Sastra Jawa

Program Digitalisasi Sastra Daerah

  • Increase font size
  • Default font size
  • Decrease font size

Pusaka Jawi, Java Instituut, 1922-12, #353

Katalog:Pusaka Jawi, Java Instituut, 1922, #353
Sambung:-

Ôngka 3, Dhesèmbêr 1922. Taun I

Pusaka Jawi

Wêdalipun sabên wulan. Ingkang ngêdalakên: pakêmpalan: Yapa Insêtitut (JAVA INSTITUUT). Redhaksi: Radèn Arya Dhoktor Husèn Jayadiningrat, Kangjêng Pangeran Arya Adiwijaya, Y. Kat (J. Kats), Radèn Sastrawijana

Sêrat-sêrat panjurung isinipun sêrat wulanan punika kakintuna dhatêng redhaksi Gunungsari 84 Wèltêprèdhên.

--- [0] ---

Isinipun Pusaka Jawi Ôngka: 3

1 Bab kagunan tuwin kasusastran Jawi, 2 Agami Budha kalihan Candhi Barabudhur, 3 Kadospundi badhe kadadosanipun ringgit ing têmbe, 4 Slisir marèng Tênggèrèng, 5 Cariyosipun guwa ing Rêngêl, 6 Sêrat cariyosipun Dèwi Sawitri.

Sêtudhipon Darmawara

Pangrèhing Sêtudhipon Darmawara samangke:

1. Wakil pangarsa: Radèn Sastrawijana

2. Mudha pangarsa: Kangjêng Pangeran Suryaningprang

3. Warga panitra: Radèn Panèwu Pôncaradhana

4. Warga ardana: Radèn Mas Natanagara

5. Warga rumêksa: Gusti Pangeran Arya Adikusuma

6. Warga rumêksa: Radèn Danuwinata

7. Warga rumêksa: Mas Jayasumarta

Wohing pakêmpalan sampun kathah, sampun pintên-pintên siswa ing pamulangan inggil sarta têngahan tuwin andhap ingkang kapitulungan waragad Darmawara, emanipun kasing Darmawara namung f 40.000 langkung sakêdhik, mila agênging kasipun Darmawara wau, namung kula sumanggakakên para trêsna dhatêng kamajênganipun bôngsa Jawi sadaya.

Ôngka 3, Dhesèmbêr 1922. Taun I

Pusaka Jawi

Ingkang ngêdalakên: Pakêmpalan Yapa Insêtitut (JAVA INSTITUUT). Redhaksi: Radèn Arya Dhoktor Husèn Jayadiningrat, Kangjêng Pangeran Arya Adiwijaya, Y. Kat (J. KATS) Radèn Sastrawijana

Sêrat-sêrat panjurung isinipun Pusaka Jawi punika kakintuna dhatêng redhaksi: Gunungsari 84 Wèltêprèdhên. Sêrat-sêrat panêmbung dados lêngganan, kakintuna dhatêng administrasi: Kêbonsirih 64 Wèltêprèdhên.

Rêginipun sêrat wulanan punika: f 3 sataun, sarta kêdah kabayar rumiyin. Sintên ingkang kaparêng lêngganan, apêsipun kêdah tumrap sataun. Manawi tumbas amung satunggal nomêr, rêginipun f 0.30. Waragad pariwara: sakaca f 20,- satêngah kaca f 12.50 saprapat kaca f 7.50 manawi lêngganan kamirahakên.

--- 33 ---

Bab Kagunan Tuwin Kasusastran Jawi.

Panjurungipun: Jawi lugu.

Wiwit wontênipun sarasehan kala ing taun 1918 manggèn ing kapatihan Mangkunagaran, Surakarta, ingkang kawastanan Cultuurcongres inggih punika angrêmbag badhe lampahing kamajêngan tumrap bôngsa kita Jawi, sayogi mawi dhêdhasaripun pyambak, liripun botên anilar kajawènipun (Cultuur Jawi) punapa ngangge dhêdhasar kilenan, lajêng kasambêt adêgipun pakêmpalan Yapa Insêtitut tuwin wontênipun sarasehan bab basa tuwin sanès-sanèsipun ingkang magêpokan bôngsa-bôngsa ing Indhiya Nèdêrlan (Congres voor taal- land- en volkenkunde ing Ned. Indie) manggèn ing dalêm Cakraningratan, ugi ing Surakarta. Kula yêktosi para sadhèrèk Jawi kados sami kêgugah manahipun, lajêng sami anggrêgut sarêng tumandang sumêdya anggêgêsang kagunan adiluhung saha kasusastran Jawi ing sagadug-gadugipun. Ing pundi-pundi panggenan ing tanah wutah rah kita punika lajêng thukul pakêmpalan-pakêmpalan ingkang sêdyanipun marsudi kagunan Jawi kados ta: bêksa, pakaryan tuwin sapanunggilanipun. Para sadhèrèk ing Samarang sami angêdêgakên pakêmpalan ingkang dipun namèni: Sabakarti, ajêg sabên minggu mitontonakên kagunan bêksa, kados ta: wirèng, ringgit tiyang sapanunggilanipun. Ing salêbêtipun taun ingkang kapêngkêr punika kathah para sadhèrèk Jawi ingkang sami ngadêgakên pakêmpalan-pakêmpalan lan mardibasa. Malah pakêmpalan Radyapustaka ing Surakarta ngadani angwontênakên kumisi wêwakilipun [wêwaki...]

--- 34 ---

[...lipun] parentah-parentah Jawi ing Surakarta tuwin Ngayogyakarta, wakiling pakêmpalan-pakêmpalanipun para guru tuwin wakilipun Balepustaka, parlu angrêmbag tataning panyêratipun basa Jawi mawi aksara Jawi.

Sadaya ada-ada wau sanadyan nama dèrèng sapintêna katimbang kalihan agênging parlu tuwin cacah jiwanipun bôngsa Jawi, ananging sampun ngagêngakên manah, mugi-mugi pakêmpalan-pakêmpalan wau sagêda widada, kadumugèn sasêdyanipun, sampun lajêng rog-rog asêm dening kataman sêsakit bosênan. Amargi saking pamanggih kula pyambak, sadaya tindak ingkang mawi dhêdhasaripun pyambak punika sampun tamtu manawi mapan saha santosa, sakeca linampahan, awit botên anyulayani kodratipun pyambak. Atur kula punika amung cêkakan kemawon, manawi dipun panjangakên inggih kenging. Amung pangajêng-ajêng kula para nupiksa sampun kalèntu panampi, sampun kagalih manawi kula ngajap wangsulipun tatacara utawi lagon-lagon kina, punika botên, saèstunipun sadaya-sadaya punika kêdah mawi kaewahan ingkang sagêd laras kalihan jamanipun. Ananging kula gadhah pamanggih, bilih anggèn kita sami karaya-raya ngungsêd kawruh kilenan punika, kenginga kangge anyangling utawi andandosi gêgadhahan kita pyambak ingkang sampun wontên, dados sampun ngantos anglênggahi bêbasan: amburu ucêng kelangan dêlêg.

Sumôngga para sadhèrèk Jawi, bab punika sami panjênêngan ramèkakên wontên ing Pusaka Jawi punika, ambokmanawi lajêng pinanggih wohipun ingkang kenging rinaosakên ing ngakathah.

Mirid ingkang sampun kawrat ing nginggil wau sadaya, wêdalipun Pusaka Jawi punika nama kalêrêsan kalamangsanipun. Iba badhe prayoginipun saupami pangrèhing pakêmpalan-pakêmpalan mardibasa, mardiguna sasaminipun, kaparêng martosakên punapa ingkang katindakakên dening pakêmpalan wontên ing Pusaka Jawi ngriki, supados kasumêrêpan ing ngakathah sarta minôngka kangge mêmungu panggalihipun para sadhèrèk ingkang dèrèng tinarbuka panggalihanipun tumrap bab punika. Kintên kula rama juru pangripta inggih karsa andhanganakên nyawisi papan saparlunipun.§ Redhaksi mangayubagya sangêt karsa panjênêngan punika, sarta ngajêng-ajêng panjurungipun para pangrèh wau.

Nyuwun pangapuntên

Jawi lugu

Agami Budha Kalihan Candhi Barabudhur

Sambêtipun Pusaka Jawi ôngka: 2

Ing larikan tajug kagangsal punika traping tanganipun Diyani Budha Witarkamudra, inggih punika patrapipun tiyang rêmbagan, sadaya wau ingkang dipun entha Wairocana, inggih punika ingkang nguwaosi langit.

--- 35 ---

Stupa alit-alit ingkang wujudipun kados gêntha ing plataran nginggil, sami isi Budha mawi Darma Cakramudra, inggih punika traping tangan ingkang nêdahakên anggènipun angubêngakên cakraning darma. Rumiyin wontên ingkang mastani bilih punika gambaripun Sang Budha ingkang saèstu, ananging kauningana, sadaya pasêmon ing Candhi Barabudhur punika kajêngipun sami, sanadyan mawi undha-usuk lêbêt cèthèking pikajêng. Pasêmon-pasêmon ingkang dumunung ing ngandhap punika cèthèk, saya manginggil saya lêbêt pikajêngipun.

Ing nagari Nepal wontên rêca Diyani Budha nêm prangkat, ingkang inggil piyambak dipun wastani Wajrasattwa, ambokmanawi rêca-rêca Budha ingkang wontên ing salêbêtipun stupa alit-alit ingkang kados gêntha wau inggih Wajrasattwa punika.

Mirid undha-usuking pikajêngipun pasêmon wau, stupa ingkang agêng pyambak, ing pucuking candhi punika tamtu inggih isi Budha ingkang langkung inggil darajatipun. Bab punika sampun katitipariksa, mila lêrês ing ngriku wontên Ahsobiyanipun ingkang dèrèng rampung panatahipun. Para sagêd warni-warni anggènipun sami mrêdèni pikajêngipun Ahsobiya wau.

Bab rêca Ahsobiya punika wontên cacriyosanipun makatên: Ing salêbêtipun taun 1842 inggih punika nalika siti utawi sela ingkang ngurugi Candhi Barabudhur dipun singkirakên, tuwan Hartmann Residhèn Kêdhu kagungan pangintên bilih stupa ing pucuking candhi wau tamtunipun inggih isi rêca, sarta dhawuh badhe rawuh nyatakakên pyambak. Ingkang bupati ing Magêlang sarêng mirêng dhawuhipun tuwan residhèn wau, lajêng enggal-enggal utusan andhawuhakên dhatêng kônca alit ing Barabudhur supados anyêmplungakên rêca sarêca-rêcanipun ing stupa wau, ing pangangkah sampun ngantos tuwan residhèn kacuwan ing panggalih. Kalampahan stupa pucuking candhi wau kaisenan rêca. Sarêng tuwan residhèn rawuh lêrês wontên rêcanipun, saklangkung rênaning panggalih dene pangintênipun botên lêpat, botên pirsa manawi saking pandamêlipun ingkang bupati. Cacriyosan ingkang kados makatên punika punapa têmên.

Candhi Barabudhur dados têngêring kagunan utawi kamajênganipun bôngsa Jawi ing jaman Indhu.

Tiyang yasa rêca utawi candhi punika pikajêngipun botên amung badhe anggamblangakên dêdongengan kemawon, ananging ugi gadhah pangangkah supados wujuding rêca wau sagêd anênarik dhatêng manahipun ingkang ningali, têmahan anjalari gampiling panampi utawi gampiling lêbêtipun piwulang ingkang dipun pikajêngakên.

Para undhagi utawi jlagra ingkang sami yasa Candhi Barabudhur punika têmtunipun anggènipun sami nyambut damêl kalayan tumêmên saha sênênging manah, katitik saking awiging tatahanipun, [tatahanipu...]

--- 36 ---

[...n,] ingkang mligi amung kangge rêrênggan sarta ingkang botên gandhèng kalihan cariyosipun.

Mênggah gambar-gambar ingkang tinatah ing pagêr utawi gampèng-gampèngipun Candhi Barabudhur punika sayêktosipun botên patos cêtha gambaripun sintên, ananging gambar raja kalihan gambar pandhita têrang bedanipun, sanadyan raja sami raja utawi pandhita sami pandhita mèh botên wontên bedanipun. Gambar-gambar ingkang sampun kasumêrêpan namanipun, punika inggih botên ajêg rupinipun, upami pun anu wontên ing sisih ngriki irungipun ambangir, wontên ing sisih ngrika irungipun ragi pèsèk, makatên sasaminipun, ingkang makatên wau ambokmanawi dening ingkang anggarap botên amung tiyang satunggal. Inggih lêrês têtiyang ingkang sami anggarap wau mirid sêsêratan ing sukuning candhi sami dipun ancêr-ancêri utawi dipun cariyosi mênggah pikajêngipun ingkang akèn yasa, ananging salajêngipun sami dipun sêkajêng anggènipun damêl rêrênggan utawi panggarapipun.

Wondene sêratan ing sukuning candhi punika têmbungipun Jawi kina, sanès têmbung Sangskrita, ingkang makatên wau dados tôndha yêkti bilih ingkang yasa Candhi Barabudhur punika tiyang Jawi, sanès tiyang Indhu kados pangintênipun akathah. Makatên ugi cengkoking tatahanipun, lugu tatahanipun tiyang Jawi kina, inggih punika nalika ing jaman Indhu. Awit saking punika Candhi Barabudhur punika kenging katêtêpakên pusakanipun bôngsa Jawi saking lêluhuripun ngantos dumugi bêjading jaman tansah dados pangèngêt, bilih bôngsa Jawi punika têdhak turunipun bôngsa ingkang minulya. Mumpuni ing kagunan saha mursid.

Kadospundi Badhe Kadadosanipun Ringgit (Wayang) Ing Têmbe.

Sambêtipun Pusaka Jawi ôngka: 2.

Wangsul ringgit tiyang botên makatên, ingkang sami dados ringgit inggih tiyang, sanès wacucal utawi kajêng, amila manawi pinuju pasamuwan ringgit tiyang punika saya kathah ingkang sami ningali. Para ingkang sami ningali ingkang gadhah wontên ing wingking pyambak, sanadyan botên mirêng swaranipun utawi cariyosipun, sagêd sumêrêp sêmuning ulatipun para ringgit, ebahing tangan utawi suku (jogèd), punika kemawon sampun kenging kangge angintên-intên punapa ingkang dados kajêngipun.

Mirid ingkang sampun kapratelakakên ing ngajêng wau sadaya, kintên-kintên ringgit ingkang kapitontonakên sarana gambar punika salaminipun inggih amung tumrap tiyang sakêdhik, dene ringgit tiyang lêstantun tumrap tiyang kathah.

Ca. Samangke angrêmbag bab isinipun ingkang dipun cariyosakên ringgit. Mirid kawontênanipun têtingalan cara kilenan ingkang kawastanan tonil, punika pikajêngipun inggih tansah [ta...]

--- 37 ---

[...nsah] ewah-ewah, amargi pikajêngipun tonil punika ingkang suwau inggih magêpokan bab agami, lajêng santun angluhurakên lêlabêtanipun para satriya ingkang linangkung (jaman kasatriyan). Awit saking ewahing jaman, tonil wau lajêng dados têtingalan ingkang mêngku pikajêng suka pasêmon utawi têpa-palupi, amitontonakên lêlabêtanipun para satriya ingkang pantês sinudarsana utawi nyariyosakên lêlampahan ingkang sae tuwin ingkang awon, dangu-dangu lajêng santun nyariyosakên lêlampahan ingkang cocog kalihan wontênipun ingkang tumindak ing sadintên-dintên.

Ringgit punika nyariyosakên jaman kasatriyanipun tiyang Jawi, mênggah ingkang kocap inggih punika satriya kalihan bagawan utawi rêsi ingkang ngrencangi padamêlanipun satriya wau, tiyang alit botên nate kocap.

Golongan-golonganipun bôngsa Jawi (para sinatriya tuwin rêsi) ingkang kocap ing ringgit wau samangke sampun wiwit badhe ical utawi sampun ical, amila lampahan ringgit manawi dipun cocogakên kalihan kawontênan lêlampahanipun bôngsa Jawi ing jaman sapunika beda sangêt. Inggih lêrês lêlampahan utawi kawontênan ing jaman samangke punika ugi kenging dipun cariyosakên ing ringgit, inggih punika kadhawahakên manawi pinuju mêdal parêpat Madukara Kyai Sêmar dalah saanak-anakipun, sinawung bêbanyolan, ananging saèstunipun pikantukipun amung sakêdhik.

Sadaya ingkang sampun kapratelakakên ing ngajêng punika lajêng nuwuhakên pitakenan, punapa ringgit kados wontênipun samangke punika badhe lêstantun sagêd damêl marêmipun tiyang Jawi ngantos dumugi ing jaman akir. Punapa tiyang kathah botên badhe sami kêpengin ningali, lampahan-lampahan ingkang anggambar kawontênan utawi gêsangipun pyambak.

Kathah tiyang sami mêstani bilih lampahaning ringgit punika taksih cocog kalihan kawontênan ing jaman samangke. Inggih lêrês makatên, amargi sadaya lampahan punika kenging dipun pirid, sanadyan kawontênanipun saèstunipun sampun beda, lampahipun tuwin mêmanahanipun tiyang bingung ing jaman kina sami kemawon kalihan ing jaman sapunika. Ing kina tiyang ingkang budinipun santosa punika kawastanan sae, jaman samangke ugi makatên. Kalihan malih tiyang ingkang ningali ringgit punika ingkang dipun raosakên sanès Arjuna utawi Wrêkodaranipun, ananging wêwatêkan ingkang ginambar mawi para sinatriya wau, cêkakipun gambaring ringgit punika amung kangge lantaran kemawon, kenging dipun angge ing samôngsa-môngsa. Kados gambaring ringgit punika wadhagipun, dene ingkang parlu dipun raosakên kabatosan utawi alusipun. Ewadene mêksa botên ngayawara upami [u...]

--- 38 ---

[...pami] wontên ingkang ngudaraos makatên: ngèngêti ewahing jaman, punapa ringgit punika ing salami-laminipun botên badhe ewah. Cacriyosan ingkang nyariyosakên lêlampahanipun para satriya ing jaman kina punika punapa botên badhe kasantunan cariyosipun tiyang utawi kawontênan ing jaman samangke. Saupami kalampahan dipun santuni makatên, sampun tamtu pikajêngipun ringgit ingkang magêpokan kalihan agami badhe sirna. Punapa tiyang Jawi badhe rêmên dhatêng ewah-ewahan ingkang kados makatên wau. Saèstunipun bab punika kula botên sumêrêp. Kajêng kula botên sanès amung anêdahakên satunggiling bab ingkang bokmanawi badhe kalampahan.

Tumrap kula pyambak, badhe ewahing ringgit punika môngsa bodhoa, ugêripun dipun rêksa sampun ngantos ringgit dipun wor suh kalihan tonil cara Eropah. Manawi para sadhèrèk Jawi badhe yasa tonil cara Eropah, ingkang anggambar lêlampahan utawi kawontênan-kawontênan ing jaman samangke inggih nyumanggakakên, ananging sampun ngantos dipun tindakakên mawi ringgit, dados ringgit sagêda lêstantun kados kawontênanipun sapunika, manawi yasa tonil inggih amung maligi tonil kemawon, sampun winor suh kalihan ringgit.

Slisir Marèng Tênggèrèng.

Panjurung saking ingkang sinandi.

Ing wayah sirêping lare, nèng latar kêkadhar dhewe, purnama manjêr prênahe, katon jêmbar kalangane.

Padhange kaya raina, sing dolan wis nora nana, kari Pak Iramênggala, ngraras kawasaning Suksma.

[Dhandhanggula]

Dhêdhêp tidhêm prabawaning ratri / sasadara wus manjêr kawuryan / tan kuciwa mêmanise / mênggêp sri natèng dalu / sinewaka sanggyaning dasih / aglar nèng cakrawala / winulat ngêlangut / prandene kabèh kèbêkan / saking kèhing taranggana kang sumiwi / warata tanpa sêla //

kinalangan kêkuwung awêngi / lir wawêngkon bale môndhakiya / pasewakaning pamase / jroning kalang kadulu / kang sumewa parêk nèng ngarsi / mung punggawa sajuga / arya panjêr surup / pramukyaning taranggana / kang sawega rumêksa pringganing ratri / ngayomi ayuning rat //

tan petungan panjrahing wadya lit / arahane mawor mawurahan / ngapit narmada prênahe / jro pêtênging sarayu / angragancang Sang Bimasakti / nyuwak tutuking naga / kang sikarèng laku / yèku môngka pralampita / mrih mèngêta kang mantêp têtêping budi / widada kang sinêdya //

neka warna pangkating wadya ji / nora wor suh tataning sewaka / gumolong gêgêlêngane / kang dadya juru tuduh / pandomaning para mong tani /

--- 39 ---

gêlaring panangkilan / rinakit waluku / wuluh wuku lan kukusan / gubug pèncèng malêncat wor lanjar ngirim / mangrèh lakuning masa //

kang sumewa luhuring udadi / pan pinindha dhapuring giyota / pra nangkoda pandomane / de kang dadya pituduh / pamardining kang ulah kardi / sinamar nèng busana / kasarirèng prabu / jroning praba marakata / sinung tôndha pindha widadari ngantih / nèng soring wringin sungsang //

kang sawênèh punggawa piniji / angsung pèngêt pangrêksaning raga / ing masa roga praptane / yèku arya kumukus / manjêr dwaja nèng pôncaniti / tangèh yèn winursita / satataning dalu / dungkap luwaring sewaka / jakabèlèk mêrêm mêlèk mêlik-mêlik / sasmita minta nendra //

samantara wus banguning rawi / hyang purnama mèh manjing ancala / gumiwang surêm sunare / sawung parêng kaluruk / kapiyarsa mêlung mêlingi / mring kang kasuwèn nendra / ywa kongsi kadarung / mèngêta mring pangarcana / angluhurna gunge kawasaning Widhi / kang nitah saniskara //

dyan umimba punggawaning ratri / riyêp-riyêp risang panjêr rina / lir pasrah pangawasane / dènnya rumêksèng dalu / pangasoning sagung dumadi / wus sêdhêng winardia / ngayati panggayuh / iyêging panambut karya / datan liyan hyang surya kang mirowangi / tuduh sidining sêdya //

tanggap mulat hyang arka nakêti / dumipèng rat ambabar prabawa / sumirat-sirat sorote / mega sinungging wungu / graning arga pinulas wilis / samantara kawuryan / hyang surya wus mungup / ngancik pucaking aldaka / larut mirut têdhuhing dalu kalindhih / sumêblak tanpa sesa //

anglur-sêlur lakuning wong tani / parêng mangkat maring pêpasaran / pating krêngkot pikulane / wênèh sikêp waluku / maring têgal sawahe sami / si gundhul nèthèk kandhang / kêbone pinêcut / ngucul sarwi tinumpakan / ngenak-enak nèng gigir marêp mring wuri / sêmbari ngura-ura //

mêlang-mêlung lêlagon ginurit / alon bae hir hir kiya-kiya / ulêr kambang sak titahe / nora nana kêsusu / yèn narima karsaning pasthi / lakune wus jinôngka / jangkahe dèn ukur / kêsusu amburu apa / yèn wong murka anggake kudu dhèwèki / wus turah durung trima //

nora mèngêt adiling Hyang Widhi / dènnya mandum jatining pangrasa / tan pisan baukapine / sanggyaning kang tumuwuh / binagean lêgi lan pait / nadyan silih darbea / wisma lir swarga gung / kinunci kancing kêncana / nora wurung susahe nlêsêp nusupi / tumamèng masakala //

yèn pinuntu pantoging tyas yêkti / nora suka murka ngôngka-ôngka / anjôngka kang kae-kae / karana kang tinêmu / nora liyan suka lan sêdhih / dêmange nora beda / lan si gundhul pacul / mêne sênêng mêngko susah / yèn narima susahe mirut sumingkir / rampung tanpa prakara //

ayêm guyêm kang kaya wak mami / rêpêt-rêpêt wus berag nèng bêran / ngadhang sêgêring srêngenge / molah nglêlantih balung / ngulur otot ngêngirih gêtih / lir kukila nèng tawang / mina nèng jro kêdhung / sajêg ingsun dadi bocah / durung wikan rasaning badan nglêlêntrih / mung bingar tyas pirêna //

têmah tuwuh sêgêre [sêgêr...]

--- 40 ---

[...e] nartani / lêngên ingsun kiyale kalintang / mathêkêl katon kucinge / kênèng sawabing êbun / kang sinêbar ing maruta ris / woring sorot têmbean / doyananing bayu / hyang surya tan kadang konang / dènnya mandum prabane sinami-sami / tan mawang milih janma //

lamun ngêlak ingong darbe warih / kang sumrèwèh nuting padhas gêmpal / wêning tur sumyah rasane / sakèh ingkang sinêbut / ombèn-ombèn ingong kilani / môngsa silih nyundhula / lan sêgêring banyu / mêngko nadhah lan janganan / sambêl rawit lalaban timun lan mêtir / sêgane bêras anyar //

setham-sethom sêgêre kapati / yèn wus enak wèh kuwating raga / apa manèh jalukane / sore ngong mapan turu / anèng lincak lambaran widhig / mrênah wurining damar / sumamar nèng undhuk / têntrêm rasaning tyas ingwang / mung kumandêl kinêmulan ing Hyang Widhi / bêg sêg tanpa mirasa //

Cariyosipun Guwa Ing Rêngêl.

Anggitanipun Tuwan A.F. MONNICH

Ing sacêlakipun dhusun Rêngêl, Kabupatèn Bojanagara, Paresidhenan Rêmbang punika wontên guwanipun, ing guwa wau wontên lèpènipun ingkang mili nrajang pasitèn gamping, nlusup sasêlaning wit waringin kawak pintên-pintên, lajêng anjog ing dhusun Rêngêl. Lèpèn wau wontên ing sangandhapipun dhusun Rêngêl lajêng ical wujuding lèpèn, amargi toyanipun lajêng sumêbar dhatêng pasabinan.

Manawi ningali bêninging toya saha lembak-lembaking ilinipun lèpèn wau, sabên tiyang sampun tamtu lajêng anggagas, mendah asrinipun panggenan tukipun lèpèn wau, pantêsipun wontên ing sangandhaping wit waringin ingkang angrêmbuyung. Manawi wanci siyang mangsanipun bêntèr tiyang dhusun ing sakiwa têngênipun tuk wau tamtunipun sami mêrlokakên angisis ing ngriku. Ananging kawontênanipun jêbul botên makatên. Lèpèn wau katingal-katingal sampun awujud lèpèn, mêdal saking sukuning pêpunthuk gamping, saking cariyosipun tiyang ingkang sampun nyatakakên, peranganing lèpèn ingkang saèmpêr dipun tindhihi pêpunthuk gamping wau panjangipun 1500 mètêr, jêdhulipun lèpèn amujudakên guwa ingkang wiyaripun watawis 10 mètêr. Manawi dipun tingali saking jawi guwa wau angurung-urung saèmpêr buk.

Ing satunggiling dintên kula kalihan mitra kula dhatêng ing guwa Rêngêl, parlu badhe ningali lampahing lèpèn ingkang wontên ing ngandhap punthuk wau. Sadhatêng kula ing ngriku sampun dipun sadhiyani baita alit, awit saking pitulunganipun ingkang wadana ing Rêngêl, baita wau cariyosipun mêndhêt saking Bangawan Sala. Kula kalihan mitra kula lajêng numpak baita lumêbêt ing guwa, ing sarèhne ing salêbêting guwa pêtêng sangêt, amila kula kalihan mitra kula wau sami ambêkta lêntera oto. Lampahipun baita kasurung tiyang sakawan ingkang sami ngrubyuk ing lèpèn, ngajêng kalih wingking kalih.

--- [0] ---

[Grafik]

Lèpèn Rengel Wonten Ing Tanah Ngaré

[Grafik]

Lèpèn Rengel Medal Saking Guwa

--- 41 ---

Sarêng kula mlêbêt blêng ing guwa, manah kula mak tratab, batos kula: têkan ing ngêndi iki mêngko. Nalika sawêg sawatawis mètêr têbihipun saking jawi, ing salêbêting guwa wau taksih rêmêng-rêmêng, ananging saya mlêbêt saya pêtêng, dangu-dangu andhêdhêt. Pêtênging jawi ing wanci têngah dalu punika manawi katandhing kalihan pêtênging guwa wau dede amput-amputipun. Saupami botên ambêkta lêntera ingkang murugakên sagêd sumêrêp manawi papanipun taksih ombèr, raosing manah sampun tamtu sumpêg sangêt.

Kauningana, soroting lêntera ingkang dhawahing gampèng tuwin plangitanipun guwa wau adamêl kagètipun lawa ewon ingkang pating grandhul wontên ing ngriku, sami gègèr byung-byungan kêgêblag ngiwa nêngên pados pangungsèn.

Plangitanipun guwa wau saya mlêbêt saya ngêsong minggah. Sarêng anggèn kula sami mudhik watawis sampun angsal kalih atus utawi tigang atus mètêr saking clangaping guwa, ngêsongipun plangitan wau kintên-kintên wontên satus mètêr. Kakiyatanipun angin ing jawi anggènipun adêdêl hawa dumugi ing ngriku sampun botên wontên tabêtipun, amila hawanipun ing ngriku prasasat botên nate santun. Sarèhne ingkang manggèn ing ngriku amung lawa thok, amila ambêtipun botên eca.

Botên ecaning hawa wau, kirangipun nyênêngakên têtingalan ing ngriku dening sanèsipun cêmêng, pêtêng, pating pandhukul utawi pating klêgok botên wontên, punika sadaya damêl kirang jênjêming manah. Saya malih manawi ngèngêti lêbêting lèpèn botên ajêg, tandhanipun kônca-kônca ingkang sami nyurung baita kala-kala sami nglangi têrkadhang mlampah angrubyuk, manah kula amung tansah kêtir-kêtir.

Sarêng lampah kula sampun angsal sapalih ing lèpèn, kêpêngkok rêrupèn ingkang wangunipun kadosdene kukusan agêng têmèmplèk ing langitaning guwa, ing sakiwa têngênipun kados mêdal suluripun pating klèwèr. Kukusan dalah sêlur-sêluripun wau wujudipun sela, wangunipun ambêmbêng mangandhap.

Guwa wau saya mlêbêt saya ciyut, lèpènipun inggih saya alit, wasana grêg, kula sadaya botên sagêd lajêng, amargi antawisipun gampèng kiwa têngên botên wontên sabaita, amila kapêksa wangsul.

Nalika kula wangsul punika, dumugi ing wujud ingkang kados kukusan wau lajêng kèndêl, amargi mitra kula badhe amotrèt wujud wau. Pirantos potrèt lajêng karakit saparlunipun, mitra kula nyariyosi dhatêng para bau ingkang sami nyurung baita, mangke manawi wontên gêbyaring latu ingkang anggêgirisi sampun kagèt, amargi motrèt wontên ing panggenan pêtêng makatên saminipun motrèt ing wanci dalu, kêdah mawi mahnesiyum (magnesium), ananging mahnesiyum dipun sumêt tansah paspês kemawon.

Sasampunipun punika kula sadaya lajêng sami [sa...]

--- 42 ---

[...mi] anglajêngakên lampah, rêrupèn-rêrupèn ing sangajênging guwa saya dangu saya katingal cêtha, wasana sarêng dumugi ing jawining guwa raosipun mak byar, manah bingar mantun sumpêg, saking bingahing manah kula sadaya sami surak. Dene bau-bau ingkang sami nyurung baita wau sarêng baitanipun sampun kèndêl, lajêng kemawon sami minggah ing dharatan, sami lumajêng kalihan wèl-wèlan tuwin sêdhakêp, murugi panggenan ingkang bêntèr parlu kakaring. Inggih sintên tiyangipun, adus kungkum ngantos kalih jam, wah toyanipun anyêp sangêt kados ès, dening têbih kalihan surya.

Manut cacriyosanipun têtiyang ing sakiwa têngênipun guwa wau, ing dhusun Rêngêl punika nalika ing jaman kina awis toya, langkung-langkung manawi pinuju katiga panjang, têtiyang ing ngriku ngumbe kemawon prasasat botên sagêd tuwuk, tanêm pantun tuwin tanêman sanès-sanèsipun inggih botên nate sagêd sêkar, dening awising toya wau. Amila têtiyang ing sakiwa têngênipun dhusun Rêngêl ngriku sami prihatos saha lajêng sowan Kangjêng Sunan ing Majaagung, ing tanah Tuban, ingkang kala samantên misuwur jumênêng wali, parlu nyuwun sih kawêlasan, kaparingana pitulungan supados ing Rêngêl mirah toya. Kangjêng sunan kaparêng paring pitulungan sarta lajêng tindak dhatêng Rêngêl, rawuh ing panggenan ingkang samangke wontên guwanipun punika. Ing ngriku kangjêng sunan lajêng anancêbakên agêmipun cis ing siti kalihan ngandika makatên: Banyu mêtua, dadia panggonan panguripane bulus lan iwak. Sarêng cis dipun bêdhol, bolongan ing siti tilas tumancêpipun cis wau lajêng mêlar-mêlar dumugi sukuning pêpunthuk, wasana lajêng dados guwa. Sarêng guwa katingal, toyanipun andalodok saking nglêbêting guwa, mili mêdal dados lèpèn, kathah bulus tuwin ulamipun ngantos dumugi sapriki. Ulam wau kawastanan ulam palong, wujudipun botên sami kalihan ulam ingkang kathah-kathah. Bulus-bulus wau inggih botên wontên ingkang purun munasika, dening ajrih walatipun Kangjêng Sunan Majaagung. Dene toyanipun lajêng sami dipun angge, ananging inggih wontên wêwalêripun, inggih punika kengingipun dipun angge wau amung manawi sampun têbih saking clangaping guwa.

Saking kaparêngipun kangjêng sunan wau, ing sukuning punthuk cêlak guwa dipun gambar gong sigar, ingkang samangke taksih katingal, awujud buwêngan lêgok, ing têngah-têngahipun mawi dipun garit, panjanging garitan satêngah mètêr. Ambokmanawi punika sêngkalan. Ananging sêngkalanipun taun pintên, botên wontên ingkang sumêp.sumêrêp.

--- 43 ---

Sêrat Cariyosipun Dèwi Sawitri.

Kajawèkakên mawi sêkar macapat dening: S. Suhari, saha Iskandar, ing Surakarta.

Sambêtipun Pusaka Jawi ôngka 2.

[Asmaradana]

Ugi sinêbut nagari / Pancanadha tinêgêsan / toya gangsal ing samangke / karanipun tanah Penjab / ing basa Pèrsi uga / banyu lima têgêsipun / marmanta para nupiksa //

mugi ywa kalintu tampi / dinalih nagari Madra / wau inggih kang samangke / winastanan tanah Madras / tlatahing palabuhan / Karamandhêl lugunipun / ing tanah Madras punika //

sanadyan samangke ugi / sampun kenging winastanan / praja agêng miwah rame / nanging nama nagri enggal / karana yèn pinetang / titimasa adêgipun / nagari Madras punika //

lagya duk nagari Indhi / kinawasan dening bôngsa / Inggris yèku katrangane / de bôngsa Madra punika / kamula-mulanira / kang sajati asalipun / sing têlênging tanah Penjab //

wontên sakiwa têngêning / ing Irawati bangawan / bangawan gangsal têngahe / marmanta praptèng samangkya / tanah punika karan / ing Madradhès têgêsipun / nagarining bôngsa Madra //§ Madra punika nagarènipun Prabu Salya, lêlampahanipun wontên ing Mahabarata kasêbut jilid sanga, mila inggih winastan: Salyaparwa.

sadaya bôngsa kang sami / klêbêt carita punika / nunggil asal kamulane / saking trahing bôngsa Madra / kadi kang cinarita / ing Srat Sawitri kasêbut / Dèwi Maliwi punika //

ing têmbenira pan dadi / jêjêring bôngsa Malawa / awit saking panuwune / Dyah Sawitri mring Hyang Yama / nalika anèng wana / nyuwun supadya kang ibu / Dèwi Maliwi sagêda //

pêputra satus kang sami / punjul kasudibyanira / têrah-tumêrah turune / sami umadêg priyôngga / sabôngsa bangsanira /§ Dèwi Sawitri ugi dipun paringi putra satus, ingkang têmtunipun inggih lajêng tangkar-tumangkar, ewadene buku Indhu botên wontên ingkang nyêbutakên bôngsa Sawitri. sadaya ugi dêdunung / nèng wawêngkon tanah Penjab //

perangan bôngsa nomêr tri / kang dêdunung tanah Penjab / yèku bôngsa Salwa rane / punika kang rinatonan / Sang Prabu Dyumatsena / Prabu Dyumatsena wau / kang rama Radèn Satyawan //

garwanya Dèwi Sawitri / manggih sêsikuning dewa / anandhang wuta tingale / jêngkar saking prajanira / sasanèng wanawasa / wasana sang nata antuk / aksamanirèng jawata //

lantaran Dèwi Sawitri / minta mring Bathara Yama / sang nata wau garwane / anama Dèwi Sêibya / trahing Sibi têgêsnya / ugi bôngsa kang dêdunung / nèng wawêngkon tanah Penjab //

wus kalimrah nguni-uni / pêputra putrining nata / nama miwah pêparabe / tinurutakên kalawan / bangsanira priyôngga / kadi trahing Sibi wau / anama Dèwi Sêibya [Sêi...]

--- 44 ---

[...bya] //

ing satêpining bênawi / Sinab ing nguni winastanan /Lebih satu suku kata: Sinab ing nguni winastan. Candrabaga dumununge / prênah tan têbih kalawan / têmpuraning bangawan / Withastha caritanipun / nguni wontên patilasan //

kraton jaman kina dupi / tanah wau rinêsikan / kêpanggih barang kinakyèh / saking salaka kancana / têmbaga sasaminya / ananging sadaya wau / kang sangêt gêng pigunanya //

mung sajuga bokor saking / kuningan wus lami dènnya / kapêndhêm nèng jro sitine / tinon sakalangkung ninja / kawuryan ciri sastra / kang mratandhani kalamun / tanah ing ngriku punika //

kinanipun Pura Sibi / kadhaton nagarinira / bôngsa Sibi kamulane / marma wit saking mangkana / carita kina-kina / duk ing nguni kang kasêbut / bôngsa Sibowi punika //

datan andupara kadi / nalika caritanira / Prabu Iskandar rawuhe / nèng tanah Indhi samana / winursita ing kôndha / bôngsa Sibowi puniku / sarwa cucal panganggenya //

dêdamêlira awarni / pênthung gêmbêl sasaminya / bôngsa Grik lan ngantya darbe / panyipta bilih punika / trahing prajuritira / Heraklès duk kinanipun / nèng Indhi tinilar wuntat //

[Pangkur]

Mangsuli kang winursita / amiturut caritanirèng nguni / sarjana Kwistus Kurtiyus / prênah panggenanira / nênggih bôngsa Sibowi wau dumunung / tan patya têbih kalawan / têmpuranirèng bênawi //

ing Idhaspès lan bangawan / Akesinès kang wus kasêbut nginggil / nanging nama-nama wau / miturut pakêcapan / suwaraning bôngsa Grig kèh bedanipun / kados ta bôngsa Malawa / kang kasêbut ing Babad Grig //

miturut ing pakêcapan / winastanan nênggih bôngsa Malloi / tanah-tanah kang kasêbut / nginggil punika ingkang / kangge ajang carita lampahanipun / Dyah Sawitri lan Satyawan / kang badhe kawarnèng wuri //

dene wau para nata / têmbe yêkti badhe dadya pancêring / bôngsa ing talatah ngriku / nanging wawêngkonira / punapa ta agêng myang wiyar saèstu / ing pangintên datan têbah / amung sabawahing dhistrik //§ Nanging dhistrik ing Indhi, agêngipun watawis kalih karesidhenan tanah Jawi.

kadhistrikan jaman mangkya / myang kithanya inggih amung satunggil / minôngka kadhatonipun / kang dèn adêgi pura / mila lugunira tan mungguh kalamun / sinêbut kitha karajan / dening sarwa tan miranti //

sintên kang sampun uninga / talatahing tanah Penjab sayêkti / ngungun atêmahan gumun / dene ta cinarita / ing Srat Babad Sawitri tansah kasêbut / sakathahing wanawasa / don kang samya dèn dunungi //

pra brahmana para nata / kang wus sami ambêgawan têtèki / karana lamun miturut / kawontênan samangkya / nadyan amung wit-witan kewala sampun / tan kawuryan angrêmbaka / miwah sagung pêksi-pêksi //

manyura ngigêl ing wana / wus tan ana tilas antaranèki / dene kawontênanipun / samangke amung kadya / sabin-sabin patêgalan myang dhêdhukuh / kang awis kambah ing toya / mila sawanganirèki //

kawuryan sarang angêrak / mung ing sisih [si...]

--- 45 ---

[...sih] wetan wontên kaèksi / radi kathah toyanipun / têtuwuhan ngrêmbaka / sabab dening wus ngancik sukuning gunung / dadya kêrêp kajawahan / saya mangilèn kaèksi //

agaring pasitènira / tinon malah kadi sagara wêdhi / ewadene yèn miturut / ungêling sêrat-sêrat / ugi sami nyariyosakên kalamun / talatah Penjab punika / pancèn kyèh wananirèki //

ingkang agêng-agêng mila / ing pandugi kintên-kintên sirnaning / wana agêng-agêng wau / wiwit têtiyangira / sami ngrasuk agami Islam sadarum / samangkya guprêmèn karsa / ngadani yasa wanadri //

mangsuli sêsorah ngarsa / ruwiyanya nênggih Dèwi Sawitri / kang badhe kawartyèng pungkur / kajawi rinêmênan / dening bôngsa Madra ing pangintênipun / asaling wau carita / saking bôngsa Madra ugi //

tandhanipun ingkang samya / cinaritakakên tan wontên malih / kajawi mung bangsanipun / utawi bôngsa-bôngsa / ingkang wontên talatah Penjab sadarum / mung wontên ingkang rinasa / radi anèh sawatawis //

de ing ngriku cinarita / sêrat wau anyêbutakên bilih / pra bôngsa Madra puniku / tan darbe tatacara / myang wêwaton§ Ingkang nyêbutakên punika wontên jilid VIII nama: Karnaparwa, saha sampun kapêrtal ing basa Latin wontên buku: Komeslatsiyo, Geograpika, Atkê, Istorika, dhê, Pentapotamia, Indhika (cap-capan ing Bop: 1827) dening Tuwan Krisdiyan Lassêp. ingkang tumrap bangsanipun / amila pamanggih kula / bab punika dèrèng yakin //

kita sayogya sarônta / aywa age agahan ngandêl maring / panyeda makatên wau / sagêd ugi punika / dêdamêlan utawi anggitanipun / bôngsa-bôngsa ing talatah / bangawan Gangga supadi //

sagunging bôngsa talatah / ing bangawan Indhus kang dèn sêngiti / pinrih cacad cedanipun / karana kawistara / suwaraning bôngsa Arya§ Bôngsa Arya (Arya?) punika tiyang Indhi ingkang saking talatah lèr kilèn. Sakawit sampun darbe kasusilan sae (beschaving) saha lajêng sagêd mêngkoni Indhi sadaya, ngantos rumaos bilih bôngsa luhur piyambak. sakalangkung / kawuryan gêng manahira / dening rumaos manawi //

ingkang darbe tatacara / myang wêwaton sae pantês pinirit / punika mung bangsanipun / pribadi bôngsa Arya / sakathahing Baika§ Tiyang bôngsa sanès. sami sinêngguh / datan darbe tatacara / myang wêwaton kang sayogi //

dening panyidhêppangidhêp. mangkana / ing satêmah nuntuni tan prayogi / wus têrang titikanipun / ing sêrat-sêrat kina / malah wontên sêrat enggal kang kasêbut / ngatingalakên bedanya / ing tlatah Penjab lan Indhi //

wondene wêwaton ingkang / jaman nguni kinarya langkung inggil / yèku: damar: wastanipun / nadyan waton punika / tan linimrahakên dening para ratu / utawi para pandhita / nanging limrah dèn wastani [wasta...]

--- 46 ---

[...ni] //

wêwaton myang lampah-lampah / ingkang sae saha ingkang utami / tumrap salwiring tumuwuh / marma sagunging janma / kawajiban ngudi kasaenanipun / rahayu ambêg utama / supadya tan nyulayani //

marang kajêngirèng darma / dadya darma punika kang sajati / wêwaton ingkang linangkung / jêmbar pikajêngira / wit sadaya tindak-tanduk wus kawêngku / nèng jroning darma kados ta / watoning salakirabi //

tundha-tundhaning golongan / pangadilan myang watoning sêsaji / miwah wêwatoning ngèlmu / karagan myang kajiwan / tuwin ngèlmu panitis sasaminipun / sanadyan panggêpokira / amung sakêdhik-sakêdhik //

nanging ugi nate tinrap / pinathok ing sêrat kang dèn wastani / darma sastra cacahipun / watawis radi kathah / de kang kangge luhur pribadi ranipun / wèt buk phan manu artinya: watoning manu: sajati //

nanging kosokwangsulira / buku manu anyêbutakên bilih / aslining darma puniku / saking ing buku Wedha / mila dados têgêsipun darma wau / asli saking para dewa / awit Weda kang sajati //

pêparingira Hyang Brama / maring para panganjur nguni-uni / dene nadyan darma wau / samantên wiyarira / parandene maksih datan sagêd nyakup / maring sadaya golongan / awit satunggal-tunggaling //

golongan punika samya / sowang-sowang darbe darma pribadi / kadi ta darmaning ratu / angayomi kawula / ingkang lêrês ginanjar lêpat ingukum / dene darmaning satriya / ngrêbat lêrêsing pakarti //

mênggah darmaning brahmana / warni nênêm kang sapisan marsudi / mêncarkên Wedha satuhu / dwi sêsaji kinarya / angupaya raharjaning badanipun / myang rahayuning ngakathah / anyukani anampèni //

suka jakat tampi jakat / dene para golongan Sudra nênggih / mung sajuga unggyanipun / kawajibakên darma / angladosi ing golongan tiga wau / wosing kajêngipun darma / punika amung mamardi //

maring sadaya manungsa / kang supadya samia anêtêpi / sowang-sowang wajibipun / tumraping gêgolongan / milanipun kasêbut ing buku manu /§ IV.238-242. mungêl: sakabèhing janma / kang tan nganiaya tuwin //

ganggu gawe myang sikara / maring sama samanirèng dumadi / iku yêkti wus kalêbu / jênêng nêtêpi darma / marma nganti benjang praptèng akiripun / darma iku bakal bisa / lêstari dumadi kanthi //

[Kinanthi]

Lugune manungsa iku / anane ing jaman ngakir / ijèn bangêt tanpa rewang / bapa biyung suta swami / sanak sadulure padha / tan kêna kinarya kanthi //

iya amung darma iku / kang têtêp dumadi kanthi / tumutur saparan-paran / marma manungsa pinardi / têtêp nindakake darma / supaya ing têmbe ngakir //

bisa ana kanthinipun / rowang ingkang mitayani / nguni laire manungsa / ijèn ora nganggo kanthi / dumadi pêcating jiwa / uga ijèn tanpa kanthi //

ing kono kaananipun / bakal padha anampani / piwalês sakèhing tindak / nalika tinitah urip / yèn bêcik tômpa ganjaran / yèn ala

--- 47 ---

siniksa sami //

makatên ingkang kasêbut / ing buku manu manawi / amirit caritanira / Sawitri badhe katawis / para raja myang satriya / pandhita dènira sami //

angagêngakên panggayuh / dhumatêng darma utawi / sakaliring solahbawa / linaras jumbuhira mring / panindak têtêping darma / aywa kongsi nguciwani //

Narpati Madra puniku / saking dènira nêtêpi / tumrap sakaliring darma / mila kongsi anglampahi / tapabrata nyuwun putra / maring jawata linuwih //

karana sampun kasêbut / jroning wêwaton manawi / kawajibaning manungsa / kêdah mêncarakên wiji / wondene panuwunira / ugi sinambadan dening //

Mahabathara kang agung / kalayan mawi jinanji / kêdah anêtêpi darma / sasampunira nyagahi / lajêng kondur sri narendra / dahad arsayèng panggalih //

myang wiwit ing dintên wau / sang nata saya dènnya mrih / marsudi rèh kautaman / ambêg paramarta ngadil / pamêngkuning praja miwah / ngayomi ayêming dasih //

têtêping darma tan limut / marma tan antara lami / sang nata nulya pêputra / putri saking pramèswari / pinunjul endah ing warna / sinung nama Dyah Sawitri //

dupi ing antaranipun / wus diwasa sang suputri / karsaning rama narendra / kinèn milih angupadi / kang yogya jinatukrama / nut tuju sarjuning kapti //

karana lamun miturut / wêwaton kang kasêbut ing / sorahipun Sêrat Wedha / sadaya tiyang manawi / botên ngimah-imahêna / mring atmajane pawèstri //

kang wus diwasa sawastu / cacad dènira dumadi / ewadene nalikanya / Dyah Sawitri wau milih / jatukrama lan Satyawan / natarsa tan nayogya //Kurang satu suku kata: natarsa tan nayogyani.

nanging sang rêtna tan surut / adrênging karsa dera mrih / jatukrama lan Satyawan / karana dènira milih / wus mawi wêwaton darma / mila malah dèn jurungi //

rampunging pangrêmbagipun / Sang Aprabu Aswapati / nulya tindak maring wana / don padununganirèki / kang rama Radèn Satyawan / masrahakên Dyah Sawitri //

ugi tinampenan sampun / kanthi rênaning panggalih / karana pamasrahira / sadaya wus anêtêpi / pranatan atiti darma / saking wus misuwur bilih //

Prabu Dyumatsena wau / satunggiling narapati / kang lêbda nêtêpi darma / marma nalika nampèni / pasrahe Narpati Madra / sangêt êntyarsèng panggalih //

ingkang kacêtha sawastu / prakawis kawontênaning / darma yèku cinarita / nalika Dèwi Sawitri / panggih lan Bathara Yama / anggêlarakên sakalir //

ing bab dènira amundhut / jiwane garwanirèki / Sawitri ngungsêt dènira / mrih widadaning dumadi / satêmah Bathara Yama / kapranan tyas nambadani //

sadaya panuwunipun / tan ana gothang sawiji / karana Bathara Yama / pangwasanira kêkalih / dadya ratuning dêlahan / myang ratuning darma yêkti //

wondene caritanipun / Hyang Bathara Yama nguni / putranipun Hyang Wiwaswan / lan miturut piandêling / bôngsa Arya panganggêpnya / mring Hyang Yama rinêngkuh lir //

kadi bapa babunipun / bôngsa Indhi lan Irani / katôndha ing dalêm Weda / saha ing Awesta§ Wedha punika sakawan jilid: 1. Rigwedha, 2. Yajurwedha, 3. Samawedha, 4. Atarwawedha. Dene Awesta punika Kuranipun bôngsa Irani. [A...]

--- 48 ---

[...westa] sami / nyêbutakên bilih Yama / punika têgêsirèki //

kêmbar awit Yama wau / tumitah dhingin pribadi / mung kanthi juga sudara / wanudya anama Yami / rèhning manungsa kawitan / mila kinarya narpati //

makatên wau kasêbut / RigwedaRigwedha. bab sadasa wit / tumitah dhingin priyôngga / sawastu pêjahirèki / ugi rumiyin piyambak / mila lajêng amêngkoni //

alam dêlahan sadarum / dene kadhatonirèki / Bathara Yama punika / ing jagad kanikmataning / manungsa kang kalêrêsan / tumrap dènira ngêmasi //

dene kanikmatan wau / kajawi jalaran saking / sidhêkah myang wilujêngan / ugi akarana saking / saenipun kalakuan / duk maksih gêsange nguni //

Hyang Yama karênanipun / lêlênggahan nèng ngandhaping / wit-witan lan para dewa / ingadhêp sakèhing janmi / kang sami minggah sawarga / anggusthi sinom pangrawit //

[Sinom]

dadya kosokwangsulan /Kurang satu suku kata: dadia kosokwangsulan. kang kasbut crita Sawitri / dahad pulaya dènira / anggatra kratonirèki / Bathara Yama tuwin / Anjarwani namanipun / nênggih Bathara Yama / ing ngriku dipun têgêsi / asalipun saking lingganing têmbung Yam //

ingkang gadhah têgês nigsa / dadya tan ngèngêti bilih / Hyang Yama puniku kêmbar / lawan arinira Yami / mila Dèwi Sawitri / angungsêt pitêmbungipun / janma sèsining dunya / sadaya puniku sami / kacancang ing siksa papêksan paduka //

ingkang ing wasana kêdah / miturut tan nyuwalani / ing sakaparêng paduka / mila umumipun sami / paduka dèn wastani / tukang ngrudapaksa sagung / sakaliring tumitah / awit saking piandêling / bôngsa Indhi tumraping Bathara Yama //

dènnya asring mêthot jiwa / datan ngêmungkên nyawaning / manungsa kewala nadyan / bôngsa sato kewan ugi / kalêbêt wêwênanging / purba myang wasesanipun / Sang Hyang Yama punika / tan amung tumraping akir / nanging ugi ngadili sadaya titah //

ingkang nêmbe praptanira / nalika gêsange nguni / ... / ... /Kurang dua baris, ketiga dan keempat. pinidana utawi / sinigsa sapantêsipun / mila Bathara Yama / punika dipun wastani / asarira darma myang ratuning darma //

tuwin malih cinarita / Hyang Yama warnanirèki / cêmêng agêng inggil sarta / dinulu ngajrih-ajrihi / andik netranira brit / lir hyang surya cahyanipun / ngagêm jamang sêsotya / mutyara nila widuri / abyor mubyar sarwa bang busananira //

angasta dhadhung kinarya / anancang nyawa kang sami / binêthot pinaripaksa /§ Ing padhalangan, Sang Hyang Yama punika nyêpêng sorog kuncining kaswargan. sawastu akarya miris / wujud pangwasanèki / nanging lamun imbal wuwus / wêdharing pangandika / sora sarèh arum manis / manohara wèh enake kang miyarsa //

Badhe kasambêt