Sastra Jawa

Program Digitalisasi Sastra Daerah

  • Increase font size
  • Default font size
  • Decrease font size

Almanak, H. Buning, 1915, #422

Katalog:Almanak, H. Buning, 1915, #422
Sambung:-

Sampeyan Dalêm Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Anom Amêngkunagara ing Ngayugyakarta busana kasatriyan.

Sêrat Pananggalan

Ingkang kaping 31, Kangge ing taun Walandi 1915

Miturut pananggalan ingkang kawêdalakên kangjêng guphrêmèn

Kaêcap sarta kawêdalakên ing gêdhong pangêcapanipun pakêmpalan among dagang, rumiyin nama H. Buning ing nagari Ngayugyakarta.

--- 298 ---

Bab karaton dalêm ing Surakarta Adiningrat.

Ingkang jumênêng nata ing nagari Surakarta ing sapunika, Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Pakubuwana Senapati ing Ngalaga Ngabdurrahman Sayidin Panatagama Ingkang Kaping X, komandhuring ordhe Nèdêrlansên Leyo, grut opisiring ordhê ing Oranyê Nasao, grut krèising ordhê ing Kamboja, grut krèising krun ordhê ing Siyam, grut opisiring Leyopol ordhê ing Bèlgi, ridêr dhèr twèdhêklas mèt dhêstèr phan dhê ordhe pan Sin Migaèl, ridêr twèdhêklas mèt dhêstèr dhèr ordhê pan dhèn rodhên adhêlar ing Prèisên, komandhur mèt dhêstèr Pran Yosêp ing nagari Ostênrik, ridêr phan dhèn twèdhên grad dhèr twèdhê klas pan dhê ordhê phan dhèn dhos bêlêndhrak ing nagari Cina, komandhur mèt dhêstèr in dhê ordhê phan Hèndrik de leyo pan brinês wèik jendral mayuring wadyabala dalêm Kangjêng Sri Bagendha Maharaja putri ing praja Nèdêrlan, putra dalêm swargi Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan ingkang kaping IX, miyos saking garwa padmi swargi Kangjêng Ratu Pakubuwana, putrinipun swargi Kangjêng Pangeran Arya Adiwijaya kaping 2 ing Surakarta. patutan saking swargi Kangjêng Ratu Bandara.

Wiyosawiyosan.

--- 299 ---

dalêm ing dintên Kêmis Lêgi tanggal kaping 21 wulan Rêjêp, taun Alip ôngka 1795 utawi kaping 29 wulan Nopèmbêr taun Walandi 1866, jumênêng dalêm Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Anom nalika ing dintên Sênèn Lêgi tanggal kaping 27 wulan Jumadilakir taun Je ôngka 1798 utawi kaping 4 wulan Oktobêr taun Walandi 1869 nalika ing dintên Kêmis Pon tanggal kaping 20 wulan Bêsar taun Alip ôngka 1819 utawi kaping 7 wulan Agustus taun Walandi 1890, krama angsal putrinipun swargi Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Arya Mangkunagara kaping IV ing Surakarta, nama Bandara Radèn Ajêng Sumarti, saha lajêng kajumênêngakên Gusti Kangjêng Ratu Adipati Anom, amarêngi ing dintên Jumungah Lêgi tanggal kaping 28 wulan Ruwah taun Je ôngka 1822, utawi kaping 19 wulan Marêt taun Walandi 1893. Rama dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan kaping IX surud, lajêng anggêntosi jumênêng nata. Jumênêng dalêm ing dintên Kêmis Wage tanggal kaping 12 wulan Ramêlan taksih salêbêtipun taun Je ôngka 1822 utawi kaping 30 wulan Marêt taun Walandi 1893. Garwa dalêm lajêng kajumênêngakên Gusti Kangjêng Ratu Pakubuwana, sarta ibu dalêm Kangjêng Ratu Pakubuwana kapatêdhan nama Kangjêng Ratu Madurêtna.

Pratelanipun para ratu pramèswari dalêm

Pramèswari dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Pakubuwana kaping IX,

--- 300 ---

Kangjêng Ratu Madurêtna, putrinipun Radèn Mayur Puspawinata, ingkang sampun seda.

Pramèswari dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Ingkang jumênêng sapunika, Gusti Kangjêng Ratu Pakubuwana, putrinipun swargi Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Arya Mangkunagara Kaping IV.

Pratelanipun para putra dalêm kakung putri

Putri dalêm swargi Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan kaping VII, Gusti Kangjêng Ratu Pambayun

Putra dalêm swargi Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan kaping IX,

Ingkang miyos saking garwa padmi,

Sampeyan Dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan ingkang jumênêng sapunika.

Ingkang miyos saking garwa ampeyan,

Putra kakung urut sêpuh,

1. Kangjêng Pangeran Arya Natakusuma.

--- 301 ---

2. Kangjêng Pangeran Arya Prabuningrat, bêkêl ridêr dhèr ordhê phan dhe krun pan Siyam, mayur ajudan dalêm Sampeyan Dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan. 3. Kangjêng Pangeran Arya Kusumadiningrat, kaptin jendralên staph. 4. Kangjêng Pangeran Arya Purbadiningrat, kaptin jendralên staph. 5. Kangjêng Pangeran Arya Cakraningrat, kaptin jendralên staph. 6. Kangjêng Pangeran Arya Kusumadilaga. 7. Kangjêng Pangeran Arya Mangkudiningrat, kaptin jendralên staph. 8. Kangjêng Pangeran Arya Adiningrat. 9. Kangjêng Pangeran Arya Malayakusuma. 10. Kangjêng Pangeran Arya Natadiningrat. 11. Kangjêng Pangeran Arya Prabuwinata.

Putra putri urut sêpuh

1. Bandara Radèn Ayu Panji Adisewaya. 2. Bandara Radèn Ayu Adipati Sasradiningrat, krama angsal Kangjêng Radèn Adipati Sasradiningrat, pêpatih dalêm. 3. Bandara Radèn Ayu Purwadiningrat.

--- 302 ---

4. Bandara Radèn Ayu Suryanagara, krama angsal Radèn Mas Arya Suryanagara, bupati nayaka sèwu saha bêkêl jawi. 5. Bandara Radèn Ayu Jayaningrat, krama angsal Radèn Mas Arya Jayaningrat, bupati nayaka kaparak kiwa, bêkêl lêbêt. 6. Bandara Radèn Ayu Prawiraningrat, krama angsal Radèn Mas Arya Prawiraningrat. 7. Bandara Radèn Ayu Yudanagara, krama angsal Radèn Mas Arya Yudanagara, bupati nayaka bumi. 8. Bandara Radèn Ayu Jayadiningrat, krama angsal Radèn Tumênggung Jayadiningrat. 9. Bandara Radèn Ayu Côndranêgara, krama angsal Radèn Mas Arya Côndranagara bupati jurukunci ing Imagiri.

Putra dalêm sampeyan dalêm Ingkang Sihunun Kangjêng Susuhunan Pakubuwana Ingkang kaping X, miyos saking garwa ampeyan,

Putra kakung urut sêpuh

1. Kangjêng Pangeran Angabèi (bêkêl) ridêring ordhê phan dhê wit tê olipan ing Siyêm, ridêr dhèr ordhê phan dhê krun pan Siyam, mayur jendralên staph saha ajudanipun kangjêng tuwan ingkang wicaksana guprênur jendral.

--- 303 ---

2. Kangjêng Pangeran Arya Kusumayuda. 3. Kangjêng Pangeran Arya Natapura. 4. Kangjêng Pangeran Arya Natabrata. 5. Kangjêng Pangeran Arya Adiwijaya. 6. Bandara Radèn Mas Sayidsumèh. 7. Bandara Radèn Mas Irawan. 8. Bandara Radèn Mas Nawawi. 9. Bandara Radèn Mas Rohkyalun. 10. Bandara Radèn Mas Subêkti. 11. Bandara Radèn Mas Sujana. 12. Bandara Radèn Mas Sanityasa.

Putra putri urut sêpuh

1. Kangjêng Ratu Alit, krama angsal Kangjêng Pangeran Arya Mataram kaping 2. 2. Bandara Radèn Ayu Purwadiningrat, krama angsal Radèn Mas Arya Purwadiningrat, bupati kaparak têngên. 3. Bandara Radèn Ayu Jayanagara, krama angsal Radèn Tumênggung Jayanagara, bupati gêdhong kiwa. 4. Gusti Bandara Radèn Ayu Adipati Arya Prabu Adilaga, ing Ngayugyakarta.

--- 304 ---

5. Bandara Radèn Ayu Prawiradiningrat, krama angsal Radèn Mas Arya Prawiradinigrat, bupati Gadhing Mataram. 6. Bandara Radèn Ayu Suryadiningrat, krama angsal Radèn Mas Arya Suryadiningrat, bupati karaton. 7. Bandara Radèn Ayu Adiwinata, krama angsal Radèn Mas Arya Adiwinata, litnan kolonèl. 8. Bandara Radèn Ayu Padmanagara, krama angsal Radèn Mas Arya Padmanagara, bupati ngajêng (Galadhag). 9. Bandara Radèn Ayu Wuryaningrat, krama angsal Radèn Mas Arya Wuryaningrat, bupati gêdhong têngên. 10. Bandara Radèn Ajêng Kus Isdiyah. 11. Bandara Radèn Ajêng Kus Napsiyah. 12. Bandara Radèn Ajêng Kus Salbiyah. 13. Bandara Radèn Ajêng Kus Mangani.

Pratelanipun Para Pangeran Santana Dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan.

Wayah dalêm swargi Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan kaping IV,

1. Putranipun swargi Kangjêng Pangeran Arya Suryaningrat, Kangjêng Pangeran Arya Cakranagara, sri nugraha pangkat III, litnan kolonèl kaphalêri.

--- 305 ---

Wayah dalêm swargi Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan kaping VI,

1. Putranipun swargi Kangjêng Gusti Pangeran Arya Natapraja, Kangjêng Pangeran Arya Suryaatmaja kaping 2.

Wayah dalêm swargi Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan kaping IX,

1. Putranipun swargi Kangjêng Pangeran Anyakrakusuma, Kangjêng Pangeran Rôngga Danupaya. 2. Putranipun swargi Kangjêng Gusti Pangeran Arya Mataram, Kangjêng Pangeran Arya Mataram kaping 2, mantu dalêm Sampeyan Dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan kaping X. 3. Putranipun swargi Kangjêng Gusti Pangeran Arya Prabu Wijaya, Kangjêng Pangeran Tumênggung Sindusena. 4. Putranipun swargi Kangjêng Gusti Pangeran Arya Adikusuma, Kangjêng Pangeran Panji Singasari.

--- 306 ---

Kawontênanipun para pangagêng ing karaton dalêm Surakarta, ingkang sami nyêpêng paprentahan

Pêpatih dalêm Kangjêng Radèn Adipati Sasradiningrat, opsir dhèr ordhê phan Uranyê Nasao, sri nugraha pangkat 1 opisir dhèr ordhê phan dhê krun phan Siyam, ridêr istêr klas dhèr ordhê èn drêk dhê leyo, ing krun sêwèik, mantu dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan kaping IX.

Pangulu, Radèn Pangulu Tapsir Anom. Para bupati nayaka dalêm ingkang mawi bawak jawi lêbêt saha liding pangadilan landrad: 1. Radèn Mas Arya Jayaningrat, bupati kaparak kiwa. 2. Radèn Mas Arya Purwadiningrat, bupati kaparak têngên. 3. Radèn Tumênggung Jayanagara, bupati gêdhong kiwa. 4. Radèn Mas Arya Wuryaningrat, bupati gêdhong têngên. 5. Radèn Arya Purwanagara, bupati bumi gêdhe. 6. Radèn Mas Arya Suryanagara, bupati sèwu. 7. Radèn Tumênggung Sasranagara, bupati panumping. 8. Radèn Mas Arya Yudanagara, bupati bumi. Abdi dalêm prajurit jawi lêbêt, Komandhan, Kolonèl Kangjêng Pangeran Arya Suryanagara. Twèdhê Komandhan, Litnan Kolonèl Radèn Mas Arya Adiwinata.

--- 307 ---

Pratelan pangagêngipun kantor-kantor kapatihan

Kantor paprentahan ciri A, pangagêng: Radèn Mas Arya Wuryaningrat, kondhangipun Radèn Ngabèi Nitipura.

Kantor pangasilan ciri B, pangagêng: Radèn Tumênggung Jayanagara, kondhangipun Radèn Ngabèi Tôndhadipura.

Kantor pangasilan ciri C, pangagêng: Radèn Tumênggung Jaksanagara, kondhangipun Radèn Mas Ngabèi Sumadipura.

Garapipun

Pangrèh praja, A/1: Mas Ngabèi Prajasuwignya, 2. Radèn Ngabèi Sôntapradata, 3. Radèn Ngabèi Sastraagnyana, 4. Radèn Rôngga Sastrasunarta. Carikipun, Ki Sastrabawa, 2. Ki Sastradirga, 3. Ki Sastradrêta, 4. Mas Margasastra.

--- 308 ---

Ngrêksapraja, A/2: Mas Ngabèi Rêksadipraja, 2. Radèn Ngabèi Tohpraja, 3. Mas Rôngga Sastrasuwôngsa, carikipun Ki Rêksawilapa.

Misudha, A/3: Mas Ngabèi Prajapradata, 2. Mas Ngabèi Siswapradata, 3. Mas Rôngga Nayapradata, carikipun ...

Prakawis paprentahan, A/4: Mas Ngabèi Prajalukita, 2. Mas Rôngga Singapradata, 3. Mas Rôngga Sastradarya, carikipun Radèn Karyasudarma (pêthilan).

Nukarta, A/5: Radèn Ngabèi Nitipura, 2. Radèn Ngabèi Kartasaksana, 3. Mas Ngabèi Rêksacaraka, carikipun Ki Sastramargana, 2. Ki Sastrasopana, 3. Ki Sastrasadarpa

Bab papan pomahan, B/1: Radèn Ngabèi Sindupraja, carikipun Ki Sastralaknyana, 2. Radèn Sastragahana, 3. Radèn Sastrasiswaya.

--- 309 ---

Pamajêgan Walandi, B/2: Radèn Ngabèi Tôndhadipura, 2. Mas Ngabèi Jayapradata, 3. Mas Rôngga Wôngsapradata. Carikipun Ki Mas Sastraswara, 2. Ki Radèn Sastramandhala, 3. Ki Mas Sastrabudaya.

Pajêg têtanèn, B/3: Mas Ngabèi Martapradata, 2. Radèn Ngabèi Wirawiryana. Carikipun, 1. Mas Sastrapranawa, 2. Ki Mas Sastragota, 3. Mas Sastrasutrana, 4. Ki Sastrapalya, 5. Ki Mas Sastranungswara, 6. Ki Sastradwita.

Pajêg panggaotan, B/4: Ngabèi Yudapradata, carikipun Ki Mas Sastrasusila.

Prakawis kadurnan,kadurjanan. C/1: Mas Ngabèi Sêcapradata, 2. Mas Ngabèi Purwapradata, 3. Mas Ngabèi Prajapradata, 4. Radèn Rôngga Sutapradata, 5. Radèn Rôngga Sastrawignya, carikipun Mas Sastramatyaka.

--- 310 ---

Prakawis sambut-kapisambut, C/2: Mas Ngabèi Arjapradata, 2. Mas Ngabèi Citrapradata, 3. Radèn Rôngga Gunapradata, 4. Mas Rôngga Sastrarewa.

Prakawis kabêkêlan, C/3: Mas Ngabèi Prajadikrama, 2. Mas Ngabèi Ardapradata, carikipun Ki Mas Sastrayagnya.

Prajangjiyan sambut, C/4: Radèn Mas Ngabèi Sumadipura, 2. Mas Ngabèi Bujapradata, 3. Radèn Ngabèi Wirapurwaka, carikipun Mas Sastra Asthiswara, 2. Radèn Mas Sastrapura.

Pratigan, C/5: Mas Ngabèi Prajadikara, 2. Mas Ngabèi Surapradata, 3. Mas Ngabèi Prabapradata, carikipun Ki Mas Sastranityasa, 2. Ki Mas Sastranindita.

Kantor komtabilitèit, D: Radèn Ngabèi Martadipura, 2. Mas Ngabèi Wignyapraja, 3. Mas Ngabèi Prajasumarta, 4. Mas Ngabèi Darsapradata, 5. Radèn Ngabèi Rêksasaputra, 6. Mas Ngabèi Jayapratignya,

--- 311 ---

7. Mas Ngabèi Mangun Prabôngsa, 8. Mas Ngabèi Sutasumarma, 9. Mas Rôngga Ônggapradata, 10. Mas Rôngga Sastragarba, 11. Radèn Ngabêi Sastranimpuna, carikipun Ki Mas Sastrakarana, 2. Ki Mas Sastrasutraya, 3. Ki Mas Sastrayyanjana, 4. Ki Sastrawibakswa, 5. Ki Sastraaruta, 6. Ki Mas Sastrasambawa, 7. Ki Sastrasutasma, 8. Ki Sastraprana, 9. Ki Mas Sastrasutrawa, 10. Ki Sastrakara, 11. Ki Sastrapurusa, 12. Ki Mas Karaba (pêthilan).

Kas nagari, pangagêng (kas howêr): Radèn Tumênggung Dayanagara, 2. Kondhangipun Radèn Ngabèi Pringgadipura, 3. buk howêr, Tuwan Y.H. Kèllêr, 4. carik pangkat I, Radèn Ngabèi Sastrabrata, carik pangkat II, Mas Rôngga Sastrapararta, 5. kasir Mas Ngabèi Wiryahartana, 6. tukang ngetang arta (kolmèlêr) Mas Rôngga Panitiarta.

--- 312 ---

Gêdhong arta kapatihan ..., 2. Radèn Ngabèi Kartadipura, 3. Radèn Ngabèi Wiramandaka, 4. Mas Ngabèi Wrêksasudarga, 5. Mas Ngabèi Wrêksapandaya, 6. Radèn Ngabèi Jayaradibya, 7. Radèn Ngabèi Sastraardaya, 8. Radèn Ngabèi Arjabau, 9. Radèn Ngabèi Rêksasumitra, 10. Mas Ngabèi Mangunsuripta, 11. Mas Ngabèi Rêksasudarma. Carikipun, Mas Sastraardana, 2. Mas Sastrahartaka, 3. Ki Sastrasukaya, 4. Radèn Sastrasuharta, 5. Ki Radèn Sastrahardaya, 6. Radèn Sastrahartana, 7. Ki Mas Sastrasubandha.

Carik Nagari: Radèn Ngabèi Sastrasumantra, 2. Mas Ngabèi Sastrapasuti, 3. Mas bêkêl Sastrakerata, 4. Rêsadikrama, kanthi kabayan kawadanan parentah 15.

Radyapustaka: Tuwan E. Mudhi, 2. Mas Ngabèi

--- 313 ---

Wirapustaka, 3. Radèn Ngabèi Karyarujita, 4. Mas Ngabèi Sastrakaryasa. Carikipun, Ki Ranasubaya.

Gêdhong têtumbas: Radèn Rôngga Sastrawisarja, 2 ...

--- 314 ---

Ing ngandhap punika kawontênanipun ing Mangkunagaran

Ingkang jumênêng sapunika, Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Arya Mangkunagara Ingkang kaping VI, ridêring ordhê Nèdêrlansên leyo, komandhuring ordhê oranyê nasao, komandhuring krun ordhê ing Siyam, kolonèl komandhaning lesiyun ing Mangkunagaran Surakarta, putranipun swargi Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Arya Mangkunagara kaping IV, patutan saking garwa Radèn Ayu Mangkunagara. Wiyosanipun ing dintên Jumungah Pon tanggal kaping 17 wulan Rêjêp taun Wawu ôngka 1785 utawi tanggal kaping 13 wulan Marêt taun Walandi 1857.

Jumênêngipun kala ing dintên Sêtu Lêgi, tanggal kaping 15 Jumadilakir taun Jimakir, ôngka 1826 utawi 21 wulan Nopèmbêr taun Walandi 1896, krama angsal putrinipun swargi Radèn Mas Arya Gôndawardaya, kala ing dintên Rêbo Pon tanggal kaping 22 wulan Rabingulakir taun Jimawal ôngka 1813.

Ing ngandhap punika pratelanipun para putra ing Mangkunagaran

Putranipun swargi Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Arya Mangkunagara Ingkang kaping III, patutan saking garwa ampeyan.

--- 315 ---

1. Radèn Mas Arya Suryaudaya, kaptin inphantri titulèr (XXV). 2. Radèn Mas Arya Suryakumara (A.M). 3. Radèn Mas Arya Suryakusuma. 4. Bandara Radèn Ayu Jayasuputra. 5. Bandara Radèn Ayu Gôndawijaya. 6. Bandara Radèn Ayu Gôndasiswara. 7. Bandara Radèn Ayu Kusumaatmaja.

Putranipun swargi Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Arya Mangkunagara Ingkang kaping IV, patutan saking garwa padmi.

1. Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Arya Mangkunagara, kolonèl komandhaning lesiyun ing Mangkunagaran (N.L.3.) (C.O.O.N.) (S.K.O.3.) (XXXV). 2. Kangjêng Pangeran Arya Dayasuputra, mayur intêndhan honorèr. 3. Gusti Bandara Radèn Ayu Prabu Wijaya. 4. Gusti Kangjêng Ratu Pakubuwana, pramèswari dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan kaping X.

Putra patutan saking garwa ampeyan,

1. Radèn Mas Arya Nataningrat, kaptin ajudan komandhan. 2. Bandara Radèn Ayu Suryaputra. 3. Bandara Radèn Ayu Suryahudaya.

--- 316 ---

Putranipun swargi Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Arya Mangkunagara Ingkang kaping V, patutan saking garwa ampeyan.

1. Kangjêng Pangeran Arya Suryakusuma, kaptin inphantri titulèr. 2. Radèn Mas Arya Suryasutanta. 3. Radèn Mas Arya Suryasuparta. 4. Radèn Mas Arya Suryasukanta. 5. Radèn Mas Arya Suryasurarsa. 6. Radèn Mas Arya Suryasubyanta. 7. Radèn Mas Arya Suryasubandriya. 8. Radèn Mas Arya Suryasumarna. 9. Radèn Mas Arya Suryasuwita. 10. Radèn Mas Arya Suryasumanta. 11. Radèn Mas Arya Suryasurarja. 12. Radèn Mas Arya Suryasubandara. 13. Bandara Radèn Mas Sumanta. 14. Bandara Radèn Ayu Sutawijaya. 15. Bandara Radèn Ayu Jayadarsana. 16. Bandara Radèn Ayu Kusumadiningrat. 17. Radèn Ajêng Sutitah. 18. Bandara Radèn Ayu Daryasugônda. 19. Radèn Ajêng Sukanti. 20. Bandara Radèn Ayu Warsaadiningrat.

--- 317 ---

Putranipun Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Arya Mangkunagara kaping VI patutan saking garwa ampeyan, 1. Bandara Radèn Mas Arya Suyana. 2. Bandara Radèn Ajêng Suwasti.

Kawontênanipun para opisir ing lesiyun Mangkunagaran

Staph

Kolonèl komandhan Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Arya Mangkunagara, ridêring ordhê Nèdêrlansên Leyo, kumandhuring ordhê oranyê nasao, komandhuring krun ordhê ing Siyêm XXXV.

Ajudaning komandhan, Radèn Mas Arya Nataningrat. Kaptin intêndhan, Radèn Mas Panji Mangun Atmaja 15-7-908. Kwartir istêr irstê litnan, Radèn Panji Prawirapadmaya 11-5-905. Opisir phan dhê son it pangkat kalih, Radèn Panji Cakraupaya.

Inphantri

Komandhan Inphantri, Radèn Mas Panji Sumadarmana. Ajudan, Radèn Mas Panji Daryakusuma, irstêlitnan 15-7-08.

--- 318 ---

Kaptin insêtruktur, H.A. Schadee. Kaptin, Radèn Mas Panji Wiryasuputra, 11-4-05. Kaptin, Radèn Mas Panji Sumawirata, 18-10-06. Kaptin, Radèn Mas Panji Bratatanaya, 18-10-06. Kaptin, Radèn Mas Panji Atmasêbrata, 24-6-09.

Irstêlitnan, Radèn Mas Panji Wirasurata, 18-10-06. Irstêlitnan Radèn Mas Panji Padmakusuma, 15-7-08. Irstêlitnan Mas Cakraprawira. Irstêlitnan Mas Jagapêrwita.

Twedhê litnan Radèn Mas Panji Atmawarsana, 27-6-07. Twedhê litnan Radèn Panji Surataruna, 25-6-07. Twedhê Litnan Mas Jaga Wiryana, 27-6-07. Twedhê Litnan Radèn Mas Panji Warsaatmaja, 24-6-0. Twedhê Litnan Radèn Mas Panji Warasugônda, 25-5-11. Twedhê Litnan Radèn Mas Panji Partawinata. Twedhê Litnan Radèn Mas Panji Sumasunarka. Twedhê Litnan Radèn Mas Panji Tirtasarosa.

Kaphalêri

Mas Samadiwirya, 28-5-14.

--- 319 ---

Twèdhê Litnan, Radèn Mas Ariya Suryasumarna, 28-5-14. Twèdhê Litnan, Radèn Mas Panji Sutakusuma.

Prajurit wiratana utawi panumbak, kagolong rèh kawadanan lêbêt Mangkunagaran

IrstêLlitnan, Radèn Mas Dêmang Partasuputra. Irstê Litnan, Mas Dêmang Wiradikara.

Twèdhê litnan pangkat I, Radèn Mas Rôngga Gôndasardeya. Twèdhê Litnan pangkat I, Mas Rôngga Wirapuspaya. Twèdhê Litnan pangkat II, Mas Rôngga Wirasêtika. Twèdhê Litnan pangkat II, Radèn Mas Rôngga Wirawinata.

Up upisir honorèr utawi titulèr ingkang kaparingan pangkat wau saking kangjêng guprêmèn, mawi kaparingan sêrat kêkancingan.

Kangjêng Pangeran Arya Dayasuputra, mayur intêndhan. Radèn Mas Panji Sumaudaya, mayur inphantêri.

Upisirên honorèr ingkang kaparingan pangkat wau saking Kangjêng Gusti Pangeran Adipati piyambak.

1. Radèn Mas Arya Suryaudaya, kaptin inphantri. 2. Kangjêng Pangeran Arya Suryakusuma, kaptin inphantri. 3. Radèn Mas Arya Suryadarsana, irstê litnan inphantri. 4. Radèn Mas Sumasugônda, irstê litnan inphantri. 5. Radèn Mas Kusumaningrat, twedhê litnan inphantri.

--- 320 ---

Para priyantun bawah Mangkunagaran

Bupati pêpatih ing Mangkunagaran, Radèn Mas Tumênggung Bratadipura, pangagênging pangadilan pradata ing Mangkunagaran, ngrangkêp dados liding pangadilan landrad.

Kawadanan Yogiswara

Wadana (pangulu khakim)…

Kawadanan gunung salêbêting kitha

Wadana gunung, Radèn Ngabèi Arjaasmara, ngrangkêp dados liding pangadilan landrad.

--- 321 ---

Bab karaton dalêm ing Ngayugyakarta Adiningrat

Ingkang jumênêng nata ing nagari Ngayugyakarta ing sapunika, Ingkang Sinuhun Kangjêng Sultan Amêngkubuwana Senapati ing Ngalaga Ngabdurrahaman Sayidin Panatagama Khalipatulahi ingkang kaping VII, komandhur dhèr ordhê phan dhê Nèdêrlansên leyo grud opisir dhèr ordhê phan dhên oranyê nasao, sarta grut kris dhèr ordhê phan dhê krun phan Siyam, grud komandhur dhèr irstê klas pan dhê hèrtogêlêkêbrinswikên, ordhê pan Hèndrik dhê leyo, jendral mayuring wadyabala dalêm Kangjêng Sri Bagindha Maharaja Putri ing praja Nèdêrlan, putra dalêm pambajêng swargi Ingkang Sinuhun Kangjêng Sultan kaping VI.

Wiyosan dalêm ing dintên Sênèn Lêgi tanggal kaping 30 wulan Dulkangidah ing taun Je ôngka 1766, utawi kaping 4 Pèbruari taun Walandi 1839, nalika diwasa dalêm ajêjuluk Gusti Pangeran Angabèi, tumuntên kajunjung jumênêng Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Anom, ing sasurud dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Sultan ingkang kaping VI lajêng anggêntosi jumênêng nata. Jumênêng dalêm nata amarêngi [amarêng...]

--- 322 ---

[...i] ing dintên Sênèn Lêgi tanggal kaping 3 wulan Saban taun Je ôngka 1806, utawi kaping 13 Agustus taun Walandi 1877. Kala dèrèng jumênêng nata, sampeyan dalêm sampun kagungan garwa putrinipun swargi Kangjêng Pangeran Alibasah Prawiradirja, sarêng jumênêng nata garwa dalêm wau nuntên kajunjung asma Gusti Kangjêng Ratu Kancana, botên watawis lami garwa dalêm ampeyan, putrinipun Radèn Tumênggung Jayadipura ingkang sampun tilar dunya, kajunjung dados garwa padmi asma Gusti Kangjêng Ratu Emas, salajêngipun Gusti Kangjêng Ratu Kancana kawêdalakên sarta kapatêdhan nama Kangjêng Ratu Wandhan, sarêng dumugi ing dintên Rêbo Kaliwon tanggal kaping 16 wulan Saban taun Jimawal ôngka 1821, utawi kaping 16 Marêt ing taun Walandi 1892, Gusti Kangjêng Ratu Emas seda kondur ing jaman kalanggêngan, sasedanipun Gusti Kangjêng Ratu Emas, ingkang kajunjung dados garwa dalêm padmi, garwa dalêm ampeyan nama Kangjêng Bandara Radèn Ayu Rêtna Sriwulan, putrinipun swargi Kangjêng Pangeran Arya Adinagara, putra dalêm swargi Ingkang Sinuhun Kangjêng Sultan kaping II, garwa dalêm wau kapatêdhan nama Gusti Kangjêng Ratu Kancana, jumênêngipun nalika dintên Akad Kaliwon tanggal kaping 21 wulan Mukharam ing taun Wawu ôngka 1825, utawi kaping 14 wulan Juli taun Walandi 1814.

--- 323 ---

Pratelanipun para ratu pramèswari dalêm

Pramèswari dalêm swargi Ingkang Sinuhun Kangjêng Sultan kaping V, Gusti Kangjêng Ratu Kadhaton wontên ing Mênadho, putrinipun swargi Kangjêng Pangeran Arya Suryaning Alaga ing Ngayugyakarta.

Pramèswari dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Sultan kaping VII, ingkang jumênêng sapunika, Gusti Kangjêng Ratu Kancana, putrinipun swargi Kangjêng Pangeran Arya Adinagara.

Pratelanipun para putra dalêm kakung putri

Putra dalêm swargi Ingkang Sinuhun Kangjêng Sultan kaping V,

Saking garwa ampeyan, 1. Bandara Radèn Ayu Adiwinata,

Putra dalêm swargi Ingkang Sinuhun Kangjêng Sultan kaping VI,

Kakung putri urut sêpuh,

1. Sampeyan Dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Sultan ingkang jumênêng sapunika. 2. Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Mangkubumi, opisir dhèr ordhê phan oranyê nasao, opisir dhèr ordhê phan dhê krun phan Siyam, litnan kolonèl phan jendralên staph saha ajudanipun Kangjêng Tuwan Ingkang Wicaksana Gupêrnur Jendral. 3. Gusti Kangjêng Ratu Sasi.

--- 324 ---

4. Bandara Radèn Ayu Arya Adiwijaya, wontên ing Mênadho. 5. Gusti Pangeran Arya Buminata, mayur jendralên staph. 6. Gusti Pangeran Arya Pugêr, mayur jendralên staph.

Putra tuwin putri dalêm Sampeyan Dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Sultan ingkang jumênêng sapunika,

Ingkang saking Kangjêng Ratu Wandhan,

Gusti Kangjêng Ratu Madurêtna, krama angsal Radèn Tumênggung Kêrtanagara ing Ngayugyakarta.

Ingkang saking swargi Kangjêng Ratu Emas,

1. Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Juminah. 2. Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Anom Amêngkunagara. 3. Gusti Kangjêng Ratu Anggèr, krama angsal Kangjêng Pangeran Arya Kusumayuda ing Surakarta. 4. Gusti Kangjêng Ratu Ayu, krama angsal Kangjêng Pangeran Arya Adipati Danurêja. 5. Gusti Kangjêng Ratu Anom. 6. Gusti Radèn Ayu Sêkar Kadhaton.

Ingkang saking Kangjêng Ratu Kancana,

1. Gusti Pangeran Arya Mangkukusuma, mayur jendralên staph. 2. Gusti Pangeran Arya Tejakusuma, kaptin bèidhên jendralên staph. 3. Gusti Pangeran Arya Natapraja.

--- 325 ---

4. Gusti Kangjêng Ratu Dèwi, krama angsal Radèn Tumênggung Wijil. 5. Gusti Kangjêng Radèn Ayu Côndrakirana. 6. Gusti Kangjêng Radèn Ayu Sêkarjati. 7. Gusti Kangjêng Pangeran Arya Adikusuma. 8. Gusti Kangjêng Radèn Ajêng Mur Sudarinah. 9. Gusti Kangjêng Radèn Mas Suatmaji. 10. Gusti Kangjêng Radèn Ajêng Mur Bilanatirin.

Ingkang saking garwa ampeyan,

1. Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Angabèi, ridêr dhèr ordhê phan dhê krun phan Siyam, litnan kolonèl jendralên staph. 2. Bandara Radèn Ayu Gusti Timur. 3. Bandara Radèn Ayu Danunagara. 4. Bandara Radèn Ayu Mangkuyuda, krama angsal Radèn Tumênggung Mangkuyuda. 5. Bandara Pangeran Arya Adinagara, ridêr dhèr ordhê phan dhê krun phan Siyam, kaptin ajudan dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Sultan. 6. Bandara Radèn Ayu Danuadiningrat, krama angsal Radèn Tumênggung Danuadiningrat. 7. Bandara Radèn Ayu Purbanagara. 8. Bandara Pangeran Arya Suryadiningrat, kaptin bèidhên jendralên staph.

--- 326 ---

9. Bandara Pangeran Arya Suryawijaya, kaptin bèidhên jendralên staph. 10. Bandara Radèn Ayu Suranêgara, krama angsal Radèn Tumênggung Suranêgara. 11. Bandara Radèn Ayu Jaganêgara, krama angsal Radèn Tumênggung Jaganêgara. 12. Bandara Radèn Ayu Côndranêgara, krama angsal Radèn Tumênggung Côndranêgara. 13. Bandara Radèn Ayu Côndrapraja, krama angsal Radèn Tumênggung Côndrapraja. 14. Bandara Pangeran Arya Pakuningrat. 15. Bandara Pangeran Arya Suryabrôngta. 16. Bandara Pangeran Arya Adisurya. 17. Bandara Pangeran Arya Surya Mataram. 18. Bandara Pangeran Arya Jayakusuma.

--- 327 ---

Kawontênanipun paprentahan tuwin pangadilan ing karaton dalêm Ngayugyakarta

Pangadilan ing Ngayugyakarta punika kajawi tumrapipun para putra santana dalêm, wontên 5, wijangipun kados ing ngandhap punika.

1. Pangadilan landrad, inggih punika ingkang wênang anindakakên angrampungi sawarninipun prakawis kadurjanan agêng alit sadaya. Pangagêngipun pangadilan Kangjêng Tuwan Presidhèn, lidipun pêpatih dalêm saha para bupati nayaka dalêm.

2. Pangadilan pradata dalêm, inggih punika ingkang wênang anindakakên angrampungi sawarninipun prakawis parapabên, sambut kapisambut. Pangagêngipun pangadilan…, bupati wadana jaksa, lidipun inggih kancanipun riya panèwu mantri jaksa.

3. Pangadilan dalêm bale mangu, inggih punika ingkang wênang anindakakên angrampungi sawarninipun prakawis siti. Pangagêngipun bupati nayaka dalêm 1, lidipun para bupati anèm 12.

4. Pangadilan kukum dalêm, inggih punika ingkang wênang anindakakên angrampungi sawarninipun prakawis salaki rabi, talak waris wasiyat. Pangagêngipun pangulu khakhim agêng, lidipun para khatib sarta mêthakan paron nagari.

--- 328 ---

5. pangadilan dalêm kapatihan, inggih punika ingkang nampèni uluran prakawis saking pangadilan pradata dalêm pangadilan dalêm bale mangu tuwin kukum dalêm. Pangagêngipun pêpatih dalêm, lidipun bupati nayaka dalêm, Radèn Tumênggung Danuadiningrat sarta bupati anèm miji rèh kapatihan, Radèn Tumênggung Sasrakusuma.

Kawontênanipun para pangagêng ing karaton dalêm Ngayugyakarta, ingkang sami nyêpêng paprentahan.

Pêpatih dalêm, Kangjêng Pangeran Arya Adipati Danurêja, mantu dalêm Sampeyan Dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Sultan ingkang jumênêng sapunika, pangulu Khakim agêng, khaji Mukhammad Lalilkamaludiningrat.

Para bupati nayaka dalêm ingkang mawi bawat, jawi lêbêt saha lid landrad

1. Radèn Tumênggung Wiryakusuma, parentah lêbêt gêdhong kiwa. 2. Radèn Tumênggung Sasradipura, jawi kiwa siti sèwu, lurah. 3. Radèn Tumênggung Natayuda, lêbêt gêdhong têngên.

--- 1 ---

Sêrat PawukonHal. 1-32. (tidak dialihaksara, red.). [Pawuk...]

--- 1 ---

[...on]

...Hal. 1-32. Iklan yang memuat judul buku beserta ringkasan (tidak dialihaksara, red.).

--- 1 ---

Lampahan Radèn NarayanaHal. 1-188. (tidak dialihaksara, red.). [Naray...]

--- 1 ---

[...ana]

Sêrat piwulang pangupakaraning jabang bayi dalah sabiyungipun, sarta pangrêksaning badan amurih kalis dhatêng sakathahing sêsakitHal. 189-215. (tidak dialihaksara, red.). [sêsak...]

--- 1 ---

[...it]

Pêthikan pranatan pos ing Indiya NèdêrlanHal. 1-16. (tidak dialihaksara, red.). [Nèdêr...]

--- 1 ---

[...lan]

...Hal. 1-47. Iklan (tidak dialihaksara, red.).