Sastra Jawa

Program Digitalisasi Sastra Daerah

  • Increase font size
  • Default font size
  • Decrease font size

Almanak, Van Dorp, 1869, #979

Katalog:Almanak, Van Dorp, 1869, #979
Sambung:-

JAVAANSCHE ALMANAK voor 1869

[Zestiende Jaargang]. ONDER REDACTIE VAN A. B. COHEN STUART, ambtenaar voor de Javaansche taal en letterkunde te BATAVIA, uitgegeven door G. C. T. VAN DORP te Samarang.

Sêrat Pananggalan ingkang kaping 16 kangge ing taun Wêlandi 1869. Ingkang ngarang Tuwan A. B. Kohènsêtiwar, priyantun amarsudi kasusastran Jawi ing nagari Batawi.

Ingkang ngêcap Tuwan G. C. T. Phan Dhorêp. ing nagari Samawis.

--- 96 ---

Upsir mêmuri

Mayur, Pangeran Arya Serang, [Ngayogya, sampun seda]

Pangeran Kusumanagara, [Ngayogya, sampun seda].

Pangeran Arya Natapraja [Ngayogya]. Wêlandi 12/1 55. Jawi 23/4 5 83.

Pangeran Arya Natadiningrat [Ngayogya].§ [Wartosipun Pangeran Natadiningrat punika anggènipun dados mayur ngrumiyini Pangeran Arya Natapraja.].

Radèn Tumênggung Martadiningrat [Ngayogya, sampun seda].

Pangeran Arya Purbaya [Ngayogya]. Wêlandi 29/11 65. Jawi 11/7 8 94.

Pangeran Surya Mataram [Ngayogya]. Wêlandi 29/11 65. Jawi 11/7 8 94.

Pangeran Ngabèi [Sala]. Wêlandi 3/7 66. Jawi 19/2 1 95.

[Pangeran Arya Adikusuma, Ngayogya. Wêlandi 2/6 68. Jawi 10/2 3 97].

Kaptin. [Pangeran Suryèngjurit Ngayogya, Wêlandi 21/10 64. Jawi 20/5 7 93].

Pangeran Arya Mataram [Sala]. Wêlandi 3/7 66. Jawi 19/2 1 95.

[Pangeran Adiwinata, Ajidan dalêm Ingkang Sinuhun ing Ngayogya. Wêlandi 2/8 68. Jawi 10/2 3 97].

Ritmister, Pangeran Arya Cakranagara [Sala]. Wêlandi 19/2 65. Jawi 23/9 7 93.

[Twidhê Litnan]

[Radèn Tumênggung Arjawinata, Ngayogya. Wêlandi 22/5 63. Jawi 4/12 5 91]

--- 97 ---

Bab Pasêbutanipun Para Agêng Jawi.

Kala taun ingkang kapêngkêr punika kula ngaturakên ribêding manah bab pasêbutan tigang prakawis, 1. kangjêng, 2. arya, 3. gusti, punika pundi ingkang pancèn kalêrês ngagêm utawi botên. Atur kula wau kawrat ing Sêrat Pananggalan taun 1868, kaca 97, ingkang sarta panyuwun kula dumatêng para priyantun utawi para sagêd, ingkang mugi wontêna sih pitêdahipun ingkang masthi, kawratna wontên ing Sêrat Jurumartani kemawon, supados sagêd dados parêbatan sintên ingkang botên angrujuki, wondening sawêdalipun Sêrat Pananggalan wau kasêlak angsal pitulungipun priyantun ing sawatawis ingkang sami pirêmbagan jalaran sêrat panjurung katur kyai Jurumartani, punapa suraosipun ing sêrat panjurung wau inggih kula tupiksani sadaya, naming ingkang andadosakên cuwaning manah kula, dene sami-sami priyantun wau ingkang ngakên saking Surakarta namung satunggil, tur silih nama mitraning kondhastu, dados botên gênah gènipun sumêrêp saking pundi, kajawi saking punika ingkang dipun cariyosakên botên patos mikantuki, awit sanès ingkang kula padosi katranganipun. Ingkang kathah pitêdahipun priyantun Ngayogya kêkalih: 1. Mas Panji Sasraminarsa, wadana lêbêt ing Pakualaman. Kawrat ing Jurumartani taun 1867, ôngka 43, saha 51, panguninganipun [panguninganipu...]

--- 98 ---

[...n] ngakên kapêndhêt saking pangandikanipun ingkang rama: Pêpatih Pakualaman. 2. Radèn Natarata, ingkang wau sampun nate nyuwita ing ngarsa dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Sultan, tur dados abdi dalêm pulisi dhistrik, pratelanipun kawrat ing Jurumartani taun 1868 ôngka 13, pangakênipun waton saking dhawuh dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Sultan sapunika piyambak kala sêmantên jumênêng enggal, dados kalih pisan kalêbêt saksi ingkang kenging kaanggêp, ewa dèntên taksih kathah gèsèhipun sakalihan, tuwin gèsèh kalih pratelanipun priyantun Ngayogya ingkang sanès-sanès, kawrat ing pêparingipun sêrat ibêr dhumatêng kula, kados ta nama pangeran arya punika: saking pratelanipun Mas Panji Sasraminarsa pasêbutanipun para pangeran putra sadaya, anjawi ingkang gadhangan pangeran adipati: badhe gumantos, saking pratelanipun Radèn Natarata lêrêsipun angamungakên ingkang miyos saking garwa padmi, sawênèh wontên ingkang cariyos kosokwangsul, ingkang kasêbut pangeran arya namung putra dalêm saking garwa ampeyan, saèmpêr minôngka lintunipun nama gusti. Wondening nama gusti punika saking pratelanipun Mas Panji Sasraminarsa namung kagêm kangjêng gusti pangeran adipati, ingkang rayi-rayi namung kasêbut kangjêng pangeran arya anu, manawi putri nama ratu anu, manawi saking ampeyan bêndara pangeran arya, bêndara radèn ayu, saking pratelanipun Radèn Natarata kagêm putra dalêm saking garwa padmi kakung putri sadaya, nama

--- 99 ---

kangjêng gusti pangeran adipati, gusti pangeran arya anu, gusti ratu anu. Wondening ingkang nama kangjêng punika saking pratelanipun Mas Panji Sasraminarsa ingkang rumiyin, 1. Putra dalêm kakung ingkang saking garwa padmi sadaya, 2. Para ratu garwa dalêm, ananging taksih tunggil sêrat lajêng dipun ewahi: ngamungakên satunggal kangjêng gusti pangeran adipati, dupèh kangjêng punika tampinipun ingkang pangajêng, sarêng kaantêp dening Ngabèi Karyasastra wontên ing Jurumartani taun 1867, ôngka 48, jawabipun kirang kantênan. Manawi ing pundia satunggal ênggèn punika pangajêngipun satunggil utawi kalih, punika ingkang nyêpêng pangwasa, mila kenging yèn kasêbuta kang ngajêng, dene tampinipun Radèn Natarata kangjêng punika ingkang jumênêng, mila ingkang wênang kasêbut kangjêng lêrêsipun namung kêkalih, 1. nata, 2. badhe nata. Ewadèntên yèn wontên sajawining karaton inggih bibrah malih, awit sadaya para abdi dalêm mamrih pangalêmbana, sabên-sabên putra dalêm kasêbut gusti, sabên-sabên dara pangeran kasêbut arya, dhatêng radèn adipati inggih nyêbut kangjêng, mila para bêndara-bêndara pangeran manawi ing sêrat almênak botên kasêbut kangjêng, pamanggihipun Radèn Natarata wau wontên cêbêlèhipun.

Ingkang kantun piyambak, pratelanipun Radèn Sastrasarjana, ugi priyantun Ngayogya, kawrat ing Sêrat Jurumartani kaping 17: Sèptèmbêr 1868, ôngka 38, kacariyos bab pasêbutan Arya inggih punika [puni...]

--- 100 ---

[...ka] para pangeran sadaya, ingkang kasêbut gusti punika namung pangeran adipati utawi pangeran ngabèi, dene pasêbutan kangjêng punika bôngsa alit kaurmatanipun dhatêng bôngsa agêng, yèn bôngsa alit ingkang nyêbut ingkang tamtu kasêbut Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Amangkunagara utawi Pakualam utawi pêpatihing panjênêngan ratu, anamung putranipun panjênêngan ratu ingkang sêpuh piyambak botên mawi pasêbutan kangjêng, inggih namung gusti, karana punika sampun anglingga utawi taksih angajêngakên, sanès kalihan pangeran ingkang murba, kados ingkang kasêbut ing ngajêng wau.

Ingkang punika mênggah têgêsipun têmbung kangjêng wau, saking pamanggih kula sayêktosipun jêng punika têmbung Kawi, têgêsipun suku, kados ta ing Sêrat Bratayuda Kawi asring mungêl: ngusapi jêng sang muniwara, atangisi jêng mahamuni, malah wontên mungêl prangrijêngninggiri, liripun sukuning ardi, dados kangjêng punika panunggilanipun têmbung sampeyan utawi sampeyan dalêm, inggih paduka, awit paduka punika têmbung Sangkrêta, têgêsipun canela, manawi kadamêl pangalêmbana: sampun mêsthi angamungakên tiyang agêng, ananging wijang-wijangipun sintên ingkang pantês kasêbut kangjêng utawi botên: punika botên kenging kapasthèkakên anjawi saking adat ingkang sampun kalampahan.

Wondene punapa ingkang kangge kaurmatan tiyang alit dhumatêng para agêng punika saèstu botên pisan yèn kula nacadana, sampun ingkang tiyang alit, [a...]

--- 101 ---

[...lit,] sanajan sami priyantun manawi basa krama: inggih mawi kaurmatan sawatawis amrih sakecaning galih, ananging mênggah pratelan ngandhap punika pangraos kula kêdah nêtêpi tataning kadhaton punapa ingkang kanggêp ing parentah, ingkang punika sarêng sampun katimbang ingkang ngajêng wau sadaya, miwah condhong kalihan pratela rumiyin wau, kados ingkang kasêbut ing Sêrat Pananggalan taun 1868, dadosing rêmbag ing mangke sadèrèngipun wontên katrangan malih, ingkang kula sêbut kangjêng punika manawi nagari Ngayogya, 1. ingkang sinuhun, 2. pangeran adipati, 3. para ratu sadaya. Ingkang kula wastani gusti putra dalêm ingkang miyos saking garwa padmi: kakung putri sadaya, punapa malih putra dalêm saking garwa ampeyan sintên ingkang angsal sih dalêm kaparingan nama gusti, 3. Pangeran Adipati Pakualam. Ingkang kula wastani arya: pangeran putra sadaya, liya saking pangeran adipati utawi pangeran ngabèi. Wondening nagari Surakarta taksih têtêp kados sabên rumiyin, dene manawi wontên ingkang botên narimah: mugi parênga ing galihipun matêdhani pitêdah kawratna ing Sêrat Jurumartani malih, utawi akintuna sêrat dhumatêng kula mêdal ing ngêpos, ing sadhanganing panggalih, dene ingkang dados pamrih kula namung badhe angrawati saèstuning adat watonipun nagari Surakarta utawi nagari Ngayogyakarta.

--- 102 ---

Bab Kadhaton Ing Surakarta Adiningrat.

Ingkang jumênêng nata ing nagari Surakarta ing sapunika: Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Pakubuwana Senapati Ingalaga Ngabdurahman Sayidin Panatagama ingkang kaping 9, Kumêndhir Bintang Nèdêrlansê leyo, Jendral Mayur ing wadyabala dalêm Sri Maharaja Nèdêrlan, putra dalêm panênggak swargi Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Pakubuwana ingkang kaping 6, patutan saking ingkang garwa Kangjêng Ratu Mas, ingkang sapunika nama Kangjêng Ratu Agêng, wiyosanipun kala ing dintên Rêbo Kliwon tanggal kaping 9 wulan Rêjêb taun Je, ôngka 1758, utawi kaping: 22 wulan Dhesèmbêr taun Wêlandi: 1830, sarêng diwasa anama Kangjêng Gusti Pangeran Arya Prabuwijaya, ing sasurud dalêm swargi Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Pakubuwana ingkang kaping 7, lajêng kaangkat nama: Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Anom, kala ing dintên Sênèn Pon kaping 4 Sawal Jimakir: 1786, utawi kaping 17 Mèi taun Wêlandi 1858. Dumugi surud dalêm swargi Ingkang Sinuhun kaping 8, lajêng anggêntosi jumênêng nata, kala ing dintên Sênèn Lêgi tanggal kaping 27 wulan Jumadilakir taun Je, ôngka 1790, utawi kaping 30 wulan Dhesèmbêr taun Wêlandi 1861, kala sêmantên sampeyan dalêm dèrèng krama, dumuginipun ing taun Jimakir 1794 kala ing dintên Sênèn Lêgi kaping 16 Rêjêb utawi kaping

--- 103 ---

4 Dhesèmbêr 1865, mundhut garwa Radèn Ajêng Kustiyah, putranipun swargi Kangjêng Pangeran Arya Adiwijaya ingkang kaping 2 ing Surakarta, patutan saking Gusti Kangjêng Ratu Bêndara, mawi kaparingan nama Kangjêng Bêndara Radèn Ayu Kustiyah, nuntên ing dintên Sênèn Pon kaping 23 wulan Rêjêb wau, utawi kaping 11 Dhesèmbêr 1865, kaangkat nama Kangjêng Ratu Pakubuwana.

Ing taun kapêngkêr punika para agêng ing kadhaton Surakarta miwah ing kamangkunagaran sami wilujêng sadaya, dene ingkang jumênêng pangeran enggal botên wontên.

Ing ngandhap punika pratelanipun para ratu garwa dalêm ing Surakarta.

1). Ratu garwa dalêm swargi Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan ingkang kaping 6. 1. Kangjêng Ratu Madurêtna, putranipun swargi Kangjêng Pangeran Arya Adinagara ing Surakarta.

--- 104 ---

2. Kangjêng Ratu Agêng, ibu dalêm Ingkang Sinuhun sapunika, kala rumiyin nama Kangjêng Ratu Mas, putranipun swargi Kangjêng Gusti Pangeran Arya Mangkubumi ingkang kaping 1 ing Surakarta.

2. Ratu garwa dalêm Ingkang Sinuhun sapunika.

1. Kangjêng Ratu Pakubuwana, putranipun swargi Kangjêng Pangeran Arya Adiwijaya ingkang kaping 2 ing Surakarta, patutan saking Gusti Kangjêng Ratu Bêndara: putra dalêm swargi Ingkang Sinuhun ingkang kaping 8. Jawi 23/7 8 94. Wlandi 11/12 65.

Ing ngandhap punika pratelanipun para putra dalêm kakung utawi putri ingkang patutan saking garwa padmi, sapanunggilanipun para pangeran putra sadaya.

1). Putra dalêm swargi Ingkang Sinuhun kaping 4. 1. Kangjêng Pangeran Arya Pringgalaya. 2. Kangjêng Pangeran Arya Panji Priyambada.

--- 105 ---

2). Putra dalêm swargi Ingkang Sinuhun kaping 5. 1. Kangjêng Pangeran Arya Sôntakusuma. 2. Kangjêng Pangeran Arya Natadiningrat, wontên ing pulo Têrnate. 3. Kangjêng Pangeran Arya Suryaningrat, wontên ing nagari Mênadho. 4. Kangjêng Pangeran Arya Suryakusuma.

3). Putra dalêm swargi Ingkang Sinuhun kaping 6. 1. Gusti Kangjêng Ratu Timur, kagarwa Kangjêng Pangeran Arya Natabrata ingkang kaping 2 ing Surakarta. 2. Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan ingkang jumênêng sapunika. 3. Kangjêng Pangeran Arya Suryaatmaja, Litnan Kolnèl Phanstaph, Ajidanipun Kangjêng Tuwan ingkang wicaksana Guphêrnur Jendral. Jawi 8/4 1 87. Wlandi 15/11 58.

4). Putra dalêm swargi Ingkang Sinuhun kaping 7. 1. Gusti Radèn Ayu Sêkar Kadhaton.

5). Putra dalêm swargi Ingkang Sinuhun kaping 8.

1. Gusti Kangjêng Ratu Kadhaton, kala rumiyin nama Kangjêng Ratu Bêndara, kagarwa swargi Kangjêng [Kang...]

--- 106 ---

[...jêng] Pangeran Arya Juru Nataningrat ing Surakarta.

2. Gusti Kangjêng Ratu Bêndara: kagarwa swargi Kangjêng Pangeran Arya Adiwijaya ingkang kaping 2 ing Surakarta.

3. Gusti Kangjêng Ratu Kancana, garwa dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Sultan Amêngkubuwana ingkang kaping 6 ing Ngayogyakarta.

6). Putra dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan ingkang jumênêng sapunika.

1. Kangjêng Pangeran Angabèi, Mayur Phanstaph. Jawi 3/12 5 91. Wlandi 21/5 63.

2. Kangjêng Pangeran Arya Mataram, Kaptin Phanstaph. Jawi 29/10 7 93. Wlandi 27/3 65.

3. Kangjêng Pangeran Arya Natakusuma. Jawi 25/2 1 95. Wlandi 6/9 66.

4. Kangjêng Pangeran Arya Adikusuma. Jawi 19/1 2 96. Wlandi 23/5 67.

5. Bêndara Radèn Mas Gusti Sayidin Malikulkusna, ibu Kangjêng Ratu Pakubuwana, wiyosanipun kala ing dintên Kêmis Lêgi. Jawi 21/7 1 95. Wlandi 29/11 66.

--- 107 ---

Ing ngandhap punika pratelanipun para pangeran santana ing Kasunanan.

1). Wayah dalêm swargi Ingkang Sinuhun kaping 3.

Putranipun swargi Kangjêng Pangeran Arya Singasari kapisan. 1. Kangjêng Pangeran Arya Singasari kaping 2.

Putranipun swargi Kangjêng Gusti Pangeran Arya Mangkubumi kapisan. 1. Kangjêng Pangeran Arya Kusumadilaga, Litnan Kolnèl Phansêtaph.

Putranipun swargi Kangjêng Pangeran Arya Panular kapisan. 1. Kangjêng Pangeran Arya Panular kaping 2.

Putranipun swargi Kangjêng Pangeran Arya Dipanagara. 1. Kangjêng Pangeran Arya Dipawinata.

2). Wayah dalêm swargi Ingkang Sinuhun kaping 4.

Putranipun swargi Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Arya Kusumayuda. 1. Kangjêng Pangeran Arya Kusumayuda.

--- 108 ---

2. Kangjêng Pangeran Arya Purbanagara, Kolnèl Kumêndhan Prajurit dalêm jawi lêbêt sadaya.

Putranipun swargi Kangjêng Pangeran Arya Natapura kapisan. 1. Kangjêng Pangeran Arya Natapura kaping 2.

Putranipun swargi Kangjêng Pangeran Arya Jatikusuma kapisan. 1. Kangjêng Pangeran Arya Jatikusuma kaping 2.

Putranipun swargi Kangjêng Pangeran Arya Jayakusuma kapisan 1. Kangjêng Pangeran Arya Jayakusuma kaping 2.

Putranipun swargi Kangjêng Pangeran Arya Widura. 1. Kangjêng Pangeran Arya Mandurarêja. Jawi 23/3 6 92. Wlandi 7/9 63.

Putranipun swargi Kangjêng Pangeran Rôngga Danupaya kapisan.

1. Kangjêng Pangeran Rôngga Danupaya kaping 2, wontên nagari Mênadho.

2. Kangjêng Pangeran Arya Danukusuma. Jawi 8/4 1 87. Wlandi 15/11 58.

--- 109 ---

Putranipun swargi Kangjêng Pangeran Panji Anom.

1. Kangjêng Pangeran Arya Dipakusuma. Jawi 8/4 1 87. Wlandi 15/11 58.

3). Wayah dalêm swargi Ingkang Sinuhun kaping 5.

Putranipun swargi Kangjêng Pangeran Arya Suryabrata kapisan.

1. Kangjêng Pangeran Arya Suryabrata kaping 2. Jawi 29/10 7 93. Wlandi 27/3 65.

Putranipun swargi Kangjêng Pangeran Arya Natabrata kapisan. 1. Kangjêng Pangeran Arya Natabrata kaping 2 krama angsal Gusti Kangjêng Ratu Timur: putra dalêm swargi Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan ingkang kaping 6.

Putranipun swargi Kangjêng Pangeran Arya Kusumabrata kapisan. 1. Kangjêng Pangeran Arya Kusumabrata kaping 2.

Putranipun swargi Kangjêng Pangeran Arya Pringgakusuma kapisan. 1. Kangjêng Pangeran Arya Pringgakusuma kaping 2.

--- 110 ---

Putranipun Kangjêng Pangeran Arya Suryaningrat mantu dalêm swargi Ingkang Sinuhun kapung 7.

1. Kangjêng Pangeran Arya Cakranagara. 2. Kangjêng Pangeran Arya Cakraadiningrat. Jawi 8/4 1 87. Wlandi 15/11 58.

Putranipun swargi Kangjêng Pangeran Panji Suryadipura kapisan.

1. Kangjêng Pangeran Panji Suryadipura kaping 2. Jawi 10/7 6 92. Wlandi 21/12 63.

4). Buyud dalêm swargi Ingkang Sinuhun kaping 3.

Wayahipun swargi Kangjêng Gusti Pangeran Arya Mangkubumi kapisan.

1. Kangjêng Pangeran Riyaatmaja, putranipun swargi Kangjêng Gusti Pangeran Arya Mangkubumi kaping 2. Jawi 12/11 1 87. Wlandi 13/6 59.

2. Kangjêng Pangeran Arya Mangkudiningrat kaping 2, putranipun swargi Kangjêng Pangeran Arya Mangkudiningrat kapisan.

Wayahipun swargi Kangjêng Pangeran Arya Pamot: inggih Kangjêng Panêmbahan Juru Martani.

1. Kangjêng Pangeran Arya Pamot kaping 3, putranipun [pu...]

--- 111 ---

[...tranipun] swargi Kangjêng Pangeran Arya Pamot kaping 2. Jawi 8/4 1 87. Wlandi 15/11 58.

Wayahipun swargi Kangjêng Pangeran Arya Adinagara kapisan.

1. Kangjêng Pangeran Arya Adinagara kaping 2, putranipun Radèn Mas Kolnèl Arya Adiwinata. Jawi 21/7 2 88. Wlandi 13/2 60.

5). Pangeran ing Kamangkunagaran, ingkang ngabdi ing Kasunanan.

1. Kangjêng Pangeran Arya Adiwijaya kaping 3 Litnan Kolnèl Phanstaph putranipun Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Arya Mangkunagara ingkang jumênêng sapunika. Jawi 7/8 8 94. Wlandi 25/12 65.

2. Kangjêng Pangeran Arya Adisurya, putranipun swargi Kangjêng Pangeran Arya Adiwijaya kaping 2. Jawi 8/4 1 87. Wlandi 15/11 58.

3. Kangjêng Pangeran Arya Surya Amijaya kaping 2, putranipun swargi Kangjêng Pangeran Arya [Ar...]

--- 112 ---

[...ya] Surya Amijaya kapisan, ingkang putra swargi Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Arya Mangkunagara kaping 2. Jawi 29/3 7 93. Wlandi 1/9 64.

--- 113 ---

Ing Ngandhap Punika Kawontênanipun Ing Kamangkunagaran.

Ingkang jumênêng sapunika Kangjêng Gusti ingkang kaping 4 ajêjuluk Pangeran Adipati Arya Mangkunagara, Ridêr Nèdêrlansê leyo, Kolnèl Ajidan dalêm mrunggan Sri Maharaja Nèdêrlan, saha Kumêndhan ing Lesiyunipun piyambak. Kala rumiyin nama Kangjêng Pangeran Arya Gôndakusuma, putranipun swargi Kangjêng Pangeran Adiwijaya ingkang kapisan, patutan saking ingkang garwa: putranipun swargi Kangjêng Gusti Pangeran Adipati ingkang kaping 2, wiyosanipun kala ing dintên Akhad Lêgi kaping 8 Saphar, khurup Arbangiyah taun Jimakir 1738, utawi kaping 3 Marêt taun Wêlandi 1811. Sarêng diwasa, kala ing taun Dal 1759, taun Wêlandi 1831, krama angsal putranipun Kangjêng Pangeran Arya Surya Mataram, panggulu saking ngajêng, kagungan putra kakung putri ngantos kawan wêlas, ingkang wuragil miyos putri: seda sarêng kalihan ingkang ibu, ing taun Jimakir: 1778, taun Wêlandi 1850, kala sêmantên taksih nama Radèn Mas Arya Gôndakusuma, pangangkatipun dados pangeran kala ing dintên Akhad Pon kaping 8 Rêjêb Jimakir: 1778, utawi kaping 19 Mèi 1850. Sasedanipun [Sasedanipu...]

--- 114 ---

[...n] ingkang raka nak-sanak Kangjêng Gusti Pangeran Adipati ingkang kaping 3: kala ing dintên Kêmis Lêgi tanggal kaping 25 wulan Mulud taun Jimawal, ôngka 1781, utawi kaping 6 wulan Januwari taun Wêlandi 1853, wanci siyang pukul satunggal, lajêng kagêntosan Pangeran Arya Gôndakusuma wau, nama Pangeran Adipati Arya Prabu Prangwadana, jumênêngipun kala ing dintên Jumungah Wage tanggal kaping 14 wulan Jumadilakir taun Jimawal, ôngka 1781, utawi kaping 25 wulan Marêt taun Wêlandi 1843, tumuntên taksih tunggil sataun punika krama malih angsal putranipun swargi Kangjêng Gusti kaping 3, pambajêng saking garwa padmi, wondening kala katêtêpakên nama Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Arya Mangkunagara ingkang kaping 4, sarta kawisudha dados Kolnèl Kumêndhan, ing dintên Rêbo Kaliwon tanggal kaping 27 wulan Sura taun Jimakir ôngka 1786, utawi kaping 16 wulan Sèptèmbêr taun Wêlandi 1857, dene ingkang kangge dintên panjênênganipun tanggal kaping 25 wulan Bêsar, manut titimangsane sêrat nawalanipun Kangjêng Guphêrmèn.

--- 115 ---

Wondene para pangeran santana ing Kamangkunagaran, ing ngandhap punika pratelanipun.

1). Putranipun swargi Kangjêng Pangeran Arya Adiwijaya kapisan, ingkang kamantu ing Kangjêng Gusti Pangeran Adipati ingkang kaping 2. 1. Kangjêng Pangeran Arya Kusumadiningrat Mayur Phanstaph ingkang raka Kangjêng Gusti ingkang jumênêng sapunika.

2). Putranipun swargi Kangjêng Gusti ingkang kaping 3. 1. Kangjêng Pangeran Arya Suryadiningrat, Litnan Kolnèl Titêlèr. 2. Kangjêng Pangeran Arya Surya Mataram, Ritmistêr Honêrèr.

3). Putranipun Kangjêng Gusti ingkang jumênêng sapunika. 1. Kangjêng Pangeran Arya Adiwijaya, sampun kasêbut ing nginggil tumut ing Kasunanan. 2. Kangjêng Pangeran Arya Gôndasuputra, Mayur Inphantêri ing Lisiyun Mangkunagaran.

--- 116 ---

3. Kangjêng Pangeran Arya Gôndasiwaya, ingkang têtiga ngajêng punika sami tunggil ibu swargi Radèn Ayu Gôndakusuma. Jawi 25/10 6 92. Wlandi 3/4 64.

4). Kangjêng Pangeran Arya Prabu Prangwadana, ibu Radèn Ayu Mangkunagara, kala rumiyin nama Pangeran Arya Prabu Sudibya. Jawi 25/10 6 92. Wlandi 3/4 64.

Nalika kaangkat nama Pangeran Arya Prabu Prangwadana. Jawi 22/2 1 95. Wlandi 6/7 66.

5). Radèn Mas Suprapta, ibu Radèn Ayu Mangkunagara, wiyosanipun kala ing dintên Saptu Wage. Jawi 3/6 1 95. Wlandi 13/10 66.

--- 117 ---

Bab Kadhaton Ing Ngayogyakarta Adiningrat.

Ing Ngayogyakarta ingkang jumênêng nata ing sapunika Ingkang Sinuhun Kangjêng Sultan Amêngkubuwana Senapati Ingalaga Ngabdurrahman Sayidin Panatagama Khaliphatullah ingkang kaping 6, Jendral Mayur Kumêndhir Bintang Nèdêrlansê leyo, putra dalêm panênggak swargi Ingkang Sinuhun kaping 4, kasêbut nama Sinuhun Jarot utawi Sinuhun Sedapasiyar, patutan saking ingkang garwa Kangjêng Ratu Kancana; ing sapunika nama Kangjêng Ratu Agêng, putranipun swargi Kangjêng Ratu Anggèr patutan saking Radèn Adipati Danurêja kaping kalih. Wiyosan dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Sultan ingkang sapunika kala ing dintên Akhad Pon tanggal kaping 20 wulan Dulkangidah, khurup Kamsiyah, taun Ehe ôngka 1748, utawi kaping 19 wulan Ogustus taun Wêlandi 1821. Sasurudipun ingkang rama Kangjêng Sultan ingkang kaping 4 wau, kala ing dintên Jumungah Paing tanggal kaping 21 wulan Mulud taun Je ôngka 1750, utawi kaping 6 wulan Dhesèmbêr taun Wêlandi 1822, lajêng kagêntosan ingkang putra pambajêng anama Kangjêng Sultan Amêngkubuwana ingkang kaping 5, kala sêmantên taksih timur, sawêg yuswa tigang taun. Sarêng surud dalêm Kangjêng Sultan ingkang kaping 5, kala ing malêm Slasa Lêgi tanggal kaping 19 wulan Siyam taun Dal ôngka 1783, utawi kaping 4 wulan Juni taun Wêlandi 1855, wanci pukul satêngah wolu.