Sastra Jawa

Program Digitalisasi Sastra Daerah

  • Increase font size
  • Default font size
  • Decrease font size

Kawi, Purbacaraka et. al., 1928-06, #1809

Katalog:Kawi, Purbacaraka et. al., 1928, #1809
Sambung:
1.Kawi, Purbacaraka et. al., 1928-03, #1809. Koran, Majalah dan Jurnal | Kawi #556.
2.Kawi, Purbacaraka et. al., 1928-04, #1809. Koran, Majalah dan Jurnal | Kawi #557.
3.Kawi, Purbacaraka et. al., 1928-06, #1809. Koran, Majalah dan Jurnal | Kawi #558.
4.Kawi, Purbacaraka et. al., 1928-07, #1809 . Koran, Majalah dan Jurnal | Kawi #559.
5.Kawi, Purbacaraka et. al., 1928-08, #1809. Koran, Majalah dan Jurnal | Kawi #560.
6.Kawi, Purbacaraka et. al., 1928-09, #1809 . Koran, Majalah dan Jurnal | Kawi #561.
7.Kawi, Purbacaraka et. al., 1928-10, #1809. Koran, Majalah dan Jurnal | Kawi #562.
8.Kawi, Purbacaraka et. al., 1928-11, #1809 . Koran, Majalah dan Jurnal | Kawi #563.
9.Kawi, Purbacaraka et. al., 1928-12, #1809 . Koran, Majalah dan Jurnal | Kawi #564.

[Ôngka 4, 1 Juni 1928, Taun I]

Bab Côndrasangkala§ Mituruti pamundhutipun pangarang sêrat: Katrangan Côndrasangkala Serie no. 781 ing sêrat kabar Sêdyatama ôngka 74 tanggal kaping 12 Sawal 1858 kapêthik kados ing ngandhap punika.

Nalika ing sêrat kabar Sêdyatama sawatawis wulan ingkang kapêngkêr wontên rêmbag bab côndrasangkala, mawi anggêpok karangan kula Sêrat Katrangan Côndrasangkala, ingkang kala samantên sawêg kula karang dèrèng rampung, manah kula lajêng rangu-rangu ajrih badhe ngêdalakên karangan kula wau, dening ngrumaosi kiranging kawruh kula. Ingkang kula angge gêgêdhug nêgêsi côndrasangkala namung Bausastra Rurdhah, Wintêr, Kawi Dasanama Jarwa, tuwin sêrat-sêrat Kawi enggal jarwa, sêrat Jawi kina botên wontên ingkang kula wanuhi, Sangsêkrit saya botên têpang.

Ananging sarèhning kula sampun kalajêng matur dhatêng Bale Pustaka, tuwin kathah mitra kula ingkang mrayogèkakên supados karangan kula wau kula wêdalakên, pangarang kula wau kêpêksa kula lajêngakên, lajêng kula aturakên Bale Pustaka, inggih dipun tampèni, kacathêt Serie No. 781 sakêdhap êngkas bokmanawi sampun dados buku kasade ing akathah. Rangu-ranguning manah kula punika ugi kula pratelakakên wontên ing bêbukaning sêrat karangan kula wau.

Tumrap para sadhèrèk ingkang kathah-kathah, ingkang kulinanipun [kulinani...]

--- 94 ---

[...pun] maos sêrat côndrasangkala limrah, tuwin sêrat-sêrat jarwa utawi Kawi enggal, ing pangintên sampun sagêd marêm maos sêrat karangan kula wau, sarta ngintên manawi jêne sayêktos, botên sumêrêp jêbul ... jênean. Sigêg.

Samangke lair sêrat wulanan nama Kawi, dipun pandhegani panjênênganipun Dr. R.Ng. Purbacaraka. Bokmanawi katarik saking wontênipun rêmbag bab côndrasangkala ing S.T. (ingkang anggumujêngakên (wau, ing Kawi ôngka 1 ugi ngêwrat bab côndrasangkala, dipun têrangakên mawi waton basa Jawi kina (Kawi tulèn), Sangsêkrit (tuwin sêrat-sêrat Jawi kina. Ing Kawi ôngka 1 wau sawêg nêrangakên côndrasangkala watak satunggal, manawi lêstantun gêsang, ingkang tamtu kasambêt-sambêt ngantos dumugi watak sadasa.

Miturut katrangan ing Kawi, katrangan kula ing Sêrat Katrangan Côndrasangkala mawut. Awit, wau mila kula sampun matur, bilih ingkang kula angge waton nêgêsi namung bausastra tuwin sêrat enggal, muthak-muthêking pamanah utawi pangothak-athik kula inggih namung wontên ing ngriku. Tuwin têmênipun kula botên ngintên babarpisan, bilih risakipun ungêl-ungêlan côndrasangkala wau ngantos kêsangêtên makatên. Kula kintên namung bab anggènipun nêgêsi ingkang piagahan, ungêl-ungêlanipun [ungêl-u...]

--- 95 ---

[...ngêlanipun] botên ewah, jêbul botên. Wontênipun kula namung ngungun, kaworan bingah, dene samangke kula sumêrêp bilih:

budha + roning lêrêsipun bu+ dharani,

mèdi + iku lêrêsipun mèdining + ku,

wak + suta lêrêsipun wasudha, lan sanès- sanèsipun.

Bingah kula malih, dene anggèn kula mastani bilih anggènipun nêgêsi sêrat côndrasangkala limrah punika namung mawi waton kintên-kintên, têka yêktos, nanging kula piyambak botên ngrêtos lêrêsipun, anggèn kula reka-reka nêrangakên, kados angganing tiyang lamur nuntun tiyang wuta, ya tallah timên.

Risakipun ungêl-ungêlan ingkang kaangge côndrasangkala ing wêkdal samangke, sami ugi kalihan risakipun têmbung Kawi: dados Kawi tulèn kalihan Kawi enggal. Mila panuwun kula dhatêng para sadhèrèk ingkang karsa mundhut sêrat karangan kula dhatêng Bale Pustaka mangke: ugi karsaa mundhut lêngganan: Kawi, supados priksa têgêsipun ingkang sayêktos. Sêrat: Katrangan Côndrasangkala damêlan kula wau mathukipun namung kangge nyumêrêpi côndrasangkala enggal (limrah) ingkang sampun oncat saking lugunipun, sami ugi kalihan bausastra

--- 96 ---

damêlanipun Tuwan Wintêr, mathukipun namung kangge nyumêrêpi têmbung-têmbung Kawi enggal (Kawi limrah). Mugi kanuningana.kauningana.

Wusana kula mangayubagya sangêt lairipun sêrat wulanan: Kawi, sarta mêmuji mugi subura gêsangipun, dados sêsuluhipun para marsudi basa Jawi. (Kula matur nuwun Red. Kawi).

Dene bab risakipun têmbung Kawi, côndrasangkala, sêkar agêng, tuwin babad tanah Jawi, kula sumanggakakên para sagêd ingkang trêsna dhatêng bôngsa kula Jawi, kadospundi prayoginipun anggènipun andandosi. Kula piyambak malah rumaos judhêg, dening sampun sumêrêp lêpatipun: dèrèng sumêrêp lêrêsipun, amargi saking kiranging sarana ingkang kenging kangge anggayuh nyumêrêpi. Botên langkung inggih namung ngadhang-adhang mugi para sagêd wau karsa paring brêkah tuntunan akanthi lêgawaning panggalih. Amin.

Pangarang sêrat: Katrangan Côndrasangkala. Serie No. 781.

N.B. Sêrat wulanan Kawi, manawi kagalih prêlu, kêparênga mêthik sêratan kula ing nginggil punika, sangêt ing panuwun kula.

--- 97 ---

Asthabrata

Sanadyan para maos sampun sami uninga, punapa ingkang dipun wastani asthabrata punika, ewadene kados botên wontên awonipun manawi ing ngriki katêrangakên sakêdhik bab asthabrata wau. Ingkang dipun wastani asthabrata punika, satunggiling panggenan ing Sêrat Rama, ingkang anggancarakên piwulangipun Prabu Rama dhatêng Arya Wibisana, ing sasampunipun kajumênêngakên ratu ing nagari Ngalêngka, anggêntosi ingkang raka, Prabu Dasamuka, ingkang sampun seda kaparajayakaprajaya. ing têngahing paprangan. Ing piwulang wau Prabu Rama anêrangakên dhatêng Sang Wibisana, bilih sariraning ratu punika kadunungan dewa wolung iji, wondene lampahing dewa wau ing satunggal-tunggalipun pantês dipun lampahakên ing ratu, amila piwulang wau nama asthabrata, saking astha = wolu, brata = laku.

Para dewa ingkang kaanggêp dumunung ing ratu, punika namanipun badhe kacêtha ing ngandhap. Lugunipun asthabrata punika ing Sêrat Ramayana Kawi, inggih taksih lugu ngangge basa Kawi. Ing Sêrat Rama Jarwa sêkar Agêng, sampun ngangge basa jarwa. Ing Sêrat Rama limrah kajawi ngangge basa jarwa, sampun ngangge sêkar Macapat. Kajawi ing têtundhaning Sêrat Rama tiga iji wau, asthabrata taksih kapêthik wontên ing Sêrat Nitisruti. Ing pangangkah, ing ngriki badhe nglêmpakakên [nglêmpakakê...]

--- 98 ---

[...n] asthabrata wau, wiwit ing Rama Kawi ngantos dumugi ing Rama Jarwa, supados sagêd têrang kadospundi tuwuhipun utawi ewahipun. Ingkang kangge wiwitan wiwit nalika Sang Wibisana nangisi ingkang raka Prabu Dasamuka, seda wontên ing paprang,paprangan. lajêng dipun rêrapu dening Prabu Rama. Makatên ungêl-ungêlanipun ing Sêrat Ramayana, kaca 277.

Wibisana nahan ta sambatnira, / Ragutama wawang matangguh sira, / Wibisana uwus ta aywa lara, / apan sapala Sang DasadyaDasasya. pêrja. //

Ungêlipun ing nginggil punika inggih namung gampil-gampilan kemawon, ingkang parlu katêrangakên namung ragutama, saking ragu utama, aywa lara, saking aywa alara. Dasasya pêrjah saking dasa = 10 asya = rai. Ar, sami kalihan an, nanging mawi urmat (Zie Kawi no. 1 kaca 7 garis ngandhap piyambak) pêjah = mati. Dene têgêsipun ungêl-ungêlan ing nginggil punika, kaurutakên papaning têmbung, makatên.

Wibisana mangkono ta sambate, / Ragutama banjur anyandhêt panjênêngane, /

--- 99 ---

Wibisana uwis ta aja susah, / awit prayoga Sang Dasamuka ênggone mati. //

Sarèhne ungêl-ungêlan Kawi punika ungêlipun inggih prasasat limrah kemawon, amila murih rancag, ing ngriki namung dipun aturi Kawinipun mawi têgês, manawi parlu kemawon mawi katêrangakên ing satêmbung-têmbungipun.

Prasasta sira nguni sampun tapa / gahanta sira cakrawarti- jagat / pêjah sira taman surud ring rana / asing mati mamuk ya moksatmaka //

Têgêsipun ing basa Malayu

Terpuji beliau dahulu telah bertapa / gagah lah beliau raja besar di dunia / mati beliau tak menarik (kembali dirinya) dari peperangan / siapa mati mengamuk, ia sempurna jiwanya //

Atita rasika tamat kingkingên / apan mati maha prawirèng rana / kunang kita ike gumantya prabu / prabawani gunanta sudha nulus

--- 100 ---

Têgêsipun

Kêliwat panjênêngane ora prêlu kosêdhihake / awit mati bangêt kêndêl ing paprangan / dene kowe, saiki gumantia ratu / dayane kagunanmu rêsik mulus //

Tamat kingkingên punika bilih kaudhal tama t kingking + en. Tamat punika sami kalihan taman nanging tamat mawi pratôndha 2e persoon t. taman mawi tôndha 3e. persoon n. Yèn 1e persoon lajêng mungêl tamak, k tôndha 1e persoon, dados têtundhanipun ngiras voorbeeld makatên.

Tamak panon = aku ora weruh

Tamat panon = kowe ora weruh

Taman panon = si anu ora weruh

Tamak, tamat, taman punika sterke vormen van tak, tat, tan.

Nanging rimbag ingkang makatên punika namung kangge ing basa Kawi ingkang sêpuh. Ing basa Kawi ingkang nèm lajêng nilar rimbag punika.

Prakawis panambang ên, amariksanana sedanipun Prabu Pariksit (Kawi no. 3)

Pulih pahayu tang salêngka pura / kitekana siwinikang raksasa /

--- 101 ---

mudhanyana manah nikang durjana / sacamirna wêning manutagama //

Pulih kalihan pahayu, punika sami agnya = parentah = imperatief, têgêsipun pulihna, bêcikna. Siwinikang raksasa, punika manawi kaudhal, dados siwiên ikang (dening) raksasa. Mudhanyana saking udhani (wêruh) mawi agnya i kriya ana, mudhaniana dados mudhanyana, têgêsipun mêruhana = ngêwèhana wêruh, botên mêruhana = toezien. Amila suraosipun mêruhna.

Têgêsipun

Pulihna, bêcikna kang salêngkapura / kowe ing kana pantês diidhêp ing raksasa / mêruhna atining wong ala (marang kabêcikan) / (dinganti) kaya pêngilon abêning manuta agama //

Tatat sawarahên ri dening ratu / apatni puna punya wan silawan / tatapi warahêngkwa tatah kita / pagêh pagêhaning idhêp donike. //

--- 102 ---

Têgêsipun

Ora kowe prêlu diwulang ing panggawening ratu / awit kowe putus, sugih kabêcikan, sugih watêk bêcik / ewadene prêlu tak wulang ta lah kowe / têtêp-têtêping panganggêp prêlune iki of prêlune kanggo ngêncêngake panganggêp. //

Sa ing sawarahên, punika sa ingkang dipun ungêlakên sak. Ing ngriki suraosipun garis satunggal: engkau bukan seorang yang perlu diwulang warahêngkwa punika saking warahên kwa = prêlu diwulang dening aku.

Nihan kramani dening angdani rat / awakta rumuhun warah ring ayu / têlas ta mapagêh magêmagama / têke ri kangamatya mantri tumut //

Têgêsipun

Iki lo lakune gawening (wong) angêdêgake jagat (= dadi ratu) / Awakmu (dhewe) dhisik wulangên ing kabêcikan

--- 103 ---

Telah engkau tetap memegang agma

Têkan ing para gêdhe gan mantri (padha) mèlu.

Suraosipun kalih garis ngandhap punika: yèn kowe wis têtêp ênggonmu nyêkêl = anglakoni agama, para gêdhe sarta para mantri mêsthi banjur padha mèlu.

Patih sang apatih patih satya ta / sabrêtya paricara kapwacara / têkèngana kanutulah tan salah / mraja ya milu jagra niti hayu //

Têgêsipun

(Para) patihing patih (lan) para patih (dhewe padha) sêtya ta / sabala pangiring padha nganggo cara (kang bêcik) / dalah saanake manut panggawe ora salah / wong cilik iya mèlu jaga ing politig bêcik / praja punika ing Kawi tulèn atêgês kawula, wong cilik //

Prayatna ringulah atah ngwang prabu / mawèha tuladan tiruning sarat / ya din salahulah sasar rat kabèh / panandhapada sang mawang rat tinut //

--- 104 ---

Têgêsipun

(Kudu) prayitna ing tindak, lah wong (dadi) ratu (iku) awèha tuladan, ditirua ing jagad.

Yèn (sang ratu) salah ing tindak, sasar jagat kabèh (iki)

Awit dunya (iki) sang ratu (kang) dèn turut.

Tiruning sarat, punika saking tiruên ing sarat = pantês tiniru ing wong akèh. Panandhapada saking (a) pan andhapada = dunya. Sang mawang rat = sang mawa ng rat = ratu, mawa = Mal. bawa. Dados sang mawang rat, punika têgêsipun piyambak sang anggawa jagat = ratu, punika pêrtalan saking têmbung Sanskrita. Bubrêt = kang anggawa bumi = ratu.

Lawan sira kinonakên katwanga / apan ana bathara munggwing sira / wwalung hyang apupul yyarwak sang prabu / dumèh sira maha prabawasama //

Têgêsipun ing basa Malayu

Dan lagi beliau disuruh akan menjadi raja sebab ada dewa / Bertempat di beliau (ampunya badan) / Delapan desa berkumpul di badan sang raja, oleh kerana itu beliau berkawasa besar ta' berbandingan. //

--- 105 ---

Dumèh punika ing basa Kawi têgêsipun mulane.

Asama saking a = tan, sama = padha. Suraosipun ora ana sing padha.

Hyang Indra, Yama, Surya, Candranila / Kuwera Barunagni nahan wwalu / sira ta maka angga sang bupati / matang niran inisthi asthabrata //

Têgêsipun.

Hyang Indra, Yama, Sêngenge, Rêmbulan, Angin, Kuwera (dewaning kasugihan) Baruna (dewaning laut), Agni, mangkono wolu, panjênêngane (kabèh) ta dadi badan sang ratu. Mulane dièsthi, asthabrata (mau).

Garis ingkang kantun piyambak punika ungêlipun matang niran inisthi enz.

Nihan bratani Sang Hyang Indra lapên / sirang udanakên tumrêpting jagat / sira ta tuladên ta Indrabrata / sudana ya udanta manglyabi rat //

--- 106 ---

Têgêsipun.

Iki lo, bratane Sang Hyang Indra (kang) pantês dijukuk

Panjênêngane angudanake, angayêmi ing jagad

Panjênêngane lah prêlu kotulad (ing bab) Indrabrata

Pawèwèh bêcik, iku udanmu angêlèbi jagat.

Tumrêpting jagat, kaudhal tumrêpti ing jagat. Tumrêpti saking trêpti = ayêm, têntrêm.

Yamabrata dhumandha karma ala / sirekana malung maling ya pêrjah / umilwa kita malwa ngolah salah / asing ngumawarang sarat prih pati //

Têgêsipun.

Yamabrata angukum (wong kang) panggawene ala, panjênêngane ing kana mukul maling yèn wis padha mati, milua kowe mukula ing (wong kang) tumindak luput. Sadhengah kang angêgrêg-grêgi ing jagat, purihên patine. Malung maling = malu ng maling. Ya pêrja suraosin,suraosipun. yèn win wis padha mati. Ngolah = ng a ulah. Umawara, bawa ma awara = ngêgrêg-grêgi.

--- 107 ---

Bathara Rawi mangisêp wwe lana / ndatankara sanèh sanèh dènira / samangkana kitatalap pangguhên / tata gêrlisa yeka Suryabrata //

Têgêsipun.

Ba. Sêngenge, anisêp banyu tansah, lah ora kêtara alon-alon tandange.

Mangkono uga kowe, yèn kowe anjukuk sing kudu kêcandhak, aja kêsusu, iku Suryabrata.

Tankara, punika têgêsipun dèrèng maton, ing ngriki kadugi-dugi: ora kêtara. Kitatalap, kaudhal kita at alap. at = yèn kowe.

Sasibrata umarsukang rat kabèh / ulah ta mrêdu komala yan katon / guyunta mamanis ya tulya mrêta / asing matuha pandhitatswagatan //

Têgêsipun

Sasibrata ambungahake ing jagat kabèh, polahmu dialus, prak ati, yèn katon.

--- 108 ---

Guyumu dimanis, sing kaya amrêta (banyu panguripan).

Sadhengah wong tuwa (sarta) wong pintêr urmatana.

Umasurka wunikapunika. saking arsuka saking arsa (lees arsa) = bungah. Dados sanadyan wontên sukanipun, nanging punika botên saking suka = bungah skr. sukha.

Garis kalih punika suraosipun, polahmu katona alus prak ati. Atswagatan, saking at (dening kowe) swagata = suagata = welkom + ên. Suraosipun kudu kourmati.

Angin ta kita yat panginte ulah / kumawruhana budhining rat kabèh / sucara ya panon ta tatan katon / ya dibyaguna suksma Bayubrata //

Têgêsipun.

Angin, ta kowe yèn kowe nglirik ing panggawe, angawruhana watêking jagat kabèh, rêmit laku(ne) iya panonmu ora katon.

Iya linuwih dayane (tur) rêmit, Bayubrata (iku).

Sucara punika têgêsipun piyambak, laku bêcik.

--- 109 ---

mamuktya ngupaboga sambin nginak /§ Ing lugunipun mungêl sinambin, punika ngrisakakên guru lagu. taman panêpêngèng pangan mwanginum / manandhanga mabusana mahyasa / nahan ta dhanadabratanung tirun //

Têgêsipun.

Ngrasakna nikmating pêpanganan, sambinên ngenak- enak.

Aja angêpotake pangan lan ngombe, nyandhanga, nganggoa barang mas intên pêpaèse, iku ta dhanadabrata, kang pantês ditiru.

Mukti punika saking bukti saking wod buj = amangan. Nanging lajêng suraos angrasakake nikmat. Taman panêpêngèng saking taman pa = tanpa, kalihan nêpênga ing, saking têpêng = watês. Dhanadabratanung, kaudhal dhanadabrata anung. Anung punika ing basa samangke dipun têgêsi linuwih, ing ungêl-ungêlan anak anung. Punika saking botên ngrêtosipun dhatêng ungêl-ungêlan ing Ramayana kaca 260 garis 20.

Mangadêg ta sang anak anung (lees = anak anung) manuti Risang Indrajit, ya mapulih, Trisirah siratuha tumut, Narantaka ana Trikaya sawanèh. Wwara Dewantaka.

--- 110 ---

Têgêsipun.

Mangadêg ta sang putra sing ngêtutake ing Sang Indrajit, padha gênti ngamuk. Trisirah dhèwèke tuwa, banjur Narantaka, ana siji (kang aran) Trikaya. Ana manèh Dewantaka.

Ing Sêrat Rama Jarwa wêdalan Gênutsêkap, kaca 459.

[Dhandhanggula]

Radèn Trisirah sêpuh pribadi / Narataka lan Radèn Trikaya / Dewantaka lan malihe / prawira tarunanung / nêdhêng kapat digdayèng jurit / tumangguh magut ing prang / risang anak anung / ...

Môngka anung punika têgêsipun sing, ing basa Sundha anu = yang.

Bathara Barunanggêgê sanjata / maha wisa ya nagapasa ngapus / sira ta tuladên ta pasabrata / kito mapusanang watêk durjana //

Têgêsipun.

Ba. Baruna anggêgêm sanjata,

mawa wisa gêdhe ya (iku) nagapasa analèni,

iku ta, tirunên pasabrata,

kowe nalènana para durjana.

--- 111 - --

lananggêsêngi satru Bahnibrata / galakta ri musuh ta yeka puya /§ Ing lugunipun mungêl musuh yeka, puni [punika] ugi ngrisakakên guru lagu. asing sainasênta sirna pasah / ya tekana sinanggu Agnibrata //

Têgêsipun.

Tansah anggêsêngi satru Bahnibrata (iku), galakmu ing mungsuhmu ya iku dikaya gêni, sadhengah kang koangsah sirna rusak, ya iku kang diarani Agnibrata.

Nahanta guna sang rumaksèng jagat / ginorawa lana ginosthi niwê / ...

Têgêsipun.

Mangkono ta guna sang rumaksèng jagat, diluhurake tansah dirêmbug, dipikir, Ginosthi niwê = ginosthi iniwê.

Kados ing nginggil punika wujudipun asthabrata ing Sêrat Rama Kawi. Sanadyan anggèn kula anjarwani namung mèh kula lugokakakên ing satêmbung-têmbung, nanging kintên kula suraosipun inggih sampun cêtha. Badhe kasambêtan.

--- 112 ---

Sêrat Côndrasangkala

(Sambêtipun Kawi ôngka 3 kaca 79-92)

Pada IV

Wedang: banyu panas
Sagara: banyu ngidêri jagat
Karti: banyu sumur
Suci: banyu padasan
Jaladri: banyu rawa = sagantên
Nadi: banyu kali
Hèr: banyu pucuking gunung
Nawa: banyu adhêm
Samudra: banyu têlêng
Jalanidhi: banyu angêdhung
Warna: banyu sawangan
Toyadi: banyu jêmbangan
Wwahana: banyu udan
Waudadi: banyu deresan = pancuran
Sindu: banyu susu
Warih: banyu krambil
Dik: banyu padon sakawan
Tasik: banyu oyod = sagantên

--- 113 ---

Catur yuga: keblat sakawan
Pat: sakawan

Wedang = banyu panas, punika lêrês, nanging kula kirang têrang punapa ing sakawit ing ngriki punika inggih lêrês mungêl wedang, kula gadhah kintên manawi lêrêsipun ing ngriki punika mungêl weda, awit weda punika watak sakawan.§ zie Brandes Pararaton blz. 314-regel 11. Kalihan malih ungêl-ungêlaning côndrasangkala punika sadaya ingkang karumiyinakên têmbung ingkang asli saking têmbung Sanskrita, môngka wedang punika ing sasumêrêp kula dede têmbung ingkang asli saking têmbung Sanskrita, amila kintên kula ing sakawitipun mungêl, weda.§ Amariksanana ing sangandhaping têmbung wedang ing Kawi Bal. Ned. Wdb. v.d. Truik. Ingkang kêdah anggondhèli manawi ngriki botên sagêd mungêl wedang, punika sêkaripun (Maat) awit ing panggenan dang punika namung kêdah dipun ênggèni wanda ingkang botên sigêg, utawi botên mawi swara e utawi o. Bab punika badhe katêrangakên ing kawruh sêkar Agêng.

Sagara = banyu angidêri jagad, punika inggih lêrês, nanging prayoginipun inggih = sagara makatên kemawon sampun cêkap, awit sabên tiyang inggih sampun mangrêtos, namung panyêratipun ingkang tulèn sarta ingkang atêgês [atê...]

--- 114 ---

[...gês] laud limrah punika kêdah sagara.

Karti = banyu sumur.

Têmbung punika kula kirang têrang, nanging kintên kula ing sakawit mungêl krêta, awit krêta punika kêjawi atêgês sanès-sanèsipun, atêgês iringing dhadhu ingkang mawi maripat sakawan.

Suci = banyu padasan, punika kula inggih kirang têrang. Têmbung Kawi utawi Sanskrita suci punika têgêsipun rêsik, suci enz (malah sagêd atêgês latu), dene têmbung ingkang atêgês rêsik punika ing sasumêrêp kula, bilih dados sêngkalan dados das. Kados ta ing Sêrat Baratayudha kaca 1 garis kalih saking ngandhap, nahandon Mpu Sêdhah makirtya saka kalari sanga kuda sudha candrama, têgêsipun, makatên anggènipun Êmpu sêdhah adamêl suwur,§ Têmbung kirti angèl anggèn kula anjarwani, namung kenging katêrangakên angatingalakên kadibyanipun = adamêl misuwuring (badanipun). taun Saka ing sanga, jaran§ Kenging kapêdhot: sang (anganggo) jaran. rêsik, rêmbulan = 1079§ Inggih punika salêbêting jumênêngipun Prabu Aji Jayabaya. Kintên kula têmbung suci ing ngriki punika ing sakawit mungêl sruti = piwulang = weda, dados sampun lêrês watak sakawan, [sa...]

--- 115 ---

[...kawan,] sarta kangge sangkalan tumrap ing sela ingkang katêrangakên dening Tuwan Prof. Kern wontên ing Bijdr. T.L. en Wkk. deel X 2e stuk (vierde volgr) utawi Verspreide Geschriften deel VII blz 118.

Srutindriyarasa = 654 Çaka.

Jaladri = banyu rawa = sagantên, punika sampun lêrês, nanging inggih botên susah kapratelakakên mawi banyu rawa, cêkap sagantên kemawon, kajawi punika têmbung jaladri punika pancèn sampun ewah-ewahan (verbastering) lêrêsipun jaladhi.

Nadi = banyu kali, punika inggih mèmpêr, nanging têgêsipun piyambak namung kali thok. Sarta panyêratipun ingkang lêrês nadi, ananging sanadyan nadi punika atêgês kali, dados cêlak kalihan sagantên, mèmpêr kangge watak sakawan, kintên kula ing sakawitipun ing ngriki botên mungêl nadi, manawi botên lêpat mungêl

Abdhi = sagantên,

Ar = banyu pucuking gunung,

Nawa = banyu adhêm.

Têmbung ing nginggil punika lêrêsipun namung satêmbung, awit saking punika dados ingkang anêgêsi sawaunipun têtela botên sumêrêp dhatêng têmbung punika, wondene lêrêsipun,

--- 116 ---

arnawa têgêsipun ugi sagantên. Kalihan malih têmbung nawa wontên ing ngriki punika kirang mungguh awit nawa punika têgêsipun sanga.

Samudra = banyu têlêng punika inggih mèmpêr, sabab samudra punika sampun cêtha atêgês sagantên.

Jalanidhi = banyu angêdhung, punika inggih mèmpêr malih, namung lêrêsing panyêrat jalanidhi, sarta namung atêgês sagantên. Mênggah têgêsipun piyambak jala punika toya, nidhi punika tandhon enz dados jalanidhi = tandhon banyu.§ Makatên ugi jaladhi inggih sami atêtês [atêgês] tandhon manyu [banyu], dhi punika saking wot dha ingkang têgêsipun kathah sangêt têmbungipun Walandi stellen.

Warna = banyu sawangan.

Anggènipun anêgêsi têmbung punika kula botên têrang sangêt punapa lêrês punapa botên. Dene têmbung warna, panyêratipun sampun lêrês, punika têgêsipun inggih kados têmbung Jawi warna punika utawi jinis, inggih punika jinising tiyang sakawan, brahmana, ksatriya, wesya, sudra.

Toya di = banyu jêmbangan

Têmbung punika kintên kula, lêrêsipun toya dhi, dene [de...]

--- 117 ---

[...ne] têgêsipun tandhon banyu sagantên toya punika têmbung Sanskrita utawi Kawi têgêsipun wontên ing têmbung Jawi (jarwa) dèrèng ewah.

Wwahana = banyu udan.

Têmbung punika kula botên patos têrang, namung kula gadhah kintên manawi ing ngriki ing sakawit mungêl wwaya ... inggih punika têmbung wwe (lees wwai) luluh utawi sambêt kalihan têmbung ingkang apurwa a § Miturut adatipun têmbung Kawi, sadaya têmbung ingkang awasana taling mênga (mawi dirga utawi botên) punika manawi luluh kalihan têmbung ingkang apurwa aksara swara e utawi è = ai nipun wau dados ay, kados ta,¶ magawe inan [inak] dados magawayinak = adamêl sakeca.¶Wre adbuta dados wrayadbuta = kêthèk anggêgirisi.¶Gawe umah dados gawe yumah = damêl griya.¶Wwe aêning dados wwaya êning = toya wêning.¶Kathah panunggilanipun, makatên ugi gunung papandhayan, saking papandhèn + an. namung têmbung ingkang apurwa a ing ngriki punika têmbung punapa, kula botên sagêd anggagapi, nanging mirid tunggilipun, têmbung wau kêdah gadhah têgês tandhon, awit wwe punika têgêsipun toya.

Waudadi = banyu deresan = pancuran.

Têmbung punika kintên kula ing sakawit mungêl udadhi, katutan protholanipun têmbung ing ngajêngipun ingkang kula botên sagêd anggagapi wau, ing ngriki wujud wah. Dene [De...]

--- 118 ---

[...ne] udadhi têgêsipun sagantên, saking uda = toya kalihan dhi.

Sindu = banyu susu, punika anggènimun anggènipun. anêgêsi inggih namung kaawur kemawon, mênggah lêrêsing panyêrat kêdah sindhu, têgêsipun sagantên, utawi bangawan, sarta dados namaning lèpèn agêng ing Indhustan iring kilèn Indus.§ Kajawi atêgês ing nginggil punika têmbung sindhu ugi lajêng dados namaning tanah sakiwatêngênipun lèpèn wau satiyangipun, inggih punika nagarinipun Prabu Jayadrata (1. Jayad rata) amila Prabu Jayadrata ajêjuluk Prabu Sindurêja (lêrêsipun Sindhuraja), utawi Sindupati, awit dados ratu wontên ing tanah Sindhu wau.

Warih = banyu kambil.

Dik = padon sakawan.

Têmbung ing nginggil punika kintên kula namung satêmbung, inggih punika waridhi = sagantên, wari utawi warih punika têmbung Sanskrita têgêsipun sadhengah toya, botên mawi mligi toya krambil.

Têmbung dik, punika ugi têmbung Sanskrita, têgêsipun keblat, nanging ingkang sampun kula sumêrêpi têmbung dik punika kanggenipun wontên ing sangkalan dados ôngka sadasa, awit petanganipun keblat papat + pojok papat + ngisor + dhuwur, amila kula gadhah kintên manawi ing sawaunipun mungêl [mu...]

--- 119 ---

[...ngêl] dhi, gandhèng kalihan wari.

Tasik = banyu oyod = sagantên, punipunikapunika. sampun lêrês, namung banyu oyod, punika kula inggih kirang mangrêtos.

Catur yuga = keblat papat = namaning môngsa sakawan.

Têmbung punika anggènipun anêgêsi inggih namung kaawag kemawon, lêrêsipun pancèn kalih têmbung, inggih punika catur têmbung Sanskrita utawi Kawi têgêsipun sakawan kalihan yuga, têmbung yuga Jawinipun botên wontên, namung ing têmbung Jawi sanadyan sampun ewah inggih taksih ngangge wontên ing têmbung kaliyoga, lêrêsipun kaliyuga.§ Ananging yoga ing têmbung kaliyoga têgêsipun inggih dèrèng cêtha, ing têmbung Walandi ingkang mèmpêr eeuw nanging umuripun pintên-pintên èwu taun (vgl. Het Buddhisme I blz. 330 en 331 en de noten.

Pat = sakawan, sampun têrang botên susah kapratelakakên malih namung ing têmbung Kawi têrkadhang kasêrat pat.

Dados têmbung-têmbung ing pada IV punika têranging panyêrat saha têgêsipun kados ing ngandhap punika:

Weda = weda (kitabipun tiyang agami Indhu),

Sagara = sagantên,

Krêta = iringing dhadhu ingkang mawi maripat sakawan,

--- 120 ---

Sruti = weda = piwulang
jaladhi = sagantên
abdhi = sagantên
arnawa = sagantên
samudra = sagantên
jalanidhi = sagantên
warna = warni = jinis
toya di = sagantên
wway ... = toya
anawa = ?
Udadhi = sagantên
Sindhu = sagantên
Waridhi = sagantên
Tasik = sagantên
Catur = sakawan
Yuga = yuga
Pat = sakawan

Wontênipun weda watak sakawan punika awit cacahipun weda punika sakawan, inggih punika.

Rêgweda, isi ungêl-ungêlaning sêmbahyang sarta puji.

Yaburweda,Yajurweda. isi donga ingkang tumrap tatacara babagan agami.

Samaweda, isi pêpujian kaikêt ing kidung.

--- 121 ---

Atarwaweda, isi môntra kangge ngêdalakên kaelokan (sulap, ngèlmu karang).§ Ing jaman kinanipun sangêt, sadèrèngipun wontên Atarwaweda, punika cacahipun weda namung tiga (zie Buddh I. blz. 284 noot 2.) makatên ugi ing Sêrat Ramayana kaca 2 garis 16.¶Garwanipun Prabu Dasarata, têtiga kasamèkakên kalihan weda têtiga (Rêg, Sama kalihan Yajur-weda), (vgl. Kawi Bal: Ned wdb. V.der Tuuk ing sangandhaping têmbung: sumantu.¶Têmbung weda, miturut Sêrat Pararaton kaca 314 sagêd ugi watak tiga, nanging pangintên kula ingkang makatên wau botên awit saking weda kala jaman kinanipun namung tiga, punika dumadosipun sarêng tiyang sampun botên sumêrêp dhatêng têmbung jataweda = latu zie pada III.).

Wontênipun têmbung ingkang atêgês sagantên watak sakawan, punika kakiyasakên tiyang Indhu, sagantên punika wontên sakawan lèr, wetan, kidul, kilèn. Ing st. Peter burger sanskrit wdb. Sawingkinging têmbung samudra mungêl In den Regel viet (nach jeder Himmelsgegend einer) = adate papat, sabên keblat siji.

2) m. Bez, der Zahl vier (wegen der 4 Hauptmeere) = ... apadene (kanggo) ôngka 4 (awit saka cacahing sagara gêdhe papat).

Wontênipun têmbung krêta watak sakawan, sampun cêtha, awit krêta punika iringing dhadhu ingkang mawi maripat sakawan.

--- 122 ---

Katranganipun têmbung sruti sami kalihan weda, awit sruti punika nunggil têgês kalihan weda (synnoniem).

Warna, sampun kula têrangakên ing ngajêng, inggih punika jinising tiyang sakawan,§ Vgl. Drie boeken van het Oud-Jav. Maha bharata door dr. H. II Juynboll. Blz. 41. amila watak sakawan.

Catur sampun têrang.

Yuga punika kathahipun sakawan, inggih punika krêtayuga, tretayuga, dwaparayuga, kaliyuga, inggih punika namaning jaman, ingkang tiga sampun kêlampahan, dene ingkang sawêg linampahan punika kaliyuga.

Pat, ugi sampun têrang.

--- 123 ---

Dayanipun Basa Ngamônca Ingatasipun Magêpokan kalihan Pasinaon Basa Jawi lan Kawi

Kadyangganing tarulata kadhawahan rirising môngsa labuh kapat, tarpendah lara§ Lêrêsipun lapa. manggih bojana.

Makatên wijiling sumuking panggalih, margi bingah kabêkta saking wêdaling sêrat Kawi punika, mila kula lajêng purun tumut nyuwun papan sawatawis ing sêrat wulanan punika.

Nuwun wiyosipun kasinggihan kados ingkang kagêlar ing Kawi: 1. kaca 3,4 bilih andêl-andêlipun sadhèrèk Jawi sapunika ingatasipun kangge pitakenan basa Jawi namung Bausastra Gericke-Roorde lan Winter, malah tarkadhangan suwung saking kêkalih wau, ing môngka kêkalih wau punika ... dèrèng kenging pinitados. Dados atêgês sapunikanipun bôngsa Jawi mèh kenging katêmbungakên kêpatèn obor ingatasipun basanipun piyambak. Dene ingkang andumuk kiranging bausastra kêkalih wau ingkang sampun cêtha Dr. H.H. Juin boll, wontên ing sêratipun Woordenlijst v.d. Oudjavaansche Taal-, ing môngka yèn kaoyak malih Juin boll thok inggih dèrèng nyêkapi, margi kirang anggènipun nêrangakên têmbung Sanskrita, anjalari kraos bêtah kita dhatêng sêsêrêpan basa ngamônca, basa Jêrman, Inggris lan Prasman. Jêr bausastra

--- 124 ---

Sansêkrit ingkang kawêdalakên ing basa Walandi dèrèng wontên. Van der Tuuk inggih damêl bausastra Kawi nanging manut Juin boll inggih dèrèng nyêkapi, mila pêpuntoning manah: sadhèrèk Jawi botên sagêd matêng ngêrtosipun, lan botên sagêd anggêgêsang samasthinipun ingatasing basa Jawi, yèn botên gonah ing basa ngamônca sanèsipun basa Walandi sawatawis, kabêkta saking kathahing sêrat ingkang kasêrat ing basa-basa wau ingkang minôngka dados kunci angudi ing basa Jawi lan Kawi.

Kangge conto ingkang cêpak, badhe pados bausastra Sansêkrit ingkang gampil angsalipun kasêrat ing basa Jêrman, dalah saparamasastranipun pisan ugi makatên. Lan malih manawi ambikak Sêrat Pararaton ingkang kawêdalakên Tuwan Brandes, ing katranganipun ajêg tansah kasêlanan ing basa-basa ngamônca, dalah sêratan Cina inggih kalêbêt, dumugi samantên lajêng cêtha, sadhèrèk Jawi manawi badhe anggêgêsang basanipun sapantêsipun, tan botên kêdah anêngênakên basa ngamônca apês satunggal. Amargi manawi ngêtohakên basa Walandi thok, sampun têrang cothonipun.

Kangge conto malih ingkang gampil Loge Teyosopi Surakarta anggènipun ngêdalakên pêrtalan Mahabarata inggih mêndhêt saking basa Inggris.

Dados samêdalipun sêrat Kawi punika amrih runtutipun

--- 125 ---

kajawi anggugah pangudi dhatêng basa Jawi lan basa Kawi ugi anggugah anggrêguta dhatêng basa ngamônca, awit manawi botên makatên tangèh sagêdipun enggal angambah ing akasa, kados ngandikanipun Dwijawiyatan, ing pangayubagya.

Atur kula ing nginggil punika botên namung pangathik-athik lan namung mêndhêt conto ing Indiya kemawon, awit ningali para ahli sastra Kawi, sadaya mèh sami paham ing basa-basa modern malah kapara langkung saking punika. Dados yèn sadhèrèk Jawi botên makatên, inggih botên sagêd badhe sajajar kalihan para jamhur kados Prof. Kern. Dr. Brandes, lan sanèsipun. Yèn anjagèkakên sêrat Jawi lugu minggahipun namung sêrat Walandi, O, bêbasan upami margi makatên namung cêkap tiyang satunggal urut kacang tur pêtêng.

Têmbung ngamônca wau kajawi dados srana amrih saya gampil lan gamblanging pasinaon basa Jawi lan Kawi, ugi kathah têmbung-têmbungipun ingkang mirib lan jumbuh kalihan basa Jawi lan Kawi, anjalari saya cêtha mênggahing pangrêtos dhatêng basa Jawi lan Kawi wau, lan anokidakên dhatêng punapa ingkang sampun kasumêrêpan. Ing ngandhap punika wontên kalêmpakan sawatawis saking têmbung Jawi lan Kawi ingkang mirib utawi jumbuh kalihan basa sanèsipun salêbêt lan sajawining Indhiya.

Wira: prawira, atêgês kêndêl, prajurit, parajurit parakêndêl, mirib kalihan têmbung Latin, vir, ingkang

--- 126 ---

atêgês tiyang jalêr (ingkang linangkung). Kados ukara Beatus vir gui- bêgja wong (nge) kang-.

Perang: perangan, ing têmbung Latin pars. Têmbung Inggris part. Prasman part, partie, portion.

Dasa: puluh, ingkang dados têmbung sadasa lan sapuluh. Latin decem ingkang lajêng dados decimeter, december, Prasman dix.

Sadha: ing têmbung môngsa sadha, atêgês satunggal. Mlayu: satoe, Batak inggih sada.

Tus: satus, Latinipun centum maatus-atus: sescenti lajêng wontên têmbung centi meter Prasman: cent. Lajêng wontên arta: cent, sapraatus rupiyah.

Nawa: sanga, Latinipun novem. Walandi negen, Inggris nine kawaosa na in Prasman neuf kapara saya mèmpêr naw-a wontên wulan november.

Astha: wolu, Walandi acht Latin octo, Prasman huit kawaosa oei.

Sapta: pitu. Latinipun septem Batak pitoe.

Sad: nêm, Walandi zes Inggris six. Latin sex, Prasman six.

Pônca: gangsal, Wlandi: vijf, Batak lima, Cina: nggo.

Catur: sakawan, papat. Batak lan Sundha opat. Mlayu empat. Wlandi vier Inggris four Latin quator mèpêr [mè...]

--- 127 ---

[...pêr] tja-toer, Prasman qoatre.

Tri: têlu, tiga. Batak toloe Sundha tiloe Mlayu: tiga Wlandi drie Inggris three, kawaosa: sri, Prasman troi kawaosa troa2 Latin tres.

Dwi: kalih, loro. Mlayu lan Batak doea Sundha inggih doea. Walandi twee. Inggris two. Jêrman zwei kawaosa tjwa'i Latin duo. Prasman deux kawaosa djeu Cina dji.

Eka: iji, siji, satunggal. Wlandi één, Inggris one, Prasman un, une, Latin unus. Sundha hidji, Cina iet.

Nama: Latin nomen. Walandi naam Jêrman name. Inggris name, kawaosa néim. Prasman nom, Grik onoma, Itali nomé.

Kapala: sirah. Mlayu kepala Grik képhalê.

Agama: Jêpang ogamo.

Mak: ramak, rama. Ingkang salêrêsipun atêgês bapa biyung. Wong tuwa ouders. Kalantur dados atêgês bapak thok: rama, ramak. Lan êmbok thok: mak, simak. Mak ing simak, gayutan kalihan têmbung Prasman maman, ungêlipun mama' Walandi mama.

We: hèr, toya, banyu, warih. Mlayu air, cundhuk [cundhu...]

--- 128 ---

[...k] kalihan hèr. Inggris water, Wlandi water, cundhuk kalihan we. Makatên ugi Latin: aqua (a-kwa). Prasman: eau, ungêlipun o. O kalihan wa punika prasasat badan satunggal.

Watu: cara Bima: vato. Phormosa: vatto.

Kajawi punika tatanan têmbung Kawi punika inggih kathah ingkang mèmpêr basa kilenan, mila manawi ngêrtos basa Eropah langkung kathah, sampun masthi upami mamènèk makatên rambatanipun saya kathah, anjalari saya kêkah anggènipun cêpêngan. Kados agul-agulipun: Kawi piyambak Dr. R.Ng. Purbacaraka ugi tansah awêwaton sêrat-sêrat ingkang kasêrat ing basa kilenan, mila amrih sagêd kalêksanan kados sêdyanipun, bêbadan ingkang ngêdalakên Kawi punika mugi-mugi ingkang sami kaparêng sagêd ngudi basa-basa ingkang minôngka kuncinipun pasinaon Kawi wau inggih samia karsa angudi. Botên dangu yèn makatên ibêring nusantara têmtu enggal radi inggil.

Ing wasana namung samantên ingkang dados atur pangajêng-ajêng lan panuwun kula.

Ambahrawa V, 28.

Arjasuwita.

Noot Bed.

Pangajêng- ajêng panjênêngan punika sampun nate dados rêmbag nalika badhe ngadani ngêdalakên Kawi, ananging kawuningana sanadyan [sa...]

--- 129 ---

[...nadyan] pamarsudi basa Kawi ngangge basa mônca punika prayogi, ananging Kawi ing samangke taksih kamanah dèrèng kalamangsanipun, kadosdene ungêl-ungêlan ing tapih (omslag) sapunika Kawi trimah nêrang-nêrangakên basa Jawi sawatawis. Ing têmbe manawi bôngsa kita wau cêtha sampun kaparêng ngudi basa ingkang adhêdhasar basa mônca, kados Kawi (manawi sagêd lêstantun) badhe botên sande nglêksanani pangajêng-ajêng ing nginggil punika.

Kabar Rêdhaksi

Ngaturi uninga, bilih Kawi ôngka 4 punika isinipun 33 kaca, jalaran kupinipun mrêtanggêl. Manawi kapêdhot botên prayogi, dene manawi kalajêngakên ngantos badhe wêwah kathah isinipun, sarèhning Kawi punika isinipun ingkang têmtu 32 kaca, mila Kawi ôngka 5 isinipun namung badhe 31 kaca.

Kajawi punika kula nyuwun pangapuntên dhatêng sadhèrèk R. Darmasubrata, dene kapêksa dèrèng sagêd macak pitakenan panjênêngan. Mila benjing wêdalipun Kawi ôngka 5 kemawon têmtu badhe kula pacak. Kasabarna rumiyin.