Sastra Jawa

Program Digitalisasi Sastra Daerah

  • Increase font size
  • Default font size
  • Decrease font size

Kawi, Purbacaraka et. al., 1929-06, #1810

Katalog:Kawi, Purbacaraka et. al., 1929, #1810
Sambung:
1.Kawi, Purbacaraka et. al., 1929-03, #1810 . Koran, Majalah dan Jurnal | Kawi #822.
2.Kawi, Purbacaraka et. al., 1929-04, #1810 . Koran, Majalah dan Jurnal | Kawi #823.
3.Kawi, Purbacaraka et. al., 1929-05, #1810. Koran, Majalah dan Jurnal | Kawi #824.
4.Kawi, Purbacaraka et. al., 1929-06, #1810 . Koran, Majalah dan Jurnal | Kawi #825.

--- [97] ---

Kawi

Sêrat wulanan kangge mitêrangakên basa Jawi sawatawis. Solo.

Ôngka 4, 1 Juni 1929, Taun II.

Kasèp Sangêt Wêdalipun

Kula ngaturi wuninga bilih Kawi ôngka 3 ingkang mêsthinipun salêbêtipun wulan Mèi sawêg sagêd mêdal nalika wulan Agustus, dene ôngka 4 punika sagêd mêdal sapunika (têngah-têngahing wulan Sèptèmbêrt 1929), punika amargi saking kalêpataning tindakipun administrasi.

Awit saking punika kula nyuwun gunging pangapuntên dhatêng para priyantun lêngganan, langkung malih dhatêng para priyantun ingkang sampun kêlajêng nyêrêg dhatêng administrasi dene ngantos saprika-sapriki dèrèng tampi Kawi ôngka 3 tuwin 4.

Administrasi.

--- [98] ---

Kabar Administrasi

Minôngka sambêtipun ingkang sampun kasbut ing Kawi ôngka 3 dumugi tanggal kaping 14 Sèptèmbêr punika kula sampun tampi arta lêngganan ingkang nyaringgit (f 2,50) saking para priyantun ing ngandhap punika:

Moh. Damanhoeri
T. Kom. Djoerit
R. Koeswarahardja
R. Martadihardja
R. Martosoehardjo
K. Martosoepeno
R.J. Poerwaatmadja
IG. K. Ranoeh
WS. Reksawardaja
M.S. Sastradiwirja
R. Soemardi Darma
M Soepardi Wimboharjono

Dene ing ngandhap punika ingkang maringi arta lêngganan ingkang botên nyaringgit:

Tr. Hardjosoewito: (f 1,50)
W.J.S. Poerwadarminta: (f 1,25)
B. Soedarmadja: (f 1,25)
R. Soewadi: (f 1,25)
Pr. Wirojo: (f 1,25)

Manawi wontên priyantun ingkang rumaos sampun ambayar, môngka asmanipun dèrèng kapratelakakên ing nginggil punika, kaparênga nyêrêg dhatêng administrasi.

Administrasi.

--- [99] ---

Ôngka 4, 1 Juni 1929, Taun II.

Kawi

Sêrat kabar wulanan ingkang ngrêmbag saha ngajêngakên basa Jawi sarana Kawi.

Ingkang ngêdalakên ngiras bêbadaning rêdhaksi: Dr. R. Ng. Purbacaraka, M. Ng. Dwijawiyata, M. Ng. Jayasugita, R. Sastrawirya tuwin H. Sutadi, Redactie-secretaris.

Rêgining lêngganan sawulan 25 sèn, dados sataun punika f 2.50. adres Administratie en redactie-secretariaat: H. Soetadi, Kawatan SOLO.

Kawruh Sêkar Agêng

Sambêtipun Kawi No. 3 kaca 74.

Gambaripun Sêkar Asambadha, ing Kawi kasbut ing nginggil, makatên.

[Grafik]

Sambêtipun.

66. tuwi ta ya saranangku lèn asake kita / manêkakêna lulutkwi sang magawe lara /

--- 100 - --

rarahên i langêning wukir patapan lêyêp / yadi katêkaa ring jaladhyaparajita //

Jarwanipun: tur ora ana kang tak jaluki tulung kajaba saka ing kowe, anêkakna sihku ing sang agawe susah, golèkana ing asrining gunung patapan anganyut-anyut, sanadyan têkana ing sagara wetan (pisan).

Yadi têgêsipun piyambak yèn, nanging ing ngriki suraosipun sanadyan. Jaladhyaparajita = jaladhi aparajita, têgêsipun sagara wetan.

Sêkar Aparajita [Grafik]

67. kaka kami palarên wruha malêsa lulut / yadi ana warasih ta matulung arimang / tumêkakêna pasambating alawas akung / kita juga turida praharanakalika //

Jarwanipun: kakang (maliwis) aku prêlokna, supaya (aku) bisa bakal malês sih, yèn ana wêlasmu anulungi (wong) gandrung. Anêkakna sêsambating (wong) lawas kangên, mung kowe (kang bisa) angilangi gandrungku, mupung durung kasèp.

Warasih, saking wara = ganjaran + sih, têmbung kalih wau suraosipun mèh sami. Panganggening têmbung kalih ingkang sami

--- 101 ---

suraosipun punika dipun wastani pleonasme kados ta: andhap asor, suka bungah, lakoe langkah, malah mandar, yèn mênawi. enz. Garis 3 pungkasan ungêlipun pasambating alawas akung.

Sêkar Praharanakalika [Grafik]

Nama punika ing Cênthini dados sêkar Pranaalika, lampah 15 (zie Kawi no. 2 taun I kaca 50. no. 14).

68. sang siptaning wacananing ulun ing kita pwa / tangkat pare sang asawang Madana ngrêsi twas / prih pèt rarah tanyakêne gêrêh aywa mangèl / sang lwir wasanta tilaka siha ring gatingku //

Jarwanipun: cêkake kandhaku ing kowe dene, mangkata, maraa ing sang kadi (Hyang) Kamajaya (sing gawe) ngêrêsing ati(ku). Udinên golèkana, lurunên, takokna ing galudhug aja kêsêl. Sang kadi kêmbang pêlêm ing môngsa kapat, asiha marang awakku.

Pwa ing pungkasaning garis 1 punika sêsêlan. Madana, jêjulukipun Hyang Kamajaya. Wasanta, ing basa Jawi basônta ing Woordenboek Roorda dipun têgêsi rêmbulan§ Makatên ugi ing sêrat Saridin cap-capan 5 kaca 325. [rêmbu...]

--- 102 ---

[...lan]

punika lêpat, lêrêsipun Lente têmbung Walandi, namaning môngsa wiwit thukulipun sarta sêkaripun têtuwuhan malih ing sasampunipun môngsa asrêp, ing jaman Jawi botên wontên. Kapêndhêt prayoginipun, môngsa kapat. Tilaka, kathah têgêsipun, ing ngriki kapêndhêt pantêsipun, kêmbang pêlêm.

Sêkar Wasantatilaka [Grafik]

Kêlimrah karan Basônta.

Ing ngandhap punika sêkar ingkang anggangsal wêlas wanda ing dalêm sagaris

69. nahan ujari sang angarang alangê siwuhên / mangênani atining aganilaya mawêlas / dadi ya sumahur agêlêm anêkana ngulah / suka mani gunani karanika yan inalêm //

Jarwanipun: mangkono ujare sang agandrung, asêngsêm, lêsu, angênani atining manuk, wêlas, banjur ia sumaur agêlêm anêkanana panggawean, bungah yèn dialêm akèh ing kagunane kang bêcik.

Sêkar Manigunanikara

[Grafik]

--- 103 ---

Ungêl-ungêlan ing nginggil punika ing jaman samangke dipun wastani sastra laku.

70. ibu ring apa mata ngwang yan tanangge pakonta / yadi sapawêkas sang dyah mrêk marèng pringga durga / mapa ta wuwusan ingwang yan kapanggih kakung ta / mamuhara asih ing janma liniptèng laronêng //

Jarwanipun: anggèr, kadospundi ta kula, yèn botên puruna ing dhawuh panjênêngan. Bilih (kula) manut dhawuh panjênêngan dumugi ing papan wêrit angèl dipun lampahi, kadospundi ta badhe atur kula manawi kêpanggih kalihan ingkang panjênêngan sênêngi, supados anjalari sih dhatêng tiyang (panjênêngan) ingkang kagubêd ing susah sêngsêm.

Mata ing ngriki têgêsipun sami kalihan Malayu: lah tanangge = tan angga i = lumuh ing. Mrêk = rangkusaning marêk. Kakung ing samangke atêgês lanang, ing basa Kawi têgêsipun kang dèn kungi, kang dèn sêngsêmi, kang dèn sihi. Makatên ugi ing ngriki, saha ing Baratayudha XXV, I ing Bomakawya XXXI, 4 têmbung kakung upami kajarwakakên lanang, bôngga, sagêdipun namung: kang dèn karêpake. Nanging ing Wrêtasancaya wontên têmbung

--- 104 ---

kakung ingkang sampun atêgês priya, lanang (zie Kawi no. 8 kaca 229)

Sêkar Malini [Grafik]

Ing ngandhap punika wiwit sêkar ingkang ngênêmbêlas wanda ing dalêm sagaris.

71. nahan ujarnikang kaga ri sang araras alangê / ndan sumaur sang adyah amarahi wuwusan ika / yèki linganta toh rêngên ujari pinuni kata / praptakênèng sang aswa wrêsaba gati wilasita //

Jarwanipun: mangkono ujare kang manuk marang sang araras asri (sang putri) lah sumaur sang dyah amuruki bakal cature. Iki, lo bakal unimu, lah rungokna cature dasihmu (si aku). Têkakna marang sang dhêmên lumaku kaya banthèng utawa kaya jaran.

Pinun tanggap na-ning pun têgêsipun batur, dasih.

Sêkar Wrêsabagatiwilasita.

[Grafik]

72. rakryan aturniking kaga dhatêng sumêmbah i kita / ndan wara cèthi kanggêh i pinun mare kita tuan / don kwinutusnyarinta manêkakênang wuwus arum / ri kita sang tulus gumaway ang jagat pramudita //

--- 105 ---

Jarwanipun: radèn, punika aturing paksi (ingkang) dhatêng, nêmbah dhatêng paduka. Lah kula punika kalêrês para nyai ri paduka, marêk ing paduka, prêlu kula, dipun utus ing rayi paduka, andumugèkna atur manis, dhatêng paduka sang tulus andamêl giranging jagat.

Inutusnyarinta, saking inutus ni arinta, dados [Huruf Jawa: Pasangan nya] dede pasangan nya, punika pasangan na dipun pengkal. Gumawayang = gumaway ang = gumawe ingkang. Têmbung pramudita ing Woordenboek Roorda anggènipun anjarwani lêpat sadaya.

Sêkar Jagatpramudita

[Grafik]

Ing ngandhap punika sêkar ingkang mitulas wanda.

73. masningwang toh diwasa têkaping mangwalanglang kalangwan / tolih rantên rasika kari tibra ngarang kandhêhan kung / sokagring ring taman agulingan ring êbing nagapuspa / mandakrantang bramara manangis ring ruhur darpa manghrêng //

Jarwanipun: mas kula, lah sampun anggèn (panjênêngan) kêsêngsêm anjajah kaasrèn. Nolèha (dhatêng) rayi. Panjênênganipun kantun, sangêt susah kandhuhan kung, sêdhih, gêrah, wontên ing patamanan agulingan ing aubing [au...]

--- 106 ---

[...bing] nagasari. Kombangipun pating sliwêr alon sami nangis sangêt ambrêngêngêng wontên ing nginggilipun.

Diwasa ing ngriki têgêsipun uwis, maria, wis aja. Kados ta, ing Sêrat Utarakandha.§ Dèrèng kacithak. Aringkwibu Sang Surpanaka ta diwasa lara, têgêsipun: adhiku Sang Surpanaka, wis aja susah.

Mangwalanglang = mangê alanglang. Langlang = jarwa nganglang = anjajah,

Sêkar Mandakranta:

[Grafik]

74. tan kêna ring pangan turu sawètning unêng i ri kita /§ Ing babon mungêl unênga ri kita, punika kirang sae. lot manangis mangundhêng amangun wêlas ikang umulat / tan uningèng sêkar hyasati ruksa mawênês asamun / lwir nika wangsapatra patitèng sayana yan aguling //§ Ing babon mungêl yun aguling, punika kirang sae.

Jarwanipun: botên kambêtan ing dhahar sare, awit saking kangên ing paduka, tansah muwun angungkêp-ungkêp, andamêl wêlasipun ingkang sumêrêp. Botên anggalih dhatêng sêkar (saha) dandos, sangêt kêra, pucêt cêbilak. Kados godhong pring dhawah ing pasarean (wujudipun) manawi sarean.

--- 107 ---

Sêkar Wangsapatrapatita = godhong pring tiba.

[Grafik]

Nama Wangsapatrapatita ing jaman samangke dipun cêkak dados Bôngsapatra. Têmbung bôngsapatra kula padosi ing Woordenboek Roorda botên pinanggih. Wontên ing sangandhaping têmbung patra wontên têmbung patrawangsa, dipun têgêsi wangsalan = kêmadhuh, punika lêpat panyithakipun, lêrêsipun patrawisa. Têmbung bôngsapatra ing Sêrat Saridin kaca 326 dipun têgêsi panjangputra, kêkuluban. Panjangputra ing Woordenboek Roorda dipun têgêsi een fijner en kleiner soort van porselein. Ingkang makatên punika rêdhaksi Kawi namung nyumanggakakên. Nanging murih têrang, kula badhe matur sakêdhik kados ing ngandhap punika.

Wontênipun têmbung wangsa dipun têgêsi panjang (bala pêcah) punika kintên-kintên saking cawuhing gagasan. Têgêsipun gagasan kalih kacarub dados satunggal, têrangipun ing Sêrat Baratayudha V. 8 ungêlipun makatên.

Wwantên stri wau koratan madanabanang doh i soring wungu. Mamrêm-mrêm têkaping kakang inakakên sambyamijêt jêng rapuh

--- 108 ---

têkwan wruh sumilib mandhyakêni rum-rum sang wèh kung langê, nahan etuni ran tênyuh kadi gêdhah rêmpuh dhawuh ring sila.

Jarwanipun: ana wong wadon lagi kêtancêban panahe Bathara Kama. Ngadoh (ana) ing sangisoring wit wungu, amêrêm-mêrêm awit saka (ana) cèthi kang angêpenakake (awake) sambi amijêti sikil kêsêl. Kajaba kuwi (si cèthi mau) bisa anêsêlake, angrumpaka arum-arume sang gawe kangên lan sêngsêm.§ Inggih punika bedhanganipun tiyang èstri wau. Iku mulane(atine) ajur kaya gêlas rêmuk tiba ing watu.

Panggenan ing Baratayudha punika dipun cawuh kalihan panggenan ing Ramayana, kaca 219 pada 62, nalika Prabu Rama kenging wimohanasara = wimanasara. Sêkaripun ugi Bôngsapatra, ungêlipun makatên.

Murcita yar tiba kapati ring ksaga awak alupa / Mrêm wiparita tang mata kadi pwa manêhêra pêjah / Lèn muka tanpa teja kadi candra juga karainan / Tulya sawangsapatra pati tang ati ya ta kumêtêr //

--- 109 ---

Jarwanipun: kêlêngêr ênggone tiba kaya mati ing sanalika, awak kêju, mêrêm, malik ingkang mata kayadene ambanjura mati, lan rai tanpa caya kaya rêmbulan juga karainan, mèmpêr godhong pring tiba, ingkang ati, ya ta kumêtêr

Kintên kula panggenan kalih ingkang kapêthik ing nginggil punika, ingkang anjalari cawuhing panêgêsipun bôngsapatra.

Bilih botên makatên, inggih têmbung patra piyambak ingkang anjalari, awit patra punika têgêsipun godhong enz lajêng atêgês ajang, wadhah, papan enz.

Parasisa = puguh?

Têmbung ing nginggil punika nalika katakèkakên wontên ing Kawi no. 2 taun II kaca 56, kula botên sagêd ngaturi katrangan. Ing samangke sampun pinanggih. Têmbung wau dumunung ing Sêrat Saloka Paribasan, wêdalan Bale Pustaka, kaca 99. Ing ngriku ngêmot pêthikan Baratayudha, mawi dipun têgêsi. Murih cêkak, ungêl- ungêlanipun Saloka Paribasan botên kula pêthik ing ngriki. Dene bab kisruhipun ing panêgês, para maos sagêd nandhing kalihan ing ngandhap punika: [p...]

--- 110 ---

[...unika:]

Ingkang dipun pêthik ing Saloka Paribasan wau ungêl-ungêlan ing Baratayudha VIII, 15 nyariyosakên pêpanggihanipun Dèwi Kunti (Kunthi) kalihan Adipati Karna, ungêlipun makatên:

na doniranpara ri Sang Naranata Karna / motus kumona Kurunata tan agrahèng prang / Konteya lingnira muwah ri Sang Arkaputra / byaktan anaknira rikalaniran sukanya //

Suraosipun: parlunipun anggènipun (Dèwi Kunti) murugi Prabu Karna, punika dhawuh supados (Sang Karna) akèn dhatêng Prabu Duryodhana, sampun ngantos angajêngi pêrang. Lan malih (Dèwi Kunti) ngandika dhatêng Sang Suryaputra. Kowe iku rak anakku. (Dadi sadulure para Pandhawa, mula aja ngiloni Korawa). Awit cêtha bilih (Sang Karna) punika putranipun (Dèwi Kunti) nalikanipun taksih parawan.

Têmbung parasisa ing Saloka Paribasan, punika ungêlipun ing Baratayudha: pararisang. Tamtu kemawon bilih lajêng risak suraosipun.

Têgêsipun têmbung-têmbung ingkang kawrat ing pêthikan nginggil punika,

--- 111 ---

na = mangkono. Donira = parlune. Anpara = ênggone mara. Ri rangsang. ' = marang sang. Naranata Karna = Prabu Karna ... Tanagrahèng prang = tan agraha ing prang = ora anampanana ing prang. Konteya = putrane Dèwi Kunti, makatên ugi Gandhareya = putrane Dèwi Gandari = Prabu Duryodhana. Madreya = putrane Dèwi Madri (m) = Nakula, Sadewa, enz-enz. Lingnira = pangandikane. Muwah = manèh ...

Garis ingkang pungkasan ing Saloka Paribasan botên katut kapêthik.

Ungêl-ungêlan ing nginggil punika sêkaripun Wasantatilaka. Guru lagu kacocogakên kalihan ungêlipun, kados ing ngandhap punika:

Na doniranpara ri Sang Naranata Karna

[Grafik]

Dados parasisa tamtu botên sagêd, awit panggenan sa kêdah panjang.

--- 112 ---

Nyuwun Sêsêrêpan

Têmbung-têmbung ing ngandhap punika punapa nunggil têgês, kadospundi têgêsipun.

1a. Tangkil, ing têmbung: a. bangsal manguntur tangkil, b. miyos tinangkil, c. dêmang ngiras tangkilan.

IIa. Gêrit, ing têmbung: a. anggawa gêrit, b. kêndhigêrit (lare dolanan), c. gêrita (ambên bayi), d. gêritan, pirantos kangge nglêlantih lare alit supados tumuntên sagêd malampah).

III. Sumbul:

a. Abdi dalêm bupati gandhèk manawi kautus andhawuhakên satunggaling bab, môngka anggènipun andhawuhakên kalintu, abdi dalêm panèwu gandhèk ingkang anglêrêsakên, kawastanan: nyumbul.

b. Wara Sêmbadra dipun takèkakên dening Bagawan Durawêca, Radèn Sômba kadhawuhan maringakên sumbul supados dipun badhe punapa isinipun sumbul wau.

c. Sêrat lampahan Janggala kêlêm, Ajar Salokantara pratela dhatêng Radèn Kudalalean manawi piyambakipun darahing sumbul tamping Ngurawan.

d. Ingkang masrahakên pangantèn kawastanan sumbul.

IV. Kala, ing têmbung: a, kalamôngsa, môngsakala, kala-kala, [kala-...]

--- 113 ---

[...kala,] kalabang (bokmanawi saking têmbung kalaabang), c. Bathara Kala, d. Kalabêndana (adhinipun Dèwi Arimbi).

V. Têmbung: wêdrah, atmaka, prabôngsa, Hyang utawi Dhahyang punapa têgêsipun.

VI. Manawi ing dintên garêbêg, para abdi dalêm panèwu gêdhong kautus angladosi sêsêgah warni gantèn (kinang) tuwin sêkar (kawastanan gantèn arum) dhatêng para tamu tuwan-tuwan, punika kawastanan: ngêtuk. Ngêtuk ing mriki punapa têgêsipun, punapa nunggil wit kalihan êtuk toya.

Ks.

Katrangan Minôngka Wangsulaning Pitakèn

I. Kula nuwun, têmbung tangkil punika 1 atêgês namaning têtuwuhan rambat. 2. Gantilan (ing basa Malayu: tangkai) 3. Ingkang kêrêp sangêt kangge, atêgês seba.

a. Bangsal manguntur tangkil, punika: bale manguntur seba, suraosipun, bale panggonan sang ratu sineba (bangsal = kramaning bale)

b. Miyos tinangkil = miyos sineba

c. Dêmang ngiras tangkilan, punika rêdhaksi botên sumêrêp cêtha. Namung kintên-kintên punika namaning dêmang mardika, têgêsipun, dêmang ingkang gadhah panguwasa wontên ing bawahipun piyambak, botên kêrèh dhatêng sintên-sintên. Ing basa Walandi kintên-kintên [ki...]

--- 114 ---

[...ntên-kintên] kenging dipun wastani onafhankelijk dêmang. Pangkat ingkang makatên wau kala jaman kina kintên-kintên wontên. Wondene ingkang maringi kamardikan, inggih sang prabu. Kamardikan ingkang makatên wau dipun wastani swatantra, têgêsipun ing basa Walandi: e gen leiding, zelfleiding utawi autonoom. Dados dêmang ngiras tangkilan punika kintên-kintên têgêsipun dêmang ngiras kang diidhêp, dêmang mardika, onafhankelijk dêmang zelfbesturend dêmang.

Para prayantun ing Surakarta taksih sami èngêt dhatêng nama: Pangeran Dêmang Tanpanangkil.

II. Gêrit

a. Gêrit punika, manawi kula botên kêlintu, ing basa Acih atêgês grobag, kreta, tunggangan. Anggarit, punika ambêbêdhag mawi grobag, dipun ombyong-ombyongi gêgodhongan, grobag mungêl gêrit-gêrit. Mênjanganipun sami cingak, gumun, botên lumajêng, sabab botên kêtingal tiyangipun. Nanging manawi sampun cêlak lajêng dipun sênjata. Dados anggawa gêrit = anggawa grobag (?)

b. Kêndhigêrit, punika botên têrang, namung kintên-kintên ing sakawit, gênti gêrit = gênti nunggang. Kacocogna kalihan kawontênaning dolanan wau.

--- 115 ---

c. Gêrita, lêrêsipun grita utawi gurita, nanging asal saking basa punapa, rêdhaksi botên sumêrêp.

d. Gêritan, punika kapêndhêt saking swaranipun, makatên ugi gêrit ingkang atêgês grobag, ing wau inggih namung têmbung ulah bawa.

IIIa. Nyumbul, ing ngriki anggènipun nêrangakên kêdah nêdha pitulunganipun têtandhinganing swara (klankvergelijking). Sumbul, punika saking wod bul, têgêsipun munggah utawi mêtu. Bubul, dhambul, kêbul, timbul, mabul, umbul, sêbul. Makatên wujuding sumbul c. inggih panjang minggah. Ing basa Jawi wontên malih wod ingkang atêgês mêtu kalihan munggah, tur dhasaring swara (grondklank) sami kalihan wod bul, inggih punika: dhul, sami adhasar swara ul (ul). Dhul ingkang atêgês mêtu, munggah, punika kêtingal wontên ing têmbung: anjêdhul, kalihan sundhul. Cêkakipun: nyumbulipun prayantun panèwu anggandhèk punika, ing raos saha ing dhasaring swara, sami kalihan nyundhul. Katandhinga kalihan nyundhul atur. Katrangan punika namung adhasar dugi-dugi, mawi landhêsan têtandhinganing swara. Ewadene manawi rêdhaksi Kawi sagêd angsal katrangan saking prayantun anggandhèk (ing Surakarta, utawi ing Ngayogyakarta) ingkang langkung sagêd [sagê...]

--- 116 ---

[...d] amarêmakên manah, ingkang matur nuwun botên namung rêdhaksi Kawi. Sadaya para prayantun ingkang marlokakên bab punika, kintên-kintên inggih matur nuwun.

b. Sumbul ing Woordenboek Roorda: een mandje voor gekookte rijst met oversluitend deksel. Jawinipun: bakul cilik wadhah sêga, nganggo tutup sing pas. Katrangan ing WoorboekWoordenboek. punika kirang. Sumbul, ing Surakarta atêgês namaning barang wadhah, kalêbêt peranganing upacara kraton. Wujudipun amariksanana: Djawa extra nummer, Mangkunagaran) tangkêban kaca 10 no. 7 pratelanipun Sumbul emas tempat rokok (tatahan). Barang kados makatên wau, ingkang kabêkta Radèn Sômba supados kabatang punapa isinipun.

c. Sumbul, ing ngriki saminipun umbul, sêsêbutaning tiyang. Kêrêp kangge wontên ing sêrat karangan Rônggawarsitan.

Umbul-umbul = bandera. Tandha = bandera. Bandera = tunggul, tunggul = lurah.

d. Ambokmanawi punika inggih gandhèng kalihan sumbul = cêthing = wadhah sêga. Ingkang masrahakên pangantèn punika kintên-kintên kala rumiyin mawi ambêkta sumbul wadhah sêga. Minôngka pasêmoning panggêsangan. Nanging punika namung dugi-dugi.

IV. Kala

a. Kalamôngsa - môngsakala - kala-kala, punika saking [sa...]

--- 117 ---

[...king] têmbung Kawi kala têgêsipun tijd.

b. Kalabang, sagêd ugi saking têmbung kala, Sanskrit kala (khala) têgêsipun si ala, si ora bêcik.

c. Bathara Kala, saking Bathara Kala, dewaning wanci (de god des tijds) inggih punika dewa tukang ngrusak. Awit punapa ingkang botên risak dening wanci.

d. Kalabêndana. Sadaya kala ingkang tumrap sangajêngipun namaning danawa, punika saking kala (skt, kala (khala) = awon.

V.a. Wêdrah, rêdhaksi botên sumêrêp.

b. Atmaka, saking Kawi atmaka, sanskrit idem têgêsipun anduwe watêk kaya ... Kados ta: dewatmaka, anduwèni watêk kaya dewa. Raksasatmaka, anduwèni watêk kaya buta, enz.

c. Prabôngsa, ing Woordenboek Roorda botên wontên. Ing Woordenboek Kawi, Juynboll prabangsa dipun têgêsi onnoozel? Mawi tôndha pitakèn onnoozel têgêsipun gêblêg. Prabangsa kenging kaudhal praba = sorot, angsa = perangan. Nanging rêdhaksi dèrèng nate mrangguli.

d. Hyang têgêsipun dewa, pêpundhèn. Ingkang dados têmbung Jawi ahèng = Kawi ahyang = gaib, anèh.

--- 118 ---

Têmbung hyang kintên-kintên nunggil wit kalihan bayang-bayang, wayang, ing basa Walandi Schim sarta eyang.

Dhahyang ing basa Sundha rahyang. Parahyangan, Priyangan = panggonan ghaib. Ing basa Jawi: dhanyang, kang ambaurêksa, pêpundhèn, ing basa Kawi kêrêp kasêrat dhanghyang.

VI. Tuk, ing ngriki têmbung Cina. Bangku pasajenaning Têpèkkong. Dados ing wit sanès kalihan tuk margi toya.

Marcukundha

Têmbung punika kêpanggih malih wontên ing sêrat kropak no. 67, fol 12 recto 2. Ungêlipun makatên:

Salah aci tiga warna puyud banawa kuwisesa

Aku manik mracukundha ngawang-awang angungkuli buana kabèh

Pandêlêng mega akasa andêlêng urip

Ing sêrat kropak no. 204 kaca 23 garis 3 mrêcukundha dados namaning biksu.

--- 119 ---

Panjurung saking Purnapranatan

Anglajêngakên rêmbag ing Kajawèn no. 8 kaca 119, no. 10 156, no. 14 kaca 212 (taun 1929) kados ing ngandhap punika.

Rêdhaksi.

A.

Sêrat katur panjênênganipun adhi mas Dr. R.Ng. Purbacaraka, rêdhaktur sêrat kabar Kawi ing Wèltêprèdhên Batawi.

Kula nuwun, mênggahing bab gèsèhipun anggèn panjênêngan anêgêsi pêthikan Sêrat Baratayuda akalihan têgês ingkang kasêbut ing Sêrat Saridin (Saloka Paribasa) pamanah kula kathah lêrêsipun ing têgês ingkang kawrat Sêrat Saridin, katêranganipun:

1. Nika ngalaya = kang asêmu alum, waluyaning sêkar godhong punika: alum, bêsêm, waluya = wahaalaya = wangsul, utawi pêjah = pralaya = paharpa = paharêp: pandaya pangruwat atma, paran waluyaning dasih (Zie Rama Jarwa) waluyaning atma = pêjah = ruwating atma.

2. Lata = uwit ingkang awatak oyot-oyodan = mêmulêt = lung-lungan, dados sami lêrêsipun.

3. Mrik = mrika = ngambar = sumêbar mrika-mrika (sastra lampah).

4. Angumkuma = kados borèh, lêrês panjênêngan.

--- 120 ---

5. Mar = maaruma = maarum: mar: saking gêrban, saminipun sunan = susuhunan, nun = anuwun. Mrih = maarahi = makangsali = nyupayani ... dudu warana sirèku, apa sira Gotama = Ragoatma = Atama. (Zie Rama: pitakènipun Wirupaksa dhatêng Radèn Lêksmana widagda) bilih: mar: atêgês wor, mor, botên sagêd angwontênakên têgês: kados borèh arum angambar, nanging kêdah namung: angambar kados borèh, tanpa: rum.

6. Lot = lut, linawadni = dipun êludi (ni: amêngku watak rimbaging basa: i kriya) dados: lot linawad = êlut-ingêlut = êlut-ingêludan = campuh.

7. Kukusni kang anguswa of kang angusuma = ngusuma = nguswama = kalangkunganing gônda = gônda ingkang anglangkungi (sêkar bangah botên wênang sinêbut: kusuma, dening botên linangkung gandanipun) bilih: kang angusuma: botên kangge dados sagatraning: basa: kukus, botên wênang dipun têgêsi: kukusing dupa, kêdah namung kukus thok makatên kemawon. Nyêkar: botên sagêd atêgês: nyaosi sêkar of dhahar, ingkang piridan saking: nyêkar pasareaning lêluhur = ngaturi sêkar. Nyêkar botên sagêd ewah saking atêgês: kados sêkar. Kalanturing basa ingkang botên kêrêp, botên wajib kangge wêwaton.

--- 121 ---

8. Riwimba = mapolah kados.

9. Bathara Gana = mega = kumêlun of ngêndhanu: punika mapolahing kukus. Gana = mega: wênang sinêbut: bathara of hyang, saminipun Hyang Arka = srêngenge. Hyang Bayu = angin, Hyang Brama = latu. Bathara Gana: raosing pikajêng: sanès dewaning mega, nanging dewa ingkang piandêling panêmbah dhatêng mega. Bathara: Surya, Bayu, Brama: inggih makatên ugi.

Katrangan saking Rêdhaksi

Bab ing nginggil punika, rêdhaksi namung nyumanggakakên. Ewadene rêdhaksi kêpêksa matur dhatêng para maos, bilih panjarwa kados ing nginggil punika botên miturut wulangan ingkang sampun dipun angge, tumrap pangudining basa lan têmbung-têmbung. Mugi kauningana.

B.

Patitising katrangan ingkang sagêd adamêl sahing pamarêm, mugi panjênêngan kaparêng maringi sêsêrêpan makatên:

I. Ingkang winangun pasêmoning côndra kados makatên wau, prakawis nyaritakakên bab punapa?

II. Ing rikala salêbêting carita Baratayuda, punapa sampun wontên ada-ada adamêl rêcaning Bathara Gana, lan ugi

--- 122 ---

sampun sami nindakakên tatacara ngaturi wêwangi sarana nyêbari sêkar, amborèhi, ngutugi rêcaning Bathara Gana. Bilih sampun mugi kapêthikna ingkang nyaritakakên makatên wau.

Kula nyuwun kamirahan kaparingan kintunan Kawi ingkang ngêwrat sêrat kula punika kalihan lêlahanan.

Katur: 9 Agustus 1929.

Raka pun Purnapranata.

Ingkang sagêd adamêl sahing pamarêm, punika ingkang prayoprayogi. kêdah ngudi piyambak, sarana nyinau sêrat-sêrat ingkang babagan basa Kawi (kalihan ingkang babagan basa: Indonesia. Sundha, Malayu, Jawi, Madura, Batak enz enz) ingkang prêlu maos sêrat-sêrat Kawi (ingkang sampun cithakan kemawon rumiyin).

Bab pitakèn I punika rêdhaksi matur dhatêng para maos. Sirikanipun tiyang nêgêsi ungêl-ungêlan ing papan salêbêting sêrat punapa kemawon, punika: yèn dèrèng sumêrêp: "prakawis nyaritakakên bab punapa". Wondene pêthikan ingkang dados rêmbag punika dumunung ing papan ing Baratayudha, ingkang anggancarakên wujuding patamanan ing Ngastina (Bhar. Juddha VI, 2).

--- 123 ---

Pitakèn II punika pancènipun: ing rikala pandamêlipun Sêrat Baratayuda ... Awit bujôngga punika manawi andamêl rêrênggan, ingkang kêrêp dipun pêndhêtakên saking kawontênaning jaman ingkang dipun sumêrêpi.

Kados ta: wong agung Menak dhahar pêcêl pitik jangan mênir, punika botên kenging dipun takèkakên: apa ing tanah Ngarab jaman samana wis ana pêcêl pitik jangan mênir. Pitakèn punika botên sagêd tumrap.

Wondene bab lajêngipun ing pitakèn no. II punika sagêdipun marêm manawi sampun maos Inleiding tot de Hindu-Javaansche kunst, Hindu-Javaansche geschiedenis, damêlanipun Prof. Krom; Het Buddisme, damêlanipun Prof. Kern sarta kathah tunggilipun malih buku-buku ingkang babagan agaminipun tiyang wetanan.

Nalika jaman pandamêlipun Sêrat Baratayudha Kawi, taun 1079 Saka = 1157 taun Walandi, ing tanah Jawi sampun dangu wontên panêmbah dhatêng rêcanipun Bathara Gana. Bab angusuma = nyêkar = amuspa, amariksanana Bhar. Yuddha XXIII 1, 2 Bhomakawya XVI, 7; Nagarakretagama XXXV, 4.

Purbacaraka.

--- 124 ---

Nyuwun Sêsêrêpan

I. Sêkar Agêng cara ing Bali (miturut Wrêtasancaya), punika satunggal-tunggaling sêkar punapa mawi laras piyambak-piyambak kados sêkar Agêng ing tanah Jawi, kados ta: sêkar Madurêtna laras barang, sêkar Prawirasêmbada laras slendro, sêkar Sudiradraka laras pelog.

Ngaturi conto sakêdhik:

a. Sêkar Bramarawilasita (Wrêtasancaya) zie Kawi 1929 ôngka 1 kaca 13 guru lagunipun kagambar.

[Grafik]

Na ling sang dyah kadi kadi wulangun

wètning sokan atika sêka nunêng

tan wruh ring sambatênira nangarang

lwir sambatning bramara wilasita

b. Sêkar Bramarawilasita cara tanah Jawi lampah 11, pêdhotanipun 4, 7 kaping 4 slendro pathêt 9 (mawi nut gôngsa).

[Notasi]

--- 125 ---

[Notasi]

c. Wontên malih ing Surakarta ngriki (sampun kalêbêt buku nut sêkar Agêng) dipun wastani sêkar Salisir, lampah 8 laras barang, apalanipun mêndhêt Sêrat Bomakawya, kaca 227.

[Notasi]

Awit saking punika manawi sêkar Agêng ing Bali satunggal-tunggaling sêkar laras piyambak-piyambak, kados ta: slendro pelog, barang, kula nyuwun pêthikanipun sawatawis, sêkar ing ngandhap punika laras punapa:

1. Nanda, 2 Badrasri, 3. Wanamrêgi, 4. Wijayanti, 5 Bramarawilasita, 6. Madhukaralalita, 7. Sikarini, 8. Prêtitala.

II. Sêkar: Bomakawya, punika mawi sêkar punapa botên. Manawi mawi sêkar, namaning satunggal-tunggalipun sêkar wontên pundi (punapa manggèn pada wêkasaning sêkar kados sêkar Tadumadhya, Tanumadhya. ing kaca: 133).

Ks.

--- 126 ---

Wangsulan tumrap Pitakèn No. 2.

I. Kula nuwun, ing Bali laras salendro botên wontên: Op Java onderscheidt men ze (de toonschaal) als Pelog en Slendro. Op Bali is slendro onbekend,§ De Toonkunst van Bali door J. Kunst en C.J.A. Kunst, v. Wely (1925) kaca 16. Jawinipun: ing tanah Jawa laras iku ana loro, slendro lan pelog. Ing Bali slendro ora ana.

a-b. Kados botên susah katêrangakên.

c. Panggenan ing Bomakawya, ingkang kapêthik ing nginggil, dipun wastani sêkar Salisir, punika kêlintu. Ingkang makatên punika (kalihan bab sêkar Agêng in het algemeen) nandhakakên manawi ingkang andamêl buku nut sêkar Agêng, sampun babarpisan botên sumêrêp dhatêng watoning sêkar Agêng cara kina. Mênggah lêrêsipun, panggenan ing Bomakawya wau sêkaripun Sloka, guru lagunipun botên ajêg, namung watonipun sagaris isi wolung wanda. Saminipun Sêrat Ramayana kaca 56 wiwit garis 17 dumugi kaca 60 garis 4, sarta kaca 112 wiwit garis 6 saking ngandhap dumugi 114 garis 10.

--- 127 ---

Lajêngipun pitakèn ing c kados a-b.

II. Sêrat Bomakawya, punika namanipun sampun amitêdahi yèn mawi sêkar. Kawya têgêsipun kidung. Namung sasumêrêpipun rêdhaksi, kajawi sêkar Tanumadhya, namanipun satunggal-tunggaling sêkar, botên dipun dèkèki.

Wondene têmbung labdhajiwa, ing pungkasaning sêkar ingkang kapêthik ing nginggil, punika namung lugu têmbung, dede namaning sêkaripun. Malah sêkar Lêbdajiwa lampah 11 punika dumados saking sêling-sêrêp. Ing Ramayana kaca 171 garis 4 wontên têmbung labdhajiwa tumrap pungkasaning pupuh, ingkang sagaris isi 11 wanda. Punika ingkang anjalari lairipun sêkar Lêbdajiwa lampah 11. Môngka ing ngriku sêkaripun Watormilimala (Kawi no. 1 taun II kaca 15, Wrêtasancaya no. 50).

--- 128 ---

Ngêbur Sagantên

Sambêtipun Kawi No. 3 kaca 78.

Sampun ikang: Sawise
detya danawalah: detya dênawa kalah
mulih ta Bathara Wisnu: kondur ta Ba. Wisnu
makering: kadhèrèkake
dewa sangga: golonging dewa
makolih: olèh
rika ngamrêta,: banyu panguripan,
Praptèng Wisnuloka: Têkan ing Wisnuloka
sira, ininumnira: panjênêngane, diunjuk olehnya
tèka ngamrêta: ta ingkang amrêta
Ya ta etun-: Ya iku mula-
ika ngamara: ne amara (têgêse)
tan kênèng pati,: tan kêna ing pati,
Mangrêngê tang danawa: Angrungu ingkang buta
anak Sang Wipraciti: anak Sang Wipraciti
matêmutangan: patutan
lawan sang sing ika: karo sang sing ika
ya tika dewata rupa: ya iku awujud dewa
Milwa nginum amrêta: milua ngombe amrêta

--- 129 ---

Wruh pwa ya Sang Hyang: Barêng Sang Hyang Rêmbulan la-
Candra Ditya: n Sêngenge wêruh
yan danawa: yèn buta
majar ta sire: matur ta panjênêngane
Bathara Wisnu,: marang Ba. Wisnu,
sêdhêngni ngamrêta: sêdhênge amrêta
anèng gulunya: ana ing gulune
cinakra ta ya: dicakra ta ia
pêgat gulunya,: pêdhot gulune,
Tiba ta: Tiba ta
lawayanya ring lêmah: gêmbunge ing lêmah
kadi tibaning: kaya tibaning
parwata sikara: pucuking gunung
lindhu tang prêtiwi: lindhu ingkang bumi
molah deni: obah dening
bwatni kawandhanya,: aboting kuwandhane,
Ndan sirahnya: Lah sirahe
mêsat ring akasa: mêsat ing gagana
deni kapawitra: dening dayaning§ Kapawitran, anggèn kula anjarwakakên kangelan. Punika saking pawitra, têgêsipun heilig, suci.

nikang amrêta: amrêta
anging sariranya: mung badane

--- 130 ---

juga pêjah: bae mati
apan tan katêkan: awit ora katêkan
amrêta,: banyu panguripan,
Sangka yan laranya: Awit saka larane
mbêknya anwinarahakên: atine dene dikandhakake
de Hyang: dening Hyang
Candra Ditya: Rêmbulan Sêngenge
ri Bathara Wisnu: marang Ba. Wisnu
...: ...
ya ta matangyan ta ya: ya iku mulane ia
krodha ri Sang Hyang: nêsu marang Sang Hyang
Candra Ditya: Rêmbulan Sêngenge
umangan sira: amangan panjênêngane
ngkên parwakala,: sabên môngsa grahana,
Nahan ta kramani: Mangkono lah lakuning
ngamrêta mantana: angêbur banyu panguripan

--- [0] ---

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]