Sastra Jawa

Program Digitalisasi Sastra Daerah

  • Increase font size
  • Default font size
  • Decrease font size

Almanak, Van Dorp, 1860, #1574

Katalog:Almanak, Van Dorp, 1860, #1574
Sambung:-

Sêrat Pananggalan

--- 0 ---

Ing taun Wêlandi 1860

Kaanggit dening Tuwan Kohènsêtiwar, priyantun amarsudi sastra Jawi ing nagari Surakarta Adiningrat.

Kaêcap dening Tuwan Phandorêp ing nagari Samawis.

--- 74 ---

Dumuginipun cariyosing Pandhawa, kados ingkang kasêbut ing Sêrat Mahabarata.

1. Mijil

1. Sang Arjuna wisata pribadi / rongkab ing paran doh / gatinira wus lêpas lampahe / warna-warna tinon ing samargi / siluking wanadri / taruntunan gunung //

2. duk samana Sang Parta lêstari / lampahira anjog / prawata gêng tinuju prênahe / ing Imalaya wastaning wukir / praptèng ngriku nuli / mangun tapanipun //

3. wus alami dènira têtaki / mangkya kacariyos / ing nalika punika wiyose / Sang Arjuna kramantuk apsari / ran Dèwi Ulupi / ingkang asêsunu //

4. Risang Naga Kowara puniki / wontên malih katon / de Sang Parta widadari kèhe / gangsal samya asalah kadadin / mêmancala warni / paksi dara iku //

5. margi saking prasapa ing nguni / Sang Arjuna alon / angluwari papa citrakane / ruwat mulya warna widadari / ing antara lami / Prabu Krêsna rawuh //

6. atêtuwi mring sang mangun tèki / kapanggih ing kono / dyan kabêkta mantuk sapraptane / ing Dwaraka Sang Arjuna nuli / uningèng dyan Dèwi / Subadra puniku //

7. arinira sang Krêsna Nrêpati / Arjuna tyas keron / kasmaran ing Subadra warnane / dyan kaiwat samana wus kêni / kauningan dening / Krêsna Sang Aprabu //

8. nanging apitambuh kadi-kadi / inguja [ing...]

--- 75 ---

[...uja] kimawon / amung raka nata saèstune / Risang Balarama duk umaksi / ing tyas dahat runtik / Sri Krêsna ngrêrapu //

9. dangu-dangu dukanira lilih / Balarama kono / saking dening pangarih-arihe / ingkang rayi Nata Arimurti / Sang Arjuna nuli / tinimbalan wangsul //

10. miwah Dèwi Subadra tan kari / prapta sakaroron / anèng Dwaraka dhinaupake / Sang Arjuna lan Subadra Dèwi / kèndêlira lami / Sang Parta puniku //

11. dènnya wontên ing Dwaraka nagri / etanging pangantos / kongsi sangkêpirèng ubayane / kalih wêlas warsa duk ing nguni / praptèng môngsa nuli / Sang Arjuna mantuk //

12. saha garwanira datan kari / mangkat sakaroron / rawuh ing Ngindraprastha prajane / Parta marêk ing Dèwi Dropadi / anênuwun kang sih / pangaksamanipun //

13. dening kamipurun anglampahi / ing wayuh sayêktos / nulya ingkang garwa kasrah mangke / kinawulakêna dados cèthi- / nira Sang Dropadi / sumanggèng sakayun //

14. sampun angaksama Dyah Dropadi / mring Arjuna tinon / Dèwi Subadra kasaosake / sang paramèswari amanggihi / sarwi ngacarani / nambramèng basa rum //

15. tan antara dangu ingkang prapti / Balarama kono / myang Sri Krêsna angirid wadya kèh / ambêkta kang pasumbang sarwa di / mring Arjuna nuli / tinampanan sampun //

16. salamine wong agung kêkalih / dènira makuwon / anèng Ngindraprastha wusing gawe / Prabu Krêsna kondurira maring / prajanya pribadi / sawadya tan kantun //

17. ing nalika punika lairing / pônca putra miyos / inggih Pôncakumara namane / Pôncawala têgêsira

--- 76 ---

sami / rane gangsal yêkti / iku putranipun //

18. Dyah Dropadi mijil jalu sami / patutaning kono / lawan Pandhawa lima wartine / dene Dèwi Subadra ing mangkin / sampun anggarbini / praptèng mangsanipun //

19. duk ambabar atmaja sawiji / mijil jalu kaot / Abimanyu punika wastane / wontên garwaning Pandhawa malih / putra anyatunggil / sami miyos kakung //

20. kacarita Sang Yudhisthira ji / krama dyah kinaot / raja putri ing Sibi namane / Dyah Dèwika pêputra sawiji / jalu dèn wastani / pun Yodheya iku //

21. Bima antuk putri prajèng Kasi / atmajaning katong / Dèwi Balandara paningrane / apêputra jalu dèn wastani / Sang Sarwaga nênggih / mangkana winuwus //

22. Sang Nakulantuk putri ing Cèdi / warnanya yu anom / Dèwi Karenumati namane / apêputra jalu mung sawiji / ingkang dèn wastani / Niramitra iku //

23. dene ta Sang Sahadewa nguni / krama dyah kinaot / putrèng Prabu Jutiman namane / Dèwi Wijaya ing Madra nagri / pêputra satunggil / Suhotra ranipun //

24. yèn kaetanga gunggunging siwi / sadaya kimawon / putrèng Pandhawa saking padmine / pan sawêlas kalêbêt ing nguni / putraning Idhimbi / Gathotkaca iku //

2. Gambuh

1. mangkana kang winuwus / lêlampahanipun tiyang Indhu / duking jaman kina kang linuri-luri / yèn wontên ratu pinunjul / wus ngasorkên para katong //

2. nulya sang ratu wau / ngadêgakên ing sidêkah agung / winastan sidêkah rajasuya nênggih / ratu kang adarbe kayun / karya sidêkah ing kono //

3. jêjuluk samrat iku / ing têgêse pangagênging [pangagêng...]

--- 77 ---

[...ing] ratu / dene para nata tatêlukan sami / pêpak sumiwi sadarum / umastawèng sidkah katong //

4. sarta nêmbah sumujud / nguswa padanira sang aprabu / kang jumênêng samrat kinurmatan sami / marma kang dadyanggêripun / rajasuya winiraos //

5. yèn wus tan ana iku / kang maido kaluhuranipun / ya sanadyan mung sawiji ingkang maksih / tan mituhu purun-purun / umadêg ing karsa katong //

6. mangkana yêktinipun / dèrèng kenging ngadêgakên iku / kang sidêkah rajasuya dèn kurmati / duk samana Sang Aprabu / Yudhisthira wus kinaot //

7. punjul prabawanipun / èsthining tyasira sang aprabu / arsa ngadêgakên rajasuya nuli / jumênêng samrat puniku / nanging taksih jrih ing batos //

8. yèn lumancanga iku / andhihini karsaning dewa gung / manawantuk ila-ila kang dèn jrihi / marma mangke karsanipun / anglampahkên duta kinon //

9. matur ing Krêsna Prabu / ngatasakên prayoganing laku / nulya Prabu Krêsna tumindak pribadi / praptèng Ngindraprastha sampun / lênggah sami amiraos //

10. kang dadya karsanipun / ya ta Prabu Kesawa jumurung / sru mangayubagya sarta nayogyani / marang Yudhisthira Prabu / ing karsanta kang mangkono //

11. sayêkti sampun patut / yèn jumênênga samrat puniku / nanging maksih wontên kang dadya kalilip / angalangi karsa prabu / mêngsah satunggal kinaot //

12. punika kudu-kudu / inggih kinawonakên rumuhun / Prabu Jarasônda ing Magada nagri / kasub kawasa kawuwus / kinawêsan para katong //

13. ing sasamaning ratu / wingwrin saking saktinya kalangkung / wus akathah para nata kang

--- 78 ---

kajodhi / pinukul ing aprang pupuh / kapikut lajêng binoyong //

14. kerid mring prajanipun / ing Magada bêboyongan wau / nêdya badhe katawurakên ing benjing / dhatêng Hyang Siwa puniku / Risang Jarasônda katong //

15. yèn ing paprangan sampun / datan kêni kawona satuhu / anjawi prang tandhing punika manawi / sagêd kasoran ing pupuh / pinapag saking pirantos //

16. marma Sri Krêsna laju / karya paekan daya linuhung / anglampahi mêmindha brahmana yêkti / Bimarjuna kinèn tumut / katiga samia golong //

17. miwah busananipun / lir panganggening brahmana tuhu / lampahira katri dhadhêmitan sami / praptaning Magada sampun / laju tumamèng kadhaton //

18. dene katiga wau / sami tanpa dêdamêl satuhu / datan mawi rêringa lêbêtirèki / laju dumarojog sampun / praptèng ngabyantara katong //

19. tinanya katrinipun / saking sangkan myang sêdyaning laku / winangsulan Sang Krêsna kang mindha kadi / warnaning brahmana tuhu / yèn darbe prasêtya wados //

20. tan kenging wêkca iku / myang mratelakkên karyaning laku / yèn ta dèrèng praptèng môngsa têngah ratri / nulya Jarasônda Prabu / paring prênah kang pitados //

21. brahmana tiga sampun / sami kinèn manggèna sadarum / anèng dalêm ing sanggar prênahirèki / angantosa mangke dalu / sang nata rawuh ing kono //

22. mangkana dupi sampun / praptèng bêdhug dalu Sang Aprabu / Jarasônda saèstu têdhak pribadi / maring dalêm sanggaripun / amanggihi ingkang rawoh //

23. dènnya dahat kapencut / arsa wruh kang dadya wadosipun / sang brahmana

--- 79 ---

têtiga praptanirèki / manjing dalêm sanggar sampun / Sri Jarasônda têtakon //

24. wangsulanira Prabu / Krêsna mêkcakakên karyanipun / sarta apratela ing nama kang yêkti / sakancanya kalih wau / wus sajarwa ing sang katong //

25. nulya Sang Krêsna Prabu / mêlèhakên lêlampahanipun / Prabu Jarasônda dènyanggung ambêk dir / sawênang-wênang pêksa nung / sênêng mêmonang punang wong //

26. worsuh tansah arusuh / angrêrusak sasamaning ratu / arsa purun katigas murda kinardi / tawur maring dewanipun / datan pae lawan sato //

27. wuwusing Krêsna Prabu / amrabawa tan tata satuhu / sura sarwi sêsumbar nantang prang tandhing / singa pinilih katêlu / salah satunggil linakon //

3. Durma

1. sru bramatya Sang Aprabu Jarasônda / dènnya tinantang jurit / milih kang lumawan / Sang Bima tandhinging prang / tan antara wus arakit / rukêt arikat / kang yuda antuk sisih //

2. sami rosa prakosa kêkalihira / sor ungguling ajurit / tan ana kuciwa / kacarita samana / kongsi ing samadya sasi / dènira yuda / tansah asilih ukih //

3. tanpa kawal akuwêl ulêng-ulêngan / wêkasan kang kalindhih / Prabu Jarasônda / kaprajayèng ayuda / gigir rêmuk tugêl dening / jêngku Sang Bima / Jarasônda ngêmasi //

4. tan ana kang bela pêpulih samana / Sang Prabu Arimurti / angluwari marang / para ratu boyongan / umiring kondurira ji / praptaning praja / ing Ngindraprastha nuli //

5. para nata kalilan mantuk sadaya / maring nagrinya malih / nanging kaubayan / têmbe praptaning môngsa / rajasuya dèn utusi / kinèn wangsula / sowan [sowa...]

--- 80 ---

[...n] samya ngèstrèni //

6. sampun mantuk para ratu sêsowangan / ya ta ingkang kawarni / Prabu Yudhisthira / samana pêparentah / marang ingkang rayi-rayi / kinèn wisata / digwijaya tumuli //

7. ing têgêse nungkulkên pojok sakawan / mangkana kang para ri / samya rêbut paran / Sang Bima kang mangetan / Arjuna mangalèr nuli / Arya Nakula / ngilèn kang dèn lurugi //

8. Sahadewa mangidul ing purugira / laju anjor ing jurit / wusnya digwijaya / sagung ratu amônca / sami anungkul sumiwi / marang Narendra / Yudhisthira lêstari //

9. pra Pandhawa mantuk marang Ngindraprastha / mangkana kang winarni / dupi praptèng môngsa / dadosing rajasuya / sagung kang para nrêpati / têlukan samya / prapta anjajênêngi //

10. dalah para nata môncapraja prapta / samya tumut ngèstrèni / Prabu Dhrêtarasthra / myang putra Duryodana / Prabu Drupada lan siwi / Sang Dhrêsthadyumna / miwah Wiratha Aji //

11. Bisma Drona Sri Subala ing Gandara / myang putra Sang Sakuni / tuwin sri narendra / ing Cèdi Sisupala / Yasunita kang wêwangi / caritanira / Sisupala ing nguni //

12. duk laire salah warna netra tiga / bau papat ngajrihi / marmanya samana / pan arsa binuwanga / ing yayah renanirèki / yèn ta sampuna / wontên swara kapyarsi //

13. tan kantênan sangkanya sabdaning swara / e lah ta rare iki / ywa kongsi binuwang / dene ing têmbe ana / kang kawasa ngusadani / amulyakêna / salah rupane iki //

14. ing samôngsa pinangku tumuli mulya / mungguh kang bisa kardi / mulyaning sutanta / têmbe ing wuri iya / kang kapêsthi amatèni / ing rare sutanira [suta...]

--- 81 ---

[...nira] kang salah warni //

15. marma wurung kabuwang kala samana / malah kalakon nguni / sakathahing jalma / sami kinèn mangkua / amrih kamulyaning siwi / nanging tan ana / kang kawasa sayêkti //

16. ing antara lama Prabu Krêsna prapta / rare pinangku aglis / mulya sanalika / netra kang siji sirna / rêntah bau kang kêkalih / dupi diwasa / jumênêng natèng Cèdi //

17. Sang Aprabu Sisupala namanira / tumut sabaya pati / lan Sri Jarasônda / dènnya saeka praya / malah môngka senapati / duk lumaksana / nglurug mring Dwarawati //

18. ing nalika samana prajèng Dwaraka / nuju marêngi sêpi / dènnya Prabu Krêsna / lagya mentar pêpara / kêbut sawadya umiring / praptaning mêngsah / Sisupala Nrêpati //

19. saha bala laju tumamèng jro praja / samya ngobong-ngobongi / pura ing Dwaraka / kèh antuknya papêjah / binoyongan kang parèstri / kabèh kabêkta / mantuk maring ing Cèdi //

20. pramilane mangkya kenging wêwalêsan / bêbukanya marêngi / duking rajasuya / Sang Prabu Sisupala / paksa wani amêmuni / mêmisuh marang / Narendra Arimurti //

21. dyan cinakra pêjah Prabu Sisupala / peloh tanpa pêpulih / ya ta kawarnaa / bibaring rajasuya / Sang Duryodana marêngi / karsa tumêdhak / midêr anêningali //

22. marang ingkang gêdhong panangkilanira / Yudhisthira Nrêpati / dènnya sri araras / yasanipun Hyang Maya / bêbatur gêdhah sarwa di / Sang Duryodana / katambuhan ingaksi //

23. paningale marang ing bêbatur gêdhah / dipun nyana botrawi / laju lampahira / nurut gêdhong pasowan / anjog ing botrawi yêkti / kadalih ika / batur gêdhah kang adi //

24. duk kaambah laju [la...]

--- 82 ---

[...ju] kagêbyur ing toya / Sang Duryodana mangkin / dadya gêgujêngan / sagung ingkang tumingal / sami sukèng tyas tan sipi / Sang Duryodana / mundur merang kapati //

25. nanging asmu panasing driya rumasa / kongkulan prabawaning / kawibawanira / kang rayi Yudhisthira / marmanipun tanpa pamit / ing kondurira / marang Ngastinapuri //

4. PocungTeks asli: Pucung.

1. dupi rawuh ing Ngastinapura wau / Duryodana dahat / panggubêlirèng rama ji / dènnya datan suda raosing wardaya //

2. yèn ta durung ngasorkên Pandhawa iku / Prabu Dhrêstarasthra / langkung wêlas aningali / ingkang dadya susahing atmajanira //

3. nulya dhawuh ayasa kang gêdhong agung / dadya panangkilan / inguparêngga sarwa sri / kang dèn irip wanguning gêdhong punika //

4. yasanipun Sang Sri Yudhisthira Prabu / paringing Hyang Maya / marma Dhrêtarasthra Aji / karsa nulad môngka pangimuring putra //

5. supayèku suda sungkawaning kalbu / ecaa tyasira / nanging Duryodana maksih / dèrèng marêm eraming driya sayarda //

6. marmanipun Sakuni dinuking rêmbug / kinèn angupaya / marganing amrih pakolih / ing lêlakon karisakaning Pandhawa //

7. aturipun Sakuni amèt papemut / Pandhawa punika / sampun santosa sayêkti / langkung awrat sêsanggining rananggana //

8. dening sampun antuk bantu- sabiyantu / Sang Aprabu Krêsna / lawan Drupada Nrêpati / yèn kaangkah ing prang môngsa kuwawia //

9. kang saèstu sintên nyanggi wawratipun / anjawi punika / linawanana prayogi / amèt saking sarana dhadhu kewala //

10. kula sampun lêbda widagdèng prang dhadhu / lamun pinasrahan / ing karya mêkatên yêkti / kados [ka...]

--- 83 ---

[...dos] sagêd angrampungi parangmuka //

11. dados langkung sakeca ing tyas pukulun / Risang Duryodana / dahat panuju ing galih / rêrimbaganing rêmbag sampun sampeka //

12. sigra wangsul marêk ing rama sang prabu / matur kang supadya / utusana animbali / mring Pandhawa tinantang dhadhu kewala //

13. Sang Aprabu Dhrêtarasthra tan panuju / dènnya nora samar / sêdyaning putra sayêkti / arsa masang paekan kaya loropan //

14. dimèn korup kairup ing rèh pangruruh / sirnaning Pandhawa / nanging Dhrêtarasthra Aji / datan môngga karya risaking pulunan //

15. ing puniku tangising putra kalangkung / amlad prana karya / angrês rasaning tyas aji / ing têmaha nuruti aturing putra //

16. ari prabu Sang Widura kang dèn utus / marang Ngindraprastha / dhawuh kinèn animbali / ingkang para Pandhawa sami kerida //

17. kunêng wau gantia ingkang winuwus / wontên ditya raja / ing Kartikawata nagri / apanêngran sira Sang Aprabu Salwa //

18. kadangipun Prabu Sisupala iku / duk miyarsa warta / sira Sang Salwa Nrêpati / yèn kadange pêjah dening Prabu Krêsna //

19. sru marêngu murina sêdya kêkiwul / angawali lawan / lumawan amrih pêpulih / wus umangkat anglurug maring Dwaraka //

20. duk puniku Prabu Krêsna dèrèng kondur / saking Ngindraprastha / dadya ing Dwaraka sêpi / praptaning kang ripu mamrêp prang sudira //

21. tan adangu ing Dwaraka bêdhahipun / saisining pura / katawan sadaya ênting / kongsi tuwuk nutug ing sakarsa-karsa //

22. unduripun sira ditya Salwa Prabu / ing antaranira / lêlampah dèrèng atêbih / Prabu Krêsna kondur saking Ngindraprastha //

23. duk andulu praja [pra...]

--- 84 ---

[...ja] rinusak ing satru / dahat bramatyèng tyas / Sri Narendra Arimurti / mijil ing prang anututi mêngsahira //

24. wus kapangguh ing rana sinrang acampuh / raja ditya Salwa / karepotan ing ajurit / pinarjayèng cakra pêjah kapisanan //

25. wadya mawud linud têkèng kuthanipun / rinusak saksana / sanalika tumpês tapis / Prabu Krêsna wus kondur maring Dwaraka //

26. ya ta wau wangsul malih kang winuwus / prajèng Ngindraprastha / sira Sang Yudhisthira ji / lan para ri amanggihi Rêsi Wyasa //

27. têdhakipun kang eyang sang maha wiku / mêmangsit ing mangkya / kinèn sami ngati-ati / bakal ana sangsara gêng kang tumiba //

28. duk angrungu Pandhawa samya kung wuyung / katungka kang prapta / Arya Widura nimbali / arsa kinèn prang dhadhu anèng Ngastina //

28. Sang Aprabu Yudhisthira mangkat sampun / lan para rinira / tan ana kari sawiji / ing antara dina praptaning Ngastina //

30. wus kapangguh lawan Dhrêtarasthra Prabu / Sang Sri Yudhisthira / dhinawuhan anglawani / ing prang dhadhu lan raka Sang Duryodana //

31. dyan tumanduk tandang samya bucal dhadhu / gantya pambuwangnya / nanging Duryodana mangkin / datan arsa anyarirani priyôngga //

5. Kinanthi

1. kang kinèn ambuwang dhadhu / sira Sang Arya Sakuni / dene dènira ambuwang / dhadhu dahat ambêkiwit / tansah mawi lampah cidra / paekane Sang Sakuni //

2. marmanggung unggul marunggul / ing tohe Yudhistira Ji / sakathahing rajabrana / sadaya pan sampun kêni / nulya ngêtohakên wadya / dalasan kang rayi-rayi //

3. kandhap malih wus kinukup / kang wusana tohirèki / seredan ôngga priyôngga / myang garwa Dèwi Dropadi / mêksa

--- 85 ---

katitih kewala / sarira lan garwa kêni //

4. Dropadi sampun kapundhut / dening Duryodana nuli / duk arsa kapangku oncat / sira Sang Dèwi Dropadi / saksana Sang Dusasana / tumandang anyandhak aglis //

5. Dropadi kajambak sampun / sinèrèd sinyarda kongsi / lukar wêdhar panganggenya / sarwi muwus ngakên cèthi / ing rèh saya sru mêmirang / sawênang-wênang mêmuni //

6. malah nyêndhal sinjangipun / mèh wuda Dèwi Dropadi / yèn sampuna wontên parma- / ning dewa kang anulungi / Sang Hyang Darma langkung wêlas / dupi kasêndhal kang tapih //

7. sami sanalika tuwuh / sinjangira enggal malih / sabên kasêndhal mangkana / malah kongsi wali-wali / rambah kaping pira-pira / kagantyan wastrenggal malih //

8. dupi ing antara dangu / Sang Dusasana dènnya mrih / nyêndhal sinjang tanpa dadya / kongsi lêsu sarirèki / duk samana marmanira / Sang Bima laju punagi //

9. ing benjang arsa angrêmuk / wêntising Duryodanèki / lan pratignyarsa ngokopa / rahing Dusasana yêkti / nulya kèh dalajat ala / kang kapyarsa myang kaèksi //

10. srênggala ajag ambaung / swaranira karya wingwrin / bêngoking kuldi samana / tuwin ibêring kang pêksi / katon mangêtêri ring rat / mirut miris tyasira ji //

11. sira Dhrêstarasthra Prabu / jrih babênduning dewa di / marma datan angrarêpa / maring Sang Dèwi Dropadi / tinari paran kang dadya / karsanira dèn turuti //

12. ing ngriku panyuwunipun / sira Sang Dèwi Dropadi / mung raka Sri Yudhisthira / lawan ingkang para ari / kaluwarana sadaya / Sri Dhrêstarasthra nuruti //

13. wus sami kalilan mantuk / saha rata datan kari / gêgamane

--- 86 ---

sowang-sowang / myang rajabrana sakalir / saananing kang kabandhang / ing dhadhu sadaya bali //

14. Sang Duryodana kawuwus / ing nalika aningali / mênange wangsul sadaya / datanpa pikantuk yêkti / ing panyidranira marang / para Pandhawa ing mangkin //

15. sangkin tan sangkayèng kayun / mungkat sakiting panggalih / Sakuni kalawan Karna / ingkang tansah angilèni / kapurih anênantanga / prang dhadhu sapisan malih //

16. Sang Duryodana agupuh / anggêgubêl ing rama ji / Sang Aprabu Dhrêstarasthra / nuruti aturing siwi / wus utusan nimbalana / ing Sri Yudhisthira malih //

17. nanging Yudhisthira Prabu / sarêng katimbalan malih / tyasira wus nora samar / kalamun badhe amanggih / awon kadadosanira / nanging jrih lêngganèng kapti //

18. lajêng umangkat sang prabu / lawan ingkang rayi-rayi / praptaning Ngastinapura / tinantang prang dhadhu malih / kang kinarya prajanjian / sintên kang kawon amêsthi //

19. kesah saking prajanipun / lamine rowêlas warsi / saba ing wana kewala / nuntên anyamur sawarsi / manawi ngantos konangan / gènipun nyamur sayêkti //

20. kenging ing patrapanipun / sêsaba ing wana malih / inggih kalih wêlas warsa / dene panyamurirèki / lamun botên kawênangan / dumugi tri wêlas warsi //

21. kenging anjabêl puniku / ing nagrinira pribadi / sarêng sampun kadadosan / ing janjinira tumuli / lajêng pra sami ambucal / ing dhadhu wong agung kalih //

22. nanging Yudhisthira Prabu / samana kang kawon malih / margi saking panyidranya / Sakuni kadi ing nguni / ingkang sampun kalampahan / nahan warnanên ing mangkin //

23. dupi para Pandhawa wus / kenging nagarinirèki [nagarinirè...]

--- 87 ---

[...ki] / dènira Sang Duryodana / saking prang dhadhu ingkang wit / lajêng angrasuk samana / sabusananing mratapi //

24. kentar saking prajanipun / Domya pangirid lumaris / tan kantun Dèwi Dropadya / dhèrèk sapuruging laki / Dèwi Kunti kang tinilar / wontên ing Ngastinapuri //

25. tinitipkên pamanipun / Arya Widura puniki / de para putra Pandhawa / myang ibu Subadra Dèwi / kinintunakên samana / maring ing Dwaraka nagri //

26. gantya kang kocap ing têmbung / Risang Duryodana mangkin / sapêngkêripun Pandhawa / katamuan pandhita di / anama Rêsi Metreya / dhatêngipun mituturi //

27. dhatêng Sang Duryodanèku / aturira kang pinurih / animbali wangsulira / Sang Yudhisthira Nrêpati / kaparingana panggenan / kang cêkap dipun griyani //

28. Duryodana duk angrungu / tan suka malah nyampahi / dhatêng sang rêsi karsanya / mila lajêng sang maharsi / ngupatani marang sira / Sang Duryodana ing wuri //

6. Pangkur

1. gantya malih kang kocapa / pra Pandhawa kang saba ing wanadri / wiwit mangalèr anjujur / nênggih lèpèn Yamuna / gya mangilèn anjajah Kuruksetra wus / ngantos jog wana Kamyaka / ngongkang lèpèn Saraswati //

2. wontên satêngahing wana / ingadhangan wau dening rasêksi / Sang Kirmira namanipun / nguni kadanging Baka / kang pinatèn ing Bima kalaning dangu / sapêjahe kadangira / ing mangke badhe pêpulih //

3. Bima panggah lajêng pêrang / Sang Kirmira kawon têmah ngêmasi / ya ta para Pandhawèku / lajêng sami dhadhêkah / nèng satêngah wana ing Kamyaka wau / karyane anggung babêdhag / tuwin sêsinau sami //

4. ulah gêgamaning yuda / saha ngaji

--- 88 ---

srat pêpakêm agami / lami-lami kang dhêdhukuh / saya gêmah raharja / cinarita akathah golonganipun / sagunging para brahmana / kang tumut dhadhêkah sami //

5. ya ta duk kala samana / Arjunangsal Rêsi Wyasa kang wangsit / kinèn amangun tapèku / ing panggenan kang sunya / supayantuk ganjaran sanjata luhung / têturunan saking swarga / ing besuk kêna kinardi //

6. nungkulakên satru murka / Sang Arjuna samana mituruti / saksana lajêng lumaku / mring gunung Imalaya / anèng marga ingadhangan lampahipun / dening kiratha satunggal / kiratha têgêsirèki //

7. tiyang pancèn saba wana / lajêng aprang langkung ramening jurit / wasana kiratha wau / purna jati ambabar / warni Sang Hyang Siwa pangandikanipun / dhatêng sira Sang Arjuna / wau gènipun ajurit //

8. pan amung dados cêcoban / karsanira môngka ngalub-alubi / dhatêng kadigdayanipun / samana Sang Arjuna / pinaringan ingkang sanjata dibya nung / pun pasupata karannya / saking Hyang Siwa pribadi //

9. inggih Sang Hyang Pasupatya / gya Arjuna katêkan dewa malih / Sang Hyang Waruna ranipun / kalawan Sang Hyang Yama / Hyang Kuwera jawata katri puniku / sami ganjar sowang-sowang / gêgaman mring Arjunèki //

10. wêkasan ingkang tumêdhak / ratanipun ingkang rama sayêkti / Bathara Indra puniku / nênggih ratuning dewa / saratine Sang Hyang Matali ranipun / Arjuna kinèn nitiha / samana sampun anitih //

11. lajêng mumbul mring kaindran / sowan ngarsanipun Hyang Indra nuli / pan lajêng ingakên sunu / kaprênahkên kaswargan / Sang Arjuna sinuba-suba kalangkung / miwah gung winulang-wulang / pangulah sanjata sêkti //

--- 89 ---

12. dene kang tinuduh mulang / sindhèn bêksa cara dewa puniki / gandarwa Indrasenèku / ya ta ingkang winarna / wontên ingkang sawiji apsari ayu / dene ta pêparabira / anama Dèwi Urwasi //

13. kasmaran dhatêng Arjuna / pan ingarah-arah brangtanirèki / nanging Sang Arjuna iku / anambuhi kewala / awasana Urwasi pêgêl tyasipun / nyupatani mring Arjuna / ing benjang kalamun mulih //

14. dhatêng ing manusapada / manggih nistha papa amalih warni / sayêkti arupa wandu / nunggil lan wong wanodya / apan dadi juru pambêksa ing besuk / Hyang Indra dupi miyarsa / wartaning prasapa nuli //

15. gya nglêlipur mring Arjuna / kengingipun supaos botên lami / malah ta iku ing besuk / pakolihira dadya / jêjalaran gonira namur sataun / ing nguni ingkang wus kocap / dadi ubaya rumiyin //

16. ya ta samangke Arjuna / sampun nêlas kasêktèning ajurit / tuwin wus putus ing ngèlmu / pangulahing sanjata / nulya wau pinasrahan karya iku / ing rama Bathara Indra / Arjuna kinèn nglurugi //

17. bala danawa Niwata- / kawaca yèn upami dipun wilis / tigang yuta kathahipun / iya ingkang kêkutha / sapinggiring sagara ing nguni iku / iya kayangan dewata / kaindran ingkang samangkin //

18. dhasar bêcike kongkulan / apan Niwatakawaca iku wis / agêntur ing tapanipun / kongsi ngungkuli dewa / kasêktène Niwatakawaca iku / Hyang Indra kèngsêr dènira / ing bala Niwata sami //

19. Hyang Indra ngungsi Hyang Brahma / pan aminta risake kang rasêksi / Brahma sumados puniku / benjing ingkang angrisak / dhatêng bala Niwatakawaca [Niwatakawa...]

--- 90 ---

[...ca] iku / titising Indra priyôngga / Arjuna sampun rumanti //

20. angrasuk kawaca dibya / tan tumama ing waos myang jêmparing / pan angasta langkapipun / pun gandhiwa punika / kakêndhênge kalangkung santosanipun / ratanira Sang Hyang Indra / Arjuna kang dèn titihi //

21. Matali saratinira / myang ambêkta sôngka dewadatèki / têgêse dewadatèku / pan pêparinging dewa / ya ta lampahira Sang Arjuna wau / datan kawarna ing marga / dupi parêk kithaning wil //

22. kang sôngka pun dewadata / wus tinulup swara lir nêngkêr langit / nauri tabuhanipun / sagunging kang raksasa / swaranira angêgirisi rinungu / bala danawa wus budhal / saking ing kithanirèki //

23. lajêng ngabên kasantikan / ramenipun ing yuda anglangkungi / kadi mèh nglêburna iku / tri buwana swuh sirna / dangu-dangu danawa kasor prangipun / tumpês tapis tanpa sesa / wus bêdhah kuthanirèki //

24. Arjuna wangsul tumulya / mring kaindran ya ta wontên ing margi / amanggih kuthaning diyu / ran ing Iranyapura / têgêsipun kitha kancana puniku / langkung asrining kang kutha / kuwasanipun puniki //

25. sagêd ngambah ing akasa / saisine pisan tan ana kari / myang bisa ngambah ing laut / amblês marang bantala / sasênênge kang darbe kewala manut / sampun prasasat titihan / sarêng katarajang mangkin //

26. dhumatêng sira Arjuna / kitha lajêng mumbul ngumbarèng langit / Arjuna nglêpasi gupuh / ing sanjata prabawa / kataman ing sanjata kang kitha ajur / rêbah tumibèng bantala / gya mijil bala rasêksi //

27. lêksan samya nitih rata / Arjuna wus nglêpaskên gandhiwèki / mêdal panah [pa...]

--- 91 ---

[...nah] buron agung / sakèhing sato khewan / sing abruwang miwah raksasa ditya gung / warna-warna mônca rupa / anggunturi mungsuh nuli //

28. lajêng mamôngsa danawa / sirna sami sakêdhap sadayèki / satunggil tan wontên kantun / nulya Arjuna mangkat / mantuk dhatêng kaindran sapraptanipun / ing ngarsanira kang rama / matur risaking mêngsah wil //

29. Sang Hyang Indra sangêt suka / anggung gunggung-gunggung sêktining siwi / sarya sung ganjaranipun / langkap sanggandhiwanya /sagandhiwanya. sôngka dewadata lawan makuthèku / Kawaca lan sadayanya / pangagêman dibya sami //

30. cinatur ing laminira / Sang Arjuna pan sampun gangsal warsi / dènnya nèng kaindran wau / lajêng mantuk samana / mring manusapada sagung kadangipun / kapanggih maksih dhadhêkah / munggèng madyaning wanadri //

31. ganjaranipun sanjata / piturunan saking ing sawarga di / tinêdahakên puniku / ing raka Yudhisthira / nuntên Sang Hyang Narada ingkang tumurun / praptane lajêng ngandika / Arjuna ingkang pinênging //

32. mangkana linging Narada / hèh Arjuna sanjata prabawèki / tan kêna kaanggo iku / anèng manusapada / yèn ing manusapada kang kêna iku / ya ngamungêna sanjata / manusa kewala kêni

Candhakipun badhe mêdal ing taun ngajêng.

--- 92 ---

2. Bab kadhaton ing Surakarta Adiningrat.

Ingkang kapratelakakên ing Sêrat Pananggalan taun: 1859 ingkang kapêngkêr punika, bab garwa dalêm swargi Kangjêng Susuhunan Pakubuwana ingkang kaping VI, wontên ingkang kalêpatan, lêrêsipun ingkang kantun ing sapindhah dalêm dhatêng Ambon, 1. Kangjêng Ratu Kancanawungu, putrinipun Kangjêng Pangeran Arya Adinagara, ing sapunika nama Kangjêng Ratu Madurêtna, 2. Kangjêng Ratumas, putrinipun Kangjêng Gusti Pangeran Arya Mangkubumi kapisan, ngantos sapriki dèrèng ewah namanipun. Kangjêng Ratu Mas punika ingkang apêputra Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Anom ing Surakarta sapunika.

Wondening Sêrat Pananggalan ing taun: 1859 wau sarêng sampun dados, tumuntên wontên karsa dalêm Kangjêng Susuhunan, kala ing dintên Sênèn kaping: 8 wulan Rabingulakir taun Alip ôngka: 1787, anjumênêngakên pangeran enggal kathahipun pêpitu, ing ngandhap punika pratelanipun:

1. Radèn Mas Suryaatmaja, putra dalêm swargi Kangjêng Susuhunan Pakubuwana kaping VI, kaparingan nama Kangjêng Pangeran Arya Suryaatmaja.

2. Radèn Mas Mêndhung, putranipun swargi Kangjêng Pangeran Arya Danupaya, kaparingan nama Kangjêng Pangeran Arya Danukusuma.

--- 93 ---

3. Radèn Mas Gônda, putranipun swargi Kangjêng Pangeran Panjianom, kaparingan nama Kangjêng Pangeran Arya Dipakusuma.

4. Radèn Mas Sukirman, putranipun Kangjêng Pangeran Arya Suryaningrat, kaparingan nama Kangjêng Pangeran Arya Cakranagara.

5. Radèn Mas Akhadiyat, sami ugi putranipun Kangjêng Pangeran Arya Suryaningrat wau, kaparingan nama Kangjêng Pangeran Arya Cakraadiningrat.

6. Radèn Mas Kathêr, putranipun swargi Kangjêng Pangeran Arya Adiwijaya kaping II, kaparingan nama Kangjêng Pangeran Arya Adisurya.

7. Radèn Mas Arya Pamot, putranipun swargi Kangjêng Pangeran Arya Pamot kaping II, kagêntosakên namanipun ingkang rama, dados Kangjêng Pangeran Arya Pamot kaping III.

Ing dintên Senèn Kaliwon tanggal kaping: 12 wulan Dulkangidah taun Alip ôngka: 1787, Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan anjumênêngakên pangeran satunggal malih, Radèn Mas Riya Atmaja, putranipun pambajêng Kangjêng Gusti Pangeran Arya Mangkubumi kaping: II, patutan saking swargi Kangjêng Ratu Pambayun, kaparingan nama Kangjêng Pangeran Riya Atmaja.

Wondening ing Kamangkunagaran wontên ingkang kaangkat dados pangeran, Radèn Mas Riya Gôndasaputra, nama Kangjêng Pangeran Arya Gôndasaputra, putranipun kangjêng gusti ingkang jumênêng ing sapunika.

Wusana saking karsa dalêm kangjêng raja ing tanah Nèdêrlan Ingkang Sinuhun Kangjêng [Kang...]

--- 94 ---

[...jêng] Susuhunan kaangkat dados Kumandhir saking Ordhê Nèdêrlansê Leyo, Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Arya Mangkunagara kaangkat dados ridêr saking ordhê wau, ênggènipun sami kaparingan agêm-agêman pêpaès bintang tunggil dintên Kêmis kaping: 24 wulan Saphar taun Ehe ôngka: 1788, utawi kaping: 22 wulan Sèptèmbêr taun Wêlandi: 1859.

Ing ngandhap punika pratelanipun para pangeran ing nagari Surakarta Adiningrat, ingkang taksih sami sugêng.

1. Pangeran putra dalêm swargi Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Pakubuwana ingkang kaping III, namung kantun satunggil, Kangjêng Pangeran Arya Adinagara.

2. Pangeran putra dalêm swargi Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Pakubuwana ingkang kaping IV.

1. Kangjêng Pangeran Arya Yamawidura. 2. Kangjêng Pangeran Arya Pringgalaya. 3.Kangjêng Pangeran Arya Panji Priyambada.

3. Pangeran putra dalêm swargi Ingkang Sunuhun Kangjêng Susuhunan Pakubuwana ingkang kaping V.

1. Kangjêng Pangeran Arya Suryabrata.

--- 95 ---

2. Kangjêng Pangeran Arya Sôntakusuma. 3. Kangjêng Pangeran Arya Suryaningrat, wontên ing pulo Ambon. 4. Kangjêng Pangeran Arya Tumênggung Sindusena. 5. Kangjêng Pangeran Arya Suryadipura. 6. Kangjêng Pangeran Arya Suryakusuma.

4. Pangeran putra dalêm swargi Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Pakubuwana ingkang kaping VI.

1. Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Anom Amêngkunagara, Sudibya Rajaputra Narendra Mataram, Kolonèl Phansêtaph, ingkang wau nama Kangjêng Gusti Pangeran Arya Prabuwijaya. 2. Kangjêng Pangeran Arya Suryaatmaja.

5. Pangeran wayah dalêm swargi Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Pakubuwana ingkang kaping III.

Putra dalêm swargi Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Pakubuwana ingkang kaping IV,

sampun kasêbut ing nginggil.

Putranipun swargi Kangjêng Pangeran Arya Singasari kapisan.

1. Kangjêng Pangeran Arya Singasari kaping II.

Putranipun swargi Kangjêng Gusti Pangeran Arya Mangkubumi kapisan.

1. Kangjêng Gusti Pangeran Arya Mangkubumi kaping II, Kolonèl Phansêtaph.

--- 96 ---

2. Kangjêng Pangeran Arya Kusumadilaga, Litnan Kolonèl Phansêtaph.

Putranipun swargi Kangjêng Pangeran Arya Panular kapisan.

1. Kangjêng Pangeran Arya Panular kaping II.

Putranipun swargi Kangjêng Pangeran Arya Dipanagara.

1. Kangjêng Pangeran Arya Dipawinata.

6. Pangeran wayah dalêm swargi Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Pakubuwana ingkang kaping IV.

Putra dalêm swargi Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Pakubuwana ingkang kaping V, sampun kasêbut ing nginggil.

Putranipun swargi Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Arya Kusumayuda.

1. Kangjêng Pangeran Arya Kusumayuda.

2. Kangjêng Pangeran Arya Purbanagara, kolonèl prajurit dalêm jawi lêbêt sadaya.

Putranipun swargi Kangjêng Pangeran Arya Natapura kapisan.

1. Kangjêng Pangeran Arya Natapura kaping II.

Putranipun swargi Kangjêng Pangeran Arya Jatikusuma kapisan.

1. Kangjêng Pangeran Arya Jatikusuma kaping II.

Putranipun swargi Kangjêng Pangeran Arya Jayakusuma kapisan,

1. Kangjêng Pangeran Arya Jayakusuma kaping II.

--- 97 ---

Putranipun swargi Kangjêng Pangeran Arya Balatèr kapisan.

1. Kangjêng Pangeran Arya Balatèr kaping II.

Putranipun swargi Kangjêng Pangeran Arya Danupaya.

1. Kangjêng Pangeran Arya Danukusuma.

Putranipun swargi Kangjêng Pangeran Panjianom,

1. Kangjêng Pangeran Arya Dipakusuma.

7). Pangeran wayah dalêm swargi Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Pakubuwana ingkang kaping V.

Putra dalêm swargi Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Pakubuwana ingkang kaping VI, sampun kasêbut ing nginggil.

Putranipun swargi Kangjêng Pangeran Arya Natabrata kapisan.

1. Kangjêng Pangeran Arya Natabrata kaping II.

Putranipun swargi Kangjêng Pangeran Arya Kusumabrata kapisan.

1. Kangjêng Pangeran Arya Kusumabrata kaping II.

Putranipun swargi Kangjêng Pangeran Arya Pringgakusuma kapisan.

1, Kangjêng Pangeran Arya Pringgakusuma kaping II.

Putranipun Kangjêng Pangeran Arya Suryaningrat, mantu dalêm swargi Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Pakubuwana ingkang kaping VII.

1. Kangjêng Pangeran Arya Cakranagara.

2. Kangjêng Pangeran Arya Cakraadiningrat.

8. Pangeran buyut dalêm swargi Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Pakubuwana ingkang kaping III.

--- 98 ---

Wayah dalêm swargi Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Pakubuwana ingkang kaping IV, sampun kasêbut ing nginggil.

Wayahipun swargi Kangjêng Gusti Pangeran Arya Mangkubumi kapisan.

1. Kangjêng Pangeran Riya Atmaja, putranipun Kangjêng Gusti Pangeran Arya Mangkubumi kaping II.

2. Kangjêng Pangeran Arya Mangkudiningrat kaping II, putranipun swargi Kangjêng Pangeran Arya Mangkudiningrat kapisan.

Wayahipun swargi Kangjêng Pangeran Arya Pamot, inggih Kangjêng Panêmbahan Jurumartani.

1. Kangjêng Pangeran Arya Pamot kaping III, putranipun swargi Kangjêng Pangeran Arya Pamot kaping II.

9. Pangeran ing Kamangkunagaran, ingkang ngabdi ing Kasunanan.

Putranipun swargi Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Arya Mangkunagara kaping II.

1. Kangjêng Pangeran Arya Prabu Suryaamijaya.

Putranipun swargi Kangjêng Pangeran Arya Adiwijaya kaping II, waunipun kamantu ing Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Ngabèi, ing sapunika ingkang jumênêng nata.

1. Kangjêng Pangeran Arya Adiwijaya kaping III. 2. Kangjêng Pangeran Arya Adisurya.

--- 99 ---

Ing ngandhap punika pratelanipun para pangeran ing Kamangkunagaran ingkang taksih sami sugêng.

1. Pangeran putranipun swargi Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Arya Mangkunagara kaping II.

1. Kangjêng Pangeran Arya Suryanataningrat, Litnan Kolonèl Prajurit Artilêri.

2. Pangeran putranipun swargi Kangjêng Pangeran Arya Adiwijaya kapisan, ingkang kamantu ing Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Arya Mangkunagara kaping II.

1. Kangjêng Pangeran Arya Kusumadiningrat, Mayor Phansêtaph.

2. Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Arya Mangkunagara kaping IV, Kolonèl Kumêndhan ing lesiyunipun piyambak, saha Ridêr saking Ordhê Nèdêrlansê leyo, ingkang wau nama Kangjêng Pangeran Arya Gôndakusuma, sasedanipun ingkang raka nak-sanak Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Arya Mangkunagara kaping III, kala ing dintên Kêmis Lêgi tanggal kaping: 25 wulan Mulud taun Jimawal ôngka: 1781, utawi kaping: 6 wulan Januari taun Wêlandi: 1853, wanci siyang pukul sapisan, lajêng anggêntosi nama Pangeran Adipati Arya Prabu Prangwadana rumiyin. Jumênêngipun kala ing dintên Jumungah Wage tanggal kaping: 14 wulan Jumadilakir

--- 100 ---

taun Jimawal ôngka: 1781, utawi kaping: 25 wulan Marêt taun Wêlandi: 1853. Sarêng sampun jumênêng pangeran adipati tumuntên krama angsal putrinipun swargi Kanjêng Gusti Pangeran Adipati Arya Mangkunagara kaping III wau, wondening pangangkatipun dados Pangeran Adipati Arya Mangkunagara kaping IV kala ing dintên Rêbo Kliwon tanggal kaping: 27 wulan Sura taun Jimakir ôngka: 1786, utawi kaping: 16 wulan Sèptèmbêr taun Wêlandi: 1857, dene ingkang kangge dintên panjênênganipun tanggal kaping: 25 wulan Bêsar, manut titimangsaning sêrat nawalanipun kangjêng gupêrmen.

3. Pangeran putrinipun swargi Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Arya Mangkunagara kaping: III.

1. Kangjêng Pangeran Arya Suryadiningrat, Mayor Ajidan Prajurit Inphantêri ing

Lesiyun Mangkunagaran. 2. Kangjêng Pangeran Arya Surya Mataram, Ritmistêr Prajurit Dragondêr ing Lesiyun

Mangkunagaran.

4. Pangeran putranipun Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Arya Mangkunagara kaping IV, ingkang jumênêng sapunika.

1. Kangjêng Pangeran Arya Gôndakusuma, Mayor Prajurit Inphantri ing Lesiyun

Mangkunagaran.

--- 101 ---

2. Kangjêng Pangeran Arya Gôndasaputra, Kapitan Prajurit Inphantêri ing Lesiyun Mangkunagaran.

8. Bab Kadhaton ing Ngayogyakarta Adiningrat.

Ing Ngayogyakarta ingkang jumênêng ratu ing sapunika Ingkang Sinuhun Kangjêng Sultan Amêngkubuwana Senapati Ing Ngalaga Ngabdurahman Sayidin Panatagama Khaliphatullah ingkang kaping VI, Kumêndhir saking Ordhê Nèdêrlansê leyo, putra dalêm panênggak swargi Ingkang Sinuhun Kangjêng Sultan Amêngkubuwana ingkang kaping IV, kasêbut nama Sinuhun Jarot utawi Sinuhun Bêsiyar, patutan saking ingkang garwa Kangjêng Ratu Kancana, ing sapunika nama Kangjêng Ratu Agêng, putranipun swargi Kangjêng Ratu Anggèr patutan saking Kangjêng Radèn Adipati Danurêja kaping kalih. Wiyosan dalêm Kangjêng Sultan ingkang sapunika kala ing dintên: Akhad Pon tanggal kaping: 20 wulan Dulkangidah taun Ehe ôngka: 1748, utawi kaping: 19 wulan Ôgustus taun Wêlandi: 1821. Sasedanipun ingkang rama Kangjêng Sultan Amêngkubuwana ingkang kaping IV wau, kala ing dintên Jumungah Paing tanggal kaping: 21 wulan Mulud taun Jhe ôngka: 1750, utawi kaping: 6 wulan Dhesèmbêr taun Wêlandi: 1822,

--- 102 ---

lajêng kagêntosan ingkang putra pambajêng anama Kangjêng Sultan Amêngkubuwana ingkang kaping V, kala sêmantên taksih timur, yuswanipun sawêg tigang taun. Surudipun Kangjêng Sultan Amêngkubuwana ingkang kaping V punika kala ing dintên malêm Slasa Lêgi tanggal kaping: 19 wulan Siyam taun Dal ôngka: 1783, utawi kaping: 5 wulan Juni taun Wêlandi: 1855, wanci pukul satêngah wolu, botên tilar putra kakung, ananging garwa dalêm Kangjêng Ratu Kadhaton putranipun Kangjêng Pangeran Arya Suryaningalaga ing Ngayogyakarta, panuju anggarbini sêpuh, sarêng babar miyos kakung, anama Radèn Mas Gusti Mukhamad, dene ingkang gêntosi kaprabon rayi dalêm Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Kolonèl Ajidan Phansêtaph Mêngkubumi, dados ingkang Sinuhun Kangjêng Sultan Amêngkubuwana kaping VI ingkang sapunika, wondening gènipun jumênêng nata kala ing dintên Kêmis Lêgi tanggal kaping: 19 wulan Sawal taun Dal ôngka: 1783, utawi kaping: 5 wulan Juli taun Wêlandi: 1855, garwa dalêm namung satunggil nama Kangjêng Ratu Kancana, putri dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Pakubuwana kaping VIII ing Surakarta ingkang jumênêng ing sapunika, putra dalêm saking ngajêng namung satunggil taksih timur, anama Radèn Ajêng Gusti Sêkar Kadhaton.

--- 103 ---

Ing ngandhap punika pratelanipun para pangeran ing nagari Ngayogyakarta Adiningrat ingkang taksih sami sugêng.

1. Pangeran putra dalêm swargi Ingkang Sinuhun Kangjêng Sultan Amêngkubuwana ingkang kaping II.

1. Kangjêng Pangeran Arya Juminah. 2. Kangjêng Pangeran Arya Bintara. 3. Kangjêng Pangeran Litnan Kolonèl Arya Pugêr. 4.Kangjêng Pangeran Arya Jayakusuma. 5.Kangjêng Pangeran Arya Adinagara. 6.Kangjêng Pangeran Arya Pujakusuma.

2. Pangeran putra dalêm swargi Ingkang Sinuhun Kangjêng Sultan Amêngkubuwana ingkang kaping III.

1. Kangjêng Pangeran Arya Suryaningalaga. 2.Kangjêng Pangeran Arya Purwadiningrat. 3.Kangjêng Pangeran Arya Suryawijaya. 4.Kangjêng Pangeran Arya Suryabrôngta. 5.Kangjêng Pangeran Arya Têpasana.

3. Pangeran putra dalêm swargi Ingkang Sinuhun Kangjêng Sultan Amêngkubuwana ingkang kaping IV.

--- 104 ---

1. Kangjêng Pangeran Litnan Kolonèl Arya Suryadiningrat. 2.Kangjêng Pangeran Litnan Kolonèl Arya Suryanagara.

4. Pangeran putra dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Sultan Amêngkubuwana ingkang kaping VI.

1. Kangjêng Pangeran Litnan Kolonèl Arya Angabèi.

5. Pangeran wayah dalêm swargi Ingkang Sinuhun Kangjêng Sultan Amêngkubuwana ingkang kaping I.

Putra dalêm swargi Ingkang Sinuhun Kangjêng Sultan Amêngkubuwana ingkang kaping II, sampun kasêbut ing nginggil.

Putra dalêm swargi Kangjêng Pangeran Arya Angabèi kapisan.

1. Kangjêng Pangeran Arya Mulyakusuma.

Putranipun swargi Kangjêng Pangeran Arya Mangkukusuma.

1. Kangjêng Pangeran Arya Mangkukusuma kaping II.

6. Pangeran wayah dalêm swargi Ingkang Sinuhun Kangjêng Sultan Amêngkubuwana ingkang kaping II.

Putra dalêm swargi Ingkang Sinuhun Kangjêng Sultan Amêngkubuwana ingkang kaping III, sampun kasêbut ing nginggil.

Putranipun swargi Kangjêng Pangeran Arya Mangkudiningrat.

1. Kangjêng Pangeran Arya Pakuningrat. 2. Kangjêng Pangeran Arya Cakradiningrat.

--- 105 ---

3. Kangjêng Pangeran Arya Mulyadiningrat. 4.Kangjêng Pangeran Arya Cakrakusuma.

Putranipun swargi Kangjêng Panêmbahan Mangkurat.

1. Kangjêng Pangeran Arya Mayor Natadiningrat. 2. Kangjêng Pangeran Arya Suryawinata.

Putranipun swargi Kangjêng Ratu Anggèr kagarwa ing Kangjêng Radèn Adipati Danurêja kaping kalih.

1. Kangjêng Pangeran Litnan Kolonèl Ajidan Phansêtaph Arya Yudanagara.

7. Pangeran wayah dalêm swargi Ingkang Sinuhun Kangjêng Sultan Amêngkubuwana ingkang kaping III.

Putra dalêm swargi Ingkang Sinuhun Kangjêng Sultan Amêngkubuwana ingkang kaping IV, sampun kasêbut ing nginggil.

Putranipun Kangjêng Pangeran Arya Suryaningalaga.

1. Kangjêng Pangeran Arya Mayor Kusumanagara. 2. Kangjêng Pangeran Arya Suryaatmaja.

8. Pangeran Buyut dalêm swargi Ingkang Sinuhun Kangjêng Sultan Amêngkubuwana ingkang kaping II.

Wayah dalêm swargi Ingkang Sinuhun Kangjêng Sultan Amêngkubuwana ingkang kaping III, sampun kasêbut ing nginggil.

--- 106 ---

Wayahipun Kangjêng Pangeran Arya Mangkudiningrat.

1. Kangjêng Pangeran Arya Mayor Natapraja, putranipun swargi Kangjêng Pangeran

Adipati Kolonèl Natapraja.

Ing ngandhap punika pratelanipun para pangeran ing Pakualaman ingkang taksih sami sugêng.

1. Pangeran putranipun swargi Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Pakualam ingkang kapisan.

1. Kangjêng Pangeran Arya Suryaningprang. 2. Kangjêng Pangeran Arya Suryèngjurit. 3. Kangjêng Pangeran Arya Suryamisena.

2. Pangeran putranipun swargi Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Pakualam ingkang kaping II.

1. Kangjêng Pangeran Arya Suryaningrat. 2. Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Litnan Kolonèl Kumêndhan Surya Sasraningrat, ingkang wau nama Kangjêng Pangeran Litnan Kolonèl Arya Sasraningrat, wiyosipun kala ing dintên Kêmis Paing tanggal kaping: 30 wulan Jumadilawal taun Alip ôngka: 1755, utawi kaping: 20 wulan Dhesèmbêr taun Wêlandi: 1827, patutan [patu...]

--- 107 ---

[...tan] saking Kangjêng Ratu Ayu, putri dalêm swargi Kangjêng Sultan Amêngkubuwana ingkang kaping: II, sasedanipun ingkang rama kala ing dintên malêm Jumungah Kliwon tanggal kaping: 12, wulan Bêsar taun Jimakir ôngka: 1786, utawi kaping: 23 wulan Juli taun Wêlandi: 1858, wanci pukul kalih, lajêng anggêntosi nama Pangeran Adipati Litnan Kolonèl Kumêndhan Surya Sasraningrat, jumênêngipun kala ing dintên Rêbo Wage tanggal kaping: 23 wulan Jumadilawal taun Alip ôngka: 1787, utawi kaping: 29 wulan Dhesèmbêr taun Wêlandi: 1858. Ingkang garwa anama Radèn Ayu Adipati Surya Sasraningrat, putranipun Kangjêng Pangeran Arya Pugêr ing Ngayogyakarta. 3. Kangjêng Pangeran Arya Sasraningprang. 4.Kangjêng Pangeran Arya Gôndawinata.

Ingkang kasêbut ing nginggil wau sadaya, manawi wontên ingkang lêpat utawi kikirangan, ingkang mugi wontêna pangapuntênipun para priyantun ingkang karsa amariksani, sintên ingkang sumêrêp lêrêsipun, mugi sukaa pitêdah kawrat ing sêrat dhumatêng Tuwan Kohèn Sêtiwar, priyantun amarsudi sastra Jawi: ing nagari Surakarta. Mêkatên ugi sanès nagari ingkang kalêbêt wawêngkoning [wawêng...]

--- 108 ---

[...koning] tanah Jawi, ing pundi wontên pangeran sasaminipun priyantun agêng, mugi kapratelakna ing nama saha kalênggahanipun tuwin ingkang apêputra, supados benjing taun ngajêng punika sagêd kaêtrapakên wontên ing Sêrat Pananggalan.

Ing ngandhap punika pratelanipun lêpating pangêcap.

Ing kaca: 36, kaping: 6 wulan Ôgustus mawi bintangan: 6*, punika lêpat, lêrêsipun: 6, awit dede dintên agêng.

Ing kaca: 52, kaping: 30 wulan Jumadilawal taun Jawi, lêrêsipun mawi bintangan: 30*, awit dintên agêng.

Sasampuning pangêcap.

Kala ing dintên malêm Akhat Paing tanggal kaping: 2 wulan Jumadilawal taun Ehe ôngka: 1788, utawi kaping: 27 wulan Nophèmbêr taun Wêlandi: 1859, Kangjêng Pangeran Arya Adinagara ing Surakarta tilar dunya kondur ing rahmatullah.