut sasmitanipun ingkang mawas, sarana kumlawening tangan mangiwa utawi manêngên, awit mênawi dipun abani ing têmbung, yèn têbih kenging ugi botên kamirêng utawi adamêl sayah.

Mênawi anjir tiga katingalipun sampun dados satunggil, pratôndha yèn sampun lêrês pamasangipun, ingkang mawas kêdah nyasmitani malih, supados ingkang ambêkta anjir wau nancêbakên anjiripun.

Makatên rekanipun sagêd nancêbakên anjir kalih utawi langkung ing saurutipun sipatan ing pasitèn, sadaya sagêd kêncêng dados sagaris. Mênawi lêrês anggènipun nyèlèhakên, anjir wau sapintêna kathahipun, mênawi kawawas saking sawingkingipun anjir A, mêsthi katingal satunggil.

Manjangakên sipatan

Mênawi badhe manjangakên sipatan ing pasitèn inggih kêdah sarana anjir, upaminipun ingkang badhe dipun sambêti [sa...]

--- 134 ---

[...mbêti] sipatan EF ing gambar ôngka 20 badhe dipun sambêti sipatan FG. Ing E kalihan F dipun anjiri, tiyang satunggil angadêga ing sawingkingipun anjir E mawas dhatêng anjir F, nuntên akèna tiyang satunggil ambêkta anjir G, kaadêgakên kintên-kintên sakêncêngipun sipatan EF. Mênawi sipatan FG sampun kêncêng kalihan sipatan EF, sipatan EG sampun dados sagaris, anjir têtiga wau kawawas amêsthi katingal dados satunggil. Mênawi dèrèng katingal satunggil, anjir G inggih kêdah kaêlah-êliha manut sasmitanipun ingkang mawas, sarana kumlawening tangan ngiwa utawi nêngên, sabên-sabên kaêlih, inggih lajêng kawawasa. Mênawi kawawas sampun dados satunggil, pratôndha sampun lêrês, sipatanipun EG kêncêng, ingkang mawas kêdah nyasmitani manthuk utawi sanèsipun, supados anjir G lajêng katancêbakên.

[Grafik No. 20]

Ngukur sipatan mawi rante.

Rante ingkang badhe kangge ngukur kapriksa rumiyin, bokmênawi wontên ingkang mangkêluk utawi mênthalit kêdah kalêrêsakên.

Sipatan ingkang badhe kaukur kêdah dipun anjiri. Mênawi [Mê...]

--- 135 ---

[...nawi] sipatanipun panjang sangêt, inggih kêdah kakêthok-kêthok, dipun dèkèki anjir, anjir-anjir wau kêdah kêncêng dados sagaris, pêrlunipun dipun kêthok-kêthok punika supados cêtha katingalan, sampun ngantos damêl samaring pamawas. Dene rekanipun anganjiri sipatan kados ingkang sampun kapratelakakên sarana gambar ôngka 19.

Upami ingkang badhe kaukur sipatan AB ing gambar ôngka 21. Ingkang ngukur kêdah tiyang kalih, upami kasêbut tiyang ôngka satunggil kalihan tiyang ôngka 2. Tiyang ôngka satunggil wontên ing wingking, ôngka 2 wontên ing ngajêng.

[Grafik No. 21]

Tiyang ôngka 1 andèkèkakên pungkasaning gêlangan rante mèpèd ing anjir ingkang sampun katancêbakên ing A (anjir A), sarta kêdah sumèlèh ing siti, kacêpêngana ingkang kêncêng. Tiyang ôngka 2 tanganipun satunggil nyêpêngi gêlanganing rante sisihipun, satunggilipun ambêkta sujèn ingkang sampun katamtokakên kathahipun. Rante kapanthêng kêncêng ngênêr anjir ingkang sampun katancêbakên ing B (anjir B). Tiyang ôngka 1 mawas, punapa lêrêsipun rante wau sampun ngênêr dhatêng anjir B, mênawi dèrèng lêrês [lêrê...]

--- 136 ---

[...s] inggih kêdah nanjangi tiyang ôngka 2 supados angewahana. Mênawi sampun lêrês, tiyang ôngka 1 nyasmitani, tiyang ôngka 2 angêtabakên rante sarta kabatêk,§ Têmbung ambatêk sarta amêlagi mugi katêrangna ing têmbung sanès, badhe kula kalêmpakakên kalihan panunggilanipun. Red. supados rante kêncêng. Mênawi wontên têtuwuhan utawi sanèsipun ingkang mêlagi§ Têmbung ambatêk sarta amêlagi mugi katêrangna ing têmbung sanès, badhe kula kalêmpakakên kalihan panunggilanipun. Red. kêncênging rante, inggih kêdah kabucala.

Mênawi rante sampun lêrês sumèlèhipun, tiyang ôngka 2 nancêbakên sujènipun ing pungkasanipun gêlangan ingkang kacènèng wau, mênawi sitinipun atos, kenging kagaritakên kemawon, sujènipun katilar ing ngriku. Punika kangge ngetangi anggènipun andhawahakên rante sampun angsal pintên dhawahan.

Sasampunipun makatên, tiyang kêkalih wau sami ngangkat rante, tiyang ôngka 2 anggèrèd rante ing saurutipun sipatan AB wau. Tiyang ôngka 1 nyèlèhakên gêlanganing rante ing sujèn ingkang nancêb utawi ing garitanipun, sarta nyipat dhatêng B punapa tiyang ôngka 2 wau dunungipun lêrês ing saurutipun sipatan. Mênawi sampun lêrês, tiyang ôngka 2 ambatêk rante sarta lajêng nancêbakên utawi [u...]

--- 137 ---

[...tawi] anggaritakên sujènipun malih kados ingkang sampun wau. Sasampunipun makatên tiyang kêkalih wau sami ngangkat rante, tiyang ôngka 1 kalihan mêndhêt sujèn ingkang tumancêb utawi sumèlèh wau.

Kados makatên pangukuripun kêdah kalajêngakên ngantos sarampungipun, tiyang ôngka 1 lumintua anggènipun mêndhêti sujèn, ingkang katancêban dening tiyang ôngka 2 kathahing sujèn ingkang dipun pêndhêti tiyang ôngka 1 punika nelakakên wontên pintên rante ukuran têbihipun ingkang sampun kaukur.

Mênawi têbihipun AB langkung saking 10 dhawahan, sujèn ingkang kabêkta ing tiyang ôngka 2 mêsthi sampun têlas, mila sabên anggènipun nyèlèhakên rante sampun kaping sawêlas, tiyang ôngka 2 kêdah nêdha sujèn sadaya dhatêng tiyang ôngka 1 mênawi sujèn kaetang jangkên,jangkêp. cacahipun tiyang ôngka 2 nancêbna sujèn satunggal êngkas ing pungkasaning rante ingkang kaping sawêlasipun.

Nalikanipun tiyang ôngka 1 masrahakên sujèn, punika kêdah kapèngêtan ngangge corekan ing dêlancang utawi cêklekan siladan, utawi sanèsipun, supados dados pangèngêt-èngêt, sampun ngantos kasupèn. Mila sadangunipun angukur wau, prayoginipun [prayoginipu...]

--- 138 ---

[...n]

kêdah wontên tiyang satunggil malih ngêtutakên kalin kalihan. nyathêti.

Mênawi ngukur sipatan mawi kajêng tipis utawi dêling sigaran ingkang panjangipun sacêngkal, punika sabên-sabên kasèlèhakênakasèlèhakên. majêng saurutipun sipatan, pungkasanipun wingking anggêntosi tilasipun pungkasan ngajêng. Taksih wontên sambêtipun.

Kaimpun dening Mas Martadiharja. Mantri guru ing Bagi.

Ngèlmu Padhukunan Bayi

(Sambêtipun ôngka III kaca 128 taun IV)

Ing ngajêng sampun kacariyosakên, bilih dhukun anitipriksa dhatêng tiyang nyakiti badhe manak, môngka pinanggih mapanipun bayi kalinkalihan. sirah, anggènipun wicantên kalihan ingkang nyakiti: mapanipun bayi lêrês, ananging bilih pinanggih mapan ing jubur, dhukun botên purun wicantên punapa-punapa, awit mênawi kacariyosakên sawantahipun dhatêng ingkang nyakiti, sampun mêsthi sagêd anjalari maras manahipun, saya malih bilih pinanggihipun bayi mapan malang, mila lajêng arêmbagana kalihan bojo sadhèrèk saha êmbokipun ingkang nyakiti, bilih piyambakipun [pi...]

--- 139 ---

[...yambakipun] kêpêksa malik bayi ing kanthongan ingkang sampun dumugi ing môngsa. Êmbok sarta bojonipun arêmbagana, awit ingkang ugêr kêdah ngrêbat umuripun ingkang nyakiti, mila sami pasraha dhatêng dhukun, ing bab panandukipun pambudidaya murih karaharjan kalih-kalihipun. Wontên ugi ingkang nyakiti kêkathahên rèwèl, ngantos adamêl pêgêling manahipun dhukun, tur ingkang makatên wau namung mêwahi kasangsaraning badanipun piyambak, ananging èstri ingkang sampun kawêngan budènipun anurut kemawn dhatêng sapangêrèhipun dhukun. Dene patrapipun angrekadaya makatên: ingkang nyakiti kapurih tilêman malang wontên ing patilêman, suku kalih pisan kasèlèhakên ing kursi utawi sanèsipun ingkang kados makatên, wingkingipun ingkang jalêr utawi rencang èstri, ingkang nyakiti kêdah angrangkul bangkekanipun tiyang kêkalih wau, sirah kasèndhèkna dhatêng salah satunggalipun ingkang têtulung, dhukun linggih utawi jèngkèng wontên sangajêngipun ingkang nyakiti, bilih patilêmanipun andhap tanganing dhukun kasèlèhna padharanipun ingkang nyakiti, satunggalipun anyidikakên ing kanthongan bayi, badhe anyêpêng sukunipun kêkalih, mênawi sampun cêtha suku kêkalih wau kawalik mangandhap, tangan sarta

--- 140 ---

sirahipun wontên nginggil, dhukun lajêng angwêdalna tanganing bayi supados sagêd lair piyambak, sarta katulungan sarana katarik saking suku saurutipun dumugi sirah.

Bilih wontên sabab ingkang makatên, dhukun atêtulunga dhatêng tiyang nyakiti ugi kados ing nginggil punika patrapipun, mila sami acêcawisa pirantos japit, bilih anyakiti sakalangkung dangu, mangkêrêting kanthongan bayi kirang kiyat, mapanipun sirah bayi kirang lêrês, wêwadosing èstri anyêgah lairing bayi, ngwêdalakên rah bilih kenging sawan, dhukun anamtokakên panganggenipun japit, bilih sampun andungkap bayi badhe lair ingkang nyakiti sampun mawi kuwatos, dupèh japit landhêp sarta mêwahi sakit, namung pitadosa dhatêng kaprigêlaning dhukun, awit mênawi bayi kawêdalakên sarana japit, sumêrêp-sumêrêp bayi sampun wontên jawi, Japit wau bilih dipun angge dhukun ingkang mangrêtos, sagêd dados pitulunganipun para têtiyang manak. Dene panganggenipun japit patrapipun makatên: ingkang nyakiti tilêman malang ing patilêman, kados bilih amalik bayi ingkang sampun kapratelakakên ing nginggil, japit kapanggang murih bêntèr sawatawis, bilih ingkang nyakiti sampun mapan tilêman lêrês, sarta jubur sampun [sa...]

--- 141 ---

[...mpun] dipun ganjêl ing bantal alit, japit sasampunipun dipun lisahi lajêng kalêbêtakên, sarta yèn sasisihipun sampun kalêbêt lajêng dipun kancing, dene anggènipun matrapakên japit, nalika kraos nyakiti kaping kalih, sarta dhukun amêling dhatêng ingkang nyakiti, kêdah kapurih cariyos mênawi kraos malih, sarêng sampun kraos sirah kagèrèt mêdal, badanipun tumut mêdal piyambak, sapiturutipun lajêng kados tiyang gadhah anak limrah. Taksih wontên sambêtipun.

Kalêmpaking Kawruh SatawisSawatawis.

(Sambêtipun Sasadara ôngka II kaca 65, taun IV)

Niyatipun piwulang punika anggulawênthah lare, supados sagêda dados tiyang ingkang sumêrêp ing unggah-ungguh, ambangun turut, sagêd saha bagas kasarasan. Cêkakipun supados lare wau pawingkingipun, panggêsangan utawi pangkatipun amigunanana dhatêng badanipun saha dhatêng ing sanès, inggih punika sagêda dados tiyang ingkang sampurna ing gêsangipun.

Kathah tiyang ingkang angintên, bilih niyatipun piwulang wau namung mulangakên kawruh sawatawis, kados ta: nyêrat, [nyêra...]

--- 142 ---

[...t,] maos, petang sawatawis, ananging pangintên ingkang makatên wau lêpat, awit kawruh maos, nyêrat sapanunggilanipun wau namung minôngka wodipun kemawon, supados lare wau sagêda nimbang ing salêrêsipun, ananging têka kalêrêsan sangêt, dene wod wau ing têmbe badhe kangge sangêt. Sabab saking punika, kawruh warni-warni wau ugi pantês dipun sumêrêpi, awit dados panuntunipun lampah kasaenan, sabab sêrat-sêrat anggitan sasaminipun, wosipun botên sanès namung angindhakakên kawruh ingkang anuntun dhatêng kautamèn, saha panimbang awon saenipun lêlampahan, ananging wod wau botên kenging dados niyatipun piwulang.

Sadaya pandamêlan ing pamulangan, kados ta: bab kêkêmpalanipun lare kalihan kônca-kancanipun saha kalihan guru-gurunipun, trêtib saha pranatanipun pamulangan, punika sadaya ugi amêwahi saening kalakuanipun lare, angicalakên watakipun ingkang kirang prayogi.

Guru ingkang gadhah pangintên, bilih kuwajibanipun sampun cêkap, waton sampun mulang maos, nyêrat petang sapanunggilanipun, punika dèrèng kenging kasêbut guru utami, awit anglirwakakên wajibipun ingkang

--- 143 ---

awrat piyambak, ing wingking muridipun bokmênawi dados tiyang ingkang sagêd, ananging botên dados tiyang ingkang ambangun turut, suci manahipun, saha andhap asor, cêkakipun botên badhe dados tiyang ingkang wilujêng ing gêsangipun.

Tiyang ingkang kenging dipun wastani wilujêng gêsangipun punika, inggih punika tiyang ingkang andhap asor, sagêd sumêrêp ing tatakrama, saha bagas kasarasan.

Bilih wontên ingkang sagêd, sumêrêp ing tatakrama, saha bagas kasarasan, ananging manahipun awon, kasagêdan saha kakiyatanipun asring kangge anindakakên pandamêl ingkang kirang sae. Bilih makatên, kasagêdanipun wau botên kangge ing damêl, mandar anuwuhakên kacilakan saha kapitunan ing badanipun saha ing tiyang sanès.

Bilih wontên tiyang ingkang sae manahipun, sumêrêp ing tatakrama, saha bagas kasarasan, ananging cêkak budinipun utawi bodho, punika asring anandukakên nalar ingkang kirang prayogi, sabab botên sagêd nimbang pundi ingkang sae saha ingkang awon. Bilih tiyang ingkang makatên wau kakêmpalan kalihan tiyang ingkang sagêd, ananging awon manahipun, sampun tamtu kêrêp dipun apusi, [a...]

--- 144 ---

[...pusi,] utawi dipun ojok-ojoki nindakakên pandamêl ingkang kirang sae.

Mênawi wontêyangwontên tiyang. ingkang sae manahipun, sagêd, saha bagas kasarasan, ananging botên sumêrêp ing unggah-ungguh, kasar utawi kirang ajar, punapa pikajênganipun asring botên kadumugèn, awit sanadyan niyatipun bokmênawi sae, ananging saking kathahipun tiyang ingkang ewa, dados niyatipun wau botên wontên tiyang ingkang anyondhongi.

Mênawi wontên tiyang sagêd, sae manahipun, andhap asor utawi sumêrêp ing tatakrama, ananging tansah sêsakitên, sampun tamtu gêsangipun kirang sampurna, awit tiyang punika kakirangan sanguning badan ingkang maedahi sangêt, inggih punika kabagas kasarasan.

Sabab saking punika, pandamêlan guru punika têmênipun pancèn awrat, sabab kêdah anggulawênthah lare supados ing têmbe sagêda dados tiyang ingkang sampurna gêsangipun, amila guru ingkang sagêd anindakakên kawajiban ing salêrêsipun, kêdah tiyang ingkang andhap asor, sagêd sumêrêp ing unggah-ungguh, saha bagas kasarasan. Kajawi saking punika kêdah ajêg, sabar, têmên, punapa malih murid saha kuwajibanipun kêdah dipun [di...]

--- 145 ---

[...pun] tisnani. Bilih guru botên tisna dhatêng kuwajibanipun, sadaya kêkajênganipun tanpa damêl. Wontêna ing pundi kemawon, guru punika kêdah dados tuladhaning lampah tatakrama, saha watak ingkang sae, punapa malih andhap asor saha barès, dados botên angkuh, anggêp utawi kumingsun.

Bilih tiyang sêpuhipun lare-lare wau kacêkapa kasagêdanipun, saha kobêra anggulawênthah anakipun, ngantos ing têmbenipun sagêd dados tiyang ingka sampurna ing gêsangipun, kangjêng gupêrmèn botên pêrlu angwontênakên pamulangan, ananging panggulawênthah ingkang makatên wau rêkaos sangêt tumraping tiyang sêpuhipun, sabab saking punika kangjêng gupêrmèn lajêng paring pitulungan dhatêng abdi saha kawulanipun, angadêgakên pamulangan, wontên ing pundi-pundi panggenan ingkang angsal-angsalanipun yatra bayaran sakolah botên murwat pisan-pisan, tinimbang yatra wêdalipun waragad. Taksih wontên sambêtipun.

Prawirawiyata.

Abdi dalêm juru sêrat II kabupatèn pulisi Surakarta.

--- 146 ---

Têmbung Cina

(Sambêtipun ôngka II kaca 55 taun IV)

Kongbun

Ing tanah Jawi (ingkang kathah ing Sêmarang) wontên ringgit talèdhèk, asêsindhèn mawi gêndhing, ingkang winastan: kongbun. Kados ayun-ayun lajêng kadhawahakên palaran.

Kongbun punika têmbung Cina, ingkang kêlantur, lêrêsipun: kohbun. Wastaning pakêmpalan sêrat-sêrat karanganipun para sagêd ing nagari Cina kala jaman kina.

Koh: têgêsipun kina.

Bun, têgêsipun sêrat ingkang ukaranipun inggil, utawi alus.

Têrangipun, sêrat kina ingkang inggil utawi alus ukaranipun.

Sêrat sastra Cina wontên ingkang ngalamat: Kohbun sigi utawi Kohbun Cinggan.

Awit tiyang Cina mênawi maos Sêrat Kohbun, kados tiyang Jawi manawi maos sêrat ingkang mawi kasêkarakên, ing jaman rumiyin tiyang Jawi nganggit gêndhing mirit kados swaranipun tiyang Cina maos Sêrat Kohbun wau, ananging kêlantur dados: Kongbun.

--- 147 ---

Sêrat Pustakaraja Purwa, ingkang kaêcap dening Tuwan H. Buning, ing Ngayogyakarta, taun 1884, jilidan ôngka 1 ing kaca 254, nyariyosakên, ing salêbêting taun côndrasangkala§ Têmbung sangkala punika asalipun saking têmbung saka kala, jarwanipun, petanging taun saka, punika tiyang Jawi amastani: Aji Saka.¶Lami-lami ewah dados sangkala, awit têmbung Sangskrit punika wontên ing Jawi kathah ingkang ewah ... (Zie Rêtna Dumilah, 14 Sèptèmbêr 1900). Tj. Tj. Kw. 287, Sang Hyang Endra karsa yasa tabuhan, winastan tabuhan surendra, ricikanipun amung gangsal prakawis.

1. Gêndhing (= rêbab).
2. Kala (kêndhang).
3. Sôngka (êgong).
4. Pamatut (= kêthuk).
5. Sauran (= kênong).

Inggih punika ingkang dipun wastani gamêlan surendro.

Gamêlan wau, dados pusakaning tanah Jawi.

Ing samangke gamêlan surendro wau, ricikanipun kados ing ngandhap punika: [p...]

--- 148 ---

[...unika:]

1 bonang agêng (rancakan).
1 bonang alit (rancakan).
1 rêbab.
1 kêndhang.
1 kêtipung.
1 gêndèr.
1 panêrus.
1 slênthêm gantung.
1 gambang.
3 kênthong (4, utawi 5).
1 kêthuk.
2 kêmpyang (utawi winastan: kêmong).
2 gong agêng.
1 gong suwukan.
1 gong kêmpul (punika manut kênongipun, mênawi kênong 3 kêmpulipun inggih 3).
2 kêmodhong, utawi 3.
1 clêmpung.
1 suling.
2 dêmung.
2 saron.
1 panithil (saron alit).

- -- 149 ---

Gêndhing ingkang kadamêl kawitan, winastan: Gambirsawit, saya lami mindhak kathah gêndhing enggal, sarta wontên gêndhing teladan saking gêndhingipun sanès bôngsa, kadosdening gêndhing Kongbun tuwin sanèsipun.

Ingkang sampun-sampun, pasamuwaning pangantèn panggih mawi bêksa, gêndhingipun Boyong, sarta pasamuwan sapêkêning pangantèn, mênawi bêksa gêndhingipun Bondhèt utawi Êla-êla.

Gêndhing Ladrangmanis tumrap ingkang bêksa kaping kalih, saha lajêng sanès-sanès gêndhing, kados ta: Gambirsawit, Rarasmaya, Puspajana, Lobong, Kinanthi, Sêkar Tanjung, Sêkar Gadhung, Clunthang, Genjong, Gonjang-ganjing, Genjong Goling, Dhêngklung, Tunggul, Sobrabarang, Pisangbali, Puspawarna, Paculgowang, Lompongkèli, Montro Pêksi Kuwung, pêrkutut Manggung, Jangkrik Genggong, Gambirsawit Pacarcina, Gambirsawit Samarangan, Kêbogiro Janturan, Kêbogiro Kêdhu, Gunungsari Prabalingga, Kagok Madura, Loro-loro, Bribil, Grompol, Samiran (lêrêsipun Sairan, inggih punika Dhendhang Mlayu), Ayun-ayun, Sumyar tuwin sanès-sanèsipun.

Ing Surakarta, dèrèng wontên gêndhing tanah Pasundhan

--- 150 ---

ingkang winastan: Dhongdho, Bogori, Kucar- kucar, Lunggak Linggik, Turih Wajit, Maidang, Sayangkahak, sapanunggilanipun.

Tjowa Tjoe Kwan.

Tirta Usada

(Sambêtipun ôngka III kaca 98, taun IV)

Bab 34. Sakit tèrêng (belaseni?)

Wontên tiyang jalêr umur 49 taun, padamêlanipun bêrah mêlik, tiyang wau sampun 3 taun sakit paru- parunipun, lami-ami ngantos dados sakit tèrêng. Salêbêtipun sakit punika sampun pintên-pintên dhoktêr ingkang dipun suwuni pitulungan anjampèni, ananging sadaya jampi madal kemawon, botên wontên ingkang mitulungi, salajêngipun tiyang wau sowan dhatêng dalêmipun Tuwan Kihnê, sasampunipun dipun priksa sêsakitipun, tiyang wau lajêng dipun dhawuhi adus rêndhêman murad sadintên kaping 1 dumugi kaping 3, tiyang ugi lajêng angèstokakên, nalika sawêg anglampahi adus rêndhêman murad sapisan kemawon, sampun wontên antawising suda sêsakitipun, sarêng angsal 23 dintên, saya kathah sakecanipun, sarta lampahing kêmahipun ugi lajêng sae, punapa malih [ma...]

--- 151 ---

[...lih] badanipun sabên mindhak dintên mindhak katingal sêgêripun, guwayanipun katingal sumringah, wusana sarêng angsal 2 wulan, tiyang wau sampun sagêd nyambut padamêlanipun malih.

Bab 35. Sakit busung

Wontên tuwan-tuwan anandhang sakit busung, tangan tuwin sukunipun sami abuh, punapa malih sampun pintên-pintên taun lampahing kêmahipun kirang sae, dene salaminipun nandhang sakit tuwan wau sampun pintên jampi asontan-santun ingkang dipun jampèkakên, ananging satunggal botên wontên ingkang amitulungi. Sarêng anglampahi adus rêndhêman padharan gontas-gantos kalihan adus rêndhêman murad, angsal satêngah wulan sêsakitipun sampun sagêd sirna sadaya, ngantos andadosakên ngunguning manahipun piyambak, awit botên gadhah nyana bilih sakitipun sagêd saras.

Bab 36. Sakit lumpuh tuwin sakit bazal (roos)?

Wontên nyonyah umur 35 taun, sakit abuh sangandhaping dhêngkulipun ingkang kiwa, galigir atêmu gêlang, warninipun abrit, raosipun sakit sangêt,

--- 152 ---

dipun jampèni dening dhoktêr botên sagêd mantun, malah sukunipun ingkang têngên nututi abuh, raosipun ugi sakit, awit saking punika lami-lami nyonyah wau lajêng botên sagêd ebah, amargi badanipun sakojur kêraos lumpuh, mila lajêng kapêksa tilêman kemawon, punapa malih gêgêripun lajêng mêdal malanipun tansah mili toya kalihan nanah, raosipun ugi sakit sangêt ngantos botên angangsalakên tilêm. Sarêng nyonyah wau anglampahi adus rêndhêman murad kaping 3 sadintên, ing dalêm 2 dintên, sêsakitipun sampun wontên sudanipun, dumugi 14 dintên, malanipun ing gêgêr katingal mingkup, saha lajêng sagêd ngadêg, wusana sarêng angsal sawulan, sadaya sêsakitipun sampun saras babarpisan.

Bab 37. Sakit kuping

Wontên rare èstri umur 13 taun, sakit dhêmêm kuning demem Koening? sarta badanipun sakojur kados dipun cèt ing toya kunyit Koenjit? tuwin badanipun lêmês kados rare botên gadhah bayu, punapa malih sirahipun mumêt sarta awrat. Sarêng anglampahi adus rêndhêman padharan gontas-gantos kalihan adus rêndhêman murad kaping 3 sadintên, ing dalêm 14 dintên, sakitipun sampun [sampu...]

--- 153 ---

[...n] saras sadaya.

Bab 38. Sakit padharan sekat? Bêbucal botên sagêd lêga.

Wontên nyonyah umur 20 taun, sakit padharan sarta bilih bêbucal botên sagêd lêga, sakitipun wau dipun jampèni punapa-punapa botên sagêd mantun, sarêng anglampahi adus rêndhêman padharan sarta nyirik têtêdhan ingkang pancèn botên kenging katêdha: angsal 3 dintên, sakitipun sampun saras babarpisan.

Bab 39. Sakit ototipun ingkang alus-alus

Wontên nyonyah umur 18 taun sakit ototipun ingkang alus-alus, saking sangêting sakitipun, nonah wau ngantos botên sagêd lumampah, tuwin botên sagêd tilêm, sarta botên sagêd wicantên, punapa malih botên gadhah kaèngêtan punapa-punapa, jalaran panonipun komêt. Nonah wau lajêng anglampahi adus rêndhêman murad kaping 3 sadintên, dene dangunipun anggèning adus ½ utawi ¾ jam, ing dalêm 8 dintên nonah sampun sagêd lumampah, watawis 3 utawi 4 wulan, sakitipun sampun saras babarpisan, sarta lajêng sagêd nyambut damêl kados padatanipun, punapa malih [ma...]

--- 154 ---

[...lih] lampahing kêmahipun ugi sagêd pulih kados nalika dèrèng sakit. Taksih wontên sambêtipun.

Wignyaarja.

Ngèlmu Alam

(Sambêtipun Sasadara ôngka III kaca 110 taun IV)

IV Bab pamerangipun kewan gadhah ragangan.

Ulam

Ulam punika kewan gadhah ragangan, rahipun asrêp. Tuwin salaminipun ambêkanipun mêdal ing angsang. Ingkang dados pirantosipun angebahakên badanipun: kèpèt, manahipun namung wontên kothakanipun kêkalih, badanipun katutup ing sisik, sami ugi kalihan pêksi, ulam punika inggih nigan. Tiganipun kawastanan crubuk, sawênèhipun ulam gadhah ragangan balung sêpuh, sawênèh balung nèm, sadaya ulam ingkang baud anglangi, punika sami gadhah impês ing padharanipun, namanipun plêndhungan, mripatipun ulam punika agêng, awis-awis ebah, botên gadhah tlapukan. Godhoh, kuping ugi botên gadhah. Ingkang kathah ulam punika môngsa kewan alit-alit.

--- 155 ---

UlalamUlam. kaperang dados kalih.

1. Ulam ingkang gadhah balung sêpuh 2 ulam ingkang gadhah balung ênèm, ulam ingkang gadhah balung sêpuh wontên kalikalih. warni 1 mawi patil kakên 2 mawi patil lêmês, dene ingkang gadhah balung ênèm ugi warni kalih, 1 angsangipun sagêd mêlar mingkup 2 angsangipun pajêg.

1. Ulam mawi patil kakên, punika ulam gadhah balung sêpuh, ingkang gêgêripun cringih-cringih kados graji, bangsanipun punika ingkang sampun kasumêrêpan ulam barês.

2. Ulam mawi patil lêmês punika ulam gadhah balung sêpuh ingkang kèpètipun ing gêgêr kados sorot nanging lêmês, tuwin wujud ros-rosan kathah, ingkang sampun kasumêrêpan, ulam klayar, salêm, sênuk, aring, kabêl yao tuwin paling.

3. Ulam ingkang angsangipun ebah punika ulam ingkang balungipun ênèm, ingkang angsangipun kadosdene ulanulam. ingkang balungipun sêpuh, gumantung ing longan angsang, katutup ing tutup angsang. Ingkang sampun kasumêrêpan: sêhir ingkang ngantos wawrat 200 kilogram, tiganipun kawastanan: kaphiyar, ngantos sok wawrat 50 kilogram, plêmbunganipun kenging kadamêl ancur: sae sangêt, nglangkungi damêlaning tiyang.

--- 156 ---

4. Ulam ingkang angsangipun kêkah, punika ulam balung ênèm ingkang angsangipun gandhèng kalihan kulit ing jawi, tuwin botên wontên tutupipun, ingkang sampun kasumêrêpan, ai, utawi ulam ingkang mosa môngsa. jalma. Ulam graji tuwin ulam roh.

Bab raganganipun manungsa.

Ragangan punika perangan ing salêbêtipun badaning manungsa. Punika kalêmpakaning tosan pintên-pintên, ingkang sagêd ebah, tuwin ingkang botên sagêd ebah punapa malih sami gêgandhengan. Tosan sadaya wau kaperang dados tigang perangan ingkang agêng.

1. Ragangan sirah.

2. Ragangan gêmbung.

3. Ragangan suku.

1. Ragangan sirah, punika dipun wastani: cumplung tuwin wontên [wo...]

--- 157 ---

[...ntên] kalih perangan.

1. Wadhah utêk, ingkang ing nglêbêt isi utêk kemawon (herzen).

2. Rai: mawi bolongan mripat, irung tuwin cangkêm. Ing sanginggilipun wadhah utêk punika botên wontên bolonganipun. Punika kaperang tiga, 1. tosan bathuk, 2. tosan ing wingking, 3. tosan pilingan kalih, kalihan tosan rai kalih. Tosan sadaya wau gandhèng-gandhengan sarta sami sagêd ebah.

Dene cumplung punika ingkang ngandhap kathah bolonganipun, inggih punika:

1. Tosan talingan, ing nglêbêt dumunung ing pamirêng.
2. Tosan bathuk sakêdhik.
3. Saperanganipun tosan sirah ingkang wingking.
4. Tosan malang (sipbeen) kalihan tosan athik-athikan (wichtbeen) mênggah bolongan ingkang dumunung ing cumplung wau ingkang agêng piyambak, bolongan ing tosan ingkang wingking, inggih punika gathukipun sungsum ing gêgêr kalihan utêk.

Tosan rai punika, uwang ing ngandhap, kalihan uwang nginggil, uwang nginggil punika botên sagêd ebah, tuwin kagandhèng kalihan tosan cumplung. Tosan

--- 158 ---

mlêngkung, ingkang anggandhèng uwang nginggil tuwin tosan pilingan ingkang dumunung sangandhaping mripat, punika kawastanan tosan plêngkung kemawon, bolongan irung ingkang dumunung wontên ing uwang nginggil, wontên ingkang katutup ing tosan alit kalih, punika kawastanan tosan irung. Bolongan irung wau mila dados kalih, dipun êlêt- êlêti tosan janur. Dene bolongan ing saantawisipun irung kalihan cangkêm, dipun êlêt-êlêti: cêthak.

Uwang ngandhap punika sagêd ebah, kagandhèng kalihan pilingan, perangan ingkang ngajêng kawastanan janggut. Tosan ingkang gandhèng kalihan pilingan kawastanan athik-athikan. Ing salêbêtipun uwang ngandhap tuwin nginggil, wontên wadhahipun untu, ing nglêbêtipun katancêban untu.

2. ragangan gêmbung dalah gulu punika kaperang dados tiga, 1. Tosan ula-ula. 2. Tosan iga. 3. Tosan dhaha.

Tosan ula-ula, punika tumpuk-tumpuk, ing satunggil-tunggilipun tosan kabedakakên ing nama, inggih punika: crèngkèh êri, crèngkèh malang tuwin [tuwi...]

--- 159 ---

[...n] crèngkèh mayat, tumpuk-tumpukipun tosan ula-ula punika, lajêng dados kalenan, ing salêbêting kalèn wau wontên sungsumipun, ingkang lajêng gathuk kalihan utêk, gathukipun wontên ing bolongan sirah ing wingking. Ing saantawisipun kolong-kolonganipun tosan ula-ula punika wontên bolonganipun, inggih punika margi pangraos Zeenuwen ingkang saking sungsum gêgêr dhatêng sawarninipun peranganing badan sadaya.

Tosan ula-ula punika wontên gangsal warni:

1.Tosan gulu.
2. Tosan gêgêr utawi dhadha.
3. Tosan bangkekan.
4. Tosan rongkong (heiligbam)
5. Tosan silit kodhok utawi buntut.

Tosan gulu, tiyang punika gadhah tosan gulu: pitu. Ingkang nginggil piyambak botên gadhah awak-awak tuwin botên gadhah crèngkèh mayat, nanging ingkang ngandhap tuwin ingkang nginggil wontên rosipun kalih wradin kemawon, namanipun atlas (plêngkung), ing salêbêtipun plêngkung wau wontên pêndholipun ingkang sagêd mubêng ing kolongan ingkang kaping kalih.

Tosan ula-ula tuwin dhadha, punika wontên kalih

--- 160 ---

wêlas kolong, ing sabên-sabên kolong wontên iganipun kalih. Punika namung sagêd ebah sawatawis.

Tosan bangkekan punika wontên gangsal kolong, punika langkung agêng katimbang kolongipun tosan ula-ula, tuwin botên wontên iganipun, kadosdene tosan gulu kemawon.

Tosan rongkong (hieg) wontên gangsal kolong, nanging gandhèng dados satunggil, mila rupinipun kados tosan amung satunggil.

Tosan silit kodhok utawi buntut, punika wontên kawan kolong, gandhèngipun sagêd ebah namung sawatawis, nanging ing nglêbêt botên ngalèn, sadaya wau kawastanan tosan buntut.

Taksih wontên sambêtipun. Radèn Dêmang Citrasantana.

Guru ing Mangkunagaran.

--- [0] ---

Isining Kabar Sasadara

1. Pawarsakan ... blz 129.
2. Dintên sae ... blz 130.
3. Ngèlmu ukur sawatawis ... blz 131.
4. Ngèlmu padhukunan bayi ... blz 138.
5. Kalêmpaking kawruh sawatawis ... blz 141.
6. Têmbung Cina ... blz 146.
7. Tirta usada ... blz 150.
8. Ngèlmu alam ... blz 154.