Sastra Jawa

Program Digitalisasi Sastra Daerah

  • Increase font size
  • Default font size
  • Decrease font size

Sasadara, Radya Pustaka, 1903-09, #1808

Katalog:Sasadara, Radya Pustaka, 1903, #1808
Sambung:
1.Sasadara, Radya Pustaka, 1903-01, #1808 . Koran, Majalah dan Jurnal | Sasadara #537.
2.Sasadara, Radya Pustaka, 1903-02, #1808. Koran, Majalah dan Jurnal | Sasadara #538.
3.Sasadara, Radya Pustaka, 1903-03, #1808 . Koran, Majalah dan Jurnal | Sasadara #539.
4.Sasadara, Radya Pustaka, 1903-05, #1808. Koran, Majalah dan Jurnal | Sasadara #540.
5.Sasadara, Radya Pustaka, 1903-06, #1808 . Koran, Majalah dan Jurnal | Sasadara #541.
6.Sasadara, Radya Pustaka, 1903-07, #1808. Koran, Majalah dan Jurnal | Sasadara #542.
7.Sasadara, Radya Pustaka, 1903-08, #1808 . Koran, Majalah dan Jurnal | Sasadara #543.
8.Sasadara, Radya Pustaka, 1903-09, #1808 . Koran, Majalah dan Jurnal | Sasadara #544.
9.Sasadara, Radya Pustaka, 1903-10, #1808 . Koran, Majalah dan Jurnal | Sasadara #545.
10.Sasadara, Radya Pustaka, 1903-11, #1808 . Koran, Majalah dan Jurnal | Sasadara #546.
11.Sasadara, Radya Pustaka, 1903-12, #1808 . Koran, Majalah dan Jurnal | Sasadara #547.

Ôngka VI. Taun IV. Kaping 15 Jumadilakir Taun Wawu, Ôngka 1833 [8-9-1903 AD.].

Sêrat kabar wulanan nama:

Sasadara

Rêginipun ing dalêm satêngah taun 3 rupiyah, sarta kêdah kabayar rumiyin. Ingkang anggadhahi Sasadara Pahêman Radyapustaka. Ingkang nyithak sarta ngêdalakên Firma Vogel v. d. Heijde & Co. Juru pangripta Ngabèi Wirapustaka.

--- 201 ---

Minôngka Pananggalanipun Sasadara

Pawarsakan

Wulan Rêjêp taun Wawu ôngka 1833, taun Hijrah 1321.

[Grafik]

--- 202 ---

Dintên Sae

Salêbêtipun wulan Rêjêp taun Wawu punika wontên tiga

1. Dintên Ngahad Lêgi tanggal kaping 5 wuku Kulawu, dewa Yama, paningron, tulus, aras pêpêt, sumur sinaba, rakamipun dhawah macan katawang, saenipun kangge damêl regol, pandhapa, pawon, sangatipun wiwit jam 10.49 mênut, dumugi jam 1.12 mênut, Jabarail wilujêng.

2. Dintên Slasa Pon tanggal kaping 7 wuku Kulawu, dewa Brama, mawulu dadi, aras pêpêt, satriya wibawa, rakamipun dhawah sanggar waringin, saenipun kangge sabarang yêyasan, sangatipun wiwit jam 6 dumugi jam 8.24 mênut, Jabarail rijêki, utawi wiwit jam 3.37 mênut dumugi sadalu pisan, Amad wilujêng.

3. Dintên Sêtu Lêgi tanggal kaping 25 wuku Watugunung, dewa Uma, mawulu dadi, sri tumurun ing lêsung, lampahing wulan, bumi kapêtak, rakamipun dhawah mantri sinaroja, saenipun kangge sabarang yêyasan, sangatipun wiwit jam 10.49 mênut, dumugi jam 1.12 mênut, Jabarail wilujêng.

Wêwaton sêrat pawukon, wulan Rêjêp wau mênawi kangge ngêdêgakên griya awon, watakipun kêras,

--- 203 ---

kangge alih-alihan inggih awon.

Wêwaton ungêlipun kadis Marpuk, mênawi kangge salakirabi: sae, watakipun sugih anak, sugih mas slaka, luhur drajatipun.

Wêwaton ungêlipun kitab Mujarabat, ing tanggal kaping 5 sarta tanggal kaping 25 wau kawastanan nakhas, salêbêtipun sadintên sadalu botên kenging sade tinumbas, kêkesahan, ngangge-angge, pêpaès, nikahan, nanêm wit-witan, damêl sumur sarta ngadêgakên griya.

Rêringkêsaning Cariyos Ringgit Purwa

Candhakipun Sasadara ôngka V kaca 173, taksih sambêting cariyosipun Abimanyu.

Ing ngriku mangsah Sang Jayadrata kang minôngka kêkiping panjawating gêlar, rakitipun kadi kori anginêbi kawasa ambrukuti angêkêr senapatining Pandhawa, ya ta Sang Abimanyu pinarbutan kaidêran tinuju ing jêmparing botên ajrih sangsaya mangsah sarwi anglêpasakên jêmparing adrês kados jawah, botên antawis dangu wontên mêngsah pêjah nama Sang Krêtasuta sawadya bala, miwah Sang Satyasrawa pêjah sami kenging jêmparinging Sang Abimanyu. Ing ngriku angsahing sang rajaputra [ra...]

--- 204 ---

[...japutra] Sang Laksmana Komara§ Ing padhalangan Laksmana Môndrakumara. alêlancaran jêmparing kasoran pêjah ing rana. Sang Jayadrata uninga angêdhap manahipun. Sang Abimanyu sangsaya krodha manêngah sêdya pêjah asampyuh lawan Prabu Suyudhana, nuntên dipun rumiyini tinuju ing sarawara dening Sang Jayadrata, sanalika kèwêdan Sang Abimanyu dènnya kaprawasa. Para Kurawa = Korawa sami ngudani jêmparing tanpa sêla kang sarira suku asta gigir wadana linêpasan dipun kêrêpi, Sang Abimanyu sangsaya murub, anyêlak anyakra anggêbag putunganing gandhewa. Kêndêl pangamukira angungkih prang angandhêmi pêjah botên ajrih ing sanjata ingkang tumamèng sarira kadi kaagêm busana, malah raosing galih pangamukira kaupamèkakên jêjaka anêmbe kênya, tancêbing sanjata kaupamèkakên imbaning pawèstri rinêngokakên, tatuning jaja kenging jêmparing kaanggêp bênduning pawèstri, swaranipun pangriking dipôngga kuda rata kaanggêp kados pangrêngihing pawèstri rinabasa ing lulut, kadi sêkar campaka ginubah ing paprêman, solahe Sang Abimanyu pinarbutan pinarawasa dening para Kurawa, sangsaya kaungasakên sihing uwa Prabu Yudhisthira arsa anigas sirahing para nata. Yêkti langkung utami yèn sagêda amêjahi mêngsah angungkih

--- 205 ---

pupuh wontên salêbêting kinêpang, kalihan èsthining galih kados upaminipun sêkar campaka dèrèng wigar saking ukêl, lawan sêkar kanigara ingkang sawêg inganggit ingaras sinungkêman, mangkana Sang Abimanyu sangsaya kenging ing jêmparing liyêp kadi burat kancana sinêmbuh ing wêwangi, sasat sêkar angsoka dhawah ing wuluh gadhing, dados antakaning Sang Abimanyu kawlas asih, sarèhning sangêtipun ing tatu sinawang warnaning wadana adamêl karêrantaning galih, saliring sanjata warnanira kadi busana, dumugi ing sirah kadi cêcundhuk, jêmparing rante ingkang ambêbêd sarira kadi rantening kalung wontên ing sêsalang, panduking sanjata pilis kadi anyatu anjampèni idu abrit, mangkana kasuraning prang Sang Abimanyu angèsthi wêkasaning paningal, rahipun kadi atal awor mabên, amêwahi jênaring sarira manis kadi mêntas siram, risaking sarira rênyah kenging ing jêmpa jêmparing. sangsaya alindri, jêjamangipun kancana malorod dhatêng imba amêwahi asri, êrah mili saking tatu kados gêndhis lèdèng isining wuluh gadhing rênyuh. Mangkana kang nandhang tatu warnanira kadi pangantèn dèrèng dhaup kantaka ing pasarean, sanadyan katingal ing alis amêwahi asri kadi trênyuhipun manahing tiyang kacuwan asmara. Ing ngriku pintên-pintên ingkang ngrubut Sang Abimanyu sami pêjah atap asungsun [asungsu...]

--- 206 ---

[...n] timbun wontên ing pabaratan, Sang Abimanyu sagêd anjênggèlèk sakêdhap angêsah asêsambat sakit lajêng anênggak ing tawang. Sangsaya kathah prajurit ingkang sami angroyok kadi tawon angrubung amrih manising madu, ingkang mikantuki ing panyidranipun kang jêmparing saengga kombang umung wontên ing gandhewa. Kalihan kang apindha jurang sungil wangkening gajah kuda rata, kang jêmparing pindha wuluh gadhing, botên dangu Sang Abimanyu seda ginarubuh ing prang. Pangraosing manahipun ingkang anggunturi kados angungsir mêmanis. Ing sasedanipun Sang Abimanyu wontên ing rana trênyuh asri kadi rujitan kancana, kang sarira gumilang nalikanipun padhang wulan, cinacah alindri kadi timun ginubah. Kunêng kang langkung kasangsara, kawuwusa Sang Arjuna Wrêkodhara kajujul sampun ludhang anggènipun prang ing katêbihan, sampun sami kondur ing kuwunipun piyambak-piyambak lêbêtipun ing lingsir dalu. Prabu Yudhisthira langkung sungkawa ing pêjahipun ingkang putra Sang Abimanyu, kang ibu Dèwi Wara Sumbadra tansah kantaka saking sangêting susah, wêkasanipun ingkang sangêt duka cipta putri ing Wiratha Sang Dèwi Utari kawlas asih, sawêg anggarbini wolung wulan milanipun badhe kantun botên kenging bela pêjah. Sakathahing para santana kawulawarga sami sungkawa sadaya utawi

--- 207 ---

putrinipun Prabu Krêsna Sang Dèwi Siti Sundari kang sawêg pêpasihan, agarawalan sarwi angusapi pêpaèsipun badhe ambelani ingkang garwa. Ing nalika punika salêbêting kitha sami anangis, amarêngi dhatêngipun Prabu Krêsna kalihan ingkang rayi Sang Arjuna kados sêmadosan kalihan Sang Bima sampun sami amêjahi mêngsahipun, ing ngriku Sang Arjuna kantaka winarah ing pêjahipun kang putra Sang Abimanyu, nuntên Prabu Krêsna amêtiki pangandikanipun: kêna ing ila-ila aja mangkana yayi, mundhak amuwuhi prihatining Pandhawa kabèh, Sang Arjuna wungu sanalika dening pangimuripun Prabu Krêsna, lajêng nungkêmi padanipun ingkang raka Prabu Yudhisthira sarwi matur têtakèn ingkang dados sababing pêjahipun ingkang putra. Wangsulanipun Prabu Yudhisthira, kalêbu ing Cakrabyuha gêlaring Pandhita Druna ingkang luwih pakewuh, kaliwat saking kang murinani padha barêng angamuk apêpulih ing anakira saking ora tahaning ati, nanging sarèhning wis kinêpung ing Sang Jayadrata kinarubut marang para Kurawa anakira mau. Sang Arjuna sarêng mirêng pangandikanipun ingkang raka nuntên angadêg sarwi pratignya yèn botên sagêd amêjahi Sang Jayadrata wontên ing rana ing dintên benjing enjing saèstu alêbu gêni zie Jayadrata, mangkana kunarpanipun Sang Abimanyu [Abima...]

--- 208 ---

[...nyu] lajêng kabêsmi sarêng kalihan ingkang garwa Dèwi Siti Sundari abela sedaning garwa, dipun jênêngi para ratu, satriya, brahmana rêsi, sewas ogata sami amêmuji panuturaning asmaralaya.

Rms. Suwita.

Ngèlmu Alam

(Sambêtipun Sasadara ôngka IV kaca 160, taun IV)

Iga punika wontên kalih wêlas rakit, ing pungkasanipun satunggal-tunggaling iga, punika antup- antupan kalihan tosan dhadha. Dene pungkasan sanèsipun, wontên ingkang antup-antupan kalihan tosan dhadha, wontên ingkang kalihan tosan ênèm ing iga, wontên ingkang gumantung babarpisan.

Iga 7 rakit ingkang nginggil punika gathukipun kalihan tosan dhadha, kagandhèng ing tosan ênèm, inggih punika ingkang dipun wastani iga sanyatanipun.

Iga ngandhapipun ingkang 3 rakit, punika gandhèng kalihan tosan ênèm iga sarakit ingkang ngandhap, namanipun kadosdene iga 2 rakit ingkang ngandhap piyambak ingkang pungkasanipun sisih sami gumantung, inggih punika iga pindhan (volsel).

--- 209 ---

Tosan dhadha

Tosan dhadha punika tosan radin, dumunung ing ngajêng dhadha, punika wontên peranganipun tiga, sami botên sagêd ebah, namanipun:

1. Garan, utawi ingkang nginggil. | 2. Awak-awak | 3. Kados pêdhang ... } Punika sadaya tosan ênèm.

Tosanipun ênèm iga sanyata, punika gandhèng kalihan tosan dhadha. Tosan dhadha, iga, kalihan kolongan dhadha, punika andadosakên lêgokan, saminipun inggih lêgokan dhadha. Ing salêbêtipun lêgokan dhadha, wontên: manah, kalihan kêbuk. Ing sakiwa têngênipun tosan rongkong, wontên tosan cêthik, ing satunggil-tunggilipun tosan cêthik kabedakakên ing tigang rupi.

1. Tosan usus, utawi jaringan.
2. Tosan pawadèn.
3. Tosan bokong.

Gathukipun tosan tiga wau angwontênakên lêgokan cêthik, ing lêgokan ngriku kaantupan pêntholipun tosan pupu.

--- 210 ---

Tosan pawadèn, punika sami gathuk, tuwin andadosakên kalêmpakanipun tosan pawadèn.

Tosan rongkong, bokong. tosan kancing tuwin tosan cêthik, punika andadosakên tosan cangap bekken tosanipun bèkên wau manjing ing lêgokaning padharan ingkang ngandhap. Ing lêgokan padharan ngriku wontên wadhukipun, jaringan, manah, plêmbungan, tuntut, kêmpung (wadhah uyuh). Lêgokan padharan punika pisahipun kalihan dhadha, kaêlêtan ing oncèn-oncèn têngah middenrif.

Gêgêlitan

Gêgêlitan punika kaperang 1. gêlitan ing ngajêng utawi tangan, 2. gêlitan ing wingking utawi suku, tangan punika wontên

1. Lêngên.

2. Tosan bau, inggih punika tosan bau nginggil kalihan ngandhap.

3. Tosanipun tangan, têgêsipun tosan tangan 8 tosan tangan têngah 5 tosan driji 14.

Bau punika gandhenganipun kalihan gêmbung kaantupakên ing 1. pêpak, 2 tosan sorogan.

Tosan lêngên punika tosan panjang, ingkang sisih nginggil wontên pêntholipun bundêr tuwin kandêl, manjing

--- 211 ---

ing lêgokipun tosan pundhakdhak,pundhak. kawastanan antup-antupan pundhak, dene sisihipun cawang mênthol kalih, ingkang têngah kaanjingan pênthol gilig, ingkang kawastanan athik-athikan katrol.

Tosan sikut, punika tosan majêng tiga, ingkang nginggil langkung agêng katimbang ing ngandhap, sarta wontên pongolipun kalih 1 ingkang wingking utawi sikut, 2. ingkang ngajêng, ing saantawisipun pênthol kalih wau wontên tosanipun lêgok kados sêrat (jungkat) inggih punika ingkang dipun lêbêti tosan athik-athikan bau, punika ingkang andadosakên èsèlingèngsèling. sikut, ingkang sisihipun tipis, gathuk ing pênthol radin ing sisihipun tosan bau ingkang ngandhap.

Tosan ngandhap, punika ingkang nginggil tipis, ingkang ngandhap kandêl, dumunung cêlak ing sikuting bau. Ingkang sisih nginggil, ingkang gandhèng kalihan bau, sagêd ebah kalihan tosan sikut, ingkang ngandhap wiyar, tuwin ing gêlitanipun radin kangge tangan, lan kiwa têngênipun wontên tosan alit kangge pênthol sikut.

Tosan tangan ingkang 8 jèjèr dados salarik, salarikipun 4 larikan ingkang nginggil andadosakên ros-rosan, tuwin andadosakên athik-athikan [athi...]

--- 212 ---

[...k-athikan] tangan (ugêl-ugêl) kalihan tosan tangan ngandhap.

Tosan tangan têngah 5 ingkang sakawan (sabên driji 1) jèjèr salarik, ingkang satunggal miyambak, andadosakên jêmpolan.

Tosan driji 14 ingkang kalih kaetang dados jêmpol, dene satunggil-tunggilipun driji, wontên tigang ros, ros ingkang pucuk, satunggil-tunggilipun wontên kukunipun.

Tosan têpak punika tosan gèpèng majêng tiga dumunung ing sawingkingipun lêgokan dhadha. Ing saubêngipun têpak wontên tosan kados sêrat, dumugi ing thingil, ingkang kados sêrat wau nama kupinging têpak, thingil wau nami pucuking pundhak, kajawi punika taksih wontên thingil malih, inggih punika thingil cangkêman.

Tosan sorogan punika tosan ingkang kagandhèng kalihan tosan dhadha, tuwin kalihan pucukipun pundhak, makatên dadosipun têpak kalihan gêmbung. Taksih wontên sambêtipun.

Radèn Dêmang Citrasantana.

Dêmang Guru ing Mangkunagaran. [Mangku...]

--- 213 ---

[...nagaran.]

1. Bêbukanipun Ngèlmu Wangun

Ingkang dipun wastani wujud punika, samukawis ingkang kenging tiningalan, dados pêrlu gadhah panggenan, utawi godhagan.

Satunggil-tunggilipun wujud, punika gadhah: panjang, wiyar tuwin dêdêg, mênggah dêdêgipun wujud wau sok dipun wastani: lêbêt utawi kandêlipun, godhagan ingkang dipun ênggèni wujud wau dipun wastani: isinipun. Watêsipun satunggil-tunggiling wujud, inggih punika lumah utawi rai. Dene ukuranipun lumah wau amung kalih, panjang kalihan wiyar, botên gadhah kandêl.

Gunggungipun lumah ingkang matêsi wujud wau dipun wastani: jêmbaripun (gêlaripun) dene lumah ingkang dados watês wau, wontên kalih warni, wradin kalihan malêngkung. Panggenan gathukipun lumah kalih ing wujud wau, inggih punika watêsipun, watês-watês wau dipun wastani: garis. Dene garis punika amung gadhah ukur pas satunggal, inggih punika panjangipun, botên gadhah wiyar tuwin kandêl.

Garis punika kêncêng kalihan bengkong: pungkasanipun garis kawastanan: cêcak, cêcak punika dados botên gadhah panjang, wiyar tuwin kandêl.

--- 214 ---

2. Bab garis kêncêng

Saking satunggilipun panggenan dhatêng panggenan sanèsipun, punika kathah sangêt marginipun. Margi pintên-pintên wau, tamtu wontên satunggal ingkang cêlak piyambak, inggih punika ingkang dipun wastani garis kêncêng (gambar 1) ing salajêngipun mênawi ngrêmbag prakawis garis, môngka botên kapratelakakên punapa-punapa, garis wau kaanggêpa garis kêncêng sadaya 1.

[Grafik gambar 1]

[Grafik gambar 2]

[Grafik gambar 3]

Mênawi ing satunggiling panggenan sampun wontên cêcak kalih, môngka lajêng wontên cêcak malih satunggal, punika saking satunggil- tunggilipun cêcak, kenging katarik garis kêncêng 2, dhatêng cêcak sanèsipun wau (gambar ôngka 2) dados saking cêcak tiga kenging katarik garis kêncêng 2 x 3 = 6; nanging satunggil-tunggilipun garis kapetang kaping kalih, dados sanyatanipun ing saantawisipun cêcak tiga, namung kenging katarik garis kêncêng sapalihipun 6 utawi 3.

Yèn cêcak tiga, kawêwahan satunggal malih (gambar ôngka 3), saking satunggil-tunggilipun cêcak kenging kagandhèng kalihan cêcak tiga sanèsipun. Saking cêcak satunggil [satunggi...]

--- 215 ---

[...l] kenging katarik garis kêncêng 3, dados saking cêcak tiga kenging katarik garis kêncêng 3 X 4 = 12 nanging pangetangipun ugi kaping kalih, dados amung sapalihipun 12 = 6 dados saantawisipun cêcak 4 kenging katarik garis kêncêng 6.

[Grafik]

Mênawi madosi garis kêncêng ing saantawisipun cêcak 5 sampun têrang yèn sabên cêcak, kenging katarik garis kêncêng 4 dhatêng ing cêcak sanèsipun. Dados sadaya angsal 4 X 5 = 20 nanging sabên garis kêrangkêp pangetangipun. Dados amung sapalihipun 2 = 10.

Makatên ugi, dados gampil mênawi madosi garis kêncêng ing saantawisipun cêcak sawatawis ingkang sampun katamtokakên.

Mênawi cêcak tiga utawi langkung, ingkang sampun katamtokakên wau dumunung wontên ing garis kêncêng, punika badhe wontên wangsulan sanèsipun.

3. Bab pangaos tuwin panjangipun garis

Garis kalih sagêd sami panjangipun, utawi ingkang satunggal sagêd langkung panjang utawi langkung cêlak katimbang satunggilipun.

--- 216 ---

[Grafik]

Mênawi garis pitu utawi langkung, ingkang rumiyin amêndhêta ingkang sami panjangipun sadaya, lajêng 1 ingkang botên sami, nuntên 2 ingkang botên sami, saking garis sami ingkang kantun wau. Garis kêkalih wau sanajan botên sami kalihan ingkang rumiyin, kalih-kalihipun ugi sagêd sami utawi botên, lajêng nyanèsakên garis 3 ingkang sami. Ing mangke sagêd sumêrêp kados ingkang kapratelakakên ing nginggil, mênggah kapanggihipun, ngangge garis 3 ingkang kawêwahakên ing garis ingkang kantun, ingkang sami, mawi reka ingkang makatên wau, sagêd piyambak anglajêngakên. Taksih wontên sambêtipun.

Radèn Dêmang Citrasantana, dêmang guru ing Mangkunagaran.

--- 217 ---

Tirta Usada

(Sambêtipun ôngka V kaca 178)

Bab 48. Sakit tjemer mênawi garapsari (sukêr)

Wêdaling rah kathah [ka...]

--- 218 ---

[...thah] sangêt, tuwin wadhahing bayi ugi ngêdalakên êrah.

Wontên nonah sampun 8 taun nandhang sakit bilih pingnujupinuju. garapsari (sukêr) wêdaling rah kathah sangêt, botên kados salimrahipun tiyang garapsari, punapa malih wadhahing bayi kêraos sakit. Sarêng sampun tita anggènipun jêjampi tuwin mardhukun dhatêng pundi-pundi mêksa madal kemawon, nyonyah wau lajêng nyuwun tulung dhatêng Tuwan Kihnê, kadhawuhan adus rêndhêman padharan gontas-gantos kalihan adus rêndhêman murad, botên antawis lami wêdaling rah ingkang saking wadhah bayi sagêd mantun, sarêng sawatawis 3 utawi 4 wulan, sadaya sêsakitipun lajêng saras babarpisan, punapa malih bilih garapsari sabên wulan ugi botên kêraos sakit.

Bab 49. Sakit basal ing mêkah roos?

Wontên tiyang èstri sakit basal mêkah ing rainipun ngantos rêkaos sangêt, lajêng anglampahi adus rêndhêman murad sabên dintên, punapa malih katangas sirahipun ing dalêm 8 dintên kaping 2 ing dalêm 8 dintên wau sakitipun sampun sagêd saras.

Bab 50. Sakit inflnza ?

--- 219 ---

Sampun pintên-pintên tiyang ingkang sakit inflwnza lajêng anglampahi jampi adus tangas badan sakojur, sarta sasampunipun adus tangas wau lajêng adus rêndhêman murad tuwin rêndhêman padharan ing dalêm 12 jam, dangu-dangunipun 24 jam sêsakitipun lajêng ical.

Mênggah tiyang ingkang sami sakit inflwnza wau, sabên badanipun kêraos asrêp sarta gumêtêr, inggih punika tôndha bilih sakitipun badhe dhatêng, lajêng dipun dusi tangas badan sakojur, sasampunipun adus tangas, lajêng adus rêndhêman padharan utawi rêndhêman murad, badanipun ingkang ngamtonngantos. kêraos asrêp malih, kadosdene ingkang sampun kêsêbut ing ngajêng.

Bab 51. Sakit lumpuh jalaran ros-rosaning pupu ingkang sisih sami sakit ngantos mangkêrêt

Wontên rare èstri umur 4½ taun, sakit salêbêting ros-rosanipun pupu, sukunipun ingkang sasisih ngantos mangkêrêt, sarta lajêng botên sagêd lumampah. Sarêng adus rêndhêman murad kaping 3 sadintên ing dalêm 3 dintên sampun sagêd lumampah dumugi 14 dintên rare wau sampun sagêd minggah ing undhak-undhakan, punapadene pupunipun ingkang suwaunipun kakên, saking sakêdhik [sakê...]

--- 220 ---

[...dhik]

lajêng pulih lêmês malih, sarta suku ingkang mangkêrêt sabên dintên katingal mindhak panjangipun., sarêng angsal 3 wulan, sadaya sêsakitapunsêsakitipun. sampun saras babarpisan, punapa malih sukunipun ingkang mangkêrêt ugi sagêd pulih kados ing suwau- waunipun.

Bab 52. Sakit lumpuh

Wontên nonah sakit lumpuh jalaran dhawah saking undhak-undhakan ngantos tatu dhêngkulipun ingkang têngên, salajêngipun dados abuh, dene dhêngkul wau lajêng dipun jampèni gip (Kapoerbatoe) dipun balêbêd ing sinjang, laminipun ngantos 14 dintên, ananging sarêng balêbêd wau dipun uculi dhêngkulipun dados kakên botên sagêd ebah.

Kajampèkakên pintên-pintên dhoktêr botên wontên ingkang sagêd tulung. Lami-lami nonah wau ugi lajêng sagêd lumampah, nanging sarana têkên cawang kaangsalakên ing pundhak, dene laminipun anggèning lumampah mawi têkên wau ngantos 16 taun, wusana lajêng nyuwun tulung dhatêng Tuwan Kihnê, kadhawuhan adus rêndhêman padharan gontas-gantos kalihan adus rêndhêman murad, angsal 15 dintên nonah wau sampun wiwit sagêd lumampah tanpa mawi têkên, sarêng angsal 4 wulan sampun sagêd minggah [ming...]

--- 221 ---

[...gah] mudhun ing undhak-undhakan, sarta mlampah-mlampah sajawining griya, salajêngipun ugi sagêd saras pulih kados ing nguni-uni.

Bab 53. Sakit gudhigên wontên salêbêting balung (beeneter)

Wontên rare umur 15 taun, wiwit umur 6 taun rare wau lampahipun tansah pincang, pintên -pintên dhoktêr ingkang dipun purih anjampèni, nanging madal kemawon, ngantos wontên salah satunggalipun dhoktêr ingkang anjampèni wau ngêthok balunging pupu sacêlaking ros-rosan, nanging mêksa botên andadosakên kamayaraning sakitipun, malah anambahi rêkaos tuwin susahipun rare ingkang sakit, punapa malih rare lajêng botên sagêd lumampah, jalaran sukunipun abuh kalih pisan, sasampuninsasampunipun. makatên rare lajêng kasowanakên dhatêng dalêmipun Tuwan Kihnê, sasampunipun kapriksa sakitipun lajêng kadhawuhan adus rêndhêman murad, nalika sawêg adus sapisan sêsakitipun sampun kathah mayaripun, sarta sakêdhap-sakêdhap sagêd tilêm, sarêng angsal 2 dintên rare wau lajêng sagêd tilêm ngantos sadalu muput, sarta abuhing sukunipun sampun wiwit kingsèp [kingsè...]

--- 222 ---

[...p] punapa malih bêntèring badan ugi sagêd suda, lami-lami tatuning sukunipun lajêng sagêd mingkup, ananging botên dangu sarêng rêrêgêd salêbêting badanipun sampun ngalêmpak, tatu ingkang mingkup wau lajêng babrak malih, inggih punika kaangge margi wêdaling rêrêgêd, satêlasing rêrêgêd tatu lajêng mingkup malih. Ing dalêm 9 wulan rare punika sampun sagêd lumampah, nanging taksih pincang, sabab labêt kakêthok ing dhoktêr ingkang kasêbut nginggil, dene rare wau ngantos dumugi sapriki taksih anglajêngakên anggènipun anglampahi adus rêndhêman padharan tuwin murad, supados sakitipun sagêda saras babarpisan.

Bab 54. Sakit encok wontên salêbêting ros-rosan

Wontên tuwan sampun lami anandhang sakit encok wontên salêbêting ros-rosan, sarta salaminipun sakit wau sampun pintên-pintên jampi ingkang kajampèkakên, ananging madal kemawon, sarêng tuwan wau anglampahi jampi adus rêndhêman padharan tuwin rêndhêman murad, ing dalêm 14 dintên, sakitipun encok sampun saras babarpisan, punapa malih sagêd pulih kêkiyataning badanipun sarta botên ajrih kêjawahan [kêjawah...]

--- 223 ---

[...an] tuwin kenging asrêp.

Wignyaarja.

Kalêmpaking Kawruh Sawatawis

(Sambêtipun Sasadara ôngka IV kaca 141, taun IV)

Noktilukah

17. Ing wanci dalu, toya sagantên ingkang wontên ing sawingkingipun baita kapal, ingkang kalêrês malampah, katingal kadosdening wontên latunipun akantar-kantar, punika punapa.

Katêrangan:

Wujud ingkang katingal kados latu, wontên ing sawingkingipun baita kapal, ingkang kalêrês malampah punika, têmênipun kewan alit-alit, ingkang gêsang wontên ing sagantên, kewan- kewan wau dipun wastani: noktilukah noctiluca (têmbung Latin) têgêsipun: ingkang andamêl padhang ing wanci dalu, badanipun gilig, panjangipun saprapat utawi sapragangsal milimètêr saha wontên gatranipun buntut. Sawanganipun êmpuk, saha kuyur-kuyur, dene kawontênanipun sami kemawon kalihan konang utawi rêna, inggih punika gadhah cahya, nyrêmomong kadosdene latu, sakêdhap katingal sakêdhap botên,

--- 224 -- -

saking kathahipun, dados katingal anyrêmomong, botên wontên pêdhotipun.

Nalika ing taun Walandi 1762 Tuwan Bastir Baster sagêd amisahakên kewan-kewan wau saking toya, ananging dèrèng sagêd amastani, punapa têmên ingkang gadhah cahya punika kewan-kewan wau. Ing wusana ing taun Walandi 1772 Tuwan Slabêr Slabber sakawit sumêrêp, bilih ingkang mancorong wau kewan-kewan ingkang woworan kalihan kewan-kewan panunggilanipun, amila lajêng sagêd amastani têrang bilih kajawi saking noktilukah, taksih wontên malih panunggilanipun ingkang gadhah cahya, kados ta: polinoe pulguranês polijoe fulqurans punika bangsanipun cacing, panjangipun mèh satunggal milimètêr, sin-ghatah baltikah sijnckaefa-baltica panjangipun saprapat milimètêr, pèridhinium proro sentrum peridinium proro centrum panjangipun sapradasan milimètêr, pirosomah pijrosoma inggih punika kakêmpalanipun kewan alit-alit ingkang têmpuk saha botên gadhah sirah. Phisaliyah phisalia kewan ingkang wangunipun kados gêmbukan, kajawi saking punika wontên malih kewan sagantên ingkang gadhah cahya mancorong, kados ta: uwur-uwur (Zeekwal) saha polipên polijpen

--- 225 ---

têgêsipun kewan ingkang sukunipun kathah.

Angin utawi barat.

18. Ingkang dipun wastani angin utawi barat punika punapa.

Katêrangan:

Ingkang dipun wastani angin utawi barat punika ebahing hawa, dene ebahipun hawa wau kajawi saking ubêngipun bumi, kasababakên malih saking bêntèripun surya. Ing wanci siyang surya sumorot ing perangan lumahipun bumi, inggih punika dharatan saha lautan, ingkang angajêngakên ing surya wau.

Watêkipun barabarang. atos punika enggal bêntèripun, tinimbang barang ingkang cuwèr, sabab punika sanadyan dharatan kalihan lautan wau awitipun kabênteran sarêng, ananging wêwahipun bêntèr langkung enggal tinimbang lautan, amila hawa ingkang wontên ing sanginggilipun ugi langkung bêntèr tinimbang hawa ingkang wontên sanginggilipun lautan.

Watakipun hawa punika, mindhak bêntèripun, wêwah babaripun, utawi mêkar, dados tamtu langkung ènthèng tinimbang hawa ingkang kirang bêntèripun, hawa ingkang ènthèng wau mumbul, wontên ing sanginggilipun hawa ingkang awrat, watakipun awarni kêkalih, inggih punika ènthèng kalihan awrat, utawi bêntèr kalihan asrêp, [a...]

--- 226 ---

[...srêp,] ingkang cêcakêtan, punika kêdah nyamèkakên padhêtipun, hawa ing lautan langkung padhêt, tinimbang hawa ing dharatan, amila lajêng pindhah, ingkang padhêt badhe woworan kalihan ingkang kirang padhêtipun, inggih punika hawa ing lautan wau pindhah dhatêng dharatan, dene hawa ing dharatan mumbul, pados asrêp, bilih padhêtipun sampun sami lajêng awor kalihan hawa lautan wau. Pindhahipun hawa lautan dhatêng dharatan, punika dipun wastani angin laut, manut asalipun hawa wau.

Saya siyang angin laut saya midid, sabab bedaning padhêtipun hawa lautan dhalihankalihan. dharatan sangsaya kathah. Angin laut punika karaosipun wontên ing badan, tumrap tiyang ingkang manggèn cakêt pasisir, awit jam 9 enjing, mindhak-mindhak mididipun ngantos dumugi jam 3 siyang. Saya sontên, bêntèripun surya suda, amila lampahipun barat ugi suda agêngipun, bilih hawa kalih warni wau padhêtipun sampun sami, lajêng kèndêl, botên wontên barat.

Sasêrapipun surya dharatan saha lautan awit asrêp, watakipun barang atos langkung enggal anggènipun angesahakên utawi angicalakên bêntèr, tinimbang barang ingkang cuwèr, sabab saking punika dharatan saha hawa [ha...]

--- 227 ---

[...wa] ingkang wontên ing sanginggilipun, asrêpipun langkung enggal tinimbang lautan tuwin hawa ingkang wontên ing sanginggilipun, saya dalu hawa dharatan wau saya langkung asrêp, tinimbang hawa lautan, sabab saking punika hawa ing dharatan, ingkang langkung padhêt tinimbang hawa lautan wau pindhah dhatêng lumahipun lautan, dene hawa ing lautan ingkang mumbul, sasampunipun asrêp, lajêng awor kalihan hawa ing dharatan, pindhahipun hawa dharat wau dipun wastani: angin dharat, awitipun kraos jam 9 dalu. Saya dalu angin dharat wau saya mididipun, ngantos dumugi enjing, bilih hawa kalih panggenan wau sampun sami padhêtipun, angin dharat lajêng kèndêl, dados cêkakipun bilih siyang hawa lautan pindhah dhatêng dharatan, andadosakên angin laut, dene bilih dalu, hawa dharatan pindhah dhatêng lautan, saha andadosakên angin dharat.

Kajawi saking barat warni kalih wau, wontên malih barat warni-warni, ananging sababipun ugi namung saking pindhahipun hawa saking satunggalipun panggenan, dhatêng panggenan sanèsipun, sabab saking bêntèripun botên sami. Ananging mugi sampun kagalih upami hawa ing salumahipun bumi punika sami, lajêng botên wontên barat: punika

--- 228 ---

botên, sabab bumi punika botên kèndêl, tansah mubêng saha kitêr, punika ugi angwontênakên barat.

Prawirawiyata. Abdi dalêm juru sêrat II kabupatèn pulisi Surakarta.

Tèh

Satunggaling gêgodhongan ing nagari Cina winastan: te, sampun kala jaman kina, dados ombèn-ombèning tiyang sarana dipun wedangi.

Kêlanturing têmbung Jawi, dados tèh.

Tèh wau ingkang onjo, aruming gônda tuwin ecaning raosipun, namung ingkang katanêm ing rêdi Bui (= Buisan).

Bui punika namaning tiyang kêkalih (kakang adhi) ingkang satunggal anama: Bu, satunggalipun anama: I, anakipun tiyang anama Bingca (1) (Bingca punika tiyang ing jaman kina, ngumur 800 taun, sawêg atilar dunya).

Tiyang kêkalih wau, dêdunung ing pucaking rêdi ing tanah Ban, ing samangke sinêbut: tanah Hokkyan Provincie Hok Kin. (2)

Lami-lami rêdi wau sinêbut: Buisan.

--- 229 ---

Awit tèh wêdalan ing rêdi Buisan wau, raosipun onjo piyambak, mila kathah tiyang sami nanêm tèh ing ngriku.

Dalancang buntêling tèh, ingkang kaêcap sastra abrit, ingkang kaprah mawi ungêl-ungêlan makatên, jin to bui, se sim kan swankicyngo, gibijing hyang, têgêsipun kula dhatêng piyambak ing rêdi Buisan, anliti angati-ati milihi tanêman tèh ingkang aèng, raosipun arum tuwin sumyar.

Godhong tèh wau, inggih sampun kina, dados ombèn-ombènipun tiyang ing tanah Jawi.

Kala ing untaun. Mèsèhi 1827 ing tanah Jawi, ing Prayangan, wiwit katanêman uwit êtèh, saking nagari Cina.

Bramartani 3 Januari 1856 ôngka 1 wontên ungêl-ungêlan makatên:

Kangjêng tuwan dhirèktur saka pamêtu lan gudhang-gudhange kangjêng guprêmèn, aparing wêruh yèn ing dina kang bakal katamtokake ing kangjêng tuwan residhèn ing Prayangan, ing Cianjur bakal nawakake panyangganing pangusunge tèh, kagungane kangjêng guprêmèn, saka ing Bandhung mênyang Cikao, ing sajroning taun 1856, 1857, 1858, 1859, lan 1860.

Tèh, ingkang dipun buntêl dalancang winastan: pha owah te: têgêsipun tèh buntêlan.

Tèh buntêlan ingkang misuwur ing tanah Jawi, kala rumiyin [rumiyi...]

--- 230 ---

[...n] ingkang mawi cap Hoing (Cihoing), lajêng tèh kèki, samangke tèh kèki anyar, ingkang mawi gambar mênjangan, wêdalan saking pirmah: Kwik Hotong, andhêl matsêapèi ing Surakarta, ingkang sampun dipun dhisonir ing kantor rad yustisi ing Batawi, sêrat pariwaranipun kawrat ing wêwahan Bramartani 17 Oktobêr 1900 ôngka 80.

Saha tèh ingkang mawi gambar: Sêmar, Petruk, Nala Garèng, ingkang sampun pikantuk sêrab:sêrat. Syangcong tèitsyang (= sêrat dhiplomah pujian ôngka 1), tuwin ganjaran mêndhali mas, saking têntonsêtèling ing praja Jêpang, pormosa (taepak) nalika bing ting (= miyi) 23 taun, wulan kaping 10 dintên 23 23 October 1901 kados dening sêrat pariwaranipun Babah Kwak Ingsin ing Surakarta ingkang kawrat ing wêwahan Bramartani 3 Ogustus 1901 ôngka 61.

Tèh ingkang dipun wadhahi tong kajêng alit, utawi tong blèg alit, winastan doto: têgêsipun tèh agêng.

Tèh ingkang dipun wadhahi ing êpun timbêl, winastan cyong ngah te, utawi: syocyong te, têgêsipun tèh tanduran alit. Punika ingkang onjo piyambak, awit godhong tèh ingkang nèm (pupus).

--- 231 ---

Tèh syocyong wau wontên ingkang kaêcap sastra abrit, ungêlipun:

Bun basyocyong.
Bun jyon syocyong.
Juba syocyong.
Kyan jyang syocyong.
Cong masyo cyong tuwin sanès-sanèsipun.
Kêlanturing têmbung Jawi dados tèh socong, utawi sucong.

(1). Gancaring cariyos bingca, kawrat ing sêrat kêkarangan kula têmbung Mlayu ing taun 1889 ingkang kasimpên ing gêdhong kitab, ing pakumpulan bab kagunan tuwin katabêrèn ing Batawi.

Pustaka warti têmbung Mlayu ing Batawi, ngalamat Dinihari (Dhinihari) 3 Oktobêr 1884 ôngka 1 nyariyosakên gêdhong wau, makatên.

India Olanda

Betawi den 3 October 1884Italic

Di Betawi ada rapat bernama Genootschap van kunsten en Wetenschappen, artinja Pehimpoenan ilmoe kepandajan Rapat itoe tempatnja di Gadjah di tanah lapang Gambir dan

--- 232 ---

kerdjanja mengadji bahasa, Benoea dan bangsa di bawah angin ini. Kitabnja bolih pertjoemah sadja di batja orang banjak. Goedang kitab itoe terboeka pada tiap pagi hari Arba dan Saptoe dari poekoel 7½ dan hari Minggoe dari poekoel 8- 11.

(2). Para maos bilih badhe sumêrêp prênahipun rêdi Buisan punika, amirsanana gambaring nagari Cina winastan: kokimtoita.

Tahu

Kadhêle dipun giling ing sela gilingan, sasampuning lêmbat, kacamboran bumbu, lajêng kagodhog ngantos mumut, sasampuning mumut, kapêndhêt pathinipun, kacithak ing mori pêthak satunggal-tunggal, winastan: taohu.

Tao, têgêsipun kadhêle.

Hu têgêsipun mumut.

Ingkang nganggit damêl taohu wau, raja ajêjuluk Laohan, kala alamipun Prabu Anbunte, ingkang awitipun jumênêng nata ing taun 179 sadèrèngipun wontên taun Mèsèhi.

Taohu punika kenging dipun damêl dhaharan warni-warni, utawi kagorèng lisah, mênawi kadhahar dipun cambori kecap tuwin bawang parudan.

--- 233 ---

Tiyang Jawi wontên ingkang tumut sade idêr taohu ingkang dipun gorèng wau, ananging kêlantur dados tahu.

Paribasan Cina wontên ungêl-ungêlan makatên:

1. Kak on cyak kaohu, têgêsipun luwih enak mangan tahu, punika ambasakakên samukawis ingkang sakeca pikantukipun, awit tahu punika êmpuk kemawon.

2. Ke cwi ke taohu, têgêsipun kimbuh banyu, imbuh tahu, punika ngibaratipun tiyang gêgriya, tuwin sanès-sanèsipun, wêwah tiyang botên andadosakên kapitunan kathah, namung wêwah sêkul kemawon, kadosdene tiyang damêl tahu, mênawi kawêwahan toya: inggih wêwah kathahing tahunipun, namung kaot botên patos kênthêl kemawon.

Tiyang Jawi èstri ing Surakarta, ingkang sade ulam ayam gorengan, inggih sade dhaharan ingkang mawi tahu, kados ta: têrik sêmur tuwin ulam duduh tahu, punapa malih tiyang jalêr, wontên ingkang sade idêr: wedang tahu, utawi tahu gorèng.

Sêrat kabar sastra Cina: Lanpo, 19 Nopèmbêr 1886 ôngka 1503 ing Singgapura wontên satunggal kampung, kathah tiyang damêl tahu ing ngriku, mila kampung wau winastan: [w...]

--- 234 ---

[...inastan:]

Taohuke, têgêsipun kampung tahu.

Taoco

Satunggaling bumbunipun dhaharan, kadhêle dipun plècèt kulitipun, kacamboran glêpung uwos, lajêng dipun êdang, sasampuning matêng: dipun êmplèk-êmplèk bundêr têngahipun kabolong, agêngipun sami lepekan cangkir, lajêng dipun tutupi godhong waru, mênawi sampun mêdal jamuripun, lajêng dipun rêsiki, sasampuning kaêpe ngantos garing, kaêkum ing toya sarêm§ Ing nagari Cina ingkang nganggit amiwiti anggodhog toya sagantên kadamêl sarêm, inggih punika satunggaling tiyang anama Syoksèsi, mantrinipun Raja Wite, ingkang awitipun jumênêng nata ing taun 2698 sadèrèngipun wontên taun Mèsèhi. punika winastan taocyo, têgêsipun asinan kadhêle. Kêlanturing têmbung Jawi dados taoco.

Sêrat pawarti Cahya Indiya Tjahaja India ing Samarang 28 Dhesèmbêr 1882 ôngka 101 wontên têmbung taoco wau, ungêl-ungêlanipun makatên:

Pancèn luwês nganggo dikoki gandês, tur iya pancèn bêcik bangêt, nèk malerok matèni taoco.

Ing nagari Cina ingkang nganggit amiwiti anggodhog toya sagantên kadamêl sarêm, inggih punika satunggaling tiyang anama Syoksèsi, mantrinipun Raja Wite, ingkang awitipun jumênêng nata ing taun 2698 sadèrèngipun wontên taun Mèsèhi.

Tjoea Tjoe Kwan.

--- 235 ---

Kula pikantuk luguning nawala dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Pakubuwana Senapati ing Ngalaga Ngabdurahman Sayidin Panatagama ingkang kaping VII kagadhuhakên dhatêng Dêmang Mangunsêntana abdi dalêm mantri pangrêmbe ing Krapyak, katitimangsan kaping 11 Jumadilawal Alip ôngka 1779 sapriki sampun 53 taun. 2. Piagêmipun Kangjêng Pangeran Arya Adinagara ugi kagadhuhakên dhatêng Dêmang Mangunsêntana wau sadèrèngipun dados dêmang, katitimangsan kaping 2 Mulud Alip ôngka 1755 sapriki sampun 77 taun, dados langkung lami malih tinimbang ing nginggil, pêrlunipun kula lêbêtakên ing kabar Sasadara ingkang kaparêng nitèni: dadosa pêpiritan ingatasipun têmbung saha sêratan kina, katimbang kalihan têmbung saha sasêratan sapunika. Asma dalêm.

PB VII.

Pèngêt, nawalaningsun, Kangjêng Susuhunan Pakubuwana Senapati ing Ngalaga Ngabdurahman Sayidin Panatagama: ingkang kaping pitu, ingsun gadhuhakên marang Si Dêmang Mangunsêntana.

Marmane ingsun gadhuhi nawalaningsun, dene ingsun gawe mantri desa ing Krapyak, sarta ingsun gadhuhi kagungan ingsun bumi desa pangrêmbe ing ngisor iki arane, utawa salêladène,

--- 236 ---

[Grafik]

Iku dèn sônggaa ing sagawe-gawene, muwah salêladène aja owah kaya kang uwis kêlakon. Lan ingsun kawênangakên sira iku yèn anganggo-nganggoa apa saanggo-anggone mantri desa ing Krapyak, dene wêwalêr ingsun marang sira, aja sira wani anglakoni pênggawean ngabotohan, madati, apalacidra ngubungi wong durjana, [dur...]

--- 237 ---

[...jana,] lan sabarang kang kalêbu pênggawe ala, utawa kongsi angèthèr ing lêladènira pajêg bêras, sapênunggalane mau, yèn kongsi wani anglakoni, amêsthi nêmu bilahi, ingsun undur saka ing kalungguhanira.

Pacuwan-pacuwan sakèhe kawulaningsun, padha sira angèstokêna ing saunining nawalaningsun, kang ingsun gadhuhakên marang Si Dêmang Mangunsêntana, taha yèn tan angèstokêna atanapi yèn amaidoa, kaplaksanaa ing sakèhe para nayakaningsun, ana ngalun-alun ingsun ing Surakarta Adiningrat, sarta konjuka ing ingsun.

Kala dhawuhing timbalan dalêm, ing dintên Jumungah tanggal kaping: 11 wulan Jumadilawal ing taun Alip, angkaning warsa 1779. Ingkang pinanggih sasêratan kina ing nginggil punika, têmbung ingkang ngajêngakên aksara irung sarta [Huruf Jawa: layar] taksih karangkêp, kados ta: panunggalane, dêmang, bêras, pèngêt, makatên malih kriya wacaka sarta dwipurwa, purwaning lingga sami kapêpêt, kados ta: pênggawe, lêladèn, lingga ingkang sigêg aksara irung inggih ugi kapêpêt, kados ta: sêntana panambang ke kriya akên, kangge ing krama ngoko ake ingkang pinanggih botên wontên warsa ngangge: sa murda.

Red.

--- 238 ---

Asma

Adinagaran

Pèngêt, layang manira piagêm, Kangjêng Pangeran Ariya Adinagara, manira gadhuhakên marang Si Mangunsêntana.

Marmane manira gadhuhi layang piagêm, dene manira gawe dêmang desa pamajêgan bêras, manira paringi aran Dêmang Cêmpapandhak sarta manira gadhuhi bumi desa ing Nglungge satabone karya 24.

Anadene lêladène mêtu | bêras ing dalêm sêsasi kèhe } 25 tong. Iku disônggaa ing sagawe-gawene muwah ing salêladène aja owah kaya adat kang wis kêlakon, lan manira kawênangakên Si Dêmang Cêmpapandhak iku mau, yèn anganggo-anggoa apa ing saanggon- anggone dêmang desa pamajêgan bêras, anadene wêwalêr manira marang ing pêkênira, aja wani anglakoni pênggawe ala, ngabotohan, amadati, apalacidra, ngubungi wong durjana, lan sabarang kang kalêbu pênggawe ala aja wani anglakoni, têka kongsi wani anglakoni, amêsthi yèn pêkênira anêmu bilahi ingkang luwih atangêt. abangêt.

Pacuwan-pacuwan sakèhe wong bumi desa kang kalêbu

--- 239 - --

wawêngkone§ Kados pamanggihipun Tuwan Kohèn Sêtiwar papêtêng pêpadhang. Red. Si Dêmang Cêmpapandhak, padha angèstokêna ing saunine layang manira piagêm, kang manira gadhuhakên marang Si Dêmang Cêmpapandhak, taha yèn angèstokêna, atanapi yèn amaidoa, amêsthi yèn pêkênira padha nêmu bilahi kang luwih abangêt. Titi.

Kala dhawuh Ngahad kaping: 2 Mulud taun Alip ôngka 1755.

Cocog kalihan nginggil, malah saya minggah saya kandêl sigêgipun, kados ta lêladène, têka, pêkênira.

--- [0] ---

Isining Kabar Sasadara VI

1. Pawarsakan ... blz 201.
2. Dintên sae ... blz 202.
3. Cariyos ringgit purwa ... blz 203.
4. Ngèlmu alam ... blz 208.
5. Ngèlmu wangun ... blz 213.
6. Tirta usada ... blz 217.
7. Kalêmpaking kawruh ... blz 223.
8. Têmbung Cina ... blz 228.
9. Turunaning nawala dalêm ... blz 235.