Sastra Jawa

Program Digitalisasi Sastra Daerah

  • Increase font size
  • Default font size
  • Decrease font size

Sasadara, Radya Pustaka, 1903-12, #1808

Katalog:Sasadara, Radya Pustaka, 1903, #1808
Sambung:
1.Sasadara, Radya Pustaka, 1903-01, #1808 . Koran, Majalah dan Jurnal | Sasadara #537.
2.Sasadara, Radya Pustaka, 1903-02, #1808. Koran, Majalah dan Jurnal | Sasadara #538.
3.Sasadara, Radya Pustaka, 1903-03, #1808 . Koran, Majalah dan Jurnal | Sasadara #539.
4.Sasadara, Radya Pustaka, 1903-05, #1808. Koran, Majalah dan Jurnal | Sasadara #540.
5.Sasadara, Radya Pustaka, 1903-06, #1808 . Koran, Majalah dan Jurnal | Sasadara #541.
6.Sasadara, Radya Pustaka, 1903-07, #1808. Koran, Majalah dan Jurnal | Sasadara #542.
7.Sasadara, Radya Pustaka, 1903-08, #1808 . Koran, Majalah dan Jurnal | Sasadara #543.
8.Sasadara, Radya Pustaka, 1903-09, #1808 . Koran, Majalah dan Jurnal | Sasadara #544.
9.Sasadara, Radya Pustaka, 1903-10, #1808 . Koran, Majalah dan Jurnal | Sasadara #545.
10.Sasadara, Radya Pustaka, 1903-11, #1808 . Koran, Majalah dan Jurnal | Sasadara #546.
11.Sasadara, Radya Pustaka, 1903-12, #1808 . Koran, Majalah dan Jurnal | Sasadara #547.

Ôngka IX Taun IV. Kaping 15 Siyam ing Taun Wawu, Ôngka 1833 [5-12-1903 AD.].

Sêrat kabar wulanan nama:

Sasadara

Rêginipun ing dalêm satêngah taun 3 rupiyah, sarta kêdah kabayar rumiyin. Ingkang anggadhahi Sasadara Pahêman Radyapustaka. Ingkang nyithak sarta ngêdalakên Firma Vogel v. d. Heijde & Co. Juru pangripta Ngabèi Wirapustaka.

--- 336 ---

Minôngka Pananggalanipun Sasadara

Pawarsakan

Wulan Sawal taun Wawu ôngka 1833, taun Hijrah 1321.

[Grafik]

--- 337 ---

Dintên Sae

Salêbêtipun wulan Sawal taun Wawu punika wontên sakawan.

1. Dintên Kêmis Lêgi tanggal kaping 11 wuku Galungan, dewa Sri, wurukung, dadi, lampahing lintang, satriya wibawa, sumêngkaning srigati, rakamipun dhawah sanggar waringin, saenipun kangge yêyasan sabarang, sangatipun wiwit jam 6 dumugi jam 8.24 mênut, Ahmad pitutur, utawi wiwit jam 1.13 mênut, dumugi jam 3.36 mênut, Yusup wilujêng.

2. Dintên Sêtu Kliwon tanggal kaping 20 wuku Kuningan, dewa Endra, mawulu, dadi, lampahing bumi, tunggak sêmi, rakamipun dhawah sanggar waringin, saenipun kangge yêyasan sabarang, sangatipun wiwit jam 10.19 mênut dumugi jam 12.19 mênut, Jabarail wilujêng.

3. Dintên Sêtu Paing tanggal kaping 27 wuku Langkir, dewa Sri, tungle, tulus, satriya wibawa, lampahing latu, rakamipun dhawah macan kêtawang, saenipun kangge yêyasan pandhapa regol, sangatipun wiwit jam 6 enjing dumugi jam 8.24 mênut, Jabarail rijêki, utawi wiwit jam 3.37 mênut, dumugi sadalu pisan, Ahmad wilujêng.

--- 338 ---

4. Dintên Sênèn Wage tanggal kaping 29 wuku Môndhasiya, dewa Guru, wurungkung, dadi, lampahing latu, wasesa sêgara, rakamipun dhawah sanggar waringin, saenipun kangge yêyasan pandhapa masjid, pawon, sangatipun wiwit jam 10.49 mênut, dumugi jam 1.12 mênut, Ahmad rijêki.

Wêwaton sêrat pawukon, wulan Sawal wau mênawi kangge ngêdêgakên griya watakipun enggal alihan, mênawi kangge alih-alihan griya: awon, watakipun asring kaangkah ing tiyang.

Wêwaton ungêlipun kadis Marpuk, mênawi kangge salakirabi kirang prayogi, watakipun sugih sambutan.

Tèk

Ing têmbung Cina wontên têmbung tèk, têgêsipun andèlèhakên, nindhihi, utawi sadaya maujud ingkang saking nginggil angêbruki ing ngandhap, winastan: tèk.

Tiyang Cina mênawi ngabotohan pasang lyanpo, utawi capjikiyah, winastan tèklyanpo, utawi tèkcapjikiyah.

Tiyang Jawi nyangkok têmbung tèk wau, dados êtèk, utawi ngêtèk, tek-tekan = kasukan utang-utangan,

--- 339 ---

kêtekan = nyambut, têmbung tèk punika: ing têmbung Jawi tinêgêsan: angewahi pangasuting kêrtu, wondene tiyang ngabotohan ingkang botên sagêd bayar pikawonipun, kathah ingkang mastani: kêtekan.

Griya ingkang kaangge ngabothan lyanpo, tiyang Jawi amastani: griya pêtèkpon.§ Griya ngabotohan ing têmbung Cina winastan: kyuking.

Sêrat ingkang ngalamat: Layang Bêbasan lan Saloka ingkang kaêcap ing kantor pangêcapanipun kangjêng guphrêmèn ing Batawi, taun 1883 bab 12 wontên ungêl-ungêlan makatên:

Tukang angêtèkake dhuwit, tuwin dhuwit tekan sapuluh rupiyah.

Pustakawarti Jawi Kandha, 7 Nopèmbêr 1899 ôngka 127, wontên têmbung ngêtèk, makatên:

Kula mirêng sampun rambah-rambah, tiyang gadhah damêl jangji mawi kasukan, lajêng tarombolan para sampurnèng kasutan, wignyèng pangêtèk.

Pustakawarti Sun Awanjitpo ing Hongkong 5 Ogustus 1879 ôngka 1669 tuwin pustakawarti Latpo ing Singgapura, 19 Pèbruari 1886 ôngka 1269 griya ngabotohan wau, sinêrat tohwan, utawi kyukwan.

--- 340 ---

Pêndhak taun ing dintên tumapaking môngsa cingbing, inggih punika tumbuk ing dintên 4 utawi 5 wulan April, têtiyang sami dhatêng bêbrêsih kuburaning lêluhuripun, saha kuburan wau kadekekan krêtas: kochwa tiyang ing ngriki amastani: krêtas tatahan, lêlampahan punika ing têmbung Cina winastan: tèkchwa.

Tèk têgêsipun andèlèhakên.

Chwa têgêsipun krêtas.

Ngadat brêsih kuburan mawi tèkchwa, kasêbut nginggil punika, kacariyos awitipun kala Sang Prabu Badaeca (Hongbukun) ing taun Mèsèhi 1368-1398.

Rikala sang prabu sampun jumênêng pribadi ing krajan nagari Cina, ing sarèhning sang prabu asalipun tiyang alit, sarta kala taksih timur sampun katilar ingkang rama, sang prabu botên pirsa pundi kuburanipun ingkang rama, pramila aparing dhawuh dhatêng kawulanipun, sadaya kuburan kêdah dipun brêsihi, sarta kadekekan krêtas kochwa, para kawulanipun sadaya sami angèstokakên, wusana lajêng pinanggih satunggaling kuburan botên wontên krêtasipun, inggih punika pinanggih ing kuburanipun ingkang rama sang prabu.

--- 341 ---

Teko

Cèrèt ingkang kaangge anggodhog wedang, ing têmbung Cina winastan teka.

Satunggaling jinis grabah alus awarni abrit, wujudipun nyêmpluk, ing nginggil mawi tutup, ing ngajêng mawi cucuk tuwin ing wingking mawi cêpêngan, winastan: tekwan, kaangge wadhah ngêcuri godhong tèh sarana wedang, sasampunipun luntur, lajêng dipun curakên ing cangkir, nuntên kaunjuk.

Tekwan wau, ingkang dhapuripun jinggring, damêlan ing Kundhèn ingkang cinirèn sastra mungêl suting, tuwin ingkang dhapuripun nyêmpluk, damêlan ing Kundhên ingkang cinirèn sastra mungêl bingsin.

Bingsin punika namaning tiyang ing jaman kina ingkang misuwur pandamêlanipun tekwan.

Sapêngkêripun tiyang Cina angajawi, tiyang Jawi lajêng tumut ngangge tekwan wau, tuwin ngombe wedang tèh ananging nama tekwan, kalantur dados teko. Bingsin kêlantur dados bingsing.

Teko bingsing wau dhapuripun nyêmpluk, tiyang Jawi anamèkakên teko gondhok.

Tiyang Cina ing nagari Cina tuwin ing tanah Jawi: kathah ingkang karêm êtèh, pramila teko wau mênawi sae [sa...]

--- 342 ---

[...e] tuwin sampun kangge lami, sarta ing lêbêtipun sampun anglêka, punika awis rêginipun, punapa malih tiyang ingkang sangêt rêmên dhumatêng teko wau: tansah ngisik-isik tuwin liniling-liling, sarana binpa: inggih punika ingkang kêlanturing têmbung Jawi dados: gempo.

Êmbah kula swargi Babah Ciyukjikwi, rêmên sangêt dhatêng teko wau, amulang rekanipun tiyang ngiling wedang tèh dhumatêng kula, kadosdene ingkang kula jarwakakên ing ngandhap punika:

Ing nagari Cina, wontên toya ingkang winastan: samkyapcuwi: mênawi dipun godhog kadamêl wedang, tuwin kadamêl ngiling êtèh, sakalangkung nikmataosipun,nikmat raosipun. sagêd angicalakên panas, tuwin nyirnakakên sakathahing sêkêling manah.

Sarèhning toya samkyapcuwi wau têbih panggenanipun, toya jawah kemawon ingkang rêsik, inggih sampun eca.

Mênawi anggodhog wedang, prayogi ngangge arêng kusambi, sampun ngangge arêng gopok, awit asêpipun kumêlun, andadosakên botên eca raosing wedang.

Mênawi toya wedang sampun umob, nuntên latunipun [latuni...]

--- 343 ---

[...pun] kaalitna sakêdhik, punika winastan: bunbuhwe, têgêsipun latu silip tuwin militèr ananging taksih kaêntêpakên sakêdhap malih nuntên kaêntas, mênawi umobipun kadangon inggih nyuda aruming êtèh.

Êtèh wau kêdah kacêmplungakên lêbêting uwikwan, inggih punika tekwan, awit sagêd tumuntên: kyatlo: têgêsipun nglêka (lêkaning cèrèt, winastan cwisya).

Mênawi ngumbah tekwan wau, ing lêbêtipun sampun dipun gêbêg, namung kasirama toya wedang kemawon, tuwin mênawi badhe kacêmplungan tèh, ing lêbêtipun kêdah dipun suri wedang panas rumiyin, kalih utawi tigang rambahan, nuntên godhong êtèh kalêbêtakên tuwin lajêng dipun surana wedang panas wau ingkang ngantos baludag, supados unthukipun sagêd ical.

Sasampuning unthukipun ical, lajêng kaêtrapan tutupipun, tuwin jawinipun kaêcurana wedang malih tigang rambahan, kasrantosakên tiga utawi kawan mênut, nuntên kailing ing cangkir.

Mênawi damêl wedang êtèh syocyong, makatên:

Ingkang sarambahan, toya wedang kaêcurna ngantos baludag.

Ingkang kalih rambahan, toya wedang kaêcurna satêngah [satê...]

--- 344 ---

[...ngah] inggil.

Ingkang tigang rambahan, toya wedang kaêcurna kalih pratigan.

Ingkang kawan rambahan, punika kawêwahana êtèhipun, lajêng kaêcurana toya wedang ingkang panas, kasrantosakên tiga utawi kawan mênut, nuntên kailing ing cangkir.

Êtèh syocyong punika, sampun kaunjuk kathah-kathah, awit ujaring bêbasan: sit wêg, put sit pao, têgêsipun kaunjuk sarana murih pait (sêgêr) botên kaunjuk amurih tuwuk, awit êtèh syocyong wau mênawi kaunjuk sakêdhik, sagêd ngicalakên ngêlak, sarta: jun ao têgêsipun anyêgêrakên tênggorokan.

Êtèh ingkang sampun wayu, sampun kaunjuk.

TJOA TJOE KWAN

Kula maos sêrat kabar Sundha Bêrita, wontên panjurungipun Mas Ajêng Wiryadipura ing Bandhu,Bandhung. bab anirahakên yatra balônja ingkang kalayan sah, suraosipun kados ing ngandhap punika:

Ingkang kathah sanak sadhèrèk kula èstri tiyang bumi, ingkang tampi balônja saking ingkang jalêr, botên angêmungakên [angê...]

--- 345 ---

[...mungakên] kangge tumrap piyambakipun kemawon, ananging ingkang pêrlu kangge kabêtahanipun ing griya. Bilih balônja kathah botên dados punapa, ananging bilih namung sakêdhik, ingkang saèstu pakèwêd anggènipun ngangkah supados tiyang jalêr sampun ngantos kapêksa pados yatra kadamêl anyêkapi kêkiranganipun, ananging bilih anggènipun nanjakakên kalayan sabar sarta dipun manah sanadyan balanjanipun namung sakêdhik, ingkang saèstu botên badhe ngantos andadosakên kasusahan, ingkang sapisan, kêdah amanah pêrlunipun tiyang gêgriya, ingkang pêrlu piyambak inggih punika uwos, dados kêdah dipun wontênakên sarta kamanah cêkapipun kangge sawulan, kajawi punika ugi kêdah amêrlokakên angwontênakên kados ta kajêng, bumbu- bumbu, sarta sata, rèk, prayogi tumbas sacêkapipun, anyimpêna yatra kantun sawatawis kadamêl wêwahing balônja kados ta lisah ulam, lisah pèt, sarta sanès-sanèsipun. Simpênan yatra ingkang kangge punika sampun kaewah-ewah. Sadaya pêrlu kêdah katimbakatimbang. kalayan balanjanipun tiyang jalêr, dados têrang utawi langkunga sakêdhik. Bilih wontên yatra langkungan, sanadyan sakêdhika prayogi katanjakakên ing pangangge saha praboting griya, bilih kirang [ki...]

--- 346 ---

[...rang] cêkapipun kêdah dipun kanthèni kalayan rekadaya, sarta kasagêdan, ingkang kalayan botên nistha, kados ta asade dolanan sasaminipun, pêpajênganipun kenging kadamêl wêwahing balônja. Bilih yatra langkungan wau namung sakêdhik, botên cêkap kadamêl pawitan, prayogi kawêwahan kalayan pawitan rekadaya, kados ta: sampun mokal bilih botên gadhah atêtêpangan ingkang botên gadhah dagangan, amêndhêta dagangan ing ngriku, kabêktaa dhatêng panggenaning têtêpangan sanèsipun, kapurih numbas, ananging pamêndhêtipun bathi sawatawis kemawon, dados namanipun pajêng. Kajawi saking punika bilih gadhah kasagêdan, kêdah anyumêrêpi watak-watakipun tiyang ing môngsa punika, barang warni punapa ingkang sawêg pajêng, kasagêtna ing wêdal punika, ingkang saèstu pêpajênganipun botên badhe anguciwani.

Kasagêdan anyêrat (ambathik) punika tumrap tiyang èstri ing ngriki pêrlu sangêt kaudi sagêdipun sarta kêdah anindakakên, sanadyan sadintênipun namung nyêrat satêngah jam upaminipun, ananging kêdah anglampahi.

Anggènipun tiyang jalêr pados têdha ingkang kalayan rêkaos punika, kêdah dipun rancangi, sampun angunggul-unggulakên, dupèh tiyang jalêr sampun gadhah kaya utawi pamêdal, [pa...]

--- 347 ---

[...mêdal,] lajêng namung angeca-eca jêjungkatan, nginang, pupuran, amêndhêt manahipun tiyang jalêr, supados dipun sihi, punika dede pandamêlipun bojo, pandamêlipun tiyang èstri ingkang andagangakên badanipun, tiyang jalêr ingkang dhatêng saking nyambut damêl, sanadyana narimah dipun sadhiyani punapa-punapa, ingkang botên timbang kalayan balônja ingkang dipun tampèkakên (upami tiyang èstri petangipun sadintên tampi balônja pawon sarupiyah, wusana yatra wau lajêng dipun ageangge. tumrap pêrluniwunpêrlunipun. piyambak, ngantos kirang ingkang kadamêl balônja pawon, amila lajêng namung anyadhiyakakên sêkul kalayan jangan kemawon) tiyang èstri wau pantêsipun kêdah gadhah isin dhatêng pandamêlipun ingkang makatên wau. Tiyang èstri ingkang saèstu sagêd anirahakên balônja, awit saking reka, watonipun tabêri nyambut damêl, upami angrajang lombok isinipun katanêm ing pakarangan utawi pot, ing têmbe wohipun ingkang saèstu kenging kadamêl wêwahing bumbu. Bilih makatên punapa tiyang èstri botên badhe anyudakakên balanjanipun, têtêdhan ingkang pantês kasimpên, kasimpêna, sarta bilih kenging kadamêla warni sanès, amêrlokna ngingah babon, awit kenging dipun ajêng-ajêng tiganipun, [tiganipu...]

--- 348 ---

[...n,] ananging anggènipun nanjakakên sampun kasêsa, sadangunipun balônja taksih anyêkapi, sampun ananjakakên tigan wau, awit lami-lami sagêd nêtês, bilih tumbas daging, prayogi sabên- sabên sanadyan namung sakêdhik angêlonga, pêrlu kadamêl dhèndhèng, lami-lami ingkang saèstu sagêd angsal anyêkapi kadamêl sadhiyan kalih, tiga utawi kaping pintên-pintên ajêngan, sarana lampah ingkang makatên wau, ingkang saèstu tiyang èstri sagêd anirahakên balônja kalayan sah, sanadyana badhe katumbasakên punapa-punapa, botên wontên tiyang ingkang ngarubiru. Anêbihna pêpenginan ingkang kintên-kintên adamêl rêkaos, bilih tiyang èstri adamêl makatên, ingkang jalêr sampun tamtu angyêktosi, tisnanipun botên badhe enggal sirna, kajawi kabujêng saking asih, sarta amêndhêt manah, sarana dêdamêl pupur, lisah wangi, saha têmbung arum.

Kasêbut pratelanipun Mas Ajêng Wiryadipura wau, saking pamanggih kula sadaya lêrês, padunungan kula ing Surakarta ngriki, sampun kathah ingkang nindakakên makatên, kayêktosanipun gêsangipun inggih wilujêng. Ananging ingkang amratelakakên, bilih balanjanipun kathah botên dados punapa, kajawi para luhur, kula kirang conthong, condhong. [co...]

--- 349 ---

[...nthong,] awit pamanah kula ingatasipun tiyang gadhah balônja, kathaha sakêdhika, kêdah katindakakên kadosdening wêwarah wau, awit tiyang ingkang balanjanipun kathah, kêkajênganipun inggih kathah, kabêtahanipun utawi rêrêngganipun, punapa malih sêsanggènipun ugi kathah, dados ingkang saupami botên katindakakên kadosdening wêwarah wau, ingkang saèstu ugi badhe anêmahi kasusahan saking sambutan. Ananging ingkang makatên wau kathah ingkang botên sagêd anindakakên utawi anglêksanani, awit saking panggodhanipun tiyang jalêr utawi sanès-sanèsipun, cacadipun tiyang èstri kados ta:

I. Saking kirang kasagêdan utawi katabêrèn (kêskil).
II. Watak borosan.
III. Saking siyanipun tiyang jalêr.
IV. Saking pandamêl utawi lêpatipun tiyang jalêr.
Lêpat utawi pandamêlipun tiyang jalêr wau warni-warni, kados ta:

1. Kirang sagêd utawi kirang kalêrêsan pamilihipun badhe semah.

2. Kirang tabêri anggrètèhi tiyang èstri.

--- 350 ---

3. Saking karoyalanipun piyambak, kados ta royal dhatêng èstri, main, ngombe, punapa malih madati.

I. Kirang kasagêdan utawi katabêrèn wau sagêd sirna saking pandamêlipun ingkang jalêr, watonipun botên sah amrih wilujênging gêsangipun, ingkang saèstu tiyang èstri miturut.

II. Watak borosan punika kenging dipun têmbungakên, botên kenging dipun sirnakakên, sirnanipun namung saking reka, tiyang kêkalih laki sarta rabi kapiliha pundi ingkang langkung sagêd nyêpêng yatra, têgêsipun ingkang gêmi, bilih ingkang jalêr langkung gêmi, botên watak borosan kados ingkang èstri, yatra balônja wau prayogi kacêpênga dening ingkang jalêr piyambak, ingkang èstri kapancia kemawon sabên dintênipun, kajawi ingkang sampun katanjakakên ing wos sasaminipun, ingkang anyêkapi katêdha sawulan, awit bilih botên makatên, watak boros wau ingkang saèstu botên sagêd ical. Bilih kalih-kalihipun watak borosan sadaya, amitadosa ing waris, ingkang sagêd nyêpêng yatra sarta nanjakakên ingkang kalayan gêmi.

--- 351 ---

III. Siya, têgêsipun adamêl sapurun-purun, botên anganggêp semah, botên gadhah wêlas punapa malih botên gadhah tisna utawi asih sarta rêmên, ingkang saèstu tiyang èstri ugi lajêng ngalokro botên purun ambudidaya wilujêngipun jêjodhoan.

1. Kirang sagêd utawi kirang kalêrêsan pamilihing èstri ingkang badhe kadamêl bojo punika, botên pêrlu kula pratelakakên, awit sampun dados kalimrahanipun, tiyang Jawi amêndhêt semah punika namung wêwaton saking petangan wêdalan saha saking sami sênêngipun, dados namung wêwaton saking warni, botên mawi wêwaton condhonging manah kadosdening bôngsa kulit pêthak, kapara wontên ugi lare èstri purunipun laki wau amung ajrihipun dhatêng tiyang sêpuhipun, dados awis ingkang anêtêpi piwulang ing Sêrat Darmawasita: yèn kowe arêp rabi, matamu êlèkna kang ômba, yèn wus kalakon êrêmna.

2. Kirang tabêri anggrètèhi tiyang èstri punika ugi dados kalêpatanipun tiyang jalêr, sanadyan ingkang jalêr wau kawon kasagêdanipun, ananging kêdah asuka sêsêrêpan, utawi pratikêl, awit bilih botên makatên, lami-lami ingkang limrah tiyang èstri rumaos [ru...]

--- 352 ---

[...maos] unggul, kadadosanipun asring kirang prayogi, awit lajêng angêpak dhatêng tiyang jalêr, satêmah adamêl sawiyah-wiyah ing tata têntrêming griya.

3. Kalêpatanipun tiyang jalêr saking sadaya karoyalan, ingkang limrah ambibrahakên utawi anggugurakên kautamènipun tiyang èstri. Ingkang saupami tiyang èstri sampun anindakakên wêwarahipun Mas Ajêng Wiryadipura, ananging ingkang jalêr lajêng gadhah patrap salah satunggaling karoyalan kasêbut ing nginggil, ingkang saèstu kautamènipun wau lajêng ical, lêpata lajêng angêmbari ambucal yatra sasaminipun, inggih lajêng kèndêl botên purun angudi utawi ambudi amrih wilujênging gêsangipun tiyang salakirabi.

Amung samantên sasêrêpan kula, bilih wontên cèwèt utawi kêkiranganipun, kula anyumanggakakên ing para kawogan, ingkang sami kaparêng lêlangên ing wimbaning sêrat kabar Sasadara punika, awit sasumêrêp kula amung ing sêrat kabar Walandi tuwin Malajêng ingkang wontên panjurungipun para èstri, ing sêrat kabar Jawi dèrèng wontên, amila sapunika kula amucuki, supados sagêda dados lêlantaran kaindhakaning [kaindha...]

--- 353 ---

[...kaning] kautamènipun para èstri.§ Dhasar dèrèng wontên têtiyang èstri ing Jawi Têngahan, ingkang tuwuh budinipun gadhah anggitan kapacakakên wontên ing kabar, kajawi sawêg Radèn Ayu Prawirawiyata punika, anggitan wau botên kula manah awon saenipun, ananging kula amastani agêng phaedahipun, mila kula tampèni kalayan panuwun saha kula aosi kanthi kautamèn, pamuji kula Radèn Ayu Prawirawiyata dadosa têturutanipun para pawèstri ing Jawi Têngahan, amêncarakên budi kados satatanipun têtiyang jalêr, baud dhatêng petang, sarta sagêd anganggit-anggit kautamèning èstri, angirib-iribi lêlabuhanipun pawèstri bôngsa Eropah, punika ingkang sampun têtela sampurna gêsangipun sarta sami êmbyakipun kalihan jalêripun.¶[354]¶Ing abipraya sampun nate wontên pakumpulan para warga pawèstri garwanipun para priyantun warganing abipraya, namung sakêdhap, kèndêlipun botên pakumpulan malih kula kirang têrang.¶Wiwitipun ing Surakarta wontên lare Jawi dipun sêkolahakên Walandi, punika anak kula jalêr ngaèsi sastra pradata, sapunika kadospundi, botên namung para putra wayah dalêm kakung putri dalah anakipun para abdi dalêm kathah ingkang dipun sêkolahakên Walandi.¶Lah sapunika wiwit malih anak èstri dipun sêkolahakên Walandi, kajawi putra wayah dalêm, tuwin putranipun para agung, bilih anakipun parabdi[para abdi] dalêm saha têtiyang alit, kados dèrèng wontên sawêg wontên satunggal anakipun Jayakartika kawula dalêm magang ing Kapatihan, anèh tur sampun minggah dhatêng pamulangan Messe school badhe baud cara Wlandi, kadamêl punapa? Wikana.¶Sapunika Radèn Ayu Prawirawiyata amawiti[amiwiti] pawèstri anganggit-anggit, sumôngga para garwanipun warga abipraya mupung padhang rêmbulanipun, jêmbar kalanganipun, surakipun angêstosi[angêntosi] rawuh sampeyan. Red.

Radèn Ayu Prawirawiyata

Pun Prawirawiyata

Abdi dalêm carik ôngka II ing kabupatèn pulisi nagari Surakarta.

[Dhandhanggula]

rarasing rèh pêpalining èstri / dèn raosna ing wêninging cipta / naya buntu têtambane / yuwana sing sranèku / prabot godhongira imani / wimbuh gya pinipita / ran arêng tobat gung / widigdaya ginodhoga / ya ing kwali niyat watonana ugi / tadhah amin lan donga //

nanging kêkêbana kang arêpit / griya sabar lawan anarima / sumawana dhêg-udhêge / rasa sajati tuhu / karya pali para pawèstri / tatacaraning krama / amêngku ing kakung / dimèn antuk kanugrahan / ninging cipta sampurna donyèng kerati / rat pramudita mulya //

Darmawisata III (Kothong Jatining Kôndha)

(Bramartani ôngka 94, taun 1833)

Dintên Jumungah Kliwon tanggal kaping 29 wulan Ruwah ing taun Wawu sinangkalan kumukusing ujwala samadyaning jagad = ôngka 1833, nuju awaling môngsa kanêm ngumur 11 dintên sampun wiwit kathah jawah, kalêrês dintên padusan rêrêsik sarira badhe anglampahi pêrlu puwasa ing wulan Ramlan, saha kalêrês dintên libur botên sowan anggarap padamêlan para waduaji (= abdi dalêm) saekapraya

--- 355 ---

badhe angenggar-enggar manah baitan dhatêng ing bênawi, sêdyanipun botên namung dhatêng kabingahan, inggih ugi ambiyantoni untabipun kawula dalêm ingkang sami badhe adus dhatêng ing bênawi, yèn padamêlan punika kalêbêt kamajênganing praja, anglêluri dintên ingkang dipun mulyakakên, bêdhaminipun pakêmpalan wontên pasanggrahan ing Purwantara, inggih bale nimpuna (= panampi arta) dhudhuk lumpur bawah kabupatèn Sèwu, gadhahanipun Mas Ngabèi Wimbapranata.

Ing wanci enjing lamuk kawuryan amradini jagad kumukus manginggil, dening ing dalunipun mêntas jawah dêrês, agraning rêdi Lawu katingal padhang sumêblak, botên katawêng ing imalaya, angantawisi yèn dintên punika badhe têrang botên jawah. Laron liwêran kumêbul mêdal saking guthakanipun, kados inggih badhe among suka, akêkalangan wontên ing gêgana tanpa sêdya, botên sumêrêp badhe manggih bêbaya agêng dening pamunahing ripu binutuh-butuhakên ing lare sarwi asabawa: êndhèk èrèk dhuwur kêncur cinathokan kalêbêt ing bumbung badhe dados dadar, sawênèh cinucuk ing ayam, wah trondhol, kalêbêt ing têlih, ingkang sagêd oncat andêdêl ngumbara silum, tinangkêp ing kuthilang ingkang wontên panging wit turi, sawênèh

--- 356 ---

srigunting nyêgat mencok wontên pucuking pring ori, botên talompe panyambêr pindha Sarotama, laron liwêran tapis tanpa lari, sawêg wontên sabawaning pêksi ngocèh, jêthithut thèt, ciyu-ciyu cing-cing goling. Ki Sêmpoyong thênguk-thênguk, wedangipun dèrèng matêng, sawêg tumbas tèh ramês sabuntêl, rèmèh. Andungkap satêngah sanga wontên warga kêkalih angampiri, lajêng mangkat saking Cakrakêmbang numpak kareta pirman, anèh, dumugi ing WurwantaraPurwantara. kèndêl pukul 9 para waduaji sampun jibêg pating prangangah, nanging botên ngajrihi, kalêmpakipun wontên warga 14 wontên malih warga enggal, inggih wadu: nanging tanpa aji, agêng alit caruk toya cacah sirah nênêm gigipoetih botên wontên kathah ingkang cuwa.

Bale nimpuna punika manggèn ing pungkasanipun margi agêng ing Bêton, wontên ing babagan kilèn bênawi sakidul margi, ajêng-ajêngan kalihan griya kit, kaalangan margi agêng, adêging griya manggèn ing tikunganing bênawi ngampat ngalèr ngetan, mila mênawi amirsani dhatêng wingking lajêng katingal ubaling toya bênawi alirap-lirap, saèstu anêngsêmakên manah, made nimpuna wau dhapur daragêpak (kampung èmpèr mubêng) ing ngajêng kapasangan topengan, tanpa kori ngajêng, butul dhatêng wingking, cara

--- 357 ---

griya Walandi, kiwa têngênipun watês pangêrêt kasinggêt dados kamar wetan kilèn, kori wontên têngah, candhela wontên lèr, sarèhning ingkang kasinggêt namung watês pangêrêt, dados angwontênakên èmpèr kêkalih ngajêng wingking, saha sarèhning ingkang kapêpêt sarta kapasangan inêb wiwit balandar wingking, mila angwontênakên jrambah têngah katingal bawera dening têpang dados satunggal kalihan èmpèr ngajêng, lowung kangge pakèndêlan, ing ngriku sampun kapasangan kursi tanganan sarta goyang, punapadene dhingklik panjang patèn wontên ing topengan, ing têngah kapasangan meja bundêr, minuman pait sampun sudhiya, sarta kalênengan sampun mungêl.

Jam satêngah sadasa bidhal numpak baita mudhik, baita ingkang dipun tumpaki namung jungkung mardaya, kados ingkang sampun kacariyos wontên ing Bramartani, kêmba bilih dipun kaping kalihi, sakaning payon baita kinayu apu binuntêl binuntal ing patra, pindha têtuwuhaning pangantèn ingkang kinarirêngga, canthiking baita mawi sirah naga praba, paring dalêm Sampeyan Dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan P.B. X ing jrambah kagêlaran babut kêmput sawiyaripun palênggahan, para waduaji lênggah jajar urut têpining baita, para wadu barat nunggil sapanggenan kangge sawangan [sawanga...]

--- 358 ---

[...n] (gambar idhup) laras sayêktos, ing ngajêng sawingkinging palênggahan kapasangan bipèt kêbak minuman, laras kaping kalih, baita tambèn panggenan kalênengan kagandhèng kalihan baita agêng botên kenging têbih laras kaping tiga, tumuntên mangkat gôngsa mungêl angrangin dipun sindhèni wadu barat agêntos- gêntos laras kaping sakawan, samargi-margi dados tontonaning kathah, lajêng wiwit bikak kêmah, pait utawi konyak Jugja, Ki Sêmpoyong milih ngombe konyak, botên bodho lajêng andrawina pating kucapah, kupat gudhêg bubuk dhêle: pêcutipun sambêl gorèng, wêdalan ing Cakrajayan, miraos sayêktos, pangunjukanipun toya èis, wedang tèh kapanggung nyamikanipun lêmpêr, tumpêngipun dèrèng ewah, angêntosi pikantukipun panjaringing ulam: kaki warigaluh (= juru misaya ulam) sampun ngrumiyini, sêmbènipun lêlênggahan: kêrtu gangsal ...

Lampahing baita sakalangkung rêkaos, awit toya sawatawis agêng wah baita mudhik mawi kagandhèng, sarêng anglangkungi bantaran kapisah sakêdhap, wusana lajêng kagandhèng malih, mila sakalangkung rêmbên lampahipun.

Ing bênawi sakalangkung kathah ingkang sami among suka baitan, para priyantun sarta para sudagar tuwin para Cina sawatawis [sa...]

--- 359 ---

[...watawis] inggih wontên, saha kathah ingkang ambêkta kalênengan mawi kasindhenan ing ringgit, sawênèh wontên ingkang mawi harmonikah, bilih nuju kaungêlakên, sêsarêngan kalihan ungêling gongsa: ragi kisruh.

Têpining bênawi ingkang iring kilèn kathah têtiyang ingkang sami ningali, malah wontên lintang panjêrina (kartika mabangun) dhawah wontên têpining narmada, mêthukakên lampahing baita, sarêng lampahing baita sampun mêngkêrakên, hyang sudama alihan cumalorot mangilèn, kilap dhawahipun.

Lampahing baita nusul dumugi panggenanipun warigaluh, dipun pitakèni: punapa sampun pikantuk ulam, wangsulanipun: dèrèng, wut, bilai tumpênge botên, môngsa wontêna ingkang karsa anggadho tumpêng, botên.

Andungkap satêngah gangsal, baita dumugi ing Bacêm, ingkang taranggana sumyar sampun angrumiyini dhawah wontên imbanging pasanggrahan Bacêm, sarêng sampun kalangkungan malih: lajêng silêm sumusup lapising paningal.

Ing Bacêm wontên sawênèhing para gusti ingkang mêntas siram kujamas, taksih angore rema jumênêng wontên têpining narmada, kadhèrèkakên ingkang para abdi, mawi angasta lêlangên piyul.

--- 360 ---

Tumuntên wontên warga satunggal nusul ing lampah, mêntas dhèrèk wiyos dalêm têdhak sêmbahyang dhatêng masjid Agêng, nuju ing dintên Jumungah wêkasaning wulan, lajêng malêbêt dhatêng ing baita, gunggung warga dados 15 enggal sinugata dhatêng among tamu, ngunjuk konyak sarta sês srutu, namung sêgah sanèsipun minuman sampun têlas, kantun tumpêng thok, ajrih ngaturakên tawi, punapa botên makatên?.

Ngaso sawatawis lajêng nulak wangsul milir, sampun wanci tunggang gunung, angin sumribit wiwit karaos asrêp, lampahing baita laju botên wontên sangsayanipun, wadu barat ingkang pinunjul ing warni kadhawahan jogèd wontên ing têngah, dipun sawang kalihan lêlênggahan, laras têlas-têlasan, hyang andakara badhe silêm sumusup ing tasik, sorotipun sumirat anyunari sèsining buwana, sarêng wêdaling sandyakala, lokap kalingkap katingal sap-sapan pindha tundhaning langit, imamanda angawêngi pating cêngkênuk pindha cêcênthunging pangantên ing wanci enjing barèh risak dening tangi tilêm, kêkathahên langêning margi bilih kacariyosna sadaya, dumugi pasanggrahan Purwantara sampun pêtêng, dilahing pasanggrahan katingal ambalêrêt dhasar sumbunipun namung sapalih, kados punika dilah [di...]

--- 361 ---

[...lah] panjêran, gêmi namanipun, punika prayogi, dene dilah triyum inggih wontên, nanging botên kasumêd, kados kangge pameran, punika inggih prayogi malih.

Pêthukan kareta sampun sami dhatêng, lajêng bidhalan mantuk sowang-sowang. Ingkang ngayangan dhatêng Cakrakêmbang dipun papagakên rujak parêngut, nanging inggih sêgêr.

Red.

Sêrat Cakrawarti

(Sambêtipun ôngka III kaca 102, taun IV)

Mênggah taun ingkang kasêbut ôngka 2, 6, 10, 14, 18, 22, 26, 30, 34, 38, 42, 46, 50, 54, 58, sadaya punika sami tataun. sanèsipun sami taun Wuntu.

Wondèntên pratangkanipun ing môngsa ingkang kakumpulakên kalihan pratangkanipun ing taun, mawi kaupadosan taun ingkang lumampah, yèn nuju Wastu inggih amêndhêt pratangkaning môngsa ing taun Wastu, yèn nuju ing Wuntu inggih amêndhêt pratangkaning môngsa ing taun Wuntu, ing ngandhap punika pratelanipun.

--- 362 ---

[Grafik]

--- 363 ---

[Grafik]

--- 364 ---

[Grafik]

--- 365 ---

Brahmana masa purwa

Ingkang kaping kalih amratelakakên môngsa purwa ingkang kalampahakên ing têtiyang agami Brama, lampahipun mawi wedha kaping kalih ing dalêm sataun, laminipun anggangsal dintên, dados 10 wedha kaping kalih wau: ing taun Wastu Wuntu sami kemawon ing sabên wedha 5 dintên, inggih kawastanan ari radin, ing nalika punika têtiyang agami Brama sami sidêkah mêmule dhatêng para dewa, mênggah panggenanipun ing ari radin wau kados ing ngandhap punika:

1. Ing taun Pratiwi, wedha sapisan wontên wêkasaning môngsa kartika utawi kasa, ing dalêm 5 dintên wedha kaping kalihipun, wontên wêkasaning môngsa palguna utawi kapitu, ing dalêm 5 dintên.

2. Ing taun Prayana, wedha sapisan wontên wêkasaning mongsa pusa utawi karo, ing dalêm 5 dintên wedha kaping kalihipun wontên wêkasaning môngsa wisaka utawi kawolu, ing dalêm 5 dintên.

3. Ing taun Brahma, wedha sapisan wontên wêkasaning môngsa manggasri utawi katiga. Ing dalêm 5 dintên, wedha kaping kalihipun wontên wêkasaning môngsa jita utawi kasanga, ing dalêm 5 dintên.

--- 366 -- -

4. Ing taun Gangga, wedha sapisan wontên wêkasaning môngsa sitra, utawi kapat, ing dalêm 5 dintên, wedha kapingkapingkaping. kalihipun wontên wêkasaning môngsa srawana utawi kasapuluh, ing dalêm 5 dintên.

5. Ing taun Bayu, wedha sapisan wontên wêkasaning môngsa manggakala utawi kalima, ing dalêm 5 dintên wedha kaping kalihipun wontên wêkasaning môngsa asuji, utawi sadha, ing dalêm 5 dintên.

6. Ing taun Uma, wedha sapisan wontên wêkasaning môngsa naya utawi kanêm ing dalêm 5 dintên wedha kaping kalihipun wontên wêkasaning môngsa asuji, utawi sadha ing dalêm 5 dintên.

7. Ing taun Sri, wedha sapisan wontên wêkasaning môngsa kartika utawi kasa, ing dalêm 5 dintên wedha kaping kalihipun wontên wêkasaning môngsa palguna utawi kapitu, ing dalêm 5 dintên.

8. Ing taun Kala, wedha sapisan wontên wêkasaning mongsa pusa utawi kasa, ing dalêm 5 dintên wedha kaping kalihipun wontên wêkasaning môngsa wisaka utawi kawolu, ing dalêm 5 dintên.

9. Ing taun Marga, wedha sapisan wontên wêkasaning môngsa [mông...]

--- 367 ---

[...sa] manggasri, utawi katiga, ing dalêm 5 dintên wedha kaping kalihipun wontên wêkasaning môngsa jita utawi kasanga ing dalêm 5 dintên.

10. Ing taun Garura, wedha sapisan wontên wêkasaning môngsa sitra utawi kapat, ing dalêm 5 dintên wedha kaping kalihipun wontên wêkasaning môngsa srawana utawi kasapuluh ing dalêm 5 dintên.

11. Ing taun Baruna, wedha sapisan wontên wêkasaning môngsa manggakala utawi kalima, ing dalêm 5 dintên wedha kaping kalihipun wontên wêkasaning môngsa padrawana utawi dhastha, ing dalêm 5 dintên.

12. Ing taun Kirana, wedha sapisan wontên wêkasaning môngsa naya utawi kanêm, ing dalêm 5 dintên wedha kaping kalihipun wontên wêkasaning môngsa asuji utawi sadha, ing dalêm 5 dintên.

Ringkêsaning Cariyos Ringgit Purwa

Candhakipun Sasadhara ôngka VII kaca 265

Anggada

Punika putranipun wanara Raja Subali, patutan saking Dèwi Tara, kapundhut putra ing Sri Bathara Ramawijaya. [Ramawi...]

--- 368 ---

[...jaya.] Lairipun wontên ing kadhaton Guwakiskêndha, kala Sri Bathara Ramawijaya têdhak ing Guwakiskêndha mêntas unggul ing prang kalihan wênara Raja Subali, kaaturan uninga yèn wênara Raja Subali tilar putra satunggal jalu, lajêng kapundhut putra, sarta lajêng kapundhutakên êmban, Prabu Sugriwa ngaturi kapi Druwenda punggawa agêng. Ing sadiwasanipun lajêng pinacak punggawa satriya, ingkang ngêmbani lêstantun kapi Druwenda. Warnanipun Radèn Anggada angajrihi, dêdêg agêng inggil, acancut rowa arikat, netranipun kados srêngenge, yèn sêgu kados galudhug, sêmbada kaprawiranipun pinuji ing tigang jagad, anuruni turasing prajurit punjul, wantêring manah limpad pasanging graita, wadya wênara agêng alit ajrih asih sadaya. Nalika Sri Bathara Ramawijaya masanggrahan wontên ing Suwelagiri angrêmbag lulusing kautamèn anggèning badhe ngantêp dhatêng Prabu Dasamuka punapa aprang punapa amrih rahayu, mênawi nêdya rahayu angaturna Dèwi Sinta, yèn botên angaturakên badhe kagêbag ing prang, punika sintên prayoginipun ingkang kautus, sadaya namung sami nyumanggakakên kaparênging karsa kemawon, Sri Bathara Ramawijaya [Ramawi...]

--- 369 ---

[...jaya] kèndêl marsudi budi, wêkasan lajêng dhawuh Radèn Anggada ingkang piniji ing damêl, sadaya sami nayogyani, Radèn Anggada langkung suka, sasampuning tampi dhawuh lajêng nêmbah mêsat napak ing gêgana, kumyus mêsês ingkang angin-angin, sapraptaning nagari Ngalêngka sangsaya agêng kang bayu bajra lesus kados pinusus, amarêngi Prabu Dasamuka lênggah siniwi ing para wadya raksasa agêng alit wontên ing panangkilan, sadaya sami kagyat dening bayu bajra sindhung riwut magênturan, balêdug mangampak-ampak pêtêng dhêdhêt anglimputi praja, kasaru dhatêngipun Radèn Anggada niyup saking gêgana lêbu kabuncang ing angin byar padha sumilak sanalika praptaning dharat lumampah sigra-sigra ambêk masuk ing pasewakan, nirbaya nirwikara kados singa krura lampahipun, sagunging para punggawa ingkang sewaka mèh kapidak sirahipun, cingak sadaya ningali Radèn Anggada dening botên wontên ingkang tinaha, ingkang pinandêng amung Prabu Dasamuka kemawon, lajêng lênggah cêlak ing singangsana, solah ganggas ulat galak alon têmbungipun anggèning amêdharakên sagatining karya. Ing ngriku Prabu Dasamuka sangêt duka amangsuli yèn nêdya mapag prang, sarta

- -- 370 ---

kathah-kathah anggènipun nguwus-uwus dhatêng Radèn Anggada têka botên amrih kautamèn malês pêjahing bapa, malah angawula. Sanalika Radèn Anggada cêk pêng karna madêg malangkrik malêlêng netranipun mêmpêng ing kasudiran amangsuli wuwus candhala tanpa rêringa, lajêng mêsat ing gêgana mantuk dhatêng Suwelagiri matur ing sasolah tingkahipun sadaya miwiti mêkasi. Sri Bathara Ramawijaya sanalika lajêng dhawuh ambidhalakên wadya wênara anglurugi kitha Ngalêngka, dados prang agêng, wênara kalihan dênawa. Kacariyos Radèn Anggada kathah anggèning amêmêjahi para punggawa ditya, wontên samadyaning prang. Kala angsahipun Arya Kumbakarna para wadya wênara kathah ingkang kawisesa, sakantuning pêjah sami giris lumajêng asasaran pati-pati bêbêntusi amrih pangungsèn, Radèn Anggada merang mulat dening wadya wênara gusis, krodha madêg anjrit kados gêlap saking katêbihan swaranipun atri amituturi dhatêng wadya ingkang sami ngucira ing prang, kasêrêpakên dhatêng nistha madya utamining pêjah, ingkang utami piyambak punika amung pêjah prang, minôngka patukuning swarga turasipun ing wingking sami manggih kamulyan, yèn [yè...]

--- 371 ---

[...n] ajrih ing pêrang amanggih naraka, turasipun ing wingking sami kaèsi-èsi. Para wadya wênara sarêng mirêng wêwulangipun Radèn Anggada sanalika èngêt gadgada madêg kasudiranipun kajênglajêng. mangsah malih kumrutug rêbat rumiyin botên ulap dhatêng kaprawiraning mêngsah.

Muksanipun Radèn Anggada sarêng kalihan Prabu Sugriwa sawadya sami dhèrèk muksanipun Sri Bathara Ramawijaya.

Narantaka

Punika putranipun Prabu Dasamuka saking garwa paminggir, kala prang agêng ing Ngalêngka pêjah dening Radèn Anggada.

Narasoma

Punika nenemanipun Prabu Salya ing Mandraka = Madraka zie Salya.

Rms Suwita.

Bab Pangrêngkuhipun Anak Dhatêng Tiyang Sêpuhipun, Miturut Buku de Civiliatie of de Wellevendheid

Sambêtipun Sasadara ôngka VII kaca 251.

Saking kiranging pamêrdi kathah kemawon lare ingkang kirang taklimipun dhatêng tiyang sêpuhipun, ingkang kasêbut ing bêbasan: ajènana bapa biyungmu, amêsthi kowe kadunungan [kadu...]

--- 372 ---

[...nungan] barkah ana ing dunya, punika para lare botên kenging kasupèn, para lare bilih tinakenan dhatêng tiyang sêpuhipun, sampun bêkis ing wangsulanipun, sampun tumut-tumut ing ginêmipun tiyang sêpuhipun bilih botên tinakenan, dene mênawi sinaruwe utawi tinakenan, tumuntên amangsulana ingkang cêtha, sarta patitis, sampun èsmu isin, punapa malih lingak- linguk ningali ngiwa nêngên, mênawi tiyang sêpuhipun utawi sanèsipun pinuju nêdha, para lare sampun anggadhahi panêdha, angantosna mênawi dipun sukani, ingkang kêdah katampèn tumuntên, sampun mengkak-mengkok, yèn pancèn botên ajêng aluwung katampika, bilih pawèwèhipun namung sakêdhik utawi sanès ingkang dados pangajêng-ajêngipun, sampun mawi anêdha lintu, punapa malih mênawi botên dipun sukani punapa-punapa, prayogi kèndêla kemawon, sampun tudang-tuding utawi bêbisikan kalihan tunggilipun lare, angraosi têtêdhan ingkang wontên ing ngriku, awon sangêt bilih lare ngantos anglairakên panêdhanipun ingkang awarni têtêdhan sapanunggilanipun, saya saru bilih sawêg kalêrês wontên tamu.

Ingkang dados kuwajibanipun para lare kêdah amundhi dhatêng tiyang sêpuhipun, bilih dipun kèngkèn kêdah ingkang lêga [lê...]

--- 373 ---

[...ga] ing manah, sarta cukat anggènipun anglampahi, sampun mawi ambasêngut, para lare sampun ngantos gadhah rumaos isin ingkang margi saking andhaping asliasil. utawi saking kamlarataning tiyang sêpuhipun, punapa malih saking kacingkranganipun dhatêng tatakrama, malah ngagêngna panarimahipun, dene manggih kadarmaning tiyang sêpuhipun ingkang angudi dhatêng anakipun, dipun wulangakên ngantos angungkuli sêsêrêpanipun, para lare mêsthi sami trêsna rumakêt sarta têmên-têmên angandêl dhatêng tiyang sêpuhipun, sampun angandhut wados, mênawi wontên kalêthiking manah lajêng kaprasajakna, sampun ambêk lêrês dhatêng sabarang kalêpatanipun, supados angsala pangapuntên, dene trêsnaning lare dhatêng tiyang sêpuhipun kakanthènana gumatos, mênawi para lare sumêrêp bilih tiyang sêpuhipun gadhah kajêng punapa-punapa tumuntên angladosana, punapa malih mênawi tiyang sêpuhipun kalêrês sakit, ingkang sarêgêp anggènipun anggumatosi, sarta angatingalna anggènipun ambelani kasusahanipun, utawi ing sasagêd-sagêd angudia ingkang dados panglipuring tiyang sêpuhipun, mênawi tiyang sêpuhipun pinuju muring-muring jalaran saking anggènipun anandhang sakit, utawi saking nalar sanèsipun, para lare kêdah anyarèhakên, awit [awi...]

--- 374 ---

[...t] sami botên sagêd anggayuh sapintên gênging prihatosipun, pramila para lare saya sami angatingalna anggènipun rumakêt sarta trêsna dhatêng tiyang sêpuhipun, supados sagêda manggih panglipur saha kasênênganing manahipun.

Bab Pangrêngkuhipun ing Salakirabi Miturut Buku de Livilisatie of de Wetlevendheid.

Tiyang èstri kêdah sami tulusa angrêsêpakên dhatêng ingkang jalêr, mênawi kainan badhe anyudakakên katrêsnan, ingkang jalêr lajêng sêmbrana sarta sêngit dhatêng ingkang èstri, kosokwangsulipun inggih botên beda, kêdah timbang kalihan sisihanipun, sampun ngantos wêlèh-winêlèhakên tuwin wada-winada ing katrêsnanipun, sami rukun sarta runtut punika prayogi, awit anuwuhakên sih-sinihanipun salakirabi, mênawi botên makatên wusana anggènipun katingal trêsna namung sami lamis kemawon, môngka atut runtut punika mênggahing salakirabi dados têtanggêlaning katrêsnan, salakirabi amêsthi têmên-têmên piandêlipun, nanging sanadyan makatên tiyang èstri sampun pisan-pisan andhêdhês sabarang wadosipun ingkang jalêr, anggènipun botên purun amasajakakên awit katarik [ka...]

--- 375 ---

[...tarik] saking pêrlunipun piyambak, saking sêca tuhuning pamitran, utawi saking nalar sanèsipun.

Tiyang èstri sampun angucap ingkang saru, sanadyan ingkang mirêng namung ingkang jalêr piyambak, kosokwangsulipun ugi makatên, jalêr èstri ing salakirabi kêdah sami tapsilanipun, punapadene kêdah sarju sami anglawani, sampun angêdak-êdakakên saking nalurining salah satunggalipun, sasampuning jêjodhoan sampun angetang asal-usulipun, para èstri kêdah angangkah tulusintulusing. keringan dhatêng ingkang jalêr, makatên ugi kosokwangsulipun, tiyang jalêr kêdah sarèh, sabar sarta kathah pangapuntênipun dhatêng sisihanipun, sanadyan sisihanipun sawatawis kèthèr dhatêng wêwêngkonipun bab tumindaking agêgriya, utawi ragi kadunungan watak kirang gêmi, ingkang jalêr kêdah ajêg tabêrinipun, bokmênawi saking sakêdhik sagêd atiru-tiru ingkang jalêr, patrap ingkang makatên punika amurih tulus saha indhaking rahayuning ahlinipun, ewadene tansah agolong rêmbag rumiyin kalihan sisihanipun bab sabarang anggènipun sumêja badhe anindakakên prakawis lampahing agêgriya utawi sabarang ingkang murih rahayuning kulawarga, bokmênawi sisihanipun gadhah pamanggih sanès ingkang langkung prayogi, [pra...]

--- 376 ---

[...yogi,] salakirabi kêdah condhong ing rêmbag sami trêsna akanthi taklim, sampun sok nandukakên saradan sapanunggilanipun ingkang badhe dados wêwinih crahipun susilaning akrama, tiyang èstri sampun rêmên saradan muring-muring dhatêng ingkang jalêr, makatên ugi ingkang jalêr.

Kawontênanipun ing salêbêting griya

Ing salêbêting griya sampun ngantos wontên sêsawanganipun ingkang akuciwa, sarta sampun ngantos mambêt gônda ingkang awon, sakêdhap kemawon ingkang nyawang lajêng sagêd angintên watêk, padatan sarta pratingkahipun ingkang ngênggèni, mila ing sasagêd-sagêd anyingkirana dhatêng pangintên ingkang makatên wau.

Bêkakas rêrêngganing griya ingkang mantosngantos. kêkathahên, sarta kasaenên, botên ngurwatmurwat. kalihan griyanipun, punika katingalipun botên sae, malah angewak- ewakakên, asring dados gêgujênganipun para ingkang lêbda dhatêng pamacaking griya, bêkakas ingkang asring mirah pangaosipun, kados ta: rêca-rêca, sêsêkaran, gambar pigurah tuwin sanès-sanèsipun punika andadosakên asrining rêrênggan, sanadyan bêkakas rêrênggan [rêrêng...]

--- 377 ---

[...gan] wau botên kathah, sarta pasaja kemawon, mênawi ingkang gadhah sumêrêp dhatêng caraning panatanipun amêsthi katingal samuwa.

R.L. Mangkudimêja, Ing Ngayogyakarta.

Ngèlmu Alam

(Sambêtipun Sasadara ôngka VII kaca 324, taun IV)

Usus kandêl punika kaperang dados kalih, 1. usus bandhang (pating prêngkêl), 2. usus bol, usus bol punika pantogipun wontên ing jubur. Ing salêbêtipun usus drijèn kalih wêlas, sadaya têtêdhan ingkang sampun ajur, katampèn ing kuwaya, kalihan duduh daging. Dene kuwaya punika wêdalipun saking manah.

Manah punika wujud ingkang agêng ing salêbêtipun padharan ingkang sisih têngên, tumèmplèkipun ing tosan têngah (middenrif) sarana kêndhangan padharan.

Ing saantawisipun gêmbesan jêne, ingkang wontên manahipun punika êpang. 1. bayu manah, ingkang angilèni manah, 2. bayunipun kori ingkang mêndhêt êrah saking ing wangsulipun margi têtêdhan ing salêbêtipun padharan, 3. usus kuwaya, ingkang mêndhêt kuwaya, ingkang kaêlêtan bayu kori, [ko...]

--- 378 ---

[...ri,] 4. wadhah toya, 5. pangraos Zenuwen.

Plêmbungan kuwaya punika gathuk kêkah kalihan manah. Saking ing plêmbungan kuwaya, mêdal ing usus-ususan kuwaya dhatêng ing usus drijèn kalih wêlas, dene usus-ususaning manah, gathuk kalihan usus- ususaning kuwaya, gathukanipun ing ngriku kawastanan: usus kuwaya. Makatên ugi wontên usus-ususan daging dhatêng ing usus drijèn kalih wêlas.

Awit saking pangolahipun duduh-duduh têtêdhan, sadaya têtêdhan wontên ingkang santun rupi, wontên ingkang botên, dene ingkang botên sagêd santun rupi punika ingatasipun têtêdhan botên maedahi dhatêng ing badan, tuwin lajêng kawêdalakên saking ing badan dados sêsukêr.

Dene têtêdhan ingkang sagêd santun rupi, punika dipun sêsêp ing bayu alit-alit pintên-pintên saking ing usus, dene bayu punika namanipun kalenan duduh têtêdhan (chijlvaten) dene duduh ingkang dipun sêsêp namanipun duduh têtêdhan.

Duduh têtêdhan punika rupinipun mèh kados powan, tuwin anjawi saking kathah toyanipun, wontên malih tètès kados gajih, punika dangu-dangu malih dados [dado...]

--- 279 ---

[...s] kênthêl.

Kalenan duduhipun têtêdhan punika lampahipun anrajang pintên-pintên yiyit kalenan duduh, tuwin ngalêmpak dados pintên-pintên, andadosakên kanthongan agêng, kawastanan kanthongan dhadha, utawi kanthongan têtêdhan. Mênggah lampahipun: saking ing padharan anrajang ing têngah, dhatêng lowokan dhadha, tuwin anggiring duduh têtêdhan dhatêng ing bayu, ingkang mlampah ing sangandhapipun tosan sorogan ingkang kiwa, makatên lampahipun têtêdhan ingkang maedahi dados êrah.

Êrahipun manungsa punika abrit litrêg-litrêg, wawratipun kintên-kintên wontên sapra tiga wêlasipun wawrating badan sadaya, tuwin mênawi dipun tèmpêratur Parênhêit wontên 100 kawontênanipun.

1. Duduhipun êrah.

2. Awak-awaking êrah.

Duduh êrah punika warninipun ragi jêne, dene kawontênanipun saking toya ingkang nyantuni rupi, gajih tuwin sanès-sanèsipun (vezelstof).

Êrah punika kaperang dados kalih 1. êrah abrit, 2. êrah pêthak, êrah ingkang ngabritakên êrah-êrah sadaya punika alit-alit katimbang kalihan ingkang pêthak, nanging [na...]

- -- 380 ---

[...nging] cacahipun langkung kathah.

Êrah pêthak punika botên liya saking duduh têtêdhan, dangu-dangu inggih malih dados abrit, duduh têtêdhan punika dados sagêd malih dados êrah. Yèn êrah punika kapêndhêt saking ing badan lajêng kênthêl kadosdene jênang, mênawi ilinipun sampun pampêt êrah wau wontên ingkang garing, wontên ingkang têlês, inggih punika dados angintip kados jênang (bloedwei) 21 êrah ingkang ngintip punika saking êrah kalihan intip, êrah ingkang kados jênang saking êrah tanpa intip. Sadaya peranganing badan punika, kailenan êrah, dados êrah punika mili angubêngi badan sakojur. Taksih wontên sambêtipun.

Radèn Dêmang Citrasantana. Dêmang guru ing Mangkunagaran.

Tirta Usada

(Sambêtipun ôngka VIII kaca 333)

Bab 58. Sakit gabagên, tuwin sakit maripat

Wontên rare jalêr umur 8 taun, sakit gabagên, kamar ingkang dipun ênggèni rare wau kontênipun botên dipun [di...]

--- 381 ---

[...pun] inêb rapêt, candhelanipun ugi dipun êngakakên sakêdhik, ingkang supados sagêda kêlêbêtan hawa, dene bilih rare wau wiwit kêraos panastis utawi bêntèr badanipun, lajêng dipun êdusi rêndhêman murad, dangunipun ngantos satêngah jam, dene sasampunipun adus rare wau lajêng sagêd tilêm sarta ngêdalakên karingêt kathah, makatên salajêngipun, sarêng angsal 4 dintên, sakitipun panastis sampun ical, ananging maripatipun lajêng sakit, êluhipun tansah narocos, saking sangêt kathah wêdaling luhipun, maripatipun ngantos botên kenging dipun êlèkakên, dene anggènipun adus rêndhêman ugi taksih dipun lajêngakên, botên antawis lami maripatipun lajêng sagêd saras, paningalipun sagêd pulih kados ing nguni-uni.

Sasarasipun rare wau sakitipun gabag lajêng nular dhatêng adhinipun, ugi lajêng dipun jampèni sarana adus rêndhêman, ananging toya asrêp kemawon, mênggah ingkang makatên punika tiyang sampun botên sumêlang bilih anakipun kenging sêsakit jalaran saking hawa asrêp.

Bab 59. Sakit wadhahing bayi ngêdalakên êrah

Wontên tiyang èstri sakit wadhahipun bayi ngantos rêkaos [rêka...]

--- 382 ---

[...os] sangêt, jalaran sawulan muput tiyang èstri wau tansah angêdalakên êrah. Nanging sarêng anglampahi adus rêndhêman padharan sadintên kaping- kapingkaping. kalih, sarta rêndhêman murad sadintên kaping tiga, punapa malih adus tangas badanipun sakojur ing dalêm 8 dintên sapisan, angsal 15 dintên, sakitipun sampun sagêd saras babarpisan.

Bab 60. Sakit budhêg tuwin sakit bokongipun

Wontên rare jalêr sakit budhêg, laminipun sampun 1½ taun, dipun jampèkakên dhatêng para dhoktêr sampun madal kemawon, sarêng anglampahi adus rêndhêman padharan, ing dalêm sawulan budhêgipun sampun mantun sarta sadaya sêsakitipun ugi sagêd mantun sadaya.

Kajawi rare jalêr wau biyungipun ugi sakit bokongipun, sarêng tumut anglampahi adus rêndhêman padharan, rambah kaping kalih sakitipun lajêng saras babarpisan.

Bab 61. Sakit bathuk

Wontên bayi sawêg umur 3½ wulan, sakit bathukipun ngantos rêkaos sangêt, bayi wau sabên dintên dipun êdusi rêndhêman padharan, kalihan dipun gosok padharanipun, ananging namung sakêdhap, dene mênawi

--- 383 ---

dalu dipun kêloni biyungipun kalihan dipun rakêtakên ing badan, satêmah bayi wau sagêd mêdal karingêtipun kathah ing dalêm 12 dintên, sakitipun bathuk sampun sagêd saras, sarta badaning bayi katingal sêgêr.

Sarèhning ingkang sakit punika taksih bayi, mila anggènipun angêdusi rêndhêman pakèwêd sangêt, sarta botên sagêd dangu kados limrahipun tiyang adus rêndhêman, sanadyan anggènipun angêdusi wau namung sakêdhap, ewadene taksih katingal sangêt dayaning toya ingkang dipun angge jampi wau.

Bab 62. Sakit mangsur

Wontên tuwan sakit mangsur ngantos rêkaos, lajêng anglampahi jampi adus rêndhêman padharan tuwin rêndhêman murad kaping 4 utawi 5 sadintên, sakitipun lajêng sagêd sakeca, nanging nalika sawêg angsal 2 utawi 3 dintên, tuwan wau taksih kêrêp anggènipun bêbucal, jalaran anggènipun nêdha botên miturut awisanipun Tuwan Dhoktêr Kihnê, dene sarêng purun nyêgah têtêdhan ingkang pancèn botên nêdha, sarta namung nêdha roti ingkang pangolahipun miturut kadosdene ingkang sampun kasêbut ngajêng, botên watawis dintên sakitipun mangsur tuwan wau sampun saras babarpisan.

Wignyaarja.

--- [0] ---

Isining Kabar Sasadara IX

1. Pawarsakan ... blz 336.
2. Dintên sae ... blz 337.
3. Têmbung Cina ... blz 338.
4. Gêmi satiti ngati-ati ... blz 344.
5. Darmawisata III ... blz 354.
6. Cakrawarti ... blz 361.
7. Ringkêsaning ringgit purwa ... blz 367.
8. Pangrêngkuhing anak dhatêng tiyang sêpuhipun ... blz 371.
9. Ngèlmu alam ... blz 377.
10. Tirta usada ... blz 380.