Sastra Jawa

Program Digitalisasi Sastra Daerah

  • Increase font size
  • Default font size
  • Decrease font size

Sasadara, Radya Pustaka, 1903-11, #1808

Katalog:Sasadara, Radya Pustaka, 1903, #1808
Sambung:
1.Sasadara, Radya Pustaka, 1903-01, #1808 . Koran, Majalah dan Jurnal | Sasadara #537.
2.Sasadara, Radya Pustaka, 1903-02, #1808. Koran, Majalah dan Jurnal | Sasadara #538.
3.Sasadara, Radya Pustaka, 1903-03, #1808 . Koran, Majalah dan Jurnal | Sasadara #539.
4.Sasadara, Radya Pustaka, 1903-05, #1808. Koran, Majalah dan Jurnal | Sasadara #540.
5.Sasadara, Radya Pustaka, 1903-06, #1808 . Koran, Majalah dan Jurnal | Sasadara #541.
6.Sasadara, Radya Pustaka, 1903-07, #1808. Koran, Majalah dan Jurnal | Sasadara #542.
7.Sasadara, Radya Pustaka, 1903-08, #1808 . Koran, Majalah dan Jurnal | Sasadara #543.
8.Sasadara, Radya Pustaka, 1903-09, #1808 . Koran, Majalah dan Jurnal | Sasadara #544.
9.Sasadara, Radya Pustaka, 1903-10, #1808 . Koran, Majalah dan Jurnal | Sasadara #545.
10.Sasadara, Radya Pustaka, 1903-11, #1808 . Koran, Majalah dan Jurnal | Sasadara #546.
11.Sasadara, Radya Pustaka, 1903-12, #1808 . Koran, Majalah dan Jurnal | Sasadara #547.

Ôngka VIII Taun IV. Kaping 15 Ruwah ing Taun Wawu, Ôngka 1833 [6-11-1903 AD.].

Sêrat kabar wulanan nama:

Sasadara

Rêginipun ing dalêm satêngah taun 3 rupiyah, sarta kêdah kabayar rumiyin. Ingkang anggadhahi Sasadara Pahêman Radyapustaka. Ingkang nyithak sarta ngêdalakên Firma Vogel v. d. Heijde & Co. Juru pangripta Ngabèi Wirapustaka.

--- 288 ---

Minôngka Pananggalanipun Sasadara

Pawarsakan

Wulan Ruwah taun Wawu ôngka 1833, taun Hijrah 1321.

[Grafik]

--- 289 ---

Dintên Sae

Salêbêtipun wulan Siyam taun Wawu punika wontên kêkalih.

1. Ing dintên Sênèn Pon kaping 3, wuku Gumbrêg, dewa Lodra, tungle, tulus, aras tuding, sumur sinaba, tumuruning sapi gumarang, rakamipun dhawah dêmang kêndhuruan, saenipun kangge damêl pawon, gêdhogan, sangatipun wiwit jam 8.25 mênut, dumugi jam 10.48 mênut, Yusup rijêki.

2. Ing dintên Ngahad Pon kaping 23 wuku Julungwangi, dewa Sri, Wurungkung, dadi, aras kêmbang, bumi kapêtak, rakamipun dhawah janma padu, saenipun kangge masang talês (pondhêmèn) pawon, sangatipun wiwit jam 8.25 mênut, dumugi jam 10.48 mênut, Yusup rijêki.

Wêwaton sêrat pawukon, wulan Siyam wau mênawi kangge ngêdêgakên griya: sae, watakipun sugih mas salaka, mênawi kangge alih-alihan ugi sae, rahayu wilujêng saha angsal mas salaka, nanging pangalihipun botên kenging mangetan.

Wêwaton ungêlipun kadis Marpuk, mênawi kangge salakirabi kirang sae, watakipun angsal dosa, sakitên, padudon.

Wêwaton ungêlipun kitab Mujarabat, ing tanggal [tangga...]

--- 290 ---

[...l] kaping 3, wau kawastanan nahas, salêbêtipun sadintên sadalu botên kenging sade tinumbas, kêkesahan, ngangge-angge, pêpaès, nikahan, nanêm wit-witan, damêl sumur saha ngadêgakên griya.

Sidhikala XI

Candhakipun ôngka X.

Wondene lintang gangsal 1 jhukhal 2 mustari, 3. marih, 4. jhurah, 5 ngatarid, punika sadaya lampahipun beda kalihan lampahing rêmbulan, punapadene satunggal- tunggaling lintang gangsal wau lampahipun botên wontên ingkang sami. Katranganipun makatên:

Satunggal- tunggaling lintang gangsal wau mênawi ubêngipun wontên ing phalak tadwir pinuju wontên sanginggiling phalak kharij, ênêring lampahipun mangetan, sami kalayan ênêring lampahipun markajhi phalak tadwir wontên ing phalak kharij.

Satunggal-tunggaling lintang gangsal wau sami gadhah phalak kêkalih ingkang sami botên anunggil markajh kalihan bumi, kados ingkang sampun kasêbut ing ngajêng, ingkang satunggal winastan phalak khamil, têgêsipun phalak ingkang ambêkta markajhing phalak tadwir, satunggalipun winastan phalak mungadal, inggih punika ingkang kangge ukuran lampahipun markajhing [marka...]

--- 291 ---

[...jhing] phalak tadwir ingkang cêkapan.

Wondene lintang sakawan, jhukhal, mustari, marih sarta jhurah, punika sakawan pisan, markajhing phalakipun kharij, ingkang ambêkta markajhing phalak tadwir sami anarajang garis kêncêng ingkang saking markajhing phalak buruj dumugi markajhing phalak mungadal, kasigar dados kalih, salaminipun botên mawi ewah.

Namung lintang ngatarid ingkang beda kalihan lintang sanès-sanèsipun, inggih punika phalakipun kharij ingkang ambêkta phalakipun tadwir botên têtêp, ananging akalangan ngubêngi kaluwêngan alit, sami kalihan phalaking rêmbulan, dene markajipun kaluwêngan alit punika têtêp botên ngolah-ngalih, inggih punika anganciki garis ingkang narajang markaj kêkalih wau.

Bab 5. Taun surya, taun rêmbulan, kalihan taun wilangan

Etanganing môngsa ingkang gumêlar ing donya punika ingkang sampun kula sêrêpi awarni tiga, ingkang satunggal winastan taun surya, satunggalipun winastan taun rêmbulan, satunggalipun malih winastan taun wilangan.

Taun surya punika pinta-pintaning môngsa ingkang manut wijang-wijangipun [wijang-wi...]

--- 292 ---

[...jangipun] lampahing surya, kados ta: taun Walandi, taun Kibti, taun Pèrsi, môngsa surya sapanunggilanipun.

Taun rêmbulan punika pinta-pintaning môngsa ingkang manut ubênganing rêmbulan, kados ta: taun Ngarab, taun Jawi sasaminipun.

Taun wilangan punika pinta-pintaning môngsa ingkang namung manut jangkêpipun wilangan ingkang kangge paugêran kemawon, kados ta: môngsa wuku.

Kajawi saking punika wontên ugi taun ingkang manut ubênganing surya nanging wulanipun manut ubênganing rêmbulan, kados ta: taun Ngibrani kalihan taun Cina.

Lintang durari planeet punika pitu, ewadene ingkang wêwijanganing lampahipun dipun pèngêti dening tiyang, kangge niti mangsaning samukawis têka namung surya kalihan rêmbulan, sanès-sanèsipun sami botên kangge, punika bokmênawi awit saking surya kalihan rêmbulan punika sami-sami maujud ingkang wontên ing langit, katingal agêng piyambak, sanèsipun sami alit-alit, mila sapunika botên wontên ingkang ngangge taun jhukal, taun mustari sarta untaun. marih.

Taun Walandi

Taun Walandi punika taun surya, kaangge dening tiyang [ti...]

--- 293 ---

[...yang] satanah Eropah sadaya, malah sanèsipun Eropah sapunika sampun kathah ingkang purun tumut ngangge.

Sadèrèngipun tiyang angsal kawruh yèn surya punika kèndêl kemawon, ananging bumi ingkang lumampah akalangan ngubêngi surya, punika tiyang amastani yèn surya punika lumampah mingsêr mangalèr kalihan mingsêr mangidul, bumi kèndêl kemawon.

Para limpad kala samantên sampun sagêd amijang-mijang ingsar-ingsêring surya wau mila lajêng anganggit taun surya, malah ngantos dumugi sapunika taksih katalêtuh winastan taun surya, dèrèng wontên ingkang purun mastani taun bumi, tur sayêktosipun manut lampahing bumi. Taksih wontên candhakipun.

Abdi dalêm ngulama ing Surakarta. Bagus Ngarphah.

Sutra

(Mirit saking sêrat kabar Insulindhê)

Sutra punika asalipun saking ulêr warni-warni, namanipun ulêr sutra, ingkang anggubêdakên badanipun sarana jasad bêning, saha sawatawis wulêd.

5000 taun sadèrèngipun Kangjêng Nabi Ngisa miyos,

--- 294 ---

bôngsa Cina sampun ngangge sutra, ingkang asli anggènipun ambudi saking ulêr sutra wau, lami-lami kasagêdan wau kasumêrêpan bôngsa Eropah, inggih punika ing windu Walandi kaping 15 ulêr sutra ingkang ing jaman kina botên kopèn, sapunika sampun santun sipat, margi saking dipun pilala sangêt, kupu-kupu ingkang asalipun saking ulêr sutra, samangkosamangke. botên sagêd mabur, kadosdene kupu-kupu ingkang asal saking ulêr ingkang botên dipun ingah.

Sutra punika warni-warni, manut bangsaning ulêripun, nagari ingkang angêdalakên sutra kathah sangêt, kados ta: tanah Cina, Indhiyah Wetan, Italiah, Prancis, tiyang tani ing ngriku, kathah sangêt ingkang pangupajiwanipun angingah ulêr sutra, ingkang asalipun saking tiganipun ulêr wau, ingkang kasimpên ing taun ingkang sampun kapêngkêr. (Panyimpênipun tigan wau amrih sampun ngantos risak, ingkang kathah utawi limrah kabuntêl ing sinjang), bilih wit murbêsi sampun wiwit mêdal godhongipun (sêmi) tigan wau katêtêsakên, sarana dipun sèlèhakên ing panggenan ingkang hawanipun bêntèr, utawi kalêbêtakên ing toya bêntèr, ingkang bêntèripun sampun katamtokakên, antawis 14 dintên, tigan wau sami

--- 295 ---

nêtês, warninipun cêmêng, panjangipun kintên-kintên tigang milimètêr. Sasampunipun sami nêtês, ing ngriku lajêng dipun sukani pang-pang kajêng murbêsi, ulêr alit-alit wau lajêng sami nêdhani godhongipun pang-pang wau, salajêngipun pang dalah ulêripun kapindhah, kalêbêtakên ing kothak dalancang, pêrlunipun supados tiganipun sampun ngantos kècèr. Ulêr alit-alit wau, wontên sêsakitipun nama sêsakit pibrinê (pibrine) asalipun saking sawarni jamur ingkang lêmbat sangêt (wiwit kasumêrêpan nalika taun 1849) salêbêtipun gangsal dintên ulêr wau tansah nêdha godhong murbêsi, ing dintênipun ingkang kaping nêm, panêdhanipun kèndêl 1 dintên, antawis gangsal wêlas dintên malih, panjangipun sampun dados sangang sèntimètêr, sarta wawratipun sampun tikêl 8000 tinimbang nalika nêtêsipun. Antawis umur 20 dintên panêdhanipun saya sêngkut, saha tanpa kèndêl, nêm dintên malih badanipun karaos risi, lajêng anggarêmêt mrika-mriki, ngantos angsal panggenan ingkang prayogi kangge anggulungakên badanipun, damêl susuh badhe dados ênthung, sarana toya ingkang palikêt, kalih utawi tigang tètès, ingkang mêdal saking bolongan kêkalih ing sacakêting cangkêmipun, sirahipun kagèdhèg-gèdhègakên, lajêng angêdalakên bênang alus [a...]

--- 296 ---

[...lus] ingkang palikêt saha enggal garing, bênang punika kagubêdakên ing badanipun sarana sukunipun ingkang ngajêng. Ing dintên ingkang sapisan, gubêdanipun botên sarana katata makatên salajêngipun ngantos pitu utawi wolung dintên, sawêg kèndêl, lajêng dados wangun bundêr panjang, ingkang agêngipun satigan pêksi dara. Antawis kalih utawi tigang Jumungah malih, ênthung wau sampun mêdal dados kupu.

Sintên ingkang badhe ngingah ulêr sutra kêdah nanêm wit murbêsi rumiyin. Wit murbêsi ingkang wohipun cêmêng botên sagêd angwontênakên bênang sutra sae, ingkang ngwontênakên bênang sutra sae, wit murbêsi ingkang wohipun pêthak, inggih punika ingkang kangge têdhanipun ulêr sutra ing tanah Eropah. Ing tanah Asiyah wontên ulêr sutra ingkang gêsang wontên ing godhong jati Walandi (eiken) ing wit pipni, ing godhong rinikus, kominus.

Wit murbêsi pêthak punika thukulipun ing siti wêdhi ingkang kêra, sarta botên sagêd inggil, pang-pangipun andadosakên bundêran, pangopènipun botên rêkaos, waton dipun jagi sampun ngantos wontên kewan ingkang angrisakakên. Pang- pangipun saangsal-angsal kêdah dipun cagaki, sitinipun dipun adhuk. Kajawi punika,

--- 297 ---

sampun sawatawis lami tiyang manggih satunggaling wit malih ingkang kenging dados têdhanipun ulêr sutra.

Ing salêbêtipun windu Walandi ingkang kaping 18 ing Italiah dipun tanêmi wit murbêsi ingkang asalipun saking nagari Cina.

Tigan ulêr 30 gram, sagêd angwontênakên susuh ulêr 60 kilogram. Bilih badhe angsal asil samantên kathahipun, kêdah nanêm wit murbêsi 15 wit, ingkang umuripun sampun 20 taun.

Salêbêtipun ulêr wau sêngkut panêdhanipun, kothakipun dipun lêbêti pang-pang kajêng ingkang alit- alit, pêrlu kadamêl anggantungakên susuhipun. Bilih sampun rampung anggènipun damêl susuh, inthung-êndhung ênthung-ênthung. wau lajêng kalêbêtakên ing satunggaling panggenan ingkang bêntèr, supados sami pêjah, kados ta: sarana kagarang ing sanginggiling pawon, sanginggiling kukusing toya, utawi sanginggiling kukusipun walirang. Bilih ênthung wau ngantos dados kupu, susuhipun (ikal-ikalan bênang sutra, ingkang panjangipun kirang langkung 1000 kaki) lajêng risak tanpa damêl, wontên ugi ingkang dipun ngèngèhakên kangge bibit (wiji) kaingah ngantos dados kupu saha ngantos nigan.

Gulungan ênthung wau warninipun kadosdene daging jêne [jê...]

--- 298 ---

[...ne] utawi jêne sêpuh, sasampunipun dipun pilihi, lajêng kalêbêtakên ing toya ingkang bêntèripun 700 utawi 750 R pêrlunipun supados jasadipun ingkang sawarni talutuh sagêd pisah kalayan bênangipun, sasampunipun bênang wau rêsik, botên wontên jasadipun palikêt, lajêng dipun ikal sarana pirantos, panggarapipun wontên ing pabrik ingkang nama sèidhê sêpinê rèin (zijde spinne rijen).

Rêginipun bênang sutra punika gumantung ing kasar alusipun ikalan, awit wontên ingkang panggarapipun kasar (kêndho) saha wontên ingkang rangkêp 2, 3-4 utawi 5 bênang ingkang pangikalipun kasar wau nama tramên saidhê (trameu zijde) ingkang alus nama organ sèn saidhê (organ zijn zijde).

Kècèranipun bênang nalika pangantih, saha ingkang sami risak, dipun kalêmpakakên kadamêl kamli sasaminipun, kawoworan wulu maenda.

Pangingahipun ulêr sutra wau kêdah ing panggenan ingkang dipun pagêri, bêntèring hawanipun ajêg saha garing. Kajawi têdhanipun, panggenanipun ulêr wau (kothak) kêdah kajagi rêsikipun, godhong ingkang sami dhawah, kêdah dipun bucali. Bilih ênggènipun angingah

--- 299 ---

wontên ing sênthong, kadosdene ing tanah Italiah, ênggènipun angrêksa angèl sangêt, awit kêdah kajagi kalayan sae, godhong têdhanipun kêdah sêgêr. Ing pundia panggenan ingkang wontên witipun murbêsi pêthak, ingkang saèstu tiyang sagêd angingah ulêr sutra sae.

Sutra ingkang asalipun saking tanah Eropah amung anyêkapi kangge ing tanah ngriku kemawon 3/4 tigang prapatipun sutra ing tanah Asiyah, kabêkta dhatêng tanah Eropah saha Amerikah, ingkang 1/4 kangge ing tanah Asiyah piyambak.

Ing salêbêtipun windu Walandi ingkang kaping 19 amung ing Prangkrik ingkang wêdalipun sutra kathah, inggih punika wontên 1/20 sutra ing donya punika, ananging sapunika ing Italiah ugi sampun sagêd angwontênakên 1/4 sutra ing donya punika, awit sapunika ing nagari wau ingkang sisih lèr botên kirang saking tiyang 600.000 ingkang ngingah ulêr sutra. Ing Sêpanyê ugi wontên tiyang ngingah ulêr sutra, ananging botên kathah, makatên ugi ing Ostênrèik, Switsêrlan, saha ing Portugal. Wêdaling sutra ing nagari Cina langkung saking 1/2 ingkang 1/5 saking Jêpang, sanèsipun saking Pèrsi, Sentral Asiah saha

--- 300 ---

ing Turki.

Mirit cariyos ing nginggil punika, têtela sangêt bilih sutra punika ingkang dipun damêl susuhipun ênthunging ulêr sutra, ananging sapunika tiyang sagêd ing nagari Amerikah sampun amatitisakên, bilih susuhipun bôngsa kêmogakêmôngga. ugi kenging kadamêl sutra, sabôngsa kêmôngga agêng ing tanah Aprikah saha ing tanah Brasiliah sapunika kathah ingkang kabêkta dhatêng ing tanah Amerikah Lèr, pêrlu dipun pêndhêta sutranipun, kaupakara kadosdene ulêr sutra kasêbut ing nginggil.

Sutra punika asalipun saking tanah Cina, saha sanadyan awit jaman kina mila rêginipun awis sangêt, ananging tiyang botên sumêrêp asalipun, awit pandamêlipun sutra wau kadamêl wados. Rumiyin tiyang angintên, bilih sutra wau asalipun saking wit-witan, ananging nalika ing windu Walandi ingkang kaping 6 pandhita-pandhita bôngsa Yunani, sami angudi, ngantos kalêksanan ambêkta tigan-tigan saking tanah Cina, ingkang lajêng sami katêtêsakên kalayan sampurna. Pandamêlipun sutra tumrap raja-raja ing tanah Yunani kadamêl wados, saha ngantos lami sangêt, angêmungakên ing ngriku ingkang wontên pamulasara sarta panênuning sutra (kajawi tanah Cina) ingkang kasade [ka...]

--- 301 ---

[...sade] dening bôngsa Pènitsi dhatêng tanah Eropah. Sarêng sampun sawatawis lami ulêr sutra wau dumugi ing Sisiliah saha Italiah Kidul, punika andadosakên karênanipun para raja-raja, awit sampun lami sangêt sutra punika dados anggèn-anggèn ingkang mulya. Ingkang sakawit ngagêm sinjang sutra Kaisêr Eliyogabalus (300 taun sadèrèngipun Kangjêng Nabi Ngisa miyos) dados sapriki sampun 2203 taun. Saking awisipun sutra, putri garwanipun Aoreliyus, salah satunggaling raja gêntosipun kaisêr kasêbut ing nginggil, nyuwun sinjang sutra ngantos botên sagêd kalêksanan. Satunggaling raja ing tanah Sêkotlan nalika badhe anampèni utusan saking Inggris, ngagêm kaos sutra, anggènipun mundhut tumbas sarana nyambut, awit botên sagêd bayar kropyok, amargi saking awisipun, ananging kauningana, samangke mèh sadaya tiyang sagêd tumbas sarta ngangge sutra.

Kupunipun ulêr sutra punika kalêbêt bôngsa kapêr utawi kupu ingka mêdal ing wanci dalu. Kupu punika dalah wulunipun, agêngipun wontên ingkang ngantos 1½ dim, warnining wulu pêthak mawi corak malang kalih utawi tigang panggenan, ing wulu wau kiwa têngên wontên gambaripun kados [ka...]

--- 302 ---

[...dos] wulan kaping 7 warninipun abrit sêpuh, ananging katingalipun botên patos têrang. Satunggal kupu èstri sagêd nigan ngantos kalih utawi tigang atus iji, ingkang enggal sagêd dados ulêr sarta santun kulit kaping 4 lajêng anggulung badanipun sarana jasad ingkang asal kadamêl sutra.

Pun Prawirawiyata, Abdi dalêm carik ôngka II ing kabupatèn pulisi nagari ing Surakarta.

Darmawisata II

(Bramartani ôngka 85, taun 1833)

Ing wanci pukul 5 enjing hyang sitarêsmi katingal mawêlu arêmu-rêmu jênar badhe karainan, imalayu angalingi rumamyang pindha anaman jala, sumorot ing mandira amêcah undhuking pêpêtêng sumyur pating jalarèh tumancêp ing siti pindha pusara angêncênga lampahing wulan, saya dangu araras, wimbuh surêmipun. Tumuntên hyang ôndakara katingal mungup saking pucaking ardi, amarna sèsining wana. Mangkana hyang sitarêsmi èsmu merang oncat sumusup ing lapising langit ical tanpa lari. Kukusing ardi [ar...]

--- 303 ---

[...di] sumilak dening kapraban soroting surya, badhe amadhangi buwana, mega malang katingal anjalarèh sêmu rêkta pindha bêbêntinging aldaka. Wit-witan sami lêbda jiwa (antuk gêsang) dening dhawahing bun kumêpyur sumiram pindha riris amradini jagad, sirnaning bun kentas dening sumiliring maruta manda ebah kataman soroting hyang bagaskara, nyuda kêkêsing angga dening têdhuh ingkang anglimputi. Kèndêling sawung kaluruk para wrahatbala (= abdi dalêm) katingal andalidir sarênti sami dhatêng ing sêtatsiyun Balapan, kalêmpakipun warga wontên salawe, sêdyanipun sami badhe dhatêng Pamantingan van Wanting, manting dhiri (= Pamancingan Spr. Van pancing) sêgantên kidul, kapengin sumêrêp ubaling alunipun laut, saha patilas-patilasan ing jaman kina, lajêng sami bidhal numpak sêpur.

Pinèngêtan ing dintên punika Ngahad Paing malih (dados lêt salapan dintên kalihan darmawisata I) tanggal kaping 26 wulan Rêjêp ing taun Wawu sinangkalan gunaning mantri angèsthi gusti 1833 nuju awaling môngsa V ngumur 5 dintên.

Sasampunipun para wrahatbala sami numpak sêpur tumbas sakareta ngalêmpak dados satunggal, botên kawoworan ing tiyang sanès, dilalah wontên warga kêkalih [kê...]

--- 304 ---

[...kalih] ingkang mêntas jagong natas tumut ing lampah punika, satunggal Mas Ngabèi Kêmampo, satunggalipun Mas Ngabèi Matênguwit, dilalah ingkang kaping kalih ingkang dipun wori lênggah: Ki Sêmpoyong, lajêng dipun jak ginêman maneka-neka adakik-dakik, Ki Sêmpoyong thingak-thinguk kemawon, sagêdipun namung angêthuki: thuk lêpat, Mas Ngabèi Matênguwit anjola akipat-kipat tangan, wathuh ribêd kulunun, Ki Sêmpoyong lajêng mabonglot, nanging botên atilar rata, namung anêbih kemawon, Mas Ngabèi Matênguwit saya gambira, ngadêg galoyor nunggil ing kônca sanès, sintên ingkang dipun tunggili: dangu-dangu lajêng oncat, kajèn keringan sayêktos Mas Ngabèi Matênguwit punika.

Taksih wontên rèwèl malih, Mas Ngabèi Matênguwit dhatêng ing èmpèr jawi, sarêng malêbêt sampun katingal nginang, sumôngga kula aturi anggalih, punapa botên pêrlu kajagi, mangke gèk idu dubang sakajêng- kajêngipun, lajêng dipun papanakên lênggah wontên ing pinggir, dipun kèn anglêpèh botên purun, namung dipun sanjangi bilih idu kemawon dhatêng ing jawi sarta angulatna sêpêning kondhèktur. Jugag samantên kemawon, lampahing sêpur anglangkungi padhusunan, pasabinan tuwin patêgilan bawah dalêm [da...]

--- 305 ---

[...lêm] ing Surakarta, tanêman pantun gadhu sawêg wanci gumadhung, utawi mapak, sawênèh sampun sêpuh tuwin sampun wontên ingkang dipun pêndhêti, dados botên sagêd tanêm sarêng, kacang Cina wanci ambokori, nanging katingal sami kêkirangan toya. Tanêman têbu katingal lêma-lêma ijêm angrêmbaka sawêg wanci dhumangir, sata ugi katingal lêma-lêma, ingkang kathah sawêg wanci ngropèsi, ingkang sawêg tônja inggih wontên, sarta botên kêkirangan toya, dhasar toya tumumpang kangge angêlêbi kantun ambêdhah kemawon, dumugi ing Prambanan, wiwit ngancik bawah dalêm ing Ngayogyakarta, pranataning dhusun-dhusun pagêr karas kapêpêt, mawi bêthèk utawi namung trucuk, korinipun satunggal, cariyosipun Mas Yasaprawira juru sêrat dhistrik kitha agêng, bab lampahing paprentahan prakawis kadurjanan kêncêng sangêt, mênawi wontên tiyang kapandungan sasaminipun, pulisi katamtokakên mêsthi angsal katrangan, mawi kawangkit enggal laminipun, môngka botên sagêd angsal katrangan jaga baik-baik, dene ingkang langkung kêncêng malih mênawi wontên tiyang kapandungan rajakaya, punika namung kawangkit 8 dintên, môngka botên sagêd angsal titik, utawi botên sagêd angsal katrangan, pulisi ingkang ambawahakên [ambawah...]

--- 306 ---

[...akên] amêsthi kaundur saking kalênggahanipun. Ing padhusunan kathah têtuwuhan wit salak, mila ing Jawi Têngah anamung ing Ngayogyakarta piyambak ingkang kathah wowohan salak, ngantos kasade dhatêng liyan praja, bab tanêman kalapa ing Ngayogyakarta inggih angeram-eramakên, sadaya dhusun-dhusun kêbak tanêman kalapa, nanging badhe kêsusul kalihan dhusun-dhusun bawahipun kangjêng guprêmèn, mawi wontên pakaranganipun (pakêbonan utawi patêgilan ingkang namung katanêman kalapa).

Lampahing sêpur dumugi ing sêtatsiyun Tugu, lajêng sami mudhun, timbrêng saya amradini jagad. Srêngenge botên katingal, wusana garimis adamêl ayêmipun tiyang lêlampah têbih botên kapanasan wontên ing saba paran. Enggal para wrahatbala sami numpak kareta lêsmèn pangirid kapal sakawan, pitungkasan rumiyin saking pitulunganipun Mas Yasaprawira, gunggung kareta nênêm, anglur mangidul anglangkungi Pacinan lajêng mêdal ngajêng bètèng, ingkang wontên ngajêng piyambak minôngka pandomaning lampah: Mas Yasaprawira kalihan Ki Sêmpoyong juru pitakèn, margi ing Ngayogyakarta mênawi ing môngsa rêndhêng malah prayogi tinimbang ing môngsa katiga, awit siti wêdhi bilih kadhawahan ing toya jawah malah madhêt, mila lampahing [la...]

--- 307 ---

[...mpahing] kareta sakeca botên wontên sangsayanipun, sarta botên manggih balêdug ing margi, môngka pancèn nêmpur anguyangakên, margi ing Pacinan saurutipun sarta saubênging bètèng atos kados sinarasah, èmpèring margi kiwa têngên, kasinggêt binatur binata rata, minôngka têtambênging urug, mila èmpèring margi wau dados inggil tinimbang kalihan marginipun agêng ing têngah, punika kangge marginipun tiyang langkung, ing têngah: margining kareta grobag sasaminipun, tiyang lumampah botên wontên sumêlangipun katêrjang ing kareta kapal sasaminipun, dene ilining toya kalèn ingkang angubêngi margi kangge siram ing môngsa katiga punika katutup babarpisan, namung antawis satus kaki têbihipun wontên sumuranipun satunggal, tutupipun bikakan kenging kapêndhêt toyanipun kangge siram margi wau, mila ilining toya kalèn rêsik botên kawoworan rêrêgêd utawi uwuh saking nginggil, lampahing kareta têrus dumugi ing pos Gabusan, kèndêl ngasokakên rakitan sakêdhap, kalihan kèndêl sarapan nêdha roti abênan ulam sangu saking griya, ingkang kadamêl ngombe toya Walandi, samargi -margi sami ngombe inuman kêras panulak ngorong, nanging botên kêmampo, Mas Ngabèi

--- 308 ---

Matênguwit sampun tutut, mantun akipat-kipat tangan: sukur. Rampung sarapan lajêng mangkat malih dumugi ing pos Butuh santun rakitan ingkang dipun kêmandhahakên wontên ing ngriku, têrus malih dumugi ing pos Krètèg, mangidul sakêdhik lajêng nyabrang lèpèn Opak, kareta botên sagêd lajêng bilih taksih katumpakan, para wrahatbala lajêng sami mudhun nyabrang lèpèn, botên patosa lêbêt, nanging lancinganipun sêtrikan inggih kêproh suda brêgasipun: gêla, dene Ki Sêmpoyong narimah botên muwun,mudhun. namung wontên ing nginggil kemawon, sarta narimah kareta lumampah mawi sinurung ing tiyang, kreta satunggal botên kirang tiyang nêm, tiga sisih mila sakalangkung rame, kula inggih narimah kèndêl kemawon, sanadyan pindha kinêpung wakul, binaya mangap, manahipun Ki Sêmpoyong ayêm kemawon, anggêripun botên kinèn mudhun, dumugi ing babagan kidul, katata malih ingkang sami numpak, ing Pamantingan namung kirang 3 pal. Rêdi tanggulanging laut katingal wijang anggamêng saurutipun pating pathuthuk, pindha mênara têpining laut, wit-witanipun ingkang angarang katingal saking katêbihan pating kracung pindha tosan giligan pasangan balêdhèg, mega pêthak anggêmbulêng wontên lambunging ardi dangu-dangu mancala

--- 309 ---

warna pindha palwaga seta krura tanganipun kumlawe kados badhe ambêdhol wrêksa goraya minôngka sêsawat pamunahing ripu dibya wil Wikathaksini ing Ngalêngka, saèstu anglamlami ing pandulon, lampahing kareta trus dumugi ing Parangtritis, ingkang dhatêng rumiyin angêntosi ingkang dhatêng kantun, kareta ôngka 1 lajêng ongka 2 sapiturutipun tumruntun kemawon dhatêngipun, dumugi kareta ôngka 5 kantun kareta satunggal ôngka 6 dèrèng dhatêng, dipun êntosi ngantos sawatawis dangu: mêksa dèrèng katingal dhatêng, wusana wontên ingkang katingal dhatêng: nanging dharat, sampun saèstu adamêl kagèt, amêsdhiamêsthi. wontên sambekala ingkang pinanggih ing warga wau, dèrèng ngantos tinakenan lajêng gupyuk acariyos: bilai: kêdah santun pranatan, ingkang numpak kareta mangke antukipun kêdah dipun jujut, dipun wêwahi kônca nyatunggal, awit rakitan kula ingkang satunggal ambruk putung sukunipun, wau ta ing kana wau sapa sintên ingkang amanggih bêbaya, botên sanès tunggil ing Kradenan, bokmênawi priyantun wau wukunipun dhawah: julung dharat saêpal, kaotipun kalihan ing Kradenan, sapunika mawi ngèmbèt daging awaras priyantun sakawan dipun jak dharat, kônca sasampunipun ngalêmpak lajêng sarêng ningali laut, adhuh kayang, Gusti Allah ingkang

--- 310 ---

sipat Rahman lan Rakim, asih dhatêng tiyang sugih gêthing dhatêng tiyang gombal, baud sangêt damêl tontonan ingkang botên angêbosi, swaraning alun pindha suwaking akasa kumrawak jêbol gumrujug mangandhap abanjir bandhang kados badhe angêlêm jagad, tancêbing langit katingal botên têbih dening kalingan têdhuh ingkang anglimputi cakrawala, baskara katangkêbing lamuk ingkang angêndhanu, surêm tanpa daya, rêgêmênging pêpêtêng samadyaning tasik pindha raksasa krura badhe nubruk Mas Ngabèi Matênguwit, adhi, nanging botên. Mênggah gumludhugipun alun kirang saêpos sampun kêmirêng, palêndhunging alun agêngipun kenging binasakakên sarêdi-rêdi anakan, pating panjêlut atumpa-tumpa dhatêngipun tanpa kèndêl, ingkang wontên ing pinggir piyambak kadêdêl ingka wontên wingkingipun, têmahan pêcah sumawur pêthak munthuk ambèr angombak lumarap dhatêng ing dharatan pindha sara udaka, mawi nywara kumrasak kados swaraning jawah ing wana pajatèn, wangsuling alun rikat angeram-eramakên, tiyang kasêmpyok ing alun sagêd dhawah bilih adêgipun tanpa wêweka, ingkang kêndêl dhatêng panêmpuhing alun, punika Mas Ngabèi Kêmampo, awit sampun nate ngayoni dhatêng ing guwa Langse, marginipun mêdal têpining laut bilih nuju [nu...]

--- 311 ---

[...ju] sop, môngka katungkêp robing toya laut, kajawi kalêbus, asring kêbanting ing parang. Unthuking alun ingkang ambèr dhatêng ing dharatan (gisik) bilih garing katingal pêthak amalêtuk, punika ingkang kenging kadamêl sarêm, punika dipun kukupi dalasan sawêdhinipun dhatêng têtiyang ingkang sami nyambut damêl ing ngriku, lajêng dipun saring kadosdene pandamêling pathi, wusana lajêng kagodhog dados sarêm tampêr.

Saking ngriku lajêng mangetan lêrês dhatêng ing Parangêndhog, punika rêdi karang tambênging sagantên, imbangipun ingkang kilèn dumugi ing dhasar pisan pajêg manginggil dening kasêmpyok ing alun rintên dalu, gêmpalaning padhas dados karanging sagantên, padhas ingkang agêng-agêng taksih pating jênggêlêg, ing ngandhap gogos ngantos anggênting katingal amutawatosi, ugi dening kasêmpyok ing alun wau, karang ingkang dhawah ing sagantên kentas dhatêng ing dharatan rêmuk dening tataban sami bangsanipun, saking santêring alun: sela ingkang kêbuntêl ing padhas sami coplok pating glindhing abundêr-bundêr pêthak kados tigan, mila lajêng nama Parangêndhog, dening selanipun bundêr-bundêr kados tigan. Ing Parangêndhog lajêng kapotrèt, makatên ugi ing laut.

--- 312 ---

Saking ngriku wangsul anglangkungi ing Parangkusuma, toya tawa mili mêdal ing pawêdhèn anjog ing sêgantên sirahipun balumbang angêtuk êmbês- êmbêsan saking sukuning ardi Pamantingan, mila nama Parangkusuma, amargi gisikipun pating jalarèh pindha sêratan parangkusuma saking kodrat pandamêling alun ingkang lumarap dhatêng ing gêgisik, sanadyan corèking wêdhi gampil bibrahipun dening kasampar ing tiyang langkung, mangke sakêdhap inggih lajêng pulih kados waunipun, para wrahatbala lajêng wangsul dhatêng ing Parangtritis, ing ngriku wontên pasanggrahan, kagungan dalêm ingkang sinuhun kangjêng sultan, punika kenging kangge patirahan, pasiraman ing Parangtritis punika toya rêmbêsan saking rêdi ngalêmpak wontên ing pengol padhas awaking rêdi, toya lajêng anyumbêr wontên ing ngriku, têpining sumbêr katuwuhan wit-witan agêng trubus sakawan sami gêsang ngadêg, wontên malih trubusan satunggal gêsang dhoyong mangandhap, agênging wit saprangkul-prangkul, warninipun wit pêthak, godhongipun wiyar-wiyar mèmpêr godhonging wit luwing, kula pitakèn nama: Purwakucila, wit ingkang dhoyong sami katingal tatu kasêrat ing wali dhatêng ingkang sami rawuh ing ngriku, lubèring toya ingkang ngalêmpak wontên ing ngriku angêbêsi

--- 313 ---

pongol padhas ingkang ngongkang mangandhap sarta padhas wau lajêng katuwuhan lumut, mila tètèsing toya waradin saubênging pongol padhas wau katingal mêdal saking lumut ura saubênging pongol anaritis, mila winastan: Parangtritis, ing ngriku kapasangan talang dêling mêndhêt ili ingkang agêng piyambak, dipun jogakên ing kulah pasiraman, mila tansah lubèr botên wontên lukakipun, sayêktos anêngsêmakên manah ingkang nêmbe sumêrêp, raosing toya asrêp, namung pirantos kaunjuk sarta kagêm siram wantah, sangandhaping pongol wontên guwanipun, ing lawanganing guwa katètèsan toya saking nginggil, tiyang malêbêt ing guwa amêsthi kêbês, ing ngriku lajêng kapotrèt, rampung saking ngriku ing pasanggrahan wontên tuwan-tuwan sarta nyonyah-nyonyah sawatawis, kados among suka badhe siram ing ngriku, amurih sariranipun tumut dipun potrèt sarta ing têmbe dipun kintunana, panêdha punika inggih dipun pituruti, lajêng dipun potrèt.

Saking ngriku wangsul mangilèn dhatêng Parangwedang, sampun kêlangkungan kala lampahipun. Ing Parangwedang punika sukuning rêdi ing Pamantingan, imbangipun ingkang kidul gogos saking ing ngandhap dumugi ing pucak pisan, mila warninipun pajêg, [pa...]

--- 314 ---

[...jêg,] ing pandugi kala rumiyin sadèrèngipun kaaling-alingan punthuk wêdhi ingkang kabêkta ing alun kentas ing dharatan lajêng dados sètubônda angêndhêng pindha rêdi, alun wau dumugi sukuning rêdi Pamantingan, andadosakên longsor kados ingkang kasêbut ing nginggil wau, dhasaripun mêdal toyanipun panas, lajêng kakrowok mubêng supados dêrês wêdaling toyanipun apindha amumbul: wontên kalih ênggèn, lajêng dipun bak mubêng, wetan kilèn kaadêgan griya limasan kêmbar, katembok mubêng, ing lêbêt pasiraman kulah dados tigang kamar, bilih badhe angisèni kulah: ambikak kranging kulah ingkang têmbus kalihan bak, lajêng manthur enggal kêbakipun, utawi namung sacêkapipun kangge siram kungkum, ingkang lèr pisang salirang majêng mangalèr, dados tembokipun wingking amêngkêrakên bak, ing nglêbêt kapasangan padusan para nênêm, gunggung kulah pasiraman punika wontên 12 lubèripun bilih botên kangge: mangidul, mawi krang angsal bak kenging kadamêl wisuh, raosing toya pait gêtar anggônda walirang. Mênggah pasiraman ing Parangwedang wau yasanipun Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Mangkubumi. Para wrahatbala kalilan sami aningali.

Pucaking rêdi wontên pasareanipun sang misuwur ing jagad [jaga...]

--- 315 ---

[...d] Sèh Maolana Maghribi, kagêdhong ing tembok, katingal pêthak-pêthak kaayoman ing godhonging wit-witan ing pasarean, sayêktos adamêl anglêsing manah, awit anggèn kula ithu nyambut damêl botên wontên sampun-sampunipun punika, glèthèk pêthèlipun namung badhe wontên ngandhap sêmboja, tur kêdah mawi bayar arta bêdhah siti.

Saking Parangwedang lajêng sami numpak kareta bidhal mantuk, anglangkungi rêdi nama Grogol, ing ngriku wontên pasareanipun Sèh Bêlabêlu, ugi kagêdhong ing tembok mubêng, punika putra ing Majapait, nama Radèn Jaka Dhandhan, inggih Radèn Wôngsaprana, sabêdhahing Majapait, lajêng nyakabat dhatêng Sunan Kalijaga, kaparingan nama Sèh Bêlabêlu zie sajarah blz 107 no. 29.

Kacariyos, Sèh Maolana Maghribi kalihan Sèh Bêlabêlu, wontên ing Pamantingan sami amiritakên, kathah para muridipun, ananging bratanipun têkabul ngèlmi: beda, Sèh Maolana Maghribi lapa botên dhahar-dhahar, bilih kalêson sare botên wungu-wungu. Sèh Bêlabêlu botên makatên, ambruwah tansah dhahar: ananging tanpa sare wungu kemawon, awit saking bedaning brata, andadosakên pasulayan, têmahan [têmaha...]

--- 316 ---

[...n] bantah ngèlmu sarta lajêng dipun ayoni, Sèh Maolana Maghribi botên dhahar: sabên karaos lêsu lajêng sare kemawon, Sèh Bêlabêlu: botên sare: sabên karaos luwe lajêng dhahar. Marmaning Pangeran andhawuhakên wahyuning kawalèn dhatêng Sèh Bêlabêlu: rumiyin, lajêng dhatêng Sèh Maolana Maghribi, sami katarimahipun, dados langkung kêtrimah tiyang mêlèk mawi nêdha, tinimbang tilêm tanpa nêdha. Dumugi sapunika têtiyang ingkang tirakat ing pasarean kêkalih wau sami anglêluri tekadipun ingkang sinare, mênawi dhatêng pasareanipun Sè Maolana Maghribi: puwasa sarta kenging tilêm, mênawi dhatêng pasareanipun Sèh Bêlabêlu: ambruwah sangu têtêdhan, nanging mêlèk natas. Cuwa sangêt manahipun Ki Sêmpoyong dene botên sagêd nyariyosakên pasangrakit saha cariyosipun pasarean kêkalih wau, benjing kemawon badhe kula cariyosakên malih, utawi sae botên. Ing lampah têrus sabên pos kèndêl, dumugi sêtatsiyun Tugu jam 3¼ sangêt kasokipun dening enjing dèrèng apan-apan, lajêng bikak meja ing lusmèn sêpur: cècèg Ngalêngka bêstik merah, rampung, numpak sêpur lampah ingkang kantun piyambak, dumugi griya jam 7 sontên, botên angsal papagan rujak mas, [ma...]

--- 317 ---

[...s,] linintu tela: anèh, criyosipun tiyang èstri tela punika inggih sêgêr, awit panêdhanipun kêdah mawi kagontor ing toya lantingan, lajêng kula coba. Yêktos, anèh kaping kalih, cuthêl.

Ngèlmu Wangun

(Sanbêtipun Sambêtipun. Sasadara ôngka VI kaca 217, taun IV)

4. Bab panyèlèhipun garis ingkang kajèjèr

Mênawi garis kalih kasèlèhakên, môngka ingkang satunggil kapanjangakên, sagêd nunggil saênêr utawi nutupi ing satunggilipun, garis wau kawastanan: garis sambêtan (gambar ôngka 1 2 kalihan 3).

[Grafik]

Dene mênawi garis-garis wau dipun sèlèhakên ing blabag panyêratan utawi ing sanèsipun panggenan, ingkang satunggil dhawah ing sakiwa tuwin satêngênipun garis satunggilipun, tuwin sapanjanganea panyambêtipun, botên sagêd gathuk, punika kawastanan: garis sami rênggangipun parallel (Gambar ôngka 4, 5)

--- 318 ---

Mênawi panyèlèhipun garis-garis wau salah satunggil bilih kasambêt sagêd gathuk ing sanèsipun, punika kawastanan garis mayat (Gambar 6,7).

[Grafik]

Mênawi panyèlèhipun garis wau sami cakipun, botên mangiwa, botên manêngên, dhawahipun dados jêjêg, punika kawastanan: garis sipat gantung (Gambar 8, 9, 10).

[Grafik]

Saupami wontên garis tiga, punika kenging kapasang makatên:

[Grafik]

Makatên ugi sami kemawon lampahipun mênawi ngangge garis sakawan utawi langkung.

--- 319 ---

5. Bab garis ingkang sami trajangan

Garis kalih ingkang sami mayat, mênawi kasambêt, punika badhe sami trajangan sapisan, dene panggenanin panggenaning. trajangan wau kawastanan cêcakipun trajangan, dunungipun nyamlêng ing ênggèn panrajangipun garis wau. Panrajangipun wau amung sapisan, awisawit. garis wau sasampunipun sami trajangan dhawahipun ing ngandhap cêcak, saya panjang panyambêtipun, saha têbih pisahipun, sami ugi kados garis sanginggilipun cêcak (Gambar ôngka 1).

[Grafik]

Upami garis kalih wau kawêwahan garis satunggil malih, garis punika ugi sagêd nrajang ing sêcakcêcak. wau, dados garis tiga pisan, trajangan nunggil sacêcak (Gambar 2). Awit saking punika, sabên garis satunggil gadhah cêcak trajangan satunggil, garis ingkang kaiganipunkatiganipun. wau kenging ugi [u...]

--- 320 ---

[...gi]

kapasang amung nrajang salah satunggiling garis ingkang kalih wau, dene satunggilipun botên katrajang. Yèn makatên, dados garis tiga trajangan ing cêcak kalih. Salah satunggilipun garis tiga wau dados wontên cêcakipun 2, tuwin satunggil-tunggilipun garis ingkang kalih wau namung satunggil (Gambar 3).

Garis ingkang katiganipun wau, kenging ugi katarik supados sabên garis gadhah cêcak trajangan 2, dados badhe ngwontênakên cêcak 2 X 3 utawi 6, nanging rèhne sabên cêcak kapetang kaping kalih dados namung wontên cêcak sapalihipun 6, utawi 3 (Gambar 4).

Mênawi badhe sumêrêp kathahipun cêcak garis 4, ingkang trajangan, kêdah nyumêrêpi, yèn garis ingkang kaping sakawanipun, nrajang garis tiga pisan, namung nyapisan (Gambar 4) sabên sagaris wontên cêcakipun 3 dados sadaya wontên cêcakipun 3 X 4 = 12 nanging sabên cêcak kapetang kaping kalih, dados namung sapalihipun 12 = 6 (Gambar 5).

Mênawi mêndhêt garis satunggil malih, dados 5 garis ingkang kaping gangsalipun wau nrajang garis sakawan pisan namung nyapisan (gambar pungkasan), sabên garis wontên cêcakipun 4 dados sadaya wontên cêcakipun 4 X 5 = 20 nanging sabên cêcak kapetang kaping kalih, dados namung sapalihipun [sapalih...]

--- 321 ---

[...ipun] 20 = 10 (Gambar 6).

Makatên ugi mênawi madosi cêcaking garis trajangan sawatawis, sabên garis wontên cêcakipun sawatawis ingkang cacahipun sami kalihan: cacahing garis kasuda 1. Taksih wontên sambêtipun.

Radèn Dêmang Citrasantana. Dêmang Guru ing Mangkunagaran.

Ngèlmu Alam

(Sambêtipun Sasadara ôngka VI kaca 287, taun VI)

Idu punika kaêlêtan ing ilêr sandhapipun ilat, ngandhap uwang kalihan kuping. Duduh wadhuk, inggih kaêlêtan ilêr wadhuk, kuwaya, dening ilêr manah, tuwin duduh daging saking yiyit daging.

Mênggah lêmbatipun têtêdhan punika sarana kagiling ing untu. Tiyang sêpuh punika sabên uwang gadhah untu 16, inggih punika: untu ngajêng 4, siyung 2 êbam 10. Untu punika kabedakakên ing tigang rupi, 1. tanjêg (ingkang manjing ing bolongan gusi), 2. gulon (ingkang katutupan gusi), 3. ingkang katingal untu ngajêng, siyung kalihan êbam kalih ingkang ngajêng, tanjêgipun amung nyatunggil, dene ingkang 3, sami gadhah tanjêg cawang kalih utawi [u...]

--- 322 ---

[...tawi] tiga.

Untu ing ngajêng, punika katingalipun kados tatah. Siyung punika gilig lancip, êbam, punika wiyar kalihan paing pating. prêngkêl, untu punika kadosdene gadhing, atos, tuwin pêthak, ingkang nglêbêt lêgok, panjang katutup ing kulit (wêka), ing salêbêtipun wontên bayu margi êrah kalihan pangraos pintên-pintên, saking ing uwang malêbêt ing untu. Ing tanjêg kalihan ing gulonipun untu, tosanipun katutup ing kulit jêne, kawastanan kulit (klokopan untu, dene ing tosan ingkang atos, katutup ing kulit pêthak (stof) namanipun wêka.

Têtêdhan ingkang sampun lêmbat, lajêng kapurugakên dhatêng ing gorokan dening ilat, tanjêgipun ilat punika krakêt ing tosan ilat, kalihan ing strottenhoofd (ngandhap ilat kawontênanipun tosan ênèm, otot kalihan kados tangsul, ing nglêbêt katutup ing kêndhangan minôngka margi angin dhatêng kêbuk, kalihan kangge mitulungi suwantên), dene pucukipun, sagêd polah mrika-mriki. Ilat punika ugi katutup ing kêndhangan, tilasing kêndhangan wau, santun kêndhangan ing dhasar cangkêm. Andadosakên wiron, kawastanan [kawa...]

--- 323 ---

[...stanan] apus, kalihan amung pucukipun ilat kemawon ingkang kenging ebah.

Kêndhangan ingkang nglapis cêthak wau dumugi ing wingking cêthak, gumantung kadosdene klambu, namanipun cêthak lêmês, pinggiripun ingkang ngandhap malêngkung kalih, kawastanan plêngkung cêthak, mawi kaêlêtan ing sêntil, kêndhanganipun sêntil dumugi ing pinggir jawinipun plêngkung cêthak, andadosakên panjawat kalih amandels.

Têtêdhan wau saking ing cangkêm, nrajang gorokan dhatêng ing gondhang slokdarm punika wontên kalih rupi, ingkang nglêbêt punika kêndhangan, ingkang jawi otot-otot wontên ingkang panjang, wontên ingkang kados alèn-alèn. Saking panarikipun otot-otot wau, gondhang punika sagêd mêlar tuwin mungkrêt, amurugakên têtêdhan wau malêbêt dhatêng ing padharan (wadhuk).

Wadhuk punika urutipun gondhang, tuwin wiyar, dumunung wontên ing lêgokipun padharan, ing jawi kalapis ing kêndhangan weivlies duduh sawatawis saking êrah (ngantos andadosakên tigang rupi, ing nglêbêt utawi ing kêndhangan tipis, wontên ilêripun padharn, padharan. ingkang misah duduh padharan. Duduh padharan punika raosipun kêcut, ing ngriku sadaya têtêdhan karêmêk (santunipun [(santunipu...]

--- 324 ---

[...n] warni).

Bolonganipun wadhuk ingkang ngandhap piyambak, namanipun kori. Têtêdhan wau mêdal ing kori dhatêng ing jaringan, punika ugi kadosdene wadhuk, peranganipun wontên tiga. Peranganipun usus tipis ingkang cêlak piyambak kalihan wadhuk, kawastanan usus drijèn kalih wêlas, pungkasanipun usus tipis wau lampahipun botên dhatêng ing wiwitanipun usus kandêl, nanging lajêng nglêmpak mèh jêjêg, kantos usus kandêl punika mèh dados sarupi kados kanthong, kawastanan usus pêpêt, tuwin ing ngriku wontên kados cacing. Taksih wontên sambêtipun.

Radèn Dêmang Citrasêntana. Dêmang guru ing Mangkunagaran.

Piwulang Basa Walandi

(De Nederlandsche taal = dê*-nee-dêr-land-sê-taal = basa Nèdêrlan).

Piwulang 1

Tiyang punika winastan makluk ingkang sampurna, sinung pangucap, ing têmbung Walandi winastan Spraakvermogens praak

--- 325 ---

'-vêr-moo-gên ingkang minôngka dados pitêdah wêdharing panggraita sarana ungêl, inggih punika ingkang dipun wastani kêdaling pangucap, utawi ungêling têmbung, ing têmbung Walandi dipun wastani spraakklank spraak-klank dene kalêmpaking pitêmbungan ingkang kangge dhatêng satunggal-tunggaling bôngsa punika winastan basanipun taal basa Nèdêrlan, de Nederlandsche taal = dê-nee-dêr-land-sê-taal punika basa ingkang kangge ing sakukubanipun nagari Nèdêrlan, Nederland = nee-dér-land sarta ing saperanganipun nagari Bèlgi Belgie = bel-gi-jè tuwin ing nagari-nagari ingkang kadunungan bôngsa Nèdêrlan, para lêpasing budi sami angintên bilih sagêd dhatêng basa Nèdêrlan punika pêrlu tumrapipun dhatêng têtiyang ingkang dumunung wontên ing nagari-nagari bawah ing karajan Nèdêrlan, kangge ing jaman sarawungan sapunika, langkung malih para priyayi, supados sagêd rakêt kalihan para tuwan-tuwan Walandi, sagêd sumêrêp dhatêng pikajênganipun, amoncèrakên panggraita saking dening mangêrtos saha sagêd maos sêrataning kancanipun sarawungan, inggih punika bôngsa Walandi, ingkang tumrap ing pandamêlan nagari sasaminipun.

Mênggah cacahing aksara Walandi punika wontên 26 iji, winastan ABC (A, B, C) utawi ingkang [ing...]

--- 326 ---

[...kang] kangge ing kawruh kasusastran dipun wastani alphabet al-fa-bet = alphabèt, asalipun saking têmbung Latin Latjin = La-tijn alphabètum saking alpha al fa kalihan béta bé-ta punika aksara Grik Griek kêkalih, ingkang kapisan kalihan ingkang kaping kalih, saminipun A.B. utawi ing Jawi: ha na, nanging bilih ing sêratan Jawi kapêndhêtakên saking aksara ingkang nomêr 3-4 dumugi nomêr 5 inggih punika: ca ra ka, kaandhahakên sarana panambang: an = carakaan, sarèhning wêkasaning lingga klinker utawi vocaala ras wadi, mêsthi luluh dados carakan.

Aksara Walandi punika warni kalih, cacahipun sami: 26 dipun wastani hoofdletters hoofd-lèt-tèrs = aksara agêng kalihan kleine letters klei-nè-lèt-tèrs = aksara alit, ing buku-buku kasusastran aksara agêng hoofd letters ugi dipun wastani kapitale letters ka-pi-ta-le-lèt-tèrs utawi majuscule letters ma-jus-ku-lé-let -ters dene aksara alit kleine letters dipun wastani minuscule letters mi-nus-ku-le-lét-tèrs wondene warni saha ungêlipun kados ing ngandhap punika.

Aksara agêng kalihan aksara alit.

Hoofd-kapitale of majuscule en kleine of minuscule letters.

--- 327 ---

Aa = A = aa

Bb = Be = bee ungêlipun kados ba.

Cc = se = see ungêlipun mèh kados sa, utawi ka, katrangan ing wingking.

Dd = dhe = dee, ungêlipun kados dha

Ee = E = ee

Ff = èph = éf ungêlipun aksara Ngarab fa.

Gg = Kha = gee taksaraaksara. g, punika sampun kaungêlakên kados ungêling ga, kêdah mungêl kados kha, utawi kados ungêling aksara Ngarab cha.

Hh = haa mungêl kados ha, utawi [Huruf Jawa: wignyan]
Ii = I = ie
Jj = ye = jee ungêlipun kados ya.
Kk = kaa ungêlipun kados ka.
Ll = èl = el ungêlipun kados la.
Mm = èm = êm ungêlipun kados ma.
Nn = èn = ên ungêlipun kados
Oo = O = oo,
Pp = pe = pee ungêlipun kados pa,
Qq = kuu = ungêlipun kados aksara Ngarap = kaf
Rr = êr = êr mungêl kados ra.

--- 328 ---

Ss = ès = ès mungêl kados sa.
Tt = te tee mungêl kados ta.
Uu = uu.
Vv = vee mungêl kados f nanging ragi ampang
Ww = we = wee mungêl kados wa.
XX = eks mungêl kados ka, sigêg sa.
Yij = ei nanging cêkak.
Zz = zêd ragi mèmpêr ungêling aksara Ngarab zal dene bab ungêling a, e, i, o, u, ij, badhe kacariyosakên ing wingking.

Piwulang 2.

Aksara Walandi 26 iji ingkang kasêbut ing piwulang 1 ingkang winastan ing têmbung Walandi letterteeken (lêt têr tee kên) wontên sakawan, kasrambah kangge nyêrat têmbung-têmbung ingkang asalipun saking basa sanès, utawi kangge nyêrat nama-nama ing jaman kina ingkang taksih kalêstantunakên sapriki, aksara sakawan wau e, q, x tuwin y (y nama ipsilon).

Kados ta: têmbung circulaire sir-kuu-lér = sêrat pariwara, sêrat idêran cirkel sir-kèl = buwêng, Quadratuur koea-dra-tuur ewah dados lumah pasagi, ing kawruh etang wangun vormleer Quadrille ka-drilj = namanipun [namanipu...]

--- 329 ---

[...n]

satunggaling lampah dhansah Quitantie kwié-tan-tsie = sêrat pêthuk exerceeren ek-ser-see-ren = baris, gladhining prajurit extract eks-trakt = ringkêsan eksemplaar ek-sèm-plaar = jilid, bagian syntaccis sin-tak-sis = pathokaning ukara = myriameter mie-ri-ja-meetèr = 10.000 mètêr sapanunggilanipun, anjawi punika têmbung-têmbung ingkang asalipun saking têmbung ngamônca ugi kathah ingkang kasêrat mawi sarojaning aksara ch-ph tuwin th. Kados ta: têmbung cholera goo-lé-ra = kulera, chlorophijl gloo-roo-fiel = ijêming gêgodhongan = namaning jasad alus ingkang ambêkta warni ijêm dhatêng gêgodhongan chef sjéf = lêlurah chevelure sjew, luur = sinoming rema ingkang arempyo-rempyo,§ Rempyo, punapa sami kalihan rompyoh, Red. cênthung, athi- athi.

Miturut Nederlandsche sfraak kenst piwulangipun Dr. P.J. Cosijn sarta Volledige leercursus piwulangipun Tuwan Servaas de Bruin tuwin sêrat sanès-sanèsipun, panyêrating pitêmbungan miturut Dr. M de Vriesen L te Winkel ingkang kangge pêpathokan ing pamulangan gupêrnêmèn.

R.L. Mangkudimêja.

Ing Ngayogyakarta.

--- 330 ---

Pêpadhang

(Sambêtipun Sasadara ôngka VII kaca 242)

Mênawi jasad ingkang botên anggadhahi pêpadhang ing lumahipun ingkang sasisih kapandukan pêpadhang saking jasad sanèsipun, punika lumah ingkang sasisihipun, ingkang botên kapandukan ing pêpadhang, botên sagêd pêtêng babarpisan, rêpêt-rêpêt mêksa taksih sagêd angsal pêpadhang saking wangsulipun pêpadhang ingkang tumanduk dhatêng barang-barang utawi jasad ing kiwa têngên cêlakipun jasad wau, inggih pêpadhang ingkang katampenan wangsulipun saking jasad sanès punika ingkang salugunipun winastan sunar, dene sunaring pêpadhang ingkang wangsulipun saking barang utawi jasad ingkang anggadhahi warni, kados ta: biru, ijêm, abrit sapanunggilanipun, tumandukipun ing jasad utawi barang sanès, sampun tamtu ambêkta warninipun barang wau, upami ijêm inggih ambêkta warni ijêm, sapiturutipun, nanging dhumawahipun botên cêtha sangêt kados dhasaring warni, namung mônda-mônda ariyêm-riyêm kemawon, kanthaning warni ingkang makatên punika kangge têturutan dhatêng para tukang gambar, tukang sungging ingkang angsal pangajaran Eropah tumrap ing panyunggingipun gambar-gambar, sarta tumrap ing pamatraping sarwa rêrênggan, tuwin pasrèn, punapadene

--- 331 ---

para wanodya ingkang lêbda dhatêng pamacaking pangangge, wasis amêmantês asrining polatan, sami rêmên ngangge warni ingkang mônda-mônda wau tumraping panganggenipun, warni ingkang botên ambaranang makatên punika dipun wastani luwês, botên balêrêngi dhatêng paningal.

Tiyang ingkang taksih pasaja sangêt sêsêrêpanipun sami gumun bilih sumêrêp layanganing wit-witan dumunung ing tembok salêbêting griya utawi ing gêdhèg sasaminipun katingal nungsang, makatên punika sawênèh wontên ingkang ngagêpnganggêp. ilapat ingkang tan prayogi, dene ingkang sampun kêrêp sumêrêp, namung amastani limrah kemawon, nanging botên sagêd andunungakên nalaripun.

Mênawi soroting pêpadhang mêdal ing palompongan alit tumanduk ing aling- aling pêthak salêbêting panggenan ingkang pêtêng, kados ta: soroting pêpadhang ingkang lumêbêtipun ing griya pêtêng mêdal saking bolongan gêndhèng sasaminipun, lajêng tumanduk ing tembok pêthak sasaminipun, ing ngriku asring katingal wontên layanganipun barang ing jawi, wit-witan sasaminipun, dene pêthaning layangan wau amêsthi botên nilar wêwaton kalih prakawis.

1. Pêthaning layangan mêsthi nungsang

--- 332 ---

2. Pêthaning layangan mêsthi manut dhatêng wujuding bolongan.

1. Pêthaning layangan amêsthi nungsang jalaran soroting pêpadhang ingkang mêdal ing bolongan sarta tumanduk ing aling-aling, mêsthi ngênêr garis lêncêng, makatên ugi wayanganing barang ingkang ngaling-alingi, tumandukipun ing tembok sasaminipun mêsthi ngênêr garis lêncêng, mênawi kapêtha wontên garisipun saking barang ingka gadhah layangan, garis-garis wau dhumawahipun ing aling-aling, tembok sasaminipun, patrapipun amêsthi slindhitan kados pêthaning gambar ing ngandhap punika:

[Grafik]

A. Wujuding barang ing jawi
D. Pucuking barang
E. Bongkoting barang
B. Bolongan alit
C. Layanganing barang dumunung ing aling-aling
e. Bongkoting barang ingkang tumrap ing layangan
F. Pêthaning garis lêncêng.

Soroting pêpadhang ingkang anyoroti pucuking barang

--- 333 ---

ing jawi lumêbêtipun ing bolongan, saha lajêng tumandukipun ing aling-aling, tembok sasaminipun, mênawi botên kagol lampahipun tamtu ngênêr garis lêncêng, makatên ugi soroting pêpadhang ingkang anyoroti bongkotipun barang ing jawi, pramila dhawahipun ing aling-aling dados nungsang kados pêthaning gambar ing nginggil wau. Taksih wontên candhakipun.

R.L. Mangkudimêja, Ing Ngayogyakarta.

Tirta Usada

(Sambêtipun ôngka VI kaca 217)

Bab 55. Sakit salêbêting wadhuk tuwin puyêng, punapa malih sakit salêbêting paru-paru.

Wontên nyonyah umur 61 taun, nandhang sêsakit wontên salêbêting padharan, bilih nêdha botên sagêd kathah, amargi bilih dipun têdhani napasipun lajêng sêsêg tuwin sakit, punapa malih kêraos puyêng sarta salêbêting paru-parunipun ugi kêraos puyêng sarta salêbêting paru-parunipun ugi kêraos sakit, mênggah anggènipun nyonyah sakit makatên wau ngantos kalih taun dipun jampèkakên [jampè...]

--- 334 ---

[...kakên] dhatêng pundi-pundi botên wontên dhukun ingkang sagêd nyarasakên. Wêkasan lajêng nyuwun pitulung dhumatêng Tuwan Kihnê, kadhawuhan adus rêndhêman murad kaping kalih sadintên, ing dalêm wolung dintên sêsakitipun sampun kathah mayaripun, sarêng angsal sawulan, sêsakitipun sampun ical sadaya.

Bab 56. Sakit sirah sarta maripat

Wontên nonah wiwit alit sampun gadhah sakit sirah, sarta bilih angot tamtu ngantos rêkaos, lami-lami nonah punika maripatipun dados lamur, kawêwahan malih nalika piyambakipun dhawah kèngsêr ototipun kêlajêng botên sagêd pulih, dene sêsakitipun wau kajampèkakên dhatêng pintên-pintên dhoktêr botên wontên ingkang sagêd mitulungi.

Nalika salêbêtipun wulan Sèptèmbêr taun 1891 nonah wau nyuwun pitulung Tuwan Dhoktêr Kihnê, dipun dhawuhi nglampahi adus rêndhêman padharan, sawêg dipun lampahi sapisan kemawon sampun angantawisi bilih badhe kathah pitulungipun, mila lajêng kalajêngakên anggènipun adus rêndhêman padharan, sarta sabên-sabên kasêling kalihan rêndhêman murad, 6 wulan, sêsakitipun [sêsakiti...]

--- 335 ---

[...pun] nonah wau sampun sagêd saras babarpisan, botên wontên ingkang kêraos-raos.

Bab 57. Sakit ototipun ingkang alus-alus

Wontên nyonyah sakit jalaran ototipun ingkang alus-alus kirang lêrês lampahipun, mila salami-laminipun nyonyah wau badanipun tansah kêraos lungkrah utawi lêsu, punapa malih suda kaèngêtanipun (lalèn) dene anggènipun nandhang sakit makatên wau sampun atêtaunan, sarta sampun kajampèk- jampèkakên dhatêng para dhoktêr ingkang misuhur kasagêdanipun, nanging botên wontên ingkang sagêd mitulungi, wusana lajêng nyuwun tulung dhatêng Tuwan Dhoktêr Kihnê, nyonyah wau lajêng dipun dhawuhi adus rêndhêman padharan, kasêlang-sêling kalihan adus rêndhêman murad. Dhawuhipun Tuwan Kihnê wau ugi lajêng dipun èstokakên, angsal 10 wulan, sêsakitipun sampun sagêd saras babarpisan, kêkiyataning badanipun pulih kados ing suwau- waunipun, punapa malih bilih lumampah 10 pal kemawon botên kêraos sayah. Taksih wontên sambêtipun.

Wignyaarja.

--- [0] ---

Isining Kabar Sasadara VIII

1. Pawarsakan ... blz 288
2. Dintên sae ... blz 289
3. Sidhikala ... blz 290
4. Sutra ... blz 293
5. Darmawisata ... blz 302
6. Ngèlmu wangun ... blz 317
7. Ngèlmu alam ... blz 321
8. Piwulang basa Walandi ... blz 324
9. Pêpadhang ... blz 330
10. Tirta usada ... blz 333.