Sastra Jawa

Program Digitalisasi Sastra Daerah

  • Increase font size
  • Default font size
  • Decrease font size

Pusaka Jawi, Java Instituut, 1924-10, #354

Katalog:Pusaka Jawi, Java Instituut, 1924, #354
Sambung:
1.Pusaka Jawi, Java Instituut, 1924-08/09, #354 . Koran, Majalah dan Jurnal | Pusaka Jawi #555.
2.Pusaka Jawi, Java Instituut, 1924-10, #354. Koran, Majalah dan Jurnal | Pusaka Jawi #553.
3.Pusaka Jawi, Java Instituut, 1924-12, #354. Koran, Majalah dan Jurnal | Pusaka Jawi #554.

Ôngka 1, Oktobêr 1924. Taun III.

Pusaka Jawi

Ingkang ngêdalakên: Pakêmpalan Yapa Insêtitut (JAVA-INSTITUUT). Redhaksi: Radèn Arya Dhoktor Husèn Jayadiningrat, Kangjêng Pangeran Arya Adiwijaya, Y. Kat (J. KATS) Radèn Sastrawijana.

Sêrat-sêrat panjurung isinipun Pusaka Jawi punika kakintuna dhatêng redhaksi: Salembah 28 Wèltêprèdhên. Sêrat-sêrat panêmbung dados lêngganan, kakintuna dhatêng administrasi: Kêbon Sirih 64 Wèltêprèdhên.

Rêginipun sêrat wulanan punika: f.3.- sataun, sarta kêdah kabayar rumiyin. Sintên ingkang kaparêng lêngganan, apêsipun kêdah tumrap sataun. Manawi tumbas amung satunggal nomêr, rêginipun f 0.30. Waragad pariwara: sakaca f 20,- satêngah kaca f 12.50 saprapat kaca f 7.50 manawi lêngganan kamirahakên.

Kawontênanipun Piwulang Basa Jawi Tumrap Pamulangan Warni-warni Ingkang Mawi Wulangan Basa Jawi

Ingkang urun pamanggih: Jayasugita ing Ngayogyakarta

Nuwun, wiyosipun, kula kapatah urun pamanggih prakawis kawontênanipun piwulang basa Jawi, tumrap pamulangan warni-warni, ingkang mawi wulangan basa Jawi, punika anggèn kula nyandikani ragi awrat, awit saking rumaos kacingkrangan kula prakawis punika. Kula nyuwun pangapuntên, bokmanawi andadosakên cuwanipun sadhèrèk kathah.

Ewadene, sarèhning rumaos kula, kula punika inggih kalêbêt dados golonganipun para ingkang gadhah pamurina dhatêng apêsipun basa Jawi, dados inggih sanajan sawôntênipun, kula inggih badhe urun pamanggih.

Bêbuka

Nuwun, sadèrèngipun kula nglairakên pamanggih, kula badhe ngaturakên ingkang dados raosing manah kula, mugi sagêda dados ular-ularing panglimbang.

Basa punika kalêbêt sarana pêparinging Pangeran dhatêng manusa, kangge nglairakên kajêngipun. Sanajan botên sadaya krêntêging manahipun kenging kalairakên sarana basa, nanging sadaya ingkang kalairakên sarana basa, punika masthi krêntêg utawi raos-rumaosing manah saking nglêbêt utawi jalaran saking kataman daya saking jawi.

--- 2 ---

Manawi wontên sarjana kalih, ingkang satunggal amêningi rêjaning jaman, satunggalipun mêningi apêsing nagarinipun, saèstu karanganipun beda kênyamipun. Botên namung suraosipun karangan ingkang beda, dalasan basanipun inggih beda, jalaran kawontênan ing jawi punika nabêti ing nglêbêt. Upami kula ngrêtosa sayêktos dhatêng Sêrat Nagara Krêtagama (Prapanca) amasthi sagêd ambedakakên kalayan Sêrat Kalatidha (Radèn Ngabèi Rônggawarsita). Tur sami karanganipun sarjana linangkung, anamung beda jamanipun. Manawi bedanipun ing basa, botên andadosakên pamanahan agêng, dening basa Jawi Kina (Kawi) kalihan basa Jawi enggal, namung bedaning raosipun, kintên kula botên alit.

Kados botên lêpat, manawi kula mastanana, yèn gêsanging basa punika sarêng lan gêsanging bôngsa. Basa punika minôngka wadhahipun. Ingkang dipun wadhahi kagunan sarta kasusilaning bôngsa. Basa jamanipun Êmpu Prapanca, botên sêsak kangge madhahi kagunanipun nagari Majapait, inggih kagunan nyêpêng nagari, inggih kagunan ulah kaprajuritan, punapadene kagunan jaman samantên sanèsipun. Makatên ugi inggih botên sêsak kangge wadhahing lungidipun agami Budha lan Siwah, punapadene kasusilanipun karajan agêng, Majapait.

Kasêbut ing babad, têtela kaluhuranipun nagari Jawi wiwit kala samantên sangsaya mlorod, wontên inggahipun sawatawis kala jamanipun Kangjêng Sultan Agêng ing Mataram. Anamung salajêngipun sapriki, saya mlorod, ngantos kenging winastan ical kaluhuranipun nagari Jawi. Luhuripun dados asor, mulyanipun dados apês. Punika kanyataaning babadipun tanah Jawi. Ing ngriki botên badhe angrêmbag sabab-sababipun, sanès ênggènipun.

Sapunika prakawis basa Jawi. Kala samantên cêkap kaangge madhahi kagunan, kasusilan tuwin kawruhipun nagari agêng. Dados sampun nate dados basa ingkang mulya. Kintên kula, manawi dipun galedhahi, basa Jawi sapunika punika inggih cêkap kangge wêwadhahing kagunan, kasusilan tuwin kawruhipun karajan agêng, nanging ingkang dipun wadhahi punika ingkang sapunika botên wontên. Saèstunipun, sarèhning kawontênan sapunika punika beda kalihan kala jaman samantên, dados nama cêkap punika masthinipun inggih mawi dipun ewahi utawi dipun busanani sawatawis, ingkang laras kalihan jaman sapunika.

Lêlampahan ing babad punika dados prakawis agêng tumrapipun basa. Masthinipun kala jaman kinaning kina, basanipun tiyang Jawi punika inggih rêsik basa Jawi. Sarêng tiyang Indhu ngajawi, ambêkta kagunan, kawruh sarta agami, ingkang lajêng katumular dhatêng têtiyang Jawi, basa Jawi inggih lajêng kamomoran basa Indhu, inggih punika basa Sangsêkrita, Tamil tuwin sanès-sanèsipun. [sanès-sanèsi...]

--- 3 ---

[...pun.] Cariyosipun tiyang ingkang mangrêtos, Sêrat Arjunawijaya punika basa Jawi, momoranipun namung basa Sangsêkrita. Punapa basa Jawi dados awon kamomoran têmbung Sangsêkrita.

Dhatêngipun bôngsa Cina, Arab, Portêgis, Landi, punika inggih kados makatên. Punapa dados awon basa Jawi kamomoran têmbung Cina, Portêgis, Arab, Landi utawi sanèsipun.

Kula kalêbêt dados golonganipun tiyang ingkang mastani botên awon, manawi basa Jawi kamomoran têmbung mônca. Pancèn botên sagêd basa botên kamomoran têmbung mônca punika. Anamung inggih têmbung mônca ingkang kenging kula wastani: mangsuk Jawi. Dados lagu, lageyan, pakêcapan tuwin pangrimbagipun inggih lajêng manut Jawi. Dados upami wontên sêdya, niyat angrêsikakên basa Jawi, sampun ngantos kamomoran têmbung mônca, punika mathuk kula namung sakêdhik, tiwas botên kalampahan. Pamanah kula: prasasat kêrêngan kalihan jagad, kadospundi sagêdipun mênang. Prakawis punika mugi sampun ngantos kalintu panampi. Botên kok kula punika rêmên, agêngipun ngajêngakên basa campuran makatên, punika botên pisan-pisan. Ing ngandhap punika tuladha ingkang botên kula rêmêni, mugi dadosa panggalihan. Punika gambaripun murid sakolahan ingkang kawêlêg ing basa Landi, basa Jawi ragi dipun kiwakakên:

(wij ki, oraa bisa cara Jawa sing bêcik kae, anggêr ngrêti rak ya wis voldoende, wong sanajan basa Jawa schitterend yèn cara Lônda vier ya ora munggah. Cêkake sing pêrlu ki cara Lônda. Mulane saiki bêcike blokken cara Lônda wae. Yèn cara Lônda apêse ora vijf mêsthi zakken ta, wis. Cara Mlayu setali tiga uang wae karo cara Jawa. wij ki sasate rak nooit ta maca Javaansche karo Maleische boeken, kajaba mung leesboek saminggu sapisan,… ).

Kula botên prêlu matur kathah-kathah, kadospundi raosing manah kula sumêrêp kados makatên punika. Mêsakakên sangêt dene basa Jawi pating clonèh makatên. Tiyang ingkang kulina wicantên gumampil kados makatên punika, masthinipun manawi kapêngkok ing prêlu kêdah wicantên cara Jawi, kados luwung kèndêl, botên saèstu wicantên, dening rêkaos.

Kathah sadhèrèk ingkang mastani, manawi basa Jawi sapunika sampun risak, sangsaya lami sangsaya risak. Malah kaladuking ginêm makatên: benjing basa Jawi punika rak ical, kêsuk basa mônca (Landi, Malayu), manawi sakolahan sampun waradin, raos Jawi bibrah, santun raos mônca.

Sumôngga sami dipun taliti sasagêd-sagêd, sapintên lêrêsipun pamanggih ing nginggil punika. Makatên: [M...]

--- 4 ---

[...akatên:]

1. Basa Jawi sapunika sampun risak, sangsaya lami sangsaya risak.

Manawi kula ngèngêti wicantênanipun murid ingkang sampun kasêbut ing nginggil punika wau, mèmpêr, basa Jawi kawastanan risak. Anamung manawi kula ngèngêti kathahipun tiyang ingkang wicantênan cara Jawi, langkung saking kalih dasa yuta, sarta ngèngêti, manawi tiyang ingkang wicantên kados murid kasêbut ing nginggil punika namung sakêdhik-sakêdhik sangêt, kula botên sagêd andhèrèk basa Jawi kawastanan risak. Karisakaning basanipun murid kasêbut ing nginggil punika saèstunipun saking lêpatipun piwulanging pamulangan. Punika kenging dipun ewahi, ugêr ingkang gadhah pamulangan purun. Saking pamanggih kula, ingkang nama basa risak punika, basa ingkang sampun botên kenging dipun angge. Ingkang kenging dipun angge, punapa malih manawi ingkang ngangge bôngsa pintên-pintên, punika manawi kula mastani sanès basa risak. Gambaripun basa Malayu, punika sadaya bôngsa ing satanah Indiya ngangge, sadaya sampun beda kalihan tukipun, inggih punika ing Riyo. Ewadene kula botên sagêd mastani, manawi basa Malayu risak, kapara malah kula wastani basa ingkang bêgja. Punapa basa Malayu mênang sae kalihan basa Jawi, dene sadaya bôngsa purun ngangge. Kintên kula botên saking mênang sae, nanging saking mênang gampil, mênang purun dipun êlak-êluk, mênang sasami-sami. Basa Jawi pancèn alus, sugih sêrat-sêrat, isinipun inggih botên kawon kalihan basa sanèsipun sa-Indiya. Anamung basa Jawi punika angèl sangêt, prasasat botên sagêd tiyang mônca sagêd dhatêng basa Jawi, manawi botên manjing ing jagad Jawi. Tiyang sinau basa Jawi punika apêsipun prasasat sinau basa kalih sêsarêngan, ngoko kalihan krama, punapadene kêdah gambuh dhatêng tatakrama utawi adat Jawi. Kados manawi tiyang mônca, saumur dèrèng cêkap. Punapa sagêd basa Jawi ing têmbe waradin kados basa Malayu. Kintên kula rêkaos, kajawi manawi wontên rêjaning jaman, punika bokmanawi.

Basa sagêdipun sae, utawi manawi wit-witan angrêmbaka, kêdah dipun angge. Dipun angge nindakakên samukawis. Anamung sapunika kadospundi basa Jawi. Paprentahan, pangadilan, kapulisèn, undhang-undhang, sami mawi basa sanèsipun Jawi. Dalasan sêrat pajêgipun tiyang Jawi maksa ngangge basa sanèsipun Jawi. Puluh-puluh tiyang Jawi basanipun sawêg tinakdir apês, tiyangipun makatên ugi.

2. Basa Jawi badhe ical

Saking pamanggih kula, punika mokal, botên sagêd kalampahan, kajawi ta manawi sirna tiyangipun. Punika sampun sanès rêmbag.

3. Raos Jawi bibrah

Raos Jawi punika punapa. Kula botên sagêd [sa...]

--- 5 ---

[...gêd] angaturakên, raos Jawi punika punapa.

Ing nginggil kula sampun matur, lêlampahan ing babad punika kalêbêt prakawis agêng tumrapipun basa, amargi sagêd angontragakên bôngsa. Nalika jaman Indhu, basa Jawi masthi ewah saking aslinipun, kamomoran raos Indhu. Wujudipun basa Jawi inggih kamomoran basa Sangsêkrita. Ing jaman Islam, raos Jawi kamomoran basa Arab, sapanunggilanipun.

Sarêng tanah Jawi ical kamardikanipun, tiyang Jawi botên nyêpêng nagari piyambak, sadaya tatanan ngangge cara mônca, lah punika prakawis agêng. Raos Jawi inggih kathah ewahipun, basa Jawi makatên ugi. Manawi talêsing basa lan raos Jawi taksih, masthinipun, ananging saking kathahing ewah-ewahan, ngantos kula piyambak botên sagêd matur kalayan patitis, punapa raos tuwin basa kula Jawi sapunika punika taksih kathah Jawinipun. Raos lan basa Jawi, kula mastani botên bibrah utawi risak, namung ewah. Ewahipun punika punapa dados sae punapa dados awon. Punika kula botên sagêd matur kalayan patitis, nanging ewah punika nyata.

Satêngahipun kula yakin, purun tanggêl, upami tanah Jawi punika kawangsulakên dhatêng tiyang Jawi, sampun botên susah kêkathahên reka, basa Jawi masthi mulya kajêngipun piyambak, ngrêmbaka. Anamung ngrêmbakanipun basa Jawi ing têmbe masthi botên kados basa Jawi jamanipun Êmpu Sêdhah, Êmpu Tanakung, Êmpu Prapanca utawi Rônggawarsitan, amargi jamanipun sampun santun. Sapunika sampun jaman sêtum, lêstrik tuwin mêsin. Sêsambêtanipun praja sadonya sampun gampil sangêt. Jagad wetan kalihan jagad kilèn sampun gandhèng sarana telêgrap, baita mabur tuwin kapal api. Basa Jawi ing têmbe badhe dados wadhahipun sadaya prakawis punika.

Anamung sarèhning nyatanipun sapunika tiyang Jawi botên nyêpêng nagarinipun piyambak, wajibing tiyang Jawi sapunika inggih kêdah ngudi, sagêdipun basa Jawi cêkap kangge madhahi sadaya kagunan lan kawruh. Basa mônca ingkang kula sumêrêp, punika sagêdipun cêkap kangge wadhah sawarnining kagunan lan kawruh inggih sarana dipun reka, dipun busanani, dipun êlak-êluk, punapadene dipun jodhokakên kalihan têmbung mônca. Manawi basa Jawi sagêdipun madhahi kagunan lan kawruh kêdah dipun makatênakên, kados botên wontên awonipun dipun makatênakên. Ananging tumindakipun makatên punika, masthinipun inggih saking sakêdhik, tarkadhang botên dipun jarag.

Ing sapunika sampun têtela, manawi tiyang Jawi parlu ngangsu kawruh lan kasagêdan saking kilèn, kados ta kawruh pamisah, sêtum, lêstrik sapanunggilanipun. [sa...]

--- 6 ---

[...panunggilanipun.] Timbanipun basa Eropa (Landi). Pamulangan têngah lan luhur dèrèng sagêd tumindak sarana basa Jawi. Dados prayoginipun inggih timbanipun kemawon basa Eropa, namung anggènipun ngêsokakên dhatêng kulah Jawi kemawon sagêda mawi basa Jawi, supados migunani. Punika kêdah dipun angkah.

Kawontênan sapunika punika pancèn inggih nyêdhihakên, para ingkang sampun kathah anggènipun ngangsu, botên sagêd kalayan gampil anggènipun ngêsokakên, dening botên sagêd cara Jawi, sagêda inggih botên kalayan gampil. Inggih sanès lêpatipun, nanging nyêdhihakên punika nyata. Ngèngêti trêsna kula dhatêng basa Jawi, kula ngantos gadhah panyuwun dhatêng para ingkang sampun ngangsu kawruh Eropa, kaparênga rêmên ngangge basa Jawi, inggih sumêrêp-sumêrêp anggêgêsang basa Jawi.

Manawi kawruh ingkang dêlês Jawi, kagunan sarta kasusilan Jawi, punika gênah cêkapipun dipun wadhahi basa Jawi, tiyang pancèn sampun gadhahanipun. Prakawis kasusilan, alusing budi tuwin kaprawiran, pancèn tiyang Jawi botên susah nguyang dhatêng Eropa, kapara malah sagêd nguyangakên.

Kula rampungi samantên kemawon anggèn kula damêl bêbuka. Kados sampun têrang gambaring angên-angên kula, minôngka ular-ularing panglimbang, purun kula wudhu prakawis:

Kawontênanipun piwulang basa Jawi tumrap pamulangan warni-warni, ingkang mulangakên basa Jawi

I. Ing sapunika punika, saking pamanggih kula, pamulangan ingkang mulangakên basa Jawi namung tiga inggih punika: 1. Pamulangan dhusun, 2. Pamulangan ôngka kalih, 3. Pamulangan normal calon guru bantu.

II. Pamulangan sanèsipun inggih wontên ingkang mulangakên basa Jawi, inggih punika:

1. H.I.S., 2. Kwiksêkul guru Jawi, 3. Sakolahan calon priyantun Jawi, 4. Sakolahan Milo sawatawis.

Ananging basa Jawi ing ngriki kenging kukakula. wastani wulangan nunutan, basa nunut punika sampun saèstu botên kalêbêt pêrlu.

Kula badhe nyariyosakên basa Jawi ing bageyan II. Mugi sampun ngantos wontên ingkang kalintu tampi, kagalih kula niyat adamêl sêrik dhatêng ingkang sami nindakakên mulang basa Jawi, punika botên. Kula namung nyariyosakên ingkang kula sumêrêpi.

Nêm taun kula dados guru basa Jawi ing kuwiksêkul guru Jawi, kalih taun wontên ing pamulangan calon priyantun Jawi.

Ingkang lumêbêt ing kwiksêkul guru Jawi punika lare saking: H.I.S., anggèn kula mulang basa Jawi wontên ing kwiksêkul pangkat satunggal rêkaos sangêt dhatêng manah, amargi, [a...]

--- 7 ---

[...margi,] botên namung saking kiranging kasagêdanipun murid dhatêng basa Jawi, nanging inggih saking rêmênipun dhatêng basa Jawi prasasat sampun botên wontên. Môngka punika calon guru Jawi, punika ingkang ngindhaki prihatos dhatêng kula. Botên rêmênipun dhatêng basa Jawi punika masthinipun bêktan saking H.I.S, punika cocog kalihan rêraosanipun guru-guru: H.I.S, manawi para murid ing ngriku pancèn botên wontên malih ingkang dipun prihatosakên, dipun sinau kalayan tumêmên, kajawi wulangan basa Walandi, awit inggih basa Walandi punika ingkang sagêd anginggahakên utawi angêdalakên saking pamulangan. Piwulang sanèsipun punika namung prasasat kangge jangkêp-jangkêp. Biji basa Jawi wolu punika botên sagêd nyurung biji basa Walandi tiga. Kosokwangsulipun biji basa Walandi pitu, punika sagêd anggèrèd biji basa Jawi tiga. Punika ingkang limrah tumindak sapunika. Cêkakipun basa Jawi ing H.I.S. botên kajèn. Tur wulangan basa Jawi namung sakêdhik, amargi saking ngoyak kasagêdan basa Walandi.

Kula inggih botên maibên manawi basa Walandi punika pêrlu sangêt, tumrap ingkang badhe ambikak gêdhong kawruh Walandi, nanging wontên tiyang Jawi têka ngantos angrèmèhakên basa Jawi punika ingkang kula sangêt nalôngsa. Inggih para guru ing H.I.S. kemawon ingkang sagêd-sagêd andulang raos dhatêng murid-muridipun, manawi basa Jawi punika tumrapipun tiyang Jawi pêrlu. Wontên ing H.I.S. sampun ajar ngrèmèhakên basa Jawi. Manawi wontên ing kwiksêkul botên sagêd mantun, wah, basa Jawi ing H.I.S. rak badhe tanpa kukupan salaminipun.

Sapunika ing kwiksêkul, piwulang basa Jawi ing kwiksêkul punika sakêdhik sangêt, kathah-kathahipun saminggu tigang jam, malah ing pangkat ingkang nginggil piyambak saminggu namung tigang prapat jam. Nalika kula taksih dados guru ing kwiksêkul, sangêt anggèn kula ambudidaya sarta ngreka-ngreka, sagêdipun lare rêmên ugi dhatêng basa Jawi. Botên ketang sadasa pêrsèn inggih kasil. Kula sampun nate matur dhatêng ajung insêpèktur, manawi kula rumaos botên patos kaconggah nama mintêrakên basa Jawi dhatêng murid ing kwiksêkul. Sadaya wulangan kula basa Jawi kula tujokakên dhatêng panggugahing manah supados rêmên dhatêng basa Jawi, awit pamanah kula, manawi sampun rêmên, ing têmbe sagêd marsudi piyambak. Ajung insêpèktur marêngakên. Pamulang kula botên nyulayani lir plan ingkang sampun katêtêpakên. Punika kula wajib. Ihtiyar kula makatên punika katingal sangsaya dangu sangsaya wontên asilipun. Ananging kawuningana, kapalaning kwiksêkul nate ngandika dhatêng kula kirang langkung makatên: Ing ngriki punika muridipun calon guru H.I.S., dados ingkang langkung dening pêrlu punika basa Walandi. Manawi murid badhe mêmpêng basa Jawi [Ja...]

--- 8 ---

[...wi] prayogi sakolah ing pamulangan normal guru bantu. Manah kula inggih lajêng kanggêg. Sadasa kadospundi. Pintên banggi ngajêngakên, sagêdipun para murid angaruhakên dhatêng sêrat-sêrat waosan Jawi, jêbul malah makatên. Murid-murid ing kwiksêkul punika botên namung botên ngaruhakên dhatêng basa Jawi kemawon, dhatêng wayang inggih botên, wontêna ingkang ngaruhakên inggih namung satunggal kalih.

Ing pamulangan calon priyantun Jawi, kawontênanipun basa Jawi sami kemawon kalihan ing kwiksêkul, malah ragi luwung ing kwiksêkul. Ing pamulangan calon priyantun Jawi malah nampèni lare saking sakolahan Walandi, ingkang botên nate sinau basa Jawi babar pisan.

Pamulangan Milo ingkang mawi wulangan basa Jawi. Ingkang sinau pamirêng kula namung sakêdhik, jalaran manasuka, kenging tumut sinau kenging botên, sanès kawajiban. Kintên kula wohipun nyêngka sami kalihan sakolahan calon priyantun. Ananging prakawis punika kula botên sumêrêp.

Sapunika nyariyosakên bagean I.

Pamulangan dhusun, pamulangan ôngka kalih, pamulangan normal guru bantu, punika ingkang kula wastani pamulangan Jawi yêktos. Ing ngriku basa Jawi pancèn wulangan ingkang parlu, sanès wulangan nunutan.

Kados botên parlu kula ngaturakên kathah-kathah kawontênanipun sakolahan tiga punika, pangraos kula botên ngalitakên manah. Malah inggih sakolahan normal punika ingkang agêng pangajêng-ajêng kula badhe sagêd dados margining kamajênganipun basa Jawi.

Sapunika kula kapengin nyariyosakên sawatawis pirantosing mulang basa Jawi. Manawi katandhing kalihan pirantos mulangakên basa Landi, sampun sanès timbangipun.

Sêrat waosan, kirang. Manawi badhe milih rêkaos sangêt, ngantos sagêd kalampahan, waosan ing kwiksêkul pangkat tiga sami kalihan H.I.S. pangkat pitu.

Sêrat piwulang basa, prasasat botên wontên. Limrah para guru sami grayah-grayah piyambak manawi badhe mulang basa Jawi. Môngka ingkang masthi gurunipun inggih botên kenging winastan wasis basa Jawi.

Wontên wulangipun sawatawis, dene ing sakolahan ôngka kalih wontên taman pustakanipun. Punika kajawi ngindhakakên kawruh, inggih sagêd ngindhaki wanuhipun lare sakolah dhatêng basa Jawi.

Punapa sababipun dene sêrat-sêrat pasinaon basa Jawi ing sakolahan kirang. Pangintên kula sababipun ingkang agêng kalih: [k...]

--- 9 ---

[...alih:]

1. Tiyang Jawi pancèn dèrèng sagêd ngarang. Kathah ingkang wasis basa Jawi, ananging manawi ngarang sêrat ingkang kangge wulangan pancèn botên cêkap saking kawasisan basa Jawi kemawon, inggih kêdah wasis dhatêng cara, tatanan tuwin undha-usuking wulangan. Gêrbanipun kêdah wasis dhatêng ngèlmu wuruk. Guru-guru Jawi punika dhatêng ngèlmu wuruk utawi ngèlmuning ngarang, pancèn dèrèng kenging winastan cêkap.

2. Nagari pancèn kirang loma. Upami nagari punika loma, dhangan sangêt angajêngakên sêrat-sêrat ingkang kangge wulangan basa Jawi, kintên kula inggih kathah ingkang marsudi, têmahanipun inggih lajêng kathah sêrat anggitan bab wulangan basa Jawi.

Kajawi kiranging sêrat piwulang basa sarta sêrat waosan, wontên kiranging pirantos satunggal ingkang parlu, inggih punika Bausastra Jawi. Sapunika dèrèng wontên. Manawi tiyang badhe sumêrêp têgêsing têmbung Jawi, kêdah ambikak Bausastra damêlanipun Tuwan Gèrikê sarta Rordha. Inggih kalêbêt sungsang buwana balik, badhe sagêd basa Jawi kêdah wasis basa Landi rumiyin, punika lêrêsipun tiyang Jawi kêdah prihatos sangêt. Upami kraton Jawi utawi Yapha Insêtitut nandhangi punika, pamanah kula mungguh sangêt.

Nuwun, sasampunipun kula ngaturakên kawontênanipun piwulang basa Jawi ing pamulangan warni-warni, parlu atur kula, kula cêkak, sarta kula wêwahi pamrayogi. Makatên:

1. Basa Jawi punika wiwit kina tansah kamomoran têmbung mônca. Punika botên dados awonipun basa Jawi, ugêripun têmbungipun mônca wau mangsuk Jawi.

2. Wêwahing kawruh, ewahing nagari, ewahing cara, ewahing panggêsangan, santuning agami, sapanunggilanipun, punika sagêd amêwahi sugihing têmbung utapiutawi. ngewahi basa.

3. Basa Jawi botên risak, punapa malih pêjah utawi sirna, punika mokal. Ananging basa Jawi ewah-ewah lan wêwah-wêwah. (Mriksani ôngka 2).

4. Jawi sami Jawi manawi wicantênan, kêdahipun ngangge basa Jawi. Makatên ugi sêrat-sêratan.

5. Basa Jawi kêdah kaangge ing karya nagari, ing panggenan ingkang basanipun Jawi.

6. Basa Jawi badhe ngrêmbaka malih, nanging beda kalihan ngrêmbakanipun basa Jawi ing jaman kina.

7. Sadaya pamulangan ing panggenan ingkang basanipun Jawi, kêdah mulangakên basa Jawi. Para murid kawajibakên sinau Jawi. Basa Jawi kêdah dipun ajèni.

8. Basa Jawi kêdah kalêbêt dados basa opisil.

9. Nagari kêdah loma, dhangan angêdalakên arta kangge anjangkêpi kakiranganipun [kakiranga...]

--- 10 ---

[...nipun] sêrat-sêrat basa Jawi ingkang kangge ing pamulangan.

10. Kwiksêkul, normalsêkul, wulanganipun basa Jawi kêdah sampurna, kêdah mangrêtos dhatêng kasusastran Jawi. (Jawi enggal lan Jawi Kina).

11. Manawi kintênipun lamining pasinaon ing pamulangan calon guru punika sapunika botên nyêkapi, inggih kêdah dipun wêwahi, parlu kangge nyampurnakakên basa lan kasusastran Jawi.

12. Supados ôngka sadasa ing nginggil punika sagêd kalampahan, sapunika prayogi nagari milih guru Jawi sawatawis ingkang kamanah nyêkapi, dipun sinaokakên ingkang cêkap, lajêng kapatah mulang ing kwiksêkul lan normalsêkul.

13. Ing kwiksêkul tuwin normalsêkul kêdah ngangge guru basa Jawi ingkang mligi, botên srabudan kados sapunika.

14. Upami nagari punika anggènipun mrihatosakên kabêtahanipun sêrat-sêrat ingkang kangge mulang punika kadosdene anggènipun angwontênakên Bale Pustaka, pamanah kula prayogi sangêt.

15. Inggih kalêbêt manah saenipun basa Jawi, manawi kula ngrujuki pamanggihipun tiyang ingkang ngangkah, supados H.I.S. punika wiwitipun kawulang basa Landi pangkat tiga. Ugêripun ihlas. Têgêsipun, H.I.S. inggih kêdah sagêd sambêt kalihan pamulangan têngahan.

Ngayogyakarta surya kaping 20 Juni 1924.

Jayasugita.

Sêsorahipun Pangrèhing Mardiguna, Dhatêng Pangrèhing Yapha Insêtitut Bab Kasusastran

Kula Kusumadiningrat, ingkang kabêbahan pangrèh ing Mardiguna andamêl sêsorah bab kasusastran Jawi, mila kula lampahi kapêksa sangking sêpuhing umur, botên rumaos badhe ngrampungi dhatêng pikajêngipun Yapha Insêtitut, amung lowung kangge isèn-isèn pasamuwan kimawon, mila yèn kagalih nyulayani dhatêng panggêlungipun Yapha Insêtitut, mugi dipun jêmbarana, panggalihanipun para mirêngakên.

Kawuningana, sangking pamanggih kula kasusastran punika wontênipun ajêk kemawon, kenging kabasakakên langgêng, makatên liripun, mirit Sêrat Paramasastra, pusakanipun tigang perangan.

Satunggal winastan agsara. Dipun têgêsi, awak-awakaning lêlandhêp, kalih winastan sastra, dipun têgêsi satunggaling lêlandhêp, tiga winastan sutra, dipun têgêsi alusaning lêlandhêp, lajêng makartining kêkiyatan tiga wau, kingingkenging. ugi winastan trimurti, punika lajêng mahanani [ma...]

--- 11 ---

[...hanani] agsara danta, inggih punika ha na ca ra ka, da ta sa wa la, pa dha ja ya nya, ma ga ba tha nga. Mila nama agsara danta, kabêkta sangking taksih rêsik, sakawan wau lajêng wiwit kadunungan watêk, ing jaman kina wontên ungêl-ungêlan pralambang.

Ha na ca ra ka, dipun têgêsi, ana kongkonan, da ta sa wa la sami rukun, pa dha ja ya nya sami kuwawinipun, ma ga ba tha nga pêjah sampyuh.

Punika dèrèng kababar wigatosipun, ing mangke kaparênga kula mêdharakên sêsêngkêran sawêntawis, dunungipun pasêmon wau, ing babad bawana sampun nyorahakên, ing têmbung ArapArab. winastan anasir, têmbung Jawi inggih namung bêbakalan.

Ingkang dipun wastani ha na ca ra ka, ana kongkonan, punika angin, amargi angin sagêd bengkas anambung, dhatêng dayaning buwana, saksinipun, tilgram tanpa kawat, saha kumandhang, punika dunungipun dados caraka, da ta sa wa la, sami rukun, punika kasanepakakên watêking toya, anggènipun sagêd momor tur angayêmi, saksinipun, toya yèn manggèn ing wadhah abrit inggih wujud abrit, yèn manggèn ing wadhah biru inggih biru, sasaminipun, mila kadunungakên rukun pasadherean,pasadherekan. pa dha ja ya nya, kadunungakên latu, margi latu kathah sangêt kuwasanipun, sagsi kaanan, yèn nêmpuh damêl sangsara, ananging sadaya kagunan, inggih tansah kapitulungan ing latu, mila dipun têmbungakên sami kawasa, ma ga ba tha nga, dipun dunungakên siti, saksinipun, sadaya pralayaning ngagêsang ing donya punika, katampi ing siti, sarta siti gadhah daya anyanggi sadaya tumitah, tur botên dora, tandhanipun sadaya wiji thinukulakên punapa bibitipun, mila kabasakakên môngga bathanga, pêjah sampyuh, punika inggih sampun lêrês, awit sadaya pralaya dumunung ing siti, kalayan tamtu.

Sasampuning agsara dênta wau sami makarti, lajêng acêcangkon ing agsara nungswara, wujudipun [Huruf Jawa: pêpêt], [Huruf Jawa: layar], [Huruf Jawa: cêcak], [Huruf Jawa: wignyan], [Huruf Jawa: taling], [Huruf Jawa: tarung], [Huruf Jawa: cakra], [Huruf Jawa: pasangan wa], [Huruf Jawa: pengkal], [Huruf Jawa: suku], [Huruf Jawa: kêrêt], [Huruf Jawa: pangkon]. Mirit paramasastra [Huruf Jawa: pêpêt], ulu pêpêt bun-bunan [Huruf Jawa: wulu], cangkoking mripat [Huruf Jawa: layar] pandêlênging mripat, [Huruf Jawa: cêcak] ulu cêcêg, grana [Huruf Jawa: wignyan], wignyan lathi dalah lidhah, [Huruf Jawa: taling] [Huruf Jawa: tarung] taling tarung, talingan kiwa têngên, [Huruf Jawa: cakra] cakran, jaja dalah pungkuran, [Huruf Jawa: pasangan wa] [Huruf Jawa: pengkal] suku gêmbung suku pengkal, asta kiwa têngên. [Huruf Jawa: suku] suku malywa, suku kiwa têngên, [Huruf Jawa: kêrêt] suku kêrêt, pajalêran, [Huruf Jawa: pangkon] pangkon, dununging pêpêjah tumrap ingkang pinangku, margi botên gadhah lênggah piyambak.

Wontên malih winastan aksara swara, cacah gangsal, dunungipun tanpa pêpêthan, ambokmanawi punika, pasêmonipun pôncadriya, wujudipun ngandhap punika, e, o, lê, rê, u, dene gêsang piyambak tanpa wujud.

Lajêng ardaning makarti wau, ngawontênakên agsara murdha,murda (dan di tempat lain). dipun wastani agsara agêng, Na, Ka, Ta, Sa, Pa, Ga, Ba. Mila winastan murdha,

--- 12 ---

dipun têmbungakên agsara cêthak, têgêsipun lidhah madal cêthak, raosipun makarti minggah, mila agsara wau pirantos asma saha sêsêbutan bôngsa luhur, pancèn sampun lêrês, agsara warni-warni wau dados wêwadhahing agsara danta, ingkang sampun katarambas ing kêkiyatan tiga ing nginggil wau.

Pramila kula sagêd mastani manawi kasusastran punika botên ewah gingsir, kenging dipun wastani langgêng, sangking botên ewah patrapipun.

Kaparênga kula nyêlani pamanggih sawêntawis, sampun ngantos sêling sêrêp ing panampi, manawi botên lêpat pamawas kula, samangke bôngsa kawruh kilenan, sarta kawruh wetanan, wiwit sarasehan, makatên wau inggih prayogi sangêt, nêtêpi pasadherekan, nanging panglaras kula sarèhning sampun ragi cêtha, yèn panindakipun pancèn beda, bôngsa kilèn sangking Jawi, bôngsa wetan sangking nglêbêt, kula kuwatos manawi rêbat lêrês, anêmahi gadhah panarka gèsèh kadadosanipun, môngka pamanggih kula botên sagêd gèsèh, makatên liripun, murih gampil kula sanepakakên, gêsanging klapa.

Bôngsa kawruh kilenan, marsudi galugu, janur, blarak, papah, mancung, manggar, bluluk, dadosing klapa, kamanah panjang pigunanipun, ngantos ngêbaki jagad, tanpa kalangkungan pamarsudinipun, sarêng krambil tanpa wusana lêlajênganipun inggih tagsihtaksih. rumaos kêkirangan.

Bôngsa wetan, kawruhipun anglaras kawontênanipun cikal, punika sangking kênthos, dados kênthos punika, têtela isi kêkiyatanipun wohing klapa, jalaran sagêd ngawontênakên kênthos ingkang dados cikal wau, mila kawruh wetanan kadunungakên sangking nglêbêt, nanging pamiyaranipun kênthos dadosipun cikal, cikal dadosipun witing klapa, kirang sangêt pambudidayanipun, mila tansah kirang, namung punika katêrangan kula, supados para mirêngakên sagêd dhamang.

Ing mangke nglajêngakên kasusastran malih, sasampunipun paraboting kamanungsan dados wadhahing agsara dênta, narambasipun kêkiyatan tiga ing nginggil wau, makartinipun lajêng nama têmbung, mila makatên, ebahing nungswara punika dados lantaraning panêdha sarta panyuwun, ingkang tumuju dhatêng kêkiyatan tiga, sarta ing sasami-sami, sagsinipun dêdamêlipun tiyang numpak turangga, ingkang nama cêmêthi, punika dipun namèkakên panêmbung, jalaran panêgar manawi ngêmpakakên cêmêthi punika, inggih gadhah panêmbung dhatêng wau turangga, sagêda mlampah miturut tata rèhing panêgar, ingkang prayogi.

Kawuningana, ingkang dipun upamèkakên kapal wau, kewaning manungsa, panêgaripun, manungsa sêjati, manawi kapal kêrêp dipun rèh panêgar, lami-lami sagêd ajilma, dados turangga utami, manawi tansah dipun uja kimawon, kapatuh gêga kajêngipun piyambak, ingkang dèrèng katata, punika yèn kapal badanipun [badanipu...]

--- 13 ---

[...n] lêma, nêdhêng birai bigaripun mêdal karosan ingkang gêgirisi, angsring panêgaripun kawon, manawi kawon lajêng mugsa, nilar ing kuthanipun ingkang gapura songa, punika sagêd kajegan panêgar têtiron, sampun tamtu pangrèhipun tanpa wêwaton ingkang utami, lajêng dhawah ing nistha, nistha punika wijining karisakan.

Mila prayogi kapal taksih bêlo sampuna tinêngga ing panêgar, dipun ulatakên pasabanipun, srawunganipun ing pangonan, miturut kêkiyatanipun rumiyin, supados diwasanipun sagêd runtut kalihan tata rèhing panêgar ingkang mahanani trajanging turôngga utami.

Mangsuli kasusastran malih, têmbungipun tiyang andamêl sastra, ing wancahipun nama, nulis, raosipun kêdah nulus, sampun kaewahan sipatipun, yèn têmbung krama, nyêrat, raosipun kêdah manut sêrat, inggih sêrating kayu, kayu pêndhêtan kayun, têgêsipun kayun gêsang, manawi têmbungipun tiyang ngungêlakên sêrat, dipun wastani maca, têgêsipun macak, mangsi. Dados inggih kêdah mapan lêrêsipun, yèn têmbung krama, dipun têmbungakên maos, punika gadhah têgês têtiga, satunggal, andawa, kêdah kagalih panjang, kalih gigid, sagêda pinanggih raosipun, tiga numbak, sagêda namakakên lêlandhêp sarta ampuhanipun.

Pramila kula purun mêstani kasusastranipun pancèn ajêg kimawon, dene ewah gingsiripun wau sangking pamacak saha panindak, miturut sêdya lan watêkipun piyambak, bêbasan liyan praja ana carane priyôngga. Punika sok lajêng dipun wastani jaman, môngka jaman wau kenging kadunungakên sêjaning iman, ingkang sinêbut iman wau kalih perangan, satunggal, kaparêngipun bôngsa luhur ingkang nguwasani ing padunungan ngriku tinelad ing ngakathah, dados jaman, sêdyaning manungsa ingkang santosa, ginuyupan ing ngakathah, ugi dados jaman, mênggah tuladan kêkalih wau punapa tamtu manut kasusastran ing nginggil wau sadaya, pamanggih kula dèrèng tamtu, saksinipun wontên sêsêbutan jaman sae, sarta jaman awon, tôndha dèrèng maton, tindaking iman wau.

Mila kula ngaturi pasagsèn dhawuhipun Prabu Ramawijaya, dhumatêng ingkang rayi Prabu Barata, ing sêkar Mijil, makatên.

Lamun sira madêk narapati / yayi wêkas ingong / mapan ana ing prabu ugêre / sastra cêtha ulatana yayi / omahna dèn pasthi / wulanging sastrèku //

Mirit katrangan dhawuhipun Prabu Ramawijaya dhatêng Prabu Barata wau, dados kasusastran punika sampun isi piwulang, dene kadhawuhan madosi piwulangipun, wontên pasagsèn malih ing Sêrat Panitisastra, ing sêkar Dhandhanggula kados ing ngandhap punika katranganipun.

Palane awèh mulyaning nagri / wong kang anut sawardining sastra / watake kukuh budine / ingkang marang rahayu / adoh sangking candhala budi / marang isining praja / kalamun wong agung /

--- 14 ---

arta busana kancana / sandhang pangan dinanana bala dadi / kèdhêp parentahira //

Dados sampun têtela, ebahing jaman awon sae punika, sangking lêrês lêpatipun anggèning tumindak, para panuntun anggêlarakên piwulanging sastra wau.

Kalayan malih ingkang dipun sêmoni dening Sang Prabu Ramawijaya, punika botên sanès inggih jêjêring sastra wiwit nginggil dumugi ngandhap dalah watêg-watêkipun.

Mila panyuwun kula dhatêng para maos piwulangipun Bathara Rama, punika sampun ginalih, namung kangge para narendra kimawon, sanadyan sadaya manungsa inggih kêdah anggatèkakên, awit manawi para panuntun sagêd kacakup pangingsêpipun piwulanging Sastra Cêtha wau, badhe mahanani jaman sae, yèn lêpat pamacakipun kasusastran kasbut nginggil, yèn mahanani jaman inggih jaman kuwur, amargi kirang sampurna, jawi lêbêtipun.

Ngaturakên manawi sampurna pangingsêpipun, pratitis panindakipun ing jawi lêbêt, babaranipun kados dhawuhipun Prabu Ramawijaya, dhatêng Prabu Wibisana, ing sêkar Dhandhanggula, ing ngandhap punika.

Kamulyane sajagad dumadi / karêgsane birat ing durcara / dursila salah lêpase / suyasanên pinangguh / guwa pêtêng lan jurang têrbis / kali-kali kalingan / ing sastra sang prabu / amadhangi sabuwana / jroning guwa katon pinanduk ing tulis / padhang rêgêd katawang //

Mila pungkasanipun atur kula, manawi kasusastran ingkang kados pusakanipun Paramasastra, ing jaman kina ing nginggil wau, ingkang dados panggalihan, kula jumurung sangêt, upami kajibahakên tumut tumandang, lêga bingah biyantu, yèn namung ingkang rèmèh-rèmèh dipun kêncêngi pamardinipun, kula nyuwun blangko, sabab kuwatos manawi ngêndhêg-êndhêgki,ngêndhêg-êndhêgi. pangupayaning sandhang têdha, lare-lare sinau kawruh kagunan, punika kimawon, kadhatêngan sêsakit bêsènêh, sampun ragi bingung, amung punika atur kula.

Basa Jawi

Ingkang Urun Pamanggih, Arjasusastra ing Sêmarang

Manawi dipun manah-manah, gêsanging basa punika nunggil misah kalihan gêsanging bôngsa, liripun ngrêbda utawi curêsipun sêsarêngan. Bôngsa ingkang sawêk anglampahi pêpêsthèn apês ing samukawisipun, dilalah basanipun inggih tumut kêsilêp, dening ingkang kawogan ngopèni lajêng kathah ingkang sami birai dhatêng basa sanès ingkang sawêk dados sêkar lathi. Lacuting kabiraèn, kawêwahan pamasesaning bôngsa ingkang kala samantên sawêk jaya, wêkasan sagêd nyurêsakên basa. Tatalanipun botên kirang, kados ta sirnanipun têmbung Latin, Sangsêkrita, liripun botên kangge rêrêmbagan tiyang [ti...]

--- 15 ---

[...yang] kathah ing sabên dintên. Botên têbih-têbih: tiyang Jawi sapunika racakipun botên ngêrtos têtêmbungan ingkang kangge ing sabên dintên kala jaman Majapaitan utawi Daha Singasarèn. Kosokwangsulipun atur kula wau, jêmbar-jêmbaring jagad, wontên tuladha malih: basanipun tiyang ingkang sawêk asor prajanipun, ewasamantên sagêd angluluhakên basanipun bôngsa ingkang pinarentah wau dumadakan mênang sêpuh ing kabudayanipun, upami bôngsa Nurman, sagêd kelud dhatêng basanipun tiyang Inggris, utawi Prasman. Bôngsa Longgobardhên, kelud dhatêng basa Itali. Samantên elokipun pêpasthèning dumados punika, dhasar angèl ginayuh.

Mênggah saking wawasan kula piyambak, manut pasêksèn babad-babad, punapadene wêwulang pangracuting basa, unggul asoripun lud-ludaning basa wau lakar gawat, botên kenging kinayangapa. Kadosdene basa Jawi, sampun pintên atus taun sêsandhingan kalayan basa sanèsipun: Arab, Cina, Walandi, ewasamantên mêksa kalis, botên sagêd ewah ingkang ngantos ngêrosi, dêstun namung nuwuhakên têmbung cengkokan. Punika nama limrah, basa ing pundi kemawon inggih makatên, kaanggêpa sampun mêsthinipun, sami kemawon kalayan têmbung-têmbung Jawi ingkang luwas, botên kasrambah malih, utawi wêwahipun têmbung tuwuhan enggal. Wondene talêsing basa Jawi botên ewah, taksih wêtah lajêr-lajêripun.

Lud-ludaning basa ingkang sok mranani punika, manawi basa ingkang lud-niludlud-linud. wau tunggil laras, kasarêngan ing luhuring kabudayan. Tumrapipun basa Jawi sagêd kalampahan kinêlun ing basa Malajêng, samantên wau yèn kabudayan Jawi kawon lungid kalayan kabudayan Malajêng. Kula cêlakakên malih: têmbung Surakarta lan Ngayoja, ingkang dados panutanipun tiyang kathah ing wêkdal samangke punika, sagêd kalampahan winisesa dening têmbung Jawi kagok ingkang miyatani, liripun sêmbada kabudayanipun ing babagan kasusastran, kagunan sapanunggilanipun, sarta ing jaman kinanipun kapetang ugi: kaprajuritan. Bokmanawi lêlampahan ingkang makatên punika ingkang anjalari curêsipun basa Jawi Kina. Dados botên amargi kasoran kalihan basa ngamônca: sanyatanipun kawon sêmu kalihan basa kagok Jawi sanèsipun.

Kula botên susah matur, punapa basa Jawi punika ingayoman ing kabudayanipun piyambak, tumrape anggènipun lud-ludan kalayan basa cêlak-cêlakipun ingkang tunggil laras. MamanawiManawi. nitik gêsangipun taksih santosa makatên, kawêwahan sugih dasanama, punapadene wiyar têbanipun, pancèn botên nyumêlangakên yèn ta badhea dumugi ing pêjah. Nanging badhe saya utami bilih tansah dipun upakara murih ngrêbdanipun, tulus sagêd tuwuh, abêbrayan [abê...]

--- 16 ---

[...brayan] kalihan gêsanging bôngsa. Nanging kosokwangsulipun, tumusan wau numusana ugi dhatêng angganing bôngsa.

Wondene iktiyaripun ngopèni gêsanging basa Jawi punika adhakanipun wontên ing pamulangan, ing rêrigên praja, ing sêrat kabar, ing pakêmpalan-pakêmpalan, lan ing kabudidayan-kabudidayan Jawi. Mênggah jèrènganipun sawatawis kula aturakên ing ngandhap punika:

Pamulangan

Radi kalêrêsan kala mangsanipun, parentah Walandi katawis botên karsa masesa gêsangipun basa Jawi sangêt-sangêt, katôndha saking wontênipun wulangan basa Jawi ing pamulangan-pamulangan ingkang muridipun botên Jawi sadaya. Iba badhe ngrêbdanipun basa Jawi, bilih sadaya pamulangan agêng alit, wiwit pamulangan ing dhusun dumugi pamulangan luhur wontên wulanganipun basa Jawi sakasusastranipun pisan, undha-usuk gampil angèlipun. Kalayan malih, kajawi badhe paedah ing pakaryan, para dhoktêr, insinyur tuwin para ingkang sami ngasta lêlêrêsan, sakbotên-botênipun badhe tumut ambusanani basa Jawi, sakgadukipun piyambak-piyambak.

Rêrigên Praja

Sêrat dhawuh, sêrat paturan, tuwin sêrat sanès-sanèsipun ingkang magêpokan kalihan kabêtahanipun tiyang Jawi, kasêrata ing têmbung Jawi, sampun mawi têmbung Malajêng, langkung malih têmbung Walandi.

Ing parêpatan agêng, kadosdene ing gêmèntêrad, ing polêksêrad, sapanunggilanipun, kalilanana kêkojah mawi têmbung Jawi.

Sêrat Kabar

Sêdhèrèk kula Jawi piyambak ingkang ada-ada ngêdalakên sêrat kabar, kula ajêng-ajêng kawêdalna mawi têmbung Jawi, sampun mawi têmbung sanèsipun, idhêp-idhêp ngruktèni pusaka piyambak, sanajan pamêdalipun sakawit têmtu botên marêmakên manah. Sarta para sagêd Jawi, botên kula wastani satunggal-tunggalipun, bok ingkang asring manjurung pamanggih ing sêrat-sêrat kabar Jawi, sagêda adamêl rêgêngipun isèn-isèn, ngantos narik manahipun tiyang kathah, lajêng botên karaya-raya tumbas sêrat kabar têmbung sanès. Ada-adanipun pakêmpalan Java-Instituut ngopèni basa Jawi pantês sinudarsana.

Pakêmpalan-pakêmpalan

Pangrèhing pakêmpalan Jawi, bok tumuntêna mantuni sarasehan mawi têmbung Malajêng utawi têmbung Walandi, kajawi sêpên ing paedah, kula

--- 17 ---

pasthèkakên kirang mranani manahipun warga-warga. Têmbung Jawi kêdah kaêlar jajahanipun dumugi ing parêpatan pundi-pundi, sêmbadanipun sampun tamtu, wah malih mulur tur sèbêtan, wuruk-wuruk wontên ingkang nindakakên. Botên prêlu pakèwêd cineda kirang jêmbar ing polatan, awit wêntêsing pamanggih lan kêplasing cipta, botên kabêkta saking lêbda dhatêng têmbung mônca.

Kabudidayan Jawi

Para ingkang kawogan ngadani among dagang tuwin kabudidayan warni-warni, mugi mantunana nyathêti pakaryanipun mawi têmbung mônca, cêkapa mawi têmbung Jawi kemawon. Lèrègipun malih, manawi badhe nampèni juru sêrat utawi bêbau enggal, botên prêlu mawi culikan panitipriksa kasagêdanipun dhatêng têmbung mônca.

Sadèrèngipun cuthêl atur kula, kaparênga kula nyêmplêkakên wawasan kula, makatên: basa Jawi botên mundur, namung kêsingkur, dening para mudha sami botên rumaos kajibah manjangakên lêlampahaning bôngsa, sami birai ngangge basa ngamônca. Pangajêng-ajêng kula siyang dalu, tumuntên sami pinaringana èngêt dhatêng pusaka tilaraning lêluhuripun piyambak.

Arjasusastra

Bausastra

Kabudayan = kultuur | Kawon sêmu = onder invloed | Dasanama = synoniemen | Talês = grondslag, fundament | Têbaning basa = taalgebied | Lud-ludan = strijd om de voorrang | Jêmbar-jêmbaring jagad = alles is mogelijk | Basa luwas = archaisme | Basa tuwuhan = neologisme | Basa cengkokan = barbarisme | Wulang ngracut basa = etymologie

Semarang Agustus 1924. Ardjo Soesastra

Pamanggihipun Mardibasa Ing Surakarta

Pitakènanipun pakêmpalan Java-Instituut, punapa basa Jawi nyata risak? Tandhanipun punapa, lan kadospundi anggènipun manah prayoginipun??

Ngèngêti rêmbag kala parêpatan Java-Instituut wontên Sus M.N. sarèhipun sapunika dèrèng wontên pujôngga Jawi bab basa, saèstu taksih rêkaos sangêt ngrêmbag bab punika, sarta malih inggih ngèngêti kawontênanipun pakêmpalan Mardibasa ing Surakarta, upami tiyang makatên, sapunika dèrèng diwasa,

--- 18 ---

mila majêngipun Mardibasa dhatêng pabarataning pangrêmbag basa punika rangu-rangu sangêt, pêpindhanipun kados Sang Arjuna nalika badhe Bratayuda mêngsah para kadang wandawa saha para guru, lajêng pêpês panggalihipun ngalèlèh wontên ing rata, purunipun mangsah sarêng tampi sêsorahipun Sri Krêsna wolulas bab ingkang kawursita wontên Sêrat Bagawatgita, wosipun: agêng sangêt kamulyanipun para sudira ingkang purun korban badan: nambut gawe kang tan agawe, têgêsipun tumindak ing damêl sêpên pamrih dhatêng badanipun piyambak, paedahipun dhatêng ing ngakathah, makatên ugi Mardibasa, tuwuhing kapurunanipun purun urun pamanggih, punika sarêng mirêng pangandikanipun Radèn Tumênggung Wedyadiningrat ingkang amêmurun manah, èngêt-èngêtan têmbungipun makatên: wontên sawênèhipun sarjana Walandi pangkat propesor ngandika piyambak. Nadyan kadosa punapa kawontênanipun sadhèrèk bôngsa Jawi, nanging panjênênganipun mêksa botên sagêd anjajagi lêbêting raosipun, mila kados botên parlu ajrih, langkung malih manawi ngèngêti piwulangipun panganjur agama Islam suwargi Kyai Dahlan. Parlu sangêt kawruh, piwulang, wêwarah utawi rêmbag-rêmbag punika dipun cakakên, dipun tindakakên, kados wêwarahipun Sêrat Wedhatama: ngèlmu iku kalakone kanthi laku, dados kawruh punika bêtah tindak, ngèlmu bêtah laku, malah wontên kala mangsanipun, laku utawi tindak punika botên bêtah ngèlmu, dados wosipun, ing donya punika ingkang parlu: tindak, lampah, sêtiyar utawi budidaya sasagêd-sagêdipun piyambak, botên prayogi nyênyadhang pitulunganing liyan (anjagakake êndhoge si blorok). Makatên punika dados wijining kamardikan, manawi sagêd tumanêm lajêng angrêmbaka, ing ngriku dumuginipun gêgayuhan kita, awit warsitanipun sarjana ingkang nêrangakên wosing piwulangipun Sêrat Ramacôndra, igihinggih. punika nyonyah Dr. Ani Besan: asor luhuripun tanah Indiya punika gumantung wontên kita piyambak.

Nanging nadyan makatên, ngèngêti watak Jawi: parikrama, susila, anoraga, botên wontên warganing Mardibasa ingkang purun macung piyambak urun pamanggih anjawab pitakènanipun Java-Instituut wau, sagêdipun namung angwonênakênangwontênakên. dhapukanipun panitya, dados jêjênêngipun Mardibasa, pamanggihipun kados ing ngandhap punika:

Kula nuwun, sadèrèngipun Mardibasa anjawab pitakenan wau, badhe ngandharakên sawatawis bab kawontênaning basa kangge bêbukaning rêmbag.

Punapa ta: têgêsipun basa mundur, basa majêng, punika angèl anggènipun mastani, awit basa punika gumantung wontên kawontênaning

--- 19 ---

bôngsa ingkang gadhah basa, murih gampilipun, kados prayogi kawastanan, basa pêjah, basa gêsang, kathah ingkang mastani, basa ingkang botên kenging kangge sarana pangupajiwa, punika basa ingkang mundur, makatên punika bokmanawi botên, awit miturut kawontênan: wontên basa ingkang sawêg mêkar ingkang botên dados sarana pangupajiwa, kados kala sawêg mêkar-mêkaripun basa Jawi Kina, jaman Majapait dumugi Pajang, taksih kathah êmpu utawi pujangganipun: ingkang misuwur, inggih punika Êmpu Prapanca, ingkang dhapuk Sêrat Nagarakêrtagama, sarta Pangeran Karanggayam ingkang ngarang Sêrat Nitisurti sakawit, dumugi mêkar-mêkaripun basa Jawi sapunika. Ing jaman Surakarta kemawon, wiwit, Z.H. P.B. X IV,Dibaca: P.B. kaping IV (dan di tempat lain yang sejenis). Z.H. P.B. X V, dumugi Z.H. P.B. X IX, M.N. X IV, kathah pujangganipun, inggih punika Kyai Rônggasutrasna, Yasadipuran, pangarang Sêrat Rama tuwin R.Ng. Rônggawarsita, ewadene basa wau inggih botên dados sarana pangupajiwa, tandhanipun, pangupajiwanipun sadhèrèk kathah botên kapêksa gumantung wontên ing basa wau, malah kawontênanipun namung dados karêmênan: amarsudi kawruh basa. Margi kawruh basa makatên pancèn kalêbêt kagunan kalimpadaning manah, (kunst) dede thukipun kangge sarana pangupajiwa, manawi kacucukakên kalihan pamêdalipun, badhe ngundurakên pamardining kagunan wau, kados kawontênanipun sapunika, ing pamanah: munduring kagunan Jawi punika dening dipun cucukakên kangge pados têdha, mila punapa botên sampun têtela basa ingkang botên kenging kangge sarana pangupajiwa, punika dede basa ingkang mundur, sarta makatên punika namung kabêkta ombyaking jaman sagrabyagan.

Kosok wangsulipun basa Inggris kawastanan majêng, punika inggih namung kabêkta ing kalamôngsa, saking sabab: lampahing gêgramèn misuwur, sêsambêtanipun prakawis praja: santosa, kasugihanipun têmbung, basa Inggris, punika dening tunggil dêlêg kalihan basa Eropah sanèsipun, kathah ingkang sagêd linta-lintu, gampil sambêtipun, namung wontên ingkang parlu dados kamajênganing basa, inggih punika: gampil paramasastranipun.

Sampun kaaturakên ing nginggil, kamajênganing basa punika gumantung bôngsa ingkang gadhah basa wau, anggêripun taksih kamanah sayêktos, saèstu botên kêsuk ing basa sanès. Tandhanipun inggih basa Inggris malih, nadyan dipun angge ing jiwa ngantos 12.500.000, botên sagêd nyilêp basa Indiya, Indhu, Egiptê, sababipun botên sanès: taksih dipun manah sayêktos sagêda tumrap dhatêng ing bôngsa ingkang gadhah basa wau, sêsrawunganipun sabên dintên tuwin wontên ing parêpatan-parêpatan agêng sagêd migunakakên basanipun piyambak, nadyan basa Jawi, bilih tansah kagatosakên makatên, saèstu botên badhe kasilêp. Mila Mardibasa sangêt-sangêt pangangkahipun, [pa...]

--- 20 ---

[...ngangkahipun,] sagêda basa Jawi taksih kenging dipun pigunakakên kangge nyêkap kabêtahaning bôngsa ingkang cocok kalihan jamanipun.

Samangke mawas kawontênanipun basa Jawi: nyata risak punapa botên? Manawi risak, punika botên, margi taksih kenging dipun angge, sarta kathah ingkang sagêd ngangge, dene wontên ingkang botên sagêd ngangge, punika dede lêpatipun basa, lêpatipun ingkang botên sagêd ngangge wau piyambak, botên sagêd ngangge, makatên wau manawi kalajêng, inggih sagêd anjalari botên kanggenipun basa ngantos sagêd pêjah, dados manawi miturut kawontênanipun sapunika, basa Jawi punika namung kenging kawastanan: kêpering utawi kêsuk ing basa ingkang dados sarana pangupajiwa. Dados botên dumunung wontên ing ngajêng, kenging kawastanan mundur, tandhanipun:

Ha. Sêrat-sêrat Jawi wêdalan sapunika, basanipun kawon alus kalihan sêrat-sêrat Jawi Kina.

Na. Sadhèrèk nèm-nèman sapunika, ginêmanipun cara Jawi kawon kalihan para sêpuh, kawon trampil, kawon luwês, kawon kathah têmbungipun Jawi lugu.

Sadhèrèk Jawi ingkang nyambut damêl kêmpal kalihan bangsanipun piyambak, basanipun Jawi taksih karêksa, taksih sae, beda kalihan sadhèrèk Jawi ingkang nyambut damêl kêmpal sanès bôngsa, basanipun Jawi lajêng botên murni, malah asring têlas talêsipun, wosipun anggêripun ngrêtosakên kenging kangge kêkêmpalan kalihan sanès bôngsa wau.

Malah sadhèrèk nèm-nèman samangke baud ginêman ngangge basa sanès, kalihan ngangge basanipun piyambak, dados manawi pinuju wontên parêpatan basanipun Jawi ingkang sami mirêngakên sêsorah, ingkang parlu sangêt sagêda ngrêtos dhatêng sêsorah wau, kathah ingkang botên ngrêtos, dalah ginêman padintênan, nadyan sami Jawi, inggih botên ngangge basa Jawi, pangraosipun, manawi ginêman basa Jawi dipun campuri basa Walandi, Mlayu, punika rumakêt, lah inggih tiyang pangraos, angèl sagêdipun malik kraos, nadyan pariksa kanyataan rukunipun bôngsa Jawi Kina nglangkungi sapunika, kathah ingkang gadhah tekad, abipraya sabayantaka mêksa angèl.

Lêrês, sanadyan ing pawiyatan-pawiyatan inggih kawulang basa Jawi, nanging dêdêging piwulang kirang inggil, pasinaonipun kirang kathah, wancinipun sakêdhik, dados tumanêmipun dhatêng raos kirang lêbêt, saya ing pamulangan H.I.S., Mulo, Kweeksekool, Oplsekool, ingkang dhasaranipun piwulang basa ngangge basa Walandi, para murid lajêng kathah ingkang botên anggatosakên dhatêng basanipun piyambak, mêrlokakên sinau basa Walandi ingkang dados jalaraning pangupaboga ing têmbe, tuntunaning pasinaon basa Jawi inggih beda kalihan jaman kapujanggan, jaman mêkar-mêkaripun pamardining basa lan kasusastran. [kasusastra...]

--- 21 ---

[...n.] Samangke kadospundi rekadayanipun sagêdipun basa Jawi kêtêngên malih.

Sarèhipun sampun têtela, kêsilêp utawi kêtêngênipun basa, punika gumantung wontên ing kawontênan, sagêdipun basa Jawi kêtêngên malih, inggih kêdah ngewahi kawontênan, nêngênakên basa Jawi, makatên punika namung gumantung wontên ing parentah, margi ingkang sagêd ngewahi utawi damêl dhapukan, punika namung parentah, saèstunipun inggih botên ta: yèn badhea tilar têmbungipun ingkang marentah, awit têmtu rêkaos tumindakipun, ing ngriki ingkang dipun kajêngakên namung: sampun ngantos dipun singkur, dados tumindaking barang damêl punapa-punapa: ingkang sagêd ngangge cara Jawi, punika prayogi ngangge cara Jawi, margi parentah piyambak inggih sampun anglonggari, para pangagêng kathah ingkang dipun angkah sagêda cara Jawi, upaminipun katamtokakên, para pangagêng Walandi ingkang nindakakên padamêlan wontên tanah Jawi, kêdah sagêd cara basanipun tiyang siti, punika iba prayoginipun.

Dene sarana sanèsipun:

I. Kula sadaya sagêda têmên-têmên ngangkah supados basa Jawi sampun ngantos kêsilêp, lan ngangkah kamajênganipun sarana:

Ha. Manawi rêmbag-rêmbagan, sêsorah utawi nyêrat, ngarang sasaminipun kaangkaha sangêt sagêdipun ngangge basa Jawi lugu, milih têmbung ingkang alus.

Na. Sêrat kabar Jawi, padintênan, pêkênan, wulanan, kajagia sagêda nindakakên mangakatênmakatên. wau.

Ca. Sêrat-sêrat Jawi kangge waosaning ngakathah (Bibliotheek) ugi kaangkaha sangêt, sagêdipun makatên wau.

Ra. Sêrat-sêrat piwulang ing pamulangan-pamulangan, santunan saking basa sanès, ugi sagêda makatên.

Ka. Piwulang nyêkarakên, dalah lêlagoning sêkar macapat, sêkar têngahan, tuwin sêkar agêng, sagêda kaparsudi sangêt tumanêmipun dhatêng bôngsa Jawi dalah gêndhing lan kridhanipun rarasing swara.

II. Parentah mugi kaparêng nêngênakên, lan ngaosi basa Jawi sarta kaparêng damêl papan pamarsudining basa Jawi, sagêda ngagêm damêlipun para sagêd basa Jawi.

III. Para sagêd basa Jawi, kêparênga ngangkah sangêt ngatingalakên lêbêting raosipun basa Jawi sagêda nênarik, utawi damêl wênganipun manahing sadhèrèk Jawi.

IV. Panindaking padamêlan parentah, ingkang sagêd tumindak ngangge basa Jawi, sagêda katêtêpakên ngangge basa Jawi.

V. Pakêmpalan ingkang anggondhèli kabangsan, kados ta: Budi Utama, sagêda nindakakên rekadaya, basa Jawi kaangge pirêmbagan wontên ing parêpatan-parêpatan, sêrat-sêrat kabaripun satunggaling pakêmpalan, sêsêratanipun pangrèh agêng kalihan pang-pangipun, [pang-pangipu...]

--- 22 ---

[...n,] dalah kosokwangsulipun, sêsêratanipun warga sami warga, sapanunggilanipun, punika sagêda ngangge basa Jawi.

VI. Piwulang basa Jawi ing pamulangan-pamulangan, kados ta ing: H.I.S, Mulo, pamulangan calon priyantun, pamulangan calon guru, sarta pamulangan sanès-sanèsipun ingkang wontên rarenipun Jawi, kados ta pamulangan pangadilan, pamulangan anjampèni sakit, sasaminipun, sagêda kawulang basa Jawi sayêktos, langkung malih pamulangan Jawi, kados ta pamulangan ôngka kalih, pamulangan dhusun, piwulangipun basa Jawi, sagêda dipun langkungi malih kalihan kawontênanipun sapunika.

VII. Kêdah wontên pasinaon maligi basa Jawi, para ingkang sampun tamat pasinaonipun, katamtokakên angsal pangaji sapantêsipun, kados ingkang sampun kapratelakakên ing nginggil. Makatên pamanggihipun para warga dhapukaning panitya Mardibasa ingkang damêl sêsorah punika, lajêng dados pamanggihipun Mardibasa. Wusana namung sumôngga.

Ing Surakarta tanggal kaping: 19 Mukharam taun Dal 1855.

Utawi kaping 21 Agustus 1924.

Sastralêsana, Panitra

Wôngsadilaga, Pangarsa

Pamanggihipun Pahêman Radyapustaka Bab Basa Jawi

Panêdhanipun pakêmpalan Yapa Insêtitut anggubah sêsorah: basa Jawi punika saya mundur punapa botên, manawi mundur, kadospundi rekadaya murih majêngipun.

Punapa baya wêwadosipun: ajêng unduripun basa, punika anggèning nampèni Radyapustaka taksih pêtêng, mila pambatangipun gagap-gagap.

Gêgubahan sêsorah panêdhanipun Yapa Insêtitut ingkang kapratelakakên ing nginggil wau wontên kalih bab.

I. Mundur utawi botênipun basa Jawi

Sadèrèngipun mratelakakên pamanggih sarta panimbangipun dhatêng basa Jawi, Radyapustaka ngaturakên pêthik-pêthikan sêrat kina akalihan sapunika, pratelanipun kados ing ngandhap punika:

Ha. Jaman ing nagari Pajang

1. Sêrat Wulang Nitisruti, karanganipun Pangeran Karanggayam (1513)

Masewaka bawade nangèwi / ing sakarsanira sang pinaka / Suryaraja ri jênênge / jênênga mati tuhu / tahênana ing satya yakti- / nira tanpa jiwita / witani ngumulun / alin-alin kawitkèng lina /Lebih satu suku kata: lin-alin kawitkèng lina. lina bêhaning karsa sanginastuti / datan antara masa //

--- 23 ---

Na: Jaman ing nagari Mataram

1. Sêrat Wulang Nitipraja, karangan dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Sultan Agung (1560)

Sampun kagiwang krama sayêkti / ilang kelangan dadya kapapan / puwara nistha jênênge / dumadi ta kasandhung / lamun sira tan wruh piranti / raganira lir rêtna / ing sela dinulu / dadarna sadina /Kurang dua suku kata: dadarna sadina-dina. aja lali ing silakrama prayogi / iku dêlinging raga //

Ca: Jaman ing nagari Kartasura, Sêrat Katuranggan 1607

Lawan ta ayun wruh ing patitis / lwir angungkih rasa kadi pindha / sêkar wali madyaning we / gônda mêmaksih kuncup / sinrang ing sadpadandon rêsmi / laliwran jajah swara- / ning langên amrih rum / wêdharing sari mrik suman / parêng rênggyatning kaptya ngingsêp malêngih / jênak anguswèng laywan //

Ra: Jaman ing nagari Surakarta

1. Sêrat Arjunasasra, karanganipun Radèn Ngabèi Sindusastra (1757) kaca 145

Namung ratu agung Maispati / Mahaprabu Arjunawijaya / Sasrabau pêparabe / yèku ratu piturun / môngka bapa babuning bumi / jawata ngejawantah / kang sun tutur iku / minôngka musthikaning rat / panuksmaning Bathara Suman prajurit / ing jagad tanpa timbang //

Nora nana ratu sura sêkti / kabèh kasor ngasmaradilaga / rantas ingkang rawe-rawe / dhomas ratu gung-agung / kang kasaban dhamparirèki / nora kalawan aprang / panungkulira lus / dènira kongkulan dana / myang susila panungkulirèng para ji / ing batin puruita //

2. Sêrat Rama, karanganipun Ki Ngabèi Yasadipura (1750) kaca: 1-2

Kasudiranira angêtêri /anggêtêri. risang Buminata ing Ngalêngka / kusut para ratu kabèh / ditya rêksasa diyu / myang ratuning manuswa sami / tan ana kang kuwawa / lumawan ing kewuh / nadyan dewa Suralaya / Batharendra rêbut rèh kasoran dening / lan Sri Maha Yaksendra //

Bisikanira Sri Narapati / Buminata Ngalêngka Rawana / Dasamuka pêparabe / nênggih kang darbe turun / saking bapa manuswa yakti / ambêk nata pandhita / eyang lawan buyut / sira Bagawan Wisrawa / Sang Wisrawa putrane Padma anênggih / Padma putrèng Pulastha //

3. Sêrat Witaradya, karanganipun Radèn Ngabèi Rônggawarsita (1792) kaca 2

Rong prakara kotamaning aji / bèrbudi ring rèh bawalaksana / lan dana wêsiasate / bèrbudi têgêsipun / lêgawèng tyas paramartani / ring rèh bawalaksana / nêtêpi puniku / barang solah pangandika / linaksanan datan arsa angoncati / lwiring dana siasat //

Gêganjaranira amênuhi / marang wadya kang anuju karsa / tabêri sabarang gawe / bênêr pangolahipun / wêsiasat yèn angukumi / matrapkên pangadilan / tanpa nganggo gigu /

--- 24 ---

nadyan kang santana warga / lamun uwus tibaning kukum sayêkti / pinidanèng wisesa //

(Karangan Surakarta sapunika)

1. Sêrat Pakurmatan Supit Dalêm Kangjêng Gusti, kaca 6-7

Saking panjênênganing narpati / panatane ing wadya sêmbada / condhong lawan warangkane / nênggih sang nayaka nung / myang sadaya para bupati / samya mangayubagya / mawantu-mawantu / mring tata karta raharja / kalaksanan karaton katon lêstari / dening sang among praja //

Kawaratan pranatan basuki / lumebar mring desa ing adesa / wong cilik salamêt tyase / risang para ngaluhur / golong gilig saeka kapti / mangkana ing alama / kapyarsa misuwur / pawarta ing sanagara / praptèng praja pasisir môncanagari / samya ngêgungkên pudya //

2. Sêrat Panji Rêmêng, kaca: 4

Tri bawana tuhu tanpa siring / ajêjuluk Sri Dewa Kusuma / tanpa wilangan balane / dananira lumintu / pindha wening kang jalanidhi / adil tur paramarta / para wadya suyud / iyêg sayuk ekapraya / tanpa sama sasamanirèng narpati / putus rèhing wêweka //

Caritane wus datan kêna wis / tinulisa baya kurang papan / sri narendra wibawane / nihan mangkya winuwus / anujwari Rêspati enjing / sang nata siniwaka / munggwèng sitiluhur / ginarêbêg ing pawongan / para manggung kêtanggung badhaya srimpi / lir taru tumaruna //

3. Sêrat Darmawiya,Darmawirya. kaca 12

Kasmaran karya palupi / nênalar laksitèng janma / kang wus ginêlar ing akèh / akèh kang alaku nistha / kanisthaning agêsang / donyane sirna alarut / uripe kêlara-lara //

4. Sêrat Wiyatadi, kaca 6

Pinangkungpinangkur. dining wanita / dimèn dadya susilaning siswa di / hèh para murid sadarum / rèhning sira wis padha / ulah ngèlmu nèng jro pawiyatan luhung / antêpana trus ing driya / sira ywa sêmbrana nganti //

5. Sêrat Catur Tunggil, kaca 3

Babo sira catur siswa mami / dèn prastawa gonira miyarsa / supadi dadi priksane / yitnanirèng tumuwuh / kawruhana wêktu samangkin / sing palimarmanira / kang nata wak ingsun / lan kang dahat trêsna mring wang / Jêng Sêpèktur Danuwinata maringi / darajat kang mrih arja //

Radyapustaka anggèning mêthiki sêrat-sêrat ingkang kapratelakakên ing nginggil botên sagêd turut, sêrat-sêrat jaman Pajang dumugi Kartasura: piwulang, sêrat-sêrat jaman Surakarta: mratelakakên pambêkanipun para ratu. Ugi wontên sawatawis piwulang.

--- 25 ---

Pamanggihipun Radyapustaka.

Sêrat-sêrat jaman Pajang dumugi Kartasura punika, taksih kathah têmbungipun Kawi. Dene sêrat-sêrat jaman Surakarta sakêdhik sangêt têmbungipun Kawi.

Dados dumugi jaman Surakarta punika sêsêrêpan dhatêng têmbung Kawi suda, sudanipun sêsêrêpan dhatêng têmbung Kawi punika Radyapustaka manah dede sabab agêng, awit saking têtiyang Jawi lajêng sêsrawungan kalihan basa ngamônca warni-warni, dados caraning gêsangipun ewah, ewahipun ugi ambêkta ewahipun cara, sarta basa, basa kina (basa Kawi) ingkang sampun botên kangge sapunika lajêng kapêngkêr. Pitunanipun dhatêng basa Kawi wau lajêng angsal angsul-angsul basa mônca ingkang Jawinipun botên wontên.

Pêthikan sêrat-sêrat Surakarta ingkang kapratelakakên ing nginggil punika raosipun:

Sêrat Lokapala, Rama, sarta Witaradya punika: sami wilêt-wilêt, dene sêrat: supit dalêm, sarta Panji Rêmêng, punika katingal kirang wilêt.

Nalika sugêngipun Radèn Ngabèi Rônggawarsita (jumênêng dalêm suwarga Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan kaping IX saha suwargi Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Arya Mangkunagara ingkang kaping IV) basa Jawi punika taksih sae. Para priyantun marsudi basa ingkang mêningi sugêngipun Radèn Ngabèi Rônggawarsita, saya ingkang dados siswanipun, anggitanipun sami taksih kawical sae. Dene para marsudi basa ingkang sampun botên mêningi sugêngipun Radèn Ngabèi Rônggawarsita (para marsudi basa sapunika) sawênèh siswanipun tilas siswa Rônggawarsitan, utawi marsudi piyambak, punika inggih wontên ingkang ikêtanipun prayogi, nanging botên sapintêna kathahipun.

Awit saking punika, nitik pasaksèn-pasaksèn ing nginggil, Radyapustaka mastani: basa Jawi ing sapunika risak, manawi kados panêdhanipun Yapa Insêtitut: basa Jawi punika saya mundur.

Mênggah karisakanipun basa Jawi punika:

1. Ikêtanipun

Kados ingkang kapratelakakên ing nginggil, ikêtan ukara sapunika botên gêsang, ingkang pancènipun: ukara sêrêng, botên anangèkakên kakêndêlan. Ingkang pancènipun: ukara êngês, botên sagêd andamêl trênyuhipun manah. Ingkang pancènipun: ukara sêm, botên adamêl sêngsêmipun manah. Makatên malih asring ngangge ukara mônca ingkang dede lêrêsipun. Kados ta:

Dede mêsthinipun (ikêtan Malajêng) bukan mistinya = ikêtan Jawi: dede lêrêsipun.

Wontên satunggaling nagari (cara Malajêng) Ada sebuah negeri = lêrêsipun wontên nagari.

2. Ing bab têmbung-têmbungipun.

Ha. Botên manah dhatêng lênggahipun têmbung Jawi

--- 26 ---

piyambak, kados ta: kinêbyokan ing tamèng (Damarwulan kaca 66), ngunjuki pamrayogi lêrêsipun: ngaturi-ngunjukakên.

Na. Botên manah dhatêng lêrêsing panganggenipun têmbung ngamônca, kados ta: sêkolah, punika têmbung Walandi, aran, ananging dadosipun ing têmbung Jawi = wasesa, kados ta: rare sakolah.

Dene têmbung ngamônca ingkang kalintu panganggenipun sarta sampun kalajêng gêsang, kados ta: nêpsu (têmbung Arab), têgêsipun: roh, utawi ingkang anggêsangi pikajêngan, wasana dipun têgêsi: muring.

Ca. Rêmên ngangge têmbung ngamônca ingkang pancèn wontên cara Jawinipun, anggènipun makatên wau sawênèh sabab kirang sagêdipun dhatêng basa Jawi, kados ta: pêrgadêring, pênting. Wontên malih ingkang nelad priyantun ingkang kapratelakakên ing ngajêng, panganggêpipun ngêcapakên têmbung wau langkung brêgas, utawi langkung antêp tinimbang têmbungipun Jawi, kados ta: pêrgadêring-kaanggêp brêgas, pênting-kaanggêp langkung antêp utawi sangêt, tinimbang: prêlu-wigatos.

3. Ing bab rimbagipun.

Ha. Mrusa rimbag, kados ta:

kubêng (bawa ka) lêrêsipun: ubêng, ubêd.

Na. Ngangge rimbagan ngamônca:

aku wus tômpa layangmu - Saya telah terima suratmu (limrahipun) terima lêrêsipun menerima.

Kêprêlu, ingkang têgêsipun: prêlu sangêt, nyengkok rimbagan cara Mlajêng terpenting, pamanahipun ingkang ngangge: kê = ter.

Mênggah karisakanipun basa Jawi kados ingkang kapratelakakên ing nginggil punika jalaranipun pinanggih pintên-pintên bab, pratelanipun kados ing ngandhap punika:

1. Basa Jawi sirna ajinipun, inggih punika pangaji-ajinipun bôngsa ngamônca utawi bôngsa Jawi piyambak. Dene jalaranipun ngantos sirna ajinipun wau ingkang ênggêl piyambak dening kawasesa panggêsanganipun santun salaga, ingkang kala kina ngangge cara Jawi, sapunika botên. Kauningana, ing kina sêrat-sêrat paprentahan kathah ingkang têtêp panganggenipun basa Jawi, awit saking makatên wau pamarsudinipun dhatêng basa Jawi tuwuh piyambak. Sarêng sêrat-sêrat paprentahan saya suda têtêping panganggenipun basa Jawi, namung kantun ambujêng kacêkapipun padamêlan, anggèning manah dhatêng basa Jawi ugi saya suda. Dene para marsudi basa pêpêr manahipun, kêndho ing pangudinipun, saking rumaos tanpa aji wau.

--- 27 ---

2. Pamulangan-pamulangan Jawi (pamulangan dhusun, klas II. H.I.S.) sagêd ugi pamulangan calon guru (kwiksêkul) oplèdhêng sêkul, piwulangipun basa Jawi kirang kaprasudi.

3. Lare-lare Jawi samasa kaangkas-angkas ing têmbe sagêda mulya panggêsanganipun, dipun lêbêtakên pamulangan ingkang pasinaonipun tanpa basa Jawi, utawi sakêdhik sangêt basanipun Jawi. Babaranipun samôngsa sampun mêdal saking pamulangan, saha sampun tapak nyambut damêl, prasasat botên wontên ingkang mrasudi dhatêng basa Jawi. Têmahan samasa kintun-kinintun sêrat basanipun botên sagêd ngangge cara Jawi.

4. Basa Jawi kirang kopèn, wujudipun lêpat sakêdhik kalih kêdhik ing bab: ikêtaning ukara, têmbungipun, sarta rimbagipun botên kamanah, utawi botên wontên ingkang manah, kalajêng-lajêng dados jalaraning risak. Kala kina lakar wontên ingkang majibi, inggih punika pujôngga, sanadyan sanagari namung satunggal, ewadene sampun andayani agêng dhatêng kawula sapraja, ingkang mangrêtos dhatêng sastra tumut marsudi basa.

Nitik samantên karisakanipun basa Jawi, sarta manah dhatêng sabab-sababipun, Radyapustaka ngantos rumaos wangwang ngupados sarana kangge mulyakakên risakipun basa Jawi, sagêdipun namung ngaturakên pamanggih sawatawis:

1. Basa Jawi kêdah dipun opèni, têmbung, ikêtan, sarta rimbagan ingkang botên anjawèni, kêdah lajêng kalêrêsakên.

Sêrat-sêrat ingkang sampun wontên, sarta ingkang badhe sumêbar ing ngakathah, kados ta sêrat ing pamulangan sasaminipun, basa tuwin ikêtanipun kêdah karêsikakên.

2. Têmbung Jawi ingkang kangge ing pamulangan katêmtokakên ngangge têmbung Surakarta utawi Ngayogyakarta.

3. Parentah kaparênga nglastantunakên anggèning sêsêratan ngangge têmbung Jawi.

4. Ngètèg-ètègi dhatêng pakêmpal-pakêmpalanpakêmpalan-pakêmpalan. Jawi, utawi sadhengah bôngsa Jawi, murih samia manah kapintêning basanipun piyambak.

Wêkasan tansah karônta-rônta, dene katingal agawang-gawangan risakipun basa Jawi. Ing sapunika jaman sumêbaripun punapa-punapa: jaman sêrat kabar, parêpatan, jaman nyêbar cap-capan, manawi basanipun ngangge basa Jawi ingkang risak, têmtu saya kalajêng-lajêng karisakanipun.

Awit saking punika, Radyapustaka ngaturakên panuwun dhatêng Yapa Insêtitut, anggènipun sampun kaparêng ngajêngi parêpatan ngrêmbag basa Jawi, ingkang tundonipun ngupados rekadaya mulyakakên risakipun basa Jawi. Pamujinipun Radyapustaka, sêdyanipun Yapa Insêtitut wau mugi kasêmbadana.

--- 28 ---

Punapa Basa Jawi Ing Jaman Samangke Punika Kenging Dipun Wastani Risak, Manawi Mila Risak, Kadospundi Rekadayanipun, Murih Wangsulipun Sae Malih.

Ing sadèrèngipun kula mangsuli pitakèn ingkang sapisan, badhe kula titipriksa rumiyin, kadospundi kawontênanipun basa Jawi ing sêrat-sêrat, utawi ingkang kangge ing pawicantênan ing jaman rumiyin katimbang ing jaman sapunika.

Mênggah ingkang kula wastani jaman rumiyin punika, tumrapipun sêrat-sêrat: jaman sugêngipun swargi Kangjêng Gusti Mangkunagara kaping IV akalihan swargi Ngabèi Rônggawarsita ing Surakarta, awit mênggahing anggit inggih pujôngga kêkalih punika ingkang asmanipun misuwur dumugi ing jaman sapunika. Wondene tumrapipun basa ingkang kangge ing pawicantênan: ing jaman ênèm kula, dados 30 = 40 taun ingkang kapêngkêr, jalaran kula botên sagêd nyumêrêpi jaman ing sangajêngipun.

Makatên malih badhe kula pathoki rumiyin, punapa ingkang kula anggêp, basa ingkang sae, punapa ingkang luwês, têgêsipun sakeca mênggahing pamirêng, nanging kirang cêtha, liripun manawi dipun raosakên ingkang sayêktos, lajêng botên cêtha suraosipun. Punapa ingkang kirang luwês mênggahing pamirêng, nanging manawi dipun raosakên, sagêd cêtha suraosipun.

Saking pamanggih kula, sarèhning basa punika sajatosipun srana kangge nglairakên karsa, murih dipun mangêrtosana dhatêng ingkang maos utawi ingkang mirêng, dados cêthaning suraos ingkang kêdah kaprêlokakên rumiyin, luwêsing têtêmbungan sawêg dhawah nomêr kalih. Ewadene ingkang utami piyambak sampun têmtu kemawon cêtha sarta luwês, ananging manawi salah satunggal kêdah gothang, prayogi: cêtha kirang luwês, tinimbang kalihan luwês kirang cêtha.

Mênggah kawontênanipun ing jaman sapunika basa Jawi ingkang kangge ing sêsêratan, manawi luwêsipun, botên môntra-môntra yèn mèmpêra akalihan ing jaman rumiyin, nanging cêthanipun, kenging kula wastani majêng, cacadipun dene asring kaworan ukara utawi têmbung ngamônca ingkang cara Jawinipun wontên.

Wondene basa Jawi ingkang kangge ing pawicantênan, ewah-ewahipun kula yêktosi wiwit ênèm kula kados ing ngandhap punika:

1. Tumrap tiyang ingkang manggèn ing dhusun, dados ingkang botên patos sêsrawungan akalihan bôngsa ngamônca utawi tiyang saking môncanagari, kenging dipun wastani ajêg.

2. Tumrap tiyang kathah ingkang manggèn ing kitha-kitha, dados ingkang srawungan akalihan bôngsa ngamônca utawi tiyang saking môncanagari, têmbungipun sami kamomoran têmbung mônca, sanajan cara Jawinipun wontên, utawi

--- 29 ---

mindhak tatêmbungan utawi têmbungipun Jawi saking sanès panggenan.

3. Tumrap ingkang sami angsal piwulang saking pamulangan: ingkang sapisan pakêcapanipun kathah ingkang manut sêratan, kaping kalih manawi wicantên taksih kathah têmbungipun ingkang limrahipun namung kangge ing sêratan, ingkang kaping tiga kathah panganggenipun ukara utawi têmbung ngamônca, ingkang cara Jawinipun wontên.

4. Tumrap ing umum: têmbung krama sangsaya mindhak kathahipun, tarkadhang ngantos wontên ingkang ngangge têmbung krama dhusun.

Katrangan kula ingkang kasêbut ing nginggil punika sadaya, tuladhanipun badhe kula pratelakakên ijêman wontên ing salêbêtipun pasrasehan.

Wusana pitakèn ingkang sapisan, sapunika kula wangsuli makatên:

1. Basa Jawi ingkang kangge ing sêsêratan, mundur mênggahing luwês utawi rêsikipun, majêng mênggahing cêthanipun, nanging unduripun langkung kathah tinimbang ajêngipun, dados sanajan botên nama risak, nanging kenging dipun wastani mundur.

2. Basa Jawi ingkang kangge ing pawicantênan, tumrapipun para ingkang srawungan akalihan bôngsa utawi basa ngamônca ugi kula wastani mundur, dene sangsaya lami sangsaya kirang rêsik ukara utawi têmbungipun.

Ing sapunika pitakèn ingkang kaping kalih: manawi mila risak, kadospundi rekadayanipun, murih wangsulipun sae malih.

Saking pamanggih kula ing jaman samangke punika sampun wontên ihtiyar ingkang prayogi kangge andandosi basa Jawi, inggih punika kajawi ing Surakarta sampun wontên Pahêman Radyapustaka, ing pundi-pundi sami tuwuh pakêmpalan Mardibasa, sami murinani badhe risakipun basa Jawi, ingkang karêmbag warni-warni, ananging ancasipun sadaya sami angajêngakên basa Jawi. Ewadene manah kula ugi dèrèng pitados dhatêng lastantunipun, kuwatosing manah kula manawi kados ingkang sampun-sampun, pakêmpalan makatên punika adatipun botên lana, ramenipun namung sakêdhap, lajêng sami sidhêm prêmanêm tanpa sabawa.

Ingkang punika kula atur pamrayogi kangge angajêngakên basa Jawi, kados ing ngandhap punika:

1. Rumiyin kangjêng guprêmèn maringi papan pasinaon basa Jawi dhatêng guru-guru Jawi wontên ing Batawi, ingkang langkung lêbêt tinimbang anggènipun sinau ing pamulangan calon guru, punika prayogi kasuwun gêsangipun malih, sarta ingkang katampèn sinau wontên ing ngriku sampun namung guru-guru kemawon, sanèsipun ugi kaparêngna.

2. Sawarninipun pamulangan agêng ingkang kathah muridipun Jawi, mawia mulangakên basa Jawi sadaya, gurunipun sasagêd-sagêd guru Jawi ingkang sampun sinau kadosdene ingkang kasêbut ing ôngka 1 nginggil punika.

--- 30 ---

3. Ganjaranipun karangan ingkang kêtampèn ing Balepustaka kainggahna ingkang ngantos amenginakên, nanging panimbanging basanipun kakêncêngna. Makatên ugi pamilihipun redhaktur ing Balepustaka ngriku ugi kêdah dipun kêncêngi ingatasing kawruhipun basa.

4. Pangrêmbagipun basa Jawi ing Pahêman Radyapustaka katataa mawi pranatan nagari. Makatên ugi ing Ngayogyakarta, nagari angwontêna pakêmpalan Mardibasa kadosdene Pahêman Radyapustaka ing Surakarta.

5. Sabên taun pakêmpalan Java-Instituut angêdêgna sayêmbara bab basa Jawi, mawi kagantungan ganjaran ingkang amenginakên.

Makatên pamanggih kula.

Ngayogyakarta kaping 12 Sèptèmbêr 1924.

Dwijasewaya

Parêpatan Agêng, Pasrasehan Basa Tumrap Bôngsa Jawi (Jav. TAALCONGRES).

Kathah têtiyang Jawi ingkang pancèn anggatosakên dhatêng basanipun, sami pitakèn ing bab prakawis warni-warni, ingkang gêgayutan kalihan panganggenipun sarta jangkêpipun basa Jawi, kados ta:

Kadospundi anggènipun nglarasakên basa Jawi, murih sagêd nyêkapi ing pêrlu, tumrap panggêsangan ing jaman sapunika. Punapa prayogi dipun wontêni têmbung-têmbung enggal kangge mratelakakên kawruh-kawruh enggal. (Ngèlmu yêyasan, bêkakas-bêkakas saking Eropah, ngèlmu kasarasan sapanunggilanipun), punapa prayogi ngangge têmbungipun Walandi kemawon. Tuwin malih basa-basa Jawi kagok (pasisir, dialect), punapa prayogi dipun sahakên dados têmbung baku, kadosdene basa ingkang kalimrah kangge ing Jawi Têngah, sarta malih têmbung-têmbung enggal, ingkang sapunika namung kangge wontên ing pawicantênan, punapa prayogi katêtêpakên ugi kangge ing sêrat. Kadospundi rekanipun adamêl kaindhakanipun kasusastran ingkang adi pèni (sêrat gancaran saha sêkaran) kadospundi rekadayanipun murih kawruh basa Jawi punika sagêd sangsaya tumanêm dhatêng têtiyang Jawi. Punapa wulangan basa Jawi tumrap para murid pamulangan warni-warni, samangke sampun nyêkapi punapa dèrèng.

Mênggah pitakèn-pitakèn ingkang kasêbut ing nginggil wau, têrkadhang inggih karêmbag wontên ing pakêmpalan alit-alit, nanging botên sagêd pinanggih rekadayanipun ingkang dipun ajêngi ing ngakathah, amargi prakawis ingkang samantên wau dèrèng nate karêmbag wontên ing pakêmpalan ingkang langkung agêng. Ing prakawis punika botên ngêmungakên basa Jawi kemawon ugi tumrap basa Sundha. Menggah basa Sundha wau samangke sampun dipun wiwiti [wiwi...]

--- 31 ---

[...ti] badhe ngwontênakên parêpatan agêng. Wontên tiyang sawatawis ingkang anggadhahi paminta dhatêng Java-Instituut ngwontênakên pasrasehan basa tumrap tiyang Jawi sadaya (Algemeen Javaansch taalcongres) kenginga kangge ngrêmbag ing sakathahipun prakawis ingkang kasêbut ing ngajêng wau. Java-Instituut sagah minangkani paminta wau, benjing ing tanggal 7, 8, saha 9 wulan Oktobêr punika, badhe ngwontênakên parêpatan agêng pasrasehan basa Jawi, panggenanipun ing Surakarta. Dene ingkang badhe kasrasèhakên, kados ingkang kapratelakakên ing ngandhap punika:

1. Indhakipun kawruh basa Jawi ing pamulangan-pamulangan (pamulangan dhusun, pamulangan klas II H.I.S., V.I.O.). Ngwontênakên piwulang ing wanci siyang utawi sontên. Sarana ngwontênakên pasanggiri damêl karangan utawi sanès-sanèsipun.

2. Têmbung-têmbung kagok pundi ingkang pantês kapêthik dados panunggilanipun basa ing Jawi Têngah, inggih punika basa ingkang kadamêl baku.

3. Panganggenipun têmbung sarta ukara Jawi enggal.

4. Rekadayanipun murih kawruh pangikêting sêkar (wangsalan, guritan, parikan) sampun ngantos mundur.

5. Kadospundi sarananipun murih sagêd sarujuk panganggenipun têmbung ngoko saha krama.

6. Buku-buku waosan, basanipun kêdah kadospundi, tumrap sagolong-golonganing tiyang (waosanipun lare, tiyang sêpuh, tiyang ingkang dèrèng kathah sêsêrêpanipun, para sarjana).

Nêm prakawis ingkang kasêbut ing nginggil wau badhe kawontênakên jurunipun sêsorah (prae-adviseurs) piyambak-piyambak.

Ingkang punika, pangajêng-ajêngipun Java-Istituut dhatêng sadaya ingkang sami kagungan raos trêsna dhatêng basa Jawi, benjing dintên parêpatan agêng kasêbut ing nginggil wau, sami kaparênga ing galih rawuh ing pasrasehan, angudhoni rêmbag utawi usul sapêrlunipun. Langkung malih tumrap para guru pamulangan Jawi, awit sadaya rêmbag babagan basa tuwin pamulangan, punika para guru ingkang kawogan ôngka satunggal, jêr punika ingkang sami gadhah garapan ing sabên dintên, saha ingkang badhe nindakakên putusaning parêpatan wau wontên ing pamulangan.

Para guru pamulangan Jawi ingkang badhe dhatêng ing parêpatan agêng wau, kêdah nyuwun pamit dhatêng kumisi sakolah ingkang majibi, amargi paduka tuwan dhirèktur pamulangan tuwin agami sampun aparing dhawuh dhatêng pangrèh Java-Instituut, manawi panggalihipun tuwan dhirèktur wau badhe [ba...]

--- 32 ---

[...dhe] agêng paedahipun, bilih para guru Jawi sami dhatêng ing parêpatan agêng pasrasehan basa Jawi. Bab punika tamtu kumisi sakolah inggih makatên ugi pamanggihipun. Jalaran saking punika Jav. Inst. ngajêng-ajêng sangêt, sagêdipun para guru pamulangan Jawi sami rawuh ing parêpatan. Bokmanawi rêkaos tumindakipun, manawi ing satunggalipun pamulangan ngantos guru langkung saking satunggal ingkang badhe dhatêng parêpatan. Manawi makatên prayogi salah satunggal kemawon ingkang minôngka sêsulihipun guru sapamulangan andhatêngi parêpatan, punika ingkang badhe anggiyarakên wartos punapa ingkang kagêlarakên ing parêpatan agêng pasrasehan basa Jawi. Panggenanipun ing griya kumidhi gadhahanipun tuwan Reuneker ing Pasar Pon, Surakarta.

7 Oktobêr, Salasa sontên jam 9.

Pambagya wilujêng dhumatêng para tamu, wontên ing Kusumayudan.

8 Oktobêr, Rêbo enjing jam 9 dumugi 1.

1. Basa Jawi punika mundur punapa botên, manawi mundur, kadospundi anggènipun nyêtiyari.

2. Kadospundi rekadayanipun, murih kawruh nyêkarakên sampun ngantonngantos. mundur.

9 Oktobêr, Kêmis enjing jam 9 dumugi 1.

1. Piwulang basa Jawi wontên ing sawarninipun pamulangan ingkang mawi wulangan basa punika.

2. Ikêtaning basa ing buku waosanipun lare-lare, sarta waosanipun lare ingkang sampun diwasa.

Para tamu saking sajawinipun kitha Surakarta, ingkang karsa angsal pitulungan pondhokan, sami kêparênga kintun sêrat dhatêng Radèn Ngabèi Jaksadipura, ing Kusumadiningratan, Surakarta. Badhe kapêthuk wontên ing sêtatsiun, salajêngipun katêdahakên papan pondhokanipun.

Wèltêphrèdhên, Sèptèmbêr 1924.

Pangrèh Jav. Inst.