Sastra Jawa

Program Digitalisasi Sastra Daerah

  • Increase font size
  • Default font size
  • Decrease font size

Kawi, Purbacaraka et. al., 1928-10, #1809

Katalog:Kawi, Purbacaraka et. al., 1928, #1809
Sambung:
1.Kawi, Purbacaraka et. al., 1928-03, #1809. Koran, Majalah dan Jurnal | Kawi #556.
2.Kawi, Purbacaraka et. al., 1928-04, #1809. Koran, Majalah dan Jurnal | Kawi #557.
3.Kawi, Purbacaraka et. al., 1928-06, #1809. Koran, Majalah dan Jurnal | Kawi #558.
4.Kawi, Purbacaraka et. al., 1928-07, #1809 . Koran, Majalah dan Jurnal | Kawi #559.
5.Kawi, Purbacaraka et. al., 1928-08, #1809. Koran, Majalah dan Jurnal | Kawi #560.
6.Kawi, Purbacaraka et. al., 1928-09, #1809 . Koran, Majalah dan Jurnal | Kawi #561.
7.Kawi, Purbacaraka et. al., 1928-10, #1809. Koran, Majalah dan Jurnal | Kawi #562.
8.Kawi, Purbacaraka et. al., 1928-11, #1809 . Koran, Majalah dan Jurnal | Kawi #563.
9.Kawi, Purbacaraka et. al., 1928-12, #1809 . Koran, Majalah dan Jurnal | Kawi #564.

Kawi

Sêrat wulanan kangge mitêrangakên basa Jawi sawatawis. SOLO.

Ôngka 8, 1 Oktobêr 1928, Taun I.

Mêksa Taksih Kasèp Malih

Sanadyan kula rêdhaksi administrasi tansah angrekadaya murih têtêpa wêdalipun Kawi sabên tanggal sapisan wulan Walandi, ewadene mêksa taksih kasèp kemawon wêdalipun Kawi punika. Awit saking punika kula taksih nyuwun malih gênging pangapuntên dhatêng para priyantun lêngganan dene Kawi ôngka 8 punika tanggal kaping 27 Oktobêr sawêg sagêd mêdal, ingkang mêsthinipun nalika tanggal kaping 1 Oktobêr 1928.

Rêdhaksi administrasi.

--- [0] ---

Kabar Administrasi

Minôngka lajêngipun ingkang sampun kasêbut ing Kawi ôngka 7 dumugi tanggal kaping 30 Sèptèmbêr punika kula sampun tampi arta lêngganan ingkang nyaringgit (f 2.50) saking para priyantun ing ngandhap punika:

R. RIO NITIDHIPOERO
R. PRAWIROATMODJO
R. SOEHADJI
R. SOEHARDI
R. Pr. WIROJO

Dene ing ngandhap punika ingkang maringi arta lêngganan ingkang botên nyaringgit.§ Arta lêngganan punika sawêg sapunika kapacak ing ngriki, môngka bayaripun sampun nalika tigang wulanan kapêngkêr, punika saking tledhor kula administrasi. Mila para priyantun lêngganan sami kula aturi nocogakên ing wara-wara administrasi.

R. BROTOKESOWO ... f 1.-

Manawi wontên priyantun ingkang sampun ambayar, môngka asmanipun dèrèng kapratelakakên ing nginggil punika, kaparênga lajêng nyêrêg dhatêng administrasi.

--- [223] ---

Ôngka 8, 1 Oktobêr 1928, Taun I.

Kawi

Sêrat kabar wulanan ingkang ngrêmbag saha ngajêngakên basa Jawi sarana Kawi.

Ingkang ngêdalakên ngiras bêbadaning rêdhaksi: Dr. R. Ng. Purbacaraka, M. Ng. Dwijawiyata, M. Ng. Jayasugita, R. Sastrawirya tuwin H. Sutadi, Redactie-secretaris.

Rêgining lêngganan sawulan 25 sèn, dados sataun punika f 2.50 adres Administratie en redactie-secretariaat: H. Soetadi, Kawatan SOLO.

Kawruh Sêkar Agêng

(Sambêtipun Kawi ôngka 5 kaca 142)

Bab sêkar agêng anggèn kula mêthik tuladha saking Sêrat Wrêtasancaya sampun dumugi sêkar ingkang sagaris isi wolung wanda. Inggih punika golongan sêkar anusthub.

--- 224 ---

Mênggah sêkar ingkang molu wanda punika wontên ing sêrat-sêrat basa Sanskrita, kenging dipun wastani sêpuh sangêt, inggih punika ingkang lajêng dados sêkar sloka, kangge ing Sêrat Mahabarata sarta Sêrat Ramayana basa Sanskrita.§ Amariksanana Winternitz I kaca 55. Awit saking sêpuhipun ngantos sawatawis kathah warninipun. Kajawi punika tatananipun inggih salong beda kalihan sêkar sanèsipun. Ingkang limrah pada punika katata tumpuk sakawan garis, sagarisipun punika sapada lingsa, manawi sêkar anusthub wontên ingkang katata tumpuk kalih ngênêm bêlas wanda, kabage kalih.

Sambêtipun ungêl-ungêlan Wrêtasancaya ing ngandhap punika, katata manut pratelan ing nginggil punika.

12. Yan ing ratri tatan pamrêm (bramitèng twas wimoita, atur tan trêsna ring jiwa, sawètning lara patya ya.

Jarwanipun: Yèn ing wêngi tanpa turu, nglambrang ing pikir, bingung, kaya ora trêsna ing urip, sabab saka susah bangêt, iya.

Punika namanipun sêkar Patya, kagambar:

[Grafik]

--- 225 ---

Bedanipun pada 1 kalihan 2. Makatên ugi 3 kalihan 4 (dados pada gathèt, kalayan jangkêp) wontên ing pungkasan wanda No. 7 ing pada gathèt, panjang [Grafik], ing pada jangkêp cêlak [Grafik].

Sambêtipun.

13. Sang sênêng sumlap ing ati, lot gumantung anèng matanitya sang de lare dalêm, patya balikakên budhi.§ Ing lugunipun mungêl lara dalêm, punika miturut paramasastra kirang sae.

Jarwanipun, tang dadi rasaning pikir sumêlap ing ati, tansah gumantung anèng mata, pijêr agawe sêdhih ing jêro, bangêt ambalikake budi.

Punika namanipun sêkar Wiparitapatya, kagambar

[Grafik]

Bedanipun pada gathèt kalihan pada jangkêp namung wontên wanda ingkang no. 7. pada gathèt wanda no. 7 cêlak, pada jangkêp wanda no. 7 panjang. Dados punika walikanipun sêkar Patya. Amila ing ungêl-ungêlan Kawi mungêl, patya bali = patya walik. Makatên ugi namanipun Wiparitapatya punika atêgês patya kuwalik.

Lajêngipun.

14. Ramyaning taman inusi panglipurni manah lênglêng, dusthaning smara [sma...]

--- 226 ---

[...ra] capala, manglare§ Saking manglara + i kriya, ing basa Kawi taksih wontên, i kriya gandhèng kalihan wanda mênga, botên kapitulungan ing an. Kados ta: mangêne = mangênai, Mal. Mêngênai. Tanpa madhe = tanpa madhai Mal. Tak-ada mênyamai. kapusan arsa.

Jarwanipun: asrining taman diparani, kanggo nglipur ati bingung (nanging) alane (Bathara) Kamajaya (iku) canggèh, agawe susah, kêtalèn ing sêngsêm.

Punika sêkar Capala, kagambar:

[Grafik]

Bedanipun pada gathèt kalihan jangkêp, wontên ing tigang wanda pungkasan, gathèt cêlak sadaya, jangkêp panjang sadaya.

Lajêngipun.

15. Dhatêng i jroni kang taman§ Ing lugunipun mungêl dhatênging jro ... punika kirang sae. kataman hyan dening sêkar wipula nêdhêng ande kung, kawa dening gêntêr muni.

Jarwanipun: têkan ing jroning taman, kataman sêngsêm dening kêmbang, anjrah nêdhêng agawe gandrung, mêgar dening gludhug muni. Punika sêkar Silupa. Guru lagunipun kagambar kawan pada pisan, katumpuk kalih kados ing ngandhap punika.

[Grafik]

--- 227 ---

Bedanipun pada gathèt kalihan jangkêp, wontên ing wanda no. 7 malih.

Kajawi punika wanda 4 ing pada 3 inggih cêlak, punika katranganipun benjing manawi sagêd dumugi nêrangakên sêkar sloka.§ Amariksanana, Elementarbuch der Sanskrit-sprache von A.F. Stenzler kaca VIII kalihan Lanman: Sanskrit Reader kaca (300).

Têmbung kawa têgêsipun saking Prof. Kern utawi ing Wdb. Juynboll botên mitadosi. Ing nginggil kula têgêsi mêgar, awit ing kidung Jawi kina kathah panggenan ingkang nyariyosakên manawi sêkar punika mêgar yèn mirêng gludhug.

Kawuningana, ing Sêrat Wrêtasancaya sêkar molung wanda sagaris, ingkang guru lagunipun ing pada gathèt, beda kalihan ing pada jangkêp, namung sakawan ing nginggil punika, no. 12, 13, 14, 15 (ing Wrêtasancaya no. 20. 21, 22, 23), sambêtipun lajêng ajêg kados sanès-sanèsipun, amila panatanipun inggih lajêng badhe katumpuk sakawan garis, gambaripun namung mêndhêt sagaris.

Ing sadèrèngipun kula anglajêngakên mêndhêt tuladha saking Sêrat Wrêtasancaya, ing ngriki badhe kapratelakakên rumiyin formule ingkang kangge ing sêkar agêng miturut waton saking Indhustan. Mênggah ingkang dipun wastani formule punika ungêl-ungêlan [u...]

--- 228 ---

[...ngêl-ungêlan] cêkak ingkang panjang têgêsipun. Kados ta: guru punika cêkap kasêrat ga, lagu: la. Dados upami wontên sêkar ingkang gambaripun makatên [Grafik], punika cêkap kasêrat ga. la., nanging ga. la. ing ngriki taksih kenging dipun wastani cêkakaning guru lagu, beda kalihan [Grafik] punika ing kawruh sêkar miturut waton Indhustan, cêkap kasêrat na.

Murih têrangipun, ing ngandhap punika dipun aturi warni-warnining formule wau.

[Grafik] Ma, Molossus§ Pêthikan saking On Sanskrit and Prakrit Poetry. Miscellaneou essays bij H.T. Collebrooke vol II kaca 151 katandhinga V. Sh. Apte Skt. Eng. Dict kaca 1179.

[Grafik] Ya, Bacchius.

[Grafik] Ra, Creticus of Amphimacer

[Grafik] Sa, Anapaestus

[Grafik] Ta, Antibacchius, Palim - of Hyp

[Grafik] Ja, Amphibrachys Scolius

[Grafik] Ba, Dactylus

[Grafik] Na, Tribrachys

Sarèhne aksara formule wau kajawi ga. la., sami angêmot nigang wanda, amila gambaring sêkar agêng punika murih

- -- 229 ---

cêtha, kapêndhêt niga-niga.§ Namung sêkar aryya kalihan ingkang kagolong sloka punika beda pamerangipun, badhe katêrangakên ing wingking. Kados ta: sêkar Sikarini (Kawi no. 3 kaca 27).

[Grafik]

Punika manawi wujud formule cêkap, ya ma na sa ba la ga, sêkar Prêtwitala.

[Grafik]

ja - sa - ja - sa - ya - la ga

Makatên salajêngipun.

Ing samangke wangsul anglajêngakên mêndhêt tuladha saking sêrat CrêtasancayaWrêtasancaya. malih.

16. srak kabèh wipula wangi / kumbang anghrêng amèt sêkar / lwir kakung ngrabasa ngamêr / mrih rarasning awor lulut //

Jarwanipun, amrik kabèh anjrah awangi, kombang ambangêngêng ngupaya kêmbang. Kaya priya ngrabasa angêrih-êrih, mrih rarasing awor lulut.

Punika namanipun sêkar Sarwawipula, kagambar.

[Grafik] Namanipun wontên ing ungêl-ungêlan [ungêl-u...]

--- 230 ---

[...ngêlan] Kawi kamot ing kabèh wipula. Kabèh = sarwa, lajêngipun.

17. banyu madrês lwir walahar / ri têpi jrah pang pung akèt / pacar adri kwèh asêkar / pakis okêl mebakara //

Jarwanipun, banyu sêkar kaya lahar, ing têpine anjrah panging wit pung angrêmbuyung, pacar gunung akèh kang padha kêmbang, pakis ngaruwêl kaya tlalening gajah.

Mebakara punika saking maibakara, ma ing ngriki atêr-atêr kriya ingkang têgêsipun kaya.§ Amariksanana Kern Verspr. Geschr. deel VIII kaca 203. Saminipun anggandhèn = kaya gandhèn. Iba = gajah. Kara = tangan = tlale.

Namanipun sêkar ing nginggil punika Ba Karawipula, têgêsipun wipula aksara ba, kagambar. [Grafik]

Ing ngriki prêlu kasêsêlakên katrangan pamerangipun sêkar sloka, sakêdhik.

Sêkar sloka wolung wanda punika kapalih byak dados ngawan wanda sisih, kados gambar ing nginggil punika. Wondene [Wonde...]

--- 231 ---

[...ne] wanda 5. 6. 7 ing gambar dipun pasangi blog cêmêng ing ngandhapipun, punika ing formule sami kalihan aksara ba [Grafik], awit saking punika sêkar wau kanamakakên Ba Karawipula utawi Wipula aksara ba.

Lajêngipun.

18. Mraknya nawwang dampat i pang / lila nrêt latyanta tustha / ragi dening ling nikang syung / impêr kadyanggita rakwa //

Jarwanipun, mêrake nyangungong lanang wadon ana ing pang, asri angigêl bangêt bungah, sêngsêm dening unining beo, mèmpêr kaya angidung rêke.

Sêkar punika namanipun Ra Karawipula utawi Wipula aksara ra. Kagambar. [Grafik] katranganipun sami kalihan sêkar Ba Karawipula. Namung wanda 5. 6. 7. punika sami kalihan formule aksara ra [Grafik] amila kanamakakên Ra Karawipula. Wondene wontên ing ungêl-ungêlan Kawi namanipun kacêkak wontên ing têmbung: rakwa.

--- 232 ---

Sambêtipun.

19. cod nika nyodya wacana / kuwangling tuhu-tuhu / tanpai mwang grahagana / lêknya dening dinakara //

Jarwanipun, manuke cod amoyoki, muni, manukku wong kaya caturan têmênan (nanging) ora beda karo sakèhing lintang, surême dening srêngenge (awit padha kalah karo si beo).

Pada punika suraosipun kirang cêtha, amila ing jarwa kula dugi-dugi, kula wêwahi. Mênggah lêrês lêpatipun namung kula sumanggakakên.

Sêkar punika namanipun Na Karawipula, kamot ing têmbung dinakara. Kagambar [Grafik]. Ingkang dipun dèkèki blog, punika ing formule sami kalihan aksara na [Grafik], amila dipun namakakên Wipula aksara na.

--- 283 ---

Lajêngipun.

20. tapwan lingên pasrang nikang / paksi manojnyang de lêngêng / tarpa gawe tusthe ati / ning wwang tininggal ning priya //

Jarwanipun, ora kocap ramening manuk, anyênêngake ati, agawe sêngsêm (ewadene) ora agawe bungahe atining wong ditinggal ing kêkasihe.

Sêkar punika nama Ta Karawipula, kagambar.[Grafik] . Wanda 5. 6. 7 sami kalihan aksara ta [Grafik] ing formule.

Badhe kasambêt.

--- 234 ---

Asthabrata

(Sambêtipun Kawi ôngka 7 kaca 214)

Kula nuwun, asthabrata sampun kapêthik ing nginggil, tundha tiga. Para maos tamtu lajêng sagêd mastani, bilih asthabrata Kawi punika cêkak, botên kados ingkang jarwa, sêkar agêng sarta macapat, panjang tur têmbungipun wongsal- wangsul. Ingkang makatên punika awit ingkang anjarwakakên, inggih punika Radèn Ngabèi Yasadipura ingkang kapisan, namung kalayan gagap-gagap. Wondene anggènipun mongsal-mangsuli têmbung punika saking anggènipun ngangkah têrangipun. Ananging bab punika manawi kataliti badhe kêpanjangên pangrêmbagipun.

Ingkang dados pamanahan kula punika têmbung suk prah ing Kawi ôngka 7 kaca 213 garis 3 saking ngandhap, wontên ing asthabrata jarwa sêkar agêng mungêl suk srah. Punika têmbung punapa, lan têgêsipun kadospundi. Kula padosi ing ungêl-ungêl Kawi ingkang mèmpêr botên wontên. Sadaya wurdhênbuk ingkang kula gadhah botên sagêd suka katrangan. Mugi-mugi wontêna ingkang kêparêng paring katrangan bab têmbung suk prah utawi suk srah wau.

Murih jangkêpipun, ing ngandhap punika dipun aturi pêthikan asthabrata saking Sêrat Nitisruti.

--- 235 ---

Mênggah Sêrat Nitisruti punika sampun lami anggènipun dipun cap, nanging sarèhne kula botên sagêd angsal ingkang cap-capan,§ Nitisruti ing museum, ical. dados namung mêthik turunanipun, gadhahanipun tiyang sêpuh kula. Ing pratelan sêrat-sêrat, damêlanipun Radèn Rôngga Wirawôngsa, deel I kaca 405 Sêrat Nitisruti kapratelakakên anggitan Rônggawarsitan, punika kêlintu, lêrêsipun anggitanipun Pangeran Karanggayam, kala ing jaman Pajang. Ingkang nyukani jarwa surasa, punika kintên-kintên lêrês Radèn Ngabèi Rônggawarsita, namung sarèhne jarwa surasanipun wau radi kirang mitadosi, dados ing ngriki namung mêthik Kawinipun kemawon.

[Dhandhanggula]

74. Salwir bawane sang sinung wadi / ing naya mong jagad jaga- jaga / arjuning rat saèsthine / asthagina ginêlung / kang ginulang-gulang ing pangling / rèh Sang Ramawijaya / wijiling pamuwus / warah ring Sang Wibisana / sananing asthaguna gunitèng sari / sarèhning asthabrata //

--- 236 ---

75. brataning Hyang Indra purwèng Kawi / sira ngudanakên kramaning rat / amartèng jagad jagane / sotya dana sumawur / tan ana tan minartèng budi / gumanti Yama brata / dhumêndhèng krama dur / jana gêlah ing bawana / ya dyan manggêh ing brayasi tan apilih / maling maluya pêjah //

76. umalwa-malwa ika nulahi / salahasa umawêri sarat / paran gêng tanggya tênggêke / saisya ina lêbur / brastha tumpês tapis kabasmi / kaping tri ya ta Surya / brata kataruntun / umisêp tirta sadrasa / tan karasa rasane sarèh ya dening / tan anggagya sagatya //

--- 237 ---

77. yèn angulih-ulih kalahaning / ripuring pangiwa tan katêngran / Surya brata pangisêpe / saka ping pat kaayun / Sasi brata marta mênuhi / pasuking sukaning rat / yyrulat saha guyu / mardu komala marwata / konang-unang anangi nala suwardi / wardya angde susatya //

78. kaping lima kamuksan gunadi / Bayu brata yan manginte kridha / ning rat tan ana wangêne / myang ngawruhanèng sabu- / dining dadi panduming ati / puhara anon taman / tinoning naya truh / trahning kalêngka ya lila / istha dwisthaning rat taman kêna mosik / mosiking kang aksama //

--- 238 ---

79. kaping nêm mamuktya sarasaning / arjaning praja sarwa ngenaka / datan anggop pangragane / pan jatine angayuh / kayaktian kadi pralagi / yan tatungkuling jagad / sirna têmahipun / pan tandha Kuwera brata / cirining jênêngan jênêk amiranti / asamar sakwèndriya //

80. saka sapta Baruna ginupit / umagêming astra pasabrata / apusing rat sak lesane / panggêh tan kengang keguh / dènnya gusthi sawatêk wêgig / wagugên nala lila / ing rat sapinupul / nir guna bawana ya tan / angèsthi arjaning rat guna mêkasi / wêkasan asthabrata //

--- 239 ---

81. prakatha panduking brata Bahni / lan anggêsêngi satru kang lawan / galak tang singa pamane / tanna mêndhanya murub / marab-marab mangrurah wèri / tan tungkul ing sakarya / gêng bahni sinêngkung / umulat bwatning bawana / rumaksèng rat ginorawati ginusthi / yyrulah manggêh masêsran //

Ungêl-ungêlan ing nginggil punika wangsul langkung cêlak malih katimbang asthabrata jarwa. Suraosipun, manawi grêban inggih sampun cêtha. Nanging manawi dipun dumuki satêmbung- satêmbung, inggih lajêng angèl, awit ungêl-ungêlan wau ugi risak, kados limrahipun ungêl-ungêlan Kawi ingkang kêrêp kangge, kados ta: suluk, bawa, sarta côndrasangkala.

Asthabrata Rama Kawi ugi sampun kajarwakakên dening Tuwan J. Kat wontên ing Sêrat Rama aksara Latin, wêdalan Bale Pustaka kaca 35 (ing Kawi no. 4 wiwit kaca 104) nanging wontên bedanipun.

--- 240 ---

Sêrat Côndrasangkala

(Sambêtipun Kawi ôngka 7 kaca 195-202)

Pada VIII

Naga: ula gêdhe
Panagan: ênggon ula gêdhe
Salira: manyawak
Basu: têkèk, kumaraning naga = namaning môngsa kawolu
Tanu: bunglon
Murti: cêcak, sangêt
kunjara: kandhang gajah = gêdhong pasakitan
gajah: gajah nèng wantilan
dipôngga: gajah tinitihan ratu
asthi: gajah dèn palanani
samadya: gajah nèng têngahing dalan
manggala: gajah binêkta prang
dirada: gajah mêta
bujôngga: ula lanang
brahmanastha: pandhita sabrang wêwolu
dipara: gajah binêkta cangkrama
liman: gajah ginawa midhang
lan ula: ula lanang

--- 241 ---

Naga = ula gêdhe, punika sampun lêrês, namung lêrêsing panyêratipun kêdah naga. Kajawi atêgês ula gêdhe, têmbung naga ugi atêgês gajah.

Panagan, ênggon ula gêdhe, punika manawi panagan têmbung Jawi inggih sampun lêrês. Ananging ing ngriki kajêngipun sarta lêrêsipun, panaga, punika têmbung Sanskrita atêgês ula, saking: pad = suku. Na = ora. Ga = lumaku, suraosipun lumaku tanpa suku, saminipun cangkriman Jawi: lêr tanpa suku. Kajawi punika panggenan sawêr punika agêng alita ingkang tamtu inggih rong. Môngka têmbung ingkang atêgês rong punika watak 9, dados saupami panggenan ula gêdhe = rong dumunung wontên ing pada 8, utawi watak 8, kintên kula kirang mungguh, mungguhipun inggih wontên ing pada 9.

Salira = manyawak, punika manawi salira = kawuk, kados inggih lêrês, ananging ing ngriki pikajêngipun sarira têgêsipun badan. Anggènipun dipun têgêsi manyawak punika kintên kula awit saking mêntas wontên têmbung naga, amila lajêng dipun padosakên ingkang mèmpêr, bangsanipun ingkang nlosor, inggih punika kawuk. Makatên ugi têmbung tiga sambêtipun [sambêtipu...]

--- 242 ---

[...n] (katandhinga kalihan uta ujêl, anauti ing pada III).

Basu = têkèk = kumaraning naga = namaning môngsa kawolu.

Sampun kula pratelakakên ing nginggil, anggènipun nêgêsi punika namung dipun padosakên têmbung namaning kewan ingkang mèmpêr kalihan salira (kawuk). Wondene têgêsipun basu punika namaning satêngah dewa cacah wolu iji.

Tanu = bunglon. Sami ugi kados ing nginggil. Dene têgês tanu ing ngriki badan.

Murti = cêcak = sangêt. Makatên ugi ing ngriki idhêm ing nginggil. Sarta anggènipun têgês sangêt, punika kula botên mangrêtos. Lêrêsing panyêrat muttir utawi mutir (murti) têgêsipun ugi badan, amila Trimurti = badan têlu = Arimurti, sariranipun Sang Hyang Ari = Wisnu, inggih punika jêjulukipun Prabu Krêsna ing Dwarawati.

Kunjara = kandhang gajah = gêdhong pasakitan, punika ing ngriki kêlintu, kunjara têgêsipun ingkang lêrês gajah. [ga...]

--- 243 ---

[...jah.] Kunjara têmbung Jawi ingkang atêgês buwi, sêpiran, punika saking têmbung Malayu pênjara ing têmbung Kawi panjara têgêsipun kurungan.

Gajah = gajah nèng wantilan, punika kêkathahên, inggih gajah mêkatên kemawon sampun cêkap, awit wontêna ing pundi-pundi gajah punika inggih gajah. Namung panyêratipun wontên ing têmbung Kawi têrkadhang gaja, amila sagêt luluh: gajendra.

Dipôngga = gajah tinitihan ratu, punika inggih kêkathahên, inggih cêkap gajah kemawon. Sarta panyêratipun dwipangga. Ing Woordenboek Sanskrit kula botên sagêd manggih têmbung dwipangga. Wontênipun dwipa, saking dwi = 2, pa = ngombe, suraosipun kang ngombe ping pindho.

Asthi = gajah dèn palanani, punika ugi kêkathahên, cêkap gajah, sampun. Lêrêsing panyêrat asti,§ Katandhinga kalihan sasi ing pada I siking ing pada III. saking têmbung Sanskrita astin, têgêsipun ing sakawit, nganggo tangan, nganggo pangranggèh = tlale.

--- 244 ---

Samadya = gajah nèng têngahing dalan, têmbung punipunika. lêrêsipun samaja atêgês gajah. Anggènipun mawi didundipun. dèkèki nèng têngahing dalan, punika dipun encokakên kalihan madya (lêrêsipun madhya) = satêngah.

Manggala = gajah binêkta prang, pangajêng, anggènipun anêgêsi têmbung punika kintên kula kirang lêrês, dêstun pangajêng punika radi mèmpêr, awit manggala punika têgêsipun puji, pamuji, ngalamat sae enz, sarta ingkang kêrêp dipun wastani manggala punika purwakaning sêrat ingkang angêmot puji. Anggènipun manggala tumut dipun têgêsi gajah punika namung saking katut têmbung ngandhap utawi nginggilipun.

Dirada = gajah mêta, lêrêsing panyêrat dwirada, têgêsipun inggih namung gajah, saking dwir utawi dwi = 2, kalihan da ingkang dados danta = untu, suraosipun kang nganggo untu loro = gadhing.

Bujôngga = ula lanang, punika kêkathahên, cêkap ula, sarta panyêratipun bujaga, utawi bujangga, saking buja utawi bujam = bengkong kalihan ga = lumaku, suraosipun yèn malaku bengkang -bengkong = kolèt-kolèt.

--- 245 ---

Brahmanastha = pandhita sabrang wolu, punika kula nyumanggakakên, namung lêrêsipun brahmana = pandhita + astha = 8.

Dipara = gajah binêkta cangkrama, punika ugi kêkathahên malih: lêrêsipun dwirapa,dwipara. têgêsipun gajah, mênggah katranganipun malih kacocogna kalihan dwipangga, tuwin dwirada. Anggènipun mawi cangkrama, punika: para dipun encokakên kalihan pêpara.

Liman = gajah ginawa midhang, cêkap gajah makatên kemawon. Liman, punika saking lima. Lima ing sakawit têgêsipun tangan, dados lima = 5 punika kinanipun satangan. Liman = gajah punika prêtalaning asti.

Lan ula = ula lanang. Prayoginipun dipun têgêsi = karo ula, nanging lan ing ngriki cêtha botên tumut dados ôngka. Sarta panyêratipun kêdah ula, Mal. Ular.

Pinanggihipun têmbung-têmbung ing pada VIII kados ing ngandhap punika,

Naga = ula gêdhe,
Panaga = ula
Sarira = badan,

--- 246 ---

Basu = namaning satêngah dewa,
Tanu = badan
Murti = badan,
Kunjara = gajah,
Gajah = gajah,
Dwipangga = gajah,
Asti = gajah
Samaja = gajah,
Manggala = purwakaning sêrat pamuji enz
Dwirada = gajah,
Bujangga = ula,
Brahmana = pandhita,
Astha = wolu,
Dwirapa = gajah,
Liman = gajah,
Lan = karo (botên tumut dados ôngka),
Ula = ula.

Wontênipun têmbung ingkang atêgês sawêr watak 8 punika botên têrang, namung sarèhne naga punika ugi atêgês gajah, dados naga ingkang atêgês sawêr inggih lajêng kadamêl watak wolu. § Amariksanana Kawi -Bal. Ned. Wdb. Van der Tuuk ing têmbung ula.

--- 247 ---

Wontênipun têmbung ingkang atêgês badan, watak wolu punika awit babaring sariranipun Bathara Siwa = Mahadewa (pangejawantahipun) punika warni wolu. Inggih punika: 1. rawi = srêngenge, 2. sasi = rêmbulan, 3. ksiti = siti, 4. jala = toya, 5. pawana = angin, 6. utasana = latu, 7. yajamana = tiyang ingkang andamêl wilujêngan, utawi pandhita ingkang dados pangajênging wilujêngan. 8. akasa = hawa.§ Van der Tuuk: asthamurti: katandhinga: asthatanu. Warni wolu wau kêrêp dipun sêbut kangge sêkti sumpah.§ Oud. Jav. Oorkonden kaca 67 garis 27-28.

Wontênipun basu watak 8 punika sampun cêtha, awit basu punika cacahipun wolu. Ing Sêrat Adiparwa (Jawi kina) kaca 91 salajêngipun, nyariyosakên makatên (kapêndhêt wosipun kemawon: Sang Asthabasu = basu wolu wau sami kenging sapa, dados tiyang, ingkang minôngka ibunipun Dèwi Gangga, inggih kenging sapa dados tiyang. Dèwi Gangga lajêng kêpanggih kalihan Prabu Santanu, lajêng kapundhut garwa. Sabên taun kagungan putra, nanging sabên jabang bayi lair, têrus dipun kèlèkakên ing lèpèn, ngantos kaping pitu, sarêng makatên, Prabu Santanu angèngêtakên, yèn manak manèh bok aja kobuwang, wêkasan mêdal malih Sang

--- 248 ---

Bisma, lajêng dipun gêgêsang, nanging ingkang ibu lajêng murud dhatêng ing swarga, sabab sampun dumugi sapatanipun. Sang Bisma lastantun sugêng, sabab sami-sami dosa, Sang Bisma wau agêng piyambak dosanipun katimbang para basu ingkang brol lajêng seda, amila Sang Bisma tinitah panjang yuswanipun, saking agênging dosa wau. Dene namanipun para basu wau: 1. Sang Dhara, 2. Sang Dhruwa, 3. Sang Soma, 4. Sang Apah, 5. Sang Anila, 6. Sang Nala, 7. Sang Pratyangga, 8. wuragilipun Sang Prabata, ingkang manjanma dados Rêsi Bisma u.wau.

Wontênipun têmbung ingkang atêgês gajah, watak wolu, punika makatên: keblat 8 (keblat 4 + pojok 4) punika miturut panganggêp Indhu, dipun rêksa ing gajah satunggal-satunggal, dene namanipun: 1. Erawata, 2. Pundharika, 3. Wamana, 4. Kumuda, 5. Ajana, 6. Puspadanta, 7. Sarwaboma, 8. Supratika.§ Amariksanana: Woordenboek Sanskrit-Englisch, Apte. ing têmbung Asthadigaja, katandhinga Van der Tuuk ugi ing têmbung wau.

Wontênipun manggala watak wolu, punika kirang têrang, namung manggalanipun Sêrat Abijnyana Sakuntala, punika nyêbut utawi anggêlarakên sariranipun Sang Hyang Siwa, kados ingkang sampun katêrangakên ing nginggil. Manggalanipun sêrat wau dadosipun têmbung Jawi, dugi-dugi makatên: [m...]

--- 249 ---

[...akatên:]

1. (Jasat) kang kagêm ing sang anitahake, dhèk anitahake kawitan (= banyu).
2. (jasat) kang anggawa slamêtan kang ditindakake miturut tataning agama (= gêni).
3. (wujuding) pandhita kang agawe slamêtan.
4-5. Sang karongron kang anêtêpake wanci (= srêngenge, rêmbulan)
6. (jasat) kang agawe pangrungru lan kang langgêng rumasuk ing sabarang (hawa lucht)
7. (jasat) kang dianggêp dadi mulabukaning wiji (lêmah).
8. (jasat) kang kanggo ambêkaning sadhengah kang mawa napas (= angin = bayu = kêkuwatan ?), muga-muga tuwan kang angagêm sarira jasat wolu mau rêmêna lan angrêksaa ing sira kabèh.

Makatên dugi-dugi suraosipun purwaka wau.§ Sêrat Sakuntala sampun kadadosakên basa Walandi dening Prof. H. Kern nanging kula botên sagêd angsal badhe nyambut dhatêng museum Bat. Gen. Prêtalan saking basa Walandi, damêlanipun R.M. Kartadirja (wêdalan Bale Pustaka, kula botên sagêd ngangge). Inggih awit ngêmot puji ing nginggil punika, kintên kula, mila manggala watak wolu.

Sababipun brahmana watak wolu, punika botên cêtha. Namung têmbung bujangga ingkang sakawit atêgês sawêr, punika [puni...]

--- 250 ---

[...ka] wontên ing basa Jawi kina (wiwit jaman Kêdhiri ?) sagêd atêgês pandhita, brahmana utawi geleerde§ Ing Sêrat Ramayana, damêlan sanginggil jaman Kêdhiri, manawi kula botên kêlintu, têmbung bujangga, ingkang atêgês pandhita utawi brahmana, dèrèng wontên. kintên kula, sarêng bujangga angsal têgês pandhita, têmbung brahmana lajêng kaanggêp sami kalihan bujangga, watak wolu, anggènipun kabedakakên pujôngga = wong pintêr, bujôngga = ula, punika sawêg jaman enggal-enggalan kemawon. Anggènipun têmbung brahmana kangge sangkalan, punika sampun sawatawis lami. Ing candhi Jênggung wontên gapura mawi sêngkalan brahmana nora kaya bumi,§ Prof. Krom: Hindoe-Jav. Kunst tweede druk deel 2 kaca. 238. dipun têrangakên 1307 (kintên kula kapiridakên rêsi, manawi miturut côndrasangkala lêrêsipun 1308).

Gêlaranipun gajah watak 8 dumugi brahmana watak 8.