Sastra Jawa

Program Digitalisasi Sastra Daerah

  • Increase font size
  • Default font size
  • Decrease font size

Almanak, Van Dorp, 1861, #1579

Katalog:Almanak, Van Dorp, 1861, #1579
Sambung:-

Sêrat Pananggalan

Ing taun Wêlandi 1861

Kaanggit dening Tuwan Kohènsêtiwar, priyantun amarsudi sastra Jawi ing nagari Surakarta Adiningrat.

Kaêcap dening Tuwan Phan Dhorêp ing nagari Samawis.

--- 74 ---

... gah tiyang Wêlandi amastani sawêg Saptu sontên utawi dalu, panjingipun dintên Akhad mênggah tiyang Wêlandi manawi dumugi ing têngah dalunipun, puputing dintên Akhad wau yèn sampun dumugi têngah dalu malih, inggih punika ingkang katurut ing Sêrat Pananggalan punika, dados santuning dintên kaetang saking têngah dalu, upaminipun mêkatên: yèn ing Sêrat Pananggalan punika ing dintên Saptu kaping 22 wulan Juni dhawahipun wulan purnama, dene dhawahing wulan purnama wau manawi kaetang ingkang rêsik wanci dalu pukul sadasa, yèn tiyang Jawi mastani malêm Akhad, ananging tiyang Wêlandi mastani Saptu dalu, awit panjinging dintên Akhad sarêng dumugi ing têngah dalunipun, mêkatên ugi sapanunggilanipun sadaya.

--- 75 ---

6. Dumuginipun cariyosing Pandhawa, kados ingkang kasêbut ing Sêrat Mahabarata.

1. Sinom

1. warnanên Sri Yudhisthira / lawan ingkang para ari / maksih samya mangun tapa / nèng wana kang dèn wastani / ing Kamyaka puniki / tuwin ing Dwetawana gung / kathah lêlakonira / myang bêbaya kang pinanggih / nanging datan winuwus ing rèh sadaya //

2. mangkana Sang Arya Bima / dinutèng Rêtna Dropadi / kinèn angambil puspita / maring madyaning wanadri / dupi praptaning margi / wontên danawa kapêthuk / wasta Sang Jathasura / nulya prang tandhing kasaktin / Jathasura kajodhi têmah pralina //

3. kunêng ingkang winursita / Sri Duryodana Nrêpati / têdhak maring Dwetawana / karsanira atêtuwi / ing ari Pandhawa Ji / mangkat saha wadya kêbut / sangkêp sagêgamannya / myang upacara miranti / sêdyaning tyas / arsa akarya piala //

4. mamrih laraning tyasira / kang samya nandhang kakêling / papa citrakèng sarira / nanging Sang Hyang Surapati / tan kasamaran yêkti / lakuning Suyodanèku / marma gandarwa raja / Sang Citrasena tinuding / kinèn têdhak marang ing manusapada //

5. kapanggih Sri Duryodana / saksana cinêkêl wani / linarak mring gèn Pandhawa / kapasrahkên ing sakapti / nanging Yudhisthira Ji / wêlas mring kang raka prabu / pininta [pini...]

--- 76 ---

[...nta] luwarira / Sang Duryodana tumuli / kaluwaran laju kondur maring praja //

6. dahat dènnya kawirangan / saking kanisthan pinanggih / niyat sumêdya angêndhat / anglêlapa sarirèki / sèlèh kaprabon maring / Ngarya Dusasananipun / sêlak praptaning ditya / Sri Duryodana dèn ambil / wus kapikut ginawa maring naraka //

7. dupi anèng jro naraka / Duryodana antuk wangsit / yèn kang sarira priyôngga / saputra kadangirèki / ingkang kalêbêt sami / bôngsa Korawa sadarum / sajatine punika / samya titising rasêksi / Duryodana wus mupus jroning wardaya //

8. nulya kondur mring Ngastina / praptaning praja tumuli / adrêng tyas adarbe karsa / sêdya ngadêgakên nênggih / kang rajasuya yêkti / nanging rama tan panuju / Sang Prabu Dhrêtarasthra / anggung dènnya angambêngiamambêngi. / awit ingkang rayi Prabu Yudhisthira //

9. myang Pandhawa maksih ana / sanadyan iku ing mangkin / padha kataman sangsara / tan kêna kinira yêkti / miwah dèn majanani / Sang Duryodana mituhu / nanging kêdah akarya / adêging sidêkah adi / amêmule maring Hyang Wisnu wisesa //

10. mawi murwèng digwijaya / Prabu Karna kang tinuding / anglurug mring môncapraja / nungkulakên kang para ji / lêstari wus katitih / sagung para ratu-ratu / ingkang môncanagara / anungkul sadaya sami / sira Sang Aprabu Drupada Pancala //

11. kalawan natèng Magada / ing Wôngga myang Mitila Ji / miwah prabu ing Kalingga / tuwin narendra ing Cèdi / têkyan Sang Prabu Rukmi / ing Bojakatha praja gung / myang sapanunggalannya / akèh kang anungkul sami / nulyanjênêngi sidhêkah mring Ngastina //

--- 77 ---

12. nahan gantya winursita / mangsuli caritèng nguni / para Pandhawa samana / lagya abêbêdhag maring / wana Kamyaka mamrih / sato isining wana gung / kang kari tunggu wisma / amung Sang Rêtna Dropadi / duk ing ngriku praptane Sang Jayadrata //

13. ratu ing Sindunagara / ginarêbêg ing wadya sri / kyèh balakuswa wahana / mêthuk pangantèn sang putri / ing Salwa kang kinapti / Sri Jayadrata puniku / duk umiyat ing warna- / nira Sang Dèwi Dropadi / sru kasmaran kayungyun kanyut ing driya //

14. nulya arsa pinarusa / kapêksa ingiwat kêni / laju ginawa saparan / mangkana Yudhisthira Ji / lawan kang para ari / duk kondur saking wana gung / dupi praptaning wisma / samana kapanggih sêpi / ingkang garwa Dèwi Dropadi tan ana //

15. graitanirèng wardaya / pan sampun sami andugi / lamun kalêbêtan dhustha / nulya tinungka ing lari / katututan ing margi / Jayadrata lampahipun / kacandhak dening Bima / arsa pinatèn tumuli / Yudhisthira datan panuju ing karsa //

16. Jayadrata ingaksama / kaluputanira nuli / dahat anganorkên raga / nungkul anguswa pada ji / kalilan wisata glis / nutugakên lakunipun / maring praja ing Salwa / wus mangkana Narapati / Yudhisthira lawan para ri sadaya //

17. ing janji sampun andungkap / praptèng kalih wêlas warsi / dèniranggung alêlana / midêr-midêr ing wanadri / mangkya agunêm sami / dadya rimbaganing rêmbug / arsa asingidana / ing dalêm sataun malih / kadya kang wus dadya ubayaning kuna //

18. ing kapti saekapraya / kang cinipta aprayogi / kinaryandon sêsingidan / ing Upaplawya [Upa...]

--- 78 ---

[...plawya] nagari / yèku karajannèki / ing tanah Matsya puniku / iya nagri Wiratha / ngongkang kali Saraswati / kang jumênêng nata Sang Prabu Wiratha //

19. dhasar andêling Pandhawa / Prabu Wiratha puniki / wus mangkana Sang Hyang Darma / praptanjog saking wiyati / jumurung nayogyani / rêmbaging Pandhawa wau / sarta karsa nanggunga / lêstarining paran sami / tan antara mangkat pra Pandhawa gangsal //

20. mêdal saking Dwetawana / Dèwi Dropadi tan kari / praptèng ngarsaning nagara / mampir ing ngastana sami / ningidakên salwiring / sanjata warastranipun / binongkokan sadaya / rinakit pinindha mayit / dyan ginantung ing wrêksa growong uwitnya //

21. marma pinindha kunarpa / dimèn aywa na kang ngambil / mêdènana wong aliwat / nulya pirêmbagan malih / lêbête ing nagari / supaya maksih kasamur / ywa kongsi kawanguran / marma mangkana ing nguni / ubayane samôngsa kawênangana //

22. katitik sajroning warsa / kaping tri wêlas sayêkti / datan kêni anjabêla / ing nagrinipun pribadi / dadining rêmbag sami / amindha-mindha sadarum / angangkên tilas wadya / dasihing Yudhisthira Ji / sarta badhe asarênti lêbêtira //

23. yèn ing lampah sêsarêngan / manawa manawa kêni / ing pangira lan panyana / lamun punika sayêkti / pônca Pandhawa sami / mangkana wus sabiyantu / Sang Prabu Yudhisthira / kang manjing praja rumiyin / pangangkêne brahmana wasta Sang Kôngka //

24. ing nguni dadya lêlurah / kalangênan dalêm nênggih / Sang Aprabu Yudhisthira / mangkya Sang Kôngka Maharsi / sumêdyarsa angabdi / ing Wiratha sang aprabu / pan sampun tinampenan [tina...]

--- 79 ---

[...mpenan] / nulya sang Bima umanjing / ngangkên tilas wadya tukang padhaharan //

25. angiras sawung abênan / sêsilih namanirèki / nênggih wasta pun Balawa / nulya Sang Arjuna manjing / busana cara èstri / pangangkênira wong wandu / wasta pun Wrêhanala / ing nguni dadya wadya ji / guru bêksa gêndhing pasindhèn sadaya //

26. katampèn sampun pinarnah / anèng kaputrèn tinuding / kinèn mardi mêmulanga / ing putrindra Dyah Utari / wus mangkana tumuli / Sang Nakula kang umasuk / ngangkên wadya panêgar / anama pun Damagranti / Sahadewa mangkya kang tumamèng praja //

27. anama pun Tantripala / ngangkên juru pangon nguni / Dèwi Dropadi wêkasan / ingkang lumêbêt ing puri / angangkên dadya cèthi- / nira pramèswari prabu / naranata Pandhawa / apêparap pun Malini / wus kabdèkkên ing pramèswari Wiratha //

2. Mêgatruh

1. ya ta kang winarna garwanira prabu / ing Wiratha awêwangi / Dèwi Sudesna puniku / putri ing Kekaya nagri / sang rêtna yu kacariyos //

2. darbe kadang jalu namane kang sêpuh / Sang Kicaka apalinggih / dadya senapati ngayun / anèng Wiratha nagari / dene ingkang anom-anom //

3. Paraupakicaka namane iku / lirnya sami panunggaling / Kicaka sadayanipun / wau Sang Kicaka lagi / kataman ing tyas wirangrong //

4. sru kasmaran maring Dyah Malini wau / pan arsa pinundhut cèthi / Dyah Malini datan purun / angangkên yèn darbe laki / gandarwa lima nom-anom //

5. lamun wontên kang sumêdya purun-purun / adarbe pangangkah ugi / marang ing sariranipun / tanwun [ta...]

--- 80 ---

[...nwun] amanggih bilai / yêkti pêjah kinaroyok //

6. Sang Kicaka datan maèlu ing atur / nora nêdya piniyarsi / malah aminta pitulung / maring kadang pramèswari / Dèwi Sudesna asagoh //

7. Dyah Malini tinimbalan sampun rawuh / sêngadi dinuta maring / Kicaka ngatêr pakintun / Dyah Malini lumastari / dupi sapraptaning kono //

8. Dyah Malini cinêkêl arsa rinangkul / maring Sang Kicaka nuli / Malini oncat lumayu / laju dènira angungsi / mring kang raka raka tinon //

9. samya nuju sumiwèng byantara prabu / Sang Arya Bima miyarsi / Dropadi sêsambatipun / dahat bramatya tan sipi / madêg saking ngarsa katong //

10. sêdyanira arsa mêmalêsa iku / mring Kicaka dèn tandangi / ya ta Sang Arjuna gupuh / tumêdhak anggêgendholi / katuran angatos-atos //

11. sampun kongsi kawadaka ing rèhipun / prayogi mawi piranti / sarana paekan luhung / mangkana Dèwi Dropadi / winisik wasitèng gatos //

12. kinèn wangsul api-apia miturut / sêngadi karsa ngecani / tyasing Sang Kicaka iku / tan lênggana Dyah Dropadi / wangsule darbe sumados //

13. mring Kicaka aturira mangke dalu / inggih arsa amanggihi / wontên ing gèn kang asuwung / Sang Kicaka sukèng galih / praptaning môngsa sumados //

14. duk ing ratri Sang Kicaka sampun rawuh / anèng gyan ingkang asêpi / Dèwi Dropadi katêmu / nanging kaadhangan dening / Sang Bima dangu angantos //

15. Sang Kicaka dupyarsa tumamèng ngriku / cinandhak dipun gêgugi /gêbugi. dening Bima wantu-wantu / Sang Kicaka angêmasi [angêma...]

--- 81 ---

[...si] / nahanta kang winiraos //

16. Paraupakicaka tantara dangu / sami amiyarsa warti / yèn raka nêmahi lampus / kêni paekaning cèthi / Dyah Malini kang karyawon //

17. tandya sami umangsah tumandang laju / arsa madhêm Dyah Malini / binelakkên rakanipun / sumêdya badhe kabêsmi / anèng pancaka karoron //

18. winor lawan layoning raka kang lampus / nanging tinadhahan dening / Sang Bima nanggulang pupuh / datan ana migunani / tumpês kabèh anèng kono //

19. duk samana wong siji tan ana kang wruh / yèn Sang Bima kang mêjahi / mung Dyah Malini puniku / kang kêni ing tarka yêkti / tinimbalan ing sang katong //

20. praptèng ngarsa dinangu Malini matur / punika kang amêjahi / inggih para semah ulun / kang warni gandarwa sami / nata myarsa andharodhog //

21. langkung ajrih maring gandarwa puniku / sandeyaning tyas manawi / wontên bêbaya ing pungkur / kêni ing bilai malih / pamalêsirèng gandarwo //

22. marma laju dhawah maring sorinipun / kinèn anundhunga cèthi / Malini dupi tinundhung / sandika aturirèki / nanging anuwun sumados //

23. tiga wêlas dintên êngkas kesahipun / badhe pinêthuk ing benjing / inggih dhatêng semahipun / kang para gandarwa sami / manawi ing têmbe rawoh //

24. yêkti angraharjakkên karaton prabu / sang gandarwa kang akardi / kadadosaning rahayu / sang nata wus amarêngi / linilan inah sêmono //

25. kunêng gantya kawuwusa wontên ratu / ing Trigarta kang nagari / anama Susarma Prabu / cinarita duk ing nguni / sampun nate aprang [a...]

--- 82 ---

[...prang] pupoh //

26. lawan Sang Aprabu Wiratha puniku / nanging yudane kalindhih / sira Susarma Sang Prabu / têmah kèngsêr saking nagri / kêbut kabèh wadyèng kono //

27. samya mirut dening senapatinipun / ing Wiratha kang wêwangi / Kicaka duk maksihipun / Prabu Susarma winarni / dènira lolos wus anjog //

28. ing Ngastina minta sraya karsanipun / dènirarsa apêpulih / ya ta Duryodana Prabu / datan sakeca ing galih / asangêt dènnya prihatos //

29. dene sampun andungkap ubangginipun / mèh praptèng tri wêlas warsi / para Pandhawa puniku / maksih sêsingidan sami / durung karuwan kang ênggon //

30. yèn wus praptèng môngsa ing tri wêlas taun / môngka tan kawruhan yêkti / wêkasane nora wurung / anjabêl prajane malih / ya Sang Yudhisthira katong //

31. marmanipun sira Duryodana Prabu / anuduh wadya sinêlir / minôngka cundakèng laku / sinêbaran wus waradin / sagung wadya kang kinongkon //

32. anêlika para Pandhawa sadarum / nanging para cundaka ji / durung ana ingkang antuk / titik yêktining pawarti / apa saananing kono //

33. ya ta wontên caraka ingkang umantuk / matur dèrèng angsal warti / pra Pandhawa ênggènipun / ingupaya tan kapanggih / nanging mangkya wontên wartos //

34. ing Wiratha sawêg kepon budinipun / repot sabarang pakarti / dening senapati lampus / tumpês sakadange sami / cinidra dening wong wadon //

35. duk samana natèng Trigarta anuju / anèng ngarsaning nrêpati / myarsa aturing wadyèku / marma Sri Duryodana Ji / ingatag katuran bodhol //

--- 83 ---

36. lumurug mring Wiratha andon prang pupuh / anjarahana brana di / inggih ing sawontênipun / Duryodana anuruti / aturing Susarma katong //

37. Rêsi Bisma lawan Drona kang tinuduh / môngka pangiriding baris / wadya Korawa sadarum / wus budhal lampahira glis / praptèng tanah Wirathanjog //

38. laju samya anjajah padesanipun / bawahing Wiratha nagri / tan petungan antukipun / bandhangan rajabrana di / kang jinarah sakèhing wong //

3. Pangkur

1. natèng Wiratha duk myarsa / lamun ana parangmuka nêkani / tan antara adhêdhawuh / ambudhalakên wadya / sri narendra têdhak nindhihi prang pupuh / kanthi putra Radèn Sôngka / para Pandhawa tan kari //

2. amung Sang Arya Arjuna / ingkang kantun maksih wandu ing warni / pinêrnah kaputrèn sampun / katanggênah rumêksa / maring rajaputri Utari puniku / dene kang kinèn ajaga / pura sapêngkêring aji //

3. rajaputra kang taruna / abisikan Sang Utara prayogi / wus mangkana lampahipun / kang arsa mêthuk ing prang / tan winarnèng marga samana kacundhuk / lawan bala ing Trigarta / laju campuh ing ajurit //

4. nanging wadya ing Wiratha / samya kèlês kalindhih tan ngudhili / natèng Wiratha kapikut / dening Raja Trigarta / wus kabandhang saksana rinêbat purun / maring Arya Wrêkodara / ing wêkasan sampun kêni //

5. ya ta sadanguning yuda / pra Pandhawa samya panggah sayêkti / kawasa nanggulang mungsuh / sagunging kang kabandhang / sampun kêni karêbat sadayanipun / ing ngriku natèng Trigarta / kawênang madyaning jurit //

6. anungkul [anung...]

--- 84 ---

[...kul] maring Wiratha / sru sumuyud ing rèh tan nêdya wani / dene Pandhawa sadarum / wus kasub kalokèng rat / sami dadya pangalêman jayèng pupuh / ginunggung ungguling rana / ya ta salamining jurit //

7. ing Wiratha lan Trigarta / para wadya Korawa pan sumingkir / mung andhustha karyanipun / mèt khewan ing Wiratha / kalampahan têlas kaalap sadarum / mangkana kang jaga pura / Sang Utaratmajèng aji //

8. uninga lamun Korawa / cêmêr ing rèh rajakaya dèn ambil / arsa nututana iku / nanging kanggêg samana / datan ana kang môngka saratinipun / marma sru ribênging driya / tan bisa miyosi jurit //

9. tan antara cèthi prapta / Dyah Malini matur ing rajasiwi / angaturakên wong wandu / inggih pun Wrêhanala / langkung sagêd anyaratèni puniku / kala ing nguni wus dadya / saratining Parta yêkti //

10. nate angirid syandana / anèng rana lêbda maring têtali / Sang Utara apanuju / ing tyas sru suka rêna / kinèn animbali Wrêhanala rawuh / Sang Utara adhêdhawah / dikakakên nyaratèni //

11. Wrêhanala tan lênggana / ing antara rata sampun sumaji / Sang Utara nitih gupuh / nututi mêngsahira / duk katingal baris wadya Korawa gung / tan petungan kèhing bala / Utara miris ningali //

12. saratipun Wrêhanala / dhinawuhan angingêrakên aglis / mangsulêna ratanipun / arsa kondur mring kitha / Wrêhanala lênggana tan purun wangsul / sagah ngasorakên mêngsah / arsa pinêthuk pribadi //

13. katuran liru panggenan / anggêntosi minôngkaa sarati / rajaputra wus miturut / Wrêhanala saksana / gumantyanggèn [gumantyanggè...]

--- 85 ---

[...n] lênggah jroning rata sampun / laju lampahira prapta / prênah kuburan ing nguni //

14. panggenanira Pandhawa / duk aningidakên gêgaman jurit / pun Wrêhanala umatur / kinèn ngèndêlna rata / rajaputra katuran tumêdhak gupuh / amèta sagung sanjata / kang siningidakên sami //

15. gumantung pindha kunarpa / nèng growonganing wit wrêksa puniki / Wrêhanala wêkca sampun / ngangkên lamun Arjuna / dyan angrasuk kawaca êmas linuhung / tuwin sapanunggalannya / sanjata dibya rinakit //

16. nyêpêng langkap pun gandhiwa / maksih nitih rata mangsah ing jurit / karsa ngawaki prang pupuh / tanpa wadya sajuga / kang linawan bala Korawa sadarum / Dyan Sôngka pun Dewadata / tinulup swaraniratri //

17. mawor karapyaking rata / carêngklinging sanjata angebati / gêtêr patêr anarawung / sauran swaranira / tanpa rungyan bantala sêngara limut / dhêdhêting wiyat sakala / mijil dahana andadi //

18. sindhungriwut sabuwana / padholang rèh kadi manêngkêr langit / wrêksoyag kèh kabarubuh / sinrang ing prahararda / ya ta bala Korawa sami andulu / kêtêr wingwrin miris maras / tan ana kang darbe ati //

19. pan sampun sami anyana / baya ika Arjuna kang ngawaki / mangsah prang tanpa wadya gung / marma bala Korawa / lêksan yutan tan ana panggah ing pupuh / jrih pamuking Sang Arjuna / larut datan môngga pulih //

20. sakathahing bêboyongan / tinilaran kabèh dupi wus têbih / Korawa palayunipun / kongsi datan katingal / Sang Arjuna ngrucat busananing pupuh / siningidakên saksana / maring panggenannya lami //

--- 86 ---

21. malih wandu warnanira / kadi wau wangsul dadya sarati / kondur maring kitha sampun / kunêng kang winursita / Sang Aprabu Wiratha sakonduripun / saking rana rajaputra / Utara kapanggih sêpi //

22. kawarti nututi mêngsah / tan antara dangu caraka prapti / atur uningèng sang prabu / lamun bala Korawa / dhadhal larut sadaya tan wontên kantun / kasor prang lan Sang Utara / sagung kang katawan nguni //

23. sampun karêbat sadaya / langkung trusthèng driya sri narapati / animbali putrinipun / Dyah Utari wus prapta / kinèn mêthuk ing raka kang lagya rawuh / parkan kabèh ginawaa / dyan mangkat Dèwi Utari //

24. sang aprabu ing Wiratha / nulya dhawah undhang ungguling jurit / sarta ngadêgakên iku / sawarnaning kasukan / Sang Brahmana Kôngka pinrih aprang dhadhu / tandhing kalawan sang nata / kang minôngka tohirèki //

25. praja saha rajabrana / dwija Kôngka tan purun anglawani / aturira apêpemut / marang sri naranata / bokmanawi andadosakên tan arju / myang karisakan narendra / lwir lêlampahan ing nguni //

26. Sang Aprabu Yudhisthira / prajanipun kenging toh dhadhu nguni / ananging tan pinituhu / aturing dwija Kôngka / pinapêksa wêkasan dadya tinurut / sadanguning akasukan / dhadhu tan ana kajodhi //

27. ing ngriku sri naranata / anggung ngalêmbana ing rajasiwi / ginunggung prawiranipun / sira Radèn Utara / dene têka kawasa ngundurkên mungsuh / umatur Brahmana Kôngka / nuwun botên sri bupati //

28. dene kang pantês punika / ginunggunga prawira pun sarati / Wrêhanala yêktinipun / kang ngawonakên [ngawo...]

--- 87 ---

[...nakên] mêngsah / sri narendra duk miyarsa langkung bêndu / Brahmana Kôngka punika / dinalih anyêyampahi //

29. sang nata kaku tyasira / nyandhak dhadhu kinêprukakên maring / mukaning Kôngka puniku / katungka praptanira / Sang Utara kagyat non brahmana tatu / kang muka mijil rudira / têtanya sintên natoni //

30. purun-purun mring brahmana / dados ila-ila agêng sayêkti / duk myarsa yèn rama prabu / kang natoni brahmana / Sang Utara dahat dènnya anênuwun / maring rama sri narendra / enggala minta aksami //

31. ngecanana tyas brahmana / sampun kongsi kenging prasapa yêkti / sri narendra nulya emut / mintaksamaning Kôngka / aturira bramana ing batos sampun / ngaksamèng lêpating nata / mangkana wus samya lilih //

32. ya ta Sang Prabu Wiratha / andangu mring putra Sang Utarèki / nalaring prang kongsi unggul / aturira yèn angsal / pitulunging satunggal trahing dewa gung / kang botên antawis lama / badhe angatingal malih //

4. Asmaradana

1. kunêng kawuwusa malih / ing antara tigang dina / sang nata anuju miyos / siniwakèng panangkilan / kagyat dènnya tumingal / jroning pasewakan agung / ana ambendra lêlima //

2. Brahmana Kôngka lan malih / Balawa myang Wrêhanala / pun Damagranti kapate / kalima pun Tantripala / sami ngangge busana / cara busananing ratu / lênggah ing panggenan mulya //

3. kang pancèn unggyaning aji / dupi kadangu sang nata / Arjuna majêng wotsinom / matur balaka kewala / yèn sapanunggilannya / punika saèstunipun / inggih Pandhawa lêlima //

--- 88 ---

4. samangkya sampun dumugi / ing môngsa ubangginira / dyan Sang Utara wotsinom / matur nalarakên lampah / prangira Sang Arjuna / dènnya ngasorakên mungsuh / unduring bala Korawa //

5. sang nata dupi miyarsi / dahat gagêtuning nala / sigra mastuti khurmate / maring Prabu Yudhisthira / sarya ngêsrahkên praja / miwah kang rajabrana gung / myang bala katur sadaya //

6. tuwin Sang Dèwi Utari / putrine sri naranata / kasumanggakkên ing mangke / dadosa garwèng Arjuna / Sang Parta aturira / dahat ing panuwunipun / dènnya sang putri punika //

7. pan sampun kaanggêp siwi / kadi putrane priyôngga / mila milaur karsane / dhaupa lawan kang putra / Abimanyu punika / sang prabu panujwèng kayun / sanalika adhêdhawah //

8. anuduh wadya nrêpati / dinuta maring Dwaraka / mêthuk Bimanyu ge-age / myang ibu Dèwi Subadra / praptaning Upaplawya / Dèwi Utari wus dhaup / lan Abimanyu samana //

9. Prabu Krêsna anjênêngi / angirid para santana / myang kulawarga sakèhe / kang sami bôngsa yadawa / miwah Sang Yuyudana / saratining Krêsna Prabu / ingkang kasêbut prawira //

10. ing bala satwata nênggih / putrane Prabu Satyaka / marma na namane manèh / iya Satyaki punika / miwah wasta Seneya / karan saking eyangipun / Prabu Sini namanira //

11. ingkang tumut angèstrèni / Sri Naranata Drupada / datan kari saputrane / miwah ing Kasi Narendra / ing Sibi sami prapta / myang sapanunggilanipun / pra ratu ngamônca kathah //

12. sawusing karya tumuli / sagung kang para narendra / samya pakumpulan [paku...]

--- 89 ---

[...mpulan] kabèh / ngalumpuk nèng pasewakan / anggolongakên rêmbag / kang dadya yogyaning laku / margane para Pandhawa //

13. bisa anjabêl nagari / rêmbugira Prabu Krêsna / amêmurih prayogane / lawan pirukun kewala / anuduha punggawa / kang pantês pitayèng laku / dinuta maring Ngastina //

14. angyêktèkêna kang dadi / sêdyane Si Duryodana / Balarama milu ing rèh / nêmbadani karsaning kang / ari Narendra Krêsna / dene Yuyudana iku / kalawan Prabu Drupada //

15. ingkang datan angrêmbagi / milaur lêhêng lajua / sami amangun prang gêdhe / mangsah angrêbat nagara / mangkana Prabu Krêsna / anyarah sakarsanipun / sagung kang para narendra //

16. rèhning sariranirèki / praptaning nagri Wiratha / amung katuran yêktine / madêgi karyèng wiwaha / ing mangkya wus samyarja / rampung pamiwahanipun / arsa kondur mring Dwaraka //

17. dene manawa ing wuri / wontên karyane kewala / gampang katurana manèh / Prabu Krêsna lawan raka / Balarama saksana / budhal saha wadyanipun / santana kêbut sadaya //

18. kondur maring Dwarawati / ya ta kang kari samana / Risang Yudhisthira Katong / kalawan natèng Wiratha / miwah Prabu Drupada / samya ngrig wadyabala gung / ngirabakên barisira //

19. sarta matah kang tinuding / anyuruhi para nata / ing ngamônca nagarane / sinêbar punang caraka / mentar sowang-sowangan / mangkana ingkang winuwus / Sang Aprabu Duryodana //

20. wus antuk warta sayêkti / kalamun para Pandhawa / wus karuwan panggonane / anèng praja ing Wiratha / malah samya sanega / sumêdya ngadoni [nga...]

--- 90 ---

[...doni] pupuh / mangun yudèng wirotama

21. Prabu Duryodana nuli / nimbangi nuduh punggawa / kinèn minta sraya age / marang para raja-raja / ingkang sênêng tyasira / tan antara lama sampun / pra sami antuk saraya //

22. kang ratu sèwu nagari / ambudhalkên wadyabala / kumêrug sagêgamane / prapta saking keblat papat / sowang-sowang jujugnya / ana mring Wiratha iku / ana kang maring Ngastina //

23. dene ta para nrêpati / kang amilu ing Pandhawa / natèng Cèdi panêngrane / Sang Dhrêsthakètu Narendra / atmajèng Sisupala / lawan ing Magada Prabu / anama Sri Jayatsena //

24. Putrèng Jarasônda nguni / myang Prabu Iranyawarma / ing Dasarna nagarane / punika kaprênah besan / lawan Prabu Drupada / mangkana malih kang tumut / Sang Aprabu Kuntiboja //

25. kalawan sang natèng Kasi / marsêpuhing Arya Bima / têkyan Yuyudana Katong / yèku Satyaki namanya / narendra ing Satwata / miwah ing Matura kidul / apanênggah Prabu Pandhya //

26. panunggalaning para ji / akathah yèn winuwusa / dene kang amilu ing rèh / marang Korawa sadaya / ingkang môngka pramuka / brahmana têtiga iku / Bisma Drona lawan Krêpa //

27. Sri Karna ing Ngôngga nagri / Sri Susarma ing Trigarta / lan ing Prajyètisa katong / nama Prabu Bagadata / myang Prabu Burisrawa / ing Bahlika prajanipun / putrèng Prabu Somadata //

28. natèng Sindu awêwangi / Sang Aprabu Jayadrata / rajèng Kamboja namane / Sang Aprabu Sudaksina / myang Nata Brêhadbala / inggih Brêhadata Prabu / narapati ing Kosala //

29. Prabu Citranggada nênggih / ing

--- 91 ---

Kalingga prajanira / sang natèng Boja namane / Sang Aprabu Krêtawarma / prênah uwa buyutnya / Maha Prabu Krêsna iku / lawan kang para Pandhawa //

30. mangkana kang tumut malih / marang ing Nata Korawa / Sakuni Srigandarane / lawan natèng Bojakatha / Prabu Rukmi punika / kaprênah ipe satuhu / kalawan Narendra Krêsna //

31. Sang Prabu Rukmi ing nguni / sêdyarsa milyèng Pandhawa / ananging datan katampèn / awit solah tingkahira / dahat sru kumawawa / marma wangsul gupuh-gupuh / milalu milyèng Korawa //

32. ya ta Sang Madrakapati / kang anama Prabu Salya / budhal saking nagarane / sêdyarsa bêbantu marang / Narendra Yudhisthira / nahanta ing lampahipun / sira Sang Aprabu Salya //

33. môngka pangiriding baris / kandhêg dènira umiyat / ana pasanggrahan gêdhe / yasane Sri Duryodana / ingampiran samana / amanggya pasugata gung / tan ana kang kêkurangan //

34. sawadyabala waradin / sarwa rumanti sadaya / yèku saking parentahe / Sang Aprabu Duryodana / sinuguhakên marang / Sri Salya sawadyanipun / tuwuk tan ana kuciwa //

35. ing antaranira dupi / arsa nutugakên lampah / Prabu Duryodana katon / kêkusung mêthuk priyôngga / aminta pitulungan / maring Salya Sang Aprabu / kang mugi mugi karsaa //

36. kadadoskên senapati / manggala wadya Ngastina / Salya wus kakênan tyase / rumasa yèn kalindhihan / ing sihe Duryodana / marma mijil sagahipun / dadya pramugarining prang //

37. ananging ing batin maksih / dahat trêsna mring Pandhawa / karaneka prasêtyane / marang Prabu Yudhisthira [Yudhisthi...]

--- 92 ---

[...ra] / ing têmbe yèn Arjuna / prang tandhing lan Karna iku / karsa karya paracidra //

Candhakipun badhe mêdal ing taun ngajêng.

7. Bab Kadhaton ing Surakarta Adiningrat.

Ingkang jumênêng nata ing nagari Surakarta ing sapunika Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Pakubuwana Senapati Ing Ngalaga Ngabdurahman Sayidin Panatagama ingkang kaping 8, Kumandhir saking Ordhê Nèdêrlansê Leyo, putra dalêm panênggak Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Pakubuwana ingkang kaping 4, wiyosanipun kala ing dintên Sênèn Kaliwon tanggal kaping 24 wulan Rêjêb taun Alip ôngka 1715, utawi kaping 20 wulan April taun Wêlandi 1789. Kala rumiyin anama Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Angabèi, Kolonèl Ajidan Phansêtaph, ênggènipun jumênêng nata kala ing dintên Sênèn Pon tanggal kaping 4 wulan Syawal taun Jimakir ôngka 1786, utawi kaping 17 wulan Mei taun Wêlandi

--- 93 ---

1858, anggêntosi ingkang rayi swargi Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Pakubuwana ingkang kaping 7. Garwa dalêm ing sapunika sampun botên wontên, garwa ingkang wau putranipun swargi Kangjêng Pangeran Arya Purbanagara, ananging sampun seda, atilar putra-putri sakawan ingkang taksih sami sugêng: 1. Kangjêng Ratu Kadhaton, ingkang wau garwa dalêm swargi Kangjêng Susuhunan Pakubuwana ingkang kaping nêm; 2. Kangjêng Ratu Bêndara, garwanipun swargi Kangjêng Pangeran Arya Adiwijaya kaping kalih; 3. Kangjêng Ratu Kancana, garwa dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Sultan Amêngkubuwana ingkang kaping 6, ing Ngayogyakarta; 4. Kangjêng Ratu Anggèr, garwanipun Kangjêng Pangeran Arya Purbanagara. Putra dalêm kakung namung satunggal, ananging seda timur.

Pangeran ingkang jumênêng enggal taun ingkang kapêngkêr punika namung satunggil, Radèn Mas Panji Kartakusuma anggêntosi ingkang eyang swargi Kangjêng Pangeran Arya Adinagara, anunggak sêmi nama Kangjêng Pangeran Arya Adinagara kaping 2, kala ing dintên Sênèn Kaliwon tanggal kaping 21 wulan Rêjêb taun Ehe ôngka 1788, utawi kaping 13 wulan Phebruari taun Wêlandi 1860, wondening Radèn Mas Panji Kartakusuma wau punika, ingkang apêputra: Radèn Mas Kolonèl Arya Adiwinata, taksih sugêng ananging gêrah tingal, dene ingkang ibu Radèn Ayu Adiwinata, putra dalêm swargi Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Pakubuwana kaping 5.

--- 94 ---

Ing ngandhap punika pratelanipun para pangeran ing nagari Surakarta Adiningrat ingkang taksih sami sugêng.

1. Pangeran putra dalêm swargi Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Pakubuwana ingkang kaping 4. 1. Kangjêng Pangeran Arya Yamawidura. 2.Kangjêng Pangeran Arya Pringgalaya. 3.Kangjêng Pangeran Arya Panji Priyambada.

2. Pangeran putra dalêm swargi Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Pakubuwana ingkang kaping 5. 1. Kangjêng Pangeran Arya Suryabrata. 2. Kangjêng Pangeran Arya Sôntakusuma. 3. Kangjêng Pangeran Arya Suryaningrat, wontên ing pulo Ambon. 4. Kangjêng Pangeran Arya Tumênggung Sindusena. 5. Kangjêng Pangeran Arya Suryadipura. 6. Kangjêng Pangeran Arya Suryakusuma.

3. Pangeran putra dalêm swargi Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Pakubuwana ingkang kaping 6. 1. Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Anom Amêngkunagara, Sudibya Rajaputra Narendra Mataram, Kolonèl Phansêtaph, ingkang wau anama Kangjêng Gusti Pangeran Arya Prabuwijaya. 2. Kangjêng Pangeran Arya Suryaatmaja.

--- 95 ---

4. Pangeran wayah dalêm swargi Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Pakubuwana ingkang kaping 3.

Putra dalêm swargi Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Pakubuwana ingkang kaping 4, sampun kasêbut ing nginggil.

Putranipun swargi Kangjêng Pangeran Arya Singasari kapisan. 1. Kangjêng Pangeran Arya Singasari kaping 2.

Putranipun swargi Kangjêng Gusti Pangeran Arya Mangkubumi kapisan, 1. Kangjêng Gusti Pangeran Arya Mangkubumi kaping 2, Kolonèl Phansêtaph. 2. Kangjêng Pangeran Arya Kusumadilaga, Litnan Kolonèl Phansêtaph.

Putranipun swargi Kangjêng Pangeran Arya Panular kapisan, 1. Kangjêng Pangeran Arya Panular kaping 2.

Putranipun swargi Kangjêng Pangeran Arya Dipanagara, 1. Kangjêng Pangeran Arya Dipawinata.

5. Pangeran wayah dalêm swargi Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Pakubuwana ingkang kaping 4.

Putra dalêm swargi Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Pakubuwana ingkang kaping 5, sampun kasêbut ing nginggil.

Putranipun swargi Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Arya Kusumayuda, 1. Kangjêng Pangeran Arya Kusumayuda,

--- 96 ---

2. Kangjêng Pangeran Arya Purbanagara, Kolonèl Prajurit Dalêm jawi lêbêt sadaya.

Putranipun swargi Kangjêng Pangeran Arya Natapura kapisan, 1. Kangjêng Pangeran Arya Natapura kaping 2.

Putranipun swargi Kangjêng Pangeran Arya Jatikusuma kapisan, 1. Kangjêng Pangeran Arya Jatikusuma kaping 2.

Putranipun swargi Kangjêng Pangeran Arya Jayakusuma kapisan, 1. Kangjêng Pangeran Arya Jayakusuma kaping 2.

Putranipun swargi Kangjêng Pangeran Arya Balatèr kapisan, 1. Kangjêng Pangeran Arya Balatèr kaping 2.

Putranipun swargi Kangjêng Pangeran Arya Danupaya, 1. Kangjêng Pangeran Arya Danukusuma.

Putranipun swargi Kangjêng Pangeran Panji Anom, 1. Kangjêng Pangeran Arya Dipakusuma.

6. Pangeran wayah dalêm swargi Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Pakubuwana ingkang kaping 5.

Putra dalêm swargi Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Pakubuwana ingkang kaping 6, sampun kasêbut ing nginggil.

Putranipun swargi Kangjêng Pangeran Arya Natabrata kapisan, 1. Kangjêng Pangeran Arya Natabrata kaping 2.

--- 97 ---

Putranipun swargi Kangjêng Pangeran Arya Kusumabrata kapisan, 1. Kangjêng Pangeran Arya Kusumabrata kaping 2.

Putranipun swargi Kangjêng Pangeran Arya Pringgakusuma kapisan, 1. Kangjêng Pangeran Arya Pringgakusuma kaping 2.

Putranipun Kangjêng Pangeran Arya Suryaningrat, mantu dalêm swargi Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Pakubuwana ingkang kaping 7, 1. Kangjêng Pangeran Arya Cakranagara. 2. Kangjêng Pangeran Arya Cakradiningrat.

7). Pangeran buyut dalêm swargi Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Pakubuwana ingkang kaping 3.

Wayah dalêm swargi Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Pakubuwana ingkang kaping 4, sampun kasêbut ing nginggil.

Wayahipun swargi Kangjêng Gusti Pangeran Arya Mangkubumi kapisan,

1. Kangjêng Pangeran Riyaatmaja, putranipun Kangjêng Gusti Pangeran Arya Mangkubumi kaping 2. 2. Kangjêng Pangeran Arya Mangkudiningrat kaping 2, putranipun swargi Kangjêng Pangeran Arya Mangkudiningrat kapisan.

Wayahipun swargi Kangjêng Pangeran Arya Pamot inggih Kangjêng Panembahan Jurumartani.

1. Kangjêng Pangeran Arya Pamot kaping 3, putranipun swargi Kangjêng Pangeran Arya Pamot kaping 2.

--- 98 ---

Wayahipun swargi Kangjêng Pangeran Arya Adinagara, 1. Kangjêng Pangeran Arya Adinagara kaping 2, putranipun Radèn Mas Kolonèl Arya Adiwinata.

8. Pangeran ing Kamangkunagaran ingkang ngabdi ing Kasunanan.

Putranipun swargi Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Arya Mangkunagara kaping 2, 1. Kangjêng Pangeran Arya Prabu Surya Amijaya.

Putranipun swargi Kangjêng Pangeran Arya Adiwijaya kaping 2, wau dipun kamantu ing Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Ngabei, ing sapunika ingkang jumênêng Nata. 1. Kangjêng Pangeran Arya Adiwijaya kaping 3, 2. Kangjêng Pangeran Arya Adisurya.

Ing ngandhap punika pratelanipun para Pangeran ing Kamangkunagaran ingkang taksih sami sugêng.

1. Pangeran putranipun swargi Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Arya Mangkunagara kaping 2, 1. Kangjêng Pangeran Arya Surya Nataningrat, Litnan Kolonèl Prajurit Artilêri.

--- 99 ---

2. Pangeran putranipun swargi Kangjêng Pangeran Arya Adiwijaya kapisan ingkang kamantu ing Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Arya Mangkunagara kaping 2. 1. Kangjêng Pangeran Arya Kusumadiningrat, Mayor Phansêtaph. 2. Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Arya Mangkunagara kaping 4, Kolonèl Kumêndhan ing Lesiyunipun piyambak, saha Rider saking Ordhê Nèdêrlansê Leyo, ingkang wau nama Kangjêng Pangeran Arya Gôndakusuma, sasedanipun ingkang raka nak-sanak Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Arya Mangkunagara kaping 3, kala ing dintên Kêmis Lêgi tanggal kaping 25 wulan Mulud taun Jimawal ôngka 1781, utawi kaping 6 wulan Januwari taun Wêlandi 1853, wanci siyang pukul sapisan, lajêng anggêntosi nama Pangeran Adipati Arya Prabu Prangwadana rumiyin, jumênêngipun kala ing dintên Jumungah Wage tanggal kaping 14 wulan Jumadilakir taun Jimawal ôngka 1781, utawi kaping 25 wulan Marêt taun Wêlandi 1853, sarêng sampun jumênêng pangeran adipati tumuntên krama angsal putranipun swargi Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Arya Mangkunagara kaping 3 wau, wondening pangangkatipun dados Pangeran Adipati Arya Mangkunagara kaping 6, kala ing dintên Rêbo Kaliwon tanggal kaping 17 wulan Sura taun [tau...]

--- 100 ---

[...n] Jimakir ôngka 1786, utawi kaping 16 wulan Sèptèmbêr taun Wêlandi 1857, dene ingkang kangge dintên panjênênganipun tanggal kaping 25 wulan Bêsar, manut titi mangsaning sêrat nawalanipun kangjêng gupêrmèn.

3. Pangeran putranipun swargi Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Arya Mangkunagara kaping 3, 1. Kangjêng Pangeran Arya Suryadiningrat, Mayor Ajidan Prajurit Inphantêri ing Lesiyun Mangkunagaran. 2. Kangjêng Pangeran Arya Surya Mataram, Ritmistêr Prajurit Dragonder ing Lesiyun Mangkunagaran.

4. Pangeran Putranipun Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Arya Mangkunagara kaping 4, ingkang jumênêng sapunika, 1. Kangjêng Pangeran Arya Gôndakusuma, Mayor Prajurit Inphantêri ing Lesiyun Mangkunagaran. 2. Kangjêng Pangeran Arya Gôndasaputra, Kapitan Prajurit Inphantêri ing Lesiyun Mangkunagaran.

--- 101 ---

8. Bab Kadhaton Ing Ngayogyakarta Adiningrat.

Ing Ngayogyakarta ingkang jumênêng Ratu ing sapunika Ingkang Sinuhun Kangjêng Sultan Amêngkubuwana Senapati Ing Alaga Ngabdurahman Sayidin Panatagama Khaliphatullah ingkang kaping 6, Kumandhir saking Ordhê Nèdêrlansê Leyo, putra dalêm panênggak swargi Ingkang Sinuhun Kangjêng Sultan Amêngkubuwana ingkang kaping 4, kasêbut nama Sinuhun Jarot utawi Sinuhun Bêsiyar, patutan saking ingkang garwa Kangjêng Ratu Kancana, ing sapunika nama Kangjêng Ratu Agêng, putranipun swargi Kangjêng Ratu Anggèr patutan saking Kangjêng Radèn Adipati Danurêja kaping kalih. Wiyosan dalêm Kangjêng Sultan ingkang sapunika kala ing dintên Akhad Pon tanggal kaping 20 wulan Dulkangidah taun Ehe ôngka 1748, utawi kaping 19 wulan Augustus taun Wêlandi 1821. Sasedanipun ingkang rama Kangjêng Sultan Amêngkubuwana ingkang kaping 4 wau, kala ing dintên Jumungah Paing tanggal kaping 21 wulan Mulud taun Je ongka 1750, utawi kaping 6 wulan Desember taun Wêlandi 1823, lajêng kagêntosan ingkang putra pambajêng anama Kangjêng Sultan Amêngkubuwana ingkang kaping 5, kala sêmantên taksih timur, yuswanipun sawêg tigang taun. Surudipun Kangjêng Sultan Amêngkunagara ingkang kaping 5 punika kala ing dintên Malêm Slasa Lêgi tanggal kaping 19 wulan Siyam taun Dal ôngka

--- 102 ---

1783, utawi kaping 5 wulan Juni taun Wêlandi 1855, wanci pukul satêngah wolu, botên tilar putra kakung, ananging garwa dalêm Kangjêng Ratu Kadhaton, putranipun Kangjêng Pangeran Arya Suryaning Alaga ing Ngayogyakarta, panuju anggarbini sêpuh, sarêng babar miyos kakung, anama Radèn Mas Gusti Mukhamad, dene ingkang gêntosi kaprabon rayi dalêm Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Kolonèl Ajidan Phansêtaph Mêngkubumi, dados Ingkang Sinuhun Kangjêng Sultan Amêngkubuwana kaping 6 ingkang sapunika, wondening gènipun jumênêng Nata kala ing dintên Kêmis Lêgi tanggal kaping 19 wulan Syawal taun Dal ôngka 1783, utawi kaping 5 wulan Juli taun Wêlandi 1855, garwa dalêm namung satunggil nama Kangjêng Ratu Kancana, putra dalêm ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Pakubuwana kaping 8 ing Surakarta ingkang jumênêng ing sapunika, putra dalêm saking garwa padmi namung satunggil taksih timur, anama Radèn Ajêng Gusti Sêkar Kadhaton.

Ing ngandhap punika pratelanipun para Pangeran ing Nagari Ngayogyakarta ingkang taksih sami sugêng.

1. Pangeran putra dalêm swargi Ingkang Sinuhun Kangjêng Sultan Amêngkubuwana ingkang kaping 2, 1. Kangjêng Pangeran Arya Juminah. 2. Kangjêng Pangeran Arya Bintara.

--- 103 ---

3. Kangjêng Pangeran Litnan Kolonèl Arya Pugêr. 4. Kangjêng Pangeran Arya Jayakusuma. 5. Kangjêng Pangeran Arya Adinagara. 6. Kangjêng Pangeran Arya Pujakusuma.

2. Pangeran putra dalêm swargi Ingkang Sinuhun Kangjêng Sultan Amêngkubuwana ingkang kaping 3, 1. Kangjêng Pangeran Arya Suryaning Alaga. 2. Kangjêng Pangeran Arya Purwadiningrat. 3. Kangjêng Pangeran Arya Suryawijaya. 4. Kangjêng Pangeran Arya Suryabrôngta. 5. Kangjêng Pangeran Arya Têpasana.

3. Pangeran putra dalêm swargi Ingkang Sinuhun Kangjêng Sultan Amêngkubuwana ingkang kaping 4, 1. Kangjêng Pangeran Litnan Kolonèl Arya Suryadiningrat. 2. Kangjêng Pangeran Litnan Kolonèl Arya Suryanagara.

4. Pangeran putra dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Sultan Amêngkubuwana ingkang kaping 6, 1. Kangjêng Pangeran Litnan Kolonèl Phansêtaph Arya Angabèi.

5. Pangeran wayah dalêm swargi Ingkang Sinuhun Kangjêng Sultan Amêngkubuwana ingkang kaping 1.

--- 104 ---

Putra dalêm swargi Ingkang Sinuhun Kangjêng Sultan Amêngkubuwana ingkang kaping 2, sampun kasêbut ing nginggil.

Putra dalêm swargi Kangjêng Pangeran Arya Angabèi kapisan, 1. Kangjêng Pangeran Arya Mulyakusuma.

Putranipun swargi Kangjêng Pangeran Arya Mangkukusuma, 1. Kangjêng Pangeran Arya Mangkukusuma kaping 2.

6. Pangeran wayah dalêm swargi Ingkang Sinuhun Kangjêng Sultan Amêngkubuwana ingkang kaping 2.

Putra dalêm swargi Ingkang Sinuhun Kangjêng Sultan Amêngkubuwana ingkang kaping 3, sampun kasêbut ing nginggil.

Putra dalêm swargi Kangjêng Pangeran Arya Mangkudiningrat. 1. Kangjêng Pangeran Arya Pakuningrat. 2.Kangjêng Pangeran Arya Cakradiningrat. 3.Kangjêng Pangeran Arya Mulyadiningrat. 4.Kangjêng Pangeran Arya Cakrakusuma.

Putranipun swargi Kangjêng Panêmbahan Mangkurat. 1. Kangjêng Pangeran Arya Mayor Natadiningrat. 2.Kangjêng Pangeran Arya Mayor Suryawinata.

Putranipun swargi Kangjêng Ratu Anggèr kagarwa ing Kangjêng Radèn Adipati Danurêja kaping kalih.

--- 105 ---

1. Kangjêng Pangeran Litnan Kolonèl Ajidan Phansêtaph Arya Yudanagara.

7. Pangeran wayah dalêm swargi Ingkang Sinuhun Kangjêng Sultan Amêngkubuwana ingkang kaping 3.

Putra dalêm swargi Ingkang Sinuhun Kangjêng Sultan Amêngkubuwana ingkang kaping 4, sampun kasêbut ing nginggil.

Putranipun Kangjêng Pangeran Arya Suryaningalaga. 1. Kangjêng Pangeran Arya Mayor Kusumanagara. 2.Kangjêng Pangeran Arya Mayor Suryaatmaja.

8. Pangeran buyut dalêm swargi Ingkang Sinuhun Kangjêng Sultan Amêngkubuwana ingkang kaping 1.

Wayah dalêm swargi Ingkang Sinuhun Kangjêng Sultan Amêngkubuwana ingkang kaping 2, sampun kasêbut ing nginggil.

Wayahipun swargi Kangjêng Pangeran Arya Angabei kapisan, 1. Kangjêng Pangeran Arya Purwanagara kaping 2, putranipun swargi Kangjêng Pangeran Arya Purwanagara kaping 1.

9. Pangeran buyut dalêm swargi Ingkang Sinuhun Kangjêng Sultan Amêngkubuwana ingkang kaping 2.

Wayah dalêm swargi Ingkang Sinuhun Kangjêng Sultan Amêngkubuwana ingkang kaping 3, sampun kasêbut ing nginggil.

--- 106 ---

Wayahipun swargi Kangjêng Pangeran Arya Mangkudiningrat. 1. Kangjêng Pangeran Arya Mayor Natapraja, putranipun swargi Kangjêng Pangeran Adipati Kolonèl Natapraja.

Ing ngandhap punika pratelanipun para pangeran ing Pakualaman ingkang taksih sami sugêng.

1. Pangeran putranipun swargi Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Pakualam ingkang kapisan. 1. Kangjêng Pangeran Arya Suryaningprang. 2. Kangjêng Pangeran Litnan Arya Suryèngjurit. 3.Kangjêng Pangeran Litnan Arya Suryamisena.

2. Pangeran putranipun swargi Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Pakualam ingkang kaping 2. 1. Kangjêng Pangeran Arya Suryaningrat. 2. Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Litnan Kolonèl Kumêndhan Surya Sasraningrat, ingkang wau nama Kangjêng Pangeran Litnan Kolonèl Arya Sasraningrat, wiyosanipun kala ing dintên Kêmis Paing tanggal kaping 30 wulan Jumadilawal taun Alip ôngka 1755, utawi kaping 20 wulan Dhesèmbêr taun Wêlandi 1827, patutan saking Kangjêng Ratu Ayu, putra dalêm swargi

--- 107 ---

Kangjêng Sultan Amêngkubuwana ingkang kaping 2, sasedanipun ingkang rama kala ing dintên Jumungah Kaliwon tanggal kaping 12 wulan Bêsar taun Jimakir ôngka 1786, utawi kaping 23 wulan Juli taun Wêlandi 1858, wanci siyang pukul kalih, lajêng anggêntosi nama Pangeran Adipati Litnan Kolonèl Kumêndhan Surya Sasraningrat, jumênêngipun kala ing dintên Rêbo Wage tanggal kaping 23 wulan Jumadilawal taun Alip ôngka 1787, utawi kaping 29 wulan Dhesèmbêr taun Wêlandi 1858. Ingkang garwa anama Radèn Ayu Adipati Surya Sasraningrat, putranipun Kangjêng Pangeran Arya Pugêr ing Ngayogyakarta.

4. Kangjêng Pangeran Ritmistêr Arya Gôndawinata.

Ingkang kasêbut ing nginggil wau sadaya, manawi wontên ingkang lêpat utawi kêkirangan, ingkang mugi wontêna pangapuntênipun para priyantun ingkang karsa amariksani, sintên ingkang sumêrêp lêrêsipun, mugi sukaa pitêdah kawrat ing sêrat dhumatêng Tuwan Phan dhêr Phalêk ing nagari Surakarta, punika ingkang amakili sapêngkêripun Tuwan Kohènsêtiwar kesah dhatêng nagari Wêlandi. Mêkatên ugi sanès nagari ingkang kalêbêt wêwêngkoning tanah Jawi, ing pundi wontên pangeran sasaminipun priyantun agêng, mugi kapratelakna ing nama saha kalênggahanipun tuwin ingkang apêputra, supados benjing sagêda kaêtrapakên wontên ing Sêrat Pananggalan.

--- 108 ---

Pratelaning Kalêpatan.

Grahana surya ingkang kaping 2, kala ing dintên Sênèn kaping 8 wulan Juli ing ngajêng kasêbut krowakipun amèh sapara sakawan, punika lêpat, lêrêsipun: krowok ngantos sapalih.

Pratelaning tatêngêr wontên ingkang kalintu, lêrêsipun wulan nêm punika katêngêran mêkatên:

[Grafik]

yên wulan panglong têngêripun:

[Grafik]

Sanginggiling kaca: 34 wontên mungêl: wulan Jli, lêrêsipun: wulan Juli.

Salamining pangêcap, Kangjêng Pangeran Arya Purwanagara kaping 2 ing nagari Ngayogyakarta ingkang jumênêng enggal, wartosipun sampun tilar donya kondur ing rahmatullah.