Sastra Jawa

Program Digitalisasi Sastra Daerah

  • Increase font size
  • Default font size
  • Decrease font size

Kawi, Purbacaraka et. al., 1929-05, #1810

Katalog:Kawi, Purbacaraka et. al., 1929, #1810
Sambung:
1.Kawi, Purbacaraka et. al., 1929-03, #1810 . Koran, Majalah dan Jurnal | Kawi #822.
2.Kawi, Purbacaraka et. al., 1929-04, #1810 . Koran, Majalah dan Jurnal | Kawi #823.
3.Kawi, Purbacaraka et. al., 1929-05, #1810. Koran, Majalah dan Jurnal | Kawi #824.
4.Kawi, Purbacaraka et. al., 1929-06, #1810 . Koran, Majalah dan Jurnal | Kawi #825.

--- [67] ---

Ôngka 3, 1 Mèi 1929, Taun II.

Kawi

Sêrat kabar wulanan ingkang ngrêmbag saha ngajêngakên basa Jawi sarana Kawi.

Ingkang ngêdalakên ngiras bêbadaning rêdhaksi: Dr. R. Ng. Purbacaraka, M. Ng. Dwijawiyata, M. Ng. Jayasugita, R. Sastrawirya tuwin H. Sutadi, Redactie- secretaris.

Rêgining lêngganan sawulan 25 sèn, dados sataun punika f 2.50. adres Administratie en redactie-secretariaat: H. Soetadi, Kawatan SOLO.

Kawruh Sêkar Agêng

Sambêtipun Kawi No. 2 (1929) kaca 42.

Ing sadèrèngipun anglajêngakên, ing ngriki ngaturi lêpating panyithaking Kawi No. 2 kaca 37 garis sakawan, kawaosa: kula kadosa wolung, botên kêsêl mabur. Syèni têgêsipun wolung,

--- 68 ---

lajêngipun taksih sêkar angalih wêlas wanda.

55. yapwan manglih yan kala lingsir Hyang Arka / sweca raryyan ring wungkaling tiraning we / madyus ring bejya hning banyunya tisudha / sobang mahantên weswa dewyanggaluntang //

Jarwanipun: yèn kêsêl, yèn wanci lingsir sêngenge, (aku) sasênêngku lèrèn ing watu ing pinggiring kali, adus ing bêlik, bêning banyune bangêt rêsik. asri bangsale banyune (?) gumluntang.

Sêkar Weswadèwi [Grafik]

Têgêsipun weswadèwi, ing ngriki botên cêtha.

Ing jarwanan dipun têrangakên banyune, namung kapêndhêt prayoginipun kalayan gagap-gagap.

56. ri uwusing adyus arja padha mêntas / madulur umunggah ing sayana mamrêm / racana nikarja tan sipi rarasnya / abinawa malini tila-tilamnya //§ Wêtahipun tilam-tilamnya.

--- 69 ---

Jarwanipun: sawising adus sêgêr padha mêntas, abêbarêngan munggah ing paturon turu, rêrênggane apik, ora karuan asrine, nganggo roncèn kêmbang anyar paturone.

Sêkar Nawamalini [Grafik]

57. yan i tambwanging wulan awa sumênê / jênêk ing natar kami suka mêng-amêng / sahaja guling-gulingan ing sayana / bramitaksa ramya mulat ing kalangên //

Jarwanipun: yèn ing wêtuning rêmbulan padhang sumunu, jênak ing latar aku sênêng adêdolanan, sakêpenake turon-turon ing klasa, mripat mrana-mrana asri ngingêtake kasênêngan.

Sêkar Bramitaksara [Grafik]

58. yan mèhning rahina mariris§ Sae: raina mariris katimbang: raina wa riris, ing babonipun. tan adrês / rurwang kêmbang kamuning awor gridanta / Sang Hyang Candra luru makucêm tan kumram / kewran dening jaladhara malangandhêh //

--- 70 ---

Jarwanipun: yèn mèh padhang, udan ora dêrês. runtuh kêmbange kêmuning awor (kêmbang) srigadhing. rêmbulan (maune) gumêbyar (saiki) pucêt ora. sumilak kagubêd ing mega rêrentengan anglimput.

Sêkar Jaladharamala [Grafik]

Sêkar punika wontên ing Pusaka Jawi No. 10 (1924) kaca 151 kolom 1 nama Jaladharamalang. Kintên kula têmbung punika lajêng angwontênakên têmbung mega malang. Kadospundi mênggah alang-ujuring mega, punika kula botên mangrêtos. Mênggah têgêsipun piyambak, jaladharamala punika: rêrentengan mega.

Ing ngandhap punika wiwit sêkar nigawêlas wanda.

59. yapwan kala ri têkaning basanta masa / sweca cangkrama mahas ing pradesa ramya / tansah ngwang kalih adulur lawan kakangku / sasing ramya mamuhara praharsini twas //

Jarwanipun: yèn wancine têkaning môngsa basanta (môngsa kapat) sakêpenakku (aku) ngloyong anjajah pradesa [prade...]

--- 71 ---

[...sa] (Holl. landschap) asri. Tansah aku karongron barêng karo kakangku (bojoku), sadhengah asri, anjalari bungahing ati.

Sêkar Praharsini [Grafik]

60. pasir wukir para paran ingwang anglêngêng / macangkrama kalihan apèt raras ati / sukang rêrêb-rêrêbi rikang tapowana / lêyêp langênika rucirangungang lurah //

Jarwanipun: sagara, gunung kang dak parani alêlangên. ngloyong sakarongron agolèk sêngsêming ati. bungah anginêp-nginêp ing alas patapan. lamad-lamad langêne asri angungang (nginguk) jurang.

Sêkar Rucira [Grafik]

61. kadi wah kalangwanula ing wanasrama / kayu mas nikar wana kuning sawang tatur / amirah tuding pisang alasnya ring jurang / amangun punarmadaning angrêgêp langê //

--- 72 ---

Jarwanipun: kaya banjir kaasrèn, kaananing alas patapan, kayune mas agodhong kuning mèmpêr mas, abang tuntuding gêdhang alasan ing jurang, agawe saya gambirane (wong kang) angrasakake lêlangên.

Sêkar Punarmada [Grafik]

Punarmada têgêsipun piyambak manèh berag.

62. enjing mintar matuti imbang nikang adri / lêng-lêng dening paksya mijah garjita ring pang / asrang tang syung kapwa masabdangaka manggêh / kagyat dening sabda nikang mata mayura //

Jarwanipun: esuk lunga turut ing lêngkèhing gunung. asri dening manuk amijah girang ing pang. mêmpêng beyone padha muni angakang patut. kagèt dening unining mêrak gambira //

Sêkar Matamayura [Grafik]

63. trang pwa ngwe kumram i iringing gaganabra / sakwèhning tani padha katon kalangênnya / lêng-lêng lwirning sawah ika wau matandur / ri drêsning maruta kadi tambudhi wici //

--- 73 ---

Jarwanipun: padhang dene sêngenge gumêbyar ing iringing langit, sumilak. Sakèhing (lêmah) têtanèn, padha katon asrine, ngêlam-lami wujuding sawahe lagi tandur, saka santêring angin, kayadene ombaking sagara.

Sêkar Ambudhiwici [Grafik]

Ing ngandhap punika wiwit sêkar ingkang angawan wêlas wanda.

64. sakwèhning ramya sama kajajahan deningwang / taman lèn mandhala kuthi paran ingwang lila / tirta kwèh lyan ranu kaaliwatan mangde kung / madhyanyanjrah kuwalaya kusumanya mrik mar //

Jarwanipun: sakèhing asri padha ndak jajahi, taman (Cultuuronderneming) mandhala (pondhok?). lan kuthi (kloosters) iku paranku asênêng-sênêng. Padusan akèh lan ranu (Mal. Danau) diliwati, agawe sêngsêm. Ing têngahing (Danau mau) anjrah kêmbange tunjung, amrik angambar.

Sêkar Kuwalayakusuma [Grafik]

65. nahan lwir kun ngunya dulu-dulur akarwan kung / mangke pwa ndikin katêkana waluyangrat hyun / ning tunggal sih ta pinalar ing anahên kingking /

--- 74 ---

praptasambadha trya nêkakêna wuwusningwang //

Jarwanipun: mangkono solahku biyèn arêrentengan angloroni sêngsêm. Lah saiki, kêpriye bisane kêlakon anêngsêmake ati manèh,§ Garis 2 punika ing panjarwa namung kêdah dipun longgari (vrij vertaald). mung siji, asihmu dijaluk sing nandhang susah (aku) iki, têkaa (ing panggonane kakangku) tanpa sangsaya, rikat anêkakake caturku.

Kula nyuwun pirsa: ing salah satunggaling Kawi taun 1928 punapa wontên ingkang ngêwrat pathokanipun maos basa Kawi, kados ta: [Huruf Jawa: taling, wulu, suku] sasaminipun. Manawi botên wontên ingkang ngêwrat, kula nyuwun dhanganing panggalihipun redhaksi Kawi, karsaa maringi pathokan maos wau. Awit manawi botên mangêrtos pathokanipun, kadrênging manah badhe nyinau basa Kawi têmtu mêndha utawi ical. Wasana matur nuwun.

Salatiga 14 April 1929.

Kula pun Ciptamulyana.

Kula nuwun, bab ing nginggil punika, sawatawis sampun kawrat ing Kawi, nanging inggih plêncat-plêncat. Amila prayoginipun maosa Kawi wiwit No. 1 taun 1928.

Rêdhaksi

--- 75 ---

Ngêbur Sagantên

Sambêtipun Kawi No. 2 kaca 50.

Tumingal ikang: Wêruh ingkang
detya krodha taya: buta banjur padha nêsu
kapwa sangrabdha: padha angrakit
sangkêping sanjatanya: ganêping gêgamane
anan musala,: ana bindi
gada tomara: gada towok
sinambutnya: kang dicandhak
manututi: anututi
Sang Hyang Wisnu: Sang Hyang Wisnu
Kawênangan ta: Katututan ta
sira: panjênêngane
dhatêng sarwa dewata: têka sakèhing dewa
maka di: môngka pangarêp
Hyang Brahma: Hyang Brahma
Sang Hyang Iswara: Sang Hyang Iswara
tumulungi: anulungi
Sang Hyang Wisnu: Sang Hyang Wisnu
Matangkêp ikang prang: Atapuk pêrange
papranganira: paprangane
ri samipaning: ing pinggiring

--- 76 ---

lawanarnawa: laut asin
ikang Sangka dwipa: ing pulo Sangka
pinggiring lawana sagara: pinggiring laut asin
tatan ana: ora ana (kang)
kasor ing laga: kalah ing prang
kapwa galak: padha galak
padha sakti: padha sêkti
kapwa wani: padha wani
marangkit: têmpuk prang
marurêk arok: adêdrêg rukêt
silih usi: gênti ngoyak
Tange ingkang prang: Suwe pêrang iki
idhêp Bathara Wisnu: (mangkono) panggalihe Ba. Wisnu
matangyan inangên-angênira: mulane dicipta
cakranira: cakrane
panangaranirèng: kanggo nyirnakake
detya: buta
...: ...
sakarêng inadhisthana: sadhela diwatêk
mijil ta ya: mêtu ta (cakrane)
sakèng akasa: saka ing langit

--- 77 ---

...: ...
kadi tejaning apuy: kaya soroting gêni
dumilah tejanya: gumêbyar sorote
ya tika cinakrakên: ya iku dicakrakake
de Bathara Wisnu: dening Ba. Wisnu
ring detya: ing buta
pêgat gulunya: pêdhot gulune
...: ...
inatus iwu: atusan èwu
kwèhnya pêjah: kèhe (kang) mati
linud ta ya: ditutuh ta ia
dening Narayanastra: dening panah Narayana
muwa pinanah: manèh dipanah
ta yèng nisita sara: ta ia ing panah landhêp
Mangkin ta ya layu: Saya ta ia malayu
tan ana nolih: ora ana (kang) nolèh
ikang sesaning mati: ingkang sisaning mati
ya tika: ya iku
sumilêm ing tasik: nyilêm ing sagara
mahêt-hêtan: andhêlik
ing patala: ing dhasaring bumi
Alah tang: Kalah kang

--- 78 ---

detya raksasa: buta raksasa
rahni kang samangkana: gêtihe ing kono
ya yika matêmahan: iya iku dadi
lwah umili têkèng: kali mili têka ing
lawana samudra: sagara asin
...: ...
abang ta sang: abang ta sang
hyang aditya: hyang sêngenge
kasênwan bangnya: kêsorotan abange
Mangkana ta wangkaynya: Mangkono ta bangkene
...: ...
kadi pucakning wukir: kaya pucaking gunung
abang dening: abang dening
dhatu: tuk (gincu)
mangkana ta lwirni: mangkono ta kaananing
wangkaynya gumuling: bathange gumlundhung
ing prêtiwi: ing lêmah.

--- 79 ---

Kalilana Nyuwun Pirsa

1. Ing Sêrat Babad Têmbung Majalêngka, Majapait Majalangu, lan bokmanawi wontên sanèsipun malih punika têka têgêsipun kasamèkakên, môngka panggenanipun rak botên sami.

2. Wontên ing Kawi ôngka 2 taun 2 kaca 43 katêrangakên bilih mardika, punika asalipun saking mahardhika. Wontên satunggiling sadhèrèk malih ngandika, manawi mardika punika saking mardi lan eka. Punika lajêng kadospundi têrangipun.

3. Ing Kawi ôngka 10 taun 1 kaca 305 rêdhaktur maringi sêsêrêpan, yèn Ajisaka punika botên nate dhatêng ing tanah Jawi.

Sarêng kula maos Sêrat Pustaka Rajapurwa, jilid 1 kaca 61 mrangguli makatên.

Anuntên kacariyos ing tanah Indhustan, wontên panjênêngan ratu bôngsa brahmana, ajêjuluk Prabu Isaka, inggih punika ingkang dipun wastani Ajisaka, Prabu Isaka wau putranipun Prabu Iwaksa inggih Bathara Anggajali, kang ibu saking Najran putraning Raja Sarkil. Dene Bathara Anggajali putranipun Bathara Ramayadhi, [Ra...]

--- 80 ---

[...mayadhi,] ingkang ugi nama Êmpu Ramadi. Êmpu Ramadi putranipun Sang Hyang Ramaprawa. Sang Hyang Ramaprawa putranipun Sang Hyang Êning, sadhèrèkipun Sang Hyang Tunggal. Jumênêngipun nata Prabu Isaka wontên nagari ing Surati, sarêng panjênênganipun angsal 46 warsa, nagarinipun kabêdhah ing mêngsah, Prabu Isaka jêngkar saking praja ngungsi dhatêng wana, lajêng dipun panggihi dening kang rama ingkang sampun dados dewa, nama Bathara Anggajali wau, Prabu Isaka winisik ing saliring lêlampahanipun para dewa sadaya, sarêng sampun katampèn ingkang dados wangsitipun ingkang rama, ing ngriku Prabu Isaka wiwit kapencut darbe kasaktèn kados para dewa, lajêng tinuding ingkang rama, kinèn amratapa wontên pulo dawa ingkang sonya, sarta ingkang ing ngajêng sampun kaparingan nama nuswa Jawa dening Sang Hyang Guru, Prabu Isaka nuntên mangkat angupados. Botên antawis lami amanggih pulo taksih sonya, kaprênah kidul wetaninipunwetanipun. tanah Indhustan. Kala pangancikipun Prabu Isaka wiwit saking pasisir lèr, dintên Indhu anuju dintên Budha, wulan Indhu anuju wulan utawi môngsa kartika salêbêtipun taun sambrama ing jaman pancala kala antuk [antu...]

--- 81 ---

[...k] 768 warsa, Prabu Isaka anjajah saubênging pulo sadaya, ngantos dumugi ing wêkas lèr kilèn kidul wetan pisan, sang prabu langkung ngungun miyat panjanging pulo amargi wiwit ing tanah Acèh dumugi Bali, taksih kêmpal dados satunggal ...

4. Kadospundi têgêsipun:

Parampara, pusara, wantêr, wrêdha.

Mêndhêt saking lare punika manawi nglikasi, saèstunipun rêsah êtraping bênang.

Sampun samantên kemawon rumiyin. Kula matur nuwun sangêt dhatêng panjênênganipun rêdhaktur, ingkang badhe nêrangakên sadaya ingkang kula suwunakên pirsa. Nanging panyuwun kula panjênênganipun sampun sok ngandika: mirsanana sêrat ... Awit makatên punika mêsakakên tumrap sadhèrèk ingkang botên sami kagungan buku kados ingkang dipun ngêndikakakên.

Parta Adisucipta.

--- 82 ---

Katrangan tumrap Pitakèn ing Nginggil Punika

1. Wontênipun Majapait, Majalêngka, kalihan Majalangu, dipun carub punika ing sakawit namung mligi kêtotog ing dhong-dhing. Sami-sami dhongdhing punika sagêd angwontênakên têmbung ingkang anèh-anèh, kados ta: pamase. Ing ngriki talinganipun punika botên wontên têgêsipun kajawi namung nuruti dhong-dhing. Mataram, dados Matarum. Dipun pêcah mata + rum, lajêng dipun Kawèkakên ngèksi + gônda. Ing môngka mataram punika têgêsipun piyambak biyung. Dados bumi Mataram punika têgêsipun ing sakawit tanah biyung moederland. Jayèng palugon, punika manawi rikat-rikatan, palugon tamtu dipun kintên saking lingga lugu. Ing môngka punika saking palagan, paprangan. Namung sarèhning kêtotok ing dhong-dhing: o. palagan lajêng kabêkuk dados palugon. Nagara dados nagari, dados nagantun. Makatên salajêngipun.

2. Mardika, katrangan ingkang lêrês namung: saking mahardhika

3. Ing Sêrat Ajisaka gancar (cap-capan Amsterdam 1857) kaca 1 ungêlipun namung makatên: [m...]

--- 83 ---

[...akatên:] (ing tanah Jawi) kala samantên taksih dèrèng wontên sastra. Anuntên badhe wontên bramana sêkti angajawi, ajêjuluk Ajisaka, pinangkanipun saking sabrang ...

Kaca 4. Cariyos ing ngajêng punika (cariyosipun Prabu Dewatacêngkar), kèndêl samantên. Ing mangke ingkang kocap Ajisaka, anglangkungi saking sêkti môndraguna, pinangkanipun saking Mêkah angajawi, enz. enz.

Sêrat Ajisaka, ingkang langkung sêpuh katimbang Pustakaraja, botên mratelakakên Ajisaka punika putranipun sintên. Kajawi punika cariyosipun Sêrat Ajisaka wau, ingatasipun ngèlmu babad, botên wontên ajinipun. Sêrat Pustakaraja ingkang saya moncèr, samantên ugi, inggih botên kenging pinitados ing lêrêsipun. Dêstun namung kenging kaanggêp dongèng, ingkang botên susah dipun takèkakên lêrês lêpatipun.

4. a. Parampara = kêrêp. Bola-bali.

Kados ta ing Ramayana III, 3.

Samangkana narendra Sang Dasarata si arsa girang / Si Rama juga ratwa tan Si Barata pwa na lingnira / prasasta karêngê parampara ujar narendra pagêh /

--- 84 ---

samapta winarah tikang bala kabèh yyurjar sang prabu //

Têgêsipun:

Ing nalika punika Prabu Dasarata§ Asi punika têgêsipun ingkang nama, sing jênêng, a = duwe, si = si = aran. sênêng bingah, Si Rama bae kang dadi ratu, ora Si Barata lah, makatên pangandikanipun. Misuwur kêpirêng karêp pangandikanipun sang prabu, têtêp. Sampun dipun dhawuhi ingkang bala sadaya ing pangandikanipun sang prabu.

b. Pusara, kula padosi ing Woordenboek Kawi, botên pinanggih. Ing Woordenboek Roorda têgêsipun tali.

c. Wantêr = bantêr.

d. Wrêdha = Kawi, wrêddha = tuwa,

e. Mêndhêt saking lare punika manawi nglikasi, saèstunipun rêsah êtraping bênang. Punika rêdhaksi botên sagêd anêrangakên, nanging punika sajakipun paribasan. Rêdhaksi nyuwun tulung kaparingana sumêrêp, ungêl-ungêlan wau tumrap ing sêrat punapa wontên ing kaca pintên.

Bab tutupipun sêrat pitakèn ing nginggil punika, amariksanana katrangan tumrap panuwunan, nunggil ing No. punika.

--- 85 -- -

Kalihan taklim, nyuwun sêsêrêpan dhatêng rêdhaksi utawi para maos, têmbung:

1. Trahing kusuma, 2. Rêmbêsing madu, 3. Têdhaking maratapa, 4. Wijiling andanawarih (andanawarih kula sagêd sumêrêp Kawi 7, kaca 222) nanging manawi wontên têgêsipun sanès kabêkta saking têgêsing pitakèn 1-2-3.

Kajawi punika ugi nyuwun sêsêrêpan, ambêg sadu santabudi palamarta (palamarta kula sagêd sumêrap saking kalawarti: adil palamarta), nanging bokmanawi wontên têgês sanès. Ugi nyuwun pirsa: trahing Witaradya.

Punapa wontên Kawi têmbung: bakna.

Kula nuwun sangêt, Prawirawinata.

Karanganyar, 2-5 '29.

Danawarih of andanawarih (Skr danawari, een danawa-vijand een godheid). Het wordt verklaard door bèrbudi, milddadig (Skr. dana wira, een milddadig mensch), têdhake andanawarih, een nakomeling van een godlijk wezen. R(adja) P(irangon) 98. (Volg. and v.e. held: danawarih = prajurit. A(ngling) D(arma) 1. Zoo trahing adanawarih. Wajang I 197.

Ing nginggil punika pêthikan saking Woordenboek Girieke en Roorda, katranganing danawarih sanèsipun mungsuhing [mungsuh...]

--- 86 ---

[...ing] buta, punika katrangan enggal, sarêng tiyang Jawi sampun botên sumêrêp dhatêng têgêsipun danawarih ingkang lugu, lajêng namung kadugi-dugi kemawon.

II. Ambêk sadu santa budi, adil palamarta.

Ambêk = watêk. Sadu (Skt-Kawi sadu) = bêcik, apik, brêgas (ingatasipun watêk, atèn-atèn, dede rupa). Santa (Skt.-Kawi santa) = alus, sabar. Budi = budi. Adil têmbung Arab.

Palamarta, punika ingkang radi lêrês paramarta. Wontên ing Sêrat Paramasastra Jawi, dipun wastani atêr-atêr para + marta. Punika kirang lêrês, lêrêsipun paramarta = parama + arta. Parama = dhuwur dhewe = No. 1 = primo = prima, arta = zaak bab prakara. Dados paramarta punika têgêsipun: de voornaamste zaak bab kang dhuwur dhewe, prakara kang No. 1 ingkang dipun wastani bab kang dhuwur dhewe, punika adatipun bab angawruhi Gusti Allah.

Ing pangraos kula, paramarta dipun gandhèng kalihan adil punika suraosipun kirang mathis. Kintên kula paramarta punika dipun cawuh kalihan pararta, Kawi: pararta, saking para = wong liya, arta prêlu zaak wondene pararta punika suraosipun amrêlokake prêluning

--- 87 ---

wong liya, têgêsipun botên egoistisch = prêlune dhewe didokok ngarêp. Samantên wau rêdhaksi namung nyumanggakakên.

III. Trahing Witaradya. Têmbung Witaradya ing Woordenboek Gerieke en Roorda dipun têgêsi linuwih. Ing sanès panggenan têmbung punika kangge namakakên sêrat karanganipun swargi R. Ng. Rônggawarsita. Saking pangintênipun rêdhaksi, têmbung wau ewah-ewahan saking Witaraja, jêjulukipun Prabu utawi Hyang Wesrawana, putranipun Bagawan Wisrawa. Dados kakangipun Prabu Dasamuka. Mênggah têgêsipun wita = kasugihan, raja = ratu, dados witaraja = ratuning kasugihan, inggih punika nunggil têgês kalihan dhanèswara = dhana + iswara = ratuning kasugihan. Dhanèswara punika ugi jêjulukipun Sang Wesrawana. Nanging tiyang Jawi nalika pandamêling Wdb. Roorda sampun botên sumêrêp dhatêng têgêsipun dhanèswara, awit têmbung dhanèswara ingkang ewah dados daniswara, danèswara enz dipun têgêsi: sugih singgih of sugih anyar. Dados trahing Witaradya punika kintênipun rêdhaksi nunggil têgês kalihan [kali...]

--- 88 ---

[...han] trahing Daniswara, ing jaman samangke kajêngipun trahing wong sugih singgih. Namung lêrêsipun têmbung kêkalih wau ewah-ewahan saking witaraja kalihan Dhanèswara, sami jêjulukipun Sang Wesrawana.

IV. Bakna, ing basa Kawi sasumêrêpipun rêdhaksi, botên wontên. Wontên têmbung bagna, têgêsipun tugêl, sêmpal enz. nanging ing ungêl-ungêlan Irawan bagna, rêdhaksi botên mangrêtos pikajênganipun.

Panuwunan

Kula anggadhahi pamanggih ambokbilih kagêm, botênipun inggih botên dados punapa. No. 1 ing Kawi ôngka 1 taun 1929 wontên katêranganipun rêdhaksi: amriksanana Pusaka Jawi No ... taun ... Kula botên gadhah, dados kula botên sagêd sumêrêp. Pamanggih kula, katêrangan ing nginggil punika namung bêlangipun piyambak, botên bêlangipun tiyang kathah. No. 2 mênawi sami mupakat, Kawi punika botên sisah mawi ôngka wangsul 1 malih,

--- 89 ---

prayogi katêrusakên ôngka 11 enz. dados kangge alesan, lajêng zie Kawi No ... botên sisah mratelakakên taunipun barang. Nuwun pangapuntên.

Lêngganan (Mas Kun)

No. 1 Kula nuwun, botên saking bêlang- (Holl. belang = prêlu) ngipun piyambak. Punika saking anggènipun rêdhaksi Kawi badhe ngajèni dhatêng Pusaka Jawi. Dados panuwunipun rêdhaksi ingkang botên dipun lairakên, punika supados para ingkang marlokakên kaparêng mundhut tumbas No. wau dhatêng administrasi Pusaka Jawi, ngiras ambiyantu. Ingkang makatên punika rêdhaksi Kawi botên angsal bêlang barang-barang. Ewadene ing wingking manawi wontên bab kados ing nginggil, rêdhaksi badhe mêthik-mêthiki saprayoginipun.

No. 2 Rêdhaksi matur nuwun sangêt, kuciwanipun usul panjênêngan punika sampun kasèp, amargi Kawi taun II sampun kêlajêng kalih wêdalan, dados sagêdipun rêdhaksi nuruti karsa panjênêngan, inggih wiwit saking Kawi taun III ngajêng, botên wangsul ôngka 1 malih.

--- 90 ---

Katur Rêdhaksi Kawi

1a. Kadospundi pranatanipun nyêrat cara Kawi, sarta pranatanipun damêl ukara. Punapa kenging nyêrat: ring, grilaksmiwati, b. ingkang, c. tansah (tansah), d. asri, enz-enz. Pundi ingkang kêdah kacêcêk utawi kasigêg: nga.

e. Ukara punika punapa sampun lêrês:

(Nuwun sèwu, sampun dipun gêgujêng, lo)

f. I amir mus umijil sakèng padyatan karana ri arerenyan alara: (kajêng kula: lara: sakit "ziek" botên lara gandrung, utawi sanèsipun).

g. Kunang ika mad sanityasa wireren sakolahnya, marma dumadyakên pintirnya = enz.

2) Ing pundi anggènipun ngêtrapakên: jêjêr, wasesa, katrangan enz.

3. Punapa ing jaman Kawi punika, anggènipun ginêman inggih cara: Kawi, kados ing buku-buku Kawi ingkang sanès sêkar.

4. Punapa sababipun dene ing Kawi ngriki tansah nyêrat: punika, kayune, parane. Kok botên: punika, kayune enz.

--- 91 ---

5. Sêkar-sêkar Agêng punika, punapa mèh anggêr tiyang mangrêtos, kadosdene mangrêtosipun tiyang jaman sapunika ingatasipun sêkar Macapat.

2. Punapa têgêsipun

a. lawana
b. sajagat rat
c. tuwi = tur
d. towi = utawa
e. ning = nya
f. lèn = lan
g. tarlèn?
h. Lidwoorden punika wontên warni pintên, têmbung punapa kemawon ingkang sami gadhah.
i. wara = stri?
j. dwijawara ? wara Srikandhi? Pariwara? Wiwara? (punika satêmbung punapa saking: wi + wara).
k. ikang = ingkang. Ring = ing. Ikang = ring kang?

B. Sudarmaja.

--- 92 ---

1.a. Adatipun namung kasêrat ring Sri. Laksmi botên kenging, namung kêdah Laksmi, awit punika têmbung Sanskrita. Watonipun ka namung kêdah dipun pasangi sa, malah ing basa Sanskrita: ksa, punika namung awujud aksara satunggal, sami ugi kalihan X = ks.

b. Ingkang, ing basa Kawi dèrèng wontên, wontênipun ikang, utawi ikang (kêdah kacêcak). Nanging manawi lajêngipun têmbung ingkang apurwa swara, cêcakan wau lajêng awujud nga, mawi swaraning têmbung lajêngipun, kados ta: ikang anak, lajêng dados ikanganak. Ikang urip = ikangurip. Sang ibu = sangibu, enz.

c. Tansah, kêdah kasêrat tansah. Nanging yèn lajêngipun têmbung apurwa swara, ! wau lajêng awujud ha mawi swaraning têmbung lajêngipun, kados ta: tansah amalaku = tansahamalaku. Awèh inak = awèhinak. Silih uwuh = silihuwuh (gênti nyêluk).

d. Asri. Ra punika wontên ing sêratan Kawi botên nate dados pasangan awit [Huruf Jawa: cakra] (cakran) punika sajatosipun pasangan ra.

--- 93 ---

e. Ingkang kacêcak punika ingkang botên kêsusul ing swara. Namung ka kalihan ga, punika manawi nunggil lingga, kapasang sangandhaping nga, kados ta: sangka, gangga, lingga, mangka, enz.

f. Lêrêsipun: si Amir uwus umijil sakèng pawiyatan karana ri raryya niran alara.

Si amir, kenging karangkus: syamir.

Wus ing basa Kawi taksih mungêl uwus.

Pawyatan, lêrêsipun pawiyatan. Saking wiyata = wi-yata. Têgêsipun pamêthès. Nanging têmbung wiyata ing sêrat-sêrat Kawi prasasat botên mêdal. Dados têgês pamêthès wau pêthikan saking Woordenboek Sanskrita. Sok wontên ingkang nyêrat pawiyatan. Punika kirang lêrês.

Arèrèn. Ing basa Kawi têmbung aran awis ingkang mawi atêr-atêr a, ingkang sagêd lintu kalihan ma. Kados ta: kuning (têmbung aran zelfstandig naamwoord) akuning, utawi makuning (têmbung kaanan Bijvoegelijk naamwoord. Paramasastra Dwijasewayan II kaca 5 No. IV).

Ing basa Jawi atêr-atêr a of ha of ma wau sampun ical, kajawi manawi têmbungipun katrangan wau namung sawanda. Kados ta: adoh, abang, agêng, alit, apik,

--- 94 ---

atis, abyor, enz enz (katandhinga kalihan Paramasastro I kaca 67).

Niranalara ungêlipun niran alara.

g. Lêrêsipun utawi saenipun: kunang ika syamad sanityasa tan mararyan sakolahnya, marma dumadyakên pintêrnya.

Sanadyan wi, punika sok atêgês ora. Nanging botên kenging kangge praboting syntaxis = rêracikaning ukara. Saminipun on ing basa Walandi. On ugi atêgês ora. Nanging upaminipun ik on loop utawi ik loop on (kajêngipun ik loop niet) punika botên kenging.

2. Trapipun sami kados basa Jawi, nanging manut- manut dêrêngipun.

Kados ta: aku sing anjukuk, punika langkung rosa katimbang sing anjukuk aku. Iki tukunên, langkung rosa katimbang: tukua iki, makatên salajêngipun.

3. Kathah sangêt èmpêripun bilih makatên.

4. Bab punika sampun katêrangakên wontên ing sêrat kabar Bandera [Ba...]

--- 95 ---

[...ndera] Jawi, No. 8-9 taun 1858. Kapêthik mawi dipun ewahi kados ing ngandhap punika.

Bab 2 [Huruf Jawa: Na+pasangan Na] na gondhèl, kula rêmên ngangge gondhèl, ingkang makatên wau namung pados gampil, awit ing salêbêtipun urêk-urêk (nyêrat) punika sampun botên kandhêg ing pikiran, linggane apa dhuku, apa dhukun, apa jara, apa jaran, apa kêbo, apa kêbon.

Wondene pikir kandhêg punika tamtu sagêd angregoni wosipun ingkang dipun sêrat. Dados manawi kula nyêrat: mantunipun anggènipun sakit mantunipun dipun jampèni Bokma punika kula botên prêduli pundi ingkang mantu, pundi ingkang mantun, suraosipun sami kemawon. Kajawi punika tuwuhing pangrêtos tumrap ing têmbung tulis utawi têmbung uni, punika têtela namung saking ngajêng wingkingipun, utawi kawontênanipun. Ingkang langkung prêlu: ingkang maos ngrêtos punapa botên. Bilih sampun jumbuh tigang bab, pikire sing nulis têrang, tulisane cêtha surasane, sing maca mangrêti, punika dados namanipun. Bilih gothang salah satunggal, punika sakêdhik sangêt parlunipun. Wosipun tulis punika kêdah kêplok kalihan ingkang maos. Upaminipun, wontêna bibliotik ingkang agêng, manawi botên wontên ingkang sagêd maos, [ma...]

--- 96 ---

[...os,] punika sami kalihan botên wontên bibliotik. Contonipun tulis ingkang botên kêplok kalihan ingkang maos, kados ing ngandhap punika. Cariyosipun Radèn Ruwiya Darmabrata, kala rumiyin dados prayantun guru ing Kêbumèn, punika ing ngajêng kêpatihan Kêbumèn, wontên sêratanipun. Sapa kang arêp munggah kaji, kudu nè kênake pas, punika dipun waos dening tiyang alit, kudune kêna kepas. Sarèhne nèkênakên pas punika mawi ambayar arta, arta wau ngantos nama: dhuwit kepas. Ingkang makatên wau namanipun tulise ora kêplok karo kang maca.

Wondene bab pangangge kula: [Huruf Jawa: Na+pasangan Na], punika kintên kula mêsthi botên angewahakên suraos. Kalihan malih ingkang kula aturakên dhatêng para maos punika suraosipun dede urêk-urêkipun. Awit ing pikir urêk-urêkipun wau sampun kêwingking têbih, sabab punika namung dluwang mangsi.

Bab waton tumrap pangangge kula: [Huruf Jawa: Na+pasangan Na], badhe katêrangakên ing wingking.

5. Bab punika tiyang ing jaman samangke sampun botên sagêd andugi-dugi.

--- 97 ---

6a. Lawana = asin.

b. Sajagat rat, punika ing kawruh basa dipun wastani pleonosme = têmbung loro kang padha surasane dianggo barêng, jagat = dunya, rat = dunya. Saminipun: kula warga. Malah mandar, yèn manawi.

c. Tuwi = tur, lêrês.

d. Towi = tur, botên utawa.

e. Ning = nya, punika kirang lêrês, namung katrangan kadospundi bedanipun punika botên gampil.

f. Lèn = lan, lêrês, nanging lèn ugi atêgês liya (Mal. lain).

g. Tarlèn = ora liya.

h. Lidwoorden ing basa Jawi jaman samangke sampun botên wontên. Ing basa Jawi kina ang utawi ng. Ing basa jaman samangke dipun lintoni panambang e.

Basa Walandi gadhah: een, de, het.

Basa Inggris inggih gadhah a, an, the.

Basa Duitsch inggih gadhah die dos enz enz

Taksih kathah tunggilipun basa ingkang gadhah lidwoorden.

--- 98 ---

i. j. Amariksanana kawi No. 5 kaca 146.

Pariwara, wiwara, punika waranipun beda kalihan wara ingkang sampun katêrangakên. Wara ingkang atêgês pilih punika saking war = milih. Ing pariwara saking war = nutup. Pariwara têgêsipun pandhèrèk, kang angubêngi, kang anutupi. Wiwara = wi, ilang, wara, tutup. Kanggo ngilangi tutup = lawang.

k. Sampun lêrês.