Sastra Jawa

Program Digitalisasi Sastra Daerah

  • Increase font size
  • Default font size
  • Decrease font size

Sasadara, Radya Pustaka, 1903-08, #1808

Katalog:Sasadara, Radya Pustaka, 1903, #1808
Sambung:
1.Sasadara, Radya Pustaka, 1903-01, #1808 . Koran, Majalah dan Jurnal | Sasadara #537.
2.Sasadara, Radya Pustaka, 1903-02, #1808. Koran, Majalah dan Jurnal | Sasadara #538.
3.Sasadara, Radya Pustaka, 1903-03, #1808 . Koran, Majalah dan Jurnal | Sasadara #539.
4.Sasadara, Radya Pustaka, 1903-05, #1808. Koran, Majalah dan Jurnal | Sasadara #540.
5.Sasadara, Radya Pustaka, 1903-06, #1808 . Koran, Majalah dan Jurnal | Sasadara #541.
6.Sasadara, Radya Pustaka, 1903-07, #1808. Koran, Majalah dan Jurnal | Sasadara #542.
7.Sasadara, Radya Pustaka, 1903-08, #1808 . Koran, Majalah dan Jurnal | Sasadara #543.
8.Sasadara, Radya Pustaka, 1903-09, #1808 . Koran, Majalah dan Jurnal | Sasadara #544.
9.Sasadara, Radya Pustaka, 1903-10, #1808 . Koran, Majalah dan Jurnal | Sasadara #545.
10.Sasadara, Radya Pustaka, 1903-11, #1808 . Koran, Majalah dan Jurnal | Sasadara #546.
11.Sasadara, Radya Pustaka, 1903-12, #1808 . Koran, Majalah dan Jurnal | Sasadara #547.

Ôngka V, Taun IV. Kaping 15 Jumadilawal Taun Wawu, Ôngka 1833 [9-8-1903 AD.].

Sêrat kabar wulanan nama:

Sasadara

Rêginipun ing dalêm satêngah taun 3 rupiyah, sarta kêdah kabayar rumiyin. Ingkang anggadhahi Sasadara Pahêman Radyapustaka. Ingkang nyithak sarta ngêdalakên Firma Vogel v. d. Heijde & Co. Juru pangripta Ngabèi Wirapustaka.

--- 161 ---

Minôngka Pananggalanipun Sasadara

Pawarsakan

Wulan Jumadilakir taun Wawu ôngka 1833, taun Hijrah 1321.

[Grafik]

--- 162 ---

Dintên Sae

Salêbêtipun wulan Jumadilakir taun Wawu punika wontên kêkalih.

1. Dintên Sênèn Wage tanggal kaping 7 wuku Prangbakat, dewa Sri, tungle, tulus, lampahing latu, wasesa sêgara, sêngkaning cèlèng têmbalung, rakamipun dhawah sanggar waringin, saenipun kangge sabarang, sangatipun wiwit jam 6 dumugi jam 8.24 mênut, Jabarail rijêki, utawi wiwit jam 3.37 mênut dumugi sadalu pisan, Amad wilujêng.

2. Dintên Jumungah Paing tanggal kaping 25 wuku Wugu, dewa Guru, tungle, tulus, lampahing surya, tunggaksêmi rakamipun dhiwahdhawah. mantri sinaroja, saenipun kangge sabarang, sangatipun wiwit jam 10.49 mênut, dumugi jam 1.12 mênut, Jabarail wilujêng.

Wêwaton sêrat pawukon, wulan Jumadilakir wau mênawi kangge ngêdêgakên griya: sae, watakipun kêkasihipun dhatêng, mênawi kangge alih-alihan griya botên sae, watakipun sakitên.

Wêwaton ungêlipun kadis Marpuk, mênawi kangge salakirabi: sae, watakipun sugih anak, sarta sugih mas salaka.

--- 163 ---

Wêwaton ungêlipun kitab Mujarabat, ing tanggal kaping 25 wau kawastanan: nakhas, salêbêtipun sadintên sadalu botên kenging sade tinumbas, kêkesahan, ngangge-angge, pêpaès, ningkahan, nanêm wit-witan, damêl sumur sarta ngadêgakên griya.

Sêrat kabar Taman Pêngatauan, amratelakakên pranatanipun tanêman ing salêbêting pemahan. Ingkang sarèhning kula manah pêrlu, dados kula pêthik, ringkêsanipun kados ing ngandhap punika:

Pemahaning satunggal-tunggalipun tiyang ing tanah Jawi punika wiyaripun botên tamtu, sanadyan pemahan wau namung sacêkapipun griya kemawon, kajawi ing nagari agêng, kados ta ing Batawi, Samarang tuwin Surabaya, ananging sangandhapipun taritis ugi wontên sitinipun ingkang maluwa utawi sêla, saha watêsipun pemahan ingkang saèstu mawi pagêr, dados sakêdhik-sakêdhik mêksa sagêd nênanêm. Têtanêman wau botên kadamêl kasugihan utawi kasaenan, namung kangge anyêkapi pêrlu sakêdhik-sakêdhik, kados ta:

1. Tiyang ingkang pemahanipun namung cêkap dipun êdêgi griyanipun kemawon, sagêd ugi nênanêm sangandhaping

--- 164 ---

taritis sarana dipun wadhahi ing kêndhil, kuwali utawi bumbung. Ingkang sarèhning tanêman wau namung pêrlu kangge nambal kabêtahan sakêdhik-sakêdhik (botên kadamêl kasaenan, kadosdene bôngsa Walandi) dados ingkang prayogi katanêm namung kados ta: kêmangi, inggu, laos, tumbar, lombok rawit, kacipir, ceme, bêstru sapanunggilanipun.

2. Bilih sêlaning pemahanipun wontên 20 utawi 50 ru pasagi, ing watêsing pemahan wau cêkap dipun tanêmi kalapa 2 utawi 3 wit sarta pisang sawatawis, awit bilih kêkathahên, siti wau lajêng ayom sadaya, botên kenging dipun tanêmi sanès-sanèsipun malih, dene kalapa wau amiliha kalapa puyuh ijêm, awit kenging kadamêl jampi, sarta kalapa gadhing, kenging kadamêl ing sarat, wah malih galugunipun sami andhap alit, ing pacêrèn kenging dipun tanêmi dringe, ilèr, dilêm, saha pandhan wangi, ing pojoking pemahan prayogi dipun tanêmi laos, kêcombrang? kêncur, jae, kunir, têmu. Sacakêting pawon prayogi dipun sukani anjang-anjang, kadamêl angrambatakên gambas, kacipir. Ing pagêr-pagêr karambatana kara ananging pagêripun kêdah pagêr gêsang, kados [ka...]

--- 165 ---

[...dos] ta: luntas, godhongipun kenging katêdha, turus kapidhondhong, pupusipun kenging kadamêl lintunipun asêm, ing panggenan ingkang botên ayom, kenging dipun tanêmi lombok rawit saha terong. Bilih pemahanipun ciyut sampun nanêm jêram gulung, dhuku, pêlêm sasaminipun, awit angrisakakên tanêman ingkang alit-alit, wah pamêdalipun botên sapintêna, botên kenging dipun pêndhêt sabên dintên, ing sangajêngipun griya kenging dipun tanêmi dalima, jêram pêcêl, carême, awit punika witipun sami alit-alit, sangandhapipun wit-witan wau taksih kenging dipun tanêmi malathi, mawar sasaminipun sasêkaran ingkang andhap-andhap.

3. Bilih wontên pemahan ingkang wiyaripun 125 ru pasagi, kenging dipun tanêmi tikêl kalih tinimbang ing pemahan ôngka 2 sarta sampun kasupèn nanêm wit jambe 1 utawi 2 ing pagêr, ing ngandhapipun karambatana sêdhah.

4. Bilih pemahan wau wiyaripun satêngah bau, kenging dipun tanêmi kalapa sarta pisang ngantos 10 wit, punapa malih kenging nanêm kalapa agêng, pisangipun ugi kenging nanêm marni-warni warni-warni. kados ta pisang mas, raja, kaluthuk, awit pisang kaluthuk punika pêrlu kapêndhêt godhongipun, sarta bonggolipun kenging dipun gudhêg, [gudhê...]

--- 166 ---

[...g,] tanêman sanès-sanèsipun kadosdening kasêbut ing ôngka I sarta 2 kenging dipun wêwahi kathahipun, sarta kenging nanêm kacang lanjaran, pohung, balimbing wuluh, jêram bali. Pagêripun sampun sarupi kemawon, ingkang ngajêng prayogi pagêr luntas kagapit nginggil dipun papal, ing wingking wit kêmlandhingan, ing kiwa têngên turus sêkar sêpatu utawi turus dhadhap. Saurutipun pagêr, kajawi ing ngajêng, kenging dipun tanêmi nanas, turus dhadhap wau salong sampun dipun pronggol, awit pêrlu kadamêl lanjaran uwi utawi baligo sasaminipun.

5. Bilih pemahan wau wiyaripun satunggal bau, tanêmanipun kenging tikêl kalih tinimbang tanêman ing ôngka 4 kalapa kenging nanêm ngantos 30 utawi 35 wit, sarta kenging nanêm wit dhuku, manggis, rambutan, jambu, pête, jengkol, satunggal-tunggalipun warni I wit, sapinggiring pemahan kenging dipun tanêmi dêling sakêdhik, cêkapa kangge pêrlunipun piyambak, bilih pemahanipun wau angsal toya mili kenging damêl balumbang, kadamêl rêrêsik, dipun tanêmi kangkung sarta dipun ingahi ulam.

6. Bilih pemahan wau ngantos 2 utawi 3 bau, salangkungipun têtanêman ingkang kasêbut ing ôngka 5 prayoginipunprayogi dipun. [pra...]

--- 167 ---

[...yoginipun] tanêmi kalapa sadaya, antawisipun kadamêla kirang langkung 3½ ru, dados ing ngandhapipun botên kayoman sadaya, kenging dipun tanêmi katela, pohung, jagung, kacang sapanunggilanipun, ananging sampun kathah-kathah nanêm ingkang wohipun angèl panyimpên saha panyadenipun, kados ta timun, krai, bêsusu, dhuku, kokosan, rambutan, pêlêm, nôngka, katela gantung, sarta sampun kasupèn nanêm talês, kimpul, walur. Ing sapinggiripun pemahan kenging dipun tanêmi arèn, siwalan, dêling, kaluwak, kêmiri, kaluwih, randhu.

7. Bilih tiyang manggèn dados magêrsari, sampun anênanêm kitri taun, prayogi ananêma wit-witan ingkang 3 utawi 6 wulan sagêd mêndhêt melikipun.

Pemahan ingkang kenging dipun tata kadosdening ingkang kasêbut ing nginggil punika, namung pemahan enggal utawi trukan. Pemahan ingkang sampun dados, kenging ugi dipun tata makatên, sarana ngêlongi ingkang kirang prayogi, sarta mêwahi ingkang pêrlu saha dèrèng wontên. Ananging ingkang limrah pemahan ing tanah Jawi punika, thêthukulanipun botên tata awit awis ingkang gêsangipun sarana dipun tanêm, ingkang kathah namung

--- 168 ---

saking thêthukulan.

Kalêksananipun sadaya ingkang kasêbut ing nginggil wau kêdah nitik sarta amarsudi panggenanipun, kados ta: kêdah kacoba pasitèn wau saenipun dipun tanêmi punapa, sarta anjagi supados pasitèn wau sampun ngantos bacêk, inggih punika kajawi ing pasitèn ingkang miring, kêdah wontên kalènipun, kangge pambucalan toya.

Pagêr turus punika warni tiga, inggih punika 1. pagêr turus kasaenan, 2. pagêr turus kakiyatan, 3.pagêr turus ingkang mêdal nipkahipun.

1. Pagêr turus kasaenan punika, pagêr ingkang sawanganipun sae, inggih punika pagêr sapinggiring waradinan agêng salêbêtipun kitha, botên santosa, ananging angrêsêpakên paningal, dene pagêr wau ingkang limrah jaron, luntas, puring, andong, sômbakêling, jarak, kagapit ing nginggil dipun papal.

2. Pagêr turus kakiyatan, inggih punika pagêr sapinggiring margi padhusunan, pagêr kikis utawi pagêr sakubênging dhusun, ingkang prayogi katanêm inggih punika klampis, suru, kêmlandhingan, waru, dhadhap ri, randhu, dêling, jambe.

--- 169 ---

3. Pagêr ingkang kapêndhêt nipkahipun, inggih punika pagêr gêsang ingkang katanêm ing antawisipun satunggal-tunggaling pemahan, kados ta: dhadhap srêp, pohung, jambe satunggal kalih, mawar wana (rêgulo) waron, luntas, saha sanès- sanèsipun.

Pun Prawirawiyata. Abdi dalêm carik ôngka II kabupatèn pulisi nagari Surakarta.

Têmbung Cina

(Sambêtipun ôngka IV kaca 150, taun VI)

Kong

Tiyang Jawi ing Samarang, mênawi main pot (kênèkêran) bilih gaconipun malêbêt ing kalangan, punika winastan: dhud (dood) têmbung Walandi (dene mênawi gaconipun sagêd ngêdalakên kênèkêr ingkang wontên kalangan, kênèkêr ingangingkang. mêdal saking kalangan wau: winastan: kong.

Kong: punika têmbung Cina, ing ngriki tinêgêsan: gadhahanipun tiyang kathah, inggih punika mênawi pamainipun sampun rampung, kênèkêr ingkang sampun dados kong wau lajêng dados gadhahanipun tiyang ingkang mênang.

--- 170 ---

Kingkit

Jêram ing tanah Jawi kathah jinisipun (zie J.Z.I 277) kêprok, kranjang, pacitan, galundhung, butun, kuwik, kingkit, lawe, ranjam, lètèrkêdhu, katès, pêcêl, purut, bali.

Ananging jêram kingkit punika wastaning satunggal jinis jêram ing nagari Cina, lêrêsipun: kimkit.

Kim, têgêsipun mas.

Kit têgêsipun jêram.

Têrangipun jêram mas.

Ing nagari Cina, jêram ingkang agêng winastan: yu, ingkang alit winastan: kit.

Jêram kingkit wau kadamêl manisan, tuwin para guru pamulangan bôngsa kula tiyang Cina wontên ingkang ngangge jêram kingkit wau kadamêl camboran gincu, supados gincu wau mênawi kaangge nyêrat botên sagêd luntur.

Ing nagari Padhang, utawi kiwa têngêning ngriku (pulo Sumatra) jêram kingkit wau kaangge kadosdene gom (gom = leim) ananging botên kaangge sabarangan, namung kadamêl ngradinakên, tuwin anglimisakên kondhening pangantèn, utawi kadamêl dhêmpêling sinom.

Jêram kingkit wau, wontên ingkang kadamêl wangsalan, ungêlipun [u...]

--- 171 ---

[...ngêlipun] makatên:

Jêruk Cina: bêbukane wong mêminta, yèn tan bangkit, kang prasaja têmbungira, bangkit pikantuk kingkit.

Kongsi

Têmbung kongsi punika têmbung Cina.

Kong têgêsipun: jêjêg, têmên, adil, êmbah, pangagêng, bathon, panggenan parentah, si: têgêsipun: panguwasa.

Griya bathon dagang winastan: kongsi.

Kalêbêt ing têmbung Jawi, botên ewah lêstantun: kongsi.

Griya-griya kagungan dalêm ingkang sinuhun kangjêng susuhunan, ingkang kaparingakên gumadhuh ing para abdi dalêm, winastan: griya kongsi: utawi kongsèn.

Sêrat pemutan têmbung Mlayu, kêkaranganipun panjênênganipun Tuwan W. Alkêmah, ingkang kaêcap ing Surabaya, taun 1891 nyariyosakên ing taun 1595-1602 ing nagari Walandi, tuwin ing Selan kaadêgan: kongsi, minôngka nglampahakên dagang dhatêng ing tanah Indiya Nèdêrlan.

Pak arak ing Singgapura, winastan: cyukongsi, sintên ingkang masak arak pêtêng, mênawi kacêpêng ing polisi

--- 172 ---

kadhêndha 50 dholar, mênawi botên sagêd bayar, lajêng kinunjara 2 wulan (zie sêrat kabar sastra Cina, ngalamat: Latpo 20 Oktobêr 1886 ôngka 1584) kongsi, winastan: ngêpakan.

Babah kapitan tuwin babah litnan ing tanah Jawi (kajawi Batawi) winastan: kongsi, utawi: twahkongsi (twah têgêsipun: agêng).

Babah kapitan utawi babah litnan, wontên ugi ingkang kasêbut: kong kemawon, kados ta:

Ongbikong, punika jêjulukipun Babah Kapitan Bèkwatkun.

Cewankong; punika jêjulukipun Babah Litnan Chewhatyongling.

Byaningkong, punika jêjulukipun Babah Litnan limwipang.

Kadosdening ingkang kasêbut ing sêrat kêkarangan kula, ngalamat: Tyo-ik, taun 1889 ing bab 2 ingkang kula sampun angsal sêrat tarima kasih saking tuwan dhirèksining pakumpulan bab kagunan tuwin katabêrèn ing Batawi (Bataviaasch Genootschap van Kunsten en Wetenschappen) katitimangsan kaping 11 Januari 1890 ôngka 13.

Tjoa Tjoe Kwaan.

--- 173 ---

Rêringkêsaning Cariyos Ringgit Purwa

Candhakipun Sasadara ôngka III kaca 94.

Taksih sambêting cariyosipun Abimanyu.

Sang Prabu Anom tansah sinihan kalihan ikaingkang. garwa sakalihan, Prabu Maswapati sangêt ing sih trêsnanipun dhatêng putra mantu tansah ingêla-êla rinaja-raja manggala, botên kacariyosakên tingkahing kawibawanipun Sang Prabu Anom, kacariyos ingkang garwa Dèwi Utari ngajêngakên ngidham-idham kaworan punika salêbêting kalih wulan tansah padudon kalihan ingkang garwa, andadosakên rudah rudatinipun Prabu Maswapati sakalihan sang pramèswari. Ing ngriku Rêsi Abyasa botên kasamaran ing rèh punika lajêng têdhak dhatêng Ngamarta, amangsit dhatêng ingkang wayah para Pandhawa lêlampahanipun ingkang putra Prabu Anom Wirabatana anggèning padudon kalihan ingkang garwa putri Wiratha, môngka punika ingkang dados gêgondhelaning para Pandhawa têmpuh ing prang Bratayuda ing têmbe, mila ingkang wayah Sang Arjuna dhinawuhan dhatêng Wiratha bokmênawi dados jalaraning atut runtut malih, nanging sêngadia têtinjo kemawon, para Pandhawa sami mangayugya, Rêsi Abyasa lajêng mêsat kondur dhatêng patapan, ing wuri Sang Arjuna lajêng pangkat anggana tanpa wadya, sadumugining Wiratha

--- 174 ---

anjujug padalêmanipun ingkang putra Sang Prabu Anom lajêng kabêkta sowan ing Prabu Maswapati, sanalika sang nata kalut aningali sowanipun ingkang wayah Sang Arjuna dinalih wontên pêrlunipun, sasampuning sinambrama lajêng dinangu matur mênawi namung têtinjo kemawon, Prabu Maswapati langkung suka, lajêng awêwartos yèn ingkang putra Sang Prabu Anom tansah padudon kalihan ingkang garwa laminipun sampun kalih wulan punika. Sang Arjuna miyarsa langkung sungkawa. Karsanipun Prabu Maswapati ingkang wayah Sang Arjuna laju kinèn wangsul kautus dhatêng Saptarga nimbali Bagawan Abyasa, Sang Parta matur sandika pinaringan kanthi ingkang paman Sang Patih Arya Nirbita§ Patih Arya Nirbita punika putranipun Radèn Seta, Radèn Seta punika ingkang rayi Rêsi Abyasa sami putranipun Prabu Dwipakeswara: Palasara, Zie Abyasa. kadhawuhan lêlancaran kemawon botên kalilan bêkta wadya kathah, lajêng sami mangkat, sadumugining Saptarga kêpanggih kalihan Bagawan Abyasa andhawuhakên timbalanipun Prabu Maswapati, Bagawan Abyasa matur sandika, ing antawis dintên ingkang putra Patih Nirbita sarta ingkang wayah Sang Parta sami kadhawahan mangkat rumiyin sang rêsi badhe lumampah ing wuntat, nuntên sami mangkat, ing antawis sampun têbih lampahipun satriya kalih [ka...]

--- 175 ---

[...lih] wau Rêsi Abyasa lajêng mêsat ngambara, dhatêngipun ing Wiratha sarêng lajêng marêk ing ngarsanipun Prabu Maswapati, sang nata langkung suka sang rêsi lajêng kabêkta dhatêng sanggar palanggatan, winartosan yèn sang nata mêntas supêna aningali surya, côndra, lintang, sami tumurun maring tilaming putri nata Dèwi Utari, wêkasan dados cahya mrabani salêbêting tilam sadaya, ngantos dumugi samangke punika punang cahya dèrèng ical, sang nata andangu wahananipun, Bagawan Abyasa lajêng anarbuka mênawi ing têmbe Dèwi Utari darbe putra satunggal badhe jumênêng nata ambawani sabuwana, nanging benjang praptaning môngsa sampun pinasthi ing jawata botên mêningi sudarmanipun, Prabu Maswapati dahat pangunguning galih, Rêsi Abyasa lajêng nyuwun amit mantuk linilan mêsat, Prabu Maspawati lajêng awêwarti dhatêng garwa miwah putra sami sangêt pangungunipun, wêkasan tansah sami nênêdha ing dewa. Kacariyos sarêng prang Bratayuda anglêrêsi senapatining Kurawa Dhangyang Druna = Durna § Ing Padhalangan, Durna, lêrêsipun Druna, (Durna = kalajêngking, Druna = jun), awit kala lairipun awujud uwêl, lajêng winadhahan jun, sarêng sinidhikara dhatêng Bagawan Maruta lajêng dados jabang bayi. nalika kasor prang wadyanipun risak dening pamuking Arya Bima Arjuna, Dhanghyang Druna sêdya murih paekandaya, takèn [takè...]

--- 176 ---

[...n] aniti-niti dhatêng Prabu Yudhisthira anggèning laksana salêbêting prang, wangsulanipun: pun Bima Arjuna ingkang nglawani ing prang, saèstu ing kalih punika botên wontên ingkang dipun pakèwêdi, punapa sagêlaring prang mêngsah ingkang langkung pakèwêd, yêkti sirna lêbur rinisak ing kalih punika. Ing ngriku Dhanghyang Druna lajêng matah para nata kinèn anglawana prang tandhing Sang Bima Arjuna sagêda pisah saking pabarisan Kurusetra. Prabu Gardapati ing Kasapta nantang Sang Arjuna anglawana prang tandhing dhatêng sukuning wukir sakidul kitha Ngastina, Sang Arjuna botên ajrih lajêng mangkat, Prabu Krêsna tumut Sang Arjuna. Ingkang nantang Sang Bima Prabu Wrêsaya ingajak prang tandhing dhatêng sukuning wukir salèr kitha Ngastina Sang Bima adhangan lajêng mangkat namung bêkta wadya sadasa anênumpak. Sapêngkêripun Sang Bima Arjuna, Dhanghyang Druna langkung suka badhe anyirnakakên mêngsah, lajêng adamêl gêlar langkung santosa èwêt sarta rungsit winastan Cakrabyuha, pangajênging bala Kurawa, Druna, Karna, Krêpa, minôngka sêsupit, para nata minôngka kêkiping. Mangkana Prabu Yudhisthira lêgêg dènira ningali rakitipun gêlaring Kurawa, sakesahipun Sang Bima Arjuna botên wontên ingkang kadugi mangrêmpaka, ya ta lajêng dhawuh ingkang putra Sang Gathutkaca kinèn nimbali Sang Abimanyu, matur sandika mangkat dumugining kuwunipun [ku...]

--- 177 ---

[...wunipun] Sang Abimanyu ingkang sawêg pêpasihan kalihan ingkang garwa, sampun kadhawuhakên timbalanipun ingkang uwa Prabu Yudhisthira kadhawuhan mêdali prang ngrisak Cakrabyuha gêlaring KupawaKurawa. ingkang langkung santosa sarta pakèwêd, Sang Abimanyu matur sandika. Ing ngriku Dèwi Wara Sumbadra langkung sungkawa dening wêlingipun ingkang raka Sri Bathara Krêsna ingkang putra Sang Abimanyu sampun ngantonngantos. mêdali prang, Dèwi Siti Sundari sarta Dèwi Utari botên sagêd ngandika saking sangêting kawratan trêsna, raosing panggalih kadi tiyang napak wuluh sarta waspanira tansah tinahên sarwi angampêt napas, Sang Abimanyu angarih-arih ing garwa, apa gawene anggèr sira rêngu sungkawa bangêt, mundhak tyas ingsun kuwur botbotên mangkat marêk ing uwa prabu, sasampunipun ngandika makatên Sang Abimanyu dhêlêg-dhêlêg lajêng ngrasuk busana pamit ingkang ibu, kados sinêndhal kalihipun Dèwi Wara Sumbadra kawlas asih botên sagêd aningali dhatêng ingkang putra. Ya ta wêdalipun Sang Abimanyu marêk ing uwa Prabu Yudhisthira, sinambrama dening para nata, botên wontên putraning Arjuna amung Sang Abimanyu kang minôngka sarana ngrisak gêlaring Dhanghyang Druna awit sampun waskitha gunaning angrisak miwah lêbêt wêdalipun botên katawis, Prabu Yudhisthira lajêng parentah amasang gêlar supit urang, Sang Drêsthadyumna, Sang Gathutkaca [Ga...]

--- 178 ---

[...thutkaca] minôngka pucuking supit, Satyaki minôngka tutuk, Sang Nakula Sahadewa; netra, Pancawala sungut, Sang Abimanyu grana, Prabu Yusdhira Yudhisthira. sirah kanthi para nata tinata dumugi ing buntut, nuntên sami mangsah prang ngrisak gêlaring Kurawa, Sang Abimanyu minôngka senapati langkung kêndêl sarta sêkti lajêng ngrisak panjawat linêpasan jêmparing sirna lêbur gêlaring Kurawa ngantos dumugi panggenanipun Prabu Duryudhana, sami kapalajêng angungsi Dhanghyang Druna, ing ngriku Dhanghyang Druna gadgada lajêng pêpulih kalihan Krêpa, Sang Abimanyu botên kewran sangsaya manêngah ngamuk ngobrak-abrik risak gêlaring Kurawa.

Rms. Suwita.

Tirta Usada

Sambêtipun ôngka IV kaca 154.

Bab 40. Tiyang èstri wawrat (mêtêng) badanipun sakojur kêraos sakit tuwin cape botên gadhah kêkiyatan.

Wontên tiyang èstri bojon juru kêbon, nuju wawrat ingkang kaping 7 salêbêtipun wawrat tiyang èstri wau badanipun sakojur kêraos sakit, nanging botên kantênan ingkang katêlanjêr, punapa malih ngalumpruk botên gadhah [ga...]

--- 179 ---

[...dhah] kêkiyatan, tangan tuwin sukunipun asrêp, awit tiyang èstri punika sabên gadhah anak tamtu rêkaos, mila anggènipun wawrat ingkang kantun punika, gadhah sumêlang bokmênawi andadosakên jalaraning tiwasipun, awit saking punika bojon juru kêbon lajêng anglampahi adus rêndhêman murad kaping 3 sadintên, sarta sabên adus dangunipun ngantos satêngah jam, dene sasampunipun adus rêndhêman wau lajêng mlampah-mlampah ing panasan, sarêng angsal 8 dintên, kêkiyataning badanipun sampun kathah indhakipun, dumugi 3 wulan, bojon juru kêbon lajêng gadhah rare (manak) wilujêng sarta enggal wêdaling jabang bayi, ngantos andadosakên gumunipun dhukun ingkang tulung wêdaling jatangjabang. bayi wau.

Bab 41. Sakit pêloh

Wontên tiyang jalêr sakit pêloh, lajêng anglampahi adus rêndhêman padharan gontas-gantos kalihan adus rêndhêman murad, sadintên kaping 3 sarêng angsal 40 dintên, sakitipun sagêd saras, sarta badanipun tambah kiyat.

Bab 42. Sakit marongkol

Wontên rare jalêr umur 9 taun, sakit marongkol [marongko...]

--- 180 ---

[...l] gulunipun ingkang sisih kiwa, agêngipun watawis satigan ayam, lami-lami marongkolipun wau saya mindhak agêng, sakawit sêsakitipun punika awarni abrit, lajêng wungu, punapa malih gulunipun lajêng abuh, awit saking agênging parongkol tuwin abuhipun, rare wau ngantos tèngèng ngiwa. Wusana lajêng dipun purih adus rêndhêman padharan kaping 4 sadintên, tuwin adus tangas sabagianing badan ingkang katalanjêr ing sakit, ananging sarèhning abuhing gulunipun sansaya agêng dados pakèwêd sangêt anggènipun amatrapakên panangasipun, mila sawêg katangas kaping kalih lajêng dipun santuni kakomprès wedang panas. Ing sawatawis dintên abuhing gulunipun lajêng mêcah, dalêdêg mêdal nanah mawi rêrêgêd sakalangkung kathah. Watawis sawulan sêsakitipun rare wau lajêng saras babarpisan, punapadene tèngèngipun ugi lajêng mantun pulih kados ing nguni-uni.

Bab 43. Sakit wudun ingkang ngêmu êrah

Wontên tuwan-tuwan sakit wudunên gulunipun, lami-lami wudunipun dados agêng sangêt, sarêng makatên wudunipun tuwan wau lajêng dipun tangas, punapa malih lajêng adus rêndhêman padharan gontas-gantos kalihan rêndhêman murad, sarêng

--- 181 ---

watawis 4 utawi 5 dintên, wudunipun tuwan wau lajêng sami bolong alit-alit pating carumplêng, kirang langkung 23 panggenan, sarta sakathahing bêbolonganing wudun wau mêdal rahipun kanthi rêrêgêd, sarèng watawis 4 dintên, bêbolonganing wudun dados satunggal, ananging wudun lajêng katingal kingsèp, sarta bolongan wau tansah mêdal rahipun kanthi rêrêgêd kathah sangêt, tuwin sami sadintên punika lajêng botên karaos sakit, wusana botên watawis lami bolongan wudun sagêd pulih kalayan botên wontên tabêtipun.

Bab 44. Sakit kanker? ing susu sarta salêbêtipun irung

Wontên nyonyah sakit kankêr ing susu tuwin irungipun, ing susu wau mêdal malanipun wiyar langkung satêngah, dene irungipun ngantos risak ugi katrajang ing sêsakit kankêr, kajawi punika bathukipun mêdal sêsakitipun jêndhol kêkalih malah sampun badhe mêcah. Salajêngipun nyonyah kapurih adus rêndhêman padharan tuwin rêndhêman murad, botên antawis lami jêndholing bangukipunbathukipun. lajêng ical, tatu ingkang wontên susu sagêd garing sarta lajêng sakeca, punapa malih tatuning irung saking sakêdhik ugi sagêd sakeca. Sarêng watawis angsal 9 wulan, sadaya sêsakit [sêsaki...]

--- 182 ---

[...t] saras babarpisan.

Bab 45. Sakit mèncrèt ngantos atêtaunan.

Wontên nyonyah sakit mèncrèt laminipun sampun ... taun, nyonyah wau ngantos jèngkèl sarta susah manahipun, amargi saking anggènipun ngraosakên sakitipun botên mantun-mantun, sarêng anglampahi adus rêndhêman kaping 3 sadintên, sarta adus tangas 7 dintên kaping 3 angsal sawulan sakitipun sampun saras babarpisan.

Bab 46. Sakit pupu.

Wontên tuwan-tuwan dhoktêr nandhang sakit pupunipun, awit saking rêkaosing sakitipun tuwan dhoktêr wau ngantos botên sagêd lumampah sarta botên sagêd tilêm, dene salêbêtipun sakit punika sampun pintên-pintên jampi ingkang kajampèkakên, nanging botên wontên ingkang mitulungi. Wusana sarêng nyuwun tulung Tuwan Dhoktêr Kihnê, lajêng kapurih adus rêndhêman padharan kaping 3 lêt 4 dintên, tuwan dhoktêr ingkang sakit sampun sagêd lumampah, dumugi 25 dintên, sakitipun sampun saras babarpisan.

Bab 47. Sakit manah, tuwin paningal sabên dipun anggenipunangge.

ningali

--- 183 ---

sabarang kados wontên cêmêng-cêmêngipun pating palêtik.

Wontên tuwan-tuwan adpokat (pokrul) nandhang sakit manahipun, sarta paningalingpunpaningalipun. sabên ningali sabarang kados wontên cêmêng-cêmêngipun pating palêtik lumampah. Sarêng anglampahi adus rêndhêman padharan, botên antawis lami sêsakitipun tuwan wau sagêd ical sadaya. Taksih wontên sambêtipun.

Wignyaarja.

Ngèlmu Ukur Sawatawis

(Candhakipun Sasadara ôngka IV kaca 131, taun IV)

Angukur jêmbaring bumi

Bumi ingkang badhe kaukur kêdah dipun ubêngi rumiyin, supados sumêrêpa wangunipun, sabên pojok dipun anjiri. Mênawi pinggiripun botên kêncêng (malêngkung) anjir kêdah kadèkèk ing sakathahing pangkenanpanggenan. wiwitipun bengkong, ingkang antawisipun anjir-anjir wau kenging kaupamèkakên prasasat kêncêng. Dados nadyan gèsèha inggih namung sawatawis.

Upami ingkang badhe kaukur bumi ingkang kagambar ôngka 22, anggènipun nancêbakên anjir ing A B C D E tuwin [tu...]

--- 184 ---

[...win] ing F.

[Grafik No. 22]

Anjir-anjir wau lajêng kapriksaa pundi ingkang lêtipun têbih piyambak, inggih punika anjir A kalihan D dados pangukuripun urut sipatan AD punika.

Tiyang angukur cêkap nganggo kônca sapêrlunipun kemawon, kados ta: satunggil ambêkta ukuran kajêng mrapat. Ingkang ambêkta rante tiyang kalih, ingkang nyathêti tiyang satunggil. Gunggung tiyang sakawan. Mênawi wontên pêrlunipun malih kenging langkung saking punika, kados ta: wontêna ingkang ambêkta arit kangge ambabadi têtuwuhan ingkang makèwêdi pamasanging rante, utawi mêndhêti anjir ingkang sampun botên kangge.

--- 185 ---

Mênawi sampun pêpak kônca saha pirantosipun, ingkang ngukur lumampah saurutipun sipatan AD wiwit saking A lajêng kacoba mawi ukuran kajêng mrapat, punapa anggènipun ngadêg nujoni lêrês ajêngipun ing pojok satunggil, sarta sipatan saking anggènipun ngadêg dhatêng pojok ingkang cêlak (rumiyin) piyambak sagêd andadosakên pojok sikon kalihan sipatan AD mênawi kintên-kintên sampun lêrês makatên, ukuran kajêng mrapat katancêbakên ing sipatan AD sarta kajêngipun mrapat (nginggil) kaubêngakên, angantos panitinsipunpanitisipun. ingkang kalih kêncêng ing sipatan AD panitisipun ingkang kalih sanèsipun lajêng kasipat, punapa sampun lêrês dhatêng anjir ingkang wontên ing pojoking bumi ingkang cêlak wau. Mênawi botên lêrês, ukuran kajêng mrapat kêdah kaajêngakên utawi kaundurakên, ngantos angsal ing lêrêsipun, upami kajêng mrapat nancêb ing G panitisipun ingkang kalih kêncêng sipatan AD ingkang kalih sanèsipun kêncêng sipatan GF prapataning sipatan dhumawah ing G dados mênawi makatên, pojok AGF ingkang dumunung ing pasitèn, tamtu sikon [90 derajat] sasampuninsasampunipun. makatên, ukuran kajêng mrapat kapêndhêt, kasantunana anjir utawi têtêngêr sanèsipun, makatên salajêngipun, kajêng

--- 186 ---

mrapata coba-coba malih saurutipun sipatan AD ngantos kapanggih panggenan HK saha J pojok AHB HKE saha pojok CJD sami sikon, murih botên adamêl kalintu, anjir-anjir ing saurutipun sipatan AD wau kêdah sami dipun pêndhêti, dipun kantunakên anjir AGKJ saha D.

Ing sapunika pasitèn ingkang kaukur sampun kaperang-perang. Perangan ôngka I, II, V saha VI dhapur lumah mojok tiga sikon, perangan ôngka III saha IV dhapur trapesium.

Sadaya sipatan lajêng dipun ukur sapintên têbihipun, upami:

AG kapanggih 16 cêngkal.
GF kapanggih 6 cêngkal.
GH kapanggih 8 cêngkal.
HB kapanggih 14 cêngkal.
HK kapanggih 12 cêngkal.
KE kapanggih 18 cêngkal.
KJ kapanggih 13 cêngkal.
JC kapanggih 30 cêngkal.
JD kapanggih 17 cêngkal. Utaminipun AD kemawon kaukur rumiyin sapintên [sapi...]

--- 187 ---

[...ntên] têbihipun, dados pinanggihipun JD saking têbihipun AD sasampunipun kasuda gunggungipun AG GH HK saha KJ.

Murih botên kasupèn, ingkang nyathêti sadangunipun ngêtutakên ingkang ngukur, kêdah damêl gambar pèngêtan ing dlancang, panjangipun garis-garis kapantêsa kalihan ukuranipun, rekanipun makatên: ingkang rumiyin nyorèk garis kêncêng minôngka gambaripun sipatan AD bongkot pucukipun tinêngêran ing aksara A saha D kados gambar No. 22 punika: lajêng mêndhêt saperangan ingkang pantês, watêsipun katêngêran aksara G. Sarèhning sipatan AG ing pasitèn têbihipun 16 cêngkal, garis AG ing gambar pèngêtan inggih têdahkêdah. kasêrat ôngka 16.

Saking cêcêk G nyorèk manêngên, pojokipun kakintên-kintêna sikon, panjangipun inggih kapantês samurwatipun, watêsipun kêdah dipun têngêri aksara F. Sarèhning sipatan GF ing pasitèn têbihipun 6 cêngkal garis ing gambar pèngêtan inggih kêdah kasêrat ôngka 6.

Sasampunipun makatên lajêng anggambar cêcêk H minôngka gambaripun anjir H ing pasitèn, sarta adamêl garis [gari...]

--- 188 ---

[...s] corèk ngiwa, pojokipun sikon, watêsipun katêtêran katêngêran. aksara B minôngka gambaripun anjir B ing pasitèn, sarèhning sipatan ing pasitèn GH kapanggih 8 cêngkal, HB kapanggih 14 cêngkal, ing gambar pèngêtan garis GH inggih kêdah kasêratan ôngka 8, ing garis HB kasêrat ôngka 14. Makatên salajêngipun, rampung anggènipun ngukur, inggih rampung anggènipun damêl gambar pèngêtan, wondene gambaripun watêsing pasitèn kantun anggaris kemawon saking A dhatêng B, lajêng dhatêng G, sapiturutipun.

Mênawi pêrlunipun namung badhe nyumêrêpi jêmbaripun kemawon, pasitèn botên susah kagambar lêrês, cêkap ningali ing gambar pèngêtan kemawon, punika ingkang wangun lumah mojok tiga utawi trapesium tuwin sanèsipun, lajêng kaetang jêmbaripun manut wêwatonipun.

Sasampunipun kapanggih gunggungipun wontên pintên M2 utawi cêngkal pasagi, sagêd sumêrêp wontên pintên bau jêmbaripun (1 bau = 500 cêngkal pasagi = 7096½ M2 ).

Kangge ngetang jêmbaripun perangan I, ingkang pêrlu garis AG kalihan GF.

Kangge ngetang jêmbaripun perangan II, ingkang pêrlu garis [gari...]

--- 189 ---

[...s] AH kalihan HB.

Kangge ngetang jêmbaripun perangan III ingkang pêrlu GF GK kalihan KE.

Kangge ngetang jêmbaripun perangan IV ingkang pêrlu garis HB HJ kalihan JC.

Kangge ngetang jêmbaripun perangan V, ingkang pêrlu garis JC kalihan JD.

Kangge ngetang jêmbaripun perangan VI ingkang pêrlu garis KE kalihan KD.

Murih gampil pangetangipun, garis-garis ingkang pêrlu wau kêdah katata makatên.

I. AG = 16 cêngkal | GF = 6 cêngkal

II. AH = 16 cêngkal + 8 cêngkal = 24 cêngkal. | HB = 14 cêngkal

III. GF = 6 cêngkal | KE = 18 cêngkal | GK = 8 cêngkal + 12 cêngkal = 20 cêngkal.

IV. HB = 14 cêngkal | JC = 30 cêngkal | HJ = 12 cêngkal + 13 cêngkal = 25 cêngkal.

--- 190 - --

V. JC = 30 cêngkal | JD = 17 cêngkal

VI. KE = 18 cêngkal | KD = 13 cêngkal + 17 cêngkal = 30 cêngkal.

Sasampunipun makatên lajêng kaetang. Ningali gambar:

Perangan I wangun lumah mojok tiga sikon, dhasaripun AG inggilipun GF jêmbaripun:

[Grafik]

Perangan II wangun lumah mojok tiga sikon, dhasaripun AH inggilipun HB jêmbaripun

[Grafik]

Perangan III wangun trapesium GF // KE inggilipun GK jêmbaripun:

[Grafik]

Perangan IV wangun trapesium HB // JC inggilipun HJ jêmbaripun:

[Grafik]

Perangan V wangun lumah mojok kigatiga. sikon, dhasaripun JD inggilipun JC jêmbaripun:

[Grafik]

Perangan wangun lumah mojok tiga sikon, dhasaripun KD inggilipun KE jêmbaripun:

1 cêngkal

--- 191 ---

[Grafik]

Dados jêmbaripun pasitèn ingkang kagambar ôngka 22 punika: I + II + III + IV + V + VI = 64 cêng œ + 168 cêng œ + 240 cêng œ + 550 cêng œ + 255 cêng œ X 270 cêng œ = 1547 cêngkal œ = 500 cêng œ X 3 + 47 cêng œ = 3 bau + 47 cêngkal œ = 3 bau + 47 cêngkal œ. Taksih wontên sambêtipun.§ Tumuntên kakintuna. Red.

Kaimpun dening Mas Martadiharja mantri guru ing Bagi.

Antya Basa Basa Antya

(Ngoko andhap 2 warni)

Antya basa

Panèwu. Sariramu apa bisa nêrangake têmbung ngoko andhap kang akèh kramane bedane karo ngoko andhap kang akèh ngokone.

Basa antya

Mantri. Gampil bae yèn wis sumêrêp pathokane, nanging ora kaya pandangumu mau, ora kok kathah kramane utawa kathah ngokone mêngkono, [mêngko...]

--- 192 ---

[...no,] pancèn wis binedakake.

P. Kêpriye bedane lan pathokane

M. Mêngkene:

a. Sami ngangge krama inggil

b. Sami ngangge atêr-atêr lan panambang ngoko

c. Sami ngangge têmbung ngoko kang ora kenging dikramakake kaya ta: ora, mau, sasamine, iku ora kêna dikramakake dadi: botên, wau. Dene têmbung ngoko kang kenging dikramakake, kaya ta: dhisik, duwe, sasamine, iku kenging dadi rumiyin dangu.

Voorb. Sariramu tak aturi ngêntèni dhisik: ora suwe.

Panjênêngamu tak aturi ngêntosi rumiyin, ora dangu.

Sarèhning ana warni kalih, Ki Padmasusastra amènèhi aran: antya basa lan basa antya, amarga para pujôngga katilapan ora nganggit prakara iku, bokmênawa kagalih saking kêrèmèhên.

P. Ana pira basa ngoko kang ora kêna dikramakake.

M. Ora patos kathah, sanès dintên bae tak cublikake [cubli...]

--- 193 ---

[...kake] saka Sêrat Urapsari anggitane Ki Padmasusastra, sanèse kang kasêbut ing sêrat iku kenging dikramakake sadaya.

P. Mêngko: ta, aku duwe Layang Urapsari nanging ora tau tak waca, saking ora pati dhêmên, mung anggêre tuku dadi tak orokake bae, mêngko tak jupuk sadhela: gilo.

M. Paringna, lah iki apa sing tak aturake, ana ing kaca sadasa dumugi kalih wêlas.

P. Wacanên bae pisan.

M. Iya.

Antya Basa

Punika têmbung ngoko ingkang botên kenging dipun kramakakên mênggahing basa antya, kados ta:

Ana, êndi, ora, arêp, aku, iki, iku, utawa, isih, apa, aja, iya, amarga, ênggon, ko, kana, kene, kono, karo, kapan, kêpriye, kang, durung, dak of tak, dudu, saiki, saprana, saprene, saprono, samana, samene, samono, sing, wis, lagi, pira, dhèk, jare, mu, mau, manèh, mênawa, mênyang of marang, mung, mêngko, mangkana, mêngkene, mêngkono, [mêngko...]

--- 194 ---

[...no,] bae, nganti. Atêr-atêr: di, sarta panambang: e, ake, ne. liya iku sadaya kenging dikramakake.

P. Saiki rada padhang atiku, dadi basa kang ora kêna dikramakake iku kaya ta: iki, yèn dikramakake dadi punika, iku ora kêna, awit dadi basa.

M. Iya mêngkono

P. Ingatase aku mênyang sariramu mung nganggo krama inggil bae (dhahar) ora ngramakake têmbung ngoko (abang) srabine abang dhaharên, apa ora digsura.

M. Ora, wis lêrêse mêngkono, dene yèn karsa ngagêm angramakake têmbung ngoko sêsêlingan satunggal kalih, sraine srabine. abang dhaharên eca, saya prayogi, ngêtingalake andhap asore, nanging basa antya mung kêdah ngangge krama bae, srabine abrit dhaharên eca.

P. Nanging satêmêne prakara iku ora pati pêrlu, awit ora ana wong calathu marang bangsane dhewe oora. dimangêrtèni.

M. Aku mung nyumanggakake panggalihmu.

P. Saiki mung kari siji kang diarani ngoko lugu,

--- 195 ---

iku sing êndi.

M. Gampil bae, iya têmbung: aku, kowe, sapanunggalane kang ora kasêlan ing têmbung krama, krama inggil, utawa madya.

Mudhakrama, Wrêdhakrama lan kramantara

Mudha krama

Panèkêt, kula nuwun, kula punika bok kaparingan sasêrêpan têmbung krama alus akalihan krama kasar tuwin antawising têmbung kêkalih wau, beda-bedanipun kadospundi lan punapa wontên pathokanipun.

Wrêdhakrama

Panatus. Pitakèn sampeyan punika sampun kasêbut ing Sêrat Urapsari karangane Ki Padmasusastra, wêwaton saking sêrat- sêrat karangane para pujôngga utawi para luhur ing jaman kina, dinamakake dhatêng Ki Padmasusastra: mudha krama, wrêdhakrama lan kramantara, dene beda-bedane sarta wêwatone makatên:

a. Mudhakrama, punika têmbung kang anggalêbêg ditunggali krama inggil, punika têmbung kang alus kiyambak, kangge para priyantun dhatêng sasamine tuwin dhatêng inggil-inggilane. Kados upamine tiyang wicantên: panjênêngan [pa...]

--- 196 ---

[...njênêngan] sampeyan (= of dalêm) kula aturi pinarak (rawuh of têdhak) ing griya kula.

b. Wrêdhakrama, punika kados turunane sêrat dalêm P.B. IX dhatêng Kangjêng Pangeran Arya Pringgalaya, kang sampun kapacak wontên ing Sasadara, ngangge krama lugu: abrit, lan krama kang anggadhahi rangkêpan krama inggil, mulih, mantuk, kondur, kang diangge: mantuk, sarta ngangge atêr-atêr lan panambang ngoko, di-e, ake, ne, tuwin mancah têmbung ingka dados kang, nanging botên kenging ngangge wancahaning têmbung madya, napa, nika, mawom,mawon. têng sasamine kados upamine tiyang wicantên yèn sampeyan suka cangkokan sampeyan jambu abrit kula têdha sampeyan kintunake mangke sontên, epahane kang bêkta mangke kula bayare saking kula kemawon. Yèn botên kalintu panganggene, punika dados têmbung wrêdhakrama.

c. Kramantara, punika sami kalihan wrêdhakrama, namung kaot

1. Botên nyêbut paprênahan salimrahe ing Surakarta sanadyan dede akrab inggih nyêbut êmbah, kaki, nini, uwa, bapak, utawi: kakang, punika botên makatên, namung mastani sasêbutane kemawon, [kema...]

--- 197 ---

[...won,] mas bèi, utawi sanèse.

2. Ngangge atêr-atêr sarta panambang krama, dipun, ipun, akên, inggih punika bedane kalihan wrêdhakrama, murih têrange pisan kula wujudake kemawon, inggih punika priyayi kang luhur pangkate lan asale dhatêng priyayi kang asor pangkate lan asale nanging kawon sêpuh kados Radèn Ngabèi Sindupraja panèwu gêdhong kiwa buyut dalêm, dhatêng Mas Ngabèi Wirapustaka mantri pamijèn kapatihan tiyang alit, voorb.

Mas bèi mangke sontên sampeyan kula purih dhatêng griya kula ngrêmbag prakawis mardi warna, kula badhe mêling barang dhatêng ing Eropah kemawon, mantun dhatêng Tuwan Protèl, mangke mênawi sampeyan mantuk, kula tumpakakên kreta kula Melor enggal, wêlingan kula saking Enggris sawêg dhatêng, sampeyan timbang kaoting raosipun kalihan gadhahan sampeyan dhilman lelangan saking baron. Bilih dèrèng kados Radèn Ngabèi Sindupraja kathah kalenta- kalintune, mênawi botên kêladuk, inggih kirang, ananging manawi sampun nêtêpi pathokan inggih botên sagêd lêpat.

Madya ngoko, madya krama lan madyantara.

Madya ngoko

Lurah. Dhèk wingi Ki Lurah Mas Ngabèi A ngrêmbung têmbung ngoko [ngo...]

--- 198 ---

[...ko] kalih Ki Lurah Mas Bèi B tose têmbung ngoko niku ontên têlung rupa, napa ênggih bênêr.

Madyakrama

Bêkêl. Ênggih: rah, botên ming têmbung ngoko utawi krama mawon, sing wêrni tiga têmbung madya ênggih wêrni tiga ugi.

L. Sing muni layang paramasastra, têmbung madya niku mung ontên loro, madya krama lan madya ngoko, madya krama kang okèh kramane, madya ngoko kang okèh ngokone, jêbul mang arani rupa têlu.

B. Lêrês yèn wêwaton paramasastra wêrni kalih, lan angsale mêstani: madya krama kang kathah kramane, madya ngoko kang kathah ngokone, niku kêlintu, pancèn êmpun pilah kiyambak-kiyambak, madya krama botên kenging ngangge têmbung ngoko, kosokwangsule madya ngoko ênggih botên kenging ngangge têmbung krama, kêjawi krama utawi ngoko kang pancèn kangge ing madya.

L. Rupane sing kaya napa kang aran têmbung madya niku kabèh, utawa krama lan ngoko kang kanggo ing madya.

B. Sêrat Urapsari êmpun diêntèni sadantên, kados ta:

--- 199 ---

Basa madya

Èntên, ontên, okèh, ajêng lunga, kula ajêng, ampun, êmpun, êngga, ênggih, nika, niki, niku, napa, napaa, nêdha nrima, nêgale, gale, nêgalo, galo, nêgile, gile, nêgilo, gilo, nêgulo, gulo, ninga, rupine, kentun, kendhut, kriyin, klèntu, kêpripun, kêng sarira, dika, dawêg, dêg, turène, tose, tasih, têsih, têng, sanèn, sênunggal, sênunggil, sêdantên, siyin, siyèn, sêngiyèn, sêmèntên, sêmontên, samang, mang, wikana, la, mêkètên, mêkotên, mêlih, mawon, mêngke, mêngkètên, mêngkotên.

Krama kang kangge ing madya

Ajêng, kula, dèrèng, dede, sintên, saprika, sapriki, sapriku, sampeyan wau, pundi, pintên, mrika, mriki, mriku, malih, botên, ngrika, ngriki, ngriku.

Ngoko kang kangge ing madya

Atêr-atêr: di

--- 200 ---

panambang e, ake, ne.

Têmbung wancahan ingkang namung sawanda, kur, gur, mung, kang, sing, dhing.

Mung niku ontêne têmbung-têmbung kang kangge ing madya sasaupami saupami. têmbung krama dingokokake, ênggih wangsul dados têmbung ngoko lugu, mantun dados têmbung madya, kados ta: kula niki mawon Md aku iki bae N.

L. Madya ngoko lan madya krama êmpun ontên pathokane, balik madyantara bedane utawa pathokane napa.

B. Bedane madyantara ngangge krama inggil, madya ngoko lan madya krama: botên, dene pathokane sami, kados ta: sami ngangge têmbung madya, lan ngangge atêr-atêr sarta panambang ngoko kados upamine:

1. Madya ngoko ngangge têmbung ngoko mang madhang sêga abang.

2. Madya krama, ngangge têmbung krama mang nêdha sêkul abrit.

3. Madya antara ngangge têmbung inggil, mang dhahar sêkul abrit.

Dene têmbung madyantara niku kang kathah kangge basane tiyang èstri têng bojone, kados ta: mang napa kêrsa dhahar tape mayang angsal-angsale sibèng king pêkên enggal.

Red.

--- [0] ---

Isining Kabar Sasadara V

1. Pawarsakan ... blz 161.
2. Dintên sae ... blz 162.
3. Pranataning tanêman ing salêbêtipun pemahan ... blz 163.
4. Têmbung Cina ... blz 169.
5. Cariyos ringgit purwa ... blz 173.
6. Tirta usada ... blz 178.
7. Ngèlmu ukur sawatawis ... blz 183.
8. Antya basa lan basa antya ... blz 191.