Sastra Jawa

Program Digitalisasi Sastra Daerah

  • Increase font size
  • Default font size
  • Decrease font size

Kawi, Purbacaraka et. al., 1928-08, #1809

Katalog:Kawi, Purbacaraka et. al., 1928, #1809
Sambung:
1.Kawi, Purbacaraka et. al., 1928-03, #1809. Koran, Majalah dan Jurnal | Kawi #556.
2.Kawi, Purbacaraka et. al., 1928-04, #1809. Koran, Majalah dan Jurnal | Kawi #557.
3.Kawi, Purbacaraka et. al., 1928-06, #1809. Koran, Majalah dan Jurnal | Kawi #558.
4.Kawi, Purbacaraka et. al., 1928-07, #1809 . Koran, Majalah dan Jurnal | Kawi #559.
5.Kawi, Purbacaraka et. al., 1928-08, #1809. Koran, Majalah dan Jurnal | Kawi #560.
6.Kawi, Purbacaraka et. al., 1928-09, #1809 . Koran, Majalah dan Jurnal | Kawi #561.
7.Kawi, Purbacaraka et. al., 1928-10, #1809. Koran, Majalah dan Jurnal | Kawi #562.
8.Kawi, Purbacaraka et. al., 1928-11, #1809 . Koran, Majalah dan Jurnal | Kawi #563.
9.Kawi, Purbacaraka et. al., 1928-12, #1809 . Koran, Majalah dan Jurnal | Kawi #564.

Kawi

Sêrat wulanan kangge mitêrangakên basa Jawi, sawatawis. SOLO.

Ôngka 6, 1 Agustus 1928, Taun I.

Kasèp Wêdalipun

Ingkang ngêdalakên Kawi punika ngaturi wuninga, bilih wêdalipun ôngka 6 punika kasèp sangêt, ingkang mêsthinipun nalika tanggal 1 ngantos tanggal 25 Agustus sawêg sagêd mêdal, punika saking tledhor kula piyambak amargi wontên sabab ingkang pêrlu.

Awit saking punika kula nyuwun gênging pangapuntên dhatêng para priyantun lêngganan sadaya. Langkung malih dhatêng para priyantun ingkang sampun sami kaparêng mêrlokakên kintun sêrat sêrêgan dhatêng administrasi. Kula badhe ngangkah sangêt supados wêdalipun Kawi ajêg tur têtêp tanggal sapisan.

Rêdhaksi administrasi.

--- [0] ---

Kabar Administrasi

Minôngka lajêngipun ingkang sampun kasêbut ing Kawi ôngka 5 dumugi tanggal kaping 31 Juli punika kula sampun tampi arta lêngganan ingkang nyaringgit (f 2.50) saking para priyantun ing ngandhap punika:

M. Askandar
R.A.A. Gandasoebrata
R. Hardjoprawiro
Ignatius College
Dr. R. Ismael
R.S.S. Martohatmodjo
M. Ngoesman
Njoman Kadjeng
R. Oesman Widikartiko
M.Ng. Prawirokoesoemo
D. Reksadarmadja
Dr. Sam Joedo Prawiro
W. Sastrohardjono
Dr. R. Soedirman
R. Soekardi
Dr. R. Soeratman
R. T.A. Soerjo
Dr. R. Soewardi
M. Wirjospoespito

Dene ing ngandhap punika ingkang maringi arta lêngganan ingkang botên nyaringgit.

R. Achmed Effende f 3.-
R. Kasdiosoesastro f 2.-
R. Martahoetama f 1.50
R. Soewadi f 1.25
S. Wirjodisastro f 1.-

Manawi wontên priyantun ingkang sampun ambayar, môngka asmanipun dèrèng kapratelakakên ing nginggil punika, kaparênga lajêng nyêrêg dhatêng administrasi.

--- [163] ---

Ôngka 6/7 1 Agustus/Sèptèmbêr 1928, taun I.

Kawi

Sêrat kabar wulanan ingkang ngrêmbag saha ngajêngakên basa Jawi sarana Kawi.

Ingkang ngêdalakên ngiras bêbadaning rêdhaksi: Dr. R. Ng. Purbacaraka, M. Ng. Dwijawiyata, M. Ng. Jayasugita, R. Sastrawirya tuwin H. Sutadi, Redactie-secretaris.

Rêgining lêngganan sawulan 25 sèn, dados sataun punika f 2.50 adres Administratie en redactie-secretariaat: H. Soetadi, Kawatan SOLO.

Asthabrata

(Sambêtipun Kawi ôngka 4 kaca 97-111)

Ing ngandhap punika asthabrata, pêthikan saking Sêrat Rama Jarwa sêkar Agêng. Mênggah sêkar Agêng ing ngriki punika kantun nama kemawon, jêjêring sêkar Agêng, inggih punika guru lagu, sampun sirna babarpisan, kados limrahipun sêkar Agêng ing jaman samangke.

Sêrat Rama Jarwa sêkar Agêng ingkang kula priksa, wontên kalih, taksih

--- 164 ---

sami sêratan tangan, awit pancèn dèrèng nate dipun cap. 1. Gadhahanipun museum ing Batawi. 2. Gadhahan kula piyambak. Sêrat kalih wau sarêng kula tandhing, pinanggih bilih sêrat ing museum panyêratipun risak sangêt. Amila ingkang kapêthik ing ngandhap punika sêrat gadhahan kula piyambak. Murih para maos sagêd uninga kadospundi caranipun tiyang nyêrat kala jaman Rama Jarwa sêkar Agêng, panêdhak kula kula lugokakên kemawon, namung tarungan thok, ingkang ing sêrat wau dados lintuning pada lingsa, kula lintoni pada lingsa, sarta panataning garis kula tata manut cara ngêdalakên kêkidungan, ingkang prayogi, makatên ungêlipun:

Nêngna samba-tira Sang Wibisana / Narpati Ra-ma mojar ngarih-arih / Wibisana uwus aja prihatin / kakangira iya wus nêmu luhung //

ratu mati ing prang uwis punagi / ing nguni Sang Prabu Dhasamuka wus / amêmangu-n kautamaning jurit / karana ka-lakwan gagahing prabu. //

kang cakrawa-ting jagat datan mingkêd / ing wacana-nira kang wus kawijil /

--- 165 ---

tan murud ing rana kautamaning / ratu anê-têpi patining raja //

aprang rame tutug sagêlaring prang / anggung krura amrih ayuning bala / rusaking mung-suh pan wajibing ratu / rumêksèng ba-la pan wajibing ratu //

mrih mênang prang ing mêngko Dhasamuka / sabalane tumpês kabèh payudan / satriya bu-pati mantri kapusus / ing asmara-dilaga kabarubuh //

narendrane Sang Rawana nglabuhi / wus tan ana cinacad anêtêpi / ing patine ya ratu kang sayêkti / ambelani wadya-wadya sadaya //

luhung praso-tyanên datanpa tuwas / tinangisa-n pancakanên pra tunu / atêrêna kautamaning pati / malar amang-giha apurèng pati //

kagyat Arya Wibisana awungu / nolih dhêku manêmbah aris matur / mêksih sênggru-k-sênggruk inggih pukulun /

--- 166 ---

kawulanu-t pangandika jêng sang prabu //

anggêjèpi ditya punggawa prapti / kayu lênga karya pancaka dadi / gya tinunu wangkening raka kalih /§ Ing sêrat kula mungêl, wangkening rakalih. irasinê-m madi môntra pamusus //

pinuja-pu-ja dupane kumukus / sirna wangke-nira kang raka kalih / sinêksi ing Bathara Ragutama / § Ing sêrat kula mungêl sinêksi ing Bathara Gutama, sêrat museum sinêksèn ing Bathara Ragutama. angandika aris sang maha prabu //

hèh yayi Gu-nawan Wibisana wus / gumantia prabu nagri Ngalêngka / siniwia sagung raksasa diyu / prabawanta mahardikèng tyas nulus //

krêtarta wu-s mumpuni ngaguna sih / ing dasih pu-lihna praja Ngalêngka / rahayune payunên nrak sakèh / mudhapunggung lumrah ati dursila //

undhangana kabèh padha anuta / ing rèhira wnang§ wnang = wênang. anut marèni /

--- 167 ---

tingkah ala nêlutuhi nagari / ngêntèkêna yayi pituturira //

ingkang bci-k barang bawaning praja /§ bcik = bêcik. pan sira wu-s utus budi susila / muwah lukit sira wus angawruhi / tata pita lamun sira pitutur //§ Pada punika ing sêrat kula, garis tiga botên wontên. Ing nginggil punika pêndhêtan saking sêrat museum.

marentahi bala barang sira prih / pakarti kang bêcik amrih utama / tinêmu a-ja sira tinggal sarat / ya sarate wong arsa apitutur //

ya dhèwèke anglakonana dhingin / dèn atêtê-p dèn panggah anglakoni / yèn sira wi-s anglakoni nêtêpi / balanira tan angèl sira prêdi //

sagunging pung-gawa brêtya pêpatih / sakèh ingkang amêmatah ing kardi / iku padha bisakêna rumiyin / wêruhêna ayuning kramaniti /

--- 168 ---

warataa kabèh sarèrèhane / sayêkti pa-dhanut panggawe ayu / kang sira pi-tuturakên ing patih / sapunggawa wus padha anglakoni //

lan samantri-mantri kabèh warata / wonge cili môngsa gêlêma kari / saanak-ra-bi nadyan praja tangi / nêdya ayu manut bawaning ratu //

wajib ratu gawe tuladan bêcik / yêkti tinu-lad ing wadya sajagat / yèn ratune wus têtêp angugêmi / ing agama gagah anggung ginulang //

satuhu dè-n sumêbar kang parentah / dèn prayitna ratu tinut sajagat / mungguhing rèh pagawening nêgari / lamun ala wadya kabèh milwala //

lamun bêci-k wadyanut milu bêcik / sasolahe anut bawaning ratu / iya ratu tinut saisining rat / lawan sira dene ling ing bathara //

--- 169 ---

wolu ingkang kasarirèng narpati / datan kêna uncatana sawiji / yèn oncata salah sawiji cacad / ing karaton gethanga laku wolu //

lire siji-siji wawalu iku / dhingin Batha-ra Endra kaping kalih / Yama kaping tiga Bathara Surya / kaping pat Cô-ndra ping lima Bayu //

kaping nêm Ku-wera kang kaping pitu / Baruna kang kaping wolune Brama / iku padha kasarira ing prabu / angganira ngèsthia asthabrata //

lakuning Hyang Endra ngudanakên / dana boga sumawur maratani / ing sajaga-t wadya-wadya gêng alit / tan amalih janma kabèh kalaban //

lir jawuh ing kapitu poma yayi / dipun kamo-t ing budi Endra laku / kaping kalih Yama brata milara / krama ala durjana kang linêbur //

--- 170 ---

kabèh tan a-ngitung kadang wargane / yèn durcara tinumpês tur tinapis / barang dursi-lane maling ya mati / saliyaning maling kabèh kang ulah //

laku salah durcara dursilati / ingupaya barang kadursilane / tinut sapa-rane kacandhak mati / malwa bira-t kabèh rêgêding jagat //

pan mêngkono Yama brata rumêksa / ing buwana maling mamalèng praja / sarta undhang-ana bala sadaya / aja ana wani alaku salah //

sajinise kang laku durti numpês / tapis giri-s kang ala padha mari / durjanane binuwang ulah yêkti / lah anggenê-n lampahna Yama brata //

kaping tri bra-ta Surya paramarta / amadhangi sabuwana amanjing / ngakên rarasan tan galak anurut / sakarsa ta-n kêrasa pinrih bêcik //

--- 171 ---

datan ana rêrêngune sumusup / amrikna kang pinrih rèhing ririh / saking rara-s nalusup pangingsêpe / rêsêp kasê-sêp kêna ingkang pinrih //

datan arsa age saliring karsa / nadyan mungsuh tyasèkna pinulih / datan môntra-môntra yèn katêngêra / pangrasuke pangingsêpe sarasa //

kaping pate brataning Côndra yayi / apura sa-rananira mnuhi / pinrih padha eca isining jagat / ing pangrèhe mung wangi lan mêmanis //

sawuwuse arum aris amanis / ulat pari-krama guyu-guyune / woring tandu-k tindak datan rêkasa / ambêk arja asih sagung pandhita //

kaping lima Bayu brata kamuksan / gunadi ang-inte pakartining rat / sabudine sajagat wus kawruhan / tanpa wangê-n tanpa têngran dènnya mrih //

--- 172 ---

mèt budining dumadikna kabèh / kabudaya-nirèng rèh tan kawruhan / bisa amè-t budining dadya kabèh / dursilane mulyane tan asamar //

saosiking wadya ulah bawane / tan asamar sinambi ngupaboga / myang busana tulyanggung mangun suka / tan ana a-ntarane dènira mrih //

suka-suka- ning bala pêpaèsa / sayogyaning wadya sartanggung tyase / sinuksma gu-naning yuwana pinrih / saisining rat datan kêna molah //

sasolahe kabèh wus kinawruhan / dibya dana tamating gunatama / anut lampah darma susila arja / kna kabèh jagat kautamanya //

kaping nêm bra-ta Kuweranggung mukti / boga sarwa nginak kang gung nutugi / tan agêpok ragane namakakên / sêranane kang wus kinon amusthi //

--- 173 ---

mung pracaya dènnya tan amrih silib / gunging praja pinarcayan dènnya sru / angugêmi tan angalêm tan nutuh / sadaya si-namanirèng suk srah //

kabèh sinung kawiryanira tan wruh / ingupaya ratunira pribadi / pinrih sinangka-naning suka bungah / tinuwuka-n kawiryan tanpa wangên //

kaping nêm Ba-runa brata agêmên /§ Lêrêsipun kaping pitu. sanjata bi-sa basukining laku / kapusthi ing wardaya guna-guna / kagunan ka-bèh kagêlung kapusan //

isining rat putus wêweka maya / angapus sa-gung dursila sinêdhih / kingkin sakèh dursila silajuti / saisining rat kawêngku kaèsthi //

kang samya mrih arja têmpuh ing srana / datan kegah-keguh kukuh abakuh / kautama-nira yogya tuladên / yayi ing Ba-runa brata sayêkti //

--- 174 ---

asthabrata Brama angupa boga / ing wadya gung alit galaking mungsuh / bisa busa-nèng wadya sirna nikang / parangmuka kaparag sru kapusus //

marab-mara-b datan tungkul sakarya / agêng ali-t datan ana salaya / rumêksèng ra-t katonton sabuwana / kyating rat ta-n owah salaminipun //

lakunyanggung pinolah ya ginusthi / tan apilih panggosthinirèng laku / tinutakê-n tinuman kang ginayuh / ing rèh ingkang pinaryêtnan owahe //

kang angowah-akên ingkang binudi / yèn wis bêci-k panggahên dèn akukuh / pratingkah rah-ayu anênimbangi / kang akarya keron wawasên guru //

wêwalêre ayya lali ing wuwus / ingkang uwi-s gumêlaring rahayu / kangênên ing tyas sajakêna lali / angkuhên bu-sana patralalita //

--- 175 ---

Nyuwun Sêsêrêpan

Nuwun, ing Sêrat Ramayana sargah I, pada I wontên ukara makatên: Sang Dasarata nama tamoli ...

Ing Sêrat Bijdragen tot de Taal-Land en Volkenkunde van N.I. deel 73, ing kaca 2, wontên pêrtalanipun paduka Tuwan Prof. Kern makatên: Daçaratha met name". Dados ing ngriki sêmunipun têmbung: tamoli" botên dipun pêrtal. Wontên ing Kawi- Balineesch-Nederlandsch Glossarium op het Oudjav. Ramajana, têgêsipun: geen ander. Ing sawênèh Sêrat Ramayana tamoli, kasêrat: tamolih, kintên-kintên dipun têgesi: têtêp.

Pakêmpalan Mardi Kawi ing Lumajang gadhah pamanggih, têmbung: tamoli: punika sagêd ugi asalipun saking lingga: uli, têgêsipun: onderdoen. Tamoli: niet onderdoen.

Ingkang makatên, rèhning pakêmpalan Mardi Kawi ing Lumajang rumaos taksih tidha-tidha dhatêng têgêsipun têmbung ing nginggil wau, mugi "paduka redhaksi Kawi" karsaa paring pêpadhang sawatawis, amrih sagêdipun gamblang têgêsipun têmbung: tamoli wau.

Wangsulan tumrap pitakenan ing nginggil punika.

Kula nuwun, têmbung tamoli punika manawi kaudhal, dados ta + moli, têgêsipun ora + angluhuri, suraosipun ora [o...]

--- 176 -- -

[...ra] ana kang ngungkuli. Sadaya panggenan ing Sêrat Ramayana têmbung tamoli suraosipun ora ana kang ngungkuli. Kados ta:

Sang Dasarata nama tamoli = Sang Dasarata namane, ora ana kang ngungkuli. 1,1.

Wwara sira danawa raja, ngaranira Sang Wiswakarma tamoli = ana sawijining ratu buta, arane sang Wiswakarma, ora ana kang angungkuli.

Makatên ugi ing panggenan sanès-sanèsipun. Malah tarmoli têgêsipun ugi makatên, kados ta:

Ana sira rêsya Grêngga, prasasta, karêngê widagdha ring sastra tarmoli ri yajnya kabèh = ana sawijining Rêsi (aran) Asrêngga, misuwur komuk pintêr ing piwulang, ora ana kang ngungkuli ing (bab) salamêtan kabèh. [ja cêrêk] = jnya, yèn ing Ngayojakarta, [ja cêrêk] dipun wastani nya agêng.

Prêtalanipun Prof. Kern. kalihan Dr. Juynboll têmbung tamoli namung sarana gagap-gagap, tur kathah ingkang lêpat.

Yuga

Ing Kawi nomêr: 4 mêntas wontên têmbungan yuga ingkang atêgês jaman, nanging mênggahing umur dèrèng sagêd nêmtokakên. Kasêbut wontên ing bausastra Rurdhah, yuga inggih namung tinêgêsan: môngsa, jaman. Kula badhe ngaturakên pamanggih sawatawis, bokbilih sagêd mêwahi sêsêrêpan bab têgêsing têmbung yuga.

Miturut Montucla kasêbut wontên ing Hist des Mathem I katj. 429 makatên: [m...]

--- 177 ---

[...akatên:]

Pamanggihipun para sarjana palintangan ing tanah Indhu, ing sarèhne surya punika anggènipun angubêngi bumi 24 jam, dados lintang-lintang ingkang sampun têtêp lampahipun punika anggènipun ngubêngi marginipun inggih ing 1000 taun X 24 = 24.000 taun. Wêkdal 24.000 taun punika kawastanan dintên Brahma. Ing sarèhning sataun punika wontên 360 dintên, dados yèn sataunipun Brahma inggih 24.000 taun X 360 = 8.640.000 taun. Samantên punika kawastanan taun Brahma. Lampahing surya, lintang lan sasaminipun wau, ingkang sagêd kamumêrêpankasumêrêpan. namung sapalih, amila lajêng wontên petangan malih 24.000 X 180 (sapalihipun 360) = 4.320.000 taun, punika ingkang kawastanan: yuga brahma. Dados yuga brahma = 4.320.000 taun.

Yuga brahma punika kaperang dados kawan yuga: 1. kreta-yuga, 2. Tetra-yuga, 3. Tavapara-yuga, 4. Ingkang kasakawan punika punapa: kaliyuga.

1. Kreta-yuga: 1.728.000 taun
2. Tetra-yuga: 1.296.000 taun
3. Tavapara-yuga: 864.000 taun
4. Kaliyuga (?): 432.000 taun

gunggung 4.320.000 taun.

Wasana sumôngga, Purwadarminta.

--- 178 ---

Kula nuwun, bab umuring yuga, sampun katêrangakên wontên ing Darmakôndha, ôngka: 275 (Sêtu Wage 8 Jumadilakir 1858, utawi 3 December 1927) kaca 2 pojok têngên nginggil, kasambêtan ing lêmpiran. Mênggah petanganipun, sadaya cocog kalihan pratelan ing nginggil punika. Mugi kauningana.

Nyuwun Priksa

1. Têtêmbungan: cantrik, janggan, manguyu, cèkèl, puthut, punika kadospundi mênggahing beda-bedanipun, sarta punika ugi asal saking Sangsêkrita utawi Kawi.

2. Pakêcapanipun Kawi kados ingkang kasêbut ing Adiparwa sasaminipun, punika kaucapakên jêjêg punapa miring.

A punapa â.

1. Têmbung-têmbung ing nginggil punika dèrèng têrang mênggahing beda-bedanipun. Paduka Tuwan Dr. Piso, sampun ngudi bab punika wontên ing Sêrat Tantu Panggêlaran, nanging mêksa dèrèng sagêd cêtha. Upami rêdhaksi Kawi sapunika ngudi bab punika, badhe botên kêcêkap kangge anggarap sanèsipun, awit bab punika pancèn angèl sangêt. Namung têmbung punika sadaya têmbung Jawi, utawi Kawi nèm.

2. Bab punika dèrèng têrang, namung ing Wetenschap basa Kawi kaungêlakên kados a Banyumasan.

--- 179 ---

Angaturi priksa, ing wêkdal punika kula angsal lontar Sri Tanjung (sêrat waosan cariyos Sri Tanjung) sêkar Macapat, sêratan Arab pego,pegon. têmbungipun Jawi, angsal saking Banyuwangi, nitik tatêmbunganipun ugi cara Banyuwangi, ingkang punika sarèhning kula rumaos kirang cêkap ing sasêrêpan, mugi paduka kêrsa paring pitêdah, sarana dhanganing panggalih, inggih punika kados ingkang kacêtha ing ngandhap punika kalih pada.

Pupuh ukir

Ana kidungan ingsun bêndha -bêndhu / anom kapulare / yèn tuwa anini-nini / yèn bago rabine karung / êlèng êmpakêna lêmu / ni rôndha tanna lakine / anake si bibi kidul / sajêg iya omah-omah / amêtêng lawan sang lanang //

Sida bayu kaki wangsitipun / ing kuna lawase / sida maladuk ginawi / pêputhut kang angapus / Citragutra parabipun / lintang kêrti pananggale / purnama anuju guru / Buda Manis ing prangbakat / Sidamala duk rinipta //

Ingkang punika kasêbat ing nginggil, kaparênga paduka paring sasêrêpan.

1. Pupuh ukir, punika kadospundi, punapa punika nama sampun lêrês.

--- 180 ---

2. Kalih pada punika mangêrtosipun kadospundi. Awit kula dhatêng ukaranipun, botên mangêrtos.

Kula pun Sastradiwirya.

Bab ing nginggil punika rêdhaksi botên sagêd matur barang-barang, awit rêdhaksi sumêrêp manawi Sêrat Sri Tanjung ing samangke sawêg kagarap dening satunggaling Taal-geleerde badhe kawêdalakên kanthi katrangan. Saupami rêdhaksi botêna sumêrêp, inggih purun ngaturi katrangan sasagêd-sagêdipun, wangsul sumêrêp, tatakraminipun ing Wetenschap kêdah botên amratelakakên, manawi sêrat ingkang kagarap wau dèrèng mêdal.

Namung ing samangke para ingkang marlokakên sagêd mariksani ing Beschrijving der Jav. Bal. en Sasaksche Handschriften ... door Dr. Brandes bab Sêrat Sri Tanjung sawatawis, ing jilid 3 ing artikel: Sri Tanjung.

--- 181 ---

Sêrat Côndrasangkala

(Sambêtipun Kawi ôngka 5 kaca 148-162)

Pada VI.

Masa: môngsa nênêm,
Cadrasa:Cadrasa. rasa nênêm,
Winaya: anggang-anggang = namaning môngsa nênêm,
Nggana: tawon,
Rêtu: kawor = uyêk-uyêkan,
Anggas: kayu glinggang = ibêr-ibêran,
Oyag: obah,
Karêngya: karungu = rinêngga = kaupakara,
Pangrarasing nêm: pangrarasing watêk nênêm,
Tahên: kayu taun,
Wrêksa: kayu tinêgor,
Prabatang: kayu rubuh malang nèng dalan,
Kilating kanêm: lêlidhah ing mongsa kanêm,
Lona: pêdhês,
Mla: kêcut,
Tikta: pait,
Kyasa: gurih,
Dura: asin,
Sarkara: manis

--- 182 ---

Masa = môngsa nênêm punika lêrês, namung panyêratipun kêdah masa, ing sakawit masa punika atêgês sasi, wulan, nanging lajêng atêgês môngsa (mungsum, ngungsum of nungsum) ing têmbung Malayu musim ing têmbung Walandi musson.

Sadrasa = rasa nênêm, punika ugi lêrês, namung panyêratipun ing basa Kawi tulèn sadrasa, ing basa Sanskrita sadhrasa, saking sas = nêm, ing basa Walandi zes kalihan rasa.

Winaya = anggang-anggang = namaning môngsa kanêm. Punika kula botên mangrêtos, winaya ing ngriki lêrêsing panyêrat kintên kula winaya, inggih punika manawi botên kalintu cêkakaning winayaka, jêjulukipun Bathara Gana. Ing sumpah Jawi kina kêrêp mawi nyêbut sadwinaya § Oud. Jav. Oorkonden kaca 198 garis 2. utawi sadwinayaka,§ Oud. Jav. Oorkonden kaca 204 garis 9. têgêsipun winaya (ka) nênêm.

Nggana = tawon, punika bilih gana têmbung Jawi inggih sampun lêrês. Ing ngriki pikajênganipun, kintên kula: gana. Dene gana têgêsipun kathah sangêt. Kêkathahên upami kapratelakna sadaya, ingkang prêlu kaaturakên ing ngriki namung gana ingkang atêgês pangiringipun Sang Hyang Siwa, ingkang dipun lurahi dening Sang Hyang Ganesa = Ganaisa = ratuning gana. Anggènipun gana watak nêm, punika [puni...]

--- 183 ---

[...ka] kula botên sagêd nêrangakên, namung ing Sêrat Adiparwa kaca 1 garis 2 saking ngandhap, wontên têmbungipun sadgana, têgêsipun piyambak gana nêm, namung suraosipun punapa, utawi gandhèngipun kadospundi, punika kula botên sumêrêp.

Rêtu = kawor, uyêk-uyêkan, punika namung piagahan kemawon, lêrêsipun rêtu = môngsa, angalih wulan, dados ing sataun wontên nêm. Môngsa 1-2 warsa, 3-4 sisira, 5-6 sarat, 7-8 emanta, 9-10 basanta, sadha, dhêstha, grisma.

Anggas = kayu glinggang, ibêr-ibêran, punika kula botên mangrêtos. Kintên kula ing sakawit mungêl angga têgêsipun peranganing badan cacah nêm, sirah, tangan kalih, suku kalih, gêmbung. Angga sagêd ugi atêgês tapsir tumrap sêrat Weda, cacahipun ugi nêm.§ Amariksanana: Geschichte der Indischen Litteratur von M. Winternitz. deel I kaca 229 sarta A. History of Sanskrit Literature bij A. A. Mac. Donell kaca 264.

Oyag

Karêngya

Pangrarasing nêm.

Têmbung punika sadaya kula botên sagêd anêrangakên, awit kula botên sagêd andugi-dugi, kadospundi ungêlipun ing sakawit.

--- 184 ---

Tahên, kayu taun, punika manawi ing sakawit pancèn mungêl tahên, inggih sampun lêrês, awit tahên punika têgêsipun kayu, wit-witan. Nanging kula gadhah kintên manawi ing sakawit mungêl taun = taun jaar. Taun ing têmbung kayu taun, punika dede taun = 12 wulan, punika saking têmbung Kawi tahên, makatên ugi ulêr taun, punika ulêr tahên = ulêr kayu. Amila kayu taun punika saminipun klambi jas, topi hèlmud, anggur portuwin. Anggènipun taun watak nêm, punika awit kaperang dados nêm môngsa.

Wrêksa = kayu tinêgor.

Prabatang = kayu rubuh malang nèng dalan.

Punika namung kula sumanggakakên. Ewadene kula gadhah kintên, manawi ing sakawit mungêl, warsa parwwata, miturut Sanskrit woordenboek damêlanipun Tuwan H.H. Wilson: A. mountainous range, supposed to separate the various Varschas or divisions of the globe from each other: six ranges are enumerated from south to north Jawinipun ± tanah pagunungan, kang dianggêp dadi lêt- lêting tanah-tanah ing jagad, cacahe saka kidul mangalèr ana nêm ... (lajêng namanipun rêdi-rêdi wau).

Kilating kanêm = lêlidhahing môngsa kanêm punika kula sumanggakakên, namung kula gadhah kintên, manawi ing sakawit [saka...]

--- 185 ---

[...wit] mungêl ilat, dados sanès calèrèt. Ing ngriki ilat kaanggêp sami kalihan rasa.

Lona = pêdhês, punika kêlintu, lêrêsipun asin, ing basa Paliyoga, Sanskrita lawana, sami atêgês asin.

Mla = kêcut, punika lêrês, nanging wêtahipun amla.

Tikta = pait, sampun lêrês.

Kyasa = gurih, ugi lêrês, nanging wêtahipun kasaya.

Dura = asin, têmbung punika kintên kula wêtahipun madhura têgêsipun lêgi, dados dipun têgêsi asin, punika kintên kula lêpat.

Sarkara = manis, punika botên lêpat, awit sarkara têmbung Sanskrita, punika têgêsipun gula pasir, saking sarkara = wêdhi.

Têmbung nênêm ing nginggil cakêt punika sadaya wastaning raos, nanging raos lêgi têka wontên kalih, inggih punika: madhura kalihan sarkara. Ing St. Petersburger Woordenboek sagandhaping têmbung sadhrasa = rasa nêm, anêrangakên makatên. Dies sechs Hauptarten des Geschmacks sind: madhura, amla, lawana, kathuka, tikta und kasaya, mirid pêthikan ing nginggil punika têmbung sarkara ing Côndrasangkala kenging dipun lintoni kathuka atêgês pêdhês.

--- 186 ---

Têmbung-têmbung ing pada VI ingkang kula botên sagêd anêrangakên wontên sawatawis kathah, amila kintên kula inggih botên parlu dipun wangsuli kasêrat malih kados pada ingkang sampun-sampun. Makatên ugi anggènipun têmbung-têmbung wau sami watak nêm, inggih sampun cêtha saking katrangan ing nginggil, namung winaya kalihan gana ingkang dèrèng cêtha.

Kangge tambah katrangan sawatawis kados parlu kula matur kados ing ngandhap punika:

Mèh sadaya gambar rêca ingkang tumèmplèk ing badaning candhi Prambanan, ajêng-ajêngan kalihan cariyos Rama, punika dipun apit-apit ing pangiring nênêm, tiga sisih.Zie Inleiding tot de Hindu-Jav. Kunst door Dr. N.J. Krom 2e druk deel I kaca 466. Samangke kula pitakèn, punapa pangiring cacah nênêm punika kenging dipun wastani gana, mugi-mugi wontêna ingkang karsa utawi sagêd paring katrangan.

--- 187 ---

Sedanipun Prabu Pariksit

(Sambêtipun Kawi ôngka 5 kaca 134)

Ana ta prasada: ana ta panggung
atisaya ruhurnya: bangêt dhuwure
kadi parwata rupanya: kaya gunung wujude
subadha: kukuh
yatika tinulakta: yaiku didokoki bastion
anyartu desa: amapat panggonan
Katrangan.

Tulak tala punika ing basa Walandi bastion (?) Jawinipun kula botên sumêrêp, wujudipun taksih kêtingal cêtha ing sabên pojokan bètèng kraton Ngayoja.

Dudu tang brahmana sidhi mantra mwang walyan wisapaa, kapwa yatna umari wrêtèng prasada. Maharaja anèng jêro sira.

Kajaba iku kang brahmana mandi ing môntra myang dhukun, pangrusaking wisa padha prayitna angubêngi panggung. Sang prabu ana ing jêro, panjênêngane.

Katrangan.

Dudu ingkang dados têmbung Jawi dudu punika ing basa Kawi sagêd atêgês kajaba iku. Wisapaa punika saking têmbung Sanskrita wisa + apa + an = wisa + af + slaan = panulaking

--- 188 ---

wisa. Umariwrêta punika bawa ma-ning pariwrêta.

Têmbung ingkang apurwa pa (utawi ba) punika bawa ma-nipun dados uma, kados ta pati, umati. Putêr, umutêr. Papag, umapag. Panèk, umanèk (mènèk), taksih kathah tunggilipun.

Têka pwang diwasa kapitung wenya, lumampah ta Bagawan Kasyapa hyun tumulunge Sang Pariksit.

Barêng têka dina pitung dinane, lumaku ta Ba. Kasyapa arêp anulunga ing Sang Pariksit.

Dudu Kasyapa bapa sang garudha, Kasyapa lèn sangke sira.

Dudu Kasyapa bapakne sang garudha, Kasyapa seje sôngka panjênêngane.

Sira ta wruh ring mantro sadha sarpa bisa, aparan prayojananiran mangosadhanane sang prabu, yatanyan wèhana mas mani rajayogya.

Panjênêngane ta wêruh ing môntra tômba upas ula, apa prêlune ênggone arêp anambanana ing sang prabu, supaya diwèhana mas manik kang pantês kagêm ing ratu.

Sêdhêng anèng awan sira, sinantwa dening naga taksaka, ...

Lagi ana ing dalan, panjênêngane, diaruh-aruhi

--- 189 ---

... mênggêp kadi brahmana rupanya. Mangkana lingnya.

dening naga taksaka, ... amindha-mindha brahmana rupane. Mangkene calathune.

...

Ndi ta paran mpungku matangyan agya-gyan, têkap rahadyan sang ulun lumaku, muwah aparan ikang prayojana

Pundi ta purug tuwan, dene enggal-enggalan anggèn panjênêngan lumampah, kalihan punapa, ingkang prêlu.

Katrangan.

Matangyan agya-gyan, ungêlipun matang yan agya-(a)gyan. Muwaha para nikang = muwah aparan ikang. Têkap rahadyan sang ulun lumaku = Malayu: oleh tuanku berjalan.

Mangkana ling nikang naga taksaka sumaur Bagawan Kasyapa ...

Mangkono calathune naga taksaka, Ba. Ka. sumaur ...

Sira Maharaja Pariksit parana mami mangke, sahutêning naga taksaka rakwa karêngwaniran mêne. Sira tambanana sadhya mami, apan [apa...]

--- 190 ---

[...n] wêka Sang Kuru sira, wangsaning manguripakên sarwa dharma

Panjênêngane Ma.ra. Pa. kang tak parani saiki, bakal dicakot ing naga taksaka, rêke, kabare saiki. Panjênêngane ta bakal tak tambani sêdyaku, awit turune sang (Prabu) Kuru, panjênêngane, brayating (ratu kang) anguripake sakèhing agama.

Sojar m sangku, ng ulun iki si taksaka ngaranku ring rat, kinon de sang srênggi sumauta risang Pariksit

Kula nuwun, tuwan, kula punika pun taksaka nama kula ing jagat, dipun kèngkèn dening sang srênggi, badhe nyakot ing Sang Pariksit.

Aparan ika osadhanta yan uwus i têkaning patinya dening ulun

Punapa punika jampi panjênêngan, bilih sampun ing dhatênging sedanipun dening kula.

Katrangan.

Sojar punika saking saujar, makatên ugi sajnya saking saajnya = saagnya = sadhawuh. Têmbung sojar kalihan sajnya punika kêrêp sangêt kangge, trapipun kados ing nginggil, kados ta: sajnya aji, sojar ibu, lan sanès-sanèsipun, bilih sojar utawi sajnya punika kangge kados makatên punika, têgêsipun mêsthi: kula nuwun.

--- 191 ---

Mojar Bagawan Kasyapa, he kamung naga taksaka, nihan§ Ing lugunipun mungêl nahan. tang wrêksa waringin, paripurna sambandhanya,

Ngandika Ba. Ka, hèh kowe si naga taksaka, iki lo kang kayu waringin, sampurna sêsambungane (= tuwuhe).

Anapwa wwang sêdhêng amadung kayu ikang pinanèknya ri wit nikang wandhira,

Anadene wong lagi amadung kayu kang dipènèki (yaiku) ing witing waringin,

yatika gêsêngana têkapnyu aku tumambanana ring mantrosadha sarpa bisa, pangawruhanta ri mantrangku sakti.

ya iku diobonga dening (wisa)mu aku (kang) bakal nambani ing môntra tômba wisaning ula, supaya kowe wêruha ing saktining mantraku.

Katrangan.

Nyu punika sami kalihan mu (panambang 2e persoon) nanging mawi panyamah, ing basa Sundha sia.

--- 192 ---

Maluy ikang naga ri jatinya,§ Suraosipun, naga ingkang awujud manusa wau lajêng wangsul awarni sawêr malih. sinautnya tang wandhira wrêksa, mijil tang agni wisa sangke tutuknya, gêsêng tang wandhira wrêksa basmi buta têkaning amanèk lawan wadungnya.

Bali ingkang naga ri ing lugune, dicakot olehnja kang kayu waringin, mêtu kang gêni wisa saka ing cangkême, kobong kang kayu waringin, dadi awu, dalah sing mènèk karo wadunge.

Katrangan.

Maluyikang, ungêlipun maluy ikang, tangagni ungêlipun tang agni, makatên ugi: têkaningamanèk = têkaning amènèk.

Tan ucapakna saananing pangning wandhira wwang ronya padha basmi (buta) dadi awu,

Aja digunêm saananing panging waringin myang godhonge padha basmi buta = dadi awu,

ya te nimpênakên de Sang Rêsi Kasyapa, minantranira ta ya wedya sarpa wisosadha, tikang pawèh Sang Hyang Brahma ri sira

banjur dipêlêng dening Sang Rêsi Kasyapa, dimantrani olehnja ta iku (nganggo) japa tambaning wisa ula, ingkang paring (= paringe) Sang Hyang Brahma ing panjênêngane (Sang Kasyapa).

--- 193 ---

Katrangan.

Tanucapakna, ungêlipun tan ucap akêna, jarwa: tan ucapna. Ya te nimpênakên = ya ta inimpênakên.

Anih ikang wisa, muwah ta ya paripurna ikang wrêksa wandhira lawan ikang wwang amanèk, lawan wadungnya, tan ana kawikaranya.

Tawar ingkang wisa, banjur sampurna manèh (tuwuhe) ingkang wit waringin, karo wong kang mènèk, karo wadunge, ora ana owahe.

Katrangan.

Ani ikang = anih ikang. Kawikaranya saking wikara = owah, rusak.

Ascaryya tambêknikang naga taksaka mulati sakti Bagawan Kasyapa, matangyan manêmbah tikang naga taksaka akon maluya sira, mawèh mas manik upacara.

Gawok, ta atine kang naga taksaka andulu saktine Ba. Ka, mulane nyêmbah ingkang naga taksaka akon balia dhèwèke, awèh mas manik upacara (= saprantine).

--- 194 ---

Tambêk, saking ta ambêk

Maluy ta sira Bagawan Kasyapa, agirang tambêk ikang taksaka de sang rêsi maluy,

Bali ta panjênêngane Ba. Ka, bungah ta atine kang taksaka, dening sang rêsi bali,

Lumampah ikang taksaka marèng Astinapura

Lumaku ingkang taksaka marang ing nagara Astina.

Badhe kasambêt.

Kabar Rêdhaksi

Sampun wontên sawatawis priyantun lêngganan ingkang sami kaparêng mundhut katrangan dhatêng salah satunggaling têmbung, ingkang ugi sampun dipun aturi katrangan sagaduk-gadukipun rêdhaksi. Awit saking punika murih saya cêtha malih, kados prayogi para lêngganan sami kaparênga anglajêngakên mundhut pitakèn dhatêng têmbung ingkang sakintên taksih kirang cêtha.

Kabar Administrasi

Para priyantun lêngganan sami kasuwun kaparênga nyimpêni: Kawi, wiwit ôngka 1 dumugi 10 (Dhesèmbêr 1928) supados sagêd kajilid dados sabuku, ing pungkasaning ôngka 10 badhe dipun aturi pratelan isinipun (inhoudsopgave) tuwin cathêtan minôngka nglêrêsakên lêpating panyithak. Ugi badhe dipun aturi tapih (omslag) kangge ambèndhêl.