Sastra Jawa

Program Digitalisasi Sastra Daerah

  • Increase font size
  • Default font size
  • Decrease font size

Kawi, Purbacaraka et. al., 1929-03, #1810

Katalog:Kawi, Purbacaraka et. al., 1929, #1810
Sambung:
1.Kawi, Purbacaraka et. al., 1929-03, #1810 . Koran, Majalah dan Jurnal | Kawi #822.
2.Kawi, Purbacaraka et. al., 1929-04, #1810 . Koran, Majalah dan Jurnal | Kawi #823.
3.Kawi, Purbacaraka et. al., 1929-05, #1810. Koran, Majalah dan Jurnal | Kawi #824.
4.Kawi, Purbacaraka et. al., 1929-06, #1810 . Koran, Majalah dan Jurnal | Kawi #825.

Kawi

Sêrat wulanan kangge mitêrangakên basa Jawi sawatawis. Solo.

Ôngka 1, 1 Marêt 1929, Taun II.

Pêrlu Kawaos

Kawi ôngka 1 (1929) punika anjawi dipun aturakên dhatêng para priyantun ingkang sampun sami ambayar arta lêngganan kangge taun punika (1929) kadosdene ingkang asmanipun kapacak ing kaca 2 ing tapih (omslag) punika, ugi kaaturakên dhatêng para priyantun lêngganan Kawi ing taun 1928 ingkang sami dèrèng maringi arta lêngganan kangge taun 1929 punika, tuwin dhatêng para priyantun sanèsipun ingkang kintên-kintên sami karsa mundhut lêngganan, mawi dipun lampiri pormulir pos wisêl, sami kasuwun sangêt-sangêt mugi lajêng karsa ngintunakên wisêl wau, murih prayogining tatanan administrasi, Kawi ôngka 2 tuwin salajêngipun namung badhe kaaturakên dhatêng para priyantun lêngganan ingkang sampun sami maringi artanipun lêngganan. Ewadene manawi botên kaparêng dados lêngganan, kasuwun mangsulakên dhatêng administrasi, cêkap ing adrèsban dipun cirèni retour.

Administrasi.

--- [0] ---

Kabar Administrasi

Dumugi tanggal kaping 6 Marêt punika kula sampun tampi arta lêngganan ingkang nyaringgit (f 2.50) saking para priyantun ing ngandhap punika:

R. Achmed Effendi
R. Adisiswaja
R.A.A. Aroengbinang
M. Askandar
J. H. Behrns
Broedersscholen
R. Brotokesowo
R.J. Djojo Atmodjo
R. Hadiwidjana
M. Hardjosoedarmo
Igde Poetoe Djlantik
Instituut St. Louis
I. Ismoesoebroto
R. Joedojono
R. Kartosoebroto
R. Kartosoedarmo
R. Koesman
Mej. Moegaroemah
R. Moeso
R.R. Nitiedhipoero
Njoman Kadjeng
M.Ng. Prawirakoesoemo
M. Prawiromihardjo
R. Reksosoesiswo
R. Sasrasoeganda
Siem Tjing Hien
Sie Ngo Siang
R. Sindoepranoto
Dr. R. Soedjarwadi
Dr. R. Soedirman
Dr. R. Soedjono
R. Soehardi
R. Soekiato
M.P. Soemandar
R. Soepardi
R.M. Soetjitro
Dr. R. Soewardi
Sonopoestoko
M.H. Sontosiswojo
R. Sosrosoesastro
Dr. L. de Vries
R. Wignjowijoto
R. Wirjasoemarsa.

Dene ingkang maringi arta lêngganan botên nyaringgit.

R. Martahoetama (f 1,50)
R. Wirjoatmoko (f 1,50)
R. Soewadi (f 1,25)
Volkslectuur (f 1,25).

Anjawi punika sampun wontên priyantun ingkang kalajêng maringi arta lêngganan nigang rupiyah (f 3,-)

R.M. Djaja Endra
M. Djojo Hadiredjo
R. Hadisoeparto
Ignatius College
R. Kasikir
R. Koesman Sastradipradja
R. Mardawa
R. Resowidjojo
M. Sastrosoedarmo
M. Sastra Soedjana
R. Satari
R. Soejoed Martodihardjo
R.V. Soenarsen
H.H. Urselmann
R.R. Wirowongso.

Taksih tampi lêngganan kangge taun 1928 saking Leesgezelschap Pacitan.

Administrasi.

--- [1] ---

Ôngka 1, 1 Marêt 1929, Taun II.

Kawi

Sêrat kabar wulanan ingkang ngrêmbag saha ngajêngakên basa Jawi sarana Kawi.

Ingkang ngêdalakên ngiras bêbadaning rêdhaksi: Dr. R. Ng. Purbacaraka, M. Ng. Dwijawiyata, M. Ng. Jayasugita, R. Sastrawirya tuwin H. Sutadi, Redactie-secretaris.

Rêgining lêngganan sawulan 25 sèn, dados sataun punika f 2.50. adres Administratie en redactie-secretariaat: H. Soetadi, Kawatan SOLO.

Aturipun Ingkang Ngêdalakên Kawi

Wêdalipun Kawi ing taun 1928 punika namung coban-coban, manawi botên rugi badhe kalajêngakên ing taun 1929 punika, namung miturut pêpetangan lêbêt wêdaling arta nama dèrèng kubuk.

Ewadene sarèhne kula tingali sajakipun sêrat wulanan Kawi punika dipun ajêngi ing akathah, murih sumêbaripun pangudi kita dhatêng basa [ba...]

--- 2 ---

[...sa] Jawi ingkang sarana basa Kawi saya langkung wiyar, sanadyan tuna sakêdhik, kula bêbadan ingkang ngêdalakên Kawi manah prayogi manawi wêdalipun Kawi ing taun 1929 punika taksih kalajêngakên, kados ing taun 1928 inggih punika sadasa nomêr Marêt dumugi Dhesèmbêr rêgi f 2,50 (saringgit) kacoba sapisan êngkas. Benjing tutuping taun punika manawi taksih tuna, jalaran saking sakêdhiking para priyantun ingkang mundhut lêngganan, punika kados sampun kenging kangge tôndha yêkti, bilih bôngsa kula Jawi taksih sakêdhik sangêt ingkang manggalih dhatêng basanipun.

Mila panyuwun kula, anjawi para priyantun ingkang sami tampi Kawi ôngka 1 punika, kasuwun dadondados. lêngganan, maringi artanipun f 2,50, inggih ugi sami kaparêng mradinakên dhatêng para priyantun sanès ingkang supados sami karsa amundhut lêngganan, murih wêdalipun Kawi sagêd kalajêngakên ing taun 1930 tuwin salajêngipun. Punika atêgês masrahakên sêrat wulanan punika dhatêng panjênêngan sadaya. Kados kemawon panjênêngan wau sami kenging kapitados.

Awit saking namanipun bêbadan ingkang ngêdalakên sêrat wulanan Kawi.

H. Sutadi.

--- 3 ---

Ngêbur Sagantên

Sambêtipun Kawi No. 10 kaca 303.

Mangkana ling sang: Mangkono ujar sang
watêk dewata: para dewata
mangga ta Sang: gêlêm ta Sang
Hyang Samudra.: Hyang Sagara.
Ana ta: Ana ta
Sang Akupa ngaranya: Sang Akupa arane,
... ratuning pas: ... ratuning bulus,
angsa Bathara Wisnu: bagian Ba. Wisnu§ Têgêsipun sabagian saking sariranipun Ba. Wisnu nitis dhatêng ratuning bulus wau.

Kacaritanya nguni,: Kacaritane biyèn,
sira ta kinon,: panjênêngane ta dikon,
dhumarana ngawak Sang: anyônggaa badan Sang
Hyang Mandaradri,: Hyang Gunung Mandara,
pinaka dhasaring: dadi dhasaring
bungkahing parwata,: poking gunung,
matangyan tan pingsora.: mulane ora bakal mangisor.
Sang Hyang Basuki: Sang Hyang Basuki,§ Namaning naga agêng sangêt.

sira pinaka tali: panjênêngane dadi tali,

--- 4 ---

amilêt i parwanikang: anggubêd ing lêngkèhing
parwata: gunung
mwang Sang Hyang Indra manunggang ing: myang Sang Hyang Endra anunggang ing
agranira: pucake
pinaka panitih i ruhur: dadi panitih (tindhih) ing dhuwur
yatanyan tan: supaya ora
mingruhura: mandhuwura
idhêp kya: (mangkono) gagase
samapta pwa: barêng wis rampung
kagawayanya: kang bakal ditindakake
ngkana ta lumêkas: ing kono ta wiwit
sang dewa suran: sang dewa danawa ênggone
dumudut i Sang Basuki: andudut ing Sang Basuki
kangkên talining: kayadene talining
Mandara cala: gunung Mandara
kunêng sang dewata: dene sang dewata
kabèh ring ikuning: kabèh ing buntuting
naga kaananira: naga panggonane
ikang de tyas angga: ingkang golongan detya
munggwing uluning naga: dumunung ing sirahing naga
dumadyakên: andadèkake
durlabaning asura: kangelaning buta

--- 5 ---

nda tan surud dènya: lah ora suda dening
rambananika: mêmpênge
ri kawijilaning: ing kawêtuning
amrêta: banyu panguripan
kapwa berawa: padha krodha
ruh-aruhan: alok-alok
wija-wijah: giyak-giyak
saananya: saanane
têkwan: karo manèh
sabdanikang: saraning
tasik kadi: sagara kaya
gêrêhning: guruhing
puskara wartaka: mega (lumaku)
saksat: sasat
swaraning mega: swaraning mega
ri kalaning: ing nalikaning
pralaya: kiyamat
nda tanpa: lah tanpa
parêngwan: parungon
têkapkya: Olehnya
saka ri: sôngka ing
sowenika: suwening

--- 6 ---

Mandara cala: gunung Mandara
pinutêr: diputêr
kola-ala: mowat-mawut
kaabalang: kabuncang
watunya: watune
rug kayu-kayunya: rubuh kayu-kayune
kasah: kasingsal
mapasah lawan: pisah karo
rowangnya ...: rewange
ya ta mijilakên: ya ta angêtokake
apuy dumilah: gêni murub
tanpa pramana: tanpa ukuran
gumêsêngi: anggêsêngi
ngalas-alaskya: alas-alase
têke satwanya: dalah sakewane
kabèh: kabèh
makadi: kang no. 1
mrêga singha: kidang leyo
warah awarak: cèlèng warak
malayu: malayu
tan wring: ora wêruh ing
paranya: parane

--- 7 ---

mangkana mina: mangkono (uga) iwak
anèng tasik: ana ing sagara
kabwang: kontal
kaabalang: kabuncang
kawawèng: katut marang
lawana sagara: sagara lawana§ Têgêsipun piyambak laud asin.

dening dêrêsning: dening santêring
pawana yan agasa: angin ênggone agosok
angin kadi dêrêsning: angin kaya santêring
kaputêran ikang: pamutêre kang
lawana samudra: sagara lawana
tuwi kaputêraning: tur pamutêring
Mandara cala: gunung Mandara§ Ukara punika kirang mlampah.

Kunang ika: Dene ika
Sang Hyang Baruna: Sang Hyang Baruna
yeka cinakrakên: ya iku dicakra
de Bathara Wisnu: dening Ba. Wisnu
amrih umêt: supaya andhêlik
alayu marèng: malayu marang ing
patala: dhasaring bumi

--- 8 ---

mawêrê dening: mawuru dening
pawalikanikang: pawalikaning
ksirarnawa: laud prêsan
malikêt: alitrêg-litrêg
kadi tinanêk: kaya digodhog
karatêngan: matêng
dening panasning apuy: dening panasing gêni
an dumilah: ênggone murub
ri parswaning Mandara gari:giri:. : ing lêngkèhing gunung Mandara
mwang siratnikang: myang ciprating
wisa mijil: wisa mêtu
sangke muka: saka ing tutuk
Sang Basuki.: Sang Basuki.
Èngêt pwa: Barêng Sang Hyang
Sang Hyang Indra: Endra èngêt
ri kapanasan ikang: ing kapanasaning
dewa sura: dewa danawa
dening agni: dening gêni
magawèng èlni: anjalari kêsêle
ran pamutêr: ênggone mutêr
inaradhananira: ditarik olehnya
tikang mega: ingkang mega

--- 9 ---

mijil ta sakèng: mêtu ta saka ing
dasa desa: keblat sapuluh
parwata sagara: gunung sagara
kaêban: kasaputan (kaeyuban)
mega lirnya: mega lire
sumahab: ngêndi-êndi ana
saha kilatkya: karo clèrète
gêrêhnya: blêdhège
ya tike nudanakên: ya ta iku diudanake
padhêm ikang apuy: mati kang gêni
wêkasan: (ing) wêkasan
Kunang wuduknikang: Dene gajihing
satwa kabèh: kewan kabèh
kagêsêngan: kobong
dening agni: dening gêni
tan waktan: aja digunêm
gêtihning: tlutuhing
kayu-kayu: wit-witan
ya tika padha: ya iku padha
kaili tumus: kèli (mili) tumus
marèng lawana sagara: marang lawana sagara
mangkin ta ya likêt: saya ta iku alitrêg-litrêg

--- 10 ---

inosakên: disrêmpêng
ta ya sinêrêng: ta iku disêrokake
dening dewa sura: dening dewa danawa
amutêr: (ênggone) mutêr
uwus winèh: uwis diwèhi
kasaktin: kasaktèn
de Bathara Wisnu: dening Ba. Wisnu.

Bayar Lêngganan

Para priyantun ingkang sami tampi Kawi ôngka 1 punika, sami kasuwun, mugi lajêng kaparênga maringi artanipun lêngganan f 2,50, lajêng badhe dipun aturi Kawi salêbêtipun taun 1929 punika.

Manawi botên karsa lêngganan, mugi lajêng kakintuna wangsul dhatêng administrasi, ing adrès ban kacirenana retour.

Administrasi.

--- 11 ---

Kawruh Sêkar Agêng

Ing ngandhap punika sêkar ingkang sagaris isi sawêlas wanda.

36. ascarya sang dyah lumiat gatinya / atinya kalih kaga cakrawaka / tapwan kagindhal madulur lakistri / sweca nucuk padma kadindra bajra //§ King babon mungêl sweca, punika kirang sae.

Jarwanipun.

Gawok sang putri uninga kaanane, lugune karo (iku) manuk maliwis, durung (tau) pisah, abêbarêngan lanang wadon, sasênênge anucuk kêmbang tunjung, kaya wadunge Ba. Endra.§ Kagindhal, têgêsipun piyambak kagondhèl, kacandhêt, kadindra bajra = kadi Indra bajra.

Sêkar Indrabajra [Grafik]

37. manahnira ningali mega arsa / gatinya n akridha jênêk ta nimba / kacita sang nitya mawèh laronêng / twasasmu sinyuh ri pendrabajra //

--- 12 ---

Jarwanipun.

Panggalihe amariksani, dumadakan sênêng (marang) solahe ênggone dêdolanan, jênak ora pisah. Kacipta sang tansah awèh lara kangên, panggalih sêmu (kaya) dirêmuk ing wadunge Ba. Wisnu.

Katrangan garis kalih ungêlipun gatinya n akrida Upendra = Upaindra punika jêjulukipun Ba. Wisnu, têgêsipun piyambak kanthine Ba. Endra.

Sêkar Upendrabajra [Grafik]

38. nda tan wruh ing gatyaniran wiyoga /§ Ing babos [babon] mungêl nda, ngrisakakên guru lagu. masyang Si Cakrangga wadhu sirojar / arah parangke kita cakrawaka / tenggal kito pasti ta e prênahku //

Jarwanipun.

Lah ora uninga ing solahe ênggone pisah,§ Wiyoga punika ing samangke dipun têgêsi susah sêdhih. Lêrêsipun pisah. animbali Si Cakrangga wadon, panjênêngane ngandika. Mara, arene kowe maliwis, dienggal§ tenggal = ta enggal. kowe

--- 13 ---

dumununga ing panggonanku.

Sêkar Upastita [Grafik]

39. Na ling sang dyah kadi-kadi wulangun / wètning sokang ati kasêkan unêng / tan wruh ring sambatêniran angarang / lwir sambatning bramara wilasita //

Jarwanipun.

Mangkono pangandikane sang putri, kaya-kaya bingung, awit saka susahing panggalih kasêsêkan kangên, ora uninga marang kang bakal disambati ênggone sêdhih, kaya sambating kombang girang.§ Ing Kawi ôngka 9 kaca 270 ngandhap mungêl bramara ngilasita, lêpat, lêrêsipun ... wilasita.

Sêkar Bramarawilasita [Grafik]

Garis 3 ungêlipun ... sambatên niran angarang

Sambatên = kang bakal disambati.

40. mangkana sabdanirèng kaga dibya / ring kapana ng wihaga idhêpa wang / moga dine têkaping kawi tarka / sigra dhatêng kadi dodhaka wrêta§ Ing babon mungêl dodaka wrêta, punika kirang lêrês.

--- 14 ---

Jarwanipun.

Mangkono pangandikane marang manuk linuwih, (nanging) dhèk apa (ana) manuk mangrêti (marang basaning) wong, (ewadene) dumadakan (ing ya bisa, sabab) digawe dening gagasaning bujôngga. (Manuk) banjur têka, kaya (lakuning) têmbang dodhaka.

Sêkar Dodhakawrêta [Grafik]

Garis 3 ungêlipun ring kapana ng wihaga ... dine tanggap na-ning de. Kawi ing ngriki, kados ing Kawi no. 10 kaca 282 garis 2 têgêsipun bujôngga.

41. rakryan dyanung donku sing nyong ta mangke / angrês twaskun yan lihat kasyasih ta / warnanta lêk tan lêbur wuryaning luh / sugyan sokasa liniptèng laronêng. //

Jarwanipun.

Bêndara, punapa prêlu kula, panjênêngan timbali, sapunika, ngêrês manah kula, yèn aningali mêmêlas panjênêngan, warni panjênêngan lêsu, dèrèng ical tilasing luh, ambokmanawi: susah, sêdhih kasaputan ing gêrah kangên.

Sêkar Salini [Grafik]

--- 15 ---

Rakryan punika ing samangke taksih kangge ing rêkyana patih, saking rakryana patih, lêrêsing pêdhotan rakryan apatih.

Dyanung punika saking: ndi + anung = êndi + sing, ing jarwa dipun walik sing êndi.

Wuryan = wurian = burèn = tilas, anggènipun dados kawuryan = kêtingal, punika kula botên mangrêtos.

Sugyan ing basa Sundha: sugan = ayake, abokmanawa.

42. na lingnyojar ta sirangglana cita / dhu tan mitya pangucaptèng gatingku / etung kwa syang ri sêdhêng ta ngrarah rum / ng kanèng toya druta watomirmala. //

Jarwanipun.

Mangkono (aturing manuk) ngandika ta sang susah ing panggalih, dhuh ora linyok pangucapmu ing (bab) lêlakonku, mulane aku nyêluk, nalikane kowe lagi golèk sênêng, ing kono ing banyu kang ombake rikat kataman ing angin§ Ukara ing nginggil punika dèrèng dumugi, kêdah têrus kawaos kalayan sambêtipun.

--- 16 ---

Sêkar Watommirmala [Grafik]

43. pira kariki lawasku n angdadi / ta ya lumiat aimpireaimpêre. kita /§ Ing babon mungêl: impare, lêrêsipun impêre. mapa kari pagaway ta ring dangu / matang ikan ati tustha badrika //

Jarwanipun.

Pira ta lawastulawasku. tumitah, durung tau wêruh kang mèmpêri kowe, apa ta gawemu dhèk biyèn (dhèk urip sing dhisik)§ Prof. Kern botên mangrêtos manawi ingkang dipun takèkakên ing ngriki punika: gawene dhèk urip sing dhisik. mulane (of dene têka) bangêt bungah (lan) bêgja.

Sêkar Badrika [Grafik]

Garis satunggal ungêlipun ... lawasku n angdadi. Garis kalih ungêlipun ... lumiat aimpêre. Garis sakawan ungêlipun matang ikan ati tustha, kariki kalihan kari punika sami kemawon, sami atêgês ta (Holl. toch).

--- 17 ---

44. tan sipi pwa kalulut mami kita /§ Kaudhal mami ikita. rèh ta tansah adulur sadampati / mukti ramya sahajangrarah langê /§ Kaudhal saaja angrarah. lot ratodhata gatinta tan bêsur //

Jarwanipun: bangêt têmên dene rêsêpku ing kowe, awit saka ênggonmu tansah agêgandhengan sarimbit, angrasakake kaasrèn, anjarag golèk sênêng, solahmu berag ing kasênêngan (ewadene) ora kadalurung.

Sêkar Ratoddhata [Grafik]

45. toh warah ngwang ing aranta arèbu /§ Kaudhal ngwang ing aranta. mitraangku kita yan kita masih / dhu tuan ng ulun anama Ratanggi / swagata wêlas i rèh ta kasihyun //

Jarwanipun: Lah warahên aku ing jênêngmu hara gêndhuk, tak pèk mitra kowe yèn kowe asih. (Maliwis matur) dhuh bêndara, kula anama (pun) Ratanggi, wilujêng rawuh paduka. (Kula) wêlas ing kawontênan paduka, mêlas asih.

Sêkar Swagata [Grafik]

--- 18 ---

Mrêcukundha utawi Mrêtyukundha

Têmbung ing nginggil punika ingkang limrah kangge namakakên bale palênggahanipun Bathara Guru, kados ta: anênggih ingkang kocapa, ing suralaya, Hyang Pramèsthi Guru lagya siniwaka, pinarak wontên bale marcukundha§ Sêrat 23 lampahan kaca 48 garis 2. ... zoo heet de zaal van Çiwa in het Javaansch bale Mertyukundha ... (Jawinipun: kados ta: bangsalipun Bathara Siwah punika wontên ing basa Jawi anama bale mêrcukundha).§ Eenige Indische Sagen in Javaansch gewaad door H. Kern blz. 9.

Ing Woordenboek Gerieke en Roorda inggih dipun têgêsi naam van den troon van Bathara Guru. Mirid ing nginggil punika kados sampun têtela, bilih mrêcukundha punika atêgês palênggahanipun Ba. Guru. Mênggah têgêsipun piyambak, mrêtyu ewah dados mrêcu, punika: pati, dewaning pati, têrkadhang atêgês balêdhèg, amila mrêcon = blêdhegan. Kundha = anglo. Dados mrêtyukundha = angloning pati, utawi anglo kagungane dewaning pati. Kadospundi dene anglo kangge palênggahan, punika kula botên mangrêtos. Nanging sarèhne Ba. Guru punika dewa linangkung, inggih botên wontên barang ingkang botên sagêd kadadosan.

--- 19 ---

Ing Sêrat Mintaraga utawi Wiwaha Jarwa, ingkang apurwaka: pratisthaning budi amartani§ Botên wontên pratelanipun kacithak ing pundi utawi kala punapa. kaca 88, wontên têmbung mrêcukundha, gandhèngipun makatên (katêdhak sungging):

[Dhandhanggula]

Sampun pêjah sang yaksa nrêpati /§ Prabu Niwatakawaca. ing ranangga linud ing dahana / sawadyabalane kabèh / miwah wahananipun / kuwandaning raksasa sami / sirna ing sanalika / upami sinapu / dènira Hyang Mrêcukundha / nulya prapta prabawaning ratu mati / sainganing akasa //

Kuwung-kuwung ... enz.

Ing ngriki mrêcukundha têrang yèn namaning tiyang utawi dewa, nanging sintên, punika botên cêtha. Sêrat Mintaraga wau mawi pratelaning têmbung-têmbung. Ing pratelan kaca 112 dipun têrangakên:

Mrêcukundha = Bathara Guru. Sumôngga kadospundi. Kala wau mrêcukundha = palênggahanipun Ba. Guru, sapunika: mrêcukundha = Ba. Guru piyambak.

Ing Sêrat Wiwaha Kawi mawi jarwa, panggenan ingkang kêplok kalihan pêthikan ing nginggil, dipun têgêsi makatên:§ Sêrat punika gadhahan kula piyambak, mirit wanguning sêsêratan kados damêlan kala jaman Kartasura, utawi nèm-nèmipun jaman Surakarta awal. Ungêl-ungêlanipun Kawi risak sangêt, amila botên kapêthik. Namung dipun aturi jarwanipun, katêdhak sungging supados para maos sagêd uninga, caranipun tiyang nyêrat kala jaman samantên, sawatawis. [m...]

--- 20 ---

[...akatên:]

...

tgêse sampun pjah Sang Niwatakawaca dènira Sang Arjuna anuntên binasmi dhatêng§ Ing ngriki têgêsipun têkan = dalah (dalasan). sawahananipun muwah balanira sami kabasmi rupane pjahira Sang Niwata kadya pjahira sakala yowana knèng supatanira Bagawan Mrêcukundha.

Ing ngriki: Bagawan Mrêcukundha. Sintên punika, punapa Bathara Guru. Gajêgipun, manawi botên kalintu, Ba. Guru, punika wontên ing sêrat-sêrat Jawi botên nate angsal sêsêbutan bagawan, manawi botên bathara inggih hyang.

Samangke mêndhêt ungêl-ungêlan Kawi saking Sêrat Arjunawiwaha pupuh XXVIII pada 1.

Uwus pêjah sang asura nata ring rana / linud ing agni sara sabrêtya wahana / kadi pwa Kalayawana dhuli saksana / sinapa dènira Mucukundha tapasa //

Jarwanipun.

Uwis mati sang danawa raja ing paprangan. Ditutuh ing panah gêni sabala tunggangane. Kayadene (Prabu) Kalayawana rusak sanalika, disapatani dening (Sang) Pandhita Mucukundha.

--- 21 ---

Ing ngriki ingkang nama Mucukundha, punika satunggaling pandhita. Sêrat Krêsnayana, ingkang lajêng dados lampahan Narayana maling (Rukmini), punika wiwitipun anyariyosakên pêjahipun Sang Kalayawana dening Sang Rêsi Mucukundha. Sarta cariyos wau kagambar wontên ing candhi Panataran.§ Amariksanana: Tijdschrift Bat. Gen. deel 57 kaca 219.

Ing Sanskrit Woordenboek Apte mucukunda, katêrangakên makatên.

Mucukunda 1 ...; 2. Name of an ancient king, son of Mandhatri.

For having assisted the gods in their wars with the demons he got, as a reward, the boon of long and unbroken sleep. The gods also decreed that whosoever dared to interrupt his sleep should be burnt to ashes. When Krishna wanted to kill the mighty Kalayawana, he cunningly decoyed him to the cave of Mucukuèda, and on his entering it, he was burnt down by the fire which emanated from the king's eye.

Dugi-dugi Jawinipun ... namaning ratu dhèk jaman kuna, putrane Sang Mandhatri. Awit saka mitulungi nalika para dewa prang karo para danawa, sang prabu antuk ganjaran, minôngka wêwalês (iya iku, sang prabu kêlilan) sare, têrus suwe bangêt. Sarta para dewa dhawuh manawa ana kang wani ambribini sarene sang prabu amêsthi kobong dadi awu. Barêng Prabu Krêsna karsa arêp matèni [matè...]

--- 22 ---

[...ni] Sang Kalayawana, kang bangêt kuwasa, Sang Kalayawana banjur diakali, supaya lumêbu ing guwa (kang kanggo sare) Sang Mucukundha. Barêng Sang Kalayawana lumêbu, banjur kobong, sirna dadi awu, dening gêni kang mêtu saka tingale Sang Mucukundha.

Sarèhne têmbung mrêcukundha punika kintên-kintên tamtu saking mucukundha, amila tuwuhipun têmbung wau, saking pamanggih kula miturut katrangan ing nginggil, kenging kalacak makatên.

Mucukunda, wontên: ing Wdb. Sanskrit namaning ratu

Mucukundha wontên ing: Arjunawiwaha namaning rêsi utawi pandhita.

Mrêcukundha wontên ing: Arjunawiwaha (katrangan jaman Kartasura) taksih namaning pandhita.

Mrêcukundha wontên ing: Mintaraga, namanipun Bathara Guru.

Mrêcukundha wontên ing: lakon wayang namaning palênggahanipun Ba. Guru.

Wasana nyumanggakakên.

Sêsêlan

Sêrat Aji Pamasa, punika bilih sabên sapupuh kapêndhêt wandanipun ingkang sapisan, lajêng kaurutakên, mungêl: Rahadyan Angabèi Rônggawarsita nayaka dalêm wadya kaliwon [ka...]

--- 23 ---

[...liwon] pujôngga guru basa krama saha juru pamardi paramakawi ing nagari Surakarta Adiningrat.

Namung ing pratelan kawontênaning buku-buku enz. wêdalan Gênutsêkap§ Deel II kaca 147. ingkang andamêl pratelan wau botên sumêrêp, utawi kêlepyan, bilih punika sandiasma panjang sangêt, awit anggènipun ngêlih ing aksara Latin, ungêl-ungêlan wau makatên.

Ra A Dyan A Nga Bè I Rong Ga War Si Te (Tê) Na Ya Ka Da Lem Wa Dya Ka Le(Lê) Won Pe (Pê) Jang Ga Gu Ru Ba Sa Kra Ma Sa A Ju Ru Pa Mar Di Pa Ra Ma Ka We (Wê) Ing Na Ga Re (Rê) Su Ra Kar Te (Tê) A Di Ning Rat.

Mênggah lêrêsipun kintên kula.

Tê = ta, sabab: talitine
Lê = li, sabab lêlingsèn
Pê = pu, sabab pêpudya
Wê = wi, sabab wiweka
Rê = ri, sabab rêrimbagan
Tê = ta, sabab têtalinên.

--- 24 ---

Pitakenan

Kula nuwun, nalika kula maos Sêrat: Pandayasastra sarta Sêrat Basa Jawi II, damêlanipun para murid kursus basa ing Wèltêprèdhên, lajêng kemutan pamundhutipun rêdhaksi Kawi, sintên-sintên kaparêng nyuwun priksa babagan têmbung Kawi utawi ingkang magêpokan basa Kawi. Sarèhning wontên ingkang botên kula ngrêtosi têtêmbungan ingkang pinanggih ing sêrat kalih wau, amila kula cathêti, badhe kula suwunakên priksa dhatêng rêdhaksi Kawi, supados angsala sêsêrêpan ingkang gamblang. Dene têmbung wau kula pèngêti kados ing ngandhap punika:

Saking Basa Kawi II.

1. Blz. 5 bab 1 afd III. Nêrangakên: Ajisaka. Aji dipun têgêsi: ratu, Saka dipun têgêsi: petangan taun. Punapa sampun lêrês makatên ?

2. Blz. 14 bab 7 afd III. b srêngenge iku pinangkane saka: Sang Hyang We, punapa inggih makatên? We, têgêsipun: rina. Têngange, saking têngah ing we, punapa sampun lêrês ?

3. Blz. 35 bab 18 wêkasanipun pada ingkang ôngka 2, mungêl: kadya madu pinasthika. Punapa têgêsipun: pinasthika.

--- 25 ---

4. Kadospundi aluranipun têmbung: kadang kadeyan.

Saking Pandayasastra.

5. Punapa têgêsipun:

a. Padêringan - pêdaringan.
b. Pôncawara - pôncawora
c. Andana warih - andanawa rih
d. Kalingga murda
e. Ardawalepa
f. Surak atri
g. Tan èngêt purwa duksina
h. Dawala

i. Mata-mata kèpènkapèn.

j. Agêlung pare karantan ... punapa têgêsipun karantan.
k. Babut prangwêdani ... kok mèmpêr: premaidani.
l. Basunônda
m. Sêkar dwijan
n. Lokananta
o. Pôncanaka

Wasana kula matur sakalangkung nuwun.

Bakti.

--- 26 ---

Wangsulan

Pitakèn no. 1 amariksanana Kawi no. 10 kaca 304.

Pitakèn no. 2 amariksanana Pusaka Jawi no. 9-10 (1927) kaca 133 no. 11-12 kaca 171.

Pitakèn no. 3 pinasthika, punika tanggap na-ning pasthika (amariksanana Sêrat Arjuna-wiwaha pupuh III pada 4). Punika ewah-ewahan saking têmbung Sanskrita: sapathika, têgêsipun bergkristal. Ing basa Jawi ewah malih dados musthika. Musthika punika sagêd atêgês sari essence extract (kênthêlan utawi candu).

Pitakèn no. 4 amariksanana Pusaka Jawi no. 9-10 (1927) kaca 134 no. 11-12 kaca 172 saha Kawi no. 10 kaca 291.

Pitakèn no. 5

a. Têmbung padaringan wontên ing Sêrat SalohaSaloka. kalihan Paribasan, wêdalan Balai poestaka dipun têrangakên makatên (kaca 56) "padaringan" makatên: gênthong, utawi: jêmbangan, kadamêl simpên uwos. Lêrêsing têmbung: padringan, utawi padêringan, awit Kawinipun uwos, dring, utawi: dêring.

Aturipun rêdhaksi Kawi: dring utawi dêring dipun anggêp [anggê...]

--- 27 ---

[...p] Kawining uwos, punika namung gagasanipun ingkang andamêl Sêrat Saloka Paribasan. Têmbung Kawi dring utawi daring ingkang atêgês wos, botên wontên. Wontên têmbung Kawi durung (zie Oudheidkundig verslag 1922 bijlage L. garis 2, sarta Sêrat Arjuna-wiwaha pupuh XVI pada 2) têgêsipun lumbung. Ing basa Ngaju Dhayak jurong enz (zie Van der Tuuk durung II) awit saking punika, rêdhaksi gadhah kintên manawi padaringan, punika ing sakawit nunggil wit kalihan durung = lumbung, dados daring sagêd ugi atêgês lumbung cilik. Padaringan = palumbungan cilik, kintênipun rêdhaksi, punika cocog kalihan kawontênanipun, tur miturut kawruh pangudining basa.

b. Pôncawara, saking panca = 5 kalihan wara (Sanskrit = dina. Dados dina lima = Paing, Pon, Wage, Kaliwon Lêgi. (Zie Van der Tuuk panca).

c. Andanawa warih (sic !). Amariksanana Kawi no. 7 kaca: 222.

d. Kalinggamurda, punika rêdhaksi botên sagêd ngaturi katrangan. Namung têgêsing têmbung lingga = tugu sela, dhapur pajalêran. Dipun anggêp pasariranipun Sang Hyang Siwah, lajêng kangge sêsêmbahanipun tiyang agami Siwah. Lajêng atêgês jimat.

Murda, saking murdha (Skt murdha) = sirah. Dados

--- 28 ---

kalinggamurda punika têgêsipun kajimat sirah, suraosipun, kangge jimat wontên ing sirah, sami kalihan têmbung pasisir: kasuwun = kasuhun = kasunggi. Cara Sala: nuwun. Punika namung kintên-kintên.

e. Ardawalepa, punika wontên ing Sêrat Saloka Paribasan kaca 6 No. 23 dipun têrangakên makatên: "ardawalepa, punika ambasakakên tiyang cênthula, amangsulakên pitakènipun ing tiyang, dipun takèni dèrèng sumaur, malês têtakèn.

Tuwan anu: punapa têgêsipun ardawalepa.

Kawitana: punika sami têmbung Kawi, têgêsipun arda: sangêt, kalanglangkung.kalangkung. Têgêsipun walepa: amangsulakên ujar, ananging têmbung kêkalih punika sampun kaangge dados satunggil, têgêsipun tumampik, mênthele, amangsulakên ujar".

Samantên katrangan ing Saloka Paribasan. Aturipun rêdhaksi Kawi: arda punika saking ardha (ardha) têlêsipuntêgêsipun. satêngah, taksih kêtingal wontên ing têmbung: ardhacandra = wulan satêngah = wulan tumanggal, utawi satêngah sasi. Wontên ing basa Jawi dados rada. Rada saru = sêtêngah saru enz.

Walepa punika saking awalepa (Sanskrit utawi Kawi)

--- 29 ---

têgêsipun, kurang ajar, nyamah enz. Dados ardha awalepa, dipun luluhakên, ardhawalepa, Jawi ardawalepa, punika têgêsipun sêtêngah kurang ajar.

f. Surak atri = surak rame. Atri = rame, Mal. riuh.

g. Tan èngêt purwa duksina, lêrêsipun purwa daksina. Purwa = wetan. Daksina = kidul, dados têgêsipun ora eling wetan kidul = ora wêruh lor kidul = bingung = sumaput = klêngêr.

h. Dawala, saking dhawala, têgêsipun putih.

i. Mata-mata kapèn, punika ing sêrat lakon, kajêngipun, yèn aku ora pangling. Yèn ora kêliru. Namung udhalaning têmbung, punika botên gampil, têmbung kapèn, punika kintên kula ewah-ewahaning kapean, saking pe = panas, dados mata-mata kapèn punika, mata-mata kêpanasan = sulap-sulap, sulak-sulake, sajak-sajake, yèn ora kêliru. Punika namung dugi-dugi.

Ing Saloka Paribasan, kaca 180 no. 339. dipun têrangakên makatên. "mata-mata kapèn, têgêsipun kapèn: kalingan. Ngibarat tiyang uninga, nanging botên waspaos.

Tuwan anu: têmbung kapèn punika purba saking punapa, sarta [sar...]

--- 30 ---

[...ta] kadospundi wasesanipun.

Kawitana. Purbanipun ape, wasesanipun: ngapèni". Rêdhaksi Kawi namung nyumanggakakên.

j. Agêlung pare karantan. Karantan, têgêsipun kolur (kaulur) kêdudut.

k. Babut prangwêdani. Babut = tapijt.

Prangwêdani, rêdhaksi botên sagêd nêrangakên. Ing basa Jawi têngahan, pramadami, Mal. pramedani. Ing basa Lampung: pêrangmêdani, Nguju Dhayak pararani (zie Van der Tuuk pramadami), sami têgês babud.

l. Basunônda, amariksanana Pusaka Jawi no. 3 kaca 45 no. 8 (1927) kaca 97.

m. Sêkar dwijan, miturut Van der Tuuk dyu II, têmbung Pèrsi: [...]Ditulis dengan huruf Arab. [Askar-da-ya-waw-za-a-da-ha) punika sêratanipun Arab, rêdhaksi botên sagêd ngungêlakên. Têgêsipun kastanje bruinachtig paard (Jawi: jaran jragêm).

n. Lokananta, amariksanana Pusaka Jawi no. 1 October 1922.

o. Pôncanaka, têgêsipun kuku lima, lajêng atêgês kewan kang akuku lima. Ugi atêgês kukunipun Sang Bima ingkang têngên, ingkang kiwa nama: kuku bayu. (Van der Tuuk panca).

--- 31 ---

Nyuwun Sêsêrêpan

Punapa sampun lêrês panampi kula:

1. Wilasa = solah.
2. Olèh wilasaning Gusti ? (ungêl-ungêlaning tiyang)
3. Sinanggraha = disudhiyani.
4. Sanggraha = sudhiyan.
5. Pasanggrahan = pasudhiyanan ?
6. Sadam = jalêr
pati = èstri
7. Gati = rikat.
8. Wigati = sing rikat ? (dados botên atêgês parlu ?)
9. Lot = sanityasa.
10. Lot-lotan lowe ?
11. Lawad = mara = marani = tilik = têka.
12. Dilawadake = diparakake (mrana) ditêkakake (mrana) = dipranakake.
13. Wimba = rêca = pêpêthan.
14. Ngemba = ngèmpêr = mêmêtha.
15. Wimbaning lèk ?

Lêngganan.

--- 32 ---

1. Wilasa, ing Kawi tulèn kêrêp kasêrat wilasa, punika têgêsipun ingkang plêng: lêlangên. Kados ta: ing Sêrat Nagarakrêtagama XXVII, 2:

a. Tan tunggal tikanang wilasa ginawe narendra kasukan = ora sawiji ingkang lêlangên (kang) digawe (dening) sang prabu (ênggone) sênêng-sênêng.

Ing Sêrat Bomakawya XXIII, 8:

b. Wilasaning cita kinubda dènira = lêlangêning ati didhêlikake olehnya.§ Suraosipun sênênging atine ora diketokake.

Ing Sêrat Arjunawiwaha II, 4:

c. Ikang amara kamini padha kapengin umulati wilasa mangkana = ingkang dewa wadon (widadari) padha kasêngsêm amêruhi lêlangên mangkono.

Kawuningana, wilasa ing tuladha c. punika manawi ingkang anjarwakakên kirang ngatos-atos, lajêng sagêd atêgês kaanan, nglèrègipun dhatêng: solah.

Wilasa sarêng wontên ing basa Jawi têngahan, lajêng kacawuh kalihan wêlas. Kados ta:

Ing Sêrat Pararaton (2e druk) kaca 17 garis 22: (sarta kathah tunggilipun malih, zie register) ana ta anakira Kêbo Ijo, aran Mahisa Randhi, alara

--- 33 ---

patining bapa, ya ta winilasan kinathik dènira Kèn Angrok.

Ing Sêrat Kidung Sundha§ Bijdragen Kon. Inst. deel 83 kaca 13 garis 18.

... kèn apatih matur saha wotsantun. Singgih dewa pangeran. Ranak padukaji, anêdha winilasa dera sri mahaprabu ...

2. Dados wilasa ing no. 2 punika wilasa ing basa Jawi têngahan.

3-4-5 sampun lêrês.

6. Sadampati, punika udhalanipun sa-dampati, têgêsipun sarimbit, sa-ning sarimbit suraosipun sami plêng kalihan saning sadampati. Dampati kenging kaudhal malih. Dam + pati. Pati = heer, bêndara. Senapati = bêndaraning prajurit. Dam miturut Wilson Skt. Wdb. atêgês wife = tiyang èstri = bojo.

7. Gati, punika têgêsipun ing sakawit laku, lajêng lêlakon, lajêng kaanan enz. enz kathah sangêt.

8. Wigati, ing sêrat-sêrat Kawi kula dèrèng mrangguli.

9. Sampun lêrês.

10. Kula botên sagêd anêrangakên. Nanging ing Sêrat Saloka Paribasan, kaca 54. No. 255 makatên:

'"Lut-lutan lowe nyambêr buntute dhewe. Ngibarat tiyang gadhah [ga...]

--- 34 ---

[...dhah] pangangkah awon, nanging lêpat, wêkasan anêmahi dhatêng awakipun piyambak.

Tuwan anu: punapa têgêsipun lut-lutan lowe.

Kawitana, têgêsipun lut-lutan lowe, pulêt-pulêtanipun ing luwing", rêdhaksi Kawi nyumanggakakên.

11-12. Sampun lêrês.

13-14. Sampun lêrês. Nanging wimba punika ing sakawit atêgês bundêran (Holl. schijf) amila lajêng wontên ungêl-ungêlan.

15. Wimbaning lèk, punika têgêsipun bundêraning rêmbulan. Namung sarèhne ungêl-ungêlan ing sêrat Kawi: wimbaning wulan, utawi wimbaning baskara, punika sanadyan kêlintu, gampil sangêt dipun têgêsi: wêtuning wulan, utawi wêtuning srêngenge, dados mimba lajêng atêgês mêtu. Kados ta:

IngkangIng. Pararaton (2e druk) kaca 33 garis 29: sira Gajahmada ambêkêling bayangkara, samangka katuju kêmitane sangkane angiring bathara duk mimba = miyos. Ing Rama Gênutsêkap, kaca: 90.

Kalulute putri ing Mantili / nguni roning andong / sabên memba tansah nèng astane / enz. enz.

Rêdhaksi nyuwun sêsêrêpan dhatêng para ingkang kêparêng ngangge têmbung: wimbasara. Punika karsanipun atêgês punapa.

--- [0] ---

Pruph Nomêr kangge Lêngganan Enggal

Para priyantun ingkang sami tampi Kawi ôngka 1 (Marêt 1929) punika, sami kula suwun sangêt-sangêt mugi sami kaparêng dados lêngganan, inggih punika maringi arta pos wisêl saringgit (f 2,50).

Kawi ôngka 2 (April 1929) tuwin salajêngipun namung badhe kaaturakên dhatêng priyantun ingkang sampun ambayar kemawon.

Ingkang botên kaparêng dados lêngganan kaparênga mangsulakên Kawi punika, ing adrès ban cêkap kacirènana: retour.

Administrasi.