Sastra Jawa

Program Digitalisasi Sastra Daerah

  • Increase font size
  • Default font size
  • Decrease font size

Kawi, Purbacaraka et. al., 1928-12, #1809

Katalog:Kawi, Purbacaraka et. al., 1928, #1809
Sambung:
1.Kawi, Purbacaraka et. al., 1928-03, #1809. Koran, Majalah dan Jurnal | Kawi #556.
2.Kawi, Purbacaraka et. al., 1928-04, #1809. Koran, Majalah dan Jurnal | Kawi #557.
3.Kawi, Purbacaraka et. al., 1928-06, #1809. Koran, Majalah dan Jurnal | Kawi #558.
4.Kawi, Purbacaraka et. al., 1928-07, #1809 . Koran, Majalah dan Jurnal | Kawi #559.
5.Kawi, Purbacaraka et. al., 1928-08, #1809. Koran, Majalah dan Jurnal | Kawi #560.
6.Kawi, Purbacaraka et. al., 1928-09, #1809 . Koran, Majalah dan Jurnal | Kawi #561.
7.Kawi, Purbacaraka et. al., 1928-10, #1809. Koran, Majalah dan Jurnal | Kawi #562.
8.Kawi, Purbacaraka et. al., 1928-11, #1809 . Koran, Majalah dan Jurnal | Kawi #563.
9.Kawi, Purbacaraka et. al., 1928-12, #1809 . Koran, Majalah dan Jurnal | Kawi #564.

Ôngka 10, 1 Dhesèmbêr 1928, Taun I.

Kawi

Sêrat kabar wulanan ingkang ngrêmbag saha ngajêngakên basa Jawi sarana Kawi. Ingkang ngêdalakên ngiras bêbadaning rêdhaksi: Dr. R. Ng. Purbacaraka, M. Ng. Dwijawiyata, M. Ng. Jayasugita, R. Sastrawirya tuwin H. Sutadi, Redactie- secretaris.

Rêgining lêngganan sawulan 25 sèn, dados sataun punika f 2.50 adres Administratie en redactie-secretariaat: H. Soetadi, Kawatan SOLO.

Pêthikan Sêrat Arjunawiwaha

XXXV

Ing sasampunipun Radèn Arjuna amêjahi Prabu Niwatakawaca, ratu danawa ing nagari Manimantaka, lajêng kaganjar jumênêng nata wontên ing swarga, laminipun pitung wulan. Sarêng sampun dumugi wancinipun, Sang Dananjaya lajêng nyuwun pamit dhatêng Bathara Endra, badhe wangsul dhatêng wana ing Wadari, inggih punika dunungipun para Pandhawa ingkang sakawan kanthi ingkang

--- 281 ---

ibu Dèwi Kunthi. Ungêl- ungêlanipun Kawi kados ing ngandhap punika.

5. akwèh lalana sang nrêpatmaja ... tangèh yan caritan wilasanira ring saka sasiki ginanti dènira.

Sangsipta nu palaksana kêna uwus têka ta sira pitung wulan gênêp.

Hetunyan pamuhun ta mantuka ri jêng surapati mararêm krêtanjali.

Jarwanipun.

Akèh lêlangên sang rajaputra (Arjuna),

Kêdawan yèn dicaritaa solahe ing sawiji-wijine (kang) gênti-gênti (ditindakake) dening panjênêngane,

Dicêkak, dianggêpa (yèn) uwis tumêka pitung sasi gênêp panjênêngane.

Mulane pamit arêp kondur, marang suku Bathara Endra, alêrêm, uwis anyêmbah.

6. mojar sajnya bathara mantuka manêh surapati manadhah waramrêta.

Um-um putra katon twanging makaka lawan ayaya ika tan kagindhala,

--- 282 ---

tan dosan pasayut mami kita purih ningana ura utang sasambawa, rapwan ramya winarna nanikangana gata kawi wijayan ta don mami.

Jarwanipun.

(Sang Arjuna) matur: kula nuwun bathara, badhe mantuk, abdi sang surapati, nyuwun gunging pangaksama.

(Bathara Endra ngandika) dhuh-dhuh anggèr, katon bêktimu marang kakangmu lan ibumu. Iku iya ora tak gondhèli. Aja dadi kêluputanku, ênggonku nyandhêt ing kowe, mung saka ênggonku ing sabisa-bisa arêp ambalèkake kabêcikanmu. (Karo manèh) supaya asri dicaritakake ing bujôngga ing jaman besuk, ênggonmu unggul ing prang. Iku prêlune (kang tak angkah).

7. Lwambêktanaku aywa tang wwanga salin manai têkan ikang anugraha.

Kadyambêkta rikan sêdhêng tapa jugambêka tan alupa ring samahita

Sang yogiswara towi sang tumêmu ngasthaguna kajênêkan pwaring suka

Yan tamtamana ngindriya puhara mudha patita niyat abakal muwah.

--- 283 ---

Jarwanipun.

Dikobèt pikirmu, thole, aja nganti wong iki salin pikir ing têkaning kanugrahan. Kayaa pikirmu dhèk tapa kae bae pikir (mu), aja lali marang kaslamêtaning sapadha-padha, sanadyan ratuning pandhita, kang wus antuk asthaguna, iku uga lumintu kabungahane (têgêsipun sanadyan tansah tapa saha mlarat, ewadene inggih sênêng).

Yèn diturutana karêp iki (iku) anjalari tiba ing kabodhoan, amêsthi abêbakal manèh.§ Abêbakal, ing ngriki sami kalihan abêbakal sira kiye enz ing Sêrat Rama Gênutsêkap kaca 114 ngandhap.

Akwèh candhi rêbah katona têkaping waringin atawa bodhi ambulu

Litnya layanikana yan pipilane kadawutana kapana yan ana

Inganyan watunên tikang mada wimoha tumuwu i manah ta sapwani

Yan tamtamana wisthi yan pangawasanya basa mamuburang para krama, jarwanipun.

Akèh candhi rubuh, wêruha, dening wit waringin, wit bodhi [bo...]

--- 284 ---

[...dhi] (bangsaning prèh) utawa wit bulu.

Yèn nalika cilike, panggonane (thukul) dibubutana, diwatuna, kêpriye bisane tuwuh (wit-witan mau) mulane, watunên êndêmu, bingungmu kang thukul ing ati, saponana.

Yèn dilajura mêsthi yèn kakuwatane bisa angrusak kaprawiran.

Nahan lingnira Sang Hyang Indra mangadêg, nrêpatanaya uwus pinanggraha,

de Sang Matali munggah ing rata sasanjatanira tumiang sinimpênan ...

Jarwanipun.

Mangkono pangandikane Sang Hyang Endra sang nrêpaputra jumênêng uwis disadhiyani dening Sang Matali (kusiripun Ba. Endra) munggah ing kareta, sagêgamane, miranti ora diketokake.

Ungêl- ungêlan punika sêkaripun Wohingrat (ing Bali: Wawirat) kagambar [Grafik]

--- 285 ---

Sêrat Côndrasangkala

(Sambêtipun Kawi ôngka 9 kaca 268-273)

Pada X

Boma: sukêt mati = awang-awang = namaning môngsa sapuluh
Sunya: suwung
Gagana: langit kesisan mega
Barakan: tan katon = sêndhalan
Adoh: têbih
Ing langit: ing langit
Ana tan: katon tan kagayuh
Windu: tumbuking taun
Anèng wiyat: langit kang amor lan mêndhung
Widik-widik: katon nuli ilang
Malêtik: satêngahing langit = manculat
Sirnèng gagana: sirna ing langit
Sagunging das: sakathahe kang ilang
Wwalang: mêsat
Kos: anggusah
Watak sapuluh: watak sadasa

Boma = sukêt mati = awang-awang = namaning môngsa sapuluh. Têgês punika kintên kula, ingkang lêrês namung awang-awang,

--- 286 ---

awit boma punika lêrêsing panyêrat byoma Sanskrit wyoma, têgêsipun langit.

Sunya = suwung, punika sampun lêrês, namung panyêratipun kêdah sunya. Têmbung sunya punika ingkang dados têmbung sunyata, têgêsipun kasuwungan. Nanging sarêng sunyata dipun rimbag Jawi dados kasunyatan, lajêng dipun wastani saking lingga: nyata. Punika kirang lêrês. Ingkang dipun wastani ngèlmu kasunyatan, punika lêrêsipun ngèlmu kasuwungan. Wondene ngèlmu kasuwungan, punika ing agami Budha Mahayana, kangge nomêr satunggal.§ Amariksanana Kern Verspr. Geschr. deel III kaca 296, deel IV kaca 249.

Gagana = langit kesisan mega.

Barakan = tan katon, sêndhalan.

Gagana sampun lêrês atêgês langit, nanging inggih botên susah mawi kalingan mega.

Barakan, satêgêsipun punika kula botên mangrêtos, namung kula gadhah kintên, ing sakawit mungêl gaganambara ... Inggih punika gagana + ambara ... Ambara punika têgêsipun ugi langit. Dados ing ngriki ingkang botên têrang: kan, lajêng dipun sambêti têmbung ing ngandhapipun.

--- 287 ---

Adoh = têbih, punika sampun lêrês. Ananging kintên kula ing sakawitipun mungêl ... dyoh, têgêsipun ugi langit. Mirid udhalan ing nginggil punika dados kan + ha, dèrèng têrang.

Ing langit = ing langit.

Ana tan = katon tan kagayuh.

Têmbung ing nginggil punika, kajawi langit, kula botên sagêd anêrangakên.

Windu = tumbuking taun, punika manawi windu Jawi = petangan amolung taun, inggih sampun lêrês, ananging ing ngriki kajêngipun windu têmbung Kawi, têmbungipun Sanskrita: bindu, têgêsipun cêcêk. Utawi toya satètès (druppel) mênggah cêcêk punika kala rumiyin kangge ciri utawi ôngka: 0 ing samangke taksih kangge ing ôngka Arab, awit ôngka Arab punika asalipun saking tiyang Indhu amila botên ngiwa.

Anèng wiyat = langit amor lan mêndhung, punika kula sumanggakakên, namung wiyat, punika têmbung Kawi utawi Sanskrita, atêgês langit.

Widik-widik = katon nuli ilang, punika kula botên mangrêtos, kintên kula ing sakawit mungêl dik- widik, wondene têgêsipun ingkang lêrês keblat, lan têngah keblat, inggih punika keblat sakawan + padon sakawan [sakawa...]

--- 288 ---

[...n] '+ ngandhap nginggil. Dados lêrêsipun watak 10, botên watak 0 kados têmbung ingkang atêgês langit. Ewadene bilih keblat sadasa wau kaanggêp langit, inggih sampun lêrês atêgês 0.

Malêtik, têngahing langit, manculat, punika kula sumanggakakên.

Sirnèng gagana, ilang ing langit, punika sampun lêrês, namung gagana ing ngajêng sampun wontên. Dene sirna atêgês ical, panyêratipun ingkang lêrês sinar utawi sinnar (sirna).

Sagunging das, sakathahe kang ilang, punika sampun botên parlu katêrangakên, namung sagunging botên tumut dados ôngka.

Wwalang = mêsat, têmbung wwalang kajawi wontên ing ngriki kula dèrèng nate mrangguli, namung kintên kula ing sakawit mungêl ilang, têgêsipun sampun cêtha.

Kos, anggusah, punika kula inggih botên mangrêtos. Namung dugi-dugi ing wau mungêl ka, bilih kasêrat ing aksara Latin kha punika têgêsipun langit, amila kaga = manuk, suraosipun kang lumaku ing langit.

Watak sapuluh = watak sadasa, sampun têrang.

Têmbung-têmbung ing pada X ingkang pinanggih lêrêsipun namung sakêdhik, awit ungêl-ungêlanipun risak sangêt. Dene têrangipun kados ing ngandhap punika: [p...]

--- 189 ---

[...unika:]

Byoma = langit
Sun = suwung
Gagana = langit
Ambara = langit
Kanha = ?
Dyoh = langit
Ana tan = ?
Windu = cêcêk druppel
Anèng = ?
Wiyat = langit
Dig-widik = keblat 10
Malêtik = ?
Sirna = ilang
Gagana = langit
Sagunging das zie boven
Ilang = ilang
Ka = langit
Watak sapuluh zie boven

Anggènipun têmbung-têmbung ing pada X sami watak 10 punika kados sampun botên parlu dipun têrangakên malih.

Watak, Dhapur, Kadang, Awu

Ing côndrasangkala, têmbung watak punika sajak atêgês duwe pangaji, utawi dadi petungan. Punika têgês miturut panggenan, namanipun. Watak punika saking têmbung Kawi watêk têgêsipun para, bôngsa, golongan, kados ta: watêk Pandhawa = para Pandhawa utawi golongan Pandhawa. Watêk wanara = para kêthèk. Watêk makuda = golongan sing nunggang jaran, makatên salajêngipun. Makatên ugi watak ing côndrasangkala, punika têgêsipun inggih golongan. Dados [Dado...]

--- 290 ---

[...s] watak sapuluh = golongan ôngka sapuluh, lêrêsipun 0.

Têmbung watak ingkang kangge sabên dintên, punika ing sakawit têgêsipun inggih golongan familie, dados watake bêcik punika têgêsipun ing sakawit, golongane (wong) bêcik pamiline (wong) bêcik. Nanging ing samangke watak punika atêgês atèn-atèn, gêdhohan enz.

Makatên ugi têmbung dhapur punika têgêsipun ingkang ôngka kalih inggih golongan, taksih kêtingal wontên ungêl-ungêlan pring sadhapur. Nanging ing samangke dhapur lajêng atêgês rupa, wujud, dhapure ala = rupane ala, pancènipun golongane (wong) ala. Dados trapipun plêk kalihan têmbung watêk, namung watêk lumêbêt ing manah, dhapur tumemplok ing rai (yèn tiyang, manawi barang tumèmplèk wontên ing jawi).

Ing nginggil sampun kaaturakên bilih dhapur = golongan punika têgês ingkang ôngka kalih, awit têgêsipun ingkang sapisan pawon, taksih kangge ing basa Malayu dapoer. AnggèninAnggènipun. dhapur, pawon, lajêng atêgês pamili, punika gampil sangêt panglacakipun. Kala jaman sawêg wiwit badhe wontên maatschappij (gêsang sêsarêngan) agêng, tiyang

--- 291 ---

ingkang nunggil sadhapur, têgêsipun tiyang ingkang nêdha sêkul saking kêndhil satunggal, punika kaanggêp pamili, utawi pancèn pamili, amila dhapur = pawon, lajêng atêgês pamili.

Makatên ugi têmbung kadang, punika inggih saking dang = adang. Kadang punika ing sakawit atêgês wong kang mangan sêga nunggal dandang, suraosipun inggih familie.

Tunggilipun têmbung awu, ing ungêl-ungêlan awune tuwa kowe, punika awu ing ngriki inggih sampun atêgês familie môngka ing sakawit inggih namung atêgês awu saking pawon. Amila awune tuwa kowe, punika yèn kaudhal suraosipun (mungguh urut- urutaning) pamili, tuwa kowe.

Sêkaripun ungêl-ungêlan côndrasangkala, punika ingkang limrah dipun wastani: Kusumawicitra. Mirid ing pamariksa, ingkang ajêg lampahing guru lagunipun ungêl-ungêlan wau makatên.

Pada I rupa candra sasi nabi sasadhara

Pada II netra caksu nayana ksikara buja

Pada III bahni pawaka siking guna dahana

Enz enz

--- 292 ---

dados gambaripun [Grafik]

Punika cocok kalihan lampahing guru lagu ing Ramayana kaca 60.

Rama Laksmana muwah sira manusup

[Grafik]

Dene namanipun turaga gati, kasbut iing. Ramayana kaca 230 makatên ungêl-ungêlanipun.

Dhawuhipun Prabu Rama dhatêng Arya Wibisana

Wruh kitancala ikang matêmu -têmu / nyang urip tuwi lawan suka sakarêng / yyar kilat ya upama nikanang inak / ring inga padha lawan turaga gati //

Jarwanipun.

Wêruh kowe, yèn ora langgêng têtêmon iki. Malah si urip karo si sênêng iki mung sadhela. Ombak banyu lan kilat upamane si sênêng mau. Cêkake: padha karo jaran ambandhang.

Ingkang lêrês sêkar Kusumawicitra punika.

[Grafik]

Ramayana kaca 209.

--- 293 ---

Kawruh Sêkar Agêng

Ing ngandhap punika wiwit sêkar ingkang sagaris isi sangang wanda.

28. ri têpi cara-cara nyapnêd / tahên asama-sama kêmbang / kanigara wungu lèn tanjung / bujaga sisusrêta puspa //

Jarwanipun: ing pinggir tandurane asri, wit-witan tanpa sama akêmbang, kanigara, wungu lan tanjung, kêmbang anak ula lumaku.

Sêkar Bujaga Sisusrêta [Grafik]

Katrangan.

Pungkasaning garis satunggal, punika ungêlipun nyapnêd botên nyapênêd, awit bilih kawaos pênêd, lajêng tirah sawanda.

Garis kalih ungêlipun tahên asama-sama..

Têmbung cara-cara dipun prêtal dening Prof. Kern: wandelpaden = dalan kanggo mlaku-mlaku. Ing Sêrat Nagarakrêtagama VIII, 1. Prof Kern botên uninga têrangipun cara-cara. Ing XI, 2 kalihan XXXIII 1 (lêrêsipun XXXII, 3) kaprêtal allerlei warni-warni§ Zie Kern Verspr. Geschr, deel VII blz. 268. punika kintên kula kirang

--- 294 ---

lêrês. Mênggah lêrêsipun cara-cara ing sadaya panggenan wau atêgês tanduran, pêthetan.

Bujaga sisusrêta punika têgêsipun piyambak ula anak lumaku. Dene murih botên bibrah raosing kidung, kados kenging dipun Jawèkakên, kêmbang nagasari arowe-rowe.

Ing Pusaka Jawi Juli 1924 No. 10 kaca 149 namanipun sêkar ing nginggil, dados kalih: Bujangga-sri kalihan Susrêtapuspa, inggih namung nyumanggakakên.

29. nyang mahantên alit atulis / munggu ring parangan aruhur / ring batur makara kumucur / yan tinon kadi alamuki //

Jarwanipun bangsale cilik, ukir-ukiran, dumunung ing parangan, adhuwur. Ing batur (ana) makarane (pancuran banyu) kumucur, yèn disawang kaya kêjèning waluku.

Sêkar Alamuki [Grafik]

Katrangan.

Garis satunggal ungêlipun nyang mahantên alit atulis.

--- 295 ---

Nyang ing ngriki sami kalihan nya ing basa Sundha. Mahantên = bangsal, ing kraton Surakarta taksih wontên bangsal ingkang nama mantênan, ing têpining balumbang ingkang nama bandêngan.

Garis kalih: ... parangan aruhur.

Ala punika têmbung Sanskrita, têgêsipun waluku, aladhara, ingkang ewah dados Jaladara, namanipun Prabu Baladewa, punika têgêsipun kang angagêm waluku, awit dêdamêlipun Prabu Baladewa punika waluku. Nênggala = langgala skt = waluku.

30. Jaladhara riris tan adrês / kirana makucêm kamegan / wêkasan apupul matambêh / yatika dadi tatigurwi //

Jarwanipun. Mêndhung udan ora dêrês, soroting (srêngenge) surêm kêna ing mega, wusana (mega mau) kumpul atambah, ya iku banjur anggêmbulêng gumolong.

Sêkar Tatigurwi [Grafik]

Têgêsipun Tatigurwi dèrèng kasumêrêpan têrang.

Ing ngandhap punika sêkar ingkang sagaris isi sadasa wanda.

31. prapta tikang warsa drês ikang wwe /

--- 296 ---

mangkin awèh lênglêngning akingking / § Ing babon mungêl nikang akingking, tirah sawanda. sang dyah alinggih ring yasa tibra / ngkana ri sorni campaka mala //

Jarwanipun: têka ingkang udan, dêrês ingkang banyu, saya awèh anglêsing agandrung, sang dyah alinggih ing bale, sêdhih, ing kana ing ngisoring cêpaka ambiyêt (kêmbange).

Sêkar Campakamala [Grafik]

Campakamala punika têgêsipun piyambak, roncèn cêpaka. Ing jarwa dipun pêndhêt prayoginipun kajarwakakên, cêpaka ambêyêt kêmbange, murih turut raosing kidung.

32. ri mari nikang udan alangê / rawi kumênyar muwuhi raras / wihaga yata suka masiga /§ Ing babon mungêl ya ta suka, kirang lêrês. ana n asibu twaritagati //

Jarwanipun, ing marining udan, asri, srêngenge gumêbyar muwuhi raras, manuk (padha) sasênênge, abingar, ana sing lêlumban, oyak-oyakan.

Sêkar Twaritagati [Grafik]

Garis 4 ungêlipun hana n asibu.

--- 297 ---

Twaritagati têgêsipun piyambak lumaku rikat.

33. onyang paksya dulur sadampati / lila dyus ri têngah nikang ranu / dwinya lwir kanaka kuning katon / byaktang suddhawirat silih sisik //§ Ing lugunipun mungêl pilih sisik, kirang prayogi.

Jarwanipun, ana manuk abêbarêngan lanang wadon, sênêng-sênêng adus ing têngahing talaga, swiwine kaya kêncana akuning katon, sasat mawa gumêbyar. Gênti anlisik (= nucuki wulu = dhidhis).

Sêkar Sudhawirat [Grafik]

34. kyati Si Cakranggi tikanang stri / swaminika Cakrangga ngaranya / kapwa ya lila lalana ring we / rukmawati lwirning ranu dènya //

Jarwanipun, jênêng Si Cakranggi kang wadon, bojone Cakrangga jênênge, padha ya sênêng-sênêng dolan ing talaga, sugih êmas, wujuding banyu olehnya.

Sêkar Rukmawati [Grafik]

Garis sakawan punika suraosipun: awit saka ananing [a...]

--- 298 ---

[...naning] manuk mau banyuning talaga kayadene akèh êmase.

35. sampunya dyus akalihan mêntas / matut pinggir anusup ing tunju / saitya nicipi wêrêhning we / sabdanya krêp anawang ing mega //

Jarwanipun sawise adus, akarongron mêntas, turut pinggir anusup ing tarate, nyambi anêcêpi unthuking banyu, unine kêrêp, angumandhang ing mega.

Sêkar Panawa [Grafik]

Bayar Lêngganan

Rêginipun lêngganan Kawi ing taun 1929 punika inggih namung saringgit (f 2,50).

Mila para priyantun lêngganan sami kasuwun mugi lajêng kaparênga ngintuni arta nyaringgit dhatêng administrasi. Kawi punika dipun lampiri pormulir pos wisêl.

Administrasi.

--- 299 ---

Ngêbur Sagantên

Ing Pusaka Jawi Soenan-nommer tumbuk yuswa 64 taun, wontên panjurung ingkang amratelakakên wilujêngan pasradhan agung kala ing jaman Majapait, ing pratelan ngriku wontên cariyosipun bilih para luhur sami angêdalakên gunungan dipun wujudakên rêrekan warni-warni. Gununganipun Sang Prabu Hayamwuruk dipun reka kala para dewa danawa sami angêbur sagantên.

Mênggah cariyos pangêburing sagantên wau kasêbut ing Sêrat Adiparwa Jawi kina kaca 31. Cariyosipun kapêthik kados ing ngandhap punika:

Ênêngakênang kata sakarêng, tucapa sang samudra mantana:: Ênêngêna caritane sadhela, kocapa sang pangêburing sagara

sangkan ikang ngucèhsrawan mijil:: sangkane ingkang Ucèhsrawa§ Namaning kapal (jaran) kupingipun panjang, ucèh = dawa, srawa = kuping. mêtu

ika sang Winata nimitanyan pinaka ulun de sang Kadru,: (lan) iku sang Winata mulane dadi bature sang Kadru.

aparan kramanya: kêpriye caritane

nihan: kaya ing ngisor iki

Sakwèh sang watêk dewata mahêm [mah...]

--- 300 ---

[...êm] ri pucaking Mahamèru parwata: Sakèh sang para dewata arêmbugan ana ing pucaking gunung Mahamèru

ika inêm niran pinaka don, kapanggihan ikang amrêta.: iku (kang) digunêm, olehnya kang dadi prêlune: bakal katêmune ingkang banyu panguripan.

Milu tang watêk detya danawa mahêm, apan padha arêp amrêta kabèh: Mèlu kang para detya danawa agunêman, awit padha angarêpake (marang) amrêta kabèh.

Ri pahêmning watêk dewa detya mojar ta Sang Hyang Narayana.: Ing pagunêmaning para dewa lan detya, ngandika ta Sang Hyang Wisnu.

Yan mahyun kitèng amrêta kamung watêk hyang kabèh ...: Yèn ngarêpake kowe (marang) amrêta kowe para dewa kabèh ...

aywa kita tanutsaha ri kaputêraning: aja kowe ora mêmpêng ing kaputêraning

ksirarnawa: laut prêsan§ Ksira = prêsan. Arnawa = samudra.

Apan saksat pinakonggwan ikang amrêta, maka nimita katêmuan ikang amrêta: Awit cêtha dadi panggonaning amrêta, dadi jalaran bakal katêmune ingkang amrêta

--- 301 ---

sakopayanya putêrên§ Sa - Ka - upaya - nya. Dados botên saka = sangking. ya tika gawa yakênanta§ Gaway - akên - a - nta = gawe + akên + sambawa + dening kowe. ': Sareka-rekanane ya putêrên, ya iku tandangana

Mangkana ling Sang Hyang Narayana: Mangkono pangandikane Sang Hyang Wisnu

ina ywan sira: dirujuki panjênêngane

dening dewa sura: dening pakumpulaning (para)

sangga: dewa lan danawa

Lumampah ta: Lumampah ta

sira kabèh: panjênêngane kabèh

marèng ksirarnawa: marang ing laut prêsan

Ana ta Mandara giri: Ana ta gunung Mandara

ngaranya: arane

gununging sangka dwipa: gununging pulo sangka

ikang bumi maka: bumi sing sêgarane

tasik irikang: laut prêsan (mau)

ksirarnawa:

ruhurnya ... sawêlasiwu yojana: dhuwure sawêlas èwu pal

...:

--- 302 ---

[302]

kunang pasirnya: dene gisike
sèwu yojana: sèwu pal
Samangkana: Samono
kramani: kaananing
lwanya: jêmbare
ikang Mandara giri.: ingkang gunung Mandara.
Ya tika: Ya iku
dinawut: dibêdhol
de Sang Hyang Ananta: dening Sang Hyang Ananta
Boga: Boga
katut têkèng isinya: katut dalah isine
kabèh: kabèh
tinibakên ing: ditibakake ing
ksirarnawa: sagara prêsan
mapakêna: kanggo piranti
pamutêran ikang: bakal pamutêring
tasik: sagara
mojar ta: ngandika kang
dewata ri: dewa ing
Sang Hyang Samudra: Sang Hyang Sagara

--- 303 ---

Tasyahsih§ Ta + asih + asih = tasiasih, dados tasyasih: Wêlasa
ta kumung hyang: ta kowe hyang
sagara: sagara
aywa kita: aja kowe
tan dharana: ora bêtah
ri pangarasning: ing panggosoking
dwipa.: pulo.
Yapwan sidha: Yèn sida
mijil ika: mêtu ingkang
ngamrêta sangkèng: amrêta saka ing
ksirarnawa: laut prêsan
atyanta paritastha: bangêt bungahe
nikang tri buwana: ingkang tri buwana
mwang maha dibyanta: lan bangêt minulyamu
wênang mawèh: bisa awèh
sukaning: bungahing
watêk hyang: para dewa

--- 304 ---

Nyuwun Sêsêrêpan

1. Aji = ratu. Saka = taun.

Punapa sababipun kawastanan: Ajisaka.

2. Bedanipun: dewa, dewata, jawata, diyu, wil, rasaksa, buta, danawa, ditya, yaksa.

3. Paramasastra, sakolahan, têmbung sapu punika tandukipun: nyapu, ing sêrat Kawi (sêkar) dados napu.

Sambut gawe - nyambut gawe - nambut kardi.

Nyuwun katêrangan.

Sastrasudarma.

Katrangan Minôngka Wangsulan

1. Saka lêrêsipun Saka, punika miturut Wdb. Sanskrit damêlanipun Apte. Name of a king (especially applied to Saliwahana: ...) namaning ratu. Ingkang limrah dipun anggêp jêjulukipun Prabu Saliwahana. Saka = taun, punika kirang lêrês. Wontên ungêl- ungêlan Saka warsa = taun Saka, punika pêpetanganing taun wiwitipun kala jumênêngipun Prabu Saliwahana wau, dhumawah

--- 305 ---

ing taun Walandi 78. Saka warsa sok dipun cêkak Isaka, têgêsipun ing Saka (warsa). Nanging Isaka kêrêp dipun wastani satêmbung, lajêng wontên ungêl-ungêlan taun Isaka, punika lêpat (amariksanana sêrat Pararaton (Mangkudimêjan) deel II kaca 284 salajêngipun.

Bab Ajisaka amariksanana Tijdschrift Bat. Gen deel 59 kaca 471 enz.

Prabu Ajisaka, punika botên nate dhatêng ing tanah Jawi, namung petanging taunipun, punika kabêkta dening bôngsa Indhu ingkang sami dhatêng ing tanah Jawi, petanganing taun wau dumugi sapriki taksih têtêp kangge wontên ing Bali, wontên ing tanah Jawi, ewah sakêdhik.

2a. Dewa punika God.

Dewata, lêrêsipun dewata, punika Godheid panambang ta punika têgêsipun saha mulabukanipun, sami kalihan panambang é (Fransch) teit (Nederlandsch) tat (Duitsch) jawata punika ewahing pakêcapanipun dewata.

b. Diyu punika ing basa Kawi tulèn botên wontên. Kintên kula saking ditya kêtotog ing dhong-dhing, dhawah Ó (sukon), lajêng dados diyu.

--- 306 ---

Sêkar diyu, namaning kapal titihanipun Amir Hambyah (wong agung Menak) têgêsipun miturut Prof. Van Ronkel rood paard, bastaard van een div. (booze geest) = jaran abang, blastêran setan (bijdr. Voor de Taal- Land-en Volkk. 7e. volgreeks 4e deel bladz. 488)

Wil punika sok dipun sêrat wwil = buta, rasaksa lêrêsipun raksasa = buta.

Buta lêrêsipun buta, ing basa Kawi tulèn têgêsipun setan, dhêmit.

Danawa, trahipun Dèwi Danu, saminipun danuja = buta.

Ditya, lêrêsipun detya. Trahipun Dèwi Diti.

Yaksa, ing basa Sanskrita atêgês satêngah dewa.

Mênggah bedanipun têmbung-têmbung ing b wau ing pangangge prasasat botên wontên.

3. Têmbung ingkang apurwa sa, punika ing basa Jawi kina anuswaranipun na. Nya kangge anuswaraning sa, punika nya ênèm sangêt.