Sastra Jawa

Program Digitalisasi Sastra Daerah

  • Increase font size
  • Default font size
  • Decrease font size

Kawi, Purbacaraka et. al., 1929-04, #1810

Katalog:Kawi, Purbacaraka et. al., 1929, #1810
Sambung:
1.Kawi, Purbacaraka et. al., 1929-03, #1810 . Koran, Majalah dan Jurnal | Kawi #822.
2.Kawi, Purbacaraka et. al., 1929-04, #1810 . Koran, Majalah dan Jurnal | Kawi #823.
3.Kawi, Purbacaraka et. al., 1929-05, #1810. Koran, Majalah dan Jurnal | Kawi #824.
4.Kawi, Purbacaraka et. al., 1929-06, #1810 . Koran, Majalah dan Jurnal | Kawi #825.

--- [35] ---

Ôngka 2, 1 April 1929, Taun II.

Kawi

Sêrat kabar wulanan ingkang ngrêmbag saha ngajêngakên basa Jawi sarana Kawi.

Ingkang ngêdalakên ngiras bêbadaning rêdhaksi: Dr. R. Ng. Purbacaraka, M. Ng. Dwijawiyata, M. Ng. Jayasugita, R. Sastrawirya tuwin H. Sutadi, Redactie-secretaris.

Rêgining lêngganan sawulan 25 sèn, dados sataun punika f 2.50. adres Administratie en redactie-secretariaat: H. Soetadi, Kawatan SOLO.

Kawruh Sêkar Agêng

Sambêtipun Kawi No. 1 taun 1929 kaca 17.

46. patanyani winuni tuan mangke / mapa kari karananing akingking / rari warahêniki manêh rakryan / nda tan akalibak i tatawrêta //

--- 36 ---

Jarwanipun: pitakènipun abdi tuwan sapunika§ Bilih ukara limrahipun tiyang cantênan: samangke kula pitakèn.

Punapa ta jalaraning susah, anggèr§ Lugunipun yayi, kapêndhêt prayoginipun anggèr. dipun ngêndikanana, abdi panjênêngan punika. Lah botên lôngkaa panjênêngan bilih (paring) wartos.§ Bilih ukara limrahipun tiyang cantênan: rak kenging kemawon, ta panjênêngan ngêndika dhatêng kula.

Sêkar Wrêta: [Grafik]

Katrangan.

Garis 4 punika Prof. Kern anggènipun mêdhot tan akalibak i - tatawrêta, kaungêlna: tan akalibak i tatawrêta. Akalibak, dipun galih tunggilipun klubuk, utawi: klabak, punika kêlintu, ing ngriki lêrêsipun akaliba kita. Akaliba saking kalib saking lingga: alib, têgêsipun lôngka, anèh.

47. toh palar ng ulun wruha tulung rimang / manglipur kênang lare rêsun tuan / meta sing sakahyunanta yadyapi / syèni tulyaha ng ulun taman mangèl //

--- 37 ---

Jarwanipun: suwawi ta supados kula sagêda tulung gandrung (panjênêngan) anglipur kenging susah, pun kula, bêndara. Madosana sadhengah ingkang panjênêngan karsakakên, sanadyan§ Ing ukara gancar: sanadyan, kêdah kadèkèk ing ngajêng: madosana. kula kadosa§ Ngoko: aku tak kaya wolung. botên kêsêl (mabur).§ Ing babon mungêl têmên mangèl, punika lêpat, lêrêsipun taman mangêl.

Sêkar Syèni [Grafik]

Katrangan.

Lare rêsun tuan. Kaudhal lara i rêsun ... Rêsun punika saking rasun, inggih punika: sun, mawi ra atêr-atêr kurmat. Sun punika ingkang dados ingsun = aku, saking ing = atêr-atêr utawi voorzetsel, kalihan sun. Saminipun ingong utawi ingwang saking ingwwang = ing wwang = ing wong = aku. Nanging ing atêr-atêring ingsun, kalihan ingwang, ingong, punika têgêsipun atêr-atêr, sampun ical. [i...]

--- 38 ---

[...cal.] Makatên ugi irêsun, punika têgêsing i inggih sampun luluh dados satunggal kalihan sun. Ing basa Bali i punika sami kalihan si ing basa Jawi, Sundha, Malayu enz. Amila murih i raosipun atêr-atêr wangsul i rê sun, dipun jarwakakên, pun kula, si aku.

Ing ngandhap punika wiwit sêkar ingkang sagaris isi kalih wêlas wanda.

48. kakangku tatan sipi arsaning ulun / rumêngwa sabdanta masung suke ati / ri dèn ta tojar manêka kênang lulut / satoya wangsasta masung srêping manah //

Jarwanipun: kakangku, bangêt bungahku, krungu kandhamu (kang) awèh sênênging ati, saka ênggonmu calathu (saguh) anêkakake sih (ku). Kaya banyu ing bumbung agawe adhêming pikir.

Sêkar Wangsasta [Grafik]

49. rêngên ujarku nihan têwêking rimang / ri patilar sang amèt rarasing ulun /

--- 39 ---

ta ya nimita nika lalis ing jinêm / druta wilambita yan pagawe lara //

Jarwanipun: rungokna kandhaku, iki lo, wiwite (aku) gandrung, ing salungane sing ngêpèk sêngsêming (ati) ku. Ora ana jalarane (iku banjur) tega ing paturon. Rikat tanpa kanggêg, ênggone agawe sêdhih.

Sêkar Druta wilambita [Grafik]

Lalis = tega. Samangke atêgês mati.

Druta = rikat. Wilambita ing ngriki wi = ilang, tanpa.

Lambita = gondhelan, gendholan.

Sambêtipun ing ngandhap punika suraosipun radi lekoh, nanging ing bab kawruh botên kenging ajrih dhatêng lekoh-lekohan. Bilih ajrih, badhe botên wontên tiyang maos Sêrat Cênthini. Awit saking punika, murih botên pêdhot, lajêngipun inggih kapêthik wontên ing ngriki.

50. yadi yan kaitung wauning salulut / lulutingwang alung masêwê turida / ridalêm sayana ngwang angantyani kung /

--- 40 ---

kungi kawêtu tothaka sita rasa //§ Mugi kaawasna purwakanthinipun, lulut - lulut. Turida - ridalêm, kung - kung. Punika wontên ing kidung Kawi namung purwakanthi sêdhêng kemawon, ingkang brêgas benjing dipun caosi.

Jarwanipun: yèn ketung (kêgagas) nalikane salulut. Lulutku ngêlung apupus trêsna, ing jroning paturon aku angêntèni ngêrês-(ing ati), ngêrês-(ing ati) mêtu (dadi) kinung (kang) surasane sambat.

Sêkar Tothaka [Grafik]

51. ri uwus ikang de kami gupayanglih / lêlêh anangis ring sayana mangundêng / agila tumon ring tapih arêjam lês / apulang awor mwang kusumawicitra //

Jarwanipun: ing sawising gawe aku lêsu payah, sêdhih anangis ing paturon, bunêl (atiku), gigu wêruh tapih(ku) apik (nanging) têlês (wudhar) kumpul awor karo kêmbang warna-warna (ukuping paturon).§ Prof. Kern botên mangrêtos dhatêng raosipun ungêl-ungêlan punika.

Sêkar Kusumawicitra [Grafik]

Punika sêkar Kusumawicitra ingkang lêrês. Ungêl-ungêlan [Ungêl- ungêla...]

--- 41 ---

[...n] côndrasangkala dipun wastani sêkar Kusumawicitra, punika kêlintu (Zie Kawi No. 10 kaca 291-292.)

52. gênêp têmu taun lawasku nakurên / silih sih adulur lan athik-athikan / jênêk maguling ing taman mamêng-amêng / anan tumurun ing jalodhata gati //

Jarwanipun: gênêp sataun lawase ênggonku jêjodhoan. Silih asih arêrentengan tansah kanthèn, jênak aturu ing taman dolan-dolan, utawa mudhun ing kali sing iline santêr.

Sêkar Jalodhatagati [Grafik]

53. Patani lêngêng asimpar soba ramya / surabi kamuning anjrah ring natarnya / bramara umung aliwran ring ruhurnya / sêkarika ruru mangde sri pathanya //

Jarwanipun: bangsal apik andhewe rêsik asri, wangi kêmuning anjrah ing latare, kombang umung pating sliwêr ing dhuwure, kêmbange runtuh agawe asri ing ngisore.

--- 42 ---

Sêkar Sriputha [Grafik]

Sriputhanya kêdah kaudhal sri i puthanya

54. ya tekonggwan ingwang lana muktyakên kung / lawan sang layat tar wanê ing kalangwan / lêngêng lalana mong kaarsangbarah rum / bramantèng taman lwir bujangga prayata //

Jarwanipun: ya iku panggonanku (ênggonku) tansah ngrasakake sêngsêm, karo sang lolos (sing) ora dhêmên ing kaasrèn. (Ing kono aku) sênêng dolan-dolan ngêmong karêp, angrarah rum. Midêr ing taman kaya ula lumaku.

Sêkar Bujangga prayata [Grafik]

--- 43 ---

Nglajêngakên Mêthik Sêrat Ramayana

Sambêtipun Kawi No. 9 kaca 259.

11. ana rajya tulya kendran / kakwean sang mahardhika susila / § Kakwean, punika têgêsipun ing cara Walandi gevuld met dados botên kados kakèhên = te veel.¶Mahardhika, saking maha = agêng. Rêdhika saking rêdhi, ingkang kados têmbung Jawi rêdèn, utawi wrêdèn = sugih anak. Mahardhika têgêsipun piyambak wong sugih bangêt. Ing samangke dados mardika. ri Ngayodya subagèng rat / yeka kadhatwanirang nrêpati //

Têgêsipun.

Ana nagara kaya kaendran, akèh wonge minulya (kang) watêke bêcik, ing Ngayodya misuwur ing jagat, ya iku karatone sang prabu.

12. ayuning swarga tuwi masor / deni Ngayodyapura tisaya / suka nityakala menak / ring rêngrêng towi ring lahru //

--- 44 ---

Têgêsipun.

Asrining swarga tur kalah, dening Ngayodya kadhaton linuwih, bungah tansah kapenak, ing rêndhêng utawa ing môngsa têrang.

13. sakwèhning mulya kabèh / kanaka rajata lèn manik anangkana / yangkên untunya putih / gumuyu-guyu ng swarga sor dènya //§ Gumuyu-guyung, punika bawa ma dwilingga, cêcakipun punika lidwoord tumrap swarga, kasêrat Latin gumuyu-guyu ng.

Sakèhe kang adi kabèh, mas salaka lan manik ana ing kana, ya kaya untune§ Untuning nagara. putih, anggêguyu swarga (awit) kasor olehnya.

14. ana ta umah kanaka manik / kinulilingan ikang taman ramya / wara kanya kamêng-amêng / surapsari tulya ring Mèru //

--- 45 ---

Têgêsipun.

Ana ta omah mas manik, diubêngi ing taman asri, parawan linuwih (padha) adêdolanan, kaya apsarining dewa ing (gunung) Mèru (= swarga)

15. sawathika manik tamalahalah / sateja munggwing umah paninjoan / kadi Gangga saka Himawan / rupanya katon suteja sri //

Têgêsipun.

Musthika manik tanpa cacad, nganggo sorot dumunung ing omah pangungangan (= panggung), kaya (kali) Gangga (gumrojog) saka (gunung) Himawan,§ Saminipun grojogan Si Pêndhok katingal saking margi agêng Ngampèl Salatiga. wujude ketok, sorote bêcik asri.

16. suka trêpti sang narendra / bukti kang boga tanpa padha dibya / nirbaya tan ana katakut / samanta kabèh masê pranata //

--- 46 ---

Têgêsipun.

Bungah ayêm sang narendra, ngraosake ingkang dhêdhaharan, tanpa padha linuwih(e), nirbaya (têgêse) ora ana kang dèn wêdèni, (ratu) kiwa têngên kabèh (padha) marêk, nêmbah.

17. Sang Kekayi Sumitra / Kosalya gara sang narendra tiga / Durga Gangga Gori / padhanira ya surupa dibya guna //

Têgêsipun.

Sang Kekayi, Sang Sumitra, Sang Kosalya, garwa(ne) sang prabu têlu, Dèwi Durga, Dèwi Gangga, Dèwi Gori,§ Garwanipun Bathara Siwah. padhane ayu, linuwih kagunane.

18. suka sang narendra makurên / dèwinira kapwa yatna yan paniwi / tan ana mambêk irsya /§ Lêrêsipun mambêk Irsya = mambêkirsya, nanging ka dipun rangkêp, awit sêkaripun nêdha makatên.

--- 47 ---

ri sirang dèwi matut katiga //

Têgêsipun.

Sênêng sang prabu ajêjodhoan, dèwine padha ngati-ati ênggone ngèngèr, ora ana watêk srèi, ing sang dèwi rukun katêlu.

19. Kadi arsa sang maharsi / saktèng Rêk Sama lèn Yajurweda / mangkana Sang Dasarata wèh / arsanira ta de maha dèwi //

Têgêsipun.

Kaya bungahe sang maharêsi, karêm marang Rêgweda Samaweda la Yajurweda,§ Katandhinga Kawi No. 4 kaca 120. mangkono Sang Dasarata uga,§ Wèh punika satêmênipun angèl sangêt prêtalanipun. bungah ta dening (sang) maha dèwi (têtêlu mau).

--- 48 ---

Ngêbur Sagantên

Sambêtipun Kawi No. 1 (1929) kaca 10.

... mijil tang minyak: ... mêtu ingkang lênga
wêkasan sakèng pêhan: wêkasan saka ing puhan
na lwirnya ngardhacandra: mangkene lire: wulan tumanggal
rumuhun: (kang) dhisik
tumut ta Bathari Sri: banjur Ba. Sri
tumut ta sira: banjur panjênêngane
Sri Laksmi Dèwi: Sri Laksmi Dèwi
tumut ta Ngucèhsrawa: banjur Ucèhsrawa§ Namaning kapal (jaran) têgêsipun piyambak: kuping dawa, ucèh = dawa. Srawa = kuping. Makatên ugi: Burisrawa, saking buri = akèh. Srawa = pangrungu, suraosipun wong kang akèh pangrungune = wong pintêr. Nanging dilalah dipun dadosakên Bulusrawa.

tumut tang Kostubamani.: banjur Kostubamanik.§ Kostubamanik, punika sêsotya agêmipun Ba. Wisnu, dipun agêm wontên ing jaja têngah lêrês, amila rêcanipun Ba. Wisnu punika ingkang limrah mêsthi wontên pêpêthaning sêsotya wontên ing jaja. Ing jaman samangke punika ingkang dipun wastani kastuba, godhonging wit wijayakusuma, ingkang dipun cariyosakên tuwuh wontên ing Nusakambangan.

Ndan dumunung marèng: Lah dumunung marang
dewata juga: dewata bae
tan ana marèng detya: ora ana (sing) marang detya
wêkasan mijil ta: wêkasan mêtu ta

--- 49 ---

Dhanwantari angindhit: (Dèwi) Dhanwantari angindhit
sweta kamandhalu:§ Inggih punika ingkang lajêng dados tirtamarta kamandhanu, ingkang kêrêp kasêbut ing Sêrat Paramayoga, Rônggawarsitan. klênthing putih
ika kaanan amrêta: iku isi banyu panguripan
ya tika inalap dening detya.: ya iku dialap dening detya.
Yèki dumana mami: Ya iki dadia dum-dumanku
mangkana lingnyan pojar: mangkono calathune ênggone muwus
mauwusan ikang amrêta: (banjur) bubaran (awit) amrêta
têlas umijil mangke: wis mêtu saiki
ikang Mandara parwata: ingkang gunung Mandara
winaluyakênira: dibalèkake olehnya
stananya nguni: panggonane maune
ring Sangka dwipa: ing pulo Sangka
mararyan ta: alèrèn ta
sang watêk dewata.: sang para dewa.
Mangangên-angên ta: Anggalih ta
Bathara Wisnu: Ba. Wisnu

--- 50 ---

i marganing: ing marganing
amrêta kalapa: amrêta kaalapa
dènira: dening panjênêngane
magawe ta sira: adamêl ta panjênêngane
maya stri rupa: sulapan awujud wadon
...: ...
paripurna ring ayu: ayu bangêt
dhatêng manunggang i: têka anunggang ing
detya rupa: wêwujudan buta
...:
kapwa kakarsana: padha kêtarik§ Manahipun para raksasa.

ya katingalan: (barêng) ia katon
arsa ta manah-: bungah ta atining
nikang detya: detya
tumon ikang stri: wêruh marang wadon (mau)
winèhakên i-: diwèhake ingkang
kang amrêta ring: amrêta (kang ana) ing
kamandhalu: ngêjun
pangkunên ing stri maya: supaya dipangkua dening wadon sulapan
lunga tang stri maya: lunga kang wadon sulapan
mawangamrêta: anggawa amrêta
maluy Wisnu rupanira: bali Wisnu warnane

--- 51 ---

Padaringan

Katur rêdhaksi Kawi.

Yèn miturut sêrat Saloka akalihan Paribasan: kina, karanganipun Tuwan C.F. Winter Sr. ingkang lajêng kawêdalakên dening Tuwan S. Keyzer cap-capan ing nagari Amsterdam nalika taun 1858 bab padaringan.

Pangrêmbagipun makatên.

Kawitana. Suwawi sampeyan kula aturi andangu dhatêng tiyang, sanèsipun pujôngga, utawi ingkang kawical sagêd, mênggah ingkang kawastanan padaringan, punika punapa?. Pangraos kula anggêr tiyang sumêrêp, yèn punika gênthong utawi jêmbangan pasimpênan uwos, ananging manawi sampeyan dangu: sabab dening apa diarani padaringan? Kados awis ingkang sumêrêp.

Tuwan Anu. Inggih, ing benjing badhe kula ayoni.

Nitik ing nginggil punika, padaringan, têtela dèrèng wontên katêranganipun, dados: dring utawi: dêring, botên wontên (dèrèng lair).

Sapunika nyuwun kalêrêsakên malih.

1. Angsa = bagian = perangan

--- 52 ---

2. Angsa = banyak
3. Anung = sing
4. Anak anung (anak anung)?
5. Anungswara?
6. Awithangka = soroting srêngenge
7. Nimba = pisah = misah
8. Ndah = mangkana
9. Ratodhata?
10. Kunêng = dene = sigêg ? = mênêng ? = salin ?
11. Sasadhara Kawkas = Sang Hyang Ôntaboga
12. Lot = sangsaya
13. Parasisa = puguh
14. Paswarni (parswani) lambung
15. Moga = dumadakan = dilalah.

Lêngganan.

--- 53 ---

Wangsulan katur Lêngganan

Mênggah anggènipun rêdhaksi mêthik Sêrat Saloka Paribasan bab padaringan, punika namung dipun lugokakên kemawon. Sarèhne ing samangke lêngganan paring pêthikan kados ing nginggil punika, rêdhaksi Kawi botên sagêd sanèsipun, kajawi namung nyumanggakakên. Nanging ing sapunika Bale Pustaka, ingkang kêjibah maringi katrangan bab punika. Amila rêdhaksi Kawi, sêsarêngan kalihan pun Purbacaraka, nyuwun kanthi sangêt-sangêt, Bale Pustaka kêparênga paring katrangan bab punika, saking sakêdhik, kangge prêlunipun para sadhèrèk ingkang sami marsudi dhatêng basa saha kasusastran Jawi. Kawuningana, amila pun Purbacaraka tumut anyarêngi nyuwun katrangan, awit kala sawatawis wulan, pun Purbacaraka ingkang andamêl pangrêmbaging buku wau Boekbespreking, wontên ing Kajawèn ôngka 8 14 Ruwah, Alip 1859 utawi 26 Januari 1929 taun IV.

Pun Purbacaraka.

Sigêg

Bab pitakèn, kados ing ngandhap punika.

--- 54 ---

1. Lêrês

2. Lêrês

3. Lêrês

4. Amariksanana Kawi No. 4 kaca 109-110.

5. Anungswara, lêrêsipun anuswara, saking anu, atêr-atêr ing basa Sanskrita, têgêsipun nurut, kalihan swara. Mênggah ingkang dipun wastani anuswara punika awujud cêcêk, inggih punika ingkang dados ` cêcakan ing sêratan Jawi. Wondene wontên ing basa Sanskrita, anuswara punika swantênipun anurut swara, upaminipun jangbu, punika ungêlipun jambu. Panggih = panggih. Pangji = panji. Dangdang = dadang.dandang. Pangdhawa = Pandhawa. Makatên sasaminipun. Dados suraosipun nurut swara, sampun cêtha. Têgêsipun, yèn ana sangarêping ka ga, dadi ng, yèn ana sangarêping ca ja dadi ny. Makatên salajêngipun. Namung anuswara wontên ing sêratan Jawi jaman samangke, limrahipun namung aswara ng.

6. Withangka, punika têmbung Sanskrita, têgêsipun ing basa Inggris 1. an aviary ing basa Walandi volière Jawinipun kurungan manuk gêdhe. dove-cot = kandhang dara, pagupon. 2. The loftiest point = panggonan kang dhuwur dhewe = panunggul

--- 55 ---

of makuthaning masjid (upaminipun), pinnacle = mênur, elevation = verhevenheid Jawinipun ... ?. Têmbung withangka wontên ing sêrat-sêrat Jawi kina ingkang sampun kawaos, sasumêrêp kula namung muncul sapisan, inggih punika wontên ing sêrat Baratayudha Kawi, pupuh: 6 pada: 7. Ing ngriku têgêsipun withangka sajak inggih mênur utawi makuthaning alayaira = omah intên. Namung panggenan punika pêtêng sangêt, benjing ing sambêtipun Kawi punika, badhe katêrangakên. Ing Wurdhênbuk Jawi, Gericke en Roorda. withangka yêktos dipun jarwani soroting srêngenge. Rêdhaksi Kawi namung nyumanggakakên.

7 Nimba, lêrêsipun imba, nanging ingkang kêrêp kangge mawi tan tanimba = ora pisah, imba thok ing sasumêrêp kula botên nate dipun angge.

8. Lêrês, ing basa Malayu: lah, utawi lah ing basa Jawi.

9. Lêrêsipun ratodhata = rataudata, têgêsipun kareta, kêras, diantêm, suraosipun kareta dibandhangake. Lajêng dados namaning sêkar. Amariksanana kawruh sêkar Agêng ing Kawi No. 1 (1929) kaca 17 nanging ing ngriki rata = kareta, dipun santuni rata = sênêng murih cocog kalihan lampahing cariyos. Katrangan punika mugi dadosa wêwahan ing Kawi No. 1 kaca 17 wau,

--- 56 ---

10. Kunêng namung atêgês dene. (zie Kawi No. 2 kaca 48), botên nate atêgês sigêg enz, punika têgês ing samangke wontên ing sêrat enggal.

11. Sasadhara Kawkas, lêrêsipun Sasadhara Kawêkas, badhe katêrangakên ing wingking, nunggil withangka. Awit dunungipun wontên ing Baratayudha, nunggil withangka.

12. Lot, têgêsipun tansah, yèn pèi lud-ludan, wontên ingkang dipun lud, lêrêsipun dipun lot, punika suraosipun ditansahake ngasut. Lot, mèh nunggil têgês kalihan lud, ingkang dados linud.

31.13. Parasisa = puguh, punika rêdhaksi botên sumêrêp. Manawi paring pitakèn, murih cêtha kapratelakna têmbung anu, dumunung ing layang anu, kaca samene, punika prasasat mitulungi agêng dhatêng rêdhaksi.

14. Paswarni = lambunging, paswar = lambung(nging gunung) lêngkèh.

15. Sampun lêrês.

--- 57 ---

Withangka - Sasadhara Kawêkas

Murih para maos botên ngêntosi sawulan malih, bab têmbung kalih ing nginggil punika, katêrangakên pisan wontên ing ngriki. Kados ingkang sampun kapratelakakên ing ngajêng, dunungipun têmbung kalih wau wontên ing sêrat Baratayudha pupuh 6 pada 7 ungêlipun makatên:

Têkwan akala rêrêb-rêrêb adulur angin saha gandha sumar. Ramya têka ngraupi alêping alayaira katon aulap. Lwir papikat jalada nglih araras i withangka nikin kumêlab. Pindha limungsunganing sasadhara kawêkas ri alintangira.

Ungêlipun.

Têkwan akala rêrêb-rêrêb adulur angin saha gandha sumar, ramya têka (a)ngraupi alêping alayaira katon aulap. Lwir papikat jalada (a)nglih araras i withangka nikin kumêlab, enz.

Jarwanipun katurutakên ing satêmbung- têmbungipun.

Karo manèh awanci kêpyur-kêpyur abarêng angin karo gônda angambar, asri têka angraupi ing apiking omah intên, katon gumêbyar. Kaya pikat (pulut) mega, lêmês apantês (dumunung) ing makuthane, cumlorot.

--- 58 ---

Kaya walungsunganing rêmbulan, kèri ing (nalikane) liwate.

Katrangan.

Angraupi ing ngriki têgêsipun anêlêsi,

Ingkang: katon gumêbyar, punika griyanipun intên,

ingkang: kaya pikat, punika makuthaning griya intên.

Ingkang: lêmês apantês punika meganipun.

Ingkang: cumlorot punika sagêd ugi makuthanipun, sagêd ugi meganipun.

Ingkang: kaya walungsunganing rêmbulan, punika meganipun.

Ingkang: kèri = kêcanthol = dumunung ing makutha punika meganipun.

Ingkang: liwat, punika rêmbulanipun.

Dados ing pangrêtos, Sasadhara ing ngriki kêdah dipun pisah kalihan kèri. Nanging limrahipun sasadhara kawêkas punika kaanggêp gandhèng, lajêng dipun têgêsi (Woordenboek Roorda ing sasa) rêmbulan karainan. Punika kintên kula, kêlintu.

Sasadara Kawêkas inggih ing panggenan punika, lajêng dados namaning sêkar Agêng, inggih ing pupuh punika. Inggih punika pupuh ingkang apurwa: mèh raina sêmu bang enz. enz. Nanging [Na...]

--- 59 ---

[...nging] kintên kula, punika namung nama sasêkecanipun kemawon, awit ing Bali sêkar wau anama: Wisarjita, utawi Widaragumulung. § Zie: Een Balies overzicht van de versmaten (wirama) van de Nag-Krêt. Bijdr. deel 81 blz. 118.

[Grafik]

Sêkar punika ing Wrêtasancaya botên wontên.

Wontênipun sang lêngganan anggalih Sasadara Kawêkas, punapa atêgês Hyang Anantaboga, punika kintên kula, kêtarik ing panggenan ing Sêrat Arjunawiwaha, pupuh 29 pada 4. Ing ngriki dipun cariyosakên agêm-agêmanipun Sang Dananjaya, nalika jumênêng ratu wontên ing kaendran. Maka wastra limungsunganira Sang Ananta uwus dinala. Têgêsipun môngka nyamping walungsungane Sang Ananta(boga) uwus kinêmbang. Ungêl-ungêlan punika sêkaripun sami kalihan pêthikan Baratayudha kasbut ing nginggil. Wasana nyumanggakakên.

--- 60 ---

Nuwun, kula Robana. Ungaran.

Ingkang kabêkta rumojong rahayuning Kawi.

Kawi No. I taun II,

bl. 2 regel 10 vb. sakêdhik sangêt enz.

Kula kumêdah atur panglimbang pamanggèning panutuh bl. 2 wau.

Kawi punika basa krawitan, basa lêmbat alus, kados upami srana anjaring angin, mekani wênèh tulah sarik, mundhi giri lusi.

Pramila dede bujôngga, buja + angga = sawêr. Tiyang sinêmon sawêr punika nistha. Ingkang turut ing Kawi: pujôngga, êmpuning jôngga, de blindenkoning Eenoog, pintêr-pintêripun ing tiyang mêndho. Dados têtêp anoraga.

Mungêl kurang ajar, Kawindra tamtu têbih, dening diksura. Mila arda kajarwa sêrêng. Ardawalepa kajarwa sang ambalik ujar ingkang binêktèng sêrêng. Panunggilanipun dewa sura, kajarwa dewa ingkang sêrêng. Mila dewa cinirèng sêrêng, dening ngriku anyriyosakên pakaryaning dewa wau ingkang nêmbe damêl aruhara, rèhning dhawahing ruhara atas dhawuhing Hyang Naradha, dados botên pêrlu kacirèn dewa sing elok - dewa buta. Dewa sura, kajarwa: sang dewa.

bl. 5 ing Kawi mungêl kiyamat, punika damêl kanggêg klimah

--- 61 ---

kagok, sêtun kukudan, jaman pati, saminipun tulis Sang Hyang Endra, botên Sang Hyang Endra, môngka ing tapih wontên R.J. Djojo Atmodjo dosa punapa Hyang Endra. (te erg)

bl. 11 nunggil kalihan wadunge Ba. Endra. Ingkang dèrèng têrang jarwaning wadung, tamtu ginjal-ginjal lir dèn sunati. Punapa lêpatipun bl. 2 wau.

bl. 14 idhêm malih. Sabab digawe dening gagasaning bujôngga. Yèn pujôngga tamtu botên kêrsa, dening têrang Bathara Guru dhaup lan ulam, ulam tirbah Dèwi Uma, putrèng Sapyani. Pirsa Dèwi Nurini pulunaning Sang Yuyusadari, buyut Sang Hyang Tunggal.

bl. 18 t/m 22. Upami nyata kundha mligi sajarwa anglo, gampil kurupipun agami Brama. Mêrcukundha sajarwaa: ing pangukudan. Dados lir sinapu dera Hyang Mrêcukundha. Sajarwa: saksana para paripurna. Botên ta lajêng tiyang nyêpêng kêlud.

Pramila mulad mara Sang Kawindra umèngêt:

Gajah uwong - Katjawung
Arjuna - Arjuna
Kêndhi - Gendi
Suruh - Sierih
Kêris - Kris
Bojanagara - Bojololo
Nganjuk - Ngancuk
Sêmarang - Camalang

Punika peling sing êmpan papan, Jawa ya Jawa, Lônda ya Lônda, Cina ya Cina, ywa worsuh.

--- 62 ---

Gêgayutaning Panggilut Basa

Ibêring sato iwèn, jangkahing sato wana, punika sadaya anglênggahakên uruping urip. Gêbyaring kilat, soroting surya, pancoronging wulan, lumembaking we, mulading agni, ugi sadaya anglênggahi tancêbing gêsang, inggih gêsanging alam.

Ebah osiking manungsa, ing triloka, ing najaloka, janaloka. ing endraloka saha ing giriloka, ugi tumuju kawêngku ing rahsa gêsang, botên wontên uwating sarap ingkang tanpa sêja ngrurah gêsang, bêbasan sing duwe ora gawe, sing gawe ora ngrasakake.

Sintên ingkang botên anyumêrêpi nyataning tulis punika lugu namung ebahing gagasanipun ingkang nulis. Mila kangge para kilenan, kalamangsaning pêrlu, tulis kêdah dipun sènsur. Sêrat kilenan punika kathah-kathahipun namung ngêwrat: phèitên. Nanging sêrat Jawi namung ngêwrat kanyatan. Pèitên punika kanthi pasaksèn, nanging kanyatan punika nglingga saksi.

Mila kalêbêt bela tampi, yèn sêrat Jawi kinintên ngêwrat roman utawi nopèl. Lugunipun sêrat Jawi isi prasêmon. Pundi uwohipun pèitên, lugu nonsèn, pintên jagad ingkang sampun nêrang nêrangakên kawruh pisik,

--- 63 ---

tèhnik, rèhtsak, dene kok ngantos sapriki namung ngundhuh sêmaya liripun dhatsêlên wênoh ondhêrsukên. Beda kawruh Jawi, sabên guru sajati, punika sêpên ing pamrih (wuda). Sarta namung anggiyarakên kawruh ingkang nyata (ginêlung). Pangupayaning kawruh kanthi tajêming pamawas (netra siwêr). Pamêdharing kawruh kanthi êmpan papan, liripun kanthi pamilih (muka cêmêng) enz. inggih punika kadhapuk Arya Sena. Punapa kasunyataning Sena amot ewah gingsir. Beda kalihan pèitên, biyositin sinuwurakên pinunjul mustajab kangge anggêlak kiyating badan, antawis dintên gantos sanatogin, antawis dintên gantos kalsan, antawis dintên gantos bab inyèksi. Wo, sêmaya iki, wêsêlên ondhêrsukên, sapunika têtela sangêt bènèhipun sêrat Jawi kalihan sêrat kilenan.

Toh para tiyang sagêd ugi sumêrêp bilih sanajan rèsisir, punika ugi bêtah tilêm. Mokal wontên tiyang ingkang ngandhut kêpèk saha potêlot anginthil salêbêting usum mintaraga. Sèwu mokal. Punika têtêpipun mintaraga namung luguning pasêmon. Mintaraga sajarwa: nirna patra. Manjingipun trimurti mila mawi anjawil Sang Hyang Guru, tur rikalaning pêparab Hyang Mrêcukundha. Gayutaning pangukudan Kawi II bl. 22.

Nuwun kula Robana.

--- 64 ---

Bab panjurung ing nginggil punika, rêdhaksi 1 matur nuwun, dene tampi panjurung, sasat tampi pitulungan.

2. Rêdhaksi matur barès, botên mangrêtos cêtha dhatêng karsanipun ingkang manjurung. Namung ramyang-ramyang mangrêtos bilih dipun rêngoni anggènipun ngangge têmbung: kurang ajar. Kawuningana, têmbung kurang ajar ing Kawi namung mligi kangge praboting kawruh, murih têrang. Dados botên katujokakên dhatêng sintên-sintên. Ing kawruh Wetenschap punika manawi murih têrang, inggih ingkang têrang. Upaminipun, tiyang ngirimi sêsukêr (kula nuwun sèwu) punika rak ... kadospundi. Nanging manawi kakintunakên dhatêng dhoktêr, kangge mitêrangakên kawruh, inggih botên punapa-punapa.

Prakawis Sang Hyang Endra kalihan Endra, punika rêdhaksi sajak kêsiku bab panganggening aksara mahaprana, kirang ngajèni dhatêng Sang Hyang Endra. Nanging sarèhne rêdhaksi botên têrang mangrêtosipun, dados inggih namung kèndêl, ewadene manawi sang amanjurung karsa nyêthakakên karsanipun, rêdhaksi badhe angladosi kalayan suka bingahing manah.

Rêdhaksi.

Katandhan Purbacaraka.

--- 65 ---

Wêwahan Mrêtyukundha

Kula mrangguli têmbung mrêtyukundha malih wontên ing sêrat kropak Bat. Gen No. 510 folio 31 recto 1. Ungêling ukara makatên:§ Kasêrat murih cêtha. (Bagawan Ratnabumi mulang dhatêng Radèn Suparkadewa).

Mangko ngong wisiki kita ing rèhing asarira, aywa kita tan têmên-têmênan, yan kita arêp wruha mulaning dadi, aywa kita sangsaya, ana ta rinasan, ana wastu kawruhi, ana ring sarira stananira ring dalêm kulit, warnanira yan mijil saking sarira aputih kadi pusuh § Pusuh = tuntud. umurub dumilah. Kagyat angrasa jrih, muruman muriring, angadêg ingkang wulu, sira asung pangrasa.§ Têgêsipun: ingkang kados tuntud wau ingkang anjalari kraos. Ana ta mungguh ing dalêm Sang Hyang Mrêtyukundha ngaranira, warnanira yan mijil saking sarira, kadi untabing apuy, sêdhêng ujwala ... enz.

Ing ngriki têmbung mrêtyukundha sajak sampun atêgês panggenan. Ewadene murih sagêd têrang suraosipun, badhe kula jingglêng rumiyin.

--- 66 ---

Padaringan

Bab padaringan sampun kula titisakên, Saloka Paribasan cithakan lami kaca: 41 No. 269 ungêlipun cocog kalihan ingkang wêdalan enggal, kaca 56-57 No. 269. Dados Bale Pustaka sampun botên saèstu dipun suwuni katrangan, sawangsulipun sang lêngganan dipun aturi maringi katrangan, ingkang mungêl kados pêthikanipun sang lêngganan, punika dumunung ing kaca pintên.

Purbacaraka.

Katur Rêdhaksi Kawi

Kula nuwun, sèwu-sèwu ing kalêpatan kula: kula nyuwun gunging pangapuntên, ing sarèhning kula sampun angrumaosi kalêpatan kula ingkang agêng, inggih punika bab padaringan. Mila kula namung nyuwun sih pangapuntênipun tuwan rêdhaksi: Kawi, sêrat kula bab padaringan, dalah panunggilanipun, mugi sampun ngantos kapacak ing Kawi. Sakathah-kathahipun kula ingkang lêpat, nyuwun pangapuntên.

Lêngganan.

Kula nyuwun pangapuntên nalika kula tampi sêrat punika, artikêl panjênêngan bab padaringan sampun kalajêng kacithak.

Sèkrêtaris rêdhaksi, Sutadi.