Sastra Jawa

Program Digitalisasi Sastra Daerah

  • Increase font size
  • Default font size
  • Decrease font size

Pusaka Jawi, Java Instituut, 1924-12, #354

Katalog:Pusaka Jawi, Java Instituut, 1924, #354
Sambung:
1.Pusaka Jawi, Java Instituut, 1924-08/09, #354 . Koran, Majalah dan Jurnal | Pusaka Jawi #555.
2.Pusaka Jawi, Java Instituut, 1924-10, #354. Koran, Majalah dan Jurnal | Pusaka Jawi #553.
3.Pusaka Jawi, Java Instituut, 1924-12, #354. Koran, Majalah dan Jurnal | Pusaka Jawi #554.

Ôngka 3, mirunggan. Dhesèmbêr 1924. Taun III.

Pusaka Jawi

Ingkang ngêdalakên: pakêmpalan Yapa Insêtitut (JAVA INSTITUUT). Redhaksi: Radèn Arya Dhoktor Husèn Jayadiningrat, Kangjêng Pangeran Arya Adiwijaya, Y. Kat (J. KATS), Radèn Sastrawijana.

Sêrat-sêrat panjurung isinipun Pusaka Jawi punika kakintuna dhatêng redhaksi: Salembah 28 Wèltêprèdhên. Sêrat-sêrat panêmbung dados lêngganan, kakintuna dhatêng: administrasi: Kêbon Sirih 64 Wèltêprèdhên.

Rêginipun sêrat wulanan punika: f.3.- sataus,sataun. sarta kêdah kabayar rumiyin. Sintên ingkang kaparêng lêngganan, apêsipun kêdah tumrap sataun. Manawi tumbas amung satunggal nomêr, rêginipun f 0.30. Waragad pariwara: sakaca f 20,- satêngah kaca f 12.50 saprapat kaca f 7.50 manawi lêngganan kamirahakên.

Pranatan Lampah-lampah tumrap Konggrès Yapa Insêtitut

Pangayoman: Kangjêng Tuwan Ingkang Wicaksana Guprênur General, ing Indhiya Nèdêrlan wontên ing Ngayogyakarta

kaping 24 dumugi 27 Dhesèmbêr 1924

--- 34 ---

Konggrès Yapa Insêtitut Ing Ngayogyakarta.

Wiwit surya kaping 24 dumugi 27 Dhesèmbêr 1924

Pangayomaning Konggrès: Sampeyan Dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Sultan Amêngkubuwana Ingkang jumênêng kaping 8 ing Ngayogyakarta Adiningrat

Pangarsa minulyanipun konggrès: Kangjêng Tuwan Residhèn Ngayogyakarta

Kumisi Panampi Tamu

Pangarsa minulya: Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Arya Pakualam VII, pangagênging trah Pakualaman.

Pangarsa: H.J. van Mook.

Para warga: J.J. Hofland, Th. G.J. Resink, Ir. P.H.W. Sitsen, Pangeran Arya Adisurya, Pangeran Arya Suryadiningrat, Pangeran Arya Suryaningprang, Radèn Tumênggung Wiryadirja, Radèn Sutapa.

Kumisi agêng: H.J. van Mook, Pangeran Arya Suryadiningrat, Ir. P.H.W. Sitsen. Th. G.J. Resink, panitra

Kumisi Pasamuwan

Pangarsa minulya: Pangeran Arya Adipati Danurêja, pêpatih ing karaton Ngayogyakarta.

Pangarsa: Pangeran Arya Suryadiningrat

Para warga: Mevrouw L. Hofland, Mevrouw A.J. Resink, Radèn Mas Abdul Kadir, Radèn Mas Tumênggung Brataatmaja, Radèn Wadana Dwijasewaya, Radèn Tumênggung Wiryakusuma, Dèn Panèwu Wiradirja.

Kumisi Têntunsêtèlêng

Pangarsa: Ir. P.H.W. Sitsen, A.W. Janz, panitra.

Para warga: Pangeran Arya Kusumayuda, Dr. F.D.K. Bosch, Ir. Th. Karsten, P.J. Perquin, Ir. H. Maclaine Pont, Ir. J.L. Moens,

--- 35 ---

Radèn Mas Adipati Arya Kusuma Utama, Radèn Mas Jayadipura, Radèn Mas Riya Gôndaatmaja, Radèn Sastrawijana.

Kumisi Damêl Pratelaning Lampah-lampah Sapanunggilanipun: Pangeran Arya Suryadiningrat, Pangeran Arya Suryaningprang, Radèn Sastrawijana, Warga ngiras panitra: J. Kats.

Rêbo 24 Dhesèmbêr

Jam 8 1/2 sontên: para ingkang sami dhatêng ing konggrès sami kêmpal wontên ing dalêm kapatihan Ngayogyakarta, parlu tatêpangan satunggal akalihan satunggalipun.

Jam 8 3/4 sontên: pambagyanipun pangarsaning kumisi panampi tamu, tuwan H.J. van Mook.

Jam 9 1/2 sontên, dumugi jam 1 dalu: pasamuwan ringgit tiyang Langênwanara, lampahan pêjahipun Patih Prahasta.

Sumbangan saking pêpatih ing karaton Ngayogyakarta.

1. Jêjêr Prabu Rahwana ing Ngalêngka (gêndhing Pocung, pelog barang).

2. Jêjêr Prabu Ramawijaya ing Suwelagiri (gêndhing Pangkur, pelog barang).

3. Jêjêr Prabu Rahwana ing Ngalêngka (gêndhing Maskumambang, pelog barang).

4. Pamungunipun Radèn Arya Kumbakarna (gêndhing ricik-ricik, salendro pathêt manyura).

5. Jêjêr Prabu Ramawijaya ing Suwelagiri (gêndhing rina-rina, salendro pathêt manyura).

Kêmis, 25 Dhesèmbêr

Jam 9 enjing: pambikakipun konggrès, wontên ing dalêm kapatihan Ngayogyakarta, dening pangarsaning Yapa Insêtitut, Propesor Dhoktêr Radèn Arya Husèn Jayadiningrat.

Jam 9 1/2 enjing: dumugi jam 1 siyang: angrêmbag bab kadospundi rekadayanipun anglêbêtakên piwulang babaring budi Jawi (kultir Jawi) dhatêng lare-lare Jawi. Panggenanipun rêmbagan wontên ing dalêm kapatihan Ngayogyakarta.

Ingkang badhe anggêlarakên pamanggih bab punika: tuwan W.D.P.Corporaal, Pastoor van Lith, Mas Suryadiraja tuwin Radèn Sasrasugônda.

Jam 5 sontên: pambikakipun tèntunsêtèlêng kagunan yasa griya Jawi tuwin isining griya Jawi, wontên ing Wiryakusuman, sawetan Danurêjan, Ngayogyakarta.

Jam 6 sontên: sêsorah bab Candhi Prambanan (mawi gambar sorot) dening tuwan Dr. F.D.K. Bosch, wontên ing dalêm kapatihan.

--- 36 ---

Jam 7 sontên: sêsorah bab têgêsipun yêyasan Jawi ing jaman akir punika (mawi gambar sorot) dening tuwan Ir. Th. Karsten ugi wontên ing dalêm kapatihan.

Jumuwah 26 Dhesèmbêr 1924

Jam 6 1/2 enjing: dhatêng Prambanan ningali candhi-candhi ing ngriku. Ingkang dados juru pitêdah para punggawa padamêlan barang-barang kina.

Jam 10 enjing: mubêng-mubêng ing salêbêting kitha Ngayogyakarta tuwin ing Kitha Agêng, ningali pasang rakiting kitha tuwin griya Jawi. Ingkang dados juru pitêdah tuwan Ir. Th. Karsten tuwin Ir. H. Maclaine-Pont.

Jam 5 1/2 sontên: angrêmbag bab: Yêyasan Jawi kina punika tumrapipun babaring budi Jawi ing jaman sapunika tuwin ing têmbe, gadhah têgês punapa. Panggenanipun rêmbagan wau wontên ing dalêm kapatihan.

Ingkang badhe anggêlarakên pamanggih bab punika tuwan-tuwan: Ir. K.J.H. van Leeuwen, Dr. F.D.K. Bosch, Dhoktêr Radèn Tumênggung Wedyadiningrat, Ir. H. Maclaine-Pont.

Jam 8 1/2 sontên, dumugi jam 1 dalu: pasamuwan ringgit tiyang, lampahan Sômba Sêbit, paring dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Sultan ing Ngayogyakarta. Wontên ing dalêm kapatihan.

1. Jêjêr ing Dwarawati (nagarinipun Prabu Krêsna), (gêndhing Mulatsih, pelog pathêt barang).

2. Jêjêr ing Trajutrisna (gêndhing Luntursih, pelog pathêt barang).

3. Jêjêr ing pasanggrahan ing wana Ngargabaya (gêndhing Rina-rina, salendro pathêt manyura).

4. Jêjêr Prabu Suteja ingayap para wadyabala.

(Gêndhing Klumpuk, pathêt manyura).

Saptu 27 Dhesèmbêr

Jam 9 dumugi jam 10 1/2 enjing: nglajêngakên rêmbagan bab kadospundi rekadayanipun anglêbêtakên piwulang bab babaring budi Jawi dhatêng lare-lare Jawi. Panggenanipun rêmbagan wontên ing dalêm Pakualaman.

Jam 11 enjing dumugi jam 1 siyang: nglajêngakên rêmbagan bab têgêsipun yêyasan Jawi kina tumrap babaring budi Jawi ing jaman sapunika tuwin ing têmbe. Panggenanipun ugi wontên ing dalêm Pakualaman.

Jam 6 sontên: manawi parlu nglajêngakên rêmbag-rêmbag wau, ugi wontên ing dalêm Pakualaman, panutuping konggrès.

Jam 8 sontên, dumugi jam 2 dalu: wontên ing dalêm Pakualaman: [P...]

--- 37 ---

[...akualaman:]

Lêlangên Badhaya.

Pêthilan saking lampahan Mintaraga (Arjunawiwaha) tuwin Ringgit Purwa Lampahan Srikandhi Ambarang Talèdhèk. Sumbangan saking Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Pakualam VII

Kalêmpaking Pamanggih Sakawan Iji Bab Pambangun

Patilasan Jawi ing jaman kina punika sapintên pigunanipun tumrap kaalusaning budinipun tiyang Jawi sapunika lan ing têmbe.

1. Pamanggihipun Dr. D.F.K. Bosch.

Pigunanipun pêpèngêt Jawi ing jaman kina tumrap kasagêdanipun tiyang Jawi ing jaman samangke botên sapintêna, awit têtiyang Jawi ingkang sampun apêngajaran namung sakêdhik ingkang manah pigunanipun wau. Samangke wontên pitakenan, sapintên sagêdipun tiyang mêncarakên kagunan Jawi kina sarana piwulang supados kagunan wau kathah ingkang anggatosakên sarta rêmên. Punapa kagunan Jawi kina ingkang samangke sampun ical larinipun, jalaran kagiyarakên wontên ing pamulangan andhap, pamulangan têngahan (ambokmanawi sêlot-sêlotipun) ing pamulangan luhur, sagêd angrêda malih manjing ing kalusaning bêbudènipun bôngsa Jawi.

Manawi kalampahan cariyos kagunan Jawi kina kalêbêtakên dados piwulang wontên ing pamulangan-pamulangan, sampun tampi muridipun Jawi srêgêp sangêt anggènipun nyathêti satunggal-satunggaling lêlampahan, sadaya ingkang pêrlu sinêrêpan tiniru saèstu. Nanging sadaya ingkang dipun sinau punika sajatosipun namung kangge anjêmbarakên sêsêrêpanipun para murid: para murid wau lêstantun botên anggadhahi sênêng saèstu utawi kascaryan mirêngakên cariyosipun kagunan Jawi kina.

Têtiyang ingkang sami anggadhahi pangintên, bilih pigunaning kagunan Jawi kina rumasukipun dhatêng manahing tiyang Jawi ingkang sampun ngênggèni jaman kamajêngan, sami ugi kalihan rumasukipun dhatêng mêmanahaning tiyang bôngsa kilenan, punika botên lêrês. Ewadene raosipun tiyang bôngsa kilenan dhatêng kagunan wau pêrlu kagêlar wontên salêbêting piwulang.

Kagunan Indhu Jawi punika rumambakanipun ing salêbêting manahipun para sarjana Eropah ingkang sami ngudi kawruh sarana margi kêkalih, ingkang kapisan miturut cacriyosan, satunggalipun miturut yêyasan.

Ngawuningani cacriyosan punika sajatosipun migatosakên sarana pasaksèn, pikajêngipun sumêdya ngudi nyumêrêpi babad kaindhakaning Yêyasan Indhu Jawi. Ingkang kangge waton pangudi wau ingkang kapisan: inggih layasanipunyêyasanipun. wau, awit ing ngriku tiyang sagêd nyumêrêpi wangun-wangunaning yêyasan, [yêya...]

--- 38 ---

[...san,]

ingkang abeda-beda manut jamanipun. Kaping kalihipun awatodawaton. babad, kadosdene ingkang kasêbut ing Sêrat Nagara Krêtagama inggih punika sêrat pêpuji kaluhuraning nagari miturut babad. Nagara Krêtagama wau miturut Sêrat-sêratan Pararaton. Kaping tiganipun miturut kagunan andamêl rêca, sabab ing ngriku katêrangakên sarana gambar cawèn pintên-pintên abêbanjêngan, wontên ing sakiwa têngênipun kajoganing candhi.

Dene pamanggih ingkang awaton pènining wêwarnèn, limrahipun sok anyulayani pamanggih ing nginggil, sabab tiyang ingkang namung ngugêmi pènining wêwarnèn wau botên manah pisan-pisan, yêyasan punika sintên ingkang ngawontênakên, kala punapa pandamêlipun, lan damêlan ing pundi. Makatên ugi pasêmon utawi pikajênganing yêyasan inggih botên kamanah. Kikisanipun namung: angalêm sae, langkung dening sae. Awit saking awon saening papêthan adi, yêyasan wau lajêng beda kalihan panunggilanipun ing panggenan ngriku, sabab ingkang andamêl papêthan adi wau pandamêlipun awaton kawruh kabagusaning wujud, inggih punika satunggiling kawignyan ingkang sampun takdir, amila bagusing dêdamêlanipun inggih langkung saking ingkang sawêg kalêrêsan kemawon, amila ilhaming juru damêl papêthan adi wau wajib ingaji-aji kanthi sucining manah.

Sampun masthi kemawon, pamanggih kalih warni wau mênggah kanyatan botên kenging dipun ugêmi tanpa sarana. Tiyang ahli cariyos awaton kabagusaning wujud, dene tiyang ahli wujud kêdah awaton pasaksèn. Sumôngga sami anggêlarna pamanggihipun piyambak-piyambak, bab pamanggih kêkalih ing nginggil wau. Ananging pitêdah bab kagunan Jawi kina ingkang katularakên dening bôngsa Eropah dhatêng tiyang Jawi, samangke rinêmbag wontên saantawising pamanggih kêkalih ingkang têbih sangêt sungsatipun wau.

Kadospundi samangke pabênipun bôngsa Jawi.

Têtiyang Jawi amilih sadaya ingkang magêpokan kalihan kalusaning budinipun ing sapunika, inggih punika: rêmên dhatêng patilasan-patilasan ingkang kocap ing Babad Majapait, rêmên ningali gambar cawèn ing candhi-candhi, ingkang anyariyosakên sarana gambar lampahan ringgit. Ananging sanèsipun punika, tiyang Jawi botên ngrêtos dunungipun, môngka ingkang botên dipun rêtosi wau kathah sangêt. Sakathahing papêthan adi ingkang katêdahakên dening juru paniti wujud saha pasêmoning papêthan, botên wontên ingkang tumônja, botên wontên rumasuk ing manah saèstu.

Sampun wiwit ing kina mila tiyang Jawi punika rêmên angêmatakên gathukipun kalihan ngèlmu raos sakathahing wujud, sadaya kagolongakên dhatêng kawruh kabatosan, sadaya pinêtha sarta anggadhahi sasmita. Watak makatên punika samangke taksih kacêtha wontên ing ringgit, sabab ringgit wau anggadhahi raos [ra...]

--- 39 ---

[...os] ingkang lêbêt. Dados ringgit punika anggènipun nêngsêmakên ngantos kados mawa guna dhêsthi dhatêng tiyang kathah, malah dhatêng tiyang Jawi ingkang sampun angsal pangajaran, punika sababipun botên kok rêna mirêngakên cariyosipun utawi rêmên ningalakên adining sêsunggingane lulangipun. Ingkang kagatosakên botên sanès inggih namung raosipun ingkang lêbêt-lêbêt, sadaya ingkang sami nonton anggadhahi rumaos bilih gêsangipun punika ugi wontên salêbêting lêlampahan kados ingkang kacariyosakên punika.

Makatên ugi kagunan Jawi kina, sagêdipun sinêngsêman ing tiyang Jawi jaman sapunika, bilih anggènipun nêrangakên wau sarana kawruh kasampurnan. Kulinanipun tiyang Jawi manawi ningali wohing kagunan Indhu Jawi amigatosakên sangêt bab ingkang rinêmbag dening para sarjana Eropah lan para ingkang marsudi wanguning pêpêthan. Ing sakawit tiyang Jawi pitakèn, gambar utawi wujud makatên punika anyasmitani punapa, utawi punapa pikajêngipun. Saupami pitakènipun botên kawangsulan, lajêng dipun têrangakên piyambak, mawi nyêbutakên êjim, setan, pêri, parayangan, pôncadriya lan sukma. Nanging katrangan makatên punika tumraping kawruh ingkang awaton pasaksèn, namung dados gêgujêngan kemawon. Mila lêrês mênggah pikajênganipun ingkang baku pêpundhèn kados ing Barabudhur punika anyasmitani prakawis ingkang lêbêt-lêbêt, prasasat tan kêna ginayuh, kados ta: bab dumados, jatining kamanungsan, kasampurnan, lan panitisan wongsal-wangsul. Ananging pikajênganipun ingkang baku, Candhi Barabudhur ingkang matatênmakatên. wau saha ingkang dipun anggêp ing têtiyang ing jaman samantên, tumrap tiyang jaman samangke botên angrêtosakên. Sanajan pangudining para sarjana inggih dèrèng sagêd dumugi. Ewadene manawi katandhing kalihan Candhi Siwah ing Prambanan, Candhi Barabudhur punika nama sampun kathah wêwadosipun ingkang kasumêrêpan.

Saèstu, sadaya ingkang dumunung ing Yêyasan Indhu Jawi punika sami anggadhahi pikajêng piyambak-piyambak, dalah gambar ingkang sapele sangêt, tur panggenanipun andhêlik, punika inggih anggadhahi pikajêng, botên beda kados sirah Kala ingkang katingal anggêgirisi dumunung sanginggiling korinipun candhi ing Prambanan, ngantos prabanipun angèbêki erang-eranging gapura. Malah runtuting agêng alite kêthok-kêthokanipun sela ingkang mujudakên perang-peranganing candhi wau, punapadene perang-peranganing iringipun, sarta ingkang watêrpas sumèlèhipun, sami anyasmitani bilih anggadhahi pikajêng piyambak-piyambak, sadaya awaton wêwicalan (cacah), ingkang gêgayutan kalihan ngèlmu raos, botên beda lan sakathahing warni (môncawarni). Sadaya pasêmon wau ingkang piyambak-piyambak panggenanipun, piyambak-piyambak [piyambak-pi...]

--- 40 ---

[...yambak] pikajêngipun, kêmpal dados satunggal ngawontênakên yêyasan, ingkang tumraping gagasan kados wontên ing jaman kalusan.

Ngrêdanipun kagunan Indhu Jawi ing bab ngèlmu kasampurnan, punika sami kalihan ngrêdaning ngèlmu kasampurnanipun têtiyang Eropah sisih kilèn ing saantawise taun Ngisa gangsal atus lan sèwu gangsal atus. Tuwan Huzinga nyêbutakên wontên ing karanganipun, kawrat ing Herfstij der Middeleeuwen makatên: pasêmon punika nuwuhakên gagasan kawontênaning jagad ingkang langkung kandêl lan langkung kiyat tinimbang pamanggih ingkang awaton ngèlmu kodrat lan ngèlmu alam. Pasêmon angikêt kawontênaning alam donya punika malah cacriyosanipun, mawi ngawontênakên perangan undha-usuk ingkang botên kenging tinilar, kawruh wêwangunaning yêyasan, lan pambangunturutipun para prajurit, awit satunggil-tunggiling pasêmon wontên andhap wontên inggil. Botên wontên ingkang nama kasorên, angudia karuhuran ingkang langkung dening ruhur, lan angudia kanikmatan. Sadaya isèn-isèning alam donya sami amitulungi pangancas dhatêng kalanggêngan, sadaya sami junjung-jinunjung murih kombulipun.

Agami Kristên punika langkung cêtha tinimbang agami wetanan. Kajawi saking punika ngèlmu raos utawi ngèlmu batin ing saantawisipun taun Ngisa gangsal atus lan sèwu gangsal atus punika ngrêtos, bilih ingkang kangge angugêmi punika namung gambar. Dados pamanggihipun bôngsa wetanan bab makatên punika têtela kirang cêtha. Malah limrah tiyang bôngsa wetanan, yèn anglairakên pikajêngipun namung sarana pasêmon, nanging botên sagêd namtokakên punapa pasêmonipun wau sampun lêrês. Para sarjana ingkang botên kenging botên kêdah tumut ngrêmbag bab punika, supados sagêda suka pitêdah, sabab manawi botên makatên, tamtu ical pasarawunganipun kalihan têtiyang ing tanah Jawi, lan botên sagêd angsal sêsêrêpan bab pamanggihing tiyang miturut jamanipun.

Pamanggih miturut jaman punika inggih pêrlu katêrangakên, harak botên namung bôngsa Jawi kemawon ingkang rumaos botên marêm, bilih namung katêdahan wujuding kagunan kemawon, tanpa kajalèntrèhakên pikajênganipun, utawi jaman ngrêdanipun. Amila inggih botên nama anèh, bilih ing jaman sapunika kathah tiyang ingkang sumêja ambujêng dhatêng kawruh kasunyatan, sami mêngkêr dhatêng ngèlmu kodrat ingkang sajati, sarta anggilut kawruh teyosophi.

Dados manawi bôngsa Jawi sampun kagugah manahipun, bilih papèngêtan ing jaman kina punika pêrlu kinanthi, inggih tumrapa têtiyang jaman sapunika, sabab punika êtuking kasusilan, mawa basa ingkang sakalangkung manuhara, saèstu sampun nama andhêdhêr wiji ingkang manawi

--- 41 ---

tanpa kara-kara sagêd andamêl rêmên sarta migatosakên kagunan kina.

Ing sadangunipun wiji wau mindhak-mindhak agêngipun, ingkang agêng sangêt pitulunganipun punika pangajaran, mangsanipun mêdal kêdah pinilih prayoginipun. Kawruh punika kêdah anglêlantih tiyang Jawi murih purunipun manah awaton sabab-sabab ingkang pêrmati lan aniti manut wêwaton ingkang lêrês. Ananging kêdah kajagi sampun ngantos kêlintu pamanggihipun, jalaran têtiyang Jawi namung dipun dongèngi kathah-kathah lan katêdahakên ingkang sae-sae. Aosing kagunan Jawi Kina punika inggih aosing raos Jawi. Pêpundhèn satunggal kemawon, bilih katêrangakên pikajêngipun, punika anênambahi manahipun para mudha Jawi, lan angindhakakên kawruhipun, langkung saking sakathahing kabuyutan ing satanah Jawi sadaya, ingkang namung awaton dêdongengan kabagusaning wangunipun.

II.

Pamanggihipun N.A. van Leeuwen

Tuwan Willem James nyêbutakên makatên wontên ing karanganipun ingkang kawrat ing Varieties of religions experiance: pitakenan, birai agami punika punapa, lan punapa ingkang kawastanan kasusilan, punika kêdah katangsulan sarana lampah panaliti kalih warni. Ingkang rumiyin pitakènipun: panaliti punapa, tuwuhipun saking pundi lan kadospundi cariyosipun. Pitakèn kaping kalih: pakantukipun punapa, lan punapa parlunipun.

Miturut lampah ingkang kapisan ingkang kêdah kataliti têtilaran jaman kina, lan kasagêdanipun tiyang Jawi ing jaman sapunika lan ing têmbe. Miturut lampah ingkang kaping kalih pitakenan: dayanipun punapa tatilaran Jawi ing jaman kina tumrap kasagêdan Jawi ing têmbe. Inggih namung sarana lampah makatên wau panaliti punika sagêd wontên têngah-têngah lêrês, botên ngawratakên ing ngriki, botên ngrencangi ngrika.

1. Punapa ingkang kawastanan tatilaran Jawi ing jaman kina.

Pikajêngipun botên sanès: pangèngêt-èngêt ingkang nêrangakên kasagêdanipun tiyang Jawi ing jaman ingkang sampun kalampahan, milanipun kêdah kaudi sagêdipun kasumêrêpan, kasagêdan ing bab ingkang kadospundi.

Kalusaning bêbudèn punika pinerang dados tigang golongan, inggih punika: kagunan, kamursidan, lan ngèlmu phalsaphi (filosofie). Dhasaring ngèlmu phalsaphi, punika têmên lan kasusilan. Dene kawruh ingkang awaton èngêtan punika sanès wijilipun kalusaning bêbudèn mênggah ing jaman utawi gêgolonganing bôngsa.

Samangke rumaganging damêl nyawanipun tiyang punika anglairakên gangsal golongan, lan awarni gangsal, inggih punika: tumandanging badan [bada...]

--- 42 ---

[...n] ingkang kêtingal, tumandanging èngêtan jalaran kataman ing daya saking Jawi (emotioneel). Ngawontênakên kalusaning budi, têmbungipun Arab, akli (intellectueel). Lairing pamanah sarana pratingkah (essentieel in het mensch zijn). Nglairakên pamanggih (spiritueel in het geestelijk leven). Ôngka 1 dumugi ôngka 3 punika kapetang andhap, awit namung dados pirantining rumagangipun damêl nyawa. Dene nglairakên pamanggih punika kapetang inggil, ingkang sagêd nyamlêng kados ta têmbung: kamirahan, sarana pikantukipun kamirahaning Pangeran (sacrament), sarismita (charismatha). Babaganing nglairakên pikiranipun manusa, punika wêwahipun dados: panganggêp, rumaos, lan pasêmon.

Kawujudaning rumagangipun ing damêl nyawa punika sagêd katitik wontên ing wujudipun kalusaning budi tiga-tiga pisan, satêmah wujud kalusaning budi wau kapêcah dados gangsal wêlas, inggih punika:

Kagunan

1. Nêdahakên botên sèndhèr. | 2. Nêdahakên minôngka babon. | 3. Nyariyosakên wêwatakan. | 4. Nyariyosakên pakaryan. | 5. Kawruh yêyasan.

Agami

1. Panêmbah, | 2. Adat, | 3. Ahlul kitab (inggih punika kawruh kawontênaning Allah Tangala), | 4. Iman, | 5. Ngèlmu suphi.

Phalsaphi

1. Babad, | 2. Ngèlmu kadewatan, | 3. Ngèlmu kawontênaning alam, | 4. Ngèlmu ingkang botên kenging ginayuh pôncadriya, | 5. Sikhir lan ghaib.

Perangan-perangan ingkang kasêbut ing nginggil wau sadaya tuwuhipun wontên ing rumaganging damêl nyawa tumrap gêsang sêsarêngan. Dene kawruh kawontênaning alam punika kados ta: padhukunan, pawarsakan, lan sapanunggilanipun.

Ingkang kapetang: nêdahakên kakiyatan minôngka babon (dynamisch beeldend) kados ta: gêndhing, têmbang, ngapalakên têmbang, jogèt, lan sasaminipun.

Kawruh yêyasan punika tuwuhipun saking gêsanging tiyang sêsarêngan, ingkang kacêtha wontên ing kalimrahaning tiyang gêgriya, pakêmpalan, manêmbah, sadaya wau sami nêdha kawontênaning griya. Wujuding yêyasan punika miturut etangan, dados botên miturut kawontênaning alam, malah jalaran makatên punika sagêd anglangkungi kawontênaning alam.

--- 43 ---

Makatên pamarincinipun wujud pêpèngêt saking jaman kina.

2. Punapa kalusaning bêbudènipun tiyang Jawi ing samangke lan ing têmbe.

Kalusaning bêbudèn (cultuur) punika miturut pamanggihipun tuwan Lexis kombuling manusa, ngantos anglangkungi kodratipun. Tuwan Clay amastani: cultuur punika kosokwangsulipun kodrat, dados kadosdene: anjarag, lan botên anjarag, utawi botên nêmaha. Nanging tuwan Wolff mastani: cultuur punika sami-sami dumadosing bêbudèn.

Tiyang sagêd mastani bilih pratingkahing angên-angên yèn ing kodrat punika tanpa tinêmaha, nanging yèn ing cultuur ingkang baku dening dayaning tiyangipun. Cultuur lan kodrat punika dhêdhasaranipun sami asêsarêngan, makatên ugi sagêdipun mastani cultuur punika awit wontên golongan. Tuwan Bierens de Haan cariyos makatên: kalimpadan (genie) punika ingkang nambut karya, ikangingkang (dan di tempat lain). ngawontênakên cultuur jalaran nuruti kabêtahaning manusa. Kawontênan lan wêwatakan ingkang katingal limpad, ingkang nuwuhakên kalusaning budi (cultuur) punika ingkang nyukani tata dhatêng gêsangipun sêsarêngan.

Kalusaning budi punika sanès kêmpaling tata ingkang kenging didumuk, saèstunipun awujud barang lêmbat ingkang gêsang, katingal wontên salêbêting tatakrama, nanging panggenanipun botên namung wontên salêbêting tatakrama kemawon, dados sami ugi kalihan tiyang, botên kenging kawastanan kalêmpaking sirah, tangan kêkalih lan salajêngipun.

Tatakramaning cultuur ingkang miyambak-miyambak, punika botên kenging kapisah utawi kagêsangakên sarana pangrekadaya, botên beda kados tangan ikang kakêthok upaminipun, tangèh sagêdipun tiyang anggêsangakên, kacundhukna: Berlage, schoonheid in samenleving, kaca 75 lan salajêngipun, anyariyosakên sabab-sababing decadentie, dene ingkang kawastanan decadentie, punika risakipun basa jalaran saking panguliging kasusastran. Makatên cariyosipun angên-angên ingkang dados satunggal, langkung-langkung pakaryaning raos ingkang angêmpal.

Ingkang makatên punika tumraping pandamêlipun bangsaning griya, ingkang gêgayutan kalihan agami, kados ta: candhi lan greja utawi masjid agêng, utawi wêwangunan kangge ngluhurakên pranataning nagari, kados ta: karaton, kantor agêng, kacundhukna: karanganipun tuwan Walenkamp bab kawruh pandamêling yêyasan ing jaman sapunika tuwin ing têmbe.

Anggènipun nindakakên padamêlan botên sarana pathokan, tanpa pirantos, tanpa piwulang ing sakolahan utawi tanpa dhiploma, namung kanthi pakaning angên-angên, inggih punika: kamursidan lan phalsaphi, langkung-langkung ngèlmu suphi.

--- 44 ---

Ngèlmu suphi punika botên maibên sêsorah, malah angluhurakên sasat bathara. Ngèlmu suphi angrampungakên sêsorah. Kunstenaar brahmana, lan juru mulang cêtha (Wijsgeer) punika agêgandhengan, botên kenging kapêthal. Makatên cariyosipun tuwan Just Havelaar wontên ing De Symboliek Der Kunst kaca 17.

Mêmanahanipun bôngsa punika dumunung wontên ing kalusaning bêbudèn, mêmanahaning bôngsa Jawi dumunung wontên kalusaning bêbudènipun ing jaman sapunika sarêng sarawungan lan bôngsa Eropah. Kadospundi kawujudanipun kalusaning budi wau.

La kok têka sakêdhik têmên. Sadaya ingkang kalairakên dening pamanggih: kawruh pandamêling yêyasan, ngèlmu suphi, ngèlmu sikhir, samangke sampun ical tanpa lari. Anglairakên pamanggih sarana pratingkah (wayang), iman, lan ngèlmu ingkang botên kenging ginayuh sarana pôncadriya, kantun tidha-tidha kemawon. Manawi têtiyang Jawi dhasar sumêdya ambangun kalusaning bêbudènipun ing têmbe, sagêda kiyat, langkung sagêd ngawontênakên lan langkung kenging pinitajêng dening tiyang mônca, supados sagêda kêtingal ganggas abêrgas alusaning bêbudènipun bôngsa, punika botên wontên sanès sarananipun kajawi amulihakên kawruhipun ngèlmu suphi (Mystiek), satêmah sagêd ngawontênakên kapêrcayan ingkang angêmu raos, kawruhing angên-angên sasampuning kabangun enggal, sagêd amaedahi dhatêng kalusaning budi ingkang andhap-andhap.

Calonipun kalusaning bêbudèn kadosdene pangrêtosaning bôngsa. Manawi tanah Jawi sampun mardika, kalusaning bêbudèn sagêd inggil. Nanging manawi tanah Jawi taksih kabônda ing panguwaos ngamônca, kalusaning budi tangèh sagêdipun tangi, malah bokmanawi sirna babar pisan.

Dados sarananipun ingkang botên kenging tinilar inggih punika sagêda ngrêtosa bôngsa sadaya, sabab manawi sarana wau tinilar, andamêl tanpa paedahipun satunggal-satunggale kalusaning budi, malah têrkadhang anyandèkakên. Capipun satunggiling bôngsa, punika wontênipun botên namung jare kemawon, pancèn inggih wontên saèstu, kenging kanyatakakên, kapranata manut sarandunipun, manut têtiyanganipun ingkang minôngka ukuran. Pangêrtosan punika sagêdipun kawahya kêdah kanthi kawujudaning badan lan nyawa, punika ingkang kapêksa ngawontênakên tiyang ingkang minôngka ukuran. Ing salêbêtipun rahing manusa wontên wijinipun turunan, ing ngriku dununging titikanipun tiyang mênggah ing badan lan ing nyawa, ingkang kawastanan tiyang, punika sanès kalêmpaking anggota, isi nyawa. Sayaktosipun nyawa dumunung ing wadhag, angêrèhakên saranduning badan sadaya.

Milanipun samangke pêrlu tigang prakawis punika: kawruh pandamêling yêyasan, ngèlmu suphi

--- 45 ---

lan sikhir kaudia murih sagêdipun wangsul pêpandhinganipun kados ingkang suwau. Tigang prakawis punika gêgayutanipun satunggal dhatêng sanèsipun santosa sangêt. Kados ta: tiyang andamêl griya utawi candhi, satunggal-satunggaling perangan anggadhahi pasêmon piyambak-piyambak, satunggal-satunggaling panggenan utawi abên-abênan anggadhahi pikajêngan suphi lan sikhir. Satunggal-satunggale urut-urutaning pandamêlipun lan rêrêngganipun awaton ngèlmu ghaib. Makatên ugi caranipun tiyang andamêl (nyithak) nagari.

Suphi lan sikhir kenging kaupamèkakên syaraph lan bayuning badanipun bôngsa, dene kawruh pandamêling yêyasan kenging kaupamèkakên raganganipun.

3. Pigunanipun wujud pangèngêt-èngêt jaman kina punika punapa.

Pangèngêt-èngêt wau wontên pigunanipun, namung manawi tumut kaangge tumrap ing cultuur samangke, utawi kangge andandosi cultuur ing têmbe.

Tumrap kalusaning bêbudènipun tiyang jaman sapunika, patilasan-patilasan wau kenging kaupamèkakên damèn saêlêr ingkang kangge cêpêngan tiyang kêblabak.

Ing ngriki kang kabalabak inggih punika pangrêtosanipun bôngsa. Amilanipun lajêng pados bantu (dhatêng ingkang sami sayuk nayogyani), lan kranggehan sumêdya ngranggèh, nanging kanthi kuwatos ingkang sampun takdir, bokmanawi badhe kêlêlêp.

Cultuur punika botên wontên, ingkang wontên: ebahing cultuur. Gêsang punika kêtingal ing ewah-ewahipun. Dêdongenan minôngka piwulang luhung (Wijsgeer) punika sanès kalusaning budi. Ebahing cultuur sapunika punika kenging sangêt karaosakên, cultuur kina minôngka dhasaripun, supados sagêda ngawontênakên pamanggih enggal.

Wasana kula gadhah panuwun sakêdhik, murih sagêdipun kalaksanan ingkang karêmbag punika, inggih punika kacundhukna bab punika, kalihan karanganipun tuwan Maclaine Pont ing Djawa IV.I. kaca 71 makatên ungêlipun:

Prajangjian ingkang kapisan, sadaya pakêmpalanipun tiyang pribumi, sadaya guru-guru pribumi lan sanès-sanèsipun tiyang ingkang sampun cêkap pangajaranipun, manawi mirsani ingkang adi-adi ing yêyasaning bangsanipun sampun kok kaanggêp namung rumaos mirsani kasênêngan, kêdah kaanggêpa satunggiling patrap ingkang niyat anjêmbarakên lan nyaèkakên, punapadene angindhakakên kasarasaning sasaminipun lan sariranipun piyambak, lan botên namung kawruh pandamêling yêyasan kemawon.

Cultuur kina punika anggènipun sagêd mongkogakên manah, kaaji-aji lan kaêcakakên, namung manawi sagêd manjing ing manahipun tiyang

--- 46 ---

sapunika. Botên nama kalêbêt ing gêsang kula sadaya, manawi ingkang kina-kina wau namung dipun tumpuk kemawon. Namung yêyasan ingkang kêtingal sacêlak kula sadaya punika ingkang urun-urun dhatêng gêsang kula ing padintênan. Ananging ing tanah Indhonesiah patilasan-patilasan punika anggènipun dipun ênggèni ing tiyang botên ngantos lami, lan ugi sanès panggenan ingkang rame, rame dening kathahing tiyang nyambut damêl, tandhanipun dene margi-margi, alun-alun, krêtêg, kadhaton sami tanpa nama, ingkang kapiridakên kawontênan ingkang misuwur ing jaman kina.

Mênggahing piwulang, ingkang agêng sangêt dayanipun ing bab punika, inggih punika piwulang babad, sok ugi botên kêlintu pamatrapipun, sampun ngantos kawulangakên kacara kawruh sanès-sanèsipun, kangge ngindhaki sêsêrêpan, kêdah kangge nglêlantih supados lare tuwuh èngêtanipun, rêmên dhatêng kalusaning bêbudèn, agêng manahipun dene bangsanipun sagêd makatên, dene lêlampahan ingkang kacariyosakên ing babad, punika botên patos kapêrlokakên. Babad punika pamulangipun kadhapuk kadosdene wontên saèstu. Tuwuhing trêsnanipun bôngsa saking angaji-aji para prajurit ingkang kacariyos kêndêl-kêndêl ing kina.

Ing wiwitan mila ancasing wiwulangpiwulang. andadosakên satunggal tanah-tanah Indhonesiah. Ananging sarèhne het Java-Instituut samangke namung ngrêmbag tanah Jawi kemawon, dados rêmbag kula punika, upami tiyanga lumampah, taksih pincang. Patilasan-patilasan jaman kina ing tanah Jawi, prayogi kaanggêpa patilasan ing tanah Indhonesiah, lan sadhengah tiyang anganggêpa wontên ing kukubaning patilasan wau.

Manawi sarana pangajaran ingkang nyata pangajaraning bôngsa Indhonesiah lan sarana pamardi cara Indhonesiah, lare-lare ginulang angaji-ajia babad tanah Indhonesiah, sampun tamtu pangrêtosaning bôngsa badhe mêkar malih. Patilasan Indhonesiah sagêd dados têlênging manahipun têtiyang sadaya. Dayaning manahipun rakyat sagêd tangi. Aosing lêlampahan kina-kina botên namung wontên ing lambe kemawon, têrus lumêbêt ing sanubari, minôngka dhasaripun ingkang enggal.

III.

Pamanggihipun Dhoktêr Rajiman

Ingkang kawastanan cultuur inggih punika angalusakên tiyang sarana kaupakara kalayan runtut dhêdhasaraning kasagêdanipun murih sagêdipun angrêda, ingkang angancas dhatêng sampurnaning manah, inggih punika bab angrêmbag donya utawi gêsang.

Samangke pêrlu katakèkakên, punapa dunungipun patilasan Jawi ing jaman kina punika. Angintên-ngintên bab punika dhasar salangkung wigati, [wiga...]

--- 47 ---

[...ti,] awit manawi punika sampun kabadhe, sawêg sagêd anamtokakên aosing patilasan wau, lan sagêd mastani punapa wontên pigunanipun tumrap gêsangipun têtiyang Jawi ing têmbe.

Sayaktosipun têmbung Walandi kunst utawi kunstenaar punika botên wontên Jawinipun, môngka kunst punika mênggahing têtiyang Jawi kêrêp sangêt kasrambah lan kêrêp kêtingal.

Kunst punika satunggiling cara kangge nglairakên wawasaning jagad. Têrkadhang wawasaning jagad punika kenging kalairakên sarana patrap sanès, nanging wujud ing yêyasan (kunstwerk) botên pisan niyat nêrangakên kunst nanging namung nêrangakên langkung cêtha babaganing beschaving.§ Andre Jolles, ing De Gids 1 Marêt 1924.

Mênggah pamanggih Jawi kunstwerken punika anggadhahi têgês sanès, inggih punika: pigunanipun kunstwerk anggènipun sagêd amardi angên-angên. Bôngsa kilenan lan bôngsa wetanan, punika wontên bedanipun mênggah wawasaning gêsang ingkang nuwuhakên kêtingalipun salêbêting gêsang sêsarêngan, nanging makatên punika mênggahing kasusilan.

Manawi kula murugi Candhi Barabudhur saking pinggiring lèpèn Praga, saking katêbihan kula aningali sêsawangan warni kalih, inggih punika ingkang ngandhap candhi wau katingal rame, ingkang nginggil katingal samun. Manawi sampun lumêbêt ing candhi sarta sampun midêr wiwit undhak-undhakan ingkang ngandhap piyambak, ngantos dumugi ing pucakipun pisan (stoepa) ingkang kala rumiyin wontên rêcanipun Budha ingkang agêng piyambak, nanging dèrèng rampung panggarapipun, punika lajêng sagêd nêrangakên prakawis ingkang karêmbag wau. Perangan ingkang ngandhap piyambak ingkang katingal rame, undhak-undhakanipun nêkak-nêkuk, mawi tèdhèng pagêr sela sadhadha. Pagêr sela punika kaisenan rêca-rêca. Perangan ingkang nginggil piyambak namung awujud kurungan isi rêca Budha, mubêng tanpa kêkêlir sela. Pamerangipun wau nêdahakên wulangipun Budha ing bab ingkang wontên lan ingkang botên wontên, dados kosokwangsulipun, ewadene kagandhèng. Awit ingkang makatên wau rêca-rêca Budha ing pagêr sela wau mawi rêrênggan kados kawontênaning ing alam donya, nanging rêca sangandhaping kupêl botên mawi rêrênggan makatên. Saantawising tiyang limrah lan tiyang ingkang sampun sampurna wontên ingkang nêngahi, pinasang wontên ing margi ingkang ngubêngi.

Kunstenaar Jawi nalikanipun andamêl, botên ngangkah plêking wujud, ingkang kaudi namung pikajêngipun ingkang lêbêt-lêbêt, sarana winujudan ing pintên-pintên rêca sagêd kacêtha, bilih tiyang badhe lumêbêt ing jaman kaalusan, kêdah anilar wadhagipun. Panuwun kula pamanggih makatên punika kapanggaliha ingkang saèstu kangge nimbang kunstwerken Jawi.

Samangke wontên pitakenan: punapa kalusaning [ka...]

--- 48 ---

[...lusaning] bêbudèn tumrap ing gêsang sarêngan ing jaman sapunika.

Wêwatakaning tiyang Jawi punika dhasar anèh sangêt tumrap cariyosing lêlampahanipun. Sasampunipun bêdhah Majapait, jaman Jawi Kina pêjah, lajêng ngancik jaman kawalean (wali), mawi pêpèngêtan têtiyang Jawi ngrasuk agami Islam, nanging botên nilar agaminipun Siwah lan Budha. Sasampunipun makatên tiyang Jawi srawungnsrawung. kalihan bôngsa Eropah. Wiwit jamanipun para wali, kawontênaning têtiyang Jawi mundur, nanging sanajan makatêna samangke taksih wontên titikanipun tiyang Jawi kêpengin kados ingkang suwau, kadosdene cariyosing cultuur kina. Lêrês katingalipun wau botên mêmpêng kados kala jaman rumiyin, ananging taksih rapêt sangêt kêmpalipun kalihan kawontênaning gêsangipun têtiyang bôngsa Jawi lan katingal sasami-sami. Kados ta wontêning warni-warni wilujêngan, petangan, wêdaling kagunan kados ta: wayang, jogèd, gêndhing, wêwaosan. Langkung malih wayang lan waosan, ingkang dumuginipun sapunika taksih kalimrah sangêt, kenging kangge pratôndha bilih cap kina punika taksih dipun angge ing bôngsa Jawi. Parawira ingkang kacariyosakên ing sêrat-sêrat jaman sapunika, punika inggih kapêthik saking gambar-gambar ingkang wontên ing patilasan.

Cultuur kilenan punika awêwaton kalantipaning manah, dados ingkang minôngka dhasar wujud ingkang kêtingal, pangrêmbaging lêlampahanipun awaton ingkang kenging kanyatakakên. Sanajan piwulanging agami Musa lan Ngisa botên makatên, ewadene piwulang punika tinilar dening para panuntuning bôngsa. Awit ingkang makatên punika indhaking kasagêdan (wetenschap lan techniek) dede-dede, lan pasarawunganipun kalihan bôngsa ngamônca. Lan jalaran makatên wau têmbung belang (kapêrluan) tansah dados sêkar lathi minôngka dhasaring gêmi.

Nanging mênggahing bôngsa Jawi botên makatên, kasagêdanipun taksih têtêp awaton kamursidan, nanging botên kandêl kados ing jaman kina, jalaran lajêng sarawungan kalihan bôngsa Eropah amêdharakên sêsêrêpanipun ingkang awaton pasaksèn, sêsêrêpanipun bôngsa Jawi kasor. Kados ta: wontênipun sakolahan, wiwit pamulangan andhap, ngantos dumugi pamulangan inggil, botên wontên ingkang nyariyosakên pamanggihipun bôngsa Jawi jaman kina.

Samangke kula rumaos kawogan angudi, supados têmbung: kawruh ing jaman kina sagêda kalêbêt ing pikiranipun têtiyang Jawi jaman sapunika. Langkung-langkung bab ingkang botên kenging ginayuh sarana pôncadriya, sabab mênggahing bab punika pamanggihipun tiyang bôngsa wetanan beda sangêt kalihan pamanggihipun tiyang kilenan. Kajêng kula punika: botên [bo...]

--- 49 ---

[...tên] kok kula badhe angêmohi sêsêrêpanipun bôngsa kilenan.

Malah kathah ingkang dèrèng dipun sumêrêpi ing têtiyang Jawi, môngka pêrlu sangêt têtiyang Jawi nyumêrêpana. Ananging sanajan makatêna, inggih wajib ngangge sarana ingkang runtut kalihan kamajêngan Jawi Kina. Sarana pasaksèn punika pêrlu, nanging sampun kangge pangajêng.

Awit ingkang makatên wau botên kenging botên, têtiyang Jawi kêdah analiti patilasan Jawi Kina, nanging panalitining lêlêbêtanipun sampun ngantos miturut pamanggihipun tiyang bôngsa kilenan, kêdah miturut ngèlmunipun piyambak ingkang botên kenging ginayuh sarana pôncadriya.

Kula nayogyani sangêt patilasan-patilasan wau kaopenan lan binangun malih, nanging inggih kanthi kawruh ingkang lêrês lan kawruh wêwangunan. Ambokmanawi kemawon pêpundhèn Jawi Kina punika botên namung têtiyang Jawi ing jaman sapunika kemawon ingkang migatosakên, sanadyan sadhengah bôngsa inggih migatosakên.

IV.

Pamanggihipun Tuwan Maclaine Pont.

Kenging kataliti, punapa panyinau sarta pambangunipun têtilaran Jawi saking jaman kina punika kenging kangge dhêdhasaraning angrêngga cariyosipun kagunan Jawi supados dadosa dhêdhasar enggal tumrap padamêlan kagunan. Yèn èstu makatên sumôngga sami sayuk angudi sagêdipun anjunjung kagunan punika, murih sagêdipun kalampahan angadêgakên sakolahan kangge anyinau kawruh pandamêling yêyasan ingkang inggil-inggil, awaton pamanggih wetanan. Pamulangan makatên punika manawi wilujêng sagêd nuntun wontênipun pamulangan ruhur (academie). Ing pamulangan ngriku sanajan dipun wulangana bab techniek ingkang kadospundi kemawon, kêdah awaton wêwatakan Jawi.

Ananging pamanggihing tiyang ingkang mastani punapa tilaran kina wau damêlan Jawi lugu, utawi Indhu Jawi, lan yèn dhasar Indhu Jawi, sapintên urunipun tiyang Jawi ing kina, punika tansah beda-beda. Sayaktosipun gampil titikanipun. Candhi-candhi Indhu ing tanah Indhustan sami botên ngangge wêwarnèn Jawi ingkang wontên ing candhi Jawi, kados ta: sirah Kala, mangkara, pancuran ing cangkêm rêca. Rêca-rêca Indhu ingkang ngêplêki sangêt wangun Indhu, ing tanah Jawi kalaras ngantos asêmu mrak-ati. Rêrênggan Jawi kenging kabedakakên saking rêrênggan Indhu ingkang sakalangkung kêroncèn, rêrênggan Jawi kêtingal langkung sae. Kawruh pandamêling yêyasan Indhu pèni saèstu, ngantos tiyang Eropah rumaos wêgah, langkung awig pandamêlipun tinimbang yêyasan Jawi, tur pandamêlipun botên rakaos, ngantos sajak angerang-erang yêyasan sanèsipun, nanging saenipun wau botên mulus, awit ing ngriku kathah lêpat-lêpating pandamêlipun, malah lêpat makatên [maka...]

--- 50 ---

[...tên] punika ugi taksih wontên ing yêyasan, ingkang pandamêlipun sampun wontên ing jaman sampurnaning damêlan makatên. Beda kalihan yêyasan Jawi, pandamêlipun lêrês sangêt, sajakipun alus, kanthi pangatos-atos, lan sagêd timbang saèstu.

Kawruh pandamêling yêyasan, inggih punika yêyasan bab kamursidan, punika tuwuhipun sabên mêntas wontên ura-uru, lajêng ngawontênakên agami enggal, inggih punika sasampuning rakyat sagêd ngawontênakên barang-barang ubarampening panêmbah enggal punika. Nanging samangke rakaos anggènipun mastani, punapa yêyasan agêng ing Jawi Têngah punika ingkang yasa utawi ingkang kayasakakên namung ratu satunggal kalih kemawon utawi langkung. Lan tiyangipun alit punapa botên kakêrigakên kacara gugur gunung. Yèn miturut cariyos Indhu, para raja brahmana lan satriya botên rumaos bêtah yêyasan makatên punika.

Anèhipun punika têka ing jaman samantên ing tanah Jawi botên wontên ingkang yasa kadhaton ingkang sawatawis sae sarta santosa. Têtiyang Indhu andamêl yêyasan punika botên tumrap badanipun piyambak, anggènipun andamêl yêyasan punika kangge nyambuti dhatêng nagari.

Ing Jawi Têngah wontên yêyasan agêng kêkalih, pandamêlipun sarênti, nalika wontên ratu agêng kêkalih têdhak saking Indhu inggih punika Ratu Jawi lan Ratu Palembang, amangun prang agêng rêbatan tanah Jawi. Pêrang punika sajatosipun langkung dening sapele, awit ingkang karêbat namung panêmbahing têtiyang Jawi kemawon, tandhanipun: Ratu Palembang punika ngangge agami Budha, ratu tanah Jawi Siwah agaminipun. Sarêng ratu tanah Jawi kasor yudanipun, Ratu Palembang yasa candhi Budha ing Barabudhur. Sasampunipun Ratu Jawi angusir têtiyang Palembang, Ratu Jawi wau lajêng yasa candhi Siwah ing Prambanan.

Têtiyang Indhu ingkang ngêrèh tanah Jawi, punika dayanipun punapa. Dayanipun agêng sarta inggil sangêt pikajêngipun, langkung saking dayaning Indhu juru andamêl rêca.

Ing sadèrèngipun tiyang Indhu angajawi, ing tanah Jawi sampun wontên kawruh andamêl yêyasan, ingkang kathah èmpêripun kalihan wanguning yêyasan cara Dham. Kawruh pandamêling yêyasan punika ing Sumatra malah bokmanawi ugi ing tanah Jawi kabangun ngantos kêtingal beda kalihan wanguning yêyasan ing Campa. Inggih kawruh pandamêling yêyasan ingkang kabangun wau, ingkang ngrêda ing tanah Jawi Têngah.

Mênggahing têtiyang Indhu wau angèl anggènipun mastani, punapa anggènipun sagêd ngêrèh têtiyang Jawi sinangkanan saking pêrang, utawi kadospundi. Gampilanipun kemawon kenging kawastanan bilih têtêping kuwasanipun tiyang Indhu wontên ing ngriki punika linantaran saking nularakên agami mawi ngiras ngangkah panguwasa.

--- 51 ---

Pangaribawanipun têtiyang Indhu golonganing bôngsa luhur ing bab yêyasan, ingkang cêtha inggih punika anggènipun nyaèkakên wêwangunan ingkang mirit larasing agami awêwaton têtandhinganing ragang-ragangan yêyasan cara Indhu.

Sintên ingkang dados juru natah rêca. Manawi tiyang Indhu têrang botên, jalaran gêgarapanipun kathah sangêt ingkang sanès cengkok Indhu.

Ingkang punika mila lajêng kêpêksa ngantêpi pandugi kalih warni ing ngandhap punika:

Sapisan ngantêpi pandugi, bilih ing sadèrèngipun mêsthi sampun wontên pamulangan arsitèk, ingkang aslinipun pancèn Jawi Mlayu, bokmanawi kemawon ing wau-waunipun turunan saking têlêngipun tanah Asiyah, mrambat-mrambat dhumatêng tanah Jawi nglangkungi tanah Kiners sarta Tjams (Indhu Cina).

Kaping kalihipun, manawi nitik cengkokipun gêgarapan ing Barabudhur, kêpêksa ngantêpi pandugi, bilih ingkang anggarap jêmbar sêsêrêpanipun ing bab kagunan cêcêpênganipun. Ing ukir-ukiranipun Candhi Barabudhur têtela sangêt, bilih pancèn kasêngaja dipun wontêni blaking wangunan yêyasan warni-warni ingkang tunggil bôngsa.

Kala rumiyin nagari-nagari ing Asiyah sisih kidul wetan rame sangêt pasrawunganipun, samantên ugi bab pasrawunganing kasagêdan. Ananging ukir-ukiran ing Barabudhur sanès cengkok Indhu, yèn botên cengkok Jawi inggih cengkok Jawi Mlayu. Kirang kêpanggih ing nalar, bilih patukangan ingkang sampun maton dêdamêlanipun wêwangunan ing bab yêyasan kapêrluaning agami, tur sagêd têtêp bokmanawi ngantos ewon-ewon taun tanpa keguh dening dayaning kabudayanipun bôngsa ingkang sampun ewah-ewah, têka sarêng mlebar dhatêng tanah Jawi lajêng dadakan ewah cengkokipun babar pisan.

Mila tukang-tukang ingkang natah lan ngukir rêrêngganing candhi-candhi ing tanah Jawi têrang sanès tukang bôngsa Indhu. Ingkang makatên punika botên têka lajêng mokalakên, bilih wontên ugi tukang bôngsa Indhu ingkang tumut anggarap, malah sagêd ugi tukang-tukang bôngsa Indhu punika gadhah pangaribawa dhatêng tukang-tukang bôngsa Jawi.

Lah tatahan ingkang pundi ingkang garapanipun tiyang Indhu.

Miturut angsal-angsalaning pasinaon ingkang sakalangkung titi bab kawontênaning tatahan ing Candhi Barabudhur sawatawis, sapisan lajêng têtela, bilih para juru natah botên ngêrtos dhatêng tatahan Indhu sakêdhik-kêdhika. Kaping kalih: para juru natah wau anggènipun mujudi cacriyosan Indhu wontên ing tatahan, panggambaring tiyang dipun ubarampeni kawontênaning wêwêngkon Jawi lugu. Kaping tiga: ulu-uluning praja sarta agami ingkang nglurahi yêyasan, angsal kemawon padamêlanipun katindakakên miturut kasagêdaning para tukang, namung kemawon mawi suka sêsêrêpan.

--- 52 ---

Bilih wontênipun ing tanah suci (Indhu) payon-payon sarta èmpèr-èmpèran sami wangun ambathok mangkurêb.

Makatên purwanipun têtiyang Jawi angèmpêr-èmpêr kawontênan ing tanah suci Indhu. Para Indhu ingkang nyêpêng paprentahan punika botên nate angsal pangajaran bab techniek ewadene têtiyang wau kalihan para brahmana sami anguwasani damêlanipun têtiyang Jawi.

Yèn ing gambar cawèn ing Prambanan, kawontênanipun beda sangêt, ing ngriku gambar-gambaripun kêtingal langkung mardika, langkung mèmpêr kawujudanipun ingkang ginambar, namung ing sawatawis panggenan ingkang wontên gambaripun nyalênèh, gambar griya ingkang botên mèmpêr ing tanah suci.

Sampun botên sêmang malih bilih ingkang andamêl yêyasan lan amangun yêyasan ingkang pèni-pèni, sarta ingkang anganggit ingkang bagus-bagus punika ingkang baku têtiyang Jawi.

Gawoking manah kula punika, ningali gambaripun têtiyang ingkang minôngka pangajêng, kados ta gambar-gambaripun Budha, gambaripun tiyang sakit lan tiyang pêjah, sarta sanès-sanèsipun, têka kêtingal pèni sangêt garapanipun, tôndha ingkang andamêl pancèn sampun undhagi sangêt. Gambar-gambar pangajêng punika sampun masthi damêlanipun têtiyang ingkang pinilih. Punapa kintên-kintên tiyang Indhu.

Samangke kadospundi kawontênanipun yêyasan ing Jawi Wetan, ingkang beda sangêt kalayan kawontênaning yêyasan ing Jawi Têngah. Saking cariyosipun kathah, amargi ingkang andamêl yêyasan ing Jawi Wetan wau sampun botên sagêd kados ingkang andamêl yêyasan ing Jawi Têngah.

Ananging candhi-candhi ing Jawi Wetan punika sayaktosipun ingkang mèmpêr sangêt kalihan yêyasan ing kina sangêt, awit ing salêbêting peranganipun ingkang nginggil candhi kidhal ingkang mawi undhak-undhakan sakawan urut sukuning candhi wau, inggih punika undhak-undhakan ingkang lampahipun saking têras dhatêng lawanganing candhi lan dhatêng kori-kori buntu (faux portes), mawi pipa candhi gèpèng sarta buntu, lan mawi lis-lisan ing èrèng-èrènging candhi, ingkang katingal minêb lan dhoyong, punika sadaya titikaning candhi ingkang kawak-kawak sangêt. Namung pucakipun ingkang pancènipun awangun terong lan payon sasambêtan, ing ngriku sinantunan pêncu kados wanguning rêdi suci.

Nalika jaman mêkaripun kagunan Jawi ingkang kaping kalih, têtiyang Jawi sampun sagêd damêl yêyasan tanpa tinuntun ing bôngsa liya. Sintên ingkang anyinau kawontênaning candhi-candhi ing Jawi Wetan kaurut saking ingkang lami piyambak, tamtu ngrêtos bilih nalika badhe ngrampungakên padamêlan punika tansah wontên pakèwêdipun, ananging pakèwêd wau sabên-sabên kenging siningkiran.

Kajawi saking kawruh pandamêling yêyasan kangge ing tiyang praja, kabagusanipun cara Jawi lugu, lan wêwangunipun inggih Jawi. Têtiyang Jawi gêsangipun [gê...]

--- 53 ---

[...sangipun] mèh tansah wontên sajawining griya, ngantos garing, lan sagêdipun makatên punika kabêkta dening karta raharjaning praja, satêmah tiyang Jawi lajêng ngawontênakên yêyasan minôngka pagêr. Sarèhne yêyasan pagêr wau saya wêwah-wêwah pangrekanipun, kangge pêpagêring pemahan utawi karaton, dados ing griyanipun lajêng dipun wontêni yêyasan ingkang agêng, tanpa anggadhahi ajrih bilih yêyasanipun wau risak dening lindhu, yêyasanipun kadamêl ngêblak, awit ingkang makatên punika dhasar pakantuk sangêt tumraping hawa tanah Jawi. Dados ing jaman mêkaring kagunan ingkang kaping kalih kawruh pandamêling yêyasan ingkang magêpokan kalihan agami katingal mundur, ananging têtiyang Jawi wêwah sêsêrêpanipun bab pandamêling yêyasan sanèsipun.

Ing tanah Jawi kawruh pandamêling yêyasan punika kèndêlipun sapêjahing jaman Indhu Jawi.

Mirid ingkang makatên punika, kula sagêd sumêrêp kados ing ngandhap punika, sanajan kagunan Indhu Jawi punika kêtingalipun inggil sangêt jalaran saking rukunipun bôngsa kêkalih ingkang sampun alus sangêt bêbudènipun, ewadene têtiyang Jawi lan bôngsa sanès-sanèsipun ing Indhonesiah inggih kathah labêtipun, tumut andamêl pangèngêt-èngêt wau ing antawising taun 500 lan 1500. Patilasan wau ingkang saperangan katitik saking pènining garapan tamtu damêlanipun tiyang Jawi balaka. Bôngsa Jawi punika samangke ugi taksih gêsang. Pikajêngipun tilaran Jawi Kina punika sumêdya ambuka angên-angênipun tiyang Jawi, bôngsa Jawi, sarana angèngêtakên, bôngsa Jawi wau kala rumiyin sagêd damêl punapa.

Manawi ambangun tilaran saking jaman kina, sampun supe ingkang baku kanthia tiyang Jawi ingkang sampun inggil pangajaranipun lan têtiyang Jawi ingkang sagêd nyambut damêl. Makatên ugi kêdah kawigatosakên tulus sarta pambangunipun kanthi timbangan ingkang lêrês yêyasan Islam, ingkang awis sangêt kapaèlu.

Pambangunan punika kêdah gandhèng kalihan piwulang techniek lan kawruh kabagusaning yêyasan dhatêng têtiyang pribumi, supados ing têmbe kathah para tukang Jawi ingkang sagêd-sagêd.

Pitakenan ngantos sapintên watêsing pambangunan wau, punika wangsulan makatên: namung gumantung dhatêng kathah kêdhiking arta waragad. Pangajêng-ajêng kula têtiyang Jawi sampun ngantos kêsangêtên anggènipun ihtiyar awit kuwatos badhe kalindhih dening dayaning ngamônca.

Ringkêsanipun Sêsorah 4 Warni ing Bab Piwulang

Kadospundi pratikêl pamardining lare pribumi murih kabudayanipun bôngsa pribumi piyambak kawigatosakên ing sapantêsipun.

--- 54 ---

Sêsorahipun paduka Tuwan W.P.D. Corporaal

Bôngsa punika botên beda kalihan satunggiling tiyang, gadhah wêwatêkan piyambak sarta gadhah wônda piyambak, ingkang minôngka warananing kabatosanipun, inggih punika jiwanipun. Inggih jiwa punika ingkang minôngka têtangsuling manungsa anggènipun dados maujud jêjêr satunggal, jiwa wau ingkang ngêrèh sarta nuntun dhatêng jêjêring manungsa.

Bôngsa punika sagêd ngrasuk samukawis ngantos kathah momotipun, samantên punika manawi ingkang rinasuk wontên irib-iribipun sarta radi tunggil laras kalihan ingkang ngrasuk. Dene ingkang ngruntutakên rasukan enggal ngantos sagêd manjing dados kulit daging punika inggih pun jiwa wau. Sagêdipun manjing ajur-ajèr ngeram-eramakên sangêt, samantên punika manawi botên ngewahakên kajatènipun.

Nalika bôngsa Indhu ing Indiya Inggris kala jaman 80 taunan kêpêngkêr badhe ical kabangsanipun, dening anggènipun nelad nagari kilenan tanpa mawi pamanahan, lajêng wontên tiyang Eropah ingkang têtulung ngêntasakên saking bêbaya, inggih punika Kolonèl Olcott lan nyonyah Blavatsky, A.O. Hume sarta Annie Besant sami suka piwulang adhêdhasar kabangsan, pasinaon basa Sansêkrit, pangaji-aji enggal dhatêng Sang Budha sarta kawruh philosophi Indhu. Ing tanah Indhu sapunika sampun atusan cacahing pamulangan sarta bale pamardi ingkang adhêdhasar kabangsan.

Lah kadospundi mênggah kawontênanipun ing tanah Indiya ngriki.

Kawontênanipun tanah Indiya ngriki ing sapunika sami kemawon kalihan tanah Indhu kala 80 sarta 90 taunan kêpêngkêr. Bôngsa Indiya kenging kaupamèkakên dumugi ing margi ingkang simpangan kalih. Punapa badhe milih pamardi ingkang ngancas dhatêng kamardikaning mangrèh praja, miturut Dr. Niewenhuis, ingkang katêmahanipun ngicalakên kabangsan, punapa tumênga malih dhatêng nagari agêng ingkang salaras kabudayanipun, inggih punika nagari Indhu, sarta mulihakên kamulyanipun lami malih.

Wontên titikipun, malah kathah, ingkang nelakakên, bilih jiwaning bôngsa Indiya dèrèng negakakên têtiyangipun.

Aturaning piwulang manut caraning H.I.S. sarta pamulangan sapanginggilipun pancèn kathah ingkang pantês dados eraming manah sarta langkung kêkah katimbang kalihan aturaning piwulang sajajaripun ing tanah Indhu, malah racakipun langkung prayogi.

Aturaning piwulang ingkang katindakakên wontên ing H.I.S. sapiturutipun wau sajatosipun cara kina, ananging mèh ing pundi-pundi sampun kaprah makatên. Kajawi punika aturan wau pancèn agêng sangêt pituwahipun. Wontên ing tanah Indhu sarta ing Indiya ngriki aturan wau anjalari tangining raos kabangsan ingkang [ing...]

--- 55 ---

[...kang] rumiyin piyambak, malah ugi dados sarana pambucaling manah wêgahan, nrimahan, suthikan dhatêng indhaking sêsêrêpan, malah-malah ugi anggugah manah dhatêng lampah dagang.

Ananging sarèhne ing sapunika sampun wontên dhêdhasaripun, parlu pados sarana sanès malih kangge nyampurnakakên. Tanah Indhu sampun têdah margi: sarana sanès wau inggih punika piwulang ingkang adhêdhasar kabangsan.

Tlêbak-tlêbik inggih sampun wontên ada-adanipun tiyang Indiya piyambak babagan piwulang.

Ewah-ewahan saking sakêdhik murih saening piwulang ing H.I.S. sapanginggil, inggih botên wontên awonipun, kados ta: sawênèhing piwulang dipun wêwahi jamipun, sawênèh malih dipun suda, basanipun tiyang bumi piyambak radi dipun ajêngakên, suwak botênipun basa Mlayu wontên ing tanah Jawi. Anamung kemawon sampun pisan-pisan kêsupèn, bilih sadaya punika wau namung tambal sulam. Suda wêwahing piwulang sawatawis jam botên ngewahakên lajêring pamulangan, kenging kaupamèkakên namung pados jampi. Pangandikanipun sang sarjana Gandhi: manawi têtiyang sami kenging dipun ngêrtosakên punapa ingkang dados wosipun pamardi adhêdhasar kabangsan, sarta tiyang-tiyang wau ngantos sagêd anggadhahi rêmên, pamulangan gupêrmèn mêsthi badhe suwung, botên wontên ingkang badhe purun wangsul malih, manawi dhêdhasaring piwulang ing pamulangan gupêrmèn punika dèrèng dipun ewahi babarpisan miturut pangajapaning bôngsa.

Ingkang pêrlu sangêt mênggahing para guru kêdah kêdunungan manah trêsna sayêktos dhatêng tanahipun tanpa pamelik, malah purun ngurbanakên salira murih rahajênging bôngsa. Para guru kêdah sanès guru ingkang namung kawajiban mulang ing salêbêting wêkdal ingkang sampun kapêsthi, nanging kados tiyang ingkang asipat pamardi ing samudayanipun.

Manawi katandhing kalihan guru ingkang kados makatên, guru ingkang namung gadhah cêpêngan wênang dados guru, punika nama dene punapa-punapanipun. Mugi ngèngêtana kemawon dhatêng sang minulya Tagore, ingkang ugi botên gadhah cêcêpêngan wêwênang.

Sawênèhing parêpatanipun "Society for the promotion of National Education" sampun nêtêpakên ancêr-ancêr gangsal prakawis, ingkang mêsthinipun kêdah pados paugêraning piwulang adhêdhasar kabangsan:

1e. Pamardining bôngsa ing tanah Indhu kêdah dipun kuwasani sarta dipun tindakakên ing têtiyang Indhu piyambak.

2e. Aturaning pamardi kêdah ngangge ancêr-ancêr labuh bôngsa, kawicaksanan, kabatosan, miwah kasusilaning bôngsa.

3e. Lare-lare ingkang kapasrahakên dhatêng bale pamardining bôngsa kêdah kinêlêm ing katrêsnan dhatêng tanahipun sarana marsudi kasusastranipun piyambak, babadipun piyambak, kaluhuraning kagunanipun piyambak, karawitanipun piyambak, tatanipun piyambak ing bab pangrèh praja, pêncaring bangsanipun piyambak [piyamba...]

--- 56 ---

[...k] wontên ing sanès nagari, pakaryanipun piyambak agêng alit, padaganganipun piyambak sarta kawruhipun filosofie piyambak.

4e. Pamardining bôngsa botên kenging kapisahakên kalihan pasomahanipun piyambak, liripun: lare-lare botên kenging kasingkurakên dhatêng adat pasomahan cara Indhu sarta kauwalakên saking wêwêngkon pasomahan ingkang agêng pituwahipun.

5e. Pamardining bôngsa kêdah mêngku sêdya mêkarakên mêmanahan sarta wêwatêkan.

Sasampunipun ingkang makatên, basa Kawi kêdah dipun mulyakakên dados basa kina pêthingan tumrap satanah Indiya sadaya, dados botên namung tumrap ing tanah Jawi kemawon. Basa Kawi kêdah dipun wulangakên wiwit kawitan pisan wontên ing pamulangan têngahan ingkang adhêdhasar kabangsan, awit basa wau dados rêrambatan ingkang botên kenging katilar kangge nginggahi kabudayan Indiya kina.

Rêbat cêkap murih sanalika sagêd tumandang ing damêl:

1. Salah satunggaling pakêmpalan kêdah ngêdêgakên pamulangan Kawi ingkang dipun kuwasani ing tiyang bumi piyambak, pêrlunipun mulangi calon guru basa.

2. Ngintunakên neneman sawêtawis dhatêng Balpur, dhatêng pamulanganipun luhur sang sarjana Tagore, kapilihan ingkang majêng sarta sampun nyêkapi kasagêdanipun dhatêng Kawi.

3. Botên ketang satunggal kêdah ngêdêgakên bale pamardi ingkang adhêdhasar kabangsan. Pamulangan punika kêdah cara Asjiram, inggih punika pamulangan ingkang ngangge caraning pasomahan, para murid sami kapardi kados sacaraning anak sêsarêngan kalihan anakipun ingkang dados guru. Piwulang ing sataun-taunipun kathah ingkang pamulangipun wontên ing sajawining griya. Lare-lare ingkang kalêbêtakên dhatêng pamulangan ngriku prayogi wiwit umur tigang taun.

4. Kêdah enggal angwontênakên rad (prêpat) ingkang ngrêmbag piwulang adhêdhasar kabangsan.

Pamanggihipun Mas Suriyadiraja

Anggulawênthah punika mêngku kajêng nyukani dhatêng kagunan (Cultuur). Kagunan mônca namung kêdah kapêndhêt, bilih sagêd nyaèkakên kagunanipun piyambak.

Anggulawênthah punika kêdah warni tiga, inggih punika: panggulawênthahing badan, pikiran sarta watêk. Minôngka panggulawênthahing badan, kados ta: bab jogèd, main anggar, lan sapanunggilanipun. Panggulawênthahing pikiran, kados ta: anggêgulang kawruh ingkang pinanggih ing nalar. Dene panggulawênthahing watêk, punika sarana anggêgulang kawruh ingkang sagêd anyaèkakên (ambêsut) pikiran saha anênangi watak-wataking kawula ingkang sae-sae.

Têtiyang ingkang anggulawênthah kêdah sami tujunipun.

--- 57 ---

Para tiyang sêpuhing lare gadhah tanggêlan mulang tatakrama dhatêng lare sarta anênangi raosing kabangsan. Mênggah dhasaring kagunan (Cultuur) punika basa. Êmbah èstri sarta biyung kêdah cariyos bab dongèng-dongèng sarta mulang nêmbang.

Dene pamulangan sagêdipun gathuk ing bab punika, sarana mulang kawruh ingatasing gêsang sêsrawungan. Basa sarta isining buku-buku kaangkaha ingkang sagêd anênangi raos kabangsan ingkang sae.

Pamulangan prèbêl sagêda cocog kalihan gêsanging lare pribumi. Ing pamulangan inggil, para murid kêdah kawulang pathining kagunan (Cultuur) kados ta: bab kawruh ringgit (wayang), sêrat-sêrat Jawi Kina lan sapanunggilanipun ingkang matêng.

Ing sajawining pamulangan kêdah kajagi, supados bab kasukan sarta tatacara miturut adat pribumi dados pangenggar-enggaring manah, nanging sampun ngantos dados panyandhêting panggulawênthah.

Pamanggihipun Tuwan Pastur Van Lith

Pramasastra Kabangsan

Pramasastra Jawi ingkang sae dèrèng wontên. Ing sarèhning (Cultuur) basa Jawi ing samangke sêsrawungan kalihan basa-basa mônca ingkang beda dhapukanipun, pramila prêlu sangêt dipun wontêni pramasastra Jawi wau.

Pangrakiting ukara cara Walandi punika nguwatosi tumrapipun cara Jawi. Murih saenipun, gêlat-gêliting basa Walandi lan basa Jawi kêdah kabedak-bedakakên, sampun ngantos ical manising basa kêkalih wau, jalaran saking kaêwor suh makatên.

Wontên kalih prakawis ingkang mêngku gagasan Jawi sarta wêdaling gagasan ingkang awujud ukara, inggih punika bab ingkang kagagas dening tiyang Jawi, sarta bab kadospundi pamanggihipun ing prakawis wau. Bab ingkang sapisan: inggih punika jêjêr wontên ing ngajêng. Upaminipun ukara Jawi makatên: kandhang asu kirike lima. Bilih ing têmbung Walandi ungêlipun: "In het hondenhok kindjes hondjes vijf". Ing ukara punika: kandhang asu: (in het hondenhok) dados jêjêr, dene: kirike lima (kindjes hondjes vijf) dados wasesa, ingkang taksih kenging kaperang dados: kirike: (kindjes hondjes) jêjêr lan lima (vijf) wasesa.

Bôngsa Walandi punika ingkang dipun sumêrêpi salêbêting gagasanipun: tumindaking barang, makatên ugi anggènipun barang-barang wau nindakakên ngewahi utawi nandhang kaewahan. Dalasan: wontên, utawi, panggênging kawontênan, ugi kaanggêp tindak. Sabên ukara mêsthi amratelakakên satunggaling: tindak. Têmbung ingkang amratelakakên bangsaning tindak: gadhah nama piyambak, inggih punika ingkang kawastanan werkwoord (têmbung kriya). Barang ingkang tumindak, ugi gadhah nama,

--- 58 ---

inggih punika zelfstandig naamwoord (têmbung aran).

Ing ukara Walandi punika ôngka I tindak ingkang dados wasesa awujud werkwoord (têmbung kriya) sarta wontên tindak ingkang dados jêjêr awujud zelfstandig naamwoord (têmbung aran).

Bôngsa kilenan ingkang sawêg anggagas-gagas, sarta amujudakên gagasanipun ing satunggaling ukara, punika botên nganggèkakên dhatêng tatananing gagasan ingkang pancèn tinakdirakên, nanging tansah madosi tatanan pramasastra ingkang damêlan, sarta gagasanipun lajêng dipun prusa katêtêl ing cithakan.

Tumraping tiyang Jawi, ingkang kagulawenthah ngangge basa Walandi, prêlu sangêt anjagi sampun ngantos adamêl risaking basa Jawi, sarana dipun cithak sacaraning basa Walandi. Tumraping bôngsa Walandi, ugi prêlu nyumêrêpi lêrês-lêrês dhatêng ajining perang-peranganipun ukara Jawi sarta wêwangunaning têmbung Jawi.

Pramasastra Jawi punika ingkang langkung prêlu kêdah suka pêpadhang ing kalih bab kasêbut ing ngandhap punika inggih punika ajinipun wêwangunan utawi rimbaging têmbung ing salêrês-lêrêsipun, langkung-langkung wêwangunaning têmbung kriya. Kaping kalihipun: ajining rêrakitanipun ukara Jawi katandhing kalihan ukara Walandi.

Tumrapipun ingkang kasêbut ing ôngka satunggal, kajawi nyinau basa Jawi Kina ugi prêlu anggêgulang lêmêsing pawicantênan cara Jawi Sala, dados botên cara Jawi ingkang kangge ingkang kakên sarta acengkok cara Walandi.

Para guru basa Jawi botên kapardi ingkang sae sarta botên sagêd nindakakên padamêlanipun.

Ing pamulangan guru, para guru wau sami kawulang angrakit ukara Jawi manut pramasastra Walandi. Buku-buku Jawi ingkang kangge ing pamulangan-pamulangan punika botên kasêrat ing basa Jawi ingkang lêmês sarta murni. Ing H.I.S. punika basa pribuminipun piyambak-piyambak pinêjahan, tanpa tata-tata. Tumraping têtiyang Jawi ingkang sampun gadhah sêsêrêpan, saturunan malih sampun botên badhe sagêd wontên ahli basa Jawi ingkang prayogi, jalaran saking kawontênan ingkang makatên wau.

Basa Malayu kêdah kasingkirakên saking pamulangan-pamulangan. Basa Jawi kêdah dados basa pamarentah ing bôngsa Jawi.

Java Instituut angrêmbaga kadospundi sagêdipun adamêl pramasastra Jawi adhasar Kajawèn.

Pamanggihipun Radèn Sasrasugônda

Kagunan kita punika makina-kina sampun têbih plajêngipun, inggih sampun inggil aburipun, sampun rumasuk sangêt ing raos kita, dene têbanipun wiyar. Kagunan kita punika saminipun griya ingkang dhasaripun kêkah sarta cocog kalihan wataking bôngsa. Wiwit rumiyin [rumi...]

--- 59 ---

[...yin] mila pangrakitipun pancèn kajarag kadamêl makatên. Ugi sae sangêt kangge nampi tamu ingkang sami nunggil asal pribumi, nanging botên sagêd marêmakên têtamu ngamônca.

Kagunan kita punika ugi kenging kaupamèkakên margi ingkang sadaya poncolipun sarta enggak-enggokipun sampun sami kita sumêrêpi, tuwin ingkang suwaunipun ingatasing ambah-ambahan sampun anyêkapi tumraping tiyang lumampah dharat, tukang tandhu sarta kapal tumpakan. Ananging sarèhne samangke kaambah ing motor (mobil) tuwin mobil momotan, pramila inggih lajêng dados risak botên kantênan.

Kita, bôngsa pribumi ing ngriki botên sumêrêp kagunaning ngamônca, dene bôngsa mônca botên sagêd anyumêrêpi sayêktos punjêring kagunan kita.

Panggulawênthahing lare pribumi kêdah kacundhukakên kalihan wêcaning kagunan pribumi:

1. Panggulawênthahing bôngsa kita Jawi, mugi kacundhukna kalihan pathokaning gêsangipun sarta piandêlipun dhatêng Gusti Allah.

2. Panggulawênthah wau kêdah sagêd sarujuk kalihan bab tatakrama kita.

3. Panggulawênthah wau kêdah gathuk kalihan dolananing lare-lare sarta bôngsa kita, kalihan têmbanging bôngsa kita sarta cêcriyosanipun bôngsa kita.

4. Panggulawênthah wau kêdah nyagurah para murid anggènipun sami angrasuk punapa-punapa ingkang kawulangakên.

5. Panggulawênthah punika kêdah ngèngêti sawatawis kagunan ngamônca.

Mênggah candraning pathokanipun gêsanging bôngsa Jawi punika, kados ta: ngiwakakên kadonyan, rahabing panampinipun tamu, rêmên kêkandhan dhatêng sanak kadang sarta tiyang sanès, rêmên anglêgani dhatêng tiyang ingkang mêminta. Raosing kaurmatanipun bôngsa kita, makatên ugi ajining badan sangêt agêngipun. Kaping tiganipun: andhap-asor. Kaping sakawanipun: pamardining panyandhêtipun pikajêngan sarta kamurkaning manah. Inggih punika ingkang kawastanan: ananggulangi badan wadhag utawi ngilmu cêgah.

Wêkasanipun: piandêlipun dhatêng Gusti Allah. Kita kêdah ngakêni tanpa tèdhèng aling-aling, bilih ing samangke cara kina pasrah ing Gusti, punika sampun sami kasupèn. Cara Islam punika ingkang cocog piyambak kalihan watak kita.

Murih sagêdipun sumêrêp ing tatakrama, saenipun lare-lare ingkang sami botên gadhah kêdah sami kadèkèkakên ing dalêmipun para luhur. Ing ngriku sami sagêd sinau panyêpênging bale griya piyambak sarta sagêd sumêrêp awrating têtanggêlan murih sagêdipun anyêpêng bale griya, ingkang salaras kalihan anggêr-anggêring kagunan kita.

Bilih kita salah satunggal wontên ingkang badhe miwiti amulang dhatêng lare-lare kita mawi [ma...]

--- 60 ---

[...wi] caranipun piyambak, mugi kangjêng parentah sampun angalang-alangi sêdya ingkang utami wau. Kangjêng parentah aparinga pitulungan ing sasagêd-sagêdipun, awarni yatra utawi pitêdah utawi pamardi (pambombong).

Kuciwanipun dene saking ingkang kagungan pangawaos, kathah-kathahipun wiwitanipun anyujanani, dene kita piyambak wiwitanipun mawi sêrik ing manah, dene angsal pidana ingkang botên sae.

Sadaya ihtiyar wau sagêdipun sae tumanjanipun, ing wusana sagêd lumêbêt dhatêng sanubari kita, bilih kita tiyang Jawi sampun sagêd ngadêg piyambak, manawi kita sampun sagêd atêtandhingan kalihan bôngsa sanès-sanèsipun ingkang madêg pribadi, ingatasipun pamêngkuning katêguhan kita piyambak. Bilih kita sagêd amranata tata têntrêming praja piyambak sarta sagêd nanggulangi dhatênging parangmuka ngamônca, ingkang ngandhut pikajêng botên suci sarta sumêdya malêbêt ing tanah kita, sarana nêdahakên pangawasa tuwin kêkiyatan kita.

--- [0] ---

Wara-wara Konggrès Yapha Institut

1. Para ingkang sami nêdha pondhokan sampun dipun kabari mawi kartu pos mênggah namaning hotèl badhe pondhokanipun. Sintên ingkang dèrèng nampi kartu pos wau, satampinipun wara-wara punika lajêng pratelaa dhatêng panitraning Yapha Institut Merbaboelaan 6 Ngayogyakarta, ingkang lajêng badhe mangsuli saparlunipun lumantar tèlêgram.

2. Pangangge tumrap para tuwan-tuwan ing sabên-sabên pasamuwan ing wanci sontên utawi dalu: mêntèring pêthak utawi jas bikakan pêthak utawi warni sanèsipun, utawi sêmoking pêthak. Tumrap para bôngsa Jawi: kenging mangangge Jawi ingkang sakintên cocok kalihan pangangge ingkang sampun kapratelakakên ing nginggil wau.

3. Para ingkang sami mirsani bikakipun têntunsêtèlêng, benjing ing surya 25 Dhesèmbêr 1924, ing sarèhning ingkang kêparêng badhe ambikak têntunsêtèlêng wau Sampeyan Dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Sultan, sami kaajêng-ajêng rawuh kasèp-kasèpipun jam 5 sontên, sampuna wontên ing panggenan têntunsêtèlêng. (Wiryakusuman, sawetan kapatihan cakêt).

4. Para ingkang badhe tumut darmawisata (excursie) dhatêng Prambanan sapanunggilanipun, benjing ing surya 26 Dhesèmbêr punika, ing wanci jam 6 enjing kêdah sampun sami kêmpal wontên ing plataran Sêtatsiun Tugu.

5. Para ingkang sami andhatêngi konggrès sarta ingkang dhatêngipun ing Ngayogya ngriki numpak sêpur, manawi badhe nêdha katrangan punapa-punapa bab konggrès sapanunggilanipun, kenging anjujug ing kantor juru suka katrangan bab konggrès, ingkang manggèn ing Sêtatsiun Tugu.

6. Kantoripun panitra saha kantor juru suka katrangan dhatêng sêrat-sêrat kabar, wiwit ing surya 23 dumugi surya 26 Dhesèmbêr punika manggèn ing kapatihan, sarta ing dintên Saptu surya kaping 27 Dhesèmbêr punika manggèn ing capuri dalêm Pakualaman. Dene bikakipun wiwit jam 8 enjing dumugi jam 12 siyang saha wiwit jam 5 dumugi jam 7 sontên.

7. Para tamuning konggrès ingkang sami mondhok ing hotèl utawi pènsiyon, benjing ing surya kaping 26 tuwin 27 Dhesèmbêr punika jam 7 sontên, sagêd dhahar sontên wontên ing hotèl utawi pènsiyonipun piyambak. Benjing ing surya kaping 25 Dhesèmbêr gran hotèl nyadhiyani dhine mirunggan mawi orkès.

9.8 dan seterusnya. Salêbêtipun konggrès tuwin pasamuwan-pasamuwan, ing kapatihan punapadene ing dalêm Pakualaman sami kawontênan bupèt sade dhêdhaharan tuwin pangunjukan warni-warni, panumbasipun kêdah mawi dlancang bon, dumugi rêgi f. 2.50 tuwin f. 5, panumbasipun bon wau dhatêng kantor panitra.

--- [0] ---

Bon-bon ingkang botên kangge kenging kalintokakên ing kantor panitra.

10. Para nyonyah-nyonyah manawi andhatêngi pasamuwan ing wanci dalu sampun mawi topi.

11. Griya kamar bolah De Vereeniging ing salêbêtipun wontên konggrès punika kenging dipun dhatêngi para tamunipun konggrès (Congressisten)

12. Sudan prabeya numpak sêpur.

Para warganipun Yapha Institut, ingkang andhatêngi konggrès ing Ngayogyakarta wiwit ing surya kaping 24 dumugi 27 Dhesèmbêr 1924 manawi numpak sêpur gupêrmèn utawi N.I.S. angsal sudan panumbasipun karcis 50%.

Tumrap sudaning panusbaspanumbas. karcis, S.S. para warga sampun kaaturan sêrat pratôndha (ligimitatie bewijs) ingkang kêdah dipun isèni sêratan dening kondhèktur wontên ing salêbêting kareta sêpur, parlunipun supados warga ingkang nyêpêng sêrat pratôndha wau, mantukipun saking konggrès botên susah tumbas karcis, ugêripun antukipun punika kasèp-kasèpipun ing surya kaping 30 Dhesèmbêr 1924 dumugi 1 Januari 1925.

Sudan prabeya numpak sêpur N.I.S.

Para ingkang sami numpak sêpur N.I.S. sampun kasupèn anyathêti angkaning karcis, lajêng kapratelakna dhatêng panitraning Yapha Institut, mawi katêrangan saking haltê utawi sêtatsiun pundi dumugi ing pundi sarta klas pintên, salêbêtipun sawatawis dintên sabibaring konggrès, arta panumbasipun karcis ingkang 50% badhe kakintunakên dhatêng satunggal-satunggalipun ingkang kalêrês tampi sudan.

Pangrèh Yapha Institut.