Sastra Jawa

Program Digitalisasi Sastra Daerah

  • Increase font size
  • Default font size
  • Decrease font size

Almanak, Van Dorp, 1865, #1580

Katalog:Almanak, Van Dorp, 1865, #1580
Sambung:-

Javaansche Almanak

voor 1865. (Twaalfde Jaargang), ONDER REDACTIC VAN A. B. COHEN STUART. ambtenaar voor de Jar. taal en letterkunde to BATAVIA uitgegeven door G. C. T. van DORP te Samarang.

Sêrat Pananggalan

ingkang kaping 12 kangge ing taun Wêlandi 1865

Ingkang nganggit Tuwan Kohènsêtiwar, priyantun amarsudi kasusastran Jawi ing nagari Batawi, Ingkang ngêcap Tuwan Phan Dhorêp ing nagari Samawis.

--- 100 ---

348. ancur rukmi (pijêr) waringin mindha karoya (êprih) / dèn prihatin aja pijêr mangan nendra //

349. Sabuk pinjung (sampur) randhaning siratilarsa (jalirih) / dèn aririh budi sampurnaning gêsang //

350. mrica kêcut (wuni) rêjasa ginawa jala (tampang) / aja wani gumampang barang wicara //

--- 101 ---

7). Bab Kadhaton ing Surakarta Adiningrat.

Ingkang jumênêng ratu ing nagari Surakarta ing sapunika Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Pakubuwana Senapati Ing Ngalaga Ngabdurahman Sayidin Panatagama ingkang kaping 9, Jendral Mayor ing Wadyabala dalêm Kangjêng Raja Nèdêrlan. Putra dalêm pambajêng swargi Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Pakubuwana ingkang kaping 6, patutan saking ingkang garwa Kangjêng Ratu Mas ing sapunika nama Kangjêng Ratu Agêng, wiyosanipun kala ing dintên Rêbo Kliwon tanggal kaping 7 wulan Rêjêb taun Je, ôngka 1758, utawi kaping 22 wulan Dhesèmbêr taun Welandi 1830, sarêng diwasa anama Kangjêng Gusti Pangeran Arya Prabuwijaya, ing sasedanipun swargi Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Pakubuwana ingkang kaping 7, kala ing taun Jimakir ôngka 1786, utawi taun Wêlandi 1858, lajêng kaangkat nama Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Anom. Dumugi surud dalêm swargi ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Pakubuwana ingkang kaping 8, lajêng anggêntosi jumênêng nata, kala ing dintên Sênèn Lêgi tanggal kaping 27 wulan Jumadilakir taun Je ôngka 1790, utawi kaping 30 wulan Dhesèmbêr taun Wêlandi 1861.

--- 102 ---

Para pangeran ingkang tilar donya salêbêting taun ingkang kapêngkêr punika namung kêkalih, sami putranipun swargi Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Arya Mangkunagara ingkang kaping 2.

1. Kangjêng Pangeran Arya Surya Nataningrat, Litnan Kolonèl Phansêtaph, sedanipun kala ing dintên Jumungah Lêgi tanggal kaping 14 Rêjêb taun Be 1792, utawi kaping 25 Dhesèmbêr 1863.

2. Kangjêng Pangeran Arya Suryaamijaya, sedanipun kala ing dintên Rêbo Wage kaping 4 Bêsar taun Be 1792, utawi kaping 11 Mèi 1864.

Ingkang jumênêng pangeran enggal punika sakawan.

1. Radèn Mas Suwenda, putranipun swargi Kangjêng Pangeran Panji Suryadipura, dados wayah dalêm Ingkang Sinuhun kaping 5, anggêntosi namanipun ingkang rama, kala ing dintên Sênèn Paing kaping 14 Rêjêb taun Be 1792, utawi kaping 21 Dhesèmbêr l863.

2. Radèn Mas Arya Gôndasewaya, putranipun Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Arya Mangkunagara kaping 4, saking garwa sêpuh ingkang sampun surud. Jumênêng pangeran anama Kangjêng Pangeran Arya Gôndasewaya, kala ing dintên Akhad Lêgi kaping 25 Sawal taun Be 1792, utawi kaping 3 April 1864.

--- 103 ---

3. Radèn Mas Sudibya, sami putranipun Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Arya Mangkunagara wau, ananging saking garwa ingkang sapunika, jumênêng pangeran anama Kangjêng Pangeran Arya Prabu Sudibya, inggih tunggil dintên kalihan ingkang raka wau.

4. Radèn Mas Arya Atmawijaya, putranipun swargi Kangjêng Pangeran Arya Suryaamijaya, dados wayahipun Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Mangkunagara kaping 2, anggêntosi namanipun ingkang rama, kala ing dintên Kêmis Paing kaping 29 Mulud taun Wawu 1793, utawi kaping 1 Sèptèmbêr taun Wêlandi 1864.

Ing ngandhap punika pratelanipun para ratu garwa dalêm ing Surakarta.

1) Ratu garwa dalêm swargi Ingkang Sinuhun Pakubuwana ingkang kaping 6. 1. Kangjêng Ratu Madurêtna, putranipun swargi kangjêng Pangeran Arya Adinagara ing Surakarta. 2. Kangjêng Ratu Agêng, ibu dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan ingkang jumênêng ing sapunika, kala rumiyin nama Kangjêng Ratu Mas, putranipun Kangjêng Gusti Pangeran Arya Mangkubumi ingkang kaping 1 ing Surakarta.

2) Ratu Garwa dalêm swargi Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Pakubuwana ingkang [ing...]

--- 104 ---

[...kang] kaping 7. 1. Kangjêng Ratu Pakubuwana, putra dalêm swargi Kangjêng Sultan Cakraadiningrat ing Madura.

Ing ngandhap punika pratelanipun para putra dalêm kakung utawi putri ingkang patutan saking garwa padmi, sapanunggilanipun para pangeran putra sadaya.

1). Putra dalêm swargi Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Pakubuwana ingkang kaping 4. 1. Kangjêng Pangeran Arya Pringgalaya. 2. Kangjêng Pangeran Panji Priyambada.

2). Putra dalêm swargi Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Pakubuwana ingkang kaping 5. 1. Kangjêng Pangeran Arya Suryabrata. 2. Kangjêng Pangeran Sôntakusuma. 3. Kangjêng Pangeran Natadiningrat wontên ing pulo Ambon. 4. Kangjêng Pangeran Suryaningrat wontên ing pulo Ambon. 5. Kangjêng Pangeran Tumênggung Sindusena. 6. Kangjêng Pangeran Arya Suryakusuma.

3). Putra dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Pakubuwana ingkang kaping 6.

--- 105 ---

1. Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan ingkang jumênêng sapunika. 2. Kangjêng Pangeran Arya Suryaatmaja, Kaptin Ajidhanipun Kangjêng Tuwan Ingkang Wicaksana Guphêrnur Jendral.

4). Putra dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Pakubuwana ingkang kaping 7. 1. Radèn Ayu Sêkar Kadhaton.

5). Putra dalêm swargi Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Pakubuwana ingkang kaping 8. 1. Gusti Kangjêng Ratu Kadhaton, kala rumiyin nama Kangjêng Ratu Bêndara, kagarwa swargi Kangjêng Pangeran Arya Juru Nataningrat ing Surakarta. 2. Gusti Kangjêng Ratu Bêndara, kagarwa swargi Kangjêng Pangeran Arya Adiwijaya ingkang kaping 2 ing Surakarta. 3. Gusti Ratu Kancana, garwa dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Sultan Amêngkubuwana ingkang kaping 6 ing Ngayogyakarta.

6). Putra dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Pakubuwana ingkang kaping 9. 1. Kangjêng Pangeran Arya Angabèi.

Ing ngandhap punika pratelanipun para pangeran santana ing Kasunanan.

1). Pangeran wayah dalêm swargi Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Pakubuwana [Pakubuwa...]

--- 106 ---

[...na] ingkang kaping 3.

Putranipun swargi Kangjêng Pangeran Arya Singasari kapisan. 1. Kangjêng Pangeran Arya Singasari kaping 2.

Putranipun swargi Kangjêng Gusti Pangeran Arya Mangkubumi kapisan. 1. Kangjêng Pangeran Arya Kusumadilaga, Litnan Kolonèl Phansêtaph.

Putranipun swargi Kangjêng Pangeran Arya Panular kapisan. 1. Kangjêng Pangeran Arya Panular kaping 2.

Putranipun swargi Kangjêng Pangeran Arya Dipanagara. 1. Kangjêng Pangeran Arya Dipawinata.

2). Pangeran wayah dalêm swargi Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Pakubuwana ingkang kaping 4.

Putranipun swargi Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Arya Kusumayuda. 1. Kangjêng Pangeran Arya Kusumayuda. 2. Kangjêng Pangeran Arya Purbanagara, Kolonèl Prajurit dalêm jawi lêbêt sadaya.

Putranipun swargi Kangjêng Gusti Pangeran Arya Natapura kapisan. 1. Kangjêng Pangeran Arya Natapura kaping 2.

Putranipun swargi Kangjêng Pangeran Arya Jatikusuma kapisan. 1. Kangjêng Pangeran Arya Jatikusuma kaping 2.

--- 107 ---

Putranipun swargi Kangjêng Pangeran Arya Jayakusuma kapisan. 1. Kangjêng Pangeran Arya Jayakusuma kaping 2.

Putranipun swargi Kangjêng Pangeran Arya Widura. 1. Kangjêng Pangeran Arya Mandurarêja.

Putranipun swargi Kangjêng Pangeran Arya Danupaya. 1. Kangjêng Pangeran Arya Danukusuma.

Putranipun swargi Kangjêng Pangeran Panjianom. 1. Kangjêng Pangeran Arya Dipakusuma.

3). Pangeran wayah dalêm swargi Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Pakubuwana ingkang kaping 5.

Putranipun swargi Kangjêng Pangeran Arya Natabrata kapisan. 1. Kangjêng Pangeran Arya Natabrata kaping 2.

Putranipun swargi Kangjêng Pangeran Arya Kusumabrata kapisan 1. Kangjêng Pangeran Arya Kusumabrata kaping 2.

Putranipun swargi Kangjêng Pangeran Arya Pringgakusuma kapisan. 1. Kangjêng Pangeran Arya Pringgakusuma kaping 2.

Putranipun Kangjêng Pangeran Arya Suryaningrat, mantu dalêm swargi Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Pakubuwana ingkang kaping 7. 1. Kangjêng Pangeran Arya Cak ranagara. 2. Kangjêng Pangeran Arya Cakraadiningrat.

Putranipun swargi Kangjêng Pangeran Panji Suryadipura kapisan.

--- 108 ---

1. Kangjêng Pangeran Panji Suryadipura kaping 2.

4). Pangeran buyut dalêm swargi Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Pakubuwana ingkang kaping 3.

Wayahipun swargi Kangjêng Gusti Pangeran Arya Mangkubumi kapisan. 1. Kangjêng Pangeran Riyaatmaja, putranipun swargi Kangjêng Gusti Pangeran Arya Mangkubumi kaping 2. 2. Kangjêng Pangeran Arya Mangkudiningrat kaping 2, putranipun swargi Kangjêng Pangeran Arya Mangkudiningrat kapisan.

Wayahipun swargi Kangjêng Pangeran Arya Pamot, inggih Kangjêng Panêmbahan Juru Martani. 1. Kangjêng Pangeran Arya Pamot kaping 3, putranipun swargi Kangjêng Pangeran Arya Pamot kaping 2.

Wayahipun swargi Kangjêng Pangeran Arya Adinagara. 1. Kangjêng Pangeran Arya Adinagara kaping 2, putranipun Radèn Mas Kolonèl Arya Adiwinata.

5). Pangeran ing Kamangkunagaran, ingkang ngabdi ing Kasunanan.

Putranipun swargi Kangjêng Pangeran Arya Adiwijaya kaping 2. 1. Kangjêng Pangeran Arya Adiwijaya kaping 3. 2. Kangjêng Pangeran Arya Adisurya.

Wayahipun swargi Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Arya Mangkunagara kaping 2.

--- 109 ---

1. Kangjêng Pangeran Arya Suryaamijaya kaping 2, putranipun swargi Kangjêng Pangeran Arya Suryaamijaya kapisan.

Ing ngandhap punika pratelanipun para pangeran ing Kamangkunagaran.

1). Pangeran putranipun swargi Kangjêng Pangeran Arya Adiwijaya kapisan, ingkang kamantu ing Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Arya Mangkunagara kaping 2. 1. Kangjêng Pangeran Arya Kusumadiningrat, Mayor Phansêtaph. 2. Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Arya Mangkunagara kaping 4, Kolonèl Kumandhan ing Lesiyunipun piyambak saha Ridêr saking Ordhê Nèdêrlansê Leyo, kala rumiyin nama Kangjêng Pangeran Arya Gôndakusuma, sasedanipun ingkang raka nak-sanak Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Arya Mangkunagara kaping 3, kala ing dintên Kêmis Lêgi tanggal kaping 25 wulan Mulud taun Jimawal ôngka 1781, utawi kaping 6 wulan Januari taun Wêlandi 1853 wanci siyang pukul sapisan, lajêng anggêntosi nama Pangeran Adipati Arya Prabu Prangwadana, jumênêngipun kala ing dintên Jumungah Wage tanggal kaping 14 wulan Jumadilakir taun Jimawal ôngka 1781, utawi kaping 25 wulan Marêt taun Wêlandi 1853, sarêng sampun jumênêng pangeran adipati tumuntên [tumuntê...]

--- 110 ---

[...n] krama angsal putranipun swargi Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Arya Mangkunagara kaping 3 wau, wondening pangangkatipun dados Pangeran Adipati Arya Mangkunagara kaping 4 kala ing dintên Rêbo Kaliwon tanggal kaping 27 wulan Sura taun Jimakir ôngka 1786, utawi kaping 16 wulan Sèptèmbêr taun Wêlandi 1857, dene ingkang kangge dintên panjênênganipun tanggal kaping 25 wulan Bêsar, manut titimangsane sêrat nawalanipun Kangjêng Guphêrmèn.

2). Pangeran putranipun swargi Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Arya Mangkunagara kaping 3. 1. Kangjêng Pangeran Arya Suryadiningrat, Litnan Kolonèl Titulèr. 2. Kangjêng Pangeran Arya Surya Mataram, Ritmistêr Honorèr.

3). Pangeran putranipun Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Arya Mangkunagara kaping 4 ingkang jumênêng sapunika. 1. Kangjêng Pangeran Arya Gôndakusuma, Litnan Kolonèl Prajurit Inphantêri ing Lesiyun Mangkunagaran. 2. Kangjêng Pangeran Arya Gôndasaputra, Mayor Prajurit Inphantêri ing Lesiyun Mangkunagaran. 3. Kangjêng Pangeran Arya Gôndasewaya. 4. Kangjêng Pangeran Arya Prabu Suditya.

--- 111 ---

Bab Kadhaton ing Ngayogyakarta Adiningrat.

Ing Ngayogyakarta ingkang jumênêng ratu ing sapunika Ingkang Sinuhun Kangjêng Sultan Amêngkubuwana Senapati Ingalaga Ngabdurahman Sayidin Panatagama Kaliphatullah ingkang kaping 6, Jendral Mayor Kumandhir saking Ordhe Nèdêrlansê Leyo, putra dalêm panênggak swargi Ingkang Sinuhun Kangjêng Sultan Amêngkubuwana kaping 4, kasêbut nama Sinuhun Jarot utawi Sinuhun Bêsiyar, patutan saking ingkang garwa Kangjêng Ratu Kancana, ing sapunika nama Kangjêng Ratu Agêng, putranipun swargi Kangjêng Ratu Anggèr patutan saking Kangjêng Radèn Adipati Danurêja kaping kalih. Wiyosan dalêm Kangjêng Sultan ingkang sapunika kala ing dintên Akhad Pon tanggal kaping 20 wulan Dulkangidah taun Ehe ôngka 1748, utawi kaping 19 wulan Ogustus taun Wêlandi 1821. Sasedanipun ingkang rama Kangjêng Sultan Amêngkubuwana ingkang kaping 4 wau, kala ing dintên Jumungah Paing tanggal kaping 21 wulan Mulud taun Je ôngka 1750, utawi kaping 6 wulan Dhesèmbêr taun Wêlandi 1822, lajêng kagêntosan ingkang putra pambajêng anama Kangjêng Sultan Amêngkubuwana ingkang kaping 5, kala sêmantên taksih timur, yuswanipun sawêg tigang taun. Surudipun Kangjêng Sultan Amêngkubuwana ingkang kaping 5 punika kala ing dintên malêm Slasa Lêgi tanggal kaping 20 wulan Siyam taun Dal ôngka 1783, utawi kaping 5 wulan Juni

--- 112 ---

...

--- 74 ---

d. Mênggah tiyang Wêlandi sawêg Sabtu sontên utawi dalu, panjingipun dintên Akhad mênggah tiyang Wêlandi manawi dumugi ing têngah dalunipun. Puputing dintên Akhad wau yèn sampun dumugi têngah dalu malih, inggih punika ingkang katurut ing Sêrat Pananggalan punika, dados santuning dintên kaetang saking têngah dalu, upaminipun mêkatên. Yèn ing Sêrat Pananggalan punika ing dintên Salasa kaping 5 wulan Sèptèmbêr dhawahipun wulan purnama, dene dhawahe wulan purnama wau manawi kaetang ingkang rêsik dhawahipun ing nagari Samawis wanci dalu liwat pukul sanga, yèn tiyang Jawi mastani malêm Rêbo, ananging tiyang Wêlandi amastani Salasa dalu, awit panjinging dintên Rêbo sarêng dumugi ing têngah dalunipun. Mêkatên ugi sapanunggilanipun sadaya.

Bab Pranatan Enggal Ing Ngayogyakarta.

Ing nagari Ngayogyakarta punika ngantos sapriki kirang gênah lampahing kurup, rujuk tuwin gèsèhipun kalihan khurup Surakarta ingkang sampun kapratelakakên ngajêng punika, mila pratelaning dintên agêng ing Ngayogyakarta wau asring ewah utawi kalêpatan. Ing môngka saking dhawah dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Sultan Amêngkubuwana kaping 6 lampahing pananggalan kawanguna murih têtêpipun ingkang sarta gampilipun kangge ing akathah, wondening patrapipun ingkang kathah-kathah inggih sami kados pananggalan ing Surakarta wau kemawon. Naming taun Dal punika kasamèkakên kados taun ingkang kathah-kathah, kalih dening malih patrapipun taun Wuntu punika kaewahan. Ingkang kadamêl taun Wuntu punika taun Ehe Dal Jimakir, dene nêptuning taun nêptuning wulan taksih têtêp kemawon kados ingkang kapratelakakên ing kaca 28 ngajêng, ananging botên mawi ewah etanging khurup. Sanajan taun Dal inggih têtêp khurupipun ing sawindu, wondening khuruping windu punika inggih khurup Arbangiyah sami kados khurup ing Surakarta, dipun watêsi benjing dumugi wêkasanipun taun Jimakir 1866, nuntên kalong sadintên kapêndhêt saking wulan Bêsar taun Jimakir wau, dados lajêng santun khurup Salasiyah, benjing taun Jimakir 1986 gumantos khurup Isnèniyah, salajêngipun sabên angsal 15 windu, 120 taun inggih santun khurup mundur sadintên malih. Pranatan enggal punika saèstu sakêlangkung prayoginipun. Pantês katelad sawêngkoning tanah Jawi sadaya.