Sastra Jawa

Program Digitalisasi Sastra Daerah

  • Increase font size
  • Default font size
  • Decrease font size

Sasadara, Radya Pustaka, 1903-10, #1808

Katalog:Sasadara, Radya Pustaka, 1903, #1808
Sambung:
1.Sasadara, Radya Pustaka, 1903-01, #1808 . Koran, Majalah dan Jurnal | Sasadara #537.
2.Sasadara, Radya Pustaka, 1903-02, #1808. Koran, Majalah dan Jurnal | Sasadara #538.
3.Sasadara, Radya Pustaka, 1903-03, #1808 . Koran, Majalah dan Jurnal | Sasadara #539.
4.Sasadara, Radya Pustaka, 1903-05, #1808. Koran, Majalah dan Jurnal | Sasadara #540.
5.Sasadara, Radya Pustaka, 1903-06, #1808 . Koran, Majalah dan Jurnal | Sasadara #541.
6.Sasadara, Radya Pustaka, 1903-07, #1808. Koran, Majalah dan Jurnal | Sasadara #542.
7.Sasadara, Radya Pustaka, 1903-08, #1808 . Koran, Majalah dan Jurnal | Sasadara #543.
8.Sasadara, Radya Pustaka, 1903-09, #1808 . Koran, Majalah dan Jurnal | Sasadara #544.
9.Sasadara, Radya Pustaka, 1903-10, #1808 . Koran, Majalah dan Jurnal | Sasadara #545.
10.Sasadara, Radya Pustaka, 1903-11, #1808 . Koran, Majalah dan Jurnal | Sasadara #546.
11.Sasadara, Radya Pustaka, 1903-12, #1808 . Koran, Majalah dan Jurnal | Sasadara #547.

Ôngka VII Taun IV. Kaping 15 Rêjêp ing Taun Wawu, Ôngka 1833 [7-10-1903 AD.].

Sêrat kabar wulanan nama:

Sasadara

Rêginipun ing dalêm satêngah taun 3 rupiyah, sarta kêdah kabayar rumiyin. Ingkang anggadhahi Sasadara Pahêman Radyapustaka. Ingkang nyithak sarta ngêdalakên Firma Vogel v. d. Heijde & Co. Juru pangripta Ngabèi Wirapustaka.

--- 240 ---

Minôngka Pananggalanipun Sasadara

Pawarsakan

Wulan Ruwah taun Wawu ôngka 1833, taun Hijrah 1321.

[Grafik]

--- 241 ---

Dintên Sae

Salêbêtipun wulan Ruwah taun Wawu punika wontên kêkalih.

1. Slasa Lêgi kaping 5 wuku Landêp, dewa Endra, paningron, tulus, lakuning wasesa sêgara rakamipun dhawah janma padu, sangatipun wiwit jam 10.49 mênut, dumugi jam 1.12 mênut, Jabarail wilujêng.

2. Sêtu Paing kaping 16 wuku Wukir, dewa Lodra, wurukung dadi, lakuning gêni, satriyawibawa, turuning asu ajag, rakamipun dhawah macan katawang sangatipun wiwit jam 1.12 mênut, dumugi jam 3.36 mênut, Yusup wilujêng.

Wêwaton sêrat pawukon, wulan Ruwah wau mênawi kangge ngêdêgakên griya watakipun asring kamlaratan, nanging dipun ajrihi ing tiyang, mênawi kangge alih-alihan sae, watakipun rahayu, nanging pangalihipun botên kenging mangidul.

Wêwaton ungêlipun kadis Marpuk, mênawi kangge salakirabi sae, watakipun kathah ingkang turut-tinurut.

Wêwaton ungêlipun kitab Mujarabat, ing tanggal kaping 5 sarta tanggal kaping 16 wau kawastanan: nakhas, salêbêtipun sadintên sadalu botên kenging sade tinumbas, kêkesahan, ngangge-angge, pêpaès, ningkahan, nanêm wiwitan, damêl sumur sarta ngêdêgakên griya.

--- 242 ---

Pêpadhang

(Sambêtipun Sasadara ôngka: XI kaca: 478)

Bab kayangan, satêngah layangan, sarta bab sunaring pêpadhang.

Punapa ingkang winastan layanganipun satunggaling jasad, ingkang winastan layanganipun satunggaling jasad punika sêlaning panggenan utawi sêlaning papan ingkang botên kataman ing pêpadhang, amargi kalingan dhatêng angganipun jasad wau, pêpadhangipun botên sagêd amradini ing papan, mênawi badhe nyumêrêpi utawi namtokakên jêmbar aut sarta wêwangunaning layanganipun satunggaling jasad, punika wêwatonipun kenging kapêndhêtakên saking kalih prakawis, sapisan mênawi sangkanipun pêpadhang saking panggenan satunggal, kaping kalihipun mawi ningali wiyar autipun panggenan sangkaning pêpadhang, upamènipun wontên jasad kêkalih sami ajêng-ajêngan, jasad ingkang satunggal anggadhahi pêpadhang, satunggalipun ujud bundêran, sarta kapadhangan saking jasad ingkang kapisan, bilih ing sawingkingipun bundêran ingkang kapadhangan wau kadunungan papan, kados ta: wana utawi aling-aling sasaminipun, sampun tamtu ing papan wawau. katingal wontên layanganipun ingkang wiyaring lumahipun miturut garis lêncêng saking jasad ingkang amadhangi, lampahipun anggêpok awak-awakipun bundêran ingkang kapadhangan wau [wa...]

--- 243 -- -

[...u] dumugi ing papan, bilih garis wau dipun wontêni sayêktos, lajêng kaubêngakên ingkang waradin, ingkang ajêg anggêpok awak-awaking bundêran ingkang kapadhangan wau, punapa malih sampun ngantos malèsèd saking cêcêk ingkang kaentha jasad ingkang amadhangi, ubênging garis wau ing papan amatêsi layanganipun lumahing bundêran ingkang kapadhangan, dados layangan ing papan wau botên sagêd amradini ing papan sadaya, utawi pêpadhangipun jasad ingkang amadhangi botên sagêd mradini ing papan amargi kalingan bundêran, bab prakawis ingkang kula cariyosakên punika mênawi jasad ingkang botên anggadhahi pêpadhang, môngka ing sawingkingipun jasad ingkang botên anggadhahi pêpadhang wau kadunungan aling-aling, sarana sasaminipun, ing aling-aling wau tamtu lajêng katingal wontên layanganipun jasad ingkang kapadhangan, sarta ingkang dumunung ing saantawisipun papan aling-aling kalihan jasad ingkang amadhangi, dene gatraning layangan ingkang dumunung ing papan tamtu miturut pêthaning ubêngipun garis lêncêng saking jasad ingkang amadhangi sarta ingkang lampahipun anggêpok awak-awaking bundêran ingkang kapadhangan kasêbut ing nginggil, wujuding layangan akôntha buwêngan ingkang langkung agêng tinimbang bundêran ingkang kapadhangan, layangan punika sêningsêlaning. [sê...]

--- 244 ---

[...ning] papan ingkang botên sagêd kapadhangan, dene sajawinipun layangan tamtu kemawon katingal padhang, nanging inggih dèrèng sagêd mêsthi padhang sadaya, mawi- mawi agêng alitipun jasad ingkang amadhangi tuwin ingkang kapadhangan, kados ingkang kasêbut ing ngandhap.

Mênawi jasad ingkang madhangi tuwin jasad ingkang kapadhangan kalih pisan sami awujud bundêran, sarta bilih patrapipun jasad bundêr kêkalih wau sami ajêng-ajêngan têngah lêrês, punika mênggah kaentha wontên garisipun lêncêng saking cêcêk sangkaning witipun anggèn kula badhe ngentha garis lêncêng dhatêng ing aling- aling, ingkang patrapipun tumumpang ing awak-awakipun bundêran kêkalih wau, ingkang patrapipun ajêng-ajêngan, bilih garis punika kaubêngakên ingkang kalayan anggêpok awak-awaking bundêran kalih wau, punapa malih pokipun ing cêcêk sangkanipun garis sampun ngantos malèsèd saking ngriku, garis wau sampun tamtu angwontênakên pêthaning wangun tumpêngan, cêcêk sangkanipun garis minôngka uncêtipun, garis ingkang gêpok awak-awakipun bundêran minôngka watêsipun awak-awaking tumpêngan ingkang ngiringan, godhagan ênêripun garis ingkang saking cêcêk kawitan ing sawingkingipun bundêran ingkang cêlak kalihan aling-aling, dumuginipun ing aling-aling

--- 245 ---

sampun tamtu botên sagêd kapadhangan babarpisan, mênawi kaentha wontên pêthanipun garis lêncêng sanèsipun malih kêkalih, sangkanipun saking awak-awakipun bundêran ingkang cêlak kalihan jasad ingkang amadhangi, dene garis ingkang sangkanipun saking awak-awak ngandhap, kadhawahakên ing nginggilipun bundêran ingkang cêlak kalihan aling-aling, kaênêrakên dhatêng ing aling-aling, lajêng garis ingkang kaping kalih, sangkanipun ugi saking awak-awakipun bundêran ingkang dunungipun cêlak kalihan jasad ingkang madhangi, dumunung ing awak-awakan ingkang nginggil, garis wau lajêng kadhawahakên anggêpok awak- awakipun bundêran ingkang cêlak kalihan papan utawi aling-aling, dumunung ing awak-awak ingkang ngandhap, sarta kalajêngakên dumugi ing papan aling-aling, lajêng têtela bilih peranganing lumahipun aling-aling, lêrêsing wêwêngkon ubênging êpokipun garis wau pêtêng sangêt, dene peranganipun lumahing aling-aling lêrêsing wêwêngkon ubêngipun garis ingkang sangkanipun saking awak-awakipun jasad utawi bundêran ingkang dumunungipun cêlak kalihan jasad ingkang amadhangi, garis punika patrapipun, ingkang saking awak-awaking bundêran kapisan ingkang ngandhap, lampahipun ngewas dhumawah ing awak-awakipun bundêran ingkang kaping kalih, awak-awak ingkang nginggil,

--- 246 ---

makatên kosokwangsulipun lampahing garis ingkang sangkanipun saking awak-awaking bundêran kapisan, awak-awak ingkang nginggil, dene papan wêwêngkoning ubêngipun garis kêkalih punika, watês sajawining wêwêngkonipun garis kêkalih ingkang saking jasad, ingkang amadhangi, katingalipun ragi padhang trontong-trontong botên waradin, awit sampun botên kalingan sangêt-sangêt dhatêng bundêran ingkang cêlak kalihan aling-aling mêksa kawon padhang kalihan peranganing aling-aling ingkang saya mêdal malih, dene tarontong padhang, inggih punika papan ing aling-aling, ingkang botên patos kalingan sangêt dhatêng bundêran ingkang cêlak kalihan aling-aling wau, punika wêwayanganipun bundêran ingkang cêlak kalihan aling-aling, ingkang katingalipun namung lamat-lamat, dipun wastani satêngah layangan, utawi layangan sumamar (half schaduw) wondene sadaya layangan ingkang kula pratelakakên ing nginggil têksih sami miturut wêwaton ukuran, limrahipun ing kawruh kodrat têmbung Walandi dipun wastani gheomètrinê skadhiwên (geometrische schaduwen) dene wêwayangan ingkang salugu miturut wêwaton kawruh kodrat, inggih punika ingkang nyulayani kalihan geometrische schaduwen dipun wastani phijsische schaduwen punika botên patos [pa...]

--- 247 ---

[...tos] katingal cêtha wêwatêsanipun, jalaran soroting pêpadhang sawatawis sagêd ambyar nunggil ing layangan, inggih punika ingkang dipun wastani mandhêlonging sorot, wontênipun layangan ingkang makatên punika badhe kula cariyosakên ing wingking, bilih cariyos kula sampun dumugi ing bab Camera lucida para maos mugi sampun kêmba nupiksani cariyos kula ingkang rèmèh-rèmèh punika, awit sadaya wau punika minôngka dados ular-ularipun badhe cariyos kula bab ukuran pêpadhang, bab lichtbronnen, phosphorescentie, fluorescent e, dubble straalbreking sapanunggilanipun, kadospundi sagêdipun tiyang anggayuh dhatêng satunggaling kawruh mênawi botên mawi dipun gêlari piwulang ingkang andhap-andhap rumiyin, tiyang sinau maos kêdah sumêrêp carakan rumiyin. Taksih wontên candhakipun.

R.L. Mangkudimêja ing Ngayogyakarta.

--- 248 ---

Pangrêngkuhipun Tiyang Sêpuh Dhatêng Anakipun

(Sambêtipun Sasadara ôngka ... kaca ...)

Para lare sami rukuna kalihan kancanipun dolan, langkung malih kapêrdia rukun kalihan sadhèrèkipun piyambak, lare ingkang botên rukun kalihan sadhèrèkipun wiwit alit mila, ingkang kathah kalajêng- lajêng dumugi sêpuhipun, para lare sampun wontên ingkang cengkre, mênawi wontên ingkang cengkre lajêng kasêrêpna, sampun ngantos kakèndêlakên kemawon, sampun ngantos para lare gadhah rumaos dipun sihi dhatêng tiyang sêpuhipun anglangkungi sadhèrèkipun, tiyang sêpuh sampun mirêngakên dhatêng wêwaduling lare, malah yèn wontên ingkang wêwadul lajêng kasrêngênana, supados sampun ngantos kapatuh karêm dhatêng watak wêwadulan, para sêpuh sami priksaa bilih piwulang punika sagêd dados watak, watak parawadulan punika kalêbêt dhatêng bêbudèn awon, budi ingkang makatên punika manawi dados pakarêmaning lare, ing têmbe badhe rêmên damêl wêwadulan, kula mêwahi: tiyang ingkang kados makatên patutipun namung dipun kutugi walirang, yèn sampun gêbrès-gêbrès lajêng dipun punapakakêpunapakakên. malih ... ???. Para lare wiwit alit mila kapatuhna [ka...]

--- 249 ---

[...patuhna] wicantên ingkang cêtha, sarta ingkang patitis, sampun dipun warahi nglêmêr sarta kêsèt, awit kêsèt punika anukulakên budi awon. Gêgolonganipun dolan para lare kêdah kaulatakên, sampun ngantos dolan anunggil kalihan lare wurahan, awit gêgolongan dolan akalihan lare ingkang makatên punika badhe damêl risaking lare, sumêrêp patrap saha tanduk awon punika bilih lare langkung gampil anggènipun anglampahi tinimbang sinau pratingkah ingkang sae. Wiwit alit mila para lare prayogi kasêrêpna dhatêng tatatakramatatakrama. ingkang tumanduk dhatêng sadhèrèk tuwin kulawarganipun, punapa malih dhatêng tamu.

Ingkang pêrlu tiyang sêpuh sampun ngantos suka tuladha awon dhatêng anakipun, inggih punika ingkang kalair saking pratingkah utawi kawêdal saking pangucap, para tiyang sêpuh ingkang botên angèstokakên wêwarah punika ing wingking bokmênawi badhe kaduwung margi botên keringan, utawi botên kajèn babarpisan, para tiyang sêpuh sami angudia dhatêng anak-anakipun supados sami anêtêpi wêwarahipun sadaya, sampun ngantos lare ical piandêlipun dhatêng ing bapa biyungipun, dipun gêgulanga barès ing sabarang pratingkah, para tiyang sêpuh prayogi

--- 250 ---

angudia sampun ngantos anak- anakipun kadunungan budi lamis. Mênawi wontên sulayaning rêmbagipun bapa kalihan biyung ingkang katêmahanipun salakirabi congkrah, punika anak-anakipun sampun ngantos sami sumêrêp. Para lare alit mila kêdah kawulang sampun ngantos gugon tuhon, utawi ajrihan, bilih wontên têtingalan utawi pangintên ingkang nglêngkara, sarta ingkang amurugakên gugon tuhon wau, lajêng kasêrêpna ingkang dados sababipun, langkung malih pamêrdinipun dhatêng lare jalêr sampun ngantos kadunungan watêk ajrihan, mênawi para lare sampun ragi agêng, môngka sampun sêkolah, prayogi kasukanana sêrat waosan ingkang pantês kawaos dhatêng para lare, mênggah ingkang winastan pamêrdi sae dhatêng para lare punika botên ngamungakên sinau nyêrat utawi maos sasaminipun, kêdah ugi kakulinakakên dhatêng tondak-tanduking sêsrawungan kalihan tiyang ingkang sumêrêp dhatêng tatakrama, milanipun para lare kapatuhna wontên pasamuan ingkang utami, supados sagêda angindhakakên sêsêrêpanipun dhatêng tatakrama, punapa malih sagêd sumêrêp cara-cara ingkang sae, pangrèh ingkang makatên punika tumrapipun dhatêng para lare ingkang sampun kenging katata, utawi ingkang sampun anggadhahi [ang...]

--- 251 ---

[...gadhahi] dugi prayogi. Manawi wontên lare sami anganiaya dhatêng kewan, punika enggal kapambêngana, awit ingkang makatên mênawi kalajêng badhe gadhah watak tegan, sarta badhe kalajêng kalis dhatêng pangudining ambêk prayogi, makatên malih patrapan ingkang kanthi gêbag tumrapipun dhatêng lare èstri mênawi kêrêp kêrêp botên prayogi, malah andrawasi awit badhe anyudakakên dhatêng raosing kaisinan, têmahan badhe anyirnakakên babarpisan dhatêng raosing kanisthan, dene mênawi wontên lare èstri kalêpatan, môngka patrapanipun pantês kanthi dipun gêbagi, punika kaangkaha kapokipun kemawon, yèn patrapanipun dhatêng lare pantês mawi dipun gêbagi, panggêbagipun kêdah ingkang sêru, nanging patrapipun sampun riwut saangsal-angsalipun.

R.L. Mangkudimêja. Ing Ngayogyakarta

Gêmpalaning Kawruh

Bab Sêsakit Bêntèrtis (MALARIA)

Sêsakit bêntèrtis punika, jalaran saking dayaning wisa

--- 252 ---

ingkang adhapur gêgrêmêtan utawi thêthukulan kadosdene jamur ingkang lêmbat sangêt, ing têmbung Walandi winastan BACTERIE awit saking lêmbatipun, ngantos botên kasat mata sagêdipun kêtingal bilih mawi pirantos kaca praksana (= mikroskos) mikroskop. ingkang sagêd ngagêngakên tikêl kaping pintên-pintên sadaya maujud ingkang katingal.

Wisaning sêsakit wau tuwuhipun amor kalihan rahipun tiyang, ing sakawit maruntus-maruntus ingkang anjalari rêndhêtipun lampahing rah botên sagêd ajêg. Karaosipun ing badan kirang sakeca, ananging dèrèng patosa sangêt. Bilih botên tumuntên kausadanan, sangsaya dangu wisa punika tamtu sangsaya andados tuwin angômbra-ômbra, tiyang ingkang sakit ugi wêwah rêkaos.

Mênggah bibiting wisa punika tarkadhang sagêd sirna, anggêr dèrèng kasèp sagêd kapapas ing usada, ananging kathah-kathahing tiyang botên migatosakên saha kirang pamarsudi utawi pangrekadayanipun. Bilih makatên: tartamtu wisa wau sangsaya rumasuk salêbêting rah sarta ingkang pating paruntus ing rah ugi mêcah, dangunipun ngantos 1-4 jam, utawi langkung 12-24-72 jam, bibit wisa wau mêcah malih makatên salajêngipun.

--- 253 ---

Punika sababipun tiyang ingkang sakit bêntèrtis sabên dintên kimat utawi lêt kalih tigang dintên, miturut antawis mêcahipun bibit wisa kasêbut ing nginggil, sarta punika ingkang anjalari tiyang sakit bêntèrtis wau kimat asrêpipun watwis 1-4 jam, utawi langkung, miturut dangunipun mêcahing bibit wisa ingkang rumasuk ing rah.

Mirit cariyosipun sawênèhing pramosada, wisa ingkang makatên wau maratah ing satanah Jawi, ing pundi-pundi tamtu wontên, ananging ingkang kathah ing panggenan ingkang wontên toyanipun mambêg, kados ta: rawa pacêrèn, jamban sapanunggilanipun panggenan toya êmbêg-êmbêg.

Tuwan Propesor Koh sampun anyidikakên, ing tanah Jawi Wetan ingkang botên wontên wisanipun sêsakit punika namung ing Tasari (Malang) tuwin ing parêdèn Hyang, watêsipun talatah paresidhenan Bêsuki kalihan Pasuruhan.

Kajawi ingkang kasorahakên kasêbut ing nginggil, bibit wisaning sêsakit wau sagêdipun tumangkar angômbra-ômbra, amargi asring lumêbêt ing angganing sato, langkung malih dhatêng jingklong utawi lêmut, lakar punika asal kadadosanipun ugi saking êmbêg-êmbêg jamban sasaminin. sasaminipun. [sasamini...]

--- 254 ---

[...n.] Bilih jingklong anylêngêt tiyang, wisa wau lajêng tumut rumasuk ing badan amor kalihan rahipun tiyang, mila botên gampil panulakipun.

Para sagêd ingkang marsudi kawruh kasarasan, sangêt pangrêksanipun supados sampun ngantos kaslêngêt jingklong, langkung malih bilih môngsa pagêblug, ugi sampun asring kagiyarakên sêsorahipun para bijaksana, bilih jingklong punika gampil anularakên bibiting sêsakit, kados ta: sêsakit pès utawi sampar, sêsakit cacar punika gampil dipun yêktosi.

Mênggah panulak tuwin panyirnanipun jingklong, botên sanès inggih punika griya tuwin wêwêngkonipun karêsikana, sampun ngantos wontên toya mambêg êmbêg-êmbêg sasaminipun.

Kajawi punika wontên rekadaya malih ingkang migunani, murih sirnanipun jingklong, bilih sadaya wau sapunsampun. karêsikan, pundi panggenan ingkang wontên toyanipun rêgês, kados ta: jamban, kalèn, pacêrèn êmbêg-êmbêgan, kadhang kawis kasiramana toya cinamboran potrolium (lisah tanah) kintên-kintên takêranipun 1-10, ananging ragi kathah lisahipun langkung prayogi.

Bilih nuju môngsa wontên pagêblug sêsakit, panyiramipun [panyi...]

--- 255 ---

[...ramipun] camboran wau pêndhak 5-7 dintên, langkung kêrêp punika wêwah prayogi, sarana rekadaya makatên, jingklong tuwin ugêt-ugêt sagêd sirna sadaya, awit botên bêtah mambêt gandaning petrolium.

Kaimpun dening Tan Sing Cwan, ing Surakarta.

Têmbung Cina

(Sambêtipun Sasadara VI kaca 228, taun ...)

Troi

Kula sampun maos sakathahing sêrat cariyos ing nagari Cina awit Raja Tegyo, ingkang wiwitipun jumênêng nata ing taun 2357 sadèrèngipun wontên taun Mèsèhi, raja wau amulang putranipun anama: Tancu, kasukan ingkang winastan wiki.

Wi, têgêsipun ngêpung:

ki, kajêng dipun kêthok alit-alit dhapur pasagi, tinata ing nginggiling papan kajêng pasagi, ingkang dipun garisi sakothak-kothak.

Tiyang ingkang badhe kasukan lênggah adhêp-adhêpan, lajêng angabên kajêng ingkang winastan: ki, wau, angemba caraning paprangan.

--- 256 ---

Sarêng Prabu Cyubu Ong, ingkang wiwitipun jumênêng nata ing taun 1122 sadèrèngipun wontên taun Mèsèhi, sang prabu ambangun kasukan wiki wau, saha kajêngipun: ki: kalapis ing gadhing liman.

Jumênêngipun Prabu Cyuli Ong, ing taun 681 sadèrèngipun wontên taun Mèsèhi, ing nagari Cina sampun kathah tiyang kasukan kêrtu, tuwin taowah: inggih punika ing têmbung Portêgis winastan: dhadhu dado, ananging dèrèng mawi totohan arta, namung sintên ingkang kawon, kadhêndha ngunjuk arak samangkok agêng.

Sêrat Kongkam nyariyosakên, kala Sang Prabu Cyulan Ong jumênêng 42 taun, inggih punika taun 273 sadèrèngipun wontên taun Mèsèhi, ing nagari Cina ngrêbda tiyang ngabotohan mawi dhadhu: kathahing dhadhu 5 iji, bakaling dhadhu kajêng, namanipun kados ing ngandhap punika:

1. hyao, 2. êla, 3. êdi, 4. tok, 5. sik.

Sintên ingkang pambucalipun dhadhu angsal maripat 5 iji sadaya cêmêng, utawi maripat 5 iji sadaya abrit, punika unggul piyambak, lajêng ngukup sadaya arta totohanipun.

Mênawi mêdal, sik, punika asor piyambak

--- 257 ---

Ing nagari Cina, mênawi tiyang sami main dhadhu wau, sarana alok makatên, êla ! di ! êla ! di ! inggih punika angajêng-ajêng supados dhadhu wau mêdala mripat 5 sadaya cêmêng, utawi sadaya abrit, awit mênawi sagêd kalêksanan amêsthi kathah mênangipun.

Sarêng tiyang Cina angajawi, wontên ingkang kasukan taowah (dhadhu) inggih alok sarana swara ingkang sora, êla ! di ! êla ! di ! kala samantên tiyang Jawi nyumêrêpi bilih tiyang anggêbag dhadhu mêdal êla utawi di, lajêng ngukup tuwin kathah mênangipun, mila tiyang Jawi lajêng nyangkok têmbung êladi, wau, ananging kêlantur dados troi.

Sêrat Saloka Akalihan Paribasan, anggitanipun suwargi Tuwan Karêl Prèdrik Wintêr juru basa ing Surakarta, ing papan kalih, ôngka 63 paribasan.

Anggitik troi.

Ambasakakên tiyang amanggih kauntungan.

Têmbung Walandi lotrèi Loterij mèmpêr têmbung êladi (troi) punika.

Ing nagari Cina, ingkang mêwahi, angwontênakên sakathahing kêrtu kasukan, satunggaling tiyang anama: Ansin, senapatinipun Sang Prabu Ankoca, ingkang

--- 258 ---

wiwitipun jumênêng nata ing taun 206 sadèrèngipun wontên taun Mèsèhi.

Awit saking kathahing tiyang Cina ingkang dêdunung ing tanah Jawi, sami rêmên ngabotohan, mila kangjêng guprêmèn Indiya Nèdêrlan, ing taun 1620 angwontênakên pranatan paos tumrap bôngsa Cina ing Batawi, mênawi ngabotohan ingkang mênang 100 reyal, kêdah bayar paos 20 reyal.

Saha ing têmbe angwontênakên sêrat pranatan prajangjian pak main po tuwin topo, ing nagari Batawi, Samarang tuwin ing Surabaya, ingkang kawrat sêrat sêtatsêblad taun 1849 ôngka 52 lètêr K. ing bab kaping 5 amratelakakên namaning kêrtu tuwin dhadhu, ingkang kalilan kaangge ngabotohan, kados ta:

1. Wangito, ingkang kagêbag mawi dhadhu 6 iji.
2. Cokao, lamcingking, mawi dhadhu 3 iji.
3. Tokao.
4. Kekeyan, alit pasagi nênêm, mawi mripat 1 dumugi 6, kaputêr ing piring.
5. Pongha, mawi kêrtu 6 utawi 75
6. Kaiha, tuwin samkyok, mawi kêrtu 60.
7. Phaiaping, mawi kêrtu 84.

--- 259 ---

8 Pakcu, mawi arta têmbagi tuwin sanès-sanèsipun.

Sêrat pawarti sastra tuwin têmbung Cina, ngalamat: Singpo, ingkang kaêcap ing pangêcapan Koyuhyan, ing Singgapura, kala dintên kaping 17 Citguwik taun Kèin, utawi 31 Ogustus 1890 nyariyosakên nama- namaning kasukan kêrtu, ingkang samangke dados karêmênaning para botoh ing nagari Cina, kados ta:

1. uwahuwe, dantiyo, 3 sijipo, 4 duwe phaikyu, 5 laojiti, 6 kaodan, 7 tah-angpang, 8. guwahu, 9. tiyohi, 10 lyan- lyan po, tuwin 11. tahsik.

Ing sapunika tiyang Cina ing Surakarta, mênawi kasukan kêrtu, nama-namanipun kados ing ngandhap punika, 1 pwakbak (kowah), 2. syanghu, 3. susik, 4 goki, 5 lakijik, 6 guwaha, 7 bongha, 8 samkyok, 9 pèi, 10 thothit, 11 cyaplyong, 12 ji-it tyam tuwin sanès-sanèsipun.

Sanadyan kula sagêd nyariyosakên sakathahing kasukan ngabotohan, ananging kula piyambak botên sagêd ngabotohan.

Bab troi, botoh bratu sapanunggilanipun ing têmbung Mlayu, sampun kula panjurungakên ing sêrat wulanan "Matahari Terbit" (Matahari Trêbit) ing Prabalingga,

--- 260 ---

taun 1895 ôngka 1.

Awit saking dhawuhipun kangjêng tuwan residhèn ing Surakarta, katitimangsan tanggal kaping 22 Nopèmbêr 1902 kula kalilan angêdêgakên pangêcapan, wontên ing kampung Warungpêlêm, Surakarta, griya ingkang gambaripun kawrat ing Sêrat Srimakutha, ôngka 2 kaca 84, benjing sêrat karangan kula punika, badhe kula wêwahi sastranipun Cina, supados wêwah têrangipun.

Tuk

Namaning meja, ing sastra Cina, sinêrat: ki utawi: an, ananging têmbung Cina pasaran, meja wau winastan: tuk.

Meja twahpekkong, winastan: kituk, utawi twahpekkongtuk.

Meja agêng pasagi winastan: patsyankituk, utawi patsyantuk, têgêsipun meja dewa wolu.

Meja ciyut, lonjong, winastan: tukping.

Meja bundêr, winastan gwiktuk, têgêsipun: meja rêmbulan.

Meja sorogan, winastan: tuk kwi.

Meja ingkang wontên kamar pangantèn, ingkang dipun adhêp pangantèn jalêr èstri, kaangge nikah, winastan cyakcyu untuk.

--- 261 ---

Cyak, têgêsipun dhahar,

Cyu têgêsipun arak,

Un têgêsipun palakrama,

Tuk, têgêsipun meja.

Trangipun: mejaning palakrama nalika sami dhahar (ngunjuk) arak.

Meja panyêratan winastan: shyajituk.

Bôngsa kula tiyang Cina, mênawi pakêmpalan para tamu, ingkang winastan: jyalangkèk, mawi piring isi ulam 4 iji (Zie Sasadara ôngka XII taun III kaca 518) piring 4 iji wau, winastan gyahtuk.

Gyah têgêsipun adêg.

Tuk têgêsipun meja.

Têrangipun adêg-adêging meja.

Para nyonyah amastani Kakik Took (kakik tuk).

Lakên abrit ingkang kasulam bênang mas, gambaring sima (en) blacan (pha) warak (sae) tuwin gajah (jyang).

Utawi gambar kyuli hwahlyo (9 iji) ulam tômbra malih dados sawêr naga.

Lakên wau kaangge tutup (krobong) meja, winastan: tukwi.

--- 262 ---

Mori ingkang kaangge angêlapi meja, winastan: tukpa.

Knaap (kênap = meja alit) ing buk daganganipun tukang kajêng bongsa Kwitang (Makao) sinêrat: tetuk (jhatuk) têgêsipun: meja wedang tèh.

Têmbung mejatuk, ingkang kagêm ing karaton, kula sumanggakakên dhatêng kyai rêdhaktur.

TJOA TJOE KWAN

Mejatuk

Abdi dalêm panèwu gêdhong kiwa têngên ing Surakarta, punika sabên garêbêngarêbêg. gadhah kuwajiban angladosakên tuk, dipun wastani ngêtuk, tuk punika wujudipun kênap bundêr suku satunggal, wêwangunanipun taksih kados kina, tuk wau mawi kalaraban baludru wungu kaburdir saha kabara tuwin mawi kuwas sêkar sêdhah mas, ingkang ngladosakên abdi dalêm panèwu gêdhong têngên. Ingkang nisihi abdi dalêm panèwu gêdhong kiwa angladosakên gantèn wangi, gantèn wangi punika wujudipun sêkar kênanga dipun racik mawi gambir saha apu, kawadhahan ing kêncana kaistha kados wadhah bukèt, tumumpang wontên bèri kêncana mawi kalaraban baludru wungu kaburdir saha kabara tuwin mawi kuwas sêkar sêdhah mas, abdi dalêm panèwu gêdhong kiwa têngên [tê...]

--- 263 ---

[...ngên] ingkang ngladosakên tuk wau panganggenipun sami kampuh sêmèn latar cêmêng, calana lakên cêmêng katêpi ing renda mas, ukup moga biru, rasukan sikêpan agêng lakên cêmêng kaburdir, mawi kalung samir renda mas. Dene lampah-lampahipun kados ing ngandhap punika:

Sowanipun wanci jam 8 enjing, anjujug ing bangsal srimanganti, ing ngriku lajêng anampèni tuk saha gantèn wangi wau, saking abdi dalêm èstri lajêng katata wontên bangsal srimanganti pojok lèr wetan, mawi dipun têngga ing abdi dalêm jajar gêdhong kiwa têngên nyatunggal. Mênawi sampeyan dalêm ingkang sinuhun kangjêng susuhunan, sampun tumêdhak badhe miyos saking dhatulaya, tuk saha gantèn wau lajêng kaampil dhatêng abdi dalêm jajar gêdhong ingkang nêngga wau kaamping-ampingan ing abdi dalêm panèwu gêdhong kiwa têngên ingkang badhe ngladosakên, lampahipun manggèn sawingkingipun upacara kadipatèn anom, dumugi sangajêngipun regol kamandhungan kèndêl saha mire mangetan majêng mangilèn, abdi dalêm jajar ingkang ngampil taksih ngadêg, abdi dalêm panèwu ugi ngadêg angamping-ampingi, mênawi têdhak dalêm sampun dumugi kori kamandhungan, abdi dalêm panèwu gêdhong kalih pisan dhodhok angapurancang, jajar ingkang ngampil [ngampi...]

--- 264 ---

[...l] taksih ngadêg, mênawi têdhak dalêm sampun kapêngkêr lajêng anggrubyug nunggil abdi dalêm èstri ingkang ngampil -ampil upacara dalêm kaprabon. Mênawi sampeyan dalêm sampun minggah ing bangsal witana abdi dalêm gêdhong ingkang ngampil tuk lajêng lumampah mangalèr mêdal sawetan bangsal witana akalihan lon-lonan, mênawi sampun dumugi pojoking tratag sitinggil ingkang lèr wetan, tuk saha gantèn lajêng dipun ampil ing abdi dalêm panèwu ingkang badhe angladosakên, mêdal sakilènipun para abdi dalêm ingkang sewaka ing ngarsa dalêm, dumugi sakilènipun bupati kaparak lajêng menggok mangetan amundhuk-mundhuk, panèwu gêdhong têngên ngadêk wontên sangajêngipun bupati kaparak têngên, panèwu gêdhong kiwa ngadêg wontên sangajêngipun bupati kaparak kiwa, ngadêg sawatawis lajêng linggih nyêmbah kaping tiga lajêng ngadêg saha andhadhap, sawatawis lajêng linggih, nyêmbah kaping tiga lajêng lampah dhodhok, dumugi sangajêngipun undhak-undhakan linggih nyêmbah kaping tiga lajêng minggah undhak-undhakan, sabên undhak-undhakan nyêmbah kaping tiga, salêbêtipun panèwu gêdhong têngên minggah undhak-undhakan, panèwu gêdhong kiwa lampah bokong ngantos dumugi mèpèt batur sakilèn undhak-undhakan, unduripun sami nyêmbah

--- 265 ---

sêsarêngan nyêmbah kaping tiga, lajêng lampah dhodhok ngantos dumugi panggenanipun sowan kaprênah sawingkingipun panèwu kaparak. Jêngkar dalêm lampahipun kados têdhak dalêm.

Radèn Ngabèi Sindupraja: Abdi dalêm panèwu gêdhong kiwa.

Rêringkêsaning Cariyos Ringgit Purwa

Candhakipun Sasadhara ôngka V kaca 178.

Anggraini

Punika pramèswarinipun Prabu Palgunadi ing nagari Paranggêlung, patutan kêkalih sami jalu, ingkang sêpuh jumênêng nata wontên ing nagari Sriwadari ajêjuluk Prabu Arjunapati ingkang nèm dados patihipun ingkang raka nama Patih Arya Suwônda. Sang rêtna langkung endah ing warni têrus panggalihipun angumala mêrdyu dhasar sêtya bêkti ing laki, kacariyos nalika ingkang raka puruita dhatêng Dhanghyang Druna sang rêtna kabêkta dhatêng Sokalima, Dhanghyang Druna sangêt sih trêsnanipun dhatêng Prabu Palgunadi sakalihan ingkang garwa, sampun sasat putranipun piyambak, mila Prabu Palgunadi sumungkêm trus ing lair batin sampun botên gadhah subasita, karsanipun [karsani...]

--- 266 ---

[...pun] Prabu Palgunadi ingkang garwa badhe kapuruitakakên pisan supados sagêda sami kalihan sariranipun, Dhanghyang Druna inggih sampun nyagahi, ing nalika samantên Prabu Palgunadi kondur dhatêng nagarinipun, ingkang garwa katilar wontên ing Sokalima, benjing pamulangipun angêntosi wangsulipun Prabu Palgunadi. Salêbêtipun wontên ing ngriku sang rêtna kêrêp sarawungan kalihan Sang Arjuna wêkasan Sang Arjuna kasabêt ing asmaratura, nanging tansah sinayutan dening ajrih ing guru, Sang Arjuna lajêng nyuwun pamit kondur dhatêng Ngamarta sêdya nglipur karsa, Dhanghyang Druna anglilani lajêng mangkat, ing ngriku sang rêtna anggraita yèn Sang Arjuna darbe karsa dening tansah angliring tingal, sang rêtna sangêt ing ajrihipun sandeyaning panggalih bilih andadosakên botên prayogi, lajêng pamit dhatêng Dhanghyang Druna sêngadi badhe mêthuk rawuhipun raka nata, Dhanghyang Druna botên anglilani sarèhning pawèstri kathah pakèwêding margi, sang rêtna adrênging karsa lajêng bolos namung kadhèrèkakên parêkanipun satunggal, ing sapêngkêripun sang rêtna Dhanghyang Druna sangêt sandeyaning panggalih lajêng nuduh ingkang putra Arya Aswatama kinèn mêmanukana lampahe sang rêtna, matur sandika mangkat tanpa wadya. Mangkana lampahipun [lampah...]

--- 267 ---

[...ipun] sang rêtna sinêru botên ketang pringgabayaning margi, dumadakan karsaning dewa lampahipun sang rêtna tunggil margi kalihan lampahipun Sang Arjuna. Kacariyos Sang Arjuna saunduripun saking Sokalima lampahipun rangu-rangu anggung kagagas solah bawanipun Dèwi Anggraini, dados rêndhêting margi dening tansah nolih ing wuntat, ing ngriku aningali yèn wontên pawèstri kêkalih lumampah, winawas kawistara yèn ingkang wontên ing ngajêng Dèwi Anggraini, Sang Arjuna dahat sukaning panggalih sang rêtna dinalih anututi sariranipun, lajêng kèndêl lampahipun, sarêng sampun cêlak lajêng pinarpêrkan sarya tinakenan sêdyanipun dene lumampah anggana, sang rêtna kèwêdan dènira badhe mangsuli sarèhning pawèstri kalihan priya piyambakan wontên ing purug, sarêng tinêtêr-têtêr mangsuli yèn badhe ngrantun rawuhipun ingkang garwa Prabu Palgunadi, Sang Arjuna têtakèn malih, punapa damêlipun wanita karaya-raya lumampah anggana dahat tan wintring bêbaya, wangsulanipun dènnya angèstokakên sih katrêsnaning kakungipun, Sang Arjuna miyarsa wangsulanipun sang rêtna sangsaya wungu ardaning karsa, sanalika sirna subasitanipun lajêng nyagahi ngiringakên lampahipun dening sampun rumaos dados kadang tunggil [tunggi...]

--- 268 ---

[...l] pruwitan, sang rêtna waskitha ing sêmu, dados lênggana. Sang Arjuna sruning kabyatan turidasmara lajêng nandukakên srênggara winoring basa êla-êla mêmalad driya, sang rêtna mèh keguh dening manising basa sarira marlupa bêbalung kadi dèn lolosi têmah botên sagêd ngandika, emut ing tyas sanalika lajêng angesahi, Sang Arjuna tut wuntat sarta tansah amriyêmbada amrih lumunturing sih, sang rêtna lajêng nyalimpêt manjing wana, Sang Parta katilapan ing lampah dahat sungkawa, katungka dhatêngipun Arya Aswatama ingkang sampun waspada sasolahipun Sang Arjuna lan sang rêtna, lajêng têtakèn ênggonipun Dèwi Anggraini, Sang Arjuna mangsuli botên uninga, Arya Aswatama andorakakên wangsulanipun Sang Arjuna sarta kawêlèhên dènnya arsa misesa sang rêtna kacuwan ingoncatan, Sang Arjuna madêg sudiraning panggalih rumaos yèn kaerang-erang, dados pôncakara sami prawiranipun, rame ngabên prabawa botên wontên ingkang kuciwa, dangu-dangu Arya Aswatama karepotan lajêng oncat, nêdya ngupadosi Dèwi Anggraini, Sang Arjuna lajêng kondur. Wau ta lampahipun Dèwi Anggraini nusup angayam wana dahat kawlas arsa, lajêng kapanggih kalihan Arya Aswatama

--- 269 ---

wontên samadyaning wana, takèn-tinakèn sami sajarwa, andadosakên sami pangungunipun wêkasan sami suka sukur ring dewa dene taksih sami raharja, wêkasan Arya Aswatama sang rêtna kaprayogèkakên wangsul dhatêng Sokalima, dening adamêl sandeyaning panggalihipun Dhanghyang Druna, ananging sang rêtna kêkahing karsa sêdya andugèkakên lampah, Arya Aswatama ajrih mêksa, lajêng sami lumampah. Ing ngriku anglêrêsi rawuhipun ingkang garwa Prabu Palgunadi saking prajanipun bêkta sagêlar sapapan wadyanipun angèbêki wana-wana sarta praptaning pêthukan saking Ngastina Patih Arya Sangkuni kalihan Arya Dursasana ambêkta sugata lajêng sami sêseban wontên samadyaning wana, sang rêtna uninga ingkang garwa botên sarônta lajêng nungkêmi pada sarwi tawan-tawan tangis, dinangu matur sasolahipun miwiti mêkasi, Prabu Palgunadi asmu maibên lajêng têtakèn dhatêng Arya Aswatama dora yêktining wartanipun ing garwa, winangsulan yèn têmên sadaya Arya Aswatama lajêng nyariyosakên kala mêmanuki sang rêtna ngantos prang lan Sang Arjuna wontên ing margi wêkasanipun dumugi ing ngarsa nata punika. Prabu Palgunadi madêg suraning panggalih wêkasan dados prang tandhing lawas [lawa...]

--- 270 ---

[...s] Sang Arjuna, lêlajênganipun Prabu Palgunadi muksa, jalaran drijinipun pinêthot dening Dhanghyang Druna Zie Palgunadi. Samuksanipun Prabu Palgunadi awit saking karsanipun Dhanghyang Druna sang rêtna badhe kadhaupakên kalihan Sang Arjuna, nanging Prabu Krêsna sarta Arya Sena botên nayogyani dene sampun wontên sêsungutipun ing ngajêng yèn sang rêtna lumuh dhatêng Sang Arjuna mindhak botên prayogi kadadosanipun, Sang Arjuna langkung ewa dhatêng ingkang raka sakalihan dènnya nyênyuwani karsa, saking srênging karsanipun Sang Arjuna lajêng manggihi Dèwi Anggraini nandukakên basa pangarih-arih amlas asih, nanging sang rêtna sangsaya ewa dhatêng Sang Arjuna puguh botên karsa, sarta sampun mirêng yèn ingkang garwa seda saking paekaning Dhanghyang Druna, mila lajêng musthi patrêm tinarik murub pucukipun lajêng sinungkêman trus jajanipun sang rêtna seda kapisanan, kunarpa gilang-gilang kuthah rudira, Sang Arjuna jêtung ngungun tigang pandurat botên sagêd ngandika, sangêt botên nyana yèn makatên kadadosanipun, dinalih yèn sampun botên wontên sangsayanipun dene ingkang garwa sampun muksa, Sang Arjuna badhe anambut kunarpa sanalika muksa, lajêng wontên swara amêlingi karna kinèn narima dening sampun [sampu...]

--- 271 ---

[...n] pinasthi ing dewa yèn Dèwi Anggraini dede jodhonipun Sang Arjuna, amung yèn Sang Arjuna têmên-têmên ing karsa angêntosana panuksmanipun sang rêtna ing têmbe dhatêng Dèwi Gôndawati putrinipun Prabu Arjunayana ing Sriwadari.

Kacariyos ing padhalangan, Dèwi Anggraini kalihan ingkang garwa Prabu Palgunadi punika sami mêdal saking panidhikaranipun Sanghyang Naradha, minôngka sarana anggèning badhe amêwahi kadibyanipun Sang Arjuna, mila sarêng Sang Arjuna sampun tampi piwulangipun Dhanghyang Druna sarta kalpika maniking ampal, sang rêtna sakalihan ingkang garwa lajêng sinêndhal mayang kaantukakên dhatêng ajal kamulyanipun malih.

Rms. Suwita.

Ngèlmu Padhukunan Bayi

(Sambêtipun Sasadara ôngka IV kaca 161 taun IV)

Ingkang sampun kacariyos ing ngajêng ari-ari mêdal piyambak, ananging ugi wontên ari-ari ingkang lumèngkèt ing kanthongan bayi: utawi kanthongan bayi mangkêrêtipun kirang daya angwêdalakên ari-ari. Ing sapunika dhukun tamtu mangêrtos punapa ingkang badhe dipun lampahi, [lampah...]

--- 272 ---

[...i,] sarta ingkang manak kêdah miturut ing sapangêrèhipun dhukun. Angwêdalakên rah sasampunipun babibayi. lair, ngantos sagêd kathah ananging sampun kuwatos, nalika dhukun badhe mantuk mawi anitipriksa rumiyin, punapa ingkang mêntas manak botên ngwêdalakên rah kathah sarta polêsipun sae, bilih sampun botên wontên kuciwanipun dhukun sawêg tata-tata badhe mantuk, nanging bilih taksih nguwatosi kêdah nyrantosakên, ananging sanadyan sampun mantuk tamtu kaundang malih, dene sarêrigênipun dhukun botên susah kapratelakakên, namung sampun sami kagèt bilih dhukun akèn ngunjuk Brandewijn dhatêng ingkang mêntas gadhah anak, kathahipun kalih gêlas, awit sampun kanyataan Brandewijn utawi Rum dados jampi, bilih kaunjuk tiyang mêntas manak sagêd angwêdalakên rah kathah.

Dene Brandewijn wau kenging kawastanan dados jampi utawi botên, awit sanèsipun dhoktêr utawi tiyang mangêrtos ingkang ngunjukakên sagêd andadosakên sangsaranipun dhatêng ingkang mêntas manak, nanging ing sêrat punika Brandewijn katamtokakên dados jampi. 1 sintên ingkang têtulung dhatêng têtiyang manak, sanadyan êmbokipun utawi êmban, gampil lajêng sagêdipun [sagêdipu...]

--- 273 ---

[...n] angintên, punapa anggènipun ngwêdalakên êrah pancèn sakit, punapa wêdaling êrah langkung kathah utawi sakêdhik.

2e. Punapa sababipun ngwêdalakên rah kathah, kadadosanipun jampi ugi sami.

3e. Asring kemawon angundang dhoktêr botên lajêng enggal dhatêng, sarta ing nalika punika ingkang manak lajêng sagêd dados lan pêjahipun, bilih wontên lêlampahan makatên, ingkang manak wau kapurih angunjuk Brandewijn sagêlas bir ngantos têlas, sarta padharan lêrês lêngênipun kanthongan bayi dipun gosok kalihan èpèk-èpèk, sampun ngantos kèndêl panggosokipun bilih dhoktêr dèrèng dhatêng.

Sampun kêrêp kemawon kanyataanipun sae, bilih mêntas gadhah anak sarta ngwêdalakên rah kathah, lajêng ngunjuka Brandewijn utawi Rum pratelanipun kados ing ngandhap punika:

Wontên tiyang mêntas manak angwêdalakên rah kathah ngantos kalêngêr, guwaya pêthak sarta kêtêgipun mèh botên karaos, badanipun sakojur akuthah rah, môngka dhukun sarta ingkang têtulung sawêg saêjam anggènipun sami mantuk, ingkang jalêr lajêng angundanga dhoktêr, sarêng dhoktêr [dho...]

--- 274 ---

[...ktêr] dhatêng tumuntên èpèk-èpèkipun kagosokakên ing padharan lêrês kanthongan bayi, supados kanthongan bayi ingkang mêlar sagêd dados mangkêrêt, rah ingkang anggupaki wradin dhatêng sarandonipun badan dipun rêsiki, sarta kaunjukan Brandewijn wah malih panggosokipun botên dipun kèndêli, dangu-dangu ingkang kalêmpêrkalêngêr. sagêd èngêt, wêdalipun êrah kèndêl, sarta polêsipun dados sae, karingêtipun mêdal daleweran, anelakakên yèn badanipun wiwit bêntèr, punika lajêng kapurih nêdha daging kalihan mêrtega [Tulisan tidak jelas] dados sampun têtela bilih dayanipun Brandewijn punika sagêd nyarasakên tiyang ingkang kalêngêr.Taksih wontên sambêtipun.

Darmawisata I

(Bramartani ôngka 76, taun 1833)

Wanci saput siti cingcing goling ngocèh wontên pucuking dêling ori, kados amungasung. sasmita dhatêng tiyang lêlampah yèn badhe amanggih kasênêngan, paksi grija angathêthêr dening sumawuring êbun ingkang amradini jagad. Angajap tumuntênipun padhang ngupados cucukan, enggal kayêktèn, hyang bagaskara mêdal saking tancêbing langit, sumuluhing [su...]

--- 275 ---

[...muluhing] dirgantara anyigar pêpêtêng ingkang anglimputi jagad, para warganing brêtyapati (abdi dalêm) sampun wiwit dhatêng ing sêtatsiyun Balapan, lajêng sami aginêm raos saha gêgujêngan ingkang andadosakên kaarsayaning manah, sêdyanipun kêkesahan, sagêda asêsrawungan kalihan bôngsa sanès, tuwin nyumêrêpi tatacara punakapadenepunapadene. kaanan ingkang pantês tinelad, kaangkah sabên sawulan sapisan, nuju liburing padamêlan, ngiras kangge panglipur manah sêkêl, ingkang sami saekapraya, wontên warga: 17.

Ing dintên punika pinèngêtan Ngahad Paing tanggal kaping 20 wulan Jumadilakir ing taun Wawu sinangkalan mulat mantri angèsthi gusti 1833 sêdyanipun para brêtyapati badhe sumêrêp tanah Kuwu Balêdhug, dèrèng dumugi anggènipun sami paginêman kasêlak loncèng mungêl, lajêng sami minggah ing kareta latu, sêmprit mangkat kumrawak pindha seta bandalayu jêbol.

Nuju akiring môngsa katiga ing padhusunan katingal anglêntrih kalapa-kalapa kathah ingkang sami nglakani, sabin-sabin sami bêra dening kasatan toya malah sitinipun latingalkatingal. anêla, rumputipun katingal ambrêgadag abrit, namung patêgilan utawi pasêtrèn ingkang kenging pinulasara, [pinula...]

--- 276 ---

[...sara,] punika katanêman kênthang jawi, jarak tuwin jagung, sawênèh katanêman sata jawi, tumuntên malêbêt laladaning wana pajatèn, saya katingal angarang, godhong jati sami anggagrag, pangipun katingal anyrangap pindha tiyanging baita, alang-alang binasmi tapis, tuwuhipun katingal ijêm angrêmbaka, sêkar palasa sarta kacelung ambranang pindha mripat sakit, sawênèh namung pradapa katingal maya-maya anêngsêmakên, karoncenên mênawi kapratelakakên sadaya, dumugi ing Gundhi kèndêl, lajêng santun numpak trèm dhatêng Kradenan, samargi-margi lamlamên ningali pasang rakitipun padhusunan, dhusun-dhusun wau sami mangku radinan têtêrusan, kori pinalêngkung sinuji ing pagêr gêsang, wit kêmlandhingan tuwuhipun anarucuk, kados ing ngajêng wijinipun kaulurakên, katitik tuwuhipun rêngkêt botên kenging kasusupan ing ayam, punika kagapit ing sigaran dêling, namung tundha sakawan utawi gangsal, ing nginggil kapronggol, têmahan tuwuh angrêmbuyung katingal anêngsêmakên pindha laleyan angombak, inggih punika ingkang minôngka pagêripun karas, dene ingkang langkung têtiyang alit botên angwêdalakên prabeyaning pagêr ingkang langkung kathah, namung sapisan kemawon kangge ing salaminipun, tambal sulamipun gapit dêling satunggal [sa...]

--- 277 ---

[...tunggal] kalih, botên sapintêna, kajawi makatên wohing kamlandhingan kangge lalabanipun nêdha tiyang alit, wontên malih ingkang angeramakên manah, pintên-pintên patêgilan ingkang kadamêl pakarangan (katanêman cikal) pananêmipun kasipat lêrês, lêtipun antawis 12 kaki, kiwa têngêning cikal katanêman pisang raja utawi kêpok, godhagipun katanêman pohung, gêsanging cingkalcikal. prasasat angsal siram saking asrêpipun bonggoling pisang, ing nginggil kayoman godhong sadèrèngipun agêng, mila cikal punika katingal ijêm godhongipun, sadèrèngipun agêng, pisangipun sampun kêrêp dipun undhuhi, punika ingkang nama bunci rangkêp.

Patêgilan ingkang kenging katanêman botên wontên ingkang bêra, katanêman palawija, ingkang kathah kapohung pananêmipun kagula-gula agêng tancêban kalih uwit, katingal andêmênakakên, jagung, canthèl tuwin jarak inggih wontên, bilih pisang ing patêgilan, maèwu-èwu uwit.

Tumuntên dumugi ing Kradenan, wanci pukul sadasa, trèm ingkang dhatêng Kuwu pangkatipun bêdhug, dados bilih ngêntosi trèm kêdah nyrantosakên kalih jam, ing ngriku judhêgipun para brêtyapati, kreta sarta dhosadho andhong: [a...]

--- 278 ---

[...ndhong:] sêpên, dalah glindhing nuju sêpên, ngêntosi numpak trèm pangkat bêdhug, badhe botên sagêd sumêrêp ing Balêdhug, awit lampahing trèm malih saking Kuwu dhatêng Purwadadi wanci pukul sakawan, dados kêdah sipêng margi, môngka kêkesahan tanpa pamit, kênthêling rêmbag ing Balêdhug saking Kradenan wau kêdah dipun lampahi dharat, môngka lampahan saêpos, para anèm mlajêng ngêmprang angrumiyini, wathuh pun jompo suntrut ulatipun jajal-jajal lumampah dharat saêpos, lajêng galiyak-galiyak lumampah, wontên ing margi kêpêthuk dhokar satunggal dipun tumpaki wadana ing Kuwu, papriksa dhusun-dhusun ing bawahipun, cariyosipun, wadana utawi asistèn wadana punika sabên dintên katamtokakên kêdah kesahan papriksa ing bawahipun agêntos-gêntos, botên wontên dhusun ingkang botên dipun sumêrêpi, dalah pasabinan tuwin patêgilan sumêrêp cacah sarta prênahipun, mila palapuran cacah jiwa tuwin rajakaya, punapadene panggaotanipun têtiyang alit ingkang katamtokakên nyanggi paos panggaotan: pratitis sangêt, makatên malih wadana saha asistèn wadana wau sami katamtokakên gadhah buk (jurnal) isi padamêlan punapa ingkang katindakakên ing sabên dintênipun. [di...]

--- 279 ---

[...ntênipun.] Lampah kula kintên-kintên pikantuk 3 pal, sanadyan sinalamur gêgujêngan asumyak-sumyak, inggih mêksa karaos theyol, sarêng badhe lumêbêt dhatêng kadhistrikan Kuwu, anglangkungi krêtêg panjang bagus, galaring karêtêg kagonggang antawis saêdim mawi kapingul, andadosakên isis sarta botên kandhêgan ing toya jawah, sampun saèstu awèt agenipun,anggènipun. kalihdene malih galaring karêtêg wau ingkang kambah ing rodha kareta grobag sasaminipun mawi kapasangan tosan balebekan jèjèr kalih wiyaripun kalih têngah kaki, dados lampahing rodha wontên sanginggiling tosan balebekan, botên ngambah ing kajêng. Sarêng dumugi ing pêkên Kuwu kathah ingkang andhoko dening bêntèripun sumingêb anênggêl rai, ing Balêdhug namung kirang saêpal. Ing ngriku wontên pasewan galindhing kenging dipun moti tiyang gangsal kalêbêt ingkang anglampahakên, calingkrik pun sêmpoyong lajêng numpak, nututi para anèm, pinanggih sami andheprok wontên parumputan, sampun mêntas nindakakên pêrlu amotrèt ing Balêdhug, tumuntên kônca sami dhatêng pating klêcir, lajêng sami lumampah sarêng, ningali têlênging Balêdhug.

Ing Balêdhug punika siti waradin kemawon, botên [botê...]

--- 280 ---

[...n] katuwuhan rumput, namung wujud balêthok mumut, kumukus gumalêdhêg kados swaning wedang sumawah, êndhut wau tansah amalêndhung dening kadêdêl ing kukus lajêng pêcah manginggil mawi swara cumêprot, dhawahing êndhut kentas ngiwa nêngên, sayêktos angajrih-ajrihi, makatên kawontênaning Balêdhug, rintên dalu tanpa kèndêl, kentasing êndhut toyanipun mili, lajêng dipun kirihi sagêd ngalêmpak, sarta lajêng kacidhukan, inggih punika toya asin ingkang kenging kadamêl sarêm, ing ngriku wontên papan angênthak-ênthak, wiyaripun antawis wontên kawan bau cêngkal, punika panggenanipun tiyang damêl sarêm, jalêr èstri kumêrut sami anyirat-nyiratakên toya asin wau ing cêkêdhungipun dêling sinigar palih, dados pindha ragumaning êmpyak, bilih toya sampun garing angintip dados sarêm, lajêng kapêndhêtan, toya asin wau amurih babar mawi kacampur kalihan toya sumuran ing ngriku, mila pintên-pintên sumuran dumunung ing papan ngênthak-ênthak wau, punika dados panggaotan agêng ingatasipun têtiyang alit ing Kuwu.

Ingkang kula manah punika namung Jaka Linglung mlampah kemawon têka mêdal sadhasaring siti, upami mêdal ing dharatan kemawon punapa gêla, sarêng anu anjêbus, la: mindhak [mi...]

--- 281 ---

[...ndhak] angwontênakên anèh-anehan.

Dèrèng dumugi anggènipun sami ningali têlênging Balêdhug, saking katêbihan mirêng kumêndhir: trèm têka, sumôngga kula aturi anggalih, môngka dèrèng ngaso saêngokan, kônca lajêng sami lumajêng wangsul numpak galindhing dhatêng haltê pakèndêlan trèm, awit ragi têbih: ribut sayêktos, malah wontên kônca ingkang botên angsal galindhing namung trimah nututi plajênging glindhing kemawon, sumêlang mênawi kantun, sasad dipun sêtrap alus, sarêng sampun ngalêmpak: trèm lajêng bidhal dumugi Wirasari, lajêng santun trèntrèm. ingkang dumugi Purwadadi, ing nalika punika sêsarêngan kalihan bupati ing Grobogan, papriksa dhatêng bawah Wirasari, ing wulan Sèptèmbêr punika tutup tanêman palawija, saupami wontên tiyang alit ingkang ambêrakakên patêgilan, utawi kantun pananêmipun, punika kaukum.

Sarêng lampahing trèm dumugi sakilèn kadhêstrikan Wirasari, ing ngriku katingal wontên tiyang kathah sami anggarap kanal, kanal punika susukan wiyar, cariyosipun badhe kangge angilèkakên toya saking talaga Surip, verki v Si Urip, kaangkah sagêda angoncori pasabinan tadhahan ingkang salaminipun botên pikantuk toya [to...]

--- 282 ---

[...ya] lèpèn, namung saking toya jawah.

Padamêlan anginggahakên toya ing bawah Purwadadi prasasat botên wontên, amargi lèpèn-lèpèn sami lêbêt-lêbêt anjurang, pasitènipun sakalangkung anggronggong, bilih tiyang adamêl kalèn alit ingkang sagêd kilèn toya, ing dalêm sadalu kemawon tiyang tamtu kagèt anyumêrêpi kalèn wau sampun awarni lèpèn.

Bilih pandamêlipun kanal punika sagêd dados, saha pambudi amambêngi longsoring siti sampun pinanggih, sayêktos bawah WurwadadiPurwadadi. amanggih kabêgjan agêng.

Makatên malih kalêrêsan, kula sêsarêngan kalihan priyantun pulisi guprêmenan, lajêng sami omong-omongan, priyantun wau cariyos: ing mangke kangjêng guprêmèn andhawuhakên dhatêng para lurah dhusun (= bêkêl) andamêl lumbung bandhung, ingkang cêkap kangge nyimpêni pantunipun têtiyang alit ing bawahipun piyambak-piyambak, sapunika têtiyang alit sami katamtokakên anitipakên pantunipun sabên mêntas panèn, badhe sudhiyan ingkang kangge wiji, sarta wragading sabin, punapadene kangge cicilan sambutanipun dhatêng nagari, amargi têtiyang alit wau sami kaparingan sambutan arta panumbasing [pa...]

--- 283 ---

[...numbasing] rajakaya, tiyang satunggal 40 rupiyah, saupami panumbasipun kirang saking samantên, tirahanipun botên kapundhut wangsul, lêstantun kaparingakên dados sambutanipun têtêp 40 rupiyah, kacicil ing dalêm sataun namung 5 rupiyah ngantos sapundhatipun, wondening sêsanggèn pamaosing sabin katamtokakên ing dalêm sabau cêngkal kubuk.

Sabin ôngka I ing dalêm sataun f 6

Sabin ôngka II ing dalêm sataun f 4

Sabin ôngka III ing dalêm sataun f 2.50

Kamêdalana anggènipun sêsabin, paosipun botên kaindhakakên, malah mênawi botên kamêdalan, têtiyang alit wau botên mawi ambayar paos, sarta botên nicil sambutanipun panumbasing rajakaya, dene pamêdaling patêgilan, punika katêdha malak dhatêng tiyang alit, kangjêng guprêmèn botên mundhut palihanipun, sanadyan namung kadarbe ing têtiyang alit, saupami têtiyang alit wau lêleda botên purun nanêmi krowodan utawi palawija, utawi sanadyan namung kantun pananêmipun, punika kaukum, dumugi samantên cariyosipun prayantun pulisi wau sêlak pisahan, wusana ing lampah dumugi ing Gundhi lajêng

--- 284 ---

numpak sêpur sênèl enggal dumugi Sala, lajêng pisah kêbo mantuk dhatêng griyanipun piyambak-piyambak, tur botên dharat, ing griya sampun dipun sudhiyani rujak mas (jêram kêprok) supe sangsara ing Kradenan.

Red.

Ngèlmu Alam

(Sambêtipun Sasadara ôngka VI kaca 212, taun VI)

Gêgêlitan ingkang wingking utawi suku, punika wontên 1. pupu, 2. garês kalihan kempol, 3. tosan suku, inggih punika: tosan suku 7 tosan suku têngah 5 dridi driji. suku 14.

Tosan pupu, punika tosan panjang sangêt, perangan ingkang nginggil piyambak namanipun gulon, tuwin wontên tutupipun athik-athikan bundêr ingkang manjing wontên ing lêgokan tosan cêthik, andadosakên athik-athikan cêthik. Kajawi tosan pupu, tosan garês punika tosan lingiran ingkang agêng piyambak, ingkang nginggil kandêl wontên pêntholipun kalih, tuwin athik-athikan agêng, antup-antupan kalihan pêntholipun tosan pupu, andadosakên athik-athikan dhêngkul. Dene ingkang têngah lingir tiga, lingiripun ingkang landhêp wontên ing ngajêng. Ingkang ngandhap wontên lêgokanipun, [lê...]

--- 285 ---

[...gokanipun,] athik-athikan ingkang nglêbêt wontên pêntholipun, dipun wastani pongol ing nglêbêt.

Ing salêbêtipun ragangan, punika wontên tosanipun ingkang salaminipun ênèm kemawon, mila inggih kawastanan tosan ênèm kemawon. Manut ing wangunipun, tosan punika kabedakakên ing 1. tosan panjang, 2. tosan wiyar utawi tosan radin, 3. tosan cêlak utawi tosan kandêl.

Gandhèngipun tosan punika: ebah, kalihan botên ebah. Athik-athikan punika gandhèngipun tosan kalih ingkang ebah. Manut ing kawontênanipun tosan kalih ingkang sagêd ebah, athik-athikan wau kabedakakên ing:

1. Athik-athikan longgar.
2. athik-athikan kados kokot.
3. Athik-athikan ingkang mubêng.

Panggenan gathuk-gathukipun tosan ingkang dados athik -athikan punika sadaya katutup ing tosan ênèm. Ing saubêngipun athik-athikan katutup ing kêndhangan ingkang kêncêng. Inggih punika ingkang kawastanan rajutan. Rajutan punika ingkang nglêbêt kalapis ing kêndhangan tipis, saking ing kêndhangan tipis wau mêdal kados toya angêmbês sagêd [sa...]

--- 286 ---

[...gêd] anêlêsi athik-athikan wau. Wah malih ingkang kathah athik-athikan punika katingal wontên tangsulipun panjang, saking tosan satunggil dhatêng tosan sanèsipun.

Bab pangrêmêkipun têtêdhan.

Sadaya ingkang gêsang, makatên ugi manungsa, kêdah gadhah têtêdhan, mênggah têtêdhan wau kêdah tunggil bangsanipun perangan saking punapa ingkang gêsang wau. Têtêdhan ingkang katêdha ing manungsa punika, wontên ingkang maedahi, wontên ingkang botên maedahi dhatêng badan, têtêdhan punika, sadaya kathah peranganipun ingkang maedahi, saya maedahi dhatêng ing badan, mênggah peranganipun têtêdhan wau kêdah dados êrah. Inggih punika andadosakên kauntunganipun ing badan. Santuning têtêdhan dados êrah punika ingkang kawastanan pangrêmêkan.

Botên sadaya peranganing têtêdhan sami gampilipun karêmêk (malihipun dados êrah). Pirantosipun pangrêmêkan dumunung wontên ing kalenanipun pangrêmêkan utawi wontên ing sacêlakipun.

Marginipun pangrêmêkan punika saking ing cangkêm dumugi ing jubur, tuwin wontên peranganipun:

1. Cangkêm.
2. Gurung.

--- 287 ---

3. Wadhuk.
4. Jaringan (usus) tipis.
5. Jaringan (usus) kandêl.

Perangan kalih ingkang pungkasan, ugi kawastanan kalenan usus. Kalenan pangrêmêkan punika ing nglêbêt kalapis ing kêndhangan tipis. Kêndhangan punika andadosakên ngêmbêring usus, mila sadaya têtêdhan gampil malêbêtipun (lampahipun), sadaya têtêdhan punika, kalêmbêtakênkalêmbatakên. wontên ing cangkêm kaêmoran idu, dumugi ing wadhuk katampèn malih ing duduh, inggih punika duduh padharan, tuwin wontên ing jaringan tipis: kuwaya, kalihan duduh kêndhangan, sadaya duduh-duduh wau kawastanan duduh pangrêmêkaning têtêdhan, sarta kaêlêtan ing yiyit ilêr (klier). Taksih wontên sambêtipun.

Radèn Dêmang Citrasantana.

Dêmang guru ing Mangkunagaran.

--- [0] ---

Isining kabar Sasadara VII

1. Pawarsakan ... blz 240.
2. Dintên sae ... blz 241.
3. Pêpadhang ... blz 242.
4. Pangrêngkuhipun tiyang sêpuh dhatêng anakipun ... blz 248.
5. Gêmpalaning kawruh ... blz 251.
6. Têmbung Cina ... blz 255.
7. Cariyos ringgit purwa ... blz 265.
8. Ngèlmu padhukunan bayi ... blz 271.
9. Darmawisata ... blz 274.
10. Ngèlmu alam ... blz 284.