Sastra Jawa

Program Digitalisasi Sastra Daerah

  • Increase font size
  • Default font size
  • Decrease font size

Almanak, Van Dorp, 1862, #1576

Katalog:Almanak, Van Dorp, 1862, #1576
Sambung:-

Sêrat Pananggalan

Ing taun Wêlandi 1862.

Kaanggit dening Tuwan Kohènsêtiwar priyantun amarsudi sastra Jawi ing nagari Surakarta Adiningrat.

Kaêcap dening Tuwan Phan Dhorêp ing nagari Samawis.

--- 74 ---

... gah tiyang Wêlandi amastani sawêg Saptu sontên utawi dalu, panjingipun dintên Akhad mênggah tiyang Wêlandi mastani dumugi ing têngah dalunipun, puputing dintên Akhad wau yèn sampun dumugi têngah dalu malih, inggih punika ingkang katurut ing Sêrat Pananggalan punika, dados santuning dintên kaetang saking têngah dalu, upaminipun mêkatên, yèn ing Sêrat Pananggalan punika ing dintên Sênèn kaping 14 wulan April dhawahipun wulan purnama, dene dhawahing wulan purnama wau manawi kaetang ingkang rêsik wanci dalu pukul satêngah sawêlas, yèn tiyang Jawi mastani malêm Salasa, ananging tiyang Wêlandi amastani Sênèn dalu, awit panjinging dintên Salasa sarêng dumugi ing têngah dalunipun. Mêkatên ugi sapanunggilanipun sadaya.

--- 75 ---

6. Dumuginipun cariyosing Pandhawa, kados ingkang kasêbut ing Sêrat Mahabarata.

1. Durma

1. kawarnaa Prabu Krêsna ing Dwaraka / lagya anuju guling / katêkan samana / ing Prabu Duryodana / arsa minta sraya nanging / ajrih mungua / mring Prabu Arimurti //

2. dadya lênggah nèng ulon-ulon kewala / nganti wunguning aji / kasaru praptanya / sira Radèn Arjuna / wruh yèn Prabu Krêsna guling / Parta alênggah / anèng dagan narpati //

3. dangu-dangu Krêsna wungu dènnya nendra / wruh kang kèksaki rihin / punika Sang Parta / awit lênggah ing dagan / kadangu Parta wotsari / yèn minta sraya / pitulunging ajurit //

4. Prabu Krêsna samana datan lênggana / nulya Duryodanèki / amarêk mangarsa / matur datan narima / dènnya kasêlanan maring / Arya Arjuna / dhasar prapta rumiyin //

5. ing lêrêse inggih angsal pêpanduman / marma Sri Krêsna janji / tan mawi milu prang / amung sumêdya dadya / sarati salah sawiji / ingkang satunggal / badhe sinungan benjing //

6. bala ingkang nama Narayanagopa / sayuta kèhirèki / wau Sang Arjuna / kang tinari miliha / Krêsna pribadi pinilih / laju kabêkta / maring Wiratha nagri //

7. kawuwusa sang aprabu ing Wiratha / myang Drupada Nrêpati / wus nuduh punggawa / kinèn [ki...]

--- 76 ---

[...nèn] marang Ngastina / anjabêlakên nagari- / nipun Pandhawa / ingkang kalawan aris //

8. saantuking caraka tanpa wangsulan / datan antara lami / Prabu Drêtarasthra / kang utusan priyôngga / anuduh wadya sawiji / srati Sanjaya / putraning Jawalgani //

9. sapraptaning Wiratha wus tinimbalan / marang Yudhisthira Ji / tumamèng byantara / nulya sira winarah / ingkang dadya panêdhaning / para Pandhawa / nyuwun gangsal nagari //

10. ya ing Wrêkastala lan ing Kusastala / yèku kang dèn wastani / prajèng Kanyakunja / ping tri Wiranawatha / kaping pate ing Makamdi / kari sajuga / tan kasêbut namèki //

11. Sang Sarati Sanjaya wusnya winarah / nulya kalilan mulih / kongsi lami sira / datan ana wangsulnya / marma Prabu Arimurti / ginubêl marang / para Pandhawa sami //

12. mugi-mugi karsaa têdhak priyôngga / marang Ngastina nagri / prabu tan lênggana / pan sampun lumaksana / nanging datan antuk kardi / malah Korawa / wus samaptèng ajurit //

13. saha wadya gêgamane wus umangkat / samya anjujug maring / Têgal Kuruksetra / golonganira sawlas / ingkang minôngka têtindhih / Sang Rêsi Bisma / jumênêng senapati //

14. sakondure Prabu Krêsna awêwarta / yèn tan wun dadya jurit / ya ta tan antara / sira para Pandhawa / ambudhalakên kang baris / golonganira / mung sapta nora luwih //

15. kang satunggal punika bala Pandhawa / bala Matsya ping kalih / milyèng Sri Wiratha / ping tri bala Pancala / tumut ing Sang Drupada Ji / sakawanira / bala Satwata nênggih //

16. yèku tumut maring Prabu Yuyudana [Yu...]

--- 77 ---

[...yudana] / ping lima bala Cèdi / milyèng Sri Narendra / Dhrêsthakètu punika / kanêm bala Magadèki / andhèrèk marang / Jayatsena Nrêpati //

17. kapitune bala Matura duksina / tumut ing Sang Pandhwaji / praptèng Kurusetra / sampun ayun-ayunan / lan baris Korawa sami / laju campuh prang / rame asilih ukih //

18. nahan wau lamining aprang sêmana / kongsi wolulas ari / gantya kang unggula / gantya ingkang kasoran / gancanging carita dupi / sajroning yuda / lagyantuk wolung ari //

19. Rêsi Bisma senapatining Korawa / kataman ing jêmparing / Sikandhi punika / rajaputrèng Pancala / ingkang nanduki jêmparing / Sang Rêsi Bisma / kongsi dhawah ing siti //

20. nanging dèrèng dadya sedane samana / saking kawasanèki / dumadya kawawa / nyarantoskên sedanya / têmbe yèn lampahing rawi / wus mingêr ika / wangsul mangalèr malih //

21. marmanira mangkana kaanggêp sangar / yèn sedaa ing wanci / pangiduling surya / mila nglugur kewala / datan kêna tangi-tangi / dènira dhawah / parêk lwah Mogawati //

22. alêlèmèk ing têtumpukan sanjata / samana kang gumanti / dadya senadipa / sira Sang Rêsi Drona / mung antara limang ari / pêjah dening Sang / Drêsthadyumna ing nguni //

23. kang gumantya sira Sang Aprabu Karna / kongsi ing kalih ari / prang tandhing samana / lawan Radèn Arjuna / Karna têmah angêmasi / kang dadya marga / cidraning Salya Aji //

24. nulya Sang Aprabu Salya kang gumantya / jumenêng senapati / mung satêngah dina / anêmahi pralaya / dening Sang Yudhisthira Ji / ingkang gumantya [guma...]

--- 78 ---

[...ntya]

/ DuryadanaDuryodana (dan di tempat lain). pribadi //

25. nyarirani dadya senapatining prang / amung satêngah ari / kalindhih yudanya / lumayu ngungsi gêsang / lan wadya sesaning mati / kang atut wuntat / singidan anèng kali //

26. tan antara lama katitik samana / dening Pandhawa nuli / ingajak tandhing prang / sigra mêntas saksana / saking salêbêting warih / ayuda gada / lawan Bima ing jurit //

27. ramening prang wusana Sri Duryodana / rêmak wêntisirèki / kataman ing gada- / nira Sang Wrêkodara / naur punagi ing nguni / pan dèrèng seda / tinilar kawlas asih //

28. kang para ri myang pra ratu sêsuruhan / kabèh wus angêmasi / madyaning ranangga / mung kari Krêtawarma / kalawan Sang Krêpa Rêsi / myang Aswatama / putrèng Drona Maharsi //

29. katri datan kongsi nêmahi pralaya / sabibaring ajurit / wau wong têtiga / samya têtuwi marang / unggyaning Duryodana Ji / kapanggihira / pan dèrèng angêmasi //

30. tinon maksih angantak-antak kewala / Sang Aswatama nuli / madêg apratignya / datan salin busana / yèn durung amalês pati / mring Drêsthadyumna / myang pônca Pandhawèki //

31. dalah saha wadyabalane sadaya / marma mangkana dening / Sang Drêsthadyumêna / wau kang amralaya / maring Rêsi Dronèng jurit / Sang Aswatama / kang arsa malês pati //

2. Sinom

1. warnanên para Pandhawa / kang sampun unggul ing jurit / nanging sajroning ayuda / kelangan putra kêkalih / Sang Abimanyu tuwin / Sang Arya Gathotkacèku / lawan Prabu Drupada / miwah Wiratha Nrêpati / têkyan sapanunggalaning para nata //

2. saha

--- 79 ---

wadyabalanira / akèh kang pralinèng jurit / riwusing sampurnèng yuda / Sang Aprabu Arimurti / wisatèng ratri ngingkis / atilar pakuwonipun / tan kari pra Pandhawa / umiring salampahnèki / duk samana sapêngkêring Prabu Krêsna //

3. Aswatama Krêtawarma / myang Krêpa sami anilib / marang pakuwon Pandhawa / lakunira lir mêmaling / duk praptèng sajawining / pakuwon ana kadulu / kang paksi alap-alap / aniyup saking wiyati / anrang wrêksa anambêri paksi dhandhang //

4. ingkang lagya sami nendra / nèng kêkayon kabèh ênting / sinambêran kèh pralaya / dupi wruh sang dwija siwi / rumasantuk sayêkti / ing sasmitaning dewa gung / tôndha yèn jinurungan / dènira darbe pangèsthi / pangarahe arsa anyidrani mêngsah //

5. dene ta sang rêsi putra / ikang sinêdya ing galih / pan arsa lampah dursila / mring wadya kang nendra sami / dyan pinambêngan dening / Krêpa myang Krêtawarmèku / kasêbut dahat nistha / anyidraa wong aguling / yèn kang tuhu prawira tamèng ayuda //

6. milalu nganti raina / ananging tan winigati / linging Krêpa Krêtawarma / dadya nut saeka kapti / Krêpa Krêtawarmèki / jrih aninggal rowangipun / ya ta Sang Aswatama / nalika arsa umanjing / ing pakuwon kadulu ana brahala //

7. angawangi lakunira / gêngnya saprabata siwi / nulya linêpasan astra / kêna nora miyatani / tan tumama sayêkti / lan ora gingsir sarambut / dangu-dangu Swatama / maladi samadi êning / kang pininta pitulungira Hyang Siwah //

8. amung parmaning jawata / Hyang Siwah nulya nêdhaki / masrahkên pati uripnya / bala Pancala [Pa...]

--- 80 ---

[...ncala] sakalir / sarta sinungan mangkin / gêgaman pêdhang linuhung / kalawan bala ditya / tan petungan gungirèki / warnanira anggêgirisi sadaya //

9. sasampunira mangkana / Hyang Siwah nulya anitis / mring angganing Angswatama /Aswatama. dyan sang dwija sunu manjing / ing pakuwon marêngi / Drêsthadyumna lagya turu / laju ingidak-idak / Drêsthadyumna angêmasi / Sang Sikandhi miwah Sang Pôncakumara //

10. uninga nulya tumandang / sêdya sami apêpulih / saking parmaning Hyang Siwah / maring Sang Swatamèng jurit / dadya padha nêmahi / pêjah kapupu ing pupuh / wadya gung ing Pancala / myang Wiratha mèt pêpulih / nanging tanpantuk kiwul kawaling yuda //

11. kang katrajang asasaran / larut datan môngga pulih / kathah sami kaprajaya / miwah ikang angêmasi / sasesanira gusis / ngungsi gêsang rêbat purug / Krêpa myang Krêtawarma / sadangune maksih nganti / anèng jawi pakuwon dupi uninga //

12. gègèring jro pasanggrahan / gadgada wong agung kalih / angobar pojok têtiga / mung kari kori sawiji / maksih dipun tênggani / mring Krêpa Krêtawarmèku / mangkana para wadya / kang sami arêbut urip / bilulungan mijil saking pasanggrahan //

13. dupi prapta ing wiwara / kanggêg ingadhangan dening / Krêpa miwah Krêtawarma / ginêbugan angêmasi / sami atumpês tapis / sagung wadya jroning kuwu / tanpa sesa sajuga / mung pônca Pandhawa tuwin / Prabu Krêsna Yuyudana tan pralina //

14. enjinge Sang Aswatama / katiga wus mundur sami / wangsul mring gèn Duryodana / atur pratelaning kardi / lêstari lampahnèki / dènnyanjor [dènnya...]

--- 81 ---

[...njor] andhusthèng mungsuh / Sang Prabu Duryodana / duk miyarsa sukèng galih / apuwara murcatma sampun palastra //

15. nulya wong agung katiga / mentar sêsowangan sami / rêbat paran tan antara / Krêpa myang Krêtawarmèki / sakalihan ing mangkin / sigra wus samya umantuk / mring prajane priyôngga / Sang Aswatama sêdyapti / marêk maring patapaning Rêsi Wyasa //

16. sêlak kacandhak samana / dening pra Pandhawa sami / antuk warta kang sanyata / saking aturing sarati / awêwarah risaking / pakuwonira sang prabu / anulya tinututan / tan antara wus katitik / Aswatama dupi wruh yèn katututan //

17. nulya nglêpaskên brahmastra / myang isi kakangkanang. jêmparing / mijil dahana baswara / panase anglêluwihi / tan wun dadya rusaking / para Pandhawa sadarum / yèn ora prayitnaa / Sang Aprabu Arimurti / dyan angatag maring ari Sang Arjuna //

18. kinèn enggal nimbangana / Sang Parta sampun amundhi / nglêpaskên sanjata dibya / sirna ingkang prabawagni / dening sanjata luwih / panahing Sang Arjunèku / ingkang kênèng brahmastra / amung Sang Dèwi Utari / guwa garbanira ingkang kaprajaya //

19. nguni sasedaning priya / Sang Abimanyu marêngi / Dyah Utari lalya wawrat / mangkya kataman jêmparing / brahmastra angênani / kang pêjah wawratanipun / katiban ing brahmastra / Prabu Krêsna duk udani / nulya angupatani maring Swatama //

20. midêr-midêra ing jagad / ywa nganggo rowang sawiji / kongsi tigang èwu warsa / lamine ngidêri bumi / myang sotya cudhamani / kang munggwing sêsirahipun / Aswatama punika / pinundhut sampun ingambil / kapasrahkên [ka...]

--- 82 ---

[...pasrahkên] marang Arya Dananjaya //

21. nulya sinungakên marang / kusuma Dèwi Dropadi / minôngka panglipuring tyas / dènnya kaelangan siwi / nahan ingkang winarni / Risang Drêtarasthra Prabu / sampun antuk pawarta / saking Sanjaya sarati / yèn kang putra kabèh tiwas ing ayuda //

22. nulya mijil saking kitha / sedyanirarsa ngurmati / mring kang sami palastrèng prang / Risang Widura umiring / miwah Dèwi Gandari / Dèwi Kunti datan kantun / myang sapanunggilannya / parèstri sajroning puri / kêbut kabèh samyandhèrèk ing narendra //

23. sapraptining jawi kitha / lampahira sri bupati / kapêthuk para Pandhawa / miwah Prabu Arimurti / Yuyudana Dropadi / lan sapanunggilanipun / samya nêmbah nambrama / anamudanèng rama ji / dupi Bima maju arsa ngèstupada //

24. katêtangi ing tyasira / Drêtarasthra Narapati / kagagas pêjahing putra / nèng rana kaèsi-èsi / dening Bima ing nguni / marma Drêtarasthra Prabu / api-api ngrangkula / ing batin karsanira ji / arsa nêkak ing jangganing Wrêkodara //

25. Prabu Krêsna wus prayitna / saksana anyipta warni / Bima tosan kang kinarya / liruning Bima kang yêkti / Drêtarasthra Nrêpati / dhasar wuta netranipun / mila datan uninga / yèn sinulap Bima wêsi / duk rinangkul sêmana kang Bima tosan //

26. ajur datanpa kukupan / ya ta Sang Dèwi Gandari / miyat maring Prabu Krêsna / sigra nguman-uman maring / Narendra Arimurti / dènnya andadèkkên iku / karusakaning para / sagotra Korawa sami / Dyah Gandari ngupatani ing Sri Krêsna //

27. ya ing têmbe yèn wus antara /Lêbih satu suku kata: ing têmbe yèn wus antara. antuk tri dasa [da...]

--- 83 ---

[...sa] nêm warsi / Sang Prabu Krêsna punika / kang karya rusak sayêkti / sanak kadang pribadi / wangsulaning Krêsna Prabu / inggih kados kewala / lamun makatêna ugi / awit saking bôngsa Yadawa sadaya //

28. punika saèstunira / datan sagêd angêmasi / dening sasamining jalma / myang dewa diyu rasaksi / kengingipun ing pati / anjawi saking kasiku / pakaryane priyôngga / wusnya mangkana winarni / praptanira Rêsi Dwepayana Wyasa //

29. angrukunakên saksana / mring kang wawan sabda sami / antut kabèh saananya / ya ta kawarnaa malih / Yudhisthira Nrêpati / duk samana dèrèng ayun / manjinga jroning kitha / maksih makuwon nèng jawi / angurmati maring kang seda ing rana //

30. dupi antara sacôndra / lêbête maring nagari / ginarbêg ing wadyabala / para santana tan kari / Drêtarasthra Nrêpati / môngka pangiriding laku / praptaning dalêm pura / Prabu Yudhisthira nuli / amêmuja samadi mring para dewa //

31. saluwaring amêmuja / laju jumênêng nrêpati / mangku nagarèng Ngastina / kusuma Rêtna Dropadi / kaangkat pramèswari / para brahmana myang wiku / angèstrèni sadaya / miwah wadyabala sami / anjurungi ing driya mangayubagya //

32. Sang Bagawan Drêtarasthra / maksih sinubèng sakapti / kasuhun sinêmbah-sêmbah / môngka pêpundhènira ji / kaundhangkên waradin / mrang wadyabala sadarum / dhawuhe sri narendra / pinoma winanti-wanti / rama Prabu Drêtarasthra ing samangkya //

33. maksih pinundhi-pundhia / aywa pae lir ing nguni / wadya gêng alit sadaya / aywa ana wani-wani / wusnya mangkana nuli / arindra kapat [kapa...]

--- 84 ---

[...t] jinunjung / pangkating palênggahan / Sang Arya Bima ing mangkin / dadya prabu anom ing Ngastinapura //

34. sampun pinaringan prênah / tilas dalêmira nguni / Sang Aprabu Duryodana / Arjuna kaangkat dadi / senapatining jurit / Arya Nakula jinunjung / wadana jro punika / Sahadewa sinung linggih / dadya lurah wadya kaparak sadaya //

35. Widura Yuyutsu samya / sinung pangkating palinggih / dadya nayaka pituwa / Domya katêtêpkên dadi / puroita sayêkti / Sanjaya mangkya jinunjung / môngka lêlurahira / gêdhong artaning nrêpati / Rêsi Krêpa wangsul malih mring Ngastina //

3. Maskumambang

1. dupi sampun tata rakiting nagari / Prabu Yudhisthira / lawan ingkang para ari / saha Sri Narendra Krêsna //

2. samya têdhak maring pabaratan malih / Risang Yuyudana / myang Rêsi Krêpa tan kari / umiring lampahing nata //

3. karsanira sang prabu arsa têtuwi / marang Rêsi Bisma / kang maksih kawêlas asih / angathang-athang ing rana //

4. nèng tumpukan sanjata ênggènirèki / dèrèng apralaya / wau praptaning nrêpati / inupasantèng pamuja //

5. Rêsi Bisma tansah nènnyadènnya. mituturi / mring Sri Yudhisthira / ing rèh patraping agami / tulusing laku utama //

6. sawusira mangkana Pandhawa pamit / samya winêlingan / dening Rêsi Bisma nênggih / ing têmbe yèn praptèng môngsa //

7. pangalèring surya kinèn wangsul sami / pinrih angatêrna / ing sedaning Bisma Rêsi / pra Pandhawa tan lênggana //

8. dupi praptèng môngsa pangalèring rawi / kang para Pandhawa / èstu samya wangsul malih / maring rana pabaratan //

9. Dyah Gandari [Ganda...]

--- 85 ---

[...ri] sapanunggilanirèki / kang para santana / jalwèstri kabèh umiring / praptèng gène Rêsi Bisma //

10. duk samana sampun dumugi ing janji / Rêsi Wara Bisma / atilar dunya umulih / maring jaman kalanggêngan //

11. sinaksenan ing wong agung kathah sami / kocaping carita / Sang Rêsi Bisma ing nguni / dènnya nèng lamak sanjata //

12. laminira kongsi sèkêt wolung ari / kang layon samana / rinukti lajêng kabêsmi / kinurmatan ing pangrêngga //

13. wus mangkana kang para Pandhawa sami / kondur mring Ngastina / sapraptaning dalêm puri / Sang Aprabu Yudhisthira //

14. mangkya antuk wangsiting eyangirèki / Sang Bagawan Wyasa / Sri Yudhisthira kapurih / ngadêgakên aswameda //

15. ing têgêse amragad kuda kinardi / mêmule pra dewa / yèku môngka laranganing / ratu kang pinunjul ing rat //

16. adat mawi bujana agêng ing nguni / sarta jinênêngan / pranata môncanagari / mangkana patraping kuna //

17. ingkang kuda wau punika giniring / kawêdalkên marang / sajawining kitha nuli / kaumbar saparan-paran //

18. anut ing sasênênging kuda pribadi / kang ngirid tut wuntat / ing pundi praja kang sami / kambah ing kuda punika //

19. kang angirid iya nuli milu mampir / andhawuhi marang / ratu kang adarteadarbe. bumi / kampiran lakuning kuda //

20. kinèn anjênêngi aswameda sami / saupama ana / kang wani mopo sayêkti / laju kawisesa ing prang //

21. wangsul kacarita Sang Arjuna nguni / kang tinuduh ika / ngirid lakuning turanggi / akèh praja kang kampiran //

22. sintên ratunira kang darbe nagari / kaambah ing kuda [ku...]

--- 86 ---

[...da] / kapundhut saguhirèki / anjênêngi aswameda //

23. parandene ana kang mogok sayêkti / tan arsa praptaa / Sang Aprabu Megasandi / kang jumênêng ing Magada //

24. lawan Sang Aprabu Saraba ing Cèdi / Prabu Suryawarma / ing Trigarta kang nagari / miwah natèng Prajyotisa //

25. kang panêngran Prabu Wajradata nênggih / nulya pinukul prang / dening Sang Arjuna sami / kawênang anut ing karsa //

26. ya ta wontên ratu ing Sindu nagari / ran Prabu Surata / putrèng Jayadrata nguni / dupi amiyarsa warta //

27. yèn ing mangkya Sang Arjuna andhatêngi / Sang Prabu kagagas / ing sedanirèng rama ji / pinarjaya ing Sang Parta //

28. duk samana nata ing Sindu nagari / Sang Prabu Surata / kamilurusên ing galih / têmahan dadya sedanya //

29. kunêng gantya wuwusên Dèwi Utari / pan sampun ambabar / wawratanira ing nguni / mijil jalu langkung pelag //

30. nanging pêjah saking guwa garba nguni / kataman brahmastra / Swatama kang angucupi / mangkyantuk parmaning dewa //

31. gêsanging kang jabang bayi awit dening / antuk pitulungnya / Sang Aprabu Arimurti / angambil ingkang brahmastra //

32. ingusadan wau ingkang jabang bayi / mulya lêbda jiwa / lulus gêsangira malih / sinung ran Pariksit ika //

33. kawarnaa praptaning môngsa wus mijil / ingkang aswameda / sinêksèn Sri Krêsna nguni / lawan bupraPrabu. Yuyudana //

34. miwah Krêtawarma myang para nrêpati / ing ngamônca praja / sadaya samya ngèstrèni / adêging kang aswameda //

4. Dhangdhanggêndhis

1. nahan ingkang kawuwusa malih / sira Sang Aprabu Drêtarasthra / nèng Ngastina salamine [sala...]

--- 87 ---

[...mine] / maksih wibawa tuhu / kamuktène kadi duk nguni / kineringan ing kathah / mung Sang Bima iku / kang ambêg sêngit kalintang / tansah dènnya nganiaya ngèsi-èsi / ing uwa Drêtarasthra //

2. ing antarantuk limalas warsi / laminira Prabu Drêtarasthra / dènnyanggung sakit ing tyase / rumasa yèn wus tutug / kamuktène mangkya anggalih / bosên anèng Ngastina / mangkana sang prabu / sêdya tilar kawibawan / arsa amratapa marang ing wanadri / jinurungan ing rama //

3. Rêsi Wyasa sampun anglilani / Drêtarasthra nulya nis samana / saking pura lan garwane / Dèwi Gandari iku / Sang Widura Sanjaya sami / Dèwi Kunti tut wuntat / nut sapurugipun / ingkang raka Drêtarasthra / tan winarna lamine wontên ing margi / enggale kang carita //

4. wus lêstari lampahing nrêpati / pan anjujug maring Kuruksetra / praptaning ngriku karsane / adhadhêkah sang prabu / prênahira datan atêbih / lan patapaning rama / Rêsi Wyasa iku / dupi antuk tigang warsa / Sang Bagawan Drêtarasthra nulya ngalih / marang ing Gônggadwara //

5. duk nalika munggèng ing wanadri / kapanuju ing wana kobongan / sang prabu dadya linane / Gandari Kunti tumut / sami seda katunwèng agni / Sanjaya myang Widura / mentar rêbat purug / Sanjaya ngungsi mring arga / Imalaya Widura maring asêpi / anggênturakên tapa //

6. atêtajin dhahar lawan guling / dahat dènnya amêsu sarira / ngêningkên tyas wêkasane / para Pandhawa rawuh / atêtuwi mangkya kapanggih / dènira angupaya / tan antara dangu / atmanira Sang Widura / mêsat saking sarira nulya anitis /

--- 88 ---

mring Prabu Yudhisthira //

7. kawarnaa ing Dwaraka magri / duk samana akèh katingalan / dalajat kang ala kabèh / sasmitaning dewa gung / tôndha praptaning kang bilai / prasapanira Sang Dyah / Gandari rumuhun / ing samangkya katêmahan / dhawahing prasapa marma Sang Krêsna Ji / rumasa praptèng laya //

8. dyan umentar Prabu Arimurti / èsthining tyas sêdyarsa tirakat / sawadya santana kabèh / kêbut tan ana kantun / pan umiring lampahira ji / praptèng dhusun Prabasa / nèng ngriku winuwus / Sang Yuyudana punika / nguman-uman mring Krêtawarma nyampahi / kawastanan wong kumpra //

9. dene nguni têka laku silib / dadak nyidra wong lagi nendra /Kurang satu suku kata: dadak nyidra wong lagi anendra /. Krêtawarma sakit tyase / dangu awawan wuwus / dadya aprang têmah kajodhi / Krêtawarma palastra / sirahnya karênggut / tinigas ing Yuyudana / otêring wong akèh tan antara sami / katut milu paprangan //

10. dhasar sampun sami wuru awis / dahat riwut tanbuh mungsuh rowang / mêmanasi pangamuke / nulya sami andaut / alang-alang kinarya gitik / kasabêtakên marang / lawananing pupuh / dene kambêngan punika / caritane ing nguni putrèng Krêsna Ji / kang wasta Radèn Sômba //

11. ingaturkên ing pandhita luwih / kang suputra kinèn amêcaa / nanging sinamur warnane / pinindha wanudya yu / dhasar sêdyanirarsa nyilib / paningaling pandhita / ing panêdyanin /Kurang satu suku kata: ing panêdyanipun. kang dadya patakènira / wong pawèstri puniki yèn babar benjing / badhe mijil punapa //

12. sang pandhita tan samar sayêkti / wus waspada ing paningalira / yèn iku jalu [ja...]

--- 89 ---

[...lu] jatine / kang pinindha dyah ayu / marma rêngu nitya sang rêsi / rumasa yèn kinarya / gêguyon satuhu / dening kang samya tumingal / dadya dhoso panêcanira sang rêsi / inggih èstri punika //

13. yèn ambabar ing benjing mêdali / gada tosan badhe dados marga- / ning karisakan sakèhe / bôngsa Yadawa iku / jalarane manggih bilai / saking gada punika / ing antara sampun / dumugining mangsanira / Radèn Sômba kayêktèn pêcaning rêsi / ambabar gada tosan //

14. ya ta karsanira sri bupati / adhêdhawah marang wadyanira / ingkang gada wêsi mangke / kinèn angêjur-êjur / binuwanga maring jaladri / kalampahan punika / lama-lama thukul / dadya kambêngan angrêbda / iya iku ingkang kabêdholan dening / sagung bala Yadawa //

15. kawarnaa malih kang ajurit / sabêt-sinabêt roning kambêngan / duk kasabêtkên têmahe / amalih warnanipun / sami dadya kang gada wêsi / singa katiban pêjah / riwuting pangamuk / sagunging bala Yadawa / mati sampyuh sadaya tan ana kari / mangkana Prabu Krêsna //

16. ngungsi maring madyaning wanadri / kapanggih lan raka Balarama / kang lagya mangun tapane / dupi kang rayi rawuh / Balarama nulya ngêmasi / atmanira umêsat / saking angganipun / warni naga sirah sasra / jumujug ing samudra ambyur ing warih / dadya kamulyanira //

17. Hyang Waruna amêthuk pribadi / lawan sagung para naga raja / anyênyuba ing praptane / naga kang sirah sèwu / ya ta Prabu Krêsna pan maksih / kèndêl lênggah ing kisma / mangkana kasaru /

--- 90 ---

ana prapta wong babêdhag / duk umiyat maring Prabu Arimurti / saking doh lamat-lamat //

18. pan dinalih bêburon wonadri / linêpasan warastra samana / Sri Krêsna kêna sukune / dadya antakanipun / atma mêsat sumêngkèng swargi / pinêthuk ing pra dewa / myang rêsi sadarum / kalintang sinungga-sungga / duk samana saratining Sang Krêsna Ji / awasta pun Daruka //

19. mring Ngastina ngaturi udani / tiwasipun kang bôngsa Yadawa / sampyuh sarêng antakane / lawan anuwun tulung / Sang Arjuna pinrih ngayumi / rumêksa jroning pura / ing Dwaraka iku / Sang Parta nulya umangkat / sapraptaning Dwaraka sampun kapanggih / lan Prabu Wasudewa //

20. ing antara dangu Sri Bupati / Wasudewa murcatma sumêngka / pangawak braja layone / sampun lajêng tinunu / nèng pancaka unggyanirèki / dalah garwa sakawan / pra sami tumutur / myang Dèwi Rukmini milya / minggah lêbu tumangan belani laki / de Dèwi Satyabama //

21. maksih kari wisata tumuli / mangun tapa nèng dhusun Kalapa / dene wadya sakantune / samyandhèrèk sadarum / mring Arjuna sêdya ngupadi / panggenan ingkang anyar / ya ta lampahipun / Sang Parta ngalèr parannya / putra santananing Krêtawarma nuli / sami sinungan prênah //

22. anèng Martikawata nagari / dene putraning Sang Yuyudana / wus kaprênahakên mangke / pinggiring kali agung / kang winastan ing Saraswati / buyuting Prabu Krêsna / jinênêngkên ratu / mêngku prajèng Ngindraprastha / ajêjuluk Sri Narendra Wajra nênggih / mangkana Sang Arjuna //

23. laju kondur mring NgantinaNgastina. nagri / tan antara lami ing Dwaraka / sirna sanagara [sa...]

--- 91 ---

[...nagara] kabèh / kinêlêm samudra gung / kawuwusa Yudhisthira Ji / dènnya jumênêng nata / nèng Ngastina ketung / antuk tridasa nêm warsa / duk sêmana sang prabu karsanirapti / atilar kawibawan //

24. sèlèh kaprabon mring Sang Pariksit / dyan ingangkat jumênêng narendra / anèng Ngastina prajane / dene ta eyangipun / Risang Dèwi Subadra mangkin / kinèn kari tênggaa / ing wayah sang prabu / kang jumênêng nata anyar / Rêsi Krêpa kang môngka guruning aji / momong anèng Ngastina //

25. Sang Yuyutsu minôngka pêpatih / wus mangkana kang pônca Pandhawa / myang Dyah Dropadi garwane / ngracut busanèng ratu / samya ngagêm caraning nguni / wisata saking praja / Krêpa myang Yuyutsu / sawadya ngatêr sadaya / praptèng sajawining praja nulya pamit / sami arêbat paran //

26. sasampuning mangkana lêstari / lampahira kang para Pandhawa / midêr ngubêngi jagade / anrang agraning gunung / Imalaya kang dèn wêtoni / sapangalère pisan / praptèng wukir Mèru / wusana sumêngkèng swarga / wus kapanggih lan para prawira nguni / kang kasambut ing aprang //

27. ing nalika punika winarni / wiwitipun jaman Kaliyuga / ênggèning lêlara gêdhe / kyèh kadursilan rawuh / myang sagunging piala juti / kongsi têkaning mangkya / punika kaetung / maksih jaman Kaliyuga / dene caritaning wong Indhu ing nguni / kang jaman Kaliyuga //

28. laminipun nênggih kawan kêthi / tigang lêksa kalihèwu warsa / praptaning mangkya etange / lagyantuk tigang èwu / kathahipun pancèwu warsi / benjang sawusing jaman / Kaliyuga wau / anulya jagad [ja...]

--- 92 ---

[...gad] pralaya / inggih jaman sanghara karisakaning / jagad sadayanira //

29. wus mangkana Prabu Pariksit /Kurang satu suku kata: wus mangkana Prabu Parikêsit. jumênênge nata ing Ngastina / kongsi sawidak warsane / prapta ing sedaniwun /sedanipun. kacakot ing nagendra nênggih / anama sang taksaka / gumantya kang sunu / Sang Prabu Janamejaya / namanira duk samana maksih alit / jumênêngira nata //

30. dupi sampun diwasa sang aji / ambêdhah ing prajèng Taksasila / numpês bala naga kabèh / mêmalês sedanipun / ingkang rama nata ing nguni / Prabu Janamejaya / punika winuwus / kang karsa miyarsakêna / caritaning gita Mahabaratèki / kang kinèn angungêlna //

31. Sang Wesampayana duk ing nguni / dènnya miyarsakkên kang carita / saking Rêsi Wyasa wite / Rêsi Wyasa puniku / duking nguni ingkang anganggit / gita Mahabarata / nanging yasanipun / datan mawi sinêratan / dene mangkya gancaring kôndha kinardi / basa Jawi punika //

32. kang amurwa angikêt kintaki / mawi sinawung sêkar macapat / Tuwan Wintêr panêngrane / juru basa kang sêpuh / dupi seda ingkang nambungi / kongsi praptaning tamat / kliwon pujanggèku / Ngabèi Rônggawarsita / marma datan mardawa awit mung darmi / kinèn nurut kewala //

--- 93 ---

7. Bab Kadhaton ing Surakarta Adiningrat.

Ingkang jumênêng nata ing nagari Surakarta ing sapunika Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Pakubuwana Senapati Ing Ngalaga Ngabdurahman Sayidin Panatagama ingkang kaping 8, kumandhir saking Ordhê Nèdêrlansê Leyo, putra dalêm panênggak Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Pakubuwana ingkang kaping 4, wiyosanipun kala ing dintên Sênèn Kaliwon tanggal kaping 24 wulan Rêjêb taun Alip ôngka 1715, utawi kaping 20 wulan April taun Wêlandi 1789. Kala rumiyin nama Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Angabèi, Kolonèl Ajidan Phansêtaph, ênggènipun jumênêng nata kala ing dintên Sênèn Pon tanggal kaping 4 wulan Syawal taun Jimakir ôngka 1786, utawi kaping 17 wulan Mèi taun Wêlandi 1858, anggêntosi ingkang rayi swargi Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Pakubuwana ingkang kaping 7. Garwa dalêm ing sapunika sampun botên wontên. Garwa ingkang wau putranipun swargi Kangjêng Pangeran Arya Purbanagara, ananging sampun seda, atilar putra-putri sakawan ingkang taksih sami sugêng: 1. Kangjêng Ratu Kadhaton, ingkang wau garwa dalêm swargi Kangjêng Susuhunan Pakubuwana ingkang kaping nêm; 2. Kangjêng Ratu Bêndara, garwanipun swargi Kangjêng Pangeran Arya Adiwijaya kaping kalih; 3. Kangjêng Ratu Kancana, garwa dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Sultan Amêngkubuwana ingkang kaping 6 ing Ngayogyakarta; 4. Kangjêng Ratu Anggèr, garwanipun Kangjêng Pangeran Arya Purbanagara. Putra dalêm kakung namung satunggal, ananging seda timur.

--- 94 ---

Ing ngandhap punika pratelanipun para pangeran ing nagari Surakarta Adiningrat ingkang taksih sami sugêng.

1. Pangeran putra dalêm swargi Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Pakubuwana ingkang kaping 4. 1. Kangjêng Pangeran Arya Yamawidura. 2. Kangjêng Pangeran Arya Pringgalaya. 3. Kangjêng Pangeran Arya Panji Priyambada.

2. Pangeran putra dalêm swargi Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Pakubuwana ingkang kaping 5. 1. Kangjêng Pangeran Arya Suryabrata. 2. Kangjêng Pangeran Arya Sôntakusuma. 3. Kangjêng Pangeran Arya Suryaningrat, wontên ing pulo Ambon. 4. Kangjêng Pangeran Arya Tumênggung Sindusena. 5. Kangjêng Pangeran Arya Suryadipura. 6. Kangjêng Pangeran Arya Suryakusuma.

3. Pangeran putra dalêm swargi Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Pakubuwana ingkang kaping 6. 1. Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Anom Amêngkunagara, Sudibya Rajaputra Narendra Mataram, Kolonèl Phansêtaph, ingkang wau nama Kangjêng Gusti Pangeran Arya Prabuwijaya. 2. Kangjêng Pangeran Arya Suryaatmaja.

--- 95 ---

4. Pangeran wayah dalêm swargi Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Pakubuwana ingkang kaping 3.

Putra dalêm swargi Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Pakubuwana ingkang kaping 4, sampun kasêbut ing nginggil.

Putranipun swargi Kangjêng Pangeran Arya Singasari kapisan. 1. Kangjêng Pangeran Arya Singasari kaping 2.

Putranipun swargi Kangjêng Gusti Pangeran Arya Mangkubumi kapisan. 1. Kangjêng Gusti Pangeran Arya Mangkubumi kaping 2, Kolonèl Phansêtaph. 2. Kangjêng Pangeran Arya Kusumadilaga, Litnan Kolonèl Phansêtaph.

Putranipun swargi Kangjêng Pangeran Arya Panular kapisan. 1. Kangjêng Pangeran Arya Panular kaping 2.

Putranipun swargi Kangjêng Pangeran Arya Dipanagara. 1. Kangjêng Pangeran Arya Dipawinata.

5. Pangeran wayah dalêm swargi Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Pakubuwana ingkang kaping 4.

Putra dalêm swargi Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Pakubuwana ingkang kaping 5, sampun kasêbut ing nginggil.

Putranipun swargi Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Arya Kusumayuda. 1. Kangjêng Pangeran Arya Kusumayuda.

--- 96 ---

2. Kangjêng Pangeran Arya Purbanagara, Kolonèl Prajurit dalêm jawi lêbêt sadaya.

Putranipun swargi Kangjêng Pangeran Arya Natapura kapisan. 1. Kangjêng Pangeran Arya Natapura kaping 2.

Putranipun swargi Kangjêng Pangeran Arya Jatikusuma kapisan. 1. Kangjêng Pangeran Arya Jatikusuma kaping 2.

Putranipun swargi Kangjêng Pangeran Arya Jayakusuma kapisan. 1. Kangjêng Pangeran Arya Jayakusuma kaping 2.

Putranipun swargi Kangjêng Pangeran Arya Balatèr kapisan. 1. Kangjêng Pangeran Arya Balatèr kaping 2.

Putranipun swargi Kangjêng Pangeran Arya Danupaya. 1. Kangjêng Pangeran Arya Danukusuma.

Putranipun swargi Kangjêng Pangeran Panjianom, 1. Kangjêng Pangeran Arya Dipakusuma.

6. Pangeran wayah dalêm swargi Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Pakubuwana ingkang kaping 5.

Putra dalêm swargi Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Pakubuwana ingkang kaping 6, sampun kasêbut ing nginggil.

Putranipun swargi Kangjêng Pangeran Arya Natabrata kapisan. 1. Kangjêng Pangeran Arya Natabrata kaping 2.

--- 97 ---

Putranipun swargi Kangjêng Pangeran Arya Kusumabrata kapisan. 1. Kangjêng Pangeran Arya Kusumabrata kaping 2.

Putranipun swargi Kangjêng Pangeran Arya Pringgakusuma kapisan. 1. Kangjêng Pangeran Arya Pringgakusuma kaping 2.

Putranipun Kangjêng Pangeran Arya Suryaningrat, mantu dalêm swargi Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Pakubuwana ingkang kaping 7. 1. Kangjêng Pangeran Arya Cakranagara. 2. Kangjêng Pangeran Arya Cakraadiningrat.

7. Pangeran buyut dalêm swargi Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Pakubuwana ingkang kaping 3.

Wayah dalêm swargi Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Pakubuwana ingkang kaping 4, sampun kasêbut ing nginggil.

Wayahipun swargi Kangjêng Gusti Pangeran Arya Mangkubumi kapisan. 1. Kangjêng Pangeran Riya Atmaja, putranipun Kangjêng Gusti Pangeran Arya Mangkubumi kaping 2. 2. Kangjêng Pangeran Arya Mangkudiningrat kaping 2, putranipun swargi Kangjêng Pangeran Arya Mangkudiningrat kapisan.

Wayahipun swargi Kangjêng Pangeran Arya Pamot inggih Kangjêng Panêmbahan Jurumartani. 1. Kangjêng Pangeran Arya Pamot kaping 3, putranipun swargi Kangjêng Pangeran Arya Pamot kaping 2.

--- 98 ---

Wayahipun swargi Kangjêng Pangeran Arya Adinagara. 1. Kangjêng Pangeran Arya Adinagara kaping 2, putranipun Radèn Mas Kolonèl Arya Adiwinata.

8. Pangeran ing Kamangkunagaran ingkang ngabdi ing Kasunanan.

Putranipun swargi Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Arya Mangkunagara kaping 2. 1. Kangjêng Pangeran Arya Prabu Suryaamijaya.

Putranipun swargi Kangjêng Pangeran Arya Adiwijaya kaping 2, waunipun kamantu ing Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Ngabèi, ing sapunika ingkang jumênêng nata. 1. Kangjêng Pangeran Arya Adiwijaya kaping 3. 2. Kangjêng Pangeran Arya Adisurya.

Ing ngandhap punika pratelanipun para pangeran ing Kamangkunagaran ingkang taksih sami sugêng.

1. Pangeran putranipun swargi Kangjêng Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Arya Mangkunagara kaping 2. 1. Kangjêng Pangeran Arya Suryanataningrat, Litnan Kolonèl Prajurit Artilêri.

--- 99 ---

2. Pangeran putranipun swargi Kangjêng Pangeran Arya Adiwijaya kapisan ingkang kamantu ing Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Arya Mangkunagara kaping 2. 1. Kangjêng Pangeran Arya Kusumadiningrat, Mayor Phansêtaph. 2. Kangjêng Pangeran Adipati Arya Mangkunagara kaping 4, Kolonèl Kumêndhan ing Lesiyunipun piyambak, saha Ridêr saking Ordhê Nèdêrlansê Leyo, ingkang wau nama Kangjêng Pangeran Arya Gôndakusuma, sasedanipun ingkang raka nak-sanak Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Arya Mangkunagara kaping 3, kala ing dintên Kêmis Lêgi tanggal kaping 25 wulan Mulud taun Jimawal ôngka 1781 utawi kaping 6 wulan Januari taun Wêlandi 1853, wanci siyang pukul sapisan, lajêng anggêntosi nama Pangeran Adipati Arya Prabu Prangwadana rumiyin, jumênêngipun kala ing dintên Jumungah Wage tanggal kaping 14 wulan Jumadilakir taun Jimawal ôngka 1781, utawi kaping 25 wulan Marêt taun Wêlandi 1853, sarêng sampun jumênêng pangeran adipati tumuntên krama angsal putranipun swargi Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Arya Mangkunagara kaping 3 wau, wondening pangangkatipun dados Pangeran Adipati Arya Mangkunagara kaping 4, kala ing dintên Rêbo Kaliwon tanggal kaping 27 wulan Sura taun [tau...]

--- 100 ---

[...n] Jimakir ôngka 1786, utawi kaping 16 wulan Sèptèmbêr taun Wêlandi 1857, dene ingkang kangge dintên panjênênganipun, tanggal kaping 25 wulan Bêsar, manut titimangsaning sêrat nawalanipun kangjêng gupêrmèn.

3. Pangeran putranipun swargi Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Arya Mangkunagara kaping 3. 1. Kangjêng Pangeran Arya Suryadiningrat, Mayor Ajidan Prajurit Inphantêri ing Lesiyun Mangkunagaran. 2. Kangjêng Pangeran Arya Surya Mataram, Ritmister Prajurit Dragondêr ing Lesiyun Mangkunagaran.

4. Pangeran putranipun Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Arya Mangkunagara kaping 4, ingkang jumênêng sapunika. 1. Kangjêng Pangeran Arya Gôndakusuma, Mayor Prajurit Inphantêri ing Lesiyun Mangkunagaran. 2. Kangjêng Pangeran Arya Gôndasaputra, Kapitan Prajurit Inphantêri ing Lesiyun Mangkunagaran.

--- 101 ---

8. Bab Kadhaton ing Ngayogyakarta Adiningrat.

Ing Ngayogyakarta ingkang jumênêng ratu ing sapunika Ingkang Sinuhun Kangjêng Sultan Amêngkubuwana Senapati Ing Ngalaga Ngabdurahman Sayidin Panatagama Khaliphatullah ingkang kaping 6, Kumandhir saking Ordhê Nèdêrlansê Leyo, putra dalêm panênggak swargi Ingkang Sinuhun Kangjêng Sultan Amêngkubuwana ingkang kaping 4, kasêbut nama Sinuhun Jarot utawi Sinuhun Bêsiyar, patutan saking ingkang garwa Kangjêng Ratu Kancana, ing sapunika nama Kangjêng Ratu Agêng, putranipun swargi Kangjêng Ratu Anggèr patutan saking Kangjêng Radèn Adipati Danurêja kaping kalih. Wiyosan dalêm Kangjêng Sultan ingkang sapunika kala ing dintên Akhad Pon tanggal kaping 20 wulan Dulkangidah taun Ehe ôngka 1748, utawi kaping 19 wulan Ogustus taun Wêlandi 1821.

Sasedanipun ingkang rama Kangjêng Sultan Amêngkubuwana ingkang kaping 4 wau, kala ing dintên Jumungah Paing tanggal kaping 21 wulan Mulud taun Je ôngka 1750, utawi kaping 6 wulan Dhesèmbêr taun Wêlandi 1822, lajêng kagêntosan ingkang putra pambajêng anama Kangjêng Sultan Amêngkubuwana ingkang kaping 5, kala sêmantên taksih timur, yuswanipun sawêg tigang taun. Surudipun Kangjêng Sultan Amêngkubuwana ingkang kaping 5 punika kala ing dintên malêm Slasa Lêgi tanggal kaping 19 wulan Siyam taun Dal ôngka

--- 102 ---

1783, utawi kaping 5 wulan Juni taun Wêlandi 1855 wanci pukul satêngah wolu, botên tilar putra kakung, ananging garwa dalèm Kangjêng Ratu Kadhaton putranipun Kangjêng Pangeran Arya Suryaningalaga ing Ngayogyakarta, panuju anggarbini sêpuh, sarêng babar miyos kakung, anama Radèn Mas Gusti Mukhamad. Dene ingkang gêntosi kaprabon rayi dalêm Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Kolonèl Ajidan Phansêtaph Mangkubumi, dados Ingkang Sinuhun Kangjêng Sultan Amêngbuwana kaping 6 ingkang sapunika, wondening gènipun jumênêng nata kala ing dintên Kêmis Lêgi tanggal kaping 19 wulan Syawal taun Dal ôngka 1783, utawi kaping 5 wulan Juli taun Wêlandi 1855, garwa dalêm namung satunggil nama Kangjêng Ratu Kancana, putra dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Pakubuwana kaping 8 ing Surakarta ingkang jumênêng ing sapunika, putra dalêm saking garwa padmi namung satunggil taksih timur, anama Radèn Ajêng Gusti Sêkar Kadhaton.

Taun ingkang kapêngkêr punika wontên putra dalêm kalih saking garwa sêlir, kajumênêngakên dados pangeran, ingkang satunggil Radèn Mas Sudama kaparingan nama Kangjêng Pangeran Arya Purbaya, ingkang satunggil Radèn Mas Ismangil kaparingan nama Kangjêng Pangeran Arya Surya Mantaram. Wondening jumênêngipun kala ing dintên Sênèn Kliwon tanggal kaping 21 wulan Ruwah taun Jimawal ôngka 1789 utawi kaping 4 wulan Marêt taun Wêlandi 1861.

--- 103 ---

Ing ngandhap punika pratelanipun para pangeran ing nagari Ngayogyakarta Adiningrat ingkang taksih sami sugêng.

1. Pangeran putra dalêm swargi Ingkang Sinuhun Kangjêng Sultan Amêngkubuwana ingkang kaping 2. 1. Kangjêng Pangeran Arya Juminah. 2. Kangjêng Pangeran Arya Bintara. 3. Kangjêng Pangeran Arya Litnan Kolonèl Arya Pugêr. 4. Kangjêng Pangeran Arya Jayakusuma. 5. Kangjêng Pangeran Arya Adinagara. 6. Kangjêng Pangeran Arya Pujakusuma.

2. Pangeran putra dalêm swargi Ingkang Sinuhun Kangjêng Sultan Amêngkubuwana ingkang kaping 3. 1. Kangjêng Pangeran Arya Suryaningalaga. 2. Kangjêng Pangeran Arya Purwadiningrat. 3. Kangjêng Pangeran Arya Suryawijaya. 4. Kangjêng Pangeran Arya Suryabrôngta. 5. Kangjêng Pangeran Arya Têpasana.

3. Pangeran putra dalêm swargi Ingkang Sinuhun Kangjêng Sultan Amêngkubuwana ingkang kaping 4. 1. Kangjêng Pangeran Litnan Kolonèl Arya Suryadiningrat.

--- 104 ---

2. Kangjêng Pangeran Litnan Kolonèl Arya Suryanagara.

4. Pangeran putra dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Sultan Amêngkubuwana ingkang kaping 6. 1. Kangjêng Pangeran Litnan Kolonèl Phansêtaph Arya Angabèi.

5. Pangeran wayah dalêm swargi Ingkang Sinuhun Kangjêng Sultan Amêngkubuwana ingkang kaping 1.

Putra dalêm swargi Ingkang Sinuhun Kangjêng Sultan Amêngkubuwana ingkang kaping 2, sampun kasêbut ing nginggil.

Putra dalêm swargi Kangjêng Pangeran Arya Angabèi kapisan. 1. Kangjêng Pangeran Arya Mulyakusuma.

Putranipun swargi Kangjêng Pangeran Arya Mangkukusuma. 1. Kangjêng Pangeran Arya Mangkukusuma kaping 2.

6. Pangeran wayah dalêm swargi Ingkang Sinuhun Kangjêng Sultan Amêngkubuwana ingkang kaping 2.

Putra dalêm swargi Ingkang Sinuhun Kangjêng Sultan Amêngkubuwana ingkang kaping 3, sampun kasêbut ing nginggil.

Putranipun swargi Kangjêng Pangeran Arya Mangkudiningrat.

1. Kangjêng Pangeran Arya Pakuningrat. 2. Kangjêng Pangeran Arya Cakradiningrat. 3. Kangjêng Pangeran Arya Mulyadiningrat.

--- 105 ---

4. Kangjêng Pangeran Arya Cakrakusuma.

Putranipun swargi Kangjêng Panêmbahan Mangkurat. 1. Kangjêng Pangeran Arya Mayor Natadiningrat. 2. Kangjêng Pangeran Arya Mayor Suryawinata.

Putranipun swargi Kangjêng Ratu Anggèr kagarwa ing Kangjêng Radèn Adipati Danurêja kaping kalih. 1. Kangjêng Pangeran Litnan Kolonèl Ajidan Phansêtaph Arya Yudanagara.

7. Pangeran wayah dalêm swargi Ingkang Sinuhun Kangjêng Sultan Amêngkubuwana ingkang kaping 3.

Putra dalêm swargi Ingkang Sinuhun Kangjêng Sultan Amêngkubuwana ingkang kaping 4, sampun kasêbut ing nginggil.

Putranipun Kangjêng Pangeran Arya Suryaningalaga. 1. Kangjêng Pangeran Arya Kusumanagara. 2. Kangjêng Pangeran Arya Suryaatmaja.

8. Pangeran buyut dalêm swargi Ingkang Sinuhun Kangjêng Sultan Amêngkubuwana ingkang kaping 2.

Wayah dalêm swargi Ingkang Sinuhun Kangjêng Sultan Amêngkubuwana ingkang kaping 3, sampun kasêbut ing nginggil.

Wayahipun swargi Kangjêng Pangeran Arya Mangkudiningrat.

--- 106 ---

1. Kangjêng Pangeran Arya Mayor Natapraja, putranipun swargi Kangjêng Pangeran Adipati Kolonèl Natapraja.

Ing ngandhap punika pratelanipun para pangeran ing Pakualaman ingkang taksih sami sugêng.

1. Pangeran putranipun swargi Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Pakualam ingkang kapisan. 1. Kangjêng Pangeran Arya Suryaningprang. 2. Kangjêng Pangeran Litnan Arya Suryèngjurit. 3. Kangjêng Pangeran Litnan Arya Suryamisena.

2. Pangeran putranipun swargi Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Pakualam ingkang kaping 2. 1. Kangjêng Pangeran Arya Suryaningrat. 2. Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Litnan Kolonèl Kumêndhan Surya Sasraningrat, ingkang wau nama Kangjêng Pangeran Litnan Kolonèl Arya Sasraningrat, wiyosanipun kala ing dintên Kêmis Paing tanggal kaping 30 wulan Jumadilawal taun Alip ôngka 1755, utawi kaping 20 wulan Dhesèmbêr taun Wêlandi 1827, patutan saking Kangjêng Ratu Ayu, putra dalêm swargi Kangjêng Sultan Amêngkubuwana ingkang kaping 2, sasedanipun ingkang [ing...]

--- 107 ---

[...kang] rama kala ing dintên Jumungah Kliwon tanggal kaping 12 wulan Bêsar taun Jimakir ôngka 1786, utawi kaping 23 wulan Juli taun Wêlandi 1858, wanci siyang pukul kalih, lajêng anggêntosi nama Pangeran Adipati Litnan Kolonèl Kumêndhan Surya Sasraningrat. Jumênêngipun kala ing dintên Rêbo Wage tanggal kaping 23 wulan Jumadilawal taun Alip ôngka 1787 utawi kaping 29 wulan Dhesèmbêr taun Wêlandi 1858. Ingkang garwa anama Radèn Ayu Adipati Surya Sasraningrat putranipun Kangjêng Pangeran Arya Pugêr ing Ngayogyakarta. 3. Kangjêng Pangeran Ritmistêr Arya Gôndawinata.

Ingkang kasêbut ing nginggil wau sadaya, manawi wontên ingkang lêpat utawi kêkirangan, ingkang mugi wontêna pangapuntênipun para priyantun ingkang karsa amriksani, sintên ingkang sumêrêp lêrêsipun, mugi suka pitêdah kawrat ing sêrat dhumatêng Tuwan Phandêrphalêk ing nagari Surakarta, punika ingkang amakili sapêngkêripun Tuwan Kohènsêtiwar kesah dhatêng nagari Wêlandi. Mêkatên ugi sanès nagari ingkang kalêbêt wawêngkoning tanah Jawi, ing pundi wontên pangeran sasaminipun priyantun agêng, mugi kapratelakna ing nama saha kalênggahanipun tuwin ingkang apêputra, supados benjing sagêd kaêtrapakên wontên ing Sêrat Pananggalan.

--- 108 ---

Pratelaning Kalêpatan.

Kaca 50 tanggal 29 wulan Jumadilawal amawi têngêr bintangan, punika lêpat, lêrêsipun ingkang mawi têngêr bintangan punika tanggal 1 Jumadilakir, ingkang punika mênawi kaupadosan ing pratelanipun dintên agêngipun tiyang Jawi, tanggal wau kalih pisan botên kapanggih, ingkang kapanggih tanggal 30 wulan Jumadilawal, inggih punika dintên wiyosanipun Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Surya Sasraningrat ing Ngayogyakarta; ing taun Dal punika wulan Jumadilawal namung 29 dintên, ananging ing Ngayogyakarta wartosipun têtêp 30 dintên, dados ing Ngayogyakarta dintên wiyosanipun Kangjêng Pangeran Adipati wau dhawahipun Akhad Wage tanggal 30 Jumadilawal, inggih punika Akhad Wage tanggal 1 Jumadilakir ing Sêrat Pananggalan punika, mêkatên ugi tingalan dalêm panjênêngan akalihan tingalan dalêm wiyosan Kangjêng Sultan ing Ngayogyakarta, kabar wontên gèsèhipun sadintên.

Kaca 66 ing ngandhap wontên mungêl taun Je ôngka 1277. Punika lêpat, lêrêsipun 1278.

Salamining pangêcap, Kangjêng Ratu Anggèr garwanipun Kangjêng Pangeran Arya Purbanagara ing Surakarta, atilar donya kondur ing rahmatullah kala ing dintên Rêbo Kliwon tanggal kaping 20 wulan Rabingulawal taun Je ôngka 1790, utawi kaping 25 wulan Sèptèmbêr taun Wêlandi 1861.