Sastra Jawa

Program Digitalisasi Sastra Daerah

  • Increase font size
  • Default font size
  • Decrease font size

Kawi, Purbacaraka et. al., 1928-11, #1809

Katalog:Kawi, Purbacaraka et. al., 1928, #1809
Sambung:
1.Kawi, Purbacaraka et. al., 1928-03, #1809. Koran, Majalah dan Jurnal | Kawi #556.
2.Kawi, Purbacaraka et. al., 1928-04, #1809. Koran, Majalah dan Jurnal | Kawi #557.
3.Kawi, Purbacaraka et. al., 1928-06, #1809. Koran, Majalah dan Jurnal | Kawi #558.
4.Kawi, Purbacaraka et. al., 1928-07, #1809 . Koran, Majalah dan Jurnal | Kawi #559.
5.Kawi, Purbacaraka et. al., 1928-08, #1809. Koran, Majalah dan Jurnal | Kawi #560.
6.Kawi, Purbacaraka et. al., 1928-09, #1809 . Koran, Majalah dan Jurnal | Kawi #561.
7.Kawi, Purbacaraka et. al., 1928-10, #1809. Koran, Majalah dan Jurnal | Kawi #562.
8.Kawi, Purbacaraka et. al., 1928-11, #1809 . Koran, Majalah dan Jurnal | Kawi #563.
9.Kawi, Purbacaraka et. al., 1928-12, #1809 . Koran, Majalah dan Jurnal | Kawi #564.

Kawi

Sêrat wulanan kangge mitêrangakên basa Jawi sawatawis. Solo.

Ôngka 9, 1 Nopèmbêr 1928, Taun I.

Inggih Taksih Kasèp Malih

Sanajan sadhengah panyuwunan punika bilih kêkêrêpên, adamêl rikuh ingkang nglampahi, tur adamêl bosênipun ingkang dipun suwuni, nanging rêdhaksi administrasi Kawi, kêpêksa anêmpuh byat parikêdah nglampahi nyênyuwun dhatêng para lêngganan, dening wêdalipun Kawi ôngka 9 ingkang mêsthinipun ing tanggal sapisan Nopèmbêr, saya kathah kasèpipun, tanggal 18 Dhesèmbêr 1928 sawêg sagêd mêdal.

Ingkang punika mugi para priyantun lêngganan Kawi, sami angagungakên pangapuntên.

Rêdhaksi administrasi.

--- [0] ---

Kabar Administrasi

Minôngka lajêngipun ingkang sampun kasêbut ing Kawi ôngka 8 dumugi tanggal kaping 31 Oktobêr punika kula sampun tampi arta lêngganan ingkang nyaringgit (f 2.50) saking para priyantun ing ngandhap punika:

Broodersscholen
B.S. Dirdjojoewono
Instituut St. Louis
R. Joedjono
R. Moeso
Mr. R.M. Sartono
M. Soewarto
R.T.A. Sosrodiprodjo
R. Wirjaatmadja

Dene ing ngandhap punika ingkang maringi arta lêngganan ingkang botên nyaringgit.

R. Atmodjo f 3,-
R. Soeparman f 2,-
R. Brotokesowo f 1,50
W. Reksawardaja f 1,50

Manawi wontên priyantun ingkang sampun ambayar, môngka asmanipun dèrèng kapratelakakên ing nginggil punika, kaparênga lajêng nyêrêg dhatêng administrasi.

Nglêrêsakên lêpating panyithak

Ing Kawi ôngka 8 wontên arta pêmbayaran lêngganan ingkang klintu, inggih punika:

R. Pr. Wirojo kasêrat ambayar f 2,50 lêrêsipun f 1,25

R. Prawiroatmodjo kasêrat ambayar f 2,50 lêrêsipun f 1,-

--- [251] ---

Ôngka 9, 1 Nopèmbêr 1928, Taun I.

Kawi

Sêrat kabar wulanan ingkang ngrêmbag saha ngajêngakên basa Jawi sarana Kawi.

Ingkang ngêdalakên ngiras bêbadaning rêdhaksi: Dr. R. Ng. Purbacaraka, M. Ng. Dwijawiyata, M. Ng. Jayasugita, R. Sastrawirya tuwin H. Sutadi, Redactie-secretaris.

Rêgining lêngganan sawulan 25 sèn, dados sataun punika f 2.50. adres Administratie en redactie-secretariaat: H. Soetadi, Kawatan SOLO.

Purwakanipun Sêrat Rama

Sêrat Rama, punika sami-sami sêrat Jawi, kalêbêt dipun sênêngi piyambak, tandhanipun wiwit mêdal cap-capan sapisan, kala taun 1846 sapriki sampun dipun cap kaping sakawan. Taun 1872, 1884 kalihan taun 1925. Malah ingkang wêdalan taun 1925 saking Bale Pustaka, punika sêratanipun Latin, mawi karêngga ing gambar, tur dipun cocogakên Rama Malayu tuwin Indhu. Anggènipun nocogakên [nocogakê...]

--- 252 ---

[...n] kêtingalipun ngantos gêmêt. Sarèhne bab Rama Jawi, anggènipun anocogakên, kintên kula taksih wontên kirangipun, amila ing ngriki badhe katêrangakên, namung murih cêthanipun sawatawis. Ingkang kapêndhêt namung purwakanipun kemawon.

Sampun botên kenging botên, Sêrat Rama Jarwa punika babonipun mêsthi Sêrat Rama Kawi, inggih punika Sêrat Ramayana. Mênggah Sêrat Ramayana Kawi, punika pandamêlipun kala kiwa têngênipun taun Saka: 820-829 (taun Walandi: 898-807907. )§ Amariksanana: De dateering van het Oud-Java Ramayana. Gedenkschrift 75 jarig bestaan van het Kon. Inst. voor de Taal-Land-en Volkendkunde van Ned. Ind. blz. 265. dados botên taun 1200 kados pratelan ing Sêrat Rama sastra Latin kaca 11 kolom 2.

Dene purwakanipun, ujug-ujug mratelakakên Prabu Dasarata: makatên.

1. Ana sira ratu dibya rêngên / prasasta ring rat musuhnira pra nata / jaya pandhita ring aji kabèh / Sang Dasarata nama tomoli //

--- 253 ---

Têgêsipun.

Ana sawijining ratu kaya dewa, rungunên / dialêm ing jagad, mungsuhe nungkul / unggul, pintêr ing ngèlmu kabèh / Sang Dasarata namane, ora ana kang ngungkuli //

2. sira ta Triwikrama pita / pinaka bapa Bathara Wisnu mangjanma / inakanikang buwana kabèh / ya ta donira nimitaning janma //

Têgêsipun.

Panjênêngane iku Triwikrama pita / (têgêse): dadi bapakne Ba. Wisnu, nitis / kêpenaking jagad kabèh / ya iku prêlune mulane (Ba. Wisnu) nitis //

Katrangan.

Triwikrama pita punika ungêl-ungêlan Sanskrita, têgêsipun Triwikrama = jêjulukipun Ba. Wisnu. Pita = bapa, saking pitar utawi pitrê, Latin pater Inggris father Jêrman vater, Walandi vader. Manawi biyung: mata,

- -- 254 ---

saking matar utawi matrê, Latin mater enz. enz.

Dados ungêl-ungêlan Jawi: didokoki mata pita, punika kintên kula, didokoki biyung bapa, têgêsipun didokoki kang ngulat-ulatake. Anggènipun Ba. Wisnu ajêjuluk Triwikrama, punika kêpanjangên saupami katêrangna ing ngriki. Dados garis 1 ing pada kalih nginggil punika, yèn cara Sêrat Primbon (jaman Islam, kenging dipun wastani dalilipun, garis 2 maknanipun. Saminipun ingkang gampil-gampilan kemawon, wong urip iku asnapun, beda-beda. Ingkang makatên punika ing sêrat Kawi wontên sawatawis kathah, saminipun ungêl-ungêlan Arab ing Sêrat Tajusalatin utawi Cênthini.

Lajêngipun Sêrat Ramayana.

3. gunaman ta Sang Dasarata / wruh sira ring weda, bakti ring dewa / tar malupèng pitrê puja / masih ta sirèng swagotra kabèh //

Têgêsipun.

Sugih guna Sang Dasarata, uninga ing layang-layang kawruh, bêkti marang dewa,

--- 255 ---

ora kêsupèn ing pangaji-aji marang lêluhur,§ Pitrê ing ngriki têgêsipun voorvader lêluhur têmbung Tênggêr: petra utawi pitra. (Amariksanana Handelingen congres Solo taun 1919 kaca 47. asih ta panjênêngane marang santanane dhewe kabèh.

4. ragadi musuh maparê / ri ati ya tonggwannya tan madoh ring awak / yeka tan ana ri sira / prawira wihikan sirèng niti //

Têgêsipun.

Sêngsêm lan sapanunggalane, mungsuh cêdhak,§ Sêngsêm, karêm, sêngit, mèri sapanunggilanipun, punika kalêbêt mêngsah ingkang cêlak, dumunung salêbêting manah. ing ati ya ta panggonane, (dadi) ora adoh (saka) ing badan, iku ora ana ing panjênêngane, kêndêl uninga panjênêngane ing pangulahing karajan.

5. kadi mega mangudanakên / padhanira yarwèh akêni kang dana / dinandha krêpana ya winèh / nguni-nguni dhanghyang dhangacaryya //

--- 256 ---

Têgêsipun.

Kaya mega angudanake (banyu), padhane yèn amaringake dana, wong kasangsara, wong picak, wong mêmêlas, iku (padha) pinaringan, apadene (para) pandhita (lan para) guru.

6. mwang satya ta sira mojar / ring anakêbi towi tar mrêsawada / nguni-nguni yan ri para jana / priyaita sojarniratisaya //

Têgêsipun.

Myang têmên ta panjênêngane angandika, marang wong wadon tur ora lêlamisan, apadene yèn marang wong lumrah (of wong liya), mêrak ati sapangandikane bangêt.

7. Sapala sira raksakèng rat / tuwi sira mitra Hyang Indra bakti têmên / Mahèswara ta sira lana / Siwa bakti ginêng lana ginawe //

--- 257 ---

Têgêsipun.

Prayoga panjênêngane (dadi) tukang rumêksa jagad, tur panjênêngane mitrane Hyang Indra, (kang) têmên bêkti, anêmbah Bathara Mahèswara (Siwa) ta panjênêngane tansah, pangabêkti marang Ba. Siwa digêdhèkake, tansah ditindakake.

8. I kanang dhanurdhara kabèh / kapwa ya bakti ri sira pranata matwang / kadi mawa tang yasa lana / rupanya nagêng ta kirtinira //

Têgêsipun.

Ingkang prajurit panah kabèh, padha ya bêkti ing panjênêngane nungkul angratu, kaya nyaosna jasa tansah, warnane gêdhe ta (ênggone gawe) kabêcikan.

Katrangan.

Garis sakawan ing pada 8 punika angèl sangêt suraosipun. Kenging dipun suraos.

a. Para dhanurdhara wau nyaosakên kabagusanipun

--- 258 ---

(dados prajurit) saha agênging kasaenanipun.

b. Sang prabu sakalangkung bagus, tur agêng kasaenanipun.

Wasana kula namung nyumanggakakên.

9. jnyananira sudha mawulan /§ Ja [cêrêk] punika ungêlipun jnya, utawi pancèn lintuning jnya. Nanging limrahipun punapadene ing Ngayogyakarta, kaanggêp ja agêng. pararta gumawe sukan ikang buwana / saksat Indra sira katon / tuhun anèng bumi bedanira //

Têgêsipun.

Pikire rêsik kaya rêmbulan, amrêlokake marang prêlune wong liya, agawe bungahing jagad, sasat Bara. Indra katon panjênêngane, mung ana ing bumi bedane.

10. i kanang pra tapa dumilah / sukan i kanang rat ya teka ginawenya / kadi bahni ring pahoman / dumilah mangde sukanikang rat //

--- 259 ---

Têgêsipun.

Ingkang cahya gumêbyar, bungah ingkang jagat, ya iku dibikin-nya, kaya gêni ing pamujan, gumêbyar anggawe bungahing kang jagat.

Samantên purwakanipun Sêrat Ramayana, ingkang nyariyosakên Prabu Dasarata. Lajêngipun amratelakakên kadhatonipun sang prabu ing Ngayodhya.§ Ing Rama Jarwa wêdalan Gênutskap wiwit kaca 4 garis 11.

Samangke Sêrat Rama Jarwa, punika purwakanipun anyariyosakên Prabu Dasamuka, sasadhèrèkipun ingkang makatên punika dipun udaraos ing sorah Rama sêratan Latin kaca 9 kolom 1 makatên:

Serat Rama jarwa, wiwitan anyariyosaken lelampahanipun Rahwana, boten beda kaliyan serat Hindu Jaina, Ramayana damelanipun sang Hemcandra (sic!)

Acarya (ing taun Walandi 1089-1172) lan cariyos Rama basa Melayu Makaten ugi cariyos ing padalangan (lampahan), wiwitipun inggih ngandaraken lelampahanipun Rahwana ingkang sampun kapengker dangu, inggih punika ingkang kacariyosaken ing serat Arjuna Sasra-Bau. Dados mirit serat-serat wau, ingkang dados bakuning cariyos: Rahwana, sanes Rama. Dasar anggumunaken, Dene serat Rama jarwa, ingkang cariyosipun mèh angepleki Rama Walmiki, teka kawiwitan nyariosaken lelampahanipun Rahwana.

--- 260 ---

Samantên pangudaraosipun sorahing Rama aksara Latin. Murih têrang ing ngriki kula kalilana matur. Anggènipun Rama Jarwa wiwitan anyariyosakêanyariyosakên. Prabu Dasamuka, punika Kyai Yasadipura mêndhêt saking purwakanipun Sêrat Arjunawijaya, ingkang lajêng dados sêrat jarwa: Lokapala utawi Sasrabahu. Wondene ingkang dados bakuning cariyos ing Sêrat Rama Jarwa, punika inggih Prabu Rama, sanès Prabu Dasamuka. Awit botên dupèh dipun cariyosakên rumiyin, Prabu Dasamuka lajêng dados bakuning cariyos, punapadene anggènipun mratelakakên wau cêkak sangêt. Saminipun, Mas Cêbolang wontên ing Sêrat Cênthini, punika sanadyan kacariyosakên rumiyin, nanging inggih botên dados bakuning Sêrat Cênthini, makatên ugi Prabu Dasamuka wontên ing Sêrat Rama Jarwa.

Manawi sagêd, panggenan ing Sêrat Arjunawijaya ingkang kapêthik tur kacêkak wontên ing Sêrat Rama, badhe kapratelakakên ing wingking.

--- 261 ---

Triwikrama

Triwikrama punika jêjulukipun Sang Hyang Wisnu, mênggah udhalanipun tri = têlu, wikrama = jangkah. Suraosipun kang anjangkah kaping têlu. Pramila Sang Hyang Wisnu ngagêm jêjuluk kang anjangkah kaping têlu, punika cacriyosanipun makatên.

Sadèrèngipun Bathara Wisnu angejawantah dados tiyang cebol (utawi lare bajang), Bathara Wisnu tapa wontên ing satunggaling wana. Ing nalika punika Prabu Bali, ratuning raksasa, putranipun Sang Wirocana, anguwasani jagad têtiga (têgêsipun para dewa sami kasêsêr, ical pangawasanipun).

Sarêng Prabu Bali mêntas damêl wilujêngan agêng, para dewa ngaturi dhatêng Bathara Wisnu, supados awujud tiyang cebol (utawi lare bajang) salajêngipun anyuwuna pêparing dhatêng Prabu Bali, ingkang sagêd andamêl ayêmipun para dewa (awit sabên tiyang mêntas adamêl wilujêngan agêng, mêsthi lajêng ngêdum dana, dhatêng sadhengah ingkang nêdha). Sang Hyang Wisnu amituruti. Awujud tiyang cebol, Sang Hyang Wisnu lajêng nyuwun siti dhatêng Prabu Bali, wiyaripun tigang jangkahipun, sang prabu gumujêng dene tiyang cebol namung nyuwun siti tigang jangkahipun, wasana sarêng dipun sagahi, Sang Hyang Wisnu lajêng jumangkah kaping tiga, dipun wiwiti saking dhasaring bumi, dhatêng bumi ingkang kêtingal punika, [puni...]

--- 262 ---

[...ka,] lajêng dhatêng ing swarga. Awit saking punika panguwasanipun Prabu Bali tumrap ing tribawana, têlas, lajêng kapasrahakên malih dhatêng para dewa.§ Katandhinga: Das Ramayana. Geschichte und Inhalt ... von H. Jacobi kaca 143 kalihan Prof. Krom. Hindoe-Jav. Kunst deel I kaca 97- Proefschrift Dr. Stutterheim kaca 126.

Malah ing gambar rêca, wujudipun Sang Hyang Wisnu Triwikrama punika asuku tiga, ingkang satunggal mangandhap, tlapakanipun botên kêtingal, têgêsipun wontên ing dhasaring bumi. Satunggalipun ingkang dhumawah ing dunya punika, tumumpang ing dhadhanipun Prabu Bali, pêjah. Satunggalipun malih anjêjêr minggah dumugi ing swarga. Awit saking punika amila Sang Hyang Wisnu ajêjuluk Triwikrama. Ananging ing jaman samangke têmbung triwikrama utawi tiwikrama punika gadhah têgês tanduk, malih wujud danawa agêng: yèn wayang. Nêsu sangêt, yèn tumrap tiyang limrah.

Nyuwun Sêsêrêpan

1. Taun Saka, punika taunipun tiyang bôngsa punapa, manawi taunipun tiyang Indhu, nalika sadèrèngipun tiyang Indhu angajawi, tiyang Jawi punapa sampun anggadhahi petangan taun, namanipun punapa. Saha kadospundi namaning wulan, dintên tuwin pasaran.

--- 263 ---

2. Têmbung Kawi punika têmbungipun tiyang bôngsa punapa, manawi sanès têmbungipun tiyang Jawi, namanipun punapa têmbung Jawi dêlês ing sadèrèngipun tiyang Indhu angajawi. Dene manawi Kawi wau namanipun têmbung Jawi, sabab punapa botên dipun wastani basa Jawi.

3a. Miturut Kawi ôngka: 3 kaca 67, 68 aksara ingkang mawi sandhangan: swara panjang, [Grafik] (taling), [Grafik] (taling tarung), ingkang sigêg, saha aksara ingkang dumunung sangajênging aksara tumpuk, sadaya sami dados guru, kagambar _ (panjang) sarèhning sêkar agêng Tanumadhya (Kawi ôngka: 5 kaca 139 sêkar ôngka: 3) garis nginggil wanda wêkasan aksara nglêgêna (wa), ing garis ôngka: 2 wanda wêkasan aksara sigêg (tyan) makatên ugi sêkar ôngka: 8, 9, gambaripun guru lagu sami, punika têrangipun kadospundi, dening gèsèh kalihan warah ing nginggil, aksara nglêgêna kagambar _ (panjang), ingkang aksara sigêg kagambar [Grafik] (cêlak). Saha aksara: wruh, kagambar _ wontên ingkang [Grafik]

b. Kajawi punika sarèhning sabên sêkar (4 larik) namung kagambar guru lagu warni satunggal, dados tumrap panjang cêlaking aksara (swara), punapa ugi ajêg warni satunggal. Bilih makatên upami sapupuh isi 10 pada, panjang cêlaking swara punapa inggih ugi ajêg sami kados larikan ingkang wiwitan.

Ks.

--- 264 ---

Taun Saka punika dhatêngipun ing tanah Jawi kabêkta dening tiyang Indhu.§ Amariksanana: Encyclopaedie van Ned. Ind. (eerste druk) deel 4 kaca 455 kolom 2 ngandhap.

Sadèrèngipun tiyang Indhu angajawi, bôngsa Jawi sampun gadhah petangan taun piyambak, nanging namanipun ical tanpa lari, ing jaman samangke sampun botên kasumêrêpan.

Namaning wulan Jawi kala ing jaman kina sangêt, kasa, karo, enz. dumugi sadasa, ingkang kalih wulan botên kapetang, dipun wastani wulan apit§ Amariksanana: Dr. Brandes. De maandnaam hapit ing Tijdschr Bat. Gen. deel 41 (1899) kaca 19-31. ing janjaman. samangke (jaman Islam) ingkang dipun wastani wulan apit punika Sawal, Dulkangidah, punika namung encok-encokan kemawon - wulan apit kala ing jaman kina, punika wancinipun tiyang ngaso, botên anggarap sabin. Ing jaman samangke wulan apit punika, yèn tiyang kikrik, botên kenging kangge gadhah damêl.

Dintên pasaran punika gadhahanipun tiyang Jawi nalika bôngsa Indhu dèrèng angajawi, saminggu (wangsuling dintên) namung isi gangsal dintên.

Makatên ugi paringkêlan, saminggu isi 6 dintên. Punika inggih gadhahanipun tiyang Jawi tulèn.

--- 265 ---

Namung minggu ingkang isi 7 dintên, gadhahanipun tiyang Jawi tulèn kêsun kêsuk. dintênipun tiyang Indhu, Raditya, Soma, Anggara, salajêngipun.

2. Ingkang dipun wastani basa Kawi punika basanipun tiyang Jawi kala jaman kina, pancènipun ingkang lêrês, namanipun basa Jawi kina, nanging Kawi langkung prayogi, awit cêkak cêtha.§ Amariksanana: Kern Verspreide Geschtriften deel IX kaca 31. Ingkang dipun wastani basa Kawi utawi Jawi kina, punika banipun basanipun. tiyang Jawi sasampunipun kêgrujug (kêcampuran kathah sangêt) têmbung Sanskrita, ing sadèrèngipun kêcampuran têmbung Arab. Punika grêbanipun.

Saupami wontêna sêrat-sêrat ingkang pinanggih mawi basa Jawi dêlês, têgêsipun dèrèng kêcampuran têmbungipun tiyang Indhu, basa wau inggih lajêng nama basa Jawi dêlês. Nanging têtilaranipun sêrat-sêrat, botên wontên, basa Jawi wiwit dipun sêrat sampun kêcampuran têmbung Sanskrita.

3a. Pitakèn no. 3a. punika wosipun namung bab wanda ingkang wontên pungkasaning garis. Bab punika cêkap mriksanana Kawi no. 3 kaca 68 garis 16 utawi alinea e. manawi dèrèng marêm, nyukanana pitakèn malih.

--- 266 ---

3b. Gambaring garis satunggal, punika jangji taksih sami sêkaripun, mêsthi cocog kalihan garis ing pundi-pundi.

Lah ambok sapupuh punika isi pintên pada, lampahing guru lagu inggih ajêg. Kados ta Sêrat Ramayana pupuh kalih isi 77 pada = 77 X 4 larik = 308 larik, punika guru lagunipun inggih ajêg kemawon. Sampun malih ingkang nunggil sapupuh, tiyang sanès panggenan, sanès sêrat, jangji sêkaripun sami, guru yagunipunlagunipun. inggih sami. Malah ing sêrat Indhu basa Sanskrita, punika anggêr sêkaripun sami kalihan sêrat ingkang basa Jawi kina, guru lagunipun inggih sami, tur basanipun sanès.

Nanging wontên golonganing sêkar ingkang pincang, utawi nyandhung, punika pincang utawi sandhunganipun inggih ajêg, kados ta: garis jangkêp punika pincang wontên ing wanda. no. 7 punika garisa no. pintên ingkang jangkêp, jangji wontên ing wanda 7 inggih mak jêglig, pincang utawi nyandhung. Bab punika botên kenging kula panjangakên, awit badhe anglancangi warahing kawruh sêkar agêng satêmah ambibrahakên tataning lampah.

--- 267 ---

Pitakenan

DJOKJA, 3 Sept 1928.

Wedelgeb, Heer.

Zou U me een verklaring kunnen geven van "dimedja" dat in zoovele Javaansche namen voorkomt. (Wangsadimedja, Kartadimedja, Resadimedja e.t.. g.) Bij voorbaat dankend.

Uw. Abonné

H.H. URSELMANN

Pitakèn ing nginggil punika wosipun ing basa Jawi, punapa rêdhaksi sagêd suka trangankatrangan. bab dimêja, ingkang kêrêp sangêt kangge namanipun tiyang Jawi (Wôngsadimêja enz).

Kula nuwun, bab mêja rêdhaksi nyuwun pangapuntên, botên sagêd nêrangakên. Namung di ingkang kangge ing nama punika saking têmbung Sanskrita: adhi, têgêsipun voornaam kados ta: adipati, punika saking adhipati = voorname heer ... adiningrat, kaluluhakên kalihan ngajêngipun ... diningrat, punika têgêsipun minulya ing jagat, voornaam in de wereld. Adiraja = ratu linuwih, mungkrêd dados dirja, makatên ugi adirajya = nagara linuwih inggih mungkrêd dados dirja, Mantilidirja, saking Mètiladhirajya = Mètila nagara linuwih. Mêja punika ingkang tamtu saking madya, madhya = têngah, nanging lajêng kadospundi gathuking suraosipun ?. Mêja sagêd ugi saking mahaja, têgêsipun kêlairan gêdhe, kêlairan luhur WelEdelgeboren nanging raos kula kêtêbihên upami dipun têgêsi makatên, wasana nyumanggakakên.

--- 268 ---

Sêrat Côndrasangkala

(Sambêtipun Kawi ôngka 8 kaca 240-250)

Pada IX

Trustha: lèng bêdhil
Trusthi: lèng tulup
Muka: rêrai
Gapura: lawanging ratu
Wiwara: lawang sakèthèng
Dwara: lawanging omah
Nanda: lèng kodhok = sêsotya = namaning môngsa kasanga
Wilasita: lèng kombang
Guwa: lèng patapan
Rago: lèng samun
Ludra: aluraning dewa
Gatra: lèng gangsir
Gônda: ambêt
Lèng: lèng sêmut
Rong: lèng ula
Song: lèng landhak
San: lawang butulan [butul...]

--- 269 ---

[...an]

Yèku ôngka: inggih punika wêwilangan
Babahan: lèng maling
Hawa sanga: bolonganing badan

Têmbung trustha kula padosi ing Wurdhênbuk Sanskrita sarta ing van der Tuuk botên pinanggih. Kintên kula pancèn botên wontên. Wondene ingkang atêgês bungah, punika lêrêsipun ing Kawi tulèn tustha. Wontên têmbung ingkang radi mèmpêr kalihan tustha, sarta têgêsipun inggih mèmpêr bilih kagolongakên kalihan têmbung ingkang watak sanga, inggih punika: tuna, têgêsipun bumbung wadhah panah.

Makatên ugi trusthi, kintên kula inggih tuni, têgêsipun sami kalihan tuna, sami bumbung wadhah panah.

Muka = rêrai punika sampun lêrês, ananging têgêsipun piyambak, cangkêm, sarta ing basa Sanskrita panyêratipun kêdah: Muka, wontên ing basa Kawi têrkadhang muka, têrkadhang muka.

Gapura = lawanging ratu, punika ugi lêrês, awit têgêsipun ingkang salugu, lawanging kutha, lawanging nagara, namung panyêratipun kêdah gopura.§ Têrkadhang kasêrat gupura, saking kêpêpêt ing guru lagu (Ramayana XII 57 XXII, 1).

--- 270 ---

Wiwara = lawang sakèthèng, punika inggih lêrês, nanging prayoginipun botên susah mawi sakèthèng, cêkap lawang kemawon.

Dwara = lawanging omah, makatên ugi ing ngriki, inggih cêkap lawang, botên susah mawi nging ngomah, sarta panyêratipun ingkang lêrês dwara.

Nanda = lèng kodhok = sêsotya = namaning môngsa kasanga, punika kula sumanggakakên, kula botên sagêd andugi- dugi.

Wilasita = lèng kombang. Têmbung punika lêrêsipun kalih têmbung, wila = rong, saking têmbung Sanskrita bila = lèng, kalihan sidhra têmbung Sanskrita, têgêsipun jubur.§ Anggènipun têmbung wilasita dipun têgêsi lèng kombang, punika kintên kula saking têmbung: brêmara wilasita, namaning sêkar agêng. Sarèhne wilasita nunggil têmbung ingkang atêgês lèng, môngka gandhèngipun kalihan brêmara = kombang, amila dipun gagahi atêgês lèng kombang. Ingkang makatên punika lêpat, wilasita punika têgêsipun berag, bungah, enz. Dados têmbung brêmara wilasita, lêrêsipun bramara ngilasita, punika têgêsipun ingkang lêrês kombang girang.

Guwa = lèng patapan, punika botên lêpat, namung panyêratipun ing basa Sanskrita: gua, ing basa Kawi ugi makatên, nanging sok kasêrat gêa.

Rago = lèng samun, punika kula sumanggakakên.

--- 271 ---

Ludra = aluraning dewa, makatên ugi punika, kula inggih kirang têrang. Nanging kula gadhah kintên manawi sakawit mungêl randhra, atêgês rong. Têmbung ludra, saking têmbung Kawi tulèn utawi Sanskrita, Rudra = namanipun Bathara Siwa, punika ing sasumêrêp kula watak 11 (sawêlas) makatên ugi sadaya têmbung ingkang atêgês namanipun Bathara Siwa.

Gônda = ambêt, punika bilih saking têmbung Kawi gandha, inggih sampun lêrês, nanging kintên kula ing ngriki lêrêsing pamaos go, nda. Go = sapi, lêrês watak sanga. Dene: nda namung sêsêlan, botên tumut dados ôngka. Têgêsipun lah (panguwuh), dados manawi kawaos têrus kalihan têmbung ing ngandhapipun mungêl go:nda: lèng rong, enz.

Lèng = lèng sêmut,
Rong = lèng ula,
Song = lèng landhak.

Têmbung tiga ing nginggil punika prayoginipun inggih namung dipun têgêsi lèng kemawon, botên susah mawi katrangan malih.

Têrus = lawang butulan, punika inggih botên lêpat,

--- 272 ---

namung sarèhne têgêsipun têrusan, sampun cêtha, kados inggih botên parlu katêrangakên malih.

Yèku ôngka = inggih punika wêwilangan, punika sampun lêrês, nanging têmbung wau botên tumut dados ôngka.

Babahan = lèng maling, manawi sakawit pancèn mungêl makatên inggih sampun lêrês.

Hawa sasanga = bolonganing badan, têmbung punika kintên kula ing sakawit mungêl nawa sasanga. Dene nawa têgêsipun sanga. Sasanga, inggih sanga.

Têrangipun têmbung ing pada IX kados ing ngandhap punika.

Tuna = bumbung wadhah panah
Tuni = bumbung wadhah panah
Muka = cangkêm
Gopura = gapura
Wiwara = lawang
Dwara = lawang
Nanda = ?
Wila = rong
Sidhra = jubur

--- 273 ---

Gua = guwa
Rago = ?
Randhra = rong
Gatra = ?
Go = sapi
Nda = lah (botên tumut dados ôngka)
Lèng = lèng
Rong = rong
Têrusan = têrusan
Yèku ôngka = iya iku ôngka (botên tumut dados ôngka)
Babahan = babahan

Nawa sasanga,

Wontênipun sadaya têmbung ingkang atêgês bolongan, watak sanga, punika kapiridakên bolonganing badan cacah sanga, mata 2, kuping 2, irung 2, cangkêm 1, margining sêsukêr 2.

Wontênipun go = sapi, watak sanga, kula botên sumêrêp namung ing Woordenboek Sanskrit go sampun dipun sukani têgês The number (nine) = ôngka sanga.

--- 274 ---

Kawruh Sêkar Agêng

Ing ngandhap punika taksih golonganing sêkar ingkang molung wanda ing dalêm sagaris.

21. kêmbanging surastryasoka / sêk sama nibèng natarnya / kadyapus gêlung ning asa / lumra ring tilam mrik arja //

Jarwanipun, kêmbanging sulastri lan asoka, kêbak padha tiba ing latare, kadi talining gêlunge wong susah (wudhar, kêmbange) warata ing paturon, amrik asri.

Sêkar samani. Têmbung punika kamot ing ungêl-ungêlan samanibèng, ing garis 2.

Kagambar. [Grafik]

22. nihan ikang sila pênêd / mapandhanarja tan sipi / nda tang isapwakên pudhak / yateka na ruru pini //

Jarwanipun iku, lo, ingkang watu prayoga, ana pandhane. Nganggo mangku kêmbang pudhak, padha tiba ing watu mau, [ma...]

--- 275 ---

[...u,] kaya dene tanpa aji.

Sêkar Rupini kagambar. [Grafik]

23. onyat ikang we kumucur / mêtwi rêngatning parangan / tusnya kinêmbêng madalêm / manawaka kridhitaka //

Jarwanipun, ana ingkang banyu kumucur, mêtu ing bênthèting parangan, tus-tusane dibêbêg, ajêro, bocah-bocah padha adêdolanana (ing kono).

Sêkar Manawakakridhita, kagambar [Grafik]

24. madrês ilinya mahêning / tambingnikarsik arata / njrah tang sugandha kusuma / sapantika ling i mulat //

Jarwanipun santêr iline abêning, pinggire rêsik, arata, anjrah ingkang kêmbang wangi-wangi (iki panggonan) ilanging dosa (mangkono) pangudarasane kang wêruh (ing kono).

Garis kalih punika ungêlipun tambing naka + arsik arata.

--- 276 ---

sapantika, saking sapa = sapata,

duraka + antika = têlas. Têlasing duraka = kamulyan.

Sêkar Sapantika, kagambar [Grafik]

25. pangkaja puspa sêdhêng mrik / munggwi ri kang talaga hning / konang-unang ri têngahnya / paksi witana suka dyus //

Jarwanipun kêmbang tunjung nêdhêng arum, dumunung ing talaga bêning, anêngsêmake ing têngahe, ana manuk witana sênêng adus.

Sêkar Witana [Grafik]

26. minanya kwèh na-na warna / marbut buktinye jroning we / kagyat dening paksi madyus / kumlab impêr widyutmala //

Jarwanipun iwake akèh, warnane rêna-rêna, arêbut pangane ing jroning banyu, kagèt dening manuk adus. Kumêlap mèmpêr ogèl-ogèling kilat.

Widyutmala [Grafik]

--- 277 ---

27. yasa malangê inêduk / racana niking talaga / kusuma katangga sumar / bramara wilambita ya //

Jarwanipun omah asri nganggo payon duk, iku rêrêngganing talaga (mau), kêmbang katangga warata, kombange agandhulan (ing kêmbang mau).

Bramarawilambita [Grafik]

Badhe kasambêtan.

Nyuwun Indhaking Sêsêrêpan

Kula nuwun, pêparinging paduka wangsulan, kawrat ing: Kawi nomêr 6, minôngka wangsulaning pitakèn kula bab têmbung: tamoli, kula sadaya matur sangêt nuwun, sarta sami kalêgan ing manah.

Kajawi saking punika manawi kaparêng ing galih, pakêmpalan Mardi Kawi ing Lumajang, mugi kaparênga nyuwun indhaking sêsêrêpan malih kados ing ngandhap punika.

--- 278 ---

Ing sêrat: Tijdschrift van het Bataviaasch Genootschappen van kunsten en Wetenshappen deel LVIIII, afdeeling 6, panjênênganipun Dr. R. Ng. Purbacaraka, angêdalakên pêthikan-pêthikan saking Sêrat Smaradahana. Pakêmpalan Mardi Kawi ing Lumajang, angajêng-ajêng sangêt, mugi panjênênganipun Radèn Ngabèi karsa ngêdalakên sêrat punika wontên ing tijdschrift Kawi ngriki, saking wiwitan dumugi wêkasanipun. Wondene gatining wigatos 1e. cariyos wau sagêda sumêbar kasumêrêpan ing akathah. 2e. sagêd anglêrêsakên ingkang dados klèntuning pamanggih.

Ing sapinggiring talaga Ranugumbala (sangandhaping rêdi Sêmèru) wêngkon Lumajang, wontên sêratan kina, ingkang kintên-kintên gandhèng dhatêng cariyos punika (kapirsanana) oudheid kundig verslag 1920 Derde en Vierde kwartaal.

Miturut pamanggihipun paduka Tuwan Dr. Bosch sêratan wau ingkang sakawan aksara ing ngajêng piyambak kirang têrang ungêlipun, dene salajêngipun mungêl makatên: Mpu Kamèswara tirta yatra. Têgêsipun: tindakipun Êmpu Kamèswara dhatêng pasiraman suci. Mênggah wujuding sêratan wau ing sela makatên: [m...]

--- 279 ---

[...akatên:] Botên sagêd mujudakên ing ngriki, dening dèrèng wontên cawisanipun aksara wau.

Sanajan paduka panjênênganipun Tuwan Dr. Bosch kagungan pamanggih: Kamèswara punika priyagung ing jaman Majapaitan, ananging kula gadhah pamanggih: nitik laguning sêratan tanpa rêrênggan (pasaja), limrahipun punika kangge ing jaman sadèrèngipun Majapaitan. Dados kintên-kintên punika Kamèswara panuksmanipun Bathara Asmara (Panji Asmarabangun).

Wasana badhe kêparêngipun anjlèntrèhakên cariyosipun Sêrat Smaradahana, miwah bedaning pamanggih sêratan sela ing nginggil wau, sadèrèngipun miwah sasampunipun, kula matur sangêt nuwun.

Kula pun Jantraka.

Bab angêdalakên Sêrat Smaradahana, sampun karêmbag ing Afdeeling voor de Taal-Land-en Volkenkunde van het Bataviaasch Genootschap van Kunsten en Wetenschappen.

Bab sêratan sela kasbut ing nginggil, rêdhaksi pamanahipun botên sagêd langkung sangking ingkang sampun kasbut ing Oudheidkundig Verslag 1920 kaca 100-101 kauningana.

--- [0] ---

Kawi Taun 1929

Para priyantun lêngganan ingkang kaparêng nêrusakên mundhut, sami kasuwun mugi kêparênga lajêng maringi arta lêngganan dhatêng administrasi ing Surakarta f 3.- kangge sêtaun (Januari dumugi Dhesèmbêr 1929) 12 nomêr.

Sangêt-sangêt panyuwunipun.

Administrasi.