Sastra Jawa

Program Digitalisasi Sastra Daerah

  • Increase font size
  • Default font size
  • Decrease font size

Almanak, Van Dorp, 1866, #976

Katalog:Almanak, Van Dorp, 1866, #976
Sambung:-

JAVAANSCHE ALMANAK

voor 1866 (Dertiende Jaargang), ONDER REDACTIE VAN A. B. COHEN STUART, ambtenaar voor de Jav. taal en letterkunde te BATAVIA, uitgegeven door G. C. T. VAN DORP, te Samarang.

Sêrat Pananggalan ingkang kaping 13, kangge ing taun Wêlandi 1866, Ingkang nganggit Tuwan Kohènsêtiwar, priyantun amarsudi kasusastran Jawi ing nagari Batawi,

Ingkang ngêcap Tuwan Phan Dhorêp ing nagari Samawis.

--- 94 ---

Bab Kadhaton ing Surakarta Adiningrat.

Ingkang jumênêng Ratu ing nagari Surakarta ing sapunika Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Pakubuwana Senapati Ing Ngalaga Ngabdurahman Sayidin Panatagama ingkang kaping 9, Jendral Mayor ing wadyabala dalêm Kangjêng Raja Nèdêrlan. Kumêndhir saking Ordhê Nèdêrlansê leyo, putra dalêm pambajêng swargi ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Pakubuwana ingkang kaping 6, patutan saking ingkang garwa Kangjêng Ratu Mas, ingkang sapunika nama Kangjêng Ratu Agêng, wiyosanipun kala ing dintên Rêbo Kliwon tanggal kaping 7 wulan Rêjêp taun Je ôngka 1758, utawi kaping 22 wulan Dhesèmbêr taun Wêlandi 1830, sarêng diwasa anama Kangjêng Gusti Pangeran Arya Prabu Wijaya, ing sasedanipun swargi Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Pakubuwana ingkang kaping 7, kala ing taun Jimakir ôngka 1786, taun Wêlandi 1858, lajêng kaangkat nama Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Anom. Dumugi surud dalêm swargi Ingkang Sinuhun kaping 8, lajêng anggêntosi jumênêng nata, kala ing dintên Sênèn Lêgi tanggal kaping 27 wulan Jumadilakir taun Je ôngka 1790, utawi kaping 30 wulan Dhesèmbêr taun Wêlandi 1861.

--- 95 ---

Para pangeran ingkang dumugi ing janji salêbêting taun ingkang kapêngkêr punika namung satunggil: Kangjêng Pangeran Arya Adiwijaya ingkang kaping 3. Sedanipun kala ing dintên Saptu Pon kaping 6 Mulud Jimakir 1794, utawi kaping 29 Juli 1865 wanci enjing jam sadasa.

Dene ingkang jumênêng pangeran enggal punika kêkalih, nunggil sadintên Sênèn Wage kaping 29 Syawal Wawu 1793, utawi kaping 27 Marêt 1865. 1. Bêndara Radèn Mas Imam Kanapi, putra dalêm Ingkang Sinuhun sapunika, kaangkat nama Pangeran Arya Mataram. 2. Radèn Mas Arya Surya Mataram, putranipun swargi Kangjêng Pangeran Arya Suryabrata, dados wayah dalêm Ingkang Sinuhun kaping 5, nunggaksêmi nama Pangeran Arya Suryabrata kaping 2.

Ing ngandhap punika pratelanipun para ratu garwa dalêm ing Surakarta.

1). Ratu garwa dalêm swargi Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan ingkang kaping 6. 1. Gusti Kangjêng Ratu Madurêtna, putranipun swargi Kangjêng Pangeran Arya Adinagara ing Surakarta. 2. Gusti Kangjêng Ratu Agêng, ibu dalêm Ingkang Sinuhun sapunika, kala rumiyin nama Kangjêng Ratu Mas, putranipun Kangjêng Gusti Pangeran Arya Mangkubumi ingkang kaping 1 ing Surakarta.

--- 96 ---

2). Ratu garwa dalêm swargi Ingkang Sinuhun kaping 7. 1. Gusti Kangjêng Ratu Pakubuwana, putra dalêm swargi Kangjêng Sultan Cakraadiningrat ing Madura.

Ing ngandhap punika pratelanipun para putra dalêm kakung utawi putri ingkang patutan saking garwa padmi, sapanunggilanipun para pangeran putra sadaya.

1). Putra dalêm swargi Ingkang Sinuhun kaping 4. 1. Kangjêng Pangeran Arya Pringgalaya. 2. Kangjêng Pangeran Arya Panji Priyambada.

2). Putra dalêm swargi Ingkang Sinuhun kaping 5. 1. Kangjêng Pangeran Arya Sôntakusuma. 2. Kangjêng Pangeran Arya Natadiningrat - wontên ing pulo Ambon. 3. Kangjêng Pangeran Arya Suryaningrat - wontên ing pulo Ambon. 4. Kangjêng Pangeran Tumênggung Sindusena. 5. Kangjêng Pangeran Arya Suryakusuma.

3). Putra dalêm swargi Ingkang Sinuhun kaping 6. 1. Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan ingkang jumênêng sapunika. 2. Kangjêng Pangeran Arya Suryaatmaja, Kaptin Ajidhanipun Kangjêng Tuwan Ingkang Wicaksana Gupêrnur Jendral.

--- 97 ---

4). Putra dalêm swargi Ingkang Sinuhun kaping 7. 1. Radèn Ayu Sêkar Kadhaton.

5). Putra dalêm swargi Ingkang Sinuhun kaping 8. 1. Gusti Kangjêng Ratu Kadhaton, kala rumiyin nama Kangjêng Ratu Bêndara, kagarwa swargi Kangjêng Pangeran Arya Juru Nataningrat ing Surakarta. 2. Gusti Kangjêng Ratu Bêndara, kagarwa swargi Kangjêng Pangeran Arya Adiwijaya ingkang kaping 2 ing Surakarta. 3. Gusti Kangjêng Ratu Kancana garwa dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Sultan Amêngkubuwana ingkang kaping 6 ing Ngayogyakarta.

6). Putra dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan ingkang jumênêng sapunika. 1. Kangjêng Pangeran Arya Angabèi. 2. Kangjêng Pangeran Arya Mataram.

Ing ngandhap punika pratelanipun para pangeran santana ing Kasunanan.

1). Pangeran wayah dalêm swargi Ingkang Sinuhun kaping 3.

Putranipun swargi Kangjêng Pangeran Arya Singasari kapisan. 1. Kangjêng Pangeran Arya Singasari kaping 2.

Putranipun swargi Kangjêng Gusti Pangeran Arya Mangkubumi kapisan.

--- 98 ---

1. Kangjêng Pangeran Arya Kusumadilaga, Litnan Kolonèl Phansêtaph.

Putranipun swargi Kangjêng Pangeran Arya Panular kapisan. 1. Kangjêng Pangeran Arya Panular kaping 2.

Putranipun swargi Kangjêng Pangeran Arya Dipanagara. 1. Kangjêng Pangeran Arya Dipawinata.

2). Pangeran wayah dalêm swargi Ingkang Sinuhun kaping 4.

Putranipun swargi Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Arya Kusumayuda. 1. Kangjêng Pangeran Arya Kusumayuda. 2. Kangjêng Pangeran Arya Purbanagara, Kolonèl Kumêndhan Prajurit dalêm jawi lêbêt sadaya.

Putranipun swargi Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Arya Natapura kapisan. 1. Kangjêng Pangeran Arya Natapura kaping 2.

Putranipun swargi Kangjêng Pangeran Arya Jatikusuma kapisan. 1. Kangjêng Pangeran Arya Jatikusuma kaping 2.

Putranipun swargi Kangjêng Pangeran Arya Jayakusuma kapisan. 1. Kangjêng Pangeran Arya Jayakusuma kaping 2.

Putranipun swargi Kangjêng Pangeran Arya Widura. 1. Kangjêng Pangeran Arya Mandurarêja.

Putranipun swargi Kangjêng Pangeran Arya Danupaya.

--- 99 ---

1. Kangjêng Pangeran Arya Danukusuma.

Putranipun swargi Kangjêng Pangeran Panjianom. 1. Kangjêng Pangeran Arya Dipakusuma.

3). Pangeran wayah dalêm swargi Ingkang Sinuhun kaping 5.

Putranipun swargi Kangjêng Pangeran Arya Suryabrata kapisan. 1. Kangjêng Pangeran Arya Suryabrata kaping 2.

Putranipun swargi Kangjêng Pangeran Arya Natabrata kapisan. 1. Kangjêng Pangeran Arya Natabrata kaping 2.

Putranipun swargi Kangjêng Pangeran Arya Kusumabrata kapisan. 1. Kangjêng Pangeran Arya Kusumabrata kaping 2.

Putranipun swargi Kangjêng Pangeran Arya Pringgakusuma kapisan. 1. Kangjêng Pangeran Arya Pringgakusuma kaping 2.

Putranipun Kangjêng Pangeran Arya Suryaningrat, mantu dalêm swargi Ingkang Sinuhun kaping 7. 1. Kangjêng Pangeran Arya Cakranagara. 2. Kangjêng Pangeran Arya Cakraadiningrat.

Putranipun swargi Kangjêng Pangeran Panji Suryadipura kapisan. 1. Kangjêng Pangeran Panji Suryadipura kaping 2.

4). Pangeran buyut dalêm swargi Ingkang Sinuhun kaping 3.

Wayahipun swargi Kangjêng Gusti Pangeran Arya Mangkubumi kapisan. 1. Kangjêng Pangeran Riyaatmaja, putranipun swargi Kangjêng Gusti Pangeran [Pange...]

--- 100 ---

[...ran] Arya Mangkubumi kaping 2. 2. Kangjêng Pangeran Arya Mangkudiningrat kaping 2, putranipun swargi Kangjêng Pangeran Arya Mangkudiningrat kapisan.

Wayahipun swargi Kangjêng Pangeran Arya Pamot inggih Kangjêng Panêmbahan Juru Martani. 1. Kangjêng Pangeran Arya Pamot kaping 3, putranipun swargi Kangjêng Pangeran Arya Pamot kaping 2.

Wayahipun swargi Kangjêng Pangeran Arya Adinagara. 1. Kangjêng Pangeran Arya Adinagara kaping 2, putranipun Radèn Mas Kolonèl Arya Adiwinata.

5). Pangeran ing Kamangkunagaran ingkang ngabdi ing Kasunanan.

Putranipun swargi Kangjêng Pangeran Arya Adiwijaya kaping 2. 1. Kangjêng Pangeran Arya Adisurya.

Wayahipun swargi Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Arya Mangkunagara kaping 2. 1. Kangjêng Pangeran Arya Suryaamijaya kaping 2, putranipun swargi Kangjêng Pangeran Arya Suryaamijaya kapisan.

--- 101 ---

Ing ngandhap punika kawontênanipun ing Kamangkunagaran.

Ingkang jumênêng sapunika Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Arya Mangkunagara ingkang kaping 4, Kolonèl Kumêndhan ing Lesiyunipun piyambak saha Rider saking Ordhê Nèdêrlansê leyo, kala rumiyin nama Kangjêng Pangeran Arya Gôndakusuma, putranipun swargi Kangjêng Pangeran Adiwijaya ingkang kapisan, patutan kalihan ingkang garwa putranipun swargi Kangjêng Gusti Pangeran Adipati ingkang kaping 2. Sasedanipun ingkang raka nak-sanak Kangjêng Gusti Pangeran Adipati ingkang kaping 3, kala ing dintên Kêmis Lêgi tanggal kaping 25 wulan Mulud taun Jimawal ôngka 1781, utawi kaping 6 wulan Januari taun Wêlandi 1853 wanci siyang pukul satunggal. Lajêng kagêntosan Pangeran Arya Gôndakusuma wau, nama Pangeran Adipati Arya Prabu Prangwadana rumiyin. Jumênêngipun kala ing dintên Jumungah Wage tanggal kaping 14 wulan Jumadilakir taun Jimawal ôngka 1781, utawi kaping 25 wulan Marêt taun Wêlandi 1853. Sarêng sampun jumênêng pangeran adipati tumuntên krama angsal putranipun swargi Kangjêng Gusti kaping 3 wau. Wondening pangangkatipun dados Pangeran Adipati Arya Mangkunagara kaping 4 kala ing dintên Rêbo Kaliwon tanggal kaping 27 wulan Sura taun Jimakir ôngka 1786, utawi kaping 16

--- 102 ---

wulan Sèptèmbêr taun Wêlandi 1857, dene ingkang kangge dintên panjênênganipun tanggal kaping 25 wulan Bêsar, manut titimangsane sêrat nawalanipun kangjêng gupêrmen.

Wondene para pangeran santana ing Kamangkunagaran ing ngandhap punika pratelanipun.

1). Pangeran putranipun swargi Kangjêng Pangeran Arya Adiwijaya kapisan ingkang kamantu ing Kangjêng Gusti Pangeran Adipati ingkang kaping 2. 1. Kangjêng Pangeran Arya Kusumadiningrat, Mayor Phansêtaph ing raka Kangjêng Gusti ingkang jumênêng sapunika.

2). Pangeran putranipun swargi Kangjêng Gusti ingkang kaping 3. 1. Kangjêng Pangeran Arya Suryadiningrat, Litnan Kolonèl Titêlèr. 2. Kangjêng Pangeran Arya Surya Mataram, Ritmistêr Honêrèr.

3). Pangeran putranipun Kangjêng Gusti ingkang jumênêng sapunika. 1. Kangjêng Pangeran Arya Gôndakusuma, Litnan Kolonèl Prajurit Inphantêri ing Lesiyun Mangkunagaran. 2. Kangjêng Pangeran Arya Gôndasaputra, Mayor Prajurit Inphantêri ing Lesiyun Mangkunagaran. 3. Kangjêng Pangeran Arya Gôndasewaya. 4. Kangjêng Pangeran Arya Prabu Sudibya.

--- 103 ---

Bab Kadhaton ing Ngayogyakarta Adiningrat.

Ingn Ngayogyakarta ingkang jumênêng ratu ing sapunika Ingkang Sinuhun Kangjêng Sultan Amêngkubuwana Senapati Ingalaga Ngabdurahman Sayidin Panatagama Kaliphatullah ingkang kaping 6, Jendral Mayor Kumêndhir saking Ordhê Nèdêrlansê leyo, putra dalêm panênggak swargi Ingkang Sinuhun kaping 4, kasêbut nama Sinuhun Jarot utawi Sinuhun Pasiyar, patutan saking ingkang garwa Kangjêng Ratu Kancana, ing sapunika Kangjêng Ratu Agêng, putranipun swargi Kangjêng Ratu Anggèr patutan saking Kangjêng Radèn Adipati Danurêja kaping kalih. Wiyosan dalém Kangjêng Sultan ingkang sapunika kala ing dintên Akhad Pon tanggal kaping 20 wulan Dulkangidah taun Ehe ôngka 1748, utawi kaping 19 wulan Ogustus taun Wêlandi 1821, sasedanipun ingkang rama Kangjêng Sultan ingkang kaping 4 wau, kala ing dintên Jumungah Paing tanggal kaping 21 wulan Mulud taun Je ôngka 1750, utawi kaping 6 wulan Dhesèmbêr taun Wêlandi 1822, lajêng kagêntosan ingkang putra pambajêng anama Kangjêng Sultan Amêngkubuwana ingkang kaping 5, kala sêmantên taksih timur, yuswanipun sawêg tigang taun. Surudipun Kangjêng Sultan ingkang kaping 5 punika kala ing dintên malêm Slasa Lêgi tanggal kaping 20 wulan Siyam taun Dal ôngka 1783, utawi kaping 5 wulan Juni taun Wêlandi 1855, wanci pukul satêngah wolu, botên tilar putra

--- 104 ---

kakung, ananging garwa dalêm Kangjêng Ratu Kadhaton, putranipun Kangjêng Pangeran Arya Suryaningalaga ing Ngayogyakarta panuju anggarbini sêpuh, sarêng babar miyos kakung, anama Radèn Mas Gusti Mukhamad. Dene ingkang gêntosi kaprabon rayi dalêm Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Kolonèl Ajidhan Phansêtaph Mêngkubumi, dados Ingkang Sinuhun kaping 6 ingkang sapunika, wondening gènipun jumênêng nata kala ing dintên Kêmis Lêgi tanggal kaping 19 wulan Syawal taun Dal ôngka 1783, utawi kaping 5 wulan Juli taun Wêlandi 1855.

Ingkang tilar donya salêbêting taun kapêngkêr punika.

1. Kangjêng Pangeran Arya Mayor Kusumanagara, putranipun Kangjêng Pangeran Arya Suryaningalaga, dados wayah dalêm swargi Ingkang Sinuhun kaping 3, sedanipun kala ing dintên Kêmis Wage kaping 4 Syawal Wawu 1793, utawi kaping 2 Marêt 1865.

2. Gusti Kangjêng Ratu Ayu, putra dalêm swargi Ingkang Sinuhun kaping 2, garwanipun swargi Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Pakualam kaping 2, sedanipun kala ing dintên Sênèn Kaliwon kaping 15 Syawal Wawu 1793, utawi kaping 13 Marêt 1865.

3. Kangjêng Pangeran Arya Suryaatmaja, putranipun Kangjêng Pangeran Arya Suryaningalaga, wayah dalêm swargi Ingkang Sinuhun kaping 3, sedanipun [sedanipu...]

--- 105 ---

[...n] kala ing malêm Slasa Paing kaping 23 Saphar Jimakir 1794, utawi kaping 18 Juli 1865, amargi gêrah namung 3 jam lajêng seda.

4. Kangjêng Pangeran Arya Bintara, putra dalêm swargi Ingkang Sinuhun kaping 2, sedanipun kala ing dintên Kêmis Wage kaping 13 Jumadilakir Jimakir 1794, utawi kaping 2 Nopèmbêr 1865.

Ing ngandhap punika pratelanipun para ratu garwa dalêm ing Ngayogyakarta.

1). Garwa dalêm swargi Ingkang Sinuhun Kangjêng Sultan Amêngkubuwana kaping 2. 1. Gusti Kangjêng Ratu Sultan, putranipun Radèn Tumênggung Sobêkgota ing Ngayogyakarta.

2). Garwa dalêm swargi Ingkang Sinuhun kaping 3. 1. Gusti Kangjêng Ratu Mas, putranipun Radèn Rôngga sapisan, bupati Madiun.

3). Garwa dalêm swargi Ingkang Sinuhun kaping 4. 1. Gusti Kangjêng Ratu Agêng, ingkang wau nama Kangjêng Ratu Kancana, putranipun swargi Kangjêng Radèn Adipati kaping kalih, patutan kalihan Gusti Kangjêng Ratu Anggèr, putra dalêm swargi Ingkang Sinuhun kaping 2.

4). Garwa dalêm swargi Ingkang Sinuhun kaping 5.

--- 106 ---

1. Gusti Kangjêng Ratu Kadhaton, putranipun Kangjêng Pangeran Arya Suryaningalaga.

5). Garwa dalêm Ingkang Sinuhun kaping 6 ingkang jumênêng sapunika. 1. Gusti Kangjêng Ratu Kancana, putra dalêm swargi Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan kaping 8 ing Surakarta.

Ing ngandhap punika pratelanipun para putra dalêm kakung utawi putri ingkang patutan saking garwa padmi, sapanunggalanipun para pangeran putra sadaya.

1). Putra dalêm swargi Ingkang Sinuhun kaping 2. 1. Kangjêng Pangeran Arya Juminah. 2. Kangjêng Pangeran Litnan Kolonèl Arya Pugêr. 3. Kangjêng Pangeran Arya Jayakusuma. 4. Kangjêng Pangeran Arya Adinagara. 5. Kangjêng Pangeran Arya Pujakusuma. 6. Gusti Kangjêng Ratu Anèm, garwanipun swargi Kangjêng Pangeran Arya Purwanagara ingkang putra Kangjêng Pangeran Angabèi kaping 1. 7. Gusti Kangjêng Ratu Timur, garwanipun swargi Kangjêng Pangeran Natakusuma ingkang putra Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Pakualam kaping 1.

--- 107 ---

2). Putra dalêm swargi Ingkang Sinuhun kaping 3. 1. Kangjêng Pangeran Arya Suryaningalaga. 2. Kangjêng Pangeran Arya Purwadiningrat. 3. Kangjêng Pangeran Arya Suryawijaya. 4. Kangjêng Pangeran Arya Suryabrôngta. 5. Kangjêng Pangeran Arya Têpasana.

3). Putra dalêm swargi Ingkang Sinuhun kaping 4. 1. Ingkang Sinuhun Kangjêng Sultan ingkang jumênêng sapunika. 2. Kangjêng Pangeran Litnan Kolonèl Arya Suryadiningrat. 3. Kangjêng Pangeran Litnan Kolonèl Arya Suryanagara.

4). Putra dalêm Ingkang Sinuhun kaping 6. 1. Kangjêng Gusti Pangeran Litnan Kolonèl Phansêtaph Angabèi, Ajidhanipun Kangjêng Tuwan Ingkang Wicaksana Gupêrnur Jendral. 2. Kangjêng Pangeran Kaptin Arya Purbaya, Ajidhan dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Sultan. 3. Kangjêng Pangeran Arya Surya Mataram. 4. Kangjêng Pangeran Arya Adikusuma. 5. Gusti Radèn Ajêng Sêkar Kadhaton.

--- 108 ---

Ing ngandhap punika pratelanipun para pangeran santana ing Kasultanan.

1). Pangeran wayah dalêm swargi Ingkang Sinuhun kaping 1.

Putranipun swargi Kangjêng Pangeran Arya Angabèi. 1. Kangjêng Pangeran Arya Mulyakusuma.

Putranipun swargi Kangjêng Pangeran Arya Mangkukusuma kapisan. 1. Kangjêng Pangeran Arya Mangkukusuma kaping 2.

2). Pangeran wayah dalêm swargi Ingkang Sinuhun kaping 2.

Putranipun swargi Kangjêng Pangeran Arya Mangkudiningrat. 1. Kangjêng Pangeran Arya Pakuningrat. 2. Kangjêng Pangeran Arya Cakradiningrat. 3. Kangjêng Pangeran Arya Mulyadiningrat. 4. Kangjêng Pangeran Arya Cakrakusuma.

Putranipun swargi Kangjêng Panêmbahan Mangkurat. 1. Kangjêng Pangeran Arya Mayor Natadiningrat. 2. Kangjêng Pangeran Arya Suryawinata.

3). Pangeran buyut dalêm swargi Ingkang Sinuhun kaping 2.

Wayahipun swargi Kangjêng Pangeran Arya Mangkudiningrat. 1. Kangjêng Pangeran Arya Mayor Natapraja, putranipun swargi Kangjêng Pangeran Adipati Kolonèl Natapraja.

--- 109 ---

Ing ngandhap punika kawontênanipun ing Pakualaman.

Ingkang jumênêng sapunika Pangeran Adipati ingkang kaping 4, ajêjuluk Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Litnan Kolonèl Kumêndhan Surya Sasraningrat, wayahipun swargi Kangjêng Gusti ingkang kaping 2, dene ingkang pêputra swargi Kangjêng Pangeran Litnan Kolonèl Nataningprang, patutan akalihan ingkang garwa Radèn Ayu putranipun swargi Kangjêng Pangeran Arya Mangkudiningrat ing Ngayogya, sasedanipun ingkang rama Pangeran Nataningprang wau ingkang ibu lajêng kapundhut garwa dhatêng swargi Kangjêng Gusti ingkang kaping 3. Wiyosanipun Kangjêng Gusti ingkang sapunika kala ing dintên Sênèn Kaliwon kaping 10 Siyam Wawu 1769, utawi kaping 25 Oktobêr 1841, kala rumiyin nama Radèn Mas Kaptin Nataningrat, nuntên kaangkat nama Pangeran Kaptin Arya Nataningrat kala ing taun Wawu 1793, taun Wêlandi 1864. Botên dangu lajêng ingkang rama paman Kangjêng Gusti ingkang kaping 3 wau dumugi ing janji, kondur dhumatêng ing rahmatullah, kala ing dintên Sênèn Pon kaping 16 Jumadilawal Wawu 1793 utawi kaping 17 Oktobêr 1864, wanci enjing jam satêngah wolu, tilar putra kakung kêkalih saking ngajêng, ananging taksih timur, 1. Radèn Mas Jayana, 2. Radèn Mas Sêdyana, punapa

--- 110 ---

malih putri satunggil Radèn Ajêng Nawangsih Suratjaleka, mila kagantosan ingkang putra kuwalon Kangjêng Pangeran Kaptin Arya Nataningrat wau, jumênêngipun pangeran adipati kala ing dintên Kêmis Pon kaping 2 Rêjêb Wawu 1793, utawi kaping 1 Dhesèmbêr 1864, kala sêmantên dèrèng krama, tumuntên kala ing taun Jimakir 1794, taun Wêlandi 1865, mundhut garwa putranipun swargi Kangjêng Radèn Adipati Cakranagara Bupati Toyamas.

Wontên malih ingkang tilar donya ing taun kapêngkêr punika.

1. Kangjêng Pangeran Arya Suryamisena, putranipun swargi Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Pakualam kaping 1, sedanipun kala ing dintên Slasa Wage tanggal kaping 17 Jumadilawal Wawu 1793, utawi kaping 18 Oktobêr 1864.

2. Kangjêng Pangeran Arya Suryaningrat, putranipun swargi Kangjêng Gusti ingkang kaping 2, sedanipun kala ing dintên Sênèn Lêgi kaping 10 Jumadilakir Jimakir 1794, utawi kaping 30 Oktobêr 1865,

Ingkang jumênêng enggal Kangjêng Pangeran Kaptin Arya Suryadilaga, kala rumiyin nama Radèn Mas Kaptin Natawilaya, putranipun swargi Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Pakualam kaping 2, jumênêngipun pangeran kala ing dintên Jumungah Paing kaping 20 Jumadilawal Wawu 1793, utawi kaping 21 Oktobêr 1864.

Wusana Kangjêng Pangeran Litnan Arya Suryèngjurit kakulawisudha dados kaptin, [kapti...]

--- 111 ---

[...n,] nunggil sadintên kalihan jumênêngipun Pangeran Kaptin Arya Suryadilaga ngajêng wau.

Wondening pangeran santana ing Pakualaman sadaya ing ngandhap punika pratelanipun.

1). Pangeran putranipun swargi Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Pakualam ingkang kapisan. 1. Kangjêng Pangeran Arya Suryaningprang. 2. Kangjêng Pangeran Kaptin Arya Suryèngjurit.

2). Pangeran putranipun swargi Kangjêng Gusti ingkang kaping 2. 1. Kangjêng Pangeran Ritmistêr Arya Gôndawinata. 2.Kangjêng Pangeran Kaptin Arya Suryadilaga.

Ingkang kasêbut ing nginggil wau sadaya, manawi wontên ingkang lêpat utawi kêkirangan, ingkang mugi wontêna pangapuntênipun para priyantun ingkang karsa amariksani, sintên ingkang sumêrêp lêrêsipun mugi sukaa pitêdah kawrat ing sêrat dhumatêng Tuwan Kohènsêtiwar, priyantun amarsudi kasusastran Jawi ing nagari Batawi, ingkang nganggit Sêrat Pananggalan. Mêkatên ugi sawingkingipun manawi wontên ewahing kawontênanipun para pangeran para bupati sasaminipun para agêng ing tanah Jawi kalihan Madura, môngka [mông...]

--- 112 ---

[...ka] botên mawi kapacak ing sêrat kabar Jurumartani, sangêt panyuwunipun ingkang nganggit, mugi wontêna sih pitulung suka uninga kados ingkang kasêbut ngajêng wau, yèn ta botên angsal pitulungan mêkatên saèstu botên pikantuk anggènipun mrêlokakên patitisipun pratela punika.

--- 113 ---

Ing ngandhap punika pratelanipun ing kalêpatan miwah ewah-ewahan ingkang kantun piyambak.

Para rad Indhiya sampun kajangkêpan ingkang kaping 5 Tuwan Niwênnèsên, F. N. Nieuwenhuijzen Taun Wêlandi 1865, Taun Jawi 1794.

Para rad Sambang kajangkêpan Tuwan Mistêr Snètêr, Mr. J. J. Schneither Taun Wêlandi 1865, Taun Jawi 1794

Ispèktir tanêman, Tuwan Phisphêrpluh, kaparingan phêrlop kesah dhatêng nagari Wêlandi, Taun Wêlandi 1865, Taun Jawi 1794

Kapala pamêlikan Gupêrmèn santun Tuwan Ephêrwèn, R. EverwijnTaun Wêlandi 1865, Taun Jawi 1794

Paresidhenan ing Bantên, Residhèn Tuwan Phandhêr Palêm, J. H. van der Palm.Taun Wêlandi 1865, Taun Jawi 1793

Bupati Pandheglang kaangkat nama Radèn Adipati Arya NatadiningratTaun Wêlandi 1865, Taun Jawi 1794

Asistèn ing Anyêr, Tuwan Kikhenyus, J.J.A. KeucheniusTaun Wêlandi 1865, Taun Jawi 1794

--- 114 ---

Paresidhenan ing Bantên, Asistèn Ciringin Tuwan Kantêrphisêr T.J. Canter Visscher Taun Wêlandi 1865, Taun Jawi 1794

Paresidhenan ing Prayangan, Asistèn ing Sumêdhang kalihan Limbangan Tuwan Jongkir Mistêr Phan Nispên, Jr. Mr. O.E. van Nispen.Taun Wêlandi 1865, Taun Jawi 1794

Paresidhenan ing Têgal, Asistèn ing Pamalang, Tuwan Phanlarên, P.M. van Laren Taun Wêlandi 1865, Taun Jawi 1794

Paresidhenan ing Samarang, Bupati Kêndhal, kaangkat nama Radèn Adipati Nataamipraja, Taun Wêlandi 1865, Taun Jawi 1794

Paresidhenan ing Surabaya, Asistèn Kontabiltèt, Tuwan Dhêming Mortir, J. de Munck Mortier Taun Wêlandi 1865, Taun Jawi 1794

Asistèn ing Majakêrta Tuwan Phandhêrtik, G.J. van der Tuuk.Taun Wêlandi 1865, Taun Jawi 1794

Asistèn ing Baweyan, Tuwan Tikêrman, A.W.T.H. Tuckerman.Taun Wêlandi 1865, Taun Jawi 1794

--- 115 ---

Paresidhenan ing Pasuruhan, asistèn ing Malang, Tuwan Stènpêrphe J. A. L. Steijn Parve.Taun Wêlandi 1865, Taun Jawi 1794

Kadhaton ing Ngayogyakarta, Kangjêng Pangeran Kaptin Arya Purbaya kalihan Kangjêng Pangeran Arya Surya Mataram sami kinulawisudha dados Mayor Phansêtaph.Taun Wêlandi 1865, Taun Jawi 1794

Kangjêng Pangeran Arya Adikusuma anggêntosi dados Kaptin Ajidan dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Sultan.Taun Wêlandi 1865, Taun Jawi 1794