Sastra Jawa

Program Digitalisasi Sastra Daerah

  • Increase font size
  • Default font size
  • Decrease font size

Kawi, Purbacaraka et. al., 1928-09, #1809

Katalog:Kawi, Purbacaraka et. al., 1928, #1809
Sambung:
1.Kawi, Purbacaraka et. al., 1928-03, #1809. Koran, Majalah dan Jurnal | Kawi #556.
2.Kawi, Purbacaraka et. al., 1928-04, #1809. Koran, Majalah dan Jurnal | Kawi #557.
3.Kawi, Purbacaraka et. al., 1928-06, #1809. Koran, Majalah dan Jurnal | Kawi #558.
4.Kawi, Purbacaraka et. al., 1928-07, #1809 . Koran, Majalah dan Jurnal | Kawi #559.
5.Kawi, Purbacaraka et. al., 1928-08, #1809. Koran, Majalah dan Jurnal | Kawi #560.
6.Kawi, Purbacaraka et. al., 1928-09, #1809 . Koran, Majalah dan Jurnal | Kawi #561.
7.Kawi, Purbacaraka et. al., 1928-10, #1809. Koran, Majalah dan Jurnal | Kawi #562.
8.Kawi, Purbacaraka et. al., 1928-11, #1809 . Koran, Majalah dan Jurnal | Kawi #563.
9.Kawi, Purbacaraka et. al., 1928-12, #1809 . Koran, Majalah dan Jurnal | Kawi #564.

Kawi

Sêrat wulanan kangge mitêrangakên basa Jawi sawatawis. SOLO.

Ôngka 7, 1 Sèptèmbêr 1928, Taun I.

Kasèp Malih

Ing tapihipun Kawi ôngka 6 kula ingkang sami ngêdalakên Kawi sampun sami sambat dene wêdalipun ôngka wau kasèp sangêt, ngantos mundur: 25 dintên, kabêkta saking tledhor kula piyambak amargi wontên sabab ingkang pêrlu.

Samangke Kawi ôngka 7 punika inggih kasèp malih wêdalipun, malah langkung dangu munduripun tinimbang nalika ôngka 6 ingkang lêrêsipun mêdal nalika tanggal 1 wulan Sèptèmbêr, tanggal 5 Oktobêr sawêg sagêd ngaturakên dhatêng para priyantun lêngganan.

Awit saking punika kula nyuwun gênging pangapuntên malih dhatêng para priyantun lêngganan.

Rêdhaksi administrasi.

--- [0] ---

Kabar Administrasi

Minôngka lajêngipun ingkang sampun kasêbut ing Kawi ôngka 6 dumugi tanggal kaping 31 Agustus punika kula sampun tampi arta lêngganan ingkang nyaringgit (f 2.50) saking para priyantun ing ngandhap punika:

Dr. R.M. Dhirdjosoegondho
Keuchenius-school
Dr. R.S. Mangoensoemarso
R. Marsoedi
R. Minar
Dr. R. Rachmat
R. Ranoediwirjo
R. Rêksosoedirdjo
R. Samidjo
M.Ng. Sastrohamidjojo
R. Soedibjo
Dr. R. Soedjarwadi
Dr. R. Soedjono
R.M. Soetjitro
S. Tjokrosoeseno

Manawi wontên priyantun ingkang sampun ambayar, môngka asmanipun dèrèng kapratelakakên ing nginggil punika, kaparênga lajêng nyêrêg dhatêng administrasi.

--- [195] ---

Ôngka 7, 1 Sèptèmbêr 1928, Taun I.

Kawi

Sêrat kabar wulanan ingkang ngrêmbag saha ngajêngakên basa Jawi sarana Kawi.

Ingkang ngêdalakên ngiras bêbadaning rêdhaksi: Dr. R. Ng. Purbacaraka, M. Ng. Dwijawiyata, M. Ng. Jayasugita, R. Sastrawirya tuwin H. Sutadi, Redactie-secretaris.

Rêgining lêngganan sawulan 25 sèn, dados sataun punika f 2.50. adres Administratie en redactie-secretariaat: H. Soetadi, Kawatan SOLO.

Sêrat Côndrasangkala

(Sambêtipun Kawi ôngka 6 kaca 181-186)

Pada VII.

Ardi: gunung urut pasisir
Prawata: gunung têpung sami gunung
Turôngga: jaran
Giri: gunung gêdhe

--- 196 ---

Rêsi: pandhita,
Ôngsa: banyak = turun,
Biksuka: sapi, namaning môngsa kapitu,
Cala: sukuning gunung,
Imawan: mega pucuking gunung,
Sapta: pitu,
Pandhita: putus,
Swara: pandhita kalok,
Gora: anggung,
Muni: pandhita muruk = muni,
Swakuda: jaran kêbiri,
Tungganganing gunung: têngahing gunung,
Wiku: pandhita ing gunung,
Ya pêpitu: inggih pêpitu,
Ardi punika têgêsipun gunung, botên susah mawi urut pasisir. Dene panyêratipun ingkang lêrês adri, taksih kangge ing ungêl-ungêlan, gumalundhung lir padhas seladri, utawi wanadri. Adri dados rêdi ing basa Jawi jaman samangke.

Prawata, lêrêsing panyêrat parwata inggih namung atêgês gunung, botên susah mawi katrangan malih.

--- 197 ---

Turôngga lêrês atêgês jaran, ing basa Kawi panyêratipun turangga, saking turam = rikat, kalihan gam = lumaku.

Giri inggih cêkap atêgês gunung.

Rêsi - pandhita suci, punika botên lêpat, nanging inggih kêkathahên, kajawi punika rêsi têgêsipun taksih cêtha.

Ôngsa, banyak, turun, punika mèmpêr, nanging têgêsipun ingkang lêrês banyak agêng (zwaan) sarta panyêratipun angsa. Anggènipun dipun têgêsi turun, punika cawuh kalihan wangsa, wôngsa.

Biksuka punika têgêsipun piyambak pandhita ngêmis (bedel monnik), dene dipun têgêsi kados ing nginggil, punika kula namung nyumanggakakên. Lêrêsing panyêratipun biksuka.§ Tumrap tiyang Indhu, makatên ugi tiyang Jawi kala ing jaman kina, tiyang ngêmis punika dèrèng kantênan manawi asor, malah têrkadhang tiyang luhur, awit wajibing ngagêsang miturut agami Indhu, punika manawi sampun sêpuh kêdah nilar pangkat, anak bojo griya enz lajêng gêsang namung kalayan pêpariman.

Cala, wêtahipun acala, punika têgêsipun inggih cêkap gunung (mariksanana Kawi no. 2 kaca 57).

--- 198 ---

Imawan, mega pucuking gunung, punika kirang lêrês, têmbung imawan, punika têgêsipun piyambak sugih salju, saking ima = salju, kalihan wan (amariksanana Kawi no. 1. kaca 32), sarta lajêng dados namanipun rêdi Imalaya, saking ima + alaya, panggonan. Nanging lajêng dados têmbung rêdi, gunung. Ing Sêrat Nagara Krêtagama I.4. wontên ungêl-ungêlan, guntu tang imawan ri kampud = anjêblos ingkang gunung ing kampud = gunung Kêlut.

Sapta, pitu, sampun cêtha, botên susah katêrangakên malih.

Pandhita, putus, punika lêrês, awit pandhita makatên panyêratipun ingkang lêrês, punika têgêsipun wong pintêr.

Swara, pandhita kalok, punika kintên kula kêlintu, lêrêsipun inggih namung swara atêgês swara, suwantên.

Gora, agung, punika kula botên sagêd anêrangakên.

Muni, pandhita muruk, muni, punika kêkathahên, lêrêsipun [lê...]

--- 199 ---

[...rêsipun] muni = pandhita, sampun cêkap. Muni = muni, mungêl, punika manawi muni têmbung Jawi inggih lêrês, namung ing ngriki muni têmbung Sanskrita, têgêsipun ing sakawit malah wong kang ambisu.

Swakuda, jaran kêbiri. Têmbung punika lugunipun kalih têmbung aswa kalihan kuda, sami atêgês jaran.

Tungganganing gunung, têngahing gunung, punika kintên kula inggih botên lêpat, namung prayoginipun ungêl-ungêlan punika kapêcah dados kalih, tunggangan kalihan gunung, ning ing ngriki namung kangge anjangkêpakên wandaning sêkar.

Wiku, pandhita ing gunung, punika ugi kêkathahên, wiku punika dipun wastani nunggil têmbung kalihan biksu, ing têmbung Pali, bhikkhu amila katranganipun inggih sami kalihan biksu.

Ya pêpitu, inggih pêpitu, sampun têrang, namung ya ing ngriki sami kalihan ning ing tungganganing gunung, namung kangge anjangkêpi wandaning sêkar.

--- 200 ---

PananggihipunPinanggihipun. têmbung ing pada VII kados ing ngandhap punika,

adri: = gunung
parwata: = gunung
turangga: = jaran
giri: = gunung
rêsi: = pandhita
angsa: = banyak agêng (zwaan)
biksuka: = pandhita pêpariman
acala: = gunung
imawan: = gunung (rêdi Imalaya)
sapta: = pitu
pandhita: = pandhita
swara: = swara
gora: = ?
muni: = pandhita
aswa: = jaran
kuda: = jaran
tunggangan: = tunggangan
(ing) gunung: = gunung
wiku: = pandhita
(ya) pêpitu = pitu

--- 201 ---

Wontênipun têmbung ingkang atêgês pandhita watak pitu, punika makatên: rêsi punika wontên ing sêrat basa Sanskrita utawi ing sêrat Jawi kina ingkang kêrêp kasêbut agêgandhengan pitu, kados ta ing Sêrat Arjunawiwaha pupuh 29 pada 5, mungêl angadêg ta wasistha sira pinaka nayaka sapta rêsi = jumênêng ta (Sang Rêsi) Wasistha, panjênêngane dadi lurahing rêsi pitu. Baratayudha pupuh kalih, pada kalih inggih nyêbut, sirang parama sapta pandhita. Dene namanipun miturut Kawi. Bal. Ned. Woordenboek van der Tuuk, Ramaparasu, Kanwa, Janaka, Winayana (utawi Narada), Anggira, Wasistha, Atri. Nanging punika botên ajêg, têrkadhang linta-lintu, makatên ugi ing sêrat basa Sanskrita.

Mila rêdi watak pitu, punika makatên ing woordenboek van der Tuuk namanipun rêdi pitu kapratelakakên, Maendra, Malaya, Sahya, Suktiman, Rêksawan, Windhya, Paripatra, nanging punika inggih botên ajêg (amariksanana têmbung sapta ing van der Tuuk).

Mila jaran utawi tunggangan, watak pitu, punika awit kretanipun Bathara Surya, punika katarik ing kapal pitu. Manawi wontên rêca mawi kapal pitu, tamtu rêcanipun Bathara Surya. Dene angsa = banyak agêng, punika kaanggêp tunggangan, awit ing kawruh rêca banyak punika

--- 202 ---

pancèn dados titihanipun Sang Hyang Brahma, sarta Dèwi Saraswati.

Mila swara watak pitu punika sabab swara punika wontên pitu, panunggul agêng, gulu, têngah, pelog, gangsal, nêm, barang, awit saking punika kintên kula sêpuh gôngsa pelog katimbang salendro.

Kabar Rêdhaksi

Sampun wontên sawatawis priyantun lêngganan ingkang sami kaparêng mundhut katrangan dhatêng salah satunggaling têmbung, ingkang ugi sampun dipun aturi katrangan sagadug-gadukipun rêdhaksi. Awit saking punika murih saya cêtha malih, kados prayogi para lêngganan sami kaparênga anglajêngakên mundhut pitakèn dhatêng têmbung ingkang sakintên taksih kirang cêtha.

Kabar Administrasi

Para priyantun lêngganan sami kasuwun kaparênga nyimpêni: Kawi, wiwit ôngka 1 dumugi 10 (Dhesèmbêr 1928) supados sagêd kajilid dados sabuku, ing pungkasaning ôngka: 10 badhe dipun aturi pratelan isinipun (inhoudsopgave) tuwin cathêtan minôngka nglêrêsakên lêpating panyithak. Ugi badhe dipun aturi tapih (omslag) kangge ambèndhêl.

--- 203 ---

Asthabrata

(Sambêtipun Kawi ôngka 6 kaca 174)

Ing ngandhap punika asthabrata pêthikan saking Sêrat Rama Jarwa sêkar Macapat, wêdalan Gênutsêkap, kaca 508. Panyêratipun namung kalugokakên kemawon.

[Pangkur]

Nrêpati Ramawijaya / angandika kadi angarih-arih / hèh Wibisana ta uwus / aywa prihatin dahat / Dasamuka pan uwis manggih linuhung / narendra mati ing rana / wus punagi nguni-uni //

apan iya Dasamuka / wus amangun ing kautaman nênggih / karana gagahing ratu / kacakrawartèng jagad / nora mingkêt ing wacana wus kawuwus / tan surud ing rananggana / kautamaning nrêpati //

--- 204 ---

nêtêpi patining raja / aprang rame nutug sagêlarnèki / ing aprang agung angamuk / amrih hayuning bala / iya amrih karusakaning kang mungsuh / wajibing ratu rumêksa / balane mênang ajurit //

ing mêngko Si Dasamuka / balanira kabèh rêmpu ing jurit / punggawa satriyanipun / rêmak ngasmarèng laga / sira wana anglabuhi mèlu lampus / uwus tan ana cinacad / patine ratu sayêkti //

luhung ta prasotyakêna / tanpa tuwas yèku sira tangisi / pancakanên mring pra tunu / atêrna mring kamulyan / malar-malar nêmua apurèng lampus / mungguh Hyang Jagad Pratingkah / amanggiha sawargadi //

--- 205 ---

kagyat Arya Wibisana / wungu nolih dhêku ngarsaning gusti / bukuh misih sênggruk-sênggruk / anut kang pangandika / angêjèpi marang ditya wadyanipun / prapta kang ngatêri wrêksa / ingkang lênga lawan agni //

tinunu wangkening raka / kalih wus pinujan dupa sêmadi / kumutug kukus kumêlun / minantran sampun sirna / wangkenira ingkang raka kalihipun / sinêksi Bathara Rama / nrêpati ngandika malih //

hèh Gunawan Wibisana / sira ingkang madêga narapati / Ngalêngka gumantya prabu / siniwièng raksasa / prabawanta mardikèng bawana nulus / krêtarta mumpuni guna / wiweka asih ing dasih //

--- 206 ---

pulihna praja Ngalêngka / rahayune payunên waluyaning / raksasakwèh mudha -punggung / lumrah ati durjana / undhangêna ngalapa ing rèhirèku / wênang anut marènana / tingkah kang murka ing bumi //

ngêntèkna pituturira / ing bêcike sasolahing praja di / apan ta sira pinutus / ing susila tan kurang / ing wiweka norantèk ing krama tuhu / têtapi yayi yèn sira / pitutur amarentahi //

mring balanira sadaya / barang sira mamrih panggawe bêcik / amrih utama tinêmu / aja atinggal sarat / iya wajib sarat wong arsa pitutur / dhèwèke anêtêpana / dèn panggah dèn anglakoni //

--- 207 ---

yèn sira wus kalampahan / angawruhi kalawan anêtêpi / tan angèl balanirèku / sagung mantri punggawa / brêtya patih sagung kang mêmatah laku / iku padha bisakêna / ing rèh hayu krama niti //

warata sarewangira / sarerehan kabèh sayêkti pinrih / panggawe rahayunipun / jêr wus nêtêpi sira / panggawe kang dèn pituturakên iku / sapatih lan sapunggawa / kabèh wus padha nglakoni //

samantri-mantri warata / wonge cilik môngsa-na gêlêm kari / saanak sarabinipun / kudu milya sadaya / nadyan praja milu tangi nêdya ayu / marmane wajibing raja / agawe tuladan bêcik //

--- 208 ---

yêkti tinelad sajagad / yèn ratune ing rèh wus dèn ugêmi / têtêp ing agama tutug / sumêbaring parentah / marma yayi prayatnanên yèn ing prabu / yêkti tiniru sajagad / mungguhing rèh ala bêcik //

ala atiniru ala / yèn abêcik pasthi tiniru bêcik / anut sasolahing ratu / tiniru isining rat / lawan sira elinga bathara wolu / poma iku munggèng sira / lire kang sawiji-wiji //

wêwolu sariranira / yêkti nora kêna sira ngoncati / salah siji saking wolu / cacad karatonira / yèn tinggala salah siji saking wolu / kang dhihin Bathara Endra / Bathara Surya ping kalih //

--- 209 ---

Bayu ingkang kaping tiga / Kuwera kang sakawanipun nênggih / Baruna kalimanipun / Yama Côndra lamlan. Brama / jangkêp wolu dèn pasthi môngka ing prabu / angganira ngasthabrata / sayêkti ing narapati //

lampahe Bathara Endra / ngudanakên wêwangi ing sabumi / dana sumêbar sumawur / maratani sajagad / kawaratan gung alit sawadyanipun / pan nora (a) milih janma / lakuning Endra sayêkti //

iku yayi lakokêna / sawadyane kabèh kamot ing bumi / dening Yama lampahipun / milara krama ala / wong durjana ing praja kabèh linêbur / nora nganggo kadang warga / yèn durjana dèn patèni //

--- 210 ---

barang kang laku dursila / ingupaya kabèh dèn osak-asik / sanggone ingungsi tinut / kacandhak pinatenan / rêrêgêding praja pinrih biratipun / mangkono Bathara Yama / goning rumêksèng praja di //

maling mêmalaning praja / pinrih ilang dursila ngrêrêgêdi / angundhangi wadyanipun / tan kêna ulah ala / ingkang sandhing panggawe ala tinundhung / kang ala wus pinatenan / sajinise tumpês tapis //

kang jinis panggawe ala / lah anggonên Bathara Yama yêkti / Surya kaping tiganipun / lakune paramarta / ngudanakên sabarang rèh arum-arum / amanjingakên rêrasan / angrêsêp ingkang dèn têtêpi // Lebih satu suku kata: angrêsêp kang dèn têtêpi.

--- 211 ---

tan galak nutut sakarsa / tan karasa wadya pinrih ing bêcik / tan ana rêrêngunipun / sumusup amrih kêna / ingkang pinrih rinasan rêrasan alus / pangingsêpe rêrêsêpan / kasêsêp kêna kang pinrih //

tan age saliring karsa / nadyan mungsuh tyase kêna pinulih / tan katêngêr pan rinasuk / pangingsêpe sarasa / kang kaping pat Bathara Côndra ing laku / apura sarananira / amênuhi ing sabumi //

mrih eca isining praja / ing pangrèhe wêwangi lan mêmanis / sawuwus amanis arum / saulat parikrama / guyu-guyu èsême winor ing tanduk / satindak datan rêkasa / mung marentahkên mêmanis //

--- 212 ---

ambêk santa sabuwana / trusing manah marta-marta mêmanis / sangsaya sru arum-arum / asih sagung pandhita / kaping lima lampahe Bathara Bayu / anginte pakaryaning rat / budining rat dèn kawruhi //

tanpa wangên tanpa têngran / gèning amrih mèt budining dumadi / kêna kabudayanipun / ing rèh datan kawruhan / bisa amèt budining wadya sawêgung / dursila mulya kawruhan / sasolahing wadya kèksi //

sinambi angupaboga / myang busana anggung mangun kamuktin / tan ana antaranipun / mrih kasukaning bala / amêmaès saparayoganing wadu / sartanggung tyase sinuksma / gunaning yuwana pinrih //

--- 213 ---

ing tyas datan kêna molah / sapolahe kabèh wus dèn kawruhi / dibyandana-dana tinut / lampah susila arja / wus kakênan jagad kautamanipun / mêngkono Bayu lampahnya / iya èngêtên sayêkti //

kaping nêm Sang Hyang Kuwera / anggung mukti boga sarya ngenaki / tan anggêpok raganipun / namakakên sarana / kang wus kinon amusthi pasthining laku / amung pracaya kewala / dènira tan amrih silib //

gungning praja pinarcaya / dananya sru kayêktèn dèn ugêmi / nora ngalêm nora nutuh / samoa sinasama / rèhning sukprah kabèh kawiryan wus sinung / tan wruh ingupaya sira / tuhuning pribadi pinrih //

--- 214 ---

kasaptanira Baruna / anggung ngagêm sanjata lampahnèki / bisa basukining laku / amusthi ing wardaya / guna-guna kagunan kabèh ginêlung / angapus siisiningsaisining. rat / putus wiweka kaèksi //

angapus sagung durjana / sêdhih kingkin dursila silajuti / saisining rat kawêngku / kèsthi kang ala arja / têmpuhing sarana datan kegah-keguh / kukuh kautamanira / tuladên Baruna yêkti //

bratane Bathara Brama / ngupaboga sawadyane gung alit / kabèh galak maring mungsuh / bisa basaning wadya / sirna parangmuka kaparag kapusus / tirunên Bathara Brama / garwane Ni Rarasati //

Badhe kasambêt.

--- 215 ---

Sedanipun Prabu Pariksit

(Sambêtipun Kawi ôngka 6 kaca 194)

Angrêngê ta yan sang prabu têlas prayatna, umunggwing jêro prasada, rinaksa dening tandhamantrinira makabean. Padha mawa sarwa sanjata,

Angrungru ta (sang taksaka) yèn sang prabu wus prayitna, dumunung ing jêro panggung, dirêksa dening tôndhamantrine kabèh, padha anggawa sarupaning gêgaman,

tan wak tan sang wiku sidhi mantra ring sarpa bisa.

aja diucap (Mal. jangan tanyak) sang wiku (kang) mandi japane, (tumrap) ing wisa ula.

Mangên-angên ikang naga taksaka ri prayatna sang prabu ri Astina. Amèt upaya ikang taksaka, karananyan têka ring stana sang prabu kinêmiting tandhamantri saha bala, yatna kumulilingi prasada ri sor.

Anggagas ingkang naga taksaka, ing prayitnane sang prabu ing Ngastina. Golèk upaya ingkang taksaka, bisane têkaa ing panggonane sang prabu (kang) dijaga ing tôndhamantri saha bala, yitna angubêngi panggung ing ngisor.

--- 216 ---

Uwis ta yomangên-angên suksmaning upaya ikang naga taksaka, matêmahan ta ya brahmana rupa dhara, umênggêp mamawa jambu pala, pawwatnya ring sri maharaja,

Uwis ta ia anggagas lêmbuting akal, ingkang naga taksaka, atêmahan ta ia nganggo wujuding brahmana, api-api anggawa woh jambu, pisungsunge marang sri maharaja,

atisaya alêpniking palapa wwat nika, amanusa kaidhêpanya

kaliwat asrining woh pisungsunge (mau), yèn disawang kaya dudu wêton ing martyapada.

Katrangan.

Yomangên-angên = yaumangên-angên. Amanusa saking a = tan + manusa = wong. Dados suraosipun, dudu wong èdine.

Tan sangsaya sang prabu ri têkan ikang taksaka dwija rupa, atêhêr mawa ta palan ikang jambu, tinarima de sri maharaja.

Ora sônggarunggi sang prabu ing têkane ingkang taksaka awujud brahmana, banjur ngaturake wohing jambu, ditampani dening sri maharaja.

Kunang kacarita nikanang amawa palaning jambu, sanak ikang

--- 217 ---

naga taksaka, tumutur cakèngsakèng. patala, ikang taksaka munggwing sunguting jambu

Dene caritane kang anggawa wohing jambu (iku) sadulure naga taksaka, mèlu saka ing dhasaring bumi, ingkang taksaka dumunung ing sunguting jambu.

Ikang brahmana mamawa jambu, ri uwusing jambu kawwat, mangunyakên weda santi mangastu ngkara jaya-jaya mantra,

Ingkang brahmana anggawa jambu, ing sawise jambu katur, ngunèkake pujian saka ing weda, amujèkake salamêt lan unggul (sarana) môntra,

sinwagatan winèh daksina.

dibagèkake lan diwèhi ganjaran (dening sang prabu).

I têlasning weda santi kinon ta ya mantra, mulihèng patapanya de Sang Prabu Pariksit.

Ing sarampunging pujian weda, didhawuhi mulih marang patapane, dening Sang Prabu Pariksit.

Tuwi sandhyakala§ Ing samangke dados candhik ala, namaning mega gumêbyar ing wanci sêrap. têka tunggang parwata pwa Sang Hyang Rawi ujar ta sirèng baladhika, tumanyakên yan uwus Sang Hyang

--- 218 ---

Ditya sumurup, aturing mantri wau tumunggang parwata

Tur surup, tênantêkan. tunggang gunung, dene Sang Hyang Srêngenge, ngandika ta panjênêngane (sang prabu) marang panggêdhening bala, apa Sang Hyang Srêngenge wis sumurup, aturing mantri: lagi tunggang gunung.

Uwus luput idhêpnira,

Wis luput (saka pangarahe sang taksaka) panggalihe (sang prabu),

angalap ta sira darsana sasiki pawat nikang ta paswa rupa dhara, tarpa ingan mara kahyun-hyun arsa twasira sri maharaja.

amundhut ta panjênêngane jambu siji, pisungsunge kang nganggo wujuding pandhita tapa, tanpa watês hara kêpengine lan sênênge panggalihe sang prabu.

Ana ulêr ikang darsana malita irêng, abang matanya malêlê katon dènira kawatêk ika kasampayanira, ya tika ginuyu-guyu mojar i patihnira.

Ana ulêring jambu, cilik irêng, abang matane, malolo kêpriksan dening sang prabu, kawêtu ika panyamahe, ya iku digêguyu, ngandika marang patihe.

Ndan niyata panindanira ring krimi larapaning patiniran têka

--- 219 ---

Lingnira:

Lah nyata pamoyoke marang ulêr (dadi) jalarane têkaning patine. Pangandikane,

Singgih sapa sang rêsi nihan si naga taksaka, mungguh ri kang darsana pala, ya tiki sumaut amatyani kami, Bênêr sapatine sang rêsi, iki lo si naga taksaka, dumunung ing woh jambu, ya iki bakal nyaut amatèni aku,

Nahan mangkana ngên-angên Maharaja Pariksit kadi pinituturan ikang krimi, maluya ri jatinya naga taksaka.

Kaya mangkono panggalihe Maharaja Pariksit, kaya dielingake ingkang ulêr, bali ta ia ing lugune (awujud) naga taksaka.

Sinautnya ta gulu Maharaja Pariksit,

Disahutnyalah gulu Maharaja Pariksit,

atêhêr basmi buta ta awaknira madadi awu.

banjur dadi awu ta sarirane (dadi awu).

Mêsat ikang taksaka marèng antarala, mulih ta yèng nagaloka.

Mêsat ingkang taksaka maring gêgana, mulih ta ia ing panggonan naga.

I pêjah Maharaja Pariksit, akrak ta panangis ikang sakadhatwan.

Ing sasedane Prabu Pariksit, gumuruh ta panangise ing sakadhaton.

--- 220 ---

Inaturan ta sira sandhya soca saha widhi widhana, liniku-likuranya.

Dicariyosi ta panjênêngane sêsuci ing wanci sore,§ Sandhya soca têgêsipun sêsuci ing wanci sore, ing ngriki kintên kula atêgês pangguyanging mayit.. lan sapirantine manut adat, digosok-gosok (ing lênga wangi).§ Liniku-likuran, têgêsipun dèrèng têrang, ing Ramayana XXIV 97 têmbung punika sajak atêgês usap-usap.

Ri saka tambayanya§ Saking tambay = têmbe. rinatwakên ta nakira Sang Janamejaya,

Ing esuke didadèkake ratu ta putrane, Sang Janamejaya,

rare sira, kunang ta pan kina ananing sila rupa sampana, kina ananing guna lawan kasaktin.

timur panjênêngane, ananging kadunungan watêk bêcik, lan sampurna rupane, kadunungan kapintêran lan kasaktèn.

Sangsaya tua pwasira wruh ring inggita cèsthyakara, Matangyan ling nikang tandha rarkyan makabehan,

Sangsaya sêpuh pun panjênêngane uninga ing (surasaning) solahbawa, Mulane rêmbuge para panggêdhe kabèh,

--- 221 ---

yogya bisekan Sang Janamejaya, sinantyan de dhanghyang asthasèni, mwang sang brahmana puroita weda paraga.

pantês dikêpyakake Sang Janamejaya, pinuja dening para dhanghyang pandhita, myang sang brahmana pangulu, lan para kang putus ing weda.

Dumugi samantên cariyos sedanipun Prabu Pariksit, miturut Sêrat Adiparwa basa Jawi kina.

--- 222 ---

Nyuwun Sasêrêpan

Kula asring mirêng têmbung: andana warih: punika punapa têgêsipun ? sarta punapa lêrês saking têmbung: andana + warih ?

Awit têmbung punika sampun kula pitakèkakên dhatêng pitêpangan kula, dipun wangsuli bilih têmbung punika asli saking andawa + rih.

Ingkang punika kula nyuwun katrangan kadospundi lêrês saha têgêsipun.

Pun, Partasanjaya.

Lêrês, danawa rih punika saking danawa = raksasa + arih = mungsuh. Lêrêsing panyêrat danawa ri = mungsuhing buta = satriya. Wontênipun ri dados rih punika saminipun pati dados patih. Gaja dados gajah.

Bab punika sampun katêrangakên dening Prof. Kern, nanging rêdhaksi kêsupèn panggenanipun. Amariksanana Jav. Woordenboek danawa rih.

Ari punika têmbung Sanskrit têgêsipun mungsuh. Kangge ing Sêrat Baratayudha I, 1.

Liya kêmbang ura sêkartaji ni kesaning ari pêjah ing rananggana têgêsipun asri asawur kêmbang, cundhuke rambuting mungsuh mati ing paprangan.