Sastra Jawa

Program Digitalisasi Sastra Daerah

  • Increase font size
  • Default font size
  • Decrease font size

Almanak, H. Buning, 1895, #1560

Katalog:Almanak, H. Buning, 1895, #1560
Sambung:-

Javaansche Almanak 1895

[Grafik]

Gêdhong Jêne ing Kadhaton Ngayogyakarta.

--- 0 ---

Sêrat Pananggalan

ingkang kaping 11 ing taun Walandi: 1895

Kaanggit dening Tan Ciyuk San

Kaêcap ing Pangêcapanipun Tuwan H. Buning ing Ngayogyakarta.

--- 0 ---

...

--- I ---

Pratelan isining sêrat pananggalan

Pratelaning tatêngêr kaca--- / Pratelaning grahana kaca 2 / Pratelaning panagalanpananggalan. Walandi, Jawi, tuwin Cina kaca 3-28 / Dintên agêng bôngsa Walandi, Jawi tuwin Cina kaca 29-32 / Parentah agêng kaca 33-36 / Parentah prajurit kaca 37- / Pangadilan luhur ing Indiya Nèdêrlan kaca 38- / Pangadilan rad yustisi ing tanah Jawi kaca 38-39 / Namaning para apokat sarta pokrul kaca 40-41 / Kawontênanipun para amtênar ingkang ngasta paprintahan nagari sarta pangadilan landrad ing tanah Jawi tuwin Madura kaca 42-161.

Ing ngandhap punika urutipun paresidhenan

Bantên kaca 42-46 / Bêtawi kaca 47-55 / Krawang kaca 56-58 / Priyangan kaca 58-68 / Cirêbon kaca 69-75 / Têgal kaca 75-78 / Pêkalongan kaca 79-81 / Sêmarang kaca 81-90 / Japara kaca 90-95 / Rêmbang kaca 95-100 / Surabaya kaca 100-111 / Madura kaca 111-116 /

--- II ---

Pasuruan kaca, 116-120 / Prabalingga kaca 121-124 / Bêsuki kaca 124-129 / Banyumas kaca 130-135 / Bagêlèn kaca 135-140 / Kêdhu kaca 140-143 / Ngayogyakarta kaca 143-146 / Surakarta kaca 146-149 / Madiun kaca 149-155 / Kêdhiri kaca 155-161 / Pratelan namaning para tuwan kontrolir ing tanah Jawi tuwin Madura kaca 162-165 / Pamulangan Jawi, pamulangan calon guru sarta pamulangan putraning para priyantun kaca 166-169 / Barisan pulo Madura kaca 170-172 / Para upsir mêmuri bosabôngsa. luhur Jawi kaca 173-174 / Bab karaton dalêm ing Surakarta Adiningrat kaca 175-180 / Kawontênanipun paprintahan agêng jawi tuwin pangadilan ing karaton dalêm Surakarta Adiningrat kaca 181-182 / Kawontênanipun para agêng sakarerehanipun ing karaton dalêm Surakarta, ingkang sami nyêpêng paprintahan kaca 182-196 / Kawontênanipun ing Mangkunagaran kaca 197-199 / Lesiyun Mangkunagaran kaca 199-202 / Paprintahan tuwin pangadilan ing Mangkunagaran kaca 202-204 / Para priyantun ingkaingkang. nyêpêng paprintahan ing Mangkunagaran kaca 204-206 Bab karaton dalêm ing Ngayogyakarta Adiningrat kaca 207-212

--- III ---

Kawontênanipun paprintahan tuwin pangadilan ing karaton dalêm Ngayogyakarta Adiningrat kaca 212-213 / Kawontênanipun para agêng sakarerehanipun ing karaton dalêm Ngayogyakarta, ingkang sami nyêpêng paprintahan kaca 213-231 / Kawontênanipun ing Pakualaman kaca 232-234 / Para priyantun ingkang sami nyêpêng paprintahan ing Pakualaman kaca 234-236 / Pratelaning ewah-ewahan ingkang kantun kaca 237-238 / Sêrat Sri Sadhana kaca 1-99 / Pratelan sakathahing sêrat waosan ingkang kasade ing pangêcapan ing Ngayogyakarta ôngka 1-23

--- 0 ---

Pratelaning tatêngêr

Namaning dintên, A = Akhad, Sn = Sênèn, Sl = Salasa, Rê = Rêbo, Kê = Kêmis, Ju = Jumungah, Sê = Sêtu.

Namaning pêkênan, Wa = Wage, Ka = Kaliwon, Lê = Lêgi, Pa = Paing, Pn = Pon.

Namaning paringkêlan, U = Uwas, Ma = Mawulu, Tu = Tungle, Ar = Aryang, Wu = Wurukung, Pa = Paningron.

Ôngka ingkang mawi tôndha, * katêranganipun ing dintên punika dhawah dintên agêng. Sawingkingipun namaningmanamaning. para amtênar wontên ôngka, katêranganipun rêringkêsaning titimôngsa wulan Walandi kala dipun têtêpakên.

Dene ôngka cakêtipun namaning dhistrik, katêranganipun cacahing dhusun utawi kampung ing salêbêting dhistrik ngriku.

R.M.W.3, têgêsipun, Ridêr Militèr, Ridêr Militèr Willêm Sordhêklas 3.

R.M.W.4, têgêsipun, Ridêr Militèr, Ridêr Militèr Willêm Sordhêklas 4.

C.N.L. têgêsipun, komandhuring bintang Nèdêrlansên leyo.

R.N.L. têgêsipun ridêring komandhuring bintang Nèdêrlansên Leyo.

--- 0 ---

C.E.K. têgêsipun komandhuring bintang ekêngkrun saking Luksêmburrêh.

R.E.K têgêsipun ridêring komandhuring bintang ekêngkrun saking Luksêmburrêh.

C.E.J. têgêsipun komandhuring bintang Phran Yosèph saking Ustênrik.

R.E.J. têgêsipun ridêring bintang Phran Yosèph saking Ustênrik.

G.L.N. 3 têgêsipun bintang Gaudhên leyo phan Naso saking Luksêmburêh, klas 3.

G.L.N. 4 têgêsipun bintang Gaudhên leyo phan Naso saking Luksêmburêh, klas 4.

E.S. têgêsipun pêdhang kaluhuran (Eeresabel).

C.M.T. têgêsipun komandhuring bintang Mêjidhi saking Turki.

A.M. têgêsipun mêdhali saking Ngacih.

G.M. têgêsipun mêdhali jêne.

Z.M. têgêsipun mêdhali pêthak.

M.K. têgêsipun metalan kruis.

(v.) têgêsipun pêrlop.

--- 0 ---

Pratelaning grahana

Ing salêbêtipun taun punika, kapetang botên wontên grahana rêmbulan utawi grahana srêngenge, ingkang katingal ing Indiya Nèdêrlan.

--- 0 ---

Pratelaning pananggalan ing taun Walandi 1895

--- 174 ---

Para upsir mêmuri

Mayur.

Kangjêng Pangeran Arya Adiwinata, Ngayogyakarta (genêralên sêtaph). Radèn Tumênggung Sindurêja, kumêndhan prajurit dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Sultan ing Ngayogyakarta (inphantêri). Kangjêng Pangeran Arya Prabuningrat, ajudan dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan ing Surakarta. Kangjêng Pangeran Arya Adikusuma, Surakarta (genêralên sêtaph).

Kaptin.

Kangjêng Pangeran Arya Adinagara, ajudan dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Sultan ing Ngayogyakarta. Kangjêng Pangeran Arya Kusumadiningrat, Surakarta (genêralên sêtaph). Kangjêng Pangeran Arya Purbadiningrat, Surakarta (genêralên sêtaph).

--- 175 ---

Bab karaton dalêm ing Surakarta Adiningrat

Ingkang jumênêng nata ing nagari Surakarta sapunika: Sampeyan Dalêm Ingkang Sinuhun KajêngKangjêng (dan di tempat lain). Susuhunan Pakubuwana, Senapati ing Ngalaga Ngabdurahman Sayidin Panatagama ingkang kaping X jendral mayuring wadyabala dalêm sri maha nataning dyah, ing praja Nèdêrlan. Putra dalêm swargi Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan ingkang kaping: IX patutan saking pramèswari dalêm swargi Gusti Kangjêng Ratu Pakubuwana, putrinipun swargi Kangjêng Pangeran Arya Adiwijaya kaping 2 ing Surakarta patutan saking swargi Gusti Kangjêng Ratu Bandara. Wiyosan dalêm kala ing dintên Kêmis Lêgi tanggal kaping 21 wulan Rêjêb ing taun Alip ôngka 1795 utawi kaping 29 wulan Nopèmbêr taun Walandi 1866 jumênêng dalêm Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Anom, ing dintên Sênèn Lêgi tanggal kaping 27 wulan Jumadilakir ing taun Je ôngka 1798 utawi kaping 4 wulan Oktobêr taun Walandi 1869. Nalika ing dintên Kêmis Pon tanggal kaping 20 wulan Bêsar taun Alip ôngka 1819 utawi kaping 7 wulan Agustus taun Walandi 1890 krama angsal putrinipun swargi Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Arya Mangkunagara kaping 4 ing Surakarta, nama Bandara

--- 176 ---

Radèn Ajêng Sumarti, sarta lajêng kapatêdhan nama Gusti Kangjêng Ratu Adipati Anom. Amarêngi ing dintên Jumungah Lêgi, tanggal kaping 28 wulan Ruwah, taun Je, ôngka 1822 utawi kaping 17 wulan Marêt, taun Walandi 1893, rama dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan kaping IX surud, lajêng anggêntosi jumênêng nata. Jumênêng dalêm, ing dintên Kêmis Wage, tanggal kaping 12 wulan Ramêlan, taksih salêbêtipun taun Je, ôngka 1822 utawi kaping 30 wulan Marêt taun Walandi 1893. Pramèswari dalêm nuntên kajunjung nama: Gusti Kangjêng Ratu Pakubuwana, ibu dalêm Kangjêng Ratu Pakubuwana, kapatêdhan nama: Kangjêng Ratu Madurêtna. Dèrèng antawis dangu jumênêng dalêm amarêngi ing dintên Sênèn Lêgi tanggal kaping 30 wulan Mukharam taun Dal, ôngka 1823 utawi kaping 14 wulan Agustus taun Walandi taksih 1893 sampeyan dalêm kapurih anyenapatèni wadyabala dalêm sri mahanataning dyah, kajunjung pangkat jendral mayur

Pratelaning para ratu pramèswari dalêm

Pramèswari dalêm swargi Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan kaping IX, Kangjêng Ratu Madurêtna, putranipun Radèn Mayur Puspawinata, ingkang sampun seda.

Pramèswari dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan ingkang jumênêng sapunika, Gusti Kangjêng Ratu Pakubuwana, putrinipun swargi Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Arya Mangkunagara kaping IV.

--- 177 ---

Pratelanipun para putra dalêm kakung putri

Putri dalêm swargi Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan kaping VI, 1. Gusti Kangjêng Ratu Timur, patutan saking pramèswari dalêm swargi Gusti Kangjêng Ratu Anèm, krama swargi Kangjêng Pangeran Arya Natabrata kaping 2 ing Surakarta. 2. Bandara Radèn Ayu Sôntakusuma, krama swargi Kangjêng Pangeran Arya Sôntakusuma ing Surakarta. 3. Bandara Radèn Ayu Cakradiningrat, krama swargi Kangjêng Pangeran Arya Cakradiningrat ing Surakarta.

Putri dalêm swargi Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan kaping VII, Gusti Kangjêng Ratu Pambayun.

Putra dalêm swargi Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan kaping IX ingkang sampun diwasa. 1. Sampeyan Dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan ingkang jumênêng sapunika. 2. Kangjêng Gusti Pangeran Arya Prabuwijaya, ing ngajêng anama Kangjêng Pangeran Angabèi, litnan kolonèl genêralên sêtaph, saha ajudanipun kangjêng tuwan ingkang wicaksana gupêrnur jendral. 3. Kangjêng Gusti Pangeran Arya Mataram, litnan kolonèl genêralên sêtaph.

--- 178 ---

4. Kangjêng Pangeran Arya Natakusuma. 5. Kangjêng Pangeran Arya Adikusuma, mayur genêralên sêtaph. 6. Kangjêng Pangeran Arya Prabuningrat, mayur ajudan dalêm Sampeyan Dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan. 7. Kangjêng Pangeran Arya Kusumadiningrat, kaptin genêralên sêtaph. 8. Kangjêng Pangeran Arya Purbadiningrat. 9. Kangjêng Pangeran Arya Cakraningrat. 10. Kangjêng Pangeran Arya Kusumadilaga. 11. Kangjêng Pangeran Arya Mangkudiningrat. 12. Kangjêng Pangeran Arya Adiningrat, wontên ing Têrnate. 13. Kangjêng Pangeran Arya Malayakusuma. 14. Kangjêng Pangeran Arya Gôndakusuma. 15. Kangjêng Pangeran Arya Prabumijaya.

Putri dalêm swargi Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan kaping IX ingkang sampun krama: 1. Bandara Radèn Ayu Adinagara. 2. Bandara Radèn Ayu Sasradiningrat. 3. Bandara Radèn Ayu Purwadiningrat. 4. Bandara Radèn Ayu Puspanagara. 5. Bandara Radèn Ayu Jayaningrat. 6. Bandara Radèn Ayu Purbawinata. 7. Bandara Radèn Ayu Padmanagara.

--- 179 ---

8. Bandara Radèn Ayu Danuningrat. 9. Bandara Radèn Ayu Bratajaya. 10. Bandara Radèn Ayu Padmawinata. 11. Bandara Radèn Ayu Suryaputra.

Pratelanipun para pangeran santana dalêm

Wayah dalêm swargi Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan kaping IV: 1. Putranipun swargi Kangjêng Pangeran Adipati Arya Kusumayuda, Kangjêng Pangeran Arya Kusumayuda kaping 2. 2. Putranipun swargi Kangjêng Pangeran Panji Anom, Kangjêng Pangeran Arya Dipakusuma. 3. Putranipun swargi Kangjêng Pangeran Panji Priyêmbada kapisan, Kangjêng Pangeran Panji Priyêmbada kaping 2.

Wayah dalêm sargiswargi. Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan kaping V: 1. Putranipun swargi Kangjêng Pangeran Arya Kusumabrata kapisan, Kangjêng Pangeran Arya Kusumabrata kaping 2. 2. Putranipun swargi Kangjêng Pangeran Arya Suryaningrat, Kangjêng Pangeran Arya Cakranagara, litnan kolonèl ing Ostindhisê kapalêri.

--- 180 ---

3. Putranipun swargi Bandara Radèn Ayu Adiwinata, Kangjêng Pangeran Arya Adinagara kaping 2, mantu dalêm swargi Ingkang sinuhun Kangjêng Susuhunan kaping IX. 4. Putranipun swargi Kangjêng Pangeran Arya Suryakusuma, Kangjêng Pangeran Panji Puspakusuma.

Wayah dalêm swargi Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan kaping VI: Putranipun swargi Kangjêng Gusti Pangeran Arya Natapraja. Kangjêng Pangeran Arya Suryaatmaja kaping 2.

Wayah dalêm swargi Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan kaping VIII: Putranipun swargi Gusti Kangjêng Ratu Bandara, patutan saking swargi Kangjêng Pangeran Arya Adiwijaya kaping 2. Kangjêng Pangeran Arya Adisurya.

Buyud dalêm swargi Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan kaping III: Wayahipun swargi Kangjêng Pangeran Arya Pamot kapisan, inggih Kangjêng Pangeran Jurumartani. Putranipun swargi Kangjêng Pangeran Arya Pamot kaping 2. Kangjêng Pangeran Arya Pamot kaping 3.

--- 181 ---

Kawontênanipun paprintahan ageng jawi tuwin pangadilan ing karaton dalêm Surakarta Adiningrat

Ingkang ngasta pangawasa bang-bang pangalum-alum ing sawêwêngkonipun karaton dalêm sadaya, pêpatih dalêm, kanthi bupati nayaka dalêm, inggih punika ingkang dipun wastani kangjêng parentah agêng.

Pangadilan dalêm punika wontên 3, wijangipun kados ing ngandhap punika:

1. Pangadilan pradata agêng, inggih punika ingkang wênang anindakakên angrampungi sawarninipun prakawis kadurjanan agêng sadaya, ingkang dipun gantungi paukuman awrat, tuwin prakawis parapabên ingkang botên anggugat putra santana dalêm, pangagêngipun pangadilan pêpatih dalêm, lidipun para bupati nayaka dalêm.

2. Pangadilan pradata kabupatèn, dumunung wontên karajanipun kabupatèn, inggih punika ing Klathèn, Bayalali, Ngampèl, Sragèn tuwin Sukaharja, pangadilan gangsal panggenan wau, sami wênang anindakakên angrampungi sawarninipun prakawis kadurjanan, sanèsipun ingkang kêdah lumados pradata agêng, prakawis ingkang botên ginantungan paukuman awrat, tuwin parapabên, ingkang botên anggugat [ang...]

--- 182 ---

[...gugat] putra santana dalêm tuwin para priyayi agung Jawi, pangagêngipun pangadilan, bupati pulisi, lidipun kaliwon akalihan panèwu utawi mantri ing kitha wau, sêrat karampunganipun para pangadilan pradata kabupatèn, kêdah katêtêpakên sarta kaasmanan dening pêpatih dalêm, dados para bupati iing. kitha-kitha kasêbut ing nginggil, kajawi anggènipun anindakakên paprintahan wajibipun bupati, mawi ngiras dados pangagêngipun pangadilan, punapadene mawi kaparingan wawênang angrampungi prakawis pulisi rol, ngangge kasaksèn ing kangjêng tuwan asistèn residhèn, ingkang nunggil gagêlêngan kalihan kabupatènipun.

3. Pangadilan surambi dalêm, inggih punika ingkang kawênangakên anindakakên angrampungi sawarninipun prakawis salakirabi talak waris wasiyat, pangagêngipun pangadilan, wadana pangulu agêng, lidipun para khatib tuwin ngulama.

Kawontênanipun para agêng sakarerehanipun ing karaton dalêm Surakarta, ingkang sami nyêpêng paprintahan.

Pêpatih dalêm, Kangjêng Radèn Adipati Sasradiningrat, mantu dalêm swargi Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan kaping IX.

--- 183 ---

Kawadanan ing kapatihan

Kaliwon wadana parentah pêpatih ing kapatihan, Radèn Ngabèi Sasradipura. Panèwu jaksa, Mas Ngabèi Nitipradata. Panèwu pulisi, Radèn Ngabèi Citrapranata. Pangulu, Kyai Ngabèi Ngabdul Salam, ngrangkêp dados pangulu pangadilan residhèn Sirad.

Bupati nayaka dalêm ingkang mawi bawat golongan lêbêt

1. Kabupatèn kaparak kiwa

Bupati, Radèn Mas Arya Jayadiningrat, bêkêl. Kaliwon, Radèn Ngabèi Bratadipura. Wadananing abdi dalêm anggandhèk, Radèn Ngabèi Jayadarsana. Panèwu jaksa, Mas Ngabèi Pringgapradata, 2. Mas Ngabèi Jayapradata. Panèwu pulisi, Mas Ngabèi Jayapranata.

2. Kabupatèn kaparak têngên

Bupati, Radèn Mas Arya Purwadiningrat, mantu dalêm swargi Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan kaping IX.

--- 184 ---

Kaliwon, Radèn Ngabèi Purwadipura. Wadananing abdi dalêm anggandhèk, Radèn Ngabèi Purwadarsana. Panèwu jaksa, Radèn Ngabèi Sastrapradata. Mantri pulisi, Mas Ngabèi Purwapranata.

3. Kabupatèn gêdhong kiwa

Bupati, Radèn Mas Arya Jayaningrat, mantu dalêm swargi Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan kaping IX. Kaliwon, Radèn Ngabèi Martadipura. Panèwu jaksa, Radèn Ngabèi Darsapradata, 2. Mas Ngabèi Kartipradata. Mantri pulisi, Radèn Ngabèi Kartapranata.

4. Kabupatèn gêdhong têngên

Bupati, Radèn Tumênggung Arjadipura. Kaliwon, Radèn Ngabèi Suradipura. Panèwu jaksa, Mas Ngabèi Arjapradata. Mantri pulisi, Mas Ngabèi Arjapranata.

Golongan jawi

1. Kabupatèn agêng

Bupati, Radèn Tumênggung Suryawinata, bêkêl.

--- 185 ---

Kaliwon, Radèn Ngabèi Purwakusuma, kapêthil tumut mangagêngi kantor kapatihan. Panèwu jaksa, Mas Ngabèi Surapradata, 2. Mas Ngabèi Prabapradata. Mantri pulisi, Radèn Ngabèi Kramapradata.

2. Kabupatèn sèwu

Bupati, Radèn Tumênggung Jayanagara. Kaliwon, Radèn Mas Ngabèi Jayasudirja. Panèwu jaksa, Radèn Ngabèi Wôngsapradata, 2. Mas TabèiNgabèi. Kramapradata. Mantri pulisi, Mas Ngabèi Wôngsapranata.

3. Kabupatèn panumping

Bupati, Radèn Mas Arya Prawiranagara. Kaliwon, Radèn Ngabèi Prawiradipura. Panèwu jaksa, Mas Ngabèi Wirapradata, 2. Radèn Ngabèi Atmapradata. Mantri pulisi, Mas Ngabèi Mangunpradata.

4. Kabupatèn bumi

Bupati, Radèn Tumênggung Tôndhanagara. Kaliwon, Radèn Ngabèi Nitipraja.

--- 186 ---

Panèwu jaksa, Mas Ngabèi Yudapradata. Mantri pulisi, Mas Ngabèi Mangkupranata.

Bupati anon-anon

Golongan lêbêt

1. Kabupatèn pangrêmbe

Bupati, Ondêr Mayur Radèn Mas Tumênggung Wiryadiningrat, inggih punika ingkang minôngka pêpatih dalêm lêbêt. Kaliwon, Radèn Mas Ngabèi Wiryadipura. Panèwu jaksa, Radèn Ngabèi Wiryapradata, 2. Mas Ngabèi Kartapradata. Mantri pulisi, Mas Ngabèi Jagapranata.

2. Kabupatèn kalang

Bupati, Radèn Tumênggung Wrêksanagara, ingkang amajibi yayasan sarta tambal sulam kadhaton. Kaliwon, Radèn Ngabèi Rajamanggala. Panèwu jaksa, Mas Ngabèi Rajapradata, 2. Mas Ngabèi Wrêksapradata. Panèwu pulisi, Radèn Ngabèi Dirjapranata.

--- 187 ---

3. Kabupatèn kadipatèn anom

Bupati, Radèn Mas Arya Sujanapura, inggih punika ingkang minônghaminôngka. pêpatih ing kadipatèn anom. Kaliwon jawi, Radèn Ngabèi Sôntadipura. Kaliwon lêbêt, Radèn Ngabèi Wignyadipura. Panèwu jaksa, Mas Ngabèi Agnyapradata, 2. Mas Ngabèi Sêtyapradata. Pangulu, Mas Ngabèi Imampura. Panèwu pulisi sajawining baluwarti, Mas Ngabèi Wirapranata. Mantri pulisi salêbêting baluwarti, Radèn Rôngga Yasapranata.

Golongan jawi

1. Kabupatèn galadhag

Bupati, Radèn Mas Arya Puspanagara, mantu dalêm swargi Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan kaping IX. Kaliwon, Radèn Ngabèi Puspadipura. Panèwu jaksa, Mas Ngabèi Brajapradata, 2. Mas Ngabèi Bujapradata. Mantri pulisi, ...

--- 188 ---

2. Kabupatèn jaksa

Bupati, ... Kaliwon, Radèn Ngabèi Yasapradata, amajibi anggarap prakawis parapabên. Panèwu gripiring pradata agêng, Mas Ngabèi Sêcapradata.

Mênggah para jaksa kabupatèn nayaka tuwin anon-anon sadaya, kajawi kabawah dhatêng bupatinipun piyambak-piyambak, sadaya sami kabawah dening bupati jaksa, saha pundi ingkang botên kapêthil garap prakawis pandamêlan sanès, sami tumut garap prakawis wontên ing pradata agêng.

3. Kabupatèn pangulon

Wadana pangulu, Radèn Pangulu Tapsiranom, khakim ngiras landrad pradata agêng. Bêkêl khatib minôngka kaliwon, Mas Khatib Winong. Panèwu jaksa, Mas Ngabèi Dipapradata, 2. Mas Ngabèi Côndrapradata. Mantri pulisi, Radèn Rôngga Martapranata.

Kabupatèn prajurit

Golongan lêbêt

Kumêndhan, litnan kolonèl, Radèn Mas Arya Padmawinata, mantu dalêm swargi Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan kaping IX.

--- 189 ---

Mayur ondêr intêndhan, Radèn Mas Arya Brajawinata. Mayur staph, Radèn Panji Jayawinata. Mayur prajurit, tamtama, Radèn Mas Arya Pringgawinata. Mayur prajurit, wirautama, Radèn Mas Arya Surawinata. Mayur prajurit, mijipinilih, Radèn Mas Arya Pratawinata. Mayur prajurit, jayèngastra, Radèn Mas Arya Jayèngwinata. Mayur prajurit, prawiranom, Radèn Mas Arya Prawirawinata.

Golongan jawi

Kumêndhan, litnan kolonèl, Radèn Mas Arya Sumawinata. Mayur prajurit, jagasura, Radèn Mas Arya Ranuwinata. Mayur prajurit, jayataka, Radèn Mas Arya Priyawinata. Mayur prajurit, jayasura, Radèn Mas Arya ... Mayur prajurit, jayatêtana, Radèn Mas Arya Dirjawinata. Mayur prajurit, suratêtana, Radèn Mas Arya Martawinata. Mayur prajurit, trunasura, Radèn Mas Arya Arjawinata. Mayur prajurit, jagabraja, Radèn Mas Arya Purbawinata. Panèwu jaksa, Mas Ngabèi Ardipradata, 2. Radèn Ngabèi Prajapradata. Mantri pulisi, Mas Ngabèi Wimbapranata.

Para kaliwon anon-anon lêbêt

1. Radèn Ngabèi Bujadipura, wadananing abdi dalêm panandhon.

--- 190 ---

2. Radèn Ngabèi Sastradipura, wadananing abdi dalêm carik. 3. Radèn Ngabèi Nitipura, wadananing abdi dalêm gadhing Mataram. 4. Radèn Ngabèi Purbadipura, wadananing abdi dalêm karaton. 5. Radèn Ngabèi Arjagêrjita, wadananing abdi dalêm gêrji. 6. Radèn Ngabèi Samaita, wadananing abdi dalêm kêmasan. 7. Radèn Ngabèi Sôntaturôngga, wadananing abdi dalêm panêgar.

Para kaliwon anon-anon jawi

1. Radèn Ngabèi Sasraatmaja, wadananing abdi dalêndalêm. mantri anom lêbêt. 2. Radèn Ngabèi Sumadirêja, wadananing abdi dalêm mantri anom jawi.

Kabupatèn pulisi salêbêting nagari

Bupati, Radèn Tumênggung Kartanagara. Kaliwon, Radèn Ngabèi Kartawadana. Panèwu jaksa, Radèn Ngabèi Gitapranata. Panèwu pulisi nusupan, Radèn Ngabèi Endrapranata. Panèwu Pulisi Grogol, Radèn Ngabèi Puspapranata.

Mênggah para pulisi kabupatèn nayaka tuwin anon-anon sadaya, kajawi kabawah dhatêng bupatinipun piyambak-piyambak, sadaya sami kabawah dening bupati pulisi.

--- 191 ---

Kabupatèn pulisi sajawining nagari

1. Kabupatèn ing Sukaharja

Kaliwon pangagênging kabupatèn, Radèn Ngabèi Darmapranata. ManèwuPanèwu. lid, Mas Ngabèi Sutasanjaya, 2. Mas Ngabèi Sutadikarya. Panèwu jaksa, Mas Ngabèi Sutasurama. Mantri gripir, Radèn Ngabèi Sutajaksana. Pangulu, Khaji Edris Muhyi. Panèwu dhistrik: kitha, Mas Ngabèi Sutasudarsa. Ngutêr, Mas Ngabèi Sutadipraya. Tawang, Radèn Ngabèi Jayamartana. Masaran, Mas Ngabèi Sutadigdaya.

2. Kabupatèn ing Klathèn

Bupati, Radèn Tumênggung Martawadana. Kaliwon, Radèn Ngabèi Citrawadana. Panèwu lid, Radèn Ngabèi Mangunsubrata. Panèwu jaksa, Radèn Ngabèi Mangundisastra. Mantri gripir, Radèn Rôngga Mangunwidagda. Pangulu, Mas Ngabdul Kadir.

--- 192 ---

Panèwu dhistrik: Kitha, Radèn Ngabèi Mangunsumitra. Gêdhongan, Radèn Ngabèi Mangunrêksaka. Sapuluh, Radèn Ngabèi Mangunsarjana. Prambanan, Radèn Ngabèi Mangunardaya. Gêsikan, Radèn Ngabèi Mangunarja. Kalisoga, Mas Ngabèi Mangunwirya.

3. Kabupatèn ing Bayalali

Bupati, Radèn Tumênggung Dirjakusuma. Kaliwon, Radèn Ngabèi Mangundirja. Panèwu lid, Mas Ngabèi Surawirana. Panèwu jaksa, Radèn Ngabèi Surasugita. Mantri gripir, Mas Rôngga Surasastra. Pangulu, Mas Kasandimêja. Panèwu dhistrik: Kitha, Mas Ngabèi Surasumarta. Banyudana, Radèn Ngabèi Surasuwarsa. Jatinom, Mas Ngabèi Surapruwita. Koripan, ... Tumang, Mas Ngabèi Surakarya.

--- 193 ---

4. Kabupatèn ing Ngampèl

Bupati, Radèn Tumênggung Ranadirja. Kaliwon, Radèn Ngabèi Purwasudira. Panèwu lid, Radèn Ngabèi Agnyapradata. Panèwu jaksa, Radèn Ngabèi Jayadêksana. Mantri gripir, Mas Rôngga Jayaukara. Pangulu, Khaji Ngali. Panèwu dhistrik: Kitha, Radèn Ngabèi Jayasugita. Karanggêdhe, Mas Ngabèi Jayawardaya. Sima, Mas Ngabèi Jayasuarja. Kaliyasa, Radèn Ngabèi Jayasuwignya. Lawang, Mas Ngabèi Jayarêja.

5. Kabupatèn ing Sragèn

Bupati, Radèn Tumênggung Wiryadipraja. Kaliwon, Radèn Ngabèi Wiryawidagda. Panèwu lid, Mas Ngabèi Citrasukirna. Panèwu jaksa, Radèn Ngabèi Citrawijaksa. Mantri gripir, Mas Rôngga Citrawiluta.

--- 194 ---

Pangulu, Mas Kasan Jenal Mustapa. Panèwu dhistrik: Kitha, Radèn Ngabèi Citrakusuma. Grompol, Radèn Ngabèi Citrawirya. Karangdurèn, Mas Ngabèi Citralêgawa. Sambung Macan, Mas Ngabèi Citrasantika. Majênang, Mas Ngabèi Yudasuwirya. Panèwu ondêr dhistrik Ngamban, Mas Ngabèi Citrayahyana. Panèwu ondêr dhistrik Laban, Radèn Ngabèi Citraatmaja.

Para bupati sarta kaliwon pamaosan tuwin galadhag

1. Ing Bayalali

Bupati, Radèn Mas Tumênggung Yudanagara. Kaliwon, 1. Radèn Ngabèi Puspaudyana, 2. Radèn Ngabèi Singasantika. Kaliwon ing Karanganom, Radèn Ngabèi Rêsadipura.

2. Ing Gagatan (Ngampèl)

Bupati, Radèn Tumênggung Arungbinang. Kaliwon, Radèn Ngabèi Jayawadana.

--- 195 ---

Kaliwon pamaosan ing Simawalèn, Radèn Ngabèi Singaprana.

3. Ing Klathèn

Bupati, Radèn Tumênggung Martanagara. Kaliwon galadhag, Radèn Mas Ngabèi Martawijaya. Kaliwon pamaosan, Radèn Ngabèi Mangunwadana. Kaliwon bonong ing Karanganom, Radèn Ngabèi Rêsadipura.

4. Ing Sokawinangun (Sragèn)

Kaliwon galadhag, Radèn Mas Ngabèi Sasraandaga.

Kawontênanipun abdi dalêm, ingkang manggèn ing kagungan dalêm siti bawah karaton Surakarta, ingkang wontên wawêngkon ing karaton Ngayogyakarta.

Ing Imagiri

Bupati, Radèn Mas Arya Prawirakusuma, pangagêngipun abdi dalêm juru kunci ingkang rumêksa lêluhur dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan ingkang sumare ing Imagiri. Kaliwon, Radèn Ngabèi Sumaprawira. Panèwu pulisi, Radèn Ngabèi Rêksaastana.

--- 196 ---

Ing Kitha Agêng

Mas Jimat Amad Dalêm Rêsadipa, 2. Mas Jimat Amad Dalêm Anomtapsir, pangagêngipun abdi dalêm juru kunci ingkang rumêksa lêluhur dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan ingkang sumare ing Kitha Agêng. Panèwu pulisi, Mas Ngabèi Arjaastana.

Kawontênanipun abdi dalêm, ingkang manggèn ing kagungan dalêm siti bawah karaton Surakarta, ingkang wontên wawêngkon kabupatèn Grobogan (Sêmarang)

Ing Sela

Kaliwon, Radèn Mas Ngabèi Purwawijaya, pangagêngipun abdi dalêm pamaosan, pradikan, tuwin juru kunci ingkang rumêksa lêluhur dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan ingkang sumare ing Sela. Panèwu pulisi, Radèn Ngabèi Sôntasumarta.

--- 197 ---

Ing ngandhap punika kawontênanipun ing Mangkunagaran

Ingkang jumênêng sapunika Kangjêng Gusti ingkang kaping V. Ajêjuluk Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Arya Mangkunagara kasingkaping. V. Ridêring bintang Nèdêrlansên leyo, saha kolonèl kumêndhaning lesiyun ing Mangkunagaran, putranipun swargi Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Arya Mangkunagara kaping IV, patutan saking ingkang garwa Kangjêng Radèn Ayu Mangkunagara. Wiyosanipun kala ing dintên Sênèn Lêgi tanggal kaping 29 wulan Rêjêb taun Dal, ôngka 1783, utawi kaping 16 April taun Walandi 1855 jumênêngipun Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Arya Prabu Prangwadana, kala ing dintên Sênèn Kaliwon tanggal kaping 11 wulan Sawal taun Jimakir, ôngka 1810 utawi kaping 5 Sèptèmbêr taun Walandi 1881, têtêpipun ajêjuluk Kajêng Gusti Pangeran Adipati Arya Mangkunagara kaping V saha pangkat kolonèl, nalika ing dintên Akhad Pon, tanggal kaping 26 wulan Ruwah taun Dal, ôngka 1823 utawi kaping 4 Marêt taun Walandi 1894.

--- 198 ---

Pratelanipun para putra santana Mangkunagaran

Putranipun swargi Kangjêng Gusti ingkang kaping III.

1. Radèn Mas Arya Suryaputra. 2. Radèn Mas Arya Suryaudaya, kaptin inphantêri. 3. Radèn Mas Arya Suryaudara, kaptin inphantêri. 4. Radèn Mas Arya Suryaasmara, kaptin inphantêri. 5. Radèn Mas Arya Suryakumara. 6. Radèn Mas Arya Suryadarmaja. 7. Radèn Mas Arya Suryaatmaka. 8. Radèn Mas Arya Suryadarsana.

Putranipun swargi Kangjêng Gusti ingkang kaping IV.

Ingkang patutan saking swargi Radèn Ayu Gôndakusuma

1. Kangjêng Pangeran Arya Gôndasuputra, litnan kolonèl, twèdhê kumêndhaning lesiyun ing Mangkunagaran. 2. Kangjêng Pangeran Arya Gôndasiwaya, mayur ondêr intêndhan titulèr, G.L.N.4. en R.F.J. 3. Kangjêng Pangeran Arya Gôndawijaya, mayur kaphalêri honorèr. 4. Kangjêng Pangeran Arya Gôndasiswara, mayur inphantêri, R.M.W.4. en A.M. 5. Kangjêng Pangeran Arya Gôndaatmaja, mayur kaphalêri honorèr.

--- 199 ---

Ingkang patutan saking Bandara Radèn Ayu Mangkunagara kaping IV

1. Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Arya Mangkunagara ingkang kaping V, kolonèl kumêndhaning lesiyun Mangkunagaran, R.N.L.. 2. Kangjêng Pangeran Arya Andayaningrat, mayur ondêr intêndhan. 3. Kangjêng Pangeran Arya Andayanata, mayur ajidan. 4. Kangjêng Pangeran Arya Andayasuputra, kaptin artilêri honorèr. 5. Kangjêng Pangeran Arya Andayakiswara, ritmistêr kaphalêri honorèr. 6. Gusti Bandara Radèn Ayu Prabuwijaya. 7. Gusti Kangjêng Ratu Pakubuwana ingkang kaping X.

Ingkang patutan saking garwa ampeyan

Radèn Mas Tumênggung Arya Sugônda, bupati ing Pasuruan.

Lesiyun Mangkunagaran

Staph

Kumêndhan, Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Arya Mangkunagara ingkang kaping V, kolonèl R.N.L.4/3 94. Twèdhê kumêndhan, Kangjêng Pangeran Arya Gôndasuputra, litnan kolonèl 14/4 85. Mayur ondêr intêndhan, Kangjêng Pangeran Arya Andayaningrat, 30/1 88. Mayur ajidan, Kajêng Pangeran Arya Andayanata, 30/1 88. Irstê litnan, kwartir mistêr, Radèn Panji Wirasuwônda, 19/12 87.

--- 200 ---

Inphantêri

Kumêndhan, Kangjêng Pangeran Arya Gôndasiswara, mayur, R.M.W.4. en A.M. 3/7 81. Irstê litnan ajidan, Radèn Mas Panji Jagawinata, /4 94.

Kaptin, Radèn Mas Panji Yudaasmara, A.M. 20/3 81;-Radèn Mas Panji Prawirakusuma, 21/6 88;-Radèn Mas Panji Gôndasurasma, 24/9 88;- Radèn Mas Panji Prawiraatmaja, A.M. 24/9 88;- Radèn Mas Panji Siswawinata, 24/9 88;- Radèn Mas Panji Atmakusuma, 7/3 92;- Radèn Mas Panji Partaudaya, /4 94.

Irstê litnan, Mas Jagasumarta, 4/4 80;- Mas Prawiradikara, 10/5 85;- Radèn Mas Panji Sumawijaya, 24/9 88;- Radèn Mas Panji Atmawijaya, 24/9 88;- Radèn Mas Panji Arya Suputra, 7/3 92;- Radèn Mas Arya Suryakusuma, /4 94.

Twèdhê litnan, Mas Kalayaksa, 10/4 83;- Radèn Mas Panji Marmawinata, 22/2 86;- Radèn Mas Panji Sukasarana, 25/10 86;- Radèn Mas Panji Atmaudaya, 18/4 87;- Radèn Mas Panji Atmasuparta, 24/9 88;- Radèn Mas Panji Sumaudaya, 24/9 88;- Radèn Mas Panji Aryakusuma, 24/9 88;- Radèn Mas Panji Padmaudara, 24/9 88;- Mas Karya Kerata, 23/8 91;- Radèn Mas Panji Sumaasmara, 28/12 91;- Radèn Mas Panji Sumasugônda, 28/12 91;- Radèn Mas Panji Sumaudara, /4 94.

--- 201 ---

Kaphalêri

Ritmistêr, Radèn Mas Panji Partaningrat, 20/3 81. Irstê litnan, Radèn Mas Panji Brataatmaja, 14/10 89. Twèdhê litnan, 1. Mas Sumaprêwita, 24/4 88;- 2. Radèn Mas Panji Sumadarmaka, 14/10 89.

Artilêri

Kaptin, Radèn Mas Panji Nitikusuma, 24/4 82. Irstê litnan, Radèn Mas Panji Sumawardaya, 20/9 86. Twèdhê litnan, 1. Mas Nitisunarsa, 24/4 82;- 2. Radèn Mas Panji Wirawardaya, 20/9 86.

Kawontênanipun para upsir wirapraja, panumbak

Kumêndhan, Radèn Panji Darmasugônda, kaptin. Kaptin, Radèn Mas Panji Wirasuputra. Irstê litnan ajidan, Radèn Mas Panji Gôndakusuma. Irstê litnan, 1. Mas Wirayuda, 2. Radèn Mas Panji Trunaatmaja. Twèdhê litnan, 1. Mas Wiradikara, 2. Radèn Mas Panji Gôndaatmaka.

Uph, opsir honorèr utawi titulèr ingkang kaparingan pangkat saking kangjêng gupêrmèn mawi kaparingan sêrat kêkancingan

1. Kangjêng Pangeran Arya Gôndasiwaya, mayur ondêr intêndhan honorèr, [ho...]

--- 202 ---

[...norèr,] G.L.N.4. en R.F.J. 2. Kangjêng Pangeran Arya Gôndawijaya, mayur kaphalêri honorèr. 3. Kangjêng Pangeran Arya Gôndaatmaja, mayur kaphalêri titulèr. 4. Radèn Mas Arya Gôndawardaya, mayur artilêri titulèr.

Opsir honorèr, ingkang kaparingan pangkat saking Kangjêng Gusti Pangeran Adipati piyambak

1. Kangjêng Pangeran Arya Andayasuputra, kaptin artilêri honorèr. 2. Kangjêng Pangeran Arya Andayakiswara, ritmistêr kaphalêri honorèr. 3. Radèn Mas Arya Suryaudaya, kaptin inphantêri. 4. Radèn Mas Arya Suryaudara, kaptin inphantêri. 5. Radèn Mas Arya Suryaasmara, kaptin inphantêri. 6. Radèn Mas Arya Tôndhakusuma, kaptin inphantêri.

Paprintahan tuwin pangadilan ing kadipatèn Mangkunagaran

Ingkang ngasta panguwasa paprintahan tuwin pangadilan, Kangjêng Gusti Pangeran Adipati piyambak, kanthi pangeran akalihan arya sawatawis tuwin patihipun.

--- 203 ---

Pangadilan ing kadipatèn Mangkunagaran punika, wontên 4 wijangipun kados ing ngandhap punika

1. Pangadilan kasatriyan, inggih punika ingkang wênang anindakakên angrampungi prakawisipun para putra santana, pangagêngipun pangadilan, Kangjêng Gusti Pangeran Adipati piyambak, lidipun pangeran akalihan arya sawatawis.

2. Pangadilan pradata kadipatèn Mangkunagaran, inggih punika ingkang wênang anindakakên angrampungi sawarninipun prakawis kadurjanan, sanèsipun ingkang kêdah lumados ing pangadilan dalêm pradata agêng, tuwin prakawis parapabên, ingkang botên anggugat putra santana, pangagêngipun pangadilan, minôngka sêsulihipun kangjêng gusti, patihipun, lidipun kaliwon gunung tuwin kaliwon kasatriyan, mila sawarninipun sêrat karampunganipun pangadilan wau, kêdah katêtêpakên sarta kaasmanan dening kangjêng gusti.

3. Pangadilan pradata kawadanan Wanagiri, inggih punika ingkang wênang nindakakên angrampungi, sawarnanipun prakawis kadurjanan tuwin parapabên, sanèsipun ingkang kêdah lumados ing pangadilan dalêm pradata agêng, tuwin pangadilan pradata Mangkunagaran, pangagêngipun pangadilan wadana gunung Wanagiri, lidipun panèwu utawi mantri ing kawadanan, sêrat karampunganipun kêdah katêtêpakên sarta kaasmanan dening kangjêng gusti.

4. Pangadilan surambi, inggih punika ingkang kawênangakên nindakakên angrampungi [angra...]

--- 204 ---

[...mpungi] sawarninipun prakawis salakirabi, talak waris wasiyat, pangagêngipun pangulu Mangkunagaran, kanthi kêtipkêtib. sawatawis, sêrat karampunganipun kêdah kauningan sarta katêtêpakên dening kangjêng gusti.

Para priyantun ingkang sami nyêpêng paprintahan ing kadipatèn Mangkunagaran.

Patih, Radèn Tumênggung Jayapranata. Kaliwon kasatriyan, Radèn Mas Arya Suryasudarsana. Kaliwon martapraja, Mas Ngabèi Jayalukita. Kaliwon jaksa, Radèn Ngabèi Jayadirja. Mantri gripir kasatriyan, Radèn Mas Ngabèi Gôndaatmaka. Panèwu jaksa, Radèn Ngabèi Arjasêbrata. Mantri gripir pradata, Radèn Ngabèi Wirapradata. Pangulu khakim, Kyai Ngabdul Khèr. Pangulu pradata, Khaji Mukhammad Kusasi.

Kawadanan gunung salêbêting kitha, kawadanan rêksapraja.

Kaliwon wadana gunung, Radèn Ngabèi Mangkurêja.

--- 205 ---

Para pulisi gunung bawah kitha.

Panèwu gunung kawadanan, Radèn Ngabèi Jayapuspita. Panèwu gunung kampung kidul, Radèn Mas Ngabèi Prawiraningrat. Panèwu gunung kampung lèr, Radèn Ngabèi Arjaasmara. Para mantri gunung, 1. Ing Singasari, Mas Ngabèi Arjautama, 2. Ing Pedan, Mas Ngabèi Jayasambawa, 3. Ing Aribaya, Radèn Ngabèi Pôncaasmara, 4. Ing Calamadu, Mas Ngabèi Arjaprayoga.

Kawadanan gunung Karanganyar

Kaliwon wadana gunung, Radèn Mas Ngabèi Mangunkusuma. Panèwu gunung kawadanan, Radèn Ngabèi Arjasarônta. Panèwu gunung Karangpandhan, Radèn Ngabèi Tirtapradata. Para mantri gunung, 1. Ing Tawangmangu, Mas Ngabèi Arjagrêjita, 2. Ing Krêja, Mas Ngabèi Arjawirana, 3. Ing Matesih, Radèn Ngabèi Arjarêksaka, 4. Ing Kamantrèn, Mas Ngabèi Arjamardeya, 5. Ing Tasikmadu, Mas Ngabèi Arjawarsana.

Kawadanan gunung Wanagiri

Kaliwon wadana gunung, Radèn Ngabèi Citradipura. Panèwu gunung kawadanan, Radèn Ngabèi Sastrarêja. Panèwu jaksa, Radèn Ngabèi Arjapradana.

--- 206 ---

Mantri gripir, Radèn Ngabèi Arjapranata. Pangulu, Khaji Ngumar.

Pulisi gunung bawah Wanagiri

Para panèwu gunung, 1. Ing Wanagiri, Radèn Ngabèi Arjasarosa, 2. Ing Ngadiraja, Radèn Ngabèi Arjaprasônta, 3. Ing Jatisrana, Radèn Ngabèi Tirtadarma, 4. Ing Baturêtna, Mas Ngabèi Arjajêmpina, 5. Ing Eramaka, Mas Ngabèi Sastradikara, 6. Ing Jumapala, Mas Ngabèi Pôncamartana.

Para mantri gunung, 1. Ing Girimarta, Mas Ngabèi Arjawasana, 2. Ing Sidaarja, Radèn Ngabèi Arjapuraya, 3. Ing Slagaima, Radèn Ngabèi Arjasuwarsa, 4. Ing Bulukrêta, Mas Ngabèi Arjasudarsa, 5. Ing Wurwantara,Purwantara. Mas Ngabèi Arjakrêtarta, 6. Ing Untaranadi, Mas Ngabèi Arja Andaya, 7. Ing Tirtamaya, Mas Ngabèi Arjasandika, 8. Ing Giritôntra, Mas Ngabèi Arjanimpuna, 9. Ing Pracimantara, Radèn Ngabèi Samasudirja, 10. Ing Wuryantara, Radèn Mas Ngabèi Arjawiyata, 11. Ing Jatipura, Radèn Ngabèi Arjamartana.

--- 207 ---

Bab karaton dalêm ing Ngayogyakarta Adiningrat

Ingkang jumênêng nata ing nagari Ngayogyakarta ing sapunika: Sampeyan Dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Sultan Hamangkubuwana Senapati ing Ngalaga Ngabdurahman Sayidin Panatagama, Khaliphatullah ingkang kaping VII, komandhuring bintang Nèdêrlansên leyo, genêral mayuring wadyabala dalêm kangjêng sri maha nataningdyah ing nagari Nèdêrlan, putra dalêm pambajêng swargi Ingkang Sinuhun Kangjêng Sultan ingkang kaping VI patutan saking pramèswari dalêm Gusti Kangjêng Ratu Sultan, ingkang sapunika asma Gusti Kajêng Ratu Agêng. Wiyosan dalêm nalika dintên Sênèn Lêgi tanggal kaping 20 wulan Dulkangidah ing taun Je, ôngka 1766 utawi kaping 4 Pèbruari, taun Walandi 1839, nalika diwasa dalêm ajêjuluk Gusti Pangeran Angabèi, tumuntên kajunjung jumênêng Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Anom, ing sasurud dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Sultan ingkang kaping VI lajêng agêntosianggêntosi. jumênêng nata, jumênêng dalêm nata amarêngi ing dintên Sênèn Lêgi tanggal kaping 3 wulan Saban taun Je, ôngka [ông...]

--- 208 ---

[...ka] 1806 utawi kaping 13 Agustus 1877. Kala dèrèng jumênêng nata, sampeyan dalêm sampun kagungan garwa putrinipun swargi Kangjêng Pangeran Alibasah Prawiradirja, sarêng jumênêng nata, garwa dalêm wau nuntên kajunjung nama Gusti Kangjêng Ratu Kancana, botên watawis lami garwa dalêm ampeyan, putranipun Radèn Tumênggung Jayadipura, ingkang sampun seda, kajunjung nama Gusti Kangjêng Ratu Mas, salajêngipun Gusti Kangjêng Ratu Kancana kawêdalakên, sarta kapatêdhan nama Kangjêng Ratu Wandhan, sarêng dumugi ing dintên Rêbo Kaliwon tanggal kaping 16 wulan Shaban taun Jimawal, ôngka 1821 utawi kaping 16 Marêt ing taun Walandi 1892, Gusti Kangjêng Ratu Mas, seda kundurkondur. ing jaman kalanggêngan.

Pratelanipun para ratu pramèswari dalêm

Pramèswari dalêm swargi Ingkang Sinuhun Kangjêng Sultan kaping V, Gusti Kangjêng Ratu Kadhaton, wontên ing Mênadho, putrinipun swargi Kangjêng Pangeran Arya Suryaning Ngalaga, ing Ngayogyakarta.

Pramèswari dalêm swargi Ingkang Sinuhun Kangjêng Sultan kaping VI, Gusti Kangjêng Ratu Sultan, ingkang sapunika asma Gusti Kangjêng Ratu Agêng, putranipun Radèn Wadana Prawirarêjasa, ingkang sumare ing astana dhukuh nagari Ngayogyakarta, ibu dalêm Sampeyan Dalêm IkangIngkang (dan di tempat lain). Sinuhun Kangjêng Sultan ingkang jumênêng sapunika.

--- 209 ---

Pratelanipun para putra dalêm kakung putri

Putra dalêm swargi Ingkang Sinuhun Kangjêng Sultan kaping V, Ingkang saking Kangjêng Ratu, Gusti Pangeran Arya Suryaning Ngalaga, wontên ing Mênadho. Ingkang saking garwa ampeyan, 1. Bandara Radèn Ayu Adiwinata, 2. Bandara Radèn Ayu Mangkubumi.

Putra tuwin putri dalêm swargi Ingkang Sinuhun Kangjêng Sultan kaping VI.

1. Sampeyan Dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Sultan ingkang jumênêng sapunika. 2. Gusti Kangjêng Ratu Anggèr, krama angsal Kangjêng Pangeran Arya Yudanagara kaping 2, ing Ngayogyakarta. 3. Gusti Kangjêng Ratu Pambayun, krama angsal Kangjêng Radèn Adipati Danurêja, pêpatih dalêm ing Ngayogyakarta. 4. Kangjêng Pangeran Arya Purubaya. 5. Bandara Radèn Ayu Purwadiningrat. 6. Gusti Pangeran Arya Suryamantaram. 7. Gusti Pangeran Arya Mangkubumi, litnan kolonèl genêralên staph, ajidanipun kangjêng tuwan ingkang wicaksana gupêrnur jendral. 8. Kangjêng Pangeran Arya Adiwinata, mayur genêralên staph.

--- 210 ---

9. Gusti Kangjêng Ratu Sasi, krama angsal Radèn Tumênggung Jayawinata, ing Ngayogya. 10. Kangjêng Pangeran Arya Adiwijaya, wontên ing Mênadho. 11. Gusti Pangeran Arya Buminata, mayur genêralên staph. 12. Bandara Radèn Ayu Natayuda. 13. Gusti Pangeran Arya Pugêr, mayur genêralên staph. 14. Gusti Pangeran Arya Suryaputra.

Putra tuwin putri dalêm, Sampeyan Dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Sultan ingkang jumênêng sapunika.

Ingkang saking Kangjêng Ratu Wandhan

Gusti Radèn Ajêng Sêkar Kadhaton, sapunika nama Gusti Kangjêng Ratu Madurêtna, krama angsal Radèn Tumênggung Kartanagara, ing Ngayogyakarta.

Ingkang saking swargi Kangjêng Ratu Mas

1. Gusti Radèn Ajêng Murkatijah, sapunika asma Gusti Radèn Ayu Sêkar Kadhaton. 2. Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Anom Amangkunagara Sudibya Rajaputra Narendra Mataram, timuripun nama Gusti Radèn Mas Pratistha, wiyosan dalêm kala ing dintên Jumungah Wage tanggal kaping 3 wulan Dulkangidah, taun Je ôngka 1806, utawi kaping 9 wulan Nopèmbêr, taun Walandi 1877, jumênêng dalêm Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Anom, ing dintên Kêmis Kaliwon, tanggal kaping 14 wulan Dulkhijah, taun Je, ôngka:

--- 211 ---

1822, utawi kaping 29 wulan Juni, taun Walandi 1893. 3. Gusti Radèn Mas Putra. 4. Gusti Radèn Mas Sujadi. 5. Gusti Radèn Ajêng Murjinah. 6. Gusti Radèn Ajêng Murdiyati. 7. Gusti Radèn Ajêng Mursidinah.

Ingkang saking garwa ampeyan, kakung tuwin putri

1. Kangjêng Pangeran Angabèi, litnan kolonèl genêralên staph. 2. Kangjêng Pangeran Arya Jayakusuma, wontên ing Mêntok. 3. Kangjêng Pangeran Arya Adinagara, kaptin ajidan dalêm, Sampeyan Dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Sultan. 4. Bandara Radèn Ayu Gusti Timur, krama angsal Radèn Tumênggung Sindurêja, mayur kumêndhan. 5. Bandara Radèn Ayu Danunagara. 6. Bandara Radèn Ayu Mangkuyuda. 7. Bandara Radèn Ayu Sasranagara.

Para pangeran santana dalêm

Buyut dalêm swargi Ingkang Sinuhun Kangjêng Sultan kaping II.

Putranipun swargi Kangjêng Pangeran Arya Yudanagara kapisan,

--- 212 ---

Kangjêng Pangeran Arya Yudanagara kaping 2, mantu dalêm swargi Ingkang Sinuhun Kangjêng Sultan kaping VI.

Putranipun Kangjêng Pangeran Arya Yudanagara kaping 2, Kangjêng Pangeran Arya Cakradiningrat.

Kawontênanipun paprintahan tuwin pangadilan, ing karaton dalêm Ngayogyakarta

Pangadilan ing Ngayogyakarta punika: kajawi tumrapipun para putra santana dalêm wontên 5, wijangipun kados ing ngandhap punika:

1. Pangadilan landrad, inggih punika ingkang wênang anindakakên angrampungi sawarninipun prakawis kadurjanan agêng alit sadaya, pangagêngipun pangadilan, kangjêng tuwan residhèn, lidipun pêpatih dalêm akalihan para bupati nayaka dalêm.

2. Pradata dalêm, inggih punika ingkang wênang anindakakên angrampungi sawarninipun prakawis parapabên, pangagêngipun pangadilan, Radèn Tumênggung Nitipraja, bupati wadana jaksa, lidipun inggih kancanipun, riya panèwu mantri jaksa.

3. Pangadilan dalêm balemangu, inggih punika ingkang wênang anindakakên angrampungi sawarninipun prakawis siti, pangagêngipun, bupati nayaka dalêm, 1. lidipun para bupati anèm 12.

--- 213 ---

4. Pangadilan surambi dalêm, ingkang wênang anindakakên angrampungi sawarninipun prakawis salakirabi, talak waris wasiyat, pangagêngipun pangulu khakim agêng, lidipun para khatip, sarta pamêthakan pathok nagari.

5. Pangadilan dalêm kadanurêjan, inggih punika ingkang nampèni uluran prakawis saking pangadilan pradata dalêm, balemangu, tuwin surambi dalêm, pangagêngipun pêpatih dalêm, lidipun bupati nayaka dalêm 1, bupati anèm 1.

Kawontênanipun para agêng sakarerehanipun ing karaton dalêm Ngayogyakarta, ingkang sami nyêpêng paprintahan

Pêpatih dalêm, Kangjêng Radèn Adipati Danurêja, mantu dalêm swargi Ingkang Sinuhun Kangjêng Sultan kaping VI. Pangulu khakim agêng, Khaji Mukhammad Kalil Kamalodiningrat.

--- 214 ---

Bupati nayaka dalêm ingkang mawi bawat, jawi lêbêt, saha lid landrad, urutipun kalênggahan.

1. Radèn TumêngguTumênggung. Cakraningrat, jawi lêbêt bumija, lurah. 2. Radèn Tumênggung Wijil, kaparak kiwa parentah lêbêt. 3. Radèn Tumênggung Wiryakusuma, lêbêt gêdhong kiwa. 4. Radèn Tumênggung Sasradipura, jawi kiwa siti sèwu, lurah. 5. Radèn Tumênggung Natayuda, lêbêt gêdhong têngên. 6. Radèn Tumênggung Suryanagara, jawi têngên panumping, bêkêl. 7. Radèn Tumênggung Jayawinata, jawi kiwa panumbakanyar, bêkêl. 8. Radèn Tumênggung Brôngtakusuma, lêbêt, kaparak têngên.

Putra dalêm ingkang ngasta pangwasa paprintahan

Gusti Pangeran Arya Mangkubumi, litnan kolonèl ajidan genêralên staph, ngasta pamaosan Kilènpragi sarta Mêntaraman utawi sabin konduran. Kaliwon Radèn Tumênggung Puspanagara sarta bupati anèm miji lêbêt, golongan sakrèh punakawan sadaya.

Kangjêng Pangeran Angabèi, litnan kolonèl genêralên staph, ngasta punakawan putra, sarta bupati taman sakrèhipun, utawi siti ingkang kagêm pasiraman dalêm, ngambar binangun saanteronipun.

--- 215 ---

Gusti Pangeran Arya Buminata, mayur genêralên staph, wadana punakawan minuman sakrèhipun.

Gusti Pangeran Arya Pugêr, mayur genêralên staph, ngasta wadana Silir sakrèhipun, sarta kênèk kusir titihan dalêm kareta.

Gusti Pangeran Arya Suryaputra, mayur genêralên staph, ngasta wadana punakawan kursi, sakrèhipun.

Kangjêng Pangeran Arya Adiwinata, mayur genêralên staph, ngasta punakawan niyaga alit, sarta ngrakit bêdhaya srimpi ringgit tiyang sapanunggilanipun.

Kangjêng Pangeran Arya Yudanagara, ngasta parentah wadana agêng kori dalêm, sarta Panji Sumaputra kônca pasidhèn sêpuh, utawi abdi dalêm Wlandi ordênas, dhalang pasungging pênatah, musigmusik. êncik sapanunggilanipun, siti sabin, klangênan dalêm tamanan.

Kangjêng Pangeran Arya Cakradiningrat, ngasta wadana Sumatali.

Abdi dalêm bupati wadana agêng

Radèn Tumênggung Sindurêja, mayur kumêndhan, bupati nayaka wadana agêng prajurit.

Radèn Tumênggung Suranagara, bupati pêpatih ing kadipatèn, ngrangkêp nyêpêng pangwasa kagungan dalêm siti Bonong, sarta pamaosan dalêm ing kadipatèn Mêntaraman, Kilènpragi, Pêngasih utawi wadana agêng punakawan kadipatèn.

--- 216 ---

Radèn Tumênggung Kartanagara, bupati anèm, wadana agêng punakawan, sarta magang punakawan ing kadhaton.

Bupati anèm tuwin panèwu sêpuh ingkang amadanani paprintahan

Radèn Tumênggung Danunagara, wadana prajurit kadipatèn. Sayid Ali bin Ngabdullah Al Jupri, pangulu landrad, sarta ngrangkêp kapala Arap.Arab. Radèn Tumênggung Suradiningrat, pêpatih ing Kadanurêjan. Radèn Tumênggung Mangkuwilaya, wadana taman. Radèn Tumênggung Jayèngsastra, wadana carik. Radèn Tumênggung Puspanagara, bupati anèm miji lêbêt, kaliwon pamaosan dalêm, kasêbut ngajêng. Radèn Tumênggung Ônggawôngsa, bupati anèm, kaliwon kori. Radèn Tumênggung Mangundipura, bupati anèm, kumisi lanhir. Radèn Riya Jaganagara, riya bupati anèm wadana ngajêng.

Panèwu sêpuh

Radèn Riya Prayadirêja, wadana srati panandhon. Radèn Wadana Yudadirêja, wadana prajurit Bugis, gumadhuh ing Kadanurêjan.

--- 217 ---

Mas Lurah Meganônda, wadananing kêmit bumi, sarta angrèhakên bau ingkang sumaos pandamêlan ing salêbêtipun kadhaton.

Kabupatèn prajurit

Mayur kumêndhan, Radèn Tumênggung Sindurêja, kasêbut ngajêng. Panèwu jaksa, Mas Ngabèi Sindusastra.

Bupati anèm wadana prajurit pangkat kaptin

Radèn Tumênggung Mangkuyuda, wadana prajurit prawiratama. Radèn Tumênggung Mangunkusuma, wadana prajurit jagakarya. Radèn Tumênggung Prawiranagara, wadana prajurit katanggung. Radèn Tumênggung Jayanagara, wadana prajurit panyutra. Radèn Tumênggung Purwakusuma, wadana prajurit kawan dasa.

Pangadilan dalêm balemangu

Pangagêngipun, Radèn Tumênggung Cakraningrat, kasêbut ngajêng.

Para lid: 1. Radèn Tumênggung Suryakusuma, bupati anèm miji kadanurêjan. 2. Radèn Tumênggung Danunagara, bupati anèm wadana prajurit kasêbut ngajêng.

--- 218 ---

3. Radèn Tumênggung Mangkuyuda, bupati anèm wadana prajurit kasêbut ngajêng. 4. Radèn Tumênggung Sasranagara, bupati anèm wadana rèh kadipatèn. 5. Radèn Tumênggung Kartanagara, bupati anèm kasêbut ngajêng. 6. Radèn Tumênggung Ônggawôngsa, bupati anèm kasêbut ngajêng. 7. Radèn Tumênggung Brôngtadiningrat, bupati anèm kaliwon kaparak gêdhong kiwa. 8. Radèn Tumênggung Mangunkusuma, bupati anèm kasêbut ngajêng. 9. Radèn Tumênggung Mangundipura, bupati anèm kasêbut ngajêng. 10. Radèn Tumênggung Mangkuwilaya, bupati anèm kasêbut ngajêng. 11. Mas Tumênggung Mangunnagara, bupati anèm miji lêbêt kadhaton. 12. Radèn Riya Jaganêgara, bupati anèm kasêbut ngajêng.

Pradata dalêm

Radèn Tumênggung Nitipraja, bupati anèm wadana jaksa. Radèn Riya Nitidipura, panèwu sêpuh, ajung uph jaksa.

Kori ingkang nampèni prakawis saking salêbêting nagari

Panèwu jaksa, Mas Ngabèi Mêrtanura.Mêrtapura. Mantri jaksa, 1. Mas Ngabèi Nitipura, 2. Radèn Ngabèi Wiryapura, 3. Radèn Ngabèi Sarpapura, kapêthil nindakakên kapulisèn agêng ing panumping, 4. Radèn Ngabèi Dêrmapura, kapiji wontên Kadanurêjan.

--- 219 ---

Kori ingkang nampèni prakawisipun bôngsa sabrang

Panèwu jaksa, Mas Ngabèi Singadipura. Mantri jaksa, 1. Mas Ngabèi Driyapura, kapiji wontên kantor, 2. Mas Ngabèi Santosapura, 3. Mas Ngabèi Danupura, kapiji wontên kantor, 4. Radèn Ngabèi Kartapura.

Kori ingkang nampèni prakawis saking kadipatèn ing Pakualaman sabawahipun utawi kabupatèn ing Bantul Kadirêja

Panèwu jaksa, Mas Ngabèi Citrapura, kapiji wontên Kadanurêjan. Mantri jaksa, 1. Mas Ngabèi Tarunapura, 2. Mas Ngabèi Wirapura, kapêthil nindakakên kapulisèn agêng siti sèwu, 3. Mas Ngabèi Padmapura, kapiji wontên kantor, 4. Mas Ngabèi Sêcadipura.

Kori ingkang nampèni prakawis saking kabupatèn ing Kalasan, ing Wanasari sarta ing Kitha Agêng

Mantri jaksa, 1. Mas Ngabèi Kramapura, kapêthil nindakakên kapulisèn [kapuli...]

--- 220 ---

[...sèn] agêng kaparak têngên, 2. Mas Ngabèi Arjapura, 3. Mas Ngabèi Kadaripura, 4. DènRadèn (dan di tempat lain). Ngabèi Wôngsapura.

Kori ingkang nampèni prakawis saking kabupatèn ing Suleman, ing Kalibawang, ing Nanggulan, ing Sêntolo sarta ing Pêngasih

Panèwu jaksa, Radèn Ngabèi Yudapura. Mantri jaksa, 1. Radèn Ngabèi Jayapura, kapiji wontên kantor, 2. Mas Ngabèi Ranapura, 3. Mas Ngabèi Prawirapura, kapiji dados gêbayan sêpuh.

Pulisi salêbêting nagari

Pulisi agêng kaparak têngên, Radèn Tumênggung Sindurêja, mayur kumêndhan ngêrèhakên: 1. Radèn Panèwu Kartaasma, panêkar Gadhing. 2. Dèn Panèwu Citradipraja, panêkar Code.

Pulisi agêng gêdhong kiwa, Radèn Tumênggung Wiryakusuma, ngêrèhakên: 1. Dèn Panèwu Dipaatmaja, panêkar Tamansari. 2. Mas Ngabèi Sastrapuspita, panêkar Tawangsari.

Pulisi agêng siti sèwu, Radèn Tumênggung Sasradipura, ngêrèhakên:

--- 221 ---

1. Mas Panèwu Citradilaga, panêkar residhenan. 2. Radèn Panèwu Tirtaatmaja, panêkar ing Tugu.

Pulisi agêng panumping, Radèn Tumênggung Suryanagara, ngêrèhakên: 1. Radèn Riya Kartadirja, panêkar Têgalpanggung. 2. Radèn Lurah Atmasuwarna, panêkar Lêmpuyangan.

Pakampungan lêbêt bètèng kraton ingkang sisih wetan, Mas Riya Mangunwilaga. Ingkang sisih kilèn (kadipatèn) Mas Panèwu Pôncapêrtama.

Pulisi sajawining nagari

1. Kabupatèn ing Kalasan

Radèn Tumênggung Sasrakusuma, bupati wadana dhistrik. Panèwu, Ngabèi Mangundimêja. Jaksa, Radèn Ngabèi Mangunwilapa. Carik, Mas Ngabèi Mangunsastra. Lurah naib ...

Kapala dhistrik ing Brêbah, Radèn Panji Mangunrêja, ngêrèhakên mantri pulisi, Tanjung, Ngabèi Mangunpêrmadi, Grogol, Ngabèi Mangunmêndura, Têgalsari, Ngabèi Mangunpratama.

--- 222 ---

Kapala dhistrik ing Krapyak, Radèn Panji Mangunpraja, ngêrèhakên mantri pulisi, Klindhon, Ngabèi Mangunsudarma, Dhepok, Ngabèi Mangunsuwarna, Gorongan, Ngabèi Mangundigda.

Kapala dhistrik ing Jêjêran, RadRadèn. Panji Mangunjêjêr, ngêrèhakên mantri pulisi, Gandhok, Ngabèi Mangundiarja, Gôndawulung, Ngabèi Mangundêgsana, Jêthis, Ngabèi Mangunpidêgsa.

Kapala dhistrik ing Arjawinangun, Radèn Panji Mangundilaga, ngêrèhakên mantri pulisi, Wotgalèh, Ngabèi Mangunsutama, Bathikan, Ngabèi Mangunmartana, Ngipik, Ngabèi Mangunpranata.

Kapala dhistrik ing Jambon, Radèn Panji Mangunpuspita, ngêrèhakên mantri pulisi, Cakringan, Ngabèi Mangun Utama, Ngêmplak, Ngabèi Mangundigdaya, Cakran, Ngabèi Mangunmanggala.

Kapala dhistrik ing Prambanan, Krajan Pakêm, Radèn Panji Mangunpramuja, ngêrèhakên mantri pulisi, Kênaran, Ngabèi Mangunpragola, Piyungan, Ngabèi Mangunprawira, Blambangan, Ngabèi Mangunprawatang.

Pulisi ing Imagiri Ngayugya, Radèn Tumênggung Rêsakusuma, bupati anèm wadana juru kunci, sarta ngiras nyêpêng pulisi.

Panèwu, Mas Ngabèi Rêsapraja, ngêrèhakên mantri pulisi, Dêmi, Ngabèi Mangundriyapura, Tunggalan, Ngabèi Mangunkarya, Singasarèn, Ngabèi Mangunsêrtaka.

--- 223 ---

Wadana juru kunci astana Ngimagiri Surakarta, Radèn Mas Arya Prawirakusuma.

Panèwu pulisi dhistrik Ngimagiri Surakarta, Radèn Ngabèi Rêksaastana.

Juru kunci astana Kitha Agêng Surakarta, 1. Mas Jimad Amad Dalêm Rêsadipa, 2. Mas Jimad Amad Dalêm Anomtapsir.

Panèwu pulisi dhistrik Kitha Agêng Surakarta, Mas Ngabèi Arjaastana, dêmang pulisi, Mas Dêmang Sastradiwirya, 2. Mas Dêmang Mêrtaprawira.

Juru kunci astana Kitha Agêng Ngayugyakarta, 1. Mas Amad Dalêm Sapingi, 2. Radèn Amad Dalêm Mustahal.

Pulisi, dhistrik Kitha Agêng Ngayugya, Radèn Panji Mangunpramônca, mantri pulisi Ngabèi Manguntaruna.

2. Kabupatèn ing Bantul Kadirêja

Radèn Tumênggung Mangunyuda, bupati wadana dhistrik. Panèwu, Dèn Ngabèi Jayadigda. Jaksa, Mas Ngabèi Jayadipa. Carik, Mas Ngabèi Wôngsawirana. Lurah naib, Mukhamad Amin.

Kapala dhistrik ing Pandhak, Mas Panji Jayapuspita, ngêrèhakên mantri pulisi, Pêkaja, Ngabèi Jayasêntika, Jagadhayoh, Ngabèi Jayawêrdaya, Prênggan: Ngabèi Jayawirana.

--- 224 ---

Kapala dhistrik ing Panggang, Radèn Panji Jayaarja, ngêrèhakên mantri pulisi: Irabayan, Ngabèi Jayadikrama, Wuluh Adêg, Ngabèi Jayawirya, Bambang: Ngabèi Jayasuwita.

Kapala dhistrik ing Krètèg, Mas Panji Jayaatmaja, ngêrèhakên mantri pulisi: Grogol, Ngabèi Jayalêlana, Sribit, Ngabèi Jayangulama, Bêkang: Ngabèi Jayautama.

Kapala dhistrik ing Candhèn, Radèn Panji Jayadimêja, ngêrèhakên mantri pulisi: Sawahan, Ngabèi Jayawilaga, Karanggayam, Ngabèi Jayalipura, Tulung, Ngabèi Jayadigdaya.

Kapala dhistrik ing Cêpit, Mas Panji Jayasêmantri, ngêrèhakên mantri pulisi: Pajangan, Ngabèi Jayanalika, Pijenan, Ngabèi Jayapêngarsa, Jarakan, Ngabèi Jayasêtama.

Kapala dhistrik ing Srandakan, Mas Panji Jayayuda, ngêrèhakên mantri pulisi: Gumulan, Ngabèi Jayawiruna, Bayuran, Ngabèi Jayaprawira, Sandèn, Ngabèi Jayawêcana.

Kapala dhistrik ing Sewon, Mas Panji Jayadiwirya, ngêrèhakên mantri pulisi: Dhukuh: Ngabèi Jayasuwôngsa, Bakulan, Ngabèi Jayasêpônca, Kapurancak, Ngabèi Jayawiyana.

3. Kabupatèn ing Suleman

Radèn Tumênggung Mangunjaya, bupati wadana dhistrik.

--- 225 ---

Panèwu, Mas Ngabèi Natawirya. Jaksa, Mas Ngabèi Natataruna. Carik, Mas Ngabèi Sôntadiwirya. Lurah naib, Khaji Mukhamad Ngali.

Kapala dhistrik ing Jumênêng, Radèn Panji Natadigdaya, ngêrèhakên mantri pulisi: Warak Gabahan, Ngabèi Natasumarma, Watukarung: Ngabèi Natagupa, Seyegan, Ngabèi Natarata.

Kapala dhistrik ing Klegung, Radèn Panji Natarêja, ngêrèhakên mantri pulisi: Glagah Ômba: Ngabèi Natadikrama, Kêmbang Arum, Ngabèi Nataatmaja, Ngablak, Ngabèi Natadimulya.

Kapala dhistrik ing Ngijon, Mas Panji Natawêrdaya, ngêrèhakên mantri pulisi: Kêbitan, Ngabèi Natakarta, Barêpan, Ngabèi Nataprawira, Minggir: Ngabèi Natadêksana.

Kapala dhistrik ing Mlathi, Radèn Panji Nataarja, ngêrèhakên mantri pulisi: Nyaèn, Ngabèi Natawilaga, Kuwarasan, Ngabèi Natapêrtama, Krandhon, Ngabèi Natadiwôngsa.

Kapala dhistrik ing Godhean, Radèn Panji Natadirja, ngêrèhakên mantri pulisi: Sangonan, Ngabèi Natasêntolo, Krapyak, Ngabèi Natawisraya, Pundhong: Ngabèi Natadiprana.

Kapala dhistrik ing Gamping, Mas Panji Nata Amipraja, ngêngèhakênngêrèhakên. mantri

--- 226 ---

pulisi: Kadipira: Ngabèi Nata Anala, Kasihan, Ngabèi Natabêrminta, Pêdhês, Ngabèi Natasêparta.

Kapala dhistrik ing Angin-angin, Radèn Panji Natadimêja, ngêrèhakên mantri pulisi: Srowolan, Ngabèi Natasura, Pakêm, Ngabèi Natapuspita, Ngaglik, Ngabèi Natasêmita.

4. Kabupatèn ing Wanasari, Rêdi Kidul

Radèn Tumênggung Danuadiningrat, wakil bupati wadana dhistrik. Rôngga, Mas Rôngga Arjadipura. Jaksa, Mas Ngabèi Mangunpradata. Carik, Mas Ngabèi Mangunsastra. Lurah naib, Khaji Amin. Dêmang pos sarta margi, Mas Dêmang Mangundara.

Para dêmang pulisi ing: Karangmaja: Mas Dêmang Mangunkarsa, Wingèn, Mas Dêmang Mangundilaga, Wilayu: Radèn Dêmang Mangunwijaya, Karang Rèjèk, Mas Dêmang Mangunjiwa, Warèng: Mas Dêmang Mangunkarya, Piyaman, Mas Dêmang Manguntaruna, Siyana: Mas Dêmang Mangunkartika, Mijahan, ManMas. Dêmang Mangunpuspita, Kêpil, Mas Dêmang Mangunwirana, Nglimpar: Mas Dêmang Mangunwadana, Wiladêg, Mas Dêmang Mangunkarta, Têpus, Radèn Dêmang Mangunpranata, Klapasawit, Mas Dêmang Mangunrêja, Grogol, Dèn Dêmang Mangunsêntika.

--- 227 ---

Dhistrik Playên

Radèn Riya Purbaatmaja, riya bupati anèm. Rôngga, Radèn Rôngga Wiryadipura. Jaksa, Radèn Ngabèi Arjasuwarna. Carik, Mas Ngabèi Wiryasastra. Naib, Khaji Mukhamad Samsodin.

Para dêmang pulisi ing: Playên, Mas Dêmang Wiryarêja, Pampang: Mas Dêmang Wiryasuta, Sawahan, Radèn DêmaDêmang (dan di tempat lain). Wiryataruna, Lêgundhi: Mas Dêmang Wiryadipa, Karangmaja, Mas Dêmang Wiryasêntana, Turunan, Mas Dêmang Wiryapranata, Blinbing:Blimbing. Mas Dêmang Wiryagêna, Palihan, Mas Dêmang Wiryadikrama, Kêmiri: Mas Dêmang Wiryagati, Bundêr: Radèn Dêmang Wiryaprawira, ngrangkêp amajibi wontênipun pos tuwin margi, Pathuk, Mas Dêmang Pôncadigda, Wiyaka: Mas Dêmang Wiyasêcaka, Tanju: Mas Dêmang Wiryapartika, Karang, Mas Dêmang Wiryadimêja.

Dhistrik Sêmanu

Radèn Tumênggung Yudaningrat, bupati anèm. Rôngga, Radèn Rôngga Rêksanagara. Jaksa, Mas Ngabèi Arjawilaga. Carik, Mas Ngabèi Arjasastra. Naib, Kyai Ngabdul Latip.

--- 228 ---

Para dêmang pulisi ing: Suwela: Mas Dêmang Arjamênggala, 2. Mas Dêmang Arjawijaya, Kalangbangi, Mas Dêmang Arjadrana, ngrangkêp amajibi wontênipun pos tuwin margi, Ngênêp, Radèn Dêmang Arjasêntana, 2. Mas Dêmang Arjadikrama, Balong: Dèn Dêmang Arjadinama, Pakèl, Mas Dêmang Arjasêmita, Baran, Mas Dêmang Arjawicitra, Sêmugih, Mas Dêma Arjadiwirya, Bêdhoyo: Mas Dêmang Arjasura, Jumblang: Mas Dêmang Arjawosa, Koripan, Mas Dêma Arjadêksana, Ponjo: Mas Dêmang Arjadikarya, Trênggana: Mas Dêmang Arjaprawira, Wirik Kilèn, Mas Dêmang Arjadarsa, Sêmin, Mas Dêmang Arjawiyana, Gunungsari: Mas Dêmang Arjaatmaja, Sambèng: Radèn Dêmang Arjasêtika, Bala: Mas Dêmang Arjasêtama, Rongkop, Mas Dêmang Arjasôngka, Wirik Wetan, Mas Dêmang Arjawikrama.

Dhistrik Prêngguk

Radèn Riya Pôncapêrwata, rôngga pulisi. Carik, Dèn Ngabèi Pôncadikara. Naib, Mas Mukhamad Burham. Para dêmang pulisi ing: Watugajah: Radèn Dêmang Pôncawiraga, Sumbêran, Radèn Dêmang Pôncaarja, Prêngguk, Radèn Dêmang Pôncakartika, Candhi: Mas Dêma Pôncasudira, Banyu Urip, Radèn Dêmang Pôncadiwirya.

5. Kabupatèn ing Nanggulan

Radèn Tumênggung Sumanagara, bupati anèm wadana dhistrik pamaosan dalêm ing Nanggulan.

--- 229 ---

Panèwu, Radèn Ngabèi Selawinata. Jaksa, Radèn Ngabèi Tirdiwirya.Tirtadiwirya. Carik, Mas Ngabèi Selasastra. Lurah naib, Mas Mukhamad Taram.

Para dêmang pulisi ing: Sêrma: Radèn Dêmang Ranadipura, Kêdhung Ngiring: Radèn Dêmang Nataatmaja, Wadhas, Mas Dêmang Jagadiwirya, Pèrèng: Radèn Dêmang Ranasêntika, Pripih, Dèn Dêmang Sumakarta, Grigak, Mas Dêmang Bôngsayuda, Pundak, Radèn Dêmang Cakrawilaga, Giyanti: Mas Dêmang Sumasênjaya, Selamirah, Mas Dêmang Sutadiwirya, Kamal, Radèn Dêmang Kartatani, Jatingarang: Radèn Dêmang Wôngsaatmaja, Kêdhunggubah: Mas Dêmang Kêrtabau, Cebongan, Dèn Dêmang Wôngsadiarja, Têmanggal, Mas Dêmang Jayawilaya, Kênthèng: Dèn Dêmang Suradiwirya, Kokap, Mas Dêmang Prawirasari.

6. Kabupatèn ing Kalibawang

Radèn Riya Purbakusuma, riya bupati anèm wadana dhistrik pamaosan dalêm ing Kalibawang. Panèwu, Mas Ngabèi Sutadipura. Jaksa, Mas Ngabèi Tirtawilaya, ngrangkêp carik. Lurah naib, Mukhamad Mas'ut.

Para dêmang pulisi ing: Klêpu Nungkêp, Mas Dêmang Atmaprawira, Dhuwêt, Mas Dêmang Jayadikara, Nglangon, Mas Dêmang Jayaprawira, Salak Malang: Dèn Dêmang Padmaatmaja, [Padma...]

--- 230 ---

[...atmaja,] Dêgan, Mas Dêmang Mêrtawijaya, Dêgsa, Radèn Dêmang Jayawirya, Jumblangan, Mas Dêmang Jayadikrama, Kalibawang: Mas Dêmang Brajasêmita, Kêdhurong: Radèn Dêmang Yudawirana, Sêmakèn, Mas Dêmang Prawirabôngsa, Samigaluh: Mas Dêmang Cakrayuda, Kêpiton, Mas Dêmang Jayasêntana, Bara: Dèn Dêmang Brajadirêja, Dhondhong: Mas Dêmang Ranaprawira.

7. Kabupatèn ing Pêngasih

Mas Riya Dipadirja, riya bupati anèm wadana dhistrik pamaosan dalêm ing Pêngasih, rèh kadipatèn. Panèwu, Mas Ngabèi Mangundilaga. Jaksa, Mas Ngabèi Cakrarêja, ngrangkêp carik. Lurah naib, Mas Jenal Mataram.

Para dêmang pulisi ing: Maosan Wetan, Dèn Dêmang Sutarêja, Serang: Radèn Dêmang Wôngsadipura, Kêdhung Galih: Mas Dêmang Mêrtasêntika, Jasutan, Mas Dêmang Pôncadigda, Panggang: Mas Dêmang Kramadiwirya, Butuh: Dèn Dêmang Pôncadrana, Ngulakan, ..., Banaran, Mas Dêmang Nitipura, Jombokan, Dèn Dêmang Rêsadimêja, Wanaharja: Mas Dêmang Mangundrana, Janturan, Dèn Dêmang Rêsasêtika, Kêdhungsoga: Mas Dêmang Jayèngarja, Maosan Kilèn, Mas Dêmang Puspadiwirya.

--- 231 ---

8. Kabupatèn ing Sêntolo

Radèn Riya Prawirayuda, riya bupati anèm wadana dhistrik pamaosan dalêm ing Sêntolo. Panèwu, Radèn Ngabèi Sumadipura. Jaksa, Radèn Ngabèi Sastradigdaya, ngrangkêp carik. Lurah naib, Mas Murtala.

Para dêmang pulisi ing: Kalibondhol, Mas Dêmang Wirarêja, Jlêgong Mêntabayan, Mas Dêmang Wanapati, Jlêgong Karang Wetan, Mas Dêmang Mangunpramuja, Tubin, Radèn Dêmang Surarêja, Karangasêm, Radèn Dêmang Prawirarêja, Kênthèng: Mas Dêmang Wiryalêsana, Sokapônca: Mas Dêmang Wiryadimêja, Jlaban, Mas Dêmang Wôngsadikrama, Worawari, Radèn Dêmang Pôncasêmita, Gêgulu: Mas Dêmang Atmawijaya, Nglêndhah: Mas Dêmang Suradikara, Bantar: Radèn Dêma Sumawardaya, Maesan, Mas Dêmang Martarêja, Wanalapa: Radèn Dêmang Mêrtaprawira.

--- 232 ---

Kawontênanipun ing Pakualaman

Ingkang jumênêng sapunika: ajêjuluk Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Pakualam kaping V, ridêring bintang Nèdêrlansên leyo, kolonèl phan staph, putranipun swargi Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Pakualam kaping II, patutan saking garwa ampeyan, kala rumiyin nama Kangjêng Pangeran Arya Suryadilaga, sakawitipun jumênêng anggêntosi ingkang putra kaponakan, swargi Kangjêng Gusti ingkang jumênêng kaping IV, lajêng ajêjuluk Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Arya Prabu Suryadilaga, jumênêngipun kala ing dintên Kêmis Wage tanggal kaping: 13 wulan Sawal taun Dal 1807 utawi kaping 10 wulan Oktobêr 1878. Sarêng antawis angsal gangsal taun amarêngi ing dintên Slasa Lêgi tanggal kaping: 11 wulan Jumadilawal, ing taun Ehe, ôngka 1812 utawi kaping 20 wulan Marêt, taun Walandi 1883, têtêp jêjuluk Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Pakualam, wondene wiyosanipun kala ing dintên Akhad Wage tanggal kaping: 5, wulan Sapar, taun Wawu, ôngka 1761.

Para pangeran putra santana ing Pakualaman

Putranipun swargi Kangjêng Gusti ingkang kaping II, Kangjêng gusti ingkang jumênêng sapunika.

--- 233 ---

Putranipun swargi Kangjêng Gusti ingkang kaping III saking garwa padmi: 1. Kangjêng Pangeran Arya Suryaningrat, 2. Kangjêng Pangeran Arya Sasraningrat, kaptin.

Ingkang saking garwa ampeyan: 1. Kangjêng Pangeran Arya Purwasêputra, kaptin. 2. Radèn Mas Arya Suryaudaya. 3. Radèn Mas Arya Suryakusuma.

Wayahipun swargi Kangjêng Gusti ingkang kaping II ingkang saking garwa padmi, putranipun swargi Kangjêng Pangeran Arya Nataningprang. 1. Kangjêng Pangeran Arya Nataningprang, kaptin. 2. Kangjêng Pangeran Arya Pakuningprang, R.M.W.4 kaptin.

Putranipun kangjêng gusti ingkang jumênêng sapunika, 1. Kangjêng Pangeran Arya Natakusuma, mayur. 2. Kangjêng Pangeran Arya Natadiraja, kaptin.

Ing ngandhap punika kawontênanipun para putra sêntana ing Pakualaman ingkang taksih kalilan angangge montèring militèr miturut ing pangkatipun

Mayur: 1. Kangjêng Pangeran Arya Natakusuma, 2. Radèn Mas Riya Jayaningprang.

--- 234 ---

Kaptin, 1. Kangjêng Pangeran Arya Nataningprang. 2. Kangjêng Pangeran Arya Pakuningprang. 3. Kangjêng Pangeran Arya Natadiraja. 4. Kangjêng Pangeran Arya Purwasêputra. 5. Kangjêng Pangeran Arya Sasraningrat. 6. Radèn Mas Nata Taruna. 7. Radèn Mas Arya Nataatmaja. 8. Radèn Mas Arya Jayèngprawira. 9. Radèn Mas Riya Jayèngarja.

Para priyantun ingkang sami nyêpêng paprintahan ing kadipatèn Pakualaman

Bupati pêpatih, Radèn Mas Riya Jayèngarja, kaptin. Wadana carik, Radèn Panji Natarêja. Jaksa agêng, Mas Ngabèi Jayèngsantosa (wakil). Ajung jaksa agêng, Mas Ngabèi Sastrataruna. Pangulu, Mas Khaji Mukhamad Asrap. Mantri pulisi, Radèn Ngabèi Pôncaatmaja (wakil).

--- 235 ---

Pulisi sajawining nagari, kabupatèn ing Adikarta

Bupati, ... Wakil wadana dhistrik, Mas Panji Wôngsadirja. Jaksa, ... Ajung jaksa, Ngabèi Jayadigda. Lurah naib, Kyai Mukhamad Sihat. Pulisi Bonong Kranggan, Ngabèi Wirapura.

Dhistrik ing Galur

Wakil kapala dhistrik, Radèn Ngabèi Yudapranata.

Para pulisi ing:Panjatan, Ngabèi Wiryalêsana, ing Bamalang: Ngabèi Wôngsadimêja, ing Galèn, Dêmang Jayasurata, ing Barahan, Dêmang Rêksaatmaja, ing Dondhong Sidakan, Dêmang Jayèlêsana,Jayalêsana. ing Bara: Dêmang Sôntadiwirya, ing Brosot, Radèn Bèi Padmawêrdaya, ing Bugêl, Radèn Dêmang Prawiraatmaja.

Dhistrik ing Sogan

Kapala dhistrik, Mas Ngabèi Kartadipura.

--- 236 ---

Para pulisi: ing Dhukuh Lanang: Ngabèi Sutawirya, ing Ngundang: Ngabèi Jayèngwijaya, ing Karangwuluh: Ngabèi Wôngsadiwirya, ing Dêmèn, Dêmang Wôngsasêntana, ing Têmon, Ngabèi Suratani, ing Glagah: Ngabèi Wanadiwirya, ing Tambak, Ngabèi Wôngsatirta. Para mantri pulisi: ing Watês, Radèn Ngabèi Pôncawinata, ngêrèhakên Dêmang Pôncadikrama, ing Seworan, Dêmang Kramasêntana, ing Kulwaru: Dêmang Tirtaprawira. Para pulisi: ing Wanadadi: Radèn Dêmang Atmaprawira, ing Pasanggrahan, Dêmang Mangunlêsana, ing Bêndungan, Dêmang Mangunkartika, ing Sriwêdari: Radèn Yudaprawira.

--- 237 ---

Ewah-ewahan ingkang kantun

Jaksa ing kabupatèn, Indramayu: lowong.

Radèn Ngabèi Kusumaning Ngayuda, asistèn wadana ing Sidarêja, kakulawisudha dados wadana dhistrik, lurah gung, kabupatèn, kuningan.

Radèn Mas Bratamiarja, kakulawisudha dados jaksa ing kabupatèn Majalêngka.

Mas Kusumasêputra, tilas asistèn wadana ôngka 1 kakulawisudha dados ajung jaksa ing kabupatèn Grobogan.

Residhèn ing Pêkalongan, lowong.

Kangjêng Tuwan P. Sèidhêl, ingkang wau asistèn residhèn ing Purbalingga, kaingsêr ing Sidayu.

Kangjêng Tuwan A.A.E.T Bos, ingkang wau asistèn residhèn ing Bayalali, kaingsêr ing Cicalêngka.

Sèkrêtaris ing Rêmbang, kaangkat dados asistèn residhèn ing Juwana.

Sèkrêtaris ing Banyumas, lowong.

Asistèn residhèn ing Sukapura, lowong, ingkang kakarsakakên anggêntosi: kontrolir klas 1 H.T. Hèndrikês.

Presidhèn landrad ing Pasuruan, lowong, ingkang kakarsakakên anggêntosi Kangjêng Tuwan Mistêr A.B. Phandhêrsnan.

Bupati ing Banyuwangi, kaingsêr ing Prabalingga.

--- 238 ---

Asistèn residhèn ing Bagiyan, Panarukan, kajumênêngakên dados residhèn ing Pakalongan.

Wadana dhistrik Majarêja: Bagiyan Jombang, kajumênêngakên bupati ing Majakarta, ajêjuluk, Radèn Tumênggung Kramaadinagara.

Jaksa agêng kabupatèn Kêdhiri, lowong, ikang kakarsakakên anggêntosi: wadana dhistrik ing Wlingi, kabupatèn Blitar.

Presidhèn landrad ing Banyumas kaingsêr ing Purwarêja, ingkang dados ing Banyumas, Kangjêng Tuwan Mistêr N.N. Ros.

Tuwan Y.A. Pèk Kwèr, tilas sèkrêtaris paresidhenan Kadhiri, kaangkat dados sèkrêtaris ing Rêmbang.

Tuwan A.C. Sêhèpêr, tilas sèkrêtaris, kaangkat dados sèkrêtaris ing paresidhenan Bagêlèn.

Tuwan L. Dar. Pristêr kontrolir klas 1, kaangkat dados sèkrêtaris ing paresidhenan Banyumas.

Presidhèn landrad ing Magêlèng,Magêlang. lowong.

Presidhèn landrad ing Prabalingga kaingsêr ing Magêlang.

Kangjêng Tuwan Mistêr Y.M.G.D. Baron pan Slingêlan, kaangkat dados presidhèn landrad ing Prabalingga.

Asistèn residhèn ing Sragèn, kaingsêr ing Bagiyan Panarukan.

Tuwan Dar. A. Ebing, kontrolir klas 1, kaangkat dados asistèn residhèn ing Sragèn.