Sastra Jawa

Program Digitalisasi Sastra Daerah

  • Increase font size
  • Default font size
  • Decrease font size

Almanak, H. Buning, 1912, #1561

Katalog:Almanak, H. Buning, 1912, #1561
Sambung:-

Sampeyan Dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Pakubuwana ingkang kaping X ing nagari Surakarta.

--- 0 ---

Sêrat Pananggalan

Ingkang kaping 28 kangge ing taun Walandi 1912.

Miturut pananggalan ingkang kawêdalakên Kangjêng Guprêmèn.

Kaêcap sarta kawêdalakên ing gêdhong pangêcapanipun pakêmpalan among dagang, rumiyin nama: H. Buning, ing nagari Ngayugyakarta.

--- 1 ---

PAROMOJOGO.

Sêrat Paramayoga

Anyariyosakên lêlampahanipun Kangjêng Nabi Adam, akaliyan lêlampahan sarta têrah-tumêrahipun para dewa ingkang akahyangan ing tanah Hindhustan, anggitanipun Radèn Ngabèi Rônggawarsita, pujôngga agêng ing karaton nagari Surakarta, kaêsahakên kasusastranipun awêwaton Sêrat Paramasastra dening Ki Padmasusastra, kaêcap ingkang kaping 3, satunggal buku rêgi f 2.- pranko ing pos f 2.10.

POESTOKORODJO POERWO.

Sêrat Pustakarajapurwa

Jilidan ôngka 1 dumugi ôngka 9, anyariyosakên kala pulo Jawi, Sumatra, Bali tuwin Madura, wiwit dipun dunungi manusa, taun Jawi sirah 1, ing salajêngipun cariyos wontênipun lêlampahan sadaya, ngantos dumugi taun 734, babon asli saking Suwargi Radèn Ngabèi Rônggawarsita pujôngga agêng ing karaton nagari Surakarta, kaêsahakên kasusastranipun awêwaton Sêrat Paramasastra dening Ki Padmasusastra, kaêcap ingkang kaping kalih, satunggal jilid rêgi f 2.50. Bilih ngarsakakên sadasa jilid kalihan Paramayoga pranko ing pos f 20.-

Sêrat Pustakarajapurwa wau punika jilidan ingkang ôngka 1, sampun têlas, nanging sapunika sampun dipun wiwiti ngêcap malih.

--- 2 ---

TJENTINI.

Sêrat Cênthini

Sêrat Cênthini, anggitan dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan P. B. V. Isi kawruh warni-warni, saking adining sêrat wau, kala jumênêng dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan P. B. VII. Sêrat Cênthini katêdhak satamatipun, sêratanipun jêjêg padanipun mawi sinungging dados wolung buk, kapisungsungakên ing kangjêng guprêmèn, sapunika kamulyakakên sumimpên wontên bibliotik ing kitha Lèidhên, Nèdêrlan, kasamak mawi praos jêne, inggih angaosi saking adining sêrat wau. Awit saking kaparêngipun karsa dalêm Kangjêng Radèn Adipati Sasradiningrat IV. Pêpatih dalêm ing Surakarta, sapunika kacithak kalimrahakên ing akathah, rêginipun satunggal buk f 2.- pranko ing pos f 2.10.

BABAD GIANTI.

Sêrat BabatBabad (dan di tempat lain). Surakarta ingkang ugi nama Babat Giyanti

Jilidan: ôngka 1, anyariyosakên lêlampahanipun Kangjêng Pangeran Arya Mangkubumi, wiwit prang lajêr, dumugi Tumênggung Jayawinata Mataram balik, ing salajêngipun, babon asli saking suwargi Radèn Ngabèi Yasadipura, pujôngga ing karaton nagari Surakarta Adiningrat, kaêcap ingkang kaping kalih, satunggal jilid rêgi f 2.- prangko ing pos f 2.10.

--- 3 ---

Menggahing tiyang Jawi perlu sangêt gadhah sêrat waosan ing ngandhap punika, anggêlarakên bab wajibipun ngagêsang wontên ing dunya, ingkang nistha, madya, utama.

WOELANGREH.

Sêrat Wulangrèh

Inggih punika wulang dalêm Suwargi Sampeyan Dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Pakubuwana ingkang kaping 4, ing Surakarta Adiningrat, satunggal buku rêgi f 1.- pranko ing pos f 1.05

DHONOASMORO.

Sêrat Dana Asmara

mawi sêkar, kajarwakakên dening Radèn Mas Sasradiwirya, kawêdalakên ingkang kaping 3, satunggal buku rêgi f 1.50 pranko ing pos f 1.55

Mênggahing tiyang Islam perlu sangêt gadhah sêrat ing ngandhap punika.

MICHRAD.

Sêrat Mihradipun Kangjêng Nabi Mukhamad

Cariyos saking Arab, ing mangke kasantunan ing têmbung Jawi, kaêcap ingkang kaping 3, satunggal buku rêgi f 1.- pranko ing pos f 1.05.

--- 4 ---

DARMOKONDO.

Sêrat Piwulang Darmakôndha

Anggitanipun Mas Surajaya, pènsiyun wadana dhistrik Balak, kabupatèn Magêlang (Kêdhu), satunggal buku rêgi f 1.- pranko ing pos f 1.05

SOEKMOLEMBORO.

Sêrat cariyos ringgit tiyang lampahan Suksmalêmbara

Mêthik saking Sêrat Suluk Suksmalêmbara, kaanggit dening Radèn Tumênggung Purbanagara, bupati anèm wadana prajurit Kêtanggêl, ing nagari Ngayugyakarta Adiningrat, satunggal buku rêgi f 1.- pranko ing pos f 1.05.

Sintên ingkang kapengin badhe dipun trêsnani ing bêndaranipun? Utawi dipun sihi ing gurulakinipun? Para èstri botên susah pados sarana guna, janji sampun sagêd sêrat kados ing ngandhap punika.

WOELANG HOLAH-HOLAH.

Sêrat Wulang Olah-olah Warni-warni

Kados ta: damêl dhêdhaharan cara Walandi, cara Jawi, tuwin cara Cina, damêl manisan, sêtrup, sarta sapanunggilanipun minuman, damêl asinan, acar, sosis agêng alit tuwin sanès-sanèsipun wontên saking 600 warni, babon asli saking Suwargi Tuwan F. L. Wintêr,

--- 5 ---

ing Surakarta, satunggal buku rêgi f 2.50 pranko ing pos f 2.60. Para èstri putraning priyantun sarta koki punapadene têtiyang ingkang gêgriya pêrlu sangêt anggadhahi sêrat punika.

BARON VAN MUNCHAUSSEN

Sêrat Cariyosipun Baron van Munghaosên

Babon saking sêrat Walandi katêdhak dening tuwan F. L. Wintêr, ing Surakarta, mawi karêngga ing gambaran nêmbêlas warni, satunggal buku rêgi f 2.- pranko ing pos f 2.10

Sêrat punika kantun sakêdhik kangge para lare utawi tiyang sêpuh saèstu kathah ingkang rêmên maos.

NED. RIDDER ORDEN.

Sêrat pratelan tuwin pranataning bintang-bintang

Ing praja Nèdêrlan, mawi gambaran, katêdhak ing têmbung Jawi, dening Tuwan F. L. Wintêr ing Surakarta, satunggal buku rêgi f 2.25 pranko ing pos f 2.30

SULTAN IBRAHIM.

Sêrat Cariyosipun Kangjêng Sultan Ibrahim

Ibnu Adam walollah, ingkang jumênêng nata, ing nagari Ngerak, kaecap ingkang kaping 3, satunggal buku rêgi f 1.- pranko ing pos f 1.05.

--- 6 ---

RODJOPOETRO.

Sêrat Rajaputra

Anyariyosakên sujarah dalêm, awit Sampeyan Dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Sultan ingkang sapisan, dumugi sampeyan dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Sultan ingkang kaping 6, ing nagari Ngayugyakarta Adiningrat, babon asli saking Swargi Bandara Pangeran Arya Adinagara, ingkang sapisan, kasêkarakên dening Radèn Mas Nataasmara, satunggal buku rêgi f 1.- pranko ing pos f 1.05

MANASIK CHADJI.

Sêrat Manasik Khaji

Punika sêrat jarwa anyariyosakên lampah-lampahipun tiyang ingkang badhe minggah khaji dhatêng nagari Mêkah, mêthik saking Kitab Manasik Khaji, satunggal buku rêgi f 1.- pranko ing pos f 1.05

PERANG NEDERLAND.

sêrat cariyosipun pêrang ing nagari Nèdêrlan, kala ing taun 1815, wiwit lolosipun Prabu Bonahparte saking pulo Hèlbah, dumugi konduripun Prabu Lodhêwik kaping 18: jumênêng nata malih wontên ing Prangkrik, salajêngipun kabucalipun Prabu Bonahparte dhumatêng ing Sinhelenah, satunggal buku rêgi f 2.- pranko ing pos f 2.10.

--- 7 ---

TJARITO HOETOMO KAGOENAN SEWOE

Layang Carita Utama Kagunan Sèwu

lan samubarang rèmèh-rèmèh kang maedahi, saking tuwan F L Wintêr, ing Surakarta, satunggal buku rêgi f 1.- pranko ing pos f 1.05. Sintên ingkang kêpengin badhe dados dhukun? Botên susah madhukan-madhukun têmên. Janji anggadhahi sêrat kados ing ngandhap punika:

POENTIR PALAKIA

Sêrat Kitab Puntir Palakiyah

têtilaranipun para oliya ing jaman kina, kaêcap ingkang kaping 5, satunggal buku rêgi f 1.- pranko ing pos f 1.05.

Sêrat punika wau botên namung tiyang Jawi kemawon ingkang sami tumbas, sanadyan bôngsa sabrang ingkang sagêd sastra Jawi ugi amêrlokakên tumbas, dene isinipun 21, prakawis pitakenan, punapa ingkang badhe dipun takèkakên, bêgja cilakaning tiyang punapa ingkang badhe pinanggih, insaallah sagêd anarbuka saking buku punika.

KATOERANGGAN.

Sêrat Katurangganing Kapal

Babon mawi sêkar, yasan dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan kaping 3, amrih cêthanipun, kajarwakakên dening Tuwan F. L. Wintêr, ing Surakarta, satunggal buku rêgi f 1.50 pranko ing pos f 1.55.

--- 8 ---

SERAT BAB PANGEREHING KAPAL.

Sêrat Bab Pangrèhing Kapal

Manut caraning karaton, ing Surakarta, tuwin wêwijanganipun sakathahing saranduning kapal tumpakan, kawêdalakên dening Tuwan F. L. Wintêr, satunggal buku rêgi f 1.- pranko ing pos f 1.05.

Awit saking idinipun kangjêng tuwan dhirèktur pamulangan (O. E. N.) saha sampun anêtêpakên kangge amulang ing sakolahan guprêmèn. Para guru sakolah pêrlu sangêt gadhah sêrat ing ngandhap punika.

PARAMA SASTRA.

Layang Paramasastra Jawa

kanggo ing pamulangan Jawa, jilidan 1, prabot lan rimbag anggitane Mas Ngabèi Dwijasewaya, ing Ngayogyakarta, cap-capan kaping pindho, layang 1 rêga f 1.- pranko ing pos f 1. 10. Para kwèkêling sarta para guru punapadene para murid-murid, pêrlu sangêt gadhah sêrat ing ngandhap punika.

--- 9 ---

TJETANING OETJAP.

Cêthaning Ucap

Anggitane Tuwan L. G. Bèrês, cap-capan kaping pat. 1 buk rêga f 0.20 pranko an-gêtèkên ing pos f 0.35

PANGRIMBAGGING TEMBOENG.

Pangrimbaging Tembung

Kang sapisan, anggitane Tuwan L. G. Bèrês, cap-capan kaping pindho, 1 buk rêga f 0.25 pranko an-gêtèkên ing pos f 0.40.

Algemeen politiereglement voor de Inl.

Layang pranatan cacêkêlane pulisi kang anamtokake paukumane wong Jawa sapêpadhane ing Hindiya Nèdêrlan, nganggo katêrangan pêpêthikan saka layang anggitane Kangjêng Tuwan Mistêr T. H. Dhèrkindhêrên lid sakarad ing Hindiya Nèdêrlan, rêgi 2 rupiyah, prakopranko. ing pos 2 rupiyah, 25 sèn.

Mênggahing tiyang Jawi pêrlu sangêt gadhah sêrat ing ngandhap punika

PASATOAN.

Buku pasatoan, artosipun etanganing lare badhe kadhaupakên, jalêr kalihan èstri, pamilihing wulan ingkang sae paningkahipun. [paningkah...]

--- 10 ---

[...ipun.] Kajawi punika: isi pamilihing siti pakarangan, ingkang awon ingkang sae, isi wataking môngsa, prabawaning lintang, ngalamating grahana, lindhu, ngalamate sato iwèn, ingkang manjing pakarangan, ngalamating kêdut ing badan, sarta malih isi pratelan jampining sêsakit badan (ingkang sampun kathah kayêktosanipun kacoba sagêd adamêl waluyaning roga). Kapêthik saking parimbon Jawi, dening Radèn Mêrtadirêja juru sêrat, kontroliran apdhèling Prapak Kêdhu, ing taun 1880 rêgi 1 rupiyah, 50 sèn. Prangkopranko (dan di tempat lain). ing pos 1 rupiyah, 75 sèn.

TJARAKAN HANJAR.

Carakan Anyar, anggitanipun, Tuwan W. Huso, pandhita ing nagri Sêmarang, rêgi 50 sèn prangko ing pos 60 sèn.

Woelangrèh, Tékowardi dan Soeloek.

Punika Sêrat Wulangrèh, Tekawardi, lan Sêrat Suluk Rêsidriya, anyariyosakên wulang sae dhatêng para kathah, rêgi 2 rupiyah prangkepranko. ing pos 2 rupiyah 50 sèn.

HOEMOEL BRAHIM.

Punika Kitab, Humul Brahim utawi tasawuf, saha kitab, sanèsipun kapêndhêt maknanipun basa Jawi, saha kapêndhêt mangêrtosipun pisan. Rêgi 2 rupiyah prangko ing pos 2 rupiyah 25 sèn.

--- 11 ---

NEDERLANDSCH-JAVAANSCH WOORDENBOEK.

P. JANSZ.

Sêrat pitêmbungan, têmbung Wêlandi kajarwakakên têmbung Jawi. Rêgi 4 rupiyah prangko ing pos 6 rupiyah 50 sèn.

RESI DRIYO.

Punika Sêrat Suluk Rêsidriya, anyariyosakên wêwulang sae, dhatêng para kathah mawi kasêkarakên, rêgi 0. 75 sèn, prangko ing pos 0.85 sèn.

TJARAKAN DJAWI.

Carakan Jawi, anggitanipun Tuwan Y. Kat ing Majawarna, jilidan ingkang sapisan, rêginipun 25 sèn, prangko angêtikên 40 sèn.

HADJISOKO.

Sêrat Ajisaka ngajawi saking sêrat Ajisaka gancaran, anggitanipun Tuwan C. F. WINTER Sr., ingkang sampun swargi, mawi karumiyinan lêlampahanipun Prabu Dewatacêngkar, ratu ing nagari Mêndhangkamolan, kaanggit ing sêkar macapat dening Mas Kartasubrata. Rêgi 6 rupiyah, prangko ing pos 6 rupiyah 50 sèn.

PONTJO DRIO.

Punika sêrat Pôncadriya, karangan saking kitab pinangkanipun, mawi kasêkarakên. Rêgi 50 sèn, prangko ing pos 60 sèn.

--- 12 ---

PRONOTJITRO.

Sêrat Pranacitra manut babonipun lami, karampingakên dening Tuwan G.C. F. Wintêr Sr., ingkang sampun swargi, ing mangke kabangun malih sarta katiti panggarapipun ingêcap dening Mas Kartasubrata. Rêgi 3 rupiyah 50 sèn. Prangko ing pos 4 rupiyah.

DJOJOLENGKORO.

Sêrat Jayalêngkara, anyariyosakên lêlampahanipun Prabu Jayalêngkara, ngantos dumugi jumênêngipun Ratu Panji Kudawanèngpati, ing nagari Jênggala, mawi sêkar macapat, jilidan ingkang kapisan, rêgi 4 rupiyah, prangko ing pos 4 rupiyah 50 sèn.

DJILDJOLOHO.

Sêrat Jiljalaha anggitanipun êncik Abu R, mawi kasêkarakên. Rêgi 75 sèn. Prangko ing pos 1 rupiyah.

TJABOLÈK.

Sêrat Cabolèk, anggitanipun abdi dalêm pujôngga kraton ing nagari Surakarta Adiningrat, nalika panjênêngan dalêm Ingkang Sinuhun Pakubuwana kaping 4, anyariyosakên ing nalika karaton Kartasura, panjênênganipun kangjêng susuhunan sumare ing Nglawiyan, wêktu mas kêtib anèm Kudus, pabên kalihan Khaji Amat Mutamakim, bawah nêgari Tuban, bab prakawis ngèlmi tekad, mawi kasêkarakên, rêgi 3 rupiyah prangko ing pos 3 rupiyah 50 sèn.

--- 13 ---

BABAD MANGIR (WONOBOJO.)

Sêrat Bêdhahipun ing Mangir, anyariyosakên Kyai Wanabaya, kapanggih kalihan Radèn Ajêng Pêmbayun, ngantos dumugi pêjahipun wontên ing Matawis, mawi kasêkarakên, rêgi 1 rupiyah, prangko ing pos 1 rupiyah 25 sèn.

MENAK.

Sêrat Menak, jilid ôngka 1, 2, 3, 4, 5, 6, sarta 7 mawi kasêkarakên. 1 jilid rêgi 5 rupiyah, prangko ing pos 5 rupiyah 50 sèn.

MOHAMAD.

Sêrat Mukhammad, jilidan ôngka 1 tuwin 2, anyariyosakên wiwit babaripun kangjêng rasul, ngantos dumuginipun krama, dhaup kalayan Dèwi Khatijah, putranipun Sultan Walidun, ing nagari Mêkah, jarwa sêkar macapat, satunggal jilid rêgi 4 rupiyah 50 sèn. Prangko ing pos 5 rupiyah.

BABAD TANAH DJAWA.

Sêrat Babad Tanah Jawi, ôngka 1 anyariyosakên wiwit karaton Pajajaran ratu ingkang wêkasan, dumugi karaton ing Pajang, ngantos sedanipun Sultan Pajang, mawi kasêkarakên, rêgi 3 rupiyah 50 sèn, prangko ing pos 4 rupiyah.

--- 14 ---

DAMAR WOELAN.

Sêrat Damarwulan, anyariyosakên wiwit jumênêngipun Prabu Kênya ing Maospait, ngantos dumugi Damarwulan dados ratu pinanggih kalayan Ajar Tunggulmanik, mawi kasêkarakên. Rêgi 5 rupiyah, prangko ing pos 5 rupiyah 50 sèn.

RADJA HANGLINGDARMO.

Cariyos lêlampahipun Raja Anglingdarma, ing nagari Malawapati, wiwit kramanipun angsal Dèwi Sêtyawati, sarta panandhangipun cintraka, punapadene anggènipun lêlana, dumugi konduripun dhatêng Malawapati, lajêng magawan, ingkang wayah anama Bambang Gôndakusuma, anggêntosi kaprabonipun, jarwa sêkar macapat, rêgi 5 rupiyah, prangko ing pos 5 rupiyah 50 sèn.

DJOHAR MANIK.

Sêrat Joharmanik, cariyos saking Arab, ing mangke kasantunan têmbung Jawi, anyariyosakên wiwit Kangjêng Sultan Batrulkamari. Ratu ing nagari Bahdad, ngantos dumugi Prabu Sapari Andarusamsi, ratu ing Karsinah, badhe pêrang kalihan Prabu Kalabangkara, ing nagari Kalakodrad, mawi kasêkarakên. Rêgi 5 rupiyah. Prangko ing pos 5 rupiyah 50 sèn.

PARTO KROMO.

Sêrat Partakrama, manut babonipun lami, wêdalan ing Surakarta, rêgi 4 rupiyah, prangko ing pos 4 rupiyah 50 sèn.

--- 15 ---

SRIKANDI MAGOEROE MANAH.

Sêrat Srikandhi Maguru Manah, manut babonipun lami, wêdalan ing Surakarta, rêgi 3 rupiyah, 50 sèn. Prangko ing pos: 4 rupiyah.

HARDJOENO SOSROBAHOE.

Sêrat Harjuna Sasrabau, jarwa sêkar macapat, anyariosakên lampahanipun karaton têtiga, ing lokapala, ing Ngayodya, lan ing Mahispati, punapa malih lêlampahanipun Sugriwa, Subali, sarta pêrangipun Dasamuka ing Ngalêngka, mêngsah karaton têtiga wau, tuwin mêngsah dhatêng Sugriwa, Subali, ngantos dumugi jumênêngipun Prabu Dasarata ing Ngayodya, mawi karumiyinan sajarahipun para ratu ing nagari Surakarta, kaanggit dening Radèn Ngabèhi Sindusastra, (ingkang sakalangkung kathah tur andadosakên saenipun, dados ing mangke kaewahan nama Sêrat Harjuna Sasrabau, sarta kadadosakên kalih jilid, sajilidipun, rêgi 3 rupiyah, prangko ing pos 3 rupiyah, 50 sèn)

Bab ilmoe njawah.

Sêrat Bab Ngèlmu Sêsabin, ingkang nganggit Tuwan A. van dhêr Gonètsêr, rêgi f 0.60. Prangko ing pos f 0.75

SERAT PRIMBON.

Sêrat Primbon, mas'alah, anyariosakên bab ngalamatipun tiyang supêna, ingkang awon miwah ingkang sae, pinanggih ing badanipun. Rêgi 50 sèn, prangko ing pos 65 sèn.

--- 16 ---

Katoeranggan boeroeng prekoetoet.

Sêrat Katurangganipun Pêksi Prêkutut, saha Tangguh miwah Jampinipun, kawêwahan prêdikanipun pêksi prênjak, ingkang mungêl awon miwah ingkang sae, mawi kasêkarakên. Rêgi 50 sèn, prangko ing pos 65 sèn.

Kitab Wirasad Soedjanmo.

Kitab Wirasating Sujanma, miwah katurangganing wanita, ingkang awon miwah ingkang sae, mawi kasêkarakên, rêgi 50 sèn, prangko ing pos 65 sèn.

Kitab menoendjoekken bagimana tjaranja njoga.

Sêrat amratelakakên rekanipun anyoga, angêthèl tuwin adamêl sinjang sêratan. Mawi katêrangakên bumbu-bumbunipun, anggitan saking Surakarta. Rêgi 1 rupiyah, prangko ing pos 1 rupiyah 15 sèn.

BABAD DHIPONAGORO.

Sêrat Babad Dipanagaran, jilid 1-2 karanganipun swargi Kangjêng Pangeran Arya Dipanagara piyambak, nyariosakên wiwit kèrêmipun dhatêng agami Islam, tuwin dadosing prang agêng ngantos dumuginipun kakendhangakên dhatêng Mênadho. Mawi karêngga ing gambar sakawan iji, 1. Pangeran Dipanagara, 2. Jendral Dhêkok, 3. Kiyai Maja, 4. Basah Sênthot Prawiradirja, awig pakirtyanipun.

Jilid 1 rêgi f 3,- prangko ing pos f 3.25. Jilid 2 rêgi 2.25 prangko ing pos f 2.50.

--- 17 ---

BELETRI.

Sêrat têmbung bêcik, kaimpun saka layang kuna-kuna sarta katurutake dênta ywanjanane dening Ki Padmasusastra, tiyang mardika ingkang amarsudi kasusastrakasusastran (dan di tempat lain). Jawi ing Surakarta. 1 buku rêgi f 1.50 pranko ing pos f 1.70.

TJOKROWARTI.

Sêrat Cakrawarti utawi Babad Dunya anyariosakên lêlampahan tuwin kahananipun ing nagari Eropa, Asia, Amerika tuwin ing Insulindhê, ingkang sakintên pantês kacariyosakên, ingkang kêrtas kandêl rêgi f 2.50 pranko ing pos f 2.75, tipis f 2.- pranko ing pos f 2.25

BAROEKALINTING.

Sêrat Barukalinthing, jarwa sêkar macapat, anyariyosakên dhaubipundhaupipun. Ajar Windusana ing Marbabu, kalihan Sang Rêtna Kasmala, putri ing Majapait, ngantos dumugi dhaubipun Radèn Windudaka akalihan Rêtna Pandhankurung, putri ing Pêngging. 1 buku rêgi f 1.- pranko ing pos f 1.20.

KALIMOTOJO.

Sêrat Kalimataya, jarwa sêkar macapat, anyariyosakên wiwit nalika Radèn Arjuna dhaup kalihan putri Parangguwa, sapiturutipun ngantos dumugi Prabu Dipayana lolos saking pagrogolan lêlana dhatêng wana lajêng kapanggih kalihan Prabu Sayakèsthi ratu ing Gilingwêsi. 1 buku rêgi f 3.50 pranko ing pos f 3.75.

--- 18 ---

KARMOJONO.

2 DJILID TAMAT.

Sêrat Karmayana, karanganipun Radèn Mas Adipati Harya Sugônda, bupati ing Pasuruhan, 1 buku rêgi f 2.- pranko ing pos f 2.25

WITORADIO.

Sêrat Witaradya, nyariyosakên lêlampahan pindhahipun Prabu Ajipamasa saking nagari Kadhiri dhatêng tanah Pêngging, ingkang winastan praja Witaradya, kasêkarakên dhatêng Radèn Ngabèi Rônggawarsita, pujôngga nagari Surakarta, ananging kaakênakên karanganipun Tuwan Prinês Wintêr guru pamulangan calon guru ing Surakarta, kala taun Jawi ôngka 1792, 1 buku rêgi f 1.50 pranko ing pos f 1.75

BABAD ROEPA-ROEPA.

Sêrat Babad Warni-warni, anyariyosakên sadaya pasanggrahan ing Mangkunagaran, 1 buku rêgi f 0.60 pranko ing pos f 0.75

1001 MALEM.

Sêrat Sèwu Satunggal Dalu, mawi sêkar macapat, katêdhak ing têmbung Jawi dening Swargi Tuwan Karêl Pèdrêrik Wintêr, ridêring ordhê saking Nèdêrlanse leyo, juru basa ing Surakarta, kawêdalakên dening ingkang wayah Tuwan F. L. Wintêr. 1 buku rêgi f 1.- prangko ing pos f 1.15

TAMBANGPRONO.

Sêrat Tambangprana, jarwa sêkar macapat, anggitanipun swargi Radèn Ngabèi Wiryakusuma, [Wir...]

--- 19 ---

[...yakusuma,] prayantun ingkang amarsudi kasusastran Jawi, saha santana dalêm ing Mangkunagaran, Surakarta, 1 buku rêgi f 0.40 pranko ing pos f 0.65.

KITIRAN MONTJO WARNO.

Sêrat Kitiran Môncawarni, pêthikan saking pakêm ringgit madya, anggitan dalêm Swargi Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Arya Mangkunagara IV. Kasêkarakên dening Radèn Ngabèi Jagakartika, abdi dalêm mantri ngajêng, 1 buku rêgi f 1.50 pranko ing pos f 1.75

PANEMBROMO.

Sêrat Panêmbrama, anggitan dalêm swargi Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Arya Mangkunagara IV. Kawêdalêkan dening Ki Padmasusastra, tiyang mardika ingkang amarsudi kasusastran Jawi ing Surakarta, 1 buku rêgi f 0.30 pranko ing pos f 0.45

TJEMPORET.

Sêrat Cêmporèt, têturutaning Sêrat Pustakaraja, anyariyosakên lêlampahanipun Radèn Jaka Pramana, rajaputra ing Pagêlèn, nalika krama angsal Dèwi Surêtna, raja putri ing Japara, ngantos dumugi kaangkat dados pêpatih ing Mêdhangkamulan, babon anggitanipun Swargi Radèn Ngabèi Rônggawarsita, pujôngga dalêm ing nagari SurakataSurakarta. Adiningrat, 1 buku rêgi f 1.75 pranko ing pos f 1.95.

WANGSALAN.

Sêrat Wangsalan Purwakanthi, anggitanipun Swargi Radèn Atmasupana, abdi dalêm ordenas ing Surakarta, sinambêtan wangsalan pasisir lajêng wangsalan Surakarta. 1 buku rêgi f 1.75 pranko ing pos f 1.90.

--- 20 ---

PIWOELANG.

Sêrat Piwulang warni-warni, anggitan dalêm Swargi Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Arya Mangkunagara IV. Kawêdalakên dening Ki Padmasusastra tiyang mardika ingkang amarsudi kasusastran Jawi ing Surakarta. 1 buku rêgi f 1.50 pranko ing pos f 1.65

PAWOEKON.

Sêrat Pawukon, anêrangakên watêkipun satunggal-tunggaling wuku tigang dasa, dalah sêngkan turunan tuwin pandangonipun ugi kapratelakakên. 1 buku rêgi f 1.- pranko ing pos f 1.15

WIRIT.

Sêrat Wirit, anyariyosakên wêwêjanganipun wali 8 mawi gambar dumadosing bayi 20 iji. 1 buku rêgi f 1.50 pranko ing pos f 1.65

WIRO ISWORO.

Sêrat Wiraiswara, anggitan dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Pakubuwana ingkang kaping 9, kawêdalakên sarta kaêsahan kasusastranipun dening Ki Padmasusastra, tiyang mardika ingkang amarsudi kasusastra Jawi ing Surakarta, sapunika katambahan wulang dalêm kaping 9 dhumatêng pramèswari dalêm Gusti Kangjêng Ratu Pakubuwana, sêrat wau mawi gambar dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan P. B. IX kalihan ingkang garwa Gusti Kangjêng Ratu Pakubuwana. 1 buku rêgi f 2.50 pranko ing pos f 2.75

HADJIPAMOSO.

Sêrat Ajipamasa, sêkar macapat, têturutaning Sêrat Pustakarajapurwa [Pustakaraja...]

--- 21 ---

[...purwa] panunggilanipun bab satunggal, kawêngku salêbêting Sêrat Mahaparma, babon anggitanipun Swargi Radèn Ngabèi Rônggawarsita, pujôngga dalêm ing nagari Surakarta Adiningrat. 1 buku rêgi f 0.60 pranko ing pos f 0.75.

WARNOSARI.

sêrat Warnasari, wiwit jilid 1, 2, 4 ngantos jilid 9, sami mawi rinêngga ing gambar, 1 jilid rêgi pranko ing pos f 1.50 mênawi tumbas 8 jilid pisan f 8.- pranko ing pos f 8.50

BLOEMLEZING.

Sêrat sêkar-sêkaran, anggitan dalêm Swargi Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Arya Mangkunagara IV. Kawêdalakên dening Ki Padmasusastra, tiyang mardika ingkang amarsudi kasusastran Jawi ing Surakarta, 1buku rêgi f 0.60 pranko ing pos f 0.75

SRIMATOJO.

Sêrat Srimataya, yasan dalêm Sampeyan Dalêm Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Anom Amêngkunagara, Sudibya Rajaputra Narendra Mataram ingkang kaping V saha litnan kolonèl saking generalên sêtap, ing Surakarta. 1 buku rêgi f 1.- pranko ing pos f 1.15

WEDOMADIO.

Sêrat Wedhamadya, karanganipun ingkang sinandi, kawêdalakên sarta

--- 22 ---

kaêsahan kasusastranipun dening Ki Padmasusastra, tiyang mardika ingkang amarsudi kasusastran Jawi ing Surakarta, 1 buku rêgi f 1.- pranko ing pos f 1.15.

SARIDIN.

Sêrat Saridin, punika pawicantênan têmbung ngoko, madya, akalihan krama minôngka têturutanipun ingkang amarsudi badhe sumêrêp têmbung Jawi, ingkang nganggit Tuwan Karêl Prèdrik Wintêr, juru basa ing nagari Surakarta, rumiyin kaêcapakên dening Tuwan Tako Rordha, guruning têmbung Jawi ing nagari Dhèlêp ing tanah Nèdêrlan, pangêcapipun wontên nagari Amstêrdham, nalika taun 1848. Ing mangke kawêdalakên dening Radèn Dirjaatmaja, rêdhakturing sêrat kabar Jawikandha ing Surakarta, 1 buku rêgi f 3.50 pranko ing pos f 3.75

KOEMOLOSEKTI.

Sêrat purwa lampahan Kumalasêkti, jarwa sêkar macapat, anyariyosakên Nata Pandhawa muksa, Radèn Ôngkawijaya kajumênêngakên prabu anom wontên Gajahoya dening ingkang uwa Prabu Ngastina. 1 buku rêgi f 1.- pranko ing pos f 1.15

MOHOWIPORO.

Sêrat Mahawipara, anyariyosakên wêdharing tatakrami, têmbung kadhaton, saha wêwênanging sêmbah, sarta uruting adangiyah tataning agêng alit. 1 buku rêgi f 0.85 pranko ing pos f 1.-

--- 23 ---

PENGADJARAN PADOEKOENAN ORANG BRANAK.

Buku pangajaran padhukunan mitulungi tiyang gadhah anak, 1 buku rêgi f 2.- pranko ing pos f 2.15

TOPENG MAS.

BAGIAN 1 - 2 - 3 - 4

Sêrat cariyos wêwadosipun karaton ing Konstantinopêl, Sêtambul = Turki, lêlampahan jaman sapunika, sanès dongèng, limrahipun winastan cariyos Topèngmas, kajawèkakên saking têmbung Malayu dhatêng Radèn Martadarsana. Mèdhê rêdhaktur Jawikandha ing Surakarta, 1 buku rêgi f 2.25 pranko ing pos f 2.50 dumugi 5 jilid.

TADJOESALATIN.

Sêrat Tajusalatin, anyariyosakên bab nista madya utamining lêlampahanipun para ratu tuwin lêlampahanipun para pandhita, karanganipun Imam Bukhari, jarwa sêkar macapat, jangkêp ngantos 24 pasal. Babonipun Sêrat Tajusalatin punika kagunganipun prayagung luhur ing nagari dalêm Surakarta, amila luwêsing têtêmbunganipun botên kawon kalihan Sêrat Tajusalatin ingkang sampun kawêdalakên saking pangêcapan sanès, dalah suraosipun ugi wontên ingkang gèsèh sawatawis, garapanipun sae, cap-capanipun cêtha, krêtasipun alus kandêl, sagêd awèt botên enggal risak, 1 buku rêgi f 5.- prangko ing pos f 5.25.