Sastra Jawa

Program Digitalisasi Sastra Daerah

  • Increase font size
  • Default font size
  • Decrease font size

Kawi, Purbacaraka et. al., 1928-03, #1809

Katalog:Kawi, Purbacaraka et. al., 1928, #1809
Sambung:
1.Kawi, Purbacaraka et. al., 1928-03, #1809. Koran, Majalah dan Jurnal | Kawi #556.
2.Kawi, Purbacaraka et. al., 1928-04, #1809. Koran, Majalah dan Jurnal | Kawi #557.
3.Kawi, Purbacaraka et. al., 1928-06, #1809. Koran, Majalah dan Jurnal | Kawi #558.
4.Kawi, Purbacaraka et. al., 1928-07, #1809 . Koran, Majalah dan Jurnal | Kawi #559.
5.Kawi, Purbacaraka et. al., 1928-08, #1809. Koran, Majalah dan Jurnal | Kawi #560.
6.Kawi, Purbacaraka et. al., 1928-09, #1809 . Koran, Majalah dan Jurnal | Kawi #561.
7.Kawi, Purbacaraka et. al., 1928-10, #1809. Koran, Majalah dan Jurnal | Kawi #562.
8.Kawi, Purbacaraka et. al., 1928-11, #1809 . Koran, Majalah dan Jurnal | Kawi #563.
9.Kawi, Purbacaraka et. al., 1928-12, #1809 . Koran, Majalah dan Jurnal | Kawi #564.

Kawi

Maandblad ter bevordering der Javaansche taal. Solo

Ôngka 1, 1 Marêt 1928, Taun I.

[Iklan]

--- [0] ---

Panyuwunipun Administrasi

1. Para priyantun saha para sadhèrèk ingkang tampi pruph nomêr Kawi punika, kasuwun mugi kaparênga dados lêngganan, sarana lajêng ngintunakên pos wisêl mawi arta sêringgit dhatêng administrasi. Amargi minôngka saening tumindakipun arta utawi badhe kangge nyumêrêpi punapa Kawi punika dipun kêrsakakên ing akathah utawi botên, mundhut lêngganan prayogi kabayar rumiyin, dados manawi dumugi tanggal 5 April ngajêng punika kula dèrèng tampi rêgining lêngganan, panjênêngan badhe botên tampi Kawi ôngka 2 tuwin salajêngipun.

2. Manawi botên karsa lêngganan, pruph nomêr punika kaparênga mangsulakên, cêkap kacirenan RETOUR.

3. Manawi wontên priyantun saha sadhèrèk ingkang dèrèng tampi pruph nomêr punika, kaparênga mundhut administrasi, utawi kaparêng maringi adrès dhatêng administrasi ingkang sakintên badhe karsa mundhut lêngganan.

--- [1] ---

Ôngka 1, 1 Marêt 1928, taun I.

Kawi

Sêrat kabar wulanan ingkang ngrêmbag saha ngajêngakên basa Jawi sarana Kawi.

Uitgeefster en commissie van redactie: Dr. R. Ng. Purbacaraka, M. Ng. Dwijawiyata, M. Ng. Jayasugita, R. Sastrawirya tuwin H. Sutadi, Redactie-secretaris.

Rêgining lêngganan sawulan 25 sèn, dados sataun punika f 2.50 adres Administratie en redactie-secretariaat: H. Soetadi, Kawatan SOLO.

Aturipun ingkang Ngêdalakên

Awit saking tuwuhipun rêmbag bab basa Jawi wontên ing parêpatanipun pakêmpalan Yapha Insêtitut wontên Surakarta saha Ngayogyakarta, makatên ugi ramening rêmbag ing sêrat kabar Jawi Sêdyatama tuwin Darmakôndha ingkang sami ngangkah supados kawontênanipun basa Jawi punika dipun dandosi, kula sadaya ingkang sami ngadani sêrat kabar wulanan punika sami

--- 2 ---

manah pêrlu tumut-tumut ngrêmbag bab basa Jawi punika sarana dipun udi saking gêgaran basa Kawi. Amargi saking pamanah kula badhe andandosi saha ngajêngakên basa Jawi punika kêdah mêdal basa Kawi kangge nocokakên aslining basa wau.

Sarèhne wêdalipun sêrat wulanan punika inggih kanthi wragat kathah, mila bab punika kacoba rumiyin salêbêtipun sataun punika (Maart-December 1928). Manawi benjing tutuping taun punika badhe katingal kathah tunanipun (nadeelig saldo) wêdalipun sêrat punika inggih namung badhe dumugi wulan Dhesèmbêr 1928 punika kemawon. Ananging kosokwangsulipun, manawi tunanipun wau botên sapintêna, sokur sagêd kubuk, benjing taun 1929 badhe têrus kalajêngakên wêdalipun.

Awit saking punika panyuwun kula ingkang sami ada-ada sêrat wulanan punika, mugi-mugi para priyantun saha para sadhèrèk ingkang sami dipun caosi pruph nomêr punika, sami karsaa mundhut lêngganan sarana ngintunakên pos wisêl ingkang kalampirakên punika dhatêng administrasi.

Pangajêng-ajêng kula mugi-mugi Kawi punika angsala pambiyantunipun para priyantun saha para sadhèrèk ingkang sami karsa anggalih dhatêng basa kita Jawi.

Awit saking namanipun bêbadan ingkang ngêdalakên sêrat wulanan Kawi.

H. Sutadi.

--- 3 ---

Pangayubagya

Lir cêkaklak angajab dhawahing jawah, kadi raga ngantak- antak mintosada, makatên pêpindhanipun pangajêng-ajênging manah kula ing wontênipun sêrat wulanan, ingkang kenging kangge sarana ngudi sêsêrêpan basa Jawi kina. Ing mangke kalampahan wontên sêrat Kawi punika, mila bingahing manah saèstu tanpa upami, yèn ta paraa pujôngga têmtu karumpaka: kadyangganing tarulata kadhawahan riris ing môngsa labuh kapat, tarpendah lara manggih bojana sayêktos.

Para pamarsudi basa Jawi ing wêkdal punika, manawi mrangguli basa kina, kados têtêmbungan côndrasangkala, Sêrat Ramayana Kawi, Arjunawiwaha Kawi sasaminipun, punika adhakanipun lajêng judhêg thok, botên sagêd angsal sêsuluh ingkang nyêkapi, awit andêl- andêlipun namung Bausastra Gericke en Roorda, saha Kawi-Jarwa Winter môngka ngandikanipun sarjananing basa, bausastra wau pancèn taksih kathah kuciwanipun, dalah ingkang sinêbut Sêrat Isi Têmbung Kawi mawi Têgêsipun punika, manawi kadamêl nêgêsi têmbung-têmbung ing sêrat Jawi kina, asangêt anggènipun nguciwani. Jêbul mathukipun namung kangge nyumêrêpi têgêsing têmbung-têmbung ing sêrat sêkaran anyar, langkung malih ingkang panganggitipun sasampuning Sêrat Kawi

--- 4 ---

Jarwa wau wontên.

Cara marsudi basa kados ingkang sampun-sampun punika, tumrapipun kangge gêsang inggih ugi sampun nyêkapi. Manawi sagêd ngantos nyadham, agêngipun dumugi ing nama matêng, inggih sampun ngangkah punapa, kenging sinêbut sampurna, nanging inggih sampurnanipun lumampah dharat, têbih sungsatipun kalihan ingkang sumêdya ngayuh ing awiyat.

Ing jaman sapunika, murih salaras kalihan pangudining kamajênganipun bôngsa Jawi, ing babagan warni-warni, lampahing marsudi basa sampun namung narimah dharatanipun kemawon, akasanipun kaborongakên para sarjana liyan bôngsa, sampun ngantos anggung makatên kemawon. Bôngsa Jawi ugi kêdah ngudi sagêdipun muluk ibêripun ing babagan sastra.

Lairipun sêrat wulanan Kawi punika, kula nama sami angsal kaindhakan satatar, mugi-mugi kinarilan dening Pangeran ingkang agung, sagêda widada gêsangipun, minôngkaa pancadan dumuginipun ing pucuk pisan.

Dwijawiyata.

--- 5 ---

Sedanipun Prabu Pariksit

Pêthikan Sêrat Adiparwa kaca 48 salajêngipun.

Sêrat Adiparwa punika bagean ôngka 1 saking Sêrat Mahabarata saking adi têgêsipun wiwitan, parwa têgêsipun bagian.

Mênggah ingkang kapêthik punika, basanipun Jawi kina, sarta sampun kawêdalakên dening Dr. H.H. Juynboll mawi aksara Latin, kala ing taun 1906 wontên ing 's Gravenhage.

Sarèhne Sêrat Adiparwa wau sami-sami gampil piyambak kangge wiwitan sinau têmbung Jawi kina utawi Kawi, amila ing ngandhap punika kaaturakên pêthikanipun, namung aksaranipun Latin kawangsulakên dados aksara Jawi, ungêl-ungêlanipun makatên.

Kawi: Ana sira ratu Sang Pariksit ngaranira, anak Sang Abimanyu patêmutangan lawan Sang Utari, pinaka sisya Bagawan Krêsa, paripurnaring bauweda.

Jarwa: Ana panjênêngane ratu Sang Pariksit namane, putra Sang Abimanyu patutan karo Sang Utari, dadi murit Bagawan Krêsa, putus ing sakèhing weda.

--- 6 ---

Katrangan

Têmbung sira punika têgêsipun piyambak, panjênêngane, beliau nanging manawi dumunung ing sawingkinging ana, lajêng atêgês sawijining, kados ta: ana sira ratu dibya = ana sawijining ratu kaya dewa, Ramayana I, 1; ana sira gadhisuta rêsi = ana sawijining rêsi trahe sang gadhi, Ram I 38. sapanunggilanipun.

Manawi wontên aksara dipun suku lajêng dipun pasangi pa punika aksara wau pêjah, pasangan pa lajêng dados pasangan sa, inggih punika ingkang dipun wastani sapasuti, nanging salêrêsipun punika pasanganing sa lugu, awit sa punika pasanganing sa.

Bilih wontên aksara sigêg kêsusul ing aksara swara, punika sigêgipun ical, aksara swara lajêng asipat aksara limrah mawi sandhangan swaraning aksara swara wau, kados ta: sang Abimanyu lajêng dados sangabimanyu, Sang Utari lajêng dados sangutari, makatên salajêngipun.

Layaran punika ing basa Kawi dunungipun mundur saaksara katimbang ing basa jarwa, kados ta: punar = purna, ayar = arya, akar = arka, makatên salajêngipun, awit layaran punika sajatosipun mêjahi ing ra, amila manawi dumunung pungkasaning pada inggih lajêng awujud r, ra dipun pangku,

--- 7 ---

sarta ing sêratan kina wujuding layaran wau inggih mèmpêr aksara ra namung kadèkèk ing nginggil.

Mênggah suraosipun ungêl-ungêlan Kawi ing nginggil punika kados sampun têrang, ingkang parlu katêrangakên namung: patêmu tangan, punika kêtêlah dados patutan.

Bau têgêsipun akèh, bau ingkang atêgês lêngên, punika ing basa Kawi utawi Sansêkrit, panyêratipun bau.

Kawi: Gowinda priyah sang yuktah, Prasidha kasih Bathara Krêsna, inurip niran kênèng hru Sang Aswatama, ri sêdhêngira anèng jêro wêtêng Sang Utari,

Jarwa: Nyata kêkasih Bathara Krêsna, diuripne, ênggone kêna ing panah Sang Aswatama, ing nalikane ana ing jêro wêtêng Sang Utari,

Katrangan

Gowinda priyah sang yuktah, punika ungêl-ungêlan Sanskrita, têgêsipun sampun kamot ing prasidha kasih Bathara Krêsna.

Kasih punika luluhipun ka + asih, icaling a dipun lintoni tarung (tarungan) inggih punika tôndha swara a panjang, makatên ugi: niran kênèng hru, punika saking nira + an kênèng hru, an punika têgêsipun kathah, namung [na...]

--- 8 ---

[...mung] ingkang cêpak têgêsipun ênggone.

Thaning bathara ugi mawi a panjang, nanging punika sanès a luluhan, pancèn ing basa Sanskrita thaning bathara sampun dhasar mawi a panjang.

Jarwa: diuripne, punika namung lugu nêrangakên punapa wontênipun ing basa Kawi, mênggah têrangipun, punika sami kalihan rimbag ing basa Malayu di-hidoep(kan)nja. Nja ing ngriki têgêsipun plêg kalihan nira ing ungêl-ungêlanipun Kawi, mênggah suraosipun olehnja Kawi: dènira, upami wontêna ing basa samangke deninge, nanging botên kêlampah.

Kawi: Mijil ta ya winastwan mauripa de Bathara Krêsna, iningu de Maharaja Yudhisthira,

Jarwa: Mêtu ta panjênêngane, dipangèstoni supaya urip (slamêt) dening Bathara Krêsna, diopèni dening Maharaja Yudhisthira,

Katrangan

Mijil ta ya, punika jarwanipun kados ing nginggil ya ing ngriki sami kaliyan ia ing basa Malayu, namung dadosipun suraos, mijil ta ya wau: barêng wis lair.

Makatên ugi ing panggenan sanèsipun, sabên wontên têmbung tanduk lajêng ta ya, ingkang cêpak têgêsipun barêng wis ..., kados ta: têka ta ya = barêng wis têka. Maturu

--- 9 ---

ta ya = barêng wis turu. Têrkadhang ta wau dipun lintoni pwa, kados ta: mantuk pwa ya = barêng wis mulih, mati pwa ya = barêng wis mati, makatên salajêngipun.

Sira ta sumilih ratu ri Astinapura ri lunga Sang Pandhawa nusupi ngalas mawah

Panjênêngane ta anggêntèni ratu ing Astinapura, ing lunga Sang Pandhawa nusup ing alas manèh

Katrangan

Ungêl-ungêlan punika têmbungipun kados sampun cêtha sadaya. Suraosipun: nalika para Pandhawa, bibar Baratayudha, nusup dhatêng wana malih, Sang Pariksit kajumênêngakên ratu rumiyin wontên ing Astinapura. Inggih punika nalika para Pandhawa nusup wana ingkang pungkasan, lajêng sami seda, kajawi Prabu Yudhisthira.

Sasthiwarsanya sapalayat, lawasnira siniwi nêmang puluh taun

Salawase siniwi sawidak taun

Katrangan

Suraosipun ungêl-ungêlan Sanskrita, sampun kamot ing Jawi kina, têmbungipun ing ngriki inggih sampun cêtha, namung wontên têmbung: nêmang = nêm + ang. Ang ing ngriki sami kalihan ing têmbung pat ang, samangke ang wau manawi têmbungipun petangan awasana swara lajêng luluh. Roang = rong

--- 10 ---

tuluang = têlung enz. kala jaman dèrèng luluh wontên ungêl-ungêlan ualuang puluh = wolung puluh. Têmbung sawidak = nêm puluh, punika wontênipun ing sêsêratan ingkang sêpisan kala jaman Majapait (BrabuPrabu. Hayamwuruk). Badhe kasambêtan.

Sêrat Côndrasangkala

Sêrat Côndrasangkala, punika sampun sawatawis kêrêp dipun cithak. Kados ta: kala taun 1871, ing pangêcapanipun Tuwan P.F. Purgêman ing Surakarta. Ing sêrat-sêrat sêkar-sêkaran (Bloemlezing) ingkang kawêdalakên dening Ki Padmasusastra, tiyang mardika enz, ing Surakarta, taun 1914, kaca 49-60. Radyapustaka ing Surakarta inggih nate ngêdalakên. Dèrèng dangu punika kawêdalakên malih mawi titel Sêrat Sêngkalan Lômba lan Mêmêt, dening K.M. Sasrasumarta, cap-capan ing Mardimulya, Ngayogyakarta 1855.

Sadaya wau kenging dipun wastani namung lugu ngêdalakên thok, botên mawi katrangan utawi pangrêmbag sakêdhik-kêdhika.

Namung Côndrasangkala Sasrasumartan, punika mawi wêwahan sêkar Asmarandana. Mênggah wêwahan wau punapa sayêktos asli saking Rônggawarsitan, punapa damêlan Sasrasumartan piyambak, [piya...]

--- 11 ---

[...mbak,] punika kula namung nyumanggakakên.

Ing samangke sêdya kula, Sêrat Côndrasangkala wau kula wêdalakên malih, nanging mawi dipun têrangakên, awit côndrasangkala punika ungêl-ungêlanipun têmbung Kawi, mawi dipun jarwani. Namung sarèhne pinanggihing panaliti kula, ungêl- ungêlanipun wau risak sangêt, sarta jarwanipun inggih kathah ingkang kisruh, amila ing sasagêd-sagêd ungêl- ungêlan wau dipun lêrêsakên, mawi katêrangakên jarwanipun ing dalêm satêmbung-têmbungipun.

Limrahipun Sêrat Côndrasangkala punika makatên

Pada I

Rupa: têmên
Côndra: wulan purnama
Sasi: wulan jangkêp
Nabi: wudêl
Sasa: lintang
Dhara: wêtêng
Bumi: lêmah
Budha: luwih = namaning môngsa satunggal
Roning: godhong
Mèdi: jubur
Iku: buntut

--- 12 ---

Dara: pêksi dara
Janma: wong
Eka: satunggal = wiji = tuduh
Wak: badan sapata
Suta: anak
Siti: lêmah wêdhèn
Awani: kêndêl, srêngenge
Wungkulan: wutuhan = bundêran
Wulan: wulan têmên
Niyata: yêkti
Tunggal kabèh: watak satunggal punika sadaya

Rupa dipun têgêsi têmên, punika kintên kula kirang mungguh, aluwung inggih dipun têgêsi rupa utawi wujud (vorm) kemawon kados langkung prayogi, awit wiwit ing têmbung Sanskrita dumugi têmbung Kawi (= Jawi kina) ngantos dados têmbung Jawi, Mlayu, Sundha, punika têgêsipun botên ewah, namung ing têmbung Sanskrita sarta ing têmbung Kawi (tulèn) rupa kêdah kasêrat mawi suku panjang, inggih punika ingkang kêlimrahipun dipun wastani suku mêndut utawi dirgamêndut, dados kêdah rupa.

Côndra, punika têmbung Sanskrita utawi Kawi, dene lêrêsing panyêrat, candra sarta namung têgês wulan

--- 13 ---

(rêmbulan) botên susah mawi purnama, anggènipun têmbung côndra (J v.) lajêng têgês upama, kados ta: dicôndra = diupamakake, punika kula dèrèng sumêrêp kadospundi mulabukanipun.

Sasi lêrêsing panyêrat ing têmbung Kawi tulèn kêdah sasi punika saking têmbung Sanskrita: sasin, têgêsipun rêmbulan, makatên ugi sasi ing têmbung Kawi inggih namung têgês wulan (rêmbulan utawi wulan, peranganing taun) botên susah mawi jangkêp. Anggènipun sasi lajêng atêgês wulan anigangdasa dintên (±) punika sami kemawon kalihan têmbung Walandi maan = rêmbulan lajêng dados maand§ Anggènipun maand i wm d punika saminipun man dados iemand en niemand. sasi.

Têmbung sasi (skr. sasin, punika têgêsipun piyambak ing sakawit, nganggo truwèlu, saking sasa ingkang lajêng dados têmbung Walandi haas = truwèlu (agêng), awit gugontuhonipun tiyang Indhu ing jaman kina, ing rêmbulan punika wontên truwèlunipun. Tiyang Jawi kala jaman kina (malah sapunika ugi taksih nanging ingkang kathah lare utawi tiyang èstri), ugi gadhah gugontuhon ingkang makatên punika, namung ing sarèhne ing tanah Jawi kala rumiyin dèrèng [dè...]

--- 14 ---

[...rèng] wontên truwèlu, dados ingkang kaanggêp dumunung wontên ing rêmbulan punika kucing, inggih punika ing ungêl-ungêlan midadari (sic!) mangku kucing = rêmbulan utawi ing rêmbulan iku ana midadarine (sic!) mangku kucing.

Nabi lêrês têgêsipun wudêl, utawi pusêr namung lêrêsing panyêratipun nabi, punika saking têmbung Sanskrita nabi ingkang lajêng dados têmbung Walandi nave', têmbung Duitsch Nabel sami atêgês wudêl. Ananging têmbung nabi botên kenging kacawuh kalihan têmbung Arab, nabi.

Sasa = lintang
Dhara = wêtêng

Têmbung sasadhara lêrêsipun sasadhara, dipun pêcah dados kalih lajêng dipun têgêsi: lintang kalihan wêtêng punika anelakakên bilih ingkang mêcah lajêng nêgêsi makatên wau babarpisan botên sumêrêp dhatêng têgêsipun ingkang salugu, wondene têgêsipun ingkang salugu kados ing ngandhap punika.

Sasa sampun kapratelakakên ing nginggil atêgês truwèlu, sapunika dhara têmbung Sanskrita utawi Kawi, têgêsipun angêmot, ambêkta, anggadhahi enz saking wot dhrê, skr têgêsipun ugi angêmot, [a...]

--- 15 ---

[...ngêmot,] anggadhahi enz ingkang lajêng dados têmbung Walandi: dragen, Duitsch; tragen, Malayu: menderita (= nandhang) sarta derhana, Jawi: drana utawi darana, ing ungêl-ungêlan sabar darana.

Dados sasadara têgêsipun angêmot truwèlu utawi ambêkta truwèlu amila suraosipun sami kemawon kalihan sasi sami rêmbulan.

Bumi têgês lêmah punika lêrês, namung lêrêsing panyêrat bumi utawi bumi, punika ing têmbung Sanskrita ugi kasêrat makatên.

Budha = luwih = namaning môngsa satunggal.

Roning = godhong.

Sami ugi kalihan têmbung sasadhara, anggènipun mêdhot anggènipun anêgêsi sarta panyêratipun, punika namung kapiagah kemawon. Dene lêrêsipun bu§ Bu têgêsipun sakawit, dumadi worden zijn. atêgês siti kalihan dharani utawi dharani ugi atêgês siti, amila bupati atêgês ratu awit saking bu = bumi kalihan pati = bandara, enz dados bupati = bandaraning bumi, dharani punika sami kalihan dhara, sami saking wod dhrê, dene dharani têgêsipun tukang ngêmot

--- 16 ---

inggih punika bumi, kalihan malih saupami wontên tiyang damêl sangkalan mawi roning watak satunggal, punika sanadyan methok waton Sêrat Côndrasangkala, kintên kula ingkang nampèni cêpak angintên bilih punika watak kalih, awit cawuh kalihan ro.

Mèdi = jubur.
Iku = buntut.
Dara = pêksi dara.

Têmbung ing nginggil punika kintên kula pancèn tigang têmbung, nanging risakipun kêsangêtên, amila sampun botên parlu kula pratelakakên mênggah kisruhing têgêsipun. Dene kintên kula lêrêsipun ing sakawit, makatên.

Mèdini = siti
Ku = siti
Dhara = siti

Têmbung tiga punika sadaya têmbung Sanskrita.

Têmbung iku (lêrêsipun Iku, têmbungipun Malayu ekor) ingkang atêgês buntut, punika pancèn kêrêp sangêt kangge sangkalan watak satunggal, namung sarèhne sêratanipun kangge ing jaman sapêjahipun têmbung Kawi tulèn, sami kalihan iku utawi Iku = pitêdah, dados inggih lajêng cawuh, ing Sêrat Pararaton, damêlan [damêla...]

--- 17 ---

[...n] kala taun Saka 1535§ Kaêcapakên dening Bat. Gen. Van Kunsten en Wetenschappen dados Verhandeling deel 49 mawi katêrangakên dening Tuwan dr. Brandes. (taun Walandi 1613) sampun ngangge têmbung iku watak satunggal,§ Amariksanana Sêrat Pararaton kaca 314. malah ing Sungkuh (rêdi Lawu) wontên rêcanipun lêmbu nyakot buntut§ Ing samangke kasimpên ing museum Weltevreden sarta kagambar sorot wontên ing Rapporten van de Oudheidk com. Van Ned. Ind tumrap ing taun 1902 dados plaat 7. punika sawalikipun wontên sêratanipun mungêl: ... saka kalannya goh wiku anaut buntut = (1379) awit saking punika dados anggènipun mèdini ku dipun kintên wontên têmbungipun iku synoniem kalihan buntut, punika sampun sawatawis lami, amila manawi wontên ingkang kirang condhong dhatêng pangintên kula, ku, ing ngriku ku têmbung Sanskrita atêgês siti awit anggènipun Iku = buntut, kangge watak satunggal, punika sampun wiwit kala taun sèwu kawan atusan kirang sakêdhik, kula inggih namung badhe anyumanggakakên, ananging mirit panggenanipun, kaapit-apit ing têmbung ingkang atêgês siti, tur ing pada I kathah sangêt têmbung ingkang atêgês siti dados kintên kula, dugi-dugi kula wau kados inggih kathah

--- 18 ---

botên lêpatipun,Ing Kawi-Bal-Ned. Wdb: v.d. Tuuk sangandhaping têmbung lêmah têmbung ku kasêrat kuh, inggih punika rimbag 1e naamval manl. Enk. Saking ku. punapadene mirid watêking sêkaripun§ Badhe katêrangakên ing wingking. panggenan ku punika namung kêdah dipun ênggèni wanda cêkak (korte sylabe) dados kuning Iku, ingkang tulènipun mawi suku mêndut, utawi suku dirga = panjang, tamtu botên sagêd dumunung ing ngriku.§ Murih saya têrang bab têmbung ku amariksanana Roorda's Pandji verhalen op nieuw-uitg. Door. dr. J.G.H. Gunning ed E.J Brill. Leiden 1896 noot 1 ing voorbericht kaca XVIII.

Bab têmbung dhara amariksanana: dharani.

Janma dipun têgêsi wong punika inggih botên lêpat, punika saking têmbung Sanskrita janman, têgêsipun lair, kêdadeyan, titis enz saking wod jan = dadi, mêtu, lair enz ingkang lajêng dados têmbung jana = wong sarta janaka = kang andadèkake, kang anglairake, bapa. Têmbung janma ingkang taksih têrang têgêsipun, wontên ing ungêl-ungêlan, panjanmaning setan, têgêsipun kêdadeaning setan, utawi titising setan. Murih têrang yèn janma punika (ugi) atêgês titis enz kula

--- 19 ---

pêthikakên ungêl-ungêlan Kawi tulèn kados ing ngandhap punika.

Ing Sêrat Nagarakrêtagama kaca 1 garis 11 anyariyosakên Prabu Rajasanagara alias Prabu Hayamwuruk, ratu binathara ingkang kaping IV ing Majapait§ Miyos kala taun 1256 jumênêng 1272 Saka (miturut Sêrat Nagarakrêtagama) seda 1311 turut Pararaton. saksat janma bathara nata sira nang ila kêni kalangkaning praja, têgêsipun jiblès titisipun ratuning dewa panjênênganipun, anggènipun angicalakên lêlêthêking kawula.

Ing Sêrat Adiparwa (1 parwa) kaca 64 garis 10-9 saking ngandhap.

Sang Hyang Kali maka janma Sang Duryodhana, kunang arini rama kang aran Sang Duhsasana janmaning Polastya raksasa sira, têgêsipun Sang Hyang Kali ingkang minôngka titis: Sang Duryodhana, dene rayinipun ingkang nama Sang Duhsasana (punika) kêdadosaning (utawi titising) raksasa nama Polastya (panjênênganipun). Mirid saking katrangan ing nginggil punika dados ing têmbung Kawi, janma ugi atêgês kêdadean, titis enz.

--- 20 ---

Taksih kados têmbung Sanskrita, janman. Wontên ugi janma ingkang atêgês tiyang inggih punika ing Sêrat Arjunawiwaha kaca 20 garis 2-3 saking ngandhap: mungêl ana mara janma tanpa piutang§ Ing lugunipun mungêl pitutang, punika lêpat. brata yoga tapa.

Angêdula minta wirya sukaning widhi sahasika, têgêsipun

Ana aramara. wong§ Ing ngriki janma: inggih botên namung têgês wong kemawon, malah prayoginipun kajawèkakên dados titah. tanpa motangake brata, samadi, lan tapa.

Ambêgêdud anjaluk mulya (darajat) anggarêjêg sukaning takdir.

Mirid pêthikan ing nginggil punika têtêsipuntêgêsipun. janma, kados sampun têrang.

Eka = satunggal = wiji = tuduh, eka, lêrês atêgês satunggal, nanging kêdah kasêrat Eka. Têgês wiji inggih lêrês, nanging namung wiji petangan, dede wiji = bibit, utawi winih.

Anggènipun dipun têgêsi tuduh punika cawuh kalihan

--- 21 ---

ika = Ika, dados eka = tuduh kirang lêrês.

Wak = badan sapata.

Suta = anak.

Têmbung kalih ing nginggil punika kintên kula, ing sakawit namung satêmbung, inggih punika wasudha têgêsipun siti, bumi, mênggah têgêsipun piyambak têmbung wasudha punika: anggêlarakên kasugihan, saking wasu = rajabrana enz kalihan dha = anggêlar, masang enz (Holl. Stellen) amila wasudha ugi atêgês mirah, loma enz.

Siti = lêmah wêdhèn.

Siti têgês lêmah punika sampun lêrês, sarta botên susah mawi wêdhèn, inggih namung cêkap lêmah thok, ananging panyêratipun ing têmbung Sanskrita utawi Kawi tulèn kêdah ksiti.§ Makatên ugi satriya, lêrêsipun ksatriya, setra (= têgal) lêrêsipun ksetra, dados têgalkuru punika pêrtalan saking têmbung Sanskrita kuru-ksetra.

Awani = kêndêl = srêngenge

Awani têgês kêndêl, punika yèn awani têmbung Jawi, inggih lêrês, nanging ing ngriki kajêngipun têmbung Kawi (tulèn) utawi Sanskrita: awani utawi Awani [Awa...]

--- 22 ---

[...ni] têgêsipun bumi.

Anggènipun awani têgês srêngenge lajêng watak 1 punika kula botên mangrêtos malah manawi sangkalan ingkang kina (tulèn) srêngenge punika watak 12 cocog kalihan Sêrat Adiparwa kaca 29 garis 20 awit ing ngriku anyariyosakên yèn Sang Aditi, garwanipun Bagawan Kasyapa, apêputra srêngenge 12§ Amariksanana sêrat kasbut ing nginggil, kalihan Sêrat Darmakôndha No. 66 77 taun 1914 bagean Jawi bab têmbung sita kalihan danuja., sarta Het Buddhisme (H. Kern) deel I kaca 321 garis 19. awit saking punika mila srêngenge ugi nama Aditya = putraning Aditi.

Minôngka pasaksèn bilih srêngenge watak 12 kula pêthikakên sangkalan saking Sêrat Nagarakrêtagama, kaca 31 garis 7 saking ngandhap mungêl.

Masa rupa rawi sakabdarika nararya§ Namanipun Radèn Wijaya, ratu sapisan ing Majapait. sira ratu, siniwing pura Maja§ Lugunipun ngangge ja mahaprana, wujudipun kados nga dipun pengkal. pait, têgêsipun: môngsa rupa srêngenge (= 1216)§ Katandhinga kalihan Brandes' Pararaton kaca 69 enz. taun Saka, ing nalika punika sang nararya jumênêng ratu, siniwi ing Majapait, inggih punika jumênêngipun Prabu Brawijaya

--- 23 ---

sapisan, utawi adêgipun karaton Majapait.

Kaca 32 garis 5 saking ngandhap, ring saka matyra runa linanirang narendra, têgêsipun ing (taun) saka rêmbulan tiga srêngenge (= 1231) sedanipun sang prabu, inggih punika sedanipun Sang Prabu Majapait I§ Sampun katêrangakên ing Tijdschrifc v.h. Bat. Gen. Van Kunsten en Wetenschappen deel LVI aflevering 1 en 2 kaca 143 sarta katêtêpakên lêrês, dening Tuwan Prof. dr. H. Kern ing Bijdragen tot de Taal- Land en Volkenkunde van Ned. Ind. deel 70. eerste afl. kaca 221 en 222. alias Radèn Wijaya, § Wêtahing jêjulukipun kasêbut ing Pararaton kaca 78. kajawi punika kathah tunggilipun srêngenge dados ôngka 12.

Wungkulan = wutuhan, kintên kula ing sakawit ungêlipun wungkukan (saking wungkuk = bêngkung) atêgês rêmbulan tanggal nèm. Têmbung wungkukan atêgês wulan tanggal nèm punika pinanggih ing Sêrat Ramayana kaca 164 garis 10.

Wulan = wulan têmên, punika lêrês, nanging prayoginipun botên susah mawi têmên.

Niyat = yêkti.

Anggènipun anêgêsi punika lêrês, namung sajakipun têmbung niyata ing ngriki katumutakên dados ôngka utawi tumut gadhah watak satunggal. Yèn miturut lampahing ukara,

--- 24 ---

kintên kula niyata botên tumut dados ôngka, punika namung minôngka pitêdah jangkêping gatra kalihan tunggal kabèh, dados niyata tunggal kabèh têgêsipun nyata utawi iya iku (watak) siji kabèh, dados namung kangge anêrangakên bilih têmbung-têmbung ingkang kasbut ing ngajêng punika watak satunggal sadaya.

Tunggal, sampun cêtha.

Kabèh, ugi cêtha, namung botên tumut dados ôngka.

Têmbung- têmbung ing pada I kados sampun têrang anggèn kula anêrangakên, murih langkung cêtha, ungêl-ungêlanipun kula kaping kalihi, nanging miturut panyêrat ingkang lêrês sarta têgêsipun pisan.

Rupa = rupa.
Candra = rêmbulan.
Sasi = rêmbulan.
Nabi = wudêl, pusêr.
Sasadhara = rêmbulan.
Bumi = siti.
Bu = siti.
Dharani = siti.
Mèdini = siti.
Ku = siti.

--- 25 ---

Dhara = siti.
Janma = titis, lair, kadadean enz.
Eka = satunggal.
Wasudha = siti.
Ksiti = siti.
Awani = siti.
Wungkukan = rêmbulan tanggal nèm.
Wulan = rêmbulan.
Niyata = nyata (botên tumut dados ôngka).
Tunggal = satunggal.
Kabèh = sadaya (botên tumut dados satunggal). Badhe kasambêtan.

Kawruh Sêkar Agêng

Ing ngandhap punika kaangkah nglêmpakakên sadaya pratelan ingkang anêrangakên bab sêkar Agêng, dalah namanipun. Manawi sampun ngalêmpak, lajêng katêrangakên sawatawis, miturut watoning sêkar Agêng cara kina, bilih prêlu mawi mêthik waton saking Indhustan.

Ingkang kangge wiwitan, mêthik Sêrat Saridin. Ing Sêrat Saridin, cap-capan kaping 5 (1911) kaca 313 pratelan nama-namaning sêkar Agêng kados ing ngandhap punika.

--- 26 ---

1. Lêbdajiwa, 2. Bramarawilasita } lampah 11

3. Côndrawilasita, 4. Madurêtna, 5. Wisatikandhêh, 6. Kusumawicitra } lampah 12

7. Sudiradraka, 8. Dhadhapmantêp } lampah 13

9. Basônta } lampah 14

10. Manggalagita } lampah 15

11. Prawiralalita, 12. Girisa } lampah 16

13. Sikarini, 14. Sapratitala, 15. Kawitana, 16. Bôngsapatra } lampah 17

17. Maesabayangan

18. Nagabônda, 19. Nagakusuma } lampah 18

20. Sardulawikridita } lampah 19

21. Swandana, 22. Sasadarakawêkas, 23. Sulanjari } lampah 20

--- 27 ---

24. Wisalyaarini, 25. Swaladara } lampah 21

26. Kilayunêdhêng } lampah 22

27. Wêgangsulanjani, 28. Kuswalalita, 29. Astakoswala utawi astakosala } lampah 23

30. Wohingrat

31. Gôndakusuma } lampah 24

Sêkar Salisir

32. Liwung } lampah 6

33. Salisir, 33.34 dan selanjutnya. Patramanggala, 45. Patralalita } lampah 8

36. Têbukasol } lampah 9

37. Têbusauyun } lampah 10

Sêkar Agêng ingkang pinanggihipun dipun cariyosakên namung wontên ing Sêrat Rama Kawi (Saridin, kaca 314).

38. Rêtnajiwa, 39. Surajiwandana } lampah 11

--- 28 ---

40. Surarêtna, 41. Sudirawicitra, 42. Citramêngêng, 43. Jiwarêtna, 44. Côndramêngêng } lampah 12

45. Sastramanggala } lampah 15

46. Langênjiwa } lampah 27

Ing Sêrat Saridin, gunggungipun sêkar agêng wontên 46.

Badhe kasambêtan.

Nyuwun Sêsêrêpan

1. Punapa sababipun, aksara pa murda (Pa) kawastanan: pa palya. Punapa têgêsipun palya. Makatên ugi (Sa) têka dipun wastani sa sêkar, punapa sababipun.

2. Têmbung-têmbung: prayayi, mantri, paksi, sasi, santri, punapa yêktos punika sami rimbagan cara Sangskrita. Kadospundi pangrimbagipun, lingganipun punapa, sarta punapa têgêsipun.

3. Kathah têmbung ingkang mawi dara, kados ta: widadara, sasadara, danurdara, payudara, sapanunggilanipun. Dara: ing ngriku atêgês punapa, dados têmbung-têmbung ing nginggil wau sayêktosipun atêgês punapa.

4. Têmbung praba, prabata, prabaning wayang (Baladewa) punika [puni...]

--- 29 ---

[...ka] lingganipun punapa tunggil, kadospundi têrangipun.

5. Wontên malih: bagawan, Bagawatgita, bagawônta, punika pinangkanipun punapa inggih tunggil, kadospundi jalèntrèhipun.

Jaja.

Katrangan Minôngka Wangsulaning Pitakèn

1(a) sababipun aksara pa murda (Pa) kawastanan pa palya, punika makatên: têmbung Pala, atêgês woh, punika panyêratipun mêsthi mawi Pa. Wondene Palya punika rimbagan saking Pala, têtêsipun kang babagan woh, kang gêgandhengan karo woh, saminipun manusa, dados manusya, têgêsipun wong, kalihan kang babagan wong, kang gêgandhengan karo wong (menschelijk). Dados Pa palya punika suraosipun, pa kang mêsthine kanggo nulis têmbung pala. Têmbung murda kangge katranganing aksara pa ga sapanunggilanipun, punika tiru-tiru utawi saking ungêl-ungêlan Walandi hoofdletter dene namanipun piyambak, aksara mahaprana, têgêsipun aksara mawa abab akèh.

(b) Anggènipun Sa, dipun wastani Sa kêmbang, punika makatên. Kêmbang punika ing basa Sanskrita puspa. Wondene puspa punika panyêratipun ing basa Kawi utawi Sanskrita mêsthi mawi

--- 30 ---

Sa. Dados saupami kêmbang ing ngriki dipun Sanskritakên Sa: wau namanipun Sa puspa, dumugi samantên lajêng cêtha piyambak, awit lajêng gadhah suraos Sa kang mêsthine kanggo nulis puspa.

2. Têmbung-têmbung tunggilipun ingkang kamot ing pitakèn ôngka kalih punika, saèstu saking rimbagan Sanskrita, ingkang cêtha: mantri, punika saking têmbung Sanskrita mantrin, saking mantra, angsal panambang in wondene panambang in punika anggadhahi têgês anduwèni. Sarèhne mantra punika sagêd atêgês kawruh dados mantrin, basa Jawi mantri, punika suraosipun wong kang anduwèni kawruh.

Makatên ugi paksi, saking paksin, saking paksa, suwiwi, dados têgêsipun kang anduwèni suwiwi = manuk.

Sasi, mariksanana Sêrat Côndrasangkala.

Sanlri,Santri. punika botên patos cêtha, wontên ingkang mastani saking Sastrin, sastra = piwulang. Dados wong kang antuk piwulang.

Tunggilipun kirithin, saking kiritha = makutha, dados Prabu Karithi, jêjulukipun Sang Arjuna kala jumênêng ratu, punika ewah-ewahan saking kirithin = kang ngagêm makutha.

Yogin, dados yogi. Balin dados Subali, kang anduwèni kakuwatan. Bala = kakuwatan.

--- 31 ---

Bab têmbung prayayi, punika saking kintên kula, saking pra = pro = voor = ngarêp, kalihan yayin (Sanskrita: yayin) kang anduwèni laku, saking wod ya = malaku. Dados prayayi punika suraosipun, kang anduwèni laku ing ngarêp, panuntun.

3. Bab dara, mariksanana katrangan Sêrat Côndrasangkala, ing têmbung sasa, dara.

Widadara, lêrêsipun widyadhara, têgêsipun kang angêmot kawruh, widya = kawruh.

Danurdara, lêrêsipun dhanurdhara, têgêsipun kang anggawa gêndhewa = prajurit panah.

Payudara, lêrêsipun payodhara. Payo saking payas = toya, ombèn-ombèn, dados payodhara = kang angêmot ombèn-ombèn = susu.

4. Têmbung praba punika ing têmbung Sanskrita utawi Kawi lêrêsing panyêratipun praba, têgêsipun sorot, gêbyar, saking wod ba = gumêbyar, sumorot. Pra ing ngriki atêr-atêr tunggilipun ing têmbung prabu, prawira enz.

Prabata, lêrêsipun prabata, têgêsipun byar esuk, sami saking wod ba. Dene prabata punika ing samangke sok dipun têgêsi gunung, punika cawuh kalihan parwata = gunung.

--- 32 ---

Praba wayang, punika ing têmbung, kajêngipun pancèn inggih sorot, cahya, cahyanipun ingkang dipun gambar. Nanging kawontênanipun ing wayang, punika lugunipun gambar sendhenan, namung wontên ing kawruh rêca, sendhenan punika sampun kêrêp cawuh kalihan praba, sorot.

5. Bagawan, Bagawatgita, bagawônta, punika saking têmbung satunggal, wêtahipun bhagawant. Panambang want punika manawi karimbag sagêd dados wan, ing têmbung Jawi wujudipun wan. Wan, têgêsipun sugih, kados ta:

gunawan = sugih guna.

artawan = sugih dhuwit.

rupawan = sugih rupa = bagus.

sastrawan = sugih kawruh.

Wondene baga têgêsipun kaluhuran, kanikmatan enz ingkang lajêng dados bagya, bêgja. Dados bagawan, têgêsipun kang sugih kanikmatan, ing raos sami kalihan têmbung Sundha menak.

Wan, punika sami kalihan man ing têmbung budhiman = sugih budi, Angsuman sugih sorot, namanipun Arya Sangkuni, ing wayang lajêng dados Arya Soman, Anuman = sugih uwang, janggut, têgêsipun uwange rosa bangêt.

Purbacaraka.